Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Biwaddha Nata Surakarta, Wôngsalêksana, 1936, #93 (Hlm. 34-73)

Katalog:Biwaddha Nata Surakarta, Wôngsalêksana, 1936, #93
Sambung:
1.Biwaddha Nata Surakarta, Wôngsalêksana, 1936, #93 (Hlm. 01-33). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #231.
2.Biwaddha Nata Surakarta, Wôngsalêksana, 1936, #93 (Hlm. 34-73). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #809.

--- 34 ---

Wêwahan

Sapunika Lajêng Gêntos Pèngêtan Nalika Jumênêng Dalêm dalah Tindak-tindak Dalêm ingkang Gayutan Kalihan Agama Eslam.

Ha: Jumênêng dalêm Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga (Ngabdulrohman) Sayidin Panatagama, ingkang kaping sadasa, amarêngi dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 Ramlan warsa Je 1822.

Na: Ing dintên badhe jumênêng dalêm, malêmipun Kêmis wau, abdi dalêm pangulu 2, para abdi dalêm katip ngulama pradikan ingkang sêpuh-sêpuh 8 iji, dados 9 pangulu dalêm sami sowan ing kagungan dalêm Masjid Panêpèn (sapunika nama Masjid Pudyasana) sami ingandikakakên ambengati badhe anêtêpi jumênêng nata Islam, angadhaton karaton dalêm ing Surakarta Adiningrat, sarampunging bengat dalêm antawis jam 12 dalu sami ingandikakakên andhèrèk salat barjamangah (kajat) wontên ing kagungan dalêm ing pulo Bandêngan, parlu nyênyuwun sarta dadonga mugi-mugi jumênêng dalêm nata kaparingan lastari luhur wilujêng sapanginggilipun, panjanga yuswa dalêm tuwin aweta dados pandam pangaubanipun para putra santana saha para kawula abdi kanthi têntrêm ayêm saisinipun wêwêngkon dalêm ing Surakarta Adiningrat, bibaripun antawis jam 3 dalu, lajêng sami kaparingan dhaharan maneka warni, rampung lajêng kalilan mundur.

Kajawi punika kaparêng dalêm punika anglaluri eyang dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Panêmbahan Senapati Ing Ngalaga ing Mataram II saha eyang dalêm Ingkang Sinuhun Prabu Anyakrakusuma (Sultan Agung) inggih punika eyang dalêm sakalihan wau, kala jumênêng nata, sami sairip mèmpêr Prabu Napuliyun Bonaparte, tur taksih sami kaparêng salat gangsal wêkdal sarta salat Jumngah, mila kaparêng dalêm miyos Jumngah, salat ing Masjid Agêng rambah kaping pitu.

1. Ing dintên Jumngah Pahing tanggal kaping 25 Sawal Je 1822, ingkang ngimami pangulu dalêm, ingkang kutbah Mas Katib Anom.

2. Ing dintên Jumngah Wage tanggal kaping 3 Dulkangidah Je 1822, ingkang ngimami pangulu dalêm, ingkang kutbah Mas Katib Baning.

3. Ing dintên Jumngah Lêgi tanggal kaping 10 Dulkangidah Je 1822, ingkang ngimami pangulu dalêm, ingkang kutbah Bagus Kaji Mukammad Palil.

4. Ing dintên Jumngah Pon tanggal kaping 17 Dulkangidah Je 1822, ingkang ngimami pangulu dalêm, ingkang kutbah Mas Katib Imam.

5. Ing dintên Jumngah Kliwon tanggal kaping 24 Dulkangidah Je 1822, ingkang ngimami pangulu dalêm, ingkang kutbah Sêmêmèn.

6. Ing dintên Jumngah Pahing tanggal kaping 1 Bêsar Je 1822, ingkang ngimami pangulu dalêm, ingkanghingkang. kutbah Mas Katib Winong.

7. Ing dintên Jumngah Wage tanggal kaping 8 Bêsar Je 1822, ingkang ngimami pangulu dalêm, ingkang kutbah Kangjêng Pangulu Tapsir Anom, mungkasi kaping pitu, kutbahipun Khasan Naphsau.

Lajêng sabên ing wulan miyos Jumungahan sapinsapindhah. ajêg ngantos jumênêng dalêm kalih dasanan taun langkung, sarta kaparêng dalêm [dalê...]

--- 35 ---

[...m] lajêng nyalini gapura Masjid Agêng, mawi margi tiga, tanpa payon kadhapur manara, mawi pating parêncu sarta jam wragad f. 30.000 tigang dasa èwu rupiyah.

Miyos Jumngah ing Masjid Agêng, Jumngah Pon kaping 27 Sura Dal 1823, ingkang kutbah mas katib Tapsir Iman, sarta andhawuhakên kutbah Jumngah ingandikakakên mawi makna (têgês têmbung Jawi) supados para muslimin kathah ingkang mangrêtos, ing ngriku lajêng dados têturutan saindênging rat tanah Jawi.

1. Kaparêng dalêm iyasa kagungan dalêm Masjid Tasiddhi (Langênarja) botên kirang wragad sekêt èwu rupiyah, amarêngi ing dintên Jumngah Paing tanggal kaping 14 Rabingulakir Wawu 1833, sangat jam 9.43 mênit rampunging panggarapipun, kaparêng dalêm lajêng kawiyosan salat Jumngah.

1. Jumngah kaping 14 Bêsar Alip 1835.

2. Jumngah kaping 17 Mulud Ehe 1836.

3. Jumngah kaping 23 Bêsar.

4. Jumngah kaping 9 Jumadilawal Jimawal 1837.

5. Jumngah kaping 7 Dulkangidah Jimawal 1837.

6. Jumngah kaping 26 Bêsar Jimawal 1837.

7. Jumngah kaping 16 Sapar Je 1838.

8. Jumngah kaping 20 Rabingulakir Je 1838.

2. Kaparêng dalêm iyasa Masjid Ciptamulya (Pêngging) botên kirang wragat sèkêt èwu rupiyah, marêngi ing dintên Slasa tanggal kaping 14 Jumadilakir Je 1838, sangat jam 10.48 mênit, sarampungipun kaparêng dalêm lajêng miyos salat Jumngah.

1. Jumngah kaping 13 Sura Dal 1839.

2. Jumngah kaping 18 Sapar Dal 1839.

3. Jumngah kaping 23 Mulud Dal 1839.

4. Jumngah kaping 28 Jumadilawal Dal 1839.

5. Jumngah kaping 14 SaparSawal. Dal 1839.

6. Jumngah kaping 7 Dulkangidah Dal 1839.

3. Kaparêng dalêm iyasa pamulangan Mambangul Ngulum, madrasah sarngiyah (agami Islam) papan nyambut griya pawèstrèn, lèr kidul ing Masjid Agêng, marêngi ing dintên Akat tanggal kaping 20 Jumadilawal Alip 1835, dipun pandhegani Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat (Ngendraprastha).

4. Kaparêng dalêm ambangun kagungan dalêm Masjid Agêng botên kirang wragad satus èwu rupiyah, wiwit pambikakipun marêngi tanggal kaping 6 Rabingulakir Jimakir 1842, sirap kabikak têrus kasalinan sarta salin warnining cèt sapunika pêthak biru (bangun tulak). Jrambah katègêl warni-warni, sadaya wêlingan ing Eropah.

5. Kaparêng dalêm iyasa griya pamulangan Mambangul Ngulum botên kirang wragad pitung dasa èwu rupiyah, sarta kala bangun Masjid Agêng 2 iyasa griya pamulangan Mambangul Ngulum wau, utawi gapura, sumur bur, Masjid Agêng, sasaminipun, dipun kêmudhèni dening pêpatih dalêm Bandara Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping VI Ngendraprastha, arsitèk taksih Tuwan Radhêmakêr, marêngi tanggal kaping 29 Bêsar Jimakir 1842.

6. Kulah wakap papan kapasangan dhinamo (pompa) èlêktris, salêbêtipun wulan Mulud Jimawal: 1861, sarta biyantu paring wragad, botên kirang tigang atus rupiyah.

7. Kagungan dalêm pamimbaran Masjid Agêng kapasangan radhio, supados abdi dalêm katib ingkang maos kutbah swantênipun sagêd kamirêngakên dumugi surambi dalêm, ingkang dipun dhawuhi manah rêrigêning arsitèk dalêm tuwan G. G. Silêman, dipun kumudhèni Bandara Kangjêng Pangeran Ariya Adipati Jayanagara [Jaya...]

--- 36 ---

[...nagara] marêngi salêbêting wulan Mulud Jimawal, 1861.

8. Kaparêng dalêm bangun masjid padhusunan, ing Klathèn, Sragèn, Bayalali, Ngampèl, Wanatara, sapanunggilanipun, satunggiling masjid, botên kirang f. 50, sèkêt rupiyah minggah, masjid Sukaharja, Kêdhung Gudèl, sapanunggilanipun, tuwin masjid tanah pasisiran ing Dêmak kaparingan urun wragad, f. 1000, sèwu rupiyah, marêngi tanggal kaping 8 Bêsar, Je 1854.

Punapadene sabên para pakêmpalan ingkang angajêngakên agami Islam, mawi ngadêgakên pamulangan (sakolah) Mukammadiyah Surakarta, kaparingan, f 1000, sèwu rupiyah, katampi pangarsa, Muhtar Bukhori, ing Kutha Gêdhe f 100, satus rupiyah, Madrasah Sarngiyah bawa lêksana, (Kauman) f 1500, sèwu gangsal atus rupiyah, Têgalsari f 50, sèkêt rupiyah, sasaminipun, ugêr gadhah panuwunan tamtu kaparingan, sapiturutipun.

9. Iyasan dalêm manara (torên) wragad f. 35000, tigang dasa gangsal èwu rupiyah, garapan pèni, bagus, tur santosa, dipun purwani ing dintên Kêmis Wage kaping 12 Ramêlan, Je 1854, rampunging panggarap nyarêngi tingalan tumbuk yuswa 64 taun, sarta salêbêting wulan Rabingulawal (Mulud) Jimawal 1861, sarta wiwit Jumngah tanggal kaping 14 Sapar Jimawal 1861, amriksani manara sawêg rampung, dèrèng babar, kaparêng dalêm Radèn Mukhamad Ngumar, ingandikakakên dhawuhakên dhumatêng para abdi dalêm muadin, 6 iji, pangkat lurah, pangajêng Ki Nurdin, lumantar ingkang rama Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom, wiwit Jumungah punika kagungan dalêm mênara kadhawuhan anganyari kangge adan Jumngah, ayat-atan,ayat-ayatan. sarta kangge adan sabên mahrib ngisak subuh, jam satêngah gangsal enjing, têrus salami-laminipun, kaparêng dalêm kagêm tambah singaripun agami Islam, nur (soroting Adam) wau supados angèbêgi saindênging rat tanah Surakarta Adiningrat, parlu nênangi para muslimin, bôngsa Jawi sadaya, samia èngêt tumuntên anglampahi nêtêpi salat gangsal wêkdal, salat Jumngah sapiturutipun, minôngka panggugah netraning manah ingkang tansah katutupan imbaning ima kamurkaning dunya.

10. Kagungan dalêm Masjid Panêpèn, kaparêng dalêm kapindhah dhumatêng Tênunan, marêngi dintên Kêmis kaping 28, Mukaram Jimakir 1842. Rampung kaparingan nama: Masjid Pudyasana, sarta kaparêng dalêm juru suranata sami amiwiti salat barjamangah mahrib, ngisak, subuh, mawi kaparingan tambah para santri Jamsarèn, 40 iji, ngantos rambah kaping pitu, pungkasanipun kaparêng dalêm miyos salat mahrib, ngisak, saha pangulu dalêm Kangjêng Radèn Pangulu Tapsir Anom, kanthi katib ngulama, muadin sadaya sampun pêpak, badhe jêngkar dalêm paring asta dalêm salaman, sadaya para abdi dalêm, kawula dalêm santri Jamsarèn, sami kaparingan salaman sadaya, mawi kairing pangandika dalêm trima kasih kabèh bae, muga bisoa lastari munpangat dunya akirat.

11. Kagungan dalêm suranatan jawi, kaparêng dalêm kabangun, kamulyakakên marêngi dintên Slasa kaping 15 Bêsar Dal 1847, rampung kaparingan nama Masjid Paramasana.

12. Kaparêng dalêm iyasa griya pamulangan Mambangul Ngulum ing sajawining nagari, 1 ing Sukaharja, 2 masjid Klathèn, 3 masjid Sragèn sarta Jênar, 4 masjid Bayalali sarta Pêngging sapanunggilanipun, [sapanunggilani...]

--- 37 ---

[...pun,] saha: 13, Sabên wontên kawula dalêm muslimin pamit kesah haji dhumatêng nagari Mêkah, Madinah, jalêra, èstria, ugêr sampun ngakir balègh, satunggal muslimin kaparingan paring dalêm sarta tumbasan toya, sadasa rupiyah, sampun salami-laminipun.

Titi.

Pèngêtan Cêkak Tumrap Pangudi Dalêm Anggalih Dhumatêng Babagan Kasarasan (GEZONDHEID).

Panjurung saking Kawadanan Kridha Nirmala.

1. Sadèrèngipun taun Walandi 1905 dhoktêr abdi dalêm namung satunggal (dhoktêr Walandi) ingkang ngabdèkakên kraton prud pro nyonyah 1 kangge putra santana dalêm tuwin abdi dalêm pangkat kaliwon minggah. Sakèndêlipun punika lajêng angabdèkakên dhoktêr Jawi 2 (wiwit taun 1906) kangge lêbêt kraton satunggal, jawi satunggal, ingkang jawi blônja sarta wragad sanès-sanèsipun saking kas nagari. Prud pro Jawi 1 (1912) têbanipun pitulungan mindhak dumugi abdi dalêm pangkat panewu mantri, sarta wiwit nalika wau, ingkang nata tumindakipun kadhoktêran, pêpatih dalêm (nagari).

Cacahipun abdi dalêm dhoktêr botên dangu lajêng mindhak-mindhak ngantos dumugi 7 makatên ugi prud phronipun utawi wedyarini cacah 7 (ingkang kathah wulangan piyambak).

Wiwit taun 1911 paprentahan kadhoktêran punika kadhapuk kaadêgakên piyambak, kanamakakên kridha nirmala (Geneeskundige dienst Rijk Soerakarta) pangagêngipun sakawit namung pangkat bupati anom, botên dangu lajêng pangkat bupati, lajêng madanani sadaya abdi dalêm dhoktêr, apotèkêr, asistèn apotèkêr, cacar, prud phro utawi wedyarini,widyarini. mantri malariyah, mantri prêsan, bong jalêr èstri, pêrban mèstêr, pêrplegêr-pêrplegêr, klinik, apotik, tuwin puliklinik dhusun-dhusun, enz. Têbanipun pitulungan mindhak ngantos dumugi abdi dalêm pangkat alit piyambak kados kawontênanipun sapunika.

2. Sadèrèngipun taun 1913 ing praja dalêm Surakarta dèrèng angadani klinik, nanging ugi sampun wontên ingkang ngadani, inggih punika abdi dalêm dhoktêr piyambak mawi urunan pambiyantunipun para santana sarta abdi dalêm, nanging sawêg alit-alitan, namung sawêg sagêd kangge nampi tiyang sakit cacah 6 mawi puliklinik, manggènipun wontên kapatihan wetan.

Sarêng taun 1913 nagari kaparêng angadani yasa klinik wau, manggèn wontên kampung Kadipala ingkang taksih dumugi sapunika.

Sakawitipun inggih botên patos agêng, dangu-dangu lajêng saya mindhak-mindhak ingkang dumuginipun sapunika tatanan sarta pirantosipun sampun kenging dipun wastani jangkêp, sagêd nampi tiyang sakit 52.

3. Sadèrèngipun taun 1913 jampi-jampinipun mêndhêt tumbas saking apotik parti kêlir, sarêng taun 1913 ngadêgakên apotik piyambak manggèn kilèn bètèng (Kraton Apotheek) utawi panti usada, apotèkêripun taksih kontrakan, sadaya wragadipun lastari saking kas karaton.

--- 38 ---

4. Abdi dalêm bong punika sadèrèngipun kridha nirmala ngadêg, sampun wontên dangu, wiwit saadêgipun kridha nirmala, kasagêdan sarta tumindakipun dipun sumêrêpi tuwin dipun awat-awati kridha nirmala.

5. Wiwitipun praja dalêm Surakarta angadani griya miskin wangkung manggèn wontên kampung Kêdhungkopi punika sapriki sampun antawis sèkêt gangsal taun, ingkang nyêpêng administrasinipun kantor kapatihan golongan A, ingkang gayutan kadhoktêran mawi adpisipun kridha nirmala, kabêtahan jampi-jampi kaparingan saking kangjêng guprêmèn. Sarêng taun 19231913. pindhah dhatêng kampung Pajang, griya miskin yêyasan enggal, ingkang nyêpêng paprentahanipun kumisi, abdi dalêm dhoktêr satunggal dados lidipun sarta majibi kasarasanipun wangkung dumugi sapunika.

6. Wiwit taun 1916 ingkang majibi para santana sarta abdi dalêm ing bawah Sukaharja, dhoktêr parti kêlir manggèn wontên nagari, saminggu sapisan datêng Sukaharja, kaparingan tulah saking nagari.

Sarêng taun 1918 dhoktêr wau nyuwun kèndêl dipun gêntosi dhoktêr abdi dalêm, lajêng taun 1919 tambah mawi puliklinik, mawi pêrplegêr satunggal ingkang lajêng ambalabag wontên Surakarta ngriku dumugi sapunika.

7. Sarêng tatanan kadhoktêran tumrap salêbêtipun kitha nagari sampun katata sacêkapipun, ingkang tumrap sajawining kitha nagari, ugi botên kantun kados ta ing Sragèn, Klathèn, Bayalali, punika nagari maringi tulah dhoktêr abdinipun kangjêng guprêmèn utawi dhoktêr parti kêlir ingkang manggèn ing apdhèling wau, lajêng majibi kasarasanipun para santana tuwin abdi dalêm ingkang sami manggèn ing apdhèling wau, jampi-jampinipun mêndhêt dhatêng kitha nagari.

Wiwit taun 1919 ing apdhèling Klathèn dipun paringi dhoktêr abdi dalêm piyambak, namung dumugi taun 1935 abdi dalêm dhoktêr punika kasuwak, wangsul namung maringi tulah dhatêng dhoktêr Guprêmèn, saking kabêkta pangiridan, apdhèling 3 wau ugi sami dipun paringi prud pro satunggal wiwit taun 1915.

8. Wiwitipun ngabdèkakên abdi dalêm mantri cacar ing taun 1800,1900. mantri malariyah ing taun 1926. Mantri kontrolê pasadean prêsan 1931. Tigang golongan punika kabiyantokakên dhoktêr abdinipun kangjêng guprêmèn, ing Surakarta (Gewest Arts) amargi kuwajibanipun wau kalêbêt O.G.D (Openbare Gezondheid Dienst).

9. Wiwit taun 1925 nagari kaparêng angadani klinik wontên kitha Bayalali (mardi nirmala), sagêd nampi tiyang sakit 5, ingkang nyêpêng administrasinipun kadhapuk kumisi.

Ing taun 1930 angadani puliklinik wontên Pandhansimping Klathèn. Taun 1931 wontên ing Nglungge Klathèn.

Puliklinik Pandhansimping tuwin Nglungge punika ingkang nyêpêng administrasinipun Kp. Klathèn.

Ing taun 1934 wontên Gêmolong Sragèn (suwakan puliklinik guprêmèn) ingkang nyêpêng administrasinipun kabupatèn (Sragèn).

Ing taun 1930 kaparêng dalêm amaringi klinik wontên salêbêting kadhaton namung 2 kamar (mawi puliklinik).

10. Nalika taun 1915, ing kampung Krajanitèn, utawi Gabudan, sakidul wetan karaton, wontên panggènan ingkang nuwuhakên sêsakit malariya, sarêng sampun kaudi sapêrlunipun, punapadene sarêng nagari sampun ngabdèkakên mantri malariya, dumuginipun sapunika panggenan wau utawi sanès-sanèsipun panggenan salêbêtipun kitha, sampun botên nguwatosakên [nguwato...]

--- 39 ---

[...sakên] tuwuhipun sêsakit malariya (Malaria epidemie).

11. Sarêng parentah karaton sêsarêngan kalihan parentah Guprêmèn Surakarta nindakakên pitulungan seruman kangge sêsakit pathèk bêlak bubul tuwin sêsakit èstri, wiwit taun 1921 cacahipun tiyang utawi lare-lare ingkang sami pathèkên sasaminipun wau, dumuginipun sapunika katingal suda kathah sangêt.

12. Nalika kitha Surakarta wontên pagêblug pès (Pest - epidemie) ing taun 1912 nagari nyambuti dhoktêr abdi dalêm 2 dhatêng parentah Guprêmèn Surakarta, ingkang lajêng kamaligèkakên majibi pananggulangipun sêsakit pès wau, dumugi taun 1915.

Bab punika ingkang lajêng angwontênakên tatanan Woning verbetering tuwin Woning inspectie.

Makatên ugi wêkdal wau mawi tatanan barakan, ingkang putra santana dalêm sarta abdi dalêm ingkang pangkat inggil wontên pasanggrahan dalêm Langênarja, sanès-sanèsipun kadamêlakên griya barakan wontên kampung Margayudan kalurahan Bibis M.N.

13. Ing taun 1920 nagari utusan mariksa malih toya angêt sêndhang Ngunut (Sragèn) (Geneeskrachtige Bronwater) pakantukipun priksan, toya wau prayogi kangge adus tiyang sakit, bangsanipun kadhas kudhis, tatu-tatu sapanunggilanipun, dumuginipun sapunika panggenan ngriku sampun katata saprayoginipun.

Ing taun 1925 ugi mariksa toya angêt sumur wingking salêbêtipun capuri pasanggrahan dalêm ing Langênarja (sakidul kilèn Grogol), wikantukipunpikantukipun. papriksan toya wau prayogi kangge adus tiyang sakit balung (Rheumatiek), kulit, kirang kêkiyatan (Zwak), maras (Zenuwen), dumuginipun sapunika panggenan ngriku ugi sampun dipun pirantosi saparlunipun.

14. Nalika abdi dalêm dhoktêr sawêg satunggal, manawi bawah dalêm wontên pagêblug sakit nular (Epidemie), dhoktêr Guprêmèn Surakarta anggènipun nindakakên wajibipun pitulungan umum, kados ta: seruman Typhus cholera sapanunggilanipun, dèrèng patos sagêd rancag, sarêng cacahipun abdi dalêm dhoktêr tuwin dhoktêr abdi dalêm Mangkunagaran kathah, tumindakipun nanggulangi Epidemie wau cagêdsagêd. rancag, amargi dhoktêr abdi dalêm tuwin dhoktêr Mangkunagaran wau sami ambiyantu.

15. Salêbêtipun taun 1926 ing praja Surakarta andhapuk bêbadan angadani N.V. Hoogdruk waterleiding kados kawontênanipun sapunika, toyanipun umbul saking ing Cakratulung dhistrik Dêlanggu (Klathèn), wragadipun dipun sambuti praja tiga, kangjêng guprêmèn, parentah nagari Surakarta, parentah praja Mangkunagaran.

Antawis 6 taun saking Aanleg waterleiding ing nginggil, bêbadan wau ugi lajêng angadani Assaineering urung-urung toya kangge ngoncori kakus-kakus kampung.

16. Nalika prêsan-prêsan ingkang kasade salêbêdipun bawah dalêm Surakarta punapa dene lêmbu sarta gêdhoganipun dèrèng mawi dipun priksa miturut kawruh kadhoktêran, taksih nguwatosakên dhatêng sintên ingkang ngombe prêsan wau, amargi lêmbu punika sagêd anggadhahi sêsakit nular, kados ta: T.B.C; Miltvuur sapanunggilanipun.

17. Wiwit taun 1935 para guru sakolah dhusun ing bawah dalêm Surakarta sabên taun katamtokakên dhatêng klinik Kadipala pêrlu sami kapriksa bokmanawi wontên ingkang anggadhahi sêsakit T.B.C.

18. Ing taun 1936 punika nagari rêrukunan kalihan parentah [pa...]

--- 40 ---

[...rentah] Mangkunagaran, sarta angsal pambiyantunipun kangjêng guprêmèn angidini griya (werkkolonie voor gunstige geestisinvalieden) kangge nampi para kawula dalêm sarta kawula praja Mangkunagaran ingkang mêntas sakit èngêtanipun kaupakara wontên griya sakit èngêtan kagunganipun kangjêng guprêmèn, Werkkolonie punika manggèn wontên ing dhusun Dhanguran Wêdhi (Klathèn) tilas Internaat Landbouwschool tiyang-tiyang wau wontên ngriku sami dipun tuntuni dêdamêlan saking bangsanipun sêpêt, sêrat nanas sapanunggilanipun, ingkang nyêpêng Inrichting punika kumisi, pangagêng kridha nirmala dados warganipun.

Katrangan Ewahipun Kabêkta Pangiridan.

Salowongipun abdi dalêm prut pro ing Klathèn (wiwit taun 1933) sarta abdi dalêm prut pro ing Bayalali (wiwit taun 1933) botên dipun wontêni rumiyin gêgêntosipun, namung manawi wontên santana sarta abdi dalêm ing kalih kabupatèn wau badhe ambêtahakên pitulunganipun nagari ingkang lahanan, bab manakan kenging kangge prut pro abdinipun kangjêng guprêmèn ing kalih kabupatèn wau, nagari maringi dhêklarasi dhatêng prut pronipun miturut pranatan nagari.

Wiwit taun 1936 punika panti usada pindhah nunggil kêlinik Kadipala, amargi apotikêripun suwak.

Wiwit taun 1935 abdi dalêm dhoktêr ing kaondêran Pasar Kliwon tuwin dhoktêr kaondêran Lawiyan sami kasuwak, Pasar Kliwon kagamblokakên dhatêng dhoktêr kaondêran Sêrêngan, dene Lawiyan dhatêng dhoktêr kaondêran Jèbres.

Ringkêsan Indhaking Kamajêngan Dalêm Tumrap Praja Sumarambah Tumrap Para Kawula.

Saking Sasana Wilapa.

1. Amêwahi yêyasan ing Sriwêdari kangge papan bal-balan (Stadion).

2. Sasampunipun putri dalêm Gusti Kangjêng Ratu Pambayun tamat saking kagungan dalêm pamulangan (H.I.S) Pamardi Putri, kaparênging karsa dalêm ing karaton dipun wontêni Huishoudschool ingkang kaparêngakên andhèrèk sinau, kajawi para murid ingkang ing ngajêng nunggil klas wontên Pamardi Putri wau, anakipun putra santana abdi dalêm ingkang dados kaparêng dalêm.

3. Griya abipraya, ing suwau kaparingakên nyewa dhumatêng pakêmpalan abipraya, sapunika kaparênging karsa dalêm amung kaparingakên anggadhuh kemawon (botên mawi nyewa, wiwit wulan Pèbruwari 1932).

4. Salêbêtipun kagungan dalêm arta nagari taksih kirang, kabêkta saking môngsa rêkaos punika, kaparênging karsa dalêm amaringi kadarman arta sabên taunipun 300.000 rupiyah.

5. Maringi pitulungan padamêlan dhumatêng kawula dalêm ingkang botên angsal padamêlan, sarana ambangun sarta miyarakên kagungan dalêm sagaran ing pasanggrahan dalêm Giriwaya.

6. Adêgipun kagungan dalêm rad bale agung, nalika ing dintên Rêbo tanggal kaping 14 Dulkijah, Wawu 1865 utawi kaping Marêt 1935.

7. Ngagêngakên kagungan dalêm kabudidayan tèh ing Ngampèl, sarana nyantuni pirantosipun kabudidayan ingkang sampun risak.

8. Adêgipun kagungan dalêm rad karaton, nalika ing dintên Sêtu tanggal kaping 26 Mukharam Alip 1867 utawi kaping 18 April 1936.

--- 41 ---

Ima-ima Mêmuji Narendratama.Tembang di bawah ini yang benar memang terputus, tetapio pembaca harus tahu bahwa itu sebetulnya satu kata.

Gusti: unjuk amba, pra abdi da: lêm wanita, ing sadhatulaya, lan golongan: garap kantor: kênya pura samya, konjuk: kangjêng sri narendra.

Gusti: jêng sri nata, kang satuhu: wicaksana, kang kaping sadasa, Surakarta: kang kawêntar: martotama ngantya, tumê: kèng môncanagara.

Gusti: mèh sadaya, narendra sa: jagat raya, sung tôndha sih trêsna, warna-warna: warni bintang: nawa rêtna dadya, rêgêng: rumênggèng pranaja.

Gusti: kang kadyeka, karsaning Hyang: Suksma Nasa, sayêkti kinarya, cihnanira: panggalih da: lêm narendra ywanta, trang pi: ndha musthika maya.

Gusti: saya sanggya, para wadu: wandawendra, yèn tan sumuyuta, sru santosa: rumêksèng jeng: sri pamasa saha, sêngkut: sumungkêm mring praja.

Gusti: marma mangkya, ari Rêspa: ti sarkara, ping dwi likur nujwa, wulan Rêjeb: Alip sangka: laning warsa: muja: rahsa: ning kang sarirendra.Sengkalan: muja rahsaning kang sarirendra (Kêmis Lêgi, 22 Rêjêb 1867 A.J., Kamis, 8 Oktober 1936 A.D.).

Gusti: têtêp yuswa, yuswa dalê: m pitung dasa, langkung kalih warsa, amba samya: unjuk puji: pajampuwa mulya, wida: widada nir sambekala.

Gusti: lumintua, sihing Sang Mur: wèng rad raya, aweta dumadya, pandam sarta: pangauba: ning santana wadya, tuwin: kawula sapraja.

Gusti: ping dwinira, pamudyamba: mring Hyang Suksma: sri nata dayita, myang atmendra: kakung putri: sarta para garwa, pangrê: mbe panjanga yuswa.

Gusti: ingkang dadya, kasmalaning: praja wirya: nuli waluyaa, saya arja: ngungkulana: duk samana mangkya, titi: ning unjuk kawula.

Gusti: sembah saha, sumungkêm:amba sadaya: kang mugi konjuka, sor padendra myang gusti jêng: prameswara: amba: sastra juwita: jro pura.

Unjuk Sêsanti saha Sembah Sungkêmipun Abdi Dalêm pun Adisara saha Daryasih.

Kawula nuwun, jrih kawula kaabdèkakên, amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 22 wulan Rêjêp Alip, angkaning warsa 1867 punika, kalêrês dintên wiyosan dalêm tingalan taun gusti pêpundhèn kawula saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, saha yuswa dalêm têtêp 72 taun, abdi kawula kêkalih pun Adisara saha Daryasih, sami angunjukakên kasugêngan dalêm, gusti pêpundhèn kawula mugi dinirgakakên ing yuswa, kalis ing sambekala, sugêng sênggang awèt dados pandam pangaubanipun para garwa putra santana kawula abdi, anartani gêmah ripah karta raharjanipun praja dalêm ing Surakarta Adiningrat sawêwêngkonipun sadaya, wusana mugi kinarilan ing Pangeran.

Unjuk sêmbah sungkêm kawula pun:

Adisara saha Daryasih.

--- 42 ---

Pamudyayu.

Dhandhanggula

nyênyandhia mring kang wèh mêmanis / mrih widada dènira dumadya / de yèn lali kamulane / lena kalêbèng kukum / kabatinan bantêr kapati / têmên tanpa sanepa / sampurnèng pamuwuh / mangkana linge pra wrêdha / kang winêdhar ing wedha wênèh kinardi / piwulang môngsa kala //

ijêman mring kadang warga sami / sumarmamba wadyendra wanodya / rêksa wanita kaputrèn / kraton Surakarta nung / nalika wruh obahing nagri / gêgolonganing para / pratiwa sawêgung / gung alip mangarsa-arsa / arsayèng tyas kang maksih sinêngkêr mungging / gaibing Hyang Suksmana //

lugunira kang dèn anti-anti / timbuling ri Rêspati Sarkara / Rêjêb rolikur tanggale / Galungan ingkang wuku / windu Adi Wrukung sridadi / srigati kang sumêngka / kawêngku ing taun / Alip sangkalaning warsa / muji laras saliraning narapatiSengkalan: muji laras saliraning narapati (Kêmis Lêgi, 22 Rêjêb 1867 A.J., Kamis, 8 Oktober 1936 A.D.). / pantês yèn kamulyakna //

rahsaning tyas jêr tan beda kadi / kadrêsaning warsaya nugraha / awit ri wau yêktine / narendramba kang kasub / kaswarèng rad marta martani / tuwin kang wicaksana / nênggih Jêng Sinuhun / Susunan Pakubuwana / ping sadasa têtêp yuswa dalêm mangkin / pitung dasa dwi warsa //

jaba jêro sawarnèng wadyaji / samya suka sukuring Hyang Suksma / myang ngunjukkên pudyarjane / mring gusti jêng sang prabu / binusanan basa basuki / sumarmamba sakônca / kêncênging tyas anut / nêtêpi saabipraya / yèku mêdhar sadhawara rinêngga ring / srining sêkar sarkara //

gêganjaranira Hyang Mahadi / mring gustyamba jêng sri narèswara / lastari yasa lamine / lumintu wahyèng wahyu / kawiryaning karajan Jawi / widada nir sangsaya / yuswa dalêm prabu / babo mugi dinirgakna / anêtêpi kadya pamudyaning patik / tuwin pamujinira //

wadyendra gung alit sanagari / rinaksaa sakèh sambekala / awèta ing pangastane / pusaraning prajagung / jêr mung gusti kangjêng sang aji / jiwaning pra wadyendra / sakukubanipun / pindha Hyang Kalandakara / karênane sumôndha salir dumadi / dadi dêdalanira //

nihan wau sungkême pra dasih / sanityasa susêtyaning driya / yèn ing kuna sayêktine / tinêmpuhna pakewuh / wastu wus tan grantês samênir / nadyan lêbur luluha / ing ngarsèng sang prabu / prabawèng ambêg utama / dinangune tuhu dahat anglam-lami / mung rèhning wêktu mangkya //

tatananing prajarja wus salin / linaras lan wahyèng môngsa kala / pamangsuling sih samangke / kari dènnya mituhu / ing sapangrèh linakon kanthi / lêga-lêgawèng driya / miwah mêmudyayu / rahayu ayêming praja / kang jiningglêng ri ratri tumêkèng pati / titi rêksa wanita //

Jaga Wanita.

Kamajêngan Dalêm tumrap Pamêngkunipun dhumatêng para Kawula.

Ingkang kula anggêp para kawula kados purwaka ing nginggil punika, sadaya para têtiyang siti ingkang têtêp dados kawula dalêm, têgêsipun ingkang suwita dados abdi dalêm kalihan ingkang botên, punika kula anggêp sami kemawon, dene têrangipun makatên:

Miturut pèngêtan, dumuginipun yuswa dalêm 72 taun punika, jumênêng dalêm ngasta kapraboning nata, sampun 45 taun, sanadyan para maos têmtu botên [bo...]

--- 43 ---

[...tên] kêkilapan sapintên indhaking kamajêngan dalêm tumrap pangastanipun paprentahan praja Surakarta, sadèrèngipun jumênêng dalêm katimbang kalihan sapunika, ewadene kados botên wontên awonipun kula andharakên sawatawis bab kamajêngan dalêm tumrap pamêngkunipun dhumatêng para kawula. Wontênipun kula anggadhahi pamanggih kados makatên, amargi inggih kamajêngan dalêm ingkang numrabi para kawula punika ingkang dados baku ugêr-ugêring adegipun praja ingkang parlu piyambak. Wondene ingkang kula wastani kamajêngan tumrap pamêngku dalêm dhumatêng para kawula wau, inggih punika bab paringipun kamardikan sarta wêwênang, kados ing ngandhap punika:

Bab Kamardikaning Kawula.

Ajênging kamardikanipun para kawula punika wiwit sajumênêng dalêm ngasta kapraboning nata dumugi ing mangke, lampahipun têtela rikat sangêt, pasêksènipun para sêpuh têmtu têksih sami kèngêtan, kados punapa aliting manahipun para kawula nalika jaman 45 taun marika, upaminipun kados ta sawêg bab pangangge kemawèn,kemawon. manawi ningali sakatèn, ningali grudte paradhê, ningali kumidhi, sapanunggilanipun, ingkang manggèn wontên èrêping kagungan dalêm ngalun-alun, botên gadhah kamardikan babar pisan, langkung malih ingkang nênumpak, saya botên sagêt sangêt, kosokwangsulipun sapunika, prasasat sampun tanpa alangan sakêdhik-kêdhika.

Tumrap para suwita, sampun malih ingkang purun mabêni prentahipun kami sêpuh, minggahipun dhêdhawuhanipun parentah manawi sagêda mardika, sawêg pangrakitipun ukara sarta pitêmbungan manawi damêl sêrat kemawon, sanadyan botên isi bab-bab ingkang mutawatosi, inggih mêksa kêdah kaatos-atos sangêt, manawi wontên kalintu sarta lêpatipun sakêdhik kemawon, têmtu badhe nêmahi botên prayogi, mila saking anggènipun angatos-atos, inggih lajêng adhakan sangêt migunakakên pitêmbungan ingkang nawung kajêng angatos-atos wau, kados ta: mugi sampun andadosakên panariking kalêpatan kula, utawi, kalêpatan kawula. Kosokwangsulipun sapunika, manahipun para kawula abdi, racakipun sami katingal agêng-agêng, kabêkta saking anggènipun mardika. Jalaran saking sagêdipun parentah ambombong manahipun para kawula supados agêng manahipun, prasasat tanpa watêsan.

Sapunika lajêng bab larangan umum ingkang tumanduk dhumatêng para kawula, wontên ing ngalun-alun, wontên ing kori gapit, dalah wontên salêbêting baluwarti tumrap para ingkang sami dêdunung, sampun malih ingkang nênumpak, nabuh gôngsa mawi gong gandhul linggih kursi, kalêbêt jagong-jinagong manawi wontên parlu sakêdhik kemawon, kêdah mangangge dhinês, sapunika sampun malih nabuh gôngsa dalah linggih kursi punapa dene mangangge manawi botêna mardika, dalah dunumpaknênumpak. punapa kemawon, wontên ing lêbêt baluwarti, botên wontên laranganipun.

Bab Kêkucah Dalêm.

Kêkucah dalêm ingkang tumrap kawula abdi, punika ugi kenging kula anggêp tansah anggiliamili. tanpa kêndhat, kados ta: patêdhan dalêm ganjaran sri nugraha tumrap putra santana abdi, matêdhani bintang ngantos dumugi sajawinipun pasuwitan sarta sanès bôngsa. Tumrap sus abipraya, kajawi sapunika sampun kaparingakên dados gadhahanipun abipraya, paring dalêm lêlangên warni-warwarni-warni. ugi nama amung tansah lumintu, mila adêgipun sus abipraya anggènipun saya katingal samua, ngasorakên adêging sus sanèsipun, punika inggih botên liya saking kadarman dalêm: makatên ugi kadarmamankadarman. dalêm tumrap umum, punika ugi nama botên wontên kêndhatipun kados ta: darmanidarmaning (dan di tempat lain). sakolahan, darmani kasangsaran, darmani lêlangên para pakêmpalan sapiturutipun,

--- 44 ---

punika botên susah kula têrangakên para maos têmtu sampun uninga.

Bab Wêwênang.

Miturut kawontênan jaman 45 taun mrika, para kawula abdi punika prasasat botên gadhah wêwênang babar pisan, sadaya-sadaya kêdah namung angèstokakên dhawuh, beda kalihan sapunika, sadaya panindak mawi kapathok ing pranatan kalarasakên kalihan jamanipun, manawi wontên panindak ingkang nalisir kalihan wêwaton ingkang sampun pinathok, para kawula abdi sanadyan dèrèng wontên dhawuh upisil, nanging gadhah wêwênang macak atur nyuwun ewahipun ingkang têmtu botên badhe manggih kalêpatan. Langkung malih sarêng sapunika wontên rad bale agung, kajawi para kawula nama kawênangakên angrêmbag parlunipun praja, wujudipun wêwakiling kawula pintên-pintên wontên ing rad mriku, tumrap sajawining rangkah, manawi wontên ingkang anggadhahi pamanggih tumrap ngakathah prayogi, ugi gadhah wêwênang nglahirakên saraosing manahipun kawrat ing sêrat katur rad bale agung, ingkang manawi pancèn parlu sayêktos, têmtu badhe enggal katindakakên pangrêmbagipun.

MiturulMiturut. kawontênan cêkakan ing nginggil sadaya punika, kados sampun têrang sangêt, bilih anggènipun kaparêng dalêm tansah ngewahi panindak-panindak ingkang sampun botên laras punika, cêtha sangêt bilih nawung karsa badhe nyampurnakakên paprentahanipun praja dalêm Surakarta, anuju larasan dhemotrasidhemokrasi. ingkang sajati, satêmah lajêng anartanana sampurnaning sadaya panindak ingkang cocog kalihan jamanipun, awit inggih panindak ingkang kados makatên wau, ingkang badhe anjalari dados karta harja, tuwin kasantosanipun adêging praja, mênggah karta arja lan kasantosanipun adêging praja wau, saèstunipun badhe nênarik katêntrêmanipun manahing para kawula.

Awit saking kautamanipun panggalih dalêm ingkang samantên wau, kula sadaya para kawulaning praja, marêngi tingalan dalêm wiyosan taun saha yuswa dalêm 72 taun, ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 22 wulan Rêjêb Alip 1867 punika, parlu pinèngêtan, sarta anglairakên pêpuji minôngka tôndha sêmbah sungkêm konjuk ing saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, mugi dinirgakna ing yuswa, sugêng sênggang nir sambekala, awèt dados pandam pangaubanipun garwa putra santana kawula abdi sadaya, wusana unjuk sêsanti punika, mugi dipun udanèni ing Pangeran ingkang murba misesa sèsining bawana, amin, amin.

Sutrisna.

Komplèk (Complex).

Kula nuwun, mênggah tatanan komplèk punika, sami-sami ewah-ewahan tatananing praja, kalêbêt ewah-ewahan ingkang agêng, pantês dados pèngêtaning praja, amargi kawontênanipun kawula, langkung malih para putra santana sarta abdi dalêm ingkang suwau kaparingan anggadhuh siti, nama lajêng manggih jaman enggal. Paribasanipun têtiyang Surakarta ingkang sampun dados, sarta kêlimrah kangge pocapan, sabuk galêng, samangke santun, sabuk mandhat. Kados punapa ewahing tandukipun priyantun nagari dhatêng sadhèrèk dhusun, tuwin kosokwangsulipun, ing jaman sadèrèngipun komplèk, katimbang kalihan samangke, kadospundi tata raharjaning padhusunan, [padhusuna...]

--- 45 ---

[...n,] ing jaman rumiyin katimbang kalihan samangke. Punika botên parlu kula parinci, amargi sampun kêrêp kawrat ing buku-buku waosan saha ing sêrat-sêrat kabar.

Wiwitipun ing praja dalêm Surakarta Hadiningrat, katata komplèk ingkang sapisan, punika ugi sampun kêrêp kawrat ing sêrat-sêrat, nanging taksih kathah ingkang lêpat, gèsèh kalihan sêsêrêpan kula, pramila ing ngriki kula manah parlu ngaturakên kalayan cêkakan kawontênanipun komplèk ingkang wiwitan wau, supados kenging kangge pèngêtan ing salami-laminipun saha nglêrêsakên ingkang lêpat.

Wiyosipun, mênggah kaparêng dalêm gusti sêsêmbahan kula, tatanan komplèk punika kawiwitan saking kagungan dalêm siti pangrêmbe, bokmanawi kaparêng dalêm makatên wau ngiras kagêm coban saha nuladhani dhatêng para putra santana tuwin abdi dalêm sadaya. Makatên malih bikakipun tatanan punika sarênti, tumindak kalayan malampah, punapa dene sabên ambikak komplèk botên anggêmblêng: sadhistrik utawi sakaondêran dhistrik, ngoyat-ngayut miturut kaparlunipun, kosokwangsulipun sabên sabikakan, tamtu katanêman abdi dalêm mantri pananggap arta, sakêdhikipun sakamantrèn.

Awit saking punika murih anggampilakên panyuraos, ing ngriki namung kaurutakên angkaning pambikakipun (taun Walandi) saha kamantrèn pananggap, kados ing ngandhap punika:

I Ing taun 1914.1911.

Ingkang kabikak komplèk sawêg sakamantrèn pananggap, kalêbêt peranganipun kagungnkagungan. dalêm siti pangrêmbe Krapyak, mantrinipun pananggap Ngabèi Sêcaartana, dumunung ing dhusun Sanggung, inggih punika bikakan komplèk ingkang wiwitan, saha wontênipun mantri pananggap lan rèntê ingkang kapisan.

II Taun 1912.

Ingkang kabikak namung kalih kamantrèn pananggap:

1 Ing Kartasura, taksih kalêbêt peranganipun kagungan dalêm siti pangrêmbe Krapyak, mantrinipun pananggap Ngabèi Prayaartana.

2 Ing sêndhang kalêbêt peranganipun kagungan dalêm siti pangrêmbe Nguntaraarja (Kabupatèn Bayalali), mantrinipun pananggap Ngabèi Wôngsaartana, inggih punika bikakan komplèk ingkang kaping kalih.

III Taun 1913.

Ambikak komplèk gangsal kamantrèn pananggap, ingkang kalih kamantrèn dumunung ing wêwêngkonipun kagungan dalêm siti pangrêmbe Nguntaraharja, ingkang kalih kamantrèn ing wêwêngkonipun kagungan dalêm siti pangrêmbe Krapyak, papan dunungipun satunggal-tunggaling kamantrèn: 1. Ing Jatisari, 2. Wanasagara, 3. Bèji, 4. Karangdawa, 5. Kêmasan.

IV Taun 1914.

Ambikak komplèk sangang kamantrèn pananggap. 1. Kacangan, 2. Kêmusu, 3. Ngrawoh, 4. Kalitulang, 5. Klega, 6. Sangge, sami wêwêngkon kagungan dalêm siti pangrêmbe Nguntaraarja, 7. Soka, 8. Tugu, 9. Cawas, sami wêwêngkon kagungan dalêm siti kabudidayan Manisarja.

V Taun 1915.

Namung ambikak sakamantrèn pananggap ing Juwangi, taksih kalêbêt wêwêngkonipun kagungan dalêm siti pangrêmbe Nguntaraarja, malah anggènipun nêtêpi abdi lêmdalêm. pananggap sampun ing taun 1916.

Ing taun 1916 dumugi taun 1919 ing dalêm kawan taun, godhag botên wontên bikakan.

VI Taun 1920.

Ambikak komplèk sawêlas kamantrèn pananggap, sadaya ing bawah kabupatèn Klathèn. 1. Ing Prambanan, 2. Kêpurun, 3. Jaganalan, 4. Gondhang Winangun, 5. Somapura, 6. Wêdhi, 7. Bayat, 8. Kalinôngka, 9. Kitha Klathèn, 10. Gayamprit, 11. Kêtandhan.

--- 46 ---

Kados sampun cêkap kula cêkak samantên kemawon, parlu para maos sampun sagêd nguningani taun pambikaking komplèk ingkang wiwitan, inggih punika ing taun 1911 wontên ing kagungan dalêm siti pangrêmbe Krapyak. Pangrêmbe Nguntaraarja sarta wêwêngkon kagungan dalêm kabudidayan Manisarja. Ing taun 1920 wiwitipun siti gadhuhanipun para putra santana tuwin abdi dalêm katata komplèk, dene namanipun para abdi dalêm mantri pananggap namung kula sêrat dumugi bikakan kaping kalih, sadaya wau botên liya namung jalaran rupaking papan, namung parlu katêrangakên sakêdhik, wiwit titi môngsa punika para putra santana tuwin abdi dalêm ingkang kaparingan anggadhuh siti dhusun, gadhuhanipun sadaya kapundhut kondur nagari, kaparingan lintu sapintên pamêdalipun ing dalêm sataun kapara kalih wêlas lajêng kaparingakên sabên wulan, mila limrahipun lajêng winastan pamêdal: pra kalih wêlasan utawi jerengan. Dene ingkang têtêpan enggal lajêng kaparingan balônja sabên wulan, kathah kêdhikipun miturut tatanan. Kajawi punika nalika bikakan mantri pananggap lan rèntê ingkang wiwitan, kantor A Z. dèrèng ngadêg, padamêlanipun abdi dalêm mantri pananggap taksih srabudan, kados ta: ngukur, klasir, mriksa pathok sabin, mriksa pagêr karas sasaminipun. Makatên malih abdi dalêm pananggap lan rèntê punika sakawit madana dhatêng kabupatèn pangrêmbe, lajêng santun dhatêng kawadanan parentah kapatihan, samangke madana dhatêng kabupatèn pangrèh praja. Rumiyin sêsêbutanipun abdi dalêm pananggap: rôngga, samangke kaparingan sêsêbutan: ngabèi. Wiwit ing taun 1916, kawontênakên abdi dalêm panèwu kolèktur.

P. P. S.

Pamujwarja Konjuk Sri Nata Wicaksana.

Pangkur

pangkur pakarti utama / tinêmune munah drigamèng bumi / bumi mêndhak mundhuk-mundhuk / cundhuk condhonging driya / yayah priya layanan dyah woding kalbu / bêbasan mung srah jiwangga / gumulung mêlêng sawiji //

jarwane manungsa tama / têmên lamun kêkasihing Hyang Widhi / wêdharing kang nugrahagung / anggung wèh êntyarsèng tyas / sanetyasasanityasa. rinaksa salir rahayu / ayêm miwah dirga yuswa / wimbuh sinihan sasami //

manawa narendratama / tumrap praja ing Surakarta kang di / durung ana kamulyanung / nênggih kang ngungkulana / lawan Gusti kang Wicaksana Sinuhun / Jêng Sunan Pakubuwana / kaping sada mandhiri //Kurang satu suku kata: kaping sadasa mandhiri.

karana dahat utama / tumindake têtêp mantêp nêtêpi / palupining para ratu / têturutaning kuna / kang kaonang-onanging jana linuhung / nuhoni dènira dadya / wakiling Hyang Murbèng Bumi //

mung marta lawan utama / taman kêndhat maring pra santanabdi / dalah kawulèng prajagung / gunging pangrêksanira / rinarasa yêkti sru panjang apunjung / najan desa ing ngadesa / pasisir môncanagari //

katamaning rèh utama / miwah tansah mêmayu jro prajadi / dadi lir anyar winangun / ngantya tumêkanira / astanane pra lêluhur dalêm prabu / kabèh kamulyakkên mangkya / kawuryan sarwa rêspati //

tuwuhing tindak utama / manggya gênging nugraha tanpa pami / mawantu-wantu lumintu / timur tumêkèng wrêdha / widadarja kayomaning rèh rahayu / pangastaning praja wirya / lastari nir ingkang ya wèsthi //Lebih satu suku kata: lastari nir ingkang wèsthi.

malah sri nata utama / tumimbuling ari Rêspati Manis / tanggal kaping kalih likur / Rêjêb Alip tinêngran /

--- 47 ---

amêmuji larasing salira prabu /Sengkalan: amêmuji larasing salira prabu: (Kêmis Lêgi, 22 Rêjêb 1867 A.J., Kamis, 8 Oktober 1936 A.D.). tingalan dalêm wiyosan / sarta samangkya winilis //

yuswa dalêm sri utama / sampun têtêp pitung dasa dwi warsi / satuhu sihing Hyang Agung / gawang-gawang sinawang / wasanamba angunjukkên pamudyayu / yuwana anir bêbaya / sugêng sênggang ing salami //

gustyamba nata utama / mugi sinung dirganing yuswa malih / lulusa pangastanipun / pusaranirèng praja / jêjêg ajêg malah wimbuh kukuh bakuh / kuncarèng rat pramudita / tuwin pra punggawa sami //

kasêngsêma tyas utama / tumandanging karya pangrêksèng nagri / gumrêgut saengga magut / ing ngasmara dilaga / gêgarane suci wani sêtya tuhu / linambaran kasubratan / dera malês sihing gusti //

mratah mantrine utama / tumusira kautaman sakalir / kêlar junjung drajatipun / praja saisinira / rêrêm ayêm kari muji jêng sang prabu / satrah tumrah jumênênga / narendra sawuri-wuri //

amêngku praja utama / jêr ta amung gusti sri narapati / kang wignya sung nugraha gung / mring pra kawulanira / sumarmanta tutuping kang pamudyayu / dhuh dhuh sanggya para wôngsa / èngêta trah Kartyasadi //

Wôngsa Kartyasa.

Sêsanti Minôngka Unjuk Sêmbah Bêkti, Konjuk Gusti Jêng Sri Narendra, Nata ing Surakarta kaping X.

Pocung

datan ancung / sajro praja swara umyung / samya murwèng gita / mêdharkên unjuk sêsanti / konjuk gusti jêng sinuhun wicaksana //

sing dènipun / èngêt lamun jêng sang prabu / têtêp yuswa nata / pitung dasa kalih warsi / srira dalêm sugêng sênggang nir rubeda //

datan kantun / pun abdi kèlu jumurung / unjuk pudyastawa / konjuk gusti jêng sang aji / môngka tôndha sêmbah sumungkêm kawula //

ing jro kidung / dahat ing panuwun ulun / mugi Hyang Suksmana / paring lumunturing kang sih / sugêng sênggangira kangjêng sri narendra //

malihipun / Sang Narpadayinta Prabu / Gusti Jêng Ratu Mas / lulusa siniwèsiniwèng. puri / môngka dadya pandaming sadalêm pura //

tumrap wadu / wandawanirèng sang prabu / pra putri sadaya / myang têtêp dumadya kanthi / panggalihan dalêm kangjêng sri narendra //

dènnya jungkung / ngasta kaadilan luhung / sumrambah mring praja / nartani arjaning nagri / têntrêm ayêm tyasing kawula sadaya //

sing dènipun / kapraban prabawèng prabu / nata wicaksana / jumbuh lan dayitadayinta. aji / titi tamat kawula: Citrakismaka //

--- 48 ---

Pèngêtan Cêkak Kamajêngan Dalêm Anggènipun Anggalih Saya Tambah-tambahipun Prayogi Kawontênanipun Abdi Dalêm Prajurit.

Panjurung saking Pangagênging Prajurit Dalêm.

[Grafik]

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Litnan Kolonèl Kapalêri Lègêr ing Indiya Nèdêrlan, Komandhaning abdi dalêm prajurit Jawi lêbêt, mangagêm cara Jawi prajuritan.

Cacahing pangagêng opisirên sapangandhap, saha namaning golonganipun piyambak-piyambak taksih lêstari kados babon kina. Amung ing mangke, awit saking dhawuhing timbalan dalêm Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan putra dalêm Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara, Litnan Kolonèl Kapalêri Lègêr ing Indhiya Nèdêrlan, saha komandhaning abdi dalêm prajurit Jawi lêbêt (kapalêri, inpantri, saha artilêri), kadhawuhan nyaèkakên abdi dalêm prajurit, sagêda angèmpêri kadosdene prajurit abdinipun kangjêng guprêmèn, supados angindhakakên kaluhuran dalêm, saha dados rarênggan sasêkaring nagari dalêm Surakarta Adiningrat. Ing mangke prasasat sampun sagêd kalampahan. Amargi saking komandhaning prajurit dalêm sangêt amarsudi saha têtela mumpuni dhatêng olah kaprajuritan. Sarta putus dhatêng Règlêmèn militèr, sadaya pangulah dipun sarirani piyambak, botên kêndhat amarsudi saening abdi dalêm prajurit, supados botên damêl kusut bilih nglampahi pandamêlan wajibipun, kados ta: jagi, urmat, baris sapanunggilanipun, lampah-lampahipun sadaya sampun katata kapacak ing buku Irbêwissên, buku Garnisun Dhinês, tuwin sanès-sanèsipun, samantên wau taksih kagulawênthah sarana teori saha kapraktikakên [kapraktikakê...]

--- 49 ---

[...n] saparlunipun.

Abdi dalêm prajurit naracak wanci nêdhêng tumambirang umur: 22 sêpuh-sêpuhipun umur 30 taun, dêdêgipun angsal ukuran pantês dados abdi dalêm prajurit, dene ingkang sampun sêpuh saha botên nyêkapi sami kadhawuhan ngaso botên tumindak dhinês (taksih kalayan urmat).

[Grafik]

Abdi-dalêm prajurit, inpantri, nuju dipun sêpèksi komandhaning abdi-dalêm prajurit.

Panganggènipun abdi dalêm prajurit, inpantri saha artilêri waradin (klintêni) saking kain rumput ijêm, ingkang grutni saking sèrsi cêmêng, sadaya pundhutan dalêm saking dhepartêmèn, Orlo ing Bandhung, dene abdi dalêm prajurit kapalêri panganggenipun padintênan (klintêni) cara Jawi kulukan bêbêdan, sinjang cap latarpêthak, sabuk lurik puluhwatutuluhwatu. malang abrit dhasar biru. Rasukan atelah ijêm saking kain rumput, sadaya punika saking paring dalêm, tatanan enggal, sarta sampun katamtokakên sabên taun angsal paring dalêm santun, dene panganggènipun grutni ugi taksih lêstari cara Jawi, kulukan bêbêdan, kados ingkang sampun kalampahan ing salaminipun.

Abdi dalêm opisirên, inpantri saha kapalêri, sami kaajar utawi kawajibakên sagêd numpak kapal agêng Sidni, supados manawi tindhihi baris numpak kapal, botên anguciwani.

Abdi dalêm prajurit sarta pad pindêr truna kêmbang sami katindakakên pangajaran sêport utawi gimnaptik, bal-balan sapanuggilanipun, punapa dene abdi dalêm prajurit mindêrên, ing sabên malêm Akat utawi malêm Kêmis, sami ginulang kagunan Jawi babagan widhayaka, kados ta: bêksa wirèng, utawi ringgit sasaminipun, sarta sabên malêm Salasa abdi dalêm prajurit calon jaga suwara, sami sinau nêmbang lagu karaton ingkang winastan têmbang, paringgitan (pasinaonipun manggèn ing kamtin prajurit).

Salêbêtipun taun Jimakir 1866 kagungan dalêm kalantaka agêng Kyai Sagarawana 2 Kyai Syuh Brastha, ingkang adatipun kaungêlakên kagêm pakurmatan sabên wiyos dalêm garêbêg Mulud, kagalih sampun anguwatosi, saking sampun sêpuh, kaparênging karsa dalêm kadhawuhan nyuwunakên lintu ing kangjêng guprêmèn, sampun kalampahan, saha lajêng kacaosan kalantaka agêng pirantos paprangan, cacah 2 iji, kêmbar wujudipun, mêdal saking kangjêng tuwan ingkang wicaksana lègêr komandhan, ing Bandhung. Kaparênging karsa dalêm Saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kagungan dalêm kalantaka enggal wau kapatêdhan nama Kyai Guntur 2 Kyai Gêni. Saha lajêng kawêwahan pirantos purwagên (karèt), pangirit kapal Sidni. Sapirantosipun komplit [kompli...]

--- 50 ---

[...t] dalah mindêrên juru ingkang nglampahakên. Ingandikakakên lajêng ngangge pirantos pakurmatan dalêm, sabên garêbêg Mulud, kadhawuhan ngungêlakên sapisan, giliran sabên Mulud, sapiturutipun.

Nunggil salêbêtipun taun Jimakir 1866 wau kagungan dalêm sanjata guwir, pirantos sikêpipun abdi dalêm prajurit, inpantri sadaya, sarèhning lupipun sanjata sarta bayunètipun sami kêpanjangên, punika sami kasuda panjangipun, sarana dipun kêthoki sami kalihan kagungan dalêm sanjata karbin.

Kaparênging karsa dalêm lêlangên sêtrik, orkès, dalah abdi dalêm ingkang majibi sadaya, kaparingakên madana wontên ing komandhaning abdi dalêm prajurit, kadhawuhan nunggilakên kalihan abdi dalêm musikan, saha lajêng winastan militèr sêtrik, orkès, pinisêpuhipun kaparingan pangkat, ondêr litnan utawi ajidan, ondêr opisir, dene panganggènipun ing sabên sowan anglampahi padamêlan padintênan utawi pasowanan agêng mangange cara Walandi sami kadosdene abdi dalêm musik (pangangge militèr). Abdi dalêm musik stap, golongan prajurit lêbêt, rumiyin pangangenipun padintênan kaparingan Korobadhe saking Kurasi, sapunika kaparingan cara Walandi ijêm.

[Grafik]

Abdi dalêm prajurit, kapalêri (lêbêt) wontên ing kagungan dalêm sêtadhiyun Sriwêdari.

[Grafik]

Abdi dalêm prajurit, inpantri, wontên ing kagungan dalêm sêtadhiyun Sriwêdari.

Wiwit Bandara Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara kakarsakakên dados komandhaning abdi dalêm prajurit, tumrap abdi dalêm dhoktêr prajurit kapangkat opisir pan gêson eid klas II saha

--- 51 ---

katamtokakên tumindak padamêlan puliklinik sapanunggilanipun, sapunggawanipun pêrplègêr, wontên ing kantor Wirakarti Sastra, sabên dintên sarta samôngsa abdi dalêm prajurit tumindak padamêlan barisan agêng, dhoktêr utawi pêrplègêr sowan anjagi abdi dalêm prajurit ingkang sami baris, kalayan wahana pit motor sapirantosipun, jampi-jampi kangge mitulungi manawi sukêr sakit wontên pabarisan.

Wiwit ing taun Alip 1867, angabdèkakên mistêr (purlupêh) juru angajar utawi nyinau abdi dalêm opisirên sapangandhap, tumrap mainsêkèrêm, plorèt sarta gimnastik sapanunggilanipun.

Ingkang andadosakên lam-laming manah kula juru pangripta tumrap sarira dalêm gusti komandhaning prajurit dalêm punika, botên namung anggèning sarwa nyakup dhumatêng kridhaning kaprajuritan. Manawi bab punika sampun samêsthinipun, amargi pasinaon dalêm pancèn inggil. Ingkang tumancêp raosing manah kula, kajawi barang-barang sami dipun sarirani piyambak, ingkaingkang. langkung parlu dhêdhasaring panggalih dalêm anggènipun sarwa utama tuwin ngadil, inggih punika kajawi sabên dipun suwuni kadarman punapa kemawon kangge parlunipun pakêmpalan têmtu dipun paringi, tumrap pamisudhanipun para abdi dalêm prajurit, botên pisan-pisan namung anggalih dhumatêng santana dalêm, sanadyan saking turunipun kawula saha abdi dalêm alit, manawi sampun sagêd nyêkapi dhumatêng wêwatonipun tindaking kaprajuritan, têmtu lajêng ginanjar inggahing pangkat, mila ing mangke inggih botên sakêdhik abdi dalêm ingkang pangkatipun inggil namung saking turunipun kawula abdi ingkang pangkat alit. Punika ingkang pantês pinuji saha ingaturan gênging panuwun kalihan sintên kemawon ingkang dhêdhasar manah prasaja. Amargi inggih kaparêng dalêm gusti komandhaning prajurit dalêm makatên wau, ingkang badhe sagêd nênarik kasêtyanipun sadaya para kawula, ingkang lêlajênganipun lajêng anênarik kasantosanipun adêging praja, mila ing ngriki kula juru pangripta inggih namung tansah angalêmbana, tuwin mêmuji, panggalih dalêm ingkang makatên wau mugi lêstantun ing salami-lami.

Wôngsalêksana.

Pèngêtan Kamajênganipun Praja Dalêm Surakarta Adiningrat ing Salêbêtipun Kabupatèn Kitha Surakarta.

Panjurung saking Kabupatèn Pangrèh Praja Kitha.

1. Têtanèn

Ha: Ing kabupatèn kitha Surakarta ambawahakên siti garing wiyaripun 32.894 bau, siti têlês 56.103 bau, siti wau sagêd katanêman palawija saha pantun gadhu tuwin tadhahan, saking kaparêngipun nagari supados para kawula dalêm tiyang alit sagêd majibi pemahan dalah sabin piyambah-piyambak, wiwit ing taun 1922, lajêng katata anyar (complex) dumuginipun sapunika kabage dados 169 kalurahan dhusun saha 36 kalurahan kampung salêbêtipun kitha.

Ing bawah ondêr dhistrik Tawangsari, dhistrik Sukaharja, wontên sabin jêmbaripun 90 bau, ingkang sabên môngsa rêndhêng kêlêban (kakum) ing toya, luberan saking lèpèn Dêngkèng têmpuk kalihan lèpèn Bajing, mila sabin samantên wiyaripun wau lajêng botên sagêd panèn sadaya, saking inggiling toya ngantos sagêd ngêndhêgagên lampahing têtumpakan.

Awit saking kawontênan wau nagari adamêl ihtiyar, wiwit ing taun 1935 lèpèn Dêngkèng kalêrês sacêdhakipun dhusun Bogor inggih punika ingkang toyanipun angêlêbi sabin kasêbut nginggil, dipun plêmpêng tuwin tanggulipun dipun kiyatakên bau èrên dhinês saha gugur gunung, waragadipun kasanggi ing nagari. Pikantukipun sagêd amaedahi agêng sangêt, nalika rêndhêngan ing taun 1935 sabin 90 bau wau sagêd panèn sadaya.

Lèpèn Bajing punika sanadyan upami botên kawêwahan [kawê...]

--- 52 ---

[...wahan] toya saking lèpèn Dêngkèng, manawi môngsa rêndhêng inggih mêksa botên sagêd dipun sabrangi, jalaran kajawi toyanipun santêr, marginipun risak sami longsor. Awit saking kaparêngipun nagari, lèpèn wau sapunika dipun karêtêg santosa, lampahing têtumpakan sampun sagêd sakeca, adamêl majêngipun pêkên ing Tawangsari.

Na: Ing lèpèn Pacinan, bawah ondêr dhistrik Sukaharja, kalêrês sacêlakipun dhusun Asêm Kandhang dipun iyasani bêndungan nama garotan, sagêd ngoncori sabin wiyaripun kirang langkung 200 bau. Waragat pandamêlipun bêndungan wau wontên 1600 rupiyah.

Ca: Gêgandhengan kalihan anyaèkakên kawontênanipun rajakaya, dipun wontêni lêmbu pamacêg saking bênggala, panumbasipun saking arta kas dhusun, têtiyang dhusun mriku kenging macêgakên kanthi lêlahanan, dene ingkang ngopèni lêmbu pamacêg wau, kapasrahakên dhatêng tiyang dhusun mriku mawi kaparingan pituwas.

Ra: Kangge angajêngakên têtanèn, ing bawah kabupatèn kitha sampun katindakakên têtanèn watêrsêkap, inggih punika ingkang manah lampahing toya ingkang ngoncori dhatêng pasabinan, kangge anjagi sampun ngantos wontên undur prakawis ngilèkakên toya, lampahing toya katindakakên dening punggawa kalurahan dhusun, inggih punika ulu-ulu.

Ka: Panggêsanganipun têtiyang ing bawah kabupatèn kitha, ingkang kathah sami nêdha sêkul, amung wontên sabagean sisih kidul, sami nêdha sêkul ingkang kawastanan sêkul ulêng. Inggih punika gaplèk kacampur kalihan uwos. Sabên uwos sabagean, campuranipun gaplèk 2 bagean.

Ing sabên môngsa rêndhêng, ing panggenan wau asring kasrambah kêkirangan têdha (pacêklik) jalaran kathah pasabinan ingkang kêlêban toya kados ingkang sampun kapratelakakên ing adêg-adêg aksara Ha, nalika rêndhêngan antawisipun taun 1929/1930, ing bawah Tawangsari wontên pacêklik ngantos têtiyang dhusun mriku sami kataman sêsakit bêngkak (bèri-bèri), saking anggènipun nêdha bonggol pisang tuwin ron-ronan ingkang botên isi jasat pitaminê, awit saking punika lajêng dipun sadhiyani arta pitulungan kathahipun 10.000 rupiyah, kangge maringi jampi lêlahanan, saha kangge ngawontênakên padamêlan inggih punika iyasa margi saking Tawangsari têrusan dhatêng bawah Kabupatèn Gunungkidul (Ngayogyakarta). Têtiyang ingkang nyambut damêl kaparingan bêrahan, pamaringipun kawujudakên arta saha têdha, warni gaplèk, kacang ijêm, sasaminipun ingkang kathah isinipun jasad pitaminê, pikantukipupikantukipun. sagêd anyirnakakên wontênipun kêkirangan têdha tuwin sêsakit bêngkak.

Dumuginipun sapunika taksih dipun sadhiyani arta kangge pitulungan manawi wontên kêkirangan têdha. Arta wau wontên ingkang katumbasakên wiji jagung genjah, kaparingakên lêlahanan dhatêng têtiyang tani. Jagung genjah punika umur 70 dintên, sabên taun sagêd tanêm kaping 2.

2. Pangajaran.

Ing salêbêtipun kitha Surakarta, wontên pamulanganipun kagungan dalêm, inggih punika:

1: Mambangul Ngulum, pamulangan ingkang adhêdhasar agami Islam.

2: Kasatriyas,Kasatriyan. saminipun pamulangan H.I.S.

3: Pamardi Siwi, saminipun pamulangan probêl.

4: Pamardi Putri, saminipun Meisjesschool.

--- 53 ---

Pamulangan 2, 3, 4 wau, namung kangge para putra-putri dalêm, anakipun santana dalêm dumugi grad IV saha anakipun para abdi dalêm dumugi pangkat mantri.

5: Pamulangan têtanèn ing Têgalgônda.

Ugi wontên pamulangan dhusun ingkang wragadipun kasanggi saking arta kas dhusun, saha wontên ingkang pasrahan saking pamulangan ôngka II kagunganipun kangjêng guprêmèn, lajêng kadadosakên pamulangan dhusun saha pamulangan sambêtan (Vervolgschool).

Murid ing pamulangan dhusun, dipun tuntuni pandamêlan tangan, kados ta: tumrap lare èstri nênun saha nyongkèt. Lare jalêr ngukir sela pêthak, damêl plang nama tuwin sanès-sanèsipun. Dene kasagêdanipun lare wêdalan saking pamulangan dhusun, punika sami kalihan murid ingkang minggah klas IV wêkdal pamulangan ôngka II taksih wontên, saha sami kalihan ingkang katampi wontên ing pamulangan sambêtan.

Kajawi pamulangan-pamulangan kasêbut ing nginggil, sawatawis kathah pamulangan sanèsipun malih kagunganipun kangjêng gupêrmèn, pakêmpalan warni-warni ingkang adhêdhasar agami utawi botên, tuwin pamulangan patukangan (ambachtsleergang).

3. Kasarasan.

Ha: Kawontênanipun puliklinik:

1: Ing Kadipala (Pantiroga),

2: Ing Sukaharja, sami kagunganipun nagari Surakarta,

3: Sikênsorêh (ziekenzorg) manggèn ing kampung Mangkubumèn,

4: Ing Kaprabon, gadhahanipun pakêmpalan Muhamadiyah,

5: Manggèn ing Jèbrès.

6: Manggèn ing Bêgajah (Sukaharja).

7: Manggèn ing Bulu (Bulu)

8. manggèn ing ing Kartasura, sami gadhahanipun pakêmpalan sèndhêng.

9. Ing Têgalgônda, gadhahanipun kabudidayan Têgalgônda.

10. Ing Mangunjayan, punika kagunganipun nagari, mligi kangge pangupakaranipun tiyang sakit ewah. Para santana, abdi saha kawula dalêm, ingkang sami nyuwun jampi dhatêng puliklinik kagunganipun nagari, sami kaparingan lêlahanan, amung ngaturi lêlintu wadhahipun jampi, sabên jampi satunggal warni 2 1/2 sèn.

Na: Griya pangupakaranipun tiyang miskin:

1: Griya miskin wangkung kagunganipun nagari, manggèn wontên ing bawah kaondêran Lawiyan, tansah kamanah dening kumisi ingkang kapatah anindakakên. Para têtiyang ingkang kalêbêtakên wontên ing wangkung wau, saking sakêdhik katuntun nyambut damêl: têtanèn, anam-anam, tuwin sanès-sanèsipun, dipun wontêni pamulangan kangge lare-lare anakipun tiyang miskin. Dene kasarasanipun ugi tansah dipun manah dening abdi dalêm dhoktêr.

2. Manggèn ing kampung Jèbrès gadhahanipun pakêmpalan Muhamadiyah.

Ca: Ing salêbêtipun taun 1915/1916, ing kitha Surakarta kasrambah sêsakit pès ingkang ambêbayani, saking kaparêngipun nagari kangge rêrigên panulakipun, sadaya griya-griya sami kabangun enggal (woning-verbetering) waragadipun andandosi kaparingan saking nagari, dene ingkang gadhah kaparêngakên nicil sakuwawinipun.

Ra: Kangge panulakipun sêsakit cacing (mijnwormziekte) ing salêbêtipun kitha Surakarta dipun tata latrinê (latrine) ingkang tujuanipun angicali kakus ingkang [ing...]

--- 54 ---

[...kang] anggônda. Awit saking punika kakus-kakus wau kabangun enggal mawi tandhon (septietank) para ingkang damêl kakus botên kapupu pajêk (rooigeld) tumrap ingkang gêsangipun rêkaos kaparingan kakus lêlahanan, saha ing panggenan-panggenan ingkang parlu ugi kaparingan kakus kangge umum.

Ka: Dipun wontêni assaineering supados lampahing toya ing pakampungan-pakampungan sagêd ajêg, kalèn-kalèn sagêd kasêntoran toya.

4. Pakaryan.

Ha: Panggaotanipun para kawula dalêm, sabagean agêng sami têtanèn, sanèsipun sami nanggaota kriya, dêdagangan, tuwin sanès-sanèsipun. Ing bawah kaondêran Ngutêr, dhistrik Sukaharja, kondhang dêdamêlanipun parut, karanipun parut ngambil-ambil.

Kangge angajêngakên dhatêng panggaotan tênun, abdi dalêm pangrèh praja angulat-ulatakên panindakipun têtiyang ing bawahipun ingkang sami manggaota nênun, wontên ugi ingkang mawi kaparingan ampilan arta saking nagari.

Kajawi amanah panggaotan tênun, ugi manah angajêngakên saha nyaèkakên panggaotan ngukir rêca saking sela, nganam babut saking mendhong niru wêdalan saking Eropah, damêl gêlaran saking mendhong, sarta bagor saking lulup gêbang. Sadaya wau tumindakipun mawi rêrigênipun abdi dalêm pangrèh praja.

Na: Gêgandhengan kalihan kathahipun pangangguran tumrap tukang kajêng:

a. Nagari maringi pandamêlan iyasa griya manggèn ing kampung Panumping, lajêng kalotrèkakên, tirahanipun ingkang botên pajêng, kaparêng katumbas dening abdi dalêm sarana kacicil nyêngklong saking balanjanipun.

b. Bêbadan ingkang manah dhatêng majênging pakaryan utawi ngawontênakên padamêlan inggih punika:

1: Mardiguna, namung ngatingalakên pakaryan warni-warni, upaminipun: gambar, ukir, tuwin sanès-sanèsipun, saha kangge pasinaon sêkar agêng.

2: Têguh, ancasipun ngupadosakên pandamêlan para pangangguran tukang kajêng.

3: Budikarya, punika adan-adananipun pakêmpalan P.P.B. cabang kitha Surakarta, adêgipun saking kadarmanipun para warga P.P.B cabang kitha, ancasipun sami ugi kalihan pakêmpalan Têguh, amung bedanipun budi karya kajawi tukang kajêng ugi manah tukang sêtlika, grêji, tukang kuningan, ngukir (marmêr sela saha kajêng).

5. Kamajênganipun Praja.

1: Pêkên agêng dipun dandosi sae ingkang waragadipun botên kirang saking 300.000 rupiyah, sapunika kaparingan nama Pêkên Agêng: Arjanagara. Karêtêg ing lèpèn Pepe kalêrês sakilènipun Pêkên Agêng wau, ugi dipun mulyakakên kaparingan nama karêtêg Pandhêryah. Nalika pambikakipun Pêkên Agêng Arjanagara, mawi pasamuwan agêng-agêngan.

2: Ing Sriwêdari tansah dipun tata ingkang adamêl rêsêpipun para mirsani. Saha dipun wontêni stadion ganggekangge. ajêngipun têtandhingan bal ing wanci sontên saha dalu.

3: Musium, taksih lumintu anglêmpakakên barang-barang kina saha sêrat-sêrat, tuwin kangge pasinaon dhalang sarta nabuh gôngsa.

4: Para abdi dalêm sami kaganjar sêsêbutan:

--- 55 ---

Ha: Pêpatih dalêm kaganjar sêsêbutan: kangjêng pangeran arya adipati.

Na: Bupati: kangjêng radèn tumênggung.

Ca: Kliwon lajêng nama bupati anom.

Ra: Para abdi dalêm pulisi ingkang mêngku bawah kaparingan salin nama: pangrèh praja, tumrap panèwu dhistrik lajêng nama wadana dhistrik, mantri ondêr dhistrik lajêng dados asistèn wadana.

Ka: Abdi dalêm panèwu ingkang katarimah pasuwitanipun, kaganjar sêsêbutan riya.

Da: Lurah kampung saha dhusun ingkang dangunipun sampusampun. 10 taun, kaganjar sêsêbutan dêmang.

Ta: Ngawontênakên pangkat titêlèr (titulair) mantri kangge carik garap kantor kapatihan, saha pangkat lurah kangge pambantu carik ingkang pasuwitanipun sampun 6 taun.

Sa: Maringi ganjaran: sri nugraha, dhatêng abdi dalêm ingkang pangkat lurah minggah, ingkang pasuwitanipun sampun 15 taun tumrap patuh, saha 10 taun tumrap pangrèh praja, sadaya wau ingkang ing salêbêtipun wanci punika dèrèng minggah pangkat sarta sae pandamêlanipun.

5: Ngawontênakên rad bale agung, kangge nyantuni wontênipun rad nagari. Ingkang dados warganipun wontên ingkang saking kawula dalêm, wontênipun rad bale agung wau lajêng tuwuhipun rad karaton, ingkang dados pangarsa Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda.

6: Ngawontênakên kumisi ingkang manah dhatêng panggêsanganipun kawula dalêm, warganipun para abdi dalêm pangrèh praja, lurah dhusun saha abdinipun kangjêng gupêrmèn saha tiyang partikêlir.

7: Damêl bêbadan nama Comite Penolong Kasangsara'an Soerakarta kacêkak C.P.K.S. ingkang sêdyanipun mitulungi manawi wontên kasangsaran ing padhusunan, ingkang kaparingan pitulungan punika ingkang griyanipun rêbah saking angin utawi lindhu, kabêsmèn, kabanjiran, tuwin sasaminipun ingkang saking kodrat, pitulungan wau awarni arta kathahipun sapara sakawaning tapsiranipun karugian, dene arta wau angsal urunan saking kas dhusun.

8: Kawontênanipun abatowar ing salêbêtipun kitha Surakarta, wontên 3 panggenan, inggih punika: ing kampkampung. Jagalan, ing Kartasura kangge mragat lêmbu, maesa tuwin kapal, saha ing Pajang kangge pamragadan menda.

9: Bang dhusun, manggèn ing bawah dhistrik kitha Bakonang sarta Kartasura. Tuwuhipun bang dhusun punika rêrigên nyuda wontênipun wukêr (antiwukêr).

10: Sarèhning pakuburan ing salêbêtipun kitha sampun sami kêbak, mila lajêng dipun tutup, kajawi pakuburan Pamijèn, botên kenging tiyang ngubur wontên ing mriku. Nagari lajêng ngiyasani pakuburan umum cacah 4 panggenan, inggih punika: ing Purwalaya, bawah ondêr dhistrik Jèbrès, Nguntaralaya, bawah ondêr dhistrik Jèbrès, Daksinalaya, bawah ondêr dhistrik Sêrêngan, Pracimalaya bawah ondêr dhistrik Lawiyan.

11. Ing bawah dhistrik kitha suwau wontên sakalurahan ingkang nama kalurahan dhusun, inggih punika ing Pajang. Lurah sapunggawanipun sami angsal lênggah sabin. Gêgandhengan kalihan kangge miyarakên kitha, kalurahan wau lajêng kadadosakên kalurahan kampung, punggawanipun kaparingan balônja saking nagari. Saha bawah kalurahan [kalu...]

--- 56 ---

[...rahan] Pajang ingkang sisih lèr, lajêng kadadosakên pemahan pasrèning kitha.

12. Pasanggrahan kagungan dalêm ing Langênaarja, mêdal toyanipun angêt, mila lajêng kadadosakên pasiraman.

Ing Krapyak (Kartasura) kangge kandhangipun kidang mênjangan, sadhiyan manawi ing karaton damêl wilujêngan maesa lawung, saha balumbangipun dipun mulyakakên kangge nangkarakên ulam karpêr.

Pasanggrahan Dalêm.

Ing wêwêngkon Kabupatèn Bayalali wontên pasanggrahan dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, inggih punika:

1: Pracimaarja, dumunung ing dhusun Paras (Cêpaga).

2: Bukit Ngendramarta, ing Sêla.

3: Ngèksipurna ing Pêngging (Banyudana) saha ing ngriku wontên umbulipun kagêm pasiraman dalêm, nama umbul Tirtamarta, ugi dipun sadhiyani papan padusan kangge umum. Kajawi pasanggrahan saha pasiraman dalêm, ing ngriku ugi wontên kagungan dalêm masjid, ing sabên wulan Sapar ing masjid wau dipun wontênakên karamean Yakawiyu kadosdene ing Jatinom (Klathèn), sacêlakipun umbul Tirtamarta wau, ugi wontên umbul kawastanan umbul Ganawêling, ing ngajêng pangunjukan dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana mêndhêt saking toya umbul wau, ananging samangke sampun botên. Ing dhusun Mungup (Sawit), ing ngriku ugi wontên umbul kangge padusan.

Dumugi ing mangke pasanggrahan dalêm ingkang kêrêp dipun rawuhi sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, amung pasanggrahan dalêm ing Pracimaarja, amargi hawanipun pancèn sakeca (asrêp) papanipun asri anêngsêmakên, saha kêrêp kagêm manggihi para ingkang sami mêrtamu sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, saking môncanagari. Pasanggrahan wau kaprênah sakilèn kitha Bayalali, têbihipun watawis 7 kilo mètêr.

[Grafik]

Pasanggrahan Dalêm Bukit Ngendramarta ing Sêla.

Kawontênaning Margi-margi saha Krêtêg.

Wiwit sadèrèngipun bawah Kabupatèn Bayalali katata komplèt dumugi wontênipun tatanan komplèt sapriki, wontênipun margi-margi tansah mindhak-mindhak cacah saha saenipun.

I. Margi irên dhinês Wanasêgara sambêtan saking Ngampèl saha Purwadadi, sasampunipun ing margi ingkang nglangkungi lèpèn Serang ing dhusun Kêtoyan (Wanasagara) saha lèpèn sanèsipun sampun [sa...]

--- 57 ---

[...mpun] sami kadekekan krêtêg, punika anggampilakên lampahing têtumpakan saking Bayalali utawi Salatiga dhatêng Wanasagara, Têlawah, ingkang papan-papan punika sadèrèngipun lèpèn Serang saha sanèsipun dipun wontêni krêtêg, botên sagêd dipun ambah ing têtumpakan. Wontênipun krêtêg ing lèpèn Serang wau botên amung maedahi tumrap lampahing têtumpakan kemawon, ananging ugi paedah agêng tumrap lampahing dêdaganganipun têtiyang siti ing wêwêngkon dhistrik Wanasagara ingkang sami sêsadean dhatêng Bayalali utawi Salatiga.

II. Margi ingkang dhatêng Sêla, ingkang ing ngajêng bilih nênumpak sagêdipun amung numpak kapal, samangke sampun sagêd mawi têtumpakan motor.

III. Sarêng margi ingkang dhatêng Tampir ing lèpèn Gandhul sampun dipun dèkèki krêtêg, bilih ing môngsa rêndhêng lèpènipun bêna, samangke botên parlu ngêntosi angokipun, nanging sampun sagêd lajêng mêdal ing krêtêg wau.

IV. Margi Bayalali-Klathèn, ingkang adatipun mêdal margi Randhusari mangidul, anglangkungi saha mawi nyabrang lèpèn Gandhul, jalaran dèrèng wontên krêtêgipun, utawi mêdal ing Kartasura, samangke sampun wontên marginipun enggal ingkang langkung cêlak, inggih punika mêdal margi irên dhinês ing Sasanalayu (sakidul sêtatsiyun Bayalali) mangetan, lajêng mangidul, ing ngriku sampun wontên krêtêgipun, dumugi kilèn dhêkah Ngindrakila mangetan gathuk kalihan margi turutan saking Randhusari ing nginggil. Sadèrèngipun margi ingkang dhatêng Tampir saha dhatêng Klathèn wontên krêtêgipun, sabên lèpèn Gandhul bêna kêrêp wontên kasangsaran tiyang utawi têtumpakan ingkang sami langkung ing lèpèn wau, nanging samangke sampun botên nate wontên kasangsaran.

Kawontênaning Tanêman.

Ing bawah dhistrik Ngampèl wontên cobèn andamêl kêbon jêram, ing bawah dhistrik kitha Bayalali kaondêran dhistrik Ngampèl andamêl cobèn kêbon-kêbon pêlêm, tanêman katingal sae saha subur, pangintên ing wingking sagêd kaajêng-ajêng wohipun.

[Grafik]

Bikakipun karêtêg ing lepen Serang ing margi irên dhinês saking Karanggêdhe dhatêng Wanasagara, dipun jênêngi sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan sakalihan pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, saha kangjêng tuwan guprênur sakalihan nyonyah.

Lambao purlihtêng dhinês (Landbouw voorlichting dienst) saha para abdi dalêm among tani botên kêndhat tansah andamêl wêwarah-wêwarah saha conto-conto, murih majêng saha saening tanêmanipun kawula dalêm têtiyang tani, kados ta: bab panganggènipun rabuk, caranipun nanêm, ngicali ama sapiturutipun, ingkang ugi sami dipun èstokakên.

Bab Kasarasanipun Kawula Dalêm (Volksgezondheid).

Ing wêwêngkon Kabupatèn Bayalali wontên griya poliklinik [poli...]

--- 58 ---

[...klinik] cacah 6 inggih punika:

1: Ing kitha Bayalali dipun wontênakên dening kangjêng guprêmèn.

2: Ing Karanggêdhe.

3: Ing Kacangan, sami dipun wontênakên dening pakêmpalan Mardi Nirmala ing Bayalali.

4: Ing Têlawah (Juwangi), dipun wontênakên dening pakêmpalan Sèndhêng, kaparingan subsidhi saking kangjêng parentah agêng nagari.

5: Ing Pêngging, dipun wontênakên dening pakêmpalan Sèndhêng.

6: Ing Cêpaga, dipun wontênakên dening kabudidayan Sukabumi.

Griya sakit wontên 1 inggih punika griya sakit pitulungan ing Bayalali dipun adêgakên dening pakêmpalan Mardi Nirmala ing Bayalali, makatên ugi inggal mangke pakêmpalan Mardi Nirmala angwontênakên griya patirahan (herstellingsoord) manggèn ing Cêpaga.

Parlu kapratelakakên, bilih adêgipun pakêmpalan Mardi NimalaNirmala. ing Bayalali punika sakawit tuwuhipun adaada-ada / adamêl. nalika badhe tingalan wiyosan dalêm sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan tumbuk yuswa 64 taun, minôngka pahargyan andamêl pasar malêm manggèn ing kitha Bayalali ingkang bêbathènipun kangge iyasa griya sakit minôngka kangge pangèngêt-èngêt tingalan dalêm wiyosan tumbuk yuswa 64 taun wau, manggèn ing kitha Bayalali, ingkang dumugi ing mangke. Pakêmpalan Mardi Nirmala wau dipun pangarsani ingkang bupati ing Bayalali (Kangjêng Radèn Tumênggung Suranagara). Waragat kangge parlunipun griya sakit saha puliklinik Mardi Nirmala punika, kajawi saking urunanipun para warga ugi kaparingan subsidhi saking kangjêng parentah agêng nagari, saha tampi urunan saking dhusun-dhusun wêwêngkon Kabupatèn Bayalali. Kangjêng guprêmèn ugi maringi bêbantu dhoktêr, inggih punika Gouv Ind. Arts ing Bayalali.

[Grafik]

Pasanggrahan dalêm Pracimaarja saking ngajêngan.

Bab Pêlikan.

Ing bawah ondêr dhistrik Juwawi (Juwangi) kathah pêlikan sela gamping ingkang anjalari dados panggaotan tuwin panggêsanganipun kawula dalêm, saya dangu pêlikan punika saya mindhak asilipun.

Bêndungan (Dham).

Ing bawah dhistrik Wanasagara wontên bêndungan ingkang kina-makina, inggih punika:

I. Parean, II. Jembrak, III. Pênggung.

Miturut cariyosan wontênipun bêndungan punika wau wiwit nalika jaman Kartasura, kala samantên namung sagêd angoncori siti kirang langkung 100 bau, sarêng taun 1917 bêndungan-bêndungan wau kamulyakakên, salajêngipun sagêd angoncori sabin ± 1500 bau.

--- 59 ---

Ing ngandhap punika gambaripun bêbêktan utawi pisungsungipun Biwaddha Nata ingkang konjuk saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana. Marêngi tingalan dalêm wiyosan taun saha yuswa dalêm 72 taun, ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 22 wulan Rêjêb Alip, angkaning warsa 1867.

Katêrangan.

Sangkalan mêmêt ing pinggiran kanan katongan nyandhing sirah èsthi. Ing kering: pandhita anampèkakên sêkar wijaya kusuma, dados bilih kaucapakên pandhita amirêna angèsthi nata,Sengkalan: pandhita amirêna angèsthi nata (1867 A.J., 1936/37 A.D.). inggih punika ôngka warsa Jawi 1867.

Sangkalan mêmêt ing ngandhap kanan: latu murub ing padupan, ing kering jêmparing têmbus kar jagad. Dados bilih kaucapakên: urubing gunagêni = 3. têmbus ing jagad,Sengkalan: urubing gêni têmbus ing jagad (1936 A.D.). inggih punika ôngka warsa Walandi 1936.

Ingkang nindakakên panggarapipun lambaran nyêrat punika abdi dalêm panèwu gandhèk kiwa Ngabèi Dutadilaga, kabiyantu abdi dalêm carik pangkat lurah pun Sastrawikarta, abdi dalêm jajar panatah pun Crêmamlaya, saha kawula dalêm panyungging pun Crêmapawira.

Babêktan pratôndha jrih asih sêmbah sungkêm konjuk saandhap ing Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 10 ing Surakarta Adiningrat, amarêngi tingalan dalêm wiyosan yuswa dalêm têtêp 72 taun, ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 22 wulan Rêjêb ing taun Alip angkaning warsi 1867: tinêngran côndra sangkala swaraning biwadha angèsthi nata.Sengkalan: swaraning biwadha angèsthi nata (Kêmis Lêgi, 22 Rêjêb 1867 A.J., Kamis, 8 Oktober 1936 A.D.).

Sangking para pakêmpalanipun para abdi dalêm saha kawula dalem, patuh trêsna praja, garap pangrèh praja, pananggap tuwin sanès-sanèsipun

[Grafik]

Planggrangan gagang pèn saha wadhah mangsi.

[Grafik]

Wadhah gincu kangge tapak asma dalêm.

--- 60 ---

Wadhuk Cêngklik (Tirta Budaya).

Ing wêwêngkon ondêr dhistrik Ngêmplak, dhistrik Banyudana, wontên yêyasan wadhuk ingkang sakalangkung agêng sarta wiyaripun, kirang langkung 450 bau, pêrnahipun salèr kilèn pabrik Calamadu, têbihipun saking kaondêran Ngêmplak ± 9 pal saking pabrik Calamadu ± 5 pal, wadhuk punika panggarapipun kawiwitan nalika taun 1929 ngantos dumugi taun 1931 sawêg sagêd rampung, têlasing waragad ± f 600.000 (nêmatus èwu rupiyah). Awit saking punika sarta gêgandhengan kalihan wontênipun toya wadhuk wau, siti-siti ing bawah dalêm ingkang suwaunipun têgil, lajêng dados sabin, saha ingkang suwaunipun sabin tadhahan lajêng sagêd gadho saking angsal toya wadhuk kasbut.

Bab Pabrik Tèh Kagungan Dalêm.

Ing Ngampèl, dèrèng dangu mêntas kabikak pabrik tèh kagungan dalêm, nama Madusita, pabrik wau wêkdal kabikak kajênêngan dening sampeyan dalêm ingkang wicaksana ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sakalihan pramèswari dalêm, saha para pangagêng sawatawis, dumugi samangke katingal sae saha wilujêng.

Kajawi pabrik tèh ing Ngampèl, ugi wontên pabrik sêrat nanas kagungan dalêm, inggih punika ing Karang Gênêng, dumunung wontên sacêlakipun kitha Bayalali sisih lèr.

Biwaddha Nata.

Panjurung saking Radèn Mas Arya Sasradipura.

Saandhap Ing Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati Ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping X, ingkang ngadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat, amarêngi wiyos dalêm 72 taun, panggubahipun Biwaddha Nata. Wontên têtêping dintên wiyosan dalêm, ing dintên Kêmis Lêgi kaping 22 wulan Rêjêb taun Alip 1867, saking Radèn Mas Arya Sasradipura, sri nugraha pangkat III abdi dalêm bupati anom patih kapatihan, kapanjurungakên komite wiyosan dalêm 72 taun, ingkang sêdyanipun kasiyarakên para abdi dalêm saha kawula punapa malih para amtênaripun kangjêng guprêmèn ugi sadaya kabangsan (International) ingkang sami manggèn ing salêbêt saha sajawining nagari Surakarta ingkang sami bêtah nyumêrêpi babatipun Panjênêngan Dalêm Nata, Binathara ingkang kaping X, pangajêng-ajêngipun ingkang ngarang Biwaddha Nata, punika mugi mikantukana ing ngakathah, lêlajênganipun sagêda dados pusaka, turun dhumatêng putra wayah (anak putu) sapangandhap, sasaminipun ingkang ngarang mawi sinartan ngaturi pamuji wilujêngipun para maos saumumipun (alhamdulillah) dene kula sagêd damêl pêpasrèn wontên ing Biwaddha Nata ngriki.

[Grafik]

Radèn Mas Arya Sasradipura.

Wiyosipun, pèngêtan jumênêng dalêm nata, Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping X.

Jumênêng dalêm nata, ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 wulan Ramêlan taun Je 1822 utawi kaping 30 Marêt 1893. Nitik kaparêng dalêm sasampunipun jumênêng nata, kathah ewah-ewahan tumrap praja, karaton saha parlu umum, punika têmtu nawung kasakarsa. [ka...]

--- 61 ---

[...sa] nglarasakên kalihan jamanipun, kados ta:

1. Kaparêng ambangun saha mêwahi sadaya gêdhong-gêdhongipun abdi dalêm prajurit lêbêt, saha dalêm ing kadipatèn anom, ingkang lêrêsipun wontên ngajênging pandhapa sasana sewaka, sadaya karembaka salinan wêwangunanipun miturut wêwangunan anyar, lêlajuran kangge kantor para garap abdi dalêm golongan parentah karaton.

2. Gêdhong-gêdhong sarta kêstalan kapal rakitan agêm, ingkang manggèn wontên sakiwa têngên bangsal agêng pamagangan, wontên ingkang karembak, lajêng kangge gêdhong saha kantoranipun para prajurit dalêm jawi lêbêt.

3. Radinan ingkang ngubêngi kadhaton, pinggiring radinan wau sami dipun dalêmi para putra santana dalêm, rumiyin anggènipun pêpagêr pandamêlipun kori botên mawi katata, namung miturut kakiyatanipun piyambak-piyambak, sarèhning dhatêng sawangan botên ngrêsêpakên, kaparêng dalêm lajêng kadadosakên pagêr tembok sadaya, regol wangunipun kasami, sanginggiling kontên lan sabên regol mawi kaparingan sastra mungêl P. B. X. radinan lajêng dipun aspal.

4. Pagêr capuri kadhaton dipun êlar, rumiyin karaton dalêm punika dipun ubêngi pagêr banon kandêlipun kalih mètêr, karan bètèngipun karaton dalêm, korinipun namung kalih, ingkang lèr nama kori bajranala lèr, ingkang kidul bajranalabrajanala. kidul, ing mangke bètèng lami wau karembak, lajêng kaêlar ngetan ngilèn sarta mangidul, wetan kilèn mawi wêwahan kori nyatunggal, dene sajawi lêbêting kori, mawi margi mubêng urut pinggir baluwarti wau.

5. Pasowanan sitinggil, sarta ing pagêlaran, ing ngajêng payonipun sami saking sasak dêling, jrambah ngandhap taksih urugan pasir, kaparêng dalêm karembak, ing sitinggil kasalinan tratak saking tosan payon sèng, ngandhap mawi katègêl, kaparingan nama pasowanan sewayana, ing pagêlaran kasalinan balungan tosan cagak pilar nistha paku, payon sèng, kabatur inggilipun 1 mètêr, jrambah kasalinan saking tègêl kiwa têngênipun bangsal pangrawit kamêstèr ingkang sakalangkung santosa, kaparingan nama pasowanan sasana sumewa.

6. Gapura kagungan dalêm Masjid Agêng, rumiyin wangun griya joglo, pakapalan alun-alun lèr sadaya sami kabangun anyar. Gapura kasalinan wangun angèmpêri gapura ing Mêkah, kori nistha tumpêng, palataran Masjid Agêng kaadêgan mênara.

7. Kori sakèthènging pangurakan, ingkang malêbêt dhumatêng kagungan dalêm alun-alun lèr, karembak kasalinan wangunipun.

Yêyasan ingkang kangge ing ngakathah, kados ta sabrangan banawi Bacêm, sarta ing Jurug, sadèrèngipun dipun karêtêg tosan, sadaya ingkang langkung sami numpak baita, kapupu beya, sabrangan kêkalih wau angsal-angsalanipun beya sawulan botên kirang saking f 500,- ewadene lajêng kayasanan karêtêg tosan, ingkang waragadipun kathah sangêt.

Iyasa griya pirantos pamragadan kewan, iyasa gêdhong kangge pangrumatipun kawula dalêm miskin, griya klinik wontên salêbêtipun nagari, klinik wontên ing dhusun-dhusun, dalah griya kangge ngrimat tiyang sakit èngêtanipud,èngêtanipun. manggèn ing bawah Kabupatèn Klathèn.

Jumênêng dalêm nata enggal-enggalan, sabên lêt sadalu miyos amêng-amêng, ing salêbêt saha sajawining kitha, parlu nguningani kawontênan wilujêngipun bawah dalêm, nitih kareta pangiring kapal, kadhèrèkakên para putra santana saha abdi dalêm sawatawis, kareta pandhèrèk wau, rumiyin goncenganipun mawi obor 1 kadamêl saking dalancang wêdalan nagari Cina, dipun wêdhaki gajih dipun garani kajêng, panjangipun 3 M, ing pêngkêranipun [pêngkêrani...]

--- 62 ---

[...pun] titihan dalêm mawi kagrubyug pandhèrèk, abdi dalêm panèwu mantri ordênas lurah sapanunggilanipun dalah prajurit kapalêri 20 tindhih pangkat mayor, sami numpak kapal, ngajêng titihan dalêm kareta kajajaran drahgundêr. Dene manawi kalêrês dintên malêm Jumungah utawi Anggara Kasih karsa dalêm mawi paring kêkucah arta kasêbarakên têlasipun botên kirang saking (50 rupiyah), dumugi sapriki sanajan titihan dalêm santun motor, paring dalêm kucah wau taksih lêstari.

Kalamôngsa miyos pêpara têdhak ing môncanagari malah ngantos mêdal saking salêbêting tanah Jawi, kados ta: Bali, Lampung, Madura, nitih baita kapal ingkang dados enggal, sapanunggilanipun ingkang nawung karsa miyarakên sêsêrêpan dalêm, ingkang sapunika kayêktèn, wohipun sakalangkung kathah, amêwahi kaluhuran dalêm sapanunggilanipun, dening lajêng para agêng-agêng amtênar Jawi Walandi prasasat têpang sadaya, mila sumêbaring asma dalêm inggih ngantos dumugi ing liyan praja, ngantos para raja sami amêmitran angaturakên tôndha kaurmatan warni bintang maneka warni tanpa wicalan, para raja saha para sultan ing Sumatra, Borneo sapiturutipun, prasasat sampun sami sowan ing karaton dalêm, sarta ingkang sampun sowan wau, lajêng pinaringan tôndha pangèngêt-èngêt, awujud lantaran (têkên) mawi ciri P.B. X karêngga ing sotya, utawi awarni dhuwung enz. enz.

Têtêpangan dalêm para amtênar, saha para militèr agêng-agêng abdinipun kangjêng guprêmèn, manawi badhe kèndêl saking dhinêsipun sami marlokakên sowan ing karaton, kapanggihan mawi kawiwaha lêlangên, unduripun tamtu matêdhakakên barang ingkang minôngka tôndha pangèngêt-èngêt ingkang botên sakêdhik ajinipun.

Kamajêngan dalêm anggalih ewahing tatacara, sêsêbutanipun para abdi dalêm, punika ugi kalêbêt wohipun kamajêngan, wiwit kina pêpatih dalêm sasêbutanipun kangjêng radèn adipati, bupati radèn tumênggung, kaliwon radèn ngabèi, kaparênging karsa dalêm sapunika, pêpatih dalêm kapatêdhan sêsêbutan pangeran, bupati kapatêdhan sasêbutan kangjêng, kaliwon kapatêdhan sasêbutan tumênggung saha arya. Dene sasêbutanipun putra wayahipun panjênêngan dalêm nata, wiwit ingkang jumênêng Saandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping IX putra putri dalêm katambahan gusti, dados kakung gusti bandara kangjêng pangeran arya, putri gusti bandara radèn ayu, lêstari, amung bab palênggahan manawi wontên tamu Walandi, sadaya para agêng-agêng ingkang suwau lênggah ing ngandhap, sapunika kaparêng satata wontên ing kursi. Sarta manawi wontên tamu ingkang sami sowan rumiyin kêdah ucul rasukan lan ngore rambut, sapunika kalilan botên ngore sarta botên cucul rasukan.

Panggalihan dalêm kasênggangan, sêrat kina-kina dèrèng wontên panjênêngan dalêm nata, ingkang yasa dalêm palêrêman (pasanggrahan), kados sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika kathahipun, tur dalêm pasanggrahan wau botên sami wêwangunanipun, wontên ingkang ngêblak wêwangunan dalêm karaton, wontên ingkang dhapur Logies, wontên ingkang pèni namung bujêng cêkap, ingkang langkung parlu panggalih dalêm namung ngudi hawanipun, pasanggrahan dalêm cacah 7 panggènan, sarta yasa dalêm dipun paringi nama: prabasana (karaton kilèn) kaprênah wingking dalêm agêng prabasuyasa, kilèn cakêt kalihan rêdi argapura, dene wujudipun angedap-edapakên sayêktos. Wontên malih pasanggrahan dalêm ingkang namung kagêm anglêrêmakên manawi kitha Surakarta môngsa bêntèr. Ingkang satunggal wontên pèrènging rêdi mara Mêrapi sisih wetan, têbihipun saking nagari wontên 33¾ KM kaparingan nama Pracimaarja, satunggilipun wontên pèrènging rêdi Lawu iring [i...]

--- 63 ---

[...ring] kilèn, têbihipun saking nagari 41 KM kaparingan nama Asripurna. Ing Ngèksipurna (Pêngging), ing pasanggrahan Sêla (bukit Ngendramarta), têbihipun saking nagari 45¾ KM ing Têgalgônda, ing Giriwaya, ing Langênarja.

Anggalih indhaking pamêdal kagungan dalêm siti dhusun, ingkang dipun wastani siti pamajêgan, sarta siti pangrêmbe, punika ingkang kangge nyanggi utawi nyadhiyani parlunipun ingkang jumênêng nata utawi karaton, siti kasantanan, punika sadhiyan balanjanipun para putra santana dalêm, siti rêdênas sarta siti abdi dalêm èstri siti kadipatèn anom, sadhiyan balanjanipun ingkang jumênêng kangjêng gusti pangeran adipati anom, siti prajurit sadhiyan balanjanipun abdi dalêm prajurit, siti nagari sadhiyan balanjanipun para abdi dalêm agêng alit, kalêbêt yêyasan sapanunggilanipun. Wontên panggalihan dalêm, anjagi supados karaton saha nagari dalêm, sagêda ngirip majêngipun kalihan nagari ingkang agêng-agêng (Eropah) malah sagêda bawa piyambak botên nulat cara kilenan, gandhèngipun kalihan raos kabangsan, ngangkah ngirip sae punika kêdah mawi bôndha, lajêng wontên kaparêng dalêm, kagungan dalêm siti pamajêgan, siti pangrêmbe, ingkang manggènipun marênca kadhawuhan anglêmpakakên, kalampahan sagêd ngalêmpak dados tigang panggènan, I. Ing Ngampèl Karanggêdhe, II ing Têgalgônda, III ing Pedan Manisarja, sarêng sampun sagêd ngalêmpak, kaparêng dalêm angadani kabudidayan, ing Pedan Manisarja dipun dêgi pabrik gêndhis. Ing Têgalgônda pabrik sata. Ing Ngampèl dipun dêgi pabrik tèh, sadaya pangagêngipun sami Walandi: kenging kaanggêp Eropis sêkaton, mênggah ingkang kula aturakên ing nginggil, mligi saking kawontênan sarta wêwaton kathah warni-warni.

Awit saking punika, dados sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika, kenging lajêng winastan, panjênêngan ratu ingkang bèrbawa lêksana, asih ing dasih, lêpas ing pamawas agal alus, mumpuni sakridhaning kaprawiran lair batos, sarta tansah angèngêti môngsa kala dhumawahing wahyu, adil lan kautaman punika babaranipun ingkang sampun kasat mata, ingkang botên kasat mata. Miluta dhatêng manahipun sadhengah bôngsa agêng alit, babaranipun lajêng amêwahi saening asma dalêm nyantosakakên praja saha karaton dalêm, ngajêngakên pakaryaning kawula, pamurihipun sagêda ing têmbe nyambut damêl sêsarêngan kalihan praja (parlementair), wiwit yuswa 18 dumugining yuswa 72 warsa, tumimbuling Biwaddha Nata punika kadarman dalêm tansah lumintu. Supados sêmpuluripun ingkang kagêm sadhiyan kadarman, lajêng angwontênakên pabrik-pabrik, kayêktèning kawicaksanan dalêm. Lajêng wontên môngsa ingkang kirang sae (malèisê). Para tuwan-tuwan kabudidayan ingkang sami nyewa kagungan dalêm siti dhusun, sami nyuwun sudan pasewan, kabêkta nguningani kawontênan panyuwunipun sudan kaparêngakên, dalah kawula dhusun ugi kaparingan sudan pajêg, sarèhning petangipun botên sakêdhik, andadosakên kiranging lêbêtipun arta, mila lajêng nyuda balônja para putra santana abdi, sarêng mêksa dèrèng nyêkapi kangge bêtahipun praja, saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, ugi botên katalompèn, kaparêng angrêntahakên kamirahan, sabên wulan nagari kapatêdhan arta urunan, kathahipun f 25.000, punika saya cêthaning kawicaksanan dalêm, awit anggènipun kaparêng dalêm ngawontênakên kabudidayan sapanunggilanipun ing nginggil, ing mangke lajêng wontên parlu ingkang agêng, inggih punika kêkiranganipun arta nagari, tamtunipun kagungan dalêm arta kaklêmpak saking kabudidayan wau, ing mangke lajêng kawêdalakên, kalayan botên nyorok bêgrutêng.brêgutêng. Amung tadhahing karaton, mêsthinipun ugi kaalitakên miturut larasing jaman. [ja...]

--- 64 ---

[...man.]

Kautaman dalêm anggèning anjagi para putra santana abdi supados botên nêmahi rêkaos, lajêng ngawontênakên bang bôndha lumaksa, sarta pranatan paratigan, manawi wontên abdi dalêm gadhah sambutan arta dhatêng sadhengaha, môngka botên sagêd nyaur kabêkta saking kacupêtan tuwin kamlaratan, kaparêng katata nicil saking sapratiganing balônja, atêgês katata panggêsanganipun saking kuasanipun nagari, sami ugi kalihan tatanan ondercurateel utawi faillissementen punika parlu rumêksa sampun ngantos kêkathahên ingkang tumindak ing pangadilan nampi karampungan lelang, utawi kapatrapan ukum badan sarana gijzeling langkung malih ingkang pangkat agêng, têmtunipun ngusutakên karaton utawi praja, namung eman dening pranatan wau dèrèng kagêsangakên, manawi nagari cocog kados kaparêng dalêm rumêksa putra santana abdi, kados inggih têmtu botên awrat anggêsangkên pratigan malih.

Awit saking pandamêlipun Biwaddha Nata punika kasêsa, amila namung jugag samantên kemawon saha botên kasupèn ingkang ngarang ngunjukakên sêmbah sungkêm, konjuk ing pada dalêm, saha rintên dalunipun botên pêgad mêmuji kasugêngan dalêm saha nagari, karaton tuwin garwa putra sadaya. Wasana para maos mugi angêbèrna pangaksama dhumatêng ingkang anggubah sêrat punika.

Dene bab kabatosan dalêm anuju dhatêng wawênangipun Zelfbestuur nadyan dèrèng kasêmbadan, nanging saking wawasan kula sampun tamtu botên sagêd kalirwakakên, tandhanipun kaparêng dalêm iyasa rad bale agung, ingkang sampun satimbang kalihan Staatsraad utawi Volksraad sanadyan dèrèng sagêd ngêplêki nanging inggih sampun lowung dening sampun ngambah parlement vorming.

Unjuk Sêsantinipun Pakêmpalan Putri ing Porstênlandhên.

Sinom

ing porstênlandhên wakilnya / kusuma wara nimpuni / pakêmpalaning wanita / angunjukkên sêmbah bêkti / manjurung puji dhikir / yayah ngèstu pada tuhu / mring gusti sri narendra / Sampeyan Dalêm Sang Aji / Pakubana jumênêng kaping sadasa //

ing Ngalaga Ngabdul Rahman / Sayidin Panata Gami / sinuhun kang wicaksana / sudibya musthikèng bumi / ing Surakarta nagri / kêkasihirèng Hyang Agung / Allah paring pratôndha / dènnya jumênêng narpati / mangkya sawêg kawan dasa gangsal warsa //

yuswa dalêm sri pamasa / tumbuk pitung dasa kalih / ri Rêspati Manis tanggal / ping rolikur Rêjêb Alip / côndra sangkalèng warsi / anggung ngraras ngèsthi ratuSengkalan: anggung ngraras ngèsthi ratu (Kêmis Lêgi, 22 Rêjêb 1867 A.J., Kamis, 8 Oktober 1936 A.D.). (1867) / mugi wêwah nugraha / ing donya praptaning akir / kêmpal kumpul lan kangjêng nabi minulya //

pangasta pusarèng praja / mugi darahnya lêstari / sri nata gung sinugraha / wahyu nur buwating Widhi / mugi sumrambah maring / pramèswari putra sagung / santana pra kawula / kasorotan wahyu aji / sri bathara sinuhun gung tanah Jawa //

ingkang kasôngga pratala / titahing Hyang Murbèng Urip / datan wontên nyamènana / ratu darahing narpati / wit jagat nata nguni / run-tumurun para ratu / datan kêsêlan liyan / nanging kang lami pribadi / angrênggani pura mung sri nata mangkya //

nadyan nguni duk jamannya / kanabehan kang madêg ji / ratu kasbut Srat Ambiya / tan tandhing gusti samangkin / ingkang nglangkungi kêdhik / nênggih Kangjêng Nabi Yakub / putra nabi lan nata / lir jawah wahetul kadri / panjang yuswa nugraha tan ana mindha //

sampeyan dalêm [da...]

--- 65 ---

[...lêm] sri nata / sajatinira wus sami / gumrayahnya putra wayah / samyambêg ngumala rugmi / wignya ngêmbat nagari / sing mandrawa amisuwur / kayungyun ngèstu pada / nadyan samining narpati / kadya atur bulu bêkti mring sri nata //

bintang adi môncawarna / amba datan sagêd milis / bra murub munggèng pranaja / sinawang wimbuh rêspati / tuhu ngedab-edabi / kawula lit sèwu ngungun / kablêrêngên mangucap / suka sokur ring Hyang Widi / sasat dewa ngarcapada ngeja wantah //

wêwakil suksma kawêkas / paring martana dumadi / bapa babuning buwana / kang asih dasih kawlas sih / wicaksana tyas wêning / ngasorkên pandhitèng gunung / têtêp ibadahira / sarengatipun jêng nabi / rasulolah nayakanirèng buwana //

ratu gung bagus utama / tuhu kalipah olahi / datan wontên kang tumimbang / dènnya luhur kang panggalih / pantês juluking aji / wicaksana sinuhun gung / kalokèng pramudita / nadyan ratuning para jim / ngèstu pada mring sang nata samyanjaga //

pindha pradapanirèng rat / sing mandrawa kang umèksi / katon cêtha angalela / narendra ambêg dimurti / suksci panggalih adil / tan namung saking panggunggung / kang ngarang sajatinya / anyôndra rêsmining gusti / tuhu lamun ratu adi wiratama //

misuwur sing praja mônca / bôngsa asing kathah prapti / anjrak manggèn tanah Jawa / sangêt rêjaning nagari / panjang cinatur tulis / lêlangênirèng praja gung / mirah sandhang lan pangan / loh jinawi pasir wukir / tata têntrêm saking barkah dalêm nata //

praja jinôngka mèh rêngka / binangun maring sang aji / dumadya tigas kawuryan / margi gêng rêsik gumrining / pajar sanadyan ratri / tan pae raina tuhu / saya jro dhatulaya / ngasorakên suranadi / ingkang miyat panglaras pindha kasmaran //

warêg tan sarana nêdha / sêgêr tan minum ing warih / supe anak semahira / miyat rêsmining jro puri / dhasar jêng pramèswari / putrining nata pinunjul / pêputra sawêg juga / putri limpat ing pambudi / kang suwarna ngasorkên ratih suwarga //

para putra putri samya / sinawang kadya apsari / garwa ampeyan narendra / sadaya tuhu rêspati / tan wontên nguciwani / lus pambudi marsudyèng yu / sinung pulung Hyang Suksma / mumpuni pakaryan èstri / ting galêbyar lir waila ngantariksa //

datan wontên kang kuciwa / arum-aruming sabumi / kongas ngambar gandanira / dahat marêm miyat gusti / tan awrat andêdasih / suku jaja têkên janggut / muhung mantêp suwita / katarik rênaning ati / sayah lungkrah badan lara tan rinasa //

kalamun maksih kinarsan / nêdya tan pisah lan gusti / yêkti makatên ciptanya / sadaya kang para abdi / amba biyantu puji / ing siyang pantara dalu / Allah ngijabahana / maring panyuwuning dasih / widadaa sagêd jumênêng pribadya //

pulih mula-mulanira / pangêmbat kridhaning nagri / sanityasa binathara / yayah tan kêndhat mêmuji / kadya datirèng gaib / ngobahkên pangèsthi tuhu / gênjot kanang bantala / sung sasmita anêksèni / mring kawula kang muji arjaning praja //

palastaning panungkara / Yuli ping tri likur nênggih / taun surya sinêngkalan / rinêngga guna rum bumiSengkalan: rinêngga guna rum bumi (23 Juli 1936 A.D.). (1936) / ingkang mangriptèng kawi / dasih santananing ratu / têrus sukscining cipta / nênggih dyan ayu sadyani / semahipun kawula Wignyaarjaya //

Unjuk Sêsanti saha Sêmbah Sungkêm.

Sinom

wuryaning sêkar sri nata / nêtêpi luwiyèng dasih / suka sungkawaning praja / prajangji tan kêna kari / rèhning ri Kêmis Lêgi / punika ping kalih likur / wulan Rêjêb kang warsa / Alip dipun sangkalani (7867)(1867). / dwijawara angrasa ngèsthi

--- 66 ---

narendra //Sengkalan: dwijawara angrasa ngèsthi narendra (Kêmis Lêgi, 22 Rêjêb 1867 A.J., 8 Oktober 1936 A.D.).

Ing prajarja Surakarta / Adiningrat amarêngi / ramene para punggawa / agêng alit sanagari / girang gambirèng ati / tumingaling ari wau / awit nuju tingalan / wiyosan jêng sri bupati / ingkang wicaksana narendra minulya //

saha mangkya têtêp yuswa / pitung dasa kalih warsi / sagunging santana wadya / dahat suka sukur sami / maring Hyang Murbèng Bumi / marmamba kèlu kalunglun / nglairkên sukèng driya / yèn linaras têka kadi / duk lumaksa ayahanirèng narendra //

mring pucaking kang ancala / ngarga dalêm Lawu wukir / tanggal ping pônca wlas Sura / anuju warsa Je nguni / sangkalaning kang warsi / duta nêm angèsthi ratuSengkalan: duta nêm angèsthi ratu (15 Sura 1867 A.J., 7 April 1936 A.D.). / parlu ngaturkên palwa / tumbaling ardi Marapi / ingkang lagya krodhambêk nglêbur bawana //

wusing prapta graning arga / sakônca sipêng saratri / tumêkane byar raina / nulya wangsul mring nagari / rêrindhik lumarisKurang satu suku-kata: rêrindhik dèn lumaris. / rasèng tyas suka kalangkung / kabèh gawating marga / pagunungan wus kawuri / kari nglaras kang sarwa wèh êntyarsèng tyas //

yèku sakèhing kaanan / sakanan keringing margi / gumawang cêtha sinawang / wanarga myang jurang trêbis / bablas ingkang pangèksi / sumêngkèng langit ngalangut / nglela nglamlami nala / nalika Hyang Bagaspati / tumarontong nyrêmomong nèng purwantara //

barkah dalêm jêng sang nata / tumêkèng praja basuki / mangkana pêpindhanira / suka sukuring tyas mangkin / myat gusti jêng sang aji / kalakyantuk nugraha gung / dening Hyang kang Murwèng Rad / yuswa dalêm jêng sang aji / têtêp pitung dasa lawan kalih warsa //

puwaramba amêmudya / mugi jêng sri narapati / sinung widada raharja / mring Gusti Hyang Maha Sukci / awèta angrênggani / kaprabon dalêm sang prabu / wimbuha luhurira / karaton Surakartadi / datan ana sambekalaning nagara //

têntrêm ayêm ngungkulana / lêlakon ing wingi uni / enak tyase pra wadyendra / sumrambah kawulèng nagri / gya kabulna Hyang Widhi / wêdharing kang pamudyanung / titi tatasing gita / ginupitèng kang sinandi / para wôngsa wignyaa dadya pangarsa //

Wôngsa Pangarsa.

Abiseka Prabu Dibya.

Sêkar Sri Nata X pada.

1: rarasing rèh abiseka / saking kasok sukèng kapti / gung kêpati tanpa pama / pama taru kawuryan sri / tumruna milangêni / sari ratri katrahan truh / mangkana kang winarna / gègèr orêging prajadi / èdi endah angênguwung kang ujwala //

2: dènnya sagunging wandawa / miwah para brêtyapati / tanapi pra kawulendra / agêng alit sugih miskin / myang liyan bôngsa sami / sumahab tyas kêmpêl kumpul / amangun karamean / ing sagaduging pangèsthi / nguyu-uyu angkên ngluwari pratignya //

3: amarêngi ri Rêspatya / Manis ping dwi likur sasi / Rêjêb Alip sinêngkalan / swara ngraras ngèsthi ajiSengkalan: swara ngraras ngèsthi aji (Kêmis Lêgi, 22 Rêjêb 1867 A.J., 8 Oktober 1936 A.D.). / tingalan dalêm sang sri / winastan wiyosan taun / Jêng Sinuhun Susunan / Ingkang Wicaksanèng galih / Pakubwana ping sadasa Surakarta //

4: ngalela lir wakiling Hyang / têtêp yuswa dalêm aji / pitung dasa kalih warsa / widadarja ambawani / têlênging kraton Jawi / tarlèn talêring tyas sagung / para kang abiseka / mêdhar dhêdhêraning wiji /

--- 67 ---

amêmuji wijiling kang sadhawara //

5: berata kyèhning rêncana / wimbuh dirganing yuswaji / awèt dadya pangayoman / pandaming kang para dasih / kang tansah amêmundhi / sajumênêng dalêm prabu / mrabawani jagad raya / kasumbagèng liya nagri / utamaning panggalih dalêm sang nata //

6: ilining tirta upama / pamahating ambêg rêsi / wau kangjêng sri narendra / tuhu sinihan Hyang Widhi / marma pra raja sami / liyan nagri iyêg sayuk / sutrêsna amêmitran / lawan kangjêng sri bupati / kyèh misungsung angsung bintang warna-warna //

7: karya tandhaning katrêsnan / ywa nuju dèn agêm sang sri / pating glêbyar lir tranggana / nèng jaja dalêm sang aji / wau kyèh bintang kèksi / kasok sêngsêm kang andulu / wimbuh prabawèng nata / tuhu narendra dibyanti / ambêg darma musthikaning praja Jawa //

8: têtaline talêsing tyas / sira sanggya para dasih / agêng alit myang wandawa / wrêdha mudha jalu èstri / angêtus mantrastuti / pajampuwa sang aprabu / salami widadaa / sinung parmaning Hyang Widhi / sugêng sênggang tar bênggang manggya kanohan //

9: dumulur mring padniswara / Gusti Jêng Ratu Mas tuwin / putra dalêm kang minôngka / barleyaning praja sidhi / anênggih Sang Suputri / Gusti Jêng Ratu Pambayun / tanapi para putra / putra dalêm kakung putri / kaluberan brêkah dalêm sukawirya //

10: tatas rantas kyèh rubeda / rêribêd lir dèn babadi / kang rêrusuh sirêp sirna / ayêm têntrêm wong sanagri / murah sandhang myang bukti / kapraban prabawèng prabu / makatên pujinira / sira kang ngriptèng kakawin / mung nyênyadhang aksamaning pra nungkara //

katandhan Jaka Sutikna.

Jumênêngan Nata kalihan Sêkar Wijaya Kusuma.

Kula nuwun, kangge jangkêp-jangkêpipun buku pèngêtan saha pahargyanipun Biwaddha Nata punika, juru pangripta amanah parlu mêthik pèngêtan sarta dêdongenganipun adat tatacaranipun karaton Surakarta manawi wontên jumênêngan ratu, utawi pèngêtan cêkak nalika badhe jumênêng dalêm gusti sêsêmbahan kula saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika, miturut larah-larahipun makatên.

Sampun dados tata ngadating karaton Jawi, sami nglungluringlêluri. aluran kina wiwit nalika jaman purwa dumugi sapunika dèrèng wontên ewahipun anggèning sami amêmundhi pêpundhèn ingkang winastan sêkar wijaya kusuma. Wondene sêkar wijaya kusuma wau, nalika jamanipun purwa ingkang kagungan Sri Bathara Krêsna, inggih punika Nata Dwarawati putranipun Prabu Basudewa ing nagari Mandura, dene Sri Bathara Krêsna punika kacariyosakên titising Hyang Wisnumurti, mula bukanipun kagungan sêkar wijaya kusuma, kacariyosakên makatên:

Sri Bathara Krêsna kalihan para kadangipun brata Pandhawa sami lêlana putêr puja dhumatêng ing dhusun ngadhusun punapa dene dhumatêng mônca praja parlu ngudi patitising cipta rasa anggènipun angèsthi dhumatêng kamuksan, kanthi mêmuja ayu tuwin widadanipun para ingkang sami jumênêng nata satrah-tumêrahipun ing têmbe wuri, mugi tinêbihakên ing sambekala lêstari pamêngkunipun kawibawan anggènipun ambawani karaton Jawi botên kasêlan.

Ing ngriku sarêng para sang andon lêlana wau dumugi pasisir kidul, Sri Bathara Krêsna lajêng anglabuh kagunganipun pusaka sêkar wijaya kusuma, kanthi wêdharing sabda pangandika makatên. [ma...]

--- 68 ---

[...katên.]

Sira muga tuwuha ing jaladri kene, dadia pêpundhène nata tanah Jawa, iya iku kang têtêp nata binathara. Ing ngriku lajêng sinaksèn ing dewa kalayan prahara sindhung riwut bayu bajra lêliwêran, inggih punika têtêping sabdanipun narendra binathara.

Mênggah panglabuhipun sêkar wijaya kusuma wau, wontên ing taun côndra 760, lajêng tuwuh wontên ing jaladri pasisir kidul. Dene wadhahipun sêkar, kacariyos lajêng dados sela, sêkar lajêng gêsang dados wit, dados ing ngriku lajêng puspa tuwuh ing sela manggènipun kawastanan wontên ing pulo Bandhung, wêwêngkon kabupatèn TilacapCilacap (dan di tempat lain). Banyumas.

Mênggah pulo Bandhung wau jèjèr kalih, ingkang kaprênah lèr kilèn têtuwuhanipun sakalangkung kathah, ingkang kalêrês kidul wetan, pulo alit warni sela itêm wangunipun kados jun mêngkurêp, ingkang tuwuh wontên ing ngriku maligi namung wit sêkar wijaya kusuma wau.

Kacariyosakên, nalika Prabu Parikêsit badhe anggayuh kamuksan, tindakipun nulad ingkang eyang eyang kadhèrèkakên para brahmana tuwin para rêsi, sarêng dumugi pulo Bandhung wau mriksa tuwuhan wontên ing sagara punika lajêng andangu dhumatêng para ingkang andhèrèk, unjukipun Sang Rêsi Gurundaya, gusti punika tuwuhipun pêpundhènipun eyang Jêng Paduka Prabu Krêsna ingkang nama sêkar wijaya kusuma: nalika linabuh kanthi sinabdan, sagêda tuwuh sarta dados tandhaning panjênêngan ratu binathara ing tanah Jawi sagêd anggadhuh sêkar punika. Wondene dêdongenganipun asaling sêkar wijaya kusuma wau, nalika Prabu Aji Pamasa mêntas anyirnakakên Rêsi Kanwa, tilas kuwunipun Rêsi Kanwa wontên nagaraja agêng anggêgirisi badhe nyaut Sri Aji Pamasa, lajêng jinêmparing kuwônda sirna jlêg ambabar dados widadari nama Dèwi Wasuwati, aparing sêkar wijaya kusuma inggih ingkang lajêng linabuh dening Sri Nata Krêsna dadosa pêpundhèn saha pratandhaning lêstarinipun nata binathara anyakrawati.

Awit saking punika, mila lajêng tumindak saurut-urut, sabên mêntas wontên jumênêngan nata, têmtu lajêng anglampahakên utusan ngupados sêkar wijaya kusuma minôngka dados pêpundhèning nata. Wondene nalika jumênêng dalêm Saandhap ing Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana kaping X punika lêt antawis 8 wulan kalihan jumênêng dalêm, amarêngi ing dintên Sabtu Pon tanggal kaping 23 Rabingulakir Dal côndra-sangkalanipun gunaning cundaka angèsthi wijiSengkalan: gunaning cundaka angèsthi wiji (Sabtu Pon, 23 Rabingulakir 1823 A.J., Sabtu, 4 November 1893 A.D.). (1823), ugi anglampahakên utusan ngupados pêpundhèn sêkar wijaya kusuma wau, ingkang kautus abdi dalêm kaliwon suranata (sapunika bupati anom) Radèn Ngabèi Rêksaniti kaping VI kanthi abdi dalêm kêtip sapanunggilanipun ingkang sami nyanggi damêl lampah pasisiran.

Malêmipun badhe bidhal mangkat utusan wau, Radèn Ngabèi Rêksaniti sakancanipun sami sowan malêbêt ing karaton jujug ing Masjid panêpèn parlu badhe nyuwun ngabêkti saandhap ing sampeyan dalêm, kairit abdi dalêm pangulu tapsir anom, lênggah dalêm wontên ing sasana parasêdya. Sasampunipun ngabêkti, Radèn Ngabèi Rêksaniti nampèni dhawuh timbalan dalêm makatên, Rêksaniti, kurang ingsun dhahar sarta sare, kabèh ingsun sangokake marang sira sakancanira kabèh, bisaa padha kuwat slamêt sarta antuk gawe, satêlasipun pangandika dalêm makatên wau lajêng sami kalilan mundur.

Sabtu enjing jam 8 sakancanipun sowan malêbêt malih sampun mangangge prajuritan, sarêng sampun samêkta lajêng kalilan bidhal, lampahipun mêdal sri manganti lèr, mandhungan, supit urang, ngalun-alun, galadhag, mangilèn sami wahana turôngga, dumugi Pajang kèndêl jiyarah pasarean Pajang, lêrêm sadalu. Enjingipun lajêng bidhal, dumugi Bayalali sipêng sadalu. Lajêng malampah malih sapiturutipun ingkang dumuginipun Tilacap [Tila...]

--- 69 ---

[...cap] antawis 10 dalu, sarta ing samargi botên kêndhat dêdana. Enggaling cariyos sasampunipun dumugi Tilacap, sasampunipun nyêkar para lêluhur dalêm saha sidhêkah, punapa dene isarat warni-warni samêkta, lajêng mangkat dhumatêng palabuhan jam 4 enjing lajêng numpak baita tembo jam 8, lajêng anglabuh agêm dalêm warni-warni, sapiturutipun, antawis wanci jam 4 dumugi pulo Bandhung lajêng minggah dhumatêng dununging pêpundhèn sêkar wijaya kusuma, sadaya sami mangangge sarwa pêthak, dumuginipun nginggil, lajêng sami manungku puja saparlunipun, marêngi malêm Slasa tanggal kaping 11 Jumadilawal Dal sinêngkalan wignya kasat mata èsthining nataSengkalan: wignya kasat mata èsthining nata (Sêlasa, 11 Jumadilawal 1823 A.J., Selasa, 21 November 1893 A.D.). (1823), wanci jam 3 dalu kaparêngakên, lajêng mandhap wangsul dhatêng Tilacap, ngunjuki uninga saandhap ing sampeyan dalêm lumantar tilgram tumuju pêpatih dalêm lajêng konjuk, lajêng ingandikan wangsul ing Surakarta, kapêthuk abdi dalêm kathah, dumuginipun karaton, ingkang ingutus munjuk saparlunipun, gêndhaga wadhah sêkar wijaya kusuma lajêng konjuk saandhap ing sampeyan dalêm, lajêng bibaran.

Kawontênanipun Kagungan Dalêm Rad Bale Agung Kalayan Cêkakan.

Kula nuwun, gêtun sangêt raosing manah kula dening pamacak kula tumrap kawontênanipun kagungan dalêm rad bale agung botên sagêd angêplêki kados paringipun kupi bale agung, amargi saking kapêksa ing kawontênan, papanipun namung kantun cumpèn samantên punika. Mila ing ngriki inggih namung kula pêthiki ingkang langkung parlu-parlu kemawon kados ing ngandhap punika:

Ing dintên Sabtu Lêgi tanggal kaping 17 Dulkijah Wawu 78651865. utawi kaping 23 Marêt 1936, saandhap sampeyan dalêm ingkang wicaksana, rawuh ing kagungan dalêm witana bale agung, parlu anapukakên parêpatan ingkang sapisan, wondene wiyosing dhawuh timbalan dalêm wontên ing parêpatan wau makatên:

Pangeran Arya Adiwijaya, pangarsane bale agung, rawuh ingsun ing dina iki, ingsun pêrlu anapukake parêpatane bale agung, kang iku pamujiningsun bisaa dadi paramparaningsun satuhu, sarta bisaa milu rumêksa slamête karaton ingsun saisine kabèh, saiki tudtunanetuntunane. parêpatan, ingsun pasrahake ing sira, mugi Gusti Allah sarta eyang Kangjêng Nabi Muhamad Rasulullah, amaringi pangèstu slamêt aja anguciwani.

[Grafik]

Bandara Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya.

Mênggah kaparêngipun ing karsa dalêm angwontênakên kagungan dam rad bale agung wau, cêtha amratndhakakên bilih panggalih dalêm punika têtela wicaksana saèstu, mila pantês sangêt kapêpundhi saha pinèngêtan ing salami-lami, awit ing ngriku lajêng dados pasêksèn bilih saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana punika sampun kaparêng anggalih dhumatêng ombyak punapa dene ngêtutakên pikajêngipun jaman, ingkang atêgês anuju pikajênganipun para kawula dalêm, marêngakên punapa ingkang dados idhamanipun ing akathah, dene tatananipun rad ingkang kawajibanipun angrêmbag [a...]

--- 70 ---

[...ngrêmbag] saha ngaturakên pamrayogi tumrap rancangan pranatan sasaminipun, kawrat ing pranatan dalêm saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, katitimangsan kaping 20 Marêt 1936 ôngka 3 sêrat kabar nagari taun 1935 ôngka 5.

Kados ingkang sampun kauningan wau kagungan dalêm rad kapatêdhan nama bale agung papan parêpatanipun wontên ing pakapalan kapatihan, samangke santun nama witana bale agung. Amung miturut nawala dalêm katitimangsan kaping 9 Jumadilawal Wawu 1835, pakapalan kapatihan punika, botên salaminipun dados papan ajangipun parêpatan, amargi ing têmbe badhe kapatêdhan papan piyambak, tilas kagungan dalêm kandhang sima kaprênah sisih kidul wetanipun kagungan dalêm alun-alun.

Ha Dhêdhapukanipun

Para warganipun kagungan dalêm rad bale agung sadaya punika dadosipun warga sarana dipun têtêpakên (botên kapilih) tumrapipun pangarsa saha warga limrah, ingkang nêtêpakên saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, mupakat kalihan kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta, tumrap warga mirunggan, saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana badhe prasabên dhumatêng kangjêng tuwan guprênur ing Surakarta sarêmbag anêtêpakên kawulanipun kangjêng guprêmèn 3 dados warga mirunggan, makatên ugi sadèrèngipun nêtêpakên warga limrah saha warga mirunggan, pangarsanipun kagungan dalêm rad bale agung, ugi kapundhutan panimbang rumiyin.

Na Kathahipun Warga

Warga limrah wontên 11, samantên punika kalêbêt pangarsa, warga mirunggan 3, salah satunggalipun warga limrah dipun piji saandhap ing sampeyan dalêm sarêmbag kalihan kangjêng tuwan guprênur dados wakil pangarsa, sarèhning kayêktèn manawi pangarsa panjênêngan dalêm B.K.P.H Arya Adiwijaya, saha wakil pangarsa panjênêngan dalêm B.K.P.H Kusumabrata, kalih-kalihipun asring eman èwêt angrawuhi parêpatan, mila kagungan dalêm rad bale agung ngaturakên rancangan ewah-ewahan sagêdipun angwontênakên wakil mudha pangarsa.

Ca Bab Sumpah utawi Prasêtya

Sadèrèngipun nindakakên kuwajibanipun, pangarsa saha warga limrah, sami dipun sandhangi sumpah sarta prasêtya wontên ing ngarsa dalêm saandhap ing sampeyan dalêm ingkang wicaksana, utawi têrang dhawuhing timbalan dalêm, sumpahipun pangarsa wontên ngarsanipun pêpatih dalêm, dene warga limrah wontên ngarsanipun pangarsa.

Ra Bab Sètênggèl

Sabên sowan parêpatan para warga limrah wontên kagungan dalêm rad bale agung, kajawi pangarsa kaparingan sètênggèl.

Ka Dangunipun Dados Warga

Para warga limrah, têtêpipun warga dipun wangêni: 3 taun, parêpatan têrusan wiwit ping 1 Oktobêr dumugi pungkasanipun wulan Sèptèmbêr. Sadumuginipun wêwangên tigang taun wau, para warga limrah kèndêl sêsarêngan, nanging ugi kenging dipun têtêpakên malih.

Da Bab Nyuwun Kèndêl Dados Warga

Para warga limrah partiklir, ing sawanci-wanci kenging nyuwun kèndêl sarana kapacak ing sêrat, katur pangarsa. Pangarsa kêdah lajêng angunjuki uninga ing saandhap ing sampeyan dalêm. Ingkang supados tumuntên kaparingan gêgêntosipun para warga limrah ingkang para priyantun, manawi nyuwun kèndêl ingkang marêngakên saandhap ing sampeyan dalêm, mupakat kalihan kangjêng tuwan guprênur, dene warga mirunggan ingkang ngrampungi kangjêng tuwan guprênur mupakat kalihan saandhap ing sampeyan dalêm.

Ta Parêpatanipun Kagungan Dalêm Bale Agung

Manawi panggalih dalêm saandhap ing sampeyan dalêm,

--- 71 ---

utawi miturut wawasanipun pêpatih dalêm bale agung parlu parêpatan, inggih kêdah lajêng ngawontênakên parêpatan, mênggah parêpatanipun wau kêdah wontên salêbêtipun kitha Surakarta. Sarta parêpatanipun kenging kasumêrêpan ing ngakathah, nanging ugi inggih asring wontên parêpatan tutupan ingkang saking panyuwunipun para warga, nanging apêsipun kêdah wontên cacah 4 sarta manawi pangarsa anggalih parlu. Amung parêpatan tutupan wau botên kenging ngrampungi prakawis kados ing ngandhap punika:

a. Bab rantaman lêbêt wêdaling arta nagari, kajawi pêpetanganipun arta gêgayutanipun kalihan ingkang mlêbêt kagungan dalêm kas karaton.

b. Bab pêpetanganipun arta kawrat rantaman kasêbut ing nginggil, kajawi ingkang pancèn botên kawajibakên angrêmbag.

c. Bab rèngrèng pranatan.

Sa Bab Ngêkêr Wados

Ingkang sami andhèrèk parêpatan tutupan kêdah ngêkêr sadaya rêmbag-rêmbaging parêpatan tutupan wau dumugi manawi pangêkêr wau sampun dipun suwak bale agung.

Wa Bab Pangrêmbag saha Sêteman

Kagungan dalêm rad bale agung botên kenging angrêmbag utawi angrampungi sadhengahipun bab, manawi cacahipun warga limrah ingkang andhèrèk parêpatan botên langkung saking sapalih. Sarta utusan ingatasipun prakawis kêdah miturut swantênipun warga limrah ingkang sami sêtèm, pundi ingkang kathah piyambak suwantênipun, sarta ingkang cacahing warga langkung saking sapalihipun ingkang sami nyêtèm, dene panyêtèmipun rêmbag bab prakawis, manawi wontên panyuwunipun salah satunggalipun warga limrah supados para warga dipun dangu satunggal-satunggal, ing ngriku inggih lajêng dipun tindakakên makatên, sarta pamanggihipun lajêng dipun lairakên kalayan ijêman, saupami wontên darêdahipun pamanggih, ing môngka ingkang darêdah wau sami kathahipun, ingkang dipun rêmbag wau lajêng kaanggêp botên kangge.

Pancènipun rêmbag bab prêsun punika anggènipun anglairakên kêdah dipun wrat sêrat tingkêman kalayan botên dipun tandhani asma, cacahing suwantên ingkang absah saking para warga limrah saha ingkang petangipun langkung saking cacahipun sapalih ing warga limrah wau, punika ingkang dados wêwatoning putusan, dene manawi cacahing suwantên ingkang mupakat kalihan ingkang botên sami, lajêng kaundhi. Suwantênipun para warga mirunggan, punika namung manjing pamrayogi.

La Bab Basa

Têmbungipun ingkang dhinêsipun kangge parêpatan wontên kagungan dangumdalêm. rad bale agung, têmbung Jawi, amung manawi sampun angsal lilahipun pangarsa, kenging ngangge têmbung Walandi sarta Indhonesiyah miturut kaparêngipun piyambak-piyambak para ingkang ngêdalakên pamanggih.

Pa Ingkang Kenging Andhatêngi Dados Utusan Wontên Parêpatan

Parêpatanipun bale agung punika kenging dipun dhatêngi utusan dalêm, utawi ingkang kapatah kangjêng tuwan guprênur mupakat saandhap ing sampeyan dalêm, punapa dene utusanipun pêpatih dalêm têrang dhawuhing timbalan dalêm, sarta manawi wontên panêmbungipun badhe ngusulakên saparlunipun inggih kêdah dipun lilani, sadaya rêmbag-rêmbag wau kêdah kacathêt ing nutilên.

Dha Règlêmèn Pan Ordhê

Kajawi pranatan dalêm ingkang kawrat sêrat kabar nagari taun 1936, ôngka 5 ugi wontên pranatan dalêm malih katitimangsan kaping 9 Mèi 1935 ôngka 5, kapacak sêrat kabar nagari taun 1935 ôngka 8, bab namtokakên lampah-lampahipun bale agung ing bawah karaton dalêm Surakarta Adiningrat, dene pranatan punika kabagi dados 8 perangan.

--- 72 ---

Perangan I Bab Pangarsa.

Mênggah kuwajibanipun pangarsa punika kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

a. Nata sarta nuntun tumindakipun padamêlan,

b. Rumêksa tatananipun parêpatan,

c. Ngèngêtakên sarta rumêksa murih pêpacakipun parêpatan dipun têtêpi.

d. Maringi lilah ingkang sami badhe mêdharakên rêmbag.

e. Rumêksa dhumatêng para ingkang badhe ngêdalakên pamanggih murih rêmbagipun punika sampun ngantos dipun rêridhoni.

f. Mranata bab-bab ingkang dados rêmbag ingkang kêdah dipun rampungi.

g. Mratelakakên angsalipun sêteman.

h. Nindakakên sadaya ingkang sampun dipun rampungi bale agung.

Salêbêtipun bale agung rêrêmbagan, pangarsa botên kenging mêdharakên punapa-punapa, kajawi namung paring pitêdah dhumatêng jêjêring parlu ingkang dados rêmbag, sarta ngèngêtakên supados rêmbagipun botên malèncèng saking mêsthinipun. Dene lênggahipun pangarsa ing witana bale agung.

Sênèn jam 9 enjing, dumugi jam 1 siyang.

Salasa jam 9 enjing, dumugi jam 1 siyang.

Jumungah jam 9 enjing, dumugi jam 11 siyang.

Sabtu jam 9 enjing, dumugi jam 12.30 siyang.

Lêlajênganipun ingkang perangan II, bab kuwajibanipun panitra, perangan III, perangan IV, bab ngawontênakên parêpatan, perangan V, bab ngaturakên pamrayogi. VI bab warga mirunggan, kathah sarta warni-warni, nanging murih cêkaping papan ing ngriki botên kula sêrat, ingkang langkung parlu bab VII, ingkang sami nyumêrêpi bale agung, saha bab VIII, pêpacak pungkasan, kados ing ngandhap punika:

Bab Ingkang Nyumêrêpi.

Ingkang sami nyumêrêpi parêpatan bale agung, dipun awisi suka sasmita ingkang atêgês pangalêm utawi panyeda sasaminipun, pangarsa kawajiban rumêksa murih têtêpipun, sintên ingkang nêrak awisan punika, sarta sintên ingkang murang tata, pangarsa kagungan wêwênang andhawuhi kesah, manawi parlu mawi dipun biyantu punggawa pulisi. Makatên malih pangarsa ugi kagungan wêwênang angawisi dhumatêng ingkang sami nyumêrêpi parêpatan, ingkang solah bawanipun tanpa unggah-ungguh ing tata krami ingkang sampun dados limrahipun tata caraning bangsanipun.

Bab Pêpacak Pungkasan.

Pangarsa kawajiban angrampungi sadaya nalar ingkang dèrèng dipun pranata ing pranatan punika. Sampun cêkap samantên kemawon pratelan ingkang kangge buku pèngêtan wêwatonipun bale agung, ingkang minôngka tutuping pratelan punika, badhe ngaturakên bab lampah-lampahipun rèngrè pranatan ngantos dumuginipun karêmbag wontên ing parêpatan, kados ing ngandhap punika.

I: Pêpatih dalêm ngunjukakên rèngrèng pranatan sarta prabot-prabotipun saha mundhut panimbang.

II: Nawala dalêm maringakên rèngrèng pranatan tuwin prabot-prabotipun saha mundhut panimbang.

III: Pangarsa anggalih a) parlu dipun wontênakên parêpatan kumisi rumiyin. b) botên parlu.

IV: Nglajêngakên ôngka 3: a) pamanggihipun kumisi, kawrat ing kumisi rêslah katur pêpatih dalêm.

V: Nglajêngakên ôngka IV a) dipun aturi wangsulan saking pêpatih dalêm kawrat ing mêmori pan anwrud.

VI: Nglajêngakên III: b tuwin V).

--- 73 ---

dipun rêmbag ing parêpatan bikakan lajêng ngunjukakên pamanggih.

Wohipun Rad Bale Agung.

Têtela sangêt bilih wontênipun kagungan dalêm rad bale agung punika, kathah sangêt pigunanipun, amargi sarèhning pangrêmbagipun rantaman lêbêt wêdalipun kagungan dalêm arta nagari, saha rèngrèng pranatan sagêd kasumêrêpan ing ngakathah, dados têgêsipun sadaya lajêng sami sagêd nyumêrêpi thêg kaliwêripun nagari dalêm, punapa dene ingkang dados èwêt pakèwêtipun para ingkang kawajiban ngasta pusaraning praja. Para warganipun bale agung lajêng sagêd angaturakên pamanggih ewah-ewahan tumrap sadaya bab ingkang kamanah kirang utawi dèrèng prayogi, sarana angladosakên usul supados dados panggalihan. Makatên malih kabêkta pangrêmbagipun punika wontên ing parêpatan bikakan, dados para ingkang sami kawogan inggih lajêng sakalangkung angatos-atos anggènipun anindakakên, lan mênggah kêmpaling pangrêmbagipun pangulahing praja punika saèstunipun lajêng sagêd saya pratitis, satêmah lajêng anjalari dados wêwahing kasaenanipun praja dalêm saisinipun.

Awit saking punika, dados wontênipun kagungan dalêm rad bale agung wau pantês sangêt pinuji, mugi-mugi sagêda widada nir sambekala ing salami-lami, sarta narik dados marginipun tambah-tambah karta arjaning praja dalêm sawêwêngkonipun sadaya.

Saking Juru Pangripta.

Kula nuwun, kula angaturi uninga katur para luhur, para prayantun punapa dene para sadhèrèk, gêgayutan kalihan kaslêpêging wanci, langkung malih sarêng lajêng wontên susulan rêmbag, sasagêd-sagêd gambaripun para ingkang kaparêng manjurung, sagêd dipun êwrat kangge nambahi rêrêngganing buku pèngêtan punika. Makatên wau saèstunipun lajêng anjalari kirang turuting pamacak kula, amargi kajawi andadak angêntosi klise, ugi andadosakên kasêsaning panggarap, ingkang têmahanipun lajêng anjalari kècèring pangorèksi.

Nuwun awit saking punika, amila bab kirang turuting pamacak punapa dene kalintu lêpating panyithak sakêdhik kalih kêdhik, para maos mugi lajêng kaparênga maringi lumunturing sih kamirahan paring pangapuntên dhumatêng juru pangripta.

Pun Wôngsalêksana.

1867,

Biwaddha Nata

Surakarta.

1936