Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pustaka Sri Radyalaksana, Prajaduta, 1939, #272 (Hlm. 104-200)

Katalog:Pustaka Sri Radyalaksana, Prajaduta, 1939, #272
Sambung:
1.Pustaka Sri Radyalaksana, Prajaduta, 1939, #272 (Hlm. 001-103). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #912.
2.Pustaka Sri Radyalaksana, Prajaduta, 1939, #272 (Hlm. 104-200) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #913.

Ing sajumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VI antawisipun taun 1752, kaparênging karsa dalêm:

--- 104 ---

Amranata panganggènipun abdi dalêm kaparak kados ing ngandhap punika:

1. Abdi dalêm mantri kaparak saragêni, sikêp sanjata, sarta krêga§ sanjata, krêga kasuwak, sapunikanipun dêdamêlipun santun sabêt (pêdhang).

kampuh bathikan padhasgêmpal mawi modang clana sangkêlat abrit mawi têpi renda, jajaripun botên mawi modang tuwin calana tanpa têpi renda, sabêtipun lêrês, garanipun gana tiyang.§ sapunikanipun ugi kasuwak, santun sabêt garan kuningan, utawi wêdhung.

2. Abdi dalêm mantri kaparak sangkragnyana, kampuh bathikan modang ompak sidamukti (latarcêmêng) mawi kêmadha, ngangge tamèng, sabêt suduk balongsong mas, kaponthong slaka (paring dalêm gadhuhan) jajar sikêp tamèng lamêng, kampuh sami mantri namung tanpa kêmadha, clana cêmêng mori.

3. Abdi dalêm mantri kaparak kanoman, kampuhipun bathikan kumitir, ompakipun sidaluhur (latarpêthak) nyangkêlit sabêt suduk balong

--- 105 ---

mas, ponthang slaka, sikêp tamèng towok, jajaripun kampuh sami kumitir, kaot tanpa kêmadha, clana cêmêng nyangkêlit sabêt bengkok kudhup turi, blongsong kuningan ponthang wacucal.

4. Abdi dalêm mantri kaparak ngampil, kampuhipun bathik kêmbang jambu latarpêthak, jajaripun sami, kaot calananipun mori pêthak.

5. Abdi dalêm priyantaka, kampuhipun lurik bêrkutut manggung (nglurah golongan ampil).

6. Abdi dalêm panèwu mantri kaparak singanagara saha martalulut, sajajaripun kampuhipun bathik latarpêthak mawi gambar macan mangap.

7. Abdi dalêm panèwu mantri kaparak brajanala, kampuhipun bathikan kêmbang lombok latar cêmêng, clana sangkêlat abrit, jajar clana pêthak.

8. Abdi dalêm panèwu mantri kaparak wisamarta sajajaripun, kampuhipun bathik jangglêng latar cêmêng.

9. Abdi dalêm panèwu mantri miji tanuastra sarta pinilih sajajaripun, kampuhipun bathik bendha sagada latar cêmêng.

10. Abdi dalêm panèwu mantri kaparak nirbita tuwin [tuwi...]

--- 106 ---

[...n] nirbaya sajajaripun, kampuhipun bathik sotho galêng latar cêmêng.

11. Abdi dalêm mantri kaparak, ônggadara, mangundara, sajajaripun, kampuhipun bathikan wora-wari rumpuk, latar cêmêng.

12. Abdi dalêm mantri nyutra tuwin mandhung sajajaripun, kampuhipun limaran latar cêmêng.

13. Abdi dalêm mantri kaparak panongsong sajajaripun, kampuh bathik purbanagara latar pêthak.

14. Abdi dalêm mantri kaparak sarasêja, kampuhipun bathik sêkar pijêtan sajajaripun, sapunika jajaripun kapêthal, lajêng dados prajurit jagasura (sêtabêl).

15. Abdi dalêm panèwu kaparak kabayan, kampuhipun bathik randhu kentir, ukiran mas dhapur tunggaksêmi, jajaripun ukiran dhapur sambegan salaka.

16. Abdi dalêm kaparak kêmit bumi, bêbêt lurik pêrkutut manggung, wêdhungan tanpa dhuwung, rasukan sikêpan agêng kuthungan.

--- 107 ---

17. Abdi dalêm kaliwon kaparak, anggandhèk, kampuhipun bathik rèjèng latarpêthak mawi blênggi, calana cindhe sorot, sapunika sampun santun cindhe macan, panèwu mantri dodot tanpa blênggèn, clana pêthak mawi têpi renda, bêkêl sapunika pangkat lurah, kalilan ngangge sabuk ukup, jajar inggih mawi sabuk ukup, calana pêthak lugas.

Sadaya abdi dalêm jajar, kajawi saragêni, sangkragnyana saha kanoman wau, clananipun sami pêthak sadaya utawi botên kalilan ngangge sabuk ukup.

Sarêng ingkang jumênêng nata ing nagari Surakarta Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X, kaparênging karsa dalêm, abdi dalêm kaparak andikakakên sami ngangge rasukan sikêpan agêng bordir, bacingahipun rasukan saha sabuk ukupipun panèwu warni biru, mantri wungu, amung abdi dalêm lurah rasukanipun sikêpan agêng lugas, bacingah saha ukupipun abrit, jajar botên mawi sabuk ukup, bacingahing rasukanipun mori pêthak, samangke kantun abdi dalêm [dalê...]

--- 108 ---

[...m] saragêni, sangkragnyana, kanoman, gandhèk, saha jajar priyantaka tuwin jajar kêmit bumi, ingkang lastari sami mangangge dodot utawi sinjang anêtêpi tatanan kina kados kasêbut nginggil wau.

Wondene kawontênanipun ingkang kakarsakakên ing panjênêngan dalêm nata, dados abdi dalêm bupati nayaka kaparak kiwa wiwit jumênêngipun karaton dalêm ing Surakarta taun 1670 (1745) dumugi sapriki 200 taun kados ing ngandhap punika:

I. Radèn Tumênggung Panji Puspakusuma, putranipun Radèn Tumênggung Puspanagara (rumiyin nama Kyai Tumênggung Panji Tohjaya, karan Juragan Bali).

II. Radèn Tumênggung Wirarêja, lajêng kaingsêr dados bupati nayaka gêdhong kiwa.

III. Radèn Mas Arya Jayadiningrat sapisan, putranipun Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat, abdi dalêm bupati nayaka bumi gêdhe.

IV. Radèn Mas Arya Jayadiningrat, kaping 2, putranipun Bandara Kangjêng Pangeran Arya Panular sapisan (putra dalêm P.B. III) dados mantunipun Radèn Mas Arya Jayadiningrat sapisan wau.

--- 109 ---

V. Radèn Mas Arya Jayadiningrat kaping 3, putranipun Radèn Mas Arya Jayadiningrat kaping 2.

VI. Kangjêng Radèn Mas Arya Jayaningrat kaping 1, putranipun suwargi Bandara Pangeran Arya Kusumabrata kaping 2.

VII. Kangjêng Radèn Mas Arya Purwadiningrat (putranipun suwargi Radèn Mas Arya Purwadiningrat kaping 5, abdi dalêm bupati nayaka kaparak têngên) dumugi sapunika taksih jumênêng.

Mênggah kawontênan cacah tuwin pangkatipun abdi dalêm kaparak kiwa samangke kados ing ngandhap punika:

Abdi dalêm bupati nayaka 1, anglêrêsi dados bêkêl lêbêt (jêro).

Abdi dalêm bupati anom gawe gandhèk 1.

Golongan singanagara, abdi dalêm panèwu 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan saragêni, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 20, jajar kêmit bumi 2.

Golongan sarasêja, abdi dalêm mantri 1, jajar kêmit bumi 1.

Golongan brajanala, abdi dalêm panèwu 1,

--- 110 ---

jajar 3.

Golongan wisamarta, abdi dalêm mantri 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 2.

Golongan miji abdi dalêm mantri 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan tanuastra, abdi dalêm mantri 1, jajar 2, jajar kêmit bumi 1.

Golongan nirbita, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 5, jajar kêmit bumi 2.

Golongan kanoman mantri dalêm 1, lurah 1, jajar 8, jajar kêmit bumi 2.

Golongan sangkragnyana, abdi dalêm mantri 1, jajar 8, jajar kêmit bumi 2.

Golongan ônggadara, abdi dalêm jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan nyutra, abdi dalêm jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan panongsong, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 5.

Golongan ngampil, abdi dalêm panèwu 1, mantri 1, jajar 1.

Golongan priyantaka, abdi dalêm lurah 1, jajar [ja...]

--- 111 ---

[...jar] 12.

Golongan gandhèk, abdi dalêm panèwu 1, mantri 4, lurah 5, jajar 5, kêmit bumi 2.

Golongan garap, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 1, pambantu 2.

Golongan kabayan, abdi dalêm jajar 5, jajar kêmit bumi 1, jajar kêmit bumi pawatangan 1.

Ingkang kakarsakakên dados abdi dalêm bupati nayaka kaparak têngên, wiwit karaton dalêm ing Surakarta taun 1670 (1745) ngantos dumugi samangke kados ing ngandhap punika:

1. Radèn Tumênggung Sasradiningrat, sarêng jumênêng pêpatih dalêm, asma Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, seda sumare ing Batawi.

2. Radèn Tumênggung Pringgalaya (putranipun Kangjêng Pangeran Arya Balitar) sedanipun sumare ing dhusun Trajukuning Sêkarbala.

3. Radèn Tumênggung Pringgadiningrat (putra Radèn Tumênggung Pringgalaya wau) seda sumare ugi Trajukuning Sêkarbala wau.

4. Radèn Tumênggung Mangkupraja (putranipun Kangjêng Radèn [Radè...]

--- 112 ---

[...n] Adipati Sasradiningrat, sumare Batawi) sedanipun Radèn Tumênggung Mangkupraja wau sumare dhusun Kuncèn Ngayah (Banyumas).

5. Radèn Tumênggung Sasrawijaya, ingkang suwau abdi dalêm bupati kalang, putranipun Kangjêng Radèn Adipati Mangkupraja wau.

6. Radèn Mas Arya Purwadiningrat I, suwau Radèn Mas Arya Sasrakusuma, ugi putranipun Kangjêng Radèn Adipati Mangkupraja (kalêrês rayinipun Radèn Tumênggung Sasrawijaya) saha sakawitipun dados bupati wontên Wirasaba, sarêng seda sumare ing Lawiyan.

7. Radèn Tumênggung Purwadiningrat II (putranipun Radèn Mas Arya Purwadiningrat I) suwau dados abdi dalêm kaliwon, ugi kaparak têngên, nama Radèn Ngabèi Purwadipura, sarêng seda sumare ing dhusun Tinawas sakilèn Kaliyasa.

8. Radèn Tumênggung Purwadiningrat III (putra Radèn Tumênggung Purwadiningrat II), suwau ugi dados kaliwon kaparak têngên, nama Radèn Ngabèi Purwadipura, seda ugi sumare ing dhusun Tinawas.

--- 113 ---

9. Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat kaping IV putranipun Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, ridêring ordhê nèdêrlansê leyo (ingkang suwau asma Radèn Mas Tumênggung Purwanagara, abdi dalêm bupati nayaka bumi, sarêng jumênêng pêpatih dalêm, asma Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV, sedanipun sumare ing astana Imagiri.

10. Radèn Mas Arya Purwadiningrat kaping V (putranipun Kangjêng Pangeran Arya Atmaja) suwau dados abdi dalêm bupati nayaka gêdhong kiwa, nama Radèn Mas Arya Kartadipura, seda sumare ing dhusun Cêmani.

11. Kangjêng Radèn Mas Arya Purwadiningrat kaping VI putranipun Radèn Mas Arya Purwadiningrat kaping V ingkang sumare Cêmani, lajêng mingsêr dados abdi dalêm bupati nayaka bumi, ing samangke lajêng dados abdi dalêm bupati nayaka kaparak kiwa bêkêl lêbêt, anggêntosi kalênggahanipun Kangjêng Radèn Mas Arya Jayaningrat dumugi sapariki, dene ingkang suwau nama Radèn Mas Arya Prawiradiningrat, abdi dalêm bupati nayaka gêdhong kiwa.

--- 114 ---

12. Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat (putranipun suwargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV sumare Imagiri) ingkang suwau dados abdi dalêm bupati nayaka bumi, nama ugi sampun Kangjêng Radèn Mas Arya Wuryaningrat.

Kawontênan cacah saha pangkatipun abdi dalêm kaparak têngên, samangke kados ing ngandhap punika:

Abdi dalêm bupati nayaka 1.

Abdi dalêm bupati anom gawe gandhèk 1.

Golongan martalulut, abdi dalêm panèwu 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan saragêni, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 20, jajar kêmit bumi 2.

Golongan sarasêja, abdi dalêm mantri 1, abdi dalêm jajar kêmit bumi 1.

Golongan nirbaya, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 5, jajar kêmit bumi 2.

Golongan kanoman, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 8, jajar kêmit bumi 2.

Golongan sangkragnyana, abdi dalêm mantri 1, jajar 8, jajar kêmit bumi 2.

--- 115 ---

Golongan brajanala, abdi dalêm panèwu 1, jajar 3.

Golongan miji, mantri 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan pinilih, abdi dalêm mantri 1, jajar 2, jajar kêmit bumi 1.

Golongan ngampil, abdi dalêm panèwu 1, mantri 1, jajar 2.

Golongan priyantaka, abdi dalêm lurah 1, jajar 12.

Golongan wisamarta, abdi dalêm mantri 1, jajar 3, jajar kêmit bumi 2.

Golongan panongsong, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar ngajêng 2, jajar wingking 3.

Golongan mangundara, abdi dalêm jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan mandhung, abdi dalêm jajar 3, jajar kêmit bumi 1.

Golongan gandhèk, abdi dalêm panèwu 1,

--- 116 ---

mantri 4, lurah 5, jajar 5, jajar kêmit bujibumi. 2.

Golongan garap, abdi dalêm mantri 1, lurah 1, jajar 1, pambantu 2.

Golongan kabayan, jajar 5, jajar kêmit bumi 1, jajar kêmit bumi pawatangan 1.

Abdi dalêm kaparak kiwa, têngên, punika tumrapipun ingkang bupati, mawi angsal patêdhan dalêm gadhuhan pasikon (wêdhung) wasiyat, kiwa, Kangjêng Kyai Pangarab-arab, têngên, Kangjêng Nyai Limêngan, sabên ing wulan Ruwah Jumungahipun ingkang pungkasan, pasikon wasiyat wau kasowanakên dipun jamasi wontên ing kagungan dalêm Masjid Paramasana, sarampungipun kawangsulakên kondur sumimpên wontên ing dalêm kabupatèn. Saha dêdongènganipun para sêpuh, abdi dalêm kaparak wiwit jaman kina kasêbut abdi dalêm prajurit kasarira nata tuwin prajurit sinêlir, wontênipun kêsêbut makatên bokmanawi kabêkta anggèning nama kaparak saking têmbung: pêrak (cêdhak) kados dene kasarira, lajêng dados têmbung sinêlir, saha kabêkta ing kina: kuwajibanipun kaprajuritan, [kaprajurita...]

--- 117 ---

[...n,] billih panjênêngan nata miyos tumêdhak botên kenging pisah têbih, saking padamêlanipun ugi majibi ngampil ampilan kaprabon upacara dalêm nata.

Pratelan Urut-urutanipun para Nata ingkang Jumênêng

P. B. II.

Putra dalêm kakung ôngka 10 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipatolahu ing nagari Kartasura Adiningrat (misuwuring asma Amangkurat Jawa) miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Kancana, lajêng nama Kangjêng Ratu Agêng (punika putranipun Radèn Adipati Tirtakusuma Bupati Kudus) timuripun asma Radèn Mas Gusti Prabasuyasa, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, miyos dalêm taksih wontên salêbêting kadhaton Kartasura, miturut pèngêtan ing karaton, wiyosan dalêm [da...]

--- 118 ---

[...lêm] amarêngi ing dintên Slasa Paing tanggal kaping 26§ punika miturut kurup Jamngiyah, sampun kacocogakên kalihan pananggalanipun Kangjêng Gupêrmèn (Bale Pustaka) sampun lêrês. Dene manawi kapetang saking kurup Kamsiyah, dintên Slasa Paing kasbut nginggil wau dhumawah tanggal kaping 27 Sawal, nanging panang. wulan Sawal taun Alip ôngka 1635, wuku Sungsang masa kanêm, windu Sancaya utawi surya kaping 8 Dhesèmbêr 1711 wanci jam 10 siyang.

Yuswa dalêm 16 warsa, jumênêng dalêm anggêntosi kapraboning rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurahman Sayidin Panatagama ingkang kaping kalih ing nagari Kartasura (misuwuring asma Ingkang Sinuhun Kombul) jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 16 wulan Bêsar taun Jimakir 1650, wuku Wugu, windu Adi, utawi surya kaping 15 Agustus 1726.

--- 119 ---

Pindhah dalêm dhumatêng nagari Surakarta Adiningrat (rumiyin nama dhusun Sala) dintên Rêbo Paing wanci jam 10 enjing tanggal kaping 14§ inggih taksih miturut kurup Jamngiyah. R. M. Ng. Jayasuwarna. wulan Sura taun Je ôngka 1670 wuku Landêp, dewa guru, uwas, wurung, taliwangke, wasesasêgara, sanggarwaringin, lakuning banyu, lambang kulawu utawi surya kaping 17 Pèbruwari 1745, masa kawolu, windu Sancaya.

Surut dalêm, malêm Akat Kaliwon wanci jam 10 dalu, angrintênakên tanggal kaping 11 wulan Sura taun Alip 1675, wuku Julungpujut, windu Adi, utawi surya kaping 20/21 Dhesèmbêr 1749. Layon kasarèkakên ing astana pajimatan Lawiyan, lajêng kapindhah kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 40 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 24 warsa, putra dalêm kakung putri 29.

P. B. III.

Putra dalêm kakung ôngka 5 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga [Ngala...]

--- 120 ---

[...ga] Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping kalih, miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Mas§ dene Kangjêng Ratu Mas punika putranipun Kangjêng Panêmbahan Purbaya ing Lamongan. timuripun asma Radèn Mas Gusti Suryakusuma, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, wiyosan dalêm ing dintên Sêtu Wage tanggal kaping 25 wulan Ruwah taun Be 1656, wuku Môndhasiya, windu Kunthara, utawi surya kaping 25 Pèbruwari 1732, miyos dalêm wontên ing lêbêt kadhaton Kartasura.

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, yuswa 18 warsa, jumênêng anampèni pisèlèhing kaprabon rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping tiga, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Swarga.

Jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 5 wulan Sura taun Alip 1675, wuku Môndhasiya, windu Adi, utawi surya kaping 15 wulan Dhesèmbêr [Dhe...]

--- 121 ---

[...sèmbêr] 1749.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Jumuwah Wage siyang jam 11, tanggal kaping 25 wulan Bêsar taun Jimakir 1714, wuku Wayang, windu Adi, utawi surya kaping 26 wulan Sèptèmbêr 1788, layon kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 58 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 39 mèh 40 warsa, putra dalêm kakung putri 46.

P. B. IV.

Putra dalêm kakung ôngka 17 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping tiga, miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Kancana,§ dene Kangjêng Ratu Kancana punika putranipun Ki Tumênggung Wirarêja, bupati nayaka gêdhong kiwa, sumare Makamaji, sadèrèngipun nama Kiyai Ngabèi Jagaswara mantri kaparak kiwa. timuripun asma Radèn Mas Gusti Subadya, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, wiyosan dalêm ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 18 wulan Rabingulakir [Rabingu...]

--- 122 ---

[...lakir] taun Je 1694, wuku Watugunung, windu Sêngara, utawi surya kaping 2 Sèptèmbêr 1768, wontên ing lêbêt kadhaton Surakarta.

Sasurut Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping tiga, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, lajêng jumênêng anggêntosi kapraboning rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sakawan, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bagus, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping 28 wulan Bêsar taun Jimakir ôngka 1714 wuku Kulawu, windu Adi, utawi surya kaping 29 Sèptèmbêr 1788, yuswa dalêm 20 warsa.

Surut dalêm amarêngi ing dintên malêm Sênèn Paing angrintênakên tanggal kaping 23 wulan Bêsar taun Alip ôngka 1747, wuku Mrakèh, windu Kunthara, utawi surya kaping 1 Oktobêr 1820, layon kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 53 warsa, dados etang jumênêng [jumê...]

--- 123 ---

[...nêng] dalêm nata 33 warsa, putra dalêm kakung putri 56, putra dalêm kakung tiga, jumênêng nata, inggih punika Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping gangsal, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu.

P. B. V.

Putra dalêm kakung ôngka 1 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping sakawan, miyos saking garwa dalêm padmi, nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, asma Kangjêng Ratu Adipati Anom,§ Kangjêng Ratu Adipati Anom punika putranipun Radèn Adipati Cakradiningrat, bupati Pamêkasan Madura, nalika kapundhut putranipun, taksih sêsêbutan Radèn Tumênggung, sarêng dumugi yuswa sêpuh angsal ganjaran ing kangjêng guprêmèn, sêsêbutanipun adipati. timuripun asma Radèn Mas Gusti Sugandi, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, wiyosan dalêm ing dintên Salasa Kliwon tanggal kaping 6

--- 124 ---

wulan Rabingulakir taun Dal 1711 wuku Tambir, windu Adi utawi surya kaping 13 Dhesèmbêr 1784, miyos dalêm wontên salêbêting kadhaton Surakarta.

Sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan, lajêng jumênêng anggantosi kapraboning rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping gangsal, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Sugih, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Salasa Kaliwon tanggal kaping 3, wulan Sura taun Ehe ôngka 1748, wuku Tambir, windu Kunthara, utawi surya kaping 10 Oktobêr 1820. Yuswa dalêm 36 warsa.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Jumungah Kliwon tanggal kaping 29 wulan Bêsar taun Je ôngka 1750, wuku Madhangkungan, windu Kunthara, utawi surya kaping 5 Sèptèmbêr 1823, layon kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 40 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 3 warsa, putra dalêm kakung putri 45.

--- 125 ---

P. B. VI.

Putra dalêm kakung ôngka 11 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal, miyos saking garwa ampeyan nama Radèn Ayu Sasrakusuma§ Radèn Ayu Sasrakusuma punika putranipun Radèn Tumênggung Cakradipura, bupati karaton, ingkang sumare Mungup. timuripun asma Bandara Radèn Mas Sapardan, wiyosan dalêm ing dintên Akat Wage tanggal kaping 18 wulan Sapar taun Je 1735, wuku Warigalit, windu Sancaya, utawi surya kaping 26 April 1807, miyos dalêm wontên ing dalêm kadipatèn, ingkang rama taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Ing sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal, putra dalêm Bandara Radèn Mas Sapardan wau kajumênêngakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, amarêngi ing dintên Akad Wage tanggal kaping 8 wulan Sura taun Dal 1751, wuku Wuye, windu Kunthara, êlêt sadalu lajêng kajumênêngakên [kajumê...]

--- 126 ---

[...nêngakên] anggêntosi kapraboning rama nata ingkang sampun sawarga, amarêngi ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 10 wulan Sura taun Dal 1751, wuku Wuye, windu Kunthara, utawi surya kaping 15 Sèptèmbêr 1823, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Banguntapa.

Yuswa 24 warsa jêngkar dhumatêng Ambon, amarêngi ing dintên Slasa Pon tanggal kaping 16 wulan Bêsar taun Jimawal 1757, wuku Langkir, windu Sêngara, utawi surya kaping 8 Juni 1830.

Surut dalêm ing dintên Akat Pon tanggal kaping 12 wulan Rêjêb taun Wawu 1777, wuku Môndhasiya, windu Adi, utawi surya kaping 2 Juni 1849, layon kasarèkakên ing astana Batugajah Ngambon, yuswa dalêm dumugi 43 warsa, putra dalêm kakung putri 8.

P. B. VII.

Putra dalêm kakung ôngka 23 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan,

--- 127 ---

miyos saking garwa dalêm padmi ingkang anèm, asma Kangjêng Ratu Kancanawungu (punika putranipun Radèn Adipati Arya Cakradiningrat, bupati ing Pamêkasan (Madura) timuripun asma Radèn Mas Gusti Malikis Salikin, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Purobaya, miyos dalêm wontên ing kadhaton, amarêngi ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 15 wulan Sura taun Alip 1723, wuku Watugunung, windu Sêngara, utawi surya kaping 10 Mèi 1796.

Yuswa 34 warsa, jumênêng nata anggêntosi kaprabonipun pulunan dalêm, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping pitu. Misuwuring asma Ingkang Sinuhun Purbaya, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 22 wulan Bêsar taun Jimawal 1757, wuku Môndhasiya, windu Sêngara utawi surya kaping 14 Juni 1830.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Ramlan taun Jimakir 1786, wuku Watugunung, windu Kunthara, utawi surya kaping 28 Juli 1858, layon kasarekakên ing astana Imagiri, [Imagi...]

--- 128 ---

[...ri,] yuswa dalêm dumugi 63 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 29 warsa. Putra dalêm putri kalih.

P. B. VIII.

Putra dalêm kakung ôngka 4 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan, miyos saking garwa ampeyan nama Radèn Ayu Rantamsari (putranipun Ki Ngabèi Jayakartika nèm, wayahipun Ki Ngabèi Jayakartika dhelo, ing dhusun Janti, ingkang pêjah prang kalihan kraman Mangkubumèn H. B. I), timuripun asma Bandara Radèn Mas Kusèni, diwasanipun asma Kangjêng Pangeran Angabèi, jumênêng dalêm nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping nêm, kaangkat asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi, jumênêng dalêm nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Angabèi amakili ngasta wêwênanging Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, dados jumênêng dalêm nata P. B. V. saha P. B. VI. saha P. B. VII. ing karaton nagari Surakarta, botên wontên ingkang kajumênêngakên Pangeran Adipati Anom. [A...]

--- 129 ---

[...nom.] Wiyosan dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 24 wulan Rêjêb taun Alip 1715, wuku Wuye, windu Kunthara, utawi surya kaping 20 April 1789.

Sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping pitu, jumênêng anggêntosi kapraboning rayi nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping wolu, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Pon tanggal kaping 4 wulan Sawal taun Jimakir 1786 wuku Sinta, windu Kunthara, utawi surya kaping 17 Mèi 1858, yuswa dalêm 71 warsa.

Surut dalêm amarêngi malêm dintên Sêtu Wage tanggal kaping 25 wulan Jumadilakir taun Je 1790, wuku Julungwangi, windu Sêngara, utawi surya kaping 28 Dhesèmbêr 1861, layon kasarèkakên ing astana Imagiri, yuswa dalêm dumugi 75 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 4 warsa, putra dalêm putri sakawan.

--- 130 ---

P. B. IX.

Putra dalêm kakung ôngka 5 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping nêm, miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Êmas, akiripun lajêng asma Kangjêng Ratu Agêng (punika putranipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, putra dalêm P.B. III ) timuripun asma Radèn Mas Gusti Duksina, diwasanipun asma Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya, sarêng jumênêng dalêm nata, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Wijaya wau kajumênêngakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, miyos dalêm wontên ing kadhaton, ing dintên Rêbo Kliwon tanggal kaping 7 wulan Rêjêb warsa Je 1758, wuku Galungan, windu Sêngara, utawi surya kaping 22 Dhesèmbêr 1830.

Sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom jumênêng nata anggêntosi ingkang eyang, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun [Si...]

--- 131 ---

[...nuhun] Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sanga, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je 1790, wuku Sungsang windu Sêngara, utawi surya kaping 30 Dhesêmbêr 1861.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Jumuwah Lêgi tanggal kaping 28 wulan Ruwah taun Je 1822, wuku Marakèh, windu Sêngara, utawi surya kaping 17 Marêt 1893, layon kasarèkakên ing astana Imagiri. Yuswa dalêm dumugi 64 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 32 warsa, putra dalêm kakung putri 58.

P. B. X.

Putra dalêm kakung ôngka 31 Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sanga, miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Pakubuwana (punika putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping kalih Surakarta saking ingkang garwa asma Gusti Kangjêng Ratu Banara,Bandara. putra dalêm putri Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping wolu) timuripun asma [a...]

--- 132 ---

[...sma] Radèn Mas Gusti Sayidin Malikul Kusna, dumugi yuswa dalêm 3 warsa, kajumênêngakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara, Sudibya Rajaputra Narendra Mataram, wiyosan dalêm amarêngi ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 wulan Rêjêb taun Alip 1795, wuku Wugu, windu Sancaya, utawi surya kaping 29 Nopembêr 1866. Jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi tanggal kaping 27 wulan Jumadilakir taun Je 1798, utawi surya kaping 4 Oktobêr 1869.

Krama dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, dhaub kalihan putranipun putri Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping sakawan, asma Bandara Radèn Ajêng Sumarti, amarêngi ing dintên Kêmis Pon tanggal kaping 20 wulan Bêsar taun Alip 1819, wuku Landêp, windu Sêngara, utawi surya kaping 23 Juli 1890, lajêng asma Kangjêng Ratu Adipati Anom.

[Grafik]

Ampilan têdhak loji.

Sasurut dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sanga, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau lajêng jumênêng anggêntosi kapraboning [kapra...]

--- 133 ---

[...boning] rama nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sadasa, jumênêng dalêm amarêngi ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 wulan Ramlan taun Je 1822, wuku Madhangkungan, windu Sêngara, utawi surya kaping 30 Marêt 1893. Garwa dalêm Kangjêng Ratu Adipati Anom lajêng kapatêdhan asma Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Sarêng yuswa dalêm dumugi 50 warsa, awit saking atur pirêmbagipun para nayaka dalêm saha para warganing rad nagari amrayogèkakên, sampeyan dalêm kaparênga mangun palakrama malih, kalampahan karsa dalêm mangun palakrama dhaub kalihan putra putri dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuwun Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping pitu ing Ngayogyakarta miyos saking garwa dalêm padmi Kangjêng Ratu Kancana, asma Gusti Bandara Radèn Ajêng Mursudarinah, krama dalêm amarêngi ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 17 Bêsar Jimawal 1845, utawi surya kaping 27 Oktobêr 1915, kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Êmas.

Ing dintên Salasa Wage tanggal kaping 22 Jumadilakir Wawu

--- 134 ---

1849, utawi surya kaping 25 Marêt 1919, pramèswari dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas kagungan putra miyos putri, asma Gusti Radèn Ayu Sêkar Kadhaton Kustiyah, dewasanipun amarêngi yuswa 16 warsa, kapatêdhan asma Gusti Kangjêng Ratu Pambayun.

Ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 Siyam Je 1854, utawi surya kaping 17 April 1924, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kajumênêngakên litnan jendral, ing ngajêng jendral mayor, wiwit punika ngagêm sêsêbutan ingkang wicaksana.

Ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 25 Jumadilawal Je 1854, utawi surya kaping 3 Januwari 1924, pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Pakubuwana seda.

Ing dintên Kêmis Wage tanggal kaping 12 Siyam Je 1854, utawi surya kaping 21 Januwari 1932, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan nampèni pisungsung bintang saking Kangjêng Sri Maharaja Putri Wilhèlminah nata ing Nèdêrlan, grut krèising ordhê Nèdêrlansên leyo, botên dangu sasêbutan dalêm ing têmbung Walandi kajumênêngakên zijne vorstelijke hoogheid wiwit punika ngagêm sasêbutan Ingkang Minulya, dados wêtahing sasêbutan [sa...]

--- 135 ---

[...sêbutan] dalêm, Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan.

Surut dalêm amarêngi ing dintên Sênèn Lêgi enjing wanci jam 7,25 tanggal sapisan wulan Sura taun Je, ôngka 1870, wuku Julungpujut, masa kawolu ngumur 18 dintên, windu Adi, utawi surya kaping 20 Pèbruwari 1939, layon kasarèkakên ing astana Imagiri.

Yuswa dalêm dumugi 75 warsa, dados etang jumênêng dalêm nata 48 warsa, putra dalêm kakung putri 44.

Sri Naluri

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping X:

Grutkrèising ordhe Nèdêrlansên Leyo, Ridêr Grutkrèis in dhê Ordhê pan Oranyê Nasao mèt dhês Wardhên, Krèishuruf "s" pada teks asli berada pada hlm. 136.

Grootkruis der Orde van den Nederlanschen Leeuw. Ridder Grootkruis in de Orde van Oranje Nassau met de Zwaarden, Kruis van ver

--- 136 ---

pan pêrdhin stê pan hèt Rodhe Krèis, Grutkrèising Konênglêkê Ordhê ing nagari Kamboja. Grutkrèising Krun ordhê ing nagari Siyêm, Ridêr pan dhên twèdhên grad dhèr twèdhê klasê pan dhèn Dhêbêlên Drak, ing nagari Cina. Grutkrèis dhèr Mèkêllênburêh Sêis ordhê pan dhê Wèndhisê Krun, Grutkrèising ordhê Nisan, Iptikar ing nagari Tunis, Ridêr dhèr irstê klasê dèr Ordhê pan dhèn, Kim Kan ing nagari Anam, Grutkrèis dhèr Militèrê Ordhê pan, Onsê Irê Yesus Kristus, ing nagari Portugal, Grutkrèiskata "is" pada teks asli berada pada hlm. 137.

dienste van het Roode Kruis, Grootkruis der Koninklijke Orde van Cambodja, Grootkruis der Koonorde van Siam, Ridder van den tweeden graad der tweede klasse van des Dubbelen Draak van China, Grootkruis der Mecklenburgsche Huisorde van de Wendische Kroon, Grootkruis der Orde van Nichan Iftikhar van Tunis, Ridder der eerste klasse der Orde van den Khim Khanh van Annam, Grootkruis der Militaire Orde van Onzen Heere Jezus Christus van Portugal, Grootkruis van den Draak van Annam, Grootkruis der Orde van den

--- 137 ---

pan dhèn kèsêrlêkê ordhê pan dhèn Drak, ing nagari Anam, Grutkrèising Ordhê pan dhèn Witên, Olipan ing nagari Siyêm, grutkrèising ordhê pan leyopol II ing nagari Bèlgi. Grutê Erêtèkên mèt hèt lin dhèr uhstêklasê purpêrdhinstên saking Republik nagari Ostênrik, Grutkrèising Konênglêkê Ordhê pan dhên Sêtèr ing nagari Ansuwan, Grutkrèising Ordhê pan dhê Pulsêtèr ing nagari Swèdhên, Grutkrèising Ordhê ing nagari Itali. Gran kordhon blang obordhirês, rusdhe lordhrê dhuyadhê. Gran

Witten Olifant van Siam, Grootkruis der Orde van Leopold II van Belgie, Groote Eereteeken met het lint der hoogste klasse voor verdiensten van de Republiek Oostenrijk, Grootkruis der Koninklijke Orde van de Ster van Anjouan, Grootkruis van de Orde van de Poolster van Zweden, Grootkruis de Kroonorde van Italie, Grand Cordon blanc aux bordures rouges de l' Orde du Jade, Grand Croix de l' Ordre du Ouissam Alaouite, Groottofficier der Leopold Orde van Belgie, Groottofficier der Orde van Venezuela, Grossegoldene Ehrenzeichen mit dem Stern

--- 138 ---

krowa, dhê lordhrê, dhu owisam alaowitê. Grut opisiring ordhê leyopol ing nagari Bèlgi. grutopisiring ordhê saking nagari Phènêsuwelah. Grosêgoldhênê èrênsèigên mit dhêm sêtèrês ing nagari Ostênrik, ridêr twèdhê klas mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pan Pêrdhinstên pan sin Migael ing nagari Bèiyêrên, ridêr twèdhê klas mèt dhê sêtèr dhe ordhê pan dhên rodhên adhêlar ing nagari Prèisên, komandhur mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pranês Yosèp ing nagari Ostênrik, komandhur

van Oostenrijk, Ridder der tweede klasse met de Ster der Orde van verdiensten van Sint-Michael van Beieren, Ridder van de tweede klasse met de Ster der Orde van den Rooden Adelaar van Prauisen, Commandeur met de Ster der Oostenrijksche Orde van Fran-Joseph, Commandeur de eerste klasse met de Ster der Orde van Hendrik den Leeuw van Brunswijk, Commmandeur der 1ste Graad van de Dannebrogs-orde van Denemarken, Commandeur met de plaque der Orde van de Zwarte Ster van Benin, Luitenant Generaal bij de Legers van Hare Majesteit [Majest...]

--- 139 ---

[...eit]

irstê klasê mèt dhê sêtèr dhèr ordhê pan Èndrik dhê leyo ing nagari Brinêsswèik, komandhur dhèr irstê grat pan dhê dhanêbrohsê ordhê ing nagari Dhènêmarkên, komandhur mèt dhê plak dhèr ordhê pan dhê swartê sêtèr ing nagari Bènin, sarta litênan jendraling wadyabalanipun Kangjêng Sri Maharaja Putri ing nagari Nèdêrlan, ingkang akadhaton ing nagari Surakarta Adiningrat.

de Koningin der Nederlanden, hofhoudende te Soerakarta Adiningrat.

[Grafik]

Ampilan layon.

[Grafik]

Gambar layon dalem.

Mênggah Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang [Ing...]

--- 140 ---

[...kang] Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 6.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 6 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 4 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3.

Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping 3 wau putra dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2.

Pratelan pramèswari dalêm nata, saha para garwa ampeyan nata bijvrouw ingkang pêputra jumênêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing karaton Surakarta.

1. Kangjêng Ratu Kancana (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu

--- 141 ---

Amangkurat Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, Kalipatollahu ingkang akadhaton nagari Kartasura Adiningrat) punika putranipun putri Radèn Adipati Tirtakusuma Kudus, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping kalih ing Kartasura Adiningrat, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Kombul, lajêng pindhah karaton ing nagari Surakarta Adiningrat, sadèrèngipun nama dhusun Sala.

2. Kangjêng Ratu Kancana akiripun asma Kangjêng Ratu Agêng (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping kalih) punika putranipun putri Kangjêng Pangeran Arya Purbaya ing Kartasura, lajêng jumênêng wontên ing Lamongan, nama Kangjêng Pangeran Panêmbahan Purbaya Lamongan, dados Kangjêng Ratu Kancana wau kalihan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun, [Sinuhu...]

--- 142 ---

[...n,] kaprênah ingkang rayi nak-sanak saking ingkang rama, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping tiga, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Suwarga.

3. Kangjêng Ratu Kancana (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping tiga) punika putranipun Kiyai Tumênggung Wirarêja, bupati nayaka gêdhong kiwa, sumare Makamaji, sadèrèngipun nama Kiyai Ngabèi Jagaswara, mantri kaparak kiwa.

Lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sakawan, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bagus.

4. Kangjêng Ratu Adipati Anom (garwa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan, nalika taksih

--- 143 ---

jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom) punika putranipun Radèn Tumênggung Cakradiningrat, Bupati Pamêkasan Madura, (sêpuhipun angsal ganjaran sêsêbutan adipati) lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping gangsal, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Sugih.

5. Radèn Ayu Sasrakusuma (garwa dalêm ampeyan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping gangsal) punika putranipun Radèn Tumênggung Cakradipura, bupati karaton, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping nêm, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Banguntapa.

6. Kangjêng Ratu Kancanawungu (pramèswari dalêm ampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman [Ngabdurrahma...]

--- 144 ---

[...n] Sayidin Panatagama kaping sakawan) punika putranipun ingkang nèm Radèn Adipati Cakradiningrat, bupati Pamêkasan Madura, dados Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sakawan wau ngarangulu putranipun Radèn Adipati Cakradiningrat Pamêkasan, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping pitu, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Purbaya.

7. Radèn Ayu Rantamsari (garwa dalêm ampeyan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping sakawan) punika putranipun Kiyai Jayakartika nèm, dados wayahipun Kiyai Ngabèi Jayakartika dhelo ingkang sumare Janti, ingkang pêjah prang labuh nagari nalika kraman Mangkubumèn, De. 3e. Java Successie oorlog 1746-1755 pêjahipun wau katigas jangganipun. Radèn Ayu Rantamsari [Ranta...]

--- 145 ---

[...msari] lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping wolu, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bèi.

8. Kangjêng Ratu Êmas, akiripun asma Kangjêng Ratu Agêng (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping nêm) punika putranipun putri Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, putra dalêm P. B. III lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sanga, misuwuring asma Ingkang Sinuhun Bangun Kadhaton.

9. Kangjêng Ratu Pakubuwana (pramèswari dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama kaping sanga) punika putranipun putri Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping kalih [ka...]

--- 146 ---

[...lih] Surakarta saking ingkang garwa asma Gusti Kangjêng Ratu Bandara, putri dalêm P. B. VIII, lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sadasa.

10. Radèn Ayu Mandayarêtna (garwa dalêm ampeyan Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sadasa ingkang sampun sawarga) punika putranipun Radèn Mas Panji Sumataruna, wayah Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi, putra dalêm P. B. III), lajêng pêputra Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sawêlas, ingkang jumênêng sapunika.

Para lêluhur dalêm P. B. X. saking putri ingkang urut asma Kangjêng Ratu.

Mênggah ibu dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun [Sinuhu...]

--- 147 ---

[...n] Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana wau asma Kangjêng Ratu Pakubuwana, pramèswari dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9.

Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping 9 wau putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2 ing Surakarta, miyos saking garwa Gusti Kangjêng Ratu Bandara.

Gusti Kangjêng Ratu Bandara wau putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8 miyos saking garwa Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping 8 wau putranipun Kangjêng Pangeran Arya Purbanagara Kadhiri, miyos saking garwa Gusti Kangjêng Ratu Purbanagara.

Gusti Kangjêng Ratu Purbanagara wau putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 3 miyos saking pramèswari dalêm Kangjêng Ratu Kêncana.

Kawontênan ing nagari Surakarta Adiningrat, ing salêbêtipun 200 taun, dumugi Panjênêngan Dalêm Nata Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama

--- 148 ---

kaping sadasa, surut. Lajêng ingkang sumilih kaprabon dalêm anggêntosi jumênêng nata putra dalêm pambajêng kakung, miyos saking garwa dalêm ampeyan Radèn Ayu Mandayarêtna, timuripun asma Bandara Radèn Mas Anantasena, diwasanipun asma Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi, wiyosan dalêm ing dintên Sênèn Kaliwon tanggal kaping 25 wulan Rabingulakir taun Dal ôngka 1815, wuku Warigalit, lambang kulawu, masa kapitu, windu Kunthara, utawi tanggal sapisan Pebruwari 1886.

Ing dintên Rêbo Lêgi tanggal kaping 7 wulan Mulud taun Je ôngka 1870, wuku Prangbakat masa Dhêstha (sawêlas), windu Adi, utawi surya kaping 26 April 1939, Gusti Bandara Kangjêng Pangeran Angabèi kajumênêngakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya Rajaputra Narendra Mataram. Sasampunipun (ugi taksih nunggil sadintên) Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom wau lajêng kajumênêngakên nata, ajêjuluk Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang kaping sawêlas.

--- 149 ---

Garwa dalêm padmi lajêng kapatêdhan asma Kangjêng Ratu Pakubuwana.

Ing ngadhap punika kawontênan warni-warni.

Bab panganggèn utawi pangagêman kuluk.

Kuluk punika kagolong panganggèn utawi pangagêman kaprabon Jawi. Miturut dêdongèngan, wontênipun wiwit kala jaman ing Mataram ngantos sapriki dumugi ing nagari Surakarta.

Kuluk utawi makutha, utawi panunggul (têmbung: lalangyan) dados agêm ing panjênêngan dalêm nata. Pangeran putra dalêm nata, saha pêpatih dalêm sapangandhap dumugi jajar, tuwin ingkang sami kawênangakên, kadosta pangantèn sarta sanès-sanèsipun.

Kuluk, makutha, utawi panunggul punika wontên gangsal warni, kados ta:

Ha. Mathak, wontên gangsal warni.

1. Mathak biru sêkar gundha (biru ênèm sangêt) agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata (winastan: panunggul. [pa...]

--- 150 ---

[...nunggul.]

2. Mathak biru sêkar weweyan (biru anèm) agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, Kangjêng Pangeran putra santana, saha pêpatih dalêm.

3. Mathak sêkartêlêng (biru sêpuh) agêmipun santana dalêm riya nginggil.

4. Mathak pêthak, tumrap priyagung bupati, sapangandhap dumugi lurah.

5. Balibar manggis, punika mathak (pêthak utawi biru) ing lêbêt karangkêpan calumpring, kawastanan bêlibar manggil, kangge manawi jawah.

Na. Kastur, ingkang dèrèng mangrêtos mastani rondhêrhut (Rondchoed) kalanturipun makatên wau, awit mêdal sapisan kangge topi, bundêr saha kêsting sami cêmêng, wontên tigang warni.

1. Kastur cêmêng, kagêm kanigara, agêm dalêm nata, agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, kangjêng pangeran putra santana, pêpatih dalêm bupati, bupati anom, kolonel komandhan, mayor, riya ngandhap nginggil.

--- 151 ---

2. Kêsting cêmêng, tumrap pangangge panèwu, mantri, lurah bêkêl, tuwin sanès-sanèsipun.

3. Kêsting pêthak, panganggèn abdi dalêm jajar.

Ca. 1. Brêci, agêm prayagung bupati, bupati anom, abdi dalêm prajurit pangkat litnan kolonèl, mayor kaptin saha upsir, sarta panganggènipun abdi dalêm prajurit ondêr litnan sapangandhap.

Ra. 1. Kuluk dhapur tugêl sêmôngka, ingkang kadamêl baludru cêmêng, anggèn panganggènipun abdi dalêm katib.

Ka. 1. Kuluk mur, agêm priyagung bupati, bupati anom, saha panganggèn panèwu mantri, manawi sowan caos padintênan malêbêt ing karaton (minôngka mathak), manawi kangge wontên sajawining karaton kados dene kuluk cêmêng, ing sapunika sampun botên kêlampah.

Kajawi makutha kasêbut ing nginggil, taksih wontên malih panunggilanipun, inggih punika: songkok, mênggah dhapuripun songkok punika kêthon nugêl sêmôngka, kados anggèn panganggènipun abdi dalêm katib, [ka...]

--- 152 ---

[...tib,] namung kaot ing wingking mawi tèdhèng inggilipun ngungkuli inggiling kêthon wau, mawi bengkok, ing têngah mawi brênjulan alit radi lincip, kêthonipun mawi mangle saha tarak, kados makutha (kuluk), ingkang kadamêl baludru cêmêng utawi rondhêrhut. Wontên ingkang mawi kurenda gilig turut dondoman mangle saha tarak, tuwin têpinipun ngandhap mubêng dumugi buwênging tèdhèng, utawi dipun kanigara, tèdhèngipun ing wingking wontên ingkang dipun cêplok brudir, songkok punika dados agêm pangagêman ing panjênêngan dalêm nata, sapangandhap dumugi abdi dalêm bupati saha abdi dalêm mayor.

Nyamat, prabot rêrênggan kuluk utawi makutha.

Nyamat punika tumrap agêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom sapangandhap, pêpatih dalêm ugi sapangandhap, bakunipun ingkang kangge bêbadhenan êmas, suwasa, salaka, mamas sapanunggilanipun, wontên ingkang kaêtrapan mripat (sêsotya) barliyan, utawi intên sasaminipun, miturut sapamrayoginipun ingkang ngangge piyambak-piyambak, amung wêwangunanipun [wêwanguna...]

--- 153 ---

[...nipun] wontên 6 warni.

1. Cêngkehan, awangun kados tumpêng sêmu bundêr.

2. Tumpêngan, awangun kados tumpêng.

3. Tajuk, adhapur kados tumpêng pêsagèn utawi bata sarimbag, radi mêthit, ing pucuk mawi sêsotya.

4. Bandhilan mawi sêsotya, gosokan limrah, panyakoting êmbanan dhatêng sêsotya punika, ingkang nyantosani pating prênthilipun, nama mlathèn sigaran (rangkêp), nyamat utawi sêsupe ingkang mlathèn sigaran (rangkêp) lajêng wontên ingkang mastani wangun dhobêlan (dubbel).

5. Sêkar katu, nyamating kanigara, wangunipun bundêr gèpèng, ing pinggir mawi buwêng-buwêng, kados dhapuring sêkar katu.

6. Nyamat dhapur krun, awangun makutha karajan ing Eropah, anggèn panganggènipun abdi dalêm golongan prajurit.

Nyamat punika pangagêman ingkang kapasang sanginggiling kuluk, têngah makutha, utawi panunggul, ing têngah lêrês, saha nyamat punika dêdongenganipun katumrapakên [katu...]

--- 154 ---

[...mrapakên] ing kuluk utawi makuthanipun sadaya putra wayah dalêm, saha abdi dalêm ingkang sami kawênangakên ngangge, amargi nyamat atêgês: ngayom, dados putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, pêpatih dalêm, anggènipun ngagêm makutha kêdah mawi nyamat, punika kabêkta saking taksih wontên inggil-inggilanipun (têtunggulipun) ingkang angayomi (anyamadi) inggih punika ing panjênêngan dalêm nata, inggih ingkang têtêp jumênêng têtunggul, amila agêm dalêm panunggul, botên kaêtrapan mundri (nyamat).

Bab Tudhung ing Surakarta.

Tudhung, wontênipun nama tudhung, punika bokmanawi asli saking namaning kudhung (bôngsa sêmbêt) utawi sudhung, saking anaman balarak utawi godhong gêbang (dhapuripun buwêng ing ngingil lincip) miturut kamajênganing kabudayan, kabêsut santun wangun, lajêng awujud saha nama tudhung wau, miturut dêdongenganipun para sêpuh, ing kina tudhung punika wangunipun buwêng têngah bolong plong, ngajêngan mawi tèdhèng (kêlèp) ugi buwêng dumugi ngiringan kiwa têngên, saya ciyut, tuwin sanginggiling tèdhèng (mèpèt [(mèpè...]

--- 155 ---

[...t] ing buwêng) ngajêngan mawi adêg-adêg kados jamangan, lancip 1, 3, utawi 5, badhenipun saking anaman dêling utawi congkèng, katutup ing mori cêmêng utawi sangkêlat cêmêng (lakên) dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap (sapunika sampun botên kêlampah), tudhung wau lajêng santun wêwangunanipun dhapur kêthon jangkangan, dados panganggènipun abdi dalêm dalah para satriya luhur kathah ingkang kaparêng ngagêm, kaotipun mawi ngagêm bulu-bulu, kala suwargi Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat kaping IV (Kangjêng Agêng ing Ngendraprastha) anggènipun kaparêng ngagêm ngantos lami, saha miturut dêdongengan, Kangjêng Agêng suwargi karsa dhawuh ambangun wanguning tudhung kêthon jangkangan wau kasantunan dhapur, awangun tudhung pacul gowang, saking bludru utawi saking kastur sami dhasar cêmêng, katumrapakên dados panganggènipun abdi dalêm sadaya, amung kangjêng agêng suwargi lastari ngagêm tudhung kêthon jangkangan wau, saking dêdongenganipun kagêm pèngêtan dalêm wêkdal kagungan dalêm siti sela, pêthal saking bawah karaton dalêm Surakarta. Danguning dangu, tudhung pacul gowang kawêwahan rêrênggan, awarni cêplok dhapur topong karajan saha [sa...]

--- 156 ---

[...ha] pari sawuli, ing nginggil saha kiwa têngên kaapit-apit ing lintangan 1, 2, 3, 4, utawi 5, têngah mawi aksara P. B. tuwin sanginggiling kêlèp (ngandhap cêplok) mawi sênur renda (sêtorêmban), kiwa têngên mawi bênik P. B. kapasangan gobyok sêkar sêdhah, nginggil mawi bulu-bulu cêmêng. Dongènganipun ugi kagêm pèngêtan sumênenipun pamundhut (komplit) siti gadhuhanipun abdi dalêm, lajêng katungka jumênêngipun kadhaton astana ing Kutha Gêdhe, dipun iyasani (kamulyakakên) amargi anggèning mêntas kêbêsmi. Suwargi Kangjêng Agêng (pêpatih dalêm) mangagêngi (nyenapatèni) lampahing abdi dalêm sapangandhap dumugi mantri, ing Surakarta sadaya (kajawi ingkang nglêrêsi nyanggi damêl sowan caosing karaton saha nagari) sami kadhawuhan sowan dhumatêng astana Kutha Gêdhe, saha sami kadhawuhan wiwit ngangge angenggali tudhung bulu-bulu wau, mangangge prajuritan jangkêp, numpak kapal.

Danguning dangu tudhung pacul gowang bulu-bulu wau kasuwak, kantun katumrapakên dados panganggènipun abdi dalêm golongan mêthakan (mutihan) sadaya, amung bulu-bulunipun ingkang kasuwak.

--- 157 ---

Ing taun 1846 saha taun 1847 kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ingkang Minulya saha Ingkang Wicaksana Kangjêng Susuhunan, sadaya kangjêng pangeran putra santana dalêm, saha abdi dalêm ing Surakarta, kêjawi abdi dalêm mêthakan (mutihan wau) sami kadhawuhan mangagêm utawi mangangge topi pètcis cêmêng saha pêthak, miturut rasukanipun, pratelan wujudipun kados ing ngandhap punika.

Topi Pètcis Cêmêng Agêm Kangjêng Pangeran Wadana Sapangandhap.

1. Pètcis mawi blodir wiyar 5 sènti meter, nginggil mawi kur ugi blodir, kêlèp mawi plisir renda, sêtorên ban ugi renda, ngajêng mawi cêplok warni wapên karaton Surakarta, tumrap agêm kangjêng pangeran wadana.

2. Pètcis mawi blodir wiyar 4½ sèntimètêr, nginggil mawi kur ugi blodir, kêlep mawi plisir renda, sêtorên ban ugi renda, ngajêng mawi cêplok wapên karaton Surakarta, tumrap agêm kangjêng pangeran putra dalêm.

--- 158 ---

3. Pètcis mawi blodir wiyar 4 sèntimètêr. Nginggil mawi kur ugi blodir, kêlèp mawi plisir renda, sêtorên ban renda, ngajêng mawi cêplok wapên karaton Surakarta, tumrap agêm kangjêng pangeran santana.

4. Pètcis mawi blodir wiyar 3½ sèntimètêr, nginggil mawi têpikur blodir, sêtorên banipun wacucal, ngajêng mawi cêplok wapên karaton Surakarta. Tumrap agêm dara ariya nginggil.

5. Pètcis mawi blodir wiyar 3 sèntimètêr, nginggil mawi têpikur blodir, sêtor banipun wacucal, lajêng mawi cêplok wapên karaton Surakarta, tumrap agêm ariya ngandhap.

Mênggah ban balodir saha têpikur nginggil, wujudipun miturut balodir agêmipun rasukan piyambak-piyambak, ingkang bludiripun jêne (êmas byur) ban sapanunggilanipun wau, jêne (êmas byur). Ingkang bludiripun salaka byur, ban sapanunggilanipun salaka byur. Ingkang bludiripun silih asih, amung plisiring kêlèp saha sêtor banipun jêne (êmas byur) amung tumrap prayagung ariya ngandhap saha nginggil, kados ingkang kasêbut ôngka 4 saha 5 wau.

--- 159 ---

Topi Pètcis Pêthak, Agêm Kangjêng Pangeran Wadana.

Kangjêng pangeran putra dalêm, kangjêng pangeran santana dalêm, punapa dene dara arya nginggil saha ngandhap, pangagêmipun ban balodir tuwin sêtor ban sapanunggilanipun, sami kalihan ingkang tumrap pèt cêmêng, kasêbut nginggil wau.

Topi Pèt Cêmêng, Agêm Priyagung Bupati saha Bupati Anom, saha Panèwu Sapangandhap.

1. Pètcis cêmêng mawi pasêmèn renda, wiyar 5 sènti mètêr, kêlèp mawi plisir renda, sêtor ban ugi renda, ngajêng mawi cêplok awarni topong karajan saha pari sawuli, têngah kapasangan aksara P. B. dipun dhasari cêngmêng,cêmêng. inggil 4 sènti mètêr, wiyar 3 ½ sènti mètêr, cêplok wau jêne êmas byur, agêm priyagung bupati.

2. Pètcis cêmêng mawi pasêmèn renda, wiyar 4 sènti mètêr, nginggil mawi têpikur renda, sêtorên ban ugi renda, cêplok warni topong karajan saha [sa...]

--- 160 ---

[...ha] pari sawuli, mawi aksara P. B. dipun dhasari cêmêng, inggil 4 sènti mètêr, wiyar 3 ½ sènti mètêr, agêm priyagung bupati anom.

3. Pètcis cêmêng pasêmèn renda, wiyar 3 ½ sènti mètêr, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan pari sawuli, têngah kapasangan aksara P.B. saking salaka dipun dhasari cêmêng, panganggènipun panèwu.

4. Pètcis cêmêng, pasêmèn renda, wiyar 3 sènti mètêr, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan pari sawuli, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan pari sawuli, têngah cêplok aksara P. B. saking slaka, dipun dhasari cêmêng, panganggènipun mantri.

5. Pètcis cêmêng pasêmèn renda wiyar 2 sènti mètêr, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan pari sawuli, têngah cêplok aksara P. B. slaka, dipun dhasari cêmêng, panganggènipun lurah.

6. Pèt cêmêng pasêmèn renda, wiyar 1 sènti mètêr, sêtorên ban wacucal cêmêng, cêplok topong karajan saha pari sawuli, têngah mawi cêplok aksara [a...]

--- 161 ---

[...ksara] P. B. slaka, dipun dhasari cêmêng, panganggènipun bêkêl.

7. Pètcis cêmêng, botên mawi pasêmèn, sêtorên ban wacucal cêmêng, mawi cêplok topong karajan saha pari sawuli, têngah cêplok aksara P. B. slaka, dipun dhasari cêmêng, panganggènipun jajar.

Mênggah pasêmèn, plisiripun kêlèp, kur renda ing nginggil saha sêtorên banipun sadaya wau, warninipun miturut bordiring rasukanipun piyambak-piyambak, ingkang blodiripun jêne byur, pasêmèn sapanunggilanipun wau, jêne byur, ingkang balodiripun pêthak byur, pasêmèn sapanunggilanipun wau, pêthak byur, ingkang balodiripun silihasih, pasêmènipun ugi silihasih, amung plisiring kêlèp kur renda nginggil saha sêtor banipun sami jêne.

Topi Pètcis Pêthak.

Pètcis pêthak, ban pita cêmêng, wiyar 3 sèntimètêr, kêlèp mawi plisir renda jêne, sêtorên ban ugi renda jêne, pangagêmanipun priyagung bupati, wondene tumrap pangagêmanipun priyagung bupati anom [ano...]

--- 162 ---

[...m] saha panganggènipun panèwu mantri sêtorên banipun renda pêthak, sami mawi cêplok dhapur topong karajan pari sawuli, têngah mawi aksara P.B. kados ingkang tumrap topi pètcis cêmêng, agêm bupati, bupati anom sami saking êmas byur, panèwu mantri sarta lurah bêkêl jajar pêthak byur, tumrap golongan pulisi cêplokipun kadamêl saking bordir gim (renda).

Bab Rasukan.

Rasukan sikêpan agêng, punika kagêm adat tatacara ing nagari dalêm ing Surakarta, cacah 4 warni, kados ing ngandhap punika:

1. Rasukan sikêpan agêng bludru cêmêng, wungu saha biru, sapanunggilanipun, rangkêpan (bacingah) ipun kêsting sutra cêmêng, agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, saha agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

Rasukan sikêpan agêng lakên utawi bludru cêmêng sapanunggilanipun, rangkêpan (bacingah) cêmêng, ugi dados agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm.

--- 163 ---

Rasukan sikêpan agêng lakên cêmêng, rangkêpan (bacingah) kêsting sutra jêne, dados agêm pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati, bupati anom.

Rasukan sikêpan agêng lakên cêmêng, rangkêpan (bacingah) kêsting sutra biru, dados panganggènipun panèwu, manawi mantri rangkêpanipun wungu, lurah: abrit, jajar pêthak (mori).

2. Rasukan sikêpan agêng, cêmêng, mawi bordir, dados agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati, bupati anom, panèwu mantri. Tumrapipun abdi dalêm, ordhênas, rangkêpanipun rasukan, kêsting sutra jêne.

3. Rasukan sikêpan agêng lakên abrit, mawi bordir, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri kaparak, saha nandhon, manawi lugas panganggèn lurah, saha jajar.

4. Rasukan sikêpan agêng lakên ijêm, mawi bordir, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri, manawi lugas, panganggèn lurah bêkêl, [bêkê...]

--- 164 ---

[...l,] saha jajar sami ing kadipatèdkadipatèn. anom. Dene rangkêpanipun (bacingah) sami kêsting jêne.

Rasukan sikêpan agêng panganggènipun abdi dalêm wau, sami mawi bênik cacah 9 iji, mawi ciri aksara: P.B. saking jêne (êmas), salaka, utawi silihasih, miturut wawênangipun ngangge piyambak-piyambak, awêwaton warnining bordiripun, angestokakên dhawuh nagari. Tuwin mawi ngagêm utawi ngangge rasukan rangkêpan (kêmejan).

Rasukan sikêpan cêkak, bludru tuwin sanès-sanèsipun dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata. Punapa dene taksih wontên agêm dalêm rasukan, sakèt, atelah, saha sanès-sanèsipun, kalêbêt agêm dalêm cara Walandi sapanunggilanipun, kaagêm miturut prêlunipun kaparênging karsa dalêm.

Rasukan sikêpan cêkak saking bludru utawi lakên cêmêng sasaminipun, lugas saha bordiran, dados agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, saha taksih wontên pangagêmanipun malih, rasukan sanès-sanèsipun [sa...]

--- 165 ---

[...nès-sanèsipun] kalêbêt rasukan cara Walandi, pangagêmipun bilih wontên dhawuh kaparênging karsa dalêm, utawi manawi sajawining wajib, namung saprayoginipun.

Rasukan, atelah, cêmêng pêthak, utawi ijêm, dados agêmipun abdi dalêm bupati, tuwin mawi kawajibakên kagungan rasukan, langênarjan, sakèt, saha sanès-sanèsipun, cêmêng utawi pêthak, kalêbêt pangagêman cara Walandi mligi pêthak, pangagêmipun bilih wontên dhawuh kaparênging karsa dalêm, utawi manawi sajawining dhawuh dalêm, amung saprayoginipun.

Rasukan, atelah cêmêng pêthak utawi ijêm, dados agêmipun abdi dalêm bupati anom, tuwin taksih kawajibakên kagungan rasukan, langênarjan, sakèt, saha sanès-sanèsipun, pangagêmipun bilih wontên dhawuh kaparênging karsa dalêm, utawi manawi sajawining dhawuh, amung saprayoginipun.

Rasukan, atelah cêmêng utawi pêthak, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu, mantri, saha lurah, manawi jajar rasukanipun cêmêng, amung bilih sajawining wajib, kenging sami ngangge rasukan atelah ijêm tuwin saprayoginipun.

--- 166 ---

Bab Kampuh (Dodot).

Kampuh (dodot) dêdongenganipun para sêpuh, pangagêman baku tatanan praja Jawi, wiwit kala jaman kina, tumrapipun ing nagari dalêm Surakarta, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, saha kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati bupati anom, tuwin dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri, sapangandhap dumugi jajar.

Mênggah kawontênanipun kampuh (dodot) pratelanipun kados ing ngandhap punika:

1. Kampuh mawi blênggèn, sêratan, (bathik) ing têngah mawi blumbangan pêthak sapanunggilanipun, utawi blumbanganipun têbokan sutra, cindhe, plangi, utawi sanès-sanèsipun, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata saha kangjêng pangeran putra dalêm, pêpatih dalêm, bilih dintên agêng.

2. Kampuh mawi blênggèn, sêratan (bathik) latarpêthak lar agêng (gêsang) dados agêmipun priyagung bupati, bupati anom, sasaminipun.

--- 167 ---

3. Kampuh mawi blênggèn, sêratan (bathik) rèjèng latarpêthak, dados agêmipun priyagung mayor sapanunggilanipun, saha priyagung bupati anèm gawe gandhèk.

4. Dodot botên mawi blênggèn, sêratan (bathik) sêmèn latarcêmêng, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap dumugi jajar.

5. Dodot sêratan (bathik) padhas gêmpal mawi modang, dados panganggènipun abdi dalêm mantri saragêni saha lurah, jajar dodotipun botên mawi modang.

6. Dodot sêratan (bathik) modang ompak sidamukti, mawi kêmadha, dados panganggènipun abdi dalêm mantri sangkraknyana, jajar dodotipun botên mawi kêmadha.

7. Dodot sêratan (bathik) kumitir, ompak sidaluhur latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm mantri kanoman, saha lurah, jajar dodotipun botên mawi kêmadha.

8. Dodot lurik pêrkutut manggung, dados panganggènipun abdi dalêm priyataka.

--- 168 ---

9. Dodot sêratan (bathik) pêndêlêgan, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri, saha lurah ordhênas.

10. Dodot sêratan (bathik) tambal, dados panganggènipun abdi dalêm carik, golongan ing sanawilapa.

11. Dodot kurasi, dados panganggènipun abdi dalêm, gajahmati.

12. Dodot sêratan (bathik) rèjèng, dados panganggènipun abdi dalêm, panèwu mantri gandhèk sapangandhap.

13. Dodot sêratan (bathik) jambêlang latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri kadipatèn anom, sapangandhap dumugi jajar.

14. Dodot sêratan (bathik) ayam pugêr latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm golongan yogaswara, saha juru suranata.

15. Dodot sêratan (bathik) slobog latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm niyaga, manawi dintên agêng abdi dalêm kridhastama [kridhasta...]

--- 169 ---

[...ma] (badhut) dodotipun sindur.

16. Dodot sêratan (bathik) wora-wari rumpuk latarpêthak, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri (wadana, saha asistèn wadana) pangrèh praja, sapangandhap.

Kampuh (dodot) punika sinjang 2 iji, panjang sami, 4 kacu, kadamêl saking montên (mori) kasêrat (kabathik) punapa ingkang dipun pikajêngakên, wiwit ngengrengan, têrusan, nembok, mêdêl, lajêng ngumbah (girah) bironi, nyoga, blorot, rampung nama babaran sinjang. Ingkang panjang 4 kacu, nama dodot, salirang (sampun kenging kangge dodotan èstri) bilih sampun kagandhèng kalih dados satunggal, nama kampuh (dodot) satangkêp, lajêng kenging kangge dodotan kakung, utawi èstri.

Mênggah panjang cêlaking kampuh wontên tigang warni: 1. salirang, 4 kacu, satangkêpipun 8 kacu. 2. salirang, 3 7/43 1/4. kacu, satangkêpipun 7 ½ kacu. 3. salirang, 3 ½ kacu, satangkêpipun 7 kacu, wontên ugi kampuh ing têngahipun kadekekan jêjêlan, panjang saha warni sami kalihan kampuhipun, wiyar ¼, 1/3,

--- 170 ---

utawi sapalihipun wiyaring kampuh salirang. Wontênipun makatên, amung kangge nyèplêsakên ukuran agêng aliting pasariranipun ingkang ngagêm.

Kampuh (dodot) wontên ingkang lugas, wontên ingkang blênggèn, manawi kaagêm priyagung luhur, kasêbut: basahan. Wujudipun basahan utawi kampuhan, wontên pêperanganipun nama piyambak-piyambak, kados ta:

1. Pidakan, pojoking kampuh ingkang kering ngajêngan, perangan ngandhap, amung agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata botên mawi pidakan, kêpuh tundha tiga (cêkak) nama karêm kandhêm.

2. Cincingan, sèrèting kampuh wingking kapara nêngên, perangan ngandhap.

3. Samparan, sèrèt kampuh kering kapara ngajêng perangan ngandhap, wiron sangking cêthik.

4. Pêngasih pojoking kampuh sisihanipun pidakan (perangan ngandhap) manggèn salêbêting kêpuh.

5. Kêpuh, wiron ngajêng mangandhap dumugi ngandhaping jêngku (nglêbêt karangkêpan kampuh uruting pêngasih wau).

6. Gandhik, punika pinggiraning kêpuh ingkang kanan mangandhap [ma...]

--- 171 ---

[...ngandhap] ngèncèng (têrusanipun pidakan).

7. Sasaban, ing cêthikan mangandhap.

8. Kunca, pojoking kampuh perangan nginggil, wingking lêrês, (iring kiwa mawi blênggèn), kunca punika warni sakawan I. Umbaran, II. Sampir malêbêt (katêkuk manêngên lajêng minggah sumampir wangkingan saking têngên mangiwa ngalèwèr mangandhap wontên ing wingking), III. Sampir mêdal, katêkuk manêngên minggah sumampir wangkingan saking kiwa manêngên, ngalèwèr mangandhap wontên wingking radi nêngên, IV. Bêkuk kunca (wontên ugi ingkang mastani kêpuh) tumrap priyagung bupati sapangandhap.

9. Paningsêtan, dados tutuping èpèk saha sabuk ukup.

10. Tangsul pêsikon (wêdhung) manggèn sanginggil cêthik kering, punika pojoking kampuh sisihanipun pucuking kunca.

11. Dlimas, tutup padharan sangandhaping prêmbayun, ing ngandhap lambaran paningsêtan.

12. Mudal, dudutaning cincingan ing pêngkêran, mingip sanginggil paningsêtan, dados atêr pangagêm [pangagê...]

--- 172 ---

[...m] wangkingan (dhuwung).

Basahan, utawi kampuhan (dodotan) punika wontên tata ngadatipun ingkang dados kasusilan, baku paugêranipun: cincingan wingking, lajêng kapratelakakên ing ngandhap punika:

Cincingan.

1. Agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, dumugi sanginggilipun têngahing wêntis, panjang watawis 20 sènti.

2. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, mangandhap sakêdhik kintên-kintên, panjang 22 sènti.

3. Agêm kangjêng pangeran putra dalêm, dumugi têngahipun wêntis panjangipun watawis 24 sènti.

4. Agêm kangjêng pangeran santana, mangandhap sakêdhik, kintên-kintên panjang 26 sènti.

5. Agêm santana dalêm arya, mangandhap sakêdhik, panjangipun watawis 28 sènti.

6. Agêm pêpatih dalêm, dumugi têngahing wêntis, panjang watawis 24 sènti.

7. Agêm priyagung bupati, dumugi sanginggiling jêngku, panjangipun watawis 37 sènti.

--- 173 ---

8. Agêm priyagung bupati anom, dumugi lêrêsing jêngku, panjangipun watawis 40 sènti.

9. Anggèn panèwu mantri, dumugi ngandhap dhêngkul sakêdhik, panjang watawis 43 sènti.

10. Anggèn rôngga, dêmang, dumugi ngandhap dhêngkul, panjang watawis 46 sènti.

11. Anggèn lurah, dumugi têngahing kempol, panjang watawis 49 sènti.

12. Anggèn abdi dalêm jajar, dumugi ngandhapipun têngahing kempol, panjang watawis 52 sènti.

Wondene kampuhan punika, kêdah mawi pirantos ingkang baku 3 warni. 1. Tangsul lawe tamparan utawi sêtut, prêlu kaangge nangsuli panatanipun pambêkuking kunca, 2. Ukup, wangunipun kados bara cacah kêkalih wiyar sami kalihan èpèk, panjang watawis 26 sènti. Pamasangipun wontên wingking tumumpang kunca, kapara kanan sakêdhik, ukup wau karan sabuk ukup, amargi gandhèng kalihan sabuk ingkang wiyaripun ugi namung saêpèk, kangge nyabukakên ing padharan. 3. Timang utawi cathokan, sami saèpèkipun, kangge nimangi sabuking ukup wau, sami tumumpang ing paningsêtan kampuh. [ka...]

--- 174 ---

[...mpuh.] Tuwin lajêng katutup pinggiraning paningsêtan kampuh, ananging kajawi pirantos tigang warni wau, wontên ugi ingkang kaparêng ngagêm utawi ngangge sêtagèn, katumrapakên ing nglêbêt, makatên wau gumantung kaparêngipun piyambak-pyambak.

Bab Calana.

Calana punika saruwal panjang dumugi polok (bangsaning lancingan (kathok) ingkang kadamêl cindhe sêkar, sutra, dringin mawi bênang mas, saha sanès-sanèsipun, sami gubêg, dados pirantos pangagêman dalêm nata bilih basahan, tuwin agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati, saha bupati anom ingkang sêsêbutan arya, sasaminipun, ugi kenging clana gubêg (botên mawi sorot) manawi bupati anom ingkang botên sêsêbutan arya, manawi kampuhan, pangagêmanipun calana cindhe mawi sorot, kajawi abdi dalêm bupati anom gandhèk, sampun kakengingakên ngagêm calana cindhe macan (gubêg), amung abdi dalêm bupati ordhênas saha abdi dalêm mayor tuwin bupati anom ing kadipatèn anom, golongan [go...]

--- 175 ---

[...longan] lêbêt manawi kampuhan, pangagêmanipun saruwal (lancingan) panji-panji. Wondene calana lakên abrit, cêmêng, ijêm, dados panganggènipun abdi dalêm panèwu mantri saha lurah, miturut wêwênanging pangkat panganggènipun piyambak-piyambak.

Calana mori, cêmêng, pêthak utawi abrit, dados panganggènipun abdi dalêm jajar, miturut wêwênanging pangkat panganggènipun piyambak-piyambak.

Bab Sabuk Ukup.

Sabuk ukup punika praboting pangagêman kampuhan, ingkang kadamêl moga sutra, utawi cindhe, saha sanès-sanèsipun, awujud kados èpèk, têngah mawi kaloncèr, panjang 120 sènti, wiyar 5 ½ dim, sami kalihan sabukipun cacah 2 iji, gubêg utawi mawi sorot.

Sabuk ukup gubêg, kaloncèr 3 iji, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, kaloncèr (ukup) ingkang 2 tumrap wontên ing têngah kunca pêngkêran (kalêrês bocong) koncèr ingkang 1 tumrap wontên ing ngajêng lêrês, tumumpang ing karêm kandhêm (kêpuh).

--- 176 ---

Sabuk ukup, ugi gubêg, kaloncèr 2, dados pangagêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, kapasang ing kunca kalêrês bocong.

Sabuk ukup, cêmêng gubêg, dados pangagêmanipun abdi dalêm bupati bupati anom ingkang sêsêbutan arya, sasaminipun, pamasangipun ugi wontên têngahing kunca radi ngèncèng nganan sakêdhik.

Sabuk ukup, warni wungu noja, sasaminipun, mawi sorot renda. Dados pangagêmanipun abdi dalêm bupati anom.

Sabuk ukup, biru mawi sorot, panganggènipun abdi dalêm panèwu.

Sabuk ukup, wungu gêndholak, mawi sorot, dados panganggènipun abdi dalêm mantri.

Sabuk ukup, warni abrit, mawi sorot, dados panganggènipun abdi dalêm lurah.

Bab Èpèk saha Timang.

Èpèk punika gandhèng kalihan timang, wiyaring èpèk watawis 5 ½ dim, panjang 1: 202. mètêr utawi amung miturut agêng aliting pasariranipun ingkang ngagêm, [nga...]

--- 177 ---

[...gêm,] utawi ingkang ngangge, dados pikêkah saha kêncênging paningsêtanipun kampuhan utawi nyampingan, wujudipun èpèk awarni-warni: cêmêng, abrit, ijêm, saha sanès-sanèsipun. Ingkang kadamêl wontên anaman rambut, utawi pita, bênang saye, bludru utawi wacucal tuwin sanès-sanèsipun, wontên ingkang dipun burdir ing bênang mas, wontên ingkang dipun sulam ing songa sutra utawi bênang saye, wondene timang wontên ingkang saking jêne (êmas) salaka, simping, tosan saha sanès-sanèsipun, wontên ingkang kapasangan sêsotya, mênggah wanguning timang, ulan-ulan, gandhosan, biku-biku, saha sinom tuwin sanès-sanèsipun, dados pangagêman utawi panganggèn tumrap bôngsa Jawi. Wontên ugi sasaminipun timang, inggih punika nama saha wujud cathokan, dhapur pasagèn ing têngah radi balêndhuk, pojok sakawan mawi kapingul utawi namung buwêng, bêbadhèn saking simping, dipun wêngkoni jêne suwasa utawi slaka, wontên ingkang blêg jêne sadaya, utawi salaka tuwin sanès-sanèsipun, ing têngah wontên ingkang kacêplok mawi sêsotya, cathokan punika ugi asring dados [da...]

--- 178 ---

[...dos] pangagêmanipun priyagung luhur Jawi, agêmipun tatacara praja ing Surakarta timang saha cathokan tuwin èpèk wau, kados ing ngandhap punika:

1. Èpèk ingkang kaburdir, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, timang utawi cathokan saha èpèk sadaya wau, ingkang kaagêm, amung sakaparênging karsa dalêm.

2. Èpèk ugi kabordir dados, agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm. Bilih nglêrêsi pasamuwan utawi mangagêm prajuritan,§ (1) prajuritanipun priyagung luhur ingkang mangagêm nyampingan, punika warni tiga: I. Prajuritan agêng pangagêman, songkokan, rasukan sikêpan cêkak bordir, ing ngandhap katumpangan paningsêt cindhe mawi bara borliyun, èpèk saha èblèk anggar sami bordira. anglêrêsi pajang pasisiran,

--- 179 ---

(jendralan) sasaminipun, wondene timang saprayoginipun.

3. Èpèk mawi balodir, dados agêmipun abdi dalêm bupati, bupati anom, bilih wontên pasamuwan.

4. Èpèk baludru cêmêng utawi sanès-sanèsipun, dados agêmipun abdi dalêm bupati bupati anom, panèwu mantri, saha lurah, dumugi jajar, manawi kapacak lampah, ing nagari gadhingan, pajangan saha pasisiran, ingkang mangagêm utawi mangangge prajuritan§ (1) prajuritanipun priyagung bupati saha bupati anom, mangagêm nyampingan mawi cincingan, paningsêt cindhe bara renda burliyun, saha tangsul bandhang, rasukan atela cêmêng, dhêstharan ngagêm topi pècis, wangkingan ladrang saha anganggar wangkingan gayam. utawi klanthungan§ (2) klanthungan pangagêmanipun priyagung bupati bupati anom, nyampingan tanpa cincingan, paningsêt sapriyoginipun, rasukan atelah pêthak utawi ijêm, dhêstharan, topi pècis pêthak utawi topi kayangan (prop), wangkingan rôngka gayaman, nyangkêlit pasikon. [klanthung...]

--- 180 ---

[...an] sadaya wau timang kenging saprayoginipun.

5. Èpèk wacucal cêmêng (prakêntin) saha cathokan, agêmipun abdi dalêm mayor sapangandhap, golongan prajurit.

Bab Wangkingan (Dhuwung).

Pratelan ringkês bab dhuwung kados ing ngandhap punika:

Dhuwung, punika dêdamêl tosan (wêsi), waos (waja) saha pamor, golongan pêlikan. Ingkang andamêl pandhe (êmpu), badaning dhuwung kawastanan wilahan, wontên ingkang êluk, wontên ingkang lêrês. Ing pucuk lincip, ing bongkot mawi têbokan nama: gônja utawi gônja iras, têngahing gônja kapara ngajêngan utawi têngah lêrês mawi adêg-adêg alit [ali...]

--- 181 ---

[...t] têrusan saking dhuwung, nama pêsi, prêlu kangge pirantos anggarani (pasang ukiran). Pamasanging ukiran mawi kadekekan lambaran anama: mêndhak, ingkang kadamêl jêne (mas), salaka utawi sanès-sanèsipun, manggèn mèpèt ing gônja. Sanginggiling mêndhak wontên ingkang dipun pasangi sêlut ugi jêne utawi salaka, saha wontên ingkang sami kapasangan sêsotya. Wilahing dhuwung mawi wadhah kajêng candhana, trêmbalo utawi timaha, tuwin kajêng sanès-sanèsipun. Wangun saha nama gayaman, tuwin nama ladrang, mawi garan nama: gandar, kapasangan pêndhok, jêne (mas), suwasa, salaka saha sanès-sanèsipun.

Dhuwung warôngka ladrang saha gayaman, punika panganggèn ingkang sampun kêlimrah kangge bôngsa Jawi, tumrapipun ing karaton dalêm Surakarta, kagêmipun tatacara praja, dados agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata saha agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, tuwin pêpatih dalêm, punapa dene abdi dalêm bupati, bupati anom, utawi dados panganggènipun abdi dalêm panèwu, mantri, lurah sapangandhap.

Ingkang warôngka ladrang, kaagêm utawi kangge sangkêlitan, manggèn ing pêngkêran, makatên ugi ingkang warôngka [wa...]

--- 182 ---

[...rôngka] gayaman. Amung manawi mangagêm utawi mangangge prajuritan, dipun rangkêp, ladrangipun kasangkêlit, gayamanipun dipun anggar, manggèn ing cêthakcêthik. kering mawi cangklong kolongan (èblèk anggar), kapasang gumandhul gandhèng kalihan epeking timangan.

Manawi prajuritan alit (klanthungan), tumrap priyagung bupati bupati anom, wangkingan ingkang dipun wangking (sangkêlit) kenging gayaman, anggaripun kalintonan pasikon (wêdhung), tumrapipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap, klanthunganipun, kêdah mangangge sangkêlitan dhuwung ladrang, anggaripun ugi linintu wêdhung.

Manawi dintên agêng sasaminipun, sadaya abdi dalêm ingkang sami sowan, mangagêm kampuhan utawi bêbêdan, sami katamtokakên mangagêm utawi mangangge dhuwung warôngka ladrang, kajawi abdi dalêm prajurit ingkang namung kawênangakên ngangge dhuwung warôngka gayaman. Wondene abdi dalêm ingkang botên anglêrêsi nglampahi wajib, kenging saprayoginipun.

Mênggah dhuwung punika wau, kalimrahipun anggènipun mastani warni 3: kêris, dhuwung saha wangkingan.

Wangkingan agêm dalêm ing panjênêngan dalêm nata, saha

--- 183 ---

kangjêng pangeran putra santana dalêm, wontên ingkang mawi widhêng, widhêng punika manggènipun wiwit ing bongkot gandar ngajêng saha wingking warni cêrêkan lung uwi malunthêr wontên janggut tuwin badaning warôngka. Kangjêng pangeran putra santana dalêm, punika kenging ngagêm wangkingan pêndhok slorok mawi topengan, kapasang sêsotya, utawi pêndhok kêmalon abrit, wondene manawi abdi dalêm sapangandhap, ingkang dede santana dalêm, botên kenging ngangge pêndhok slorok mawi sêsotya, utawi pêndhok kêmalon abrit wau.

Bab Pasikon (Wêdhung).

Wêdhung, punika bangsaning dêdamêl (gêgaman), dongèngipun para sêpuh, ingkang kadamêl tosan (wêsi) pêthak, kalihan waja, tuwin wontên ingkang mawi pamor, ingkang andamêl pandhe, utawi êmpu, warninipun sairip kados dene klewang, pucukipun lincip ing ngandhap nginggil ramping landhêp, badanipun sasisih têmpak sasisih landhêp, ingkang landhêp têngah ambalêndhuk ngampat lajêng saya ramping, dumugi bongkot mindhak wiyar sakêdhik, panjangipun kirang langkung 27 dim, wiyar 4 dim, kandêl ½ dim,

--- 184 ---

ing bongkot wontên ingkang mawi gônja, utawi gônja wau radi kapara nginggil mawi karah iras, ugi wontên ingkang karah jêne (êmas), salaka, kangge ngarahi garanipun, kajêng, tayuman, candhana, utawi kumuning, wujud nêstha gangsal radi gilig, panjang watawis 6 dim, nama jêjêran, badaning wêdhung mawi warôngka kajêng candhana, trêmbalo, utawi sanès-sanèsipun, wangun anglading, ing tepongan jawi mawi cêplok keyongan kudhup turèn mas, utawi suwasa, wontên ingkang lugas. Ing sisih nglêbêt kadekekan singat (sungu) banthèng, lêmbu utawi maesa ing bongkot kapêtha sirah sawêr utawi bulus, ing jôngga kawangun sigar pênjalin, agêngipun watawis sajêmpol, saya tipis tuwin mindhak wiyar ngantos dumugi pucuk, wangun kados kèpèting ulam kutuk, wiyaripun watawis 5 dim, panjangipun anglangkungi rangkanipun, watawis 4 ½ dim, ing bongkot sacêlaking sirah mawi cawang, dhatêng ngajêng saha wingking, panjang watawis 13 dim, prêlu kangge nèmplèkakên dhatêng warôngka wêdhung manggèn sisih kanan, nama: sangkêlitan, mawi dipun tangsuli jangêt (iratan sungu)(tali lulang). utawi êmas, salaka, suwasa, utawi pênjalin.

--- 185 ---

Wêdhung punika dêdamêl, andhungan, piguna saha êmpanipun kados dene bêndho (arit) dipun praboti ingkang wujud saha wangunipun dados sae, botên saru kaagêm priyagung luhur, tuwin abdi dalêm ingkang mangagêm kampuhan utawi nyampingan, wontênipun ing nagari, manawi agêm priyagung wêdhung punika kêsêbut: pasikon (kêlimrah kangge têmbung krama), bokmanawi kabêkta saking pangagêmipun manggèn sipat sikut kering wontên paningsêtaning kampuhan utawi èpèk kalêrês cêthik ugi ing kering punika. Lêrês lêpatipun kasumanggakakên para nawung kridha.

Pasikon (wêdhung) tundha-tundhanipun wontên warni 3:

I. Pasikon ingkang suhipun 3 mawi keyongan (kudhup turèn) dados agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom, manawi mangagêm basahan, tuwin kenging ngagêm pasikon mawi pamor.

II. Pasikon ingkang suhipun 4 mawi keyongan (kudhup turèn) dados agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm, pêpatih dalêm, abdi dalêm bupati saha bupati anom.

III. Wêdhung lugas tanpa cêplok, suh 4 dados panganggènipun [pangang...]

--- 186 ---

[...gènipun] abdi dalêm panèwu, mantri sapangandhap, tosaning wêdhung kêdah tanpa pamor.

Pangagêm utawi panganggènipun pasikon (wêdhung) manawi mangagêm basahan, tumrapipun abdi dalêm ugi manawi kampuhan, sanajan namung bêbêdan (prajuritan kêlanthungan) utawi minggah ing kagungan dalêm sitinggil, malêbêt ing sri manganti, makatên malih ing karaton, kêdah wêdhungan, kajawi abdi dalêm priyantaka bilih sowan Kêmis sasaminipun, anglêrêsi miyosakên upacara kaprabon dalêm (botên mawi wêdhung) tuwin abdi dalêm ingkang kawajibakên nganggar dhuwung (prajuritan) saha ingkang kawajibakên nyangkêlit sabêt, inggih namung mangangge punapa têmtunipun. Makatên ugi panganggèn wêdhung punika, sanajan wontên ing jawi kados ta: ing sasana sumewa (anglêrêsi miyos dalêm tinangkil) utawi wontên ing pasanggrahan dalêm, layat dhumatêng dalêmipun priyagung luhur utawi sowan jagong, ingkang karawuhan ing panjênêngan dalêm nata, para abdi dalêm ingkang sowan layat utawi jagong wau, kêdah mangangge wêdhung.

Punapadene wêdhungipun abdi dalêm punika manawi minggah [ming...]

--- 187 ---

[...gah] ing sitinggil, utawi langkung ing kagungan dalêm kori brajanala, ing kamandhungan, makatên malih ing sri manganti saha karaton, botên kenging kabêkta ing rencang, utawi kaangge ingkang dede wajibipun ngangge.

Lante (lampit) kangge lênggah manawi sowan.

Lante punika bêbadhenipun saking panjalin cacing, kaongot utawi sigaran, dipun ronce waradin saha alus, wiyaripun kirang langkung 120 dim, panjang 175 dim, kawangun corak limaran utawi mênyan kobar, wontên ingkang silihasih (cêmêng sêling pêthak) dados palênggahanipun abdi dalêm, bilih sowan ing sasana sumewa. Amung manawi panjênêngan dalêm nata miyos tinangkil, wontên ing bangsal pangrawit, sadaya abdi dalêm botên kenging lênggah lante (lampit), makatên ugi manawi wontên ing sitinggil, ing sri manganti saha ing lêbêt karaton, bobênbotên. kenging lênggah lante (lampit) sanajan lampit wau namung kabêkta ing rencang, ugi botên kenging, amung lante upacara agêm ing kadipatèn anom, ingkang kenging malêbêt, ananging mawi [ma...]

--- 188 ---

[...wi] dipun urungi, wondene lante, kawontênanipun kados ing ngandhap punika.

1. Lante corak limar, upacara agêmipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

2. Lante ugi corak limar, upacara agêmipun kangjêng pangeran putra santana dalêm.

3. Lante corak limar, dados upacara palênggahanipun pêpatih dalêm.

4. Lante (lampit) corak mênyan kobar, dados upacara palênggahanipun abdi dalêm bupati, bupati anom.

5. Lampit panjalin, silihasih, cêmêng 2 êlêr (panjalin), cêmêng pêthak gangsal êlêr panjalin, dados anggèn palênggahanipun abdi dalêm panèwu.

6. Lampit panjalin ugi silihasih, cêmêng 2 êlêr, pêthak 3 êlêr (panjalin) dados anggèn palênggahanipun abdi dalêm mantri.

Wondene abdi dalêm lurah sapangandhap dumugi jajar, sami dèrèng kawênangakên lênggah lampit.

--- 189 ---

Payung = Songsong.

Mênggah babadipun payung (songsong K.I.) punika sakalangkung kina. Gambaripun sampun kacêtha wontên ing gambar ukir ing badaning (awak-awakaning) candhi, nitik wujudipun adhapur godhong wiyar, awarni godhong talês. Payung-payung ing gambar ukir wau payung tandhaning kaluhuran.

Kawontênaning payung ing sapunika, wontên warni kalih, payung ingkang kaangge sadhengah, kalihan payung tandhaning kaluhuran.

Payung tandhaning kaluhuran punika tumrap ing Surakarta warni tiga:

Ha. Payung limrah ingkang kaangge, kenging kaingkupakên sarta kaêgarakên, punika dados agêmipun panjênêngan dalêm nata, para luhur, priyagung, saha abdi dalêm dumugi ingkang pangkat lurah sarta anakipun abdi dalêm panèwu mantri. Payonipun kaprada sarta kaêcèt awarni-warni, ingkang dados tandhaning kaluhuran.

Na. Payung sungsun, kados Ha, sungsun tiga. Punika gotèkipun wontênipun payung sungsun punika [puni...]

--- 190 ---

[...ka] dados pangandika minôngka punaginipun salah satunggalipun panjênêngan dalêm nata, manawi mêningi supitipun putra dalêm ingkang ginadhang sumilih kêprabon, sang raja putra badhe kasongsongan songsong sungsun. Mênggah yêktining gotèk wau kasumanggakakên para maos, amargi kawarti ing Bali ugi wontên payung sungsun wau.

Ca. Payung Bawat, payonipun ing nginggil ingkang kadamêl godhong tal, sapunika namung dados kaprabon tuwin upacara kemawon. Ingkang kinanipun gotèk kangge payungan samôngsa wontên kaparêng dalêm ngrampog sima. Payung bawat wau dados upacara kaprabon dalêm, kadipatèn, kapatihan, sarta para bupati gawe.§ bupati gawe punika 8 inggih punika: Ha. Golongan têngên lêbêt kaparak kiwa, kaparak têngên, gêdhong kiwa, gêdhong têngên. Na. Golongan jawi, panumping, bumi agêng K (gêdhe N) sèwu.

Ra. Payung Agung, kenging kaêgar saha kaingkupakên, tritisipun anglèmbrèh, ingkang kadamêl bôngsa sêmbêt, kapulas sarta mawi tundha-tundha,

--- 191 ---

kasukanan gambaran guntingan grènjèng awujud buron wana. Payung agung punika dados upacara kaprabon dalêm, kadipatèn, pangeran, pêpatih dalêm sarta bupati jawi lêbêt saanon-anonipun tuwin kolonèl komandhaning prajurit dalêm. Wontên ing cêcriyosan, botên wontên ingkang nyriyosakên kanggènipun malih songsong agung punika, kajawi namung dados upacara.

Payung Limrah.

Payung limrah punika sarandunipun:

1: Dhandhan, wontên ingkang mawi sopal, tunjung, sawênèh karah.

2: Usuk.

3: Bungkul.

4: Ruji, usuk, sanggan, wontên sulamanipun bênang.

5: Bungkul sanggan.

6: Payon.

7: Tritis.

8: Sindik.

--- 192 ---

9: Guna.

10: Kênur.

11: Sêkarwaru.

12: Mênur.

1. Dhandhan.

Dhandhan punika minôngka garaning payung, ingkang kadamêl kajêng utawi dêling sarta kaêcèt, dhandhan punika warni gangsal.

1. Dhasaripun cèt cêmêng, lung kêncana praosan, mawi sopal sarta tunjung, punika agêm dalêm, para putra, tuwin pêpatih dalêm.

2. Dhasaripun cèt cêmêng, kagambar lung pakis mawi cèt jêne, srunènipun abrit, mawi sopal sarta tunjung, dhandhan songsongipun, pangeran kolonèl, pangeran santana, Radèn Ayu Sêdhahmirah sarta para priyantun dalêm.

3. Kados ôngka 2, kaot tanpa tunjung, dhandhan songsongipun santana dalêm.

4. Kados ôngka 2, kaot dhasaripun ijêm, tanpa sopal sarta tunjung, namung kalintonan [kalintona...]

--- 193 ---

[...n] karah, dhandhan songsongipun, bupati, bupati anom, mayor, kaptin upsi.upsir.

5. Ijêm byur, tanpa karah dhandhan payungipun abdi dalêm panèwu mantri sapangandhap.

2. Usuk.

Usukipun punika ingkang kadamêl kalimrahanipun dêling apus kairat miring, pucukipun kiwa têngên sarta têngah kabolong prêlu dipun surupi bênang, pucukipun ingkang sasisih kalêbêtakên ing bungkul, kaganthèt mawi pluntur rambut mamrih awètipun, dening rambut punika wulêd, makatên malih gandhèngipun usuk kalihan usuk sanggan, sarta manjingipun ruji sangggan dhatêng bungkul sanggan, ugi mawi pluntur rambut, amargi kalih ênggèn punika dunungipun tangsul ingkang nyanggi bot, bênang ingkang anggandhèng usuk kalihan usuk sanèsipun, saengga êrèngipun punika lawe kemawon, pluntur ing pungkasaning tritis nama trêntên.

3. Usuk Sanggan.

Usuk sanggan punika upami balungan griya bahu dhanyangipun (trêbil) ingkang kadamêl dêling kados dene usuk, [u...]

--- 194 ---

[...suk,] pucukipun ingkang sasisih manjing ing bungkul sanggan, ingkang sasisih manjing ing usuk, nyôngga usuk watawis kalih pragangsalipun bagean ing nginggil, sampun kapratelakakên ing nginggil, tangsulipun ingkang ngatut mawi pluntur rambut.

Payon ingkang lêbêt kalihan pragangsal lan bagean ing sisih nginggil punika botên kenging kaêcèt utawi kapraos, amargi anggèning mayoni punika sasampuning rampung pangruktining usuk utawi ruji, awit saking punika lajêng dipun aling-alingi sulaman bênang sônga utawi lawe môncawarni, wontên ing saubêngipun ruji sanggan, ngrapêti sêla-sêlaning ruji sanggan wau, songkokipun wontên sakawan, lajêng kadamêl tundha gangsal.

1. Ing ngandhap piyambak nama: srempangan.

2. Ing nginggilipun nama: bogêman.

3. Nginggilipun malih nama: kêmanggan, punika rujinipun dipun katingalakên, kapraos utawi kaêcèt.

4. Nginggilipun malih nama: bogêman malih.

5. Ingkang nginggil piyambak nama: langitan.

--- 195 ---

4. Bungkul, sarta 5. Bungkul Sanggan.

Bungkul sarta bungkul sanggan punika ingkang kadamêl kajêng kabubud, ing têngah kabolong, tumrap bungkul kaanjingan dhandhan, dene bungkul sanggan bolonganipun kapara wiyar, logro kaanjingan dhandhan, lingiripun ingkang sasisih sami kagraji, lêtipun grajèn sakandêling usuk, lingir ingkang wêtah kabolong sarana bur utawi uncêg alit. Grajèn wau panggenan manjingipun pucuk utawi ruji.

6. Payon.

Ing bab 5 sampun uluk-uluk bilih pangruktining ruji sampun rampung, punika sawêg kapayu, ingkang kangge amayu punika mori. Sarampungipun anèmplèkakên wiwit kaêcèt dhasar ing jawi sarta nglêbêtipun, lajêng kaêcèt sarta kapraos. Ing nglêbêt (ngandhap) manawi mawi gambar, inggih lajêng kagambar punapa lêrêsipun.

Mênggah undha-usuking payung punika ingkang baku wontên ing pulas utawi warni, tundha-tundhanipun wau makatên:

Ha. Praos.

Na. Jêne atal.

--- 196 ---

Ca. Pêthak.

Ra. Ijêm.

Ka. Biru.

Da. Abrit (abrit jingga).

Ta. Cêmêng.

Sa. Abrit kêthèl.

Praos ingkang dumunung ing nginggil, punika nama sèrèt. Dene ingkang dumunung ing têngah nama kêndhit. Kêndhit punika langkung ciyut tinimbang sèrèt. Wiyaripun kêndhit sarta sèrèt punika wontên tundha-tundhanipun.

Dene praos êlêr lancip mujur urut usuk punika nama sèrèt. Tumrap ing karaton dalêm sèrèt punika dados tandhaning tinarimah, nama sri nugraha.

Mênggah cètipun punika dados dhasaring pulas, ewadene manawi ciyut dumunung ing têngah inggih punika nama kêndhit.

Dhasaring pulas ing nglêbêt punika warni-warni, prada byur jêne, pêthak sarta ijêm.

[Grafik]

Para pangrèh pakêmpalan pralenan Artawandawa kaparak têngên ing Surakarta, saking kiwa manêngên botên urut ôngkanipun: 5. R.M.Ng. Purwasastra: pangarsa, 4. R.M.Ng. Dirjaduta: panitra I, 6. M. Ardasastra: Panitra II, 3. Rd. Yanaudara: Artaka I, 7. R.Ng. Jayakartika: Artaka II, 1. M.L. Bayapramuka, 2. R.M.Ng. Jayamartana, 8. Rd. Sarasugita, 9. Kms. Wiryaprajaka: sami panitya.

Gêgambaran utawi pulasan ing lêbêt:

Ha. 1 Pinggiran argulo sapêthik. 2 Pinggiran argulo sadhompol.

--- 197 ---

3 Pinggiran lung argulo.

Na. Paksi dewata.

Ca. Modhangan.

Ra. Srunèn, ngandhap agêng nginggil alit.

Bab kawontênanipun payung punika namung kajugag samantên kemawon, amargi manawi kapratelakakên sadaya, kathahing kaca tumrap ing buku pangèngêt-èngêt punika badhe langkung saking 200 kaca, môngka jêjêripun pancèn namung 200 kaca kemawon = 200 warsa, mugi andadosakên pariksanipun para maos.

Pudyastawa.

Dhandhanggula

1. rêrêng raras rêsminingrat Jawi | kèksi kasok manise sumunar | gumêbyar byor lir binèbèr | babare katrusthan gung | rêmpêg rampag ngrumpaka sami | sumahab ekapraya | jroning jagat sagung | manggung mênggêp sukur suka | saking sangkêp winastan nuju ri adi | Buda Paing sapta wlas ||

2. wulan Sura warsa Je marêngi | sinangkalan kombulirèng puja | kasalira jêng pamase,

--- 198 ---

(1870)Sengkalan: kombulirèng puja kasalira jêng pamase (Rabu, 17 Sura tahun Je 1870 A.J., Rabu, 8 Maret 1939 A.D.). | wus jangkêp petangipun | kadwi atus warsa tan luwih | jumênênging nagara | Surakarta luhung | praptèng mangkya widadarja | wiwit pindhah saking Kartasura nagri | karsa dalêm sang nata ||

3. Jêng Sinuhun Pakubuwana ping | kalih dèn ta jêngkar saking praja | kasbut pèngêtan warsa Je | ri Buda Paing nuju | ping catur wlas Sura kang sasi | muksane dwijawara | angraras sang prabu (1670)Sengkalan: muksane dwijawara angraras sang prabu (Rabu Paing, 14 Sura tahun Je 1670 A.J., Rabu, 17 Pebruari 1745 A.D.). | duk samana kang pahargyan | paribasan ubêkan orêg sanagri | angkên jugrug kang arga ||

4. saking dahat biniwadha asri | pasrèn-pasrèn sajroning nagara | angalela lir wimbane | hyang argaarka. ngujwalanung | andipani sèsining bumi | samyayêm kaayoman | mêmayu rèh ayu | pan mangkana yèn cinôndra | nalikane pindhah dalêm sri bupati | ping kalih jêng iswara ||

5. apuwara paraning artati | tatarane tarlèn atur puja | pajampua jumênênge | nagri Surakarta gung | raharjaa salami-lami | tyas ayêm têntrêm samya | pra kawula sagung | myang wadu wandawa nata | sanityasa mangsah mêsu budya wêning | wit dening

--- 199 ---

kaprabawan ||

6. wibawane kang jumênêng aji | Ingkang Sinuhun Jêng Susuhunan | Pakubuwana petange | ping sawêlas sang prabu | sumilihing rama narpati | mugyantuk parmaning Hyang | wau jêng sinuhun | kang jumênêng ping sawêlas | satata wlas asih ing pra brêtyapati | kontap kotamanira ||

7. wemba rama dalêm jêng sri mulki | kang wus swarga satuhu minulya | kaping sadasa pamase | Pakubwana linuhung | têtêp wicaksana ing galih | kasumbagèng lyan praja | ambêg santa sadu | danane andina-dina | marma akèh pra raja kayungyun sami | kasêngsêm pawong mitra ||

8. atur tôndha môngka cihnaning sih | warni bintang bintanging karajan | karajane dhewe-dhewe | ywan ingagêm sang prabu | mênggêp munggwing pranaja kèksi | lwir panjrahing kartika | wimbuh wimbanipun | wibawane nata tama | kang anggita ginatra atur sêsanti | mugi jêng sri narendra ||

9. kang jumênêng ping sawêlas tuwin | pramèswari dalêm myang pra putra | dinirgakna ing yuswane | kayumanan [kayuma...]

--- 200 ---

[...nan] sakayun | sugêng sênggang ing sapanginggil | lulus tanpa sangsaya | prabawèng sang prabu | prabane andumipèngrat | kyèh durmala maling mêmalaning bumi | mirut miris tyasira ||

10. karsa dalêm kang wus swarga sang sri | mangargyagêng minôngka sriyatna | nagari dalêm têtêpe | dwi atus warsa wau | karya pasar palêmmalêm. linuwih | nèng lun-alun untara | tarap pipit urut | sanggyaning kang têtingalan | neka warna tuhu ebat amêpêki | sawastu ywan sarwendah ||

11. saking dahat wasise kang kardi | pangarsane wau kang pahargyan | pasar malêm môngka paès | srining prajadi luhung | têmah tumus sotaning kapti | pra janma sanagara | tanapi lyanipun | pasisir myang mônca praja | iyêg sayuk kayungyun ayun umèksi | kahanan sri kawuryan ||

Katandhan: kumisi.

Kawêdalakên ing dintên Rêbo Paing tanggal kaping 17 wulan Sura taun Je ôngka 1870, utawi surya kaping 8 Marêt 1939.

[Grafik]

Para bêbadaning panitya kaparak têngên, ingkang angadani pangèngêt-èngêt, Jubileum Surakarta 200 taun, saking kiwa manêngên botên urut angkanipun 4. R. Ng. Prajaduta: pangarsa, 3. R.M.Ng. Jayasurwana: panitra I, 5. R.L. Hagnyaduta: panitra II, 6. Rd. Sarasugyarta: Artaka, 1. R.M.Ng. Dirjaduta, 2. R.M.Ng. Wiryabaskara, 7. K.M.S. Sarawiryana, sami panitya.

Ôngka | Pratelan isinipun buku punika | Kaca

1 Purwaka ...

2 Pindhahipun karaton dalêm saking Kartasura dhumatêng Sala (Surakarta) ... kaca 5

3 Kawontênan jumênêng dalêm para nata tuwin, oprup, residhèn, guprênur, dalah para pêpatih dalêm, tuwin jaksa, pangulu, pujôngga, wiwit ing Surakarta ... kaca 26

4. Yasan dalêm para nata, wiwit wontênipun ing Surakarta ... kaca 49

5 Cariyos wiwit wontênipun abdi dalêm bupati nayaka, saha abdi dalêm bupati kaparak sasaminipun, wiwit jaman Mataram ... kaca 89

6 Pratelan urut-urutanipun para nata ingkang jumênêng ... kaca 117

7 Kawontênan warni-warni bab panganggèn utawi pangagêman, kuluk ... kaca 149

8 Bab tudhung ing Surakarta ... kaca 154

9 Bab rasukan ... kaca 162

10 Bab kampuh (dodot) ... kaca 166

11 Bab calana ... kaca 174

12 Bab sabuk ukup ... kaca 175

13 Bab èpèk saha timang ... kaca 176

14 Bab wangkingan (dhuwung) ... kaca 180

15 Bab pasikon (wêdhung) ... kaca 183

16 Lante (lampit) kangge lênggah manawi sowan ... kaca 187

17 Payung, songsong ... kaca 189

18 Pudyastawa ... kaca 197 dumugi 200