Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 1)

Katalog:Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363
Sambung:
1.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 1). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #927.
2.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 2) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #928.
3.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 3) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #929.
4.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 4) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #930.
5.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 5) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #931.
6.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 6). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #932.
7.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 7) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #933.
8.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 8) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #934.

Tatêdhakan sêrat-sêrat undhang-undhang pranatan sêsaminipun,

--- 1 : 0 ---

ingkang kadhawuhakên dening Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat ingkang kaping sakawan, pêpatih dalêm ing Surakarta ingkang jumênêng sapunika, wiwit kala sawêg kakarsakakên amakili pêpatih dalêm.

Jilidan, ôngka 1

Kaêcap saha kawêdalakên dening Tuwan Albrèh tuwin Rusê ing Surakarta ing taun 1895.

--- 1 : 1 ---

Ôngka Urut ... Papêthikan Isinipun Sêrat Undhang-undhang saha Pranatan Jilidan Ôngka Satunggal Punika ... Kawrat ing Kaca

1. Pranatan miyagêmi bêkêl dhusun botên kalilan mawi pêpacak ingkang sanès wawênangipun ingkang gadhah gadhuhan ... 3

2. Pranatan abdi dalêm pulisi sarta jaksa botên kalilan anggantung barang ingkang dados prakawis ... 5

3. Pranatan garobag ingkang katarik maesa lembu botên kenging kalampahakên salêbêting kitha karaton Surakarta ... 8

4. Pranatan Cina tuwin bôngsa sabrang sanèsipun botên kenging manggèn sajawining kampung ingkang pancèn dados panggenaning bangsanipun ... 11

5. Undhang-undhang griya utawi bango botên kenging tumumpang kalên sapinggiring margi ... 14

6. Pranatan pamagang ... 17

7. Pêpacak patrapipun angêtrapakên karangan dalêm ... 21

8. Pranatan tarikan pradata agêng ... 24

9. Pranatan miyagêmi bêkêl dhusun ... 27

10. Undhang-undhang kramanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, para abdi dalêm botên kalilan nêdha pasumbang ... 31

11. Pranatan ingkang kalêrês angsal pasumbang kaganjarakên ... 34

12. Undhang-undhang bab kadurjanan anyolong godhong kopi ... 36

13. Undhang-undhang bab kadurjanan alit ... 38

14. Undhang-undhang kramanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom botên mawi mundhut bau gugur gunung ... 40

15. Undhang-undhang lampahing kreta ing wêkdal panyêngkêripun badhe garwanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom ... 42

16. Undhang-undhang lampahing kreta ing wêkdal konjukipun sasrahan ... 46

--- 1 : 2 ---

17. Undhang-undhang lampahing kreta salêbêtipun ing kadhaton wontên pasamuan ... 50

18. Undhang-undhang tiyang nonton makajangan ... 54

19. Undhang-undhang lampahing kreta ing wêkdal tedhansah ing kadhaton ... 56

20. Pranatan sundêl ... 60

21. Pranatan bordiran ... 73

22. Pranatan pakuburan ... 81

23. Pranatan bab darbe anumpak sarta nyewakakên kareta sarta kapal ... 84

24. Pranatan têtêpan abdi dalêm panèwu mantri jawi ... 99

25. Pranatan têtêpan abdi dalêm panèwu mantri ngajêng ... 103

26. Pranatan têtêpan abdi dalêm panèwu mantri lêbêt saanon-anonipun ... 107

27. Pranatan têtêpan abdi dalêm panèwu mantri anon-anon nagari sarta panèwu mantri kapatihan ... 111

28. Pranatan têtêpan abdi dalêm panèwu mantri pulisi dhistrik ... 114

29. Pranatan têtêpan abdi dalêm panèwu mantri pamajêgan galadhag dhusun ... 117

30. Dhawuh anglêrêsakên kêlintuning pangêcapipun pranatan kareta ... 120

31. Pranatan anggantung sitinipun abdi dalêm ingkang ajal utawi kaundur ... 121

32. Pranatan pasowanan Sênèn Kêmis ... 123

33. Pranatan têtêpan panèwu mantri kadipatèn anom ... 126

34. Pêpacak pulisi botên kenging maèlu siti dhusun ingkang badhe kapajêgan tuwan-tuwan ... 130

35. Pranatan têtêpan abdi dalêm bupati pulisi sajawining nagari ... 133

36. Pranatan manawi badhe majêgakên siti kêdah lapur ing nagari rumiyin ... 139

37. Pranatad Pranatan. payung pangantèn, lare têtak, sarta mayit ... 141

--- 1 : 3 ---

Ôngka 1

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, muphakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupaning abdi dalêm kang nyêkêli layang piyagêm marang babêkêling bumi gêgadhuhane, ora kalilan nganggo pêpacak kang dudu wawênange kang duwe gêgadhuhan, kaya ta: bêkêl anglakoni kadurjanan, amadati pala cidra, sapêpadhane kang pancèn dadi laranganing nagara utawa kangjêng guprêmèn, dene kang kalilan mung pêpacak kang magêpokan marang melike kang duwe gêgadhuhan dhewe, kaya ta: bêkêl angèthèrake pajêg sapêpadhane, nêgor kitri kang isih mêtu nipkahe, angrusakake desa sapêpadhane kang magêpokan melike kang duwe gadhuhan dhewe, amarga prakara bêkêl anglakoni kadurjanan, panêrak sapêpadhane, kang wajib anindakake polisi utawa pangadilan, kang duwe gadhuhan bumi

--- 1 : 4 ---

kabêkêlane ora duwe wawênang milu-milu, marmane sanajan anane piyagêm mau sadurunge titi masane pranatan iki, kang duwe gadhuhan ora wênang anggugat marang bêkêl awit saka prakara kadurjanan utawa panêrak kaya ing dhuwur mau. Yèn ana kang ora ngèstokake pranatan iki, môngka dadi prakara, pêpacak kang nyulayani prakara iki ora kaanggêp dening pangadilan, sarta yèn ana prêlune kang nyêkêli piyagêm dalah kang dicêkêli kapatrapan samurwate.

Iku sarupaning abdi dalêm sarta kawula dalêm kabèh padha angèstokna padha sumurupa lan padha angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 26, sasi Jumadilawal, taun Alip, ôngka 1819 utawa kaping 18 Januari 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 5 ---

Ôngka 2

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, muphakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake pranatan kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sarupane abdi dalêm pulisi sarta jaksa sapêpadhane kang padha duwe wajib anindakake utawa anggarap prakara, ora kêna anggantung dhuwit utawa barang sapanunggalane kang dadi prakara utawa kang magêpokan prakara, sadhengaha rupane, sarta sadhengaha nalar utawa prakarane.

Bab 2

Kang wajib anggantung dhuwit utawa barang mau yèn sajroning nagara panggêdhening pangadilan dalêm pradata gêdhe, yèn sajabaning nagara, para panggêdhening pangadilan kabupatèn, yèn prakara barang waris lan gana-gini sapêpadhane kang magêpokan prakara salaki rabi, panggêdhening pangadilan surambi dalêm, [da...]

--- 1 : 6 ---

[...lêm,] yèn prakara utang kapipotang kang magêpokan putra santana dalêm, panggêdhening pangalanpangadilan. kadipatèn anom, samono iku manawa barang mau mirid ananing prakarane pancèn kabênêr kudu gumantung.

Bab 3

Sabên nêm sasi sapisan, pêpatih dalêm utusan titi pariksa ananing dhuwit utawa barang kang gumantung ana para pangadilan ing dhuwur mau, liyane pangadilan kadipatèn anom.

Bab 4

Manawa ana kang nêrak pêpacake pranatan iki, sanajan dhuwit utawa barang kang digantung mau ora kalong, kang anggantung manira patrapi rès, lawase katimbang lan nalare, manawa panêrake pêpacak mau luwih saka sapisan, utawa manawa dhuwit utawa barang mau dianggo prêlune kang anggantung, iku kang anggantung kapocot saka kalungguhane, kajaba iku bakal kasêrêg prakara kadurjanan gone anganggo dhuwit utawa barang kang digantung mau.

Iku sarupaning wong padha sumurupa lan padha angèstokna saprêlune.

--- 1 : 7 ---

Dhawuhing pranatan tanggal kaping, 28, sasi Jumadilawal, taun Alip, ôngka, 1819 utawa kaping, 20, Januari, 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 8 ---

Ôngka 3

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sapeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sarupane garobag kang kapasangan sapi utawa kêbo, ora kêna kalakokake ana ing lurung-lurung sajroning kutha karaton Surakarta, kaya ta: manawa saka kulon watês ing pasanggrahan dalêm Purwadadi sapangetan, utawa watês karêtêg Pêlêmwulung sapangetan, kang saka kidul watês karêtêg ing Kêdhawung sapangalor, ing Kali Katipês sapangetan, ing Kali Wingka sapangalor. Kang saka wetan watês ing Baturana sapangalor sapangulon. Kang saka lor watês ing Cèngbèngan sapangulon tutug sakiwa-têngêne Kampung Kapatihan saurute lurung kagungan dalêm, sarta watês bangawan ing Bêton lan Kêdhungkopi saurute kang lumêbu sajroning kutha.

--- 1 : 9 ---

Bab 2

Garobag kang kêna angambah lurung-lurung sajroning kutha karaton Surakarta mau amung kang dipasangi utawa digèrèt jaran siji, samono iku anjaba manawa ana barang siji kang ora kuwat kamotake garobag jaran, iku kêna kamot ing garobag kang digèrèt ing kêbo sapi, ananging mawa nyuwun lilahe nagara.

Bab 3

Kalakone dhawuh manira iki manira wangêni sajrone rong taun patlikur sasi saka titimasane dhawuh manira iki, manawa wus langkah saka wêwangên mau ana kang ora ngèstokake, bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, kapatrapan kaya kang wus katamtokake.

Bab 4

Dene kutha sajabaning kutha karaton Surakarta, kaya ta: ing Klathèn, Kartasura, Bayalali, Ngampèl, Sragèn, Sukaharja, isih lastari kaya kang wus kalakon.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

--- 1 : 10 ---

Dhawuhing pranatan kaping 1, sasi Jumadilakir taun Alip, ôngka 1819, utawa kaping 23 Januari 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 11 ---

Ôngka 4

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, aparing sumurup marang sarupane uwong, awit saka dhawuhing timbalan dalêm, amarêngi ing dina Kêmis tanggal kaping 17 Jumadilawal Alip 1819, amarêngake atur pamrayogane ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, kamot ing layang katitimasan kaping 2 Dhesèmbêr 1889, ôngka 6925/30A, manira ingandikakake andhawuhake pêpacak minôngka wuwuhane layang dhawuhing nagara katiti masan kaping 24 Sèptèmbêr, 1869, ôngka 108, kang anamtokake sarupane kang awèh lilah marang wong Cina manggon ing palêmahan gêgadhuhane kudu nyuwun lilah ing nagara, pêpacak mau kaya ing ngisor iki.

Sarupane kang padha duwe gêgadhuhan palêmahan, ora kêna awèh lilah marang para wong Cina utawa wong bôngsa sabrang liyane, manggon ing palêmahan gêgadhuhane manawa durung anyidikake yèn para wong Cina utawa bôngsa sabrang [sa...]

--- 1 : 12 ---

[...brang] liyane mau wus padha olèh lilah saka kangjêng tuwan residhèn, manggon sajabaning pakampungan kang pancèn dadi panggonaning bangsane, dene para wong Cina utawa bôngsa sabrang liyane, kang wus kabanjur manggon ana palêmahan mau tanpa lilah saka kangjêng tuwan residhèn, iku padha katundhunga.

Kajaba iku akèh wong Cina padha manganggo anggon-anggone wong Jawa, murih ngoncati pranatan kang tumrap marang bangsane, kang mangkono mau uga kalêbu ing larangan, sarta kudu dipalangi.

Marmane kadhawuhake mangkono amarga saiki akèh wong Cina kang lagi têka manggon ana sajabaning pakampungan kang wus katamtokake dadi panggonane para wong Cina, ora nganggo kalapurake marang parentah kantor paresidhènan, dadi anuntuni nalar sarta tarekah warna-warna kang andadèkake kamlaratane para kawula dalêm.

Manawa ana kang ora ngèstokake, bakal kapatrapan paukuman anyambut gawe paksan, lawase nêm dina tutug têlung sasi, manawa kang ora ngèstokake mau

--- 1 : 13 ---

abdi dalêm sapêpadhane kang kaewonake utawa sarupa abdi dalêm, kapatrapan rès ana ing panggonan saprêlune, lawase katimbang lan prakarane yèn ana prêlune bakal kaundur saka kalungguhane, manawa putra santana dalêm kasumanggakake saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan padha angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pêpacak tanggal kaping 26, sasi Jumadilakir, taun Alip ôngka 1819. Utawa kaping 17 Pebruari 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 14 ---

Ôngka 5

Undhang-undhang

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat ingkang makili pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake undhang-undhang kaya ing ngisor iki.

Manira wus anguningani yèn ing mêngko sajroning nagara saya akèh omah sarta bango kang adêge ana sadhuwuring kalèn sapinggiring lurung gêdhe, kang mangkono iku wong kang padha ngadêgake omah utawa bango mau tatela ngènthèngake utawa ora ngèstokake pranatan utawa dhawuhing parentah nagara, abdi dalêm pulisi kang ambawahake tatela kurang mikir marang wajibe, lena marang ananing lêlakon sajroning bawahe, manawa manira têtêpake pêpacak ing layang dhawuh sarta undhang-undhanging nagara katitimasan kaping 24 Sèptèmbêr, 1869, ôngka 108, sarta kaping 1 Mèi, 1878, ôngka 7, omah

--- 1 : 15 ---

sarta bango mau mung kudu dirombak, pulisine kang ambawahake kudu diukum utawa diundur, ewadene ing saiki manira isih karsa aparing parimarma, anane omah sarta bango kang adêge ana sadhuwuring kalèn sapinggiring lurung gêdhe kang wis padha kabanjur, manira lastarèkake, pulisine padha manira paringi pangapura, ananging omah sarta bango kang wus kabanjur mau, manawa ana rusake ora manira lilani didandani utawa ditambal sulam manèh.

Marmane wiwit titimasaning layang undhang-undhang iki, manawa ana kang wani-wani angadêgake omah bango, utawa sadhengaha maujud kang liyane krêtêg utawa wot, tumrap ana sadhuwuring kalèn-kalèn, kalènan kang kagawe ilèn-ilèning banyu udan, utawa sadhengaha kang kalêbu watêse pinggiring lurung gêdhe sajroning nagara, mangkono manèh manawa wani-wani andandani anambal sulam omah utawa bango kang wus padha kabanjur mau, bakal ora katindakake papriksane utawa uruse, mung bakal karombak dening wawênange parentah, kang duwe kapatrapan dhêndha kèhe 16 rupiyah tutug 600 rupiyah

--- 1 : 16 ---

utawa kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan lawase nêm dina tutug têlung sasi, manawa abdi dalêm sapêpadhane kang kaewonake utawa sarupa abdi dalêm, kapatrapan rès ana ing panggonan saprêlune, lawase katimbang lan prakarane, yèn ana prêlune bakal kaundur saka kalungguhane, manawa putra santana dalêm, kasumanggakake saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Layang undhang-undhang iki katèmplèkake ana ing panggonan kang kêna katongton ing sadhengaha wonge, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup surasane layang undhang-undhang iki.

Dhawuhing undhang-undhang kaping 26, sasi Jumadilakir, taun Alip ôngka 1819. Utawa kaping 17 Phebruari 1890.

Radèn Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 17 ---

Ôngka 6

Manira Radèn Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, andhawuhake pranatan têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, minôngka sambungane dhawuhing timbalan dalêm amarêngi ing dina Kêmis tanggal kaping 14 sasi Jumadilakir taun Be, ôngka 1808, kang anamtokake anake abdi dalêm kaliwon panèwu mantri sapangisor, manawa ora magang dadi abdi dalêm punakawan ing karaton, ing kadipatèn anom, utawa ing kapatihan, ora kalilan anggêntèni kalungguhaning bapa, pranatan mau kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sarupane abdi dalêm kang padha angladèkake anake kalêbokake pamagang, iku kudu kaladèkake marang kapatihan, lantaran kabupatèn utawa kawadanane, ing kapatihan bakal banjur angunggahake buk nagara, jênênge kang kaladèkake magang, jênêng lan kalungguhane bapakne, [bapa...]

--- 1 : 18 ---

[...kne,] titimasa lumadine magang.

Bab 2

Manawa ana panyuwune kakang. anak-anak utawa panyuwune bocahe sumêdya malêbu dadi abdi dalêm punakawan karaton, kadipatèn anom, kapatihan utawa dadi abdi dalêm prajurit, panyuwun mau bakal manira pituruti, upama nyuwun dadi abdi dalêm punakawan karaton, banjur manira paringake marang ondêr mayor, upama nyuwun dadi abdi dalêm punakawan kadipatèn anom, manira paringake marang abdi dalêm bupati kadipatèn, manawa nyuwun ana ing kapatihan, bakal manira prênahake panggonane kang pantês lan kang anak-anak sarta kagunane, manawa nyuwun dadi abdi dalêm prajurit, manira paringake marang panggêdhening prajurit dalêm, mangkono sapêpadhane.

Bab 3

Sawuse pranatan iki kalumrahake, manawa ana anaking abdi dalêm, maju magang dadi punakawan karaton, kadipatèn anom, kapatihan, utawa dadi abdi dalêm prajurit, môngka laku-lakune ora ngèstokake [ngèstoka...]

--- 1 : 19 ---

[...ke] kaya bab sapisan mau, iku ing têmbe nagara ora karsa nganggêp pamagang utawa pasuwitane mau.

Bab 4

Para kabupatèn sarta kawadanan, padha manira lilani anggadhuh pamagang anaking karerehane dhewe-dhewe, kanggo bêbau ana ing kabupatèn utawa kawadanan, pamagang kang disuwun anggadhuh mau kapratelakna jênênge sarta kang duwe anak, kajaba kang prêlu kanggo ana ing kapatihan, manira bakal ora kagungan pakewuh marêngake.

Bab 5

Pamagang kang kasuwun anggadhuh mau sabên ing dina Sênèn Kêmis, kang saparo sebaa ing kapatihan, andhèrèk manira sarta supaya kêna katiti pariksa kaanane, kaya ta: ing dina Kêmis kang saparo seba ing kapatihan, kang saparo ngiring seba bupati utawa wadanane, utawa nyambut gawe ana ing kabupatèn utawa kawadanan, ing dina Sênèn gilir kang saparo, patrape uga kaya ing dhuwur mau, dene ing dina gêdhe grêbêg sapanunggalane, iku patrape uga kaya ing dina Sênèn Kêmis. Manawa ing kapatihan ana pagaweyan [paga...]

--- 1 : 20 ---

[...weyan] kang prêlu kudu nganggo pamagang byukan, manira bakal andhawuhake.

Iku sarupane abdi dalêm padha sumurupa lan padha angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 1 Rêjêb Alip 1819.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 21 ---

Ôngka 7

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, andhawuhake pêpacak têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kaya ing ngisor iki.

Sarèhning kang wus kalakon abdi dalêm kang kawajibake angêtrapake larangan dalêm, manawa anglarangi para abdi dalêm utawa liyane, kang dianggêp anêrak larangan, asring nandukake patrap kang nglingsêmake marang kang dilarangi, nganti gawe gêdêring akèh, sanajan kang mangkono mau wus lawas tumindake nganti sarupa dadi adat, nanging manira galih kurang prayogane, luwih manèh manawa gone anglarangi mau kurang sabênêre, utawa anglarangi kang pancèn ora kalêbu ing larangan, marmane saiki manira tamtokake manawa ana abdi dalêm kang kabênêr kêna ing larangan, sanajan abdi dalêm mau mung pangkat jajar sapêpadhane, luwih manèh panèwu mantri sapandhuwure, sarta sanajan ênggone anglarangi mau wus ora samar, kaya ta: panèwu mantri nganggo dodot balênggèn [ba...]

--- 1 : 22 ---

[...lênggèn] manganggo lar gêdhe, dodotan tanpa wêdhung, utawa diiring ampilan kang dudu bênêre, sapanunggalane kang wus cêtha kabênêr dilarangi, iku gone anglarangi ora kêna sarana patrap utawa têmbung kang kasar, sarta anglingsêmake, luwih manèh ora kêna anjalari gêdêring akèh, ananging mung kudu kaandhêg kalawan sarèh, dipratelanana kabênêr kêna larangan, lan dipurih anyirnakake utawa anyingkirake barang kang dadi larangan mau, apadene sanalika iku anglaksananana aja nganti ambanjurake gone narajang larangan, manawa abdi dalêm kang anglarangi durung sumurup, kudu nêrangake jênêng utawa kalungguhane, sawuse mangkono banjur dipurih ngati-ati supaya ing têmbe aja nganti manganggo kang dadi larangan, dene pirukun têbusaning barang kang dilarangi, upama ora bisa amujudake sanalika, kêna seje dina, manawa tatela nyidrani, abdi dalêm kang anglarangi mau kêna banjur anglapurake ing kabupatène, utawa marang panggêdhene kang tuguk,tungguk. kabupatèn bakal anindakake saprêlune, manawa kang dilapuri mau panggêdhene kang tungguk banjur anglapurna ing nagara, [na...]

--- 1 : 23 ---

[...gara,] nagara kang nindakake, dene manawa abdi dalêm kaliwon sapandhuwur, gone abdi dalêm kang anglarangi anandukake patrap kaya ing dhuwur mau, alantarana bature, ewadene manawa abdi dalêm kang kêna ing larangan mau makewuh, iya banjur kalapurna marang abdi dalêm panèwu mantri kang tungguk, utawa sabanjure abdi dalêm kang anglarangi mau uga anglapurna marang kabupatèn, utawa panggêdhene kang tungguk, dene kang ora tumrap marang para abdi dalêm, lastaria kaya kang wus kalakon, nanging kaarah-araha aja nganti gawe gêdêring akèh, manawa ana kang ora angèstokake dhawuh manira iki, bakal kapatrapan rès ana ing panggonan saprêlune, lawas enggale katimbang lan prakarane, manawa ana prêlune kaundur saka kalungguhane.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Dhawuhing parentah kaping 5 Rêjêp Alip, 1819, utawa kaping 25 Pêbruari, 1890.

Radèn Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 24 ---

Ôngka 8

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, andhawuhake pranatan kang wus têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sarta mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, kaya ing ngisor iki.

Sarèhning para abdi dalêm sarta kawula dalêm kang padha ditimbali seba ing pangadilan dalêm pradata gêdhe, bakal kapriksa utawa didhawuhi karampungan prakarane, akèh kang ora bisa anêtêpi seba ing dina kang wus katamtokake dening pangadilan, jalaran kakèhên lumuntaning lakune layang dhawuh animbali, utawa asring kapiran ora tumêka marang wonge kang ditimbali, apadene wonge kang ditimbali mau kurang ngèstokake, nganti andadèkake randhat panindaking prakara, marmane amurih bisa ana rikate sawatara, ing saiki manira tata: abdi dalêm mantri kori jaksa, anjaba gone anggarap prakara, nganggo amajibi dadi utusaning pangadilan dalêm pradata gêdhe manawa

--- 1 : 25 ---

animbali abdi dalêm kang pangkat mantri mandhuwur, abdi dalêm sarayuda amajibi dadi utusan animbali abdi dalêm kang pangkat sangisoring mantri mangisor, tutug wong cilik kang padha dumunung ana wawêngkon kabupatène dhewe-dhewe, patrape animbali kudu kadhawuhake dhewe marang kang ditimbali, mawa angampil layang dhawuhing pangadilan, kang namtokake dina sebane kang katimbalan, manawa pangkat mantri mandhuwur jujug marang wadanane, wadanane banjur milu anandhani cap utawa tèkên ing layang dhawuh mau, manawa wus dicapi utawa ditèkên, banjur kadhawuhake saprêlune marang kang ditimbali, sarta amurih marang kang ditimbali anandhani ana ing layang dhawuh minôngka tôndha wus anyumurupi utawa anampani dhawuh, manawa wus ditandhani kang ditimbali, kagawa bali banjur dadi cêcêkêlaning pangadilan. Manawa kang ditimbali mau wong pangindhung, lakune anjujug abdi dalêm pulisi utawa bêbaune, supaya anuduhake omahe kang ditimbali, patrape andhawuhake uga kaya ing dhuwur mau, sawuse kadhawuhake, môngka dina kang wus katamtu ora bisa seba tanpa katrangan utawa ora mawa sabab kang katimbang [kati...]

--- 1 : 26 ---

[...mbang] tatela ora bisa seba, iku pangadilan andhawuhake manèh, uga mawa katamtu dina tanggal wayahe, manawa ora nêtêpi seba dina kang wus katamtokake, iku katamtokake manèh, môngka nganti kaping têlu isih durung kalakon seba ora mawa sabab kang prêlu, manawa kang ora nêtêpi mau kabênêr kang anggugat, prakarane bakal kaebrakake, manawa kang ora nêtêpi kabênêr kang kagugat, banjur kaunggahake ing karampungan, katêtêpake sagugat.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan padha angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 5, sasi Rêjêb, taun Alip, ôngka 1819, utawa kaping 25, Pèbruari. 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 27 ---

Ôngka 9

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, andhawuhake pranatan kang wus mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, minôngka wuwuhan utawa owah-owahane layang dhawuh papelinging nagara katitimasan kaping: 15, Nopèmbêr: 1869, ôngka: 1744, sarta layang dhawuhing parentah nagara katitimasan kaping: 30 Dhesèmbêr, 1886, ôngka: 73, pranatan mau kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sarupane kang duwe gêgadhuhan bumi desa kang babêkêle durung dicêkêli layang piyagêm, banjur padha dicêkêlana, apa jangji-jangjine kapratelakna kang têrang, kaya ta: ananing sawah, patêgalan sapanunggalane, wujud sarta kèhing pajêge, masane asoke, wujud sarta kèhing sasanggan liyane, kang ajêg utawa ora ajêg lumadine, apadene sêsangganing bau suku sapanunggalane kang dadi rukune kang duwe

--- 1 : 28 ---

gadhuhan lan babêkêle, manawa bumi mau maron utawa mratêlon, kapratelakna kang dadi lungguh utawa panganing bêkêl, sarta pratikêl panggaraping sawah sapanunggalane, pangulahing pamêtu utawa pamarsudi liya-liyane kang ditamtokake dadi wajibing bêkêl, mangkono sapêpadhane.

Bab 2

Layang piyagêm mau kudu mawa kauningan panggêdhening kabupatèn pulisi lan kadhistrikan kang ambawahake bumi mau lantaran kabupatèn utawa kawadanane kang duwe gadhuhan.

Bab 3

Manawa ana kang gawe bêkêl anyar, iku gone nêtêpake utawa mupakatake ana ing balabag kudu barêng lan gone nyêkêli piyagêm, bêkti utawa pilungguhe kudu dibayar sanalika iku, ora kêna nêtêpake utawa mupakatake dhisik, piyagême kèri, lan ora kêna ambayar bêkti utawa pilungguh sadurunge katêtêpake utawa sawuse katêtêpake, manawa bêkêl durung bisa ambayar sanalika iku, têtêp utawa mupakate aja kasidakake, piyagême aja ditampakake.

--- 1 : 29 ---

Bab 4

Manawa ana kang nyêkêli piyagêm marang babêkêle, laku-lakune ora nêtêpi bab ping: 2 utawa ana kang nêtêpake bêkêl, laku-lakune ora nêtêpi bab ping: 3 ing dhuwur mau, apadene ana kang ora ngèstokake nyêkêli piyagêm marang babêkêle kaya bab sapisan mau, iku manawa nganti dadi prakara udure kang duwe gadhuhan lan babêkêle, utawa sadhêngaha nalare kang magêpokan bab kabêkêlan utawa pamêtuning bumi mau, apadene udur bab bêkti utawa pilungguh, babêkêle bakal ora kaanggêp têtêpe dadi bêkêl, kang duwe gadhuhan kapatrapan paukuman rès ana ing panggonan saprêlune, lawas enggale katimbang lan prakarane, manawa ana prelune bakal kaundur saka kalungguhane, manawa putra santana dalêm, kasumanggakake saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, prakara udure ora kabanjurake panindake.

Bab 5

Kabupatèn utawa kawadanane kang duwe gadhuhan kabupatèn [ka...]

--- 1 : 30 ---

[...bupatèn] utawa kadhistrikaning bumi mau, apadene paprentahan liya-liyane, ora kalilan mundhut utawa anjaluk waragad bab tumindaking layang piyagêm utawa têtêping bêkêl mau, sanajan sumurup apa-apa iya ora kalilan, manawa ana kang nêrak pêpacaking bab ping lima iki bakal kapatrapan rès ana ing panggonan saprêlune, lawas enggale katimbang lan prakarane, manawa ana prêlune bakal kaundur saka kalungguhane.

Pranatan iki uga tumrap marang ngabèi dêmang sapanunggalane kang majêgi bumi.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan padha angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan kaping: 11: Rêjêb Alip, 1819, utawa kaping: 3: Marêt, 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 31 ---

Ôngka 10

Undhang-undhang

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Manira paring wêruh marang para abdi dalêm kabèh, sarta marang sarupane uwong, besuk sajrone sasi Bêsar taun Alip: 1819 iki, sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan karsa amikramakake putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, iku para abdi dalêm kabèh, padha manira pacaki ora kêna anjaluki dhuwit utawa rupa liya-liyane marang karerehane sarta marang para bêkêl utawa marang wong cilik ing bumi desa gêgadhuhane, kaya ta: anjaluki dhuwit sumurup pasumbang panjurung sapêpadhane kang magêpokan gone makajangan utawa [u...]

--- 1 : 32 ---

[...tawa] seje-sejene, kang magêpokan pakurmatan kramane Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, dene kang kêna anjaluk pasumbang marang bêkêle sarta marang tuwan-tuwan kang majêgi bumi gêgadhuhane, amung kang piyagême utawa prajangjiyane muni nganggo ngladèkake pasumbang, samono mau manawa durung bisa ambayar ora kêna amêksa, mungguh kênane adrêng amurih pambayare, manawa wus sataun saka dina prêlune ing pakurmatan, manawa mêksa durung ambayar, kang duwe gadhuhan kêna duwe atur ing parentah yèn bêkêl utawa kang majêgi anyidrani jangjine. Manawa ana abdi dalêm kang ora ngestokake dhawuh manira iki bakal kapatrapan paukuman rès ana ing panggonan saprêlune, lawas enggale katimbang lan prakarane, manawa ana prêlune bakal kaundur saka palungguhane. Marmane manira andhawuhake kaya ing dhuwur mau, marga ing wêktu iki para kawula dalêm wong cilik ing desa-desa sawatara padha kakurangan pangan, mangkono uga tuwan-tuwan kang majêgi bumi desa padha kakurangan dhuwit, jalaran kurang kamêton gone nênandur.

--- 1 : 33 ---

Layang undhang-undhang iki, kaparingake marang para panggêdhe, supaya kaèstokake lan kawaratakake marang karèrèhane dhewe- dhewe. Sarta katèmplèkake ana ing panggonan kang katon ing akèh, supaya aja nganti ana kang ngaku ora sumurup.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 18: sasi Rêjêb taun Alip 1819, utawa kaping: 10: Marêt 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 34 ---

Ôngka 11

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, andhawuhake kang wus têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, marang abdi dalêm kabèh, kaya ing ngisor iki.

Manawa ana abdi dalêm kang kabênêr olèh pasumbang saka babêkêle utawa saka tuwan-tuwan kang majêgi bumi gêgadhuhane, kang laku-lakune wus anêtêpi layang undhang-undhanging parentah nagara katitimasan kaping 18 Rêjêb Alip 1819 utawa kaping 10 Marêt 1890 iku banjur kapatêdhakake minôngka ganjaran dalêm, marang kang padha duwe gêgadhuhan bumi mau, sarta sarupaning abdi dalêm, ora mawa kadhawuhan angladèkake pasumbang konjuk ing sampeyan dalêm, kaya nalika supite Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, kajaba abdi dalêm pamajêgan sapêpadhane.

Iku sarupane abdi dalêm padha sumurupa saprêlune.

--- 1 : 35 ---

Dhawuhing parentah tanggal kaping 17 sasi Pasa taun Alip, ôngka 1819 utawa kaping 7 Mèi 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 36 ---

Ôngka 12

Undhang-undhang

Awit saka sarêmbuge kangjêng tuwan residhèn, karo kang amakili pêpatih dalêm, têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, sawuse anguningani atur pirêmbuge para tuwan asistèn residhèn ing gagêlêngan sajabaning nagara, kagungan karsa anamtokake kaya ing ngisor iki.

Sarupaning kadurjanan anyolong godhong kopi, kang dadi wêwênange pangadilan dalêm pulisi rol, iku katamtokake patrapane mundhak anikêli saka kang tumindak salawase, lan yèn ênggone kapatrapan saka pulisi rol wus rambah ping pindho, môngka anglakoni manèh iku kaunggahna marang pangadilan.

Pangadilan dalêm pradata gêdhe sarta pradata kabupatèn kang kabênêr garap, uga kudu amatrapi mundhak tikêl saka gêgantungan ukum kang uwis kanggo ing salawase.

Lan sadhengah wong kalarangan anggawa, angrumati, utawa adol godhong kopi kang ora têrang pinangkane, saupama [sa...]

--- 1 : 37 ---

[...upama] saka tandurane dhewe, iya kasaksekna marang bêkêl sarta tôngga-taparone, yèn saka pawèwèhing liyan, amêsthi jaluka cacêkêlan layang saka kang mènèhi, sabên pulisi sumurup ana wong rumat, anggawa utawa adol godhong kopi banjur katiti pariksaa kaya kang kasêbut dhuwur, saupama kang kanggonan ora bisa ngaturake tôndha kang kêna dianggêp, kaladèkna marang kabupatèn supaya kasêrêg ing pulisi rol, katêtêpake mahakanggonan godhong kopi pêtêng, kapatrapan samurwating kaluputane.

Para abdi dalêm panggêdhening kabupatèn, sarta sadhêngaha abdi dalêm, padha kabubuhan arumêksa kalakone kang kasêbut ing layang undhang-undhang iki, karodene turunaning undhang-undhang iki katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping: 26: Mèi: 1890. Utawa tanggal kaping 6 sasi Sawal ing taun Alip, 1819.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 38 ---

Ôngka 13

Undhang-undhang

Sarèhning wus tatela ing sawatara lawase, akèh laku kadurjanan cilik, kaya ta bêdhog, colong, ngutil, nyêlêr, sapêpadhane, sabên wong kang mêntas kaluwaran ênggone kapatrapan, ora pati lawas banjur anglakoni kadurjanan manèh, anelakake ora wêgah utawa ora wêdi marang patrapan kang uwis diêtrapake, marmane ing mêngko kangjêng tuwan residhèn, lan ingkang makili pêpatih dalêm, têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kagungan karsa anamtokake sarupaning prakara cilik-cilik kaya kang kasêbut wawilangan ing dhuwur iki, kang pangrampunge pancèn dadi wawênange pangadilan dalêm pulisi rol, iku patrapane katamtokake kaundhakan ditikêli saka adat kang sabên-sabên wus kaêtrapake.

Lan manawa ênggone kapatrapan nyambut gawe paksan uwis rambah kaping pindho môngka isih anglakoni kadurjanan manèh, sanajan mung padha karo prakara kang uwis dirampungi, kang

--- 1 : 39 ---

têlung rambahane ênggone nglakoni kadurjanan iku kaunggahna marang pangadilan dalêm pradata kang kabênêr angrampungi, supaya kapatrapan luwih abot saka gêgantunganing patrapan ing pulisi rol.

Pangadilan dalêm pradata gêdhe lan pradata kabupatèn uga katamtokake amatrapi mundhak saka gêgantunganing patrapan kang uwis kasêbut ing anggêr, supaya bisa andadèkake kapoke kang laku kadurjanan lan angundhakake tata têntrêm.

Para abdi dalêm panggêdhening kabupatèn, sarta sadhengaha abdi dalêm, padha kabubuhan arumêksa kalakone kang kasêbut ing layang undhang-undhang iki, karodene turunaning undhang-undhang iki katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 31 Mei 1890, utawa tanggal kaping 11 sasi Sawal ing taun Alip, 1819.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 40 ---

Ôngka 14

Undhang-undhang

Manira Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat, ingkang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Kang wus dadi adating karaton dalêm, manawa ana kaparênge sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, amikramèkake utawa anyupitake sapêpadhane kang mawa makajangan, nagara mawa nindakake bau marang kawula dalêm ing desa, kang kaaranan gugur gunung, panindake mêtu abdi dalêm pulisi, kaitung saka ananing bumi desa ing dalêm sajunge wong papat, prêlune ambaoni abdi dalêm kang padha nyôngga gawe ing karaton sapêpadhane, nalika anyupitake putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, amatêdhani palimarma, mung mundhut ing dalêm bumi wolulas junge wong siji, dene ing saiki kaparenging karsa dalêm bakal amikramakake putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati [A...]

--- 1 : 41 ---

[...dipati] Anom Amangkunagara, iku sarèhning kawula dalêm ing desa lagi padha kasusahan jalaran kakurangan pangan, amatêdhani wuwuhing palimarma marang kawula dalêm ing desa-desa, mung bakal ngagêm bau saka kagungan dalêm bumi desa pangrêmbe sapêpadhane, manawa ana kurange nagara bakal mundhut bau marang abdi dalêm kang padha anggadhuh kagungan dalêm bumi desa, ora mêtu utawa ora magêpokan abdi dalêm pulisi kang ambawahake, ananging kaparênging karsa dalêm patrap kang mangkono mau, mung tumrap ing wêktu iki.

Manawa ana kang ora ngèstokake bakal kaundur saka kalungguhane utawa kapatrapan kaanggêp mahanêrak parentah.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe supaya kadhawuhake warata marang karerehan lan wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ing panggonan kang katon ing akèh supaya sarupane uwong padha sumurupa sarta angèstokna saprêlune.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 23 sasi Sawal taun Alip 1819. Utawa kaping 12 Juni 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 42 ---

Ôngka 15

Undhang-undhang

Manira kangjêng tuwan residhèn, sarta kang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, aparing wêruh marang sarupane uwong, besuk ing dina Sabtu tanggal sapisan, sasi Bêsar taun Alip 1819, utawa kaping 19 Juli 1890, sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, utusan mundhut bakal garwane Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amangkunagara, saka ing Prangwadanan.

Kang iku ing dina Sabtu mau wiwit wayah jam 8 esuk nganti sabaline utusan dalêm saka Prangwadanan, kajaba kang padha nyôngga gawe andhèrèkake utusan dalêm mau, sarta kang seba lumêbu ing karaton, ora kêna wong anunggang utawa anglakokake jaran, kareta bèndi sapêpadhane ana palataran kamandhungan, sakiwa têngêning sitinggil sarta pagêlaran, apadene sajroning alun-alun lor, mangkono manèh wiwit ing parapatan galadhag sapangulon tumêka lurung bawah dalêm sawetaning parapatan pasar [pa...]

--- 1 : 43 ---

[...sar] Pon, sajrone utusan dalêm lumaku mêthuk marang Prangwadanan, utawa sajrone lumaku baline saka Prangwadanan, sanajan mung nugêl dalan, iya ora kalilan. Manawa ana kang ora ngèstokake bakal kaandhêg sarta kapatrapan saprêlune wong nêrak parentah.

Dhawuhing undhang-undhang kaping: 26: Dulkangidah Alip: 1819. Utawa kaping: 14: Juli: 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.teks asli hal. 45.

--- 1 : 44 ---

No. 15

Oendang-oendang

Moefakat De Resident O.A. Burnaby Lautier

Kita Kangjêng toewan resident dengen Wakil Papatih dalem die Soerakarta membri taoe kapada segala orang, besoek ari Saptoe tanggal 1 Besar Alip 1819 atawa ari 19 Juli 1890 Srimaha Paduka Kangdjeng Soesoehoenan soeroean minta akan garwonja Kandjeng Goesti Pangeran Adipatie Hanom Hamangkoe Negoro darie Prang Wadanan, Dari itoe, ari Saptoe tadi moelai poekoel 8 pagi sampe koembalinja soeroeandalêm dari Prang Wadanan lainnja jang sama angkat kerdja mengikoet soeroean dalem tadie, dan jang mengadep masoek KRATON. tiada bole orang naek atawa mendjalanken koeda kreta bendi sasamanja ada palataran Mandoengan kiri kanannya Sitinggil serta Pagelaran, apa lagi die dalemnya Aloen-aloen lor, begitoe djoega moelai die prapattan Galadag mengoelonteks asli hal. 44. [mengoe...]

--- 1 : 45 ---

[...lon] sampe djalan bawah dalem wetannja prapatan pasar Pon di dalemnja soeroeandalem djalan metook ka Prang Wedanan atawa koembalinja dari Prang Wedanan maskipoen, tjoemah berpotong djalan, ya tiada bole. Djikaloe ada jang tiada menoeroetken akan dibrentiken dan di brie oekoem sabagaimana orang langgar prentah.

Djatoehnja oendang-oendang tanggal 26 Doelkangidah Alip 1819 atawa ari 14 Juli 1890.

--- 1 : 46 ---

Ôngka 16

Undhang-undhang

Manira kangjêng tuwan residhèn sarta kang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, aparing wêruh marang sarupane uwong, besuk ing dina Rêbo esuk, tanggal kaping 19 sasi Bêsar taun Alip, 1819 utawa kaping 6 Agustus 1890, lêbune kagungan dalêm sasrahan, saka ing kapatihan, konjuk ing karaton.

Kang iku ing dina Rêbo mau wayah jam 9 esuk, ing lurung sangarêp kapatihan, anjaba kanggo padha nyôngga gawe lakune sasrahan, ora kalilan dilakoni jaran, kareta bèndi, garobag, sapêpadhane, kênane yèn wus rampung lakune sasrahan dalah kang angiringake, mangkono manèh wiwit ing lurung Warungpêlêm mangidul, tutug sangarêp paresidhènan, mangidul tumêka ing Galadhag, ing kagungnkagungan. dalêm alun-alun lor, sakiwa têngêning pagêlaran lan sitinggil sarta sajrone palataran Kamandhungan, sajrone sasrahan dalah kang angiringake lumaku, anjabateks asli hal. 48.

--- 1 : 47 ---

kang anyôngga gawe sasrahan, padha ora kalilan anglakokake jaran, kareta, bèndi, garobag sapêpadhane, kabèh mau sanajan mung nugêl dalan, iya ora kalilan, manawa ana kang wani-wani ora ngèstokake, bakal kaandhêg sarta kapatrapan saprêlune wong nêrak parentah.

Dhawuhing undhang-undhang kaping 26 Dulkangidah Alip, 1819. Utawa kaping 14 Juli 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.teks asli hal. 47.

--- 1 : 48 ---

No. 16

Oendang-oedangOendang-oendang.

MOEFAKAT De Residènt O.A. BURNABY LAUTIER

Kita Kangdjeng toewan Residen dengen Wakil Papatihdalêm die Soerakarta, memberi tau pada semoewa orang, jang besuk ari Rebo pagi tanggal 19 boelan Besar taoen Alip 1819 atawa tanggal 6 Augustus 1890 masoeknja Sasrahan dari Kapatian terhoendjook di dalem Kraton.

Ari Rebo tadi poekool 9 pagi, di djalan moeka Kapatian lainnja jang sama angkat kerdja djalannja Sasrahan tadi, di larang tiada boleh di boewat djalannja Koeda Kreta bendi dan Grobag sasamanja, djikaloe soedah rampoong djalannja Sasrahan dengen jang toeroet itoe samoewa boleh djalan saperti biasa; begitoe djoega moelai di mana djalan Waroong Pelem mengidoel sampe di moeka Residentie teroes di Gladag di Aloon-aloon lor kanan kirinja Pagelaran

--- 1 : 49 ---

dan Sitinggil arta di Kamandoengan, di dalem sasrahan atawa yang toeroet berdjalan, lainnja jang sama angkat, pakerdjaan chal sasrahan tadi djoega di larang tiada boleh mendjalanken Koeda Kreta bendi Grobag sasamanja, samoewa tadi kendati tjoemah motong djalan itoe di larang djoega, djikaloe ada jang brani tiada menoeroet, hendak di brentiken dengen di oekoem sabegimana moestinja orang langgar prentah.

Tertoelis oendang-oendang pada ari 26 Doelkangidah Alip 1819 atawa ari 14 Juli 1890.

--- 1 : 50 ---

Ôngka 17

Undhang- undhang

Kang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing surakarta, sarta têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, aparing wêruh marang sarupane uwong, sajrone ing kadhaton ana pasamuwan, wiwit besuk ing dina Sênèn tanggal kaping 17 Bêsar Alip, 1819, utawa kaping 4 Agustus, 1890, nganti ing dina Rêbo tanggal kaping 26, Bêsar, utawa kaping 13 Agustus mau, lakuning jaran utawa kareta sapanunggalane, kang lumêbu sajroning pagêr bumi kadhaton, katata kaya ing ngisor iki.

Manawa saka êlor, satêkane Kamandhungan ora kêna kalèrènake suwe, kudu banjur kamangetanake mêtu ing lurung Tamtaman saurute mangidul.

Manawa saka kidul, satêkane sajroning lawang Brajanala kidul, manawa sumêdya mangalor kudu mêtu kulon.

Manawa saka wetan capuri kadhaton kaya ta lurung Tamtaman saurute,teks asli hal. 52. [sa...]

--- 1 : 51 ---

[...urute,] lêbune marang Kamandhungan, kudu mêtu kulon.

Kang saka kulon capuri kadhaton, kaya ta Sôntakusuman saurute, lêbune marang pamagangan, kudu mêtu wetan. Wêtune saka pamagangan, manawa arêp marang lurung ing Tamtaman saurute, kudu mêtu kulon.

Jaran utawa kareta sapanunggalane mau, liyane kanggo seba ing kadhaton, utawa prêlu kanggo marang panggonan sajroning pagêr bumi kadhaton, ora kêna kalakokake ana ing lurung-lurung sajroning pagêr bumi kadhaton.

Mungguh kang kasêbut ing dhuwur mau anjaba kang kanggo lakuning pagaweyan pulisi prêlu kasusu, utawa lakuning dhoktêr.

Mung wêktu pasamuwan dhansah nalikane dina dhaub, lan sorene disapapar,disapasar. pamêthuke lumêbu pagêr bumi kadhaton kudu mêtu lawang Brajanala kidul, dene manawa pamêthuk mau nêdya jujug ana ing pagêlaran iya kalilan.

Iku manawa ana kang ora angèstokake, bakal kaandhêg sarta kaanggêp anêrak parentah.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 5 Bêsar Alip, 1819. Utawa kaping 23 Juli 1890.

Radèn Mas Tumênggung Purwadinigrat.teks asli hal. 51.

--- 1 : 52 ---

No. 17

Oendang-oendang.

Moefakat De Residhent O.A. BURNABY LAUTIER

Jang Makili Papatihdalem di Soerakarta moefakat sama Kangdjeng toewan Residhent di Soerakarta, dengen terang Srie Padoeka Kangdjeng Soesoehoenan, membri taoe kapada segala orang, di dalemnja KADATON ada pasamoean, moelai nanti ari Senen tanggal 17 Besar Alip 1819 atawa ari 4 Augustus 1890, sampei ari Rebo tanggal 26 Besar atawa ari 13 Augustus tadi, djalannja koeda atawa kreta sasamanja, jang masoek pager boemi KADATON di atoer saperti di bawah ini:

Jang dari lor sampenja di Mandoengan tiada boleh brenti lama, moesti lantas djalan mangetan troes djalan Tamtaman sateroesnja mengidoel.

Jang dari kidoel sampenja di dalem pintoe Brodjonolo kidoel, djikaloe maoe mengalor moesti djalan koelon.

Jang dari wetan Tjapoeri KADATON, saperti djalan Tamtaman sateroesnja, masoekuja masuknya. di Mandoengan moesti djalan koelon.

--- 1 : 53 ---

Jang dari koelon Tjapoeri KADATON saperti Sontokoesoeman sateroesnja, masoeknja di Magangan moesti djalan wetan, kloewarnja dari Magangan kaloe maoe djalan Tamtaman saterusnja moesti djalan koelon. Kuda atawa kreta sasamanja tadi, lainnja terpake mengadep di KRATON atawa perloe terpake di mana tempat di dalemnja pager boemi KADATON, tiada boleh di djalanken di mana djalan djalan pager boemi KADATON, apa jang terseboet di atas tadi, lainnja jang terpake djalanja pakerdjaan politie perloe lekas-lekas, atawa djalanja DOCTER. - Tjoemah wektoe pasamoean dansantdhansah. koetika arinja kawin, dan sorenja dari anem arinja, bolehnja metook masoek pager boemi KADATON moesti kloewar pintoe Brodjonolo kidoel. Adapoen kaloe petoekan tadi maoe djoedjoeg di Pagelaran, ja boleh.

Itoe djikaloe ada jang tiada menoeroetken akan dibrentikan dan dihanggep langgar prentah.

Djatoohnja Oendang-Oendang tanggal 5 Besar Alip 1819, atawa ari 23 Juli 1890.

--- 1 : 54 ---

Ôngka 18

Undhang-undhang

Manira kangjêng tuwan residhèn, lan kang makili pêpatih dalêm ing Surakarta, aparing wêruh marang kang padha nonton makajangan ana sajroning alun-alun dalêm, wiwit ing dina Sênèn tanggal kaping 17 nganti dina Rêbo tanggal kaping 26, padha sasi Bêsar taun Alip, 1819, padha ora kêna nyuwara kang ora sapantêse, lan manganggo kang ing Surakarta ora angênakake, apadene solah pratingkah kang ora prayoga katon ing akèh, mangkono manèh sadhengah wonge ora kêna nunggang jaran, kareta, sapanunggalane lumêbu ing alun-alun dalêm, kajaba putra santana dalêm lan para tuwan-tuwan, manawa ana kang wani- wani anêrak pêpacak mau, kaewokake agawe suda têntrêming akèh, utawa diksura pratingkahe ana ing alun-alun dalêm, bakal kacêkêl ing pulisi, kaladèkake ing parentah.

--- 1 : 55 ---

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 1 sasi Agustus, 1890, utawa sasi Bêsar Alip, 1819.

Radèn Mas Tumênggung Purwadiningrat.

--- 1 : 56 ---

Ôngka 19

Undhang-undhang

Kang amakili pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, aparing wêruh marang sarupane uwong, besuk malêm Rêbo tanggal kaping: 11 Sura Ehe, 1820, utawa kaping: 26 Agustus 1890, sajroning kadhaton ana pasamuwan, lêlangên tedhansah, ing dina malêm Rêbo mau, lakuning jaran utawa kareta sapanunggalane, kang lumêbu sajroning pagêr bumi kadhaton, katata kaya ing ngisor iki.

Manawa saka êlor, satêkane Kamandhungan ora kêna kalèrènake suwe, kudu banjur kamangetanake mêtu ing lurung Tamtaman saurute mangidul.

Manawa saka kidul, satêkane sajroning lawang Brajanala kidul, manawa sumêdya mangalor kudu mêtu kulon.

Manawa saka wetan capuri kadhaton, kaya ta lurung Tamtaman saurute, lêbune marang kamandhungan, kudu mêtu kulon.teks asli hal. 58. [ku...]

--- 1 : 57 ---

[...lon.]

Kang saka kulon capuri kadhaton, kaya ta Sôntakusuman saurute, lêbune marang Pamagangan, kudu mêtu wetan. Mêtune saka Pamagangan, manawa arêp marang lurung ing Tamtaman saurute, kudu mêtu kulon.

Jaran utawa kareta sapanunggalane mau, liyane kanggo seba ing kadhaton, utawa prêlu kanggo marang panggonan sajroning pagêr bumi kadhaton, ora kêna kalakokake ana ing lurung-lurung sajroning pagêr bumi kadhaton. Mungguh pamêthuke lumêbu pagêr bumi kadhaton, kudu mêtu lawang Brajanala kidul, dene manawa pamêthuk mau nêdya jujug ing pagêlaran iya kalilan.

Mungguh kang kasêbut ing dhuwur mau anjaba kang kanggo lakuning pagaweyan pulisi prêlu kasusu, utawa lakuning dhoktêr.

Iku manawa ana kang ora angèstokake, bakal kaandhêg sarta kaanggêp anêrak parentah.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 6 Sura Ehe, 1820. Utawa kaping 22 Agustus, 1890.

Radên Mas Tumênggung Purwadiningrat.teks asli hal. 57.

--- 1 : 58 ---

No. 19

Oendang-oendang.

GEZIEN den 22 Augustus 1890 De Resident van Soerakarta O.A BURNABY LAUTIER

Jang Makilli Papatihdalem di Soerakarta moefakat sama Kangdjeng toewan Resident di Soerakarta, dengan terang Srie Padoeka Kangdjeng Soesoehoenan, membri taoe kapada segala orang, besoek ari Selasa sore tanggal 11 Soera Ehe 1820 atawa ari 26 Augustus 1890 di dalem KADATON ada pasamoean thee-dansant, ari Selasa sore tadi djalannja koeda atawa kreta sasamanja, jang masoek pager boemi KADATON di atoer saperti di bawah ini:

Jang dari lor sampenJa di Mandoengan tiada boleh dibrentiken lama, moesti lantas djalan mengetan troes djalan Tamtaman sateroesnja mengidoel.

Jang dari kidoel sampenja di dalem pintoe Brodjonolo kidoel, djikaloe maoe mengalor moesti djalan koelon.

Jang dari wetan Tjapoeri KADATON, saperti djalan Tamtaman sateroesnja, masoeknja di Mandoengan moesti djalan koelon.

--- 1 : 59 ---

Jang dari koelon Tjapuri KADATON saperti Sontokoesoeman sateroesnja, masoeknja di Magangan moesti djalan wetan, kloewarnja dari Magangan kaloe maoe djalan Tamtaman sateroesnya moesti djalan koelon, Koeda atawa kreta sasamanja tadi, lainnja tepake mengadep di KRATON atawa perloe tepake di mana tempat di dalemnja pager boemi KADATON, tiada boleh di djalanken di mana djalan-djalan pager boemi KADATON. Adapoen bolehnja metoek masoek pager boemi KADATON moeti kloewar pintoe Brodjonolo kidoel, kaloe petoekan tadi maoe djoedjoeg di Pagelaran ja bole.

Apa jang terseboet di atas tadi, lainnja jang tepake djalannja pakerdjaan politie perloe lekas lekas atawa djalannja DOCTER.

Itoe djikaloe ada jang tiada menoeroetken akan dibrentiken dan di hanggep langgar prentah.

Djatoehnja oendang-oendang tanggal 6 Sura Ehe 1820, atawa ari 22 Augustus 1890.

--- 1 : 60 ---

Ôngka 20

Gezien den 10e September 1890. De Resident van Soerakarta, O.A. BURNABY LAUTIER.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake pranatan tumrap sajroning nagara Surakarta, ing Klathèn sarta ing Bayalali, minôngka angêdohake sarta mapas lêlara amarga saka sundêl, kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sakèhing sundêl, lan panggonaning sundêl, iku sarupane abdi dalêm pulisi padha angulat-ulatna.

Bab 2

Abdi dalêm pulisi padha kabubuhan jaga murih kalakona pranatan iki.

Bab 3

Sadhengah wong wadon kang arêp dadi sundêl, iku wajib lapur lan nyuwun idi dhisik marang abdi dalêm bupati pulisi kang ambawahake. [ambawah...]

--- 1 : 61 ---

[...ake.]

Bab 4

Kang lapur dadi sundel mau banjur dipemutana ana ing êbuke bupati pulisi kang ambawahake, mawaa ôngka urut, manut pola kang dicirèni nganggo aksara, A.

Bab 5

Sarupane bêbahuning pulisi lan kapala kampung utawa kapala desa padha wajib anglapurake manawa bawahe ana wong wadon kang tau palanyahan utawa dadi sundêl.

Bab 6

Manawa wong wadon kang dilapurake mau ngakoni dadi sundêl, banjur kacathêtana ana ing êbuk, kaya bab kaping: 4: mau.

Bab 7

Manawa wong wadon mau ora ngakoni dadi sundêl, iku banjur kalapurna kamot ing layang marang abdi dalêm bupati pulisi kang ambawahake, sababe wong wadon mau dianggêp dadi sundêl, manawa mirid saka ananing palapuran mau utawa wêwaton saka pakolèhing papriksan, pamikiring [pamikir...]

--- 1 : 62 ---

[...ing] bupati pulisi wong wadon kang kalapurake mau têrang sundêl, sanajana ora kaduga dipemuti, bupati pulisi iya akona mèmuti ana ing êbuk, kaya bab kaping: 4: mau, lan dicêkêlana layang pratôndha kaya bab kaping: 9: dene wong wadon mau wajib anêtêpana sarupaning pranatan kang tumrap marang para sundêl, padha lan wong wadon kang kapemutan dadi sundêl awit saka pangakune dhewe.

Bab 8

Sarupane wong wadon kang kapemutan dadi sundêl, sajrone pitung dina saka kapemutan mau, bakal kapriksa dening dhoktêr kang duwe bubuhan, ana ing gêdhong pamulasaraning para sundêl kang lara, kaadêgana bêbauning pulisi, dene dina lan wayahe utawa panggonane, bakal katamtokake dening dhoktêr mau.

Bab 9

Manawa wus dipriksa dening dhoktêr, êndi kang ora lara jalaran gone dadi sundêl, utawa ora lara liyane kang nulari, banjur dicêkêlana layang pratôndha dening bupati pulisi kang ambawahake manut pola kang nganggo dicirèni [dicirè...]

--- 1 : 63 ---

[...ni] aksara B.

Bab 10

Êndi kang dipriksa dening dhoktêr lara jalaran gone dadi sundêl, utawa lara liyane kang nulari, iku banjur kalêbokna marang gêdhong pamulasarane para sundêl kang lara, ditambanana dening dhoktêr, manawa durung dipratelakake waras dening dhoktêr, ora kêna mêtu saka ing gêdhong mau.

Dene manawa wus waras banjur dicêkêlana layang pratôndha kaya bab kaping, 9, mau.

Bab 11

Sajrone pitung dina sapisan, sarupane wong wadon kang dicêkêli layang pratôndha padha kapriksanana dening dhoktêr, kaadêgana bêbau pulisi, dene dina utawa wayahe, katamtokake dening dhoktêr kang duwe bubuhan.

Papriksan iki utawa papriksan kang kasêbut ing bab kaping 8, katindakna ana ing gêdhong pamulasarane para sundêl kang lara.

Wong wadon kang katêmu lara, layange pratôndha banjur kapundhuta sawatara lawas, pamundhute layang pratôndha mau [ma...]

--- 1 : 64 ---

[...u] kacathêtana ana ing êbuk, dene wong wadon mau tumuli dilêbokna ing gêdhong pamulasarane para sundêl kang lara, manawa larane wus waras, cacêkêlane layange pratôndha banjur kaparingna bali mawaa unèn-unèn yèn wong wadon mau wus waras.

Bab 12

Sarupane sundêl wajib ora pisah lan layang pratôndha cacêkêlane, manawa arêp dipriksa dening para dhoktêr lan para pulisi utawa bêbaune, banjur kapariksakna.

Kang dicêkêli layang pratôndha mau, ora kêna pisan-pisan anyilihake layange pratôndha marang liyane, utawa ijolan, apadene nganggo layang pratôndha cacêkêlane sundêl liyane.

Manawa layang pratôndha mau ilang, kang duwe cêkêlan wajib nyuwun lirune marang bupati pulisi kang ambawahake.

Bab 13

Kang wus dicathêti dadi sundêl ana ing êbuk sapisan, iku têtêp jênêng sundêl manawa cathêtan mau durung dicorèk dening pulisi.

--- 1 : 65 ---

Dene pulisi kênane nyorèk jênênge sundêl ana ing êbuk mau manawa ana sababe kaya ing ngisor iki:

1.Yèn wonge mati.

2.Yèn wonge duwe panyuwun arêp laki, môngka pulisi anduga manawa wong mau kêna diarêp-arêp marine gone laku palanyahan.

3.Yèn wonge duwe panyuwun arêp marèni ênggone dadi sundêl, môngka pulisi anduga gone arêp marèni laku palanyahan têmên.

4.Yèn wonge arêp alihan, môngka pulisi anduga wong mau ora bakal manggon manèh ana ing kabupatèn ênggone dipemuti.

Sarupane sundêl ora kêna ngalih ênggon, yèn durung lapur marang bupati pulisi kang ambawahake.

Bab 14

Sarupaning sundêl kang arêp dipriksa manut unine bab kaping 8 lan bab kaping 11 môngka ora têka ing ngarêpe dhoktêr kang mriksa, utawa kang anêrak unine bab kaping 3, 12, lan bab kaping 26, adêg-adêg 2 ing bab kaping

--- 1 : 66 ---

10, apadene adêg-adêg pungkasan ing bab kaping 13 iku kapatrapan dhêndha sapisane kèhe 5 rupiyah tutug 25 rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, awit sadina nganti têlung puluh dina, dene ping pindhone kèhe 5 rupiyah, nganti 100 rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, awit têlung dina nganti têlung sasi.

Bab Pasundêlan

Bab 15

Kajaba talèdhèk utawa kang nyambut gawe sabên dina, sarupaning sundêl sabisa-bisane kudu padha ngalumpuka ana ing pasundêlan.

Bab 16

Sarupane wong kang arêp angadêgake pasundêlan, iku wajib lapur utawa nyuwuna idi dhisik marang bupati pulisi kang ambawahake.

Bab 17

Kalilane ananing pasundêlan manawa wus anêtêpi kaya ing ngisor iki.

--- 1 : 67 ---

1.Yèn ana kang nglurahi.

2.Yèn wus dilapurake akèh sathithike utawa angkaning sundêl kang manggon utawa kalilan malêbu ing pasundêlan,

3.Yèn panggonane ora saru didêgi pasundêlan,

4.Yèn kang nyêkêl pasundêlan wus nyêkêl layang palilahe bupati pulisi kang ambawahake, dene layang mau manut pola kang dicirèni aksara C.

Bab 18

Kang nyêkêl pasundêlan iku wajib kaya ing ngisor iki.

1. Anglarangi pasundêlane dipondhoki utawa dilêboni wong wadon liyane kang wus dicêkêli layang pratôndha têrang yèn sundèl, kaya kang kasêbut ing bab kaping:9.

2. Anglapurake marang pulisi jênêng lan angkane wong wadon kang manggon utawa kang kalilan malêbu ing pasundêlane.

3.Jaga supaya sundêl kang padha manggon utawa kalilan malêbu ing pasundêlane anêtêpi pêpacake pranatan iki.

Bab 19

Kajaba iku kang nyêkêl pasundêlan mau kudu anêtêpi kaya ing ngisor iki.

--- 1 : 68 ---

1. Jaga tata tataning pasundêlane, manawa nganti ana kadurjanan utawa panêraking parentah, kang nyêkêl pasundêlan katêmpuh.

2. Beciki lan angrêsiki pasundêlane.

3. Jaga kang supaya sajabaning omah pasundêlan sarta patrap panyêkêle pasundêlan mau aja nganti saru.

4. Anyumanggakake sawayah-wayahe pasundêlane dipriksa pulisi utawa dhoktêr.

Bab 20

Para sundêl kang padha manggon utawa kalilan malêbu ing pasundêlan, padha wajib anêtêpana pêpacake pulisi utawa kang nyêkêl pasundêlan, kang kasêbut utawa magêpokan layang pranatan iki.

Bab 21

Layang palilah kang kasêbut ing bab kaping 17 ôngka 4 iku ing sawayah-wayahe kudu cumawis ana ing pasundêlan, sarta yèn kajaluk sumurup kudu kapriksakake.

Kang nyêkêl pasundêlan, ora kêna angêwèhake utawa anyilihake cêcêkêlane layang palilah marang wong

--- 1 : 69 ---

seje, sarta sabên nêm sasi kudu angladèkake layang palilah mau marang bupati pulisi kang ambawahake, supaya kapariksa pantêse kalastarèkake nêm sasi manèh utawa kasuwak.

Gone anglastarèkake utawa anyuwak mau kudu kapemutan ana ing êbuk kang kasêbut ing bab kaping 22.

Saupama layang palilah mau ilang, kang duwe cêcêkêlan wajib seba marang bupati pulisi kang ambawahake, nyuwun layang palilah anyar.

Bab 22

Bupati pulisi kang ambawahake kudu nyêkêl buk bab kaananing pasundêlan, manut pola kang dicirèni nganggo aksara D.

Samasa ana nalare, bupati pulisi mau amacakana utawa anyuwaka anane pasundêlan.

Manawa anane pasundêlan kang kasuwak, para sundêl kang manggon ing kono kudu padha lunga saka pasundêlan mau sajrone 24 jam saka gone tômpa parentahe pulisi, sarta pasundêlan mau ora kêna diênggoni utawa dilêboni

--- 1 : 70 ---

sundêl liyane manèh.

Para sundêl kang sawuse patlikur jam mau isih ana sajroning pasundêlan kang kasuwak, utawa kang anêrak pêpacake bab kaping 20 iku padha kapatrapan dhêndha kèhe 5 rupiyah tutug 25 rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, lawase sadina tutug têlung puluh dina.

Bab 23

Sapa-sapa kang nyêkêl pasundêlan tanpa lilah anyulayani unine bab kaping 16 lan bab kaping 26 sarta manawa kang nyêkêl pasundêlan ora nêtêpi pêpacake bab kaping 17, 18, 19, lan bab kaping 21 ing layang pranatan iki, kapatrapan dhêndha kèhe 5 rupiyah tutug 100 rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, lawase têlung dina tutug têlung sasi.

Pêpacake Pungkasan

Bab 24

Para priyayi utawa bêbaune nagara, ora kalilan anjaluk apa-apa, utawa nampani bayaran pisungsung

--- 1 : 71 ---

sapêpadhane, saka para sundêl utawa saka kang nyêkêl pasundêlan, sumurup utawa kang magêpokan pagaweane apadene ênggone angulungake layang pratôndha kang katamtokake ing layang pranatan iki utawa kang jalaran saka pêpacake layang pranatan iki.

Sarupaning layang kang kasêbut ing layang pranatan iki padha kaparingake tanpa bayaran.

Bab 25

Layang pranatan iki mung sawatara lawase tumrap para sundêl lan kang padha nyêkêl pasundêlan, manggon utawa anggaota ana sajroning watêse nagara Surakarta, ing Kabupatèn Kalathèn, lan ing Bayalali.

Mungguh kang kaaranan watês mau têgêse saka ing panggonan dununge panggêdhening nagara asipat kêncêng patang pal mubêng, dene saka panggonan dununge panggêdhening kabupatèn ing Klathèn sarta ing Bayalali, sipat kêncêng têlung pal mubêng.

Bab 26

Wong wadon kang saiki wus dadi sundêl, utawa wong kang saiki wus nyêkêl pasundêlan, iku sajroning pitung dina saka tumapake [tu...]

--- 1 : 72 ---

[...mapake] layang pranatan iki, wajib lapura marang bupati pulisi kang ambawahake.

Bab 27

Tumapake layang pranatan iki ing tanggal kaping 1 Oktober 1890, utawa kaping 16 Sapar Ehe 1820.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping:25: sasi Sura taun Ehe ôngka 1820, utawa kaping 10 Sèptembêr 1890.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 0 ---

Pola A ... Buk kang nêlakake ananing para sundêl sajroning apdêling.

[Grafik]

--- 1 : 0 ---

Pola B

... (a) krajan ing ... (c)

buk ôngka ... (b)

Kampung

kalêbokake ing buk kala ... (f) ... (d)

Desa

Jênêng lan angkane kang nyêkêl pasundêlan ... (e)

layang pratôndha cacêkêlane para sundêl

bupati pulisi

(g) ...

[Grafik]

(a) Jênêng lan parabane sundêl, manut kalowongane ôngka 2 ing buk kang dicirèni nganggo aksara A.

(b) Angkane urut, sundêl manut kalowongane ôngka 1 ing buk kang dicirèni nganggo aksara A.

(c) Jênênge krajan,

(d) Jênênge desa utawa kampung,

(e) Manut kalowongane ôngka 1 lan 3, ing buk kang dicirèni nganggo aksara D.

(f) Dina sasi lan taun, olèhe dipemuti dadi sundêl, manut kalowongane ôngka 8 buk kang dicirèni nganggo aksara A.

(g) Tôndha tangane bupati pulisi,

--- 1 : 0 ---

Pola C

Ôngka: ... (a)

Bupati pulisi anglilani marang ... (b)

... kang omah-omah ing: (c) ...

... anyêkêl pasundêlan ana ing ...

krajan, ... (d)

...

... ping ... 18

Bupati pulisi ...

(a) Angkane urut buk kang dicirèni nganggo aksara D.

(b) Jênêng lan parabane,

(c) Jênênge kampung utawa desa,

(d) Jênênge krajan,

--- 1 : 0 ---

Pola D ... Buk kang anêlakake anane pasundêlan ing krajan

[Grafik]

(a) Jênênge krajan

--- 1 : 73 ---

Ôngka 21

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake pranatan panganggo kaya ing ngisor iki.

Abdi dalêm wadana kaliwon sajêro sarta sajabaning nagara kabèh, manawa seba dina pasamuwan gêdhe padha ingandikakake nganggo kalambi sikêpan gêdhe, dhasare sangkêlat irêng mawa kabordir gim êmas utawa slaka, bênike cacah sanga mawa krun, sarta aksara P.B. dodote bathikane sêmèn latar putih, wadana jaba jêro sarta anon-anon nagara, calana cindhe kêmbang abang, kaliwon jaba jêro, wadana pulisi pamajêgan, kaliwon anon-anon, pulisi pamajêgan sapêpadhane, cindhe cakar abang, kang ora kalilan nganggo gubêg, sorote katamtokake têkan saantaraning dhêngkul lan polok têngah bênêr, dene ukupe moga irêng, kang kalilan calana gubêg, ukupe iya gubêg, kang ora [o...]

--- 1 : 74 ---

[...ra] kalilan nganggo gubêg, ukupe sorot, ambane nêm dim, abdi dalêm kang pangkat panèwu mantri padha ingandikakake nganggo bênik mawa krun, sarta aksara P.B. pratelan warnaning bordiran sarta bênike kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Panganggone abdi dalêm bupati jaba jêro, bordiran gim êmas byur, corake kaya ing ngisor iki.

1. Sakubênging gulon, gatra êpanging wit, oranyê lan wit eik, ambane 3½ dim Nèdêrlan, pinggir mawa têpi balênggi lan untu walang, ambane 1 dim Nèdêrlan.

2. Ing dhadha kiwa têngên gathuke lan gulon ngarêp, mangisor tutug mataitik lan trêping bênik kang ngisor dhewe banjur têpung lan pinggiring èmbèl kiwa têngên, sarta têpung lan pinggiring gigiran, iku corak sarta ambaning bordir dalah têpine balênggi lan untu walang uga kaya gulon mau.

3. Pucuking lêngênan têpung, ambane bordir sarta têpine balênggi [balêng...]

--- 1 : 75 ---

[...gi] lan untu walang, uga kaya gulon mau.

Bab 2

Panganggone Ondêr Mayor utawa bupati pangrêmbe, bordiran gim slaka byur, corak lan ambane padha lan panganggone bupati jaba jêro kang kasêbut ing bab 1 mau.

Bab 3

Panganggone bupati anon-anon, kalêbu bupati juru kunci ing Imagiri, bordiran silih asih, gim êmas lan slaka, corak lan ambane uga padha lan panganggone bupati jaba jêro.

Bab 4

Panganggone bupati pulisi nagara, bordiran gim slaka byur, corak lan ambaning gulon, lêngênan sarta dhadhane uga padha lan panganggone bupati jaba jêro, dene èmbèle lan pinggiring gigiran iku mung têpi balênggi rangkêp sarta untu walang, ambane 1½ dim Nèdêrlan.

Bab 5

Panganggone kaliwon jaba jêro, bordiran gim êmas byur coraking gulon lêngênan sarta dhadhane padha lan panganggone [pangang...]

--- 1 : 76 ---

[...gone] bupati jaba jêro, nanging ambaning dhadha lan lêngênane mung 2½ dim Nèdêrlan, têpine balênggi lan untu walang ambane uga 1 dim Nèdêrlan, dene èmbèle lan pinggiring gigiran, iku mung têpi balênggi lan untu walang ambane 1 dim Nèdêrlan.

Bab 6

Panganggone bupati pulisi sajabaning nagara, bordiran gim slaka byur, corak sarta ambane padha lan panganggone kaliwon jaba jêro.

Bab 7

Panganggone bupati pamajêgan, bordiran silih asih, gim êmas lan slaka, corak sarta ambane, uga padha lan panganggone kaliwon jaba jêro.

Bab 8

Panganggone kaliwon anon-anon, bordiran silih asih gim êmas lan slaka, corak lan ambane kang tumrap ing gulon sarta lêngênan, padha lan panganggone kaliwon jaba jêro, dene dhadha sapangisor dalah èmbèl sarta gigirane iku mung balênggi rangkêp lan untu walang, ambane [a...]

--- 1 : 77 ---

[...mbane] 1½ dim Nèdêrlan.

Bab 9

Panganggone kaliwon carik lan kaliwon urdênas, bordiran gim slaka byur, corak lan ambane padha lan panganggone kaliwon anon-anon.

Bab 10

Panganggone kaliwon pulisi sajêro sarta sajabaning nagara, bordiran gim slaka byur, corak lan ambane gulon sarta lêngênane uga padha lan panganggone kaliwon anon-anon, dene balênggi lan untu walang têpining dhadha saurute lômba, ambane:1: dim Nèdêrlan.

Bab 11

Panganggone kaliwon pamajêgan kalêbu kaliwon ing Sela, kaliwon juru kunci Ngimagiri, kaliwon galadhag desa lan kaliwon pangrêmbe, bordiran silih asih, gim êmas lan slaka, dene corak sarta ambane padha lan panganggone kaliwon pulisi, kang kasêbut ing bab kaping 10.

--- 1 : 78 ---

Bab 12

Panganggone kaliwon suranata, bordiran putih byur, corake dhapur cêngkèhan, ambaning gulon, lêngênan, dhadha èmbèl sarta pinggiring gigiran, ukurane padha lan panganggone kaliwon anon-anon.

Bab 13

Warnaning bênik kaya kang kasêbut bêbukaning pranatan iki, manut warnane bordiraning kalambine, kaya ta: kang bordiran êmas byur, bênike kuning byur, kang bordiran slaka byur, bênike putih byur, kang bordiran silih asih, bênike uga silih asih, dhasare putih, krun sarta aksarane P.B. kuning.

Bab 14

Mungguh bênik panganggone abdi dalêm kang pangkat panèwu mantri, warnane iya miturut warnane bênike wadanane, kang abdi dalêm panèwu mantri panêkare abdi dalêm wadana jaba jêro, kuning byur, kang abdi dalêm panèwu mantri panêkare abdi dalêm wadana anon-anon, pamajêgan galadhag desa utawa juru kunci lan pangrêmbe, silih asih, dhasare putih,

--- 1 : 79 ---

krun lan aksarane kuning, abdi dalêm panèwu mantri kang panêkare abdi dalêm wadana pulisi, utawa panèwu mantri pulisi ing kabupatèn sajêrone nagara, putih byur.

Bab 15

Panganggone kalambi bordiran sabênike, dodot, calana sarta ukup mau kaya ing ngisor iki.

1. Seba garêbêg

2. Seba tingalan dalêm wiyosan taun sarta panjênêngan.jumênêngan.

3. Andhèrèk wiyosan dalêm têdhak ing paresidhènan, taun baru taun raja.

Kajaba kang wus katamtokake ing dhuwur mau, manawa ana pasamuwan liyane kang kudu nganggo kalambi bordiran mau, bakal mawa kadhawuhake. Dene bênik, sanajan ora nuju nganggo kalambi bordiran iya kalilan nganggo, anggêre ana ing sikêpan gêdhe utawa sikêpan cêkak, tumrape abdi dalêm panèwu mantri uga mangkono.

Bab 16

Panganggo kalambi bordiran sarta bênik mawa krun sarta aksara P.B. dodot, calana sarta ukup mau, kajaba [ka...]

--- 1 : 80 ---

[...jaba] abdi dalêm kang wus katamtokake ing pranatan iki, padha ora kalilan nganggo, manawa ana kang ora ngèstokake utawa wani nganggo kang dudu panganggone, iku kaanggêp mahanêrak parentah, kapatrapan katimbang lan prakarane.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 8 sasi Sapar taun, Ehe, ôngka 1820, utawa kaping 23 Sèptèmber 1890.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 81 ---

Ôngka 22

Gèzien 30/9 90 De Resident O.A. BURNBY LAUTIER.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake pranatan kaya ing ngisor iki.

1. Sarupane pakuburan kang ana sajrone utawa sacêdhaking kampung utawa desa, iku papaning pakuburan mau padha kapasthia ambane, mawa kadokokana watês, aja nganti kêcêdhakên lan omahing wong, dene kang kawajiban anamtokake watêse mau pulisi kang ambawahake, ing têmbe manawa wus sêsak, ora kêna ngêlar marang kiwa têngêne, nanging kudu gawe manèh ana ing palêmahan kang adoh lan omahing wong, mawa nyuwun lilah marang pulisi, dene kang mrênahake lan amatêsi papane mau uga pilisi kang ambawahake.

2. Sarupaning kuburan, ing ngêndi-êndia prênahe, panggawene kaluwat, jêrone dhudhukane ora kêna

--- 1 : 82 ---

kurang saka nêm kaki.

3. Pakuburan kang ana sajrone utawa sacêdhaking desa, iku pulisi kang ambawahake angladèkna pratelan katur ing nagara, kapêthaa ing gambar mawa ukuran sarta katêrangan sawiji-wijining kampung utawa desa dununging pakuburan mau, ing sabanjure manawa ana kang nyuwun lilah gawe pakuburan anyar, sawuse pulisi amrênahake lan anamtokake watês papaning pakuburan mau banjur anglapurna marang nagara, uga mawa gambar lan katrangan kaya ing dhuwur mau.

Kalakone prênah lan watês papaning pakuburan mau anêtêpi pranatan iki kajibahake marang abdi dalêm pulisi kang ambawahake, dene kalakone jêrone dhudhukaning kaluwat mau kajibahake marang juru kunci utawa kang nguwasani sawiji-wijining pakuburan, pulisi utawa bêbaune uga padha kawajibake ngulat-ulatake.

Manawa ana kang ora ngèstokake pranatan iki bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, manawa abdi dalêm, yèn ana prêlune bakal kaundur saka kalungguhane, dene [de...]

--- 1 : 83 ---

[...ne] yèn kang ora ngèstokake mau putra santana dalêm, bakal kasumanggakake saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan padha ngèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 15 sasi Sapar taun, Ehe, ôngka, 1821, utawa kaping 20 Sèptèmbêr, 1890.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 84 ---

Ôngka 23

Gezien den 20en November 1890. De Residhent van Soerakarta. O. A. BURNABY LAUTIER.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake pranatan bab darbe utawa anunggang lan anyewakake jaran sapanunggalane kewan pasangan kareta utawa garobag, apadene anduwèni anunggang lan anyewakake kareta utawa garobag ana sajrone nagara Surakarta.

Prakara kaping:1: bab anunggang jaran sapanunggalane kewan pasangan kareta utawa garobag, sarta bab anunggang kareta utawa garobag.

Bab ping 1

Ora kêna wong kang nunggang kareta utawa nunggang jaran diplayokake luwih saka jojog alon utawa congklang alon.

Bab ping 2

Manawa liwat saantaraning hèk, saantaraning palêngkung utawa [uta...]

--- 1 : 85 ---

[...wa] galèdhègan, apadene liwat ing karêtêg, iku kudu lumaku rindhik.

Bab ping 3

Manawa kareta utawa garobag, pêthukan padha kareta utawa garobag, iku padha mire ngiwa, longkangane kang nyukupi.

Manawa kareta utawa garobag arêp anglancangi padha kareta utawa garobag, iku kusire kareta utawa kang anglakokake garobag, olèhe arêp anglancangi kudu angunèkake sambuk utawa awèh têngara seje kang cêtha, sabanjure kareta utawa garobage kang arêp dilancangi mau kudu mire ngiwa, dene kang nglancangi kudu mire nêngên.

Manawa kang nglancangi utawa kang dilancangi mau nêmu sangsara iku kang nglojok têngahing lurung kang kaluputan.

Bab ping 4

Wong kang nunggang jaran manawa pêthukan sarta manawa arêp anglancangi kang ana ing ngarêp, laku -lakune iya manuta kaya laku-lakune kareta utawa garobag mau.

--- 1 : 86 ---

Bab ping 5

Manawa ngarêpake liwat ing dalan simpangan, sarta antaraning hèk, palêngkung utawa galedhegan, iku kudu angunèkake sambuk utawa andhisikake wong ana sangarêpe kareta utawa garobage.

Bab ping 6

Kusire kareta utawa kang nglakokake garobag, sasuwene kareta utawa garobage lumaku kudu anaa palungguhane, dene manawa ana ing kutha-kutha kang nglakokake garobag kudu anjagani ana sakiwa têngêning rakitane.

Sarupane bèndi ora kêna diêlisi dening kusir utawa kênèk ngadêg ana ing kênèkan.

Manawa kereta utawa garobag jarane loro dirèntèng utawa kareta jaran papat, iku kudu ana kang ngênèki manggon ing buri apêse wong siji.

Bab ping 7

Kang dadi kusir sarta kang anglakokake garobag iku kudu wong kang wis akil baleg sarta kêna kaduga cakêp ing pagaweane [pa...]

--- 1 : 87 ---

[...gaweane] kusir utawa kang nglakokake garobag.

Sarupane kusir sarta sarupane kênèk, sasuwene nglakokake kareta utawa garobag ana ing dalan kang pancèn kanggo ing ngakèh, iku kudu manganggo sandhangan kang prayoga, sarta ora kêna turu ora kêna mêndêm.

Bab ping 8

Lakune kareta utawa garobag, ana ing dalan, iku kudu mantêngah.

Kareta sarta garobag mau ora kêna mandhêg ana ing dalan prapatan utawa pratêlon.

Manawa kareta utawa garobag mandhêg ana ing dalan, iku kudu aminggir sarta angèngèhana dalan kang cukup dilakoni kareta utawa garobag seje.

Sasuwene kareta utawa garobag mandhêg mau iku kudu apêse ana wonge siji kang jagani.

Bab ping 9

Wiwit jam sêtêngah pitu sore, tumêkane jam satêngah nêm esuk, kareta utawa garobag, manawa lumaku ing dalan kang pancèn kaambah ing akèh, kudu nganggo lêntera [lênte...]

--- 1 : 88 ---

[...ra] loro kaprênah manggon ing ngarêp kiwa têngên, disulêda kang padhang, siji-sijine lentera gêlase loro utawa têlu, manawa ora mawa lentera iya kudu ana wonge siji kang nyêkêl obor, dene manawa kareta utawa garobag mau mandhêg, lenterane kêna kasulêd salah siji bae, ananging kudu kaprênah adhakan diliwati ing ngakèh.

Mungguh garobag momotan barang, iku kêna mung nganggo diyan kaprênahna manggon ing ngarêp têngening garobag, utawa kang anglakokake anggawa obor.

Bab ping 10

Ana ing dalan kang pancèn kaambah ing ngakèh, ora kêna maha angaru-biru wong liwat nunggang jaran, nunggang kareta utawa nunggang garobag, sarana jarane utawa kewan pasangane kareta sarta garobag mau dikagètake, utawa karetane garobage digawe rusak, kenekane digoncèngi utawa sarana patrap liyane saka iku.

Bab 11

Ora kêna anggawa utawa anunggangi jaran utawa kewan [kewa...]

--- 1 : 89 ---

[...n] pasangan kang duwèni lêlara kang anênulari utawa tatu kalakokake ana ing dalan kang pancèn kaambah ing ngakèh.

Ora kêna amagawèkake jaran sapanunggalane kewan pasangan kang pincang, kang kêênomên, utawa kang wis bobrok, ana ing dalan kang pancèn kaambah ing akèh.

Jaran sapanunggalane kewan pasangan kang duwèni lara pilêg utawa lara liyane kang anênulari linakokake ana ing dalan ambah-ambahane wong akèh iku bakal kaandhêg dening polisi, sarta bakal kapriksa dening wong loro kang padha mangêrti, saka pamatahe bupati polisi kang bawahake, manawa wus têrang papriksane lara kaya kang kasêbut mau, bupati polisi banjur marentahna matèni.

Prakara kaping 2, bab anyewakake jaran sapanunggalane kewan, kang kêna dipasangi, sarta bab anyewakake kareta utawa garobag.

Bab ping 12

Ora kêna wong anyewakake jaran sapanunggalane kewan kang kêna dipasangi, sarta anyewakake kareta dhosadho bèndi, tuwin garobag nganggo pir, tanpa

--- 1 : 90 ---

layang palilahe bupati polisi kang bawahake.

Mungguh layang palilah mau mung kanggo marang wong kang wus kalilan, lan marang papan pomahan kang wus kaparêngake kasêbut ing layang palilah mau.

Bupati polisi kang bawahake sadurunge amaringi palilah kudu aniti priksa dhisik prayogane papan pomahan kang bakal ginawe pasewan mau, sarta amikira pakewuh utawa orane kaadêgan pasewan mau wêwaton ature wong kang padha manggon sakiwa têngêning papan pomahan mau, mawa katrangan sabab-sababe pakewuh utawa ora.

Manawa panyuwun mau ora kalilan, bupati polisi kudu amratelakake apa kang dadi sababe ora kalilan mau.

Kang anyuwun palilah kudu mratelakake kaya ing ngisor iki.

a. Panggonane olèhe arêp ngêdêgake pasewan.

b. Cacahing kareta dhosadho bèndi, lan garobag nganggo pir kang bakal kasewakake.

--- 1 : 91 ---

c. Cacahing jaran sapanunggalane kewan kang kasewakake.

Bab ping 13

Ing layang palilahe bakal katamtokake, sawiji-wijining kareta utawa garobag pasewan, kudu ana têngêr lan angkane, manut layang rigistêring kantore bupati polisi kang bawahake.

Mungguh tatêngêr mau rupa aksara Jawa muni kuthaning panggonan padunungane pasewan mau, kaya ta: ing Surakarta, Klathèn, Kartasura, Bayalali, Ngampèl, Sragèn, utawa Sukaharja.

Dene ôngka kang kadunungake ana ing kareta utawa garobag mau iku miturut angkaning layang palilah.

Aksara sarta angkaning têtêngêr mau kudu katulis sarana cèt irêng ana ing papan cèt-cètan putih, papane iku apês-apêse dawane: 15 sèntimètêr, ambane: 10 sèntimètêr, kasêkrupa ana papane kreta utawa garobag kang katon cêtha, saprayogane bupati polisi kang bawahake.

--- 1 : 92 ---

Dene wragade panggawe lan pamasange papan mau, iku kudu kabayar dening kang anyewakake kareta utawa garobag.

Bab ping 14

Ora kêna wong nyewakake jaran sapanunggalane kewan kang kêna dipasangi, sarta anyewakake kareta utawa garobag, manawa jaran utawa kewan sarta manawa kareta utawa garobag ora rêsik lan santosa, mangkono uga ora kêna anyewakake kareta utawa garobag, manawa kareta utawa garobage ora ana têtêngêr lan angkane kaya kang kasêbut ing bab ping: 13 ing dhuwur mau.

Kang nyêkêl pasewan jaran sapanunggalane kewan kang kêna dipasangi sarta kang nyêkêl pasewan kareta utawa garobag, kang wus padha ana wujude, iku sajroning rong sasi sawusing tumindake pranatan iki wajib nyuwunake têngêr lan angkane kareta utawa garobage, dene kang nyêkêl pasewan mau bisa olèh katêrangan saprêlune ana kantore bupati polisi kang bawahake.

--- 1 : 93 ---

Bab ping 15

Manawa ana suda wuwuhe cacahe jarane, sapanunggalane kewane kang kêna dipasangi, sarta kareta utawa garobage, iku kang anyewakake kudu angaturi uninga marang bupati polisi kang bawahake.

Bab ping 16

Papan kang padha dianggo pasewan mau sarta prabote kareta utawa jaran tuwin pirantine, iku kudu rêsik.

Sakèhe tlethong lan rêrêgêd liyane kudu kasingkirake.

Kalènaning gêdhogan sabên dina kudu kasêntor ing banyu apês-apêse rambah ping têlu.

Ing pasewan-pasewan mau kudu ana gêdhonge kareta kang prayoga kanggo andokok kareta utawa garobage.

Bab ping 17

Bupati polisi kang bawahake apêse ing dalêm sasasi sapisan, papriksa utawa akona papriksa apa anane [a...]

--- 1 : 94 ---

[...nane] ing sawiji-wijining pasewan, sarta bab anane jaran sapanunggalane kewan kang kêna dipasangi, tuwin bab kaanane kareta utawa garobag kang dadi golongane pasewan mau.

Sadurunge papriksa apêse kurang 24 jam, bupati polisi kang bawahake amarentahna dina wayahe gone bakal papriksa, supaya kareta lan garobage apadene jaran sapanunggalane kewane kang kêna dipasangi mau, padha pêpak ana ing panggonane pasewan mau.

Manawa katrangane papriksan, pêpacake pranatan iki ora kaèstokake, iku bupati polisi kang bawahake andhawuhna parentah marang kang duwe pasewan, anindakake saprêlune amurih nglaksanani pranatan iki, mawa awêwangên.

Manawa sajrone wêwangên kang tinamtokake dening bupati polisi kang bawahake mau, kang duwe pasewan ora angèstokake, bupati polisi kang bawahake amarentahna nindakake saprêlune, wragade kudu kabayar dening kang duwe pasewan.

--- 1 : 95 ---

Manawa kang duwe pasewan nganti rambah-rambah ora ngèstokake parentah, iku bupati polisi kang bawahake kêna batalake marang palilah kang kasêbut ing bab kaping 12 mau, mangkono iku ora anyuda paukuman kasêbut ing ngisor iki.

Bab ping 18

Manawa layange palilah kasuwak, awit saka panyuwune kang duwe pasewan, utawa awit saka nalar kaya kang kasêbut ing adêg- adêge pungkasan bab ping 17, iku bupati polisi kang bawahake bakal amrentahake ngulapi têngêr lan ôngka kang kasêbut ing bab ping: 13 saka kareta utawa garobage, dene têngêr lan ôngka mau sawise dirusak aja nganti kêna kaanggo manêh, banjur kabalèkna marang kang duwe pasewan, mangkono uga kêna kadhawuhake panyuwake pasewane manawa wujude kareta utawa garobage wis ora nêtêpi pêpacake adêg-adêg: 1, bab ping 14.

Pangrusake têngêr lan ôngka iku bakal kapemutan ana ing layang rigistêr.

--- 1 : 96 ---

Bab ping 19

Ing sawiji-wijining kareta utawa garobag, kang disewakake kudu ana layang pratelan kang diarani tarip, diêtrapake ana ing panggonan kang katon, layang iku mratelakake, sewane sajam, satugêl dina, sadina muput, sawuse surup srêngenge, kapetung wong siji, kapetung wong luwih saka siji, bobote barang kang kêna diêmotake ing kareta utawa garobage, sarta mratelakake liya-liyane apa sakarêpe kang nyewakake bakal diuningakake marang ing akèh.

Layang pratelan iku lan owah-owahane kudu ana tôdha tangane bupati polisi kang bawahake, minôngka tôndha yèn wis diuningani.

Bab ping 20

Manawa ana udure kang nyewakake, karo kang nyewa

--- 1 : 97 ---

awit ora ana layang pratelan kang kasêbut ing bab ping: 19, apa manèh manawa sulaya bab prakara liya-liyane kang ora kasêbut ing layang pratelan mau, iku kang nyewa prakarane dimênangke.

Bab ping 21

Manawa ana kusir utawa tukang nglakokake garobag, duwèni patrap utawa kainan kang nyulayani pranatan iki, môngka kang duwe pasewan ora bisa nelakake, iku kang kajibah kang anyewakake.

Manawa para kapala ana kang akon marang kusire utawa marang tukang nglakokake garobag, anglakoni nêrak pêpacake layang pranatan iki, iku bakal kapatrapan paukuman kayadene kapala mau anglakoni dhewe nêrak pranatan mau.

Prakara kaping 3 bab patrapan.

Bab ping 22

Sapa kang nêrak pêpacake pranatan iki bakal kapatrapan dhêndha: 1 rupiyah, nganti 100 rupiyah, utawa mawa-mawa bangsane kang anêrak, kapatrapan kakunjara 1 dina, [di...]

--- 1 : 98 ---

[...na,] nganti 8 dina, utawa dipatrapi nyambut gawe paksan, nganggo diparingi pangan tanpa bayaran, lawase: 1 dina, nganti 3 dina.

Prakara kaping 4 bab pêpacak pungkasan.

Bab ping 23

Tumapake layang pranatan iki awit tanggal kaping 1 Januari 1891, layang pranatan iki bakal katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya kang padha anyumurupi aja nganti ana kang mitambuhi ing unine.

Dhawuhing pranatan ing Surakarta kaping 7 sasi Rabingulakir taun Ehe, ôngka 1820, utawa kaping 20 Nopèmbêr 1890.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Katrangan:

Mênggah patrapan ingkang kawrat pungkasanipun bab 22, ing nginggil punika babonipun ingkang kadhawuhakên kalèntu pangêcapipun, ingkang mungêl: lawase 1 dina nganti 3 dina, punika lêrêsipun 1 dina nganti 30 dina, klintunipun wau lajêng kasusulan dhawuh ôngka 30, ing wingking punika.

--- 1 : 99 ---

Ôngka 24

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri jaba, kaya ing ngisor iki.

Samasa ing kabupatèn wus anampani layang pikukuh saka nagara, banjur marentahna marang karerehane panèwu mantri seba pêpak, lan marang kang bakal kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri mau, katamtokna dinane, Senèn utawa Kêmis, andhèrèk bupatine seba ing pagêlaran, panganggone manawa isih dadi punakawan iya apa panganggone punakawan.

Sawuse seba ing pagêlaran, bupatine amataha karèrèhane mantri kabayan, amasrahake kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau, dalah layang pikukuh ampilane mawaa layang sorogan marang bupati utawa kaliwon kang jaga nagara, supaya didhawuhake sarta dimupakatake

--- 1 : 100 ---

ana ing pagêlaran.

Manawa kang padha seba kira-kira wus pêpak, sarta pêpatih dalêm yèn ora pamit wus magêlaran, bupati utawa kaliwon kang jaga nagara, banjur pratelaa marang kancane wadana kaliwon kang padha seba, manawa arêp andhawahake pamacake si Dhadhap, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri anu, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, sawuse mangkono banjur andhawuhna marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau mawa kacêluka jênênge, banjur amratelakna awit saka parentah ing pêpatih dalêm, têrang kaparênge sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kakêrsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri anu, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, kaparingan jênêng sarta sêsêbutan Radèn Ngabèi utawa Mas Ngabèi anu, dilakonana sagawe-gawene abdi dalêm panèwu utawa mantri anu. Mungguh gone andhawuhake marang kang kakêrsakake dadi abdi dalêm mau kudu nganggoa têmbung ngoko: manira lan pakênira.

Sawuse kadhawuhake, bupati utawa kaliwon kang jaga [ja...]

--- 1 : 101 ---

[...ga] nagara banjur animbalana abdi dalêm panèwu kang jaga nagara kiwa têngên, layang pikukuh dalah kang mêntas katêtêpake mau kaparingna marang panèwu kang jaga nagara, panèwu kang jaga nagara banjur angirida kang mêntas katêtêpake, marang pasebaning gagolongane kang katêtêpake, mantri kabayane angiringna, padha manggona samburining panèwu kang jaga nagara, sawuse tumêka ing panggonan, panèwu kang jaga nagara salah siji banjur amacaa layang pikukuhe, minangka mupakatake marang kancane kang nunggal paseban, manawa kang katêtêpake mau panèwu mantri bumi utawa panumping, pamacane ana kulon, sawuse rampung pamacane, layang pikukuh katampakna marang kang mêntas katêtêpake, sarta kang mêntas katêtêpake mau banjur kaprênahna dening mantri kabayan, nunggal palinggihane gagolongane kabupatèn, lan urutna nom tuwaning kalungguhan, panèwu kang jaga nagara tumuli marang pasebaning panèwu mantri sisihane, upamane kang katêtêpake mau abdi dalêm panèwu mantri bumi utawa panumping, sisihe mau iya panèwu mantri sèwu lan gêdhe, banjur mupakatna sarana ijoan, sawuse

--- 1 : 102 ---

mupakatake panèwu kang jaga nagara banjur lapura marang kang jaga nagara, mantri kabayan lapura marang bupatine, sawuse padha lapur banjur baliya marang pasebane dhewe-dhewe. Liya dina pinujune parêpataning kabupatèn, bupatine mupakat ana ing kabupatène, yèn wus kamupakatake ana ing kabupatèn banjur tindakna ing sagawe-gawene abdi dalêm panèwu mantri.

Pranatan iki mung tumrap marang abdi dalêm panèwu mantri jaba patang kabupatèn.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 15 sasi Rabingulakir taun Ehe, ôngka 1820.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 103 ---

Ôngka 25

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri ngarêp, kaya ing ngisor iki.

Samasa ing kabupatèn wus anampani layang pikukuh saka nagara, banjur marentahna marang karèrèhane kaliwon panèwu mantri seba pêpak ana ing pagêlaran, lan amarentahna marang kang bakal kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri mau, katamtokna dinane, Sênèn utawa Kêmis, andhèrèk bupatine seba ing pagêlaran, panganggone manawa isih dadi punakawan iya apa panganggone punakawan.

Sawuse seba ing pagêlaran, bupatine amataha karèrèhane panèwu kabayan, amasrahake kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau, dalah layang pikukuh ampilane mawaa layang sorogan marang bupati utawa kaliwon [kali...]

--- 1 : 104 ---

[...won] kang jaga nagara, supaya didhawuhake sarta dimupakatake ana ing pagêlaran.

Manawa kang padha seba kira-kira wus pêpak, sarta pêpatih dalêm yèn ora pamit wus magêlaran, bupati utawa kaliwon kang jaga nagara, banjur pratelaa marang kancane wadana kaliwon kang padha seba, manawa arêp andhawahake pamacake Si Dhadhap, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri ngarêp, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, sawuse mangkono banjur andhawuhna marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau mawa kacêluka jênênge, banjur amratelakna awit saka parentahing pêpatih dalêm, têrang kaparênge sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri ngarêp, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, kaparingan jênêng sarta sasêbutan radèn ngabèi utawa mas ngabèi anu, dilakonana sagawe- gawene abdi dalêm panèwu utawa mantri ngarêp, mungguh gone andhawuhake marang kang kakêrsakake dadi abdi dalêm mau kudu nganggoa têmbung ngoko: manira lan pakênira.

--- 1 : 105 ---

Sawuse kadhawuhake, bupati utawa kaliwon kang jaga nagara banjur animbalana abdi dalêm panèwu kang jaga nagara kiwa têngên, layang pikukuh dalah kang mêntas katêtêpake mau kaparingna marang panèwu kang jaga nagara, panèwu kang jaga nagara banjur angirida kang mêntas katêtêpake, marang pasebane panèwu mantri ngarêp mau, panèwu kabayan angiringna, padha manggona samburining panèwu kang jaga nagara, sawuse tumêka ing panggonan, panèwu kang jaga nagara salah siji banjur amacaa layang pikukuhe, minôngka mupakatake marang kancane panèwu mantri ngarêp, sawuse rampung pamacane, layang pikukuh katampakna marang kang mêntas katêtêpake, sarta kang mêntas katêtêpake mau banjur kaprênahna dening panèwu kabayan, nunggal palinggihane kancane, lan urutna nom tuwaning lungguhan, panèwu kang jaga nagara tumuli marang pasebaning panèwu mantri bumi panumping sèwu lan gêdhe, banjur mupakatna sarana ijoan, sawuse mupakatake panèwu kang jaga nagara banjur lapura marang kang jaga nagara, panèwu kabayan lapura marang bupatine, sawuse padha lapur banjur balia marang pasebane dhewe-dhewe, liya dina

--- 1 : 106 ---

pinujune parêpataning kabupatèn, bupati mupakatna ana ing kabupatène, yèn wus kamupakatake ana ing kabupatèn banjur tindakna ing sagawe-gawene abdi dalêm panèwu mantri, mungguh pasebane ana ing pagêlaran, panèwu mantri ngarêp mau, ana sisih kidul sawetaning bangsal pangrawit marêp mangalor.

Pranatan iki mung tumrap marang abdi dalêm panèwu mantri ngarêp.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 20 sasi Rabingulakir taun Ehe, ôngka 1820.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 107 ---

Ôngka 26

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri jêro saanon-anone, kaya ing ngisor iki.

Samasa ing kabupatèn utawa kawadanan wus anampani layang pikukuh saka nagara, banjur marentahna marang karèrèhane kaliwon panèwu mantri seba pêpak, lan marang kang bakal kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri mau, katamtokna dinane, Sênèn utawa Kêmis, andhèrèk bupati utawa wadanane seba ing srimanganti, panganggone manawa isih dadi punakawan iya apa panganggone punakawan.

Sawuse seba ing srimanganti, bupati utawa wadanane amataha karèrèhane panèwu utawa mantri kabayan, ing kawadanan kang ora ana mantrine kabayan, iya jajar kabayan, amasrahake kang kakarsakake dadi abdi dalêm [dalê...]

--- 1 : 108 ---

[...m] mau, dalah layang pikukuh ampilane mawaa layang sorogan marang bupati utawa sulih bupati kang tungguk, supaya didhawuhake utawa dimupakatake ana ing srimanganti.

Manawa kang padha seba kira- kira wus pêpak, bupati utawa sulih bupati kang tungguk, banjur pratelaa marang kancane wadana kaliwon kang padha seba, manawa arêp andhawuhake pamacake Si Dhadhap, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri anu, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, sawuse mangkono banjur andhawuhna marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau, mawa kacêluka jênênge, banjur amratelakna awit saka parentahing pêpatih dalêm, têrang kaparênge sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri anu, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, kaparingan jênêng sarta sasêbutan radèn ngabèi utawa mas ngabèi anu, dilakonana sagawe-gawene abdi dalêm panèwu utawa mantri anu. Mungguh gone andhawuhake marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau kudu nganggoa têmbung ngoko: manira lan pakênira.

--- 1 : 109 ---

Sawuse kadhawuhake, bupati utawa sulih bupati kang tungguk banjur animbalana abdi dalêm panèwu kaparak lan panèwu gêdhong kang tungguk, layang pikukuh dalah kang mêntas katêtêpake mau kaparingna marang panèwu kang tungguk, panèwu kang tungguk banjur angirida kang mêntas katêtêpake, marang pasebane gagolongane kang katêtêpake, kabayane angiringna, padha manggon samburining panèwu kang tungguk, sawuse tumêka ing panggonan, panèwu kaparak kang tungguk banjur amacaa layang pikukuhe, minôngka mupakatake marang abdi dalêm panèwu mantri kang padha seba, sawuse rampung pamacane, layang pikukuh katampakna marang kang mêntas katêtêpake, sarta kang mêntas katêtêpake mau banjur kaprênahna dening kabayane, nunggal palinggihane gagolongane kabupatèn utawa kawadanan, lan urutna nom tuwaning lungguhan, panèwu kang tungguk banjur lapura marang bupati utawa sulih bupati kang tungguk, kabayan lapura marang bupati utawa wadanane, sawuse padha lapur banjur balia marang pasebane dhewe-dhewe, liya dina panujune parêpataning kabupatèn utawa kawadanan, bupati utawa wadanane

- -- 1 : 110 ---

mupakatna ana ing kabupatèn utawa kawadanane, yèn wus kamupakatake banjur tindakna ing sagawe-gawene abdi dalêm panèwu utawa mantri.

Pranatan iki mung tumrap marang abdi dalêm jêro patang kabupatèn, sarta kawadanan kalang, karaton, gamêl, panandhon, gadhing mataram, kêmasan, anggandhèk, carik, gêrji, sarta abdi dalêm niyaga, apadene kêbondharat, buminatan, sapanunggalane padha saanon-anone, liyane abdi dalêm wadon.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 25, sasi Rabingulakir taun Ehe, ôngka 1820.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 111 ---

Ôngka 27

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri anon-anon nagara, kang madana ana ing kapatihan sarta panèwu mantri kapatihan, kaya ing ngisor iki.

Samasa layang pikukuhe kang bakal kakarsakake dadi abdi dalêm mau wus kaparingake marang pêpatih kapatihan, pêpatih kapatihan banjur anamtokna dina sebane kang bakal katêtêpake, Sênèn utawa Kêmis, panganggone manawa isih dadi punakawan iya apa panganggone punakawan, klambine sikêpan irêng, mangkono sapêpadhane, sarta marentahana marang panèwu mantri kapatihan lan gagolongane kang bakal katêtêpake mau kabèh, padha sebaa pêpak ana ing balearja.

Sawuse padha seba pêpak, pêpatih kapatihan banjur andhawuhna marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau, mawa

--- 1 : 112 ---

kacêluka jênênge, banjur amratelakna, awit saka parentahing pêpatih dalêm, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri anu, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, kaparingan jênêng sarta sasêbutan radèn ngabèi utawa mas ngabèi anu, dilakonana sagawe-gawene sarta wajibe abdi dalêm panèwu utawa mantri anu, manawa kang katêtêpake mau abdi dalêm panèwu mantri anon-anon nagara kang madana ing kapatihan, gone amratelakake awit saka parentahing pêpatih dalêm mau mawa têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mungguh gone andhawuhake marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau kudu nganggo têmbung ngoko: manira lan pakênira. Sawuse kadhawuhake layang pikukuh banjur kawacaa dening panèwu kang kapatah dening pêpatih kapatihan, minôngka mupakate marang abdi dalêm kang padha seba mau, sawuse kawaca, layang pikukuh banjur kaparingna marang kang mêntas katêtêpake, sarta kang mêntas katêtêpake mau banjur anglakonana ing sagawe-gawene abdi dalêm panèwu mantri mau.

--- 1 : 113 ---

Pranatan iki mung tumrap marang abdi dalêm anon-anon nagara kang madana ing kapatihan, kayata: srati, jagal, gowong narawrêksa sapêpadhane, sarta tumrap marang panèwu mantri kapatihan, jaba jêro karadenayon sapêpadhane.

Dhawuhing pranatan kaping 10 sasi Jumadilawal taun Ehe 1820.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 114 ---

Ôngka 28

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri pulisi sarta dhistrik sapêpadhane kaya ing ngisor iki.

Samasa layang pikukuh, dalah kang bakal kakarsakake dadi abdi dalêm mau wus kaparingake marang pêpatih kapatihan, pêpatih kapatihan banjur anamtokna dina sebane kang bakal katêtêpake, Sênèn utawa Kêmis, panganggone manawa isih dadi punakawan iya apa panganggone punakawan, klambine sikêpan irêng, mangkono sapêpadhane, sarta marentahna sebane pêpak panèwu mantri kapatihan ana ing balearja, apadene sebane pangulu kapatihan miranti bakal amatrapi sumpah.

Sawuse padha seba pêpak, pêpatih kapatihan banjur andhawuhna marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau, mawa kacêluka jênênge, banjur amratelakna awit saka karsane [karsa...]

--- 1 : 115 ---

[...ne] pêpatih dalêm, têrang kangjêng tuwan residhèn, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri pulisi anu, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, kaparingan jênêng sarta sasêbutan radèn ngabèi utawa mas ngabèi anu, dilakonana sagawe-gawene abdi dalêm panèwu utawa mantri pulisi anu, manawa kang katêtêpake mau abdi dalêm jaksa, mawa kapratelakna awit saka karsane pêpatih dalêm, têrang kangjêng tuwan residhèn, kalawan lilah dalêm, ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, mungguh gone andhawuhake marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau kudu nganggoa têmbung ngoko: manira lan pakênira: sawuse kadhawuhake layang pikukuh banjur kawacaa dening panèwu kang kapatah dening pêpatih kapatihan, minôngka mupakate marang kang padha seba mau, sawuse kawaca layang pikukuh banjur kaparingna marang kang mêntas katêtêpake, sarta kang mêntas katêtêpake mau banjur kapasrahna marang pangulu supaya kapatrapake sumpahe kaya adat, sawuse rampung kang mêntas katêtêpake kaparentahana liya dina seba ing paprentahan kapatihan, sawuse seba, paprentahan kapatihan banjur [ba...]

--- 1 : 116 ---

[...njur] amaringake kang mêntas katêtêpake mau marang abdi dalêm wadana kaliwon pulisi kang ngêrèhake, supaya kamupakatake ana ing kabupatèn, mawa pêpakan kancane, yèn wus kamupakatake banjur katindakna ing sagawe-gawene abdi dalêm panèwu utawa mantri pulisi mau.

Pranatan iki mung tumrap abdi dalêm pulisi sarta dhistrik sapêpadhane sajrone lan sajabaning nagara kabèh.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 15, sasi Jumadilawal taun Ehe 1820.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 117 ---

Ôngka 29

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri pamajêgan sarta galadhag desa, sapêpadhane, kaya ing ngisor iki.

Samasa layang pikukuhe kang bakal kakarsakake dadi abdi dalêm mau wus kaparingake marang pêpatih kapatihan, pêpatih kapatihan banjur anamtokna dina sebane kang bakal katêtêpake Sênèn utawa Kêmis, panganggone manawa isih dadi punakawan iya panganggone punakawan, klambine sikêpan irêng, mangkono sapêpadhane, sarta marentahna sebane pêpak panèwu mantri kapatihan ana ing balearja.

Sawuse padha seba pêpak, pêpatih kapatihan banjur andhawuhna marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau, mawa kacêluka jênênge, banjur amratelakna awit saka parentahing pêpatih dalêm têrang kaparênge sampeyan dalêm ingkang [ing...]

--- 1 : 118 ---

[...kang] sinuhun kangjêng susuhunan, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri anu, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, kaparingan jênêng sarta sasêbutan radèn ngabèi utawa mas ngabèi anu, dilakonana sagawe-gawene sarta wajibe abdi dalêm panèwu utawa mantri anu, mungguh gone andhawuhake marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau kudu nganggoa têmbung ngoko: manira lan pakênira. Sawuse kadhawuhake layang pikukuh banjur kawacaa dening panèwu kang kapatah dening pêpatih kapatihan minôngka mupakate marang abdi dalêm panèwu mantri kang padha seba mau. Sawuse kawaca layang pikukuh banjur kaparingna marang kang mêntas katêtêpake, sarta kaparentahana liya dina seba ing paprentahan kapatihan, sawuse seba, paprentahan kapatihan banjur amaringake kang mêntas katêtêpake mau marang wadana kaliwone, mawa layang undhang wêlinge pêpatih dalêm kaya kang wus kalakon, supaya kamupakatake ana ing kabupatèn utawa kawadanan, mawa pêpakan kancane, yèn wus kamupakatake banjur katindakna sagawe-gawene sarta wajibe abdi dalêm panèwu utawa mantri [ma...]

--- 1 : 119 ---

[...ntri] mau.

Pranatan iki mung tumrap marang abdi dalêm pamajêgan sarta galadhag desa sapêpadhane, liyane abdi dalêm pangrêmbe.

Dhawuhing pranatan kaping 20, sasi Jumadilawal taun Ehe 1820.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 120 ---

Ôngka 30

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, aparing sumurup marang sarupane uwong, pranatan bab darbe utawa nunggang lan anyewakake jaran sapanunggalane kewan, pasangan kareta utawa garobag, apadene anduwèni, anunggang lan anyewakake kareta utawa garobag, kang wus manira dhawuhake kamot ing layang katitimasan kaping 7 sasi Rabingulakir taun Ehe, ôngka 1820, utawa kaping 20 Nopember 1890; iku bab ping: 22, rolikur ing pranatan mau ana kang kêliru pangêcape, kaya ing ngisor iki. Utawa dipatrapi nyambutgawe paksan, nganggo diparingi pangan tanpa bayaran lawase 1 dina nganti 3 dina. Mungguh lawasing patrapan mau kêliru, bênêre 1, siji dina nganti 30, têlungpuluh dina.

Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Dhawuh kaping 20 Jumadilawal, Ehe, 1820, utawa kaping: 1 Januari, 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 121 ---

Ôngka 31

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, têrang saandhap sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sawuse anguningani lan anggalih kaanane kagungan dalêm bumi desa ampas gêgadhuhane para abdi dalêm kang ajal utawa kaundur saka kalungguhane, ing saiki andhawuhake pranatan kaya ing ngisor iki.

Manawa ana abdi dalêm kang ajal, duwe utawa ora duwe anak, apadene abdi dalêm kang kaundur saka kalungguhane, iku sajrone limalas dina saka ajale utawa gone kaundur mau, wadana kaliwon utawa lurah babêkêle angladèkna marang nagara gumantunge bumi ampas gêgadhuhane karerehane kang ajal utawa kaundur mau, manawa kang ajal mau duwe anak, iku sadurunge anake utawa liyane kakarsakake anggêntèni, anake padha kaparingan pangan sapamantêsing nagara, jukuk saka pamêtuning bumi ampas gêgadhuhane bapakne mau.

--- 1 : 122 ---

Manawa ana kang ora ngèstokake dhawuh pranatan iki, bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, yèn ana prêlune bakal kaundur saka kalungguhane.

Iku sarupane abdi dalêm lan kang padha magêpokan bab pranatan iki padha sumurupa lan padha ngèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping: 20 sasi Jumadilawal taun Ehe, 1820, utawa kaping 1 Januari, 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 123 ---

Ôngka 32

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, wus sawatara lawas anguningani kêndhone abdi dalêm panèwu mantri sapangisor kang padha seba ing Sênèn Kêmis, sawiji-wijining kabupatèn anane kang seba prasasat mung êndi kang gêlêm, mêsthine kang padha ora seba mau iya nganggo pamit kapalang ing prêlu, kayata: lara, eman ewuh sapêpadhane, ananging palangane mau kaya akèh kang ora têmên, wadana kaliwon utawa lurah bêkêle durung ana antarane mikir. Mungguh lêlakon kang mangkono mau manawa manira tindakake sabênêre, mêsthine akèh kang padha kaluputan marmane kang wus kalakon mau mung manira paringi pangapura, sarta ing saiki padha manira kêncêngake mawa manira paringi parimarma supaya mayara gone padha nglakoni, sarta bisaa tumêmên marang wajib kang wus katamtokake kaya ing ngisor iki.

Ing dina Sênèn, abdi dalêm panèwu mantri jaba jêro padha saanon-anone sapangisor tumêka jajar, iku padha

--- 1 : 124 ---

manira tamtokake seba saparo kang tuwa ing gawe.

Ing dina Kêmis, uga padha manira tamtokake seba saparo kang ênom ing gawe.

Gilirane kang seba Sênèn Kêmis mau, ora ngowahake laku petunge kang kabênêr tumbuk, utawa nyôngga gawe liyane, lan ora ngowahake laku-lakune paseban ing dina gêdhe kaya adat, kayata: garêbêg, tingalan dalêm, wiyosan dalêm têdhak ing paresidhenan taun baru taun raja, sapêpadhane kang kabênêr seba byukan, apadene manawa ana dhawuh seba pêpak sarta ora ngowahake sebane abdi dalêm kriya sapêpadhane kaya kang padha duwe kawajiban nyambut gawe.

Kalakone pranatan iki manira wajibake panatane wadana kaliwon utawa lurah bêkêle dhewe-dhewe.

Manawa ana abdi dalêm kang ora ngèstokake pranatan iki, bakal kapatrapan katimbang lan kaluputane, manawa ana prêlune kaundur saka kalungguhane.

Iku sarupane abdi dalêm padha sumurupa lan angèstokna [angè...]

--- 1 : 125 ---

[...stokna] saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 21, sasi Jumadilawal, taun Ehe, 1820.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 126 ---

Ôngka 33

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune têtêpane abdi dalêm panèwu mantri kadipatèn anom kaya ing ngisor iki.

Samasa ing kabupatèn wus anampani layang pikukuh saka nagara, banjur marentahna marang karerehane abdi dalêm panèwu mantri golongane kang bakal katêtêpake, seba pêpak ing srimanganti kayata: manawa kang bakal katêtêpake mau panèwu mantri gagolongan gêdhong, kang seba ing srimanganti iya amung panèwu mantri gagolongan gêdhong, manawa êmban iya amung golongan êmban mangkono sapêpadhane, sarta marentahna marang kang bakal kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri mau katamtokna dinane, Sênèn utawa Kêmis seba ing srimanganti, panganggone manawa isih dadi punakawan iya apa panganggone punakawan, lan mataha karerehane panèwu

--- 1 : 127 ---

utawa mantri kabayan, angirid sarta amasrahake kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau, dalah layang pikukuh ampilane, mawaa layang sorogan marang bupati utawa sulih bupati kang tungguk, supaya di dhawuhake utawa dimupakatake ana ing srimanganti.

Manawa kang padha seba kira-kira wus pêpak bupati utawa sulih bupati kang tungguk banjur pratelaa marang kancane wadana kaliwon kang padha seba manawa arêp andhawuhake pamacake Si Dhadhap, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri anu kadipatèn anom, anggêntèni lêlakone ngabèi anu, sawuse mangkono banjur andhawuhna marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau, mawa kacêluka jênênge banjur amratelakna awit saka parentahing pêpatih dalêm, têrang kaparênge sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kakarsakake dadi abdi dalêm panèwu utawa mantri anu kadipatèn anom, anggêntèni lêlakone ngabèi anu kaparingan jênêng sarta sasêbutan radèn ngabèi utawa mas ngabèi anu dilakonana sagawe-gawene abdi dalêm panèwu utawa mantri [ma...]

--- 1 : 128 ---

[...ntri] anu kadipatèn anom, mungguh gone andhawuhake marang kang kakarsakake dadi abdi dalêm mau kudu nganggoa têmbung ngoko: manira lan pakênira.

Sawuse kadhawuhake, bupati utawa sulih bupati kang tungguk banjur animbali abdi dalêm panèwu kaparak lan panèwu gêdhong kang tungguk, layang pikukuh dalah kang mêntas katêtêpake mau kaparingna marang panèwu kang tungguk, panêwu kang tungguk banjur angirida kang mêntas katêtêpake, marang pasebane kancane kang katêtêpake, kabayane angiringna padha manggona samburining panèwu kang tungguk, sawuse tumêka ing panggonan, panèwu kaparak kang tungguk banjur amacaa layang pikukuhe, minôngka mupakatake marang abdi dalêm panèwu mantri kang padha seba, sawuse rampung pamacane, layang pikukuh katampakna marang kang mêntas katêtêpake, sarta kang mêntas katêtêpake mau banjur kaprênahna dening kabayane, nunggal palinggihane kancane, lan urutna nom tuwaning lungguhan, panèwu kang tungguk banjur lapura marang bupati utawa sulih bupati kang tungguk, kabayan lapura marang bupatine, sawuse padha lapur banjur balia marang pasebane [pase...]

--- 1 : 129 ---

[...bane] dhewe-dhewe. Liya dina pinujune parêpataning kabupatèn, bupatine mupakatna ana ing kabupatène, yèn wus kamupakatake banjur tindakna ing sagawe-gawene abdi dalêm panèwu utawa mantri.

Pranatan iki mung tumrap marang abdi dalêm kadipatèn anom.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 24, sasi Jumadilawal taun Ehe, ôngka 1820.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 130 ---

Ôngka 34

Ngroedjoekki Resident Soerakarta, O.A. BURNABY LAUTIER.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake pêpacak kaya ing ngisor iki.

1: Para abdi dalêm pulisi yèn sajroning wawêngkone, luwih manèh sajabaning wawêngkone ana bumi desa kang bakal kapajêgan dening para tuwan, utawa abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri sapêpadhane, kang karerehane duwe gêgadhuhan bumi desa arêp kapajêgake marang tuwan-tuwan, kang duwe gêgadhuhan wus anglilakake, utawa sanajana durung anglilakake, iku padha ora manira lilani maèlu kang pancèn ora magêpokan wajib utawa wawênanging pulisi, apadene wajib wawênange lurah bêkêle kayata: anandukake pratikêl utawa ngojok-ojoki [ngojok-o...]

--- 1 : 131 ---

[...joki] supaya bêkêl wani madhani utawa ngungkuli pajêg utawa bêkti bakal panyanggane tuwan, kang wus dicondhongi dening kang duwe gadhuhan.

2: Para abdi dalêm pulisi yèn angugêri babêkêling bumi desa kang bakal dipajêgi dening tuwan- tuwan, bab sêsanggan utawa lêladèn marang nagara kang lêlantaran pulisi, ora manira lilani mawa nari marang bêkêl kadugane kasusupake marang tuwan kang bakal majêgi, utawa miturute bumi kabêkêlane kapajêgake marang tuwan-tuwan, amarga iku dudu wajibing pulisi, lan anyahak wawênange kang duwe gadhuhan.

Manawa ana kang ora ngèstokake utawa ambiyantoni kang ora ngèstokake pêpacak iki, luwih manèh para abdi dalêm pulisi utawa lurah babêkêle kang duwe gadhuhan, iku bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, yèn ana prêlune kaundur saka kalungguhane, manawa putra santana dalêm kasumanggakake saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna

--- 1 : 132 ---

saprêlune.

Dhawuhing pêpacak tanggal kaping 7, sasi Jumadilakir taun Ehe, ôngka 1820. Utawa kaping 18 Januari 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 133 ---

Ôngka 35

Moefakat De Resident 19/1/91 O.A. BURNABY LAUTIER

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, sawuse anguningani lan anggalih laku-lakune têtêpane abdi dalêm bupati pulisi, ing mêngko kagungan karsa mranata laku-lakune mupakataning têtêpan abdi dalêm bupati-bupati sajabaning nagara, kaya ing ngisor iki.

Ing dina Sênèn utawa Kêmis kang dadi kaparênging karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, têtêpe kang kakarsakake dadi abdi dalêm bupati pulisi wau, sawuse pêpatih dalêm anampani dhawuhing timbalan dalêm, kang kadhawuhake dening kaliwon gandhèk kiwa têngên, sarta sawuse pêpatih dalêm amangsuli marang kaliwon gandhèk mau, iku pêpatih dalêm banjur andhawuhake marang abdi dalêm bupati bêkêl jaba,

--- 1 : 134 ---

animbali maju marang kang dikarsakake dadi bupati pulisi, bupati bêkêl jaba banjur amarentahna marang pêpatih kapatihan, amasanga lampit ana ing satêngêning pêpatih dalêm marêp mangetan, têpi kulon sebane bupati kang ana kulon dhewe, sawuse ditata bupati bêkêl jaba andhawuhna marang kaliwon bêkêl jaba, angirid ajune kang dikarsakake dadi bupati pulisi, sawuse kairid manggon ing lampit kang ditata dening pêpatih kapatihan mau, pêpatih dalêm banjur andhawuhake marang kang dikarsakake dadi bupati pulisi mau kaya adat.

Sawuse kadhawuhake pêpatih dalêm andhawuhake marang bupati bêkêl jaba, amrênahake palinggihane, bupati bêkêl jaba banjur andhawuhake marang bupati pulisi nagara, amrênahake palinggihane kang mêntas kakarsakake dadi bupati pulisi mau, kaurutna nom tuwaning lungguhan sarta bupati bêkêl jaba banjur andhawuhake marang kaliwon bêkêl jaba angirid undure kang mêntas katêtêpake mau marang panggonan pasebane kang wus kaprênahake dening bupati pulisi nagara, sawuse lungguh tata, bupati bêkêl [bêkê...]

--- 1 : 135 ---

[...l] jaba andhawuhake marang pêpatih kapatihan, prasabên marang kang anglurahi putra santana dalêm, sarta marang Kangjêng Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, lan andhawuhake paring sumurup marang abdi dalêm kolonèl prajurit, sarta marang bupati jêro kang padha seba, lan abdi dalêm pangulu sarta bupati kadipatèn anom kaya adat.

Pêpatih dalêm banjur andhawuhake marang bupati pulisi nagara, ngaturi uninga ing kangjêng tuwan residhèn.

Sabubaring paseban, pêpatih dalêm ngirid anyebakake bupati pulisi anyar mau marang ngarsane kangjêng tuwan residhèn, yèn wus disebakake banjur kalilan mundur, lan anamtokake dina kang wus dadi sarêmbuge pêpatih dalêm lan kangjêng tuwan residhèn, sebane manèh ana ing ngarsane kangjêng tuwan residhèn bakal kapatrapan sumpah, kang matrapake sumpahe mau abdi dalêm katib.

Ing dina kang wus katamtokake mau wayah jam sapuluh esuk, bupati pulisi kang mêntas katêtêpake kairid dening pêpatih dalêm, seba ing paresidhenan, katib kang bakal amatrapake sumpah uga wusa seba ing paresidhenan, [paresi...]

--- 1 : 136 ---

[...dhenan,] bupati pulisi kang mêntas katêtêpake mau banjur kapatrapan sumpah mawa kajênêngan dening kangjêng tuwan residhèn lan pêpatih dalêm, sawuse rampung pêpatih dalêm banjur sarêmbag lan kangjêng tuwan residhèn, anamtokake dina bakal mupakate ana ing kabupatèn.

Sawuse katamtokake dinane, kangjêng tuwan residhèn bakal aparing uninga marang tuwan asistèn residhèn ing apdhelinging kabupatèn mau, supaya ing dina kang wus katamtokake mau wayah jam satêngah sapuluh esuk, kalumpukan ana ing kabupatèn, lan amurih têkane ing tuwan-tuwan kang padha nguwasani bumi desa kang kawêngku ing kabupatèn mau.

Pêpatih dalêm andhawuhake marang bupati nayaka siji, kaliwon nayaka siji, bakal kautus angêpyakake ana ing pasamuwan kabupatèn, ing dina kang wus katamtokake mau wayah jam satêngah sapuluh esuk, wusa têka ing kabupatèn, mawa ngampil layange pêpatih dalêm kang wus kauningan ing kangjêng tuwan residhèn, panganggone padha kalambi sikêpan gêdhe, bêbêdan, sabuk cindhe kabara, bupati [bu...]

--- 1 : 137 ---

[...pati] kanigaran, kaliwon kuluk irêng, sarta pêpatih dalêm andhawuhake marang kaliwon pulisi ing kabupatèn mau sapangisor, lan marang abdi dalêm pamajêgan utawa galadhag desa ing wawêngkone kabupatèn pulisi mau, ing dina kang wus katamtokake mau uga wayah jam satêngah sapuluh esuk, padha apêpakan ana ing kabupatèn, panganggone padha kulukan, bêbêdan, sabuk cindhe kabara, kalambi sikêpan gêdhe, dene dununging pasamuwan mau ana ing pandhapa kabupatèn, lêlungguhane tuwan asistèn residhèn ana têngêne bupati nayaka mau, kang nyambungi bupati nayaka kaliwon nayaka, banjur bupati pulisi kang bakal kamupakatake mau, banjur kasambungan tuwan-tuwan utawa prayayi Jawa kang ngêtêpi pasamuwan mau, dene têngêne tuwan asistèn residhèn, tuwan-tuwan uga kang padha ngêtêpi pasamuwan mau.

Sawuse satata, bupati nayaka banjur amratelakna marang tuwan asistèn residhèn, gone arêp maca layang ampilane, manawa tuwan asistèn residhèn wus amrayogakake, bupati nayaka banjur angadêga sarta banjur macaa [ma...]

--- 1 : 138 ---

[...caa] layang ampilane mau, sawuse rampung pamacane: ora antara suwe banjur bubaran, bupati nayaka sawuse têka ing nagara anglapurna ing pêpatih dalêm, apa anane gone kautus mau.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 8, sasi Jumadilakir taun Ehe ôngka 1890, utawa kaping 19 Januari, 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 139 ---

Ôngka 36

Moefakat Resident Soerakarta. O.A. BURNABY LAUTIER.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, andhawuhake pranatan kaya ing ngisor iki.

Sarèhne ana kang wus kalakon, bumi desa arêp kapajêgan ing tuwan-tuwan, rêmbuge lan kang duwe gêgadhuhan wus kadadian, wasana ora bisa kalakon, jalaran bumi mau wus ana ing têbas gadhe sapêpadhane, marmane saiki sarupane kang padha kaparingan gêgadhuhan kagungan dalêm bumi desa, manawa bumi gêgadhuhane katêmbung dening tuwan-tuwan bakal dipajêgi, môngka sumêdya dililakake, sadurunge mangsuli marang tuwan kang nêmbung, kang duwe gêgadhuhan anglapurna dhisik marang nagara, mawaa katêrangan bakal pajêg panyanggane tuwan, lan pajêge lawas, manawa mawa bêkti uga kapratelakna

--- 1 : 140 ---

kèhe, sarta mawa angladèkna babêkêling bumi mau, sajrone têlungpuluh dina saka lumadining palapuran sarta lumadining bêkêl marang nagara, nagara mêsthi andhawuhake katrangan, manawa wus ana dhawuhing nagara, iku kang duwe gêgadhuhan lagi manira lilani mangsuli marang kang bakal majêgi, wêwaton dhawuhing nagara mau, ewadene manawa wus luwih saka têlung puluh dina mau nagara durung maringi dhawuh, môngka ora ana sababe kang prêlu, iku kang duwe gadhuhan kêna banjur amangsuli marang kang bakal majêgi, wêwaton karêpe dhewe.

Manawa ana kang ora ngèstokake pranatan iki, bakal kasêrêg prakara nêrak parentah, yèn ana prêlune kaundur saka kalungguhane, dene rêmbuge lan kang bakal majêgi ora manira gawe dadi, manawa kang ora ngestokake mau putra santana dalêm, kasumanggakake saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Iku sarupane wong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 8 sasi Jumadilakir taun Ehe, ôngka 1820, utawa kaping 19 Januari 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 1 : 141 ---

Ôngka 37

Moefakat De Resident O.A. BURNABY LAUTIER.

Undhang-undhang

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta, mupakat lan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, sarta têrang kauningan saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kagungan karsa amuwuhi tata sasilahane payung kang prêlu kudu dianggo dening pangantèn, bocah têtak, sarta mayit, tumrap sarupaning wong kang durung kalilan nganggo payung, tata sasilahane payung mau kaya kang katamtokake ing ngisor iki.

Bab 1

Anak utawa sadulure pêpatih dalêm, nalikane dadi pangantèn sajêrone sapasar lan nalika salapan dinane yèn nganggo pasamuwan, apadene bocah têtak, nalika rise, mayit nalikane kaangkatake marang kubur, iku padha kalilan nganggo payung kang ing dhuwur cète kuning, ing ngisor cèt ijo ambane kagawe padha, pungkasaning usuk nganggo

--- 1 : 142 ---

parada ambane rong dim reinlan, mênur lan kêmbang warune diparada byur, ing jêro sarta dhandhane cèt ijo kêna katulis lung-lungan utawa kêmbangan.

Bab 2

Anak utawa sadulure abdi dalêm bupati jaba jêro dalah anon-anon sajêroning nagara, sapêpadhane apadene anak utawa sadulure abdi dalêm mayor, kalilan nganggo payung cèt ijo, sèrèt parada ambane sadim, pungkasane dhuwur nganggo talacap parada cacah lima turut usuk, dawane anêlung dim padha ukuran reinlan, mênur sarta kêmbange waru diparada.

Bab 3

Anak utawa sadulure abdi dalêm kaliwon jaba jêro, bupati pulisi sajabaning nagara sarta pamajêgan, kaliwon anon-anon, pulisi pamajêgan sapêpadhane sarta abdi dalêm kaptin, kalilan nganggo payung cèt ijo byur tanpa sèrèt, mung pungkasane ing dhuwur nganggo talacap parada cacah papat, turut usuk dawane anêlung dim reinlan, mênur lan kêmbange waru diparada byur.

--- 1 : 143 ---

Bab 4

Anak utawa sadulure abdi dalêm panepanèwu. mantri sapêpadhane kabèh padha kalilan nganggo payung cèt biru byur tanpa sèrèt sarta tanpa talacap, mênur lan kêmbange waru kalilan diparada byur.

Bab 5

Abdi dalêm lurah bêkêl jajar sapêpadhane sarta anak utawa sadulure, padha kalilan nganggo payung irêng byur, tanpa sèrèt lan tanpa talacap, mung mênure kêna diparada byur, kêmbange waru cèt kuning byur.

Bab 6

Sarupane kawula dalêm kang ora lumaku ing gawe, padha kalilan nganggo payung jambon byur, mênur lan kêmbange waru cèt kuning byur.

Bab 7

Sarupane payung kang kasêbut bab siji tumêka nênêm mau dhandhane padha ora kalilan nganggo karah utawa sopal, sarta kang kasêbut bab 2, tumêka nênêm mau cète ing jêro dalah dhandhane kudu kapadha karo cète ing jaba, ora [o...]

--- 1 : 144 ---

[...ra] kalilan cèt seje warna.

Bab 8

Ananing tata sasilahaning payung kang katamtokake ing dhuwur iki ora tumrap marang kang isih kalêbu santana dalêm, sanadyan anake abdi dalêm, manawa ana turutane santana dalêm, iku wus ana padatane dhewe.

Bab 9

Mungguh kalilane nganggo payung mau, yèn pangantèn mung sajêrone sapasar, sarta sanalikane salapane, manawa mawa pasamuwan manèh. Yèn bocah têtak mung nalika rise, sanajan ana ngomahe dhewe utawa diparakake marang panggonan juru nêtaki iku padha bae. Yèn mayit wiwit angkate saka panggonan pangruktine tumêka ing kubur, sarta kêna banjur dipanjêr kaya adat, liyane iku padha ora kêna nganggo payung.

Bab 10

Sapa-sapa kang anêrak pêpacake undhang- undhang iki, yèn abdi dalêm kang lumaku ing gawe kapatrapan dhêndha srupiyah tutug limalas rupiyah, utawa kapatrapan rès ana panggonan [panggo...]

--- 1 : 145 ---

[...nan] kaya adat, rong dina tutug wolung dina, manawa kawula dalêm kang ora lumaku ing gawe, kapatrapan dhêndha srupiyah tutug sapuluh rupiyah, utawa kapatrapake nyambut gawe ana yayasane nagara kaparingan pangan tanpa bayaran, lawase lima tutug limalas dina.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta para pulisi wajib anglumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sarta katèmplèkake ana panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine, lan sakabèhe abdi dalêm padha kawajibake arumêksa murih kalakone layang undhang-undhang iki.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 12 sasi Jumadilakir taun Ehe ôngka 1820, utawa kaping 23 Januari 1891.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.