Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 4)

Katalog:Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363
Sambung:
1.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 1). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #927.
2.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 2) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #928.
3.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 3) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #929.
4.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 4) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #930.
5.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 5) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #931.
6.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 6). Arsip dan Sejarah | Kasunanan #932.
7.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 7) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #933.
8.Undhang-undhang Pranatan, Sasradiningrat IV, 1895-1910, #363 (Jilid 8) . Arsip dan Sejarah | Kasunanan #934.

--- 4 : 0 ---

Tatêdhakan Sêrat- sêrat Undhang-undhang Pranatan Sêsaminipun,

ingkang Kadhawuhakên dening Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang Kaping Sakawan, Pêpatih Dalêm ing Surakarta, ingkang Jumênêng Sapunika, Wiwit Kala Sawêg Kakarsakakên Amakili Pêpatih Dalêm.

Kaêcap kaping kalih

Jilidan ôngka IV

Kaêcap saha kawêdalakên dening Tuwan Albrêt Rusê, ing Surakarta ing taun 1905.

--- 4 : 0 ---

Ôngka Urut ... Papêthikan Isinipun Sêrat Undhang-undhang saha Pranatan, Jilidan Ôngka 4 Punika ... Kawrat ing Kaca

95. Undhang-undhang, bab sade, tumbas, utawi ambêkta sarêm tampêr saking pasisir kidul ... 1

96. Pranatan, tiyang anggugat prakawis parapadu, bilih tatela malarat kalihan botên angladosakên arta waragading prakawis ... 3

97. Undhang-undhang ewah-ewahan cacah saha balanjanipun abdi dalêm para pulisi ... 5

98. Pranatan bab tandang bancana latu ... 9

99. Pranatan bab papan pomahan utawi pasitèn gêgadhuhan ... 16

100. Undhang-undhang bab sumur bur salêbêting kitha karaton dalêm Surakarta ... 18

101. Undhang-undhang bab dhêndhanipun tiyang sade, tumbas utawi ambêkta sarêm tampêr saking pasisir kidul ... 21

102. Pranatan ewah- ewahan lampah-lampah mupakatan têtêpipun abdi dalêm bupati pulisi sajawining nagari ... 23

103. Undhang-undhang pasewan kareta ing wêkdal balapan taun 1895 ... 25

104. Undhang-undhang bab tiyang ngingu utawi kanggenan kewan ingkang kinintên nandhang sêsakit nulari ... 28

105. Undhang-undhang bab pasitèn ingkang kasuwun angêbrêgi salaminipun dening bôngsa Eropah utawi bôngsa Cina sêsaminipun [sêsaminipu...]

--- 4 : 0 ---

[...n] bôngsa sabrang ... 30

106. Undhang-undhang sabên-sabên wontên prêlunipun sawarnining sagawon kêdah kacancang sarta kabrangus ... 33

107. Wêwahan pranatan sundêl ... 35

108. Undhang-undhang siti ingkang sampun kapajêgan tuwan-tuwan, samasa kawangsulakên, ingkang gadhah gadhuhan nglapurakên ing nagari ... 37

109. Pranatan ewah-ewahan kathahipun prabeya lulusan rajakaya ... 39

110. Undhang-undhang ngrucat kabupatèn pulisi Ngampèl saha kabupatèn pulisi Sukaharja kagêlêngakên ing apdhèling Wanagiri ... 41

111. Undhang-undhang ewah-ewahan kathahipun abdi dalêm para pulisi ... 44

112. Undhang-undhang ewah-ewahan balônja saha siti gêgadhuhanipun abdi dalêm para pulisi ... 52

113. Undhang-undhang bab siti dhusun ingkang sumlêmpit utawi kacêpit siti dhusun ingkang sampun kapajêgan tuwan-tuwan ... 57

114. Pranatan bab pangopènipun wana kajêng taun ... 63

115. Pranatan ngawisi tiyang sade panganan sapanunggilanipun dhatêng pasakitan ... 80

116. Pranatan bab ngêmping pajêg, bab nêbasakên sade, anggantosakên lêmpunging sabin, bab nyêpêngi piyagêm dhumatêng bêkêl, bab ngabèi dêmang ing siti pamajêganipun tuwan-tuwan manawi makilakên sarta bab bêkêl utawi tiyang alit ngèthèrakên panggaraping sabinipun tuwan ... 83

--- 4 : 0 ---

117. Pranatan ewah-ewahanipun pranatan dalêm, bab kawula dalêm ingkang gadhah mariyêm, sanjata utawi kêstul tanpa sêrat pikukuh ... 97

118. Undhang-undhang bab lampahipun garobag sarta kapal tuwin lêmbu momotan ... 94

119. Undhang-undhang pasewan kareta ing wêkdal balapan, taun 1896 ... 98

120. Pranatan katrangan suraosipun pranatan roimistêr, bab dalancang sègêl ... 104

121. Undhang-undhang bab pasitèn ingkang kalilan dipun ênggèni tiyang Cina ... 106

122. Undhang-undhang bab tiyang ambêkta woh kopi sapanunggilanipun ing wanci dalu ... 116

123. Undhang-undhang bab pangambahipun margi trèm sarta patrap lampah- lampahipun tiyang ingkang wontên ing kareta trèm ... 121

124. Pranatan bab panindakipun prakawis parapadu ingkang wêwicalanipun satus rupiyah utawi langkung, botên mawi kauningan ing parentah ... 129

125. Pranatan ewah-ewahanipun pranatan dalêm, bab ingonipun kawula dalêm ingkang kasuwun dipun kunjara saking prakawis parapadu ... 134

126. Undhang-undhang bab bêkêl sasaminipun nêgor karangkitri ... 136

--- 4 : 1 ---

Ôngka 95

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Awit saka unine kagungan dalêm anggêr gunung bab kaping 95, manawa ana kang wani-wani adol, tuku, utawa anggawa uyah tampêr saka pasisir kidul, uyahe karampas, nanging kang adol, tuku, utawa anggawa uyah mau ora kapratelakake paukumane, marmane saiki manira anamtokake, wong kang kanggonan, adol, tuku, utawa anggawa uyah mau, kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan lawase ora luwih têlung puluh dina. Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake [katèmplè...]

--- 4 : 2 ---

[...kake] ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora surup sumurup. ing unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 26 sasi Sura taun Be, ôngka 1824. Utawa kaping 30 Juli 1894.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Bab patrapan kados ingkang kawrat ing undhaundhang. punika, kawêwahan kawrat ing undhang-undhang ôngka 101.

--- 4 : 3 ---

Ôngka 96

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Kang muni bab kaping 6, ing layang dhawuh pranatan dalêm amarêngi ing dina Salasa tanggal kaping 15, sasi Ruwah ing taun Jimawal 1821, sarupane kang anggugat prakara padu utang-piutang sapêpadhane padha katamtokake angladèkake uwang marang ing pangadilan, sumurup waragading prakara, saiki manira anamtokake manawa wong kang anggugat mau tatela malarat, kalilan ora angladèkake waragading prakara, dene manawa gugate mau kabênêr olèh, kang kabênêr angladèkake waragading prakara mau kang kalah, kaya unine bab kaping 6, ing layang dhawuh pranatan dalêm mau.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna

--- 4 : 4 ---

saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 11 sasi Sapar taun Be, 1824, utawa kaping 14 Agustus 1894.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 5 ---

Ôngka 97

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn AjipatiAdipati. Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake owah-owahan kèhe sarta balanjane abdi dalêm para pulisi, kang wus manira dhawuhake kamot ing layang undhang-undhang katitimasan kaping 28 sasi Mulud Dal, 1823. Utawa kaping 11 Oktobêr 1893, ôngka 75, sarta ôngka 76, wiwit ing sasi Juli 1894 iki patêdhan dalêm balanjane abdi dalêm para pulisi mau padha kasuda kaya ing ngisor iki.

Abdi dalêm para bupati padha kasuda anyatus rupiyah ing dalêm sêsasi, kaparingan liru lungguh bumi padha anêlung ju,jung. dadi lan lungguhe lawas padha angênêm jung.

Para kaliwon, kajaba kaliwon ing Sukaharja, padha kasupaakasudaa. [ka...]

--- 4 : 6 ---

[...supaa] nyèkêt rupiyah, kaparingan liru lungguh bumi padha ngrong jung.

Panèwu jaksa kabupatèn pulisi Surakarta, panèwu kabupatèn Sukaharja, lan para panèwu dhistrik, padha kasudaa nyèkêt rupiyah kaparingan liru lungguh bumi padha ngrong jung.

Para pênèwu jaksa ing kabupatèn sajabaning nagara, para panèwu lit, para mantri jaksa, mantri kabupatèn, para mantri dhistrik, ôngka siji lan ôngka loro, padha kasudaa nyalawe rupiyah, kaparingan liru lungguh bumi padha nyiji jung.

Mungguh kèhe abdi dalêm para mantri dhistrik, ôngka siji lan ôngka loro, dêmang sarta kajinêman, ing sawiji-wijine kadhistrikan, kang digalih kakèhên cacahe, bakal kasuda manawa ana kang lowong, katêrangane kaya ing ngisor iki.

1. Dhistrik kutha Surakarta, mantri dhistrik kasuda loro.

2. Dhistrik Grogol, mantri dhistrik ôngka 2, kasuda siji, dêmang kasuda siji.

3. Dhistrik Kartasura, mantri dhistrik ôngka 1, kasuda siji, mantri dhistrik ôngka: 2, kasuda loro, dêmang kasuda têlu, kajinêman kasuda lima.

--- 4 : 7 ---

4. Dhistrik kutha Sukaharja, mantri dhistrik ôngka 2, kasuda siji, dêmang kasuda siji.

5. Dhistrik Tawangsari, mantri dhistrik ôngka 1 kasuda siji, mantri dhistrik ôngka 2 kasuda siji, dêmang kasuda loro, kajinêman kasuda loro.

6. Dhistrik kutha Klathèn, mantri dhistrik ôngka 2 kasuda siji, dêmang kasuda siji.

7. Dhistrik kutha Prambonan, mantri dhistrik ôngka 2 kasuda siji, dêmang kasuda siji.

8. Dhistrik Gunung, mantri dhistrik ôngka 2 kasuda siji, dêmang kasuda siji.

9. Dhistrik Bèji, mantri dhistrik ôngka 2 kasuda loro, dêmang kasuda loro, kajinêman kasuda loro.

10. Dhistrik Tanjung, mantri dhistrik ôngka 2 kasuda siji, dêmang kasuda siji.

11. Dhistrik Jatinom, mantri dhistrik ôngka 2 kasuda siji, dêmang kasuda siji.

12. Dhistrik kutha Bayalali, mantri dhistrik ôngka 2 kasuda loro, dêmang kasuda loro.

13. Dhistrik kutha Ngampèl, dêmang kasuda siji.

Kajaba kang wus padha katamtokake ing layang undhang-undhang

--- 4 : 8 ---

iki manawa abdi dalêm para pulisi mau ing têmbe ana kang tatela isih kakèhên cacahe utawa tatela kurang prêlu anane, uga bakal kasuda manèh.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhe undhang-undhang tanggal kaping 20 sasi Sapar taun Be, ôngka 1824, utawa kaping 23 Agustus 1894.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 9 ---

Ôngka 98

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, amratakake pranatane kangjêng tuwan residhèn kang tumrap marang wong ing bawah dalêm Surakarta kaya ing ngisor iki.

1. Kangjêng tuwan residhèn anamtokake akèhing bêbau lan tatindhihe kang macung kaêrèh bupati utawa kaliwon kang ambawahake, kudu dadi barisan kang tumandang ing gawe manawa ana bêncana gêni.

Pranatan kaya mangkono iku uga bakal katumrapake marang bôngsa Cina lan bôngsa sabrang liyane.

2. Mungguh barisan iku kang mranata Algêmènên Branmistêr sakarêpe kang kinira prayoga dhewe, dene Algêmènên Branmistêr mau wujud bôngsa Eropah pamatahe kangjêng tuwan residhèn, yèn kaduga prêlu para bêbau kapatah dening Algêmènên Branmistêr dadi sêpèitgastên lan ladêrgastên, utawa kapatah [kapa...]

--- 4 : 10 ---

[...tah] anggarap panggawean seje-sejene. Kang jênêng sêpèitgastên iku wong Jawa kang kawajibane anggèrèt lan ngêncot pompa, dene ladêrgastên iku wong Jawa kang ngusung ôndha sodho lan ganthol, sawiji-wijine pompa kudu ana sêpèitgastêne 50, sarta ladêrgastên 30.

3. Ing sawiji-wijining omahing pakampungan Jawa iku ing sajroning masa katiga wiwit sasi Mèi tutug sasi Oktobêr, tansah kudu ana pêngarone nêm iji utawa jêmbangane têlu iji padha isi banyu, sarta sasuwene ana bancana gêni kudu ajêg diisèni banyu.

4. Lurah ing sawiji-wijining pakampungan Jawa bakal kaparingan ôndha lan ganthol pirantine bêncana gêni, mungguh cacahe kangjêng tuwan residhèn kang bakal namtokake.

Para lurah kampung padha wajib angrumati ôndha lan ganthol mau kang bêcik-bêcik, sarta angrumêksa barang-barang iku ing samôngsa-môngsa padha anane wah bêcik ujude.

5. Sok wonga kang wêruh bêncana gêni wajib:

a. Tumuli alok utawa akon alok bêncana gêni, ana ing dalan utawa lurung

b. Tumuli awèh wêruh marang wong gêrdhu kang kaprênah cêdhak dhewe yèn ana bêncana gêni.

- -- 4 : 11 ---

c. Tumandang ing gawe amurih nyirêp utawa mapas bêncana mau.

6. Yèn krungu ana bêncana gêni, wong gêrdhu tumuli anabuha kênthongan utawa bêndhe sarta sawiji-wijining wong ing kampung banjur angunèkna kênthongan, têngarane bêncana gêni.

7. Sasuwene ana bêncana gêni, banyune sakèhing pangaron, jêmbangan, tong, sumur, kulah wadhah udan, kulah pakiwan, sarta banyune sakèhing blumbang lan panggonan sarta maujud kang ngênbêngngêmbêng. banyu, iku kêna kaanggo dening para kang padha kêna ing panggawean pompa.

Yèn ana pamundhute utawa parentah têrang dhawuhe kangjêng tuwan residhèn, tuwan asistèn residhèn, utawa sawiji-wijining bran opsir, sok wonga wajib sapira kang dadi bubuhane dhewe-dhewe, anduduhake sakèhing panggonan utawa maujud kang ngêmbêng banyu mau.

8. Sarupane papan pomahan lan omah kang saka panimbange Kangjêng Tuwan Residhèn, Tuwan Asistèn Residhèn, utawa Bran Opsir prêlu dilêboni marga ana bêncana gêni iku kêna dilêboni, utaw yèn ana dhawuhe Kangjêng Tuwan Residhèn, Tuwan Asistèn Residhèn utawa Bran Opsir, uga kêna dilêboni dening para kang padha kêna ing panggawean pompa, dene sok wonga wajib anyumanggakake [anyu...]

--- 4 : 12 ---

[...manggakake] usus-usus utawa liya-liyaning pirantining pompa kasèlèhake utawa katrajangake utawa kalangkahake papan pomahan utawa omahe.

9. Sasuwene ana bêncana gêni, para lurah kampung padha kudu anyêpakake sakèhing ôndha lan ganthol mau supaya kênaa kaanggo dening para kang padha kêna ing panggawean pompa.

10. Sasuwene ana bêncana gêni, yèn ana pamundhute utawa ana parentah têrang dhawuhe kangjêng tuwan residhèn, tuwan asistèn residhèn utawa sawijining bran opsir, sok wonga wajib tumandang ing agwe lan atêtulung.

11. Sok wonge kang ora kalêbu ing gagolongane para pulisi utawa kang padha kêna ing panggawean pompa, sarta ora wajib tumandang têtulung, iku ora kêna anindakake apa-apa kang pancèn mung dadi panguwasane parentah.

Sok wonge ora kêna angrusuhi tataning lakune sakèhing pagaweyane para kang padha kêna ing panggawean pompa, sarana tumandang sadurunging mangsane utawa sarana patrap liya-liyane.

Sok wonga ora kêna amakewuh para pulisi utawa kang padha kêna ing panggawean pompa, sadhengahe carane.

--- 4 : 13 ---

12. yèn krungu ana bêncana gêni sajroning nagara, iku para lurah utawa panèwu kang kabubuhan panggawean polisi, utawa para lurah pakampungan padha kudu lêstari ana ing kadhistrikan utawa ing pakampungane dhewe-dhewe, utawa padha kudu mênyang ing kadhistrikan utawa pakampungane.

Sasuwene ana bancana gêni mau, para lurah utawa panèwu utawa para lurah pakampungan, iku ora ana kang kêna aninggal kadhistrikan utawa pakampungane, kajaba yèn ana dhawuhe kangjêng tuwan residhèn, utawa tuwan asistèn residhèn, mung lurah utawa panèwu utawa lurah kampung, kang sajroning utawa sacêdhake kadhistrikan utawa pakampungane ana bêncana gêni, iku kudu mênyang ing panggonan ana bêncana mau.

13. yèn krungu ana bêncana gêni, kang uga padha banjur mênyang ing panggonan ana bêncana.

1. pêpatih dalêm,

2. bupati pulisi nagara,

3. wadana kang jaga ing alun-alun,

4. para wadana kaliwon kang amêngkoni pakampungan kang ana bêncana gêni sakarèrèhane.

5. para wadana kaliwon kang wawêngkone têpung watês karo panggonan ana bêncana gêni mau.

--- 4 : 14 ---

Sapa kang têka dhisik dhewe ing panggonan ana bêncana gêni, iku kang anyupriha supaya omah-omah gêbyog lan gêdhèg nganggo payon sirap utawa wêlit kang prênahe nadhahi angin sacêdhake bêncana gêni, manawa prêlu padha tumuli karubuhna sarta kasingkirna, samono mau yèn ana prêlune tanpa ngêntèni dhawuh.

14. Yèn krungu ana bêncana gêni, barisan sarta tindhihe mau kudu tumuli lumaku menyang ing panggonan ana bêncana gêni, sarta ana ing kono kudu amiturut saparentahe algêmènên bran mistêr.

Wong kang nglakokake kompa kang bisa olèh banyu dhisik dhewe, kaparingan ganjaran dhuwit, kèhe 30 tutug 50 rupiyah.

15. Sok wonga kêna ing paukuman, kaya ta,

a. Sapa kang ora nyêpakake pêngaron utawa jêmbangan isi banyu kaya kang wis kadhawuhake mau,

b. Sapa kang ora tumuli alok ana bêncana gêni utawa ora awèh wêruh yèn ana bêncana gêni, utawa ora ngangkah nyirêp utawa mapas bêncana mau.

c. Sapa kang ora tumuli angunèkake têngarane bêncana gêni kaya kang wis kadhawuhake mau.

d. Sapa kang ora awèh, angalangi utawa makewuh panjukuke [panju...]

--- 4 : 15 ---

[...kuke] banyu sumur utawa blumbang sapanunggalane, apadene lumêbune marang papan pomahan lan omah-omah kaya kang kasêbut ing ôngka 8 utawa panganggone ôndha lan ganthol pirantine bêncana gêni kaya kang kasêbut ing ôngka 9.

e. Sapa kang nganggo wawênang dudu wajibe, utawa angrusuhi utawa makewuh tataning lakune wong atandang.

16. Para wong kang nêrak pêpacak ing dhuwur iki, bakal padha kadhêndha akèh-akèhe 25 rupiyah, utawa kapatrapan paukuman katapakake ing panggaweaning nagara kang katon ing akèh nganggo kaparingan cadhong pangane ananging tanpa bayaran, lawas-lawase sêsasi.

Kajaba kang wus katamtokake ing pranatane kangjêng tuwan residhèn mau, mungguh têtulunge pompa sarta piranti liyane, kang ora makewuhi lakuning barisan kaya kang muni ing pranatan mau isih lastari tumindak kaya kang wus kalakon.

Iku sarupane uwong padha sumupasumurupa. sarta angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 22 sasi Sapar taun Be, 1824, utawa kaping 25 Agustus 1894.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 16 ---

Ôngka 99

Têrang saandhap ing sampeyan dalem, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Kang wus kalakon salawase, sarupane kang wajib kaparingan gadhuhan papan pomahan utawa palêmahan, manawa anduwèni atur ing nagara, nyuwun angênggoni papan pomahan utawa palêmahan mau, môngka wus diênggoni dening wong liya kalawan santosa, iku kang ngênggoni katêtêpake kabênêr lunga lan ambêdhol omahe, kang wajib kaparingan gadhuhan papan pomahan utawa palêmahan, ambayar tatêmpuh ajining karang kitri sarta waragad pambêdhole omah, sanajan kang mangkono iku anêtêpi tata ngadat kang wus kanggo salawase, ananging panggalih manira yèn kalêstarèkake tumindake bakal andadèkake karusakane wong cilik lan nyuda wêwangunaning nagara, amarga [amar...]

--- 4 : 17 ---

[...ga] wong omah-omah kang wus santosa ditundhung, omahe dibêdhol utawa dibubrah, marmane ing mêngko manira anamtokake sarupane kang wajib kaparingan gadhuhan papan pomahan utawa palêmahan, manawa duwe atur ing nagara anyuwun ngênggoni papan pomahan utawa palêmahan mau, môngka wus diênggoni dening wong liya kalawan santosa, iku bakal katêtêpake kabênêr nuku amiturut pakolèhing tapsir angêbrêgi, manawa ora kaduga nuku, panyuwune mau ora kêna kaparêngake, mungguh kang diarani santosa iku omah utawa liya-liyane kang mawa pagêr tembok utawa gêbyog nganggo talês bata utawa watu sapêpadhane mawa wêdhi gamping, dene manawa pamanggone wong liya ana ing papan pomahan utawa palêmahan mau durung santosa, iya isih lêstari katindakake kaya kang wus kalakon salawase.

Dene panapsiring omah mau amirid saka rêrêgan arêpe dol tinukuning omah angêbrêgi, sarta tapsiran mau bakal katindakake dening arsitèk dalêm.

Iku sarupane wong padha sumurupa lan angèstokna.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 1 sasi Jumadilawal, taun Be, ôngka 1824, utawa kaping 31 Oktober 1894.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 18 ---

Ôngka 100

Undhang- undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalem, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake pranatan amalangi aja nganti ana wong kang ngrusak, utawa angrusakake sumur bur sajroning kutha karaton dalêm Surakarta, saprabote kang jênêng bak lan hidran, iya iku wadhah utawa tandhon banyuning sumur bur, sarta aja nganti ana kang ngêcèh-êcèh banyune sumur bur mau.

Bab 1

Sarupane wong ora kêna:

ha, anggantung èmbèr sapêpadhane ana ing kraning êbak, ana ing hidran utawa ana ing pompane.

na, angrusak, angrusakake bak, kran bêsatan, utawa bêkakase wêsi sapêpadhane prabote ilèn-ilèning sumur bur, utawa angrucat kran lan bêkakas mau.

ca, analèni kran kang tumutup dhewe utawa anandukake patrap liya-liyane kang andadèkake jalaran kran mau

--- 4 : 19 ---

lêstari mênga.

ra, adus, angumbah utawa angasahi barang sapanunggalane ana ing sangisore kraning êbak, ana ing sangisore hidran utawa ana ing ngisore pompane, sapêpadhane patrap kang kaya mangkono.

Bab 2

Manawa ana wong kang nêrak larangan kasêbut ing bab 1, ing dhuwur mau kapatrapan dhêndha dhuwit sarupiyah tumêkane limalas rupiyah, utawa kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan, lawase sadina tumêkane nêm dina.

Bab 3

Saupama sajroning sataun ênggone nêrak larangan mau luwih saka sapisan, patrapan utawa paukumane kêna kaundhakake akèh-akèhe salawe rupiyah, utawa nyambut gawe paksan lawas-lawase wolung dina.

Bab 4

Kang wajib angèstokake pranatan iki sarta anyindikake sakèhing panêrak larangan, iku abdi dalêm para pulisi lan bêbaune sajroning kutha karaton dalêm Surakarta.

Bab 5

Aliya saka patrapan utawa paukuman kang katamtokake [katamtoka...]

--- 4 : 20 ---

[...ke] ing layang pranatan iki, kang nêrak larangan mau kajibahake ambayar waragade andandani kang rusak mau kang panggarape katindakake dening parentah.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan padha angèstokna saprêlune.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup ing unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 12 sasi Jumadilakir taun Be 1824, utawa kaping 11 Dhesèmbêr 1894.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 21 ---

Ôngka 101

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan rêsidhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake wuwuhaning layang undhang-undhang manira katitimasan kaping 26 sasi Sura taun Be 1824, utawa kaping 30 Juli 1894, ôngka 95, kaya ing ngisor iki:

Manawa ana wong kang kanggonan, adol, tuku utawa anggawa uyah tampêr saka pasisir kidul, iku kapatrapan dhêndha kèhe sarupiyah tutug satus rupiyah, utawa kapatrapan paukuman kaya kang katamtokake ing layang undhang-undhang mau.

Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang

--- 4 : 22 ---

ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 13 sasi Jumadilakir taun Be, ôngka 1824, utawa kaping 12 Dhesèmbêr 1894.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 23 ---

Ôngka 102

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahaning layang pranatan katitimasan kaping 8 sasi Jumadilakir taun Ehe 1820, utawa kaping 19 Januari 1891, ôngka 34, laku-lakune mupakataning têtêpe abdi dalêm bupati pulisi sajabaning nagara, kaya ing ngisor iki.

Ing dina bakal kêpyake abdi dalêm bupati pulisi mau ana kabupatène, kangjêng tuwan residhèn ora bakal andhawuhake marang tuwan asistèn residhèn ing apdhèlinging kabupatèn, têka ing kabupatèn kaya kang muni ing layang pranatan mau, dene lalungguhane ana ing pasamuwan kabupatèn, têngêne bupati nayaka tuwan-tuwan, kiwane bupati nayaka kaliwon nayaka, banjur bupati pulisi kang bakal kamupakatake mau, kasambungan tuwan-tuwan utawa prayayi Jawa, sawuse satata, gone abdi dalêm bupati nayaka

--- 4 : 24 ---

arêp maca layang ampilane, mung amratelakna marang tuwan-tuwan sarta prayayi Jawa kang padha ana ing pasamuwan kabupatèn, sawuse amratelakake, bupati nayaka banjur macaa layang ampilane mau, sawuse rampung pamacane sarta sawuse bubaran, abdi dalêm bupati pulisi kang mêntas kakêpyakake mau banjur matura ing tuwan asistèasistèn. residhèn, yèn awake kang kakarsakake dadi abdi dalêm bupati pulisi sarta wus kakêpyakake ana pasamuwan kabupatèn.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 9 sasi Ruwah taun Be ôngka 1824. Utawa kaping 5 Pèbruari 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 25 ---

Ôngka 103

Undhang-undhang

Têrang kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang padha anyewakake kareta, ing waktu pasamuwan balapan, wiwit tanggal kaping 3 tumêka kaping 6 Mei 1895 iki, ora manira lilani angundhakake pasewane luwih saka kang kapratelakake ing ngisor iki.

Kareta jaran loro bangku siji, Sajam ... rong rupiyah, sajam satêngah ... têlung rupiyah, rong jam ... patang rupiyah, rong jam satêngah ... limang rupiyah, têlung jam ... nêm rupiyah, patang jam ... pitung rupiyah

--- 4 : 26 ---

Kareta jaran loro bangku loro, sajam ... têlung rupiyah, rong jam ... limalimang. rupiyah, têlung jam ... pitupitung. rupiyah, patang jam ... wolung rupiyah.

Dene tumrape kareta kang lumrah diarani andhong iku pasewane: yèn ngêmot wong loro lumaku marang balapan, sèkêt sèn, ulihe saka balapan ... sèkêt sèn, yèn luwih saka wong loro tumêka wong lima, lumaku maramarang. balapan ... pitung puluh lima sèn, ulihe saka balapan ... pitung puluh lima sèn.

Manawa ana kang ora angèstokake pêpacake undhang-undhang iki, bakal kasêrêg sarta kapatrapan paukumane wong anêrak parentah.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para pagêdhe panggêdhe. sarta para pulisi supaya banjur kalumrahake marang wawêngkone dhewe-dhewe, sata katèmplèkake ana panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 25 sasi Sawal ing taun [tau...]

--- 4 : 27 ---

[...n] Be 1824, utawa tanggal kaping 21 sasi April ing taun 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 28 ---

Ôngka 104

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake pêpacak kaya kang kasêbut ing layang anggêr paukumane para wong Jawa, kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

Bab 383, sarupaning wong kang ngingu utawa kanggonan kewan kang kinira nandhang lêlara kang nulari, môngka ora banjur lapur marang pulisi dununge kewan mau, lan sanadyan wus kalapurake môngka durung olèh wangsulan, kewan mau ora dikurung, iku kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan ana ing yayasane nagara, olèh pangan tanpa bayaran, lawase nêm dina tumêkane rong sasi.

Bab 384, saupama wong kang duwe kewan katularan lêlara wus dipacaki dening kang duwe wawênang nyêkêl pangawasa, môngka isih katunggalake karo kewan liyane, iku kapatrapan paukuman nyambut gawe pêksan tanpa rante, lawase [la...]

--- 4 : 29 ---

[...wase] rong sasi tumêkane nêm sasi, lan kadhêndha kèhe sèkêt rupiyah tumêkane rongatus sèkêt rupiyah.

385,Bab 385. saupama kewan liya-liyane nganti katularan, jalaran dikumpulake marang kewan kang katularan lêlara kasêbut ing bab kaping 384 mau wong kang duwe laku nêrak parentahe kang duwe wawênang nyêkêl pangawasa, iku kapatrapan paukuman nyambut gawe pêksan tanpa rante lawase rong taun tumêkane limang taun, lan kadhêndha kèhe sèkêt rupiyah tumêkane limang atus rupiyah, kang mangkono mau kabèh ora anyuda marang tumindake wêwaton pranatan lan pêpacak ingatase kewan kang lara, sarta êtraping paukumane kang padha ginantungake ing wêwaton pranatan lan pêpacak ingatase kewan kang lara.

Sarupaning wong kang nêrak pêpacak iki bakal padha kasêrêg ing pangadilan.

Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana wong kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 16 sasi Bêsar taun Be: ôngka 1824 utawa kaping 10 Juni 1894.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 30 ---

Ôngka 105

Undhang-undhang

Awit saka dhawuhing timbalan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat pêpatih dalêm ing karaton Surakarta Adiningrat, aparing sumurup marang sarupane kang padha anggadhuh palêmahan ing sawah ing bawah dalêm Surakarta.

Ing saiki sarupane kagungan dalêm palêmahan sajroning kutha karaton Surakarta, sarta kang ana karajaning abdhèling ing Klathèn, ing Bayalali, sarta ing Sragèn, kang disuwun angêbrêgi salawase dening bôngsa Eropah utawa bôngsa Cina sapêpadhane bôngsa sabrang, yèn ora ana pakewuhe, sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan bakal amarêngake, mawa nyôngga prabeyaning sabên taun kèhe ora luwih sapara puluhane ajining palêmahan mau, sarta sabên sasi angladèkake dhuwit sarupiyah konjuk ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, minôngka waragad pangupakaraning lurung-lurung, sadurunge waragad pangupakaraning

--- 4 : 31 ---

lurung-lurung mau diparingi saka kangjêng guprêmèn, sarta kang kaparêngake panyuwune mau manawa ana parlune kudu ambayar tatêmpuh, marang kang angênggoni palêmahan mau.

Kèhe dhuwit tatêmpuh katamtokake dening komisi kang wus kapatah dening kangjêng tuwan residhèn, kaya ta: tumrape sajroning kutha Surakarta.

1. Tukang cêngkal abdine kangjêng guprêmèn kang wus nyôngga sumpah,

2. Abdi dalêm bupati pulisi

3. Arsitèk dalêm.

Mungguh sajroning kutha liya- liyane kaya ta: ing Klathèn,

1. Abdi dalêm bupati pulisi,

2. Abdi dalêm pamajêgan

3. Abdi dalêm kaliwon pulisi, manawa ana pambêngane kaliwon pamajêgan, padha ing Klathèn.

Ing Bayalali

1. Abdi dalêm bupati pulisi,

2 Abdi dalêm kaliwon pulisi

3. Abdi dalêm kaliwon pamajêgan, manawa ana pambêngane, panèwu pulisi, padha ing Bayalali.

Ing Sragèn

1. Abdi dalêm bupati pulisi,

2. Abdi dalêm kaliwon pulisi,

--- 4 : 32 ---

3. Abdi dalêm kaliwon galadhag, manawa ana pambêngane panèwu pulisi, padha ing Sragèn.

Mungguh tatêmpuhing karangkitri, iku kaitung pangajine, dene tatêmpuhing omah-omah kaitung wragading pangêlihe, samono mau tumrape omah kang bêkakase ora santosa, dene tumrape omah kang santosa kaitung pangajine.

Mungguh kang diarani ora santosa iku êpring gêdhèg sapêpadhane, kang diarani santosa iku pagêr tembok utawa gêbyog, mawa talês bata utawa watu sapêpadhane mawa wêdhi gamping, mungguh panapsire ajining palêmahan mau wêwaton saka ukuran sarta dununge utawa prênahing palêmahan mau. Manawa ana kang durung narima marang panapsir mau, kêna duwe atur ing Kangjêng Tuwan Residhèn, sarta Kangjêng Tuwan Residhèn lan manira bakal banjur angrampungi prakara mau, karampungan iku wus ora kêna kaaturake mandhuwur manèh.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 26 sasi Bêsar taun Be, ôngka 1824. Utawa kaping 20 Juni 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 33 ---

Ôngka 106

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Para panggêdhening pulisi padha kawajiban anindakake sarta andhawuhake warata marang sarupane uwong, sabên-sabên ana prêlune sarupane asu kudu kacancang utawa kabrangus.

Sarupane asu kang ora kacancang utawa kabrangus anêtêpi undhang-undhang iki, mangkono uga sarupane asu kang ora ana kang anduwèni utawa ora karuwan kang anduwèni, kang ngopèni utawa kang angon, kang ora ngèstokake undhang-undhang iki, bakal kapatrapan dhêndha sarupiyah tumêka limalas rupiyah.

--- 4 : 34 ---

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 27 sasi Bêsar taun Be, ôngka 1824, utawa kaping 21 Juni 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 35 ---

Ôngka 107

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake wuwuhane layang pranatan katiti mangsan kaping 25 sasi Sura taun Ehe180, utawa kaping 10 Sèptèmbêr 1890, minôngka angêdohake sarta mapas lêlara marga saka sundêl, kaya ing ngisor iki.

Sarupane bêbauning pulisi lan kapala kampung utawa kapala desa kang ora nglapurake manawa bawahe ana wong wadon kang laku palanyahan utawa dadi sundêl kaya kang kasêbut bab kaping 5 ing layang pranatan mau, iku kapatrapan kèhe 5 limang rupiyah tutug 25 salawe rupiyah, utawa kapatrapan nyambut gawe paksan nganggo kaparingan pangan nanging tanpa bayaran lawase sadina tutug têlung puluh dina. Mungguh kang diarani palanyahan iku kang wus ngidêrake badane utawa ora tampik sadhengahe uwong, dene sundêl iku wong wadon palanyahan kang mawa

--- 4 : 36 ---

diingu ing uwong yèn pangingune mau durung têrang ing parentah iku jênêng sundêl pêtêng.

Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 20 sasi Mulud, taun Wawu ôngka 1825, utawa kaping 10 Sèptèmbêr 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 37 ---

Ôngka 108

Undhang-undhang.

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing dalêm karaton Surakarta Adiningrat, karsa angelingake marang putra santana sarta abdi dalêm kang padha kaparingan anggadhuh kagungan dalêm bumi desa kang wus dipajêgi dening para tuwan, samasa bumi mau dibalèkake dening kang amajêgi, kang duwe gêgadhuhan kudu anglapurake marang nagara mawa angladèkake layang prajangjiyane, dene yèn ora nyimpên layang prajangjiyan, iya mung anglapurake, marga prêlu bakal dipèngêti ing buk nagara sarta ing buk kantor residhenan, anêtêpi bab kaping 27 ing layang pranatan amajêgi sarta amajêgake bumi desa kanggo têtanèn ing bawah Surakarta lan Ngayogyakarta, kang kapacak ing sêtatbêlad taun 1884, ôngka 9.

Para pulisi kang ambawahake bumi desa kang dibalèkake pamajêge saka para tuwan mau, uga anglapurna marang nagara, [naga...]

--- 4 : 38 ---

[...ra,] minôngka rangkêpan palapurane kang duwe gêgadhuhan bumi desa mau, iku padha kaèstokna.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 6 sasi Rabingulakir taun Wawu, ôngka 1825, utawa kaping 26 Sèptèmbêr, ôngka 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 39 ---

Ôngka 109

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anguningani paturane abdi dalêm para bupati pulisi, bab kèhing dhuwit prabeya lulusan raja kaya kang tumindak sadurunge ana layang pranatan katitimasan kaping 12 Ruwah Dal 1823 utawa kaping 18 Pebruari 1894, ôngka 87, panggalih manira tatela kèhing dhuwit prabeyaning lulusan pangêdol sarta pambêlèhe raja kaya kang tumindak saiki miturut pranatan mau isih ènthèng, marmane ing mêngko manira anamtokake owah-owahane pranatan mau kaya ing ngisor iki.

1. Sawiji-wijining raja kaya kang diêdol, prabeyaning lulusane mundhak dadi 40 patang puluh sèn.

2. Sawiji-wijining raja kaya kang disuwunake lilah pambêlèhe, kalêbu pangêcape wêsi bang prabeyane mundhak dadi 50 sèkêt sèn.

Dene raja kaya kang disuwunake lulusan panggawane marang [ma...]

--- 4 : 40 ---

[...rang] panggonan liya, sarta kitir pangêdoling iwak, ora owah kaya kang wus padha muni ing layang pranatan mau lêstari 5 limang sèn.

Tumapake layang pranatan iki besuk tanggal kaping 13 sasi Jumadilawal taun Wawu 1825, utawa kaping 1 sasi Nopèmbêr taun1895.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 10 sasi Rabingulakir, taun Wawu ôngka 1825, utawa kaping 30 sasi Sèptèmbêr 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 41 - --

Ôngka 110

Undhang-undhang

Awit saka kaparênging karsa dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake lan paring sumurup marang sarupane wong, wiwit besuk tanggal sapisan sasi Nopèmbêr taun: 1895, utawa tanggal kaping: 13 sasi Jumadilawal taun Wawu ôngka: 1825.

1. Kabupatèn ing Ngampèl karucat, dene bawah karèrèyane kagolongake marang kabupatèn pulisi ing Bayalali.

2. Ing kabupatèn Sukaharja kagêlêngake ing apdhèling Wanagiri.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saparlune.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

--- 4 : 42 ---

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 19 sasi Rabingulakir taun Wawu: ôngka 1825. Utawa kaping 9 Oktobêr 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 43 ---

No. 110.

Oendang-Oendang.

Dari Srie Padoeka Toean Soesoehoenan ampoenja maoe moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di SOERAKARTA.

Kita Kangdjeng Raden Adipati SOSRODINIENGRAT Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken dan membri taoe pada sagala orang, moelai besoek tanggal satoe boelan November taoen 1895 atawa tanggal 13 boelan Djoemadilawal taoen wawoeWawoe. 1825.

1. Kaboepaten di Ampel, di roetjat, adapoen bawah karerehännja di masoekken toeroet Kaboepaten politie di Bojolali.

2. Kaboepaten Soekohardjo di masoekken afdeeling Wonogiri.

Dari itoe segelasegala. orang soepaja sama taoe serta menoeroet saperloenja.

Ini soerat Oendang-Oendang di tersiarken serta di taroeh di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang-Oendang ari 19 Boelan Rabingoelakir taoen Wawoe 1825 atawa ari 9 October 1895.

--- 4 : 44 ---

Ôngka 111

Undhang-undhang

Awit saka kaparênging karsa dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, wiwit tanggal sapisan Nopèmbêr, taun 1894, utawa tanggal kaping 13 sasi Jumadilawal, taun Wawu, ôngka 1824 anamtokakên kalungguhan sarta kèhe abdi dalêm pulisi bupati sapangisor ing sakabupatène, minôngka owah-owahahaning layang undhang-undhang manira katitimasan kaping 28 Mulud Dal 1823, utawa kaping; 11 Oktobêr 1893 ôngka 75 kaya ing ngisor iki.

Apdhèling Surakarta

Paprentahan kabupatèn kitha Surakarta

Bupati ... 1, Kaliwon ... 1, Panèwu jaksa ... 1, Mantri jaksa ... 1, Mantri kabupatèn ... 1, Pangulu ... 1, Carik kabupatèn ôngka:1, ôngka 2 ... 2, Carik jaksa ... 1, Lurah langsir ... 1, Langsir utawa jajar ... 12,

--- 4 : 45 ---

Rêksa pidana ... 24

Dhistrik kutha Surakarta

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 4, ing Jèbrès, ing Pasarkliwon, ing Sêrêngan, ing Lawiyan

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 4, Kajinêman ... 12

Dhistrik Grogol

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 4, Ing Majalaban, ing Bêkonan, ing Baki, ing Jumok

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 4, Kajinêman ... 12

Dhistrik Kaliyasa

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 2, Ing Nagasari, ing Selarêja

Carik kapanewon ôngka: 1, ôngka: 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 2, Kajinêman ... 8

Dhistrik Kartasura

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 5, Ing Ngêmplak, ing Gathak, ing Kleco, ing Bolon, ing Waru

Carik kapanewon ôngka: 1, ôngka: 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 5, Kajinêman ... 14

Apdhèling Klathèn

Paprentahan kabupatèn kutha Klathèn

Bupati ... 1, Kaliwon ... 1, Panèwu jaksa ... 1,

--- 4 : 46 ---

Mantri jaksa ... 1, Mantri gripir ... 2, Pangulu ... 1, Carik kabupatèn ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik jaksa ... 1, Lurah langsir ... 1, Langsir utawa jajar ... 6

Dhistrik Klathèn

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 5, ing Bayat, ing Pokoh, ing Wêdhi, ing Gondhang, ing Totogan

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 5, Kajinêman ... 14

Dhistrik Prambanan

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 4, ing Samapura, ing Manisrêngga, ing Kêpurun, ing Purwarêja

Carik kapanewon ôngka 1,ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 4, Kajinêman ... 12

Dhistrik Kragan

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 3, ing Jatinom, ing Kemalang, ing Tulung

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 3, Kajinêman ... 10

Dhistrik Bèji

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 4, Ing Cèpèr, ing Kalisoga, ing Karangdawa, ing Cawas

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 4,

--- 4 : 47 ---

Kajinêman ... 12

Dhistrik Ngrêdên

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 3, Ing Wanasari, ing Kêbon-gêdhe, ing Dilanggu

Carik kapanewon ôngka: 1, ôngka: 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 3, Kajinêman ... 10

Dhistrik Ponggok

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 3, Ing Karanganom, ing Kuwêl, ing Pangkalan

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 3, Kajinêman ... 10

Apdhèling Bayalali

paprentahan kabupatèn kutha Bayalali

Bupati ... 1, Kaliwon ... 1, Panèwu jaksa ... 1, Mantri jaksa ... 1, Mantri gripir ... 2, Pangulu ... 1, Carik kabupatèn ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik jaksa ... 1, Lurah langsir ... 1, Langsir utawa Jajar ... 6

Dhistrik Bayalali

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 5, Ing Banyudana, ing Sawit, ing Têras, ing Musuk, ing Majasanga

Carik kapanewon ôngka: 1, ôngka: 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 5, Kajinêman ... 14

Dhistrik Ngampèl

--- 4 : 48 ---

Panèwu dhistrik ... 1, Dhistrik Ngampèl ... 4, Ing Gêtas, ing Cêpaga, ing Plambong,ing Sela

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 3, Kajinêman ... 12

Dhistrik Sima

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 2, Ing Sambi, ing Tari

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 2, Kajinêman ... 8

Dhistrik Karanggêdhe

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 2, Ing Ngandong, ing Klega

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 2, Kajinêman ... 8

Dhistrik Grogol

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 3, Ing Rêpaking, ing Kêmusu, ing Juwangi

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 3, Kajinêman ... 10

Apdhèling Sragèn

Paprentahan kabupatèn kutha Sragèn

Bupati ... 1, Kaliwon ... 1, Panèwu jaksa ... 1, Mantri jaksa ... 1, Mantri gripir ... 2, Pangulu ... 1, Carik kabupatèn, ôngka 1, ôngka 2 ... 2,

--- 4 : 49 ---

Carik jaksa ... 1, Lurah langsir ... 1, Langsir utawa jajar ... 6

Dhistrik Sragèn

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 4, Ing Ngrampal, ing Kêdhawung, ing Pêlok, ing Pilangjêthis

Carik kapanewon, ôngka: 1, ôngka: 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 4, Kajinêman ... 12

Dhsitrik Gondhang

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 3, Ing Jambeyan, ing Sambirêja, ing Sambungmacan

Carik kapanewon, ôngka: 1, ôngka: 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 3, Kajinêman ... 10

Dhistrik Gêsi

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 5, ing Jêkawal, ing Jênar, ing Pojok, ing Bawang, ing Mondhokan

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 5, Kajinêman ... 14

Dhistrik GêmoloGêmolong.

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 5, Ing Plupuh, ing Lawang, ing Miri, ing Tanon, ing Kranggan

Carik kapanewon ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 5, Kajinêman ... 14

Dhistrik Masaran

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 4, Ing Tompe, ing Sidaharja,

--- 4 : 50 ---

ing Gronong, ing Pucuk, Carik kapanewon, ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 4, Kajinêman ... 12.

Dhistrik Jagamasan

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 5, Ing Kutukan, ing Wanakrêsa, ing Larangan, ing Talpitu, ing Karang

Carik kapanewon, ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 5, Kajinêman ... 14

Apdhèling Wanagiri

Paprentahan kabupatèn ing Sukaharja

Kaliwon ... 1, Panèwu kabupatèn ... 1, Panèwu jaksa ... 1, Panèwu lid ... 1, Mantri gripir ... 1, Carik kabupatèn, ôngka 1, ôngka: 2 ... 2, Carik jaksa ... 1, Pangulu ... 1, Lurah langsir ... 1, Langsir utawi jajar ... 6

Dhistrik Sukaharja

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 4, Ing Bulakrêja, ing Kêdhunggudèl, ing Sugiyan, ing Bangsri

Carik kapanewon, ôngka: 1, ôngka: 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 4, Kajinêman ... 12

Dhistrik Tawangsari

Panèwu dhistrik ... 1, Mantri dhistrik ... 5, Ing Ngutêr, ing Grogol, ing Watukêlir, ing Kasiyan,

--- 4 : 51 ---

ing Bulu.

Carik kapanewon, ôngka 1, ôngka 2 ... 2, Carik kamantrèn ... 5, Kajinêman ... 14

Dene abdi dalêm para pulisi kang ora kasêbut ing undhang-undhang iki padha kasuwak.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 19 sasi Rabingulakir ing taun Wawu, ôngka 1825. Utawa kaping 9 Oktobêr 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 52 ---

Ôngka 112

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, anamtokake owah-owahaning balônja sêsasine sarta bumi gêgadhuhane abdi dalêm para bupati pulisi sakarerehane, kaya kang kamot ing layang undhang-undhang manira katitimasan kaping 28 Mulud Dal 1823, utawa kaping 11 Oktobêr 1893, ôngka 76, sarta kaping 20 Sapar Be 1824, utawa kaping 23 Agustus 1894, ôngka 97, wêwijangane kaya ngisor iki.

1. Abdi dalêm bupati pulisi Surakarta, balanjane 800, wolung atus rupiyah salaka, bumi gêgadhuhane, 3 telung jung.

2. Abdi dalêm bupati pulisi ing Klathèn, Bayalali, lan Sragèn, balanjane padha ngênêm atus rupiyah slaka, bumi gêgadhuhane padha nêlung jung.

3. Abdi dalêm kaliwon pulisi ing Sukaharja, balanjane [balanja...]

--- 4 : 53 ---

[...ne] 325, têlung atus sêlawe rupiyah slaka.

4. Abdi dalêm kaliwon pulisi ing Surakarta, balanjane 250 rong atus sèkêt rupiyah slaka.

5. Abdi dalêm kaliwon pulisi ing Klathèn, Bayalali, lan Sragèn, balanjane padha ngrong atus rupiyah slaka.

6. Abdi dalêm panèwu jaksa ing Surakarta, balanjane 125, satus salawe rupiyah slaka.

7. Abdi dalêm panèwu jaksa pulisi Klathèn, Bayalali, Sragèn lan Sukaharja, balanjane padha anyatus rupiyah slaka.

8.Abdi dalêm panèwu kabupatèn ing Sukaharja, balanjane 175, satus pitung puluh lima rupiyah slaka.

9. Abdi dalêm panèwu lit ing kabupatèn Sukaharja balanjane 75, pitung puluh lima rupiyah slaka.

10. Abdi dalêm mantri jaksa pulisi ing Surakarta, balanjane 90, sangang puluh rupiyah slaka.

11. Abdi dalêm mantri jaksa pulisi ing Klathèn, Bayalali lan Sragèn, balanjane padha mitung puluh lima rupiyah slaka.

12. Abdi dalêm mantri kabupatèn ing Surakarta, balanjane 75, pitung puluh lima rupiyah slaka.

--- 4 : 54 ---

13. Abdi dalêm mantri gripir ing Klathèn, Bayalali, Sragèn, lan Sukaharja, balanjane padha nyèkêt rupiyah slaka.

14. Abdi dalêm pangulu ing kabupatèn pulisi Surakarta, Klathèn, Bayalali, Sragèn lan Sukaharja, balanjane padha anyalawe rupiyah slaka.

15. Abdi dalêm carik ing kabupatèn pulisi Surakarta, Klathèn, Bayalali, Sragèn, lan Sukaharja, kèhe sakabupatène padha ngloro, balanjane carik, ôngka siji padha anêlung puluh rupiyah slaka, carik ôngka loro padha ngrong puluh rupiyah slaka.

16. Abdi dalêm carik jaksa ing kabupatèn pulisi Surakarta, balanjane 25, salawe rupiyah slaka, abdi dalêm carik jaksa kabupatèn pulisi Klathèn, Bayalali, Sragèn, lan Sukaharja, balanjane padha ngrong puluh rupiyah slaka.

17. Abdi dalêm lurah langsir ing kabupatèn pulisi Surakarta, Klathèn, Bayalali, Sragèn lan Sukaharja, balanjane padha ngrong puluh rupiyah slaka, jajare langsir kèhe ing kabupatène padha ngênêm, mung ing kabupatèn Surakarta rolas, kabèh mau siji-sijine balanjane padha molulas rupiyah slaka.

--- 4 : 55 ---

18. Abdi dalêm rêksa pidana ing kabupatèn pulisi Surakarta, kèhe 14, siji-sijine balanjane nyapuluh rupiyah slaka.

19. Abdi dalêm panèwu dhistrik ing kutha Surakarta, balanjane 175, satus pitung puluh lima rupiyah slaka. Dene abdi dalêm para panèwu dhistrik liya-liyane, balanjane padha nyatus sèkêt rupiyah slaka, mung panèwu dhistrik Kartasura kaparingan pêpancèn piranti sêsuguh 25 rupiyah.

20. Abdi dalêm mantri dhistrik, ôngka siji ing kutha Surakarta, balanjane padha anyatus rupiyah slaka, dene para mantri dhistrik, ôngka siji liya-liyane balanjane padha anyatus rupiyah slaka.

21. Abdi dalêm para mantri dhistrik ôngka loro balanjane padha mitung puluh lima rupiyah slaka.

22. Abdi dalêm carik kapanewon dhistrik, sawiji-wijining kêdhistrikan padha ngloro, carik ôngka siji balanjane padha anyalawe rupiyah slaka, carik ôngka loro balanjane padha anyalawe rupiyah slaka, carik ôngka loro balanjane padha nglimalas rupiyah slaka.

23. Abdi dalêm carik kamantrèn dhistrik, sawiji-wijining kamantrèn padha niji, balanjane padha nglimalas rupiyah slaka.

24. Abdi dalêm para kajinêman dhistrik, balanjane padha

--- 4 : 56 ---

anyapuluh rupiyah slaka.

25. Abdi dalêm mantri cacar ing kabupatèn Surakarta, balanjane 50, sèkêt rupiyah slaka, dene abdi dalêm mantri ing kabupatèn liya-liyane, balanjane padha matang puluh rupiyah slaka.

Dene wiwite anampani patêdhan dalêm balônja kaya layang undhang-undhang iki besuk tanggal sapisan, sasi Nopèmbêr 1895.

Iku sarupane wong padha sumurupa lan angèstokna saparlune.

Layang undhang- undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhe undhang-undhang tanggal kaping 19 sasi Rabingulakir ing taun Wawu ôngka 1825, utawa kaping 9 Oktobêr 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 57 ---

Ôngka 113

Undhang- undhang

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih dalêm ing Surakarta Adiningrat, andhawuhake timbalan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, kang wus sarêmbag lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Sarupane kang kaparingan gêgadhuhan lungguh bumi desa kang wus tatela sumlêmpit utawa kacêpit ing bumi kang wunwus. kapajêgan ing tuwan-tuwan, manawa sumêdya dipêjêgi dening tuwan kang nguwasani bumi pamajêgan mau, môngka kang duwe gêgadhuhan lungguh wus awèh, nanging kèhing pajêg saka panjaluke tuwan kang bakal majêgi durung kacondhongan, iku kudu dititi pariksa dening komisi, sapira pakolèhing papriksan bakal katêtêpake, dene kang bakal tumindak komisi sarta laku-lakune kaya bumi desa kang bakal kaonjot pamajêge kasêbut ing layang undhang-undhang manira katitimasan kaping 13 sasi Rêjêb taun, Ehe 1820, utawa kaping 22 sasi Pèbruari 1891.

Kang jênêng sumlêmpit iku bumi kang dumunung sajroning sawijine

--- 4 : 58 ---

kabudidayane tuwan-tuwan, dene kang jênêng kêcêpit iku bumi kang mung sawatara diubêngi têpung gêlang dening bumi kabudidayane tuwan-tuwan luwih saka siji.

Bab 2

Manawa kang duwe gêgadhuhan lungguh ora awèh dipajêgi môngka ora ana sababe kang pantês, iku sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan kang bakal majêgake, kasôngga pajêg manawa parlu sarana dikomisi, yèn ana parlune kang duwe gêgadhuhan lungguh diparingi liru. Dene yèn ana sababe kang pantês kaya ta:

1. Kanggo pakuburane wong tuwane utawa anak putune.

2. Diomahi kulawargane.

3. Dianggo pasanggrahan utawa kêbonan, iku kang duwe gêgadhuhan lungguh kêna anjaluk mêthil sapira kang kanggo parlune kang kalawan murwat.

Bab 3

Manawa bumi mau pajêge rupa bêras, pari, lênga utawa kayu sapanunggalane, apadene mawa sêsanggan bau suku, môngka kang duwe gêgadhuhan lungguh anjaluk lêstarine pajêg arupa bêras, pari, lênga, kayu sapanunggalane, utawa sêsanggan arupa bau suku mau iku, kang bakal majêgi kudu mituruti, [mitu...]

--- 4 : 59 ---

[...ruti,] dene manawa ana sulayane kèhing pajêg, kudu ditapsir dening komisi kaya bab 1 ing dhuwur mau.

Bab 4

Layang undhang- undhang iki ora tumrap marang:

1. Kagungan dalêm bumi pangrêmbe kang nyôngga lêladèn maujud liyane dhuwit. Kaya ta: bêras, lênga, kopi, pêlêm, pakèl, salak, sapêpadhane.

2. Kagungan dalêm bumi galadhag kang nyôngga lêladèn bau suku.

3. Kagungan dalêm bumi pamajêgan kang diomahi dening abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri dêmang sapêpadhane.

4. Kagungan dalêm bumi pradikan sarta juru kunci.

Bab 5

Sarupane bumi kang wus tatela sumlêmpit utawa kacêpit ing bumi kang wus kapajêgan ing tuwan-tuwan, sawuse têlung puluh dina saka layange kangjêng tuwan residhèn kang marang pakumpulane tuwan-tuwan kang majêgi bumi katitimasan kaping 17 Sèptèmbêr 1895, bakal ora katindakake kaya ing dhuwur mau.

Iku sarupane kang kaparingan gêgadhuhan lungguh bumi desa padha sumurupa lan padha angèstokna saparlune.

Dhawuhing undhang- undhang tanggal kaping 4, sasi Jumadilakir taun Wawu ôngka 1825, utawa kaping 22 Nopèmbêr 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 60 - --

No 113.

Oendang-Oendang.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih dalem di Soerakarta Adiningrat, memrentahken Srie Padoeka Toewan Soesoehoenan ampoenja titah jang soedah beremboeg dengen Kangdjeng Toewan Resident, seperti di bawah ini.

FATSAL 1:

Sagala jang di bri gadoehan loenggoeh tanah desa jang soedah terang soemlêmpit atawa katjêpit di tanah jang soedah di padjegi oleh toean-toean, djikaloe maoe di padjegi oleh toean jang pegang koewasa pada itoe tanah pamadjegan, maka jang poenja gadoehan loenggoeh soedah kasih, tetapi banjaknja padjêg dari permintaännja toean jang maoe madjêgi beloem di roedjoeki, itoe moesti di priksa oleh Commissie, sabrapa adanja papriksan hendak di têtêpken. Adapoen jang berdjalan Commissie serta djalannja itoe saperti tanah desa jang hendak di ondjot pamadjegnja terseboet kita poenja soerat Oendang-Oendang tertoelis pada ari 13 boelan Redjeb taoen Ehee 1820, atawa ari 22 boelan Februari 1891.

--- 4 : 61 ---

Jang nama soemlmpit soemlempit. itoe tanah jang ada di dalem soewatoe Ondernemingnja toean toean, adapoen jang nama ketjepit itoe tanah jang tjoema sawatara di koelilingi antero oleh tanah Ondernemingnja toean toean lebih dari satoe.

FATSAL 2.

Djikaloe jang poenja gadoehan loenggoeh tiada kasih di padjegi, maka tiada ada sebabnja jang pantes, itoe Sri Padoeka Toean Soesoehoenan jang hendak madjegken, dengen padjeg djikaloe perloe pake di commissie, dan djikaloe ada perloenja jang poenja gadoehan loenggoeh di bri ganti. Adapoen djikaloe ada sebabnja jang pantes, sebagei:

1e. Terpake koeboerannja orang toewanja atawa anak tjoetjoenja.

2e. Di tinggali familienja.

3e. Di pake pasanggrahan atawa kebonan, jang poenja gadoehan loenggoeh boleh minta metil sabrapa perloenja jang tepake jang dengen pantes.

FATSAL 3.

Djikaloe itoe tanah padjegnja roepa bras, padi, minjak atawa kajoe sasamanja, apa lagi pake sasanggan bahoe soekoe, maka jang poenja gadoehan loenggoeh minta teroesnja padjeg roepa bras, padi, minjak, kajoe sasamanja atawa sasanggan roepa bahoe soekoe itoe, jang hendak madjegi moesti menoeroeti, adapoen djikaloe [dji...]

--- 4 : 62 ---

[...kaloe] ada tiada roedjoeknja dari banjaknja padjeg, moesti di taksir oleh Commissie saperti fatsal 1. di atas tadi.

FATSAL 4.

Ini soerat Oendang-Oendang tiada terpake pada:

1. Srie Padoeka ampoenja tanah Pangrembee jang pikoel laladen lainnja oewang, sabagei: bras, minjak, koffie, mangga, pakél, salak sasamanja.

2. Srie Padoeka ampoenja tanah gladak jang pikoel laladen bahoe soekoe.

3. Srie Padoeka ampoenja tanah pamadjegan jang di tinggali beroemah Srie PadoekPadoeka. ampoenja hamba Wadono Kaliwon panewoe, mantri, demang sasamanja.

4. Srie Padoeka ampoenja tanah Pradikan serta Djoeroekoentji.

FATSAL 5.

Sagala tanah jang soedah terang soemlempit atawa katjepit di tanah jang soedah di padjegi oleh toean toean, sasoedahnja tiga poeloeh ari dari soeratnja Kangdjeng Toewan Resident jang kapada pakoempoelannja toean toean jang madjegi tanah, tertoelis pada ari 17 September 1895 bakal tiada di djalanken saperti di atas itoe.

Dari pada itoe sagala jang di bri gadoehan loenggoeh tanah desa soepaja sama taoe serta menoeroet saperloenja.

Djatoehnja Oendang Oendang pada ari 4 boelan Djoemadilakir taoen Wawoe 1825 atawa ari 22 November 1895.

--- 4 : 63 ---

Ôngka 114

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, anggalih parlu andhawuhake pranatan, bab pangopèning alas kayu taun ing bawah dalêm Surakarta, kaya ing ngisor iki.

Bab kaping 1

Sarupane alas kayu taun, ing bawah dalêm Surakarta, iku bupati pulisi kang bawahake anindakna rêrigêne, nganggoa katimbang alas mau prayoga dilastarèkake utawa prayoga kabubak banjur ditanduri kayu seje kang luwih paedah, supaya angundhakake ajine alas.

Bab kaping 2

Nagara bakal anamtokake watêse alas mau.

Bab kaping 3

Nagara bakal nganakake prayayi kang sasêbutan rôngga utawa dêmang, kang kajibahake anyumurupi watês-watês sarta anane kayu taun ing sajroning alas, dalah [da...]

--- 4 : 64 ---

[...lah] pangopène.

Prayayi alas mau kang ingatase kawajibane kaêrèh marang panèwu utawa mantri dhistrik kang bawahake.

Para bêkêl kang padha manggon sajroning wawêngkone utawa kang manggon sacêdhaking alas, uga padha kajibahake rumêksa alas mau.

Bab kaping 4

Alas-alas kang kayune taun wus akèh kang tuwa sarta gêdhe-gêdhe, kajaba kayu jati iku bakal kalelangake barongan dening nagara, dhuwit pêpayone lelang banjur konjuk saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, ana dene kayu taun kang durung masa, utawa isih cilik lan agi thukul, iku kudu dirêksa prayogane aja kongsi rusak utawa mati.

Bab kaping 5

Bêkêl utawa wong cilik kang manggon sacêdhaking alas kayu taun, kalilan nêgor lan jupuk kayu glondhongan saka alas kang nunggal watês panggonane, kang dawane kurang saka 6 elo Nèdêrlan, lan kandêle kurang saka 18 dim, panêgore nganggoa aninggal tunggakane dawane 3 kaki, samono iku kajaba kayu jati, surèn rasamala, marabu, wungu wêru, trênggulun, [trênggu...]

--- 4 : 65 ---

[...lun,] manting, lan baban, mangkono manèh kalilan anglumpukake kayu tuwa kang wus rubuh, kang wus ora kanggo ing undhagi, sarta tataling kayu têgoran kang ora kanggo minôngka dianggo kayu obong utawa digawe arêng.

Bab kaping 6

Kajaba kang wus olèh lilah nêgor sarta jupuk kayu kaya kang kapratelakake ing bab kaping 5, sarta kajaba kang wus nyêkêl kêkancinganing nagara, kalilan ambubak alas kayu taun saka alas kang kapratelakake ing bab 1, manawa ora nyêkêl layang parentah utawa palilah nagara.

Bab kaping 7

Manawa nagara ana pêrlune nganggêp kayu saka alas kayu taun, iku kang kapatah nêgor mawa diparingi cacêkêlan layang parentah.

Bab kaping 8

Manawa ana parlune anêgor kayu dianggo panggonan angumpulake lan anumpuk kayu kang bêcik, iku nagara bakal andhawuhake anêgor kayu sacukupe kanggo parlune agawe panggonan mau.

--- 4 : 66 ---

Bab kaping 9

Manawa ana wong kang duwe panuwun anêgor kayu paturane kudu kapacak ing layang katur ing nagara, namawa ora ana pakewuhe nagara bakal amaringi layang palilah.

Layang panuwun mau kapratelakna manawa panganggone kayu ana parlune, lan kayune ora bisa pakolèh manawa ora kalilan ditêgor dhewe, apadene kapratelakake rupa lan ukurane kayu kang disuwun.

Bab kaping 10

Layang parentah lan layang palilah kênane anêgor kayu taun bakal kasêbutake rupa cacah lan ukurane kayu kang bakal ditêgor, apadene alase kang kêna ditêgor kayune.

Layang parentah utawa palilah mau uga nganggo anêrangake patraping panêgore kayu, aja nganti anêgor kayu kang durung masane katêgor, utawa aja nganti nêgor kayu kang gêdhene luwih saka kang wus katamtokake.

Kang kaparingan lilah wajib anyôngga waragading pangrêksane.

--- 4 : 67 ---

Bab kaping 11

Sawiji-wijining layang palilah mung kawangênan kanggo sataun, yèn panêgore lan pangusunge kayu ora bisa rampung sajroning sataun, manawa kang nyêkêl palilah duwe panyuwun kamot ing layang angonjot wêwangêne, bakal kaparingake.

Bab kaping 12

Kang kaparingan lilah anêgor kayu kudu ambayar dhuwit panukune kayu kang katêgor mau marang nagara, kaya ing ngisor iki.

1. Kayu sana, kayu sawo, kayu nyamplung, sarta kayu kibunaga, rêgane ing dalêm saelo kubuk 60, sawidak rupiyah.

2. Kayu wungu, kayu katangi, kayu pingku, utawa maraginang, kayu kapinang, utawa palalar minyak, sarta kayu uku-aka, rêgane ing dalêm saelo kubuk 50, sèkêt rupiyah.

3. Kayu laban, kayu rasamala, kayu puspa, kayu sêmpurpaba, kayu marabau utawa marabo, (uga kayu ingaranan kayu bêsin) kayu narap, kayu walikukun, kayu kukun, kayu surèn, kayu wêru, kayu lêngsar utawa tawan, kayu gadhok, kayu kartoke [karto...]

--- 4 : 68 ---

[...ke] sarta kayu srangit, iku rêgane ing dalêm saelo kubuk 40, patang puluh rupiyah.

4. Kayu trênggulung, (kang uga karan kayu kêtos) kayu kitêmbaga, utawa kibêsih, kayu kiputri, kayu cêmara, kayu mêrangan, kayu kibima, kayu jamuju, kayu uru minyak, kayu uru watang, kayu uru bêsih, kayu têgurut, sarta sarupane kayu pasang, rêgane ing dalêm saelo kubuk 30, têlung puluh rupiyah.

5. kayu bêndha, sarta kayu manglit utawa pakabulu, rêgane ing dalêm saelo kubuk 20, rong puluh rupiyah.

6. kayu liya-liyane ing dalêm saelo kubuk 10, sapuluh rupiyah.

7. rêgane kayu obong ing dalêm sadhêpa kacung kubuk: 3: têlung rupiyah.

Kayu kang wus katêgor ora kêna diusung sadurunge kang nêgor bayar rêgane kayu, lan waragat pangrêksaning panêgore.

Bab kaping 13

Panêgore kayu kudu kalakon tanpa pitulungane nagara sarta wragat utawa pirantine iya kudu karupakake [karupaka...]

--- 4 : 69 ---

[...ke] dening kang nêgor.

Bab kaping 14

Sarupane wong ora kalilan angusungi kayu saka ing alas, manawa ora nyêkêl layang pas saka bupati pulisi, samono iku mung tumrap kayu liyane kang kapratelakake ing bab kaping 5.

Wong kang kalilan nêgor kayu ora kêna diparingi layang pas manawa durung ngaturake pêthuk saka nagara, panampaning dhuwit rêgane kayu lan waragat parêksaning panêgore.

Layang kudu kapratelakake titimasane layang parentah utawa layang palilahing panêgore, cacah lan ukurane kayu kang arêp ditêgor, jênênging panggonan sangkane, lan jênênging kang ngusungi.

Layang pas mau kudu mawa wêwangên lawase kanggone, wêwangên mau nganggo katimbanga kang sakira anyukupi kanggo pangusunge.

Manawa maringake layang pas, prayayi kang maringi wajib amèmuti ana layang parentah utawa layang palilah, cacahing kayu kang diusungi ing samasa- masane.

Sawuse kayu kang diusungi tumêka ing panggonan jujuge, sajroning patlikur jam, layange pas kudu diaturake marang

--- 4 : 70 ---

prayayi pulisi kang omahe cêdhak dhewe kalawan panggonan jujuging kayu, sawuse prayayi mau anandhani, layang pas mau banjur kakirimake bali marang kang maringi.

Bab kaping 15

Wong ora kêna ambubak papan alas dianggo têtanèn, manawa ora nyêkêl layang palilah saka nagara, sarta manawa ora bangêt parlune nagara bakal ora maringi lilah.

Manawa nagara paring layang palilah marang kang wus dililani, ambubak papan alas kanggo têtanèn, iku bakal andhawuhake rumêksa aja nganti ambubak papan luwih saka kang pêrlu kanggone, apadene supaya kaulat-ulatake kayu-kayu kang akèh ajine aja nganti ana kang ilang, samono iku liyane kayu kang wus kapratelakake ing bab kaping 5.

Bab kaping 16

Sadhengaha wonge ora kêna ngobong arêng, gamping, utawa liya-liyane ana sajroning alas kang bisa anjalari rusak lan patining kayu taun, mangkono manèh ora kêna ambêdhol utawa gawe patining thêthukulan kayu taun kang padha ana ing alas kang kapratelakake ing bab kaping 1.

Bab kaping 17

Yèn ana wong ngêthok utawa anêgor sarupane kayu [ka...]

--- 4 : 71 ---

[...yu] alas, môngka dudu wajibe, iku kaanggêp maling kayu ngalas, mangkono uga yèn ana wong anêmu kayu kêthokan utawa kayu lakaran banjur kagawa lunga.

Sarupane wong ora kêna lumêbu ing alas anggawa wadung, pêthèl, bêndho, sapêpadhane, liyane arit, lan pangot, utawa lading kajaba wong kang wus olèh lilahing nagara anêgor kayu.

Pêpacak iki ora tumrap marang wong kang duwe prêlu liwat ing alas mau, kang kudu anggawa gêgaman kanggo anjagani awake.

Manawa ana wong kang angobong alas bakal kapatrapan paukuman miturut ing bab kaping 357 lan 382, ing layang anggêr paukumane wong Jawa.

Manawa ana wong angrusak thêthukulan sapêpadhane iku kapatrapan paukuman miturut ing bab kaping: 367, ing layang anggêr paukumane wong Jawa.

Iku sarupane wong padha sumurupa lan angèstokna saparlune.

Dhawuhing pranatan kaping 2 sasi Rêjêb ing taun Wawu, ôngka 1825. utawa kaping 19 Dhesèmbêr 1895.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 72 ---

No. 114

Terang Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, berfikir perloe memerentahken pranatan, dari hal pamiaranja oetan kajoe taoen di bawah Srie Padoeka Soerakarta saperti di bawah ini.

FATSAL 1.

Sagala oetan kajoe taoen di bawah Srie Padoeka Soerakarta, itoe Boepati politie jang memrentahken moesti mendjalanken pamiaranja, pake tertimbang apa itoe oetan baik di teroeskan atawa baik di rombak lantas di tanemi kajoe lainnja jang lebih faedah soepaja bikin tambah berharganja oetan.

FATSAL 2.

Negri hendak menemtoeken bates batesnja itoe oetan.

FATSAL 3.

Negri hendak mengadaken prijaji oetan nama Ronggo atawa Demang, jang di wadjibken mengetahoei bates-bates serta adanja kajoe taoen di dalem oetan, dengan pamiaranja.

Prijaji oetan di atas kawadjibannja terbawah oleh Panewoe

--- 4 : 73 ---

atawa Mantri distrikt jang membawahken.

Sagala Bekel jang sama tinggal di dalem wawengkonnja atawa jang tinggal deket oetan, djoega sama di wadjibken djaga itoe oetan.

FATSAL 4

Sagala Oetan jang kajoenja taoen soedah banjak jang toewa, serta besar besar, lainnja kajoe Djati itoe hendak di lelangken oleh Negri. Oewang lakoenja lelang lantas terhoendjoeken Srie Padoeka Toean Soesoehoenan. adapoen kajoe taoen jang beloem temponja atawa misih ketjil dan baroe toemboeh, itu moeti di djaga baiknja, djangan sampe roesak atawa mati.

FATSAL 5.

Bekel atawa orang ketjil jang tinggal deket oetan kajoe taoen, boleh menebang serta ambil kajoe glondongan dari di oetan jang tjampoer bates tempat tinggalnja, jang pandjangnja koerang dari 6 Ello Nederland, serta tebelnja koerang dari 18 duim, penebangnja moesti pake tinggalken toenggaknja, pandjangnja 3 kaki, bagitoe itoe lainnja kajoe Djati Soerén Walikoekoen, Rosomolo, Maraboe, Woengoe, Weroe, Trenggoeloen, Manting, dan Baban, dan lagi boleh mengoempoelken kajoe toewa jang soedah djatoeh, jang soedah tiada terpake pada toekang kajoe, serta tatalnja kajoe tebangan jang tiada terpake, boeat terpake kajoe bakal atawa di bikin areng.

--- 4 : 74 ---

FATSAL 6.

Lainnja jang soedah dapet idin menebang serta ambil kajoe seperti jang terseboet fatsal 5. serta lainnja jang soedah pegang kakantjingannja negri boleh merombak oetan kajoe taoen, sagala orang tiada boleh menebang serta ambil kajoe dari di oetan jang terseboet fatsal 1. kapan tiada pegang soerat prentah atawa idinnja negri.

FATSAL 7.

Djikaloe negri ada perloenja pake kajoe dari di oetan kajoe taoen, itoe jang di wadjibken menebang pake di bri pegang soerat prentah.

FATSAL 8.

Djikaloe ada perloenja menebang kajoe boeat tempat mengoempoelken serta menoempoek kajoe jang baik baik, Negri hendak memrentahken menebang kajoe sebrapa tjoekoepnja terpake perloenja bikin tempat itoe.

FATSAL 9.

Djikaloe ada orang jang poenja permintaän menebang kajoe, hatoerannja moesti termoeat soerat terhatoer pada Negri, djikaloe tiada ada ewoehnja negri hendak membri soerat idin.

Itoe soerat permintaän moesti menerangken djikaloe bolehnja pake kajoe ada perloenja, serta kajoenja tiada bisa dapet baik kapan tiada boleh di tebang sendiri, dan lagi moesti di terangken [terang...]

--- 4 : 75 ---

[...ken] ken roepa dan oekoerannja kajoe jang di minta.

FATSAL 10.

Soerat prentah dan soerat idin bolehnja menebang kajoe taoen hendak di seboetken roepa banjaknja dan oekoerannja kajoe jang hendak di tebang, dan lagi oetannja jang boleh di tebang kajoenja.

Soerat prentah atawa idin itoe djoega pake katrangan djalannja penebangnja kajoe, djangan sampe menebang kajoe jang besarnja lebih dari jang soedah ditemtoeken.

Jang di beri idin wadjib njoemanggakken pendjaganj,pendjaganja. djikaloe tiada maoe soerat idinnja hendak di ilangken.

Jang di bri idin djoega wadjib pikoel onkostnja pandjaga.

FATSAL 11.

Satoe persatoenja soerat idin tjoema di taroeh batessan terpake satoe taoen lamanja, djikaloe penebang dan pengangkatnja kajoe tiada bisa abis di dalem satoe taoen, kapan jang pegang soerat idin ada permintaän termoeat soerat, minta mengondjot batessannja, hendak di bri idin.

FATSAL 12.

Jang di bri idin menebang kajoe, moesti membajar oewang pembelinja kajoe jang di tebang itoe pada Negri, saperti dibawah ini.

1. Kajoe Sono, kajoe Sawo, kajoe Njamploeng serta kajoe Kiboenaga, [Kiboe...]

--- 4 : 76 ---

[...naga,] arganja di dalem satoe Ello kibuk f 60 anem poeloeh roepia.

2. Kajoe Woengoe, kajoe Katangi, kajoe Piengkoe atawa Marangginang, kajoe Kapinang atawa Palalar minjak, serta kajoe Hoe koe aka, arganja di dalem satoe Ello kibuk f 50 lima poeloeh roepia.

3. Kajoe Laban, kajoe Rosomolo, kajoe Poespa, kajoe Sempoewaij,Sempoewaji. kajoe Marabahoe atawa Marabo (djoega nama kajoe Bésin) kajoe Narap, kajoe Walikoekoen, kajoe Koekoen, kajoe Soerén, kajoe Weroe, kajoe Léngsar, atawa Tawan kajoe Gadok, kajoe Kitokè serta kajoe Angrit, itoe arganja di dalem satoe Ello kibuk f 40 ampat poeloeh roepia.

4. Kajoe Trenggoeloeng (djoega nama kajoe Kétoe) kajoe Ki Tembaga, atawa Ki Besih, kajoe Ki Poetri, kajoe Tjemara kajoe Merangan, kajoe Ki Bima, kajoe Djamoedjoe, kajoe Hoeroe minjak, kajoe Hoeroemadang, kajoe Hoeroebesih, kajoe Tenggoeroek kajoe Tenggoeroet, serta sagala kajoe Pasang, arganja di dalem satoe Ello kibuk f 3f 30. tiga poeloeh roepia.

5. Kajoe Bênda serta kajoe Mangrit atawa Tjepaka boeloe, arganja di dalem satoe Ello kibuk f 20 doewa poeloeh roepia.

6. Kajoe lain lainnja di dalem satoe Ello kibuk f 10 sapoeloeh roepia.

7. Arganja kajoe kajoe boewat bakar di dalem satoe padém (depa [(de...]

--- 4 : 77 ---

[...pa] katjong) kibuk f 3 tiga roepia.

Kajoe jang soedah di tebang tiada boleh di angkat sabeloemnja jang menebang bajar arganja kajoe serta onkost pendjaga penebangnja.

FATSAL 13.

Penebangnja kajoe moesti kedjalanan tiada pake pertoeloengannja Negri, serta onkost atawa perkakasnja djoega moesti di adaken oleh jang menebang.

FATSAL 14.

Sagala orang tiada boleh mengangkat kajoe dari di oetan, djikaloe tiada pegang soerat pas dari Boepati politie, bagitoe itoe tjoema boeat kajoe lainnja jang terseboet fatsal 5. Orang jang di bri idin menebang kajoe tiada boleh di bri soerat pas kapan beloem mengatoerken petoek dari Negri boeat trima oewang arganja kajoe dan onkost pendjaga penebangnja.

Soerat pas moesti terseboetken ari tanggalnja soerat prentah atawa soerat idinnja penebang, banjaknja dan oekoerannja kajoe jang maoe di tebang, namanja tempat atsalnja, serta nama tempat djoedjoegnja, apa lagi namanja jang mengangkati.

Soerat pas itoe moesti pake batessan lamanja terpake, batessan itoe moesti pake tertimbang jang kira kira sampe boeat pengangkatnja.

Djikaloe membriken soerat pas prijaji jang membri wadjib bikin [bi...]

--- 4 : 78 ---

[...kin] perengetan ada di soerat prentah atawa soerat idin, banjaknja kajoe jang di angkati pada sawaktoe waktoenja.

Sasoedahnja kajoe jang di angkati sampe di tempat djoedjoegnja, di dalem doewa poeloeh ampat djam soeratnja pas moesti di atoerken pada prijaji politie jang roemahnja paling deket dengen tempat djoedjoegnja kajoe, setelah itoe prijaji taroeh tanda soerat pas itoe lantas di kirim koembali pada jang membri.

FATSAL 14.

Orang tiada boleh merombak tanah oetan boeat tatanén, djikaloe tiada pegang soerat idin dari Negri, serta djikaloe tiada terlaloe perloe, Negri tiada hendak membri idin.

Djakaloe Negri membri soerat idin pada jang soedah di bri idin, merombak tanah oetan boeat tatanén itoe hendak memrentahken mendjaga djangan sampe merombak tanah lebih dari jang perloe terpakenja, serta soepaja di liat-liat kajoe kajoe jang banjak berharganja djangan sampe ada jang ilang, bagitoe itoe lainnja kajoe jang soedah terseboet fatsal 5.

FATSAL 16.

Sagala orang tiada boleh membakar Areng, Gamping atawa lain-lainnja ada di dalem oetan, jang bisa bikin roesak serta matinja kajoe taoen, bagitoe djoega tiada boleh mendjaboet atawa bikin matinja toemboeh toemboehan kajoe taoen jang sama ada di oetan jang terseboet fatsal 1.

--- 4 : 79 ---

FATSAL 17.

Djikaloe ada orang potong atawa menebang sagala kajoe oetan jang boekan wadjibnja, itoe di anggep mentjoeri kajoe oetan, begitoe djoega kapan ada orang dapet kajoe potongan atawa kajoe lakaran lantas di bawa pergi.

Sagala orang tiada boleh masoek di oetan bawa Wadoong, Petel, Bêndo sasamanja, lainnja Arit dan Pangot atawa Piso, lainnja orang jang soedah dapet idin dari Negri boeat menebang kajoe.

Ini papatjak tiada boeat orang jang ada perloe djalan di oetan, itoe jang moesti bawa sendjata boeat menjaga badannja.

Djikaloe ada orang jang membakar oetan, hendak di oekoem menoeroet fatsal 357 dan 382 di mana soerat Angger oekoemannja orang Djawa.

Djikaloe ada orang meroesak toemboeh toemboehan sasamannja, itoe di oekoem menoeroet fatsal 367 di soerat Angger oekoemannja orang Djawa.

Dari itoe sagala oarang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Djatoehnja Pranatan pada ari 2 boelan Rêdjêb taoen Wawoe, 1825 atawa ari 19 December 1895.

--- 4 : 80 ---

Ôngka 115

Awit saka dhawuhing timbalan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, sawuse anggalih yèn wong kang padha kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan ana kang padha tuku panganan sarta akèh kang padha kanggonan barang kang ora prayoga saka wong kang padha adol panganan sapanunggalane, ing mêngko manira andhawuhake pêpacak kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong adol panganan lan sapanunggalane padha ora kalilan ngêdoli marang wong kang padha kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan, sarta sarupane uwong anjaba kang wus kawênangake ora kêna angwènèhake barang utawa dhuwit marang para pasakitan, utawa nampani barang utawa dhuwit saka para pasakitan mau.

Kang anêrak pêpacaking pranatan iki kapatrapan dhêndha kèhe nêmbêlas tumêka salawe rupiyah, utawa anyambut gawe [ga...]

--- 4 : 81 ---

[...we] paksan lawas-lawase wolung dina.

Iku sarupane wong padha sumurupa lan angèstokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 14 sasi Ruwah taun Wawu, ôngka 1825. Utawa kaping 30 Januari 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 82 ---

No 115.

Dari Srie Padoeka toewan Soesoehoenan ampoenja prentah, moefakat dengen KanhdjengKangdjeng. toewan Resident di Soerakart.Soerakarta (dan di tempat lain).

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, setelah berpikir, orang jang sama di oekoem bekerdja paksa ada jang sama beli makanan serta banjak jang sama katempatan sabageinja, sekarang kita memrentahken papatjak saperti di bawah ini.

Sagala orang djoewal makanan sabageinja sama tiada boleh mendjoewal pada orang jang sama di oekoem bekerdja paksa, serta sagala orang lainnja jang soedah di bri idin tiada boleh trimaken barang atawa oewang kapada segala pasakitan, atawa trima barang atawa oewang dari sagala pasakitan itoe. Jang melanggar papatjaknja ini Pranatan di oekoem denda banjaknja anemblas sampe doewa poeloelpoeloeh. lima roepiah atawa kerdja paksa lama lamanja delapan hari.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe serta menoeroet saperloenja.

Djatoehnja Pranatan ari 14 boelan Roewah taoen Wawoe 1835 atawa ari 30 Januari 1896.

--- 4 : 83 ---

Ôngka 116

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Bab 1

Kang muni bab kaping 4 ing layang pranatan manira katitimangsan kaping 15 Nopèmbêr 1867 anamtokakên sarupane kang padha gêgadhuhan bumi desa, kalilane ngêmping pajêg mung rong pasokan, sapira luwihe saka rong pasokan dumunung rukune dhewe, manawa kang ngêmping mau pocot utawa ajal, warise ora anggêntèni, êmpingan luwihe saka rong pasokan mau ora olèh itung, manawa warise anggêntèni, rukun jangjine lastari, iku saiki manira owahi, sanajan warise anggêntèni iya ora wajib anglastarèkake rukun jangjine wong tuwane kang luwih sakan rong pasokan mau.

Bab 2

Kang muni bab kaping 8 ing layang pranatan manira mau anamtokake [anamto...]

--- 4 : 84 ---

[...kake] manawa para panggêdhening desa ngabèi dêmang bêkêl sapêpadhane ana kang nêbasake, adol anggadhèkake lêmpunging sawah pamajêgane nganti dadi prakara, kapocot saka kalungguhan, iku saiki manira owahi ora kalilan nêbasake adol anggadhèkake lêmpunging sawah pamajêgane mau, manawa ora angèstokake kapatrapan dhêndha kèhe padha lan pêpayone gone nêbasake adol utawa anggadhèkake lêmpunging sawah mau, utawa kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan, lawase ing dalêm dhuwit dhêndhêndha. satus rupiyah, paukumane têlung sasi.

Bab 3

kang muni bab kaping 4 ing layang pranatan manira katitimangsan kaping 3 Marêt 1890, manawa ana kang ora nyêkêli layang piyagêm mau ora mawa kauningan panggêdhening kabupatèn pulisi lan kadhistrikan kang ambawahake, môngka ana prakarane, kapatrapan paukuman rès ana ing panggonan saprêlune, lawas enggale katimbang lan prakarane, manawa ana prêlune bakal kaundur saka kalungguhane, iku kawuwuhan, kang duwe gêgadhuhan katamtokake nyêkêli piyagêm marang babêkêle, mawa kauningan panggêdhening kabupatèn pulisi lan kadhistrikan [ka...]

--- 4 : 85 ---

[...dhistrikan] kang ambawahake, manawa ora ngestokake anjaba gone kapatrapan paukuman rès mau mawa katamtokake ambalèkake dhuwit bêkti kang wus ditampani, manawa ora bisa ambalèkake banjur kaundur saka kalungguhane, dene tumrape putra santana dalêm, utawa abdi dalêm wadana kaliwon, kapatrapan dhêndha kèhe rong puluh prêsèn saka kèhing bêkti kang ditampani, sarta ambalèkake bêkti sapetunge, manawa ora bisa ambalèkake bêkti, patrapane manira sumanggakake saka parênge sampeyan dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan.

Bab 4

Bumi pamajêgane tuwan-tuwan manawa ana ngabèi dêmang bêkêl sapêpadhane kang sumêdya makilake kawajibane iku kudu rarukunan lan tuwan kang majêgi, dene pangane kang makilake, kèh sathithike bakal dimurwat dening tuwan kang majêgi, supaya aja nganti nuwuhake prakara ing buri, manawa gone rarukunan bab pamilihing wakil mau ora bisa rujuk, iku tuwan kang majêgi kang wênang anganakake wakil, mungguh wêwakil mau manawa saka pamilihe kang makilake, môngka kaluputan goning nglakoni kawajiban, kabênar pocot saka kalungguhane, iku kang makilake iya milu pocot, [poco...]

--- 4 : 86 ---

[...t,] dene manawa saka pamilihe tuwan kang majêgi, yèn ana lupute wakil mau patrapane ora tumrap marang kang diwakili.

Bab 5

Bêkêl utawa wong cilik ing bumi pamajêgane tuwan-tuwan, kang wus anampani pandumane sawah galebagan kang dadi pangane, môngka angèthèrake panggarape sawahe tuwan kang majêgi sapira bageane bêkêl utawa wong cilik mau dhewe-dhewe iku kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan lawase sêsasi tutug têlung sasi.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saparlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 14 sasi Ruwah taun Wawu, ôngka 1825. Utawa kaping 30 Januari 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 87 ---

Met machtiging van Zijne Hoogheid den Soesoehoenan, handelend in overeenstemming met hoogst-Dezelfs vader, den Hoog Edel Pestrengen Heer Resident van Soerakarta, beveel ik, Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih van Soerakarta, het hieronder volgende:

ARTIKEL 1.

De zinsnede in artikel 4 van mijne vevordening dd. 15 November 1867, -waar bij is bepaald, dat degene, die in het bezit is van apanage-gronden, slechts over twee termijnen voorschot op de pacht mag ontvangen, wordende het meerdere als een onderlinge overeenkomst beschouwd, zoodat, mocht degene die dat voorschot genoten heeft worden onslagen of komen te overlijden en zijn erfgenaam hem niet opvolgen, het meer dan twee pachttermijnen genotene voorschot buiten rekening zal blijve, en mocht zijn erfgenaam hem opvolgen de onderlinge overeenkomst zal blijven bestaan, - wordt nu zoodanig gewijzigd, dat niettegenstaande hij opgevolgd wordt door zijn erfgenaam, deze toch niet verplicht zal zijn om de verbintenist van zijn vader na te komen nl. het meergenotene boven het bedrag van twee pachttermijnen te betalen.

--- 4 : 88 ---

ARTIKEL 2.

De zinsnede in artikel 8 van mijn bovenaangehaalde verordening, bepalende dat indien een desa-hoofd, ngabehi, demang, bekel en dergelijke zijne pacht opbrengende sawahgronden doet afkoopen, verkoopt of verpandt, en daarover een geschil ontstaande hij wordt ontslagen, wordt aldus gewijzigd: Het is aan die personen verboden, hunne pachtopbrengende sawahgronden te doen afkoopen, verkoopen dan wel verpanden. Wanneer zij dat verbod overtreden, verbeuren zij een boete gelijkstaande aan de som, waarvoor zij die sawahgronden hebben doen afkoopen verkocht of verpand dan wel worden zij gestraft, met ten arbeidsteling voor den tijd van drie maanden voor elke geldboete van honderd gulden.

ARTIKEL 3.

De zinsnede in artikel 4 van mijn verordening dd. 3 Maart 1890, luidende: wanneer iemand geen piagem aan zijn bekel ter hand stelt dan wel die piagem niet is geviseerd door het betrokken Hoofd van de Kaboepaten policie en van het district en daarover een geschil antstaat, zal hij met arrest worden gestraft op de daartoe aan te wijzen plaats, zullende de duur de zaak geoordeeld dan wel hij zoo noodig uit zijn betrekking ontslagen worden, wordt aangevuld als volgt: de apanagehouder moet zijn bekel een piagem in handen stellen, voorzein van het visum van het betrokken hoofd van de Kaboepaten policie en van het betrokken districthoofd, [dis...]

--- 4 : 89 ---

[...tricthoofd,] Wanneer hij zulks niet nakomt, dan zal hij, behalve dat hij gestraft wordt met arrest zooevenbedoeld, de bekti, welke hij reeds ontvangen heeft, moeten teruggeven en wenneer hij die bekti niet kan teruggeven, zal hij uit zijne betrekking ontslagen worden. Wat aangaat de toepassing op een zoon van den Vorst-of ander bloedverwant dan wel op een dienaar van den Vorst, wadono of kliwon zoo deze gestraft worden met een boete van twintig proent van de bekti, welke hij ontvangen heeft, en de bekti, voor zooveeldie bedraagt, teruggeven. Wanneer hij de boete niet kan betalen dan wel de bekti niet kan teruggeven, zal ik de straf onderwerpen aan de beslissing van Zijne Hoogheid den Soesoehoenan.

ARTIKEL 4.

Wanneer op de aan Europeaanen verhuurde gronden een ngabehi, demang, bekel en dergelijke zijne plichten ter waarneming aan een ander wil opdragen, moet hij zich daaromtrent met den huurder verstaan. en wat aangaat het levensonderhoud, zoo zal degene, die zich laat vervangen, daarin voorzien, zullende de hoegrootheid daarvan door den huurder geschat worden, opdat daarover later geen geschil zal onstaan.

Wanneer zij het omtrent de kens van den plaatsvervanger, niet eens kuunen worden, zal de huurder bevoegd zijn om daarin te voorzien.

Wanneer de plaatsvervanger gekozen is door dengene, die zich

--- 4 : 90 ---

laat vervangen, en de plaatsvervanger zich vergrepen heeft iu de vervulling van zijne plichten, waardoor hij als zoodanig ontslagen wordt, dan zal degene die zich heeft laten vervangen ook ontslagen worden.

Wanneer echter de landhuurder de plaatsvervanger gekozen heeft en deze zich vergrepen heeft, zal het onslag niet gelden voor degene, die zich liet vervangen.

ARTIKEL 5.

De bekels opgezetenen der aan Europeanen verhuurde gronden, die reeds hun aandeel in de glébaggen gronden tot levensonderhoud ontvangen hebben en achterlijk zijn in het bewerken der gronden van den huurder, zullen ieder voor zoo veel hun aandeel. aangaat gestrft worden met ten arbeidstelling aan de publieke werken voor den kost zonder loon voor den tijd van een maand tot drie maanden.

Een ieder drage daarvan kennis en volge de bovenstaande bepalingen op voor zooveel noodig.

Uitgevaardigd op den 14e van de maand Roewah de jaars Wawoe 1825 op den 33sten Januari 1896.

voor de vertaling De Aspirant Translateur, R.G. KILIAAN.

--- 4 : 91 ---

Ôngka 117

Awit saka dhawuh timbalan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng Susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kanjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahane bab kaping 3, ing layang pranatan dalêm amarêngi ing dina Sênèn tanggal kaping 24 Sapar Be 1800, kaya ing ngisor iki.

Kang muni ing layang pranatan dalêm mau liyane putra santana dalêm abdi dalêm kang pangkat mantri sapêpadhane mandhuwur, manawa ana kawula dalêm kang anduwèni mariyêm, bêdhil utawa kêstul, tanpa layang pikukuh saka panggêdhene nganggo kaidèn dening kangjêng tuwan residhèn, bakal kapatrapan dhêndha 25, salawe rupiyah, manawa ora bisa bayar dhêndhan bakal kapatrapan kunjara lawase sasasi, iku saiki kaewahan, dhêndhan mau kèh-kèhe 25, salawe rupiyah, manawa ora bisa bayar dhêndhan bakal kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan lawas -lawase sasasi.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna ing saparlune.

--- 4 : 92 ---

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 22 sasi Ruwah taun Wawu, ôngka 1825. Utawa kaping 7 Pèbruari 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 93 ---

No 117.

Dari Srie Padoeka toewan Soesoehoenan ampoenja prentah, moefakat dengen Kangdjeng toewan Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahannja fatsal ka 3 di soerat pranatannja Srie Padoeka toean Soesoehoenan pada ari Senen 24 Sapar Bee 1800 saperti di bawah ini.

Jang terseboet Srie Padoeka ampoenja pranatan itoe lain dari anak familie dan hamba Srie Padoeka jang berpangkat matrimantri. ka atas djikaloe ada orang ketjil poenja Marijem Senapan atawa Pistoel jang tiada pake soerat pikoekoeh dari Pambesarnja dengen idinnja Kangdjeng Toewan Resident, maka di denda f 25 doewa poeloeh lima roepia, djikaloe tiada bisa bajar denda hendak di pendjara lamanja satoe boelan, itoe sekarang di berobahken: itoe denda banjak banjaknja f 25 doewa poeloeh lima roepia, djikaloe tiada bisa bajar denda, hendak di oekoem bekerdja paksa lama lamanja satoe boelan.

Dari itoe sagala orang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Djatoehnja pranatan pada ari 22 boelan Roewah taoen Wawoe 1825, atawa ari 7 Februari 1896.

--- 4 : 94 ---

Ôngka 118

Undhang-undhang

Têrang saandhap ing sampeyan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahane kang muni ing adêg-adêg kapisan bab kaping 8, ing layang pranatan manira kang katitimasan kaping 7 Rabingulakir Ehe 1820. Utawa kaping 20 Nopèmbêr 1890, kaya ing ngisor iki.

Sarupane garobag kang kalakokake ana ing lurung-lurung kagunganing nagara ing bawah dalêm Surakarta kabèh, padha katamtokake turut pinggir têngên, kaya ta yèn kalakokake mangidul, kudu turut pinggir kulon, yèn mangalor turut pinggir wetan, yèn mangetan turut pinggir kidul, yèn mangulon turut pinggir lor.

Liyane adêg-adêg kapisan bab kaping 8 mau, kabèh ora owah.

Anjaba iku sarupane jaran momotan lan sapi momotan [mo...]

--- 4 : 95 ---

[...motan] kang kalakokake ana ing lurung-lurung kagungane nagara ing bawah dalêm Surakarta kabèh, uga manira katamtokaketamtokake. turut pinggir têngên, kayadene garobag mau.

Manawa ana kang ora ngestokake undhang-undhang iki bakal kapatrapan dhêndha kèhe 1, sarupiyah, tutug 100, satus rupiyah, utawa kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan lawase 1, sadina tutug 30, têlung puluh dina.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saparlune.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuh undhang-undhang tanggal kaping 10 sasi Pasa taun Wawu ôngka 1825, utawa kaping 24 Pèbruari 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 96 ---

No 118.

Oendang-Oendang.

Terang Srie Padoeka Toewan Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng Toewan Resident dhistrik Soerakart.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahannja jang terseboet moelainja fatsal ka 8. dhistrik mana Kita poenja soerat Pranatan tertoelis pada ari 7. Rabingoelakir Ehe 1820. atawa ari 20, November 1890. sebagei di bawah ini:-

Sagala grobag jang di djalanken di mana sagala djalan poenjanja Negri di bawah Srie Padoeka Soerakarta samoea, sama di temtoeken oeroet tepi kanan, ja itoe: djikaloe di djalanken ka Kidoel moesti oeroet tepi Koelon, kaloe ka Lor oeroet tepi Wetan, kaloe ka Wetan oeroet tepi Kidoel, kaloe ka Koelon oeroet tepi Lor.-

Lain dari moelainja fatsal 8 itoe samoea tiada berobah.-

Lain dari itoe sagala koeda moeatan dan sapi moeatan jang di djalanken di mana sagala djalan poenjanja Negri di bawah Srie Padoeka Soerakarta samoea, djoega Kita temtoeken oeroet tepi kanan saperti djalannja grobag itoe.-

Djikaloe ada jang tiada menoeroet ini Oendang-Oendang hendak di denda banjaknja f1, satoe roepia sampei f 100. seratoes

--- 4 : 97 ---

roepia atawa di oekoem kerdja paksa lamanja 1. satoe ari sampei 30 ari tiga poeloeh ari.

Dari itoe sagala orang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.-

Ini soerat Oendang-Oendang di tersiarken serta di taroeh ada di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.-

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 10. boelan Poewasa taoen Wawoe 1825. atawa ari 24. Fèbruari 1896.

--- 4 : 98 ---

Ôngka 119

Undhang-undhang

Têrang kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta, andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane wong kang padha anyewakake kareta, ing waktu pasamuan balapan, wiwit tanggal kaping 8 tumêka kaping 11 Mèi 1896 iki, ora manira lilani angundhakake pasewane luwih saka kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Kareta jaran loro bangku siji, sajam, sarupiyah, yèn kurang saka sajam, kaitung sajam, karo têngah jam, karo têngah rupiyah, rong jam, rong rupiyah, têlu têngah jam, têlu têngah rupiyah, têlung jam, têlung rupiyah, patang jam, patang rupiyah,

--- 4 : 99 ---

Yèn mênyang ing balapan dalah ulihe, rong rupiyah.

Kareta loro jaran loro, sajam karo têngah rupiyah, yèn kurang saka sajam, kaitung sajam, karo têngah jam, rong rupiyah salawe sèn, rong jam, têlung rupiyah, têlung jam, kalima têngah rupiyah, patang jam, nêm rupiyah, yèn mênyang balapan dalah ulihe, têlung rupiyah.

Dene tumrape kareta kang lumrahe diarani andhong iku pasewane: yèn angêmot wong loro lumaku marang balapan, sèkêt sèn, ulihe saka balapan, sèkêt sèn, yèn luwih saka wong loro tumêkane wong lima, lumaku marang balapan, pitung puluh lima sèn, ulihe saka balapan, pitung puluh lima sèn.

Manawa kang anyewakake kareta lan jaran mau ora angèstokake pêpacake layang undhang-undhang iki, bakal kasêrêg sarta kapatrapan dhêndha, akèh-akèhe

--- 4 : 100 ---

10, sapuluh rupiyah, utawa nyambut gawe paksan, diparingi pangan tanpa bayaran, lawas-lawase 14, pat bêlas dina.

Layang undhang-undhang iki kaparingake marang para panggêdhe sarta marang pulisi supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 19 sasi Dulkangidah ing taun Wawu ôngka 1825, utawa kaping 2 Mèi 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 101 ---

No 119.

Oendang-Oendang.

Terang Kangdjeng Toewan Resident dhistrik Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta, memrentahken saperti di bawah ini:

Sagala orang jang sama menjéwaken kreta pada wektoe pasamoean Balapan, moelai tanggal 8 sampei tanggal 11 Mei 1896 ini, tiada boleh bikin naek paséwannja lebih dari jang terseboet di bawah ini.

KRETA RAKITAN KOEDA DOEA BANGKOE SATOE.

Satoe djam ... f 1, di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam. Satoe satengah djam ... f 1,50. Doewa djam ... f 2. Doewa satengah djam ... f 2,50. Tiga djam ... f 3. Ampat djam ... f 4. Djikaloe boeat bawa ka tempat Balapan dengen poelangnja ... f 2.

--- 4 : 102 ---

KRETA RAKITAN KUDA DOEWA BANGKU DOEWA.

Satoe djam ... f 1,50, di bawah satoe djam di itoeng saperti satoe djam. Satoe satengah djam ... f 2,25. Doewa djam ... f 3. Tiga djam ... f 4,50. Ampat djam ... f 6. Djikaloe boeat bawa ka tempat Balapan dengen poelangnja ... f 3.

Adapoen kreta jang biasanja di bilang Andong, itoe paséwannja:

Djikaloe moeat orang doewa berdjalan ka Balapan ... f 0,50. Koembalinja dari Balapan ... f 0,50. Djikaloe lebih dari orang doewa sampei orang lima: berdjalan ka Balapan ... f 0,75. Koembalinja dari Balapan ... f 0,75.

Djikaloe jang menjewaken kreta dan koeda tiada menoeroet papatjaknja ini Oendang-Oendang hendak di klacht serta di denda banjak banjaknja f 10 sapoeloeh roepia, atawa di oekoem bekerdja paksa, di bri makan tiada pake bajaran lama lamanja 14 ampat blas ari.

Ini soerat Oendang-Oendang di briken kapada sakalian pambesar serta sagala politie soepaja lantas tersiarken pada bawah prentahnja sendiri sendiri, serta di taroeh di mana tempat saperloenja, [saper...]

--- 4 : 103 ---

[...loenja,] soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 19 boelan Doelkangidah taoen Wawoe 1825, atawa ari 2 Mei 1896.

--- 4 : 104 ---

Ôngka 120

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradingrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake katêrangan surasane bab kaping 8 ing layang pranatan manira katitimasan kaping 23 Jumadilakir Dal 1823, utawa kaping 1 Januari 1894, laku-lakune angadêgake utawa ambubrah omah tembok sapanunggalane kang unine kaya ing ngisor iki.

Layang pratelan kang minôngka palilah saka roimistêr mau bakal ora katampakake marang kang sumêdya dandan-dandan manawa durung ambayar waragading pangukur utawa paniti pariksaning pagawean kang kudu katindakake dening roimistêr, apadene waragading pandhudhuk lêmah kaya bab kaping 12 sarta manawa bôngsa Eropah utawa bôngsa sabrang sapêpadhane kudu ambayar waragading daluwang sègêl.

Iku sarèhning kang tumrap bôngsa Eropah utawa bôngsa sabrang sapêpadhane wus kawêngku ana pranatane kangjêng guprêmèn, dadi [da...]

--- 4 : 105 ---

[...di] unèn-unène pranatan manira kang nyêbutake bôngsa Eropah utawa bôngsa sabrang sapêpadhane mau manira suwak.

Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 6 sasi Bêsar taun Wawu ôngka 1825 utawa kaping 19 Mèi 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 106 ---

Ôngka 121

Undhang-undhang

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradingrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, karsa angowahi pranatane kagungan dalêm palêmahan sajrone nagara Surakarta kang kalilan diênggoni wong Cina kasêbut ing layang kêkancingan kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta, katitimangsan kaping 19 Januari 1888 ôngka 591/34, kaya ing ngisor iki.

Kampung Cina lawas,

Watêse kang sisih lor,

1. WitWiwit. saka tugu watês ing Mangkunagaran sakidul lurung urut mangetan tumêka pratêlon sakulon Pamedan Kapatihan.

2. Wiwit sawetan Pamedan Kapatihan mangalor urut sawetan [sa...]

--- 4 : 107 ---

[...wetan] lurung wetan capuri Kapatihan sarta sawetaning lurung lor Kapatihan tumêka dalam sêtat sêpur.

3. Sakiduling dalan sêtat sêpur mau urut mangetan tumêka lurung ing Mêsèn.

4. Sakuloning lurung ing Mêsèn urut mangidul tumêka ing prapatan ing Mêsèn (Jagawigunan).

5. Wiwit prapatan ing Mêsên (Jagawigunan) sakiduling lurung urut mangetan tumêka pratêlon ing Wanasarèn.

6. Wiwit pratêlon Wanasarèn sakuloning lurung urut mangidul tumêka pratêlon ing Saragênèn.

7. Wiwit pratêlon Saragênèn sakiduling lurung urut mangetan tumêka pratêlon ing Mlipakan.

Watêse kang sisih wetan

1. Wiwit pratêlon ing Mlipakan sakulon lurung urut mangidul tumêka lurung lawas ing Bêton menggok mangetan urut sakidul lurung tumêka ing bêngawan Bêton.

Watêse kang sisih kidul

1. Sakulon bangawan Bêton mangidul tumêka têmpurane kali Pepe.

--- 4 : 108 ---

2. Wiwit têmpurane kali Pepe salor kali urut mangulon têkan watês bawah kadipatèn Mangkunagaran.

Watêse kang sisih kulon

1. Watês bawah kadipatèn Mangkunagaran wiwit saloring kali Pepe mangalor tumêka tugu watês bawah kadipatèn Mangkunagaran kang kasêbut ing dhuwur mau.

Kampung Cina ing Sêcayudan, iya iku kang diarani kampung Cina anyar.

Watêse kang sisih lor

1. Sakiduling lurung kang marang Bayalali, ing kampung Kêmlayan.

Watêse kang sisih wetan

1. Wiwit prapatan Nonongan sakuloning lurung urut mangidul tumêka prapatan ing Sêcayudan.

2. Wiwit prapatan Sêcoyudan sakiduling lurung mangetan tumêka pungkasaning kampung Panandhon.

3. Pinggiring kampung Panandhon kang wetan mangidul tumêka Kalilarangan.

4. Saloring Kalilarangan mangulon têkan lurung sakulon kampung [ka...]

--- 4 : 109 ---

[...mpung] Jayèngwèsthèn.

5. Sakuloning lurung kulon kampung Rêsanitèn urut mangidul têkan prapatan ing Gêmblêkan.

Watêse kang sisih kidul

1. Wiwit prapatan Gêmblêkan saloring lurung urut mangulon tumêka prapatan ing Sêrêngan.

Watêse kang sisih kulon

1. Wiwit prapatan Sêrêngan sawetan lurung urut mangalor tumêka prapatan Pasar Pon.

Mungguh pakampungan kang padha kalilan diênggoni wong Cina mau, manawa ana wong Cina sumêdya tuku omah ngêbrêgi, môngka kang duwe gêgadhuhan pomahan ora awèh, iku oora. kêna dipaksa.

Kagungan dalêm palêmahan kang ora kalilan dadi panggonane wong Cina, nanging saiki wus diênggoni wong Cina kang wis mawa kêkancingan, iku uga kalastarèkake pamanggone, ananging wong Cina manggon anyar ora kalilan.

Dene yèn wus ana wong Cina kang nyuwun pomahan angêbrêgi salawase ana ing palêmahan kang pancèn ora dadi panggonane wong Cina mau, iku anjaba ora kêna

--- 4 : 110 ---

ngênggoni dhewe uga ora kêna anyewakake sapêpadhane marang liyane bôngsa Jawa, utawa ora kêna dianggo papan panggaotan kang bakal makèwuhi tumrap tata ngadating pomahan kang diênggoni bôngsa Jawa, kaya ta: kanggo kandhang utawa pambêlehan babi, kanggo panggodhogan gula, kanggo patandhon gêrèh, trasi sapêpadhane.

Mungguh layang undhang- undhang iki tumindake wiwit tanggal sapisan sasi Januari taun 1896.

Dene pranatan kang tumrap kagungan dalêm palêmahan kang kalilan diênggoni wong Cina ing kutha Klathèn sarta Kartasura, iku ora owah.

Iku sarupaning wong padha sumurupa lan padha angèstokna.

Layang undhang-undhang iki kawratakake sarta katèmplèkake ana panggonan kang parlu, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 29 sasi Bêsar ing taun Wawu, ôngka 1825. Utawa kaping 11 Juni 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 111 ---

No 121.

Oendang-Oendang.

Terang Srie Padoeka toewan Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng toewan Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, ampoenja maoe berobahken pranatannja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan ampoenja tanah di dalem Negri Soerakarta jang boleh di tinggali orang tjina, terseboet soerat kakantjingannja Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta tertoelis pada ari 19 Januari 1888 No. 591| 34 saperti di bawah ini.

KAMPOENG TJINA LAMA.

BATESNJA JANG SABELAH LOR.

1. Moelai dari Paal bates di Mangkoenagaran sabelah Kidoelnja djalan oeroet mangetan sampei djalan Pratêlon Koelonnja Pamedan Kapatian.

2. Moelai sabelah Wetannja Pamedan Kapatian mengalor oeroet sabelah Wetannja djalan di Wetan erf Kapatian serta Wetannja djalan di sabelah Lor Kapatian sampei djalan Staatspoor.

3. Kidoelnja djalan Staatspoor itoe oeroet mangetan sampei djalan di Mesen.

4. Sabelah Koelonnja djalan di Mesen oeroet mangidoel sampei

--- 4 : 112 ---

PratapatanPrapatan. di Mesen [Djogowigoenan].

5. Moelai djalan Prapatan Mesen [Djogowigoenan] sabelah Kidoelnja djalan oeroet mangetan sampei djalan Pratelon di Wonosarén.

6. Moelai Pratelon Wonosarén sabelah Koelonnja djalan oeroet mangidoel sampei djalan Pratelon di Sorogenen.

7. Moelai Pratelon Sorogenen Kidoelnja djalan oeroet mangetan sampei djalan Pratelon Mlipakan.

BATESNJA JANG SABELAH WETAN,

1. Moelai djalan Pratelon di Mlipakan Koelonnja djalan oeroet mangidoel sampei djalan lama di Beton, beloek belok. ka Wetan oeroet Kidoelnja djalan sampei Bangawan di Beton.

BATESNJA JANG SABELAH KIDOEL.

1. Koelonnja Bangawan Beton mangidoel sampei tempoerannja kali Pépé,

2. Moelai tempoerannja kali Pépé sabelah Lornja kali oeroet mengoelon sampei bates Kadipaten Mangkoenegaran.

BATESNJA JANG SABELAH KOELON.

1. Bates bawah Kadipaten Mangkoenagaran moelai Lornja kali Pepe mangalor sampei Paal bates bawah Kadipaten Mangkoenagaran jang terseboet di atas tadi.

KAMPOENG TJINA DI SETJOJOEDAN.

ja itoe jang di bilang kampoeng tjina baroe.

--- 4 : 113 ---

BATESNJA JANG SABELAH LOR.

1. Kidoelnja djalan ka Bojolali di kampoeng Kamlajan.

BATESNJA JANG SABELAH WETAN.

1. Moelai djalan Prapatan Nonongan koelonnja djalan oeroet mangidoel sampei djalan Prapatan di Setjojoedan.

2. Moelai Prapatan Setjojoedan kidoelnja djalan mangetan sampei pengabissannja kampoeng Panandon.

3. Tepinja kampoeng Panandon jang Wetan mangidoel sampei kali Larangan.

4. Lornja kali Larangan mengoelon sampei di djalan sabelah koelonnja kampoeng Djajéng Wéstén.

5. Koelonnja djalan di sebelah Koelon kampoeng Resaniten oeroet mengidoel sampei djalan Prapatan Gemblekan.

BATESNJA JANG SABELAH KIDOEL.

1. Moelai Prapatan Gemblekan Lornja djalan oeroet mangoelon sampei Prapatan Serengan.

BATESNJA JANG SABELAH KOELON.

1. Moelai Prapatan Serengan Wetannja djalan oeroet mangalor sampei Prapatan Pasar pon.

Maka kampoeng kampoeng jang sama boleh di tinggali orang tjina itoe, djikaloe ada orang tjina hendak beli roemah mengebregi, tetapi jang poenja gadoehan erf tiada kasih, itoe tiada boleh di paksa.

--- 4 : 114 ---

Srie Padoeka Toean Soesoehoenan ampoenja tanah jang tiada boleh djadi tempatnja orang tjina, tetapi sekarang soedah di tinggali orang tjina jang soedah pake kakantjingan, itoe djoega boleh teroes tinggal, tetapi orang tjina tinggal baroe tiada boleh.

Adapoen djikaloe soedah ada orang tjina jang minta erf mengebregi salamanja ada di tanah jang memang tiada djadi tempatnja orang tjina, itoe lainnja tiada boleh menempati sendiri djoega tiada boleh menjewaken sasamanja pada lainnja bangsa djawa, atawa tiada boleh di pake tempat boeat bekerdja jang hendak bikin ewoeh pada adat atoerannja erf jang di tinggali bangsa djawa ija itoe: terpake kandang atawa tempat potong babi, terpake tempat masak goela, terpake tempat simpen gereh trasi sasamannja.

Maka ini soerat Oendang Oendang moelainja di djalanken pada ari 1. boelan Januari tahoen 1896.

Adapoen Pranatan jang boeat Srie Padoeka Toean Soesoehoenan ampoenja tanah jang boleh di tinggali orang tjina di Kota Klaten dan Kartasoera itoe tiada berobah.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Ini soerat Oendang-Oendang di tersiarken serta di teroeh di mana tempat jang perloe soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

--- 4 : 115 ---

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 29 boelan Besar taoen Wawoe 1825. atawa ari 11 Juni 1896.

--- 4 : 116 ---

Ôngka 122

Undhang-undhang

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake kaya ing ngisor iki:

Bab 1

Sarupane uwong sabên bêngi wiwit jam nêm sore tumêka jam nêm esuk, ora kêna anggawa: 1. Woh kopi wose, 2. Woh kopi kang dibubuk kang luwih pangaji sapuluh sèn, 3. Godhong kopi, 4. Godhong tom, 5. Godhong têmbako, 6. Têbu, kênane mung yèn ana parlune, ananging kudu mawa lilane panèwu utawa mantri dhistrik kang amêngkoni panggonane kang digawa [di...]

--- 4 : 117 ---

[...gawa] mau, panèwu utawa mantri dhistrik kang dijaluki lilah iku nganggo aniti pariksa kang têrang asli lan parlune, sarta palilahe pulisi mau kamota ing layang, mawa katêrangan asline kèhe lan parane, apadene wêwangên kanggone layang pralilahe, sapundhate wêwangên mau kudu banjur kaladèkake marang panèwu utawa mantri dhistrik kang cêdhak panggonan jujuge kang digawa.

Bab 2

Para panèwu utawa mantri dhistrik awèh layang pralilah kaya kang kasêbut bab sapisan mau, ora kêna anampani pituwas sadhengaha rupane utawa sadhengaha susurupane saka kang padha anjaluk pralilah.

Bab 3

Kang ora ngestokake layang undhang-undhang iki kapatrapan dhêndha kèh-kèhe: 25, salawe rupiyah, utawa kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan nganggo kaparingan pangan tanpa bayaran, lawas-lawase 3, têlung sasi, dene sarupane kang kaanggrak, bakal padha kabalèkake marang kang bênêr anduwèni utawa kabêskup.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saparlune.

Layang undhang- undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake [katèmplè...]

--- 4 : 118 ---

[...kake] ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhe undhang-undhang tanggal kaping 2 sasi Sura, ing taun Jimakir, ôngka 1825, utawa kaping 13 Juni 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 119 ---

No 112

Oendang-Oendang.

Terang Srie Padoeka toewan Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng toewan Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken saperti di bawah ini.

FATSAL 1.

Sagala orang saben malem moelai poekoel anem sore sampei poekoel anem pagi tiada boleh membawa: 1. Boewah koffie jang misieh roepa bidji. 2. Boewah koffie jang soedah di boeboek jang lebih dari berharga sapoeloeh cent. 3. Daon koffie. 4. Daon tom. 5. Daon tembako. 6. Teboe, jang boleh tjoema kapan ada perloenja, tetapi moesti pake idinnja panewoe atawa mantri distrikt jang membawahken tempatnja jang di bawa itoe, panewoe atawa mantri distrikt jang di mintai idin itoe moesti pake priksa jang terang atsal dan perloenja, serta idinnja politie itoe moesti termoeat soerat pake katrangan

--- 4 : 120 ---

atsalnja banjaknja dan di bawa ka mana, dan lagi batessan terpakenja soerat idin, saabisnja batessan itoe moesti lantas di atoerken pada panewoe atawa mantri distrikt jang paling deket dengen tempat djoedjoegnja jang di bawa.

FATSAL 2.

Sagala panewoe atawa mantri distrikt jang kasih soerat idin saperti jang terseboet fatsal satoe itoe, tiada boleh trima onkost sabarang roepanja atawa sabarang perloenja, dari jang sama minta idin.

FATSAL 3.

Jang tiada menoeroet ini Oendang-Oendang di denda banjak banjaknja f 25. doewa poeloeh lima roepia, atawa di hoekoem bekerdja paksa pake di bri makan tiada pake bajaran, lama lamanja 3 tiga boelan, adapoen sagala jang di anggrak hendak di beriken koembali pada jang kabetoel poenja atawa jang di beskoep.

Dari itoe sagala orang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Ini soerat Oendang-Oendang di tersiarken serta di taroeh ada di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 2 boelan Soera taoen Djimakir 1826. atawa ari 13 Juni 1896.

--- 4 : 121 ---

Ôngka 123

Undhang-undhang

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake pranatan bab pangambahe dalan trèm kang kalakokake sarana jaran, ing nagara Surakarta, apadene bab patrap lakune para wong kang padha ana ing kreta trêm, sarta lumaku ana ing dalan trèm utawa ana saurute kang nrajang dalan gêdhe, saka Surakarta mênyang Sêmarang lan saurute wiwit saka sêtatsiyune sêtat sêpurwèh Sala Jèbrès tutug pasar ing Bayalali sadalane simpangan kang mênyang pabrik gula Kartasura lan ing Bangak.

Bab 1

Sarupane wong lumaku dharat, nunggang jaran, lan anglakokake garobag, kareta sapanunggalane, ana [a...]

--- 4 : 122 ---

[...na] ing dalan trèm utawa ana pinggire sauruting ril, samôngsa ana trèin utawa kareta trèm katon, utawa krungu swaraning gêntha kang minôngka têtêngêring trèin utawa karetaning trèin, padha wajib sumingkir sawatara dohe saka trèin mau, supaya ora makewuhi.

Bab 2

Sarupane wong kang anglakokake kareta garobag sapanunggalane, padha kalarangan angingar-ngingêrake kareta garobag sapanunggilane mau kongsi malangkah ing ril, utawa lumêbu ing saantaraning ril, kang pamasange ril mau ora papak karo lêmah.

Bab 3

Sarupane wong padha kalarangan amasangi watu sapêpadhane ana ing êril, utawa anandukake patrap liyane kang nguwatiri marang lakune trèin.

Bab 4

Sarupane wong padha kalarangan nunggang utawa mudhun saka trèin utawa kareta trèm, yèn ora ana ing sêtasiyon, ing omah palerenan sarta palerenan kang wus katamtokake.

Kênane wong nunggang utawa mudhun saka trèin utawa karetaning trèm, iku mung nalika trèin utawa karetaning [kareta...]

--- 4 : 123 ---

[...ning] trèin mau mandhêg, sarta mung kudu saka iringan kang tinuduhake dening kondhèktur, lan padha ora kêna anyulayani kang dadi karêpe kondhèktur mau.

Manawa ana pamikire kondhèktur kang parlu murih kaslamêtan utawa aja nganti ana kasangsaran, ngatag mudhun sarupane wong kang padha nunggang trèin utawa karetaning trèm mau, iku kudu padha miturut.

Sarupane wong ora kêna manggon ana ing undhak- undhakaning trèin utawa karetaning trèm utawa ana panggonan liyane kang dudu mêsthine, lan padha ora kêna angregoni bêbauning trèin kang padha anindakake kuwajibane, sarta padha ora kêna amolahake rèm.

Bab 5

Sarupane wong mêndêm, utawa kang nandhang lara nulari apadene, kang jalaran saka nalar liyane kang ngrikuhi utawa mutawatiri marang wong, iku ora kêna malêbu ing trèin utawa karetaning trèm, dene yèn wus ana sajroning trèin, utawa karetaning trèm, iku diudhunake ana ing palerenan kang cêdhak dhewe paraning trèm.

Bab 6

Supaya makolèhi marang lakuning tata têntrêm, sarupane wong padha wajib amiturut pêpacake para bau trèm kang

--- 4 : 124 ---

mawa tôndha panganggo utawa têtêngêr liya-liyane.

Bab 7

Manawa ana wong kang anêrak pranatan kang kasêbut ing dhuwur mau, kapatrapan dhêndha kèh-kèhe limalas rupiyah, utawa kapatrapan paukuman nyambut gawe paksan, ana yayasaning nagara kang katon ing ngakèh, olèh pangan tanpa bayaran, lawas-lawase nêm dina, dene manawa kang nêrak pranatan mau putra santana dalêm, utawa abdi dalêm wadana kaliwon sapêpadhane, patrapane manira sumanggakake Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan.

Bab 8

Tumapake layang pranatan iki lêt patbêlas dina saka titimasane layang undhang-undhang iki.

Iku sarupane uwong padha sumurupa lan angèstokna saparlune.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saprêlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 11, sasi Sura, ing taun Jimakir, ôngka 1826. Utawa kaping 22 Juni 1896.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 125 ---

No 123.

Oendang- Oendang.

Terang Srie Padoeka toewan Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng toewan Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken Pranatan dari hal pengambahnja djalan tram jang di djalanken dengen koeda, di negri Soerakarta, dan lagi dari hal djalannja segala orang jang sama ada di kreta tram, serta berdjalan ada di mana djalan tram atawa ada kanan kirinja, jang melanggar djalan besar dari Soerakarta ka Semarang dengen sateroesnja, moelai dari Stationnja Staatsspoorweg Solo Djebres sampei pasar di Bojolali, dengen djalannja simpangan jang ka fabriek goela di Kartasoera dan di Bangak.

FATSAL 1.

Sagala orang berdjalan kaki, naek koeda, dan mendjalanken grobag: kreta sasamannja, ada di mana djalan tram, atawa ada di tepinja sapandjangnja ril, kapan ada trein atawa kreta tram kaliatan, atawa mendenger boenjinja lontjeng jang boeat tandanja trein atawa kreta tram, sama wadjib menjimpang sedikit djaoeh dari djalan tram itoe, soepaja tiada bikin ewoeh.

--- 4 : 126 ---

FATSAL 2.

Sagala orang jang mendjalanken kreta grobag sasamanja, sama di larang poeter poeterken kreta grobag sasamanja itoe, sampei meliwat di ril, atawa mesoek saantaranja ril jang pamasangnja itoe ril tiada rata dengen tanah.

FATSAL 3.

Sagala orang sama di larang memasang batoe sasamanja ada di ril, atawa bikin tingkah lainnja jang bikin koewatir pada djalannja trein.

FATSAL 4.

Sagala orang sama di larang naek atawa toeroen dari trein atawa kreta tram, kapan tiada ada di Station, di roemah Halte dan tempat brentian jang soedah di tamtoeken.

Bolehnja orang naek atawa toeroen dari trein atawa kreta tram, itoe tjoema pada waktoe kapan trein atawa kreta tram itoe soedah brenti serta tjoema moesti dari di sabelah jang di toendjoeken oleh condecteur dan tiada boleh tiada menoeroet jang djadi maoenja condecteur itoe.

Djikaloe ada fikirannja Condecteur jang perloe soepaja slamet atawa djangan sampei ada katjilakaan soeroeh toeroen sagala orang jang sama naek trein atawa kreta tram, itoe moesti sama menoeroet.

Sagala orang tiada boleh tinggal di tangganja trein atawa kreta [kre...]

--- 4 : 127 ---

[...ta] tram, atawa ada di lain tempat jang boekan moestinja, dan tiada boleh bikin ewoeh pada orang babahoenja trein jang sama mendjalanken wadjibnja, serta tiada boleh berobahken rem.

FATSAL 5.

Segala orang maboek atawa jang ada penjakit menoelar, apa lagi dari sebab lainnja jang bikin ewoeh atawa bikin koewatir pada orang, itoe tiada boleh masoek di trein atawa kreta tram itoe, adapoen djikaloe soedah ada di dalem trein atawa kreta tram itoe di toeroenken ada di tempat brenti jang paling deket ka mana djalannja tram.

FATSAL 6.

Soepaja bergoena pada keslametan dan djalannja atoeran, sagala orang sama wadjib menoeroet papatjaknja orang bahoe tram, jang pake tanda pakean atawa tanda lain lainnja.

FATSAL 7.

Djikaloe ada orang jang melanggar Pranatan jang terseboet di atas itoe, di denda banjak banjaknja lima blas roepia, atawa di oekoem bekerdja paksa ada pakerdjaännja negri jang kaliatan orang banjak, dapet makan tiada pake bajaran, lama lamanja anem ari, adapoen djikaloe jang melanggar Pranatan itoe anak familienja Sri Padoeka Toean Soesoehoenan atawa Wadono Kaliwon sasamanja oekoemannja kita soemanggakken Srie Padoeka Toean Soesoehoenan.

--- 4 : 128 ---

FATSAL 8.

Berdjalannja ini soerat Pranatan, antara ampat belas ari dari ari tanggalnja ini Oendang-Oendang.

Dari itoe sagala orang soepaja sama taoe dan menoeroet saperloenja.

Ini soerat Oendang-Oendang di tersiarken serta di taroeh ada di mana tempat saperloenja, soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 11 boelan Soero taoen Djimakir 1826. atawa ari 22 Juni 1896.

--- 4 : 129 ---

Ôngka 124

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, wus anguningani layang pranatan dalêm amarêngi ing dina Sênèn tanggal kaping 9 Pasa Je, 1798, ing bab kaping 9, unine kaya ing ngisor iki.

Sarupaning wong utang-kapipotang dhuwit, utawa tuku barang kang pambayare nganggo ubaya, apadene wong gadhe-ginadhe barang, kang wawilangane dhuwit satus rupiyah sapandhuwure, iku agawea prajangjiyan kamot ing layang ana sangarêpe panggêdhening kang utang, utawa kang anggadhèkake, sarta kang wus kalilan anindakake pranatan iki.

Saka panggalih manira surasane pranatan dalêm mau têtela ora anamtokake utang-piutang dhuwit utawa tuku barang kang pambayare nganggo ubaya, apadene gadhe-ginadhe barang kang wêwilangane satus rupiyah sapandhuwure kamot ing layang pratôndha siji, ananging têtela anamtokake [anamtoka...]

--- 4 : 130 ---

[...ke] utang- piutang dhuwit utawa tuku barang kang pambayare nganggo ubaya, apadene gadhe-ginadhe barang kang wawilangane satus rupiyah sapandhuwure, dadi sanajan kamot ing layang pratôndha luwih saka siji ugêre gunggunge satus rupiyah sapandhuwure, uga kalêbu ing pêpacake layang pranatan dalêm mau, marmane ing mêngko manira anamtokake wiwit titimasane layang iki manawa pangadilan dalêm pradata anindakake prakara utang-piutang dhuwit utawa tuku barang kang pambayare nganggo ubaya, apadene gadhe-ginadhe barang kang wawilangane satus rupiyah utawa luwih sanajan kamot layang pratôndha luwih saka siji ora nunggal titimasa, siji-sijine pratôndha isine kurang saka satus rupiyah nanging gunggunge ana satus rupiyah utawa luwih, môngka ora mawa kauningan ing parentah, mangkono uga sanajan pratôndha mau muni nyilih barang sarana anyewa ngêmpit utawa sadhengaha prajangjine, nanging papriksane tatela utang dhuwit, yèn dhuwit mau wawilangane satus rupiyah utawa luwih, iku gugate kudu ditulak, dene kang kagugat kudu dipatrapi kaya bab kaping 12, ing layang pranatan dalêm amarêngi dina Salasa tanggal kaping 15, Ruwah Jimawal. 1821, amarga kang mangkono mau têtêp utang-piutang dhuwit utawa tuku barang kang pambayare nganggo ubaya, apadene gadhe- ginadhe [gadhe-...]

--- 4 : 131 ---

[...ginadhe] barang kang wawilangane satus rupiyah sapandhuwur.

Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 26 sasi Ruwah taun Jimakir, ôngka 1826, utawa kaping 30 Januari 1897.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 132 ---

No 124.

Terang Srie Padoeka toewan Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng toewan Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, soedah mengatahoei soerat Pranatannja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan tertoelis pada ari Senen tanggal 9 Poewasa Djé 1798 di fatsal 9 boenjinja saperti di bawah ini.

Sagala orang pindjem memindjemken oewang, atawa beli barang jang pembajarnja pake tempo, dan lagi orang gade menggadeken barang jang itoengannja oewang seratoes roepia ka atas, itoe moesti bikin pradjandjian termoeat soerat ada di moeka pambesarnja jang pindjem atawa jang menggadeken, serta jang soedah boleh mendjalanken ini pranatan.

Dari kita poenja pikiran maksoednja pranatannja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan itoe terang tiada menemtoeken pindjem memindjemken oewang atawa beli barang jang pembajarnja pake tempo, dan lagi gade menggadeken barang jang itoengnja seratoes roepia ka atas termoeat soerat tanda satoe bidji, tetapi terang menemtoeken pindjem memindjemken oewang atawa beli barang jang pembajarnja pake tempo, dan lagi gade menggadeken barang jang itoengnja seratoes roepia ka atas, djadi maskipoen termoeat

--- 4 : 133 ---

soerat tanda lebih dari satoe bidji atsal djoemlahnja seratoes roepia ka atas djoega termasoek papatjaknja pranatan itoe, maka sekarang kita menemtoeken moelai ari tanggalnja ini soerat djikaloe Pangadilan Pradoto mendjalanken prakara pindjem memindjemken oewang atawa beli barang jang pembajarnja pake tempo, dan lagi gade menggadeken barang jang itoengnja seratoes roepia atawa lebih, meskipoen termoeat soerat tanda lebih dari satoe bidji tiada sama sama ari tanggalnja, satoe persatoenja soerat tanda isinja koerang dari seratoes roepia tetapi djoemlahnja ada seratoes roepia atawa lebih, maka tiada pake terang dari prentah, bagitoe djoega meskipoen itoe soerat tanda beboenji pindjem barang dengen sewa mendjoewalken atawa sabarang djandjinja, tetapi papriksanja terang pindjem oewang, djikaloe itoe oewang itoengnja seratoes roepia atawa lebih, itoe klachtnja moesti di toelak, adapoen jang di klacht moesti di oekoem saperti fatsal 12, di soerat pranatannja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan tertoelis pada ari Salasa tanggal 15 Roewah Djimawal 1821. karana jang bagitoe itoe tetep pindjem memindjemken oewang atawa beli barang jang pembajarnja pake tempo dan lagi gade menggadeken barang jang itoengnja seratoes roepia ka atas.

Dari itoe sagala orang soepaja sama taoe.

Djatoehnja pranatan pada ari 26 boelan Roewah taoen Djimakir 1826. atawa ari 30 Januari 1897.

--- 4 : 134 ---

Ôngka 125

Awit saka dhawuhing timbalan dalêm, ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn ing Surakarta.

Manira Kangjkêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, andhawuhake owah-owahane bab kaping 33, ing layang pranatan dalêm amarêngi ing dina Sênèn tanggal kaping 9 Pasa Je, 1798, kaya ing ngisor iki.

Manawa ana kang nyuwun pangunjarane kawula dalêm, amarga saka prakara utang-piutang, iku pambayaring ingone ing dalêm sadina sawêngi sarupiyah, dadi ing dalêm têlung puluh dina 30, têlung puluh rupiyah.

Iku sarupane uwong padha sumurupa, lan sarupane kang padha kawajiban anindakake prakara parapadu sapêpadhane ana ing pangadilan dalêm, padha angestokna saprêlune.

Dhawuhing pranatan tanggal kaping 28, sasi Ruwah taun Jimakir, ôngka 1826, utawa kaping 1 Pèbruari, 1897.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 135 ---

No 125.

Dari Srie Padoeka Toean Soesoehoenan ampoenja prentah, moefakat dengen Kangdjeng Toean Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, memrentahken perobahannja fatsal 33 di mana soerat pranatannja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan, tertoelis pada ari Senen tanggal 9 Poewasa Djé 1798 saperti di bawah ini:

Djikaloe ada jang minta pangoendjaranja orang ketjil, sebab dari prakara Civiel itoe pambajarnja boewat makan di dalem satoe ari satoe malem satoe roepia, djadi di dalem tiga poeloeh ari 30 tiga poeloeh roepia.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe, dan sagala jang sama kawadjiban mendjalanken prakara Civiel sasamanja ada di Pangadilannja Srie Padoeka Toean Soesoehoenan soepaja sama menoeroet saperloenja.

Djatoehnja pranatan pada ari 28 boelan Roewah taoen Djimakir 1826. atawa ari 1 Februari 1897.

--- 4 : 136 ---

Ôngka 126

Undhang-undhang

Têrang ingkang sinuhun kangjêng susuhunan, mupakat lan ingkang bapa kangjêng tuwan residhèn, ing Surakarta.

Manira Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, pêpatih ing karaton dalêm Surakarta Adiningrat, anggalih parlu andhawuhake kaya ing ngisor iki.

Sarupane bêkêl sapêpadhane sawonge cilik ing desa-ingadesa ora manira lilani nêgor karang kitri kang dadi melike kang isih mêtu nipkahe utawa kang maedahi marang padesan, yèn ora wus olèh palilahe lurahe patuh utawa saka kang wus dikuwasakake dening lurahe patuh manawa ana kang wani nêrak dhawuhing undhang-undhang iki yèn bumi kang wus kapajêgan ing tuwan-tuwan, iku bakal kapatrapan paukuman anyambut gawe paksan ana yayasaning nagara olèh pangan tanpa bayaran, lawase 6 nêm dina tumêka 3 têlung sasi, manawa bumi kang durung kapajêgan [kapajêga...]

--- 4 : 137 ---

[...n] ing tuwan-tuwan, môngka jangjine lan lurahe patuh kapacak ing layang piyagêm oa mawa patrapan, iku uga bakal kapatrapan kaya ing dhuwur mau, dene manawa piyagême wus ana jangjine mawa patrapan, iku patrapane bakal katêtêpake apa kang wus dadi jangjine kasêbut ing piyagêm mau.

Iku sarupane uwong padha sumurupa.

Layang undhang-undhang iki kalumrahake sarta katèmplèkake ana ing panggonan saparlune, supaya aja ana kang ngaku ora sumurup unine.

Dhawuhing undhang-undhang tanggal kaping 21, sasi Sawal taun Jimakir, ôngka 1826. Utawa kaping 25 Marêt 1897.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

--- 4 : 138 ---

No 126.

Oendang-Oendang.

Terang Srie Padoeka toewan Soesoehoenan moefakat dengen Kangdjeng toewan Resident di Soerakarta.

Kita Kangdjeng Raden Adipati Sosrodiningrat, Papatih di Kraton Soerakarta Adiningrat, berfikir perloe memrentahken saperti di bawah ini.

Sagala bekel sasamanja dengen orangnja ketjil di desa desa tiada boleh menebang karang kitri jang djadi wadjibnja jang misih kloewar asilnja atawa jang ada faedahnja pada desa, kapan tiada soedah dapet idinja loerahnja patoeh atawa dari jang soedah di koewasaken oleh loerahnja patoeh. Djikaloe ada jang brani melanggar prentahnja ini Oendanh-Oendang, Oendang-Oendang. kaloe tanah jang soedah di padjegi oleh toean toean, itoe hendak di oekoem bekerdja paksa ada di pakerdjaan negri dapet makan tiada pake bajaran, lamanja 6 anem ari sampei 3 tiga boelan. Djikaloe tanah jang beloem di padjegi toean toean, maka djandjinja dengen loerahnja patoeh jang di patjak di mana soerat Pijagem tiada pake oekoeman, itoe djoega bakal di oekoem saperti di atas tadi, adapoen djikaloe Pijagemnja soedah ada djandjinja pake oekoeman, itoe oekoemannja bakal di tetepken apa jang soedah

--- 4 : 139 ---

djadi djandjinja terseboet itoe pijagem.

Dari pada itoe sagala orang soepaja sama taoe.

Ini soerat Oendang- Oendang di tersiarken serta di taroeh ada di mana tempat jang perloe soepaja tiada ada jang mengakoe tiada taoe boenjinja.

Djatoehnja Oendang-Oendang pada ari 21 boelan Sawal taoen Djimakir 1826. atawa ari 25 Maart 1897.