Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mangkunagara 6, Muhamadiyah, 1857, #476

Katalog:Mangkunagara VI, Muhamadiyah, 1857, #476
Sambung:-

Kanjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara ingkang Kaping 6

--- 0 ---

Pinèngêtan kalêrês wilujêngan sèwu dintênipun surud dalêm

29: 11/3 61.

--- 0 ---

Sêrat Pèngêtan Kawontênan tuwin Urutipun Lêlampahan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara kaping 6 Wiwit Miyos Dumugi Seda.

--- 1 ---

Kanjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara ingkang Jumênêng Kaping 6 ing Surakarta.

1. Kawontênan tuwin titimangsanipun wiyosan dalêm.

Kangjêng gusti punika, putra dalêm kangjêng gusti ingkang kaping 4 ing Surakarta, miyos saking garwa dalêm Gusti Kangjêng Bandara Radèn Ayu Adipati Mangkunagara, kalêrês putra dalêm ôngka 22 saking urutipun putra dalêm kangjêng gusti, utawi ôngka 4 saking urutipun putra dalêm ingkang saking gusti kangjêng bandara radèn ayu, miyosipun kala ing dintên malêm Jumungah Pon wanci jam 11 dalu, amarêngi tanggal kaping 17 Rêjêb taun Wawu ôngka 1785 utawi surya kaping

--- 2 ---

13 Marêt 1857 wontên ing pura dalêm Mangkunagaran.

2. Lêlampahan dalêm wiwit timur, dumugi salèrèhipun angasta praja.

Kanjêng Gusti punika kala timuripun asma Gusti Bandara Radèn Mas Suyitna, sarêng yuswa 10 taun kasinaokakên dhatêng pamulangan Europeesche LagerschoolDitulis dengan huruf Latin (dan semua bahasa asing yang ada). ugi nagari ing Surakarta, ananging dèrèng ngantos dumugi satamatipun lajêng mingsêr sinau ing pamulangan siswa (bijzandere inlandsche 1e. school), kagunganipun praja Mangkunagaran piyambak sinaunipun basa Walandi amung sinambi wontên ing dalêm.

Panggulawênthah utawi pamardinipun sajawining pamulangan amung kalayan adat Jawi ingkang dhêlês gagrag kina, kados ta olah kasusastran tuwin kabudayan Jawi, olah alusing bêbudèn, olah kasusilan dumugi babagan batos, babaganing kanuragan, kawijayan, saha sapiturutipun. Wasana sarêng sampun antawis yuswa 15 taun amarêngi ing dintên Sêlasa Lêgi tanggal kaping 14 wulan Ruwah taun Dal 1799, utawi [u...]

--- 3 ---

[...tawi] taun surya 1871 lajêng dipun supitakên.

Sarêng sampun têtêp ing yuswa 16 taun ( wiwit panganciking wanci diwasa miturut wiradat Jawi) lajêng lumêbêt dados prajurit legiyun wontên ing golongan infanterie pangkatipun wontên prajurit sinangkan dados soldhadhu, dumugènipun ing taun surya 1872 lajêng pinangkat 2e Luitenant. Ananging lajêng kapêthil wontên ing pura amêngkoni ing bagean mandragini (golongan pandamêlan pêngkêran), ngiras lêlados ing Ibu dalêm.

Sarêng sampun têtêp yuswa 18 taun (taun Jawi 1803, utawi taun surya 1874) lajêng jinunjung sasêbutan pangeran tuwin asma Kanjêng Pangeran Ariya Dayaningrat, pangkatipun wontên prajurit winisudha 1.e Luitenant saha lajêng wangsul angasta Kumpêni malih.

Nalika salêbêtipun ing taun surya 1876 lêlana jajah nagari angidêri Jawi wetan tuwin kilèn. Prêlu anjêmbarakên ing pangawikan ingkang piguna tumraping praja, salajêngipun nunggil ing taun punika kawisudha dados kaptin, mangagêngi wontên ing Kumpêni tiga (Commandant v/d 3 e Compagnie ).

Saseda dalêm ingkang rama kangjêng gusti kaping IV, ginantosan ingkang raka kangjêng gusti kaping V, utawi salêbêtipun ing taun surya [sur...]

--- 4 ---

[...ya] 1881 lajêng piniji dados ajidan ngarsa dalêm kangjêng gusti, salajêngipun sarêng ing taun surya 1882 winisudha pangkat mayor (Majoor Ajudant Commandant ).

Salêbêtipun dados ajudan kabantokakên nambut pakaryan ing kantor, kados: ing kantor kartapraja (babagan arta nagari ), ing kantor karta usaha (babagan panggaotan nagari ), ing kantor kartipraja (babagan iyasa nagari), tuwin angulat-ulatakên ing bagean rêksa wahana (babagan pangrêksaning titihan kreta), bagean rêksa baksana (babagan tadhah-tadhahing lêbêt pura), tuwin bagean rêksa warastra (babagan pangrêksaning dêdamêl pusaka praja).

Nalika ing dintên Rêbo Pon tanggal ping 22 wulan Rabingulakir taun Jimawal 1813, utawi ing taun surya 1884, salêbêtipun yuswa 27 taun krama angsal Bandara Radèn Ajêng Artati putranipun Bandara Radèn Mas Arya Gôndawardaya, ugi ing Mangkunagaran, patutan saking garwa padmi, putri dalêm kangjêng gusti kaping III.

[Grafik]

Sadèrèngipun kangjêng gusti jumênêng angasta praja

Nalika ing taun surya 1887 kapiji ing padamêlan angasta arta nagari, saha ing taunipun 1888 kawisudha dados mayor babagan arta legiyun Majoor Intendant v/h Legioen Van Mangkoenagoro ngiras dados warga panitya angêmbat [a...]

--- 5 ---

[...ngêmbat] adêging praja, saha nunggil ing taun wau kaganjar mêndhali slaka (Eere teekend) minôngka cihnaning sêtya tuwin dangunipun wontên rèh kaprajuritan.

Saseda dalêm kangjêng gusti kaping V amarêngi ing dintên Sêtu Lêgi tanggal kaping 15 wulan Jumadilakir taun Jimakir 1826, utawi surya kaping 21 Nopèmbêr 1896, winisudha jumênêng pangagêng trahing praja Mangkunagaran (Hoofd Van Mangkoenagorosche Huis), tuwin dados pangagêngipun legiyun punapadene katêtêpakên sasêbutan tuwin asma Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara kaping VI ing Surakarta, Kolonel Commandant v/h Legioen Van Mangkoenagoro.

Nalika ing taun surya 1895 kangjêng gusti punika kagungan putra kakung miyos saking garwa ampeyan kaparingan asma Bandara Radèn Mas Suyana, diwasanipun kaparingan sêsêbutan Bandara Radèn Mas Ariya Suyana, saha ing taunipun 1897 kagungan putra malih putri ugi miyos saking ampeyan, kaparingan asma Bandara Radèn Ajêng Suwasti, diwasanipun utawi sarêng sampun krama kaparingan asma Bandara Dèn Ayu Atmasurana.

Nalika ing taun surya 1898 amarêngi pamiwahan jumênêng Dalêm Kangjêng Sri Bagendha Maharaja Putri angasta pusara praja,

--- 6 ---

kangjêng gusti punika kawisudha jumênêng Ridder in de orde van den Nederlandschen Leeuw saha nunggil taun wau anampèni panarimah tuwin pangalêmbana dening pamarentah agung ing bab pangastaning arta, punapadene pangwaos pangrèhing arta ingkang suwaunipun kaawat-awatan dening pamatahipun kangjêng guprêmèn Gouvernements Curateele kawangsulakên kaasta ing ngarsa dalêm. Salajêngipun kala ing taun 1902 amarêngi rawuhipun Kangjêng Sri Bagendha Raja Siyêm wontên praja Surakarta, tampi pamisudha malih jumênêng Commandeur in de orde van de Kroon van Siam. Punapadene ing taunipun 1913 kawisudha malih saking ing kangjêng gupremèn jumênêng Comandeur in de orde van Oranje Nassau dados wêtahipun sasêbutan dalêm nalika angasta praja: Kangjêng Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara Kaping VI Ridder in de orde van den Nederlanscheh Leeuw, Commandeur in de orde van de Kroon van Siam, Commandeur in de orde van Oranje Nassau saha Kolonel Commandant van het Legioen van Mangkunagoro ing Surakarta.

[Grafik]

Pasarean dalêm ing Astana Utara

Nalika ing taun surya 1909 angawiti yasa calon pasarean dalêm dumunung salèring kitha, manggèn ara-ara balabag dhusun Manayu, bawah kapanewon pangrèh praja ing Kaliyasa [Kali...]

--- 7 ---

[...yasa] (Mangkunagaran), rampunging pambabaripun kala ing taun surya 1926, saha lajêng kaparingan nama pasarean ing Astana Utara, adêging pasarean punika dipun sadhiyani bêbadan bôndha (Begraafplaats fonds) ingkang anyêkapi kangge waragading panambal sulam tuwin panjagi salamènipun.

Nalika ing surya 1915 sadaya arta kagungan dalêm piyambak kaadêgakên dados bêbadan bôndha ingkang ngayomi sadarah dalêm piyambak dipun wastani "Soejono-Soewasti fonds" ingkang minôngka pangagêngipun (Directeur) kaasta ing asta dalêm, dene warganipun pangrèh: Bandara Radèn Mas Ariya Suyana tuwin Bandara Radèn Ayu Atmasurana, asalipun arta punika amung saking anggêmèni pêpanci dalêm sangking nagari wiwit sadèrèngipun jumênêng angasta praja kawêwahan tilaraning rama ibu.

Nalika ing taun surya 1914 kangjêng gusti nyuwun lèrèh saking angasta pusara praja, saha ing taunipun surya 1915 mundhut tumbas griya wontên kitha Surabaya, dumunung ing Palmenlaan ciri griya No. 25, wasana kala ing dintên Slasa Kliwon tanggal kaping 5 Mulud taun Je 1846 utawi surya kaping 11 Januari 1916 kaparêng têtêp lèrèh dalêm angasta praja.

--- 8 ---

Minôngka pèngêtipun lêlabêdan utawi pandamêl dalêm nalika angasta praja, praja ing Mangkunagaran amisungsung pratôndha warni sêsupe jêne panunggul barleyan sinêling mripat mutyara. Wasana ing dintênipun Jumuwah Pon tanggal kaping 8 utawi surya kaping 14 nunggil wulan taun wau, kangjêng gusti lajêng boyong dêdalêm ing Surabaya. Dados etang anggènipun kangjêng gusti jumênêng angasta praja utawi mangagêngi têrah ing Mangkunagaran wontên 19 taun 8 wulan 19 dintên saking titimôngsa Jawi, utawi 19 taun 1 wulan 22 dintên saking etang taun surya.

Nalika angkatipun tindak dalêm boyong wau, putra santana tuwin para narapraja, kajawi ingkang piniji rumagang damêl, botên kaparêng dhèrèk tuwin nguntapakên, amung prajurit legiyun ngatingalakên pangèngêt-èngêt, baris agêng anjujug ing sêtatsiyun.

[Grafik]

Griya kagungan dalêm kangjêng gusti ing Palmênlan (Palmenlaan 25) Surabaya.

--- 9 ---

3. Lêlabêdan utawi tabêtipun pandamêl dalêm nalika angasta praja

Ing sagadugingsagaduking. pangawikan tuwin têbaning wêwênang dalêm ingkang pinardi kapara ngajêng, punika angiyatakên ringkihing praja, angayomi katêntrêmaning kawula wawêngkon praja (Rijlesonderhoorigen), tuwin amêmayu murih widada sadayanipun. Dhêdhasaring pamardinipun: alampah sarwa pasaja, kumandêl dhatêng kakiyataning panggalih tuwin sarira piyambak, tumêmên ing sêsanggêman, lumuh lampah lêlamisan, titi, tata, têtêp dhatêng wêwatêsan.

Nalika murwani bêbangun ringkihing praja, punika gêmi: ngirit, kanthi tanduk pamisesa, sarêng sampun katitik tuntuming tatu gya tumruntun tumrah ing pamardi darma ingkang anuju panjagining katêntrêman, tuwin piguna adêging gêsang, kados ta: ing babagan kasarasan, ing babagan pangupa boga, punapa denadene. pangudi rèhing kagunan, saha sanès-sanèsipun, dene tabêt titiking pandamêl wau, kados ingkang kasbut ing ngandhap [nga...]

--- 10 ---

[...ndhap] punika

[Grafik]

Salêbêtipun kanjêng gusti angasta pusara praja

Ha. Ing bab adêgipun tuwin ambangun sipating praja, punapadene adêgipun kawula wawêngkon praja, kados ta: tumrap adêgipun praja, amurwani uwaling gêgancênganipun pasuwitan kalayan kraton dening konduripun siti warisan. Dados sarana wangsuling panguwaos pangastanipun bab arta praja. Amundhati sambutaning praja kalanipun ing jaman ringkih. Angrampungi tumandhoning rêmbag ing bab lêlintonan siti. Angudi lêstantunipun kagungan wana pajatèn. Ambangun pêpacak pangrêksanipun bandhaning praja. Ngwontênakên rading praja (Rijksraad) gêgayutan kalayan tatanan arta. Ambukani nyuwak pandamêlan wajibipun para kawula (Heerendiennst afschaffing) Ambukani wontênipun tatanan enggal prakawis siti (Reorganisatie) Ambukani pambangun lampahing êpos. Ambukani wontênipun praja ngagêm gunaning telêpun. Ambukani wontênipun bangoning pêkên dipun yasani dening nagari. Ambukani pambangun [pamba...]

--- 11 ---

[...ngun] sikêping punggawa pulisi dalah sêsangkêping dêdamêlanipun. Angwontênakên papan pangrawatipun tiyang lun awon. Tuwin ambukani panggalihan wontênipun tram ing Sala dumugining Baturêtna.

Tumrap pambangun sipating praja, sêngkuyungan ananggul tanggulang banjir tuwin sudhètaning lèpèn Pepe (bandjir kanaal). Ambangun tataning kampung (Kampoeng verbetering) miwah ngêlar margi-margi. Angwontênakên griya pangungsèn (Evacuatie barak) dening kêsuk pamangun sipating kitha. Yasa kampung patamanan ingkang winastan ing Villapark. Amurwani wontênipun pêpajar margi sarana dilah elêstris. Amurwani pambanguning margi têrusan ing dhusun-dhusun. Tuwin amurwani panggaraping margi agêng jawi kitha kawragadan ing nagari.

Tumrap adêgipun kawula wêwêngkon praja, ambangun tuwin angawontênakên tatanan enggal ingkang mahanani indhaking pikantukipun para putra tuwin santana. Anyuda cacahipun punggawa rêngganing pura: ananging amêwahi cacah tuwin têbanipun para punggawa pangrèhing praja dalah indhaking [indha...]

--- 12 ---

[...king] balanjanipun. Ambangun tata turutaning pamisudha. Angêlar têbaning papanipun kawula praja kala pangadilan kapundhut kangjêng guprêmèn tuwin kala bikaking opium regie. Amurwani wontênipun pènsiyuning narapraja. Amurwani warni-warnining ganjaran lan sih wilasa. Angudi indhaking pêpanci tuwin kêkahipun sikêping prajurit legiyun. Ambangun tata ngènthèngakên sêsanggèning kawula alit, ngantos mahanani suwakipun tataning siti lênggah. Angawontênakên kabudidayan uwos ingkang bakunipun ngayomi gêsangipun kawula alit, ngiras angènthèngakên kabêtahanipun putra santana lan narapraja. Angwontênakên gudhang patandhon rijêki ingkang bakunipun kangge nyêgah pangêsuking pangruwêgan (Woeker bestrijding). Punapadene ambukani wontênipun arta sadhiyan kangge têtulung ing kasangsaran.

Na. Ing bab kabudidayan utawi kaskaya praja, punika kajawi ingkang sampun kawêngku wontên bab sanès kados ta: ambangun tuwin angêlar têbanipun adêging pabrik gêndhis Tasikmadu-Calamadu. Anyèlèngi arta

--- 13 ---

andhungan ingkang dados yêyutanan kathahipun saha bêbêkta sarêman agêng. Anyuwak pakopèn lami:nanging ngwontênakên pakopên enggal. Anyuwak tanêman tom, kasantunan dados pantun. Anyuwak tanêman kacang, kasantunan dados pantun, palawija tuwin randhu. Angwontênakên gudhang patandhon rijêki tuwin pawêdaling padhusunan, sadaya wau kajawi ambabêkta kauntungan ugi ngiras dados panjagi adêgipun gêsanging kawula praja. Punapadene angwontênakên kabudidayan pasewan griya (Mangkoenagaransche Bouw fonds) ingkang bêbadanipun madêg wontên ing Samarang. Angwontênakên adêging paprentahan wana pajatèn. Angwontênakên asil saking pasewan bangoning pêkên. Amajêgakên pasitèn ingkang suwau dèrèng wontên pajêgipun. Angindhakakên wêdaling pajêg ingkang amung jalaran suwau dèrèng patitis ing petangipun. Ambangun tata pamupuning asil panaiban. Ambangun tata pamupuning beya sêrat-sêrat pas. Angwontênakên asil saking panggaotan gantos. Angwontênakên pajêgipun kreta tuwin [tuwi...]

--- 14 ---

[...n] grobag sêwan. Tuwin angwontênakên tataning pangimpun arta saha panjagi kaskaya praja.

Ca. Ing bab panjagining kasarasan, pamardining pasinaon tuwin pangrêksaning kabudayan Jawi, punika kajawi ingkang sampun katarik wontên bab sanès, kados ta:

Tumrap panjagining kasarasan. Angêlar têbanipun ngantos dumugi ing anak semah, pitulunganing nagari dhoktêr tuwin jampi-jampi dhumatêng putra, santana saha para narapraja, punanadene ngantos dumugi ing jawi kitha. Angadêgên griya panti roga utawi papriksan têtiyang sakit kangge prêluning kawula praja ingkang wontên ing lêbêt kitha tuwin sajawining kitha. Ambangun yayasan ing Sêndhang Tirtanirmala. (umbul Pablêngan) kangge piguna dhatêng ngakathah. Angwontênakên sadhiyan wragad kangge panulak sêsakit nular, sarêng wontên pagêbluk sêsakit pès ngantos angwontênakên pitulungan arta sambutan kangge pambanguning griya (woning verbetering) ingkang atusan ewon ing kathahipun, tuwin angwontênakên [angwontênakê...]

--- 15 ---

[...n] griya pasetran (issolatie woning) kangge brayatipun ingkang kataman. Angindhaki wragad kangge parigêling lampah tumindakipun panulak cacar. Punapadene amurwani wontênipun pasapon ing margi agêng, pambucalan uwuh ing pakampungan, tuwin rêrêsik ing kalèn-kalèn.

Tumrap pamardi ulah sinau. Ambangun pamulangan pamong siswa dados Holl Inlansche schooll. Angwontênakên pamulanagan lare èstri ingkang samangke kawastanan Siswarini. Angrumiyini wontênipun pitulungan nyambut waragad kangge anglajêngakên sinau inggil (Studie fonds). Angwontênipun pasinaon ing wanci sontên (afond cursus) kangge anglantih basa Walandi. Tuwin angintunakên narapraja dhatêng ing sanès nagari prêlu anjêmbarakên sasêrêpan ingkang piguna dhatêng kawula. Tumrap pangrêksaning kabudayan, angêncêngakên panganggènipun titimôngsa ôngka tuwin kasusastran Jawi. Angwontênakên pasinaonipun lampah dhodhok tuwin lêlados. Iyasa gêndhing tuwin sêsêndhoning [sêsê...]

--- 16 ---

[...ndhoning] langên swara. Punapadene anggêgêsang jogèt, gêndhèng tuwin gôngsa.

Ra. Ing bab tataning agami, ewahing wiradat tuwin pamanguning tatakrami, punika kajawi ingkang sampun kalêbêt wontên bab sanès, kados ta:

Tumrap tataning agami: ambangun pranataning panaiban ingkang mahanani wontênipun sadhiyan arta kangge panjagi ing bab agami. Anyupitakên tuwin amikramakakên para putranipun ingkang jumênêng Mangkunagara, ingkang sampun dumugi ing wancènipun. Angyasani pasaladan ngiras watêsipun pakurmatan lampahing layon. Amêwahi cacahipun kareta layon. Angyasani tuwin mulyakakên pasarean dalêm ingkang sami jumênêng Mangkunagara. Tuwin amurwani panggalihan pangrêksaning pakuburan karêksa dening nagari.

Tumrap ewahing wirada. Anyênyuda utawi nyuwak rêrêngganing kautamèn ingkang warni pamalêm, wèwèh-winèwèh ing samôngsa wilujêngan, sumbang-sinumbang samangsaning gadhah damêl, têbaning pasamuwan manawi ngadani damêl, rowaning [ro...]

--- 17 ---

[...waning] pangangge, parabot tuwin pirantos rêngganing griya, punapadene kasukan kêrtas ingkang mawi totohan agêng.

Tumrap pamanguning tatakrami. Angringkês rowaning tanduk miwah traping upacara. Anginggahakên drajating kawula dhatêng tataran sêsami-sami, sarana anyuwak dhodhok, anyuda sêmbah, anyuwak tatanan lênggah ing siti santun dhingklik tuwin kursi, anyadhiyani songsong ing môngsa jawah, anyadhiyani patilêman ing môngsa kèndêl, pangaji-ajining narapraja kasami kalayan tamu, saha ing sêsamènipun. Punapadene ambukani paras rema amrih cancing tanduking panambut karya.

Minôngka angrakêtakên sih trêsna dhatêng kawula, kala-kala pêparing arta busana, mêdal sangking kagungan dalêm arta piyambak.

Ka. Ing bab têtanên lan rajakaya, punika kados ta: angajêngakên pamardinipun olah têtanèn. Amardi kawêkêlanipun para kawula sarana pangreka ingkang ènthèng sêsanggènipun. Punapadene angwontênakên [angwontêna...]

--- 18 ---

[...kên] wiji lêmbu tuwin maenda ingkang lajêng kaganjarakên dhatêng kawula.

Da. Ing bab golongan yayasan kangge pigunaning praja sumrambah para kawula, punika kajawi ingkang sampun kagayut wontên bab sanès, kados ta: amêwahi barang kêprabon tuwin rajakêputrèn agêmipun ingkang jumênêng Mangkunagara sakalihan ingkang garwa. Saha amêwahi tuwin anjangkêpi rajatadi ing dalêm pura.

Amangun anambal sulam tuwin iyasa griya-griya ing lêbêt pura, kados ta: angewahi utawi mêwahi wêwangunan ing pêngkêran, nambal sulam dalêm agêng, pringgitan tuwin pandhapi, yasa gêdhong parimatan. Yasa gêdhong panyêratan, yasa plêngkung kori capurining pura, punapadene yasa kêbon patamanan.

Amangun anambal sulam tuwin amurwani yasa dalêmipun para putra, yasa griya kabupatèn, kawadanan, lan kapanewon dalah kantor-kantoripun. Punapadene yasa griya panti roga, griya papriksaning tiyang sakit, griya pasiraman ing sêndhang Tirtanirmala, griya pakunjaran, [pa...]

--- 19 ---

[...kunjaran,] griya pangrawatipun tiyang lun awon, griya bango ing pêkên-pêkên, griya patandhon rijêki, griya-griya ingkang kaangge pangungsèn tuwin pasetran, tuwin griya-griya ingkang kangge pasewan

Amangun tuwin amurwani yasa krêtêg ing margi agêng ngangge wangun tuwin gagrak sapunika, kados ta: ing pêkên Lêgi, ing Srambatan, ing Gilingan, ing Juranggêmpal, ing Samaulun, ing Nguntaranadi, ing Samin, saha krêtêg alit-alit ing saurutipun margi agêng tanah Sêmbuyan tuwin tanah Sokawati, punapadene sêngkuyungan kalayan kraton iyasa krêtêg ing Jurug, ing Nambangan, ing Cêmara, tuwin karêtêg ing Grompol.

Amangun tuwin amurwani yasa pal ing margi agêng, margi agêng mawi kaaspal, margi agêng mawi siraman, mawi pambucalan uwuh, tuwin mawi sinaponan. Punapadene angyasani margi têrusan dhusun-ngadhusun, margi papriksan wana pajatèn, miwah amurwani margi agêng kagarap dening nagari.

Amurwani yasa pangrêksa ilining toya, kados ta: pumpa [pu...]

--- 20 ---

[...mpa] mubêng pura dalêm, bêndungan ing Tirtamaya, sêngkuyungan kalayan kraton ngyasani bêndungan ing Kêdhung ngunut kalayan ing Sudimara, punapadene angwontênakên tatanan pangrèhing toya.

4. Kawontênan tuwin lêlampahan dalêm wiwit salèrèhipun angasta praja dumugi sasurud dalêm

[Grafik]

Sasampunipun kangjêng gusti lèrèh angasta pusara praja (gambar dalêm ingkang pungkasan)

Nunggil dintên kalayan salèrèh dalêm angasta praja, punika kangjêng gusti winisudha jumênêng Kolonel bij den Generalen staf van het Nederlansch Oost Indische Leger dados sasêbutan dalêm sasampunipun lèrèh punika: Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara kaping VI Ridder in de orde van den Nederlanschen Leeuw, Commandeur in de orde van de Kroon van Siam, Commandeur in de orde van Oranje Nassau, saha Kolonel bij den Generalen staf van het Nederlandsch [Neder...]

--- 21 ---

[...landsch] Oost-Indische Leger ingkang adêdalêm ing Palmenlaan No. 25 Surabaya.

Tujuning lampah saha dhêdhasaring panggalih dalêm sarêng lèrèh angasta praja, punika kajawi lêstantun amangagêngi lampahing pakaryan Soejono-Soewasti fonds, amung lajêng anêntrêmakên sarira, anglêrêmakên panggalih, amrih gêlêng panggiluting kasusilan, dene ingkang ginalih kapêrlokakên, dêdarma ing kasangsayan, tuwin manjurung dhatêng bêbadaning pakêmpalan ingkang tumuju têtulung tuwin katrêsnan (Liefdadigdoel utawi Liefdadigheids vereenigingen).

Ambêbedakakên beda-bedaning golongan punika saèstu botên. Ananging katrêsnan dhatêng kawula wêwêngkoning praja Mangkunagaran taksih pinarêk kapara ngajêng, pangrêngkuhing panggalih dalêm kaanggêp putra santana utawi pawong mêmitran, dening dipun èngêti wêktu sêsarêngan angangkat karya, utawi labuh damêl kala angasta pangrêhing praja, mila sabên kalêrês wiyosan taun ajêg dipun sadhiyani waragading pamondhokan tuwin prabeyaning lampahipun ingkang sami amara sowan.

--- 22 ---

Nalika anyarêngi pasamuwan tingalan wiyosan dalêm dumugi yuswa 70 ing taun Jawi (dintên Rêbo Wage tanggal kaping 17 Rêjêb Dal 1855, utawi surya kaping 11 Pebruari 1925) wontên dhawuh dalêm Kangjêng Sri Mahaputri Nèdêrlan aparing pamuji ayu dhumatêng sarira dalêm sagarwa putra santana. Dhawuh punika lumantar kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jêndral, ingkang kawêdharakên wontên satêngahing pasamuwan dening ingkang jumênêng residhèn ing Surabaya.

Wiwit salêbêtipun ing taun Jawi 1858 kala-kala sarira dalêm karaos gêrah, talanjêr raosing gêrah dumunung wontên padharan karaos kados katêdhun, nadyan botên sapintêna mêtêkipun gêrah wau, ananging sangking kêncênging panggalih dalêm tlanjêring gêrah punika nêdya dipun bêdhèlakên, wasana ing dintênipun Rêbo tanggal kaping 24 Bêsar Jimakir 1858 wanci jam 6 sontên kangjêng gusti lajêng tindak piyambak malêbêt ing panti roga ingkang nama "Darmo Ziekenhuis" ing Surabaya.

Wontênipun ing panti roga kaupakara dening dhoktêr kalankalayan. pangatos-atos, saha kalampahan kabêdhèl saprêlunipun, [saprê...]

--- 23 ---

[...lunipun,] wasana awit saking kadayan ing sabab sanès, ing dintênipun malêm Akad Pon tanggal kaping 5 Sura Alip 1859 utawi surya kaping 25 Juni 1928 wanci jam satunggal saprapat, kangjêng gusti kalajêng surud kondur dhatêng rahmattullah, salajêngipun nunggil ing dalu punika layon dalêm kakondurakên dhatêng ing dalêm saha karukti saupakartinipun rarêngganing pamiwaha.

Pisungsung sêkar mawarni makêndhung-kêndhung. Wasana enjingipun ing dintên Sênèn Wage tanggal kaping 6, utawi surya kaping 25 wanci jam 10 enjing nunggil wulan taun wau, layon dalêm tumuntên kaangkatakên kondur dhatêng Surakarta, sangking dalêm katitihakên kareta ingkang rinêngga saupacaraning kaluhuran. Lajêng santun sêpur wontên ing sêtatsiyun Gubêng ingkang ugi rinêngga linangse-langse, dumugi wontên ing Sragèn lajêng santun katitihakên ing oto layon. Sarêng dumugi wontên Cembengan santun malih katitihakên kareta layon kaprabon Mangkunagaran. Dumuginipun ing pasarean Astana Utara wanci jam 4 sontên.

Pakurmatan ing wêktu angkating layon punika ing pundi panggenanipun [pangge...]

--- 24 ---

[...nanipun] winiwaha ingkang agêng saha pameran panganggenipun, kados ta: nalika wontên ing Surabaya ingkang rawuh tuwin nguntapakên, wêwakil dalêm kangjêng gusti ingkang jumênêng ing sapunika, para priyagung Walandi Jawi tuwin utusaning pakêmpalan, punapadene para putra santana tuwin têtamu ing sanèsipun. Lampahipun wontên ing margi ginarubyuk dening barisaning militèr dharatan tuwin lautan, saha drèling sanjata ingkang mungêl marambah-rambah.

Nalika wontên ing margi ingkang kandhêgan lampahing sêpur, makatên ugi kala santun titihan wontên ing Sragèn, punika pinêthuk saha kaurmatan dening priyagung bupati ingkang sami ambawahakên. Saha sadumugènipun wontên Cembengan, tinampenan dening panjênêngan dalêm kangjêng gusti ingkang jumênêng ing sapunika, tuwin rinawuhan utawi dipun sowani dening têtamu saklangkung kathah, kados ta: wêwakil dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, wêwakil dalêm Ingkang Sinuhuwun Kangjêng Sultan ing Ngayogyakarta, panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam ing Ngayogyakarta, para pangagêng utawi para agung Walandi, Jawi, Tionghwa, Arab, sangking [sang...]

--- 25 ---

[...king] salêbêting pura ing Surakarta utawi môncanagari, saha sanès-sanèsipun, punapadene prajurit saking lègêr Indhiya. Prajurit tuwin narapraja sangking karaton saha legiyun tuwin narapraja Mangkunagaran. Legiyun wau mawi angungêlakên mariyêm tuwin drèl marambah-rambah.

Para agung tuwin para tamu-tamu kathah ingkang nguntapakên dumugi ing pasarean sêsarêngan kalayan panggrubyukipun pakurmatan lampahing layon, wasana dumugènipun ing pasarean. Sarêng pangruktining saprêlunipun sampun arumantos rampung: layon dalêm tumuntên kasarèkakên, rampunging sumarenipun jam gangsal langkung satêngah: ngancik ing dintên Anggara Kasih tanggal kaping 7, utawi surya kaping 25 nunggil wulan tuwin taun ing nginggil wau, dados surud dalêm punika kapetang dumugi yuswa 73 taun 5 wulan 18 dintên sangking papetangan Jawi, utawi 71 taun 3 wulan 1713. dintên sangking etang taun surya, saha têtêp sumare wontên pasarean iyasan dalêm piyambak, nama Astana Utara.

--- 26 ---

5. Kawontênanipun garwa tuwin tumêrahipun putra wayah dalêm

Mênggah garwa, putra tuwin para wayah dalêm punika kawontênanipun dumugi ing surud dalêm kados ing ngandhap punika.

Ha. Garwa dalêm

Gusti Kangjêng Bandara Radèn Ayu Adipati Ariya Mangkunagara kaping 6.

Na. Ampeyan dalêm

1. Radèn Rêtna Asmara, sampun seda sadèrèngipun ing surud dalêm, sumare wontên ing Bata Putih (Surabaya).

2. Radèn Rêtna Wiryana, sapunika sampun seda, sumare wontên ing Astana Utara.

3. Radèn Wandaningsih.

4. Radèn Citraningsih, sampun seda sadèrèngipun ing surud dalêm, sumare wontên ing Astana Untara.

5. Radèn Walgitawati.

--- 27 ---

Ca. Putra dalêm

1. Bandara Radèn Mas Ariya Suyana, sangking Radèn Wandaningsih.

2. Bandara Radèn Ayu Panji Atmasurana, sangking Radèn Citraningsih.

Ra. Wayah dalêm

Ingkang sangking Bandara Dèn Mas Ariya Suyana.

1. Radèn Mas Yana Haruna

2. Radèn Ajêng Harini

3. Radèn Mas Yana Siwaya

4. Radèn Mas Yana Suputra

5. Radèn Mas Yana Supadma, sampun seda

6. Radèn Ajêng Sutrêpti

7. Radèn Mas Yana Atmaja

8. Radèn Ajêng Suyatmi

9. Radèn Ajêng Suyatmi, 10. Radèn Ajêng Suyartinah} miyosipun sasampunipun ing surud dalêm.

--- 28 ---

Ingkang sangking Bandara Radèn Ayu Panji Atmasurana.

1, 2} kakung kêmbar, seda timur

3. Radèn Mas Rana Kusuma

4. Radèn Mas Rana Puspita

5. Radèn Ajêng Suwasi

6. Radèn Mas Rana Pradapa

7. Radèn Ajêng Sulaksmi

8. Radèn Mas Rana Wijaya, miyosipun sasampunipun ing surud dalêm.

6. Wêwahan pèngêtan kawontênan sasampunipuning surud dalêm

[Grafik]

Kijing sêkaraning pasarean dalêm kangjêng gusti.

Dumugènipun ing sapunika, pasarean dalêm wau sampun kapasangan sêkaran kijing, pamasangipun kala nyarêngi wilujêngan kalêrês pêndhak sapisanipun ing surud dalêm, dintên Kêmis Paing tanggal kaping 5 Sura Ehe 1860 utawi surya kaping

--- 29 ---

13 Juni 1929.

Pinèngêtan wontên ing pasarean dalêm Astana Utara, amarêngi wilujêngan sèwu dintênipun ing surud dalêm, dintên Jumungah Paing tanggal kaping 29 wulan Sawal taun Jimawal, tinêngêran:

Nunggal rahsa èsthi warga utawi surya kaping 20 Marêt taun 1931.