Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Mangkunagara IV, Suma Atmaka, 1936, #475

Katalog:Mangkunagara IV, Suma Atmaka, 1936, #475
Sambung:-

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara ingkang kaping 4

--- 0 ---

Awit Saking Karsanipun Kangjêng Pangeran Arya Nataningrat kagiyarakên dhatêng para putra wayah buyut amarêngi kol surud dalêm 56 taun ing dintên Jumuwah Paing kaping 8 Sawal warsa Jimakir 1866.

--- 2 ---

Babad ing Mangkunagaran

Ing nalika jaman sasugêng dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4, wiwit timur mêningi ingkang eyang Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 2, lajêng suwita ing raka nak sadhèrèk, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 3, ngantos gumantos kapraboning raka dumugi surud dalêm.

Kadhapuk dening Radèn Mas Ngabèi Suma Atmaka, kapirit saking pèngêtan dalêm piyambak saha pèngêtanipun Kyai Rôngga Jayapanambang kaping 2 tuwin kacocogakên kalihan pèngêtaning parentah rêgerêng.

--- 3 ---

Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4

Punika putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya sapisan ing Surakarta ôngka 7 utawi ôngka 3 kakung. Ingkang rama putranipun Bandara Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat, kang wayah Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya, ingkang seda ing Lèpènabu. Dene ingkang ibu putri dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 3. Bandara Radèn Ayu Adiwijaya punika putri dalêm kangjêng gusti kaping 2 saking padmi putri Kasindurêjan.

Kawiyosakên wontên ing dalêm Adiwijayan marêngi dintên malêm Akat Lêgi, wanci pukul 11 dalu tanggal kaping 8 wulan Sapar, taun Jimakir, windu Sancaya ôngka 1738. Kawarti pangêthoking pusêr, kawaja ingkang paman Radèn Mas Tumênggung Arya Kusumadiningrat, Bupati ing Kadhiri (ing wingking lajêng kondur dhatêng Surakarta, nama Radèn Mas Tumênggung Arya Jayadiningrat wadana kaparak kiwa) ingkang pinuju têtuwi.

Ing sanalika jabang bayi kapundhut ingkang eyang (suwargi kangjêng gusti kaping 2), kagadhuhakên dhumatêng ampeyan dalêm [dalê...]

--- 4 ---

[...m] ingkang nama Bok Ajêng Dayaningsih, saha kaparingan pêparab Radèn Mas Sudira.

Sarêng yuswa 10 taun, kaparingakên ingkang raka nak-sanak, nama Kangjêng Pangeran Riya (ingkang ing wingking gumantos ingkang eyang, jêjuluk kangjêng gusti kaping 3), ingandikakakên mulang maos sarta nyêrat sastra Jawi, tuwin kagunan sanès-sanèsipun, ing ngriku kaanggêp kados dene putranipun piyambak ingkang pambajêng, amargi dèrèng kagungan putra piyambak.

Sarêng yuswa 13 taun, kasupitakên, marêngi dintên Akat Êpon tanggal kaping 10 Jumadilawal warsa Dal ôngka 1751.

Sarêng yuswa 15 taun, kalêbêtakên dados kadhèt, Prajurit Inpantri Kumpni 5. Angsal balônja 30 rupiyah sawulan. Kala samantên anyarêngi panglurugipun ingkang eyang kangjêng gusti kaping 2 tugur wontên ing Kalathèn, angêbrêgi dhusun Kajiwan. Amargi ing Ngayogyakarta wontên karaman. Kangjêng Pangeran Arya Dipanagara, para prajurit sami andhèrèk, bidhalipun amarêngi dintên Sabtu [Sa...]

--- 5 ---

[...btu] Paing tanggal kaping 16 wulan Ruwah Wawu ôngka 1753. Ananging dèrèng dangu Radèn Mas Sudira pamit saking pabarisan, kondur dhatêng nagari, amargi ingkang rama Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya seda, yuswa 48, lajêng angabêkti, ing dintên malêm Akat Kaliwon wanci pukul 1 dalu tanggal kaping 24 Ruwah Wawu 1753. Sasampuning pitung dintên lajêng wangsul dhatêng pabarisan. kangjêng gusti kaping 2 linggar sawadyabala dhatêng Tanjungtirta, ambêdhah ing Plèrèd. Prajurit katindhihan Tuwan Kolonèl Kokis. Dintên Rêbo Pon kaping 3 Sawal Wawu ôngka 1753.

Linggar masanggrahan dhatêng Ngrajakusuma. Rêbo Kliwon 16 Dulkangidah Wawu 1853,1753. kacêpêngipun Panêmbahan Sangki.

Ing nalika punika Radèn Mas Sudira andhèrèk ingkang raka Kangjêng Pangeran Riya, kondur dhumatêng ing Surakarta, amargi ingkang ibu piyambak Bandara Radèn Ayu Pangeran Arya Natakusuma gêrah sangêt, kalajêng seda, antawis tigang dintên, ingkang rayi Radèn Ayu Pangeran Kusumadiningrat seda konduran saputranipun. Sarêng sampun pitung dintên, wangsul dhumatêng pabarisan Ngrajakusuma malih, sarêng lampahipun dumugi Klathèn [Kla...]

--- 6 ---

[...thèn] mirêng pawartos bilih prajurit ing Mangkunagaran ingkang baris wontên ing dhusun Brosot, ingkang katindhihan Kangjêng Pangeran Arya Surya Mantaram, kawon sarta kathah ingkang pêjah, upsir 4 suldhadhu watawis wontên 150, mariyêm kabandhang 2. Sarêng dumugi Ngrajakusuma pawartos wau sayêktos. Pabarisan lajêng bidhal malêbêt ing kitha Ngayogyakarta, dintên Akat Lêgi kaping 3 Sura Jimakir 1754. Watawis dintên lajêng mundur dhatêng Klathèn, watawis dintên malih kangjêng gusti kaping 2 kondur dhumatêng nagari Surakarta.

Botên antawis lami Radèn Mas Sudira katumutakên kumpêninipun ingkang sapalih, jagi dhatêng bètèng Banyudana, sawatawis wulan lajêng kagiliran, lajêng kapindhah dhatêng bètèng ing Taman, sawatawis wulan kagiliran, lajêng kajagèkakên dhumatêng ing bètèng Gombang. Sawatawis wulan kagiliran, lajêng kadhawuhan sêpeksi dhatêng bètèng Sêmanu (Rêdikidul), sawatawis dintên lajêng kondur dhatêng ing Surakarta.

Sarêng yuswa 18 taun, kawisudha dados kapitan inpantri, ugi wontên Kumpêni 5, blanja 90 rupiyah sawulan, angsal lênggah sabin 2 jung anggêntosi ingkang raka pyambak, Radèn Mas Subêkti awit ingkang raka wau anggêntosi ingkang

--- 7 ---

rama nama Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping 2. Amarêngi dintên Kêmis Pon tanggal kaping 16 Bêsar Ehe ôngka 1756.

Ing dintênipun Kêmis Kaliwon tanggal kaping 23, Radèn Mas Kapitan Sudira kaangkatakên dhatêng bètèng Gombang, sakidulipun pêkên Pedhan, wontên ing ngriku dados Kumêndhan anindhihi prajurit sikêp sanjata 50 opsir satunggal, panumbak 50, upsir satunggal, mariyêm 1, kanonir 12, angrèh siti dhusun têtêlukan tanah ing Masaran Kidul sadaya, laminipun ngantos kalih têngah taun. Lajêng katimbalan dhatêng Surakarta saprajuritipun, amargi Pangeran Dipanagara sampun nungkul.

Sakonduripun saking bètèng Gombang, angsal mêndhali tatêngêripun tumut prang tanah Jawi, mawi sêrat kêkancingan, katitimangsan kaping 18 Januwari 1833, kala samantên para prajurit sami kasuda balanjanipun, margi paprangan sampun kendêl, kapitan kantun 60 rupiyah, litnan tuwin kadhèt 20 rupiyah, ondhêr opsir sapangandhap kapalih, cadhong arak, ulam sarta apyun kasuwak.

--- 8 ---

Sarêng kapitan Radèn Mas Sudira yuswa 22 kapikramakakên kalihan ingkang raka Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, angsal putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Mantaram panggulu saking padmi, wontên dalêm agêng ing Mangkunagaran, ijab paningkahipun ing dintên Saptu Paing, jam pukul 10 siyang, tanggal kaping 20 wulan Rêjêb taun Dal ôngka 1759. Sapêkênipun kaundhuh ingkang raka ing Adiwijayan, ing Suryadiningratan ing Ngabeyan, sami sadintên sadalu, lajêng wangsul dhumatêng Mangkunagaran wontên ing dalêm Suryamataraman, dèntên wiyosanipun ingkang garwa wau dintên Rêbo Paing, satêngah gangsal sontên, tanggal kaping 17 Rabingulawal warsa Be ôngka 1744. Ing nalika punika lajêng kaparingan nama Radèn Mas Arya Gôndakusuma. Lajêng pêputra lumintu.

Sarêng pêputra ôngka tiga, kaparingangkaparingan (dan di tempat lain). pêparab Radèn Mas Sungkawa, amargi sadintên sadalu katungka surud dalêm ingkang eyang suwargi, kangjêng gusti kaping 2 malêm Slasa Paing kaping 28 Siyam Jimakir ôngka 1762. Radèn Mas Sungkawa amung yuswa sataun lajêng seda.

--- 9 ---

Sarêng ingkang raka sampun jumênêng gumantos ingkang eyang, tilas dalêmipun kaparingakên, anggenipun amboyongi tanggal kaping 1 Ruwah Alip ôngka 1763, nalika maringakên, ingkang raka taksih asma Kangjêng Gusti Pangeran Arya Prabu Prangwadana kaping 3.

Antawis sataun tampi dhawuhing raka kangjêng gusti, kaparingang bôndha kadhawuhan iyasa dalêm, adêging saka guru jam 8 enjing tanggal kaping 18 Ruwah Ehe ôngka 1764.

Nalika taun Jimawal ôngka 1765, saking dhawuhipun ingkang raka kangjêng gusti, kadhawuhan makili pandamêlan patih, amargi Kyai Ngabèi Wignyawijaya tilar dunya, taksih ngrangkêp dados Kapitan anyêpêng Kumpêni 5. Angsal wêwah balônja 200 rupiyah sawulan, lênggah siti 4 ¼ jung.

Kala angêlihi dalêmipun enggal, dintên Akat Lêgi jam 7 enjing, tanggal kaping 1 Rabingulakir warsa Je ôngka 1766. Kala samantên sampun kagungang putra ôngka 5.

--- 10 ---

Awit saking karsanipun ingkang raka kangjêng gusti kaping 3, saajalipun Mas Kapitan Ngabèi Jayapranata, Kapitan Radèn Mas Arya Gôndakusuma kagêntosan dados Kapitan ajudan ing dintên Sênèn Paing tanggal kaping 26 Rabingulawal warsa Dal ôngka 1767, taun Walandi kaping 8 Marêt 1839, pandamêlan patih katampèkakên Radèn Ngabèi Mangkurêja.

Kala kawitan Radèn Mas Arya Gôndakusuma ngadêgakên iyasa paringgitan, dintên Rêbo Lêgi jam pukul satêngah nêm enjing, tanggal kaping 8 Rabingulakir warsa Dal, ugi saking paringipun ingkang raka kangjêng gusti.

Nalika kakêpyakakên dados kawitan ajudan dalêm. Ngiras nyêpêng administrasinipun lisiyun sadaya, dintên Sênèn Wage tanggal kaping 27 Ruwah Warsa Dal ôngka 1767. Angsal balônja 180 rupiyah sawulan, lênggah sabin 6 saprapat jung.

Kala kawisudha dados Mayor Komêndhan Inpantri, lêstantun nyêpêng administrasi, mantun dados ajudan, dintên Akat Pon kaping 29 Rabingulakir warsa Be ôngka 1768. Mawi sêrat kêkancingangkêkancingan. Kala kawisudha dados Mayor Komêndhan Inpantri, lêstantun nyêpêng Administrasi, mantun dados ajudan, dintên Akat Pon kaping 29 Rabingulakir warsa Be ôngka 1768. Mawi sêrat kêkancingang katitimangsan kaping 4 April 1840. Kala [Ka...]

--- 11 ---

[...la] samantên kagungangkagungan (dan di tempat lain). putra ôngka 7.

Nalika kagungan putra ôngka 14, miyos putri lajêng seda sarêng kalihan ingkang ibu, ing malêm Jumuwah Kliwon jam pukul 3 tanggal kaping 27 Jimakir ôngka 1718, layon lajêng kasarekakên dhatêng ing ardi Ngadêg, putrinipun wontên wingking masjid KaimanKauman. lèr.

Nalika kawisudha dados Pangeran, asma lêstantun kasêbut Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, sabin lênggah tuwin balônja taksih kados lami, amarêngi dintên Akat Pon kaping 8 Rêjêb Jimakir ôngka 1778, taun Walandi 17 Mei 1850. Kala samantên panuju gêrah, dados kadhawuhakên kemawon, sarta amatêdhakakên songsong tigan satugêl praosan.

Kangjêng Pangeran lajêng mundhut ampil têtiga, botên lami sami pêputra ôngka 16, 17, 18.

Kala nampeni ganjaran arta saking Kangjêng Tuwan Jindral kathahipun 500 rupiyah, minôngka ganjaranipun Kangjêng Guprêmèn saking katabêrenipun anggening nglampahi dados mayor kumêndhan prajurit dharat tuwin ngasta adminisêtrasi,

--- 12 ---

ing Lisiyunipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 3, mawi sêrat kêkancingan katitimangsan kaping 29 Oktobêr 1852, taun Jawi kaping 5 Sura Jimawal ôngka 1781.

Kacariyos ing nalika punika marêngi sedanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 3, sawêg yuswa 52, lamining jumênêng 19 taun, surud dalêm wanci jam pukul 11 siyang, dintên Kêmis Lêgi kaping 25 Rabingulawal (Mulud) warsa Jimawal windu Kunthara ôngka 1781. Sinêngkalan rupa brahmana nitih siti, taun Walandi 6 Januwari 1853.

Ing antawis wulan, sarehning sasurud dalêm kangjêng gusti ingkang kaping 3, putranipun ingkang saking padmi sami putri kêkalih, putra kakung kêkalih saking ampeyan, taksih anèm-anèm, wusana saking karsanipun Kangjêng Guprêmèn, ingkang kagêntosakên ngasta pusaraning praja, inggih punika rayi nak-sadhèrèk sami awayah kangjêng gusti ingkang kaping 2, Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, kakêpyakakên wontên ing pandhapi Mangkunagaran, lêstantun samukawisipun, anama Kangjêng Gusti Pangeran [Pa...]

--- 13 ---

[...ngeran] Adipati Arya Prabu Prangwadana, Litnan Kolonèl Kumêndhaning Lisiyun ing Mangkunagaran. Kêpyakipun amarêngi dintên Jumuwah Wage tanggal kaping 14 wulan Jumadilakir warsa Jimawal ôngka 1781, utawi kaping 24 Marêt 1853. Kala samantên sampun yuswa 43 taun, ingkang ngêpyakakên Kangjêng Tuwan Kolonèl Buskês, wakil Residhèn ing Surakarta. Kawrat kêkancingan saking Kangjêng Tuwan Bêsar Guprênur Jindral Dheimar Fan Tuwis, katitimangsan ing Bogor kaping 7 Marêt 1853, ingkang katampèn wontên ing dalêm Paresidhenan. Ampil têtiga lajêng sami kasemahakên.

Kala samantên, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana ingkang kaping 4 tampi sêrat wados saking Kangjêng Guprêmèn, katitimangsan kaping 16 April 1853, aksara I, suraos aparing parilahpalilah. kangjêng gusti kaparêng krama angsal putri têtilaranipun ingkang raka kangjêng gusti ingkang kaping 3 pambajêng saking garwa padmi, miyos saking putri ing Suryamijayan. Botên kacariyos agênging pamiwahan, kalampahan dhaup, ijab paningkahipun wontên ing paringgitan, jam pukul

--- 14 ---

10 siyang, dintên Salasa Wage tanggal kaping 15 Ruwah Jimawal 1781. Sapêkênipun kaundhuh dhatêng dalêm Paresidhenan mawi kahurmatan saha pasamuwan.

Wiyosanipun Kangjêng Bandara Radèn Ayu Adipati dintên Saptu Paing pukul 4 sontên tanggal kaping 8 Jumadilakir, warsa Je ôngka 1758. Dados pikramanipun wau yuswa 23 taun, lajêng apêputra lumintu sabên taun.

Ing salêbêting warsa Je ôngka 1782 utawi 1854, wontên pranatanipun Kangjêng Guprêmèn, arta enggal warni anggris rupiyah ukon, talen saha kêthipan, anyuwak arta kêrtas anggris saha rupiyah.

Nalika kaping 20 Januwari 1855, jumênêngipun Panêmbahan ing Sumênêp ingkang kaping 3, kaping 8 Pèbruwari 1855, sedanipun Pangeran Dipanagara wontên ing pambucalan nagari Makasar.

Nalika sedanipun Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 5 ing Ngayogyakarta sawêg yuswa 34, warsa marêngi dintên malêm Slasa Lêgi kaping 19 Siyam warsa Dal windu Adi 1783 utawi kaping 4 Juni 1855. Amargi putranipun [putra...]

--- 15 ---

[...nipun] taksih timur, lajêng kagantosan rayi saking pangrêmbe, nama Kangjêng Pangeran Adipati Mangkubumi, jêjuluk Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 6, kêpyakipun ing dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 19 sawal warsa Dal ôngka 1783 utawi kaping 5 Juli 1855.

Ing salêbêting warsa wau, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jindral Dhemar pan Tuwis kondur dhatêng nagari Walandi. Ingkang gumantos nama Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jindral Karles Predhinan Paut. Amarêngi tanggal kaping 22 Mei 1856, taun Jawi Be 1784.

Wiwit panggaraping griya kantor Pos Telegrap ing tanah Jawi taun 1856.

Ing sajumênêng dalêm kangjêng gusti wau, lumintu kagungang putra saking Kangjêng Bandara Radèn Ayu tuwin mêmanton amikramèkakên putra tuwin putri dalêm ingkang saking garwa sêpuh, tuwin putra putri têtilaranipun suwargi ingkang raka kangjêng gusti ingkang kaping 3, pramila ing praja Mangkunagaran asring sangêt wontên pamiwahan, adamêl wutahing arta, ingkang dados bingahing para kawula.

--- 16 ---

Ing nalika punika Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Prabu Prangwadana, katêtêpakên asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4 Kolonèl Kumêndhan, kêpyakipun wontên ing dalêm karesidhenan, marêngi dintên Rêbo Kaliwon tanggal kaping 27 Sura Jimakir 1786. Kawrat sêrat kêkancingan ing Bogor kaping 16 Agustus 1857, kaasman Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Guprênur Jindral Paut, pramila dados tingalan Panjênêngan kadamêl dintên Akat Wage kaping 25 Bêsar, amêndhêt cocogipun kalihan titimangsaning sêrat kêkancingang. Kala samantên kangjêng gusti sampun yuswa 48, jumênêng 5 taun sampun pêputra saking Kangjêng Bandara Radèn Ayu 4.

Kangjêng gusti karsa yasa gêdhong kaputran sawetaning dalêm agêng, awit pasang talês Akat Lêgi kaping 1 Rêjêb Jimakir 1786. Sarêng sampun dados kaparingan nama ing Purwasana. Botên dangu lajêng kagungan putra ôngka 5.

Kacariyos, amarêngi dintên Sênèn Lêgi kaping 27 Siyam Jimakir windu Kunthara ôngka 1786. Utawi kaping 10 Mei 1858, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana [Pakubuwa...]

--- 17 ---

[...na] kaping 7 seda, yuswa 53, jumênêng 27 warsa. Botên kagungang putra saking prameswari, layon kasarekakên dhatêng Imagiri, mêdal dharat.

Antawis dintên kagêntosan ingkang raka Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ngabèi, jêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8, Jumênêngipun marêngi dintên Sênèn Pon kaping 4 Sawal, nunggil warsa windunipun utawi kaping 17 Mei 1858.

Kacariyos botên lami, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam ingkang kaping 2 seda, marêngi dintên Jumuwah Kliwon kaping 5 Sawal Jimakir 1786, utawi kaping 23 Juni 1858. Botên lami kagêntosan putra saking padmi, nama Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat, lajêng jêjuluk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Pakualam kaping 3, jumênêngipun amêrêngi dintên Akat Wage kaping 23 Jumadilawal Alip windu Sangara ôngka 1787. utawi 29 Dhesèmbêr 1858.

Ing nalika kangjêng gusti tampi bintang Nedêrlan Sêleyo, mawi pakurmatan wontên ing dalêm Mangkunagaran, amarêngi [amarêng...]

--- 18 ---

[...i] dintên Sênèn Pon tanggal kaping 21 wulan Sapar Ehe ôngka 1788, utawi kaping 26 Sèptèmbêr 1859.

Kala samantên kangjêng gusti kapatah mangagêngi dados kumisi pamulangan calon guru Jawi, ing Pêkên Kaliwon, ingkang sampun kaadêgakên nalika salêbêting warsa 1852. Ingkang dados pangagênging guru nama Tuwan Hollê.

Ing nalika Kangjêng Guprêmèn amranata panganggening arta tambagi dhuwitan saha gobangang gambar kêpêt (Surabaya), sarta arta kêthip sarta tuwin kêlip saking sêlaka, anyuwak panganggening arta gobog, pranatan katitimangsan kaping 26 Dhesèmbêr 1859, amêrêngi taun Jawi 6 Jumadilakir Ehe 1788.

Ing nalika punika nagari Boni (tanah Borneyo) wontên rêrêsah, nama Sultan Ahmat Sangkarabuka, andaga parentah, prajurit ing Mangkunagaran sampun kadhawuhan siyaga, ananging dèrèng ngantos mangkat, rêrêsah sampun sirêp, salêbêting warsa 1789 (1860).

Kala samantên kangjêng gusti karsa iyasa waos 100, wêdhung. 100, kangge panganggening abdi dalêm Rônggasewaka, waos 50, piling 40, panganggening Bramantaka, waos

--- 19 ---

200, dêdamêling prajurit subamanggala. Waos 100 dêdamêling prajurit wiratana, waos 100 dêdamêling prajurit margayuda.

Ingkang anggarap êmpunipun Kyai Guna Pawaka kalihan Kyai Guna Dahana, saprikancanipun para pandhe bawah Mangkunagaran. Wiwitipun anggarap ing dintên Slasa Paing tanggal kaping 3 Rêjêb warsa Jimawal ôngka 1789 ing taun Walandi 1860.

Amarêngi dintên Salasa Paing kaping 8 Sapar Je ôngka 1790 (1861), wontên bancana bêna agêng ngantos angêlêm kitha, ing dalêm agêng Mangkunagaran malêbêt kajogan ngandhap, ngantos tigang dintên sawêk surud, kathah karisakaning griya, saha kasangsaraning tiyang punapa malih sato kewan, saking botên sagêd ngupados têdha, malah ing kampung Minggiran sauruting bênawi, ngantos pitung dintên dèrèng sagêd mangsuli griyanipun. Karsa dalêm kangjêng gusti, sabên dintên apêparing têdha dhatêng para tiyang ingkang sami kasrakat wontên pangungsenan, saha anglampahakên baita mubêng bêkta têtêdhan tuwin sandhangan angidêri kampung Walandi, Cina, Koja, Jawi. Angupadosi [A...]

--- 20 ---

[...ngupadosi] tiyang ingkang kabêthêng ing bêna nênggani griyanipun.

Kala samantên kangjêng gusti angabdèkakên Walandi nama Tuwan Wilêm Kam. Kadhawuhan angyasakakên pabrik gêndhis manggèn ing dhusun Malangjiwan, wiwit pamasanging banon sapindhah, ing dintên Akat Wage kaping 5 Jumadilakir warsa Je ôngka 1890. Sarêng dados kaparingang ing Calamadu, taun Walandi 1861, wragadipun têlas gangsal kêthi, tanêmanipun rosan sèwu bau.

Kangjêng gusti lajêng karsa amulyakakên pasanggrahan ing Karangpandhan. Iyasa dalêm kangjêng gusti kaping 3 ingkang suwau saking gêbyog, mawi longan kasantunan pagêr banon, jarambah taksih kalongkang sarasah blabag, wêwah griya-griya pamondhokaning para putra, sarêng ambabar salêbêting warsa Je 1790 kaparingan nama ing Giripura.

Amarêngi dintên Sêtu Wage kaping 25 Jumadilakir warsa Je 1790 utawi 20 Dhesèmbêr 1861 Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 8 seda, yuswa 75 warsa, jumênêng dalêm anggêntosi rayi namung 3 warsa 9 wulan, layon kasarekakên dhatêng [dha...]

--- 21 ---

[...têng] ing Imagiri, mêdal dharat. Sarehning botên kagungan putra kakung, lajêng kagêntosan kalêrês wayah, putra têtilaranipun Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping 6 (Bangun Tapa), kajumênêngakên ing dintên Sênèn Lêgi 27 Jumadilakir warsa Je ôngka 1790 utawi kaping 30 Dhesèmbêr 1861, ajêjuluk Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 9 Sudibya Raja Putra ing Mataram Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalipatolahi.

Kala samantên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping 4 karsa têdhak dhatêng Batawi, sowan ingkang wicaksana Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jendral Baron Slut Pan dhê Bellê, ingkang ndhèrèk, 1. Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, 2. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasuputra, 3. Tuwan Mistêr Metslê sêpuh. Bidhalipun saking Surakarta ing dintên Kêmis Kaliwon wanci pukul 6 enjing tanggal kaping 24 Sapar Dal ôngka 1791. Nitih kareta pos mêdal ing Salatiga dumugi Samarang mangilèn. Botên kacariyos ing margi, sarêng dumugi ing Bogor, sowan [so...]

--- 22 ---

[...wan] dhatêng Palis padalêmanipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana, sasampuning têtabeyan sinambrama ing pambagya, salêbêting ngandikan, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana andhawuhakên nawung sungkawa, bilih karsanipun Kangjêng Guprêmèn, dilah ing Palis wau badhe kasantunan dilah gas, ananging pakewêd pambucaling jarangangjarangan. dilah lilin lami, sintên ingkang kadugi numbas saking agêng kathahipun. Kala samantên kangjêng gusti kagungan atur nyuwun kalorot ngaturi karugian salêksa rupiyah, Kangjêng Tuwan amarêngakên kanthi bingahing panggalih, badhe lajêng kadhawuhakên mirantosi pambêktanipun dhatêng Surakarta. Saha Kangjêng Tuwan kapingin uninga dalêm ing Mangkunagaran, dene sagêd ngagêm jarangan dilah samantên agêng-agêngipun. Sawatawis dangunipun lajêng kalilan mundur. Salêbêtipun kangjêng gusti wontên ing Bogor, amung sowan dhatêng Palis kaping tiga, andhèrèk dhahar sapindhah. Antawis kalih wêlas dintên, kangjêng gusti nyuwun pamit kondur dhatêng ing Surakarta, kalilan lajêng bidhal, saking nagari Bogor nitih kareta pos miyos ing ardi Salak, katarik maesa, dumugi Sukabumi mangetan urut tanah Priyangang,Priyangan. urut margi kahurmatan para Bupati, ingkang sami

--- 23 ---

kalangkungangkalangkungan. tuwin kasipêngang,kasipêngan. enggalipun dumugi dalêm, marêngi dintên Akat Lêgi kaping 25 Rabingulawal taksih ing warsa Dal 1791 utawi 19 Sèptèmbêr 1862.

Nalika punika Ingkang Wicaksana Kangjêng Tuwan Gupêrnur Jindral Baros Slut Pan Dhê Belê rawuh ing Surakarta prêlu ngawiti pasang banon sapindhah yasanipun Mas Kapei, griya sêtatsiyun saking Samarang langkung Surakarta dhumatêng Ngayogyakarta amarêngi dintên Kêmis Kaliwon kaping 15 Sura Be ôngka 1792 utawi kaping 2 Juli 1863, sêsarêngangsêsarêngan. garapipun marginipun kareta latu. Kangjêng gusti saha Ingkang Sinuhun ugi anjênêngi.

Kacariyos kangjêng gusti karsa iyasa pabrik gêndhis malih wontên sawetan banawi Jurug, ing dhusun Sôndakara, pamasanging banon sapindhah mawi pakurmatan, dintên Slasa Kliwon 20 Sapar warsa Be 1792 utawi taun Walandi 7 Juni 1863, sarêng sampun dados kaparingan nama ing Tasikmadu, waragadipun têlas gangsal kêthi, tanêmanipun rosan 1500 bau.

Ing salêbêtipun warsa wau, 1793 taun Walandi taksih

--- 24 ---

1863, ing tanah Jawi wiwit anindakakên pradatan lampahipun sêrat pos, ambikak pintên-pintên kantor pos manggèn ing kitha-kitha, paresidhenan saha kabupatèn lampahipun katundha binêkta tiyang sauruting margi, sabên antawis gangsal pal dipun adêgi padhêkahan saha griya gardhu utawi êbruk ing ngriku dipun wontêni tiyang gêgriya 10 semah, tindhih satunggal balanjan baunipun bêngkok siti, margi agêng wau lajêng kasêbut margi pos, ngiras mirantos pakendêlan kareta nyantuni rakitan, makatên dados kuwajibanipun tiyang ing gardhu wau anjagi kreta saha anglajêngakên lampahing sêrat saha barang-barang kumpêni.

Kacariyos, kangjêng gusti sadangunipun angabdekakên Walandi nama Tuwan Wilêm Kam, kathah yasanipun griya sarta pabrik, kala samantên lajêng karsa ambangun dalêm agêng paringgitan saha pandhapi, iyasanipun ingkang eyang suwargi kangjêng gusti kaping 2 botên angewahi bangunanipun, jarambah jobin sela cêndhani santun marmêr pêthak, umpaking saka rawa pandhapi kasantunan sela lintang, cètipun lami wungu sawo matêng santun pêthak anigan kambangang, kajogangkajogan. pringgitan kiwa têngên kawradin [ka...]

--- 25 ---

[...wradin] lan têngah, dalêm agêng kawêwahan têpi kawuri, tigang wadana, taratag mubêng pandhapi dados payonan sirap.

Panggarapipun 9 warsa, wiwit warsa 1785 dumugi 1793 utawi taun Walandi 1856-1864, pambabaripun sinangkalan guna trus maharsi tunggal.

Lajêng yasa griya panjang mawi panggungang,panggungan. sawetan pandhapi, sarêng ambabar pinaringan nama ing Dirgasana.

Kala samantên Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping 3 seda, nuju dintên Sênèn Pon kaping 16 Jumadilawal Wawu ôngka 1793 utawi 10 Oktobêr 1864, sarehning botên kagungang putra saking padmi, kagêntosan putraning raka, ingkang nama Kangjêng Pangeran Arya Nataningprang, kakêpyakakên nama Kangjêng Pangeran Arya Surya Sasraningrat, jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping 4, amarêngi dintên Kêmis Pon kaping 2 Rêjêb Wawu, 1793 utawi 1 Dhesèmbêr 1864.

Wontên pranatanipun Kangjêng Guprêmèn angicali patrapan lami. Ingkang nama sapu, (raket) picis (iris), tong, tanjir. Ing warsa Alip 1795 utawi 1866.

--- 26 ---

Ing rawuhipun Kangjêng Tuwan Bêsar Ingkang Wicaksana Guprênur Jindral Baron Slut pan dhe Bellê rawuh ing Surakarta, saking Surabaya lampah dharat mêdal Ngawi, anjog Sragèn. Kangjêng gusti mapagipun wontên ing dhusun Kramat, mawi pasanggrahan saking motha, winastan Bangsal Wastra, rawuhipun wanci pukul 2 siyang, dintên Kêmis Lêgi tanggal kaping 21 Sapar Alip ôngka 1795 utawi 12 Juli 1866, lêrêm kasunggata sawatawis lajêng dhatêng nagari, dumugi dalêm paresidhenan wanci pukul 4 sontên Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan mapag ing loji, sawatawis lajêng angadhaton, dalunipun Ingkang Wicaksana malêbêt ing karaton. Enjingipun rawuh ing dalêm Mangkunagaran, wigatos kautus Sri Maharaja Wilêm kaping 3, amaringakên ganjaran warni nètêl, inggih punika kangjêng gusti kakarsakakên dados ajudan dalêm Sri Maharaja ingkang mirungga, mawi kêkancingan srat kabyawarakakên. Enjingipun Ingkang Wicaksana rawuh amirsani pabrik Tasikmadu, saha lajêng dhatêng pasanggrahan ing Karangpandhan, nyare sadalu, antawis kalih dintên jêngkar saking Surakarta tindak dhatêng Ngayogyakarta, para luhur wangsul dumugi [du...]

--- 27 ---

[...mugi] ing Kartasura.

Ing nalika samantên amarêngi Kyai Rôngga Jayapanambang 2 sampun tilar dunya, wontên kêrsa dalêm anêtêpakên pêpatih dalêm nama Tumênggung, inggih punika Radèn Tumênggung Mangkurêja, saha amisudha Kaliwon gangsal minôngka gêgununganing para abdi dalêm dhusun: 1. Mas Ngabèi Jayasudarsa ing Wanagiri, 2. Radèn Ngabèi Pôncatoya ing Malangjiwan, 3.Radèn Ngabèi Sumadiwirya ing Karangpandhan, 4. Radèn Ngabèi Jayasarosa, 5. Radèn Ngabèi Rôngga Prawira Santika, ing salêbêting nagari reh jawi lêbêt, minôngka lêlêngêning pêpatih, pamisudhanipun marêngi ing dintên Akat Lêgi kaping 22 Rêjêb Alip ôngka 1795 utawi 1866.

Ing nalika punika Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Baron Slut pan dhê Bellê lèrèh kondur dhatêng nagari Walandi, ingkang makili Pisê Presidhèn rad pan Hindhi, nama Mistêr A Prinsê, marêngi 25 Oktobêr 1866, ing salêbêtipun warsa Alip, rawuhipun Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jindral Mistêr Pitêr Meiyêr, angasta panguwasa Indiya Nedêrlan [Nedêr...]

--- 28 ---

[...lan] marêngi surya kaping 28 Dhesèmbêr 1866.

Amèngêti wiwit lumampahipun kareta latu saking Samarang dumugi Surakarta, Sêtu Pon kaping 9 Rabingulakir Ehe 1796 utawi 10 Agustus 1867, lajêng dhatêng Ngayogyakarta, sawatawis dintên botên mawi bayaran.

Ing nalika punika kawartos ing nagari Bulèlèng Pulo Bali wontên rêrêsah nama Raja Idha Made Rai, kadhatêngan kumpêni ing wulan Sèptèmbêr dumugi Nopèmbêr 1868, pangagêngipun kacêpêng, lajêng sirêp (salêbêting warsa Jimawal 1797).

Ing dintên Rêbo Lêgi kaping 8 Sura warsa Jimawal ôngka 1797, putra dalêm kangjêng gusti ingkang miyos saking Kangjêng Bandara Radèn Ayu ôngka 13 sawêk yuswa sataun, nama Bandara Radèn Ajêng Suprapti, gêrah kalajêng seda, katungka putra pambajêng ingkang kasêbut Gusti Kangjêng Pangeran Prabu Sudibya sampun gêrah kawan wulan lajêng seda, marêngi dintên Jumuwah Kliwon pukul 10 siyang kaping 22 Sawal warsa Jimawal 1797 utawi kaping 5 Pebruwari 1869, layon kasarekakên ing Girilayu.

--- 29 ---

Kangjêng gusti sakalihan langkung sungkawa, ngantos antawis lami ing praja Mangkunagaran, tidhêm botên wontên sabawaning gôngsa.

Kala samantên Kangjêng Bandara Radèn Ayu Prasêtya botên kêrsa pêputra malih, saking sêngkêling panggalih, saha ngèngêti garwanipun ingkang raka putri Surya Mataram, kala pêputra ôngka 14 lajêng seda sarêng lan putranipun.

Ing antawis dintên, putra dalêm panênggak kasuwunakên gumantos ingkang raka, asma Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana. Kaparêng tumuntên kakêpyakakên marêngi dintêsdintên. wiyosan dalêm taun, Akat Kaliwon kaping 8 Sapar warsa Je ôngka 1798 utawi kaping 19 Mei 1869, mawi pamiwahan agêng, kala samantên sawêg katingal luwaring sungkawa pulih kadi ing nguni-uni.

Amèngêti wiwit lumampahing kareta latu ngêpang saking Kêdhungjati dhatêng Siti Rawi, anglangkungi Tuntang (Salatiga), nalika kaping 7 Mei 1871.

Kawarti ing salêbêting warsa Be 1800 utawi 1871 ing nagari Banjarmasin tanah Borneo wontên rêrêsah malih, pangagêngipun nama Wangkung Sangaduraman, ananging

--- 30 ---

botên lami sagêd kacêpêng, rêrêsah sirêp.

Ing salêbêting warsa wau, Sri Maharaja ing nagari Siyêm ingkang jêjuluk Somdhet Pramana Cilalon Korên rawuh ing Batawi lajêng dhatêng Siti Rawi, kangjêng gusti kaparêng pêpanggihan wontên ing Kêdhungjati, kaparingan têtêngêr tandhaning pitêpangan, warni pêdhang suduk warôngka kancana pinatik ing sêsotya mirah jumêrut. Kangjêng gusti ngaturakên pisungsung awarni capuri pagantenan saking rukmi, kala samantên sinêngkalan tanpa sirna pangèsthining janma.

Kacariyos kala samantên Kangjêng Gupêrmen angêdalakên pranatan panggaraping waradinan agêng, kabêbahan dhatêng têtiyang padhusunan, kalêbêt bawah karaton Surakarta tuwin Ngayogyakarta, punapa malih bawah ing Mangkunagaran, saha Pakualaman, pranatan wau winastan erêndhinês. Nalika punika lajêng angwontênakên bageyan ingkang winastan dhistrik, pangagêngipun ing tanah Gupêrmenan winastan Wadana tuwin Asistèn Wadana. Ing Ngayogyakarta nama Panji Dhistrik tuwin Asistèn Panji, ing karaton Surakarta mastani Panèwu Dhistrik saha Mantri Ondêr Dhistrik, ing Mangkunagaran [Mangkunaga...]

--- 31 ---

[...ran] amastani panèwu tuwin mantri gunung, pranatan wau tumindak salêbêting warsa Be ôngka 1800 utawi 1871, ingkang kangge wêwaton sêrat Anggêr Gunung Anggêr Agêng, Anggêr Arubiru, Nawala Pradata.

Salêbêting wulan Sawal Be 1800 utawi surya Januwari 1872 Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Pitêr Meyêr kondur dhatêng nagari Walandi, ingkang anggêntosi nama Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Mistêr Yamês Lodhon.

Ing nalika punika lajêng wontên pranatanipun Kangjêng Gupêrmen, ingkang dipun wastani Pulisi Regêlmèn, pranatan paukuman panêraking pêpacak Pulisi kangge anyantuni sêrat Anggêr Aru Biru, ingkang katindakakên dening priyayi panatus Pulisi tuwin Gunung (inggih para Dhistrik, Ondêr Dhistrik), ing nalika punika sêsarêngangsêsarêngan. amêwahi amtênar Walandi ingkang apangkat Asistèn Residhèn, manggèn sabên kabupatèn utawi apdheling, inggih punika ingkang môngka pangagênging pangadilan angrampungi prakawis panêrak Pulisi wau, winastan pangadilan Pulisi Rol. Inggih ing nalika punika wontênipun asistèn [a...]

--- 32 ---

[...sistèn] Residhèn ing nagari, nama Tuwan A.Y. Sêpan. Ing Baturêtna lajêng dipun wontêni wadana gunung, nama Radèn Ngabèi Sumarêja.

Kacariyos, sarêng Kangjêng Bandara Radèn Ayu Adipati sampun botên karsa pêputra malih, kangjêng gusti lajêng amundhut putri têtilaranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat, dados garwa pawingking, kaparingang sêsêbutan Bandara Radèn Ayu Nataningrum, ing antawis warsa anggarbini lajêng kadalêmakên sajawining pura, dumugi môngsa ambabar kakung, marêngi dintên Kêmis Kliwon kaping 25 Sawal warsa Wawu ôngka 1801 utawi 13 Dhesèmbêr 1872, kaparingan nama Radèn Mas Sardana, anunggak sêmi asmanipun ingkang eyang saking ibu, sarêng putra dalêm sampun yuswa 4 taun, Bandara Radèn Ayu Nataningrum wau, kapikramakakên angsal Radèn Mas Tumênggung Warsakusuma, Bupati ing Blitar dalah putranipun kabêktakakên.

Ing nalika punika nagari Acih wontên prang agêng, wiwit warsa 1872 sampun dipun angkati sapindhah dèrèng bêdhah, badhe dipun angkati kaping 2 ingkang môngka senapatinipun Kangjêng [Kang...]

--- 33 ---

[...jêng] Tuwan Jindral Pan Suwitên, mawi mundhut tambahan prajurit lisiyun ing Mangkunagaran, satunggal dhetasmen utawi kalih kumpêni, plangkiripun 180, têtindhihipun Kapitan 2, 1. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiswara, 2. Bandara Radèn Mas Arya Suryakusuma, opsiripun sakawan 1. Radèn Mas Panji Kusumaningrat, 2. Radèn Mas Panji Hendrawinata, 3. Radèn Mas Panji Yuda Asmara, 4. Radèn Panji Surasumaya, Kadhèt kêkalih Radèn Mas Panji Yudayana tuwin Radèn Mas Prawira Atmaja. Bidhalipun dhatêng Siti Rawi numpak sêpur, Jumuwah Pon 7 Jumadilakir Jimakir 1802 utawi kaping 14 Agustus 1873 dipun sinau pandamêlan wontên ing tangsi ingkang kirang kiyat kapulasara, dumugi wanci kawangsulakên ingkang tigang dasa, botên mawi kabanjêl, dados kantun plangkir 150 ingkang sagêd bidhal mancal baita saking Sêmarang, nalika kaping 21 Nopèmbêr 1873 dintên Akat Wage kaping 5 wulan Siyam warsa Jimakir 1802. Sêsarêngan kalihan Prajurit ing Pakualaman, kapalêri 70, têtindhih Kaptin rayi dalêm bandara Radèn Mas Kaptin Arya Nataningprang, Opsir Radèn Mas Litnan

--- 34 ---

Nata Taruna, tuwin Radèn Mas Litnan Jayengkatma, mawi punggawa 15 sarta Upsir Ajudan Jindral inggih rayi dalêm Radèn Mas Arya Pakuningprang. Tuwin malih Prajurit saking Madura.

Kawartos nagari Acih sampun bêdhah, para prajurit kathah ingkang sampun sami kaantukakên, dene Dhetasmen Lisiyun dumuginipun ing Surakarta marêngi dintên Rêbo Lêgi 13 Sapar Alip ôngka 1803 utawi kaping 4 April 1874. Kathah pangalêmbananipun sarta kabingahakên Prajurit ingkang mantuk wau.

Ing salêbêtipun warsa Alip 1803 utawi 1874 wontên karsanipun Kangjêng Guprêmèn angwontênakên sêrat anggêr wêwatoning paukuman bôngsa Jawi sasaminipun, anyantuni sêrat pranatan dalêm Nawala Pradata, Anggêr Agêng, Anggêr Sadasa, ingkang nindakakên winastan pangadilan pradata. Ing karaton, pangadilan Balemangu santun nama pangadilan Pradata Agêng, angrampungi kukum dumugi gantung. Dene pangadilan pradata ing Mangkunagaran wênang angrampungi prakawis kadurjanan rajatatu ingkang ginantungangginantungan (dan di tempat lain). paukuman bucal, dumugi 20 taun. Ingkang minôngka pangagênging pangadilan pradata

--- 35 ---

wau inggih pêpatih dalêm, kanthi pra nayaka, ing Mangkunagaran kanthi para wadana kaliwon, amung sadaya karampungan kêdah mawi katêtêpakên ing asma dalêm saha kaasman ing Kangjêng Tuwan Residhèn. Pramila ing nalika punika kangjêng gusti lajêng amisudha kaliwon jaksa nama Mas Ngabèi Harjapradata, saha amisudha kaliwon sakawan minôngka êliding pangadilan wau, tuwin panèwu mantri gripir sabêbaunipun.

Botên dangu saking konduripun Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiswara, tampi ganjaran bintang militèr Wilêm Ordhê, klas sakawan saha mêdhali prang dalah sadaya opsir tuwin prajuritipun plangkir.

Taksih nunggil warsa Alip, ing Surakarta angwontênakên têtingalan ngalêmpakakên sawarnining kagunan Jawi, ingkang dipun wastani konggrès, antawis tigang wulan, griyanipun saking gêdheg payon kajêng kabêsmèn, lajêng kabibarakên. Sabibaring konggrès wau lajêng wontên pagêblug sêsakit padharan ingkang kaping 2 winastan kolerah, kathah pêpêjah damêl atisipun tiyang sanagari, antawis tigang wulan sawêg [sawê...]

--- 36 ---

[...g] sirêp.

Kacariyos ing nalika punika, ing nagari Walandi badhe angwontênakên têtingalan ingkang nama tentun sêteling, ngalêmpakakên barang kagunan saha cara tuwin praboting tiyang sadunya, pamêdaling siti ingkang dados padagangang, ingkang punika kangjêng gusti karsa misungsung angatingalakên kagungan dalêm saha raja peni, ingkang asli Jawi, kaprabon saha dêdamêlan prabot ringgit tiyang wireng sarta wayang wacucal. Gôngsa dalah saniyaganipun, ingkang mangagêngi lampah putra dalêm Kangjêng Pangeran Arya Gôndasewaya saputranipun nama Radèn Mas Gôndasudarya, tuwin Tuwan Wilêm Kam. Punapa malih angaturakên pisungsung konjuk Sri Maharaja ing Nedêrlan Wilêm kaping 3, saha angêmot wêlingan dalêm warni-warni, rêrênggan pirantosing pura, saha griya tosastosan (dan di tempat lain). kangge calon astana pasarean dalêm. Bidhalipun dintên Jumuwah Lêgi 23 Dulkangidah warsa Alip ôngka 1803 utawi kaping 1 Januwari 1875, antawis 24 wulan sampun kondur dumugi ing Surakarta dintên Rêbo Lêgi 1 Sawal warsa Jimawal ôngka 1805 utawi kaping 2 Nopèmbêr 1876,

--- 37 ---

sadaya piwêlingan dalêm sampun angsal kabêkta sarêng. Amung bab gêdhong tosas dalah kijingipun marmêr dèrèng sagêd kabêkta, tuwin Tuwan Kam kantun amargi sakit.

Karsa dalêm angyasani gêdhoganggêdhogan. kapal Prajurit kapaleri, tuwin artilêri manggèn sawetaning Pamedan, kamot kangge gudhang dêdamêl karbin mariyêm. Pamasangipun banon sapindhah, marêngi dintên Slasa Kliwon kaping 6 Sura Ehe 1804, sinangkalan karya mulya esthining nata utawi kaping 9 Marêt 1874, waragadipun dumugi rampung têlas tigang kêthi.

Kacariyos Pêpatih dalêm Radèn Mas Tumênggung Mangkurêja tilar donya, kagêntosan Radèn Mas Tumênggung Jayasarosa. Botên antawis lami Radèn Ngabèi Jaya Winata tilar donya, kagêntosan Radèn Mas Ngabèi Wira Asmara, minôngka panêkaring para wadana gunung.

Botên antawis lami kangjêng gusti tampi ganjaran warni bintang, kumêndhur pan ekênkrun. Saking Sri Maharaja Wilêm kaping 3 tuwin bintang adêlar saking Sri Maharaja Pran Yosep, saking nagari Ostênrik. Kangjêng Pangeran Arya Gôndasewaya saputranipun, [saputrani...]

--- 38 ---

[...pun,] ugi tampi bintang warni kalih wau.

Kalasamantên, wêlingan dalêm bangsal saking nagari Dhitslan sampun dumugi ing Surakarta, lajêng kaêdêgakên sakiduling pandhapi, marêngi dintên Jumuwah Lêgi kaping 13 Sawal Ehe 1804 utawi kaping 12 Nopèmbêr 1875. Dados nalika punika Kangjêng Pangeran Arya Gônda Sewaya taksih wontên nagari Walandi.

Ing salêbêtipun taun punika 1876, parentah wiwit ambikak kantor kawat anunggil kantor Pos, sêrat sarana telegrap.

Ing surya kaping 26 Marêt 1876, Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jindral Mistêr Yasên Lodhon lereh kondur dhatêng nagari Walandi, kagêntosaskagêntosan. Kangjêng Tuwan Ingkang Wicaksana Yohan Wilêm pan Lan Sêberêh.

Ing taun wau pamulangan calon guru Jawi ing Pasar Kliwon kapindhah dhatêng Magêlang, gurunipun nama Tuwan Rordha.

Ing nalika punika kangjêng gusti angabdèkakên Walandi kêkalih, ingkang kadhawuhan ambadrani nanêm kopi ing tanah parêdèn, wiwit ing taun Je 1786. 1 nama

--- 39 ---

Tuwan L. Y. Santi ambadrani tanah Kaduwang tuwin Sambuyan, kalêbêt ing Wiraka, 2. Tuwan B. Pogêl, ambadrani tanah Ônggabayan dumugining sukuning rêdi Lawu, sadaya siti ingkang taksih wontên asta dalêm, dumugi taun 1802, andungkap ngundhuh lajêng yasa pintên-pintên gudhang, griya-griya pasanggrahan kangge griyaning para Adminisêtratur sapunggawanipun, saha misudha Jawi Walandi punggawaning kabudidayan kopi wau. Wosening kopi katampi Kangjêng Guprêmèn kasade dhatêng nagari Walandi, kala samantên lajêng andhèdhèli siti lênggahipun para putra saha abdi dalêm, kasantunan balanjan. Siti sami dipun badrani pakopèn, taun 1804, sampun waradin tanêman kopi ing parêden, sabin sami dados bêngkok narakarya tanpa paos. Pramila paos siti ingkang katampèn namung kantun sakêdhik, santun saking kauntunganing kabudidayan gêndhis sarta kopi. Ing tanah Ngaribaya kangge sabin kaadêgang panggilingangpanggilingan. uwos wontên dhusun Boga. Ing Lawu katanêman kênini, pala. Pramila paos siti kantun saking tanah Pajang, Pedan saha Singasari. Amung siti ing Ngawen ingkang botên kaewah-ewah kala [ka...]

--- 40 ---

[...la] samantên pamêdaling nagari mindhak-mindhak agêngipun. Dumugi warsa Jimawal 1805 utawi taun Walandi 1876 ing praja Mangkunagaran sampun bôndha-bandhu, pamêdalipun sataun dumugi tigang yuta, kathah yêyasaning nagari, ing lêbêt saha sajawining nagari, para kawula agêng alit sami kasêmbadan.

Kala samantên kangjêng gusti lajêng karsa amangun panganggening para abdi dalêm narapraja mawi burdiran. Saha songsongipun mawi kapangkat sagolong-golonganing pandamêlan.

Ing nalika punika wontên pranataning Kangjêng Guprêmèn amêwahi pangadilan pradata ingkang manggèn ing abdheling utawi kabupatèn, kados ta ing Klathèn, Bayalali, Sragèn tuwin ing Wonogiri, ingkang mangagêngi inggih para Bupati ing Wonogiri, Wadana Gunung, kanthi para panèwu, wêwênangipun angrampungi prakawis ingkang ginantungang paukuman. Bucal mawi karante 15 taun. Tumindakipun ing warsa Jimawal 1805 utawi Dhesèmbêr 1876. Nalika punika kangjêng gusti lajêng amisudha Panèwu Jaksa Mantri Gripir, sabêbaunipun ing Kawadanan Wanagiri.

--- 41 ---

Ing warsa Je ôngka 1806 utawi 1877, lajêng wontên pranatan pangadilan amung tumrap para santana, ingkang mangagêngi Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, kanthi para pangeran putra tuwin kaliwon êliding pradata, jaksanipun kapilah winastan Kaliwon Jaksa Pangadilan Kasatriyan, utawi pangadilan ing Prangwadanan. Sêsarêngan punika, ing karaton ugi angwontênakên pangadilan ing kadipaten. Pangagêngipun saha êlidipun kapilih karsa dalêm, saking para Pangeran putra santana.

Sarêng praja ing Mangkunagaran sampun abôndha-bandhu, wontên karsa dalêm kangjêng gusti angêlar jajahan sarana arta, nalika punika lajêng amborong pasiten ing kitha Samarang, nama Pendrikan, tuwin sabin tambak ing tanah Trêbaya. Pamêdalipun dados wêwahing kauntungangkauntungan. nagari, dene arta tandhon sami kangge tumbas andhil panggaotan sajawining tanah Jawi, utawi katitipakên ing kantor arta, ingkang mawi sarêman saha bêbathèn.

Ing nalika wuwika,punika. Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Hamêngku Buwana kaping 6 ing Ngayogyakarta seda (yuswa 60

--- 42 ---

jumênêngipun 24 taun), amarêngi dintên Jumuwah Paing kaping 20 Juli 1877 utawi kaping 9 Rêjêb warsa Je 1806.

Lajêng kagêntosan putra Pangeran Adipati Anom, jumênêng kaping 7 sampun yuswa 40 taun, amarêngi dintên Jumuwah Wage kaping 16 Rêjêb, nunggil warsa utawi kaping 27 Juli 1877. Kacariyos putra têtilaranipun Ingkang Sinuhun Sultan kaping 5 miyos saking Kangjêng Ratu Kadhaton, nama Gusti Kadilat, inggih Gusti Mukhamat. Sampun dados Pangeran nama Kangjêng Pangeran Arya Suryeng Ngalaga, botên narimah Kangjêng Ratu paturan dhatêng Kangjêng Gupêrmen, ananging katulak amargi ingkang putra kaewokakên gadhah gêrah botên limrah.

Kala pikramanipun Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana kaping 5, dhaup rayi nak sanak saking ibu, putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya 3 ingkang sampun seda langkung agêng bawahanipun. Ijab paningkahipun wanci pukul 5 sontên, dintên Sêtu Kliwon kaping 22 Ruwah Je 1806 utawi 1 Sèptèmbêr 1877.

--- 43 ---

Amarêngi dintên Slasa Pon kaping 27 Siyam Dal ôngka 1807 utawi 24 Sèptèmbêr 1878, kangjêng gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping 4 seda, botên kagungang putra saking garwa, dados kagêntosan ingkang paman, nama Kangjêng Pangeran Arya Suryadilaga, jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Pakualam kaping 5, kêpyakipun amarêngi dintên Kêmis Wage kaping 13 Sapar Dal 1807 utawi kaping 10 Oktobêr 1878.

Kala kangjêng gusti amikramakakên putri dalêm, nama Gusti Radèn Ajêng Suyati dhaup kalihan putra dalêm Ingkang Sinuhun kaping 9. Pambajêng nama Kangjêng Pangeran Hangabehi, ijabipun marêngi dintên Rêbo Paing 28 Bêsar Wawu ôngka 1809, taun Walandi 1881, langkung agêng bawahanipun, mirip pikramanipun ingkang raka.

Kala samantên iyasan dalêm gêdhong tosan pasarean saking nagari Dhitslan rêgi 26 èwu sampun dhatêng, kaadêgakên wontên ing ardi Girilayu, pasareanipun putra dalêm Kangjêng Pangeran Prabu kapindhah malêbêt. Pambabaring panggarap sinangkalan anrus mulya ngesthi bumi ôngka 1809.

--- 44 ---

Kala samantên kangjêng gusti kêrêp linggar dhatêng Karangpandhan, parlu angasokakên salira tuwin nyinau putra ngasta parentah nagari. Botên lami kangjêng gusti kondur saking Karangpandhan anandang gêrah angranuhi kalajêng seda, surud dalêm marêngi wanci jam 7 enjing Jumuwah Paing tanggal kaping 8 Sawal Jimakir windu Adi ôngka 1810, taun Walandi kaping 2 Sèptèmbêr 1881, kapetang yuswa 72, jumênêng 29 taun. Sinangkalan tanpa rupa esthining nata. Anunggil dintên wau, wanci jam 12 siyang putra dalêm saking garwa sêpuh, nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndasêbrata andhèrèk seda, sawêk yuswa 35 taun. Pramila adamêl kuwuring para putra santana saha abdi dalêm.

Dintênipun Sêptu Pon, layon dalêm kaangkatakên sumare ing Girilayu, dintênipun Akat Wage, layonipun Kangjêng Pangeran Arya Gôndasêbrata kaangkatakên andhèrèk sumare ing Girilayu. Kala samantên Residhenipun Kangjêng Tuwan P.A. Matês, tugur wontên ing Mangkunagaran, mawi panjagi suldhadhu Walandi kados padatipun.

--- 45 ---

Pèngêtan Para Putra Dalêm Suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 4

Saking garwa putri ing Surya Mantaraman.

1. Nama Radèn Mas Sutama (wiyosan Kêmis Paing 20 Rêjêb Be 1960),1760. diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, krama putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Surya Nataningrat, pêputra kakung 1, pêgat santun nama Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya 4, krama malih putrinipun kangjêng gusti 3 ingkang ôngka 35, pêputra 7, pêgat seda (sedanipun dintên malêm Jumuwah Pon 4 Rabingulakir Be 1824). Putra saking ampil 2, gunggung 10.

2. Radèn Ajêng Sênên (wiyosan Sêptu Pon 26 Jumadilakir Wawu 1761), diwasa kapikramakakên angsal Radèn Mas Arya Tôndhakusuma, pêputra 3 lajêng seda.

--- 46 ---

3. Radèn Mas Sungkawa (miyos malêm Sênèn Lêgi 27 Siyam Jimakir 1762, katungka surud dalêm kangjêng gusti kaping 2, putra wau yuswa sataun seda.

4. Radèn Mas Suhardi (miyos malêm Kêmis Paing 3 Rêjêb Ehe 1764), diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndasuputra, krama putrinipun kangjêng gusti kaping 3 ingkang ôngka 12, pêputra 4 saking ampil 1. (sedanipun malêm Sêtu Wage 12 Jumadilakir Wawu 1833).

5. Radèn Mas Sukirna (miyos malêm Sênèn Paing 21 Sura Je 1766) diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndasewaya, krama putrinipun kangjêng gusti kaping 3 ingkang ôngka 18 pêputra 1 kakung, saking ampil 3 (sedanipun malêm Slasa Pon 13 Sawal Alip 1827).

6. Radèn Mas Suhendra, miyos malêm Akat Kaliwon 4 Mulud Dal 1767, diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndawijaya, krama putrinipun kangjêng gusti kaping 3 ingkang ôngka 29, pêputra 3 saking ampil 8

--- 47 ---

(sedanipun Sêtu Wage 6 Bêsar Jimakir 1834).

7. Radèn Ajêng Parêng, lajêng seda timur.

8. Radèn Mas Suman (miyos Sêtu Kliwon 26 Dulkangidah Wawu 1769) diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiswara. Krama putrinipun kangjêng gusti kaping 3 ingkang ôngka 30 pêputra 3 (sedanipun dintên Sênèn Lêgi 1 Sapar Dal 1839).

9. Radèn Ajêng Mêning (miyos malêm Jumuwah Kliwon 17 Sura Alip 1771) diwasa kapikramakakên angsal Radèn Adipati Surya Côndranagara Bupati ing Dêmak, lajêng kapindhah dhatêng ing Brêbês, pêputra kakung lajêng seda.

10. Radèn Mas Sayid (miyos malêm Kêmis Wage 28 Rabingulakir Ehe 1772), diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndaatmaja. Krama putrinipun kangjêng gusti kaping 3 ôngka 31, pêputra 1 kakung, putra saking ampil 3 (seda ing dintên Sêtu Paing 13 Sura Wawu 1825).

11. Radèn Mas Suraya, seda timur.

--- 48 ---

12. Radèn Ajêng Sêpinah, saking ampil seda timur.

13. Radèn Mas Satriya (miyos malêm Kêmis Kliwon 18 Rêjêb Dal 1775), diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Gôndasêbrata, seda nunggil dintên ingkang rama, Jumuwah Paing 8 Sawal Jimakir 1810, botên tilar putra.

14. Radèn Mas Sutadi, seda timur.

15. Miyos putri, lajêng seda sarêng kalihan ingkang ibu.

16. Radèn Ajêng Sutrapti, saking pangrêmbe Mas Ajêng Wignya Diwati (miyos malêm Kêmis Wage 15 Ruwah Ehe 1780), diwasa kapikramakakên angsal Bandara Radèn Mas Arya Surya Putra, putranipun kangjêng gusti kaping 3 ôngka 15 (seda malêm Rêbo Kliwon 25 Ruwah Alip 1851) pêputra gangsal.

17. Radèn Ajêng Sutarti, saking pangrêmbe Mas Ajêng Sitawati (miyos Akat Kaliwon 22 Sawal Ehe 1780), diwasa kapikramakakên angsal Bandara Radèn Mas Arya Surya Hudaya. Putranipun kangjêng gusti kaping

--- 49 ---

3 ôngka 16 (seda Kêmis Lêgi 25 Rabingulawal Jimawal 1861), pêputra 8.

18. Radèn Mas Sutarta, saking pangrêmbe Mas Ajêng Banawati (miyos malêm Akat Wage 22 Sapar Jimawal 1781, diwasa nama Bandara Radèn Mas Adipati Arya Sugônda, Bupati ing Toyawangi pindhah Pasêdhahan) krama putrinipun Kangjêng Gusti Prabu Wijaya, wayah dalêm Ingkang Sinuhun kaping 9 (sedanipun Jumuwah Pon 21 Rêjêb Be 1832), pêputra 10.

Para putra saking Kangjêng Bandara Radèn Ayu, putrinipun kangjêng gusti kaping 3 pambajêng saking garwa.

23. (1) (Kangjêng Pangeran Arya Prabu Sudibya, miyos Rêbo Lêgi 28 Rêjêb Je 1782), diwasa dèrèng pêputra seda (Jumuwah Kliwon 22 Sawal Jimawal 1797).

24. (2) Gusti Radèn Mas Sunita (wiyosan Sênèn Lêgi 28 Rêjêb Dal 1783), diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Prabu Prangwadana, gumantos kêpraboning kang rama, asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping [ka...]

--- 50 ---

[...ping] gangsal, krama nak dhèrèk putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya 3, botên pêputra pêgat seda. Putra saking ampeyan 25 (surud dalêm malêm Jumuwah Lêgi 24 Rabingulakir Jimakir 1826).

25. (3) miyos kakung dèrèng kaparingan nama seda.

26. (4) Gusti Radèn Mas Suyitna (wiyosan malêm Jumuwah Pon 17 Rêjêb Wawu 1785), diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Dayaningrat, krama rayi nak dhèrèk putrinipun Bandara Radèn Mas Arya Gôndawardaya, botên pêputra. Sarêng gumantos kapraboning raka, asma Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping 6, jumênêng 19 taun seleh kaprabon dhatêng pulunan, putra kaping gangsal, surud dalêm malêm Akat Pon 4 Sura Alip 1859, putra saking ampeyan 2.

27. (5) miyos kakung lajêng seda dèrèng nama.

28. (6) Gusti Radèn Mas Surana, miyos malêm Kêmis Wage 8 Jumadilakir Alip 1787. Diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Handayanata, dèrèng krama, seda ing dintên Kêmis Pon 12 Ruwah Be

--- 51 ---

1832. Saking ampeyan tilar putra 5, 1 lajêng seda prawan.

29. (7) Gusti Radèn Mas Suripta, miyos Rêbo Lêgi 7 Ruwah Ehe 1788, diwasa nama Kangjêng Pangeran Arya Daya Kusuma, dèrèng krama seda, Kêmis Pon 6 Jumadilawal 1816, tilar putra saking ampeyan 3.

30. (8) Gusti Radèn Ajêng Suyati (miyos Rêbo Wage 23 Sura Je 1790), diwasa krama Kangjêng Gusti Prabu Wijaya, putra dalêm Ingkang Sinuhun kaping 9, botên pêputra, seda malêm Jumuwah Paing 25 Sapar Jimawal 1853.

31. (9) Gusti Radèn Ajêng Sumarti, miyos Jumuwah Lêgi 13 Jumadilakir Dal 1791, diwasa kapundhut garwa Kangjêng Pangeran Adipati Anom, kaparingan nama Kangjêng Ratu Anem, sarêng ingkang raka jumênêng Nata, asma Kangjêng Ratu Pakubuwana kaping 10. Surudipun malêm Jumuwah Kliwon 25 Jumadilawal Je 1854, botên pêputra.

--- 52 ---

32. (10) miyos kakung seda dèrèng kaparingan nama.

33. (11) Gusti Radèn Mas Subyakta miyos Sênèn Pon 5 Rabingulawal Wawu 1793. Diwasa kaparingan nama dening ingkang raka kangjêng gusti kaping 5, asma Kangjêng Pangeran Arya Dayasuputra, sedanipun Kêmis Lêgi 15 Sura Jimawal 1853, botên pêputra.

34. (12) Gusti Radèn Mas Suprapta, miyos Sêtu Wage enjing 18 Jumadilakir Alip 1795. Diwasa kaparingan nama ingkang raka kangjêng gusti kaping 5, Kangjêng Pangeran Arya Dayakiswara, krama rayi nak dhèrèk putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, pêputra 1 putri, putra saking ampeyan 6. Sedanipun dintên Sêtu Kliwon 26 Rêjêb Ehe 1836.

35. (13) Gusti Radèn Ajêng Suprapti, wiyosanipun Sêtu Lêgi enjing 16 Sawal Ehe 1796. Sarêng yuswa sataun seda, marêngi Rêbo Lêgi 8 Sura Jimawal 1797.

36. Radèn Mas Sardana, saking garwa pawingking Bandara Radèn Ayu Nataningrum, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat. [Suryana...]

--- 53 ---

[...taningrat.] Miyosipun Kamis Kaliwon kaping 25 Sawal Wawu 1801, diwasa kaparingan nama dening raka kangjêng gusti kaping 5 asma Bandara Radèn Mas Arya Nataningrat. Sarêng jumênêngipun kangjêng gusti kaping 7 kalêrês pulunan. Kawisudha asma Kangjêng Pangeran Arya Nataningrat. Krama putrinipun Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat 2. Pêputra saking ampeyan 5 saking garwa 8, gunggung 13.

[Grafik: Silsilah Ingkang Sinuhun Prabu Mangkurat 3]