Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 001-090)

Katalog:Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273
Sambung:
1.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 001-090). Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #293.
2.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 091-175) . Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #884.
3.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 176-286) . Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #885.

Sêrat Nayakatama

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...

--- [1] ---

Sêrat Pèngêtan

Kawontênan pasarean ing Têmuirêng, inggih punika pasareanipun pêpatih Mangkunagaran. Dalah uruting cariyos trah-tumêrahipun ingkang sumare wontên ing ngriku, punapadene kawontênan tuwin lêlabêtanipun ingkang sami jumênêng pêpatih ing praja Mangkunagaran.

Utawi nama Sêrat Nayakatama

Kaêcap awit dening sêngkuyunganipun ingkang sami kaparêng simpên utawi migatosakên.

Ing taun 1930

--- [2] ---

...

--- 3 ---

Bab 1. Bêbuka tuwin uruting pèngêtan ingkang kacariyosakên

Kula nuwun, sanadyan kula angrumaosi, bilih salêbêtipun kula suwita, punika tuna ing pandamêl tuwin sasêrêpan tumrap adêgipun praja, ewadene dalap-dalapipun manah kula, kumêdah amrêlokakên adamêl sêrat pèngêtan adêgipun pasarean pêpatih Mangkunagaran, dalah trah-tumêrahipun manginggil tuwin mangandhap ingkang sumare wontên ing ngriku, ngantos dumugi ingkang jumênêng pangagênging trah tuwin pêpatih Mangkunagaran. Punapadene sambêtipun kalayan adêging praja ngantos dumugi kawontênanipun ing sapunika, wêwangsoning manah kula, sokur sagêd dados pracihna pamundhi kula dening anggèn kula kinawulakakên ing praja Mangkunagaran. Botênipun sagêd pikantuk ingkang makatên, inggih amung dumununga dados pangaji-aji kula dhatêng asmanipun para luhur utawi para linangkung ingkang tabêting pandamêlipun ambarkati ingakathah.

--- 4 ---

Nalika salêbêtipun taun 1925 anyarêngi ingkang jumênêng bupati patih pinuju gêrah ngantos kalajêng dumugi seda, punika wontên ewahipun tatanan lampahing praja, sadaya siti pradikan ingkang têtiyangipun sami kapiji rumêksa pasarean tuwin patilasan ingkang kaanggêp dados pêpundhèn utawi ingaosan dening praja, pasitènipun kêdah kapasrahakên dhumatêng dhusun sadaya, manawi wontên ingkang prêlu kalêstantunakên, amung kêdah ingkang wontên nalurènipun sambêt kalayan prêlunipun adêging praja, saha amung waragad kemawon saking nagari, sarèhning lêstantunipun wontên pradikan, punika kalêbêt dados prabot kaluhuranipun adêging praja, pramila saking pamanggihipun ingkang nindakakên pandamêlan bupati patih ing wêktu wau, lajêng gumagah nandukakên rêrigênipun, pradikan ing Têmuirêng punika kasuwunakên waragad saking nagari, awit kasêbutakên dados bakunipun kuburan pêpatih ing praja Mangkunagaran. Wasana nadyan botên nyêkapi saprêlunipun, ananging rêrigên wau kalampahan dipun parêngakên ngantos dumugi ing sapunika, môngka ing sayêktosipun pêpatih Mangkunagaran ingkang sumare wontên ing ngriku, kala samantên sawêg satunggal, inggih punika Radèn Tumênggung Mangkurêja, [Mangkurê...]

--- 5 ---

[...ja,] pêpatih dalêm panjênêngan dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara ingkang jumênêng kaping III dumugènipun Kangjêng Gusti kaping IV, amung sarêng sapunika kula talusur aluranipun, sagêd pinanggih katranganipun ingkang nyêkapi saha pantês sinêbut kuburan patih, tuwin ugi sangêt mungguh pinèngêtan ing salamènipun dening para ingkang nunggil raos kados kula (angraos kasamadan adêging praja Mangkunagaran), awit radèn tumênggung punika pêpatihing praja ingkang kawitan, saha ingkang wiwit patih pinangkat bupati, ingkang lêlabêtaning nalurènipun tuwin pandamêling piyambakipun, gêgayutan kalayan adêging praja, punapadene nalurènipun ingkang manginggil, sambêt kalayan ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran, saha trah-tumêrahipun ngantos dumugi ing sapunika prasasat angèbêki dados narapraja utawi dados kawula sapraja Mangkunagaran, makatên ugi salêbêtipun papan pasarean wau, ing samangke sampun wontên calonaning papanipun, lêstantun dados pasareanipun pêpatih Mangkunagaran.

Jêjêripun sêrat pèngêtan punika, nyariyosakên pasarean ing Têmuirêng wontênipun sinêbut kuburan patih dalah sapituruting aluranipun. Ananging sarèhning anggayut ing

--- 6 ---

bab adêgipun patih, pramila sagaduging sumêrêp kula nadyan pêpatih sadèrèngipun, tuwin sasampunipun Radèn Tumênggung Mangkurêja kasêbut ing nginggil wau, ugi kula pèngêti pisan punapa kawontênan tuwin lêlabêtanipun.

Salêbêtipun ing taun 1920 winantonan kala taun 1926 punika sampun wontên usulipun garap kantor among praja, supados nagari angwontênakên babad adêgipun praja, ingkang angêmot kawontênanipun sadaya bôndha, kadosta: urusaning prakawis siti, urusaning prakawis arta, tuwin ing sasamènipun. Prêlunipun, kajawi bokmanawi piguna tumraping praja, ugi anglênggahi pamanggihing para sagêd. "Satunggaling golongan utawi bôngsa, punika kêdah sumêrêp babading aluranipun". Wasana nadyan pandamêlipun para pêpatih, punika ingkang kathah-kathah kawêngku ing gustinipun, ananging sarèhning langkung sapalih panggayudipun dhatêng jêjêr adêging praja, pramila sajawining pèngêtanipun para pêpatih, lajêng kula sambêti pèngêtan pisan, kawontênanipun bandhaning praja sasamènipun dumugi kawontênanipun ing sapunika, pangajêng-ajênging manah kula, kajawi murih botên dados katrangan jugag, ugi supados dadosa dêdamaripun manawi ing têmbe wontên ingkang ngarsakakên [ngar...]

--- 7 ---

[...sakakên] angarang babad. Ananging taksih kuciwa dening kula dèrèng sagêd angêmot yasaning praja, ingkang warni: rajata di, griya, tuwin bêndungan sasamènipun, saha tumangkaring kagunan Jawi kados ta: jogèd, gêndhing, sasamènipun, ingkang dumados saking ing praja Mangkunagaran. Amargi wanci tuwin papanipun botên nyêkapi.

Pèngêtan kula wontên katrangan, punika amung ringkês sagaduging sumêrêp kula, punapadene kajawi saking tunaning kagunan kula, pandhapuk tuwin ikêtanipun sêrat punika kula sêngaja tanpa tatanan ingkang prayogi, dene pikantuk kula ing sasêrêpan, amung saking angèngêti sêrat-sêrat utawi pèngêtan ingkang sampun kula sumêrêpi, tuwin cacriyosanipun para sêpuh ingkang sami wontên sêsambêtanipun kalayan ingkang kula impun dados pèngêtan punika, ananging inggih taksih mawi kula lêlimbang malih sapakantukipun, sarana angêplokakên saking kêmpalipun sasêrêpan sadaya wau, ewadene sarèhning ajênging jaman saya wêwah rikatipun, ingkang ngantos mahanani wêwaton taksih lêstantun, nanging tindak sampun ewah saha ing sasaminipun. Dados sagêd ugi katrangan kula punika inggih sampun onya ing kawontênan tuwin ing tumindakipun. [tumi...]

--- 8 ---

[...ndakipun.] Wasana pinanggihipun cariyos ingkang pantês pinèngêtan, lajêng kula racut prayogining urutipun, tuwin kula kanthèni gambar sakêcêpêngipun, kados pêthikaning urut tuwin katranganing wontênipun, kasbut pratelan kanthènipun ing bab punika.

--- 9 ---

Pratelan urutipun babing pèngêtan

Bab 1. Inggih bêbuka tuwin pratelan urutipun ingkang pinèngêtan punika ... Kaca: 3-25

Bab 2. Cariyosipun pasarean ing Têmuirêng ... Kaca: 26-50

Bab 3. Cariyosipun para ingkang jumênêng pêpatih Mangkunagaran, dalah cariyos pêthinganing lêlabêdan tuwin kalimpatanipun, punapadene dununging sumarenipun ... Kaca: 51-117

Bab 4. Cariyosipun tuwin lêlabêdanipun Radèn Adipati Sindurêja, pêpatih dalêm ing karaton Surakarta, dalah trah-tumêrahipun ... Kaca: 118

Bab 5. Cariyosipun tuwin lêlabêdanipun Radèn Tumênggung Mangkurêja bupati [bu...]

--- 10 ---

[...pati] patih ingkang kawitan ing praja Mangkunagaran, dalah trah-tumêrahipun ... Kaca: 158-267

Bab 6 Katrangan kêmpaling tumêrahipun Radèn Adipati Sindurêja, kalayan ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran, saha sapiturutipun Kaca: 268-275

Bab 7 Panutup saha pangajabipun ingkang ngimpun sêrat pèngêtan punika Kaca: 276-286

Susulaning katrangan tuwin pratelan lêpat saha kiranging panyêratipun Kaca: 1-2

--- 11 ---

Pratelan aksaraning gambar-gambar tuwin derah

Gambar: Ha Ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran wiwit kaping II.III.IV.V.VI. tuwin VII ... Kaca: 21

Gambar: Na Prênahipun (Overzichtskaarts) pasarean ing Têmuirêng ... Kaca: 35

Gambar: Ca Wangun tuwin watêsing pasitèn (Situatie-teekening) pradikan ing Têmuirêng ... Kaca: 37

Gambar: Ra Lumahing papan (Platte grond) ing pasarean Têmuirêng ... Kaca: 39

Gambar: Ka Dalêm Kabupatèn Kapatihan Mangkunagaran ... Kaca: 83

Gambar: Da Radèn Tumênggung Mangkurêja ... Kaca: 85

Gambar: Ta Radèn Tumênggung Jayasarosa ... Kaca: 89

Gambar: Sa Radèn Mas Tumênggung Arya Sêbrata ... Kaca: 93

Gambar: Wa Radèn Tumênggung Jayapranata ... Kaca: 97

Gambar: La Radèn Mas Tumênggung Bratadipura ... Kaca: 103

--- 12 ---

Gambar: Pa Radèn Mas Tumênggung Arya Mangunkusuma ... Kaca: 109

Gambar: Dha Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma ... Kaca: 115

Derah: Ja Putra wayahipun Radèn Adipati Sindurêja, dumugi Radèn Tumênggung Mangkurêja ... Kaca: 149

Derah: Ya Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ... Kaca: 191

Derah: Nya Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, saking Radèn Ayu Wiraasmara ... Kaca: 197

Derah: Ma Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, saking Radèn Ngabèi Jayadirja ... Kaca: 209

Derah: Ga Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, saking Radèn Ngabèi Mangkurêja ... Kaca: 215

Derah: Ba Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, saking Radèn Ngabêi Pôncaharjana ... Kaca: 227

Derah: ha Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja [Mangkurê...]

--- 13 ---

[...ja] sapiturutipun, saking Radèn Ayu Jayaasmara ... Kaca: 235

Derah: Nga Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun saking Radèn Ayu Ngabèi Jayawiratma ... Kaca: 245

Derah: A Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, saking Radèn Ayu Ngabèi Pôncasêbrata ... Kaca: 249

Derah: E Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, saking Radèn Ngabèi Harjasudirja ... Kaca: 257

Derah: O Wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, saking Radèn Ayu Ngabèi Jayapralêbda ... Kaca: 263

Derah: U Kêmpaling tumêrahipun Radèn Adipati Sindurêja, kalayan ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran, saha sapiturutipun ... Kaca: 271

Gambar: I Ingkang ngimpun tuwin damêl sêrat pèngêtan punika ... Kaca: 283

--- 14 ---

Pratelanipun wêwahan katrangan, kalêbêt wêwahan katrangan sajawining urutipun jêjêring sêrat pèngêtan

1 Pratelaning gambar dalêm, kasambêtan pratelaning asmanipun pangagêng nagari ing Surakarta ... Kaca: 23-25

2 Pamèngêtipun titimôngsa angkaning taun ... Kaca: 27

3 Uruting têrahipun Kyai Agêng Atasangin, dumugi Radèn Adipati Sindurêja tuwin Nyai Kêrên ... Kaca: 29

4 Dunungipun waos ingkang nama Kyai Dulêg ... Kaca: 30

5 Panyuwak, tuwin kêkantunipun siti mardikan ingkang taksih karêksa dening nagari ... Kaca: 31

6 Pamanggih anjagi murih karêksanipun pasarean ing Têmuirêng ... Kaca: 32

7 Kêkancingan tuwin pêpancinipun pradikan ing Têmuirêng ... Kaca: 33

--- 15 ---

8 Tumindakipun tatanan pangrèhing praja, kapulisèn tuwin adêgipun pangadilan ... Kaca: 53-64

9 Anggènipun mulyakakên pasareanipun Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan ... Kaca: 66

10 Têrangipun ingkang nama Rôngga Panambangan kaping sapisan, dalah sapiturutipun ... Kaca: 69

11 Adêgipun golongan prajurit, dêdamêlipun, pangagêngipun, tuwin lêlabêtanipun ... Kaca: 70-77

12 Radèn Mas Arya Gôndakusuma, ingkang lajêng jumênêng Kangjêng Gusti kaping IV ... Kaca: 79

13 Larahing katrangan konduripun siti Kalitan, tuwin sambêtipun kalayan lampahipun pamisudha jumênêng dalêm kangjêng gusti ... Kaca: 99-101

14 Kawontênanipun pasarean ing Adisana ... Kaca: 102

15 Urutipun kawontênaning garisan watês ... Kaca: 106-107

16 Pamilahipun kawajiban ing kantor-kantor, wawêngkon kabupatèn amongpraja ... Kaca: 111-113

17 Wiwitipun pêpatih sinêbut kangjêng, saha têrangipun [tê...]

--- 16 ---

[...rangipun] patih asma Radèn Adipati Sindurêja ... Kaca: 118

18 Titimangsanipun wilujêngan Maesalawung ... Kaca: 129

19 Kawontênanipun siti baku sabawah Mangkunagaran, tuwin lampahing tumindakipun ... Kaca: 131-138

20 Kawontênanipun tilas dalêm Mangkuyudan, ingkang kagêm kondur dalêm Kangjêng Gusti kaping I ... Kaca: 140

21 Uruting nalurènipun Radèn Adipati Sindurêja ingkang manginggil ... Kaca: 155-157

22 Dunungipun wangkingan ingkang nama Kyai Panatas ... Kaca: 161

23 Ingkang anggarap prakawis lalinton siti ingkang kaping tiga, kaping sakawan, tuwin ingkang kaping gangsal ... Kaca: 163

24 Siti lintonan saking Ngayogya ingkang mêdal asilipun sarang burung ... Kaca: 164

25 Tumangkaripun kabudidayan ing praja Mangkunagaran ... Kaca: 167-172

26 Dumadosipun adêging paprentahan wana-wana [wa...]

--- 17 ---

[...na-wana] ing praja Mangkunagaran ... Kaca: 174-175

27 Kaskaya tuwin pêpanci wragad nagari ing praja Mangkunagaran ... Kaca: 177-184

28 Larahing katrangan, dadosipun pasarean ing Têmuirêng kamardikakakên ... Kaca: 185-186

29 Sasêbutanipun para darah miturut tatanan karaton ing Surakarta tuwin ing praja Mangkunagaran ... Kaca: 188-189

30 Pasareanipun Patih Adipati Gajahmada, ingkang wontên ing Kampung Sangkrah ... Kaca: 278

--- 18 ---

Pratelan pangringkêsing ukara tuwin sastra, punapadene têtêngêr sanès-sanèsipun, ingkang murih cêkaking panyêratipun

1. Sasêbutan tuwin asma dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, ing Surakarta, punika amung badhe kasêrat, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping…

2. Sasêbutan tuwin asma dalêm, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana ing Ngayogyakarta, punika amung badhe kasêrat, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan kaping…

3. Sasêbutan tuwin asma dalêm, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara utawi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Prabu Prangwadana, (pangagênging trah Mangkunagaran) punika amung badhe kasêrat, Kangjêng Gusti Ingkang kaping…

4. Titimangsanipun jumênêng dalêm Kangjêng Gusti, punika amung badhe kapêndhêt pangastanipun pusarapraja (dados botên mêndhêt titimangsanipun asma Prabu Prangwadana, utawi asma Mangkunagara)

5. Namanipun sêrat kêkancingan dalêm kangjêng sri bagendha maharaja [mahara...]

--- 19 ---

[...ja] (Koninklijk Besluit), punika amung badhe kasêrat, Konl. Besl.

6. Namanipun sêrat kêkancingan dalêm kangjêng tuwan ingkang wicaksana guprênur jendral (Gouvernements Besluit), punika amung badhe kasêrat, G.B.

7. Namanipun sêrat kêkancingan dalêm kangjêng gusti, punika amung badhe kasêrat, K.Kg.

8. Namanipun sêrat kêkancinganipun bupati patih Mangkunagaran, punika amung badhe kasêrat, K. Rg.

9. Namanipun sêrat pranatan India Nèdêrlan (Staatsblad van Nederlansch Indie) punika amung badhe kasêrat, Stb.

10. Namanipun sêrat wêwahan utawi ewah-ewahaning pranatan India Nèdêrlan (Bijblad op het staatsblad van Nederlandcsh Indie) punika amung badhe kasêrat, Bijb.

11. Namanipun sêrat pranatan Mangkunagaran ingkang sampun kapacak buku, (Pustakapraja, utawi Rijksblad van het Mangkoenagorosche Rijk) punika amung badhe kasêrat, Rijksb.

12. Namanipun sêrat dhawuh tatananing praja Mangkunagaran ingkang sampun kapacak buku (Pustakawarti praja, utawi Offiiceel

--- 20 ---

Nieuwsblad), punika amung badhe kasêrat, Off. Nieuws.

13. Sasêbutanipun namaning praja Mangkunagaran, (Mangkoenagorosche Rijk) punika amung badhe kasêrat, M.N.

14. Tanggal wulan tuwin taun punika tumrap titimôngsa Walandi, upami: surya kaping 1 Pebruari 1900 amung badhe kasêrat, 1.2.1900. Dene titimôngsa Jawi, upami tanggal kaping 14 Sura, Ehe 1750, amung badhe kasêrakasêrat. 14.1.2.1750.

15. Sadaya garis ingkang katêngêran, (*) punika mratandhakakên bilih pangimpun dèrèng sagêd pikantuk têranging katranganipun.

--- 21 ---

Gambar aksara: Ha. ingkang sami jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran

[Grafik]

Têtêdhakan, saking rajata di ing pura dalêm Mangkunagaran

--- [22] ---

...

--- [0] ---

...

--- [0] ---

...

--- 23 ---

Katrangan

a: Bab gambar dalêm

(1) Mênggah gambar dalêm ingkang kapacak suwalik punika, sami kalihan gambar dalêm ingkang kawitan sumêbaripun dhatêng para putra santana tuwin para abdi dalêm, ananging kadamêl kêmpal mawi rinarêngga ing passe partout, wontênipun gambar dalêm wau dados sumêbar, amargi saking panyuwunipun garap kantor amongpraja kala ing taun 1919, kathahipun pamêlinging gambar punika sami kalihan ingkang sêngkuyungan ngragadi panggambaripun, gunggung sadaya wontên 141 prangkat, utawi 846 iji, dene kangjêng gusti ingkang kapisan, botên wontên gambaripun, awit kacariyos botên karsa dipun gambar, mênggah wontênipun gambar wau kula pacak, ugi minôngka pracihnaning pamundhi kula ing salami-laminipun.

b: Bab titimôngsa jumênêng dalêm

Ingkang badhe kula pratelakakên ngandhap punika, titimôngsa pangastanipun pusara praja, utawi ingkang kangge pasamuwan wilujêngan jumênêngan ing sabên taun, (sanès titimôngsa kêkancingan saking kangjêng guprêmèn) kados ta:

1. Kangjêng Gusti kaping I kala ing taun (4, 6, 8, 1682) 1757.
2.Kangjêng Gusti kaping II kala ing taun (15, 7, 8, 1722) 1795.
3.Kangjêng Gusti kaping III kala ing taun (24, 12, 8, 1762) 1835.
4.Kangjêng Gusti kaping IV kala ing taun (14, 6, 3, 1781) 1853.
5.Kangjêng Gusti kaping V kala ing taun (11, 10, 8, 1810) 1881.
6.Kangjêng Gusti kaping VI kala ing taun (15, 6, 8, 1826) 1896.
7.Kangjêng Gusti kaping I kala ing taun (27, 6, 8, 1846) 1916.

Amung titimôngsa wilujêngan jumênêngan dalêm Kangjêng Gusti ingkang kaping VII. Punika ewahan manut titimôngsa sawiyosan dalêm, wontên ing tanggal kaping 4 wulan Sapar Dal 1815 = 1885.

c: Bab Titimôngsa tuwin asmanipun ingkang jumênêng pangagêng nagari (Hoofd van Gewestelijk Bestuur) ing Surakarta.

Sêsarênganipun ingkang jumênêng dados pangagêng nagari (rumiyin anama pangkat Opperhoofd, lajêng santun nama Resident, saha ing samangke lajêng nama Gouverneur) [Gouver...]

--- 24 ---

[...neur)] wiwit adêgipun praja ing Mangkunagaran, ngantos dumugi ing sapunika, kados ing ngandhap punika pratelanipun:

Kala ing jaman Kumpêni

1. Wiwit jumênêng dalêm Kangjêng Gusti ingkang kapisan, ngantos dumugi salêbêtipun ing taun 1767 Kangjêng Tuwan J.Chr. Beuman.
2. Wiwit ing taun 1767 Kangjêng Tuwan F.Chr. van Stralendorff.
3. Wiwit ing taun 1783 Kangjêng Tuwan W.A. Palm.
4. Wiwit ing taun 1788 Kangjêng Tuwan A. Hartsink.
5. Wiwit ing taun 1790 Kangjêng Tuwan J.Fr. Baron van Reede.
6. Wiwit ing taun 1798 Kangjêng Tuwan B.J. van Nieuwkerken.
7. Wiwit ing taun 1803 Kangjêng Tuwan J.G. van den Berg.
8. Wiwit ing taun 1806 Kangjêng Tuwan B.F. van Lieberherz.
9. Wiwit ing taun 1806 Kangjêng Tuwan J.A. van Braam.
10. Wiwit ing taun 1810 Kangjêng Tuwan Geselschap.
11. Wiwit ing taun 1811 Kangjêng Tuwan J.A. van Braam (zie 9).

Salêbêtipun ing jaman Inggris

12. Wiwit ing taun 1811 Kangjêng Tuwan A.G. Adams.
13. Wiwit ing taun 1812 Kangjêng Tuwan H. Hope.
14. Wiwit ing taun 1813 Kangjêng Tuwan J. Robinzon.
15. Wiwit ing taun 1815 Kangjêng Tuwan J.M. Johnson.

Sarêng ing jaman Nèdêrlan ngantos dumuginipun ing sapunika

16. Wiwit ing taun 1816 Kangjêng Tuwan D.W. Pinket van Haak.
17. Wiwit ing taun 1817 Kangjêng Tuwan W.H. van Ysseldijk.
18. Wiwit ing taun 1817 Kangjêng Tuwan H.F. Loppe (Wd).
19. Wiwit ing taun 1818 Kangjêng Tuwan P. van Prehn.
20. Wiwit ing taun 1820 Kangjêng Tuwan Mr. H.G. Nahuijs (Wd).
21. Wiwit ing taun 1822 Kangjêng Tuwan A.M. Fh. Baron de Salis.
22. Wiwit ing taun 1823 Kangjêng Tuwan H. MaqGillavrij (Wd).
23. Wiwit ing taun 1824 Kangjêng Tuwan J.I. van Sevenhoven.
24. Wiwit ing taun 1825 Kangjêng Tuwan H. MaqGillavrij (zie 22).
25. Wiwit ing taun 1827 Kangjêng Tuwan Mr. H.G. Nahuijs (zie 20).
26. Wiwit ing taun 1830 Kangjêng Tuwan Mr. J.F.W. van Nes (Wd).
27. Wiwit ing taun 1830 Kangjêng Tuwan H. MaqGillavrij (zie 22).
28. Wiwit ing taun 1834 Kangjêng Tuwan F.G. Valck (Wd).

--- 25 ---

29. Wiwit ing taun 1834 Kangjêng Tuwan J.F.T. Maijor.
30. Wiwit ing taun 1843 Kangjêng Tuwan C.L. Hartmann.
31. Wiwit ing taun 1846 Kangjêng Tuwan Mr. W.C. Baron de Geer.
32. Wiwit ing taun 1851 Kangjêng Tuwan H.F. Buschen (Wd).
33. Wiwit ing taun 1858 Kangjêng Tuwan F.N. Nieuwenhuijzen.
34. Wiwit ing taun 1859 Kangjêng Tuwan G.C. Schonck.
35. Wiwit ing taun 1860 Kangjêng Tuwan F.N. Nieuwenhuijzen (zie 33).
36. Wiwit ing taun 1864 Kangjêng Tuwan N.D. Lammers van Toorenburg.
37. Wiwit ing taun 1867 Kangjêng Tuwan J.P. Zoetelief.
38. Wiwit ing taun 1869 Kangjêng Tuwan J.H. Tobias.
39. Wiwit ing taun 1871 Kangjêng Tuwan N.D. Lammers van Toorenburg (zie 36).
40. Wiwit ing taun 1875 Kangjêng Tuwan A.A.W.N. Kaeuchenius.
41. Wiwit ing taun 1877 Kangjêng Tuwan G.A.L.J. Jeekel.
42. Wiwit ing taun 1881 Kangjêng Tuwan Mr. W.P.A. Mattheus.
43. Wiwit ing taun 1884 Kangjêng Tuwan A.J. Spaan.
44. Wiwit ing taun 1890 Kangjêng Tuwan O.A. Burnabitj Lautier.
45. Wiwit ing taun 1894 Kangjêng Tuwan Jhr. L.Th. Hora Siccama.
46. Wiwit ing taun 1897 Kangjêng Tuwan W. de Vogel.
47. Wiwit ing taun 1905 Kangjêng Tuwan L.Th. Schneider.
48. Wiwit ing taun 1909 Kangjêng Tuwan C.F. van Wijk.
49. Wiwit ing taun 1914 Kangjêng Tuwan F.P. Solewijn Gelpkae.
50. Wiwit ing taun 1918 Kangjêng Tuwan A.J.W. Harlotf.
51. Wiwit ing taun 1922 Kangjêng Tuwan J. van der Marel.
52. Wiwit ing taun 1924 Kangjêng Tuwan J.H. Nieuwenhuijs.
53. Wiwit ing taun 1927 Kangjêng Tuwan M.B. van der Jagt.
54. Wiwit ing taun 1929 Kangjêng Tuwan J.J. van Helsdingen.

--- 26 ---

Bab 2. Cariyosipun Pasarean ing Têmuirêng

Ingkang nama pasarean ing Têmuirêng, punika dumunung wontên ing padhukuhan Karanganom, sawetanipun dhusun Têmuirêng sami kabawah ing kalurahan Popongan, kapanewon tuwin kawadanan ing Karanganyar (Mangkunagaran), prênahipun kalêrês sawetaning karajan kawadanan ing Karanganyar, saha sakiduling margi saking Karanganyar dhatêng ing Karangpandhan, têbihipun saking Karanganyar watawis 25 pal, utawi watawis 125 pal saking kitha Mangkunagaran. Dene dhusunipun ing Têmuirêng, punika ugi wontên pasareanipun, ingkang sambêt kalayan nalurènipun ingkang sumare wontên ing pasarean Têmuirêng, Karanganom. Mênggah têrangipun pasarean kêkalih wau kados gambar (Overzichtskaart) aksara Na, kanthènipun sêrat pèngêtan punika.

Siti dhusun Têmuirêng dalah ing sakiwatêngênipun, punika ing ngajêng dados lênggahipun Bandara Radèn Ayu Tumênggung Mangkurêja,

--- 27 ---

putra dalêm Kangjêng Gusti kaping II, garwanipun Radèn Tumênggung Mangkurêja bupati patih ingkang kawitan ing praja Mangkunagaran. Wasana sarêng Radèn Tumênggung Mangkurêja sampun seda, saking kaparêng dalêm Kangjêng Gusti kaping IV, pasarean ing Têmuirêng wau kaadêgakên dados mardikan, inggih punika pasarean ingkang dipun jagi saha dipun lêluri dening nagari, mawi rinêksa ing juru kunci ingkang pinangkat priyantun, kanthi tiyang bêbau sacêkapipun. Tuwin mawi pinaringan lênggah siti, lêpat pakaryan nagari tuwin sêsanggèn pajêg sasamènipun. Dene kalampahanipun kamardikakakên wau kintên-kintên kala ing taun 1876.§ Murih cêkak saha gampil, cundhukipun kalayan ingkang kalampah ing jaman mangke, kajawi ingkang taksih gandhèng kalayan wiradat Jawi ingkang taksih tumindak wêktu punika (wiyosan, jumênêngan, tuwin yuswa) sadaya titimôngsa ingkang kula pèngêti ing sêrat ngriki, amung kula pêndhêt angkaning taun ingkang Walandi kemawon.

Ingkang amurwani pasarean punika mawa yêyasan. Kados ta: amagêr bata capurènipun, andèkèki masjid, saha ngwontênakên regolipun, punika Radèn Tumênggung Mangkurêja, sarêng Radèn Tumênggung Mangkurêja sampun seda, lajêng kasambêtan tuwin kabangun yayasanipun dening Radèn Ngabèi Jayadirja kalayan [kalaya...]

--- 28 ---

[...n] Radèn Ngabèi Jayasumarja, (Radèn Ngabèi Jayasumarja punika salajêngipun nama Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping sakawan) kados ta: anyantuni masjid, tuwin angêlar capurènipun, ngiras anyungkup pasareanipun Radèn Tumênggung Mangkurêja mêndhêt saking tilas masjid ingkang sampun kasantunan enggal wau, saha ing wasananipun, pagêr bataning capuri wau lajêng kaêlar mangidul malih dening Radèn Mas Wiraasmara, lêstantun ngantos dumugi ing sapunika.

Sadèrèngipun kamardikakakên dening nagari, pasarean punika sampun karêksa ing juru kunci saking abdènipun radèn tumênggung piyambak, sarêng wiwit dipun mardikakakên, inggih abdènipun radèn tumênggung wau ingkang lajêng katêtêpakên dados priyantun mardikan. Priyantun wau nama Kyai Imam Jurèmi, ingkang taksih lêstantun dumugi ing sapunika.

Sakawitipun ingkang sumare wontên ing ngriku, punika asma Kyai Agêng Atasangin. Kacariyos rumiyinipun pêpatih ing nagari Pajang, suwaunipun nama Ki Mas Mônca lajêng asma Adipati Môncanagara, sarêng lèrèh saking pakaryaning praja lajêng olah kasutapan, mungkul dhatêng saraking agamènipun. Saha adhêdhukuh ingkang ngantos dados sêsêpuh ing tanah ngriku tuwin [tu...]

--- 29 ---

[...win] santun asma Kyai Agêng Atasangin. Salajêngipun ngantos dumugining sedanipun, lêstantun sumare wontên ing ngriku, mênggah têrahipun Kyai Agêng Atasangin punika lajêng sinêbut para darah Têmuirêng.

Ibunipun, tuwin garwanipun Radèn Adipati Sindurêja ingkang kawitan, punika ugi darah Têmuirêng, saha sarêng sedanipun, kasarèkakên ing Têmuirêng, sakilènipun (Têmuirêng Karanganom) ingkang dados mardikan punika, paranipun pasareanipun Nyai Kêrên.§ Dumugi panutupipun sêrat punika, kula dèrèng angsal sasêrêpan uruting tumêrahipun Kyai Agêng Atasangin, dumugènipun Radèn Adipati Sindurêja, tuwin dumugi Nyai Kêrên ing nginggil wau, kajawi amung pinanggih katranganipun ing sawatawis, kados ingkang badhe kapratelakakên wontên ing ngandhap.

Pêpatih Mangkunagaran ingkang ambukani sumare wontên pasarean ing Têmuirêng (pradikan ing padhukuhan Karanganom) punika Radèn Tumênggung Mangkurêja, inggih punika pêpatih Mangkunagaran, ingkang kawitan mêngku paprentahan praja mawi pinangkat bupati, wontênipun sumare wontên ing ngriku, kajawi angêmpal lêluhuripun, awit taksih têrahipun Kyai Agêng Atasangin. Ugi amargi anglêluri anggènipun angsal kanugrahan [kanu...]

--- 30 ---

[...grahan] tampi wawênganing galih nalika mêsu raga dêdagan wontên ing ngriku. Ngantos angsal pratôndha ingkang mêdal saking kaelokaning gaib, warni waos ingkang nama Kyai Dulêg, inggih waos wau ingkang dados piandêling kawantêran tuwin sarana karahayonipun kala salêbêtipun ing jaman pêrang.§ Waos punika samangke dumunung wontên Radèn Tumênggung Arjaasmara, pènsiyun bupati pangrèh praja Karanganyar, kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja.

Nalika pambanguning tatanan siti (reorganisatie) tumindak wontên bawah kabupatèn ing Karanganyar, sarèhning saking kakêncênganing pamanggihipun paprentahan prakawis siti ingkang dipun pangagêngi dening Kangjêng Tuwan P.W. van Gulik, sadaya pasitèn ingkang kangge pêpancènipun para mardikan, kêdah kadhèdhèl pasrah ing dhusun. Kengingipun lêstantun dados mardikan amung kêdah sarana waragad kemawon saking nagari, samantên wau amung kêdah ingkang wontên sêsambêtanipun kalayan adêging praja, kados ta: pasareanipun ingkang jumênêng tuwin ingkang nêrahakên pangagênging trah Mangkunagaran, saha ing sasamènipun.§ Mênggah ewah-ewahan punika, kala ing taun 1925, ugi lajêng tumindak tumrap sadaya bawah kabupatèn kitha tuwin bawah Karanganyar, saha kasêbut sêrat dhawuh ing nagari kaping 7.2.1930. No. 1126/48 (Off. Nieuws. 1930. No. 4). Lajêng katindakakên tumrap sabawah kabupatèn ing Wanagiri, sanèsipun ing Gunungwijil. Dados ingkang anama pradikan punika ing samangke kantun nênêm, saha warni kalih tumindakipun, kados ta: 1. ing Mangadêg, 2. ing Girilayu, 3. ing Ngêndho, 4. ing Bibisluhur tuwin 5. ing Têmuirêng, punika adêging pradikan amung sarana wragad saking nagari, amung 6 ing Gunungwijil, adêging pradikan taksih lêstantun amêngku tiyang dalah pasitènipun kados ingkang wau-wau, dene pradikan ing sanèsipun, kados ta: 1. ing Mantênan, 2. ing Wanakrêsa, 3. ing Balepanjang, 4. ing Dlêpih, 5. ing Gunung Tumpuk, 6. ing Giyana, 7. ing Sintru, tuwin 8. ing Dêlingan. Punika sampun kasuwak. Amung 1. ing Têmanggal, 2. ing Sokabaya, punika kula botên sumêrêp kados pundi têrangipun.¶Kala ing taun 1925 sampun wontên usulipun garap kantor among praja supados nagari angwontênakên pèngêtan cariyosipun satunggal-tunggaling pradikan wau murih uninga amila dipun lêluri, ananging sarèhning dèrèng ngantos kalampahan, samangke sampun kathah ingkang suwak, dados saèstunipun sampun kirang prêlu kaimpun pèngêtanipun. [sasamè...]

--- 31 ---

[...nipun.]

Pramila awit dening ewahing lampah makatên wau, ingkang nindakakên pandamêlan bupati patih lajêng usul tuwin nyuwunakên dhatêng nagari supados pasarean ing Têmuirêng punika lêstantuna karêksa dening nagari kadosdene tumindakipun kuburaning para pêpatih ing karaton Surakarta, awit kapratelakakên bilih ing Têmuirêng wau dados bakunipun kuburan patih ing praja Mangkunagaran. Wasana saking dhawuh dalêm kangjêng [kang...]

--- 32 ---

[...jêng] gusti mupakat kalayan ingkang jumênêng residhèn ing Surakarta, usul punika kaparêngakên. Saha ing salajêngipun pasarean ing Têmuirêng wau katamtokakên angsal pêpanci waragad saking nagari ingkang ajêg kathahipun ing sabên taun.§ Kala ing taun 1927 sampun wontên usulipun garap kantor amongpraja, murih sagêda têtêp kados sêbutanipun kuburan patih, tuwin karêksa sapawingkingipun, langkung prayogi dipun awêrana tatanan saking nagari ingkang suraos anamtokakên, amung turun kaping pintên saking satunggalipun para pêpatih ingkang kenging dhèrèk kadèkèk wontên ing ngriku, punapadene pêpacak sanès-sanèsipun, ingkang sayogi katindakakên.¶Kajawi ing nginggil wau, murih têrang pilah tuwin lampahipun, prayogi kabangun ingkang tata pisan kados pundi wawênangipun adamêl kubur kados ing ngandhap punika:¶Ha: Pakuburan yasan nagari [Rijksbegraafplaats] inggih punika pradikan sasamènipun.¶Na: Pakuburan iyasan dhusun [Dessa begraafplaats] inggih punika kuburan ingkang kangge ing wêwêngkon kalurahan.¶Ca: Pakuburan miji [Bijzondere begraafplaats] inggih punika pasarean utawi kuburan ingkang kadamêl mina piyambak, kados ta: pasarean dalêm ing Astana Utara tuwin sanès-sanèsipun.¶Dene pakuburan ingkang kangge ing akathah [Algemeene begraafplaats] tumrap pêrlunipun kitha-kitha, punika taksih lêstantun kados tumindakipun ing sapunika.

Angsalipun arta pêpanci saha tumanjanipun kathahing arta, punika katêtêpakên ing sêrat K. Rg. 13. 10. 1925. No. 25.

--- 33 ---

ingkang kados ing ngandhap punika paprincèn tumanjanipun,§ Kêkancingan punika sawêg tumrap wêdalipun arta nagari kangge angêntosi wanci tumapaking taun [bij wijze van tijdelijken maatregel] manawi nalika tumrap ing Ngêndho tuwin tumrap Bibisluhur, mawi kêkancingan piyambak ingkang anamtokakên adêging pradikanipun.

1. Sumêrêp balanjanipun juru kunci: f. 120.-
2. Sumêrêp bau panjagining pasarean, kapetang tiyang 4 à f. 2,50 sawulan f. 120.-
3. Sumêrêp sadhiyan sêsaji sasamènipun: f. 10.-
Gunggung sataun: f. 250.-

Dene waragading tambal sulam, yêyasan tuwin sanès-sanèsipun, punika kabêbahakên dados sêsanggènipun para ahli warisipun piyambak-piyambak.

Siti mardikan punika, ingkang suwau wontên 23 bau, pakaranganipun wontên 6 bau, siti samantên wau dumunung dados pêpanci tuwin pakaranganipun juru kunci dalah sabêbaunipun, punapadene kangge sadhiyan sêsaji sasamènipun, sarêng samangke katata enggal, ingkang tumindakipun katêtêpakên [katêtêpa...]

--- 34 ---

[...kên] wiwit kala ing surya kaping 1 April 1925, wiyaripun siti wau kantun 0,370 bau, siti samantên punika sanèsipun papan capurining masjid. Dene ingkang kangge capurining masjid dumunung siti nagari (siti M.N.) sadaya punika ingkang wangunaning pasitènipun dalah watêsing capurènipun, kados gambar (situatie-teekening) aksara Ca: kanthènipun sêrat punika.

Sarêng katata ing pamajêgan (landrente) siti ingkang pasrah dhusun wau mêdal pajêgipun f. 138,50 ing dalêm sataunipun, dados manawi petanging arta, nagari kalêrês anomboki f. 111,50 ing dalêm sataunipun. Dene kawontênanipun ingkang sumare dalah papêthaning prênahipun, kados gambar lumahing papan (platte grond) aksara Ra: ingkang ugi kêkanthèkakên sêrat punika.

--- 35 ---

Gambar aksara Na:

Prênahipun (overzichtskaart) pasarean ing Têmuirêng

Ukuran 1: 50000

[Grafik]

--- [36] ---

...

--- 37 ---

Gambar aksara Ca

Kawontênan tuwin wanguning pasitèn (sittuatie-teekening) dalah watês-watêsipun mardikan ing Têmuirêng, ingkang kasadhiyakakên kangge pasareanipun para bupati pêpatih Mangkunagaran

Amung gambar awangan

[Grafik]

--- [38] ---

...

--- 39 ---

Gambar aksara Ra:

Lumahing papan (Platte grond)

Ing pasarean Têmuirêng, tuwin tatêngêripun ingkang sumare

Amung gambar awangan

[Grafik]

--- [40] ---

...

--- 41 ---

Katranganipun gambar aksara Ra:

Pratelaning tatêngêripun ingkang sumare ing pasarean Têmuirêng

Ôngka urut ingkang kapacak ngandhap punika, mratelakakên asma utawi namanipun ingkang sumare: cocogipun kalayan ôngka ing gambar aksara Ra, ananging wontên kuciwanipun, botên sagêd jangkêp kasumêrêpan sadayanipun. Saha botên jangkêp katranganipun ingkang nyêkapi, awit botên wontên pèngêtanipun, utawi botên sagêd angsal sasêrêpan ingkang patitis. Pramila ing pratelan uruting ôngka, punika taksih mawi papan kangge ngisèni saprêlunipun, bokmanawi ing têmbe sagêt pinanggih katranganipun.

1. Kyai Agêng Atasangin (= Ki Mas Mônca = Patih Adipati Môncanagara).
2. Kyai Agêng Bagenjahan.
3. Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping kalih.
4. Radèn Ayu Ngabèi Mangkurêja kaping kalih ingkang anèm (putra ing Surya Aditarunan).

--- 42 ---

5. Radèn Ngabèi Mangkudirja.
6. ... (*) ...
7. ... (*) ...
8. ... (*) ...
9. ... (*) ...
10. Radèn Ngantèn Mangkudirja.
11. Patih Lumajang.
12. Radèn Ayu Somadiningrat.
13. Radèn Ngabèi Dipadirja.
14. Radèn Ngabèi Suradirja.
15. ... (*) ...
16. Radèn Ngabèi Mangkudiwirya.
17. Radèn Ngantèn Mangkudiwirya.
18. Radèn Tumênggung Cakrajaya.
19. Radèn Ngabèi Wiryadipura.
20. Radèn Tumênggung Cakrajaya.
21. Radèn Ngantèn Pôncadirada.
22. Radèn Ngantèn Cakrajaya.
23. Radèn Ngantèn Panji Padmadirja.
24. Radèn Ngantèn Wiryadipura.

--- 43 ---

25. ... (*) ...
26. ... (*) ...
27. ... (*) ...
28. Radèn Ngabèi Cakradiwirya.
29. ... (*) ...
30. ... (*) ...
31. ... (*) ...
32. ... (*) ...
33. ... (*) ...
34. ... (*) ...
35. ... (*) ...
36. ... (*) ...
37. ... (*) ...
38. ... (*) ...
39. ... (*) ...
40. ... (*) ...
41. Radèn Ngabèi Wiryadipura.
42. ... (*) ...
43. ... (*) ...
44. Radèn Tumênggung Mangkurêja kaping tiga, bupati patih ingkang kawitan [ka...]

--- 44 ---

[...witan] ing praja Mangkunagaran.

45. Radèn Ayu Tumênggung Mangkurêja.
46. Radèn Ayu Wiraasmara.
47. Nyai Ajêng Angron.
48. Radèn Ngantèn Dêmang Pôncapêrnata.
49. Radèn Ayu Ngabèi Jayawiratma.
50. Radèn Bagus Sumardi.
51. Mas Ajêng Wandhan.
52. Radèn Dêmang Tapura.
53. Radèn Ngabèi Arjasumarta.
54. Radèn Ngantèn Arjasumarta.
55. Radèn Dêmang Pôncadirada.
56. Radèn Ngantèn Pôncadirada.
57. Radèn Ngabèi Jayadirja, kaliwon jaksa Mangkunagaran.
58. Radèn Ayu Jayadirja.
59. ... (*) ...
60. ... (*) ...
61. ... (*) ...
62. ... (*) ...
63. ... (*) ...

--- 45 ---

64. ... (*) ...
65. ... (*) ...
66. ... (*) ...
67. ... (*) ...
68. ... (*) ...
69. ... (*) ...
70. ... (*) ...
71. ... (*) ...
72. ... (*) ...
73. Radèn Rôngga Sutikna.
74. Radèn Ngabèi Wiryadipura.
75. ... (*) ...
76. ... (*) ...
77. ... (*) ...
78. ... (*) ...
79. ... (*) ...
80. ... (*) ...
81. ... (*) ...
82. ... (*) ...
83. ... (*) ...

--- 46 ---

84. Kyai Agêng Rob.
85. ... (*) ...
86. ... (*) ...
87. ... (*) ...
88. ... (*) ...
89. ... (*) ...
90. ... (*) ...
91. ... (*) ...
92. ... (*) ...
93. ... (*) ...
94. Kyai Mukhamad Ngali.
95. ... (*) ...
96. ... (*) ...
97. ... (*) ...
98. ... (*) ...
99. ... (*) ...
100. ... (*) ...
101. ... (*) ...
102. ... (*) ...
103. Kyai Mukiyi.

--- 47 ---

104. Nyai Mukiyi.
105. Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping sakawan, wadana gunung tuwin panêkaring wadana jawi Mangkunagaran.
106. Radèn Ayu Mangkurêja kaping sakawan ingkang nèm.
107. Radèn Ayu Mangkurêja kaping sakawan ingkang sêpuh.
108. Radèn Mangundirja.
109. Radèn Ngantèn Citradirêngga.
110. Radèn Ngabèi Arjawiratma.
111. Radèn Ayu Tumênggung Bratadipura.
112. Radèn Mas Panji Mangun Atmaja.
113. Radèn Ayu Tumênggung Arjaasmara.
114. Radèn Mas Tumênggung Arya Mangunkusuma, bupati patih kaping nêm ing praja Mangkunagaran.
115. Radèn Ayu Tumênggung Mangunkusuma.
116. Radèn Mas Sarsana.
117. Radèn Mas Ngabèi Mangundipura.
118. Radèn Ayu Mangundipura.
119. Nyai Rêsalêsana.
120. ... (*) ...
121. Kyai Rêsalêsana.

--- 48 ---

122. Kyai Nitidrana.
123. Kyai Nitimênggala.
124. Radèn Rara Kuning.
125. Radèn Mas Saparjan.
126. ... (*) ...
127. Radèn Mas Dirjatanaya.
128. Radèn Ngabèi Jayapralêbda, wadana Mandrapura Mangkunagaran.
129. Radèn Ayu Ngabèi Jayapalêbda.
130. Radèn Rônggasastra Suharja.
131. Radèn Bagus Waluya.
132. Radèn Ayu Pôncasumarta.
133. Kyai Sutajaya.
134. Radèn Ngabèi Arjasudirja.
135. Bok Imam Jorèmi.
136. ... (*) ...
137. ... (*) ...
138. Radèn Ngantèn Jayèngkartaya.
139. Radèn Ngabèi Martasuyasa.
140. Radèn Ngantèn Rênggasunarta.

--- 49 ---

141. Mas Dêmang Pôncawandawa.
142. Bok Dirêngga.
143. ... (*) ...
144. ... (*) ...
145. Radèn Ayu Irawan.
146. Putra Mangunkusuman tuwin putra Mangunatmajan sami taksih timur.
147. ... (*) ...
148. ... (*) ...
149. ... (*) ...
150. ... (*) ...
151. ... (*) ...
152. ... (*) ...
153. ... (*) ...
154. Kyai Nawawi.
155. Nyai Nawawi.

Ôngka urut ing suwalik punika pratelaning tatêngêripun gambar aksara Ra tumrap ingkang sampun kadamêl calonan sumarenipun.

--- 50 ---

1. Radèn Mas Tumênggung Bratadipura, bupati patih ingkang kaping gangsal ing praja Mangkunagaran.

2. Radèn Tumênggung Arjaasmara.

Aksara urut ngandhap punika, pratelaning tatêngêripun gambar aksara Ra tumrap ingkang sampun kasêngkêr kangge calonan sumarenipun.

a. Putra wayahipun Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping sakawan.

b. Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma, bupati patih ingkang kaping pitu ing praja Mangkunagaran.

c. Radèn Ngabèi Arjasuksara.

--- 51 ---

Bab 3. Cariyosipun para ingkang jumênêng pêpatih Mangkunagaran, dalah pêthinganing lêlabêdan tuwin kalimpatanipun, punapadene dununging sumarenipun.

Amargi sangking taksih nyarêngi salêbêtipun ing jaman pêrang, wiwit jumênêng dalêm kangjêng gusti ingkang kapisan, ngantos dumugi awalipun kangjêng gusti kaping tiga, punika adêgipun praja Mangkunagaran, dèrèng mawi patih ingkang mêngku paprentahaning nagari utawi dèrèng mawi tatanan kados adêging praja sajati, punapadene kawontênanipun para punggawaning praja dèrèng mawi tataraning pêpangkatan, saha papintaning kawajiban kados tumindakipun ing sapunika, dene kawontênanipun para pêpatih, amung minôngka sasêpuhipun para punggawa anggènipun angayahi bot repotipun lampahing praja tuwin lêlados ing karsa dalêm ingkang jumênêng kemawon. Dados amung kados pêpatih kapangeranan nalika taksih sami amêngkoni siti lênggah saha kawontênanipun narapraja golongan pangkat priyantun [priyantu...]

--- 52 ---

[...n] ingkang ngêmbat pakaryan praja amung winastan pangkat punggawa ingkang kaperang golongan sêpuh saha golongan anom kemawon. Punapadene para pêpatih punika: satunggal-tunggaling wêktunipun, wontên ingkang rangkêp kalih utawi rangkêp têtiga manut kacêkaping prêlunipun, dene jêjêr pameranging wajibipun, wontên ingkang babagan ing lêbêt praja, babagan para prajurit, tuwin wontên ingkang babagan ing kasêntanan.

Wiwitipun wontên patih ingkang mêngku paprentahan, punika anêngahi salêbêtipun jumênêng dalêm Kangjêng Gusti kaping III sarêng tataning praja katata wangun miturut tatananipun kangjêng guprêmèn. Inggih punika angwontênakên tatananing pangrèh praja, pangadilan tuwin pulisi, sarta angwontênakên pradataning pangadilan,(8)Keterangan (8) ada di hlm. 53. ananging papintaning kawajiban, tuwin tataraning pangkatipun inggih dèrèng samêkta tuwin nyêkapi, dene urutipun pêpatih satunggal tunggal, wiwit kawitan dumugi ing sapunika, dalah pêthinganing pandamêlipun, kalimpatan, tuwin dununging sumarenipun, punika sadèrèngipun adêging praja katata wangun, amung sagêd mratelakakên kalayan cêkak, kados ing suwalik punika.

--- 53 ---

Katrangan

(8) Awit saking sêrat dalêm kangjêng gusti dhatêng ing karesidhènan katitimangsan 11.4.1848. Mênggah tatanan punika lajêng tumindak kados ingkang kasêbut ing sêrat anggêr ingkang nama Reglement op de uitoefening der Politie enz. enz. utawi Inlandsch Reglement, stb. 1848 No.16.saha adêgipun pangadilan, kasbut ing sêrat pranatan ingkang nama Beginselen en bepalingen omtrent de uitoefening der Justitie en Politie enz. enz stb. 1848 No.9. dalah sêsambêtan, ewah-ewahan miwah ing wêwahanipun. Punapadene lajêng kasêmbuh pambangun malih, kasbut ing Rijksb. 1917 No.2. anamtokakên bilih sadaya pranatanipun kangjêng guprêmèn, ingkang sampun kaundhangakên dumugi ing dintên wau, pundi ingkang mêmpan tumindak wontên Mangkunagaran, ugi lajêng katumrapakên.

Babaganing pandamêlan pangrèh praja, pangadilan tuwin pulisi, punika kala rumiyin prasasat dados satunggal, nanging dumugi ing sapunika saya cêtha dhapukaning pilahanipun, pramila murih têrang ing sawatawis, kula perang katranganipun satunggal-tunggal, kados ing ngandhap punika,

a. Sadèrèngipun ngangge wêwaton tuwin anggêr tatananipun kangjêng guprêmèn.

Sadaya pangrèhipun tataning praja, kapulisèn tuwin wêwaton kukuming adil, punika taksih kawêngku tatananipun karaton ing Surakarta, kados ingkang katamtokakên ing Sêrat Anggêr Jawi ingkang nama:

1. Anggêr Arubiru, ingkang kadhawahakên kala ing taun (5, 12, 2, 1708) 1782.
2. Anggêr Agêng ingkang kadhawahakên kala ing taun (14, 1, 7, 1745) 1818.
3. Anggêr Sadasa ingkang kadhawahakên kala ing taun (-, -, -, 1749) 1822.
4. Anggêr Nawala Pradata ingkang kadhawahakên kala ing taun (15, 12, 5, 1759) 1832.
5. Anggêr Gunung ingkang kadhawahakên kala ing taun (15, 8, 6, 1768) 1841.

--- 54 ---

b. Bab lampahing kapulisèn tuwin kawontênanipun para punggawa.

Mênggah lampahipun kapulisèn tuwin kawontênanipun para punggawa, punika tansah santun-sumantun tumindakipun, kados ingkang kula pratelakakên kalayan cêkak kasbut ing ngandhap punika.

1. Pandamêlan kapulisèn, punika wiwit ing kina sampun dipun wontênakên, ananging wontênipun punggawa ingkang maligi kintên-kintên sawêg wiwit ing taun 1830. Cacahipun kala samantên sawêg sakêdhik, saha amung pinangkat alit, kawastanan para gunung, wasana sarêng katata manut tatananipun kangjêng guprêmèn, lajêng wêwah tuwin ewah pandhapuking tatananipun.

2. Nunggil taun kalayan dhumawahing anggêripun kangjêng guprêmèn kasbut ing nginggil, miturut G.B.24.2.1848 Litt.I. dipun wontênakên sêrat ugêr [instructie] kawajibanipun para pulisi, ananging dumugènipun ing sapunika sampun kathah ewah tuwin wêwahipun.

3. Wiwit ing taun 1849 tansah lumintu pambangun tuwin wêwahipun para punggawa murih ing kacêkapipun. Sangkêpipun babarpisan sawêg wiwit ing taun 1874 anyarêngi wontênipun para Assisten Resident ing Surakarta, kasbut ing stb.1873 No.8 ewadene sapêngkêripun ing taun wau, inggih taksih lumintu pambangunipun.

4. Kala ing taun 1915, wontên pambangun tatanan enggal, punggawa pulisi kitha ingkang suwaunipun nama Jinêman Langsir lan Margatama, kasantunan dados nama Rêksapraja, mangangge cara Walandi sarta madêg dados golongan piyambak. Ing taunipun 1918 kabanguning tata malih, golongan pulisi kitha kadekekan pangagêng pangkat wadana, saha pangrèh praja tuwin pulisi kapilah tumindakipun. Inggih punika: babaganipun Prenpentief (istiyar sadèrèngipun wontên prakawis) dados bêbahanipun para punggawa pangrèh praja, dene ingkang babagan Repressief (panindak sasampunipun wontên kadurjanan) dados bêbahanipun para punggawa pulisi.

5. Adêgipun wadana pulisi saprabotipun, sakawit dipun wontênakên dening paprentahan Jawi (Kasunanan kalayan Mangkunagaran) wasana miturut stb.1919 No.19. dalah sêsambêtaning katranganipun, pulisi salêbêt kitha kaasta kangjêng guprêmèn. [gu...]

--- 55 ---

[...prêmèn.] Paprentahan Jawi kantun kabêbahan angwontênakên têtiyang dalah sapêpancinipun. Golonganing punggawa punika kawastanan Stadspolitie peranganipun Algemeene politie ing lêbêt kitha, saha ingkang Jawi kitha, kawêwahan cacahipun punggawa pulisi alit, ingkang lampah saha kawajibanipun sami kalihan pulisi kitha, ananging tumindaking kawajibanipun, taksih lêstantun kaasta parentah Jawi.

Ingkang wontên Jawi kitha, dados wontên pulisi kalih perangan, ingkang saperangan kawastanan Rêksapraja (politie-agent) inggih punika pulisi ingkang tumut peranganipun Algemeene politie ing lêbêt kitha, saha ingkang saperangan kawastanan kajinêman (bestuurs-politie) inggih punika pulisi ingkang tumut golonganipun para punggawa pangrèh praja, punapadene wontên wêwahan perangan malih manggèn kithaning apdhèling kawastanan veld politie ananging veld politie punika tiyang lan pêpancinipun saking guprêmèn sadaya.

c. Bab adêging pangadilan, tuwin wêwatoning anggêr ukum.

Adêgipun pangadilan tuwin wêwaton anggêring kukum, punika ugi tansah ewah tumindak lan wontênipun, pratelanipun kalayan cêkak kados ing ngandhap punika.

Ing bab adêgipun pangadilan

1. Sakawiting tumindakipun awêwaton anggêr Jawi, sarêng ing taun 1848 ing Mangkunagaran dipun wontênakên pangadilan piyambak nama Pradata Mangkunagaran.

2. Kasbut ing sêrat pranatan ingkang nama "Rechts pleging op de landen van den Prins Mangkoenagoro stb.1874 No. 211." ing Wanagiri kaadêgan pradata piyambak, kawastanan pradata ing Wanagiri, ananging pangadilan kêkalih nginggil punika manawi ngrampungi prakawis agêng, taksih kawêngku karampunganipun pangadilan ing Surakarta ingkang winastan Pradata Agêng.

3. Miturut sêrat pranatan ingkang kadhawahakên nalika taun (…, 1, 4, 1806) 1877, pradata Mangkunagaran kapilah dados kêkalih, ingkang satunggal nama Pradata Kasatriyan Mangkunagaran, kabêbahan anggarap prakawisipun para putra santana, ingkang satunggal lêstantun nama Pradata Mangkunagaran. Kawajibanipun kabêbahan anggarap prakawisipun sajawining putra santana, dene pangadilanipun [pangadilani...]

--- 56 ---

[...pun] ing bab surambi ugi kawêngku pradata kêkalih wau.

4. Kasêbut ing sêrat pranatan ingkang nama "Reorganisatie van het Recht wezen in de Residentiën Soerakarta en Djocjakarta, stb.1903 No.8." dalah sêsambêtanipun. Pradata Mangkunagaran tuwin pradata ing Wanagiri sami kasuwak, lajêng kaasta kangjêng guprêmèn. Dipun wastani pangadilan landraad punapadene lajêng dipun wontênakên pangadilan rad agami, tuwin rad ing kabupatèn. Pangadilan pulisi rol, dipun ewahi: pangarsa asistèn residhèn, ananging miturut stb.1914 No.317. Pangadilan pulisi rol punika lajêng kasuwak, kasantunan dados Landgerecht. Dados ingkang lêstantun kaasta Mangkunagaran, amung kantun pradataning kasatriyan, dalah pangadilanipun surambi, dene namanipun ugi wangsul ing nama lami kawastanan pangadilan pradata tuwin pangadilan surambi Mangkunagaran.

Mênggah waragadipun pangadilan sarêng kaasta ing kangjêng guprêmèn, punika miturut G.B.30.12.1912 No.32. ingkang sapratigan kabêbahakên dados sêsanggèn Mangkunagaran, pametangipun miturut petangan rêsik, mêndhêt saking racakipun gangsal taun wiwit adêging pangadilan Landraad wau.

5. Ing sêrat pranatan ingkang kasêbut Rijksb.1913. No.22 anamtokakên sasilahaning kawajibanipun pangadilan pradata tuwin pangadilan surambi Mangkunagaran.

Ing bab wêwaton anggêring kukum

1. Sakawiting tumindakipun, ugi awêwaton anggêr Jawi kados ingkang sampun kapratelakakên kasbut ing nginggil, kala-kala wontên ingkang kapiridakên anggêr kina, ingkang tumindak ing gupêrmenan, kados ta: ingkang winastan "Out Hollansch en Romeinsch recht: tuwin sanès-sanèsipun. wasana kintên-kintên wiwit ing taun 1873 wêwaton punika kabangun enggal miturut tatananipun kangjêng gupêrmèn. Kasbut ing anggêr ingkang nama Wetboek van strafrecht voor Inlanders in Ned. Indie stb.1872 No.85.saha ingkang golongan prakawis alit, miturut pranatan ingkang winastan Algemeene politiestraf-reglement voor Inlanders in Ned. Indie stb.1872 No.111, sadaya wau dalah ewah-ewahan, tuwin wêwahan sambêtanipun.

2. Kasbut ing stb.1911 No.569 sadaya pranatanipun parentah Jawi ingkang pandamêlipun [pandamê...]

--- 57 ---

[...lipun] mawi sarêmbag utawi dipun uningani dening residhèn, sarta pranatan ingkang dhumawuh sadèrèngipun ing taun wau, ingkang botên cêngkah kalayan tatananipun kangjêng guprêmèn, punika ugi kenging kangge wêwaton ing pangadilan.

3. Kasêbut ing sêrat anggêr ingkang winastan Wetboek van strafrecht voor Ned. Indie ingkang katêtêpakên ing Kon.Besl.1915 No.33 saha stb.1917 No.497. wiwit ing taun 1918 anggêr ukum kasêbut ing nginggil wau sami kasuwak sadaya, saha lajêng kadhapuk tuwin kabêsut ing anggêr ingkang kadhawuhakên enggal punika.

d. Bab pangrèh tuwin tatanan lampahing praja

Wiwit pambangun tataning praja ingkang angwontênakên tataraning pêpangkatan wiwit rôngga dumugi kliwon, punapadene amêminta kawajiban satunggal-tunggaling golonganipun. Punika kasêbut sêrat pranatan ingkang kadhawuhakên kala ing taun (10: 4: 2: 1796) 1867 anaging inggih tansah lumintu ewah lan pambangunipun. Wasana miturut sampurnaning pangawikan lan mêmpaning jamanipun, wiwit kala ing taun 1917 dalah ing sumambêtipun, tatanan wau kawangun malih kados ing ngandhap punika.

Ing bab tataraning pangkat, tuwin adêgipun paprentahan.

1. Kasêbut ing Rijksb. 1917 No.37, namaning pangkat wadana gunung, punika kasantunan nama bupati, punapadene miturut pikajêngipun, Rijksb.1923 No.10 tuwin sêsambêtanipun, namaning pangkat panèwu: kasantunan nama wadana, namaning pangkat mantri ôngka satunggal, kasantunan nama panèwu, saha lajêng dipun wontênakên pêpangkatan, nama ôngka satunggal, ôngka kalih, dalah sapiturutipun.

2. Sadaya pangagêngipun golonganing paprentahan, punika sami kaadêgakên macung piyambak. Lawananing wajibipun, wontên ingkang macung piyambak ing ngarsa dalêm, wontên ingkang kawêngku bupati patih.

3. Adêgipun paprentahan satunggal-tunggal, saha wontên ingkang sampun mawi pangagêng piyambak, wontên ingkang taksih kasampirakên, saha wontên ingkang sampun kanamakakên kabupatèn utawi kawadanan, nanging wontên ingkang dèrèng.

Ing bab namaning golongan, tuwin pilahaning wajibipun.

Kabupatèn among praja (Centraal bestuur) dipun pangagêngi priyagung pangkat bupati, kawajiban dados pusêripun paprentahan, saha mawas sadaya lampahing [la...]

--- 58 ---

[...mpahing] praja, punapadene bupati wau ngiras dados kendhangipun bupati patih, dene peranganipun satunggal-tunggal, badhe kapratelakakên wontên ing katrangan, ôngka.(16)

Kala rumyin-rumiyin, ugi sampun wontên nama kawadanan among praja, ananging madêgipun dados paprentahan piyambak sawêg ing taun 1924 ingkang suwau dipun pangagêngi pangkat kaliwon, sarêng ing taun 1929 dipun pangagêngi pangkat bupati, dene kantoripun ugi nama kantor kapatihan utawi kantor Mangkunagaran. Manggon wontên ing lêbêt pura, iyasan kala taun, 1865.

2. Kabupatèn pangrèh praja, (Binnenlandsch bestuur) dipun pangagêngi priyagung pangkat bupati, kawajibanipun ing babagan pangrèh praja tuwin pulisi, satunggal-tunggaling kabupatèn sami madêg paprentahanipun piyambak-piyambak.

Kala rumiyin-rumiyin, mawi pangagêng pangkat babêkêl sawarni kados dhirèkturing dhepartêmèn, kawastanan panêkar wadana jawi, dumunungipun panêkar wau wontên salêbêting kitha. Dene kawadanan, (kabupatèn) punika ing ngajêng wontên sakawan, ananging wiwit kala ing taun 1894, kawadanan ing Baturêtna, saha wiwit ing taun 1903 panêkaring wadana jawi, punapadene wiwit ing taun 1929 kabupatèn kitha ing Mangkunagaran, sadaya wau sami kasuwak. Wasana wiwit ing taun 1930 kabangun ing tata malih: kabupatèn kitha kagêsangakên, nanging ing Karanganyar lajêng kasuwak, dados kawontênanipun ing sapunika amung kantun kabupatèn kitha Mangkunagaran, tuwin kabupatèn ing Wanagiri.

3. Kabupatèn Mandrapura (Paleis dienst) dipun pangagêngi priyagung pangkat kaliwon, kawajibanipun amêngkoni babagan ing lêbêt pura.

Kala rumiyin-rumiyin, ugi sampun wontên nama kawadanan Mandrapura, ananging madêgipun dados paprentahan ingkang mina tumrap ing pura, sawêg kala ing taun 1924.

4. Kabupatèn Parimpuna (Marktwezen) dipun pangagêngi priyagung pangkat kaliwon, utawi Inspecteur v/d Marktwezen kawajiban mangrèh babagan tataning pêkên, adêgipun paprentahan pêkên punika kala ing taun 1917.

Sadèrèngipun ing taun wau, pêkên-pêkên ing lêbêt kitha kaasta dening nagari, dene pêkên-pêkên dhusun, kacêpêng parentah dhusun.

5. Kabupatèn Kartipraja (M. N. Openbare werken) dipun pangagêngi Walandi [Wala...]

--- 59 ---

[...ndi] pangkat dhirèktur, dene Kartisananipun, rumiyin sakilèn pura, samangke salèripun ing pilah parêk, yasaning griya kala taun 1917.

Kala rumiyin-rumiyin, sadaya yasaning praja ingkang kalêbêt golongan agêng mawi kaulat-ulatakên dening Ambtenaar waterschap abdènipun kangjêng guprêmèn. Sarêng wiwit ing taun 1911 lajêng kaadêgan piyambak, dipun pangagêngi tilas, Eerst aanwezen ambtenaar, abdènipun kangjêng guprêmèn.

6. Kabupatèn Sindumarta (M. N. Irrigatiewerken) dipun pangagêngi insinyur pangkat pangagêng (Chef) kawajiban yêyasan babagan toya, adêgipun paprentahan punika kala ing taun 1916 ananging wiwit kala ing taun 1927 sadaya jajahan ingkang sampun kawêngku ing watêrsêkap, lajêng tumut Centraal waterschapskantoor.

7. Kabupatèn Wanamarta (M. N. Boschwezen) dipun pangagêngi Walandi abdi guprêmèn apangkat Opperhoutvester kawajiban ing babagan wana-wana (Djatibosch en reboisatie), adêgipun paprentahan punika kala ing taun 1911 dene katranganing kawontênanipun badhe kapratelakakên wontên katrangan ôngka 26.

8. Kabupatèn Yogiswara (Eeredienst) dipun pangagêngi priyantun pangkat wadana (pangulu), kawajibanipun ing tataning agami.

Dunungipun adêging masjid, rumiyin wontên ing Pasar Lêgi, sapunika sakilèning pura dalêm. Kawitaning iyasanipun kala ing taun 1878 kadumugèkakên panggarapipun wiwit kala ing taun 1917.

9. Kabupatèn Kartausaha (M. N. Rijksbedrijven) dipun pangagêngi Walandi apangkat Superintendent, kawajiban ing bab panggaotan nagari, tuwin arta nagari ingkang dipun minakakên, (Fonds der M. N. Eigendommen) mangrèhakên para administrateur Walandi, dene wontênipun panggaotan, wontênipun supêrintêndhèn tuwin adêgipun Fonds van Eigendommen badhe kapratelakakên wontên ing katrangan ôngka 25.

10. Kawadanan sinatriya (Bloed verwanten) dipun pangagêngi priyantun pangkat wadana kawajiban nindakakên babagan putra sêntana, mawi kaperang dados sakawan golongan, ingkang madêg marentah piyambak-piyambak, inggih punika: tumrap para putra santana M. N. I-II. M. N. III-IV, M. N. IV-V, saha M. N.-

--- 60 ---

VI-VII. Adêgipun paprentahan punika sarêng kalayan adêgipun pradataning kasatriyan.

11. Paprentahan prakawis siti (Agrarische zaken) dipun pangagêngi priyagung pangkat kaliwon, saha dipun kêmudhèni priyantun Walandi abdènipun kangjêng guprêmèn, kawajibanipun mranata prakawis siti, tumapakipun pandamêlan punika kala ing taun 1913, ananging anggènipun nagari andèkèki pangagêng jawi, utawi minôngka titimôngsa adêgipun paprentahan, sawêg kala ing taun 1917.

12. Paprentahan kadhoktêran (Gezondheidsdienst) dipun pangagêngi priyagung dhoktêr ingkang asêbutan Arts, kawajibanipun ing bab panjagining kasarasan, tumrap para putra santana tuwin narapraja ing lêbêt kitha.

Adêgipun paprentahan kadhoktêran. Punika kala ing taun 1928. Dene wiwitipun ing Mangkunagaran wontên dhoktêr kala ing taun 1872 klinikipun manggèn sakilèning pura, iyasan kala taun 1918.

13. Paprentahan Martanimpuna, dipun pangagêngi priyagung pangkat kaliwon (Inspecteur van belastingen) kawajibanipun analiti tuwin angajêngakên malêbêtipun arta nagari.

Adêgipun paprentahan Martanimpuna, punika kala ing taun 1926. Dene wontênipun priyantun Martanimpuna, punika kala ing taun 1900.

14. Paprentahan Legiyun (Legioen van Mangkoenagoro) dipun pangagêngi Luitenant Kolonel Commandant mawi panuntun Officier sangking Indisch Leger. Kawajibanipun ing bab lampahing prajurit, iyasanipun gêdhogan tuwin gêdhong kapalêri artilêri (Cavalerie en Artilerie Kazerne) kala ing taun 1874 iyasanipun gêdhong dêdamêl (wapen magazijn) ingkang kangge sapunika, kala ing taun 1920. Dene katranganing kawontênanipun legiyun wau badhe kapratelakakên wontên ing katrangan (11).

15. Paprentahan pasinaon iyasan dhusun (volksscholen) dipun pangagêngi priyantun School opziener abdènipun kangjêng guprêmèn. Kawajibanipun mangrèh tuwin angajêngakên ing bab pamulangan dhusun. Adêgipun pamulangan punika wiwit ing taun 1918.

Kajawi pamulangan dhusun punika, ugi wontên pamulangan sanèsipun. Ananging ingkang mêngkoni paprentahan botên angêmpal dados satunggal, kados ta:

--- 61 ---

Ha: pamulangan Siswarini, adêgipun kala ing taun 1912 ing ngajêng pamulangan ôngka kalih (Inl. Meisjesschool der 2e klasse) sarêng ing taun 1924 kaewahan dados pamulangan nyêpêng gêgriya, (Huishoud-cursus) paprentahanipun sumampir ing among praja.

Na: pamulangan siswa, adêgipun kala ing taun 1853 ing ngajêng pamulangan Jawi ôngka satunggal, ingkang mina [minôngka] kangge anakipun para putra santana tuwin anakipun para priyantun. Sarêng ing taun 1912 kaewahan dados Hollandsch Inlandsche school. Pangrèhipun pamulangan kaasta kangjêng guprêmèn, dene iyasanipun griya pamulangan kala ing taun 1917.

Ca: pamulangan têmbung Walandi ing wanci sontên (avond cursus) kangge para putra santana tuwin para nara ngraja [praja], pangrèhipun pamulangan punika kawêngku bupati patih, adêgipun wiwit ing taun 1916.

Ra: pamulangan anak prajurit (School der 2e kl. voor kinderen van Legioennairs) adêgipun kala ing taun 1922. Ananging wiwit kala ing taun 1927 lajêng kaasta kangjêng guprêmèn.

Ka: sambêtan pamulanganipun lare èstri kangge anakipun para prajurit (vervolg meisjesschool voor kinderen van Legioennairs) adêgipun kala ing taun 1928 ananging wiwit ing adêgipun wau lajêng kaasta kangjêng guprêmèn.

Kajawi ing nginggil wau, ugi wontên sagolonganing priyantun abdining praja, ingkang bêbahaning wajibipun kapasrahakên dhatêng para priyantun Walandi abdènipun kangjêng guprêmèn, kados ta:

1. Priyantun panulaking sêsakit cacar (Pokken-bestrijding) ingkang wontênipun kintên-kintên wiwit kala ing taun 1862 pangrèhing wajibipun kawêngku dhoktêr Walandi (Gewestelijk Arts).

2. Priyantun panuntun tani (Landbouw voorlichtingsdienst) ingkang wontênipun wiwit kala ing taun 1917 pangrèhing wajibipun kawêngku wontên Landbouw Consulent. Dene sikêping adêgipun katêtêpakên kasbut ing Rijksb. 1925. no. 3.

3. Priyantun-priyantun panitining arta bang dhusun (volks credietwezen) ingkang wontênipun wiwit kala ing taun 1918 pangrèhing wajibinipun kawêngku

--- 62 ---

wontên ing Ambtenaar b/d centrale kas. Dene sikêping adêgipun katêtêpakên kasbut ing Rijksb. 1929 no. 14.

4. Priyantun panulaking sêsakit malariah (Malaria bestrijding) ingkang wontênipun wiwit ing kala taun 1928 pangrèhing wajibipun kawêngku dhoktêr Walandi (Gewestelijk Arts).

e. Bab sasilahaning para kawula

Sasilahaning para kawula, punika kawarni-warni wêwatoning tumindakipun. Wontên ingkang sampun wêwaton pranatan, wontên ingkang amung wêwaton wiradat tuwin wontên ingkang sawêk saking awêwaton panyuraos. Punapadene asring wontên ingkang onya tumindakipun. Pramila murih ringkês larahing katranganipun, amung kula pratelakakên kalayan cêkak kados ing ngandhap punika.

1. Mênggah ing têmbung kawula, punika manawi kala rumiyin atêgês: têtiyang sanès santana tuwin botên suwita wontên ing praja, ananging ing sapunika atêgês têtiyang ingkang kawêngku (Onderhoorigen) ing satunggaling paprentahan.

2. Sasilahaning para kawula ingkang kawêngku parentah Jawi, utawi kawulanipun parentah Jawi (zelfbestuursonderdanen), punika kala rumiyin sadaya têtiyang Jawi, ananging wiwit ing taun 1921 (Rijksb. 1921 no.8) amung tiyang Jawi sasamènipun ingkang adêdunung têtêp, saha ingkang botên ngabdi ing Kangjêng Guprêmèn.

3. Salêbêtipun golonganing para kawula, punika wontên peranganipun nama satriya, punggawa praja, tuwin nama narakarya.

4. Salêbêtipun peranganing para satriya, punika kaperang malih putra santana, dene ingkang nama santana, manawi miturut wiradat lami, amung dumugi kalêrês buyut. Manawi wiradat ing sapunika (wiwit pangadilan lan kaasta Kangjêng Guprêmèn) ingatasipun lampahing kukum ngantos dumugi kalêrês canggah dalah ingkang katarik sêsemahipun.

5. Salêbêtipun perangan punggawa praja, punika kaperang malih narapraja tuwin legiyun. Saha ingkang narapraja, lajêng wontên perangan malih. Golongan priyantun utawi jajar, tuwin golongan nagari utawi dhusun. Dene tumraping legiyun lajêng wontên perangan Officieren tuwin Minderen.

6. Salêbêtipun perangan narakarya, punika kaperang malih nama narakarya, narawita [narawi...]

--- 63 ---

[...ta] utawi kêndhon. Ananging makatên wau amung tumrap ingkang manggèn dhusun-dhusun (Communaal bezitsrecht) dene ingkang wontên kitha (erfelijk individueel gebruiksrecht) dèrèng wontên namanipun.

7. Salêbêtipun peranganing para priyantun punika wontên perangan malih, kados ta:

Ha: kliwon dumugi bupati, punika golonganing pangkat luhur (Hooge ambtenaren) kados wiradatipun karaton ing Surakarta.

Na: mantri dumugi wadana, punika golonganing pangkat têngahan (Middelbare ambtenaren).

Ca: rôngga dumugi dêmang, punika golonganing pangkat andhap [Ambtenaren].

Ra: jajar juru sêrat tuwin pambantu, kawastanan calon priyantun.

Ka: golonganing priyantun nagari tuwin priyantun parentah dhusun.

Da: golongan priyantun ganjaran.

Ta: golonganing priyantun ingkang amung kasamèkakên pangaji-ajinipun.

8. Salêbêtipun perangan jajar, punika kaperang malih, ingkang golongan lurah utawi jajar.

9. Salêbêtipun peranganing para Officier wontên peranganipun malih kados ta:

Ha: Majoor dumugi Kolonel-kawastanan Hoofdofficier.

Na: 2e Luitenant dumugi Kapitein-kawastanan Subaltairne Officieren.

10. Salêbêtipun peranganing para Minderen wontên peranganipun malih, kados ta:

Ha: Sergeant dumugi Adjudant onder officier kawastanan onder officieren.

Na: Fuselier dumugi Korporaal kawastanan manschappen.

Sarèhning kawontênanipun perangan ing nginggil wau, dèrèng nyêkapi kalayan kawontênanipun ing sapunika, punapadene pêpadhaning drajad miturut wontênipun ing sapunika ugi dèrèng wontên wêwaton tatananipun. Kados ta: para satriya, kalayan para narapraja, kalayan para lesiyun, kalayan para sagêd, kalayan para kadonyan, tuwin kosok wangsulipun. Makatên ugi peranganing gêgolongan ugi kathah ingkang dèrèng wontên namanipun. Pramila kala ing taun 1927 garap kantor among praja, sampun angaturakên usul pamanggih

--- 64 ---

ambangun ing bab punika.

f. Bab tatanan adêging praja

Tatanan utawi pangrêksa adêging praja, punika katamtokakên wontên ing undhang pranatan, dhawuh pranatan, dhawuh kêkancingan dalêm kangjêng gusti, dhawuh kêkancinganipun bupati patih, tuwin sêrat dhawuh sangking parentah nagari, sêrat wau kapinta ing wêdalipun kados ing ngandhap punika,

1. Kasbut ing Rijksb. 1917 no. 1. wiwit tumapaking taun wau, dipun wontênakên kêmpalaning sêrat undhang tuwin pranatan sasamènipun, sêrat punika dipun wastani Pustakapraja Mangkunagaran (Rijksb. v/h M.N. Rijk) ingkang kaêmot sadaya sêrat undhang pranatan, ingkang sampun dipun dhawuhakên, tuwin dipun dhawuhakên enggal. Nanging ingkang sampun kadhawuhakên wau amung kapêndhêt ingkang taksih tumindak kemawon.

2. Kasbut ing Off. Nieuwsb. 1930. no. 1. wiwit tumapakipun ing taun wau, dipun wontênakên sêrat ingkang kawêdalakên sabên satêngah wulan sapisan, sêrat punika dipun wastani Pustakawarti Praja Mangkunagaran (Off Nieuwsb. v/h M.N. Rijk) ingkang kaêmot sadaya sêrat wêwaton ingkang botên kapacak Pustakapraja, kados ta dhawuh pranatan, dhawuh kêkancingan, tuwin dhawuh nagari sasamènipun.

3. Sêrat dhêdhawuhan padatan, ingkang angêmot dhawuh sanèsipun waton, tuwin wangsulan sasaminipun.

4. Sarèhning wontênipun wêwaton utawi dhawuh, punika samêktanipun dèrèng nyêkapi, pramila miturut ing K. Kg. 27. 1. 30. no. 2. Offi. Nieuwsb. 1930 no. 5. lajêng dipun wontênakên bêbadan ingkang kapatah ing bab punika.

--- 65 ---

1. Pêpatihipun ingkang jumênêng kangjêng gusti kaping I, punika wontên kêkalih, inggih punika: Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan. Tuwin Kyai Tumênggung Kudanawarsa, radèn ngabèi punika lajêng nama Radèn Tumênggung Surawijaya, nanging sarêng sampun ing jaman têntrêm, lajêng wangsul nama tuwin sasêbutanipun malih Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan ingkang kapisan. Dene Radèn Tumênggung Kudanawarsa lajêng kapiji dados bupati wontên ing kutha tanduran tanah Kaduwang.

Papintaning kawajibanipun pêpatih kalih punika, Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan, dados kamisêpuhing para punggawa, Kyai Tumênggung Kudanawarsa angêmbani sarira dalêm, ngiras manêkari babagan pangrèhing jawi, dene lêlabêt pandamêlipun sami tumut laralapa toh jiwa amangun yuda saha nênusup ing wanawasa ngantos 16 taun lamènipun. Inggih punika: nalika ambêbadhèni adêging praja wiwit salêbêtipun taun 1741 dumugi taun 1757, dene pêthinganing kawantêran kawijayan tuwin warni-warnining pandamêl salêbêtipun amangun bêbadra praja punika ngantos sêpên minôngka pêpindhanipun. Makatên ugi Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan punika mawi abêbantên bôndha [bô...]

--- 66 ---

[...ndha] beya kangge tambangan andon ngayuda ingkang ngantos pinèngêtan sinamun kangge ing nami, amargi radèn ngabèi punika kagolong bôngsa kabandhan. Dene Kyai Tumênggung Kudanawarsa abêbantên kathahing bala sangking para kadang warganipun ingkang sabayantu sêdya ngantos ngentasi ing yuda, pracihnaning kasêtyanipun pêpatih kalih punika dados ambabar bêrkah dhatêng para têrahipun, ingkang tansah katingal pêpancêripun ngantos dumugi sapunika.

Sedanipun Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan, punika wontên ing antawisipun taun 1792, kasarèkakên wontên ing pasarean dhusun Randhusanga, bawah kapanewon pangrèh praja Tasikmadu, kabupatèn ing kitha Mangkunagaran,§ Kintên-kintên kala ing taun 1910 pasarean punika dipun mulyakakên dening sayuking sêngkuyunganipun para ahlinipun piyambak. dene Kyai Tumênggung Kudanawarsa, sedanipun wontên ing antawisipun taun ... (*) ... kasarèkakên wontên ing pasarean dhusun Mantênan, bawah kapanewon pangrèh praja Selagiri kabupatèn ing

--- 67 ---

Wanagiri.

Pasareanipun Kyai Tumênggung Kudanawarsa, punika wiwit ing kina-kumina sampun kamardikakakên saha rinêksa dening nagari, rumiyinipun kêmpal kalayan ingkang rumêksa pasarean ing Kêblokan. Inggih punika pasareanipun Radèn Ayu Sumanarsa, garwa dalêm pangrêmbe ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat ing Kartasura (Radèn Ayu Sumanarsa, punika ugi asma Radèn Ayu Sêpuh utawi Radèn Ayu Kilèn) kalêrês ingkang bakyu kalayan Kyai Tumênggung Kudanawarsa, ananging kadaluwarsanipun ewahing lampah. Mardikan punika amung lajêng maligi rumêksa pasarean ing Mantênan kemawon, saha ing wasananipun sapunika dipun suwak babarpisan.

2. Pêpatihipun ingkang jumênêng kangjêng gusti kaping II, punika sakawitipun wontên kêkalih, inggih punika Radèn Ngabèi Sumarêja, ingkang ugi nama Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping sapisan, tuwin Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan kaping kalih (pangabdènipun Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan punika wiwit kangjêng gusti ingkang kapisan) papintaning kawajibanipun taksih irib kados kala jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping I,

--- 68 ---

kados ta: Radèn Ngabèi Sumarêja, kabêbahan ing babagan perangan lêbêt. Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan, kabêbahan ing babagan perangan jawi, saha ing salajêngipun Radèn Ngabèi Sumarêja, kagêntosan Mas Ngabèi Wignyawijaya, dene kawajibanipun lêstantun kabêbahan ing babagan perangan lêbêt.

Nalika kangjêng gusti ambangun tata sikêping para prajurit, pêpatih punika kawêwahan satunggal malih, nama Mas Ngabèi Jayapranata, prêlunipun kagêm kanthi pambanguning tata wau ngiras dados kapitan ajudan dalêm.

Lêlabêdanipun Radèn Ngabèi Sumarêja, punika angentasi tuwin parigêl saha rigên murih kacêkap prêluning damêl. Kanthi tansah ngatingalakên ing wantêripun, kados ingkang badhe kapratelakakên wontên ing bab kaping 5, dene Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan, punika gagah purun akurban jiwa, nalika murih rahayunipun ingkang jumênêng tuwin widadanipun adêging praja, saengga kadugi prajangji mantêping sêtya wontên ing ngarsanipun residhèn ing Surakarta, ingkang dados mahanani wêwah rakêt saha sangêt pinitados suwitanipun kangjêng gusti dhatêng Kumpêni, [Kumpê...]

--- 69 ---

[...ni,] punapadene labuh prang ing tanah Jawi nalika bêdhahipun karaton Ngayogyakarta ing taun 1812, tuwin prang Dipanagaran kala ing taun 1825 dumugi 1830 tuwin tabêri damêl pèngêtan pakêming praja ingkang ngantos kenging kangge ular-ular pangluhuring sasêrêpan dumugi ing sapunika.§ Nama Rôngga Panambangan punika wontên kêkalih, inggih punika Rôngga Panambangan ingkang kapisan, tuwin Rôngga Panambangan ingkang kaping kalih, salajêngipun kasambêtan ingkang putra nama Mas Ngabèi Jayapanambang, nama Mas Ngabèi Jayapanambang wau ugi ngantos wontên kalih, utawi kenging sinêbut Panambangan kaping tiga, tuwin ingkang kaping sakawan, ananging kaping tiga utawi sakawan punika, sami botên kabêbahan dados pêpatihipun ingkang jumênêng.

Mas Ngabèi Wignyawijaya, punika ugi tumut amangun pêrang kala bêdhahipun karaton Ngayogyakarta, saha kala paprangan Dipanagaran, ingkang ngantos ngatingalakên kawantêran tuwin sêtya tuhunipun, punapadene sampurna dhatêng kawruh panujuman ingkang taksih linaluri ngantos dumugi ing sapunika, dene Mas Ngabèi Jayapranata, kajawi ugi tumut amangun pêrang ngantos kalih rambahan wau, ugi angestaniangentasi. ing padamêlan, nalika kapiji ambangun [ambangu...]

--- 70 ---

[...n] lampah adêgipun para prajurit, nalika santun pangajaran kados Walandi ingkang saya wêwah kêkahipun dados prajurit legiyun ngantos dumugi ing sapunika, wontênipun piniji wau awit sampun katitik prigêling srawunganipun kalayan prajurit Walandi kala salêbêtipun ing jaman pêrang (11).Keterangan (11) ada pada paragraf berikutnya.

Katrangan

(11) Nadyan kula sampun sangêt ngrumaosi bilih kasêpênan ing kawruh adêging praja, nanging ingkang langkung kuciwa sumêrêp kula botên kados tumrap babagan legiyun, ewadene murih botên nama pèngêtan jugag, sagaduging sumêrêp kula inggih kula pratelakakên kalayan cêkak kados ing ngandhap punika:

I. Bab adêgipun babagan prajurit

Wiwit kondur dalêm kangjêng gusti kapisan sangking lêlana (adêgipun praja Mangkunagaran) punika pancèn sampun dipun wontênakên adêging kaprajuritan, nanging tansah winantu pambangunipun, kados ta:

1. prajurit ingkang sakawit nama nyutra, gulang-gula, [gulang-gulang] kaneman, jayèngastra, samaputra, panamèng, bijigan, tuwin sinêlir, dêdamêlipun towok, waos, sanjata, utawi pêdhang.

2. sarêng katitik kawantêranipun anggènipun para prajurit ambiyantu dhatêng Kumpêni, kala ing taun 1798 adêging prajurit punika kaparingan urun waragad sangking Kumpêni kathahipun 2000 spaansche maat (spn = ± f 2.50) ing dalêm sataunipun.

3. ing taun 1808 kangjêng gusti yasa wêwahan prajurit malih anamakakên trunakinanthi, saragêni, tuwin prajurit prangtandang, saha nunggil ing taun wau, sabibaripun angkatan prang dhatêng Cirêbon, kangjêng gusti lajêng kaangkat jumênêng Kolonel Commandant, prajuritipun kawastanan bataliyun, punapadene lajêng kawiwitan [kawiwita...]

--- 71 ---

[...n] ngangge pangajaran kados prajurit Walandi, miwah kabangun tatanipun, cacahipun isining tiyang kawêwahan sangking suwau.

Kathahipun prajurit punika wau katamtokakên wontên 1100 kalêbêt usar dalah sasêtabêlipun, saha kaparingan dêdamêl warni mariyêm, sanjata tuwin karabin, prajurit punika ingkang dharatan kaperang dados 6 Kumpêni, kalêbêt golongan jagêr, sêtabêl 2 mriyêman saha usar 2, eskadron dipun pangagêngi mayor kêkalih, tatanan punika kawiwitan ing taun 1809, saha têtêping pambangunipun wontên ing salêbêtipun taun 1810.

4. Mriyêm paringan ing nginggil wau cacahipun kalih iji sami linapis têmbaga murni ciri aksara V.O.C. sinung nama Kyai Gêlap, saha dumugi ing sapunika taksih pinêtri wontên ing pura.

5. Kala ing taun 1812 jalaran sangking katitik malih kawantêranipun kala prang wontên ing Srondhol (prajurit Prama mêngsahan kalihan prajurit Inggris, kala ing taun 1811) bataliyun punika kabangun malih kakiyatanipun dados 1150 saha wêwah prajurit andhungan 400 kathahipun urunan sangking guprêmèn (guprêmèn Inggris) kawêwahan dados 1200 spm ing dalêm sawulanipun, punapadene namènipun bataliyun dados winastan legiyun.

6. Kala ing taun 1825 [salêbêtipun prang Dipanagaran] kangjêng gusti yasa prajurit panumbak malih 400 saha sêtabêl dipun wêwahi cacah tiyang 70.

7. Kala ing taun 1838 legiyun kaparingan tatêngêr pandhêl saha mriyêm kalih rakit, pandêl wau mawi sinêratan sastra Jawi mungêl "pabarisan prangwadanan".

8. kala ing taun 1861 kangjêng gusti yasa prajurit margôngsa tuwin mêwahi prajurit panumbak (Schaphijr en Piekenier) kangge andhungan utawi nyanggi bot repotipun legiyun ing samôngsa wontên damêl, golongan prajurit punika kawastanan wirapraja, dene nama tuwin wajibipun ing môngsa têntrêm kados ing ngandhap punika:

a. Subamanggala, jagi wontên gêdhong-gêdhong utawi panggenan sanès, ingkang botên kajagi dening legiyun.

b. Margayuda, jagi wontên ing grêdhu-grêdhu pajagèn wradinan agêng.

c. Wiratana, kajawi dados gruping pajagèn subamanggala, ugi dados pangurung-urung manawi wontên pasamuwan angkating layon.

--- 72 ---

d. Bramantaka, jagi panyêgah tuwin panulakipun bancana latu.

e. Jagaastana, rumêksa tuwin ngopèni wontên astana dalêm ing Mangadêg, Girilayu.

f. Kala-kala manawi wontên pasamuwan ing lêbêt pura, damêl prajurit rarênggan, winastan rônggasewaka.

9. Kala ing taun 1869 siti lênggahipun para prajurit legiyun, kapundhut kondur nagari, dados lajêng kabalônja arta sadaya.

10. Kala ing taun 1872 legiyun wiwit dipun wontênakên Officier van gezondheid, opsir punika ugi amêngkoni putra santana tuwin narapraja ing lêbêt kitha, kados ingkang sampun kapratelakakên ing katrangan ôngka (8).

11. Kala ing taun 1874 nagari anamtokakên sadaya para kawula ingkang anggayuh pangkat priyantun, kêdah malêbêt dados prajurit, mila rumiyin-rumiyin, sadaya punggawa praja punika prasasat sampun nglampahi utawi mangrêtos lampahing kaprajuritan.

12. Kala ing taun 1897 prajurit sêtabêl sami kasuwak sadaya, saha peranganing Kumpêni ingkang suwau dados nênêm, kadhapuk dados sakawan, ananging isinipun tiyang ing sa-Kumpêni: kawêwahan cacahipun ingkang gungung kêmpalipun, sanadyan sêtabêl ical, tiyangipun dados wêwah.

13. Kala ing taun 1900 dipun wontênakên tatanan pambangun enggal tumrap sikêp tuwin adêging legiyun, pranataning pambangun punika dipun wastani Huishoudelijk Reglement voor het Legioen van Mangkeonagoro.

14. Kala ing taun 1916 sawontênipun sadaya usar sami kasuwak sadaya, ananging isènipun Kumpêni prajurit dharat, sami kawêwahan malih ing cacahipun.

15. Kala ing taun 1917 kakiyataning legiyun kawêwahan dados kalih bataliyun, saha kaperang dados 8 Kumpêni, ananging dèrèng ngantos jangkêp samantên, lajêng katungka môngsa ngiriding waragad, mila sarêng ing taun 1919 lajêng kasuda malih ing cacahipun, saha kabangun peranganipun, inggih punika: ingkang sabataliyun isi 2 Kumpêni nama perangan Veld Compagnie, ingkang sabataliyun isi 4 Kumpêni nama perangan Trein geleiders.

16. Tumrapipun ing golongan wirapraja, punika rambah-rambah ewah tuwin santunipun punapadene babar pisan lajêng kasuwak. Wiwit suwakipun wau ingkang kathah

--- 73 ---

kala ing taun 1888, dene kawontênanipun ing sapunika, miturut tatanan ingkang katindakakên ing taun 1924 kantun ingkang nama wiratana cacah tiyang 200, prêlu kangge sadhiyan pasamuwan lêlampahing layon.

Kala rêmbag ambangun tatanan wau, wontên ingkang darbe usul, sarèhning pakêmpalaning para priyantun, punika sampun ginadhuhan kareta layon, utawi sagêd ugi puruging pangubur punika dhatêng panggenan ingkang têbih lampahipun, pramila murih turut lampah tuwin kawontênanipun, langkung prayogi tatêngêring pamiwaha, punika botên katamtokakên wiratana angurung-urung, ananging miturut samêmpaning mapanipun, kados ta: awujud kareta andhong, oto sewan, saha sanès-sanèsipun, ananging kala samantên usul punika botên katampèn.

17. Pêpanci tumrap legiyun, kados ta: ewahipun kathahing arta urunan saking guprêmèn, ewahipun nama urunan lajêng dados pêpanci têtêp. Punapadene nagari lajêng botên nyadhiyani pêpancinipun. Tuwin ewahipun malih lajêng kasadhiyanan kemawon saking guprêmèn sapintên ing telasipun kados ingkang tumindak ing sapunika, punika kula botên sagêd anêrangakên kadospundi patitisipun, amung wontên cacriyosan nalika kangjêng gusti kaparingan ganjaran siti bibar prang Dipanagaran, (ing taun 1830) punika wêtahipun siti ganjaran wontên 1000 karya, ingkang 500 karya kaaturakên wangsul awit kasuwun dados ingoning para prajurit, ananging cariyos wau kula botên sagêd anêrangakên patitisipun.

18. Pêpancinipun prajurit wiratana, punika ing ngajêng awarni siti, ananging wiwit kala ing taun 1924 kasantunan warni arta, saha arta punika kagolongakên pêpanci pura (Civiele lyst).

--- 74 ---

II. Bab pangangge tuwin dêdamêlipun para prajurit

Pangangge tuwin dêdamêlipun para prajurit, punika rambah-rambah ewah ing warni tuwin santun gagragipun, dene kawontênanipun kados ing ngandhap punika:

1. Panggangge tumrap legiyun, kados ta:

a. Kala jaman kawêngku Prasman, rasukan cêmêng calana pêthak.

b. Kala jaman Inggris, rasukan abrit calana pêthak.

c. Kala jaman Kumpêni, tuwin guprêmèn Nèdêrlan, rasukan cêmêng pameran calana pêthak, lajêng santun calana cêmêng, wasana wiwit ing taun 1898 suwau gêblag, lajêng santun saking sèrsi.

2. Kala ing taun 1911 sadaya para prajurit (legiyun tuwin wirapraja) sami wiwit potong rambut tuwin lajêng sumrambah golongan sanès.

3. Wiwit kala ing taun 1913 legiyun golongan ngandhap (minderen) kaparêng ngangge sêpatu, bedanipun kalayan lègêr: amung ing janggan rasukanipun, wêwah mawi aksara M.N.

4. Tumrap para wirapraja, punika panganggenipun ugi rambah-rambah ewah tuwin santunipun, ananging sarèhning warni-warni bedanipun, dados rêkaos kagêlar satunggal-tunggal, amung cêkakaning kawontênanipun, wontên ingkang mangangge cara Walandi, wontên ingkang cara Jawi sikêpan agêng, wontên ingkang cara Jawi sikêpan cêkak, tuwin wontên ingkang cara Jawi prajuritan. Dene wiratana ing sapunika, cara Jawi prajuritan, rasukan atelah jêne.

5. Dêdamêl tumrap legiyun, kados ta:

a. Sakawitipun ingkang suwau, ngangge sanjata ingkang nama selaapi (vuursteen geweer) lajêng santun nama sanjata dhobisan (gedroegen geweer) lajêng santun nama sanjata patruman (Bourmont geweer) lajêng santun nama repêtir (Repeteer geweer) saha santun ingkang dumugi ing sapunika nama Marechaussee Karabijn.

b. Kala ing taun 1918 kawêwahan dêdamêl sanjata mêsin (Geweermitarilleurs) nanging taun 1928 lajêng santun Karabijn mitrailleurs ingkang lêstantun ngantos dumugi ing sapunika.

6. Dêdamêlipun para wirapraja, punika warni-warni manut peranganipun piyambak-piyambak, kados ta: wontên ing dêdamêl towok, pêdhang, waos tuwin [tuwi...]

--- 75 ---

[...n] wontên ingkang sanjata, dene ingkang taksih lêstantun dumugi ing sapunika, amung kantun dêdamêl waos.

III. Bab pangagêngipun para prajurit.

Pangagêngipun para prajurit, punika tumrap legiyun, ingkang jumênêng kangjêng gusti piyambak, apangkat Kolonel Commandant tumindaking pandamêlan dipun pangagêngi dening andhahan (Majoor utawi Luitenant Kolonel 2e Commandant) ananging mawi panutan, opsir Walandi mêndhêt saking opisir lègêr India, dene tumrap wirapraja kacêpêng bupati patih, sarêng taun 1924 kacêpêng ing Mandrapura, kawontênan tuwin urutipun adêging legiyun wau kados ing ngandhap punika.

1. Nalika kawitan ing adêgipun, dipun pangagêngi Majoor kêkalih, inggih punika Radèn Mas Arya Mijayasarosa, tuwin Kangjêng Pangeran Arya Surya Mataram.

2. Wiwit nalika salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping IV, pangagêng punika kapangkat Luitenant Kolonel 2e Commandant ananging wontên ugi ingkang sawêg dumugi apangkat mayor, urutipun kados ing ngandhap punika:

Sawêg dumugi Radèn Mas Arya Jayaningrat, Luitenant Kolonel.

Sawêg dumugi Kangjêng Pangeran Arya Suryadiningrat, Luitenant Kolonel.

Sawêg dumugi Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, Luitenant Kolonel.

Sawêg dumugi Radèn Arya Suryaputra, Majoor.

Sawêg dumugi Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, Luitenant Kolonel.

Sawêg dumugi Kangjêng Pangeran Arya Gôndasiswara, Majoor.

Sawêg dumugi Kangjêng Pangeran Arya Dayakiswara, Majoor.

Sawêg dumugi Radèn Mas Panji Sumaudaya, Majoor.

Sawêg dumugi Radèn Mas Arya Sumadarmaka, Luitenant Kolonel.

Sawêg dumugi Radèn Mas Panji Bratatanaya, Luitenant Kolonel ingkang taksih jumênêng ing sapunika.

3. Ingkang nuntuni pangajaranipun para legiyun (Instructeur utawi Leider) punika wiwit nalika ing adêgipun, dipun biyantu dening tilas Overste saking ing lègêr nama tuwan Schemid sarêng êlêt sawatawis dangunipun, lajêng kasampirakên kemawon dhatêng opisir saking bètèng Surakarta, wasana wiwit taun 1895 dipun wontênakên piyambak panuntun ingkang maligi ugi opsir sangking lègêr

--- 76 ---

urutipun kados ing ngandhap punika:

Ing taun 1895 Tuwan Brandenburg, Kapitein
Ing taun 1897 Tuwan Drijber, Kapitein
Ing taun 1901 Tuwan Onland, Kapitein
Ing taun 1903 Tuwan Dijkstra, Kapitein
Ing taun 1905 Tuwan Wilhelm, Kapitein
Ing taun 1908 Tuwan Kohler, Kapitein
Ing taun 1910 Tuwan Rijnen, Kapitein
Ing taun 1911 Tuwan van Nues, Kapitein
Ing taun 1913 Tuwan de Wilde, Kapitein
Ing taun 1914 Tuwan Schadee, Kapitein
Ing taun 1916 Tuwan Nolen, Kapitein
Ing taun 1919 Tuwan Aukes, Kapitein
Ing taun 1920 Tuwan Zeiler, Kapitein
Ing taun 1922 Tuwan Schrek, Kapitein
Ing taun 1925 Tuwan van Hasselt, Kapitein
Ing taun 1926 Tuwan Habbema, Majoor
Ing taun 1926 Tuwan Dommers, Majoor
Ing taun 1927 Tuwan Buijs, Majoor
Ing taun 1928 Tuwan Roos, Majoor ingkang taksih lêstantun dumugi ing sapunika

IV Bab damêl utawi lêlabêtanipun legiyun

Ingkang kula ewokakên damêl, utawi lêlabêtanipun legiyun, punika sawarnining lampah panyêgahing hara-huru ingkang ngantos ngatingalakên sikêping kaprajuritan, kawontênanipun kados ing ngandhap punika:

1. Kala ing taun 1809 mangsah pêrang nyirêp rarêsah Ngayogyakarta, rarêsah punika ngantos wangsul ambal-ambalan. Wasana ing taunipun 1812 karaton Ngayogyakarta dados kalampahan bêdhah paprangan punika kawastanan prang sêpèi.

2. Nunggil taun 1809 mangsah pêrang nyirêp rarêsah tanah Cirêbon, sanadyan botên kalampahan apêrang rukêt nanging rarêsah kalajêng sirna.

3. Kala ing taun 1811 mangsah pêrang mamêngsahan bôngsa Inggris, wontên ing Srondhol sakidul kitha Samarang, sanadyan pêrangipun anama kasor ananging sagêd [sa...]

--- 77 ---

[...gêd] ngatingalakên kawantêranipun ingkang ngantos angsal pracihnaning kabêgjan agêng.

4. Kala ing taun 1812 (nunggil taun kalayan bêdhahipun karaton Ngayogyakarta) mangsah pêrang biyantu nyirêp rarêsah ing Indramayu.

5. Kala ing taun 1816 biyantu pêrang, nyirêp rarêsah ing tanah Bangka.

6. Kala ing taun 1821 biyantu pêrang, nêlukakên ing tanah Plembang.

7. Kala ing taun 1825 dumugi 1830 kokoh pêrang nanggulangi pangramanipun Pangeran Dipanagara.

8. Kala ing taun 1859 siyaga pêrang ambiyantu nêlukakên ing tanah Boni, ananging botên saèstu kalampahan, awit sampun lajêng têluk.

9. Kala ing taun 1873 biyantu pêrang nêlukakên ing tanah Acih.

10. Kala ing taun 1876 nyirêp pambalelanipun dhatêng nagari para punggawa dhusun ing Banamumpal, bawah kapanewon Krêja.

11. Kala ing taun 1888 nyirêp pandaganipun Iman Sampurna, ingkang ngêbroki wontên sanggrahan ing Srikaton (Tawangmangu).

12. Kala ing taun 1923 jagi rarêsah pambalelanipun para punggawa sêpur.

13. Kala ing taun 1926 nyirêp rarêsahan pandamêlipun para Kuminis, ingkang anrang ing nagari Surakarta.

Menggah kadospundi rêsiking katranganipun tumrap adêging legiyun wau, kala ing taun 1926 nagari sampun matah priyantun Walandi, prêlu adamêl pèngêtan ingkang mratelakakên kawontênanipun satunggal-tunggal (gedenboek) ananging dumugi dintên punika pèngêtan wau dèrèng kababar.

--- 78 ---

Sedanipun Radèn Ngabèi Sumarêja, punika wontên ing antawisipun taun ... (*) ... kasarèkakên nunggil ingkang rama wontên ing pasarean ing dhusun Juma, bawah ing nagari Têmanggung, sedanipun Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan ingkang kaping kalih, wontên ing antawisipun taun 1866. Kasarèkakên nunggil ingkang rama wontên pasarean ing Randhusanga, sedanipun Mas Ngabèi Wignyawijaya, wontên ing salêbêtipun taun 1837 kaparêng dhèrèk kasarèkakên wontên ing astana dalêm rêdi Mangadêg. Dene sedanipun Mas Ngabèi Jayapranata, wontên ing antawisipun taun 1839 ingkang ugi kaparêng dhèrèk kasarèkakên wontên ing astana dalêm rêdi Mangadêg, bawah kapanewon pangrèh praja Matesih, kabupatèn ing Karanganyar.

3. Pêpatihipun ingkang jumênêng kangjêng gusti kaping III sakawitipun taksih lêstantun wontên têtiga, inggih punika Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan kaping kalih, Mas Ngabèi Wignyawijaya, tuwin Mas Ngabèi Jayapranata, sarêng Mas Ngabèi Wignyawijaya sampun seda sadaya kawajibanipun Mas Ngabèi Wignyawijaya, lajêng kasangkul dening Mas Ngabèi Jayapranata, tumrap ing babagan [baba...]

--- 79 ---

[...gan] putra santana: katindakakên dening Radèn Mas Arya Gôndakusuma,§ Radèn Mas Arya Gôndakusuma punika, akiripun lajêng jumênêng kangjêng gusti ingkang kaping: IV. saha ing babagan siti utawi bageyan jawi, katindakakên dening Radèn Ngabèi Mangkurêja, dene Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan, rèhning sampun kaduk yuswa, dados kantun tinantunan kemawon.

Sasedanipun Mas Ngabèi Jayapranata, sadaya kawajibanipun lajêng kaasta dening Radèn Mas Arya Gôndakusuma, amung tumrap urusan ing lêbêt pura, tumut kacêpêng dening Radèn Ngabèi Mangkurêja.

Kala ing salêbêtipun taun 1839 sarêng Radèn Mas Arya Gôndakusuma winisudha pangkat mayor, kawajibanipun dados pêpatih lajêng sumèrèn dhatêng Radèn Ngabèi Mangkurêja sadaya, amung babagan putra santana, tuwin babagan rèhing prajurit, ingkang taksih lêstantun kasangkul dening Radèn Mas Arya Gôndakusuma, wasana sarêng adêging praja katata wangun, inggih Radèn Ngabèi Mangkurêja punika ingkang katêtêpakên dados pêpatih, mawi

--- 80 ---

pinangkat bupati saha sinêbut radèn tumênggung.

Lêlabêdanipun Radèn Mas Arya Gôndakusuma tuwin Radèn Tumênggung Mangkurêja, punika prasasat sami utawi sêsarêngan rumagang damêl, nalika lumawan paprangan Dipanagaran. Tuwin budidaya nyantosakakên adêging praja, dene têrangipun pandamêl satunggal-tunggal, tuwin dununging sumarenipun, punika tumrap Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, kasbut wontên pêpakêmipun ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran. Saha tumrapipun Radèn Tumênggung Mangkurêja, badhe kapratelakakên wontên ing cariyosipun para pêpatih, wiwit adêging praja kabangun enggal.

Wontênipun adêging praja punika kabangun enggal, kajawi kabêkta sangking tatanan ing guprêmenan kados kasêbut ing nginggil, ugi awit sangking sampun dumugi ing wancinipun kêdah tumindak kados makatên, awit dahuruning praja sampun sirêp, saha sampun wiwit ngancik jaman têntrêm, dados wajibipun para pêpatih lajêng têtêp kados adêging praja sajati.

Sapintên wajibipun para bupati pêpatih, punika sawêg kapathok ing sêrat ugêr (Instructie) ingkang katindakakên kala salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping V ing taun 1888,

--- 81 ---

inggih punika wiwit kala dadosipun bupati patih Radèn Mas Tumênggung Arya Sêbrata, dene orèhaning cariyosipun, gambaripun, dununging sumarenipun, tuwin ringkêsan pêthinganing pandamêl, lêlabêtan, saha kalimpatanipun. Wiwit pêpatih ingkang mêngku paprentahan adêging praja ngantos dumugi ing sapunika, kados ingkang kapratelakakên satunggal-tunggal kasbut ing ngandhap punika.

--- [82] ---

...

--- 83 ---

Gambar Aksara Ka

Dalêm Kabupatèn Kapatihan ing Mangkunagaran.

[Grafik]

Iyasanipun Radèn Tumênggung Mangkurêja, kala ing taun 1865 kagambar kala ing taun 1930.

--- [84] ---

...

--- 85 ---

Gambar Aksara Da

Radèn Tumênggung Mangkurêja

Mêndhali jêne sangking paprangan ing tanah Jawi (Gouden medaille v/h Javasche Oorlog), bupati patih, saha pangarsaning pradata Mangkunagaran.

[Grafik]

Panggambaripun nalika kintên yuswa:68 taun.

--- [86] ---

...

--- 87 ---

Pratelan

Radèn Tumênggung Mangkurêja, punika ingkang amurwani pêpatih pangkat bupati saha amêngku pangrèhing praja, punapadene pêpatih ingkang ambukani sumare ing Têmuirêng, inggih punika ingkang ambabêkta wontênipun sinêbut kuburan patih.

Dadosipun pêpatih radèn tumênggung, punika wiwit kala ing taun 1839 utawi wiwit kala jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping III, ananging pangkatipun taksih nama punggawa sêpuh sinêbut radên ngabèi, dene anggènipun pinangkat dados bupati sêbutan radèn tumênggung, punika kintên-kintên kala ing taun 1850 ugi taksih salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping III.

Lêlabêtanipun salêbêtipun suwita wontên ing praja, sêtya tuhu wantêring yuda saha rigên mêmayu hayuning praja, dene têrangipun satunggal-tunggal badhe kapratelakakên wontên cariyos kasbut ing bab kaping 5.

Sedanipun radèn tumêngggung, punika taksih salêbêtipun suwita wontên ing praja kala ing taun 1867 (sampun salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping IV), dados lamènipun anggèning dados pêpatih wontên 28 taun. Ananging anggènipun mawi pinangkat bupati, amung ingkang kintên-kintên 17 taun.

--- [88] ---

...

--- 89 ---

Gambar Aksara Ta

Radèn Tumênggung Jayasarosa

Bupati patih saha pangarsaning pradata Mangkunagaran

[Grafik]

Botên wontên têtilaranipun gambar, awit kala sugêngipun botên kaparêng anggambarakên

--- [90] ---

...