Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 091-175)

Katalog:Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273
Sambung:
1.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 001-090). Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #293.
2.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 091-175) . Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #884.
3.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 176-286) . Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #885.

--- 91 ---

Pratelan

Radèn Mas Tumênggung Jayasarosa, punika bupati patih ingkang kaping kalih, dadosipun bupati wau wiwit kala salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping IV, kèndêlipun salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping V.

Nalika ing taun 1868 salêbêtipun radèn mas tumênggung dados panêkar wadana jawi, sampun katêtêpakên dados wakil bupati patih rumiyin ngantos 8 wulan lamènipun. Salajêngipun ugi taksih nunggil salêbêtipun ing taun wau saèstu katêtêpakên. Dadosipun bupati patih wau ngantos dumugi ing taun 1888, dados lamènipun anggèning jumênêng bupati patih wontên 20 taun.

Lêlabêtanipun salêbêtipun suwita wontên ing praja, nalika taksih jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping IV tansah ambiyantu tuwin tinaringan sarèhipun karsa dalêm, anggènipun ambangun tapa rahayuning praja tuwin anggêgêsang lungiting kagunan Jawi, amung sarêng anyarêngi môngsa apêsing nagari (salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping V) sanadyan botên kakirangan atur pamrayoginipun ingkang mamrih ambêbangun karisakan, ewadene rèhning sêpên ing kayêktèn, dados kalêdhok ing tata [ta...]

--- 92 ---

[...ta] praja ingkang lajêng pinidana kinèndêlan saking suwita saha kasingkirakên dhatêng ing Padhang (Sumatrah).

Pamawasipun sawênèhing para sagêd dhatêng olah lampahing praja, tumanduking pidana samantên wau kalêbêt kaladuk sangking tata adiling raos, utawi nama kirang sampurna ing absahipun, awit kaanggêp amung sangking wasesanipun ingkang tinanggênah nata pusaraning praja, mila dunungipun pidana wau inggih amung dipun singkirakên. Saha sarêng ing taunipun 1894 lajêng kaparêng wangsul mantuk angêjawi malih, punapadene lajêng kaparingan sasêbutan nama radèn mas. Awit pancèn kalêrês santana buyut sangking kangjêng gusti ingkang kapisan.

Sasampunipun wangsul ing tanah Jawi sawatawis lamènipun, inggih punika salêbêtipun ing taun 1897 radèn mas tumênggung punika lajêng seda, kasarèkakên wontên ing pasarean pradikan dhusun Têmanggal, bawah kapanewon pangrèh praja Jatipura, kabupatèn ing kitha Mangkunagaran.

--- 93 ---

Gambar Aksara Sa

Radèn Mas Tumênggung Arya Sêbrata

Bupati patih saha pangarsaning pradata Mangkunagaran.

[Grafik]

Panggambaripun nalika kintên-kintên yuswa 70 taun, (sasampunipun lèrèh sangking pakaryan nagari)

--- [94] ---

...

--- 95 ---

Pratelan

Radèn Mas Tumênggung Arya Sêbrata, punika bupati patih ingkang kaping tiga, dadosipun saha dumugining kèndêlipun anggèning dados bupati patih sami salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti ingkang kaping V, inggih punika wiwit ing taun 1888 dumugi ing taun 1891, dados laminipun jumênêng bupati patih wontên 4 taun.

Lêlabêtanipun salêbêtipun suwita wontên ing praja, punika tansah ambudidaya saha biyantu anggènipun mêmulih ruwêting praja, nalika praja sawêg nandhang kacingkrangan. Tumindaking pambudi wau sarwa sarèh tuwin taliti dhatêng pangimpunipun bôndha nagari.

Awit dening anggènipun amêmulih kacingkrangan makatên wau, dados mahanani tatanan santun-sumantun, saengga angwontênakên ewah-ewahan ingkang dados wêwaton ingkang prayogi tumrapipun lampahing pajêg tuwin tumanjaning siti-siti. Inggih wêwaton wau ingkang lajêng kangge salamènipun, ngantos dumugi sadèrèngipun wontên ambangun tatanan enggal, (reorganisatie) ingkang tumindak wiwit ing taun 1911.

Sedanipun nalika ing salêbêtipun taun 1917, sumarenipun [sumareni...]

--- 96 ---

[...pun] kaparêng dhèrèk wontên ing astana dalêm Girilayu, bawah kapanewon pangrèh praja Matesih, kabupatèn ing kitha Mangkunagaran.

--- 97 ---

Gambar Aksara Wa

Radèn Tumênggung Jayapranata

Bupati patih saha pangarsaning pradata Mangkunagaran

[Grafik]

Panggambaranipun nalika kintên-kintên yuswa: 47 taun

--- [98] ---

...

--- 99 ---

Pratelan

Radèn Tumênggung Jayapranata, punika bupati patih ingkang kaping sakawan. Dadosipun bupati patih wiwit kala salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping V, kèndêlipun sampun salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping VI, inggih punika wiwit ing taun 1891 dumugi ing taun 1900 dados laminipun anggènipun jumênêng bupati patih wontên 10 taun.

Lêlabêtanipun salêbêtipun suwita wontên ing praja, sakalangkung pangrêksanipun dhatêng kaluhuran tuwin kauntunganing praja tumêrahipun dhatêng narapraja dalah sakawulanipun. Angrampungakên urusaning nagari ingkang sampun dangu gumantungipun, kados ta: prakawis siti lênggah Kalitan, ingkang sampun dados rêmbag ngantos têtaunan laminipun, saha wasananing karampungan andadosakên kauntungan agêng tumrap dhatêng prajanipun.(13)Keterangan (13) ada pada paragraf berikutnya. Ambukani rêmbag tuwin papriksan lalinton siti ingkangKalimat berikutnya dilanjutkan pada hlm. 102.

Katrangan

(13) Ingkang winasta siti Kalitan, punika panandhonipun Gusti Kangjêng Ratu Alit, tuwin lênggahipun Kangjêng Pangeran Arya Prabu Amijaya (rama tuwin ibu dalêm kangjêng gusti kaping II) sangking karaton. Dumunung wontên ing kêprabon wontên ing tanah Kêdhu, saha ingkang kathah tumut wawêngkon ing Calamadu, cacahing siti gunggung: 500 karya, mênggah sadaya siti punika sangking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping III, (rama dalêm Gusti Kangjêng Ratu Alit) sasedanipun kangjêng pangeran saha [sa...]

--- 100 ---

[...ha] kangjêng ratu wau kaparêng lêstantun lumunta dhatêng ing waris kados tataning wiradat kraton. Pramila sarêng kangjêng pangeran sakalihan wau sampun seda, siti punika lajêng lumunta dhatêng kangjêng gusti kaping II, dados kangjêng gusti punika suwitanipun dhatêng karaton nama wontên kalih lampah, inggih punika: suwitanipun pangeran miji, tuwin suwitanipun waris sangking kangjêng ratu sakalihan. Ananging sarêng kangjêng gusti winisudha dados Kolonel Commandat (wêwah kinêkahakên suwitanipun dhatêng Kumpêni) suwitaning waris wau lajêng dipun wakilakên dhatêng putra tuwin mantu: Kangjêng Pangeran Arya Prabu Mijaya kaping kalih, tuwin Kangjêng Pangeran Arya Natakusuma, inggih putra kêkalih wau ingkang lajêng têtêp pisowanipun ngabdi karaton. Run-tumurun ngantos dumugi Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping sakawan, tuwin Kangjêng Pangeran Arya Suryamijaya kaping tiga.

Mênggah siti tuwin wawênang kapangeranan kêkalih wau, wiwit rumiyin-rumiyin tansah kaudi wangsulipun dhatêng karaton. Wasana sarêng Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya tuwin Kangjêng Pangeran Arya Suryamijaya sampun seda, anyarêngi kala salêbêtipun lowongan ingkang jumênêng Mangkunagara, (saseda dalêm kangjêng gusti kaping V, nanging kangjêng gusti kaping VI dèrèng jumênêng) sangking kakêncênganing pamanggihipun Radèn Tumênggung Jayapranata, ingkang dipun kiyatakên dening kumisi wakiling praja (pangarsa: Kangjêng Pangeran Arya Dayaningrat. Warga Kangjêng Pangeran Arya Gôndasuputra, tuwin Radèn Tumênggung Jayapranata) kala ing taun 1896 sadaya punika lajêng kakondurakên dhatêng karaton, awit dipun timbang bilih wontênipun praja Mangkunagaran, nama bôndha botên absah.

Wohing lampah konduripun siti tuwin wawênanging kapangeranan ing nginggil wau ambabêkta kauntungan pintên-pintên. Kados ta:

1. Angêburakên sambutanipun praja Mangkunagaran dhatêng karaton, nalika nagari akakirangan, kathahipun f 100000,-

2. Ngêlar têbaning wawênang: pabrik Calamadu ingkang kala samantên dèrèng gadhah wawênang ngangge siti Kasunanan, wiwit punika wênang ngangge sacêkapipun, sarana majêgi arta kados para kabudidayan, (Landbouw ondernemingen) ing sanèsipun.

3. Panggarisipun watêsing siti ingkang dipun kondurakên, punika rèhning sampun kirang cêtha, dados ingkang kathah inggih sarana piniyagah ingkang wosipun adamêl [adamê...]

--- 101 ---

[...l] untunging Mangkunagaran.

4. Ingkang sampun tumindak salamènipun, punika manawi wontên wisudhan ingkang jumênêng Mangkunagara, sampun tamtu wontên utusan jajênêng saking karaton, pêpatih dalêm kanthi bupati nayaka kalih, saha pangulu ingkang nyumpah jumênêng dalêm, minôngka pracihna suwitanipun dhatêng karaton. Ananging sabab saking konduripun siti Kalitan ing nginggil wau, saha ugi sangking sabab sanèsipun, wiwit jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping VI, ngantos dumugi ing sapunika, sampun botên mawi dipun jênêngi utusan karaton malih kados ingkang sampun-sampun, utawi minôngka pracihna uwalipun babarpisan sangking suwita karaton.

--- 102 ---

ugi sampun dados panggalihan têtaunan laminipun, punapadene ambukani usul pamanggih angindhaki cacah tuwin pêpancèning narapraja saha sanès-sanêsipun, amung pungkasaning lêlampahan, sarêng pambanguntapaning praja kirang cundhuk kalihan ingkang dados kaparênging karsa dalêm, radèn tumênggung punika kinèndêlan saking pasuwitanipun.

Sedanipun nalika salêbêtipun ing taun 1910, kasarèkakên wontên pasarean iyasanipun piyambak ing Ngadisana, bawah kapanewon pangrèh praja ing Gondhangrêja, kabupatèn ing kitha Mangkunagaran.§ Sangking kaparêng dalêm kangjêng gusti kaping V, pasarean punika ing ngajêng mawi wawêngkon padhukuhan wiyaripun 4 bau, ananging kala tumindakipun pambanguning tatanan siti ing taun 1925 padhukuhanipun kadhèdhèl pasrah ing dhusun, dados sapunika amung kantun capurining pasarean tuwin pêmahanipun ingkang rumêksa kemawon.

--- 103 ---

Gambar Aksara La

Radèn Mas Tumênggung Bratadipura

Bupati patih saha pangarsaning pradata Mangkunagaran

[Grafik]

Panggambaripun nalika kintên-kintên yuswa: 46 taun

--- 104 ---

...

--- 105 ---

Pratelan

Radèn Mas Tumênggung Bratadipura punika bupati patih ingkang kaping gangsal. Dadosipun bupati patih, wiwit kala salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping VI, kèndêlipun sampun salêbêtipun jumênêng dalêm kajêngkangjêng. gusti kaping VII, inggih punika wiwit ing taun 1900 dumugi taun 1917, dados lamènipun jumênêng bupati patih wontên 17 taun.

Lêlabêtanipun salêbêtipun suwita wontên ing praja, tansah ambiyantu karsa dalêm ingkang jumênêng anggènipun amêmulih murih rahayuning praja, tuwin ambêbangun tatanan ing praja tandukipun pamardining pambangun wau, kalayan ririh amrih ing widadanipun.

Adêgipun para punggawaning praja, dahat winantu rakêting katrêsnanipun. Kados ta: amêwahi cacah tuwin indhaking pêpancinipun, angindhaki wawênang ingkang dados manpangati gêsangipun, inggih punika: angwontênakên pranatan pènsiyun tuwin arta sih wilasa saha sanès-sanèsipun. Ananging kosok-wangsulipun botên tilar ing pangudi indhaking kaskaya praja, ngiras angènthèngakên sêsanggènipun para kawula, kados ta: anyuwak tanêman kopi: santun dados pamajêgan arta, angwontênakên [a...]

--- 106 ---

[...ngwontênakên] kabudidayan wos ingkang nambak kapitunan asiling praja ngiras angènthèngakên gêsangipun para punggawa praja, angwontênakên gudhang rijêki kangge panyêgah pangrenahing lintah dharat. Angêdêgakên kabudidayan kopi enggal, ingkang aslinipun amung ngopèni wujud kêkapan, tuwin sanès-sanèsipun. Punapadene angrampungi absahing lalinton siti kalayan ing Kasunanan ngantos rambah kaping kalih, (garisan watês ingkang kaping tiga tuwin kaping sakawan)(15)Keterangan (15) berada di dua paragraf di bawahnya. ingkang wasananing lalinton wau ambêkta bêbathèn kathah tumrap praja Mangkunagaran.

Ing samangke ugi sampun yasa calon kangge pasarean, dumunung wontên pasarean Têmuirêng Karanganom. Bawahing kitha Mangkunagaran.

(15) Urutipun ingkang nama lalinton siti utawi garisan watês. Punika wiwit kawitan ngantos dumugi pungkasanipun, kados ing ngandhap punika:

1. Panggarising watês bawah Ngayogyakarta kalayan Surakarta (ing Mangkunagaran ugi kalêbêt peranganipun lampah punika) nalika kawitan piyakan watês. Punika kalampahan wontên ing antawisipun taun 1756, dipun pramukani dening Radèn Tumênggung Mangkuyuda (Patih Adipati Sindurêja).

2. Angambali malih panggarising watês bawah Ngayogyakarta kalayan ing Surakarta, [Surakar...]

--- 107 ---

[...ta,] nalika angicali siti ingkang sêlap-sêlip. Ingkang kalampahan kintên-kintên kala ing taun 1831 tumrap ing Mangkunagaran dipun pramukani dening Radèn Ngabèi Mangkurêja (Patih Mangkurêja).

3. Panggarising watês bawah karaton Surakarta kalayan Mangkunagaran ingkang kawitan. Prêlu angicalakên siti ingkang sêlap-sêlip. Ingkang kalampahan kala ing taun 1901 sakawit dipun pramukani dening Radèn Tumênggung Jayapranata, karampunganipun dipun pramukani dening Radèn Mas Tumênggung Bratadipura.

4. Angambali malih panggarising watês bawah karaton Surakarta kalayan Mangkunagaran. Prêlu angicalakên pisan siti pakuburan ingkang suwau taksih kalêstantunakên tuwin sanès-sanèsipun ingkang kalampahan kala ing taun 1918 sakawit dipun pramukani dening Radèn Mas Tumênggung Bratadipura, karampunganipun dipun pramukani dening Radèn Mas Tumênggung Arya Mangunkusuma.

5. Angambali malih panggarising watês bawah karaton Surakarta kalayan Mangkunagaran, prêlu angicalakên babarpisan sumêlipipun siti pradikan, kajawi ingkang gêgayutan kalayan adêging praja, ingkang kalampahan kala ing taun 1924 dipun pramukani dening Radèn Mas Tumênggung Arya Mangunkusuma.

--- [108] ---

...

--- 109 ---

Gambar Aksara Pa

Radèn Mas Tumênggung Arya Mangunkusuma

Bintang kasêtyan sangking oranyê (Officier der Orde van de Oranje Nassau) bupati patih saha pangarsaning pradata Mangkunagaran

[Grafik]

Panggambaripun kala kintên-kintên yuswa 68 taun

--- [110] ---

...

--- 111 ---

Pratelan

Radèn Mas Tumênggung Arya Mangunkusuma, punika bupati patih ingkang kaping nêm. Dadosipun saha dumugining kèndêlipun sangking anggèning dados bupati patih sami salêbêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti ingkang kaping VII, inggih punika wiwit ing taun 1917 dumugi taun 1925, dados lamènipun jumênêng bupati patih wontên 8 taun.

Lêlabêtanipun salêbêtipun suwita wontên ing praja, ambukani tumapakipun lampah enggal ing bab ewah-ewahan lampahing praja, kados ta: pamilahing lampahipun wawênang siti ing kitha-kitha, warni-warni tuwuhipun pajêg enggal. Tuwin pamerang-merangipun babagan adêging praja,(16)Keterangan (16) ada pada paragraf berikutnya. puna-Dilanjutkan pada hlm. 114.

(16) Kajawi merang papintaning paprentahan kados ingkang sampun kapratelakakên ing katrangan ôngka (9). Wiwit kala ing taun 1924 wawêngkonipun kantor agêng ing kapatihan, ugi kadhapuk papintanipun, dhapukaning papinta punika manut peranganing kawajibanipun.

Nama kantor kapatihan, punika ugi nama kabupatèn amongpraja, saha kenging sinêbut kantor Mangkunagaran. Bureau Centraal Bestuur utawi Hoofdbureau v/h Mangkoenagorosche Rijk, wawêngkon punika kaperang dados kalih golongan agêng (afdeeling) saha lajêng kaperang malih dados nigang golongan alit (onder afdeeling) satunggal-tunggaling perangan wau sami kabêbahan ing wajib piyambak-piyambak.

--- 112 ---

Nama kantor amongpraja, punika iyasan kala taun 1867, amung nadyan tatanan ing wêktu wau amongpraja punika sampun kaadêgakên dados paprentahan piyambak, ananging dèrèng ngantos kalampahan katindakakên saprêlunipun, awit tansah ewah-ewah dhapukaning pamerangipun. Dene madêgipun ingkang têtêp, tuwin wiwit mawi priyagung pangagêngipun, inggih sawêg ing taun 1924 wau, mênggah pamerangipun golongan tuwin kawajiban satunggal-tunggal, kados ing ngandhap punika:

Ha, bagean têngên

a. Kawadanan utawi kantor Natapraja (Secretariaat v/d Zelfbestuurder) kawajiban anggarap pandamêlan sasêratan ing ngarsa dalêm kangjêng gusti, anggarap tuwin aniti undhang pranatan nagari, tuwin mangrèh paprentahanipun ing kantor perangan alit, kados ta:

1. Ing kapanewon utawi kantor Agnyapraja, (Secretariaat v/d Regent Patih) kawajiban anggarap sadaya sêrat-sêrat parentah nagari, tuwin dados panitranipun bupati patih.

2. Ing kapanewon utawi kantor Rêksawilapa (expeditie en algemeen archief) kawajibanipun anampèni, angrimat. Tuwin anampèkakên sadaya sêrat-sêrat paprentahaning nagari.

3. Ing kapanewon utawi kantor Rêksapustaka (Rijks Bibliotheek) kawajibanipun angrimat sadaya sêrat waosan kagunganipun nagari, tuwin amèngêti tata wiradating praja.

Na, bagean kiwa

b. Kawadanan utawi kantor Nitipraja (Rekenkamer) kawajibanipun anggarap tuwin aniti ing bab bandhanipun praja, tuwin mangrèh paprentahanipun ing kantor alit, kados ta:

1. Ing kapanewon utawi kantor Nitiwara (Comptabiliteit) kawajibanipun anggarap tuwin aniti ing bab wêdalipun arta.

2. Ing kapanewon utawi kantor Martapraja (Belasting Kantoor) kawajibanipun aniti petanging bab kaskayaning praja.

3. Ing kapanewon utawi kantor Kartapraja (Kantoor voor grondzaken) kawajibanipun anggarap ing bab urusaning siti.

--- 113 ---

Ca, bagean sampiran

c. Kajawi mangagêngi tuwin ingkang kalêbêt dados wawêngkonipun piyambak kasêbut ing nginggil wau, ing kabupatèn amongpraja, taksih kabêbahan anggarap pandamêlan ingkang lêrêsipun ngadêg dados bêbadan piyambak, saha mangrèhakên paprentahanipun kantor utawi ing golongan sanès, kados ta:

1. Pandamêlan bôndha sinau, dalah panunggilanipun ing babagan pasinaon.
2. Pandamêlan bônda pènsiyun.
3. Kawadanan utawi kantor Rêksaardana, (M. N. Rijkskas) kawajibanipun anampèni, angrimat, tuwin angêdalakên arta nagari.
4. Kapanewon jaksa utawi kantor Pradata Mangkunagaran, (M. N. Rechtswezen) kawajiban anggarap sawarnining prakawis ing babagan pangadilan, tumrap putra tuwin santana.
5. Pamulangan Siswarini (M. N. Huishoud Cursus) kawajiban anyinau murid èstri ing bab prêlunipun nyêpêng gagriya.
6. Pamulangan anak prajurit (School der 2e. klasse voor kinderen van Legioenairs) nanging wiwit ing taun 1927 lajêng kaasta kangjêng guprêmèn.
7. Punggawa panyêgahing Malariyah (Malariabestrijding) nanging wiwit ing taun 1929 lajêng katumutakên ing wawêngkon kadhoktêran.

Mênggah wiwitaning tatanan ing nginggil wau, sarèhning sawêg dumados sangking pangudinipun punggawa garap ingkang amung blilu tau, (tanpa wêwaton kawruh tuwin taksih lêlagon kina) pramila akiripun ing taun 1925 ngantos ing salajêngipun, sampun lajêng ewah malih miturut sampurnaning pangawikan ingkang laras lan jaman enggal.

--- 114 ---

[Lanjutan dari hlm. 111: puna- ...]

padene amungkasi prakawis lalinton siti, tumindakipun anggèning anglênggahi ing wajibipun. Sarwa puguh tuwin têtêp dhatêng tatanan ingkang sampun katampèkakên. Makatên ugi sangêt anjagi langgêngipun drajading praja, ingkang ngantos botên ketang sangsayaning sariranipun. Mila kalampahan ngantos angsal ganjaran tatêngêr bintang sangking ing kangjêng guprêmèn. Ginanjar sêbutan arya tuwin dipun pijèkakên ambukani rancanganipun pambangun tataning arta pènsiyun. Ingkang tampènipun pènsiyun wau langkung sangking para sanès-sanèsipun.

Sedanipun nalika ing taun 1925, kasarèkakên ing pasarean Têmuirêng - Karanganom, bawah kabupatèn ing Mangkunagaran.

--- 115 ---

Gambar Aksara Dha

Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma

Bintang ganjaran saking karajan Siyêm (Officier der Orde van de Kroon van Siam) bupati patih saha pangarsaning pradata Mangkunagaran

[Grafik]

Panggambaripun nalika kintên-kintên yuswa 40 taun

--- [116] ---

...

--- 117 ---

Pratelan

Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma, punika bupati patih ingkang kaping pitu, dadosipun bupati patih salêbêtipun jumênêng dalêm Kangjêng Gusti Ingkang Kaping VII, inggih punika wiwit ing taun 1925, dados dumugi panyêratipun sêrat punika sampun jumênêng 4 taun lamènipun.

Kalimpatan saha lêlabêtanipun salêbêtipun suwita wontên ing praja, sampurna ing pangawikan olah pangêmbating praja, luhur pasinaonipun, saha cêkap anglênggahi ebahing jaman, punapadene amumpuni ing tanduk olah kuncara, ngantos kayêktèn tampi ganjaran bintang pratandhaning kalangkungan sangking karajan nagari Siyêm, makatên ugi sangêt paham ing panuju lêlados karsaning gusti, ngantos kenging binasakakên kalih-kalihing atunggil. Utawi kados warôngka manjing curiga: curiga manjing warôngka.

Sapunika dèrèng yasa calon pasareanipun. Ananging sampun nyêngkêr papan ingkang ugi wontên ing pasarean Têmuirêng Karanganom.

--- 118 ---

Bab 4. Cariyos tuwin lêlabêdanipun, Radèn Adipati Sindurêja, pêpatih dalêm ing karaton Surakarta dalah trah-tumêrahipun§ Wiwitipun pêpatih dalêm sinêbut kangjêng, punika sawêg salêbêtipun jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kaping V, antawisipun taun 1821, wiwit Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang sumare ing Imagiri.¶Patih asma Sindurêja, punika ing Surakarta wontên kêkalih, inggih punika: Pêpatih Dalêm Ingkang Sinuhun Kaping II, bêktan saking Kartasura, saha pêpatih dalêm Ingkang Sinuhun Kaping III, ingkang dipun pèngêti ing sêrat punika.

Manawi dadakan ing panyuraos, cariyos bab kawontênan tuwin lêlabêtanipun Radèn Adipati Sindurêja, punika kados nyêbal saking jêjêripun sêrat punika, ananging sarèhning radèn adipati wau dados sarana kabukaning pangreka ingkang mahanani adêging praja Mangkunagaran. Kagungan pandamêl utawi lêlabêtan ingkang amêmayu katêntrêmanipun para [pa...]

--- 119 ---

[...ra] kawula, tuwin dados sarana katêntrêmanipun adêging kraton kêkalih (ing Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta), punapadene sambêt-sumambêting tumêrahipun, anêrahakên ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran, tuwin sami dados narapraja pangkat agêng dumugi apangkat alit, makatên ugi ingkang anglindhung dados kawula, inggih prasasat angèbêki sapraja Mangkunagaran. Pramila minôngka anglênggahi lênggahing pangraos luhur, bêbasan anyumêrêpi ajal kamulaning kadadosan ingkang sami tinêmahan, langkung utami pinèngêtan ing ngriki pisan, kawontênan, lêlabêtan, tuwin sadaya pandamêlipun. Dene uruting cariyos, tuwin tumêrahing asal-asul, kados ingkang kapratelakakên ngandhap punika:

1. Radèn Adipati Sindurêja

Radèn Adipati Sindurêja punika têrahipun Kiyai Agêng Ênis, ingkang sugêngipun kala jaman karaton nagari Dêmak, dumugi kraton Mataram, sadèrèngipun radèn adipati punika jumênêng patih, dados bupati bumija nagari Kêdhu, dêdalêmipun ugi anglênggahi ing siti wawêngkonipun, asmanipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda.

--- 120 ---

Lampahipun tataning nagari kala samantên, sadaya bupati môncanagari, punika manawi salêbêt praja wontên prêlunipun damêl, kados ta: wontên pasamuwan agêng, utawi wontên ura-uraning nagari sasamènipun. Para bupati wau sami dipun piji giliran tugur ing praja, trêkadhangan manawi kapilih pinêthing ing damêlipun, pamijènipun wau ngantos têtaunan lamènipun.

Radèn Tumênggung Mangkuyuda punika anggènipun piniji wontên ing praja, wiwit nalika dahurunipun karaton ing Kartasura, saking pangramanipun bôngsa Cina (bêdhah Pacina), ngantos pangalihipun karaton Kartasura dhatêng nagari ing Surakarta, punapadene kasambêtan ura-uru ing Surakarta dening pangramanipun Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi (prang Pagiyanti), ngantos dumugi sasirêpipun.

Nalika pamilihipun papan karaton, kangge adêgipun nagari ing Surakarta, radèn tumênggung punika piniji dados kanthènipun Kiyai Tumênggung Ônggawôngsa ingkang kadadosaning pamilihipun dumunung ing dhusun Sala lêstantun dumugi sapunika, salajêngipun nalika papêrangan Pagiyanti sampun sirêp, inggih punika nalika Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkubumi sampun jumênêng [ju...]

--- 121 ---

[...mênêng] Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kapisan, wontên ing Ngayogyakarta, Radèn Tumênggung punika lajêng nyuwun mêdal saking ngêmbat pakaryan ing lêbêting praja mantuk dhumatêng ing Kêdhu, prêlu angasokakên sarira tuwin anglênggahi ing siti balabagipun ingkang katilar têtaunan lamènipun, wasana sarêng pamilah watêsing siti ingkang kalêrês kabawah ing Surakarta tuwin dhatêng ing Ngayogyakarta botên sagêd pinanggih rukun, awit tansah darêdah dening cidranipun ingkang tinêdah ngêdêgi damêl, radèn tumênggung punika lajêng piniji ing damêl malih nindakakên pamilahing watês wau, wasana pikantuking pandamêlipun, andadosakên panrimah sakalihipun, saha nyirnakakên darêdah ing pirukunan.

Wontênipun radèn tumênggung punika ingkang piniji ngêdêgi damêl, awit kagalih anyêkapi limpatipun, sampun cêkap yuswanipun, punapadene kalêbêt pinarêgakên, tuwin sangêt pinitados dening sang nata sakalihipun (Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, tuwin Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan) kanyataan kadadosaning panatanipun inggih andadosakên pamarêming panggalih dalêm ingkang sinuhun sakalihipun.

Anggènipun adamêl watêsing siti, punika dipun têmaha pating [pa...]

--- 122 ---

[...ting] palêncat, saha sêlap-sêlip botên urut sipatanipun. Awit ing Pidêksa, ing Krêja, ing bawah Madiun, tuwin wontên malih panunggilanipun, punika kabawah dhatêng Ngayogya, ananging sarêng ing Ponjong, ing Gunungkidul, ing tanah Kêdhu tuwin wontên malih panunggilanipun, punika sami kabawah ing Surakarta, wontênipun kadamêl ingkang makatên, amargi saking kaluhuran tuwin kalimpatanipun radèn tumênggung: wontên kalih prakawis pakangsalipun. Inggih punika sapisan, aminangkani pamundhutipun ingkang sinuhun sakalihan, ingkang mahanani dados panyirêp drêdahing rukun, saha lèrègipun anêntrêmakên para kawula. Kaping kalihipun, ngrênggangakên kakiyatan ingkang gampil anuwuhakên ardaning darêdah malih, dene ing pawingkingipun, manawi sampun wontên môngsa ingkang sakintên prayogi, dipun timbang sêpên pakèwêd, upami sipatipun watês wau kabangun ing tata malih, murih pantês tuwin prayogi panggarisipun.

Kangge sarana minangkani tuwin anuju panggalih dalêm nata kêkalih, punika ing pundi pasitèn ingkang dipun karsakakên, kados ta: Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, mundhut lêstantunipun kagungan pasitèn ing tanah Kêdhu, amargi kauningan bilih

--- 123 ---

sae talatahipun. Saha Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, mundhut kagungan pasitèn ing Sokawati, jalaran sampun uninga wêwatêkaning têtiyangipun, utawi minôngka pangèngêt-èngêt kagugah ing panggalih dalêm ingkang ngantos manjat gênging kaluhuran ingkang samantên, tuwin sapanunggilanipun. Punika inggih sami dipun lêksanani saha kalêstantunakên. Wasana awit saking tumanduking pratingkah ingkang makatên, ngantos damêl karênan saha pamarêming panggalih dalêm, ingkang tumêrahipun mangandhap lajêng ambarkahi katêntrêmaning para kawula.

Wêwakilipun parentah agung kumpêni ingkang waktu wau kabêbahan angayomi katêntrêmanipun ing tanah Jawi, anggalih kirang karênan anguningani kadadosanipun pamiyaking siti ingkang pating palêncat kados makatên. Ananging sarêng radèn tumênggung dipun dangu saha anggêlarakên pamanggihipun, dados sangêt jinurungan tuwin dahat tinarimah kanthi pinuji ing damêlipun, awit kayêktèn bilih rekadaya ingkang makatên, mêngku kasujanan ingkang luhung tuwin sampurna prayogènipun.

Nalika Kangjêng Gusti Ingkang kapisan, miyos ing ngayuda malih, awit papisahan kalayan ingkang rama Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, punika sarêng kakintên ugi awrat sanggènipun. Tuwan gupêrnur [gu...]

--- 124 ---

[...pêrnur] lajêng adamêl parêpatan kalayan para bupati ing Surakarta, Ngayogyakarta, tuwin ing môncanagari ingkang sawêg pacak baris wontên ing Kuwu, salêbêtipun rêmbag ing parêpatan wau: radèn tumênggung anyundhul atur, murih tumuntên praja têntrêm dalah ing saisènipun, dipun prayogèkakên supados ingkang sinuhun sakalihipun salah satunggal, dipun bêbolèhi ing pamrayogi, karsa animbali konduripun kangjêng gusti saking ing pangramanipun, sarana dipun panci yasa cêkaping dhaharipun. Wontênipun gadhah atur ingkang makatên, botên saking ulapipun ananggulang kangjêng gusti, nanging rèhning risaking para kawula sampun têtaunan lamènipun, dados manawi botên kasirêp ingkang makatên, kamanah mutawatosi kalajênging risakipun.

Saupami usul wau cinondhongan, radèn tumênggung ugi kadugi amirapêt ing arênggang, sarana ambêbolèhi salintiring pakantukipun. Liripun: anginte, amiluta, saha nandukakên sampurnaning kartisampeka ing ngarsa dalêm sang nata sakalihipun, tuwin ngarsa dalêm kangjêng gusti, ingkang murih kapadhaning rêrigên wau miwah ing sadayanipun, ananging supados botên kawiyak wiyoganing wêwadosipun, manawi pambikaking warana makatên [ma...]

--- 125 ---

[...katên] wau sampun wontên sêsungut wawênganipun, prayogi tuwan gupêrnur amijia utusan sanès, ingkang lumampah angrêmbag ing ngarsa dalêm sang nata salah satunggal, pundi ingkang sakintên prayogi katindakakên.

Iyêging rêmbagipun para ingkang parêpatan. Makatên ugi panggalihipun tuwan guprênur, sangêt jumurung anayogyani dhatêng usulipun radèn tumênggung makatên wau, ngantos saking kasok tuwin kalêganing panggalihipun, dahat pinuji kinudang-kudang supados ing têmbe radèn tumênggung punika dadosa warangkanipun sang naranata.

Sagolonging pirêmbagipun ing parêpatan, radèn tumênggung lajêng lumaksana mantuk, saha gêgancangan amara sowan, tuwin munjuk ing ngarsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Unjuk aturipun wau mawi ulas-ulas darbe pamirêng bilih sangking rancanganipun tuwan guprênur, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, utawi Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, badhe dipun prayogèkakên supados animbalana konduripun Kangjêng Gusti saking ing pangramanipun, prêlunipun tuwin pratingkahing lampahipun ugi kados ingkang sampun dados wiraosan salêbêting parêpatan kasêbut nginggil.

--- 126 ---

Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan, midhangêt unjuk punika sakalangkung jumurung anayogyani, saha sanggêm amanci dhaharipun kangjêng gusti sapetanging cêkapipun. Malah winantu pamêlingipun, supados sagêda kangjêng gusti wau tamtu kondur ing Surakarta, awit pancèn sampun dangu anggènipun ingkang sinuhun kagungan panggalih tuwin pangajêng-ajêng ingkang makatên, pramila sawadining karsa dalêm makatên wau, radèn tumênggung sigra kinèn tumuntên anindakakên, kanthi pinuji widadanipun.

Radèn tumênggung munjuk sandika, saha lajêng lumampah agêgancangan, sowan dhatêng ngarsanipun kangjêng gusti ingkang sawêg kêkuwu wontên ing Lawang, sêngadining prêlunipun, amung amrêlokakên sowan têtuwi dening dangu botên pinanggih, wasana lajêng angaturakên bilih adarbe pamirêng manawi wontên rancanganing karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan, ingkang sampun sarujuk kalayan guprênur, kados sêsintrèning lampah kasbut ing ngajêng, punapadene botên kêndhat anggènipun angêngimur amrih gampil panggagaping wigatosipun.

Saking wêgigipun amiguna ing aguna, dahat karênan kanthi parênging panggalih kangjêng gusti anampèni aturipun radèn tumênggung ingkang makatên. Awit inggih ngrumaosi bilih sampun kadangon [ka...]

--- 127 ---

[...dangon] aggènipun kangjêng gusti adamêl tuwuhing wayang-wuyungipun para kawula. Ananging pangajabing panggalihipun, sagêda kondur ing Surakarta, amargi angrumaosi bilih sampun kirang cundhuk kalayan panggalih dalêm ingkang rama Kangjêng Sultan. Amung wontên palanging panggalihipun, sarèhning sapisan dèrèng kagungan pêpancining dhahar, kaping kalihipun, dèrèng kagungan dalêm ingkang kenging jinujug ing konduripun, pramila dahat margiyuh kadospundi wasananipun.

Radèn tumênggung tanggap ing wasita ingkang sinamun makatên wau, mila sanalika lajêng ngaturakên pamrayogi supados manawi wontên utusan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan, umatura sawantahing karsanipun, saha bab dalêm ingkang kajujug, anyuwuna griya ingkang dipun ênggèni radèn tumênggung piyambak kemawon, dalah kampung sawatêsing wawêngkonipun. Awit dipun timbang sampun sarwa sangkêp tuwin prayogi saupakartining parabotipun. Inggih punika griya tilas dalêm kapatihan, boyongan saking nagari ing Kartasura, dene radèn tumênggung narimah badhe wangsul dhatêng pondhokanipun lami kemawon. Mênggah sadaya ing bab punika sadèrèngipun wontên utusan, radèn tumênggung ugi kadugi badhe munjuk pamrayogi [pamrayo...]

--- 128 ---

[...gi] ing ngarsa dalêm ingkang sinuhun.

Sakêmpaling rêmbag saha sêsampating prêlunipun, radèn tumênggung tandya wangsul dhumatêng praja, saha munjuk ing ngarsa dalêm ingkang sinuhun, unjuk pratelanipun ing ngarsa dalêm, tansah linut sambang liring ingkang wosing tujunipun tumuntên adamêl têntrêming kathah, sinaranan dening pamilut karsaa aminangkani pakèwêding panggalihipun kangjêng gusti kasêbut ing nginggil wau, sarêng sêsunguting panalika sampun katingal wênganing panggalih dalêm, radèn tumênggung lajêng wangsul dhatêng pabarisan malih saha matur dhumatêng tuwan guprênur, mênggah wigatosing atur punika inggih mratelakakên bilih sadaya sêsadoning lampahipun sampun pinanggih sarwa prayogi kanthi rapêt tanduking kartisampeka, mila sarêng sampun sawatawis dintên laminipun, tuwan guprênur lajêng utusan sarêmbag kalayan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan, saha ing salajêngipun, ingkang sinuhun lajêng utusan animbali kangjêng gusti kondur dhatêng Surakarta.

Sarêng kangjêng gusti sampun kondur dhatêng pakuwonipun dhusun Gêmantar, salêbêtipun pacakbaris wontên tanah Sokawati lajêng wontên utusan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan, anêtêpi sasintrèning lampah kados aturipun radèn tumênggung ing nginggil wau

--- 129 ---

ijêmaning wigatosipun, animbali supados kangjêng gusti karsaa kondur ing nagari Surakarta, awit pêrlu kagêm kanthi jumênêng dalêm angasta praja, kangjêng gusti ugi sumanggêm anyandikani, ananging nyuwun kapancia dhaharipun, saha nyuwun griya ing Mangkuyudan, miwah sakampung wawêngkonipun. Punapadene nyuwun lêstantun ngagêm sasêbutan kangjêng gusti pangeran adipati kangge ing salajêngipun.

Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, ugi kaparêng aminangkani kanthi lêgawaning panggalih dalêm, punapa ingkang dados panyuwunipun kangjêng gusti kasêbut ing nginggil wau, mila lajêng kalampahan kangjêng gusti sagarwaputra dalah kulawarganipun, lajêng kondur ing nagari Surakarta, rawuhipun ing Surakarta mawi pinêthuk ingkang sinuhun piyambak wontên sawetan banawi, sasampunipun kangjêng gusti sowan ing lêbêt karaton, lajêng kalilan kondur jujug dalêm Mangkuyudan. Rawuhipun ing dalêm wau amarêngi ing dintên Kêmis Paing tanggal kaping 4 Jumadilakir,§ Tanggal tuwin wulan punika ingkang lajêng kangge titimangsanipun wilujêngan maesalawung (wilujêngan adêging praja ing sabên taun) ing Mangkunagaran. windu Adi,

--- 130 ---

ôngka 1682, sinangkalan mulat salira angrasa wani, (= 27. 2. 1757).

Awit dening aggènipun Kumpêni asambêt lampah konduripun kangjêng gusti ing nginggil wau, dados mahanani wontênipun Kumpêni acampur rêmbag ngrukunakên widadaning lampahipun kangjêng gusti tuwin karahayoning sadayanipun. Mila ugi salêbêtipun ing taun wau wêwakiling Kumpêni nama Tuwan van Hartingh. Lajêng adamêl kêmpalan pêpanggihan wontên ing Salatiga, akalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan. Radèn Adipati Danurêja minôngka wêwakilipun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan, saha akalihan kangjêng gusti, wasana pinanggih ing pirukunipun, kangjêng gusti katêtêpakên dados pangeran miji wontên ing Surakarta angabdi ingkang sinuhun. Mawi kaparingan lênggah siti cacah 4000 karya, ananging lênggah punika amung kangge salêbêtipun ing sugêng dalêm, dados manawi kangjêng gusti sampun surut, kêdah wangsul dhatêng ing karaton malih, wasana sarêng ing taun 1792, wontên môngsa ingkang prayogi katindakakên, lênggah punika katêtêpakên sagêd tumurun dhatêng putra wayahipun kangjêng gusti dalah sapiturutipun. Inggih kawontênan tuwin kêkahing lampah ingkang makatên punika wau kadadosanipun wohing pangudi

--- 131 ---

sangking pandamêlipun radèn tumênggung ingkang patitis tuwin utami. (19)Keterangan (19) pada paragraf berikutnya.

(19) a. Baku cacahipun siti sabawah Mangkunagaran. Punika kêmpalipun kados ing ngandhap punika:

1. Ingkang katampèn sakawit adêging praja, nalika: 24. 1. 1757. dumunung ing tanah Sokawati Kidul, Matesih, Ônggabayan, Ngaribaya, Pajang, Nglaroh, Rêdi Kidul tuwin Kêduwang: 4000 karya.

2. Ingkang katampèn sabibaripun prang Sêpèi, nalika 21. 10. 1813. dumunung ing tanah Kaduwang, Wiraka, Pajang tuwin Nglaroh: 1000 karya.

3. Ingkang katampèn sabibaripun prang Dipanagaran, nalika 20. 10. 1830. dumunung ing tanah Sukowati Têngah: 500 karya

gunggung: 5500 karya

ananging etangan karya punika kabêkta sangking ewahing jaman lan mêmpaning tindakipun, sampun dangu aggènipun botên kalampah wontên ing Mangkunagaran.

Sawênèhipun wontên ingkang cariyos, siti dhusun tanah Ngawèn. Punika siti kawitan lênggahipun kangjêng gusti nalika taksih jumênêng mantri anom ing Kartasura, saha wontên sawênèhing kaol malih nalika antawisipun ing taun 1765 siti bawah Ngayogyakarta ingkang taksih kaasta ing kangjêng gusti dumunung ing tanah Pajang, Ngêndho, tuwin bawah Pedan. Punika sami pasrah dhatêng ing Mangkunagaran, sumêrêp pitunanipun (pamancal) konduripun gusti kangjêng ratu bandara garwa dalêm kangjêng gusti ingkang kapisan, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan ingkang kapisan, amargi botên widada kramanipun, ananging rèhning manawi kacocogakên kalayan pratelan bakuning siti ingkang cacah 4000, punapadene kêplokipun kalayan papriksan kathahing siti kala ing taun 1853, ingkang angêmot bakuning siti sasampunipun dados cacah 5500, punika siti ing Ngawèn, ing tanah Pajang, Ngêndho, tuwin tanah Pedan, ugi sampun kalêbêt pratelan wau, dados manawi nitik sangking punika kenging kakintên bilih siti cacah 4000 utawi gunggung dados 5500, punika inggih

--- 132 ---

sampun kalêbet siti lênggah mantri anom, tuwin pituna ing nginggil wau.

b. Miturut cacriyosan ing jaman kina, satunggal-tunggaling tanah punika wontên candranipun piyambak-piyambak, miturut wêwatêkanipun tiyang asli ing tanah ngriku, ananging jalaran sangking lajêng cêcampuran golonganipun. Saha kabêkta sangking kamajênganing pamardinipun. Kintên antawis satus taun ingkang kapêngkêr, côndra wau sampun wiwit onya kalayan kayêktènipun, tuwin dumugi ing sapunika prasasat sampun ical tabêting têtalêripun. Dene têrangipun satunggal-tunggal kados ing ngandhap punika:

1. Tanah Matesih, candranipun: wanita ngêla-êla, pikajêngipun, ulat manis angrêsêpakên. Medanipun asring kadunungan kirang pasaja.

2. Tanah Ônggabayan, candranipun: bêlo buntung binathilan, pikajêngipun ambêsur utawi nakal.

3. Tanah Kaduwang, candranipun: lêmah bang ginêblègan, pikajêngipun pratingkah mlilit, mawi adhêdhasar wangkot.

4. Tanah Wiraka, candranipun, kêthèk nyangkêlit rajang, pikajêngipun, rêmên mandamêl, ingkang botên wontên pigunanipun.

5. Tanah Sêmbuyan, candranipun: kutuk kalung kendho, pikajêngipun sakeca tuwin eca pangêrèhipun.

6. Tanah Nglaroh, candranipun: bandhol ngrômpol. Pikajêngipun kiyat rêmên nunggil kajêng.

7. Tanah Ngaribaya, candranipun: pitik trondhol binubudan, pikajêngipun, sakeca tuwin gampil lan pangrèhipun.

8. TanangTanah. Pajang, candranipun: gêdhang mas matêng nguwit, pikajêngipun, warni adi raos-miraos.

9. Tanah Sokawati, candranipun: wanodya ayu ngadi busana, pikajêngipun, sarwa luwês amêrak-manah.

10. Tanah Mataram, candranipun: gêni murub ingancaran, pikajêngipun, manah bantêr kaduk brangasan.

c. Etangan winastan karya, punika = cacah = bau ing jaman kina, (dadosipun petangan agêng 2 karya = 1 kikil, saha 2 kikil = 1 jung) kacariyos, iyasanipun ingkang jumênêng nata ing tanah Jawi kintên-kintên kala ing taun 1104,

--- 133 ---

pikajêngipun siti sakarya punika = sêsanggèn bau damêlipun tiyang satunggal, manawi kalêrês angêdali pandamêlan dhatêng nagari (heerendienst), tuwin anglampahi ayahan pêrang (militie), wêwatonipun wiyaring siti amung manut agêng aliting bêbrayatipun. Ananging kala ingkang jumênêng nata ing tanah Jawi taun ±1763 sarêng pêncaring tiyang sangsaya kathah, siti sêsanggèn wau katata wangun dipun alitakên ing wiyaripun. Saha sarêng dangu-dangu: etangan karya utawi bau punika lajêng santun wêwaton petanging wiji.

d. Nalika ing taun 1853 (sapêngkêripun piyakan watês Surakarta kalayan Ngayogyakarta ingkang kaping kalih) punika taksih kenging kaeja ing petangipun ingkang mantuk dados 5500 karya, wasana sarêng antawisipun ing taun 1863, kabêkta sangking tataning tanêman têbu nalika pambikakipun pabrik gêndhis ing Calamadu, ingkang lajêng marèmèn kangge ing tanah pakopèn, tuwin sumrambah sabawah Mangkunagaran, etanging siti punika lajêng santun mawi ukuran. Inggih punika kabêbaonan anggangsalatus cêngkal pasagi (500 ? Rijnlandsche roeden) kados ingkang taksih tumindak ing sapunika, dados awit saking kawontênan makatên wau, sampun lajêng botên sagêd angantukakên petang dadosipun petangan karya, amargi kajawi sabab ing nginggil, karya makatên kalêbêt sawawêngkon padhas pèrèngipun. Ananging bau ukuran, punika amung kapêndhêt sitinipun bêngkok kemawon ingkang kenging kaolah kangge têtanèn. Langkung malih sarêng piyakaning watês ingkang kaping tiga ing taun 1901 (Kasunanan kalayan Mangkunagaran) dalah sapiturutipun, punika saya angicalakên tabêtipun petanging karya utawi bau, amargi watoning pangetangipun amung kapêndhêt saking pamêdal.

Sarêng ing taun 1913 ukuran siti punika katiti panindakipun dening pambangun tatanan siti (reorganisatie) ingkang taksih tumindak dumugi ing sapunika, ingkang dipun ukur wau amung sadaya pimahan. Siti bêngkok lênggahing punggawa dhusun, tuwin sanès-sanèsipun ingkang sagêd mêdal asilipun, punapadene ingkang kangge kabudidayan. Dados siti ingkang kangge wana, ara-ara, pangenan, tuwin kangge pakuburan, punika botên kaukur ing jêmbaripun. Dene wiyaring siti sabawah Mangkunagaran ingkang kalêbêt ukuran wau sadaya wontên 334765 bau ukuran cêngkal.

--- 134 ---

e. Lampah-lampahipun pamerang tanjaning siti tuwin sêsanggèning pajêgipun, punika inggih tansah ewah wêwaton tumindakipun. Kados ta:

1. Sakawiting wêwatonipun, miturut sêrat anggêr Jawi, (anggêr sadasa utawi anggêr gunung) wujuding pajêg awarni arta, bôndha, utawi bau suku, lajêng kabêsut tuwin kabangun kasbut pranatan nagari ingkang kadhawahakên kala ing taun 1796-1813-1888-1900 tuwin sêsambêtanipun. Pamerang tanjaning siti: kangge lênggahipun para putra, para santana, narapraja, legiyun, tuwin kaasta wontên nagari, suwakipun babarpisan ingkang kangge lênggah wau kala ing taun 1911 (wiwit wêktu punika kajawi ingkang kangge kabudidayan, wawênang ngêbroki, tuwin gumadhuh kalayan rukun, sadaya siti lajêng kaasta nagari piyambak) dene tumindakipun ing sapunika, kados ing ngandhap punika:

2. Kasbut, Rijksb. 1917 No. 5-12 dalah sêsambêtanipun, sadaya pasitèn dhusun, kaparingakên gumadhuh dhatêng sawawêngkon kalurahan, ngangge lampah "Communaal bezitsrecht" pajêgipun nama " Landrente".

3. Pasitèn ing kitha-kitha (kitha Mangkunagaran, Karanganyar, Wanagiri) tumrapipun kawula Jawi, sakawit kapranata kala ing taun 1860, dene ingkang tumindak ing sapunika miturut Rijksb 1918 No. 2 tuwin No. 6 dalah sêsambêtanipun, siti wau kaparingakên ngangge lampah "Erfelijk individueel gebruiksrecht" pajêgipun winastan "grondbelasting".

4. Pasitèn pimahan bôngsa Tionghwa, sakawit kapranata kala ing taun 1894, dene ingkang tumindak ing sapunika kalêbêt sadaya tumrap sanès kawula Jawi, miturut Rijksb. 1918 No. 1 dalah sêsambêtanipun. Siti wau ngangge lampah "persoonlijk gebruiksrecht" pajêgipun nama "Huur op de grounden voor woonerven".

5. Pasitèn ingkang kangge kabudidayan têtanèn (Landbouw ondernemingen) sakawit kapranata kasbut stb. 1857 No. 116-1884 No. 9-1906 No. 93. Dene ingkang tumindak ing sapunika kasbut Grondhuur Regement stb. 1918 No. 20 dalah sêsambêtanipun, siti wau ngangge lampah: "Grondhuursrecht" pajêgipun winastan "Pacht".

6. Pasitèn ingkang kaangge mawi wawênang ngêbroki (Recht van opstal) sakawit kapranata kasbut G. B 1907 No. 23 (Bijb No. 6606) lajêng kabangun [ka...]

--- 135 ---

[...bangun] kasbut G. B. 1918 No. 26 (Bijb. No. 9005). Ngangge lampah wênang ngêbroki salamènipun, utawi mawi wêwangên. Pajêgipun winastan Restributie.

7. Pasitèn ingkang kaangge lampah pirukun (Onderhandsch overeenkomst) punika botên wontên pranatan wêwatonipun, kajawi amung miturut satêpanging rêmbag ing kalihipun. Ananging inggih kapiridakên wêwaton ing nginggil wau pajêgipun winastan Pacht, Huur, utawi Vastrecht.

8. Pasitèn ingkang kaagêm kangjêng guprêmèn, kados ta: kangge griya-griya kongsèn, kangge papan sêtatsêpur, kangge griya sakolahan, tuwin sanès-sanèsipun. Punika tumrap ingkang lami-lami: amung lampah lêlahanan, nanging wiwit taun 1917 (wiwit adêgipun griya "Normaalschool" Purwasari, miturut sêrat karesidhenan 24. 11. 1917 No. 283) kangjêng guprêmèn mawi nglintoni pamêdalipun. Petanging linintu wau mawi gantungan arta pawitan ingkang kathahipun tikêl kaping kalih dasa saking pamêdal sataun, saha wiwit nalika taun 1902 (wiwit adêgipun griya-griya panyadean candu) mawi dipun janjèkakên, manawi siti punika sampun botên kagêm ingkang nunggil prêlunipun, lajêng wangsul wêtah kados ingkang wau-wau.

9. Pasitèn ingkang kangge kuburan bôngsa Tionghowa, punika ingkang suwau lampahipun miturut sêrat pranatan 19. 10. 1893 No. … tuwin 16. 8. 1894 No. … dene ingkang mawi nyêngkêr kapajêgan mawi prajangji rukun, nanging wiwit taun 1922 ngantos dumugi ing sapunika, lajêng mawi gantungan arta pawitan, kados siti ingkang kagêm kangjêng guprêmèn.

10. Pasitèn ingkang kaparingakên kangge anjurungi adêgipun ingkang kawitan (eerste oprichting) tumrap ingkang migunani prêluning kathah (algemeen belang) punika kathah ingkang botên kapupu ing pajêgipun tuwin adêgipun ingkang kawitan, tumrap ingkang piguna panggenan ngriku (Philantropisch instelling) punika kasuda sasanggèning pajêgipun.

11. Sadaya siti sanèsipun ingkang sampun katanjakakên kasbut ôngka 2 dumigi 10 ing nginggil wau, saha sanèsipun ingkang kangge panggaotaning nagari, punika taksih sami kaasta dening nagari, prêlu kaangge yêyasan (griya-griya nagari, bêndungan tuwin sanès-sanèsipun) utawi kamluwakakên dipun wastani Rijksdomein utawi M. N. Grond, dene ingkang kagolong

--- 136 ---

ing panggaotan, kados ta: kangge têtanèn, pajatosan, griya sewan tuwin kangge pêkên-pêkên.

12. Wawênang panganggening siti-siti, punika gêrbanipun wontên lampah warni kalih, inggih punika: wawênang sumrambah (Zakelijke recht) tuwin wawênang anggadhuh (gebruiksrecht) tumrap wawênang sumrambah (kagêm kangjêng guprêmèn Landbouw onderneming tuwin Recht van opstal) uduring prakawisipun dumunung ing pangadilan, dene tumrap wêwênang anggadhuh (communaal, induvidueel, persoonlijk gebruikstrecht, tuwin onderhandsch acte) punika taksih wontên parentah Mangkunagaran.

13. Manawi nagari mundhut wangsuling siti, punika amung manawi kangge prêluning nagari tuwin pigunaning kathah, ingkang anêtêpakên ing prêlu wau, tumrap zakelijkerecht wontên ing kangjêng guprêmèn, tumrap gebruiksrecht wontên ing Mangkunagaran, kados ingkang kapratelakakên kasbut ing Stb. 1864 No. 6+ 185 saha Stb. 1920 No. 574, dalah ewah-ewahan tuwin sêsambêtanipun, punapadene kasbut Rijksb 1917 No. 15 ugi dalah sambêt utawi wêwahanipun, dene wêwaton ajining siti ingkang kangge nêtêpakên lintuning pitunanipun, kasbut Rijksb. 1820 No. 18 dalah sêsambetanipun.

Kajawi ingkang sampun kapratelakkên kasbut ing nginggil, taksih kathah rancangan ewahing lampah ingkang murih rêsik tuwin prayogi tumindakipun, sapunika murih damêl pamarêming pamawasipun, mantukipun kalayan sasêrêpaning siti baku 5500 karya, punapadene minôngka pangaji-aji dhatêng pandamêlipun para ingkang ambawani tuwin mêmayu adêging praja, ing ngandhap punika kula pratelakakên kalayan cêkak, pamêdaling pajêgipun siti Mangkunagaran miturut kawontênan sapunika, kados ta:

1. Sangking ingkang kangge pamajêgan siti dhusun (landrente): f 358938,-.

2. Sangking pajêgipun pimahan ing kitha-kitha (grondbelasting) ingkang kangge kawula Jawi: f 24000,-

3. Sangking pajêgipun (Huur op de grond voor woonerven), pimahan utawi pasitèn ingkang kangge tumrap sanès kawula Jawi: f. 19000,-

gunggung: f 501938,-

--- 137 ---

gunggung ing ngajêng: f 501938,-

4. Sangking pajêgipun (pacht) siti ingkang kangge kabudidayan têtanèn, kalêbêt kagunganipun praja Mangkunagaran piyambak: f 227285.-

5. Sangking pajêgipun (restributie) siti ingkang kangge kalayan wêwênang ngêbroki: f 430,-

6. Sangking pajêgipun pimahan tuwin yêyasan sasamènipun (pacht, huur, utawi vastrecht) ingkang kangge: gudhang-gudhang, griya pamulangan, papan balapan, griya sakit, rel ban utawi emplasêmèn sêpur, tuwin papan pamêlikan: f 12100,-

7. Sangking pajêgipun siti ingkang kaasta kangjêng guprêmèn, kados ta: ingkang kangge lalinton mrapat (Mangkunagaran, Surakarta, Ngayogyakarta, kangjêng guprêmèn) kala pamiyaking watês ing taun 1831 inggih punika: ing Rêdikidul, tuwin Sarisik, siti ingkang mêdal sarang burungipun ing Rongkop, tuwin ing song toya Sumbri, punapadene ingkang kasangkut petangipun siti Kalitan, ing Tuksanga tanah Kêdhu: f 7657,-

8. Ingkang kangge panggaotan papaning pêkên, sampun wontên rancangan badhe kapupu ing pajêgipun, nanging sapunika dèrèng dipun têtêpakên: f 7657,-

9. Ingkang kangge panggaotan wana pajatèn, tuwin wana yêyasan nagari [Djatibosch en reboisatie] botên mawi sêsanggèn pajêg: f 7657,-

10. Ingkang kangge dunungipun yasan nagari, kados ta: pasanggrahan, griya kongsèn, bêndungan, griya pamulangan dhusun, tuwin sanèsipun, tanpa mawi sêsanggèn pajêg: f 7657,-

11. Ingkang taksih mluwa utawi kasêngkêr dening nagari [Rijks domein utawi M. N. grond] tanpa kapupu pamêdalipun: f 7657,-

Dados gunggung pamêdal ingkang saking pajeging siti sataun: f 653280.-

Dene pamêdal nagari sanèsipun pajêging siti, ingkang ngantos mêmliyunan kathahipun, [kathahi...]

--- 138 ---

[...pun,] punika sanadyan aslènipun ugi sangking brêkating siti, ananging sanès bau mula-buka adêging praja.

--- 139 ---

Mênggah dalêm Mangkuyudan, punika dumunung wontên ing kampung Kêthelan, salèr kilèn masjid ing Mangkunagaran. Nalika kangjêng gusti ingkang kaping II, yasa dalêm ingkang lajêng kagêm pura ngantos dumugi ing sapunika, dalêm Mangkuyudan wau kaparingaken dhumatêng punggawa sêpuh ingkang minôngka pepatih Mas Ngabèi Wignyawijaya, anggènipun maringakên wau sarêng kangjêng gusti sampun jêngkar dhatêng pura yasa enggal.

Anyarêngi kalayan adêgipun sakaguru ing dalêm agêng (pura Mangkunagaran), dalêm Mangkuyudan wau ugi kabangun, mawi tinêngêran sangkala mêmêt adhapur gambar manggèn sêkaraning têbêng ingkang wontên sanginggil kori krobongan, gambar wau warni rêmbulan dipun tumpaki tiyang têtiga, ingkang uruting ukaranipun: wong têlu nunggang rêmbulan = 1731 = 1804.

Dalêm Mangkuyudan punika kapisah dados kêkalih, inggih punika: dalêm wingking dalah paringgitanipun, kaparingakên Mas Ngabèi Wignyawijaya kasbut ing ngajêng wau, dene griyanipun pandhapi agêng kaparingakên Kangjêng Pangeran Arya Suryamijaya kaping kalih, ingkang sapunika dumunung kilèn griya papriksaning tiyang sakit, sakilèn Mangkunagaran.

Griya agêng dalah sapringgitanipun, lajêng lumunta dhatêng Radèn [Radè...]

--- 140 ---

[...n] Mas Arya Suryaudara, sasedanipun Radèn Mas Suryaudara, kintên salêbêtipun ing taun 1896, lajêng kasade wujud balungan kapisah-pisah (dipun racik) dene griya pandhapi ingkang dados dalêm Suryawijayan, lajêng lumunta dhatêng Radèn Mas Arya Jayaatmaja, sangking Radèn Mas Jayaatmaja lumunta dhatêng Radèn Wignyaningsih, sangking Radèn Wignyaningsih lumunta dhatêng Radèn Ngabèi Jayapralêbda, sangking Radèn Ngabèi Jayapralêbda lumunta dhatêng Mas Prawiradiwirya, saha sangking Mas Prawiradiwirya lumunta dhatêng Kaji Ngabdul Kanan, lêstantun ngantos dumugi ing sapunika§ Nalika awalipun ing taun 1927 sampun wontên punggawa garap amongpraja ingkang ngaturakên pamanggihipun. Rèhning griya punika nama bêtuah, mila prayogi dipun pêpêtri, supados dados sapangèngêt-èngêt, wujuding dalêm ingkang kawitan, kagêm ingkang jumênêng saha murwani adêgipun praja Mangkunagaran, amung wontên gêtunipun manah kula dene kala dalêm agêng tuwin paringgitan [tilas dalêm Suryaudaran] dipun sade, dèrèng wontên pamanggih ingkang makatên. mênggah dalêm patilasan Mangkuyudan kêkalih wau, ing ngajêng sami kasuwur wingit tuwin agênging wilalatipun.

Amangsuli cariyos lêlampahanipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda, punika sarêng ura-uruning nagari dening wontênipun paprangan [papranga...]

--- 141 ---

[...n] ingkang lumintu sampun sirêp tuwin têntrêm, saha anyarêngi wontênipun lowongan pêpatih dalêm, tilas lêlampahanipun Radèn Adipati Sasradiningrat, ingkang seda saha sumare wontên Batawi, awit dening ngèngêti sêpuhing suwitanipun, saha gênging lêlabêtan warni-warni ingkang sangêt amupangati katêntrêman sadayanipun, sangking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan kaping III, kakarsakakên anggêntosi dados pêpatih, saha kaparingan santun sasêbutan tuwin nama Radèn Adipati Sindurêja.

Sadèrèngipun radèn adipati punika jumênêng patih, sampun krama asli sangking Têmuirêng, nanging sarêng pêputra sawêg satunggal ingkang garwa punika lajêng ubanggi botên karsa yèn ta pêputraa malih, mila radèn adipati lajêng krama asli sangking Panaraga, saha lajêng krama malih pikantuk putranipun Kangjêng Pangeran Arya Tirtakusuma ingkang adêdalêm ing Pancuran. Dados lajêng dados mantu kapenakan dalêm kangjêng gusti Ingkang kapisan. Punapadene sanèsipun garwa wau, kagungan ampil têtiga.

Putranipun radèn adipati ingkang ôngka gangsal, utawi ôngka tiga, sangking putranipun putri ing Tirtakusuman asma Radèn Ajêng Têmu, punika kagarwa kangjêng gusti kaping II nalika dèrèng jumênêng [ju...]

--- 142 ---

[...mênêng] ngasta pusaraning praja, asma Bandara Radèn Ayu Adipati Prangwadana, dados kalêrês bokayu misanan dalêm sangking pancêripun rama, ananging sawêg apêputra kalih garwa wau lajêng seda, dene putra dalêm kêkalih punika wau lajêng asma Radèn Ayu Pangeran Arya Natakusuma, tuwin Radèn Ayu Pangeran Arya Adiwijaya, inggih punika ingkang lajêng anêrahakên para ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran ngantos dumugi ing sapunika.

Anggènipun Radèn Adipati Sindurêja jumênêng dados pêpatih punika kala ing taun 1782 laminipun aggènipun jumênêng dados pêpatih punika amung wontên kalih taun. Lajêng kèndêl amargi sampun sêpuh, saha lumungsur ing putra mantu, ingkang asma Radèn Adipati Jayaningrat, sasampunipun lèrèh pakaryan, Radèn Adipati Sindurêja lajeng wangsul mantuk dhumatêng ing Kêdhu, wasana dumuginipun ing taun 1791 (21 Rêjêp taun Je, ôngka 1717) lajêng seda kasarèkakên wontên pasarean ing dhusun Juma, bawah nagari Têmanggung, golongan ing tanah Kêdhu.

Garwa saking Têmuirêng punika sarêng seda ugi kasarèkakên wontên pasarean dhusun Têmuirêng (sakilènipun pasarean [pasare...]

--- 143 ---

[...an] KêmuirêngTêmuirêng. Karangangom, ingkang samangke katêtêpakên dados pakuburan patih). Wontênipun ing pasarean, karan pasareanipun Nyai Kêrên.

2. Radèn Ngabèi Mangkurêja, ingkang kapisan

Radèn Ngabèi Mangkurêja ingkang kapisan, punika kalêrês putranipun Radèn Adipati Sindurêja ingkang pambajêng, ibu sangking Têmuirêng, ingkang suwau suwita wontên karaton, dados abdi dalêm mantri gladhag, ananging lajêng nyuwun kèndêl, suwita Mangkunagaran.

Wontênipun botên lêstantun aggènipun suwita wontên karaton, punika jalaran wontên kacuwaning panggalihipun, amargi kagunganipun kapal titihan ingkang sangêt ingêmi-êmi karampog wontên ing alun-alun ngantos dumugining pêjah, sababipun karampog wau awit miturut wiradat karaton kala samantên, sadaya kapalagaran ingkang malêbêt ing alun-alun kêdah karampog dumugi pêjah, dene wontênipun uculing kapal ngantos dumugi ing alun-alun, amargi dêdalêmipun radèn ngabèi punika wontên kampung Kêdhunglumbu, dados cêlak kalihan alun-alun ingkang êlèr.

--- 144 ---

Suwitanipun radèn ngabèi dhatêng ing Mangkunagaran, punika wiwit nalika kangjêng gusti kaping II, kabêkta saking supêkêtipun ingkang rama radèn adipati kalayan kangjêng gusti ingkang kapisan, saha kasêmbuh dados ipe dalêm kangjêng gusti kaping II, wiwit sadèrèngipun jumênêng anggêntosi ingkang eyang.

Wontênipun nagari Mangkunagaran, radèn ngabèi punika santun asma Radèn Ngabèi Sumarêja, saha kakarsakakên dados pinisêpuhing para punggawa ingkang sangêt pinitados saha kapara pinarêgakên. Mila nalika pamiwahan jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping II ngasta pusaraning praja, inggih radèn ngabèi punika ingkang tinanggênah masesani saupakartining damêl, saha kalampahan sagêd sarwa kacêkap tuwin prayogi.

Nalika wandenipun krama dalêm, kalayan putri dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sunan kaping III, asma Radèn Ayu Sêkar Kadhaton, punika kajawi wontên sabab sanèsipun, ugi andadosakên pinggêting panggalih dalêm kangjêng gusti kalayan ingkang sinuhun. Wêgtu wontên kadadosan makatên wau radèn ngabèi ngongasakên wantêring panggalihipun, numpak kapal kakitêr ing ngalun-alun, mawi ambêkta prikancanipun ing sawatawis, ananging kala samantên, sanadyan pêpacakipun wiradat [wira...]

--- 145 ---

[...dat] kraton, taksih kêncêng botên kenging sadhengah tiyang Jawi nênumpak wontên ing ngriku ewadene botên wontên ingkang ngêndhêg ngarubiru, wasana inggih awit saking wontênipun lampahan ingkang makatên saha sabab sanèsipun, dados anjalari saya wêwahipun, sungkêmipun kangjêng gusti anggèning ngayom dhatêng Kumpêni.

Garwanipun radèn ngabèi punika wontên têtiga, ingkang sêpuh asli sangking ing Banyumas, inggih punika ingkang ambabêkta wontênipun pêpali trahing Mangkurêjan, botên kenging amidamêl ing dintên pêkênan Pahing saha adamêl wiwahan tingkêb, garwa ingkang ôngka kalih saking ing Jatinom, saha garwa ôngka tiga saking ing Rônggakusuman, punapadene sanèsipun garwa wau kagungan ampil kêkalih.

Sedanipun radèn ngabèi punika kintên-kintên wontên ing salêbêtipun taun … (*) … kasarèkakên nunggil ingkang rama ugi wontên pasarean ing dhusun Juma, bawah Têmanggung ing tanah Kêdhu, punapadene garwa sêpuh ingkang saking ing Banyumas, ugi kêmpal sumare wontên ing ngriku.

3. Radèn Ngabèi Mangkurêja, ingkang kaping kalih.

Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping kalih, punika kalêrês putranipun [putra...]

--- 146 ---

[...nipun] Radèn Ngabèi Sumarêja (Mangkurêja kapisan) ingkang ôngka tiga, ibu saking putranipun Radèn Tumênggung Yudanagara ing Banyumas, anggêntosi lêlampahanipun ingkang rama dados panèwu galadhag wontên ing karaton Surakarta.

Rêrakêtanipun kalayan kangjêng gusti kaping II taksih lêstantun nyambêt kados ingkang rama tuwin kala ingkang eyang, saha wêwah langkung nyakêtakên malih sarêng krama angsal putranipun Radèn Tumênggung Tirtapraja, bupati nagari Blora, dados kajawi kalêrês kaponakanipun garwa dalêm, ugi kalêrês mantu kaponakan saking kangjêng gusti piyambak. Mila putranipun ingkang ôngka kalih wiwit alit kapundhut suwita wontên ing Mangkunagaran.

Garwanipun radèn ngabèi punika wontên kêkalih, ingkang sêpuh sangking ing nagari Blora, ingkang anèm putra Suryaaditarunan. Punapadene sanèsipun garwa wau kagungan ampil satunggal.

Sedanipun radèn ngabèi punika, kintên-kintên wontên ing salêbêtipun taun … (*) … kasarèkakên wontên ing pasarean Têmuirêng - Karanganom (pradikan kuburan patih) garwa ingkang sêpuh kasarèkakên wontên pasarean pradikan ing dhusun Ngêndho, kapanewon pangrèh praja Calamadu, [Calama...]

--- 147 ---

[...du,] dene garwa ingkang anèm sumare wontên pasarean Têmuirêng kêmpal kalihan radèn ngabèi.

4. Radèn Tumênggung Mangkurêja (Mangkurêja kaping tiga) tuwin sambêting katranganipun.

Cariyosipun kawontênan lêlabêtan tuwin pandamêlipun Radèn Tumênggung Mangkurêja, punika badhe kapratelakakên ing bab piyambak. Dene uruting nalurinipun, wiwit Radèn Adipati Sindurêja ngantos dumugi radèn tumênggung, punika murih ringkês tuwin têrang, dipun ambali malih katranganipun, mawi derah papêthan aksara ja kanthipun sêrat punika.

--- [148] ---

...

--- 149 ---

Derah papêthan aksara Ja

Uruting putra wayahipun Radèn Adipati Sindurêja, kapêndhêt ing pancêr, dumugi Radèn Tumênggung Mangkurêja.

[Grafik]

--- [150] ---

...

--- 151 ---

Katranganipun derah papêthan aksara Ja

Kawontênanipun putra wayahipun Radèn Adipati Sindurêja, ananging amung kapêndhêt ingkang pancêr dumugi Radèn Tumênggung Mangkurêja.

Aksara A.B.C.D. tuwin ôngka urut 1.2.3. sapiturutipun kasbut ing ngandhap punika, mratelakakên asma utawi namipun ingkang kapacak ing derah papêthan aksara Ja: ananging wontên kuciwanipun, ingkang sami dipun pratelakakên punika, botên sagêd jangkêp kasumêrêpan sadaya pangkat, pakaryan, saha dêdununging dêdalêmipun, punapadene ing pundi sumarenipun, awit botên sagêd angsal sasêrêpan ingkang patitis, pramila ing pratelan uruting ôngka, taksih mawi papan kangge angisèni bokmanawi ing têmbe sagêd pinanggih katranganipun.

Para putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja dalah têrahipun sapangandhap ngantos dumugi kawontênanipun ing wêktu mangke, punika botên kapacak wontên ing derah tuwin pratelan ing bab punika, awit badhe katêrangakên wontên cariyos kawontênan tuwin lêlabuhanipun kasbut ing bab kaping 5.

--- 152 ---

A. Radèn Adipati Sindurêja

Garwanipun

1. Sangking Têmuirêng, 2. Sangking Panaraga, 3. Sangking Pancuran.

Ampilipun:

1. Bok Ajêng Wida, 2. Bok Ajêng Wadon, 3. Bok Ajêng Rêsmi

Putranipun:

1. Radèn Ngabêi Mangkurêja ingkang kapisan, santun nama Radèn Ngabèi Sumarêja, saking garwa ôngka 1
2. Radèn Ayu Adipati Jayaningrat, garwanipun pêpatih ing karaton Surakarta, saking garwa ôngka 2
3. Radèn Ayu Cakrawijaya, saking garwa ôngka 3
4. Radèn Riya Cakrawinata, saking garwa ôngka 3
5. Bandara Radèn Ayu Adipati Prangwadana garwa dalêm kangjêng gusti kaping II, saking garwa ôngka 3

--- 153 ---

6. Radèn Tumênggung Martanagara, saking garwa ôngka 3
7. Radèn Ngabèi Wiryawinata, saking garwa ôngka 3
8. Bokmas Brajayuda, saking ampil ôngka 1
9. Mas Ngabèi Martadipa, saking ampil ôngka 1
10. Bokmas Danamênggala, saking ampil ôngka 2
11. Radèn Côndrasari, saking ampil ôngka 3
12. Radèn Ngabèi Cakradirja, saking ampil ôngka 3
13. Radèn Rêtnadiluwih, saking garwa ôngka 3
14. Radèn Wiryadipura, saking garwa ôngka 3
15. Mas Ngabèi Mangkudiwirya, saking ampil ôngka 3
16. Bokmas Atmawikrama, saking ampil ôngka 1
17. Mas Ngabèi Jayadirja, saking ampil ôngka 3

B. Radèn Ngabèi Mangkurêja kapisan. Santun nama Radèn Ngabèi Sumarêja

Garwanipun:

1. Putranipun Radèn Tumênggung Yudanagara ing Banyumas, 2. Saking Jatinom, 3. Putranipun Radèn Rônggakusuma.

Sêliripun:

1. Bokajêng Ganêp,

--- 154 ---

2. Bokajêng Magêm

Putranipun:

1. Radèn Bagus Karja, sangking garwa ôngka 1
2. Radèn Mangkuwijaya, sangking garwa ôngka 1
3. Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping kalih, sangking garwa ôngka 1
4. Radèn Turunsih, sangking garwa ôngka 1
5. Bokmas Jagadimêja, sangking sêlir ôngka 1
6. Bokmas Jayadimêja, sangking sêlir ôngka 2
7. Bokmas Sarapatra, sangking sêlir ôngka 2
8. Radèn Danukusuma, sangking garwa ôngka 1
9. Bokmas Sutadiwirya, sangking garwa ôngka 2
10. Bokmas Amat Ngarip, sangking sêlir ôngka 2
11. Radèn Bagus Rana, sangking garwa ôngka 3

C. Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping kalih.

Garwanipun:

1. Putranipun Radèn Ayu Tirtapraja (bupati) ing Blora.

2. Putranipun Radèn Tumênggung Surya Aditaruna.

--- 155 ---

Sêliripun:

1. …(*)…

Putranipun:

1. Radèn Mangkudirja, sangking garwa ôngka 1
2. Radèn Tumênggung Mangkurêja, bupati patih ingkang kawitan ing praja Mangkunagaran (Mangkurêja ingkang kaping III) sangking garwa ôngka 1
3. Radèn Ajêng Sumilah, sangking garwa ôngka 1
4. Radèn Ayu Sumadiwirya, sangking garwa ôngka 1
5. Radèn Ayu Ranadirja, sangking garwa ôngka 1
6. Radèn Mas Sutarya, sangking garwa ôngka 1
7. Radèn Mas Sangip, sangking garwa ôngka 1
8. Radèn Ngantèn Pôncapêrgata, sangking sêlir,
9. Radèn Mas Bowan, sangking garwa ôngka 2

Katrangan:

(21) uruting nalurinipun Radèn Adipati Sindurêja manginggil malih, punika amung kula pacak dados wêwahanipun katrangan kula, amargi botên sagêd wijang satunggal-satunggal, tuwin botên sagêd jangkêp katranganipun, dene pinanggih ing kawontênanipun, amung kados kasbut ing ngandhap punika: [p...]

--- 156 ---

[...unika:]

Ha, ingkang saking pancêr jalêr

1. Radèn Adipati Sindurêja (suwau nama Kyai Sutamarta kaping 3, lajêng asma Radèn Tumênggung Mangkuyuda), punika putranipun Kiyai Sutamarta kaping 2, ibu saking Têmuirêng.

2. Kyai Sutamarta kaping 2, punika putranipun Kiyai Bèi Sutamarta ingkang kapisan.

3. Kyai Sutamarta ingkang kapisan, punika putranipun Kiyai Ngabèi Martadipa.

4. Kyai Ngabèi Martadipa, punika putranipun Kiyai Sutamarta ingkang lajêng nama Ngabèi Saradipa, mantri Matawis.

5. Kyai Sutamarta utawi Ngabèi Saradipa, punika putranipun Kiyai Buyut Sutamarta, ingkang ugi nama Kyai Agêng Pagêrgunung kaping 4.

6. Kyai Agêng Pagêrgunung kaping 4, punika putranipun Kiyai Agêng Pagêrgunung kaping 3.

7. Kyai Agêng PagêrgunuPagêrgunung. kaping 3, punika putranipun Kiyai Agêng Pagêrgunung kaping 3, ibunipun, putra pangeran ing Karanggayam, pujôngga nagari Pajang.

8. Kyai Agêng Pagêrgunung kaping 2, punika putranipun Kiyai Agêng Pagêrgunung ingkang kapisan, ibunipun putra Kyai Agêng ing Ampuhan.

9. Kyai Agêng Pagêrgunung ingkang kapisan, ingkang ugi karan Kiyai Agêng Karotangan, punika putranipun Kiyai Agêng Anis, kalêrês ingkang rayi Kyai Agêng Mataram utawi ingkang raka Kyai Agêng Jurumartani.

Na, ingkang saking pancêr èstri

Kawontênanipun ingkang saking pancêr èstri, punika dèrèng sagêd pinanggih urutipun satunggal-tunggal, katranganipun ing sawatawis kados ing ngandhap punika:

1. Ibunipun Radèn Adipati Sindurêja, punika têrahipun Ki Mas Mônca, ingkang lajêng asma Adipati Môncanagara, patih karaton nagari Pajang, saha lajêng santun asma Kyai Agêng Atasangin, inggih Ki Mas Mônca punika ingkang ambêbukani sumare ing Têmuirêng-Karanganom.

2. Ki Mas Mônca punika putranipun Radèn Arya Jômbaleka, ingkang adêdalêm [adêdalê...]

--- 157 ---

[...m] wontên ing dhusun Talpitu, saha pasareanipun ugi karan ing Jômbaleka, kalêrês sawetanipun dhusun Têmuirêng, sakilènipun dhusun Talpitu, bawah kapanewon pangrèh praja ing Karangpandhan, pasarean punika samangke dados patirakatanipun têtiyang kathah.

--- 158 ---

Bab 5. Cariyos kawontênan tuwin lêlabêtanipun Radèn Tumênggung Mangkurêja, bupati patih ingkang kawitan ing praja Mangkunagaran, dalah trah-tumêrahipun.

Anumusi suraosipun ing bêbuka tuwin ing bab sanèsipun kasêbut ing sêrat punika, sarèhning Radèn Tumênggung Mangkurêja punika dados jêjêr wontênipun sasêbutan kuburan patih, saha ingkang ambukani wontênipun pêpatih mêngku parentahing praja mawi pinangkat bupati, punapadene tumangkaring têrahipun prasasat angèbêki sapraja Mangkunagaran. Pramila cariyosing kawontênan tuwin lêlabêtanipun, katêrangakên satunggal-tunggal, ingkang kapilahakên madêg bab ingkang miyambak.

Radèn Tumênggung Mangkurêja, punika kalêrês putranipun Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping kalih ingkang ôngka kalih, ibu sangking putranipun Radèn Tumênggung Tirtapraja Bupati Blora, wiwit kala taksih alit, dipun pundhut kaabdèkakên ing ngarsa dalêm [da...]

--- 159 ---

[...lêm] kangjêng gusti kaping II, wontênipun kapundhut wau, kajawi katarik saking rêrakêtanipun ingkang rama minggahipun dumugi eyang, ugi kabêkta saking aggènipun taksih santana, awit kalêrês wayah kapenakan dalêm kangjêng gusti saking rama, saha wayah kapenakanipun garwa dalêm, Bandara Radèn Ayu Adipati Prangwadana.

Wiwit angancik wanci diwasa, kintên-kintên kala ing taun 1811 radèn tumênggung sampun katitik prigêlipun olah pakaryaning praja, awit kacobi ambiyantu pangrancang tuwin pambabadipun nalika nagari angyasani wradinan agêng wiwit watês Salatiga dumugi watês Madiun (narajang kitha Bayalali-Kartasura-Surakarta-tuwin Sragèn) ingkang kawastanan margi agêng Daendelsstraat punika sagêd sampurna pratingkahing damêlipun. Inggih ing wêktu punika ingkang anjalari kauninganipun para pangagêng Walandi tuwin Jawi kengingipun radèn tumênggung pinasrahan pandamêl pêrlu, mila sarêng sampun saya wêwah yuswanipun, radèn tumênggung lajêng kakarsakakên dados prajurit, saha kaparingan nama sêpuh nama Radèn Mangkuwijaya, dadosipun prajurit wau dumugi apangkat litnan.

Nalika kintên-kintên ing taun 1829 salêbêtipun paprangan agêng [a...]

--- 160 ---

[...gêng] ing tanah Jawi, (prang Dipanagaran ing taun 1825-1830) Radèn Mangkuwijaya, tumut kaangkatakên prang dhatêng ing bètèng Gombang sakiduling pêkên Pedan. Dipun senapatèni dening kapitan Radèn Mas Arya Gôndakusuma (kangjêng gusti kaping IV).

Ingkang dados piandêling panggalih salêbêtipun amangun yuda, punika pusakanipun waos ingkang nama Kyai Dulêg. Salêbêtipun wontên payudan, sagêt katingal titiking kawantêran tuwin gênging pandamêlipun. Inggih punika mêdal saking kalanganing mêngsah ingkang sawêg jinagi rapêt saha lajêng sagêd adamêl lêbêting brokoh kangge ingoning prajurit.

Nalika kintên-kintên ing taun 1830, Radèn Mangkuwijaya kapiji anusul pêrang, barisanipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat mikut pangeran ing Serang, ingkang ugi madêg karaman ing wêktu wau, amargi litnan ingkang andhèrèk kangjêng pangeran, punika sakit anandhang brana dening dêdamêling mêngsah, (pangeran Serang punika pangagênging pradikan ing dhusun Serang, bawah kabupatèn Bayalali, ingkang suwau tumut anggolong pangramanipun Pangeran Dipanagara, sarêng Pangeran Dipanagara sampun kapikut, lajêng madêg bawa karaman piyambak).

--- 161 ---

Nalika têmpukipun paprangan wau, sarêng ing wanci sêraping surya pangagênging kraman sampun pêjah dening panyanjatanipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat, enjingipun lajêng têmpuk paprangan malih, wasana bala kraman sami kasêsêr tutup sakèthèng, sakèthèng punika pagêr dhadhahing capuri kadamêl saking grogol sarwa santosa, rêkaos rinisak dening kiyating dêdamêl ngantos adamêl kawêkènipun kangjêng pangeran sabalanipun. Ing ngriku Radèn Mangkuwijaya lajêng nandukakên wangkingan wasiyatipun ingkang nama Kyai Panatas, kangge sarana kasidaning salampahipun.

Wangkingan Kyai Panatas, punika darbe kasiyat sagêd mêngakakên samubarang ingkang kumunci,§ Dhuwung punika samangke dumunung wontên Radèn Ngabèi Arjagupala, pènsiyun wadana pangrèh praja Purwantara, kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja. mila sarêng dipun tamakakên kuncining regol ingkang kinancing sarwa santosa sanalika lajêng mênga, saha kangjêng pangeran sabalanipun, lajêng sagêd malêbêt ing dalêmipun pangeran kraman. Wontên ing ngriku kangjêng pangeran sabalanipun lajêng sagêd analêsihakên punapa sakawontênanipun [sa...]

--- 162 ---

[...kawontênanipun] sarta lajêng amikut garwanipun pangeran kraman, ingkang lajêng dados tawanan katur nagari, inggih sabêdhahipun karaman Serang punika ingkang lajêng dados pancadanipun kaluhuraning asmanipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat, saha ing salajêngipun.

Sasirêpipun paprangan Dipanagaran, darêdah ing padhusunan dening corok-cinorok watêsing siti tansah lumintu, ngantos adamêl panggalihaning nagari ambangun barising watês, mila bokmanawi sampun dhawah ing mangsanipun, ingkang anocogi kados pamanggihipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda nalika amiyak watês sabibaring prang Giyanti (kasbut ing bab kaping 4) saking kaparêng dalêm kangjêng gusti, Radèn Mangkuwijaya kakarsakakên mêdal saking pakaryan prajurit, lajêng kaparingan pangkat dados punggawa tuwin santun nama Radèn Ngabèi Mangkurêja, ingkang salajêngipun kala kintên-kintên ing taun 1831 kapiji dados panitya anggaris watêsing siti, bawah Ngayogyakarta, kalayan ing Surakarta, tumrapipun wawêngkon Mangkunagaran, wontênipun radèn ngabèi punika ingkang piniji, awit kaurut nalurinipun, dene taksih têrahipun Radèn Tumênggung Mangkuyuda, (Radèn Adipati Sindurêja) ingkang ambukani [a...]

--- 163 ---

[...mbukani] wontêning lampahan wau.§ salajêngipun ngantos dumugi ingkang ngrampungakên panggarising watês lalinton siti ingkang kaping tiga, kaping sakawan, tuwin ingkang kaping gangsal. Punika inggih taksih tumruntun têrahipun Radèn Adipati Sindurêja, makatên ugi dalah garapan perangan alit, kados ta: pandamêlan ing lêbêt kantor tuwin têba sawatawis, wiwit lalinton kaping tiga dumugining kaping gangsal. Ingkang wiwit kawitaning panggarap dumugi sarampungipun, punapadene nalika konduripun siti Kalitan, punika têbih-têbih inggih botên kaliya sangking têrahipun Radèn Adipati Sindurêja.

Ingatasipun pakaryan ing jaman têntrêm, prakawis punika sangêt gawat tuwin ruwêt, mila kajawi kapêndhêt uruting naluri kados kasêbut ing ngajêng, inggih dening amung radèn ngabêi punika ingkang kagalih mêmpan saha cêkap dhatêng kalimpatan tuwin sasêrêpan sapêrlunipun prakawis wau, mila radèn ngabèi punika lajêng katêtêpakên dados pramukaning para panitya, mawi dipun kanthèni Mas Ngabèi Jayapranata, tuwin Mas Dêmang Pôncabênawi, minôngka warganing panitya.

Angsal-angsalanipun panggaris watêsing siti wiwit antawisipun dhusun Sadhèng tuwin Songbanyu sapinggir sagantên kidul, menggak-menggok ngalèr ngilèn dumugi margi agêng têrusan dhatêng Ngayogya, [Nga...]

--- 164 ---

[...yogya,] têrus mangalèr dumugi ing rêdi Panggung, rêdi Kopyak, saha lajêng têrus mangalèr dumugi ing Jatibêdhug. Sarêng sampun rampung panggaris uruting watês, lajêng tinêngêran parigi tumpukan sela, sinêlingan kajêng agêng ingkang winastanan kajêng wayang, saha ing sakiwatêngênipun mawi tinêngêran kajêng malih ingkang winastanan kajêng sinom. Sadaya têngêr wau kayêktèn sangêt pitados saha salong taksih lêstantun dumugi sapunika.

Pikantuking angsal-angsalanipun lalinton siti punika, botên kêndhat ing pangangkah ingkang murih adamêl untunging praja, mila ngantos kalampahan, kathah sangêt pikantuking kêkapan langkungipun saking ingkang dipun uwalakên, saha pikantuk siti ingkang agêng asilipun. Inggih punika: guwa sarang burung ing Rongkop, Song Toya, tuwin ing Sumbri pasisiripun sagantên Sadhèng,§ Kintên-kintên kala ing taun 1840 siti punika dalah sarang burungipun kapajêgan ing kangjêng guprêmèn. tuwin sanès-sanèsipun.

Pasitèn Mangkunagaran ingkang katut dhatêng Ngayogya, punika karan pasitèn ing Rêdikidul, inggih punika ing Ponjong, [Po...]

--- 165 ---

[...njong,] ing Sêmanu, tuwin sanès-sanèsipun. Dene siti Ngayogya ingkang dhatêng Mangkunagaran, punika karan ing tanah Sêmbuyan, kados ta: ing Ngungking, ing Plumbon, ing Sênggama tuwin sanès-sanèsipun. Samantên punika ing Mangkunagaran taksih angsal tombokan arta miturut sacubaking petangipun, saha ing ngajêng taksih angantunakên pèngêtan petang bilih siti lalinton wau taksih kirang 125 jung, punapadene wontên malih pasitèn Mangkunagaran ingkang malêncat dumunungipun, lajêng kangge petangan lalinton mrapat (sêsangkutaning pêpetangan kalayan kasultanan, kasunanan, tuwin kalayan guprêmèn) nama siti ing Salisik, Praga, tuwin Bagawônta, ingkang pungkasaning petangipun, ing Mangkunagaran kalêrês angsal lêlintu tombokan awarni arta, mênggah kêmpalipun tomboking arta punika lajêng kabayaran ing sabên wulan lumantar kangjêng guprêmèn, lêstantun dumugi ing sapunika.

Nalika kintên-kintên ing taun 1833 radèn ngabèi tampi ganjaran saking kangjêng guprêmèn, minôngka têtêngêr katarimahing lêlabêdanipun kala paprangan ing tanah Jawi (prang Dipanagaran), ganjaran punika awarni mêndhali jêne (Gouden medaille v/h Javasche oorlog).

--- 166 ---

Kintên-kintên nalika salêbêtipun ing taun 1837 radèn ngabèi punika kakarsakakên dados pêpatih, ananging pangkatipun taksih anama punggawa sêpuh, minôngka sisihanipun Kangjêng Pangeran Ariya Gôndakusuma, ingkang dados wajibipun tumrap paprentahan ing jawi lêbêt, sanèsipun bageyan putra santana, tuwin bageyan rèh prajurit.

Kacariyos nalika wandenipun krama dalêm kangjêng gusti kaping III pikantuk Kangjêng Ratu Pambayun, putra dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping VII, punika radèn ngabèi kenging pangintên badhe damêl ara-uru, ngantos pinundhut dening utusanipun parentah agêng badhe pinidana ing ukum bucal, awit kamirêngan bilih sampun sadhiya damêl rarêmpon mamêngsahan kalayan kraton. Ananging saking kaluhuran saha panggahipun kangjêng gusti kaping III, pamundhutipun utusan wau kacêgah sarosanipun, dipun pratelakakên bilih wontênipun kados makatên, jalaran saking anggènipun anêtêpi kawajiban, mila ing salajêngipun radèn ngabèi inggih kalêstantunakên kados ing suwaunipun.

Saking aggènipun tansah angudi arjaning praja sumrambah dhatêng kawula, kintên-kintên kala ing taun 1814, radèn ngabèi damêl cobèn-cobèn nanêm kopi wontên siti lênggahipun ing Sidakriya, [Si...]

--- 167 ---

[...dakriya,] bawah kapanewon pangrèh praja Sidaarja, pikantukipun bibit kawitan, saking kêbon pakopèn kina ing Gôndasini, bawah kapanewon pangrèh praja ing Bulukrêta, wasana sarêng panyobi punika têtela pinanggih sae, saha kinintên ambarkati pamêdalipun, lajêng binantonan dening Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma, ingkang ing wêktu wau taksih sami nindakakên pandamêlan kados pêpatih, dumadosing pambiyantu wau kaêlar ing têbanipun kangge panggaotan yasan nagari, punapadene lajêng tinulad dening para putra santana tuwin narapraja sanèsipun, ingkang ugi lajêng nanêm kopi wontên ing siti lênggahipun piyambak-piyambak. Inggih wiwit wêktu punika wontênipun panggaotan tanêman kopi ing praja Mangkunagaran.

Tumangkaripun têbaning kadudidayan, punika saya dangu saya agêng tuwin warni-warni wujudipun, awit dahad sinantosan dening praja kaudi widadanipun, inggih tumangkaripun kabudidayan wau ingkang dados sarana kasugihan tuwin samêktaning praja, ngantos amanpangati dumugi para kawula. (25)

(25) Mênggah tumangkaring têbanipun saha wujuding kabudidayan punika wontên ingkang lajêng dados jêjêripun panggaotan agêng, wontên ingkang kacobi sakêdhap [sakêdha...]

--- 168 ---

[...p] botên dipun lajêngakên, amargi kirang urup [kurup] kalayan pakantukipun. Saha wontên ingkang lêstantun katindakakên, ananging lajêng botên widada salamènipun, dene têrangipun kawontênan satunggal-tunggal, kados ingkang kasbut ing ngandhap punika.

Ingkang ngêmudhèni tumindakipun kabudidayan, punika wiwit ing taun 1870, wadana kartapraja Radèn Mas Wiraasmara (= pangkat Indlandsche Superintendent) kabiyantu dening tuwan R. Kamp. Sasedanipun Radèn Mas Wiraasmara kala ing taun 1884, lajêng botên kadekekan ingkang minôngka Superintendent malih, lampahipun kabudidayan amung lajêng kacêpêng dening Inspecteur kemawon, sarêng ing taun 1892 kadekekan malih Superintendent bôngsa Walandi, saha ing taun 1899 (G.B. 15.4.99 no.1) Superintendent wau lajêng nama Superintendent voor M.N zaken, kawajibanipun kajawi ngêmudhèni tindaking kabudidayan, ugi mandhegani pangrèhing arta nagari, dene kawontênan tuwin urutipun ingkang sami dados Superintendent wau kados ing ngandhap punika

1. wiwit ing taun 1892 tuwan J.A.C. de Kock van Leeuwen
2. wiwit ing taun 1911 tuwan W.F.H. Haag.
3. wiwit ing taun 1918 tuwan J. Schuit
4. wiwit ing taun 1921 tuwan K.L. Neumann
5. wiwit ing taun 1928 tuwan Ir. C.G.L. Steuertwald

Kawontênanipun saha wujudipun satunggal-tunggaling kabudidayan, punika kados kasbut ing ngandhap punika.

1. Ingkang kawitan katindakakên, punika tanêman kopi kados kasêbut ing nginggil wau, kopi punika lumintu kaagêngakên, pantoging wiyaripun tanêman kopi ngantos ngèbêki sadaya tanah parêdèn, saha lumèbèr sawatawis pasitèn ingkang lêbak. Agêng-agêngipun kauntungan wêdaling kopi kala ing taun 1881 sapêngkêripun ing taun wau saya suda saha kalajêng dumugi pêjah. Wasana wiwit ing taun 1898 lajêng lumintu sami kasuwak. Têlasipun babar pisan kala ing taun 1901.

Wiwit ing taun 1833 (dados wiwit sadèrèngipun ing praja Mangkunagaran damêl panggaotan kopi) pamadènipun pamêdal kopi kaaturakên kangjêng guprêmèn, dumugènipun ing taun 1900, sampun botên kapundhut ing kangjêng guprêmèn [guprê...]

--- 169 ---

[...mèn] malih.

2. Nalika 8.12.1861, wiwit pasang banon ingkang kawitan, pabrik gêndhis ing Calamadu, ingkang mandhegani adêgipun saha bukani tumindakipun tuwan R. Kamp kasêbut ing nginggil wau.

Pabrik punika taksih lêstantun ngantos dumugi sapunika, saha wiyaring têbanipun saya wêwah kaagêngakên, sarana numbas kabudidayan partikulir tuwin sanès-sanèsipun, kados ta: sangking Klodran, sangking Jombor, tuwin sangking siti ingkang kajawèn.

3. Kala ing taun ± 1867, wiwit ambangun saha miyarakên têbanipun kabudidayan wos ing pabrik boga, ingkang kawitan ambukani pambangunipun Mas Ngabèi Pôncasuwirya, lampahing pangupakara tuwin pangopèning pantun, miturut pitêdahipun tuwan K.F. Holle. Wasana kala ing taun 1886 panggaotan punika lajêng kasuwak.

Sadèrèngipun kabangun wau, siti punika ugi sampun kangge têtanèn tanêman pantun, ananging dèrèng nama panggaotan, kajawi amung kangge tadhah dhatêng nagari ngiras sadhiyan pitulungan dhatêng kawula manawi kaparak môngsa pacêklik.

4. Nalika 11.6.1871. wiwitipun pasang banon pabrik gêndhis ing Tasikmadu, ingkang mandhegani adêgipun saha ambukani tumindakipun tuwan W. Kamp. Pabrik punika taksih lêstantun ngantos dumugi ing sapunika, saha wiyaring têbanipun saya wêwah kaagêngakên, sarana anampèni siti konduran, tumbas saking kabudidayan partikulir tuwin sanès-sanèsipun, kados ta: sangking kabudidayan Bangsri, Gagan Mutihan, Mayarêtna, Wanalapa, Kêbakkramat, Sidarêja, Kêmiri, Jêthis, Triyagan, Tundhungan, Bumiaja, Rêjawinangun, tuwin ing siti kêjawèn.

5. Ugi kala ing taun ±1871 adamêl panggaotan tanêman tèh wontên bawah kapanewon ing Tawangmangu, ingkang mandhegani tumindakipun Tuwan J.B. Vogel, ananging kintên-kintên kala ing taun 1874 tanêman punika lajêng kasuwak.

6. Kala ing taun ± 1875 damêl panyobi panggaotan ulêr sutra ugi wontên bawah kapanewon ing Tawangmangu, ingkang mandhegani tumindakipun Mas Ngabèi Pôncagrêjita, ananging kintên-kintên kala ing taun 1878 panggaotan punika lajêng kasuwak.

7. Kala ing taun ±1877 adamêl panggotan tanêman kinah, ugi wontên [wo...]

--- 170 ---

[...ntên] bawah kapanewon ing Tawangmangu, ingkang ambukani tumindakipun ugi Mas Ngabèi Pôncagrêjita, ananging kala ing taun 1903 tanêman punika dipun suwak.

8. Kala ing taun 1882 wiwitipun pasang banon, pabrik bungkil ing Palakarta, ingkang ambukani tumindakipun Tuwan K. E. Keijzel.

Ing taun 1890 panggaotan punika santun amung sade kacang, ing taun 1912 kasantunan nanêm randhu, karèt, klapa, pohung, tuwin arêng kajêng taun. Wasana sarêng anyarêngi siti punika kapasrahakên ing Kasunanan (lalinton siti ingkang kaping gangsal ing taun 1923) panggaotan punika lajêng kasuwak.

9. Kala ing taun 1887 nindakakên panyobi tanêman sata wontên ing tanah Kaduwang tuwin wontên tanah Nglaroh, ingkang ngêmudhèni pananêmipun Tuwan C. van der Pals saha Radèn Ngabèi Jayawilatikta, ananging panyobi punika amung tumindak samôngsa: botên dipun lajêngakên.

10. Kala ing taun 1883 amêwahi cacahing kabudidayan pabrik gêndhis, asli sangking tumbas gadhahanipun kabudidayan partikulir, nama pabrik Madurêngga (ingkang suwau nama pabrik Kêmiri) dipun pandhegani dening Tuwan W. R. Buijs, wasana ing taunipun 1894 pabrik punika lajêng kasuwak, siti satanêmanipun katumutakên dhatêng pabrik Tasikmadu.

11. Kala ing taun 1887 wiwitipun adêging pabrik nila ing Mayarêtna, ingkang ambukani tumindakipun Tuwan R. Buick, ing taunipun 1901 panggaotan nila lajêng kasuwak, santun pamajêgan arta, ing taunipun 1905 kasantunan tanêman pantun, pantun punika botên kaanggêp dados jêjêr panggaotan, kajawi amung kangge tadhah minôngka angènthèngakên gêsangipun para kawula manginggil dumugi putra, wasana wiwit ing taun 1924 pantun punika lajêng kasuwak, prêlu kangge ngêlar têbaning tanêman têbu, tuwin dipun pajêgakên.

12. Wiwit antawisipun kala ing taun 1898 nindakakên nyèlèngi arta sangking pêpanci nagari ing sabên taun. Celengan punika dumunung wontên ing bang ingkang mêdal sarêmanipun. Saha ing taun 1911 wiwit tumbas sêrat Effect (sêrat bêbathoning kabudidayan).

13. Kala ing taun 1901, anampèni konduripun siti ing Krêja tuwin Gadhungan, ingkang mêntas kacêpêng dening kabudidayan partikulir, lajêng kawêwahan malih ing

--- 171 ---

Majagêdhang utawi ing Jêrukwangi, wontênipun ngasta nagari kalêstantunakên kangge panggaotan nanêm kopi ngantos dumugi ing sapunika, ingkang ambukani tumindakipun Radèn Ngabèi Pôncasumarja, adêgipun pabrik panggilingan kopi kala ing taun 1919.

14. Nalika ing taun 1911, pangrêksaning wana pajatèn tuwin pandamêling wana yasan (Djatibosch en Reboisatie) katumutakên golongan kabudidayan, nanging wiwit ing taun 1924 lajêng katumutakên yasan nagari.

15. Ugi kala salêbêtipun ing taun 1912, ngadêgakên gudhang tuwin pabrik kapuk ing Wanagiri, jêjêripun gudhang punika botên kangge panggaotan, amung kangge panjagi dhatêng kawula murih singlar kaingsêp ing lintah dharat (woekeraar) sarana anjèjèri pangakuting para bakul ingkang sami angimpun asiling siti tumrap talatah panggenan ngriku, wasana kala ing taun 1918 pabrik punika lajêng kasuwak.

16. Kala ing taun 1923, ngadêgakên pabrik saha panggaotan sêrat nanas ing Majagêdhang, lêstantun ngantos dumugi ing sapunika, pasitèn ingkang kangge kabudidayan punika Ngêlo saking pakopèn Kêrja Gadhungan. Ingkang ambukani tumindakipun Radèn Mas Ngabèi Arjasumaksa.

17. Kala ing taun 1917, angawiti ngêlar adêgipun pasewan griya, ingkang pokoking pawitanipun kadunungakên wontên siti Samarang lêstantun ngantos dumugi ing sapunika, kabudidayan punika dipun wastani M.N. Bouwfonds, têbanipun griya-griya pasewan wau ngantos dumugi ing Surakarta tuwin ing panggenan sanès, ingkang mandhegani kawitanipun Tuwan W.F.H. Haag saha samangke kaêlar malih têbaning tumanjanipun.

Siti Samarang punika, anggènipun tumbas kintên-kintên kala sadèrèngipun taun 1860 asli sangking warisipun Kangjêng Radèn Adipati Suraadimênggala, ugi Bupati Samarang, panunggilanipun siti punika ing ngajêng wontên tigang prêsil. Ananging ingkang kalih prêsil ing Trêbaya tuwin Dêmak, kintên-kintên kala ing taun 1896, lajêng kasade prêlu kangge anyampêti kakiranganing arta nagari, (kala nagari kacingkrangan ing antawisipun taun 1887).

18. Kala ing taun 1923, ngadêgakên hotèl patirahan ing Karangpandhan, lêstantun ngantos sapunika, ingkang ngadani pambikakipun Tuwan K.L. Neumann dipun wastani Berg Hotel Karangpandan.

--- 172 ---

Hotèl punika ingkang suwau pasanggrahan dalêm kangjêng gusti, iyasanipun kangjêng gusti kaping II, lajêng kabangun kala ing taun 1843 saha taun 1861.

19. Kala ing taun 1925, ngadêgakên hotèl pasiraman tirta nirmala, ananging lajêng kaparingakên dhatêng pakêmpalan darah tuwin pakêmpalan priyantun. Dipun pandhegani dening pangrèhing pakêmpalan wau, ingkang kawitan anindakakên Mas Ngabèi Arjadigdaya.

Pasiraman punika ing ngajêng iyasan dalêm kangjêng gusti kaping II, lajêng kabangun kala ing taun 1843 saha taun 1908.

20. Kala ing taun 1928, pangrèhipun adêging pêkên kaminakakên dados nama panggaotan. Ananging taksih kaasta dening nagari, ingkang nindakakên kawitanipun Radèn Mas Arya Daryasugônda.

Tumindaking pambangun tuwin pamupu asiling pêkên, punika wiwit kala ing taun 1917 (Rijksb. 1917 no. 23) dalah sambêt-sumambêtipun, ingkang ngêmudhèni bêbadhenipun Radèn Mas Panji Sumaudaya.

Kajawi ing nginggil wau, ugi taksih kathah malih warni-warnining tanêman ingkang dados panggaotaning nagari, kados ta: 1. soklat, 2. panili, 3. pala, 4. mrica, tuwin 5. karèt.

Sadaya punika pananêmipun amung kanunutakên wontên ing kêbon pakopèn, salong mina nanging amung sawatawis.

--- 173 ---

Anyarêngi kalayan kala kawitanipun pambangun adêging praja kados adêging praja sajati (bab tumindakipun pandamêlan pangrèh praja tuwin pulisi kados tatanipun kangjêng guprêmèn) kintên-kintên kala ing taun 1850 (dados salebêtipun jumênêng dalêm kangjêng gusti kaping III) radèn ngabèi punika katêtêpakên winisudha dados pêpatih ingkang pinangkat bupati saha sinêbut radèn tumênggung, ngiras dados pangarsaning pangadilan, punapadene kaparingan wawênang lan panguwaos minôngka sêsulihipun ingkang jumênêng, dados inggih wiwit ing wêktu punika kawitanipun ing praja Mangkunagaran wontên pêpatih ingkang mêngku paprentahan pangrèhing praja mawi pinangkat bupati.

Anyarêngi kala pambangunipun loji dalêm residhènan, punika kacariyos wontên karsanipun kangjêng guprêmèn, mundhut kajêng jatos kados ingkang tumindak ing Kasunanan. Mênggah pundhutan makatên wau sakalangkung andadosakên putêking panggalihipun radèn tumênggung, awit dipun galih damêl ringkih tumrap adêgipun praja, mila kanthi prihatosing panggalihipun, radèn tumênggung dahad dènnya ngulir budi sagêdipun anggondhèli lêstantuning wana wau.

Panggondhèlipun radèn tumênggung, punika ugi sagêd kasêmbadan [kasêmbada...]

--- 174 ---

[...n] lêstantun ngantos samangke, amung tandukipun pangudi kala samantên, kaladuk angatawisi yèn ngandhut sêrênging tindak, ingkang ngantos anuwuhakên sônggarunggining panggalihipun ingkang jumênêng dados residhèn. Mila ngantos kalampahan wiwit ing wêktu punika radèn tumênggung ingawêran pêpacak wados, samôngsa sowan ing residhènan, botên kalilan ngangge agêmipun dhuwung, mênggah pêpacak punika inggih dipun èstokakên kanthi lêgawaning panggalihipun, saha kalampahan ngantos dumugining seda. (26)Keterangan (26) ada pada paragraf berikutya.

(26) Tatanan kala ing kina, pangrêksaning wana-wana punika kacêpêng priyantun, blandhong, apangkat ngabèi, dêmang, kawajibanipun angladosi kajêng obong tuwin glondhong saha ing sasamènipun. Namanipun priyantun wau sami apurwaka pônca, ingkang lajêng katêgês namining kajêng utawi atêgês obong, kados ta: prabatang, mandhira, gurda, jêmpina, tuwin basmara, dene wontênipun pranatan ingkang sakawit, sawêg wiwit ing taun (9 12/2 1796) 1868 dalah sêsambêtanipun. Kintên kala taun 1908 sadaya wana pajatèn dipun ambali malih kapundhut kangjêng guprêmèn. Karsanipun kangjêng guprêmèn kapiridakên utawi lajêng tumindak kados tumrap Surakarta ingkang kala taun 1912 sadaya pajatènipun sampun pasrah dhatêng Kumpêni, utawi kados Ngayogya ingkang dèrèng dangu inggih makatên. Ananging sangking karigênaning pangudinipun bupati patih Radèn Mas Tumênggung Bratadipura, taksih kaparêng lêstantun ngantos samangke, amung dipun tamtokakên kêdah kabangun ing tata enggal, kados wana kagunganipun kangjêng guprêmèn. Tuwin dipun cêpêng dening tiyaTiyang.

--- 175 ---

ingkang undhagi ing kawruh wana.

Tumindakipun panata wangun, wiwit kala ing taun 1911 dene cêkakaning tatananipun kados ing ngandhap punika:

1. Paprentahan wana punika kaadêgakên dados paprentahan piyambak, nama kabupatèn Wanamarta (M. N. Boshwezen) ngiras mandhegani pandamêlipun wana iyasan (reboisatie) ingkang ambukani tumindakipun Tuwan H. M. Middelbeek, tatananing pangrêksanipun kasbut ing Rijksb. 1920. No. 22 tuwin 1923. No. 6.

2. Jêjêripun iyasan wana, punika ingkang tumrap kajêng jati, kangge prêlunipun adêging praja, dene tumrap kajêng taun, kangge jagi saenipun sumbêr-sumbêr tuwin nyadhiyani bêtahing para kawula.

3. Wiradatipun kala ing kina, sadaya wit kajêng jati punika kaanggêp kagungan praja, nanging wiwit tapaking pambangun wau, amung tumrap ingkang iyasan nagari tuwin tuwuh sadhengah panggenanipun. Dados manawi têrang tanêmanipun piyambak, utawi tilaraning lêluhuripun, inggih kenging kadarbe ingkang ananêm, utawi ing warisipun.

4. Wiwit tumindakipun pambangun tatanan siti (reorganisatie) nadyan sadaya tanêman ing siti dhusun, kaparingakên dhumatêng dhusun, nanging tumrap kajêng jati ingkang botên têrang sintên ingkang nanêm wau, taksih kaangêp dados kagunganing praja, awit pasitèn Mangkunagaran, punika rumiyinipun sadaya wana pajatèn, utawi kajêngipun jati dados kagunganing praja, dados tuwuhipun jati wau inggih kaanggêp sulèn tuwin tunggilipun pajatèn ing jaman kina.

Salêbêtipun taun 1917, wana Danalaya bawah kapanewon ing Slagahima, punika wontên pasitènipun wiyar ±1/4 bau ingkang kasêngkêr dening Nederlansch Indische vereeniging tot Natuurbescherming, salêbêtipun pasitèn samantên wau, kadunungan tunggak jati saha thukul sulènipun winastan jati cêmpurung, dêlêgipun tunggak punika, kintên kala taun (1420) 1500 kangge sakaguru masjid agêng ing kraton Dêmak, ingkang taksih lêstantun ngantos samangke, dene agêngipun tunggak wau kaukur ing bulêdipun wontên 7.20 mètêr, utawi 2.40 mètêr ukuran têngah.