Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 176-286)

Katalog:Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273
Sambung:
1.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 001-090). Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #293.
2.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 091-175) . Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #884.
3.Nayakatama, Citra Upaya, 1930, #273 (Hlm. 176-286) . Arsip dan Sejarah | Mangkunagaran #885.

--- 176 ---

Nalika surud dalêm kangjêng gusti kaping III salêbêtipun dèrèdèrèng. wontên ingkang katêtêpakên gagêntosipun. Kacariyos agêng sangêt tuwuhing pangudinipun radèn tumênggung ingkang anjalari kasêmbadanipun Kangjêng Pangeran Arya Gôndakusuma gumantos jumênêng kangjêng gusti kaping IV, wontênipun makatên wau kajawi kabêkta sangking supêkêting rêrakêtan tuwin agênging kapitadosan. Ugi dening aggènipun anglênggahi wajibipun bupati patih sangking amawas murih rahayuning praja, mila sarêng sampun kalampahan kangjêng pangeran wau èstu jumênêng, pamêngkunipun kangjêng gusti dhatêng radèn tumênggung, punika ing samêmpan papanipun, inggih tansah ingêmong amasmu ering.

Minôngka panôndha anggènipun badhe nyumêrêpi prayogènipun pabrik gêndhis ing Calamadu iyasan dalêm kangjêng gusti ingkang sampun kaadêgakên ing taun 1861, punika ing taunipun 1862 radèn tumênggung ambiyantu adêgipun panggaotan gêndhis pasir alit-alitan, (gilingan Jawi) ingkang dipun adani dening Cina nami Tan Aput, wontên pasitèn dhusun Maguwan, bawah kapanewon pangrèh praja ing Tasikmadu, mênggah tumindaking pambantu wau nagari sairib tumut bêbathon, ingkang wasananipun sagêd uninga têbaning panggenan sanès. Sagêd [Sagê...]

--- 177 ---

[...d] angindhakakên kaskaya praja, tuwin amêwahi sasêrêpan kangge anggènipun ngawat-awati lampahipun yasan dhatêng pabrik Calamadu wau, punapadene lajêng dados winihing panggalih dalêm, anggènipun tansah ngudi wiyaripun têbaning kabudidayan, ingkang dados mahanani adêgipun pabrik gêndhis Tasikmadu ingkang dipun adani dumadosipun kala ing taun 1871 (adêgipun pabrik punika, pilihanipun panggenan ingkang sakawit ugi wontên ing Maguwan wau, ananging kalampahanipun ngalih dhusun Sôndakara). (27)

(27) Tumangkaripun têbaning kabudidayan. Punika kajawi saya dangu sansaya rowa, ugi lajêng mahanani damêl kasugihan, kasamêktan, tuwin kasantosaning praja ingkang prayogi tuwin utami, ngantos mahanani dados adêging pura tuwin praja ingkang sajati, kados ta: amulyakakên, ambangun, tuwin angwontênakên pintên-pintên warni rajabrana, rajapèni, tuwin rajatadi kangge kaprabon saha parabot adêging pura, pintên-pintên warni griya agêng-agêng, gêdhong-gêdhong, griya-griya pasanggrahan kangge prêluning nagari tuwin prêlunipun ingkang jumênêng, pintên-pintên yêyasan prêluning margi, tuwin prêlunipun lampahing toya, punapadene ngwontênakên panjagining karahayon, awarni pasinaon bab kagunan, panuntun olah têtanèn, tuwin panjagining kasarasan saha sanès-sanèsipun.

Tumrap tatanan pangrèhing arta, punika sakawitipun dipun wontênakên kala ing taun 1872 dalah sêsambêtanipun, ananging tansah binangun saha ewah lampahipun. Langkung malih sarêng jaman kakirangan (nagari kakirangan arta)

--- 178 ---

tatanan wau sasat ical babarpisan. Dene pambangunipun ing tata malih wiwit wontên ing antawisipun taun 1897, nanging inggih taksih lumintu kabêsut malih.

Tatananipun kala rumiyin. Arta kagungan nagari kalayan kagunganipun ingkang jumênêng, punika botên cêtha pilah lan wêwatêsipun. Pilah tuwin cêthanipun, sawêg wiwit ing antawisipun taun 1898, saya langkung cêtha malih sarêng kabangun tatananipun kasbut ing sêrat wêwaton ingkang taksih tumindak ing sapunika, kados ta:

1. Pangrèhing arta nagari, punika katamtokakên kasbut pranatan ingkang kadhawahakên kala ing taun 1912, (Rijksb. 1917 no. 17) dalah sêsambêtanipun, pranatan wau anamtokakên lampah-lampahipun bab pangimpun tuwin wêdaling arta nagari, inggih ing wêktu punika wiwitipun wontên Aanslag biljet tuwin mandaat dalah saparabotipun. Ingkang nguwaosi tuwin kabêbahan angrêksa arta punika, dumunung bupati patih.

2. Ewah-ewahan pranatan kasbut Rijksb.1917 no. 38-1926 no. 3 tuwin 1930 no. 6 anamtokakên arta nagari asli sangking panggaotan tuwin jêjêr pawitaning praja kapilah pangêrèhipun, dipun wastani "Fonds van eigendommen van het M.N. Rijk" tumindakipun kaêrèh dening kumisi, dipun pandhegani superintendent bôngsa Eropah ingkang sampun kaanggêp kangjêng guprêmèn, saha kaulat-ulatakên dening Agent v/d Javasche Bank ing Surakarta.

Sapintên kalêmpaking arta sangking panggaotan wau, sasampunipun kapêndhêt kangge andhungan, tuwin kangge amêwahi kakiyatanipun andhungan agêng, lajêng kapasrahakên dados pêpanci wragad nagari, dene ingkang kawêngku ing Fonds der M.N. eigendommen wau kados ta: arta celengan agêng, pabrik gêndhis Calamadu-Tasikmadu, pakopèn Krêja-Gadhungan, sêrat nanas Majagêdhang, tuwin nyewakakên griya-griya ing Samarang dalah pamêdaling siti.

Sanèsipun panggaotan ing nginggil wau, kados ta: golongan wana, golongan pêkên, tuwin arta titipan tirahan pêpanci ing sabên taun, punika taksih kawêngku dening nagari.

3. Tumindakipun ing wau-wau, pêpancinipun ingkang jumênêng, waragad adêging pura, tuwin ing sasamènipun, punika sami kaasta tuwin katindakakên dening nagari, [na...]

--- 179 ---

[...gari,] ananging sarêng adêging praja kaanggêp sampun sagêd anglênggahi jaman enggal, pramila wiwit taun 1922, pêpanci tuwin waragad tuwin sasamènipun wau lajêng kaminakakên piyambak, dipun wastani Civiele lijst, nanging taksih sawêrni kangge pêpucuk (pêpanci adêging putra santana, taksih lêstantun kaasta wontên nagari).

Sapintên kathahing arta pêpanci tuwin waragad, punika katamtokakên ing petangipun, saha sabên taun kapasrahakên sangking gêdhong kas nagari konjuk dhatêng asta dalêm. Wontênipun ngasta dalêm, lajêng katindakakên dening pangagênging kabupatèn Mandrapura, dene tumindakipun lampahing arta, kapranata kasbut ing sêrat katitimangsan 31-3-1924 no. 1/M.N.

Wêdalipun arta waragad nagari, punika sasagêd-sagêd tansah kaudi cubakipun kalayan lêbêting arta sami ing sataunipun, saha salêbêtipun panampi tuwin pambayar, mawi dipun pilah ingkang ajêg utawi botên, salajêngipun salêbêtipun pilahan wau ugi kaudi ing cubakipun.

Sapunika murih damêl pamarêming pamawasipun, ngiras minôngka pangaji-aji dhatêng pandamêlipun para ingkang ambawani tuwin mêmayu adêging praja, punapadene ngiras anyambêti pratelan ing pungkasaning katêrangan ôngka (19), ing ngandhap punika kula pratelakakên kalayan cêkak kawontênanipun pambayar tuwin panampi miturut sasêrêpan kula ing sapunika.

I. Pambayar ingkang golongan ajêg

Rèhning ing katrangan ôngka (8) sampun mratelakakên titimôngsa adêgipun pakaryan pangrèhing praja, pramila pamacak kula warni-warnining pambayaripun, botên mawi nyêbut titimôngsa malih, kados ing ngandhap punika.

1. Kangge pêpanci dalêm kangjêng gusti kalêbêt waragad pura, 2. pambayar kangge prêlunipun putra santana, 3. kangge adêgipun paprentahan tuwin kantor amongpraja, 4. kangge adêgipun paprentahan pangrèh praja tuwin pulisi, 5.kangge adêgipun pangadilan pradata, 6. kangge adêgipun paprentahan pangrèhing arta nagari, 7. kangge adêgipun paprentahan yogiswara, 8. kangge adêgipun paprentahan kadhoktêran, tuwin sadaya babagan panjagining kasarasan, 9. kangge tumindakipun ing babagan pasinaon, 10. kangge adêgipun paprentahan prakawis siti, 11. kangge babagan panuntun tani tuwin rajakaya, 12. kangge adêgipun paprentahan [papre...]

--- 180 ---

[...ntahan] wanamarta, 13. kangge adêgipun panggaotan parimpuna, 14. kangge adêgipun paprentahan Sindumarta, 15. kangge adêgipun paprentahan kartipraja, 16. kangge ambayar pènsiyun, ondêrsêtan, wah hèl, ganjaran, punggawa bôndha saraya tuwin sanès-sanèsipun, 17. tuwin kangge sadhiyan pambayar ingkang dèrèng kasumêrêpan sadèrèngipun, sadaya punika miturut racak-racakipun ingkang kalampahan ing sabên taun, utawi kawontênan nalika kula anyumêrêpi ing petangipun wontên ± f 2.285.000.-

II. Pambayar ingkang golongan botên ajêg

1. Kangge tumindakipun pandamêlan ing babagan yogiswara, (dandosi utawi yasa pasarean tuwin masjid), 2. kangge ing babagan kadhokêran (dandosi utawi yasa griya pantiroga), 3. kangge tumindakipun pandamêlan ing babagan wanamarta (yasa wana enggal sasaminipun), 4. kangge pawitan adêgipun panggaotan parimpuna, 5. kangge tumindakipun pandamêlan ing babagan Sindumarta (yasa utawi ambangun bêndungan tuwin wadhuk tandhon toya). 6. kangge tumindakipun pandamêlan kartipraja (yasa tuwin ambangun griya-griya kagungan nagari, krêtêg-krêtêg, tuwin margi-margi agêng), 7. pambayar warni-warni, kados ta: kangge pawitan bôndha pènsiyun, nyèlèngi tirahan arta, tuwin sanès-sanèsipun, sadaya punika miturut racak-racakipun ingkang kalampahan ing sabên taun, tuwin kawontênanipun nalika kula nyumrêpi ing petangipun wontên f 1.138.000.-

Dados gunggungipun sadaya pambayar ajêg, tuwin ingkang botên ajêg, ing dalêm sataunipun wontên ± f 3.423.000.-

III. Panampi ingkang golongan ajêg

Sadèrèngipun kula mratelakakên kawontênanipun satunggal-tunggal, kula têrangakên rumiyin ing sawatawis kawontênanipun arta pawitan, utawi pokokipun bôndha agêng (Fonds der M.N. eigondommen) ingkang sabên taunipun kauntunganipun kangge pêpanci wragad nagari: kados ingkang sampun kasêbutakên ing katrangan ôngka (28).

Arta punika tumitip wontên ing bang, katumbasakên awarni Effect, dumunung pangaosipun, tuwin andhunganing panggaotan, saha sanês-sansipun. Nanging gunggungipun arta, kula pakèwêd mratelakakên, dene princên ingkang kapancèkakên dhatêng nagari, kados ingkang kasbut ing ngandhap punika [puni...]

--- 181 ---

[...ka] (murih sawatawis sagêda têrang, titimôngsa wiwitipun wontên pamêdal satunggal-tunggal, punika kajawi ingkang sampun kasêbut katrangan sanês, sasagêd-sagêd badhe kula pratelakakên ing têrangipun).

1. Pajêgipun sadaya pasitên kados ingkang sampun kapratelakakên ing katrangan ôngka (19). 2. Tatêmpah sangking kangjêng guprêmên, sumêrêp pajêgipun kabandaran, pajagalan, tuwin ing kori kaduwang, miturut G.B.3.4. 1812. No. 38. 3. Wangsulan arta sangking kangjêng guprêmên, sumêrêp kauntunganing pagantosan tuwin paklèkèk, miturut bêgrutêng Indhia Nèdêrlan wiwit ing taun 1921. 4. Wangsulipun kaoting pambayar lêngganan telêpun sarêng kaasta kangjêng guprêmèn, katimbang kalayan nalika taksih kacêpêng ing Maatschappij, miturut G.B.22.5. 1919. No. 25. 5. Panêbasipun suwaking pagantosan Jawi sangking kangjêng guprêmèn, miturut G.B.12.12. 1917. No. 12. 6. Urunan sangking kangjêng guprêmèn, ingkang sêsambêtan kalayan kabudidayan partikulir, miturut G.B.27.10. 1920.no.34. 7. Pajêg sirah miturut Rijksb. 1918. No. 8. dalah sêsambêtanipun. 8. Pajêg pamêdal, ing ngajêng nama pajêg panggaotan tuwin sadaya pamêdal, miturut Rijksb. 1919. No. 10-1922. No. 1. dalah sêsambêtanipun. 9. Pajêg têtumpakan motor, miturut Rijksb. 1925. No. 7. 10. Pajêg pirantosipun tiyang gêgriya (Personeele belasting) miturut Rijksb. 1922. No.2. 11. Wawênangipun angidèni sade minuman kêras, miturut Rijksb. 1927.No.2. 12. Pajêgipun tiyang nêningali, miturut Rijksb.1925. no. 17. Sambêt kalayan stb.1925. no. 249. 13. Pajêgipun têtumpakan ingkang mawi rodha sanèsipun motor, miturut Rijksb. 1925. No. 9. 14. Pajêg ingkang sangking tiyang sanès kawula Jawi, sumêrêp pajêg motor, pajêg tumpakan, pajêg sanjata latu, pajêg minuman kêras, tuwin wêwahanipun pajêg pirantosipun tiyang gêgriya, pajêg pamêdal, saha pajêg pêrpondhang, 15. Arta pas pamragad tuwin panyadening rajakaya, main kartu, ningkah pêgat, tuwin têtak sunat, miturut pranatan 13.3.1902. no. 5/Q. 16. Pajêg pagantosan Jawi miturut pranatan 12.11.1902. no. 19/Q dalah sêsambêtanipun, ananging lajêng kaaturakên kangjêng guprêmèn, miturut sêrat karesidhènan 14.12.1916. no. 11603/29. 17. Pajêg [Pajê...]

--- 182 ---

[...g] baita tambangan miturut prajangjianipun pirukunan piyambak-piyambak. 18. Beyanipun tiyang dêdamêlan griya, miturut Rijksb 1925 No.11. 19. Srakah ningkah, pêgat, têtak, tuwin sunat miturut pranatan 22. 12.1898.no.24/Q. 20. Sarêman arta tirahan ing sabên taun ingkang katitipakên wontên ing bang, 21. Pamêdal sangking panggaotan pêkên, salêbêt wangsulipun arta pawitan, tuwin pinanggihipun bêbathèn rêsik. 22. Pasewanipun griya-griya ingkang dipun ênggèni para narapraja miturut Rijksb.1923.no.9. tuwin miturut jangji pirukun. 23. Pamêdal sangking wana-wana, sumêrêp pituwas siti ingkang katanêman palawija, tuwin rêmbangan kajêng sasamènipun. 24. Pamêdal sangking kuburan kangge ngakathah, miturut Rijksb.1919.no.20. dalah sêsambêtanipun. 25. Panampinipun bayaran sêkolah siswa, miturut sêrat karesidhènan 29.6.1912.no.4469/9 I. Sambêt kalayan stb.1926.no.530. sangking pamulangan siswarini, miturut Rijksb.1917.no.33-1924.no.6. dalah sêsambêtanipun, saha sangking pamulangan dhusun miturut Leiddraad, 26 panampi waragadipun ngulat-ulatakên tumindaking bôndha saraya miturut Rijksb.1926.no.14. 27. Urunan ajêg sangking kauntunganipun panggaotan tuwin pawitan nagari (Fonds der M.N. eigendommen). 28. Wudhu pènsiyun sangking narapraja pangkat priyantun, miturut pranatan 22.10.1903.no.24/Q saha Rijksb.1920.no.12. ananging arta punika lajêng kaprasrahakên dhatêng bôndha pènsiyun. 29. Arta sauran sangking para ingkang nyambut kangge waragad sinau, miturut Rijksb.1917.no.20. ananging arta punika lajêng kapasrahakên dhatêng ing bôndha sinaon. 30. Pamêdal warni-warni, kados ta: sangking toya pangombèn ing Wanagiri. Sangking wragad prakawis ing kantor jaksa, sangking pêpajêngan pustakapraja, sangking pêpajênganipun barang ingkang sampun botên kangge, sangking pêpajênganipun turus wradinan, sangking pituwas panganggèning siti ing pillah parêk sasamènipun, sangking waragad pikukuh sasamènipun, sangking waragad angêsahi panyadening prêsan, sangking waragad sêrat-sêrat pamêksa, sangking pasewaning griya ingkang kangge pèl pulisi, sangking pêpajênganipun sêsadean ing siswarini, sangking pêpajênganipun panyobèning tanêm tuwuh, sangking arta pitrah kaum, sangking dhêndhan walêding pajêg, punapadene sangking arta ingkang sadèrèngipun, dèrèng kasumêrêpan pinangkanipun, sadaya punika miturut [mitu...]

--- 183 ---

[...rut] racak-racakipun ingkang kalampahan ing sabên taun, utawi kawontênan nalika kula nyumêrêpi ing petangipun wontên ± f 2.285.000.-

IV. Panampi ingkang golongan botên ajêg

1. Tirahan ing tutup taunipun ingkang kapêngkêr, 2. Pêpajênganipun kajêng jati ingkang karêmbang, 3. Wangsulipun arta ingkang kangge waragad andandosi griya-griya, 4. Urunanipun kabudidayan nagari kangge yêyasan ilining toya, 5. Urunan mumpangan sangking kauntunganipun panggaotan nagari, ingkang kathahipun manut sacêkaping prêlu, 6. Wêwahan sangking kêkantunanipun arta kauntunganing panggaotan, ingkang botên kainggahakên dados andhungan, sadaya punika miturut racak-racakipun ingkang kalampahan ing sabên taun, utawi kawontênan nalika kula nyumêrêpi ing petangipun wontên ± f 1.138.000.-

Dados gunggungipun sadaya panampi ajêg, tuwin ingkang botên ajêg ing dalêm sataunipun wontên ± f 3.423.000.-

V. Arta nagari ingkang kaminakakên

1. Arta bôndha pènsiyun (Pensioenfonds van Ambtenaren v/h M.N. Rijk) ingkang tumindakipun dipun pandhegani dening kumisi, ananging wêwatonipun dèrèng kadhawahakên, dene lampah-lampahipun miturut Rijksb. 1920. No. 12. Dalah sêsambêtanipun.

2. Arta bôndha pasinaon (Studiefonds van het M.N.Rijk) ingkang tumindakipun dipun pandhegani dening kumisi, miturut K.Kg. 16.9.1918. No. 30. Kawontênan punika tumindakipun wiwit ing taun 1912, ananging lampah-lampahipun sawêg kapranata ing taun 1913 (Rijksb. 1917. No.20. sami dalah sumambêtipun.

3. Arta kas dhusun (Dessa kassen) ingkang tumindakipun dipun pandhegani dening kumisi kawastanan Algemeen spaarfonds miturut Rijksb. 1929. No.25. dalah sêsambêtanipun, dene lampah-lampahipun miturut Rijksb. 1921. No.6.

4. Arta bôndha saraya (Dessa Credietinstelling) ingkang tumindakipun dipun pandhegani dening Plaatselijk Ambtenaar der Centrale Kas. Kawontênan punika tumindakipun wiwit kala ing taun 1918 ananging lampah-lampahipun sawêg kapranata miturut Rijksb. 1929. No. 14.

--- 184 ---

Mênggah kathahipun arta satunggal-tunggaling bôndha punika pakèwêt kapratelakakên ing petangipun, amargi sawanci-wanci asring ewah kathahipun.

--- 185 ---

Kala salêbêtipun ing taun 1865, anyarêngi radèn tumênggung badhe mantu putranipun nama Radèn Ngabèi Jayasumarja (= Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping sakawan) pikantuk putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya kaping tiga, radèn tumênggung iyasa griya ingkang samêkta tuwin prayogi saupakartining parabotipun, griya punika tinêngêran côndrasangkala manggèn ing têbêng nginggiling kori mungêl: gawe lawang pitu iji (cocog kalayan cacahing kori sangajênging têtêngêr wau) salajêngipun griya punika dados kagungan nagari ingkang kasadhiyakakên kangge dalêm kapatihan (gambar aksara Ka) lêstantun dumgi ing sapunika.

Nalika salêbêtipun ing taun 1867 (14.12.1795), radèn tumênggung punika seda jalaran gêrah sêpuh ingkang sampun dumugi ing yuswanipun. Sedanipun wau taksih salêbêting pasuwitan, layonipun kasarèkakên dhatêng pasarean Têmuirêng-Karanganom. Saha ing salajêngipun, sangking kaparêngipun nagari, kintên-kintên kala ing taun 1876 pasarean punika kaadêgakên dados mardikan(28)Keterangan (28) pada paragraf berikutnya. kados ingkang sampu-Dilanjutkan pada hlm. 187.

(28) Sangking kaparêng dalêm kangjêng gusti kaping IV wontênipun pasarean punika dipun [di...]

--- 186 ---

[...pun] mardikakakên, amargi sangking angèngêti lêlabêtaning nayaka praja ingkang satuhu mêmayu hayuning praja, mawi sinêmbuh nglênggahi ing raos luhur tuwin tataran tataning adil.

Sangking pinanggihipun ing karsa dalêm, sanadyan radèn tumênggung wau inggih sampun tamtu gadhah lêpat tuwin cacad, ananging sarèhning sampun tamtu bilih ngagêsang makatên, sintêna kemawon botên kasinungan kuwaos langgêng, saha wêtah ing salamèn-lamènipun, kados ta: sae mulus, utawi lêrês têrus tuwin ing sasamènipun. Ewadene sarèhning samantên agênging pandamêlipun, mila kagalih sampun samungguh: pandamêlipun wau tansah kaudanènana dening nagari ing salamèn-lamènipun. Dados pracihnaning panarimah: punika botên amung tinêmah ing wêktu adamêl bingah kemawon.

Sangking pinanggihipun kaluhuraning panggalih dalêm, amung manungsa piyambak ingkang kadunungan wêwatêkan ambêbedakakên awon sae miwah asor tuwin luhur, balik Ingkang Maha Misesa miwah kuwaos, amêmisah makatên wau sawastu sêpên, dêstun amung tansah anyupêkêt tuwin angrêrakêtakên sumiwining kawula ingkang pinarêng pinarêkakên. Dados têbanipun pangawasa lan wisesa ingkang ginadhuh salira dalêm, punika kêdah sarasa pamandumipun, saha tansah ingampingan dening tata tuwin titi.

Geyonganing panggayuh Jawi ingkang ginambar ing pralampita: yèn singa tinggala carma, yèn jalma tinggala asma: punika kagalih lêrês, saha utami wajibing gêsang, mila sangking kaparêngipun ing karsa dalêm, pangracuting pangraos makatên wau dados lajêng mahanani pasarean punika kaadêgakên dados mardikan.

Tumindakipun tataning karajan agêng, anggènipun tansah ngatingalakên pracihnaning panarimah dhatêng kasêtyan tuwin utamining lêlabuhanipun para punggawa ingkang anglênggahi tuwin têtêp pamêngkuning wajibipun, sarana tatêngêr bintang tuwin ing sasamènipun. Tatêngêr punika botên gampil icalipun dening sapelening panalika, saha tansah tiningalakên dhatêng akathah dumugi ing tilaripun. Punika ingkang tinulat kangge piridan, manut satêbaning kuwaos dalêm, saha mêmpanipun katindakipun wontên ing ngriki. Kados makatên wontênipun pasarean wau kaadêgakên dados mardikan.

--- 187 ---

[Lanjutan dari hlm. 185: sampu- ...]

n kapratelakakên wontên ing bab kaping 2 saha sapiturutipun. Mênggah adêgipun siti mardikan punika, sanadyan samangke sampun ewah sipat lan tatananipun, ananging taksih katingal ing tabêtipun, ngantos dumugènipun ing sapunika.

Minôngka anyambêti katranganipun ing bab 4 saha pratandhaning pangaji-aji dhatêng kaluhuraning asmanipun radèn tumênggung kasêbut nginggil, ing ngandhap punika badhe kapratelakakên tumangkaring têrahipun ingkang prasasat angèbêki sapraja Mangkunagaran, saha murih ringkês tuwin têrangipun, mawi kapêtha ing derah satunggal-tunggal, wiwit aksara ya dumugi aksara o dalah katrangan pratelanipun. Amung sarèhning manawi kakêmpalakên dados satunggal, botên nyêkapi panggenanipun, mila murih sagêd wijang tuwin têrang urutipun, mawi kapinta golonganipun, manut uruting tumêrahipun satunggaling putra piyambak-piyambak. Ananging mawi kuciwa pratelan punika botên sagêd jangkêp têranging pangkat saha padamêlanipun satunggal-tunggal. Awit botên sagêd angsal sasêrêpan ingkang patitis. Pramila ing pratelan uruting ôngka taksih mawi papan kangge ngisèni bokmanawi ing têmbe sagêd [sagê...]

--- 188 ---

[...d] pinanggih katranganipun. (29)

(29) Kajawi ingkang kula piyambak sampun sumêrêp patitisipun, sarèhning sagêd kula pikantuking sasêrêpan, punika amung sangking têtakèn dhatêng para sêsêpuh ing golonganipun piyambak-piyambak. Pramila manawi wontên ingkang kirang utawi klèntu pamacak kula: mugi sampun kirang pamêngku dhumatêng kula, makatên ugi sasêbutanipun satunggal-tunggal. Sarèhning pranatan nagari ingkang wontên ing sapunika (undhang pranatan 13.4.1893.no.4/Q) sangking pamatawis kula sampun kathah onyanipun kalayan ingkang tumindak, pramila pamacak kula wontên ing sêrat punika, inggih amung mêndhêt kalimrahipun kemawon, utawi sangking katranganipun ingkang sami kula suwuni sasêrêpan ing nginggil wau.

Sadèrèngipun wontên pranatan kasêbut nginggil, ing Mangkunagaran pancèn dèrèng wontên pranataning sasêbutan ingkang katêtêpakên sangking nagari, wontênipun amung sangking tata ngadat, miturut wiradad kraton, ingkang sabên-sabên kabêsut tuwin kabangun miturut sakaparêngipun karsa dalêm ingkang jumênêng, dene wiradatipun karaton wau, sasêbutaning para darah tuwin para mêngku drajad, taksih miturut tatanan iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Prabu Mangkurad ing Kartasura, ingkang sampun kaewahan sakêdhik dening ingkang sinuhun kaping IV tuwin kaping IX ing Surakarta, yasan dalêm ingkang sinuhun Prabu Mangkurad punika bêsutan sangking iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Sultan Agung ing Mataram, mirid sangking iyasanipun Patih Raja Sukapa nagari Purwacarita.

Kintên-kintên kala salêbêtipun ing taun 1923 saha ingkang sampun rambah-rambah winantonan ing aturipun, sampun wontên usulipun garap kantor amongpraja, supados pranatan Mangkunagaran punika kabangun malih ingkang rêsik tuwin cundhuk kalayan tumindakipun ing jaman mangke, lacutipun usul wau, manawi sêpên pakèwêd kaprayogèkakên mawi kamupakatna kalayan sadaya parentah karajan Jawi, sumrambah ing guprêmenan. Ingkang lajêng sinêksèkakên dhatêng pamarentah agung sacêkaping prêlunipun, langkung utami manawi sagêd gadhah wawênang ingkang ngantos dipun akên [akê...]

--- 189 ---

[...n] dening tumindaking tata donya (internationaal recht) kados kalampahipun acte van Burgerlijke stand ingkang badhe tumindak wêktu punika.

--- [190] ---

...

--- 191 ---

Derah papêthan aksara Ya

Kawontênaning putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja, minôngka sambêtipun derah papêthan aksara Ja ciri D

[Grafik]

--- [192] ---

...

--- 193 ---

Katranganipun derah papêthan aksara Ya

Kawontênanipun para putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja

Aksara ingkang kasbut ing ngandhap punika mratelakakên asma utawi namènipun ingkang kapacak ing derah aksara Ya, dados minôngka sambêtipun katranganing derah aksara Ja

Radèn Tumênggung Mangkurêja, punika garwanipun:

Putra dalêm kangjêng gusti kaping II ingkang ôngka 58, nanging botên apêputra.

Ampilipun:

1. Nyai Ajêng Mangkurêja, saking Turus.

2. Mas Ajêng Dayaningsih, saking Ngêndho.

Putranipun:

a. Radèn Ayu Wiraasmara, garwanipun wadana kartipraja, bibi saking Burus.
b. Radèn Rara Dhunuk, tilar sadèrèngngipun [sadèrèng...]

--- 194 ---

[...ngipun] diwasa, bibi saking Turus.
c. Radèn Ngabèi Jayadirja, kliwon jaksa, bibi saking Turus.
d. Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping sakawan, wadana gunung sarta panêkaring wadana jawi, bibi saking Turus.
e. Radèn Ngabèi Pôncaharjana, mantri gunung Tirtamaya, bibi saking Turus.
f. Radèn Rara Thiwêg, tilar sadèrèngipun diwasa, bibi saking Turus.
g. Radèn Ayu Jayaasmara, garwanipun dados dêmang ing Tunggu, bibi saking Ngêndho.
h. Radèn Ayu Ngabèi Jayawiratma, garwanipun dados panèwu langênpraja, bibi saking Ngêndho
i. Radèn Ayu Ngabèi Pôncasêbrata, garwanipun dados panèwu gunung Pajang, bibi saking Turus
j. Radèn Ngabèi Arjasudirja, mantri gunung Jatipura, bibi saking Turus
k. Radèn Atmarêja, bibi saking Turus
l. Radèn Ayu Ngabèi Jayapralêbda,

--- 195 ---

garwanipun dados wadana lêbêt, bibi saking Turus.
m. Radèn Sumarja, tilar sasampunipun diwasa, bibi saking Turus.
n. Radèn Rara Kuning, tilar sasampunipun diwasa, bibi saking Turus

--- [196] ---

...

--- 197 ---

Derah papêthan aksara Nya

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Wiraasmara, sambêtipun derah aksara Ya, ciri a

[Grafik]

--- [198] ---

...

--- 199 ---

Katranganipun derah papêthan aksara Nya

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Wiraasmara

a. Radèn Ayu Wiraasmara

Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang ôngka satunggal

Garwanipun: Putranipun Radèn Mas Arya Suryakusuma

Putranipun: (Dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Tumênggung Arjaasmara, pènsiyun bupati pangrèh praja ing Karanganyar.
2. Radèn Rôngga Taruasmara, sampun tilar donya.
3. Radèn Dêmang Pôncaarjana sampun tilar donya.
4. Radèn Ayu Tumênggung Arya Mangunkusuma, pènsiyun bupati patih Mangkunagaran, sampun seda
5. Radèn Ayu Sastrasandika.

--- 200 ---

6. Radèn Ngabèi Arjawiratma, panèwu kawadanan Wanagiri, sampun seda.
7. Radèn Ayu Tumênggung Bratadipura, pènsiyun bupati patih Mangkunagaran, sampun seda.

Wayahipun (Dados kalêrês buyutipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Dêmang Pôncaarjana

1. Radèn Wiraarjana.

Ingkang saking Radèn Ayu Tumênggung Arya Mangunkusuma.

2. Radèn Mas Panji Mangun Atmaja, kaptin intêndhan sampun sampun tilar donya.
3. Radèn Ayu Ngabèi Jayapuspita, juru basa Jawi Surakarta.
4. Radèn Ayu Gôndasunarya, kolèktur ing Sêmarang.
5. Radèn Ayu Panji Atmaudaya, pènsiyun asistèn kolèktur Jatisrana.
6. Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma, bupati patih Mangkunagaran ing sapunika.
7. Radèn Ayu Ngabèi Atmasêbrata, pènsiyun kaptin tuwi

--- 201 ---

mantri Mandrapura.

8. Radèn Mas Sarsana, sampun tilar donya.
9. Radèn Mas Sarasa, buk odêr ing pabrik Karangrêja (Gêdarèn).
10. Radèn Ayu Tumênggung Arjawiratma, bupati pangrèh praja ing Wanagiri.
11. Radèn Mas Insinyur Sarsita Mangunkusuma, pangagênging kabupatèn Sindumarta.
12. Radèn Mas Sarweda, sampun tilar donya.
13. Radèn Ayu Ngabèi Partana Handayanata, wadana ingkang sawêk kapiji dhatêng nagari Walandi.

Ingkang saking Radèn Ayu Sastrasandika

14. Radèn Ngantèn Rôngga Darmaprayoga, ing Baturan (Calamadu).
15. Radèn Rôngga Tarusandika, ing Ngulu lèr.
16. Radèn Dêmang Citrasandika.
17. Radèn Dêmang Sastra Suwônda, ing Karangpandhan.
18. Radèn Rôngga Sastrawiratma, ing kantor martapraja.
19. Radèn Ngantèn Ngabèi Arjawikara, panèwu pangrèh praja Giriwaya.

--- 202 ---

20. Radèn Sudarja Sastrasandika, opsihtêr Boswèsên ing Garut.
21. Radèn Wirata.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Arjawiratma.

22. Radèn Ngabèi Wirapratama, pènsiyun panèwu Karanganyar.
23. Radèn Mangkuasmara.

Ingkang saking Radèn Ayu Tumênggung Bratadipura.

24. Radèn Ngabèi Arjasêbrata, wadana pangrèh praja Karanganyar.
25. Radèn Ayu Mangun Atmaja, (garwanipun ing ôngka 2 nginggil punika).

Buyutipun (Dados kalêrês canggahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Mas Panji Mangun Atmaja.

1. Radèn Ayu Ngabèi Citraprakosa, panèwu pangrèh praja kitha Mangkunagaran.
2. Radèn Ayu Saparja Arjadikarya, dhoktêr gêndhis ing Calamadu.

--- 203 ---

3. Radèn Ayu Sulardi Arjasuputra, punggawa baita kapal ing Bêtawi.
4. Radèn Mas Sarhita, punggawa baita kapal ing Batawi.
5. Radèn Mas Sarsila, punggawa baita kapal ing Batawi.
6. Radèn Ajêng Sargiyah.
7. Radèn Ajêng Hartati.
8. Radèn Mas Saryaka.

Ingkang Saking Radèn Ayu Ngabèi Jayapuspita.

9. Radèn Ayu Irawan, sampun tilar donya.
10. Radèn Sidarta, sampun tilar donya
11. Radèn Panji Sudyana Jayapuspita, litnan inpantêri.
12. Radèn Sardita.
13. Radèn Ayu Saparman.

Ingkang saking Radèn Ayu Atmaudaya.

14. Radèn Mas Sarsadi.
15. Radèn Mas Sardyatma.
16. Radèn Ajêng Sarsining.
17. Radèn Ajêng Sarsrini.
18. Radèn Ajêng Sarsiti.
19. Radèn Ajêng Sartati.

--- 204 ---

Ingkang saking Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma.

20. Radèn Ajêng Sartiyah.

Ingkang saking Radèn Ayu Ngabèi Atmasêbrata.

21. Radèn Ajêng Rumstantinah.
22. Radèn Ajêng Rumsinah.
23. Radèn Mas Sarwadamana.

Ingkang saking Radèn Ayu Tumênggung Arjawiratma.

24. Radèn Mas Wiyatma.
25. Radèn Mas Wiyata.
26. Radèn Ajêng Emah.
27. Radèn Ajêng Praptini.
28. Radèn Mas Wiyasa.

Ingkang saking Radèn Mas Insinyur Sarsita Mangunkusuma.

29. Radèn Ajêng Korilah.
30. Radèn Ajêng Mayah.
31. Radèn Mas Sartama.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Rôngga Darmaprayoga.

32. Bokmas Jagasudarma.
33. Bokmas Warnasastra.
34. Mas Rara Sumiranti.

--- 205 ---

35. Mas Rara Mujinah.
36. Mas Suparna.
37. Mas Sarjana.

Ingkang saking Radèn Dêmang Citrasandika.

38. Mas Harsita.
39. Mas Harsana.
40. Mas Rara Harminah.

Ingkang saking Radèn Rôngga Sastrawiratma.

41. Mas Rara Suratmi.
42. Mas Sukyatma.

Ingkang Saking Radèn Sudarja Sastrasandika.

43. Mas Atmaja.
44. Mas Rara Atmarsi.
45. Mas Atmanta.
46. Mas Rara Atmanti.
47. Endhang Daruki.

Ingkang saking Radèn Mangkuasmara.

48. Radèn Widada.
49. Radèn Rara Daruki.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Arjasêbrata.

--- 206 ---

50. Radèn Ngantèn Sujiman, punggawa pabrik Majagêdhang.

51. Radèn Ngantèn Ngabèi Singgih Arjapadmaya, panèwu kondhang ing Wanagiri.

Canggahipun (Dados kalêrês warèngipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Ayu Saparja Arjadikarya.

1. Radèn Ajêng Sumarni.
2. Radèn Raharja.
3. Radèn Atmaja.
4. Radèn Ajêng Siti Rumanti.

Ingkang saking Radèn Ayu Sulardi Arjasuputra.

5. Radèn Saryadi.
6. Radèn Saryata.
7. Radèn Saryatma.
8. Radèn Sarsanta.

Ingkang saking Radèn Ayu Irawan.

9. …(*) ...

--- 207 ---

10. …(*)…
11. …(*)…
12. …(*)…

Ingkang saking Radèn Sidarta.

13. …(*)…

Ingkang saking Radèn Ayu Saparman.

14. …(*)…
15. …(*)…

Ingkang saking Bokmas Jagasudarma.

16. Rara Kusmirah.
17. Rara Kusmiyarti.
18. Mas Kaswandana.

Ingkang saking Radèn Ayu Sujiman.

19. Mas Rara Sigit.
20. Mas Suharman.
21. Mas Rara Pênik.
22. Mas Suhirman.

--- [208] ---

...

--- 209 ---

Derah papêthan aksara Ma

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ngabèi Jayadirja, sambêtipun derah papêthan aksara Ya, ciri c.

[Grafik]

--- [210] ---

...

--- 211 ---

Katranganipun derah papêthan aksara Ma

Kawontênanipun para wayahipun radèn tumênggung sapiturutipun sangking Radèn Ngabèi Jayadirja.

c. Radèn Ngabèi Jayadirja

Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang ôngka kalih

Garwanipun: Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat.

Putranipun: (Dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Ayu Ngabèi Mangundipura, sampun seda.
2. Radèn Mas Ngabèi Arjasumaksa, pènsiyun wadana Majagêdhang.
3. Radèn Mas Dirjatanaya, sampun seda.

Wayahipun: (Dados kalêrês buyutipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

--- 212 ---

Saking Radèn Mas Ngabèi Arjasumaksa.

1. Radèn Mas Sumanta, opsihtêr watêrsêkap Surakarta.
2. Radèn Ayu Ngabèi Arjaprakosa, kaliwon Martanimpuna.
3. Radèn Ayu Bratasudirja, guru H.I.S. ing Balapan.

Buyutipun: (Dados kalêrês canggahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Mas Sumanta Arjasumaksa.

1. Radèn Ajêng Rukmini.
2. Radèn Ajêng Sriyuwati.
3. Radèn Mas Siswa.
4. Radèn Mas Siswanta.

Ingkang saking Radèn Ayu Ngabèi Arjaprakosa.

5. Radèn Pujana.
6. Radèn Rara Mantini.
7. Radèn Sumantri.
8. Radèn Susila.
9. Radèn Rara Sumanti.

--- 213 ---

10. Radèn Surana.
11. Radèn Rara Surini.

--- [214] ---

...

--- 215 ---

Derah papêthan aksara Ga

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ngabèi Mangkurêja, sambêtipun derah papêthan aksara Ya, ciri d.

[Grafik]

--- [216] ---

...

--- 217 ---

Katranganipun derah papêthan aksara Ga

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ngabèi Mangkurêja

d. Radèn Ngabèi Mangkurêja

Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang ôngka tiga

Garwanipun:

1. Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Adiwijaya ingkang kaping tiga.
2. Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryanataningrat.
3. Putranipun Kangjêng Radèn Mas Ngabèi Kusumaningrat.

Ampilipun:

1. Mas Ajêng Sutarêja.
2. Mas Ajêng Angron.
3. Mas Ajêng Srêngganawati.
4. Mas Ajêng Dalimah.
5. Mas Ajêng Rênggadiwati.
6. Mas Ajêng Pujasusila.
7. Mas Ajêng Citra.

--- 218 ---

Putranipun (Dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Ngabèi Arjasuksara, pènsiyun panèwu jaksa, saking ampil ôngka 1.
2. Radèn Ngabèi Arjapratima, pènsiyun panèwu pangrèh praja, saking ampil ôngka 3.
3. Radèn Ngantèn Arjapranata, saking ampil ôngka 1.
4. Radèn Ayu Ngabèi Arjawiratma, (garwanipun ing ôngka 6a) putra saking garwa ôngka 2.
5. Radèn Ngantèn Dêmang Citradirêngga sampun tilar donya, saking ampil ôngka 2.
6. Radèn Mangun Sudirja, sampun tilar donya, saking ampil ôngka 1.
7. Radèn Ngantèn Ngabèi Arjataruna, panèwu pangrèh praja, saking ampil ôngka 3.
8. Radèn Ngabèi Arjagupala pènsiyun wadana pangrèh praja, saking ampil ôngka 1

--- 219 ---

9. Radèn Ngabèi Arjarêjatma, panêwu pangrèh praja Ngawèn, saking ampil ôngka 1.
10. Radèn Ngantèn Ngabèi Arjawahana, wadana pangrèh praja Jatisrana, saking ampil ôngka 4.
11. Radèn Ngantèn Ngabèi Wôngsahartana, panèwu pananggap, saking ampil ôngka 2.
12. Radèn Ngantèn Ngabèi Sastrasêbrata, wadana pangrèh praja Wanagiri, saking ampil ôngka 6.
13. Radèn Ngantèn Dêmang Sastrakusuma ing Sêmèn, saking ampil ôngka 7.
14. Radèn Ngantèn Ngabèi Citrasukatma, saking ampil ôngka 6.
15. Radèn Suheman, saking ampil ôngka 5.
16. Radèn Ngantèn Suwardi Arjasaroja, saking garwa ôngka 3.

Wayahipun (Dados kalêrês buyutipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

--- 220 ---

Ingkang saking Radèn Ngabèi Arjasuksara.

1. Radèn Ngantèn Rôngga Tarusutirta, imah-imah malih Radèn Jayasuharja.
2. Radèn Ngabèi Citrasuksara, mantri pangrèh praja Jumapala.
3. Radèn Ngantèn Ngabèi Arjawacana, panèwu pangrèh praja Gondhangrêja.
4. Radèn Rôngga Citrasubrata, ing Girimarta.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Arjapratima.

5. Radèn Ngantèn Ngabèi Citrasutarma, mantri kantor prakawis siti.
6. Radèn Sastraarjana.
7. Radèn Ngantèn Sukatma Arjataruna, asistèn wadana pulisi Surakarta.
8. Radèn Darmasuharta.
9. Radèn Ngantèn Dêmang Citrawitara.
10. Radèn Ngantèn Arjadisastra.
11. Radèn Ngantèn Siswasubrata.
12. Radèn Ngantèn Partaharjana.
13. Radèn Sutaya.

--- 221 ---

14. Radèn Rara Sukirti.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Arjapranata

15. Radèn Sêdyarja, sampun tilar donya.

Ingkang saking Radèn Ayu Ngabèi Arjawiratma

Wontên satunggal, nanging sampun kapratelakakên ing derah aksara Ya.

Ingkang saking Radèn Mangunsudirja

16. Radèn Ngantèn Rôngga Sastrasumarda, lajêng semah malih Mas Ngabèi Martaprawara.

17. Radèn Sasanamangkurêja.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Arjagupala

18. Radèn Rara Saparni.
19. Radèn Rara Saparinah.
20. Radèn Rara Saparini.
21. Radèn Rara Suratmini.
22. Radèn Sumarja.
23. Radèn Surana.
24. Radèn Surahmat.
25. Radèn Sait

Ingkang saking Radèn Ngabèi Arjarêjatma

--- 222 ---

26. Radèn Ngantèn Ngabèi Arjasurana, panèwu pangrèh praja Jênawi.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Arjawahana

27. Radèn Ngantèn Sudarja Sastrasandika (semahipun ing ôngka 20 a wayah).
28. Radèn Ngantèn Mulata Arjawiraga.
29. Radèn Atmarta.
30. Radèn Rara Atmanti.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Ngabèi Sastrasêbrata

Wontên sakawan, nanging kapratelakakên ing derah aksara Nga.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Ngabèi Citrasukatma

Wontên gangsal, nanging kapratelakakên ing derah aksara Ba.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Suwardi Arjasaroja

31. Radèn Rara Susilah.

32. Radèn Suhardi.

Buyutipun (Dados kalêrês canggahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

--- 223 ---

Ingkang saking Radèn Ngantèn Rôngga Tarusutirta

1. Radèn Ngantèn Sutarta.
2. Mas Sudita.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Citrasuksara

3. Radèn Rara Sriharti.
4. Radèn Rara Srihartini.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Ngabèi Citrawacana

5. Radèn Sukinta.
6. Radèn Ngantèn Dêmang Sunara Tarukaryana.
7. Radèn Sêmi.
8. Radèn Slamêt.
9. Radèn Suwandi.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Ngabèi Citrasutarma

10. Mas Rara Atmini.

Ingkang saking Radèn Sastraharjana

11. …(*)…

Ingkang saking Radèn Ngantèn Sukatma Arjataruna

12. Mas Maryana.
13. Mas Slamêt Maryama.

--- 224 ---

Ingkang saking Radèn Ngantèn Arjadisastra

14. Mas Sutapa.
15. Mas Rara Sumirah Satarinah.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Siswasubrata

16. Mas Santosa.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Partaharjana

17. Radèn Hèrnawan.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Sastrasumarda

18. Mas Rara Surip.

Ingkang saking Radèn Sasana Mangkurêja

19. Radèn Rara Warsiki.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Ngabèi Arjasurana

20. Mas Rara Sukciyati.
21. Mas Sukciyatma.
22. Mas Adyatma.
23. Mas Rara Adyatmi.
24. Mas Rahayu.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Sudarja Sastrasandika

Wontên gangsal, nanging sampun kapratelakakên ing derah

--- 225 ---

aksara Nya.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Mulata Arjawiraga

Wontên satunggal, nanging kapratelakakên ing derah aksara Ga.

Canggahipun (Dados kalêrês warèngipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Ngantèn Sutarta

1. …(*)…Q2. …(*)…Q3. …(*)…

Ingkang saking Radèn Ngantèn Dêmang Sunara Tarukaryana

4. Mas Rara Suwarni.

--- [226] ---

...

--- 227 ---

Derah papêthan aksara Ba

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ngabèi Pôncaharjana, sambêtipun derah papêthan aksara Ya, ciri c

[Grafik]

--- [228] ---

...

--- 229 ---

Katranganipun derah papêthan aksara Ba

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ngabèi Pôncaharjana

Radèn Ngabèi Pôncaharjana

Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang ôngka sakawan

Garwanipun

Putranipun Mas Ngabèi Jayawinata ing Mangkunagaran

Putranipun (Dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Ngantèn Ngabèi Arjasuwirya, pènsiyun panèwu pangrèh praja.
2. Radèn Dêmang Pôncaharjana, pangagêng dhusun Jatisrana.
3. Radèn Ngantèn Arjadipôngga, sampun tilar donya.

Wayahipun (Dados kalêrês buyutipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

--- 230 ---

Ingkang saking Radèn Ngantèn Ngabèi Arjasuwirya

1. Bok Mas Ngabèi Arjawiraga, wadana kondhang kabupatèn kitha.
2. Bok Mas Ngabèi Martawirana, mantri martanimpuna Wanagiri.
3. Tuwan Suminta Arjasuwirya, wadana (Opzichter) kartipraja Mangkunagaran.
4. Bok Mas Ngabèi Arjasantaha, panèwu pangrèh praja Matesih.
5. Mas Ngabèi Sumantri Arjasuwirya, panèwu pangrèh praja Karanganyar.
6. Bok Mas Sarnu Prawiradarmaja, komis sêtatsêpur Madiun.
7. Bok Mas Partadarmaja, mantri guru Wanakrama.
8. Mas Sumarya, jajar juru sêrat kantor Mangkunagaran.
9. Mas Sumarja.
10. Mas Sugyana.

Ingkang saking Radèn Dêmang Pôncaharjana

11. Mas Sunartya, ing Surabaya.
12. Bok Mas Ngabèi Suwarsa Arjapuspaya, panèwu pangrèh praja Manyaran.

--- 231 ---

13. Radèn Ngantèn Rôngga Citrasubrata, ing Girimarta, (semahipun ing ôngka 2 derah Ma, wayah)

Buyutipun (Dados kalêrês canggahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Bok Mas Ngabèi Arjawiraga

1. Mas Mulata Arjawiraga, sampun tilar donya (semahipun ing ôngka 28 derah Ma, buyut)
2. Bok Mas Suwasta, juru sêrat landrad ing Brêbês.
3. Mas Sukaswa.
4. Mas Sunarta.
5. Mas Muliyasma.

Ingkang saking Bok Mas Ngabèi Martawirana

6. Mas Ngabèi Sugyarta Martawirana, mantri pangrèh praja Karanganyar.
7. Mas Rara Sukandini.
8. Mas Suganda.
9. Mas Sukarta.
10. Mas Rara Suyarti.

--- 232 ---

11. Mas Rara Mulyati.
12. Mas Rara Sudhani.
13. Mas Rara Sunitah

Ingkang saking tuwan Suminta Arjasuwirya

14.Radèn Suprapta.
15. Radèn Rara Supraptiyah.
16. Radèn Rara Supraptinah.

Ingkang saking Bok Mas Ngabèi Arjasantaha

17. Mas Sunarta.
18. Bok Mas Salim Arjasantara, Gaib. Ing Wanagiri.
19. Mas Sudarya.
20. Mas Sudaryatna
21. Mas Sudarwanta.
22. Mas Sudarwadi.
23. Mas Sudaryana.

Ingkang saking Mas Ngabèi Sumantri Arjasuwirya

24. Radèn Sardana.
25. Radèn Rara Rêspati.
26. Radèn Rara Siti Patimah.

Ingkang saking Bok Mas Sarnu Prawiradarmaja

--- 233 ---

27. Mas Sarwèdi.
28. Mas Saryanta.
29. ... (*) ...

Ingkang saking Bok Mas Partadarmaya

30. Mas Sudarsana.
31. Mas Rara Sudarini.
32. Mas Rara Kisbandi.

Ingkang saking Bok Mas Ngabèi Suwarsa Arjapuspaya

33. Mas Warsatma.
34. Mas Warsita.
35. Mas Rara Warsiti.
36. Mas Warsana.

Canggahipun (Dados kalêrês warèngipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Saking Mas Mulata Arjawiraga

1. Mas Widada.

--- [234] ---

...

--- 235 ---

Derah papêthan aksara Tha

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Jayaasmara, sambêtipun derah papêthan aksara Ya, ciri g

[Grafik]

--- [236] ---

...

--- 237 ---

Katranganipun derah papêthan aksara Tha

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Jayaasmara

g

Radèn Ayu Jayaasmara

Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang ôngka gangsal

Garwanipun

Putranipun Kangjêng Pangeran Arya Suryamijaya kaping tiga

Putranipun (Dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Ayu Rôngga Tarudikarya, sampun seda.
2. Radèn Mas Dêmang Pôncaasmara, sampun seda.
3. Radèn Ayu Ngabèi Arjamartana,
4. Radèn Mas Dirjaasmara, sampun seda.
5. Radèn Mas Ngabèi Arjamijaya, pènsiyun panèwu pangrèh praja Manyaran.

--- 238 ---

6. Radèn Ayu Rôngga Sastraprayitna.
7. Radèn Mas Rôngga Prawiraasmara, sampun seda.
8. Radèn Ayu Ngabèi Atmaasmara, panèwu pangrèh praja Jumantana.
9. Radèn Ayu Dêmang Pôncawinata.
10. Radèn Ayu Ngabèi Gitakasika.
11. Radèn Mas Ngabèi Tirtaasmara, pènsiyun litnan saha mantri martanimpuna ing Selagiri.
12. Radèn Mas Ngabèi Citrasukatma ing Brumbung.

Wayahipun (Dados kalêrês buyutipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Ayu Rôngga Tarudikarya

1. Radèn Jagasukirja.
2. Radèn Atmasumarna.
3. Radèn Ngantèn Trunawidhandha.
4. Radèn Ngantèn Sastradikarya.
5. Radèn Ngantèn Sastrasumadya.
6. Radèn Sukartika.

--- 239 ---

Ingkang saking Radèn Dêmang Pôncaasmara

7. Radèn Ngantèn Arjawardaya.

8. Radèn Ngabèi Sastraasmara, panèwu pangrèh praja Nguntaranadi.

Ingkang saking Radèn Mas Dirjaasmara

9. Radèn Ngantèn Artawijaya, ing Nagasari.

Ingkang saking Radèn Mas Ngabèi Arjamijaya

10. Radèn Samamijaya.
11. Radèn Ayu Ngabèi Atmadarsana, mantri pangrèh praja.
12. Radèn Ayu Ngabèi Siswapranata, asistèn wadana ing Kumusu.
13. Radèn Ayu Suwardi, mantri pèl pulisi ing Wanagiri.
14. Radèn Ajêng Sritami.
15. Radèn Ajêng Sriharjanti.
16. Radèn Mas Sriwanda.
17. Radèn Mas Sriwanti.
18. Radèn Ajêng Sriyati.
19. Radèn Mas Srigati.

Ingkang saking Radèn Ayu Rôngga Sastraprayitna

20. Radèn Sunardi Sastraprayitna, ing Krêtasana.

--- 240 ---

Ingkang saking Radèn Mas Rôngga Prawiraasmara

21. Radèn Mas Suyamta.

Ingkang saking Radèn Ayu Ngabèi Atmaasmara

22. Bandara Radèn Sumaningsih, ampilipun Radèn Mas Arya Suryasumanta, sampun seda.

Ingkang saking Radèn Ayu Dêmang Pôncawinata

23. Radèn Citrasuparya, ing Nguntaranadi.
24. Radèn Suparna.
25. Radèn Sudiyana ing Jalakan.
26. Radèn Rara Suwarni.
27. Radèn Rara Bawuk.
28. Radèn Rara Sutirah.

Ingkang saking Radèn Ayu Gitakasika

29. Radèn Ngantèn Iman Suharja.
30. Radèn Gitadaryana.
31. Radèn Sudarmadi.
32. Radèn Ngantèn Gitasunarya.
33. Radèn Ngantèn Arjasuprapta.
34. Radèn Sudarmana.
35. Radèn Sudarmaka.

--- 241 ---

36. Radèn Rara Sudaryanah.
37. Radèn Rara Sudarsiyah.
38. Radèn Sudaryanta.

Ingkang saking Radèn Mas Ngabèi Tirtaasmara

39. Radèn Ngantèn Jayusman.
40. Radèn Slamêt Rajiman.
41. Radèn Rara Sarpini.
42. Radèn Rara Sawarsi.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Citrasukatma

(Ugi gêgayutan ing katranganipun derah papêthan aksara Ma)

43. Radèn Sumanta.
44. Radèn Sutama.
45. Radèn Rara Sumantini.
46. Radèn Satmaka.
47. Radèn Rara Sumantinah.

Buyutipun (Dados kalêrês canggahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

--- 242 ---

Ingkang saking Radèn Jagasukirja

1. Radèn Sudina.
2. Radèn Suhartana.
3. Radèn Sutana.
4. Radèn Rara Sutinah.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Trunawidhandha

5. Radèn Rara Bandini.
6. Radèn Warsana.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Sastradikarya

7. …(*)…
8. …(*)…
9. …(*)…
10. …(*)…

Ingkang saking Radèn Ngantèn Arjawardaya

11. Radèn Ngantèn Sudarma.
12. Radèn Rara Kristini.
13. Radèn Kristanta.
14. Radèn Rara Kristanti.
15. Radèn Krismanta.
16. Radèn Rara Krismanti.

--- 243 ---

17. Radèn Rara Krismini.
18. Radèn Krisnyana.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Sastraasmara

19. Radèn Pujatma.
20. Radèn Rara Atmini.
21. Radèn Suprapta.
22. Radèn Atmana.
23. Radèn Suryatma.

Ingkang saking Radèn Samamijaya

24. Radèn Suyarsa.

Ingkang saking Radèn Ayu Ngabèi Atmadarsana

25. Radèn Suwônda.
26. Radèn Sumida.
27. Radèn Suhari.

Ingkang saking Radèn Ayu Ngabèi Siswapranata

28. Radèn Srihardana.
29. Radèn Rara Sri Rushardini.
30. Sawêg nêmbe lair.

Ingkang saking Radèn Sunardi Sastraprayitna

31. Radèn Srimartana.

--- 244 ---

32. Radèn Sri Sêdyana.
33. Radèn Rara Sri Martinah.
34. Radèn Rara Sri Sêdyatmi.

Ingkang saking Bandara Radèn Sumaningsih

35. Bandara Radèn Mas Sudiyatma.
36. Bandara Radèn Mas Sudiyaka.
37. Bandara Radèn Ajêng Sudyarsi.
38. Bandara Radèn Mas Sudiyana.
39. Bandara Radèn Sudiyarta.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Iman Suharja

40. Mas Rara Astami.
41. Mas Rara Marsami.
42. Mas Rara Mardani.
43. Mas Rara Sriyati.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Gitasunarya

44. Mas Subiyanta.

--- 245 ---

Derah papêthan aksara Nga

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Ngabèi Jayawiratma, sambêtipun derah papêthan aksara Ya, ciri h

[Grafik]

--- [246] ---

...

--- 247 ---

Katranganipun derah papêthan aksara Nga

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun sangking Radèn Ayu Ngabèi Jayawiratma

h

Radèn Ayu Ngabèi Jayawiratma

Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang ôngka nêm

Garwanipun

Putranipun Radèn Mas Arya Jayaningrat, ing Mangkunagaran

Putranipun (Dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Ayu Ngabèi Pôncapratama, sampun seda

Wayahipun (Dados kalêrês buyutipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Trunasucarma.

--- 248 ---

2. Radèn Ngantèn Prawirasupara, lajêng semah malih nama Radèn Atmadarmaja.

Buyutipun (Dados kalêrês canggahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Ngantèn Prawirasupara

(Radèn Ngantèn Atmadarmaja)

1. Mas Sumanta, mantri pênjual ing Borneo.
2. Radèn Suharna.

--- 249 ---

Derah papêthan aksara A

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Ngabèi Pôncasêbrata, sambêtipun derah papêthan aksara Ya, ciri i

[Grafik]

--- [250] ---

...

--- 251 ---

Katranganipun derah papêthan aksara A

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Ngabèi Pôncasêbrata

i

Radèn Ayu Ngabèi Pôncasêbrata

Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang ôngka pitu

Garwanipun

Putranipun Radèn Ngabèi Pôncatoya ing Pajang

Sasedanipun ingkang garwa, lajêng krama malih

Mas Rôngga Trunasutirta ing Baturêtna

Putranipun (Dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Ngabèi Pôncasêbrata

1. Radèn Ngantèn Rôngga Tarudirada.
2. Ndara Radèn Dewabrata, ampilipun Kangjêng Pangeran Ariya [A...]

--- 252 ---

[...riya] Dayakiswara.

3. Radèn Ngabèi Martasutirta, pènsiyun mantri martanimpuna.
4. Radèn Ngantèn Mangundirja, lajêng sêsemah malih nama Radèn Ngantèn Rôngga Tirtayudaka.
5. Radèn Rôngga Jagasêbrata, ing Jêthak.
6. Radèn Ngantèn Martaprawira, mantri pênjual.
7. Radèn Ngabèi Sastrasêbrata, wadana pangrèh praja ing Wanagiri.

Ingkang saking Mas Rôngga Trunasutirta

8. Mas Sastrasutirta.
9. Mas Suwarna.

Wayahipun (Dados kalêrês buyutipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Ndara Radèn Dewabrata

1. Radèn Ayu Pangeran Arya Suryasutanta.
2. Radèn Ayu Arya Suryasumarna.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Martasutirta. [Martasutirta...]

--- 253 ---

[....]

3. Radèn Ngantèn Dêmang Citrawacana.
4. Radèn Ngantèn Sastrasugiya.
5. Radèn Ngantèn Suciptaharja.
6. Radèn Ngabdullah.
7. Radèn Rara Sumarmi.
8. Radèn Sêdyana.
9. Radèn Sêdyaka.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Mangundirja

10. Wontên satunggal, sampun kalêbêt ing katranganipun derah aksara Ma, wayah ôngka 17.

Ingkang saking Radèn Rôngga Jagasêbrata

11. Radèn Sarwana.
12. Radèn Ngantèn Atmasumarta.
13. Radèn Saparas.
14. Radèn Rara Sutiyêm.
15. Radèn Rara Martinah.
16. Radèn Sartana.
17. Radèn Rara Giyarti.
18. Radèn Rara Surinah.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Martaprawira

--- 254 ---

19. Bok Mas Dêmang Sastramarjana, ing Karanganyar.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Ngabèi Sastrasêbrata

20. Radèn Ngantèn Supredrik Arjaantara.
21. Radèn Rara Sukani.
22. Radèn Rara Sutani.
23. Radèn Rara Sutrini.
24. Radèn Rara Surini.

(ing ôngka 20-23 ugi têrahipun Radèn Ngabèi Mangkurêja, ing derah aksara Ma)

Ingkang saking Mas Sastrasutirta

25. Mas Rara Sukarti.
26. Mas Mindarsa.
27. Mas Mindarta.
28. Mas Mindarja.

Buyutipun (Dados kalêrês canggahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Ayu Pangeran Arya Suryasutanta

1. Radèn Mas Sunanta.

--- 255 ---

2. Radèn Ayu Dhoktêr Abu Bakar.
3. Radèn Mas Natasuparta.
4. Radèn Ajêng Yuli.
5. Radèn Ajêng Nonong.

Ingkang saking Radèn Ayu Suryasumarna

6. Radèn Mas Susanta.
7. Radèn Mas Suranta.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Sastrasugiya

8. Mas Rara Sugyarti.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Atmasumarta

9. Mas Surasa.

Ingkang saking Bok Mas Dêmang Sastramarjana

10. Mas Rara Naryati.

--- [256] ---

...

--- 257 ---

Derah papêthan aksara E

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ngabèi Arjasudirja, sambêtipun derah papêthan aksara Ya, ciri j

[Grafik]

--- [258] ---

...

--- 259 ---

Katranganipun derah papêthan aksara E

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ngabèi Arjasudirja

J

Radèn Ngabèi Arjasudirja

Putranipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang ôngka wolu

Garwanipun

Putranipun Mas Rôngga Karyataruna ing Wulu

Ampilipun

1. Mas Ajêng Pujawati.
2. Mas Ajêng Rêtnadiwati.

Putranipun (Dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Rôngga Sastrasudirja, sampun tilar donya, ... saking ampil ôngka 1

2. Radèn Ngabèi Citrasudirja,

--- 260 ---

sampun tilar donya, ... saking ampil ôngka 1

3. Radèn Sastrasasana, ing Purwantara, ... saking ampil ôngka 1
4. Radèn Atmasudirja, ing Glêmpêng, ... saking ampil ôngka 1
5. Radèn Suharna Arjasudirja, ing Surabaya, ... saking ampil ôngka 2
6. Radèn Rara Sayuk, sampun tilar donya, ... saking ampil ôngka 2
7. Radèn Ngantèn Ngabèi Citrakastara, sampun tilar donya, ... saking ampil ôngka 2

Wayahipun (Dados kalêrês buyutipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

Ingkang saking Radèn Rôngga Sastrasudirja

1. Radèn Mulyaka.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Citrasudirja

2. Radèn Rara Mulyati.
3. Radèn Tinis Bratamulyana.

--- 261 ---

4. Radèn Sarjana.
5. Radèn Sarsita.

Ingkang saking Radèn Sastrasasana

6. Radèn Rara Suyarti.
7. Radèn Rara Suyarmi.
8. Radèn Suyarma.

Ingkang saking Radèn Atmasudirja

9. Radèn Sunarta.
10. Radèn Sartana.

Ingkang saking Radèn Suharna Arjasudirja

11. Radèn Suratna.
12. Radèn Rara Sunarti.

Ingkang saking Radèn Ngantèn Ngabèi Citrakastara

13. Radèn Suyata.
14. Radèn Suyaka.

--- [262] ---

...

--- 263 ---

Derah papêthan Aksara O

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Ngabèi Jayapralêbda, sambêtipun derah papêthan aksara Ya, ciri l

[Grafik]

--- [264] ---

...

--- 265 ---

Katranganipun derah papêthan aksara O

Kawontênanipun para wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapiturutipun, sangking Radèn Ayu Ngabèi Jayapralêbda

l

Radèn Ayu Ngabèi Jayapralêbda

Puranipun Radèn Tumênggung ingkang ôngka kalih wêlas

Garwanipun

Putranipun Radèn Ngabèi Mangunrêja ing Nglatu

Putranipun (dados kalêrês wayahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja)

1. Radèn Rôngga Sastrasuharja, sampun tilar donya.
2. Radèn Sastrasudirja, sampun tilar donya.
3. Radèn Ngabèi Arjasuharsa, wadana pangrèh praja Purwantara.
4. Radèn Waluya, sampun tilar donya.
5. Radèn Ngabèi Sastrarêja.

--- 266 ---

6. Radèn Ngantèn Ngabèi Citrasunarya, sampun tilar donya.
7. Radèn Riyadi, sampun tilar donya.
8. Radèn Ngantèn Rênggasunarta, sampun tilar donya.
9. Radèn Ngantèn Ngabèi Martawahana, mantri martanimpuna Tasikmadu.
10. Radèn Suharka Jayapralêbda.

Wayahipun. Dados kalêrês buyutipun Radèn Mangkurêja.

Ingkang saking Radèn Sastrasudirja.

1. Radèn Ngantèn Siswadipura, ing Baturêtna.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Arjasuharsa.

2. Radèn Subagya.
3. Radèn Rara Hartinah.
4. Radèn Rara Hartini.
5. Radèn Hartana.
6. Radèn Hartama.
7. Radèn Hartaya.
8. Radèn Hartaka.

--- 267 ---

9. Radèn Hartala.

Ingkang saking Radèn Ngabèi Sastrarêja.

10. Radèn Rara Suparti.
11. Radèn Lancip.
12. Radèn Rara Sutami.
13. ... (*) ...
14. ... (*) ...

Ingkang saking Radèn Ngabèi Martawahana.

15. Radèn Rara Hartinah.
16. Radèn Rara Harminah
17 Radèn Rara Tarminah
18. Radèn Sumarta.

--- 268 ---

Bab: 6.

Katrangan kêmpaling tumêrahipun Radèn Adipati Sindurêja, kalayan ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran, saha sapiturutipun.

Minôngka anêrusi ingkang sampun kapratelakakên ing bab 4 ing ngandhap punika kapratelakakên satunggal-tunggal, tumêrahing têrahipun Radèn Adipati Sindurêja, ingkang kêmpal kalayan ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran. Punapadene nalurènipun Radèn Tumênggung Mangkurêja ingkang manginggil dumugi ingkang jumênêng nata ing Surakarta, saha dumugi pangagêngipun trah Mangkunagaran. Tuwin tumêrahipun ingkang mangandhap, dumugi ingkang jumênêng para pêpatih Mangkunagaran.

Pandhapukipun pratelan ing bab punika, kados angapingkalihi pratelan kasbut ing nginggil. Ananging murih têrang ngalêmpakipun dados satunggal, saha gampil anggènipun anguningani, miwah kawêwahan têrangipun ing sawatawis. Lajêng kapacak ing bab piyambak. Saha kajawi ingkang makatên,

--- 269 ---

ugi minôngka pangèngêt-èngêt utawi pangaji-aji dhatêng kaluhuraning pandamêlipun, saha pracihnaning kadadosanipun, ingkang katindakakên dening Radèn Adipati Sindurêja, dumugi Radèn Tumênggung Mangkurêja, makatên ugi tumêrahipun mangandhap malih dumugi para ingkang jumênêng dados pêpatih ngantos dumugi ing sapunika, amung supados ringkês orehaning katrangan wau mawi kapacak wontên ing derah tuwin pratelaning katranganipun, kados ing ngandhap punika.

--- [270] ---

...

--- 271 ---

Derah papêthan aksara: U

Kêmpaling tumêrahipun Radèn Adipati Sindurêja kalayan ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran saha sapiturutipun

[Grafik]

--- [272] ---

...

--- 273 ---

Katranganipun derah papêthan aksara U

Pratelaning tumêrahipun Radèn Adipati Sindurêja, kêmpalipun kalayan ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran saha sapiturutipun

Ôngka urut kasbut ing ngandhap punika, mratelakakên asmanipun satunggal-tunggal, ingkang kapacak ing derah aksara: U.

1. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Mangkurat, ing Kartasura.
2. Kangjêng Gusti Pangeran Arya Mangkunagara, ing Kartasura.
3. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping II ing Kartasura-Surakarta.
4. Kangjêng Pangeran Arya Tirtakusuma, ing Pancuran.
5. Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Ariya Mangkunagara kaping I.
6. Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan kaping III.
7. Kangjêng Pangeran Arya Prabu Awijaya.
8. Gusti Kangjêng Ratu Alit, garwa Prabu Awijayan.

--- 274 ---

9. Kangjêng Gusti ingkang kaping II.
10. Gusti Radèn Ayu Adipati Prangwadana, garwa dalem kangjêng gusti kaping II.
11. Garwanipun Radèn Adipati Sindurêja.
12. Radèn Adipati Sindurêja, papatih ing karaton Surakarta.
13. Garwanipun Radèn Tumênggung Tirtapraja, Bupati Blora.
14. Radèn Ngabèi Mangkurêja ingkang kapisan.
15. Bandara Radèn Ayu Pangeran Arya Natakusuma.
16. Bandara Radèn Ayu Pangeran Adiwijaya
17. Garwanipun Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping kalih.
18. Radèn Ngabèi Mangkurêja kaping kalih.
19. Kangjêng Gusti ingkang kaping III.
20. Radèn Tumênggung Mangkurêja kaping tiga, bupati patih Mangkunagaran, ingkang kawitan.
21. Kangjêng Gusti ingkang kaping IV.
22. Garwa dalêm kangjêng gusti kaping IV.
23. Garwanipun Radèn Mas Wiraasmara, wadana kartapraja Mangkunagaran.
24. Kangjêng gusti ingkang kaping V.

--- 275 ---

25. Kangjêng Gusti ingkang kaping VI.
26. Garwanipun Radèn Mas Tumênggung Arya Mangunkusuma, bupati patih Mangkunagaran ingkang kaping nêm.
27. Garwanipun Radèn Mas Tumênggung Bratadipura, bupati patih Mangkunagaran ingkang kaping gangsal.
28. Kangjêng Gusti kaping VII. ingkang jumênêng ing sapunika.
29. Radèn Mas Tumênggung Sarwa Kamangun Kusuma, bupati patih Mangkunagaran ingkang kaping pitu, saha taksih jumênêng ing sapunika.

Dene bupati patih Mangkunagaran, ingkang kaping kalih, kaping tiga, tuwin ingkang kaping sakawan, punika inggih botên kaliya: taksih sêsambêtan ing têrahipun Radèn Adipati Sindurêja, nanging botên sêsambêtan tumêrahipun kalayan Radèn Tumênggung Mangkurêja.

--- 276 ---

Bab 7. Panutup saha pangajabipun ingkang damêl sêrat punika.

Minôngka anumusi kados ingkang sampun kapratelakakên ing bêbukanipun sêrat punika, ing ngandhap punika kula anggêlarakên panutup saha pangajabing manah kula katur ing ngarsanipun sadaya ingkang kaparêng anguningani, ananging sadèrèngipun gumêlar wau, kula sêsêli rumiyin wêwahan katrangan ing sawatawis tuwin wawasan sawontênipun.

a. Wewahan katrangan.

Sagaduging manah tuwin lampah kula, mênggah anggèn kula ngarang pèngêtan punika, ugi mawi isarating tatakrami, inggih punika ngaturi uninga tuwin anyuwun palilah dhatêng ingkang kagungan wajib, sarana kula sowani piyambak, saha sampun kaparêngakên. Punapadene tumrap ingkang sampun swarga, ugi kula sowani dhatêng pasareanipun, ijab kula ing dalêm batos, kajawi anglênggahi sangkêpipun ing tatakrami ugi angalab barkah anjurungana pangajaping manah kula saha ing salajêngipun.

--- 277 ---

Dene kawontênanipun ingkang kula sowani saha kula suwuni palilah wau kados ing ngandhap punika:

1e. Ing ngarsa dalêm, panjênêngan dalêm kangjêng gusti ingkang jumênêng ing sapunika (kaping VII) tumrap anggèn kula amèngêti kawontênaning lêlampahan tuwin lampahing panindakipun, para ingkang mêmayu adêging praja, punapadene sambêtipun kalayan adêging praja, makatên ugi para ingkang anêrahakên pangagênging trah Mangkunagaran.

2e. Ing ngarsanipun Radèn Mas Tumênggung Sarwaka Mangunkusuma, bupati patih ingkang jumênêng ing sapunika, tumrap anggèn kula amèngêti kawontênanipun saperangan bandhaning praja, inggih punika bab pradikan ing Têmuirêng tuwin ing sêsaminipun. Punapadene amèngêti lêlabuhanipun para pêpatih Mangkunagaran.

3e. Ing ngarsanipun Radèn Tumênggung Arjaasmara.
4e. Ing ngarsanipun Radèn Mas Ngabèi Arjasumaksa.
5e Ing ngarsanipun Radèn Ngabèi Arjasuksara.
6e. Ing ngarsanipun Tuwan, Suminta Arjasuwirya.
7e. Ing ngarsanipun Radèn Mas Ngabèi Arjamijaya.
8e Ing ngarsanipun Radèn Ngabèi Martasutirta, tuwin,

--- 278 ---

9e. Ing ngarsanipun Radèn Ngabèi Arjasuharsa.

Sadaya punika tumrap anggèn kula adamêl pèngêtanipun, kawontênan tuwin naluri lan têrahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja sapanginggil, dumugi Radèn Adipati Sindurêja, saha mangandhap dumugi kawontênanipun ing sapunika.

10e. Ing pasareanipun Adipati Gajahmada, ingkang dumunung wontên ing Sangkrah, kacariyos inggih punika pêpatih ing Majapait, ingkang sangêt moncol misuwuring asmanipun. Ijabipun ing manah kula nyuwun barkah supados misuwuring asma wau, anyamadana dhumatêng sadayanipun.§ Ujaring kaolipun tiyang sêpuh dhumatêng kula, pasarean punika wontên warni kalih cariyosipun. Kados ta: satunggal papatih ing Majapait, ingkang kacariyosakên seda madyaning paprangan musna sakuwandanipun nalika bêdhahing praja: punika têranging kayêktènipun pancèn kasêngaja oncat, ingkang lajêng adêdunung tuwin seda wontên ing Sakrah punika, dene ing satunggalipun: patih nagari Mataram, nama Adipati Gajahpramada, ingkang cariyosing kaol, ugi seda wontên paprangan nalika ngrungkêbi narendranipun, dening adêging karaton ngalih dhatêng Kartasura, amung wontên pasaksèn ingkang radi angiyatakên ing sawatawis, karanipun sakiwatêngêning ngriku: pasarean punika dipun wastani pasareanipun Kiyai Buda Majapait, utawi ugi nama patih Gajahmada.

--- 279 ---

11e. Ing pasareanipun Kyai Agêng Atasangin, ingkang dumunung ing Têmuirêng, ijabipun ing manah kula nyuwun palilah tuwin barêkahing kasaenan, anggèn kula angimpun cariyos tuwin mèngêti kawontênanipun pasarean ing Têmuirêng.

12e. Ing pasareanipun Kyai Sutamarta kaping kalih, tuwin Radèn Ngabèi Mangkurêja ingkang kapisan. Ingkang dumunung dhusun Pringapus (Magêlang), ijabipun manah kula nyuwun palilah tuwin barkahing kasaenan, anggèn kula angimpun cariyosipun tuwin mèngêti lêlabuhanipun, saha tumêrahipun dumugi ing sapunika.

13e. Ing pasareanipun Kyai Tumênggung Kudanawarsa, ingkang dumunung wontên Mantênan (Selagiri).

14e. Ing pasareanipun Radèn Ngabèi Rôngga Panambangan, ingkang dumunung ing Randhusanga (Tasikmadu).

Kêkalih punika ijabipun ing manah kula, sami kula suwuni palilah saha barkahing kasaenan, anggèn kula angimpun cariyosipun, tuwin mèngêti labuhanipun, punapadene amurwani jumênêng Patih Mangkunagaran.

15e. Ing pasareanipun Radèn Tumênggung Mangkurêja, ingkang dumunung

--- 280 ---

ing Têmuirêng, ijabipun ing manah kula kajawi nyuwun palilah saha barkah anggèn kula ngimpun cariyos tuwin mèngêti bab adêgipun pasarean pêpatih Mangkunagaran, ugi anggèn kula mèngêti lêlampahan saha trah-tumêrahipun ngantos dumugi ing sapunika.

b. Wawasan.

Manawi ngèngêti cariyos, pangandikanipun Ki Buyut ing Banyubiru, anggènipun mêca tuwin anyadhèrèkakên, dhatêng Mas Karèbèt kalihan Ki Mas Mônca nalika suwita dhatêng ing Demak, lajêng kagathukakên kalayan suraosipun sêrat Babad Panambangan, ingkang mratelakakên bilih Radèn Ayu Mangkunagara Sêpuh, garwa dalêm kangjêng gusti kaping I, punika taksih têrahipun Pangeran Banawa, putranipun sinuhun sultan ing Pajang, sampun mungguh kemawon darahipun Ki Mas Mônca, punika langkung kêkah tuwin sêmbada sadayanipun, anggènipun angêmbani darahipun Mas Karèbèt. Inggih punika ingkang pinanggih wahananipun, tansah tumruntun dados warangkanipun ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran, saha tumangkaring têrahipun, prasasat angèbêki sapraja Mangkunagaran, kapara saupami kaurut panlusuripun, bokmanawi wontên prênah ingkang [ing...]

--- 281 ---

[...kang] langkung cêlak malih, tuwin ugi sêsambêtan kalayan ingkang jumênêng nata ing karajan Jawi dalah ing warangkanipun. Kados makatên kasêtyaning kêkadangan, tuwin kawicaksanan saha gênging manpangatipun para langkung ing jaman kina.

Ujaring bêbasan: ora ana rêgulo kang tanpa êri. Utawi ora ana wong kang bagus tanpa cacad. Sami kalihan, ing dônya iku ora ana barang wutuh: punika saèstu botên kenging dipun selaki, ananging sanadyan makatêna ing wontênipun, sagêdipun satunggaling kawontênan, angsal sasêbutan awon utawi sae sapiturutipun, punika upami ukuran utawi bobot, saèstunipun botên tilar ing pamawang panjang lan awrat ing pundi cacad lan pêthinganipun. Mila awit saking pamawas ingkang makatên, sarèhning nitik gumêlaring cariyosipun, kados tatela utawi têrang bilih Radèn Adipati Sindurêja punika agêng sangêt lêlabêtan, utawi pandamêlipun ingkang migunani dhatêng adêging karaton Jawi, punapadene kados wêwahing sarana adêgipun praja ing Mangkunagaran, tuwin sambêt anêrahakên ingkang jumênêng pangagênging trah Mangkunagaran, dalah sapunggawanipun ngantos dumugi ing sapunika, makatên ugi amiyat warana ingkang mahanani [maha...]

--- 282 ---

[...nani] dados katêmtrêmanipun bôngsa Jawi kala ing jaman dahuru. Dados awêwaton, tataran luhuring budi ingkang botên tilar sapakantuking kuwaosipun, sangking gaduging pamanggih kula sangêt pantês saha mungguh dipun pèngêtana ing salami-lamènipun, dening ingkang sami ngrumaosi kasamadan dayanipun sadaya pandamêl wau, makatên ugi lêlabêtan, pandamêl, tuwin karahmatipun Radèn Tumênggung Mangkurêja, ingkang sinêmbuh pracihnanipun dening têrahipun prasasat angèbêki sapraja Mangkunagaran, punika inggih pantês dipun èngêti dening sadaya para kawula sumawana para trahipun piyambak.

--- 283 ---

Gambar aksara I

Ingkang angimpun cariyos saha ngarang sêrat pèngêtan punika

[Grafik]

Panggambaripun nalika umur 51 taun, nunggil taun kalayan kèndêlipun suwita praja

--- [284] ---

...

--- 285 ---

c. Panutup saha pangajab

Sapunika sampun tamat pangimpun saha pangarang kula sêrat pèngêtan. Sapakantuk tuwin gaduging sumêrêp kula ingkang pantês pinèngêtan dados sêrat cariyosipun bab pasarean ing Têmuirêng, bab para ingkang jumênêng pêpatih Mangkunagaran. Bab kawontênan tuwin lêlabuhanipun Radèn Adipati Sindurêja, tuwin bab kawontênan saha lêlabuhanipun Radèn Tumênggung Mangkurêja dalah trah-tumêrahipun. Mawi kula sêsêli sambêting katranganipun ing bab adêgipun praja ingkang kasangkut saking cariyos ing nginggil wau, botên langkung panyuwun kula dhatêng ingkang kaparêng anguningani, rèhning angsal kula sasêrêpan ingkang samantên amung saking anon tiron tuwin têtakèn saangsalipun, pramila manawi wontên kirang utawi nalisiripun, mugi sampun kirang pamêngku dhumatêng kula.

Sumêngkaning katepan angrangsang gunung, tuwin tumalining toya mili ingkang lumintu ngantos balabar, punika dados pêpindhanipun, sêkung tuwin sêrênging pangajap kula sumrambah sadayanipun. Inggih punika mugi-mugi adêgipun praja Mangkunagaran. Widadanipun para têrahipun Radèn Adipati Sindurêja dumugi têrahipun Radèn Tumênggung Mangkurêja saha sapiturutipun, tansah

--- 286 ---

ingayomana ing karahayon, winantu ing kanuragan, sapanginggil saha sapawingkingipun.

Kajawi tancêping raos ingkang rêkaos pangukuripun, ugi jalaran ngantos 35 taun lamènipun anggèn kula suwita wontên ing praja, dados inggih tabêting kawontênan ingkang makatên, wontênipun kula ngantos kapiadrêng klêbêt pêpindhan ing nginggil wau, mila wasananing panyuwun kula, mugi-mugi pangajabing manah kula sinêmbadana dening Hyang Maha Kawasa.

Wiwiting panyêratipun wontên ing kampung Grogolan, tanggal kaping 1 ing wulan Sura, taun Ehe, tinêngêran mawang rahsa nayaka tama.Sengkalan: mawang rahsa nayaka tama (1 Sura 1860 A.J., 9 Juni 1929 A.D.). Utawi surya kaping 9 Juni 1929.

Katandhan ingkang ngimpun cariyos saha ngarang sêrat punika:

Ônggapati Citraupaya.

[tanda tangan]

Susulaning katrangan, tuwin pratelan lêpat saha kiranging panyêratipun

Ha: Susulaning katrangan

Sêdyanipun ing manah kula, ugi sowan dhatêng pasareanipun Radèn Adipati Sindurêja, ananging botên pikantuk sasêrêpan ing pundi dunungipun. Wasana satutuping panyêrat kula, sawêk pikantuk sasêrêpan patitising dêdunungipun, inggih punika: wontên ing dhusun Juma, salèr kilèning kitha Parakan, bawah kabupatèn ing Têmanggung (Têmanggung punika krajaning kabupatèn Kêdhu ing jaman kina).

Pasarean punika, sangking kaparêngipun kangjêng guprêmèn, jinagi dening mardikan ngantos dumugi ing sapunika, ingkang ngiyasani masjid tuwin cungkupipun, Radèn Tumênggung Mangkuyuda (ingkang rayi Radèn Adipati Sindurêja) kala ing taun 1747, amung iyasaning cungkup wau sapunika sampun sêpuh saha taksih nguciwani, pramila manawi wontên ingkang sumêdya sêngkuyungan ambangun yêyasanipun, punika kalêrêsan wanci kalayan papanipun.