Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wicara Kêras, Sastrawiguna, 1926, #495

Katalog:Wicara Kêras, Sastrawiguna, 1926, #495
Sambung:-

Sêrat Wicara Kêras

Amarsitakakên lêlabuhan warni-warni.

Karanganipun Mas Ngabèi Sastrawikrama (Yasadipura kaping III) nanging taksih kasimpên, dèrèng sumêbar, wêkdal Mas Ngabèi Sastrawikrama tilar donya sawêk kagiyarakên, saking kaparêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping IV ing Surakarta, ingkang kadhawuhan macak Ngabèi Sastrawiguna. Satêmah dados piwulang ingkang pêrmati.

Kakarang nalika taun Be ôngka 1747.

(Diperlindungi Hak pengarang Stbl. No. 600 tahun 1912 fatsal 11)

CITAKAN PERTAMA

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi ing Kêdhiri, 1926.

TYP. "DE BLIKSEM"- SOLO. 26

--- [2] ---

Ini Kitab Syhah bila ada tanda tanganya si penerbit sebagi di bawah ini

[Grafik: Tanda tangan]

--- [3] ---

Awigênamastu namas sidhi

1. Sinom

1. watêke wicara kêras | sumuking pangucap wêngis | iku nangèkakên napas | setane nuli kêkinthil | yèn ujar ririh manis | nora tangi napasipun | ayêm sarta santosa | setane lumayu ngênthir | pan wus kocap wong sabar ngunjara setan ||

2. budi kang nora santosa | iku panuntuning eblis | dèn omahakên paragak | pangrasane sawarga di | wong kênèng ing jêjail | kurang mantêp marang ngèlmu | dhinadhung brakasakan | nalare pating saluwir | nora eling lamun titahing Pangeran ||

3. saksat kinarya kalipah | têgêse apan gêgênti | têka kurang panggraita | parandene kudu bêcik | apa margane bêcik | sok buwang sarak tur lêngus | masa silih antuka | malah jiniwiring cicir | pangrasane dudu gêtih lawan kama ||

4. wus kocap ing dalêm kitab | pêpacanganing bilai | wong kurang sabar darana | ewan panastèning ati | lyan jinising utami | dadi bangsaning truwèlu | andadra ngômbra-ômbra | lali lamun ana pati | utamane yèn wong bêcik nglakonana ||

5. sabarang panggawe

--- 4 ---

arja | sumingkir panggawe nisthip | anyêgah tingkah kang salah | nora ewan nora jail | saengga wiji sawi | sayêktine enggal thukul | kakêmbanging awirya | dudu kêmbanging bilai | dèn waspada wong urip aja sêmbrana ||

6. aywa dumèh wong awirya | anak putune wong mukti | sanadyan mêngku nagara | aywa sumakeyan êdir | tan nganggo dugi-dugi | sapa sira sapa ingsun | puniku bêbakalan | atêtombok kaki nini | kang wus bêcik panggonane mèlu nyambat ||

7. sanadyan ora wania | ngarêpan garundêl buri | iku wong watak niaya | nora ngeman kaki nini | wong tuwa kang wus mati | katut tinunjang pêpisuh | mêmule pêndhak Ruwah | ilang bae tanpa kardi | nak putune ting balengkrah nora kaprah ||

8. wong tuwa wajib bêbakal | wong anom darma nglakoni | yèn wong tuwane tan lumrah | turune yêkti nêmahi | iba ta Kangjêng Nabi | Mukamad ingkang rinasul | tur wus nayakaningrat | tan kêna sawiji-wiji | parandene ngetung nistha lan utama ||

9. sabab mikir ing wêkasan | kaya ta ing tanah Jawi | duk Ki Agêng ing Sêsela | asabar tur tèki-tèki | Bondhankajawan nênggih | ingkang miwiti mangunkung | kongsi prapta ing Pajang | Kyagêng Manahan angabdi | Sultan Pajang olih ganjaran Mataram ||

--- 5 ---

10. Ngabèi Saloring Pasar | saparene angêmohi | nora nganggo lara lapa | sadaya samya amukti | tan milu mati ragi | mangkruk-mangkruk nêmu gêthuk | Kyai Gêng ing Sêsela | pêpaline aprayogi | dèn aggoa nora sasar ambêlasar ||

11. malah mulya ing dêlahan | pinuji dadia gusti | asih ing para ngulama | wêlas marang pêkir miskin | awèta dèn aubi | tumusa dadia Paku- | buwana ing rat Jawa | aywa mikir tèki-tèki | amikira tulus arjaning nagara ||

12. mokal datan anggraita | nanging kèh padha kasilip | ngaku têdhak Brawijaya | ratune wong Majapait | pagene nora sakti | têka sêpi mring rahayu | mung gunane ta padha | kasukan lali ing dhiri | nora nganggo duga-duga lan watara ||

13. yèn ngaku anak pandhita | sayêkti bêtah sêsirih | yèn ora karêm ing lapa | iku lamis nora dhamis | yèn kurang bêtah ngêlih | sayêkti wong ngaku-aku | lamun anak pujôngga | tan wêruh ing êpa siji | ngaku anak sujana nalare liwar ||

14. ngaku anaking ulama | têka nora bisa ngaji | yèn ngaku anaking Cina | pagene tan kulit kuning | ngaku anaking santri | nora bisa maca Kulhu | yèn ngaku anak raja | pasthi nalare patitis | yèn anaking kaum pasthi bisa donga ||

--- 6 ---

15. lamun ora mangkonoa | sayêkti liniron bêlis | duk ibune pulang laras | lawan bapakane nguni | setan kang amomori | yèn ora iku blêkuthur | mulane karêm sasar | bêlasar arda mênthalit | sêsetanan anjaili padha bôngsa ||

16. mung karême dèn gunggunga | dèn alêma lamun sigit | talèdhèk ajimprak-jimprak | panganggêpe widadari | yèn kasaliring thithik | padha bôngsa nuli padu | datan nganggo ukara | sêsumbar acêrik-cêrik | yèn wêdia wirang masa mangkonoa ||

17. mung wanine padha bôngsa | dèn rewangi takêr pati | jamak wong ngaku prawira | kaya Sultan Mangkubumi | nyata lamun undhagi | awêweka gothak-gathuk | micara tan sikara | pasaja nalare mintir | lamun aprang padha Jawa datan arsa ||

18. samêngko datan sêmbada | mung cariwis angêcuwis | yèn ana alis lancapan | atine angithi-ithi | ambêke nglêlanangi | muncu-muncu kaya wudun | kabèh rat jagad Jawa | anèng sêlaning dariji | mung tumèmpèl anèng ing lambe kewala ||

19. lamun kawulane ana | sisip nuli dipun incih | yèn marentah padha Jawa | kaya têbusan wong bali | yèn uga dèn waoni | nuli malêthês mèt umur | samya kèh datan ngeman | pêsatingpêcating. nyawa lan [la...]

--- 7 ---

[...n] jisim | pangrasane nora kêna ing duraka ||

20. gêdhe-gêdhening duraka | wong sok agêgampang pati | gêdhe-gêdhening ganjaran | wong mati kinarya urip | ngapura ing wong sisip | tur sabar sarta rahayu | nanging ta pangkat-pangkat | yèn wus katrap kudu nuli | pinanjingna ing kisas aywa was-uwas ||

21. mêlang-mêlang kurang rêncang | kêna binedhung ing bêlis | lamun amêngku bicara | kari angêmut dariji | yèn duwe pikir silip | mung kadêrêng kudu bêrung | nora angon ukara | iku wong datanpa kardi | pantêse mung klênthung-klênthung bônda asta ||

22. kaya alam wiradigda | lali kalamun wong cilik | kudu angowahi adat | ambubrah janji wus dadi | amêmpêng kudu jurit | sêsumbare bisa mabur | saguh lamun malumpat | bêngawane wong Sêmanggi | kabèh obat ing loji pan dadya toya ||

23. lawan ujaring wong kathah | kabèh pra muridirèki | Nursalèh kalawan Bahman | sayektine jaman iki | aja na guru mami | nagara iki wus ancur | kalamun dèn anggêpa | ature marang sang aji | mung dinumuk bubrah ngloji ing Sêmarang ||

24. Kêndhuruan Wiradigda | awisma anèng nagari | yèn ora dadi wadana | pasthi dalajading bumi | yèn karsane sang aji | karone dadi tumênggung | ing

--- 8 ---

Bantên Balambangan | ngumpul mring Surakartèki | nadyan Bali Sumbawa Bugis Makasar ||

25. pasthi tundhuk marang Sala | padha asok bulu-bêkti | nora lawan pinukul prang | miwah ing Batawi miris | marang Surakartèki | jendrale gawa pisungsung | lamun padha bônggoa | masa ngobahêna têki | gêntholikêm kang bêdhah ngloji Sêmarang ||

26. dene wong kang ahli jôngka | ngarani radèn misani | iku Radèn Wiradigda | anggêpe wus nora gimir | mulane dèn pêpêtri | ambalilu wong angantuk | balithuk ing nagara | agawe wutahing gêtih | wêkasane ting calulu nora pakra ||

2. Dhandhanggula

1. ilang cinucuk ing dhandhang putih | sigra ginawa muluk ngambara | wong lima iku rewange | pikire ting salinthut | kudu nyathut Sultan Giyanti | durung kongsi tumêka | sêlak amrakungkung | Sinuhuning Kabanaran | wus têtela lamun lêlananging bumi | ing mêngko durung ana ||

2. mung ing kuna akèh kang ngungkuli | yèn samêngko masa ta anaa | prandene kudu mathènthèng | wani tinandhing saguh | mulane ta ana bupati | aran Sujanapura | tumênggung ngalindur | karêpe amadhanana | duk timure iya Sultan Mangkubumi | aran Dèn Mas Sujana ||

3. ting baliyur dhikire wong ngutil | iya têka dèn anggêp nagara | lagya [la...]

--- 9 ---

[...gya] kabul istijrate | ngèlmu karang kinêlun | dudu ngèlmu ingkang sajati | tur ta masa mèmpêra | ki agêng rumuhun | Ngabdul Mukiyi ing Karang | mung nalare anasak pating bêsasik | rusak angajak-ajak ||

4. saengga wong ngaku trah prajurit | nora karêm marang lara lapa | mung karêm kudu mathèngkrèng | gumunggung tur kumlungkung | durung bisa mithês woh ranti | polahe salengkrangan | kaya wong wus komuk | ambêdhah bata têlulas | singa wonge kapêthuk dèn panthêlêngi | pamrihe sumingkira ||

5. mêmêdèni anggung briga-brigi | pêthanthangan têngahing kalangan | sarta ngêploki talèdhèk | dudu têngahing pupuh | pangrasane kaya wong uwis | anêkêm jagad Jawa | lir Rôngga Madiun | ngaku tètèsing prawira | pan kaputu dening Rôngga Sokawati | iku prajurit nyata ||

6. pan kamantu dene ing sang aji | mulane yaiku datan kaprah | sawênang-wênang ambêke | lali dadining uyuh | lamun padha badan jasmani | batin masa bedaa | bok aja adigung | ngandêlkên trahing prawira | wong wis utang masa wurunga tinagih | mundhak ginuyu bocah ||

7. duk lolose saking ing nagari | ngontragakên ing nagara liyan | pating bathithit polahe | linurugan lor kidul | pangrasane ambêbayani | dene

--- 10 ---

trahing prawira | lan dadya têtunggul | bupati môncanagara | wêkasane têka angisin-isini | ngucêmakên nagara ||

8. pêpantêse kaya ta ing nguni | Surapatya Rajèng Pasuruhan | Rôngga iku nora tèlèr | mung lamun ana bathuk | kang kalimis alise lincip | dhèwèke apêparab | Janaka Madiun | dudu Janaka Ngamarta | prantandhane tan bisa mibêr wiyati | lan ora bisa ngilang ||

9. mati siya-siya badanèki | datan kadya Sang Prabu Rahwana | mati tumpês lan balane | nadyan budine nguthuh | marang bala anggêpe bêcik | jêmbarakên jajahan | mangkono wong punjul | patine pati utama | angurêpi wuwus kang uwus kawijil | ambelani nagara ||

10. nora kaya Rôngga tanpa kanthi | ing patine mung siji balaka | karo kalawan badane | bature padha mawut | datan arsa bela ing Gusti | ujêr sok ting balengkrah | ing paturonipun | mulane nora piraa | ing bobote kaya wong andêkêp cindhil | mundhak ngrowani ajang ||

11. padha kêmba kang samya nglurugi | dene datan ana kara-kara | amarani wong angame | jêbule tanpa kusur | kabèh sami amilu isin | cidra ujaring kuna | loke wus jumêglug | praptèng wetan Balambangan | lamun Rôngga bisa mutêr Gunung Mrapi | prajurit [pra...]

--- 11 ---

[...jurit] tanah Jawa ||

12. wusanane padha lan kamrêki | patining Rôngga nêmahi nistha | nanging ana utamane | sathithik dene lampus | angantêpi ujar kang uwis | kawuwus anèng lesan | lumuh tinalikung | angingkruki Wiradigda | nora wirang iya marang bumi langit | wong wus sipat punggawa ||

13. têka nora amila urmati | jamak-jamak nguntala ambêkan | dadi wus cuthêl rasane | ilang caturanipun | miwah Sultan Ngayogya nguni | balela karsanira | kalimput ing lulut | sok ngaku trahing prawira | ingsun iki anak Sultan Mangkubumi | nanging boya sêmbada ||

14. mung karsane dhewe dèn ubungi | ngômbra-ômbra nora sawêtara | karêm donya tanpa gawe | atumpuk ngundhung-undhung | tan karuwan makêthi-kêthi | mokal durung mirênga | lamun donya iku | siji pancadan utama | saprakara malih pancadan bilai | pratikêl kang wisesa ||

15. lamun donya datan mijil-mijil | mlêbu bae têgêse tan ganjar | mring wadya kang olèh gawe | iku pancadan luput | kurang asih marang ing dasih | ujare nora susah | sun ganjar wong iku | ujêr wis amangan sawah | iku donya mundhak angurub-urubi | anggawa karusakan ||

16. lan wong bangêt karêm ing pawèstri | wus têtela awit Nabi Adam | saprene [sapre...]

--- 12 ---

[...ne] ala dadine | gêmpal nugrahanipun | nora pantês nora prak ati | wong karêm marang arta | cahyane asêbut | nanging iya wênang uga | lamun arta kinarya ambusanani | nagara lawan bala ||

17. miwah kinarya wèwèh wong miskin | iku dadi pancadan kamulyan | nora siya ing badane | watêking donya iku | lan wong wadon pinêtri-pêtri | ngimêl marang kianat | nêkakakên mungsuh | bisa agawe rêkasa | dhêdhêmêne lumuh suka kudu olih | iku wong karêm donya ||

18. yèn amêndêm lan angetung bêcik | buwang nistha madya lan utama | mung etung-etung undhake | doyan kibir takabur | yèn bênêre ngayogya dhingin | masa nulia bêdhah | awrat sangganipun | sugih bôndha sugih putra | myang santana saksat Prabu Kurupati | Ngastina gêgêmpuran ||

19. nadyan kalih nora minggrang-minggring | babar pisan utawa mênênga | anggondhol jêjarahane | nanging wênang puniku | aja sêpi nalar kang bêcik | ywa buwang kaprayitnan | tibaning sor unggul | dèn waspada ing lêlewa | ana bênêr wêkasane dadi sisip | iku wong kurang yitna ||

20. lamun uwas-uwas nêniwasi | cincing têlês margigih tan gagah | wigih-wigih pindho gawe | tan urus pan kadurus | sampun watak angapirani |

--- 13 ---

yèn wania têmênan | aja mundar-mundur | aywa cidra ing ubaya | lah mênênga lamun niyat nora wani | aja kakehan engga ||

21. caritane ing jaman kariyin | Bratayuda Pandhawa Kurawa | apêrang padha banyune | dene karoban mungsuh | wong Pandhawa wadyane kêdhik | dene bala Kurawa | gumulung kadyalun | banjir bandhang ing lautan | ladhu wukir jitus Kurawa ngêrobi | misih gung ing Ngastina ||

22. parandene Kurawa katitih | iya saking nalare katimpah | bôndha-bandhu karatone | donyane tanpa petung | wong Pandhawa miskin tur langip | balane mung sapala | parandene unggul | saking kumandêling dewa | wong narima asabar tur nora jail | sartane bêtah tapa ||

23. mung jinaluk ing Hyang Maha Luwih | lawas-lawas nuli katarima | Kurawa gêgêmpurane | mangkono wong linuhung | têtuladan ingkang utami | dèn anggêpa lir jimat | tuntungna ing jantung | sanadyan iku wong Buda | nora nistha iya kaya wong saiki | kranjingan jêjalanat ||

24. kathah ingkang kasurupan bêlis | langar bae ujare wong salat | iku nora na gawene | wong maca Kuran iku | mamah klaras upamanèki | anêmbah ing brahala | kang mangkono iku | yèn dhèwèke

--- 14 ---

maksih lumrah | doyan sêga miwah ngising mêtu tai | wong pantês pinênthungan ||

25. nora eling yèn mêtu sing pêrji | dêdalan sukêr luwih tan pakra | kaya malekat ujare | wong kumprung kadalurung | ngaku dhukun kalêngki-lêngki | supaya ginuronan | pamrihe wong iku | mung têlêsing gondhangira | kalimising lambe wêtênge malênthi | wong kompra ngayawara ||

26. eling-eling wong olah nagari | aja watak ewan jêjailan | kabèh pinriha bêcike | sampun awowor sambu | ing wêweka dipun patitis | lan aja gagêmbyakan | sumbar sêngung-sêngung | yèn karêm kèrêming suka | sapantêse aja lali ing wêwadi | lan aja bêkakrakan ||

27. ingkang rada jinêm yèn alinggih | aywa byung-êbyungan lir sakarat | iku tan bêcik watêke | suka duka datan wun | wong mangkono iku pan dadi | tongtonan ing akathah | tur pangrasanipun | nang wèk gus wèk cik wèk thir wak | kang mangkono kaya budine wong baring | tan eling subasita ||

3. Gambuh

1. nadyan ta wus anggambuh | ing wêweka masa ta kaliru | pangrasane kaya Sinuhun ing Giri | ngrangkêpa karaton sèwu | nora tumpangso adhompo ||

2. ngèlmune maksih mancur | tur ta datan [data...]

--- 15 ---

[...n] suda srengatipun | mokal lamun kalonglongana ing adil | yèn misih kaya si Kathung | sayêkti durung makethor ||

3. kèthèr pating baliyur | mung lambene bae anggadêbus | dèn takoni wijange sawiji-wiji | sumaure iku êmbuh | dudu anggêp kang sayêktos ||

4. kathokan bae tèngsun | iku dudu ngèlmu kang satuhu | ngèlmuningsun gumathok padha pêrmati | kari-kari salang surup | wêkasane amaleyot ||

5. ngèlmune durung gathuk | kurang patitis sêlak kasusu | têkabure aronggah gumêndhung êdir | tatakrama durung pêcus | pangrasane wus kagolong ||

6. sarak binuwang sêbrung | batal karam dèn sahakên iku | mung awake dhewe jênêng maha sukci | nanging pikire baludhus | iku wong pantês tinabok ||

7. tan etung kudu bêrung | maksih dahwèn irèn tanpa kusur | lamun ana mèlik maksih kuwal-kuwil | wêkasane nora ngukup | ginèndèng marang jurang jro ||

8. kalimput ing piangkuh | kaya Kangjêng Sultan Kendhang iku | yèn ajaa kuwal-kuwil amêdèni | gajêg sida dadi guru | kaya sinorog ing kanthong ||

9. wurunge aprang pupuh | dêstun têmên kudu salang surup | eman lamun pinaringna marang abdi | dèn wèwèhakên ing mungsuh | mungsuhe [mungsuh...]

--- 16 ---

[...e] kudu bêrakot ||

10. prandene maksih kuwur | kukuh marang donyane gumandhul | wong kang karêm donya mangkono tan bêcik | kaya wong pinuju bingung | têka pijêr dhêlog-dhêlog ||

11. lawan gone kalumpuk | pirang windu kongsi ngundhung-undhung | sauwise dadi siji kang duwèni | wêkasan kadadyanipun | binêskup marang ing mungsoh ||

12. mung kari lêngak-lênguk | nora bisa mikir ting palinguk | mung gunane padha entar mêmaoni | anglakoni boya injuh | tinanggorêna tan jegos ||

13. kasusu kudu lêngus | saking dene agêndhung gumagus | Sultan Kendhang yèn tirua Mangkubumi | nênggih kang rama rumuhun | pilih tandhing pasthi abot ||

14. sêsanggane prang pupuh | duk alame swarga kang wus kasub | lamun aprang lawan budinira wêning | kalêthêke mung wong têlu | kang dadya kondhang palukon ||palugon.

15. prandene amalangkruk | sabab pikire sampun gumathuk | bêbudène santosa datan rêrênggi | wêruh wêkasaning dudu | miwah dadining kang ewoh ||

16. patitis yèn tumanduk | botên kadadak yèn duwe usul | geyongane mêtu saking dalil kadis | tabêri alênguk-lênguk | ngiling-ilingi parimbon ||

17. putus ambobot laku | bakal nistha utama sor unggul | sadurunge [sadurung...]

--- 17 ---

[...e] wus kawruhan sadayèki | kêkandhangan angêndhukur | ing mêngko oyot angrondhon ||

18. bênêre iku punjul | apêse datan bêdhah nêm taun | duk kang rama mêtune saking nagari | kongsi pirang-pirang taun | tur bature wong barondhol ||

19. puniki pantêsipun | masa nuli kalih anêm windu | nadyan mêtu sayêkti gendhong nagari | bisa dhungkar Gunung Lawu | sabandhoyote wus ngradon ||

20. Kumpêni pasthi bingung | nuli ngetung rugi untungipun | yèn nekata budine pating kulithih | akale mung ngicuk-icuk | bêbusuk kang duwe tabon ||

21. wong Jawa kurang guyub | nalare anggung pating panjêlut | ting kathikluk ting kathuwil ting pathithit | yèn dèn gunggung muncu-muncu | kaya wudun mèh mêcothot ||

22. datan idhêp dèn bujuk | nuli bingung tan wruh ing lor kidul | lali bôngsa padha Islam gêlêm jurit | dene wong kang mangkonèku | pantêse mung gawa bathok ||

23. nèng pinggiring lêlurung | mulane ya sêluman-sêlumun | kang mangkono apa pantês dadi gusti | mung pantêse dadi inthuk | nèng dalanggung sarwi singsot ||

24. tan wruh yèn kênèng apus | pangrasane ngathingkrang wus luhur | suwe-suwe dèn thèthèli wus balindhis | êntèk kanthonge ngalunthung | kabèh kurang

--- 18 ---

kang binadhog ||

25. mung pijêr mingak-minguk | nora mikir wong pating salênggruk | pikir amung amupus kaya Pak Cêplis | parandene sok kumruwuk | lir gubar bèri tinaboh ||

4. Kinanthi

1. tan kinanthi purwanipun | kentar labêtane sêbit | nir wikara purantara | malala lir hèr kasilir | jinujur nora makanjar | tanpa jêjêr tur jêjêrih ||

2. kongas rarasing rum-arum | kawingkis gandanya kèngis | kawêntar rêrasan wêdhar | ting salindhit nora rêmpit | kawilêting ulat panas | gugup lamun ora dadi ||

3. gêtêr kuwatir mêgatruh | tan ruruh ngaruh-aruhi | saput sunaring prabawa | kurang pasrah lawan takdir | kongas maduning puspita | tanjêrnihmanjêrnih. anggung ngrêrintih ||

4. kasandhung ingkang angundhung | binujung bajangan banjing | sasmita kurang santika | pandhitane wus kabêlik | kacêlik ajulalatan | tinula-tula katali ||

5. binandhung dumèh sok gêndhung | minantêre angawaki | jinarah atis sadaya | binakta marang nagari | wus kalikung cinalakang | amêrkungkung nora sêpi ||

6. iku murma ing kamundhung | ngandêlakên duwe aji | pôncasona Dasamuka | wuruke Prabu Subali | ujêr sok ngarani Allah | gandhul-gandhul anèng masjid ||

7. geyong-geyong kaya bumbung | ing karêpe nora sisip | akale wong ambêlasar |

--- 19 ---

nadyan para nabi wali | misih kikip misih samar | tur batine wus ngêngkoki ||

8. masa tirua sirèku | Ki Murma kang kaya wêri | omahe saijab-ijab | lali kalamun wong cilik | arêp ngingêrakên jagad | tanah Jawa dèn dhèwèki ||

9. aja na kang milu-milu | ingsun tênunge Kumpêni | kurang sathithik lir alam | panêngah Wiradigdèki | wêkasane anglêmpara | mung cariwis jaluk picis ||

10. amathènthèng rada gêmblung | gunane ngapus-apusi | ngêmplang sakèhing dagangan | wong ngêndi-êndi kèh prapti | adol sabarang tinumbas | dhuwite dèn sêmayani ||

11. besuk yèn ingsun lumêbu | mung kurang sapuluh ari | bolih utang dhari sultan | kangjêng ratu kang maringi | sanadyan mentaka pira | sarèbu lêksa ya bolih ||

12. ngong bayarakên sirèku | wus ngandêl pra samya mulih | dêdagangane tinilar | dadya wong ngurug-urugi | amuwuhi ing jarahan | bôngsa Bali ting calili ||

13. êndi-êndi mau-mau | kapriye akale iki | apa munggah ing bicara | iya marang ing nagari | sinêrêg utang-piutang | ana siji kang nyauri ||

14. ingsun ora milu-milu | wus tarima bae mami | lamun agawe prakara | aku wêdi yèn bilai | manawa katut Ki Murma | diya-diniya pra sami ||

--- 20 ---

15. ah mênênga sira cubluk | jêr dhuwitmu mung sathithik | daganganingsun iki ta | akèh tur duwèk Kumpêni | kang duwe sayêkti gusar | paran ta polah ngong iki ||

16. iku kang ahli têkabur | labête nora bêciki | bilaine kang gêgawa | sanak tôngga kanan kering | lali titahing Hyang Suksma | badane maksih jasmani ||

17. jêr dudu rokani iku | sok ngumbar hawa lan kibir | anggêgampang midak sanak | dadi wong lancang mucicil | tur masa iku miriba | kang wêwolu para wali ||

18. nadyan para wali wolu | maksih samar luwih kikip | durung gêlêm anggêgampang | mungguh sarengatirèki | sarak puniku dêdalan | nugraha wahyu sajati ||

19. yèn tinggala pan kabêntus | tan wurung ambilaèni | kasurang-surang sinarang | karana nora prak ati | bubrah alam buwang kôntha | mrana-mranaa kacêlik ||

20. nanging wong kang wus linuhung | parlu takabur lan kibir | ênjak-ênjak midak sarak | yèku anggêp kang prêmati | nora watak sasênggrangan | bilaine dèn antêpi ||

21. tan was-uwas anggèpipun | nanging wong jaman saiki | arang tur masa mèmpêra | angur ta angati-ati | anglakonana parentah | ing nabi kang wus sinêlir ||

22. paribasan kuntul biru | nirua tuladan bêcik | aja [a...]

--- 21 ---

[...ja] pijêr langak-langak | mênèk kasandhung karikil | gudhe pandhak datan ana | apa-apa yèn ing batin ||

23. singa ingkang munggèng ranu | mung ambêke bêbayani | nora kêna lêlewaa | kudu awas ing pangèksi | aywa kurang panarima | yèn mêgatruh aja lali ||

5. Mêgatruh

1. nadyan silih bênêra ing èlmunipun | yèn sarake dèn owahi | wong pantês dinulang watu | sapuluh sabithi-bithi | iku setan arêraton ||

2. tur masaa tiru Tuwan Sayit Odrus | wong kandêl antêpirèki | ngèlmune têrang wus putus | kèh-kèhe manungsa iki | mung bêbingkrakan kemawon ||

3. durung pêcus ngèlmune kasêlak lêngus | saingga wong arêp dadi | priyayi ngawulèng ratu | durung bisa ika-iki | durung tau srawungan wong ||

4. arêp dadi priyayi ngawulèng ratu | durung bisa barang kardi | sabarang karya durung wruh | lah kapriye ta yèn dadi | durung potang durung bobot ||

5. durung abot sêsanggane ing prang pupuh | durung potang ing nagari | durung nglêgakakên kalbu | kalbune sri narapati | anggung wahyune ginêpok ||

6. nadyan olih sayêktine maksih kuncup | enak ingkang matêng uwit | upamane durèn kakum | sanadyan ambune wangi | raose adhêm [adhê...]

--- 22 ---

[...m] kemawon ||

7. upama kang runtuh pribadi puniku | pinêsu marang Hyang Widhi | panrima busananipun | mantêp tumêmên ing Gusti | wahyu ngêmbulan bêntoyong ||

8. kang rahayu budine aja têkabur | aja dumèh yèn dèn sihi | aja dumèh yèn dèn ugung | aja dumèh dèn wêdèni | aja dumèh yèn dèn rojong ||

9. aja salah wèngwèng wong ngawulèng ratu | kang bisa ninpênnyimpên. wêwadi | mulata karsaning ratu | kang tabêri wira-wiri | aseba marang sang katong ||

10. kang waspada ing lêlewa ywa katungkul | aja dahwèn lawan jail | aja irèn lawan lêngus | marang kancanira ngabdi | dimène sakarêping wong ||

11. elingêna yèn kêna aja katungkul | yèn polahe nora bêcik | lamun tan kêna iya wus | ana awake pribadi | têka ênêngna kemawon ||

12. aja panastenan ing kancanirèku | karêpe sawiji-wiji | jêr datan kêna kinêlun | aja watak mêmaoni | aja ngêgungkên piangkoh ||

13. sabarang rèh aja kasusu gumêndhung | aja kewat lamun angling | angur ngakua balilu | iku kang luwih utami | dèn miturut ing sapakon ||

14. lamun durung karuan aja sok umuk | bêcik mênênga kariyin | aywa sok angumbar sanggup | manawa nora sayêkti | aja watak anggêdobrol ||

--- 23 ---

15. aja sumantana lan aja baluwus | dèn isinan bêtah ngêlih | nanging ta ing siku-siku | pan inggih kalih prakawis | dhingin isinan padha wong ||

16. kapindhone wirang marang ing Hyang Agung | têgêse sawiji-wiji | kang wirang marang Hyang Agung | sabarang panggawe silip | aywa ngambah dèn waspaos ||

17. kaya ta wong melik kagunganing ratu | dandanan miwah pawèstri | iku kumprung tanpa kusur | lali binedhung ing bêlis | dene isinan padha wong ||

18. aja ambaluwus tabêri jêjaluk | yèn tan olih garundêli | yèku manungsa tan patut | lali titahing Hyang Widhi | durung wêruh ing wêwaton ||

19. yèn dèn utus mring sang ulun durung pêcus | patrape sawiji-wiji | parandene sok kumênthus | ganjarane kang dèn incih | tan anganggo alon-alon ||

20. yèn dinukan aywa sok nganggo marêngut | garundêlan anèng wuri | tan wruh yèn dhèwèke luput | polahe kurang prak ati | wontên malih winiraos ||

21. pratikêle wanita marang ing kakung | kang luhur miwah utami | kang ala miwah kang luput | anggêpe sawiji-wiji | kang bêcik ingkang linakon ||

22. aywa nganggo sabarang panggawe luput | dèn wêdi bêkti ing laki | aywa dhoso ambêsêngut |

--- 24 ---

nora amrakakên ati | mung cumadhanga ing pakon ||

23. aywa miyak ing wêwadine wong kakung | aywa nikêlakên alis | puniku pan druhakagung | mungguh Hyang Kang Maha Luwih | lair batine maleyot ||

24. tan awênang wong wadon iku gêguru | mring liyane lakinèki | lan aywa tabêri padu | druhaka marang Hyang Widhi | lair batine wus condhong ||

25. yèn dèn anggo puniku wadon satuhu | dèn sihi marang Hyang Widhi | tuwin sanak tangganipun | wêlase prapta ing batin | nadyan kakine tuwajoh ||

26. wêlas marang rabine têrusing kalbu | tan nganggo sinônggarunggi | yèn wong tumêmên ing kalbu | nugraha sayêkti prapti | nuli wahyune mancongol ||

27. aja nganggo guna pawèstri puniku | sarat jimat donga nênggih | mundhak ngêkèhakên luput | pan dosa ing awal akir | dèn awe marang gandarwo ||

28. mung sarate jimate dongane iku | kang mantêp wêdi ing laki | sabarang karêping kakung | aywa dadak mêmalangi | barang pakone linakon ||

29. cumadhonga ing karsa aywa sok lêngus | iku luwih tan prayogi | utawa wong wadon iku | rêrêsika sabên wêngi | dèn tabêri nata sinom ||

6. Sinom

1. aywa sok tabêri sonja | marang ing

--- 25 ---

tangganirèki | yèn wus busana mênênga | anèng wismanta pribadi | kunêng datan winarni | wangsul malih kang winuwus | anggêpe wong ngawula | anênggih marang sang aji | dèn waspada wawasên karsaning nata ||

2. têtuladan kang prayoga | anggonên aja na lali | tuwajuhêna wardaya | aywa maido sirèki | durakagêng pinanggih | kasiku marang Hyang Luhur | ngèlmune condhongêna | ing lair kalawan batin | lamun wangkal badhigal kurang prayoga ||

3. dhèmês sêmune tan ana | kabèh kang ningali sêngit | caritèku têtuladan | ing ala kalawan bêcik | puniku dèn patitis | aywa dhompo salang surup | yèn anggêping pêpatya | tirunên patihirèki | Maèspati Sri Arjuna Sasrabuja ||

4. Rêkyana Patih Suwônda | angrèhkên para narpati | budine luwih santosa | putus wêweka undhagi | sarèh tur langkung sêkti | momot amêngku wadyagung | kabèh kinari ing tyas | tan rêngat nora gumingsir | tinêmpuhna ing mungsuh samyambêk pêjah ||

5. pan undha-usuk kewala | kadibyanirèng prajurit | lawan Sang Arjunasasra | milane sangêt dèn sihi | anggung kinarya wakil | yèn siniwèng ing wadyagung | miwah ing warnanira | sarupa kalawan Gusti | tuwin kaladuk prang lan Prabu Rahwana ||

6. angadoni jayèng [ja...]

--- 26 ---

[...yèng] yuda | narpatine lagya guling | munggèng sawangan samodra | sarta ingkang para rabi | sawadyanira kêrig | Suwônda têtunggulipun | nulya na mungsuh prapta | nênggih prabuning rasêksi | angadhaton nagari gêng ing Ngalêngka ||

7. Sang Aprabu Dasamuka | tuhu punjul ing sabumi | saêrat wus anèng asta | kêkês kang para narpati | nadyan jawatèng langit | endrane wus tinalikung | sira Patih Suwônda | parandene tan gumingsir | mapagakên ing ripu kang lagya prapta ||

8. pinêthukkên nèng dêdalan | pamrihe rêkyana patih | têbiha lan Gustinira | aywa angêgèt-êgèti | dènira lagya guling | kalangên nèng narmadagung | bêbungah para garwa | lan kabèh sawadyanèki | aywa kongsi rêkasa muwuhi karya ||

9. mangkana Patih Suwônda | wus budhal sawadyanèki | kang tinuduh rumêksaa | mring gustinira sang aji | sagung pra raja siwi | lawan ratu pinisêpuh | kathahe winatara | kinarya sêsulihnèki | salungane Rêkyana Patih Suwônda ||

10. anyêkêla parentahan | lan atmajaning paraji | kang dadi sêsulihira | bapa kang umagut jurit | manawa anêmahi | kapupu jroning prang pupuh | puniku ambanjura | gumantya amadêg aji | parentahe risang Apatih Suwônda ||

11. ya ta enggale winarna | wus campuh [ca...]

--- 27 ---

[...mpuh] dènira jurit | arame long-alinongan | Patih Suwônda ngawaki | Prabu Dasaswa prapti | jujug madyaning prang pupuh | wruh lamun wadyanira | samya katitih ing jurit | pangamuke Sang Adipati Suwônda ||

12. bangun malih dènira prang | sarawuhe Danawaji | nuli ngawaki ngayuda | krodha tumpêsing wadyèki | duka yayah sinipi | angganira kadya gunung | kabèh datan tumama | gêgaman madyapadèki | kêkês mulat sagunging para narendra ||

13. giris lumayu sar-saran | prajurit ing Maèspati | amung sang mantri wasesa | punggawa pangirit baris | malang ratanya gumrit | Suwônda têtunggulipun | lir kuwung mawangkawa | silaking maya nawêngi | kadya lintang katrangan surya tumeja ||

14. ginêgêt-gêgêt kang waja | kumêdut padoning lathi | gênjot sananing rata bra | kumukus suryanirandik | mawi ngawinga wêngis | ing pranaja latu-latu | kadya sètu bêdhah grah | mung kari lajêrirèki | pramukanya punggawagung Maèspatya ||

15. sigra akarya pustaka | tan adangu nulya dadi | kinanthilakên sanjata | sadaya kang para aji | tinibanan jêmparing | para nata kang lumayu | miris mulat Rahwana | samya katututan dening | pustakane Sang Adipati Suwônda ||

16. binuka sinukmèng driya | hèh

--- 28 ---

sagung para narpati | kang padha lumayu ing prang | têka nora idhêp isin | giris mungsuhe sakti | lali yèn tinitah ratu | tan wruh ing wêwatêsan | mungguh ta ing pati urip | pan gumantung anèng Hyang Suksma Kawêkas ||

17. dewa-dewa Suralaya | sayêkti padha ngurmati | yèn wong mati ing pêprangan | luwih malih yèn narpati | mulane dèn mangêrti | sagung ingkang para ratu | kinacekan sêsama | sama-samaning dumadi | pan kinarya luhur ingkang para raja ||

18. pagene padha ngucira | lumayu madyaning jurit | giris mungsuh Dasamuka | dumèh ratuning rasêksi | tan jujur mung jêjêrih | pangrasane mungsuh iku | jawata kang wisesa | mulane samya anggêndring | lali kabèh lamun tinitah narendra ||

19. lan mungsuhe dudu dewa | dudu Sang Hyang Udipati | mungsuh buta brakasakan | kawuse kapati-pati | angèl wong dadya aji | angur dadia pêpikul | agampang linakonan | lamun tinitah narpati | sayêktine sugih wirang kêndêl pêrang ||

20. pan ratunira sang nata | wong agung ing Maèspati | pamêngkune marang bala | kabèh kinulit dinaging | nora sinônggarunggi | dèn êmong sakayunipun | datan sinungan rêngat | apa wêwalêsirèki | lamun ora gêtih kalawan antaka ||

21. yèn ta nora mangkonoa |

--- 29 ---

eman-eman kang nagari | dèn adêgi ratu kompra | budine kurang pêrmati | apa ratuning kucing | yèn kapêngkok ambaludhus | yèn ratu têmênanan | pagenea wêdi jurit | yèn wis timbang nalare ingkang prayoga ||

22. nistha madya lan utama | sang prabu ing Maèspati | ambuwang nistha lan madya | mung utama dèn ênggoni | sirèku pra narpati | buwang madya kudu-kudu | angarêpakên nistha | tangèh praptaning utami | dadya rong prakara iku dosanira ||

23. dhingin dosa ing narendra | tan anut parikramèki | padha tinggal ing wêwatak | iya mring ratunirèki | tangèh padha sirèki | rumêksaa risang ulun | rumêksa badanira | pribadi pating bêlasik | nora wurung jroning pati nêmu papa ||

24. kapindhone dosanira | mring Sang Hyang Prawatapati | de padha tinitah raja | têka lumayu ing jurit | prandene kudu bêcik | ngilangkên kramaning ratu | tuhu datanpa sastra | patine amor mêmêdi | lah ta apa pinilih kang para raja ||

25. Sang Prabu Arjunasasra | mung sabar kalawan asih | sagung wadya tantranira | rinêksa ing lair batin | iki ta lagi-lagi | sapisan katêkan mungsuh | mangkono toging karya | tan patut dadya narpati | angawula Prabu Arjunawijaya ||

26. ratu sugih paramarta |

--- 30 ---

anggung angenaki kapti | angur padha ngawulaa | marang ratuning rasêksi | tan angèl dèn lakoni | iya aja tanggung-tanggung | gampang laku dursila | jamak-jamaking narpati | amiliha budi rahayu utama ||

27. pan tapa sirahing tapa | tarlèn samadyaning jurit | tapa-tapaning prawira | kasor tapaning pra rêksi | tapa ing Gunung Wêsi | tapaking warastrèng pupuh | sinêmbah nèng payudan | aywa kasêlan rêrênggi | panggihêna nêdyayu agamanira ||

28. pagut ngasmara dilaga | ciptanên mangsah sêmadi | mapan satêngahing aprang | wêwadhah dupanirèki | panduking warastradi | tangguhên urubing kukus | myang ratus-ratus gônda | gong panêngraning ajurit | pan anggêpên iku gêntha kêlèngira ||

29. amujaa jayèng yuda | mungsuh rêruwêding jurit | momot sakèhing bêbeka | ngrêncana sajroning pati | yèn uga wus kalingling | lêstari nora kaliru | yêkti nêmu kamulyan | yèn tan pralaya ing jurit | malah-malah sayagung ganjaranira ||

30. ganjarane wong ngayuda | pan akèh amêmatèni | anumpês ing satru salah | kadya sasôngka upami | lan Bathara Suryèki | tan kalingan dening mêndhung | luhur panggènanira | yèku utamaning jurit | yèn têkaning pati mulih ing kamuksan ||

--- 31 ---

7. Pangkur

1. aywa mungkur ing utama | sagung ingkang tinitah pra narpati | wus mangkana para ratu | myarsa pituturira | risang Adipati Suwônda linuhung | kalangkung prayoganira | anggarjita kang paraji ||

2. rinasa-rasa ing driya | tuhu datan nalimpang tur patitis | sigra gumulung kadyalun | prapta ing ngarsanira | Kyana Patih Suwônda sawadyanipun | miwah mantri myang punggawa | wangsul anusul ing gusti ||

3. samya tan etung pralaya | ambêk pati nora tolih ing dhiri | wus kathah kang samya lampus | sagunging para raja | têtumpêsan samantri punggawanipun | anênggih Sang Senapatya | Suwônda ngawaki jurit ||

4. sinrêping limpung myang kunta | sira Patih Suwônda datan gingsir | muntap tiwikramanipun | mêkar bahunya dhomas | yaksa Prabu Angganira Mahamèru | samya angrênggêp gêgaman | astanira kadya luwing ||

5. Suwônda malang ratanya | kaprabawan dening pratôngga pati | lir wulan katrangan mêndhung | gumêbyar ponang rata | Kyana Patih Suwônda tuhu binagus | noragung luhur sêmbada | malah paragung dêdêling ||

6. tan kengguh rinoban lawan | mungsuhira lir Kala badhog bumi | nguntal jagade ginilut | parandene tan kewran | sira Patih Suwônda tuhu dibyanung | amênthang Cakra Baskara | lumêpas sigra

--- 32 ---

ngênèni ||

7. kasor prabawa Rahwana | tibèng siti gumuling angêmasi | urip malih dadi wungu | nanging pi-api pêjah | Kyana Patih Suwônda pangrasanipun | Sang Aprabu Dasamuka | tinarka banjur ngêmasi ||

8. têdhak saking ratanira | arsa nigas ing jôngga sang dityaji | kyana patih gya ginêlut | rinangkul winalakang | kaot agung luhur Sang Rahwana Prabu | kontit Suwônda wus kêna | tinigas murdanya mati ||

9. dening curiga priyôngga | gêmbung pisah mêsat mustakanèki | sirah gêmbunge angamuk | mêmati mring punggawa | sru puyêngan paprangan kalangkung kuwur | dèn amuk kunarpanira | Suwônda risang apatih ||

10. têtêp prajurit utama | yêkti tuhu datan ana kadyèki | ing tri bawana wus kasub | masa silih miriba | pan puniku tuladan pêpatih punjul | angèl lamun tinirua | pêpatih ing Maèspati ||

11. nanging ta padha ngèmpêra | pratikêle Suwônda Maèspati | sukur yèn bisa atiru | ngêplêki babar pisan | iya iku utama patih linuhung | mungguh ta ing tanah Jawa | lir pêpatih Ngayogyèki ||

12. Danurêja kang kapisan | pan wus kêna sinêbut patih luwih | madya kèh utamanipun | tan arêp ngambah nistha | yèn micara patitis pan ora gangsul | sabar tur lila ing donya | momot [momo...]

--- 33 ---

[...t] mêngku mring wadya lit ||

13. sadaya tan sinung rêngat | ing wêweka putus samun undhagi | ganthêng kakêncênganipun | pantês yèn wus prayoga | nora mikut ing wuwus sanadyan lampus | wani bicara lan jendral | lamun bênêr tan gumingsir ||

14. lah tirua Danurêja | yèn ing tanah Jawi kawilang bêcik | wus kêna ingaran punjul | Dipati Danurêja | yèn ing Surakarta kang rada linuhung | nênggih Dipati Sindurja | madya ingkang dèn karêmi ||

15. sumingkir marang ing nistha | si utama mamrih dèn karakêti | kalangkung prakaranipun | bicara lan Walônda | saking dènnya diya-diniya ing rêmbug | wusananing kang bicara | rinucat bawatirèki ||

16. sanadyan praptèng pralaya | lamun maksih ngiringkên bawatnèki | tan saru tur malah patut | ugêr uwis kinarya | punggawagung patih mêmatah wadyagung | yèn kongsi nêmua nistha | ambêsêmakên nagari ||

17. pan wus adat kuna-kuna | yèn punggawa kasêlut ing prakawis | samya amilalu lampus | wirang yèn cinêngkalak | kaya iku Wiradigda lan Kêndhuru | bêtah saèn doyan wirang | gawe sarangingsangaring. nagari ||

18. duk alame Wiradigda | kongsi prapta saprene amênangi | lamun bupati angringkrukangringkuk. | lir inthuk cinêngkalak | lagya Wiradigda Kêndhuruan iku | tan pantês yèn tinirua | nênulada kang utami ||

--- 34 ---

19. Adipati Pringgalaya | nadyana sak pikire ambêkiwit | yèn nistha bangêt milaur | mati nguntal warangan | duk pêparon nagara agawe kuwur | gawe posinging kapala | Kumpêni kalangkung sêdhih ||

20. miwah Sultan Kabanaran | lamun isih ipe Pringgalayèki | amêmatah anak prabu | iya masa sidaa | pêparonan nagara ingsun pilaur | omah saluhuring jaran | lalu saba ing wanadri ||

21. ya ta Radèn Pringgalaya | mirêng warta lamun dèn sêsêngiri | mring Kumpêni lan puniku | Sinuhun Kabanaran | nulya eling ciptane ingkang linuhung | lamun titahing Hyang Suksma | besuk mati mêngko mati ||

22. andadak pikir dadakan | wus pralaya Pringgalaya Dipati | yèku budi kang linuhung | têgas nora was-uwas | eling lamun dadya pêpatihing ratu | lamun kongsia sru nistha | ilang manising nagari ||

8. Dhandhanggula

1. iku ondhe-ondhening pêpatih | dene ta mungguh para punggawa | ingkang bêcik caritane | ing nguni pan wus luhung | Surabaya Ki Adipati | Jangrana lawan Cakra- | ningrat Madurèku | yèku tirunên prayoga | ngawulane miwah kêndêling ajurit | wêweka tur santosa ||

2. bisa ngadêgakên narapati | duk lolose Pangran Kapugêran | wong roro iku kondhange | putus ambobot [ambo...]

--- 35 ---

[...bot] laku | yèn wus êning tan minggrang-minggring | kadya alam pêpetar | Tumênggung Sidayu | Jayaningrat Pakalongan | pan kabesan nênggih marang Adipati | Radèn Natakusuma ||

3. yèn gugua katêlu bupati | masa sidaa pêrang Pacina | tan ambubrah nagarane | mung mingkirmikir. ala nganggur | kang dèn anggo marang nagari | wong wus têka kapenak | kudu-kudu kuwur | jumrunuh Tirtawiguna | nyênyetani wêwadul marang sang aji | akarya bumi rêngka ||

4. padha dene karyane sang aji | têka nora binobot tinimbang | nora mantêp wêwatêke | mung kaya bocah kuncung | binabedhung marang ing abdi | têka nurut kewala | mangalor mangidul | datan nganggo sinaringan | sabarang mèl abdine dèn anggêp sami | wêkasane barusah ||

5. nganggo tombok pêpatihirèki | kentar saking ing nagara Jawa | nagara tulus bubrahe | lajêng darus kaduwung | katawêngan dening Kumpêni | kalantur ing pratingkah | dhompo salah surup | kalunta kadawan-dawan | yèn aja na têtumbal ingkang pêrmati | Susunan Kabanaran ||

6. dene katri punggawa anênggih | ingkang samya ngaturi prakara | luwih bêcik ing dadine | dene gêmpal puniku | datan kongsi pating saluwir | rêmbuge tan dhinahar | mring pêpatihipun | sadaya nulyambêk [nulya...]

--- 36 ---

[...mbêk] pêjah | nguntal upas sadaya prasamya mati | tan kongsi milu aprang ||

7. yèku ambêking bupati nguni | padha kandêl-kumandêl ing Suksma | lumrah tan etung patine | arang ingkang baluwus | bêtah wirang tan idhêp isin | akèh sugih wêwirang | yèn sipat tumênggung | tuladên iku prayoga | nora ngucêmakên marang ing nagari | malih ingkang winarna ||

8. punggawa kang wus kawilang bêcik | Rôngga Wirasêtika ing Jipang | wong Sukawati wijile | iku budine punjul | kadya Suradiningrat nênggih | lawan Suryanagara | Suwandi puniku | samya ambêk ing prawira | miwah Radèn Supama prajurit luwih | ladak tan êncak-êncak ||

9. lamun aprang tan kaèni-ènikaèsi-èsi. | sabukane cathok sap sapisan | rasukan pranakan bae | yèn tinêmpuh ing mungsuh | dèn rowangi sarwi malangkrik | apanggah nora kedah | tur sinambi udut | apuse nèng asta kiwa | ingkang têngên anyêpêng rokokirèki | arang nyandhak gêgaman ||

10. mungsuhira amung dèn tudingi | rêrokoke sarwi mèsêm ngucap | sirèku nêmpuh marene | payo mungsuh lan ingsun | dharakalan mungsuhe giris | mudhun jog sing turangga | srah bongkokanipun | nadyan mungsuhe kathaha | mung pinapag kapitu kalawan abdi |

--- 37 ---

datan wurung kabandhang ||

11. iya Sang Aprabu Parikêsit | iku Radèn Supamajaningrat | Pakalongan nagarane | praptèng sabrang wus kasub | lamun Rajèng Malawapati | prawira ing ngayuda | prajurit dibyanung | wantêr asugih prabawa | pan sêmbada cucute kapati-pati | sêmbrana tur wiraga ||

12. yèn tinangkil ing wadyanirèki | pira-pira datan kaliwatan | jinabut ginarap kabèh | akèh samya kapoyuh | yèn wong mêngi kumat kang mêngi | kongsi dadi bayangan | wite mung gumuyu | nora na bisa mingkêma | wus têtela Pangran Natakusumèki | wong ladak kuwarisan ||

13. dene punggawa Surakartèki | ingkang wus prawira ing ngayuda | tur datan nistha budine | nênggih Kyai Tumênggung | Puspanagara ika ing nguni | puniku wijilira | mula-mulanipun | wor sudagaran kewala | ing Garêsik namane Juragan Bali | alame Japuspita ||

14. lolos saking ing Kartasurèki | Juragan Bali katut mèlu prang | Jayapuspita akale | lami-lami angrungu | Ki Juragan Bali ambalik | milu wong Kartasura | yudanira ampuh | katur marang sri narendra | lamun wontên sudagar kêndêl ing jurit | purun mêngsah karaman ||

15. aja kaya Mangunonêng Pathi | datan eling yèn wijiling kômpra | nganggo sakarêpe

--- 38 ---

dhewe | ambawur tanpa kusur | lêlabêtan sinêbit-sêbit | anggung rèh ngayawara | lali ing lor kidul | kapupu kawênang-wênang | puspita bra kongas prabawa winarni | ngentar ukarèng praja ||

16. nênggih Kangjêng Sultan Mangkubumi | kala baris anèng Kabanaran | duk Mangunonêng praptane | Dêlèr ingkang angutus | ngicuk-icuk Sultan Giyanti | tan arsa manggihana | sultan maring iku | Mangunonêng ing Santênan | andikane iya Sultan Mangkubumi | hèh kakang Martapura ||

17. wasiyate kakang mas suwargi | ingkang sirnane anèng Lawiyan | duk mingsih panjênêngane | dhawuhe marang ingsun | hèh adhimas Amangkubumi | muga ta kalakona | ing saciptaningsun | Mangunonêng si dubilah | arêp wruha atine ingsun jêjuwing | wong nora kira-kira ||

18. anggêpe lir Malekat Ngijrail | kaya dudu turuning wong Jawa | iku kakang andikane | sinuhun marang ingsun | Panêmbahan Pugêr miyarsi | alon ing aturira | sumôngga pukulun | lêrês ingkang pangandika | raka dalêm jêng sultan ngandika malih | wakane Martapura ||

19. ingsun ingkang nutugakên iki | ing karsane kakang prabu swarga | dalune sigra pinatèn | pinundhut atinipun | Mangunonêng sampun ngêmasi | yèku wong tanpa kira | polahe

--- 39 ---

brêgundung | aywa tiru kang mangkana | atirua Bupati Surakartèki | Tumênggung Arungbinang ||

20. Arungbinang kang arabi pêri | iya sang dyah ing Bulukasapta | kêndêl prang entar budine | wêwekane wus putus | apandhekar luwih undhagi | yèn prang milu Walônda | Walandane nurut | apa sarèhe Rungbinang | pan kalakon tan nganggo sinônggarunggi | Rungbinang luwih akal ||

21. lêpas manawa pasang piranti | wêgig lamun pasang kamandaka | tan kawêdhar lêlèjême | wani balilu ratu | tan awigih nyidrani janji | yèn masang kêkirihan | lir kaji nêm likur | yèn amasang ujar gawat | wus prasasat Malaekat Jabarail | arang kadya Rungbinang ||

22. kaya ta Kudanawarsa nênggih | bupati ing Kamangkunagaran | iku pantês dadi tôndhe | mantêp têmên prang pupuh | tur rahayu budinirèki | tuhu lamun prawira | Kudanawarsèku | Pangeran Mangkunagara | kondhangnya mung Kudanawarsa sawiji | kang milu lara lapa ||

23. yèn tinitah santana sang aji | kudu karêp anganggo utama | têbiha marang nisthane | puniku luwih bagus | sampun êdir nir dirèng dhiri | gêgawa ing nagara | mundhak angrêriwut | nênulada kang utama | kang abêtah ing lapa lawan sêsirih | ywa kurang panarima ||

24. kang anaa aja sok ajail |

--- 40 ---

kang rahayu kang kaduk pasaja | wong asor luhur wêkase | yèn nganggo kang puniku | yêkti datan kêna ing drêngki | malah nêmu kamulyan | lawas-lawas jêbul | lamun ora uwas-uwas | apan Allah asipat Rahman lan Rakim | yèn têmên tinêmênan ||

25. dhasar tapa tur trah danawarih | yêkti adoh panggawe pitênah | nadyan ana upamine | tan kongsi praptèng ngriku | ingkang ngarah pasthi kabalik | yèn ora mati edan | sida mati bingung | yèku arane kuwalat | pan santana beda kalawan wong cilik | kacèk sugih prabawa ||

26. yèn wong cilik tapaa sawarsi | durung pati anduwèni walat | misih kurang prabawane | yèn santana puniku | manthêng amung tapa sêsasi | lamun tinandhing padha | sawulan sataun | yêkti gung prabawanira | jêr santana turasing andanawarih | wijiling mara tapa ||

27. aja cacak janma manungsèki | lamun mantêp pamusthining driya | yèn ora tinurut dene | mring Hyang Kang Murbèng Tuwuh | nadyan luwing kalawan cacing | miwah kang sato wana | sabarang kang makluk | kabèh kang duwe ambêkan | sayêktine nêmbadani ing Hyang Widhi | yèn sarta lawan tapa ||

28. tapa iku pan luhur pribadi | mungguh lakune ing alam donya | tan ana undhe-undhene | têgêse tapa [ta...]

--- 41 ---

[...pa] iku | barang karêp cinêgah sami | puniku dèn waspada | aywa salang surup | dumèh sok lamun cêgaha | yèn karêpe marang panggawe kang bêcik | utama linantura ||

29. êndi têgêse panggawe bêcik | kaya ta karêp ngibadah salat | maca Kuran sadayane | ngèlingi sastra ayu | myang parimbon utawa malih | carita kuna-kuna | kang pantês tiniru | puniku luwih prayoga | dèn amantêp sarta narima tabêri | uwas-uwas sirnakna ||

30. nadyan ulêr kang sipat wawêri | parandene tapa mung sawulan | bangêt pinêsu ciptane | kapengin bisa mabur | iya nuli tinurut dening | mring Hyang Kang Murbèng Alam | ulêr dadi ênthung | tan lawas nuli mawa lar | dadi kupu bisa ngambah ing wiyati | iku labêting tapa ||

31. jroning tapa uga dèn kalingling | ing bêbeka rêncana ilangna | rêrêgêt buwangên kabèh | sumêngah lan têkabur | aja sumakèyan sirèki | lamun bêtaha tapa | lan aja gumunggung | mundhak tapanira batal | tiwas salit gondhang ing wêtêng ngalêmpir | eman yèn mangkonoa ||

32. kaya Kangjêng Sultan Agung nguni | tan kêna dèn idak kang layangan | kang ngidak nulya nglêgèyèh | iku tapane gêntur | lamun salat Jumungah nênggih | dhatêng ing Kabatolah | sakêdapan rawuh | abot tirua mangkana |

--- 42 ---

ingkang rada ènthèng lakune sathithik | Sinuhun Kapugêran ||

33. lawan malih Sultan Mangkubumi | pês-apêse kayata Pangeran | Mangkunagara tapane | nadyan kaworan cucut | tur mathakil rada bêkiwit | nanging datan nyênyambat | ing bêbudènipun | wani katêmpuh prakara | aja kaya Rahadèn Wiratmêjèki | ethok-ethok ngaraman ||

34. nora wani pandhuk lawan kucing | dharakalan lumayu anginthar | pangrasane mungsuh gêdhe | mundhak gawe pakewuh | wong desa kèh padha prihatin | tan pijêr asêsawah | anggung kinèn suguh | suguh ngalor suguh ngetan | pan wong desa cahyane padha jênggigis | bêsêm kabotan karya ||

35. ingkang bodho nekat ngadhang margi | sami enggal matèni dêdalan | tan ngetung rusak burine | byung-ubyung tawon kambu | pamrihe mung luput ing kardi | lawan luputing sêgah | iku Dèn Mas Guntur | inggih Radèn Wiratmêja | ing sedane bature ingkang matèni | dene nora kuwalat ||

36. jêr wong sisip tan angetung bêcik | dosa marang ing wong tuwanira | kapindho mara tuwane | ping têlu marang ratu | kaping pate dosèng nagari | ping lima mring wong desa | alas gunung-gunung | êndi margane bêcika | yèn ajaa santanane sri bupati | tan wurung dèn pêpongkrang ||

--- 43 ---

37. pindho Radèn Mangkukusumèki | sok andhugal budine tan kaprah | anèh kalawan wong akèh | tur wêwangune patut | parandene nuli bilai | mêtu saking nagara | anêmahi lampus | kang numbak nora kuwalat | malah luhur mathengkrong dadi bupati | Tumênggung Wiraguna ||

38. ya puniku wuruk kang sajati | susah nganggo winuruk wong tuwa | wus akathah tuladane | puniku wuruking Hu | têgêsing Hu Hyang Maha Luwih | paningal lawan karna | panuksmaning iku | pangucap kalawan lesan | inggih kalbu mukminin baetolahi | sayêkti tan prabeda ||

39. iya amung laire puniki | saksat kudu winuruk wong tuwa | aywa kurang sarengate | dosagêng nora wurung | mulane wong kang sinung urip | anèng ing alam donya | nênirua iku | tingkah solah kang prayoga | rumasaa yèn badan maksih jasmani | dudu sipat malekat ||

40. malêm Jumungah purnanirèki | ping nêmbêlas ing Jumadilawal | sapuluh môngsa taun Be | ing sèwu pitung atus | kawan dasa lan pitung siki | saking rèh ngayawara | budi kang kalantur | kadalurung tan wêweka | wêkasane anacat sagung dumadi | tan wun druhakèng Suksma ||

41. pandoning tyas punggung tanpa uwit | la-êlaning solah tan ukara | manawung sastra datan rèh | mêhêng sruning mangathung | mugyantuka [mu...]

--- 44 ---

[...gyantuka] sihirèng Widhi | pan risang dutotama | nuringrat dibyanung | myang catur kanang sakabat | wirotama para ripu rèh kawuri | tan nata piswaring rat ||

42. kang sudyapti mangaksi ring pingging | saking datan tumiru Sang Usman | tur luwih mudha batine | tan wèsthirèng tumuwuh | anglangkara mawêgig-wêgig | tan wun ngèsêman kathah | saking kumacèlu | tur cêla-cêlaning ana | mung aksama ywa matah ing ari ratri | ing rèh sampun kawangwang ||

Tamat.