Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kalatidha, Bratakesawa, 1950, #1068

Katalog:Kalatidha, Bratakesawa, 1950, #1068
Sambung:-

Andaran Kalatida Ranggawarsitan

[Grafik]

R. Ng. Ranggawarsita

dening: BROTOKESOWO

Cap I - 1950

Babaran: PUSTAKA NASIONAL

Surabaya.

--- [2] ---

...

--- 3 ---

PRAWACANA.

Kalayan bungahing ati, pangarange layang iki minangkani panjaluke Pustaka Nasional: njarwakake lan nêrangake layang Kalatidha Ranggawarsitan, padha-padha anggitan Ranggawarsitan kang populair dhewe iku.

Anggonku nêgêsi utawa njarwakake layang Kalatidha wis kaping 4 saiki iki.

Kiwa têngêne taun 1926 aku kapurih ndandani naskahe Kalatidha dalah pêrtalane ing basa Indonesia, kang diwêtokake dening Toko-buku Tan Koen Swie. Êmbuh nganggo wuwuhan wawasan êmbuh ora.

Kurang luwih taun 1931 aku njarwakake Kalatidha, tak lêbokake ana ing koran minggon "Caraka" kang tak wêtokake dhewe. Apa nganggo wawasan apa ora, aku uga ora kelingan.

Kira-kira taun 1938 aku njarwakake Kalatidha manèh, tak panjurungake ana ing koran "Dharma Kandha", bok mênawa nganggo wawasan sawatara, kang banjur dadi polemiek karo sawijining priyayi kang saiki wis seda.

Upama nalika samana aku wis maca layang Cênthini kang durung tau diêcap, lan priyayi mau uga wis maos, tak kira pangrêmbuge bisa luwih maton, amarga layang Cênthini mau kang dadi bahane Ki Pujangga anggone mujudake layang Kalatidha.

Emane aku wis ora nyimpêni tulisan-tulisanku kang kasêbut ing dhuwur iku mau, dadi ora bisa kanggo cocogan panggarapku layang iki. Nanging kêna kapastèkake yèn anggonku nêgêsi têmbung, anggonku nyurasa, lan anggonku nêrangake, kang uwis-uwis iku isih akèh klirune. Dene layang "Andaran Kalatida Ranggawarsitan" iki sathithike mênang komplit bahan-bahane tinimbang kang biyèn-biyèn mau. Sukur yèn bisa gawe marêming panggalihe para maos kang kaparêng nguningani.

B.K.

Ngayogyakarta, 1 Pèbruari 1950.

--- [4] ---

...

--- 5 ---

I. JANGKA TANAH JAWA.

Ing layang "Cênthini" ngêmot jangkane kraton Mataram, lan jangkane tanah Jawa kang uga karan Jangka Jayabaya. Dene layang Cênthini iku miturut "Javaansche Samenspraken" jilid I bab 73 anggitan dhèk jaman Mataram, banjur dianggit manèh dening Kyai Ranggasutrasna pujangga jaman Sinuhun Paku Buwana V.

Cênthini iku encyclopaedie, nanging pandhapuke ora dicara woordenboek, ya iku adhapur dongèng sinawung têmbang, nyritakake wong-wong lêlana nalika jaman jumênêng-dalêm Sultan Agung Prabu Anyakra Kusuma ing Mataram.

Ing bageyan têngah, lêlakone Sèh Amongraga, wis diwêtokake dening Bataviaasch Genootschap van Kunsten en Wetenschappen dadi 8 jilid, turunan saka bibliotheek ing kutha Leiden (Nederland), nganggo titi-mangsa taun Dal 1775. Dene ing perangan wiwitan, lêlakone Mas Cabolang, isih tulisan tangan, durung tau diêcap, nganggo titi-mangsa taun Je 1772 (bênêre 1774). Iya ing perangan kang durung tau diêcap iku kang ngêmot jangkane kraton Mataram nalika jumênêng-dalêm Sultan Agung, lan jangkane tanah Jawa.

Jangkane kraton Mataram: (pupuh No. 248):

Ki Wanakarta calathu marang Mas Cabolang, miturut kandhane Ki Pujangkara abdi-dalêm juru-nujum ing Mataram, ing kraton Mataram mung kari 2 adêgan ratu, banjur ngalih mênyang sakulone Pajang. Ki Wanakarta mangsuli:

Sinom:

.../ mokal sangêt bilih botên lêstantuna. //

Rèh mangke dlajading praja / kawuryan rêspati wingit / sarèh ruruh ing ukara / krana mèt palupi sidik / tan tilar silastuti / sujana sarjana sarju / mêmudya mrih widada / têntrêming sagung dumadi / ascaryèng tyas karoban dening utama //

Sang Prabu wali kalipah / patih nayaka linuwih / pra pangagêng tyas raharja / panêkar mratah prayogi / punika kang

--- 6 ---

dumadi / paliyase rèh rahayu / mila sangkin andadra / raharjaning kang nagari / têmah suka sukur sanggyaning kawula //

Katata ngiring sampurna / para sang parama kawi / kawilêt ing tyas ascarya / kataman ing tyas majêrnih / dènnya ngupaya sandi / sumaruna anarawung / angimur manuara / mèt pamrih amrih pakolih / dadya suka ing karsa manadukara //

Kasok karoban ing warta / pabaratan ujar yêkti / binudi dadya pangrasa / puwara kathah nêmahi / ginilut anêtêpi / kotaman dadya pangayun / andhêdhêr kalêrêsan / siniraman toya aring / bilih tuwuh dadya kêmbanging nugraha //

Wicara ran Nitisastra / awawarah asung peling / inggih ing jaman Dupara / kuwat dènnya mangun jurit / talêtuh praja tintrim / têntrêm sakèhing tumuwuh / kadi paran sagêda / dursanadarsana. nagri Mêntawis / saking nalar lêstantun salaminira //

Mangkono têmbung kurang pracayane Ki Wanakarta tumrap nujumane juru-nujum Ki Pujangkara, banjur dijawab: yèn kodrating Pangeran iku sok mrojol saka nalar.

Jangka Jayabaya (pupuh No. 257):

Ki Sali awèh katrangan marang Mas Cabolang bab jangkane tanah Jawa karangane Prabu Jayabaya. Kapetung wiwit tanah Jawa didunungi manungsa saka nêgara Rum, lawase 3 jaman gêdhe, yaiku: jaman Kaliswara, Kaliyuga, Kaliasangara.Kalisangara.

Sabên sajaman gêdhe iku lawase 700 taun surya, kaperang dadi 7 jaman cilik kang lawase nyatus taun. Ing jaman cilik No. 6 sajroning jaman gêdhe Kaliyuga iku jênênge jaman Kalawisesa, iya iku nalika adêge kraton Pajajaran. Banjur ngancik jaman cilik No. 7 uga isih sajroning jaman gêdhe Kaliyoga, jênênge jaman Kalawisaya.

Sabakdane iku banjur ngancik jaman gêdhe Kalisangara, kaperang dadi 7 jaman cilik, jênênge: 1. Kalajangga, 2. Kalasêkti, 3. Kalajaya, 4. Kalabêndu, 5. Kalasuba, 6. Kalasumbaga, 7. Kalasura. Ing sajroning jaman Kalabêndu (No. 4) iku tanah Jawa rusuh, ora tata têntrêm, dicaritakake:

--- 7 ---

Pucung:

Dalajating Praja kawuryan wus suwung / lêbur pangrèh tata / karana tanpa palupi / pan wus tilar silastuti titi tata //

Pra sarjana sujana satêmah kèlu / klulun kalatidha / tidhêm tandhaning dumadi / ardayèng rat dening karoban rubeda //

Sitipati Naraprabu utamèstu / papatih nindita / pra nayaka tyas basuki / panêkare bêcik-bêcik cakrak-cakrak //

Nging tan dadya paliyasing Kalabêndu / mandar sangkin ndadra / rubeda angrurubêdi / beda-beda ardane wong sanêgara //

Katatangi tangising mardawa lagu / kwilêt tyas duhkita / kataman ring rèh wirangi / dening pangupaya sandi sumaruna //

Anarawung pangimur manuarèku / manthêng pangupaya / ing pamrih melik pakolih / têmah suka ing karsa tanpa weweka //

Ing paniti-sastra wawarah sung pemut / ing jaman musibat / wong ambêk dyatmika kontit / kang mangkono yèn nitèni lalampahan //

Nawung kridha kang mênangi jaman gêmblung / iya jaman edan / ewuh aya ing pambudi / yèn mèlua edan yêkti nora tahan //

Yèn tan mèlu anglakoni wus tartamtu / boya kadumanan / milik kal ing donya iki / satêmahe kalirên têmahanira //

Wus dilalah karsane kang among tuwuh / kang lali kabêgjan / ananging sayêktinèki / luwih bêgja kang eling lawan waspada //

Sawise jaman Kalabêndu kêpungkur, banjur ngancik jaman Kalasuba (No. 5), Kalasumbaga (No. 6), Kalasura (No. 7). Yaiku jaman jumênênge Sultan Hèrucakra, sapiturute. Dene wiwite jaman Kalabêndu iku, yèn ing tanah Jawa ana kraton kêmbar. Mangkono katrangane Ki Sali marang Mas Cabolang.

Yèn diwawas saka kawruh kasusastran, pujangga pêngarange layang Jangka Jayabaya, anggone njênêngi jaman gêdhe têtêlu: Kaliswara, Kaliyoga, Kalisangara, iku asale saka salah tampa. Miturut kapracayane bangsa Hindu, donya iki umure 4 jaman, yaiku: 1. Krêtayuga umur 1728 èwu taun, 2. Tetrayuga umur 1296 èwu taun, 3. Dwaparayuga umur 864 èwu taun, 4. Kaliyuga umur

--- 8 ---

432 èwu taun, gunggung 4320 èwu taun. Dene wiwite ngancik Kaliyuga iku nalika 1302 taun sadurunge taun Masèhi. Dadi jaman kang kita idaki saiki iki jaman Kaliyuga. Araning jaman 4 iku uga kasêbut ing layang basa Kawi "Niti sastra" nanging umure diowahi.

Kliruning panampa iku ana ing têmbung Kaliyuga utawa Kaliyoga. Mêsthine kang atêgês jaman iku têmbunge "yuga" utawa "yoga", nanging pangarange layang Jangka Jayabaya duwe panêmu yèn kang atêgês jaman iku têmbunge "kali", banjur nganakake jênêng: Kaliswara, Kalisangara.

Saiki wawasan kang adhadhasar kasusastran kita sisihake. Bab jênêng, nganggo apa bae kêna, asal saka salah tampa utawa ora, ora pêrlu dipikir. Kang pêrlu dirêmbug: Kapan anggone ngarang layang jangka iku? Apa sawise ana kraton kêmbar (Surakarta, Ngayogyakarta)? Upama mangkonoa, dadi lêlakon wiwit anane kraton kêmbar, sapandhuwur, iku dudu jangka, mung cathêtan bae!! Lah lêlakon sabakdane iku, wiwit jumênênge Prabu Hèrucakra sapangisor, apa mung fantasi bae??

Saka panêmuku, panêmu kang ora nganggo sendheyan Wetenschap, jangka Jayabaya iku iya lugu jangka kang têgêse ramalan utawa voorspelling, dudu cathêtan lêlakon kang wis kapungkur lan dudu fantasi lêlakon kang bakal têka. Anggone ngarang jangka iku miturut kahanan kang dinulu ing paningal rokhani, nalika sang pangarang pinuju kabuka aling-alinge. Dene tinêmuning têmbung-têmbung kang dianggo njênêngi jaman siji-sijine, iku mung wohing pangothak-athiking nalar pikiran bae.

Yèn jangka iku kahanan gaib kang dinulu ing paningal rokhani, geneya bisa mlèsèd? Apa paningal rokhani iku iya goroh kaya netra kêpala? Katrangane mangkene:

Mlèsèding jangka katarik ing sabab gêdhe 2 warna:

I. Sabab saka njaba: Klumpuke ciptane wong akèh lan wohing tumindake wong akèh, iku nganakake kêkuwatan kang bisa mêngaruhi kodrat (metaphysica ora nolak dialectica).

--- 9 ---

II. Sabab saka njêro: Sêsawangan gaib iku ana kang isih kasar ana kang wis alus bangêt, miturut bêkakase kang dianggo nyawang. Têrange: paningal gaib kang isih kasar mung bisa ndulu sêsawangan gaib kang isih kasar; paningal gaib kang wis alus bangêt bisa ndulu sêsawangan gaib kang alus bangêt. Lah iku kita sirik ngira-ngira: nganggo paningal êndi sang pangarang jangka Jayabaya iku. Karo dene manèh kita kudu awèh kalonggaran, yèn kawaskithan (helderziend) iku lumrahe mung tumrap garise gêdhe, ora nganti têkan garis kang cilik-cilik.

Pitakonan: "kapan anggone ngarang layang Jangka Jayabaya iku" prayoga diwangsuli nganggo sendheyan bae. Miturut "Javaansche Samenspraken", Cênthini kang asli iku anggitan jaman Mataram, Kyai Ranggasutrasna sakancane mung ngluwêsake ikêtaning ukara. Yèn mangkono, layang Jangka Jayabaya kang kaêmot ing Cênthini iku, nalika jaman Mataram wis ana. Dadi panganggite nalika jaman Mataram awal utawa sadhuwure.

Nanging ana layang Jangka Jayabaya kang luwih cêtha, moncèr, lan ngandhar-andhar, iku bêsutan lan wuwuhane kang nurun ing mburi-mburi. Ora karêmbug ing kene.

II. KALATIDHA RANGGAWARSITAN.

Layang "Kalatidha" anggitane swargi Ki pujangga Ronggowarsito iku sinawung ing têmbang Sinom mung 12 pada, tamat. Wis diêcap kaping wola-wali, prasasat sabên toko buku wis tau ngêtokake. Kuciwa kang padha ngêtokake iku ora nganggo dicocogake karo babonne, utawa pancèn kajarag diowahi.

Kang katurun ing ngisor iki miturut babon kang kaanggêp durung owah (origineel), ing pada No. 1 - 2 - 3 - 4 - 5 lan No. 7 para maos kaparênga nandhing karo pêthikan Cênthini 5 pada Sinom lan 10 pada Pucung, ing bab 1 kasêbut ndhuwur.

--- 10 ---

Mangkene isine "Kalatidha":

Sinom

1. Mangkya dalajating praja / kawuryan wus sunya ruri / rurah pangrèhing ukara / karana tanpa palupi / atilar silastuti / sarjana sujana kèlu / kalunglun kalatidha / tidhêm tandhaning dumadi / ardayèng rat dening karoban rubeda //

2. Ratune ratu utama / patihe patih linuwih / pra nayaka tyas raharja / panêkare bêcik-bêcik / parandene tan dadi / paliyasing Kalabêndu / malah sangkin andadra / rubeda kang ngrêribêdi / beda-beda ardane wong sanagara //

3. Katêtangi tangisira / sira sang paramèng kawi / kawilêt ing tyas duhkita / kataman ing rèh wirangi / dening upaya sandi / sumaruna anarawung / pangimur manuara / mèt pamrih melik pakolih / têmah suka ing karsa kurang wêweka //

4. Kasok karoban pawarta / bêbaratan ujar lamis / pinudya dadya pangarsa / wêkasan malah kawuri / yèn pinikir sayêkti / mundhak apa anèng ngayun / andhêdhêr kaluputan / siniraman banyu lali / lamun tuwuh dadi kêkêmbanging beka //

5. Ujaring panitisastra / awêwarah asung peling / ing jaman kênèng musibat / wong ambêk jatmika kontit / mêngkono yèn nitèni / pedah apa amituhu / pawarta lalawara / mundhak angrêranta ati / angur baya ngikêta caritèng kuna //

6. Kêni kinarya darsana / panglimbang ala lan bêcik / sayêkti akèh kewala / lêlakon kang dadi tamsil / masalahing ngaurip / wahananira tinêmu / têmahan anarima / mupus pêpêsthèning takdir / puluh-puluh anglakoni kaelokan //

7. Amênangi jaman edan / ewuh-aya ing pambudi / milu edan nora tahan / yèn tan milu anglakoni / boya kaduman melik / kalirên wêkasanipun / dilalah karsa Allah / bêgja-bêgjane kang lali / luwih bêgja kang eling lawan waspada //

--- 11 ---

8. Samono iku bêbasan / padu-padune kapengin / ênggih mêkotên Man Dhoblang / bênêr ingkang angarani / nanging sajroning batin / sajatine nyamut-nyamut / wis tuwa arêp apa / muhung mahas ing asêpi / supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma //

9. Beda lan kang wus santosa / kinarilan ing Hyang Widhi / satiba malanganeya / tan susah ngupaya kasil / saking mangunah prapti / Allah paring pitulung /Kurang satu suku kata: Allah kang paring pitulung. marga samaning titah / rupa sabarang pakolih / parandene maksih tabêri ihtiyar //

10. Sakadare linakonan / mung tumindak mara ati / anggêr tan dadi prakara / karana wirayat muni / ihtiyar iku yêkti / pamilihing rèh rahayu / sinambi budidaya / kanthi awas lawan eling / kang kaèsthi antuka marmaning Suksma //

11. Ya Allah ya Rasulullah / kang sipat murah lan asih / mugi-mugi aparinga / pitulung kang anartani / ing alam awal akhir / dumunung ing gêsang ulun / mangkya sampun awrêdha / ing wêkasan kadi pundi / mila mugi wontêna pitulung Tuwan //

12. Sagêda sabar santosa / mati sajroning ngaurip / kalis ing rèh aru-ara / murka angkara sumingkir / tarlèn mêlêng malat-sih / sanityasèng tyas mêmasuh / badharing sapu-dhêndha / antuk mayar sawatawis / borong angga suwarga mèsi martaya //

III. JARWAN KALATIDHA RANGGAWARSITAN.

Nêgêsi utawa njarwakake layang iku, ora cukup mung gêgaran bausastra bae, kudu dilaras surasane miturut runtuting ukarane. Mulane mangkono, awit ana têmbung-têmbung utawa unèn-unèn kang ora kalêbu ing bausastra, utawa kang ora runtut yèn ditêgêsi miturut têgês kang kasêbut ing bausastra. Dhêdhasaring panyurasane kudu kang obyectief, ora migunakake sèntimèn.

--- 12 ---

Têmbung-têmbung utawa unèn-unèn kang tak kira pêrlu ditêrangake dhisik, kaya ing ngisor iki:

Pada 1: Kabèh Kalatidha cap-capan katulis "darajat" bênêre dalajat kaya kang katulis ing Cênthini Pucung utawa dlajat ing Cênthini Sinom, kasêbut ing bab II, têgêse ngalamat utawa tandha-tandha kang ora nyênêngake. Dene darajat têgêse pangkat utawa klas.

Ukara ing kene têmbung silihan, kang dimaksudake praja, nêgara.

Kalatidha dudu jênênging jaman panunggalane "Kalabêndu". Jênênging jaman kang kasêbut ing Jangka Jayabaya sok ana rangkêpane, nanging rangkêpane jênêng jaman Kalabêndu iku jaman "Ratu Artati". Kalatidha têgêse Swasana ora têntrêm, panunggalane "kaladesa" têgêse pasangan, wisaya (têgêse sakawit: kala = waktu, desa = panggonan, dadi atêgês êmpan papan).

Pada 2: Têmbung paliyas ing Kalatidha Ranggawarsitan turunan plêk saka Cênthini Pucung, atêgês sarat panulak ala, nanging ing Cênthini Sinom atêgês sarat nêkakake bêcik.

Pada 3: Têmbung Arab wirangi uga dianggo ana ing layang Wulangrèh, têgêse kikrik, ora craba.

Tataning panulis nganggo aksara Jawa dhèk samana, "upaya" karo "ngupaya" padha bae, katulis ngupaya, amarga ngarêpe ana têmbung "dening". Ing kene tak tulis "upaya", sabab panêmuku upaya sandi iku rimbag baliswara saka "sandi upaya" kang têgêse: panggawe ora ngêblak. Ing Cênthini Pucung katulis pangupaya sandi, têgêse mèh padha. Dene ing Cênthini Sinom katulis ngupaya sandi iku pancèn rong têmbung lan têgêse beda bangêt.

Pada 5: Ing Kalatidha Ranggawarsitan lan Cênthini Pucung, katulis "Paniti-sastra" bênêre Niti-sastra, kaya kang katulis ing

--- 13 ---

Cênthini Sinom. Iku araning layang basa Kawi kang dudu Kawi Jawa Kuna.

Musibat, têmbung Arab, têgêse bêbênduning Pangeran.

Pada 6: Têmbung Arab tamsil têgêse conto, têpa palupi.

Masalah uga têmbung Arab, têgêse bab, soal.

Pada 8: Unèn-unèn Man Dhoblang utawa Paman Dhoblang iku têtêmbungane bocah dolanan mawa lagu lan tênaga, sarta sabên-sabên disambungi têmbung "nggih mêkotên".

Pada 9: Têmbung Arab mangunah, têgêse pitulunging Allah marang wong kang têmên-têmên ngabêkti, yaiku para mukmin kas. Mukjijating nabi, kramating wali, mangunahing mukmin, istijrating kapir, iku katon ngeram-eramake, lan sok angèl dibedakake.

Pada 10: Têmbung Arab ichtiyar têgêse milih, dadine têmbung Jawa ihtiyar utawa istiyar têgêse mingsêd dadi "berusaha". Wirayat uga têmbung Arab, têgêse carita utawa pitutur kuna tundha-tumundha.

Marma utawa parma têgêse kawêlasan, kanugrahan.

Pada 11: Panyêbut "Ya Allah ya Rasulullah" iku dudu ya têmbung Jawa kang kramane inggih, nanging kêcap panguwuh (Arab) kang kanggone padha karo panguwuh ing basa Jawa: dhuh.

Pada 12: Têmbung camboran sapu dhêndha têgêse paukuman, siksa. Ukara (pada lingsa) kang wêkasan iku ngêmot asmane sang pangarang (sandi asma), bab iku swargi Ki Ronggowarsito pancèn kagungan kaluwihan kang specifiek. Mangkene têrange: boRONG angGA suWARga mèSI marTAya.

--- 14 ---

Wutuhe jarwane dadi kaya ing ngisor iki:

1. Ngalamat kang ala tumrap nêgara saiki iki, katon sêpi mamring, rusak panyêkêling praja, amarga tanpa tuladhan, ninggal tataning panêmbah. Para wasis lan wicaksana uga katut kêna pêngaruhing swasana kang ora têntrêm, nganti ora katon tandha-tandhane titah kang sampurna. Jagade susah-sêdhih jalaran kêbanjiran godha rêncana.

2. Kang jumênêng ratu iya ratu utama, patihe iya pinunjul, para nayakane jujur atine, para panêkare bêcik-bêcik, suprandene ora dadi sarat panulaking jaman Kalabêndu, malah saya ndadra godha rêncana kang ngrêribêdi, wong sanêgara warna-warna dêrênging angkara murkane.

3. Ki pujangga nggagas-nggagas nganti nangis, saka susahing atine, awit êmoh marang kacrabaan. Ing kiwa têngên kêbak panggawe ala kang ora ngêblak. Ana kang andhap asor lan ngayêm-ayêmi ati, jêbul duwe pamrih lan melik. Tiwas gawe bungah nganti kurang pangati-ati.

4. Kana kene padha ngabari, jêbul mung kabar angin lêlamisan. Jarene mèlu mujèk-mujèkake dadi pêngarêp, wusanane kok malah kêsingkur. Yèn dipikir têmênan, wuwuh apane ta wong dadi pêngarêp iku? Malah prasasat ndhêdhêr wijining kaluputan, yèn lali, prasasat nyirami wiji kang didhêdhêr mau. Lah yèn wiji mau wis thukul, ora wurung iya mung arupa rêribêd.

5. Ing layang Nitisastra rak wis mituturi, yèn ing jaman bêbêndu iki: wong jujur tiba asor. Yèn wis nitèni iya kaya mangkono têmênan, pêrlune apa ndadak nggugu kabar ngayawara, mung gawe susahing ati. Aluwung ngarang-ngarang cêrita jaman biyèn.

6. Kêna dianggo tuladha, ditandhing-tandhing êndi kang ala êndi kang bêcik. Sanyatane akèh bae lêlakon kang dadi conto soale wong urip iku, wêkasan ngundhuh wohing panggawene. Wusana sumèlèh atine, mupus pêpêsthèning nasibe: puluh-puluh kudu kataman ing lêlakon anèh.

--- 15 ---

7. Urip mênangi jaman edan, dipikir-pikir mung sarwa ngewuhake. Arêp milu edan ora mêntala, yèn ora milu edan ora kêduman melik, wakasanewêkasane. kalirên. Nanging Gusti Allah iku adil: bêgjaha dikaya ngapa wong kang tumindak lali, milih edan, luwih bêgja kang eling, milih ora milu edan.

8. Muni "luwih bêgja kang eling" iku rak mung lahire, ora têrus ing batin. Batine iya kapengin kang tumindak edan. Rak nggih mêkotên ta Man Dhoblang? Kok ya bênêr kang ndakwa mangkono iku, nanging sajati-jatine têmênan, batine wis adoh bangêt ora mikir kang ngono-ngono iku. Wis tuwa arêp kapengin apa manèh ta, kêjaba mung nêdya mungkur saka parameyan, supaya olèh pangapuraning Pangeran.

9. Beda karo wong kang wis santosa imane, wis olèh kanugrahaning Pangeran, ora ndadak mikir warna-warna, satibane têntrêm. Ora susah kêraya-raya golèk pangupa jiwa, saka pitulunging Pangeran, sandhang pangan têka dhewe, êmbuh rupane lan jalarane, lantaran sapadhaning tumitah. Suprandene isih tabêri "bêrusaha".

10. "Berusaha" utawa ichtiyar miturut kabisane lan kêkuwatane, adhêdhasar gawe sênênge sapadha-padha lan milih kang kalal. Awit piwulange para lêluhur: manungsa iku wajib ichtiyar, wênang nampik kang ala milih kang bêcik. Sajroning ichtiyar dirangkêpi budi-daya kanthi awas lan eling, pangèsthine muga-muga Pangeran maringi nugraha.

11. Dhuh Allah dhuh Rasulullah, ingkang asipat mirah lan asih, mugi-mugi Tuwan paring pitulung ingkang nyrambahi tumrap gêsang kula wontên ing donya tuwin akerat. Kula sampun sêpuh, kados pundi wêkasanipun, dhuh, mila mugi wontêna pitulung Tuwan.

12. Mugi kula sagêd sabar lan santosa iman kula, sagêd sampurna ngèlmi kula, sagêda botên kataman rêribêd, tinêbihna saking

--- 16 ---

murka lan angkara, botên wontên marginipun malih kajawi sarana têmên-têmên ing pangabêkti kula dhatêng Tuwan, linambaran ngêngirangi nêdha tuwin tilêm. Mugi-mugi kula lajêng pinaringan luwar saking panandhang siksa, icala ingkang karaos awrat punika. Dhuh Pangeran, sumangga jiwa raga kula, sagedipun dumugi ing swarga têntrêm.

IV. JALARANE KI RANGGAWARSITA NGARANG KALATIDHA.

Carita pagedhongan:

Kacarita R. Ng. Ranggawarsita, abdi-dalêm kaliwon pujangga ing karaton Surakarta (Bênêre kaliwon kadipatèn; awit abdi-dalêm pujangga iku ora ana. Pujangga iku pêgaweyan sampiran, saèmpêr geestelijk adviseur). Ing waktu samana panjênêngane iku priyayi kang katon pintêr, katon dhewe sa-Surakarta, luwih-luwih ing babagan kêsusastran Jawa. Mulane para mitrane, lan uga panjênêngane piyambak, padha ngira yèn bakal jinunjung pangkat bupati, kaya dene eyange, yaiku R. T. Sastranagara (Yasadipura II). Ing waktu iku kang jumeneng ratu Sinuhun Paku Buwana IX.

P. B. IX iku putra P. B. VI.

P. B. VI putra P. B. V.

P. B. V putra P. B. IV, Sinuhun Bagus, pangarange layang Wulangrèh.

P. B. V kagungan raka saka ampeyan asma Pangeran Hangabèhi, kang akire jumênêng P. B. VIII. Uga kagungan rayi saka pramèswari nanging seje ibu, asma Pangeran Purubaya, kang akire jumeneng P. B. VII. Dadi Sinuhun Bagus iku putrane kakung kang ngraosake jumênêng ratu 3.

--- 17 ---

Nalika P.B. V. surud, ora kagungan putra saka pramèswari, kang dijumênêngake Parentah Walanda nggêntèni: putra saka ampeyan, jêjuluk P.B. VI.

Wusana P.B. VI kaanggêp kêluputan, nganti dikendhangake mênyang Ambon, jalaran tindak ziarah mênyang pasareyan Imagiri, ora nganggo idine Walanda. Sarèhning P.B. VI ora kagungan putra kakung (pramèswarine lagi mbobot), mulane kang dijumênêngake nggêntèni: Pangeran Purubaya, jêjuluk P.B. VII.

P.B. VII ora kagungan putra kakung, saka pramèswari ora, saka ampeyan ora. Mulane barêng surud, kang ditêtêpake nggêntèni, ingkang raka: Pangeran Hangabèhi, jumênêng P.B. VIII. Awit, sênajan pramèswarine P.B. VI kang biyèn mbobot iku wis mbabar miyos kakung, nanging ing nalika samana durung diwasa.

P.B. VIII uga ora kagungan putra kakung, saka pramèswari ora, saka ampeyan ora. Mulane kang digadhang-gadhang nggêntèni jumênêng ratu, ora liya hiya ingkang wayah, putra P.B. VI kang nalika samana wis diwasa, sarta wis kajumênêngake Pangeran Prabuwijaya. Barêng P.B. VIII surud, waris kraton bali mênyang putra P.B. VI, Pangeran Prabuwijaya jumênêng nggêntèni, jêjuluk Sinuhun Paku Buwana IX kasêbut ing dhuwur.

Anuju sawijining dina, R. Ng. Ranggawarsita ditimbali ngadhêp ing kêdhaton. P.B. IX ndangu: "Ranggawarsita, lepak-lepak iki kothong apa isi?

Dumadakan Ki Ranggawarsita nêdya ngatonake mangunahe, kang sajatine dudu mangunah, nanging istijrat, banjur nyêmbah sarta munjuk: "Isi".

P.B. IX banjur mbukak lepake mau, kang maune kothong, dumadakan isi rokok dika tali sutra. Padha sanalika, bêl, panggalih dalêm murub, rumaos dipamèri kaluwihane Ki Ranggawarsita.

--- 18 ---

Lepak-lepak kang diasta mau banjur disawatake Ki Rangga, sarta didhawuhi mundur ...

Pagêdhongane, nalika jaman P.B. IX iku, sanajan Ki Rangga ngêtog kapujanggane, nanging ora bisa nyirnakake risine panggalih-dalêm, kang kagungan pandakwa yèn pamili Ranggawarsita iku milu ngrojongi murih kendhange Sinuhun P.B. VI.

Tangising pujangga:

Ki Ranggawarsita mundur saka kêdhaton kanthi sungkawa, lan rumangsa ora bakal jinunjung dadi bupati. Dirasak-rasakake kahanane praja lan lêlakone panjênêngane iku têka akèh èmpêre kaya kang kasêbut ing Cênthini pupuh No. 257 (Pucung), kahananing praja kosok baline kang kasêbut ing Cênthini pupuh No. 248 (Sinom). Banjur dikarang, dicarub, diowahi, lan diwuwuhi, dadi layang Kalatidha iku.

Kalatidha pada 1-2-3 njupuk saka Cênthini Pucung lan Sinom. Pada 4 njupuk saka Cênthini Sinom. Pada 5 njupuk saka cênthini Pucung lan Sinom. Pada 6 wuwuhane Ki Ranggawarsita piyambak. Pada 7 njupuk saka Cênthini Pucung. Pada 8 sabanjure, wuwuhane Ki Ranggawarsita piyambak.

Para maos kang kaparêng nocogake Kalatidha Ranggawarsitan karo Cênthini pupuh No. 257 lan pupuh No. 248, kudu kang sêtiti, awit ana têmbung-têmbung kang padha utawa mèh padha, nanging beda têgêse; ana ukara kang padha nanging beda surasane, jalaran beda jêjêre.

Dene Kalatidha bageyan wuwuhane Ki Ranggawarsita piyambak iku, isi gêtêring jiwane kang lagi pêpêrangan karo napsune. Katon cêtha ana ing pada 8. Wusanane si napsu bisa ditêlukake. Kacêtha ana ing pungkasaning pada kang isi sandi-asmane Ki Pujangga iku.

--- 19 ---

Wusana yèn ana kang kagungan panêmu, yèn layang Kalatidha Ranggawarsitan iku isine jangka karangane Ki Ranggawarsita, aku mung nyumanggakake. Nyatane mung kaya kang tak aturake ing dhuwur mau kabèh. Dene jangka karangane swargi R. Ng. Ranggawarsita iku kasêbut ing layang Jaka Lodhang, kang oncèk-oncèkane uga bakal diwêtokake dening Pustaka Nasional.

Tamat

--- 20 ---

ISINE LAYANG IKI:

Prawacana ... 3.

Bab I: Jangka tanah Jawa ... 5.

Jangka Kraton Mataram ... 5.

Jangka Joyoboyo ... 6.

Bab II: Kalatidha Ronggowarsitan ... 9.

Bab III: Jarwan Kalatidha Ronggowarsitan ... 11.

Bab IV: Jalarane Ki Ronggowarsito ngarang Kalatidha ... 16.

Carita pagêdhongan ... 16.

Tangising pujangga ... 18.