Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kalatidha, Padmawidagda et. al., 1933, #1067

Katalog:Kalatidha, Padmawidagda et. al., 1933, #1067
Sambung:-

Kaêcap ing pangêcapan: Pêrsatuan Surakarta

Sêrat Kalatidha

Sêkar Sinom, Gambuh tuwin Mêgatruh, ingkang ugi nama Sêrat Kalatidha, Sabdatama, Sabdajati.

Sami pangudhaling wawasan ingkang kacêtha wontên salêbêting panggalih, anggitanipun suwargi Radèn Ngabèi: Rônggawarsita. Pujôngga agêng ing nagari Surakarta Hadiningrat.

Kawêdalakên dening ingkang wayah: Radèn Bêkêl: Padmawidagda. Sarta Radèn Ngabèi: Ônggapradata.

--- [0] ---

...

--- [0] ---

Bêbuka

Kula nuwun, sêdyanipun ingkang ngêdalakên Sêrat Kalatidha punika, manawi kasêmbadan badhe anglêmpakakên sêrat-sêrat karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ingkang dèrèng kaêcap, sagêda sami kaêcap, ingkang supados kauningan saha kasumêrêpan ing ngakathah, punapadene ambangun sêrat-sêrat ingkang sampun lami pangêcapipun, lajêng kasilêp, môngka kamanah isinipun nawung wigatos sarta ingkang sagêd salaras kalihan jamanipun, ugi kaangkah badhe kaêcapakên malih. Kapasang-yogi salêbêtipun manah makatên wau, dumadakan ing pasimpênan sêrat wontên Sêrat Kalatidha sêkar gambuh, sarta sêkar mêgatruh, lajêng kaklêmpakakên kalihan Sêrat Kalatidha sêkar sinom, ingkang sampun nate kawêdalakên ing pangêcapan, sêrat wau lajêng kadadosakên satunggal, wujud Sêrat Kalatidha Sabdatama tuwin Sabdajati punika, jalaran sêrat warni tiga wau sami ewoning sêrat jôngka.

Sawêdaling Sêrat Kalatidha punika ing pamuji sagêda dados waosanipun para luhur, para bandara, saha para priyantun, punapadene bôngsa kita Indhonesiyêr, mila têmbungipun ing sêkar prêlu dipun jarwani, supados ragi anggampilakên panyuraosipun, [panyu...]

--- [0] ---

[...raosipun,]

nanging matur barès-kurès, bilih anggènipun anjarwani Sêrat Kalatidha wau namung pawitan bôndha kadugi, dados sampun tamtu kathah kithalipun, mila ingkang ngêdalakên sêrat punika namung nyuwun pangapuntênipun sadaya ingkang sami maos.

Kaping: 1 Agustus 1933.

Katandhan ingkang ngêdalakên.

--- 1 ---

Sêrat Kalatidha Sêkar Sinom

Lugunipun:

1. wahyaning arda rubeda / ki pujôngga amèngêti / mêsu cipta mati raga / mêdhar warananing gaib / ananira sakalir / ruwêding sarwa tumuwuh / wiwaling kang warana / dadi badaling Hyang Widhi / amêdharkên paribawaning bawana //

Jarwanipun

wêdaling pakèwêd saya sangêt / ki pujôngga anyathêti / ngulir budi ngèndêlakên pôncadriya / nyariyosakên ingkang taksih winados / kawontênanipun sadaya / ruwêding sadaya dumados / oncating aling-aling / dados wakiling Allah / anyariyosakên obah-osiking jagad //Untuk selanjutnya, teks yang dicetak miring berarti termasuk: Jarwanipun.

2. mangkya darajating praja / kawuryan wus sunya-ruri / rurah pangrèhing ukara / karana tanpa palupi /

sapunika kêkuwunging praja / katingal sampun sêpi / risak pangajaraning basa / awit botên mawi têtuladan /

--- 2 ---

ponang paramèng kawi / kawilêt ing tyas malad-kung / kungas kasudranira / tidhêm tandhaning dumadi / ardayèng rat dening karoban rubeda //

sang pujôngga = tiyang sagêd / panggalihipun sawêg kagubêt ing susah / kungas kuciwanipun / ngantos nyurêmakên samukawis / dêrênging dunya sawêg kabênan ing pakèwêd //

3. ratune ratu utama / patihe patih linuwih / pra nayaka tyas raharja / panêkare bêcik-bêcik / parandene tan dadi / paliyasing kalabêndu / malah mangkin andadra

ratunipun ratu utami / patihipun patih linakunglinangkung. para bupati panggalihipun wilujêng / panèwu mantri sapangandhap sae-sae / ewadene botên dados / panulaking jaman deduka / malah saya andadra /

--- 3 ---

rubeda kang ngrêribêdi / beda-beda ardane wong sanagara //

rêribêd ingkang damêl pakèwêd / bèntên-bèntên dêrêngipun tiyang sanagari //

4. katêtangi tangisira / sira sang paramèng kawi / kawilêting tyas duhkita / kataman ing rèh wirangi / dening upaya sandi / sumaruna anarawung / pangimur manuhara / mèt pamrih melik pakolih / têmah suha ing karsa tanpa wiweka //

kagugah panggrantêsing panggalihipun / sang pujôngga = sarjana = tiyang sagêd / panggalihipun kagubêt ing susah / kenging pandamêl botên lêrês / dening pandamêl alus / katingal cêtha / pangrapu pangêla-êla / pados pikantuking kasil / dados risak saking botên wiweka //

--- 4 ---

5. dhasar karoban pawarta / bêbaratan ujar lamis / pinudya dadya pangarsa / wêkasan malah kawuri / yèn pinikir sayêkti / mundhak apa anèng ngayun / andhêdhêr kaluputan / siniraman banyu lali / lamun tuwuh dadi kêkêmbanging beka //

dhasar kabênan pawartos / sumêbaring cariyos lêlamisan / kapuji dados pangajêng / wasana malah wontên wingking / bilih kamanah sayêktos / mindhak punapa wontên ngajêng / ananêm kalêpatan / siniraman ing toya kasupèn / bilih thukul dados sêkaring rubeda //

6. ujaring panitisastra / awêwarah asung peling / ing jaman kênèng musibat /

ungêling sêrat panitisastra / cariyos suka pêpèngêt / ing jaman kenging musibat /

--- 5 ---

wong ambêk jatmika kontit / mêngkono yèn nitèni / pedah apa amituhu / pawarta lalawora / mundhak angrêrônta ati / angur baya ngikêta caritèng kuna //

tiyang mênêp botên kangge / makatên manawi nitèni / pedah punapa kagêga / cariyos tanpa guna / mindhak angrêrônta manah / luhung baya nganggita cariyos kina //

7. kêni kinarya darsana / panglimbang ala lan bêcik / sayêkti akèh kewala / lêlakon kang dadi tamsil / masalah ing ngaurip / wahananira tinêmu / têmahan anarima / mupus pêpêsthèning takdir /

kenging kangge têtuladan / panyaring ing awon sae / sayêktosipun kathah kemawon / lêlampahan ingkang kenging tiniru / tumrap ing tiyang gêsang / kanyataanipun pinanggih / dados inggih narimah / mupus kuwasaning takdir /

--- 6 ---

puluh-puluh anglakoni kaelokan //

puluh-puluh anglampahi kaelokan //

8. amênangi jaman edan / ewuh-aya ing pambudi / mèlu edan ora tahan / yèn tan mèlu anglakoni / boya kaduman melik / kalirên wêkasanipun / dilalah karsa Allah / bêja-bêjane kang lali /

amêningi jaman ewah / pakèwêd anggèning ngraosakên / tumut ewah botên tahan / bilih botên tumut anglampahi / botên angsal pêpancèn / wasana badhe kaluwèn / dumadakan kaparêngipun ingkang damêl gêsang / bêja-bêjanipun ingkang kasupèn /

--- 7 ---

luwih bêja kang eling lawan waspada //

langkung bêja ingkang awas tuwin èngêt //

9. samono iku bêbasan / padu-padune kapengin / inggih makatên man dhoplang / bênêr ingkang angarani / nanging sajroning batin / sajatine nyamut-nyamut / wis tuwa arêp apa / luhung mahas ing asêpi / supayantuk pangaksamaning Hyang Suksma //

samantên punika paribasanipun / pabên-pabênipun kapengin / inggih makatên man dhoplang = man dhaplak = pak tuwa / lêrês ingkang amastani / nanging salêbêting batos / salêrêsipun têbih sangêt / sampun sêpuh badhe punapa / aluwung sumingkir dhatêng sêpi / supados angsal pangapuntênipun ing Allah //

10. beda lan kang wus santosa / kinarilan ing Hyang Widhi / satiba malanganea /

bèntên kalihan ingkang sampun santosa / kaparêngakên dening Allah / sadhawah-dhawahipun /

--- 8 ---

tan susah ngupaya kasil / saking mangunah prapti / Pangeran paring pitulung / marga samaning titah / rupa sabarang pakolih / parandene maksih tabêri ihtiyar //

botên susah ngupados kasil / dhatênging kaelokan / Gusti Allah paring pitulung / lantaran sêsamining manungsa = tiyang / wêrni punapa pikangsal / ewadene taksih sarêgêp sêtiyar /

11. sakadare linakonan / mung tumindak mara-ati / anggêr tan dadi prakara / karana riwayat muni / ihtiyar iku yêkti / pamilih ing rèh rahayu /

salimrahipun dipun lampahi / namung lumampah majêng ing manah / waton botên dados prakawis / awit wêdharing cariyos / sêtiyar punika sayêktos / pamilih ing kawilujêngan /

--- 9 ---

sinambi budidaya / kanthi awas lawan eling / kang kaèsthi antuka parmaning Suksma /

kalayan ngebahakên pikiran / kanthi awas lawan èngêt / ingkang kaèsthi angsala pangapuntêning Allah //

12. ya Allah ya Rasulollah / kang sipat murah lan asih / mugi-mugi aparinga / pitulung kang anartani / ing alam awal akir / dumunung ing gêsang ulun / mangkya sampun awrêda / ing wêkasan kadipundi / mila mugi wontêna pitulung Tuwan //

dhuh Gusti Allah Gusti Rasulollah / ingkang sipat mirah tuwin asih / mugi-mugi aparinga / pitulung ingkang narambahi / ing dunya akirat / dumunung ing gêsang kawula / sapunika sampun sêpuh / ing wasana kadospundi / mila mugi wontêna pitulung Tuwan //

13. sagêda sabar santosa /

sagêda sabar tuwin kuwawi /

--- 10 ---

mati sajroning ngaurip / kalis ing rèh aru-ara / murka angkara sumingkir / tarlèn mêlêng maladsih / sanityasèng tyas mêmatuh / badharing sapudhêndha / antuk mayar sawatawis / borong angga suwarga mèsi martaya //

pêjah salêbêting gêsang / tinêbihna ing pakèwêd / siningkirana ing murka angkara / botên liya mligi nyuwun kawlasan / botên kêndhat ngulinakakên manah / luwaring dêduka / angsal kamayaran sawatawis / sumarah ing badan manggèn ing katêntrêman //

--- 11 ---

Sêrat Kalatidha Sêkar Gambuh = Sabdatama

1. rasaning tyas kayungyun / angayomi lukitaning gambuh / gambir wana kalawan êninging ati / katênta kudu pitutur / sumingkiring rèh tyas mirong //

raosing manah kasêngsêm / angeyupi panganggitipun sêkar gambuh / kalayan amênêpakên manah / katênta kêdah cariyos / sumingkiring pandamêl susah //

2. dèn samya amituhu / ing sajroning jaman Kalabêndu / yogya sami nyênyuda ardaning ati / kang nênuntun mring pakewuh / uwohing panggawe awon /

prayogi sami amiturut / salêbêting jaman dêduka / prayogi sami nyuda dêrênging manah / ingkang nuntuni dhatêng pakèwêd / uwohing pandamêl awon //

3. ngajapa tyas rahayu / ngayêmana sasamèng tumuwuh /

ngèsthia wilujênging manah / ngayêmana dhatêng sasami-sami /

--- 12 ---

wahanane ngêndhak angkara kalindhih / ngendhangkên pakarti dudu / dinuwa luwar tibèng doh //

wahananipun sagêd ngêdhak ngawonakên kanêpson / ngesahakên pandamêl awon / cinêngkah dhawah têbih //

4. beda kang aji pupung / nir waspada rubedane tutut / akêkinthil tan anggop anggung tut wuri / tyas riwut-rawat dahuru / korup sinêrung ing goroh //

bèntên ingkang aji pupung / botên maèlu rêribêt ingkang nyêlaki / ingkang tansah kêkinthil wontên wingking / bingunging manah tansah wayang-wuyungan / lajêng kèlu dhatêng lampah dora //

5. ilang budayanipun / tanpa bayu weyane ngalumpuk /

ical pikiranipun / namung cape saking rêmên dhatêng ngarah apa /

--- 13 ---

saciptaning wardaya ambêbayani / ubayane nora payu / kari kataman pakewoh //

salêbêting manah isi pangrantam awon / sumadosipun sampun botên pajêng / têmahan kantun nyandhang pakèwêd //

6. rong asta wus katêkuk (sêdhakêp) / kari ura-ura kang pakantuk / dhandhanggula lagu palaran sayêkti / nglêluri para lêluhur / abot sihing swami karo //

asta kalih sêdhakêp / kantun bingung, ambêbingungi / andhandhang kados raosing pasakitan ingkang ngajêng-ajêng luwaripun / nênulad para lêluhur / awrat sihipun bojo kalih (bok dunya 2 bok rêjêki) //

7. galap-gangsuling têmbung / ki pujôngga panggupitanipun /

klenta-klèntuning têmbung / panganggitipun ki pujôngga /

--- 14 ---

rangu-rangu pamanguning rèh arjanti / tinanggapan prana tambuh / katênta nawung prihatos //

gajêg-gajêg pangrekaning kawilujêngan / tinampèn panggalih kèndêl / katênta ngêmu prihatos //

8. wartining para jamhur / pamawasing wasita tanpa wus / wahanane jaman owah angowani / yèku sangsaya pakewuh / ewuh-aya kang linakon //

pawartosipun para linangkung / panduluning kawontênan tanpa kèndêl / thukuling jaman ewah anguciwani / punika sangsaya pakèwêd / sumêlang ingkang badhe dipun lampahi /

9. sidining Kalabêndu / sayandadra ardaning tyas limut / nora kêna sinirêp limpading budi /

lêrêsing jaman dêduka / dêrênging manah kasupèn saya ambêrung / botên kenging kaêndhakakên tiyang sagêd /

--- 15 ---

lamun durung mangsanipun / malah sumuke angradon //

manawi dèrèng mangsanipun / malah sumukipun andados //

10. tatanane tumruntun / panuntuning tyas angkara antuk / kaladesa wênganing karsa kaèksi / limut kalimput angawut / mawut sanggyaning dumados //

tatananipun tansah wontên-wontên kemawon / angsal panuntuning manah kamurkan / wênganing kajêngipun katingal badhe awon / pangawutipun kados tiyang kasupèn / kawontênanipun mawut sadaya //

11. ing antara sapangu / pangungaking kaanan wus mirut / morat-marit panguripaning sasami /

ing antawis sakêdhap / ningali kawontênan sampun supêg / panggêsanganipun tiyang sampun morat-marit /

--- 16 ---

sirna katêntrêmanipun / wong udrasa sanggon-ênggon //

ical katêntrêmanipun / tiyang nangis saênggèn-ênggèn /

12. kêmat isarat lêbur / bubur tanpa daya kabarubuh / paribasan tidhêm tandhaning dumadi / bêjane ula dhaulu / cangkêm silite anyaplok //

guna dhêsthi botên dados / sadaya sampun botên amigunani / paribasan sadaya dhêdhêp sirêp (kèndêl kèmawon) / bêjanipun sawêr sirah kalih / cangkêm silitipun anyaplok //

13. dhungkari gunung-gunung / kang gênêng-gênêng padha jinugrug / parandene tan ana kang nanggulangi / wêdi kalamun sinêmbur /

ngrisaki rêdi-rêdi / ingkang inggil-inggil dipun papar / suprandosipun sami kèndêl kemawon / ajrih manawi kasêmbur /

--- 17 ---

upase lir wedang umob //

upasipun kados wedang umob //

14. kolonganing kaluwung / prabanira kuning abang biru / sumurupa iku mung soroting warih / wêwarahe para rusul / dudu jatining Hyang Manon //

bundêraning kaluwung / sorotipun jêne abrit biru / sumêrêpa punika namung soroting toya / pangandikanipun para utusan / dede Gusti Allah sayêktos //

15. supaya padha emut / amawasa benjang jroning taun / windu kuning kono ana wewe putih /

supados sami èngêt / nguninganana benjing salêbêtipun taun / windu jêne ing ngriku wontên wewe pêthak (sanepanipun tiyang ingkang sampun suci jawi lêbêtipun) /

--- 18 ---

gêgamane têbu wulung / arsa angrabasèng wêdhon //

dêdamêlipun tekating manah ingkang sampun botên saged ewah gingsir / badhe amêrangi wêdhon (sanepanipun tiyang ingkang sucining manah namung lamisan, ngêndêlakên anggènipun baut wicantên) //

16. rasane wus karasuk / kêsuk lawan kalamangsanipun / kawisesa kuwasanira Hyang Widhi / wahyaning wahyu tumêlung / tulus tan kêna tinêgor /

raosipun sampun kaangge / kalihan kalamangsanipun sampun cêlak / kawêngku kuwasanipun Gusti Allah / wêdaling wahyu sampun tumêlung / lêstantun botên kenging dipun alang-alangi //

17. karkating tyas katuju /

grêngsênging manah katangguh /

--- 19 ---

jibar-jibur adus banyu wayu / yuwanane turun-tumurun tan ênting / liyan praja samya sayuk / kèringan saênggon-ênggon //

ayêming manahipun kadumugèn / rinêksa saturun-turunipun botên têlas / nagari sanès sami mangayubagya / wontên ing pundi-pundi kajèn kèringan /

18. tatune kabèh tuntum / lêlarane waluya sadarum / tyas prihatin ginantyan suka mêpêki / wong ngantuk anêmu kêthuk / jro mèsi dinar sabokor //

tatunipun sadaya pulih / sêsakitipun mantun sadaya / susahing manahipun gêntos sakalangkung bingah / tiyang ngantuk amanggih kêthuk / ing lêtêtipunlêbêtipun. isi dinar sabokor //

19. amung padha tinumpuk /

namung sami dipun tumpuk /

--- 20 ---

nora ana rusuh colong jupuk / rajakaya cinancangan anèng jawi / tan ana nganggo tinunggu / parandene tan cinolong /

botên wontên rêrêsah tuwin colong-cinolong / rajakaya sami dipun cêncangi wontên ing jawi / botên wontên ingkang mawi tinêngga / suprandosipun botên kacolong //

20. diraning durta katut / anglakoni ing panggawe runtut / tyase katrêm kayoman ayuning budi / budyarja marjayêng limut / amawas pangèsthi awon //

kapurunanipun pandung katut / anglampahi ing pandamêl sae / manahipun kèndêl kayoman kawilujênganing budi / manah wilujêng angrisak manah kasupèn / angicali karêntêg awon //

--- 21 ---

21. ninggal pakarti dudu / kadarpaning parentah ginugu / mring pakaryan sarêgêp têgên nastiti / ngisor dhuwur tyase jumbuh / tan ana waon-winaon /

nilar pandamêl awon / kaparêngipun parentah kaèstokakên / dhatêng pandamêlan wêkêl tumêmên ngatos-atos / ngandhap nginggil sami cocog panggalihipun / botên wontên wada-winada //

22. ngratani sapraja gung / kèh sarjana sujana ing kewuh / nora kewran mring wicara agal alit / pulih duk jaman rumuhun / tyase têtêg têguh tanggon //

waradin sanagari / kathah tiyang sagêd ingkang tatag / botên kawêkèn dhatêng têmbung kasar alus / pulih kados jaman kina / manahipun têtêg têguh tanggon //

--- 22 ---

Sêrat Kalatidha Sêkar Mêgatruh = Sabdajati

1. ayywa pêgat ngudia ronging budyayu / marganing suka basuki / dimèn luwar kang kinayun / kalis ing panggawe sisip / ingkang tabêri prihatos //

sampun pisah ngudia panggenan wilujêng / margining kawilujêngan sarta kabingahan / supados kadumugèn ingkang kinajêngakên / kalis ing pandamêl lêpat / ingkang tabêri , rêmên nyêgah hawa nêpsu //

2. ulatana kang nganti bisa kapangguh / galedhahên kang sayêkti / talitinên ayywa klèru / larasên sajroning ati / dèn tumanggap dimèn manggon //

kapadosana ingkang ngantos sagêd kêpanggih / kaubrêsa ingkang sayêktos / katitia sampun ngantos kalèntu / karantama salêbêting manah / katampèna supados manggèn //

--- 23 ---

3. pamanggone anèng pangèsthi rahayu / angayomi ing tyas êning / êninging ati kang suwung / nanging sajatine isi / isine cipta kang yêktos //

pamanggènipun wontên karêntêg wilujêng / angadhêmi panggalih mênêp / mênêping panggalih kothong / nanging sajatosipun isi / isinipun pikiran ingkang sayêktos //

4. lakonana kalawan sabaring kalbu / yèn dèn obah nêniwasi / kasusupan setan gundhul / ambêbedhung gawa kandhi / isine rupiyah kêton //

dipun lampahana kalayan sabaring manah / manawi kaebah adamêl tiwas / kalêbêtan setan gundhul / ambêbeda bêkta kandhi / isinipun rupiyah kêton //

5. lamun nganti korup mring panggawe dudu /

manawi ngantos klêbêt dhatêng pandamêl awon /

--- 24 ---

dadi pakuwoning eblis / mlêbu mring alam pakewuh / ewuh pana ninging ati / têmah wuru kabesturon //

dados pondhokaning setan / mlêbêt dhatêng jaman pakèwed / makèwêdi lampahipun dhatêng êninging manah / têmahanipun ngantos kasupèn //

6. nora kengguh mring pamardi rèh budyayu / ayuning tyas sipat kuping / kinêpung panggawe rusuh / lali pasihaning Gusti / ginuntingan kaya mrênos //

botên kodal dhatêng pangêrèh sae / angicalakên rahayuning manahipun / kakêpang pandamêl rêsah / kasupèn sihipun ing Gusti / dipun guntingi kados sêmbêt //

7. parandene kabèh kang samya andulu / ulap kalilipên wêdhi /

parandosipun sadaya ingkang ningali / sulap kalilipên wêdhi /

--- 25 ---

akèh wong kang padha sujud / kinira yèn Jabarail / kautus dening Hyang Manon //

kathah tiyang ingkang sami sujud / kakintên bilih Jabarail / kautus dening Allah //

8. yèn kang uning marang sajatining kawruh / kewuhan sajroning ati / yèn tan niru nora arus / uripe kaèsi-èsi / yèn nirua dadi asor //

manawi ingkang sumêrêp sayêktos dhatêng kawruh / salêbêting manah pakèwêd sangêt / manawi botên niru botên sae / gêsangipun kaèsi-èsi / bilih nirua dados asor //

9. nora ngandêl marang gaibing Hyang Agung / anggêlar sakalir-kalir / kalamun têmên tinêmu /

botên pitados dhatêng kaelokaning Allah / anggêlar punapa kemawon / manawi têmên-têmên pinanggih /

--- 26 ---

kabêgyane anêkani / kamurahaning Hyang Manon /

kabêgjanipun dhatêng piyambak / kamirahaning Allah //

10. anuhoni kabèh kang duwe panyuwun / yèn têmên-têmên sayêkti / Allah aparing pitulung / nora kurang sandhang bukti / saciptanira kalakon //

sadaya panyuwuning tiyang dipun têtêpi / manawi têmên-têmên sayêktos / Gusti Allah aparing pitulung / botên kirang sandhang têdha / pangèsthinipun kalampahan //

11. ki pujôngga nyambiwara wèh pitutur / saka mangunahing Widhi / ambuka warananipun / aling-aling kang ngalingi / angalingkap têmah katon //

ki pujôngga tinimbang kèndêl suka pitêdah / saking kamirahaning Allah / ambikak aling-alingipun / aling-aling ingkang angaling-ngalingi / angalingkap têmah katingal //

--- 27 ---

12. para janma sajroning jaman pakewuh / kasudranira andadi / daurune sayandarung / kèh tyas mirong murang margi / kasêtyan wus nora katon //

para tiyang salêbêtipun jaman pakèwêd / kamlaratanipun andados / daurunipun saya ambêrung / kathah tiyang susah tuwin sêling sêrêp / kaantêpaning manah sampun ical //

13. katuwone winawas dahat matrênyuh / kênyaming sasmita yêkti / sanityasèng tyas maladkung / kungas wêlase kêpati / sulaking jaman prihatos //

manawi dipun tingali mêmêlas sayêktos / raosing sasmita saèstu / susahing manah tanpa mêndha / katingal anggèning mêmêlas sangêt / lamuking jaman prihatos //

--- 28 ---

14. waluyane benjang yèn wus ana wiku / mêmuji ngèsthi sawiji /Sengkalan: wiku mêmuji ngèsthi sawiji (1877 A.J.). sabuk lêbu lir majênun / galibêdan tudang-tuding / anacahkên sakèhing wong //

sarasipun benjing manawi sampun wontên pandhita / wiku mêmuji pangêsthi sawiji (candraning taun 1877) / sabuk siti kados tiyang ewah /§ Bokmanawi pasêmonipun sabuk galêng. galibêdan tuding-tuding / ametang sakathahing tiyang //

15. iku lagi sirêp jaman Kalabêndu / Kalasuba kang gumanti / wong cilik bisa gumuyu / nora kurang sandhang bukti / sêdyane kabèh kalakon //

punika jaman dêduka sawêg mantun / kagantos jaman kabingahan / tiyang alit sagêd gumuyu / botên kirang sandhang têdha / sêdyanipun kalampahan sadaya //

16. pandulune ki pujôngga durung kêmput /

ki pujôngga anggèning nyumêrêpi dèrèng dumugi /

--- 29 ---

mulur lir bênang tinarik / nanging kasêrang ing umur / andungkap kasidan jati / mulih sajatining ênggon //

mulur kados bolah katarik / nanging kapapas ing yuswa / anyêlaki badhe seda / wangsul dhatêng panggenan sajatos //

17. amung kurang wolung ari kang kadulu / êmat ing pati patitis / wus katon nèng lokil mapul / angumpul ing madya ari / amarêngi ri Buda Pon //

namung katingal kirang wolung dintên / pêjah ingkang lêrês saha sakeca / ingkang sampun katingal mêsthi / manggèn antawisipun jam 12 / amarêngi dintên Rêbo Pon //

18. tanggal kaping 5 antaraning luhur / Sêlaning taun Jimakir /

tanggal kaping 5 antawisipun luhur / Dulkangidah ing taun Jimakir /

--- 30 ---

Tolu Uma Aryang Jagur / Sangara winduning pati / nêtêpi ngumpul saênggon /

Tolu, Uma, Aryang, Jagur / windu Sangara andungkap santun / nêtêpi manggèn tunggil sapanggenan //

19. cinitra ri Buda kaping wolu likur / Sawal ing taun Jimakir / candraning warsa pinetung / nêmbah muksa pujôngga ji /Sengkalan: nêmbah muksa pujôngga ji (28 Sawal 1802 A.J., 18 Desember 1873 A.D.). ki pujôngga pamit layon //

kasêrat Rêbo ping 28 / Sawal ing taun Jimakir / kapetang angkaning taun / sèwu wolung atus kalih (1802) / ki pujôngga pamit pêjah //

--- [0] ---

Lêpating Panyêrat

Ing Sêrat Kalatidha Sêkar Sinom, Sêrat Kalatidha Sekar Gambuh = Sabdatama, Sêrat Kalatidha Sêkar Mêgatruh = Sabdajati, panyêratipun wontên ingkang lêpat, dene lêpating panyêrat wau kula lêrêsakên kados ing ngandhap punika:

[Ralat dari redaksi sudah langsung dibetulkan dalam teks]

Wondene lêpating panyêrat ingkang lêrêsipun sadaya nyigêg na: kagondhèl, punika taksih wontên ingkang botên kagondhèl, kadosta: manawi, manah, wondene, kinira, tinêmu, punapa, winawas, waluyane, anacahakên, candraning taun, sapanunggilanipun, punika kupinipun sami mawi: na:Huruf Jawa na, diberi pasangan na. amila mugi andadosakên ing kauningan.

Pun Padmawidagda.