Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 11-22)

Katalog:Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296
Sambung:
1.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 01-10). Arsip dan Sejarah | Umum #1404.
2.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 11-22). Arsip dan Sejarah | Umum #1405.
3.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 22-36) . Arsip dan Sejarah | Umum #1406.
4.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 37-49). Arsip dan Sejarah | Umum #1407.
5.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 50-59) . Arsip dan Sejarah | Umum #1408.
6.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 60-74). Arsip dan Sejarah | Umum #1409.

Pangajawane radèn kêkalih jumujug ngarsane wali Pangeran Modang ing Cirêbon

11. Pangkur

1. putra dwi ngandikèng wuntat | Radyan Patah Dyan Timbul praptèng ngarsi | liningan sabda hèh kulup | mara padha maganga | ring nagara Majapait jêng sinuhun | rèh iku nata utama | kang ngrèh Sumatra ing Jawi ||

2. jangkahên nagara Plembang | salah juga ingkang katrimèng kardi | sapa antuk bagya tamtu | antuk idining nata | nanging kulup sira ingkang atut runtut | lakune wong akêkadang | sandika kang putra kalih ||

3. samana wus tata-tata | amêmatut kinarya sangu margi | êmban panakawan mèstu | cacah wran kalih dasa | sang putra dwi anulya

--- 1 : 53 ---

manguswa suku | samya tinimbul ibunya | lawan rahadyan dipati ||

4. tandya bidhal kirdhanira | praptèng têpi muhara satriya dwi | nitih palwa kunthing laju | antuk angin tugara | datan lami nèng jamuna prapta sampun | têtirahing pulo Jawa | tumêdhak satriya kalih ||

5. umangsah dharatan Jawa | kasinggihan Jêng Sunan Crêbon Wali | radyan kalih gya jumujug | byantara Pangran Modang | datan samar ring satriya anyar rawuh | katara prabaning waktra | tandya sinambramèng puji ||

6. ratri anyaro rahadyan | Pangran Crêbon ngandika arum manis | hèh radèn kita sun tutur | jangkaning tanah Jawa | para wali wèh wirayat wus misuwur | kalingane kaki sira | kang kacêtha nyakrawati ||

7. yyan siranggèr yun prastawa | lah parêka ing kene sun tuturi | hèh wruhanta sang abagus | sira siniya-siya | ring ramanta satêngah binuwang sêbrung | mring Plembang gya tinampanan | ramanta sang adipati ||

8. purwane duk nèng jro garba | kaswantari sring ngimpi mangku sasi | sujanèng cipta sang prabu | binuwang saking praja | kasasaban munggwing sajroning sintêru | bibyanta arda candhala | brangasan akèh kang gêthing ||

9. jatine pasang sujana | bokmanawa ingkang nèng garba mijil | jalu têmah momorsambu | dardahing prajarjana | sri narendra kang kinudang-kudang amung | Bondhansurati kang mahya | sing ibunta Dwarawati ||

10. yèn kangjêng pangran dipatya | yyan tumurud sang nata gumantya ji | nanging para wali kutup | tan samar kewran ing rat | wahyèng drajad ingêrnya waskithèng kewuh | wahananing wahyu kobra | gumantung sriranta kaki ||

11. ngabêktia pra 'ulama | ingkang samya nglairkên khukum gaib | dene arinta sang bagus | utama laju magang | mring sang nata sinuhun ing Majalangu | jangkaning praja katrima | têmbe sira ambawani ||

--- 1 : 54 ---

12. wibawa dipati mulya | sasat ratu kajaba liring kardi | karti kartaning praja gung | kasrah ing astanira | dyan kêkalih sandika umèstu dhawuh | wêwangsite wali tama | sakiswa datan ngowahi ||

13. wêktu pajar samya salat | byar raina pangran ngandika aris | wis radyan mangkata gupuh | dyan mangaras gya bidhal | praptèng wana Roban wingitnya kêlangkung | critane kuna kèh setan | hidajil utawa bêlis ||

Tindake radèn kêkalih mangetan tumêka ing alas Roban olèh kanthi Ki Wanasalam

14. sêdene bêburon wana | galak sigêg ing riku wontên dèsi | ing Salam wastaning dhusun | wontên sajuga janma | duskarta yu putus monah laku dudu | tan ngeman umuring liyan | Ki Wana pêparabing sih ||

15. kasub kasumbagèng jana | Kyai Wana kapanggih karti juti | dhasar trahing waswa ngriku | yatim tur tanpa kadang | nanging Kyai Wana ambêk dir gumunggung | anggunggung wran wani laya | gya tumandang mêmatèni ||

16. yèn antuk arta barana | tanpa sesa kadum wong pêkèr miskin | ajêg lampahnya misungsung | pra wrêda dama nistha | kapinujon Ki Wana bêkta wran catur | sêdyaning tyas yun mbêbegal | tantra kapêthuk wran kalih ||

17. Radèn Patah lan Dyan Timbal | nèng madyaning wana Ki Wana angling | hèh mandhêga wong lumaku | sun ambil sangunira | rajabrana myang panganggo kang kok rasuk | Dyan Patah alon ngandika | hèh durta ingsun wènèhi ||

18. Radèn Patah sigra-sigra | usus-usus ingkang isinya ringgit | dinar dirham mas umancur | sing kêkolor sadaya | kinalungakên mring Ki Wana munggwing gulu | hèh wong mbegal ywa sirarda | kelangan sajêgmu urip ||

19. kaya nora bisa têlas | tandya laju radèn lan para abdi | sigêgên Ki Wana sampun | mbuka kang isi arta | sanalika wong lima

--- 1 : 55 ---

netranya limut | pêtêng nggagap mêk-êmêkan | tan wruh sajuga punapi ||

20. ing kalbu bingung sadarpa | wus anduga kêna upaya sandi | gya tobat maring Hyang Agung | nalangsa mèh apura | yèn waluya kula yun ngabdi mangèstu | mituhu karsa paduka | mring radyan priyagung kalih ||

21. gyantuk parmaning Hyang Suksma | sirna ilang sakala netra pulih | padhang gumemblang lir mau | sigra nututi radyan | usus-usus mêksih kinalung ing gulu | panca janma enggal-enggal | saonjotan gya kaèksi ||

22. anguwuh-uwuh Ki Wana | dhuh gustiku satriya kang lumaris | kula ngaturakên wangsul | brana kagungan tuwan | lawan malih yèn panujyèng karsa ulun | sumêdya mèstu paduka | nglêbur tapak amakathik ||

23. radèn aris pasrangkara | krana apa de sira melik kapti | seje tekadmu karuhun | Ki Wana tur prasaja | purwa madya wusanane têmah nusul | radyan mèsêm sukur ring Hyang | pêpêsthèn kodratu'llahi ||

24. yèn mangkono sêdyanira | sun tarima de sira darbe eling | utawa catur janmèku | age padha balia | mung si Wana bae prayoga tur tut. pungkur | sarta sun paringi aran | Ki Wanasalam prayogi ||

Radèn Timbal katampan pamagange ana ing ngarsa Nata Sri Pamasa ing Majapait

25. laju tindaknya rahadyan | janma papat kang mbegal sun lilani | gya wangsul pinaring sangu | wang sêmat catur dasa | sigra-sigra ing marga mahya ing rêmbug | Radèn Patah angandika | ring Radèn Timbal kang rayi ||

26. hèh yayi prayoganira | andum gawe mituhwèng sabda wali | jangka-jangkanirèng wahyu | sira age têrusa | amaganga Wilatikta Jêng Sinuhun | dene rowang kalih dasa | gawanên mring Majapait ||

--- 1 : 56 ---

27. kang rayi matur sandika | ing sasmita ing rèh wirayat wali | tan lênggana sêmbah nuhun | mèstu karsa paduka | gya manimpang mung Ki Wanasalam kantun | Dyan Timbal laju kirdhanya | wran kalih dasa umiring ||

28. prapta têtirahing praja | tandya malbèng panggya Rêkyana Patih | Gajahmada sampun konjuk | ingkang jêng sri pamasa | wus katampèn pamagangira dyan bagus | sri nata dhangan ing karsa | ring Radèn Timbal langkung sih ||

Radèn Patah katampan panyantrine marang Wali Susuhunan ing Ampèlgadhing kinèn adhêdhukuh ana ing alas Bintara

29. warnanên ingkang tinilar | Radèn Patah mung kantun prêpat kalih | rêreyongan lampahipun | lawan Ki Wanasalam | kang sinêdya ing cipta Rahadèn Bagus | sowan dhatêng Ampèldênta | jêng sunan wali utami ||

30. nêngna ingkang kawarnaa | putranira Jêng Sunan Ampèlgadhing | tapa ngluwat ingkang sêpuh | ntuk wênganing Hyang Suksma | ajêjuluk Prabu Satmata wus kasub | ngadhaton ing Giripura | nulya arinira malih ||

31. Sèkh Bênthong Uliya tama | kèh mujijad kabul ingkang pangèsthi | jêjuluk Jêng Sunan Kudus | ri malih priya nama | Sèkh Mulana Iskak nèng Giri Kadhatun | kasusra ing mancapraja | wali lêpas ing pambudi ||

32. nahên ingkang kawuwusa | Radèn Patah nuju têlênging galih | mangetan lampahnya têrus | lawan Ki Wanasalam | tan winarna ing marga samana sampun | prapta Ampèlgadhing tandya | kaparêng jêng sunan lagi ||

33. lênggah pra sahbat sumewa | lir caraning praja datan salisir | kasaru satriya rawuh | kanthi prêpat sajuga | gya sumaos ing ngarsanira sang wiku | kagyat mring kang anyar prapta | cahya nuksmèng sanubari ||

--- 1 : 57 ---

34. tan samar wali utama | myat nubuwat ngawêngi ingkang prapti | nanging sêngadi tan wêruh | jêng sunan angandika | hèh satriya saka ngêndi pinangkamu | sapa panêngran kang nyata | paran prapta ingkang karsi ||

35. Radèn Patah matur nêmbah | jêng paduka ndangu pinangka mami | Sumatra asal pukulun (ngaulun) | kitha tanah Palembang | dene nama kawula ingkang wus kasub | pun Patah ingkang tanaya | Arya Damar Sang Dipati ||

36. praptamba ngriki sadarpa | kumacèlu adrêng yun dadya pikir | pruwita silaning kawruh | samana Radyan Patah | wus pinajar sadaya winulèng 'ilmu | cukup cakêp tyasnya tampa | ngênting pamunah undhagi ||

37. tinarima mring jêng sunan | Radyan Patah tandya ingambil siwi | yayah tanaya satuhu | trus pinèt mantu putra | lan maninge radèn kinèn adhêdhukuh | ana ing wana Bintara | radèn tan lêngganèng kapti ||

12. Dhandhanggula

1. kadya madu sabdanya sang mulki | mring Rahadyan Patah paring wulang | sabarang winarahake | sadaya wus kagêlung | katêkêm ing tyas arda wêning | tumulya kangjêng sunan | bêbisik sung tutur | wahyaning wahyu wibawa | ambawani lajêring ing pulo Jawi | kita pêpakuningrat ||

2. mila radyan enggal sira ngalih | anjangkaha wahananing jangka | titising wahyu karaton | nadyan papêsthèn kulup | nora yogya yèn tan kabudi | budayaning pangreka | tumuruning wahyu | nubuwat enggal tumêrah | ge mangkata kulup ing sadina iki | lan garwa brayatira ||

3. sandika gya nglaksanani kapti | dhawuhing guru tur maratuwa | ing marga tan winiraos | samana sampun rawuh | ing Bintara atata rakit | watara sampun dadya | arja kèh wran mèstu | konjuk Kangjêng Sri Pamasa | Wilatikta ing Bintara sampun dadi | kutha gêmah raharja ||

--- 1 : 58 ---

Pamisudha Nata Sri Pamasa ing Majapait marang: Radèn Patah nama Adipati Natapraja ing Bintara kalilah mêncarake agama Islam marang kang sarju Radèn Timbal nama Adipati Pêcattandha ing Têrung

4. ciptaning tyas jêng sri narapati | sokur bagya si Patah kang karya | mulyaning Bintara rame | nata nimbali gupuh | Radèn Timbal sabdaning aji | hèh sira lumakua | dhewe dipun gupuh | kakangira kaki Patah | kang dhêdhukuh ing Bintara sun timbali | sandika gya lumaksa ||

5. ing Bintara mdhawuhkên ndhawuhkên. sabda glis | sampun kerid ing byantara nata | Dyan Patah lajêng manguswèng | nor raga marikêlu | jêng pamasa sadarpa asih | kang putra gya ingangkat | winisudhèng luhur | pinaring pangkat Dipatya | Natapraja ing Bintara kinèn ngêlih | aranna kitha Dêmak ||

6. Radyan Timbal ugyantuk ponang sih | kawisudha lênggah adipatya | ing Têrung lungguh nagrine | nama pinundhut sampun | sinalinan nama Dipati | Nararya Pêcattandha | dhawuh wus misuwur | Kyana Patih Gajahmada | byawarakna ing praja lyan tanah Jawi | wradining nusa Jawa ||

7. duk samana Rahadyan Dipati | Natapraja ring ari ngandika | hèh Pêcattandha sun darbe | mring sira wêling unjuk | unjukêna mring sri bupati | lamun parêng ing karsa | sun nuwun pangèstu | ngislamake bangsa Jawa | ingkang rayi inggih kawula tur uning | gya munjuk sri narendra ||

8. dhawuh dalêm wus parêng ananging | sêsênêngan kang sarju kewala | kang tan sênêng ywa pinêksèng | Pêcattandha gya matur | marang raka dhawuhing aji | wus trang kang pangandika | Radèn Patah kondur | Bintara kitha ing Dêmak | amituhu dhawuhing rama narpati | tantara praptèng Dêmak ||

--- 1 : 59 ---

Wali Sèkh Maulana Mahgrib ing Guwa Langse kauningan tapane dening Sèkh Malaya

9. kawarnaa wali mangun tèki | Maulana Mahgrib mangun brangta | nèng Glagahwangi wus ngalèh | pinggir sagara kidul | Guwa Langse Mulana Mahgrib | tan dhahar datan nendra | miwah datan nginum | wus lami antaranira | nganti kiswa mustaka kinarya linggih | kênaka ting carêngat ||

10. mlêng sucipta yayah gusthika di | tanpa mosik lir wahyèng sêmbawa | amung netra kêdhap-kêdhèp | muja tibaning kayun | ngislamakên janma ing Jawi | ucapên Sèkh Malaya | lêlana lumaku | nurut tirahing jamuna | saking wetan mangilèn lampahnya prapti | Guwa Langse uninga ||

11. gêtun ngungun ngunandikèng galih | kaelokaning Allah Ta'ala | de ana janma mangkene | lan apa kang kinasdu | wran mujadah kang kaya iki | ya ta Sèkh Maulana | ngandika jro kalbu | hèh ta jêbèng Sèkh Malaya | aja tambuh mundhak sira angribêdi | sun lagi imbal sabda ||

12. lan Pangeran ingkang sifat kadim | ingsun kira sira ya tan bisa | wruh asma musamèng Manon | mêksih kurang tapamu | kaya priye wran dadya wali | tan bangkit imbal sabda | lan Kang Murwèng Tuwuh | kagyat ing tyas Sèkh Malaya | he e sapa de wêruh sabdaku batin | tur nganggo ngerang-erang ||

13. marang ingsun têtela wran luwih | yèn mangkono sun dhewe kang tuna | durung khusus sêdyaning wong | tapaku durung gêntur | dene mêksih dèn isin-isin | Allah nyuwun ngapura | tobat amba katur | têmbe pan boya ping karwa | pisan-pisan ngina ing samèng dumadi | tur sun cinacad mêntah ||

14. awit kula dèrèng sagêt panggih | imbal sabda lir ingkang atapa | munajad nèng Guwa Langse | Sèkh Mlaya nulya têrus | ngulon nurut tirahing jladri | lampahe murang marga | wanarga asingup | ciptanya yun mangun tapa | mêksih cingkrang pujine samadi ening | tan lami Sèkh Malaya ||

- -- 1 : 60 ---

Sèkh Malaya tapa nendra ana ing dalan prapatan tanah Grêsik Cirêbon kauningan Pangeran Modang

15. ngalèr ngilèn praptèng tanah Grêsik | ing Cirêbon wastane kang kitha | Sèkh Mlaya tandya aturon | prapatan ing marga gung | ngathang-athang mlumah asta dwi | sidhakêp kêjèp netra | nèng madyaning lurung | warnanên pra janma liwat | jalu èstri umyung gègèr wruh sujanmi | tan kaprah anèng dalan ||

16. tur laknyana ngadêg brajamusthi | dhasar mêksih taruna sêmbada | kasusra warta janma kèh | samana sampun katur | marang Pangran Modang anggalih | nyakrèng tyas wali tama | jêng pangran dhêdhawuh | marang garwa sêlirira | kinèn nggodha caraning wadon minta sih | pra garwa wus busana ||

17. gandawida ingkang marbuk minging | wus kinayang busana di raras | tandya lumaksana age | tri lasmi ayu lurus | mêdêd kongas tan ana mirib | kirdha tantra wus prapta | janma di kang turu | kang laknyana ngathang-athang | brajamusthi sakaki ngayuh manginggil | wanita yu anggodha ||

18. dèn mêk-êmêk nggènira mêtêki | datan mosik ingkang tapa nendra | gya pangarasan tumèmpèl | mring grananing kang turu | mêksih ngeca-eca kang guling | malah mangkrêt sakala | brajamusthi alum | saya lit mangkêrêt cêndhak | ponang dakar wus dadi sacabe aking | mundur kang samya nggodha ||

19. tur uninga dènnya nglêksanani | anggêgodha janma ingkang nendra | malah mangkêrêt dakare | Pangran Modang gya emut | bokmanawa wali kang guling | tandya jêng pangran tindak | pribadi yun pangguh | lumaksana tantra prapta | Pangran Modang sigra lênggah anjèjèri | nèng dagane kang nendra ||

20. datan samar jêng pangran mangèksi | yèn uliyaning Allah Ta'ala | dadya mung tinêngga bae | dangu antaranipun | ngantya sapta ari tan nglilir | pangran gya uluk salam | salam 'alaikum | tanggap 'alaikum salam | gragap wungu ngrangkul dene sira yayi | nunggoni wran barata ||

--- 1 : 61 ---

21. pangran matur lah sumangga mugi | kula turi mampir wisma amba | Sèkh Malaya ngandika lon | bangêt tarimaningsun | nanging durung yayi sun mampir | mêksih anggêntur lampah | ngulati ing guru | Jêng Sunan Benang mring Mêkah | sigra-sigra pangran kondur tan winarni | tumulya Sèkh Malaya ||

Sèkh Malaya arsa munggah khaji marang Mêkah cinêgat ing marga dening Sèkh Maulana Mahgrib

22. kusung- kusung pamungsènging galih | dènnya sêdya khaji marang Mêkah | ucapên Mulana kaot | Mahgrib ingkang nênungku | anèng Guwa Langse tan wigih | waskithèng alus lêmbat | ring Sèkh Malaya wruh | derarsa ring Ka'batu'llah | pinêthukkên ring marga dening Jêng Mahgrib | hèh jêbèng aja lunga ||

23. kagyat njumbul Sèkh Mlaya tan angling | ho o dene sira kaya bocah | yun mring Mêkah pa gawene | wruhanta Mêkah iku | Sang Isma'il tilasnya lair | Jêng Ibrahim kang yasa | rupa masjid patut | yèn kita ngèsthi punika | sêsêmbahan brata lah lakuning eblis | kokpuja puji mêntah ||

24. jroning Ka'bah Baitu'llah sayêkti | sêpa sêpi kita tan wruh Allah | rèh dudu kono ênggone | marma Mêkah mbuh mau | tinakonan nora patitis | hakekate Baitu'llah | tan adoh ing kalbu | aja ing Mêkah Madinah | nadyan bumi langit tranggana lan sasi | surya saisinira ||

25. wus dumunung nèng sira pribadi | wruhanamu Mêkah iku gambar | saisine jagad kiye | gambar ananirèku | jroning gambar sira mênuhi | cocog lan dalil Kuran | 'alamu'lkabiru | makala saheru'alam | pardikane jagad gêdhe manjing cilik | lah iku ananira ||

26. lah cobanên sira lumyat carmin | katon ana sajêroning kaca | tan siwah ing jagad kiye | dèn awas suwarnamu | ana rupa kaya sirèki | kabèh sajroning kaca | gambar kaya iku | lan sakèhing conto dunya | iya sira kang cinonto jroning jisim | pagene sira arsa ||

--- 1 : 62 ---

27. munggah khaji marang Baitu'llahi | lirnya Baitu'llah omahing Allah | têkèng kono nora wêroh | mangka Allah satuhu | ora adoh ananing Gusti | Gusti lawan kawula | sajatine kumpul | lamun pisah kayaparan | lamun kumpul kayaparan nggonmu ngèksi | ywa sira salah cipta ||

28. Sèkh Malaya samana wus tampi | sabdaning Jêng Sayid Maulana | sadarpa suka sukure | dera tampi pituduh | tandya matur nrêpana mèt sih | dhuh Sang Maha Widagda | kawula yun mèstu | tumutur saparan tuwan | nglêbur tapak mêminta jarwaning wadi | tambahnya rèh sasmita ||

29. Jêng Mahgribi angandika aris | aja kita jêbèng yun mruwita | mring kita salah têmahe | tan sayogya tinêmu | marang gurunira ing nguni | yèn durung antuk lilah | iku tan pakantuk | balik amung nglakonana | gêntur tapa nèng têpining kali ngriki | sêsèndhèna galinggang ||

30. sira bakal dadi wali tami | tur panutup pungkasaning ulya | jroning tanah Jawa kabèh | Sèkh Mlaya gyarsa ngujung | Jêng Mulana tan arsa tampi | cinêgah kipa-kipa | jêbèng iku dudu | sajatine sira padha | lawan ingsun marma tan kêna ngabêkti | lah wis sira kèria ||

Sèkh Malaya tapa têpi kali sèndhèn galinggang akhire jêjuluk Susuhunan Kalijaga

13. Pocung

1. pucung gya nut Sèkh Mulana kang sung tutur | nèng têpi narmada | sêsèndhèn galinggang jati | ciptèng driya nêgês ring Hyang Dzat Kang Mulya ||

2. datan keguh ciptanya sadarpa kukuh | panungkuning sabda | timbula wirayat lair | amungkasi wêkasaning pra uliya ||

3. tantra dangu satus dina anèng ngriku | tandya kramat prapta | mratandhani wahyèng gaib | glinggang thukul pangnya ngrêda angrêmbaka ||

--- 1 : 63 ---

4. sasat payung ngayomi dadya kêkudhung | saking kodratu'llah | tandha sinihan Hyang Widhi | wus mangkono kodrat gumêlaring dunya ||

5. prandenipun srirarda lêsah ngalumpruk | ananging nubuwat | ngawêngi waktra da wêning | wus têtela wahyaning wahyu utama ||

6. gantyèng wuwus Sunan Benang dènnya kondur | saking salat Mêkah | ngampiri kang tèki-tèki | Sèkh Malaya nèng glinggang pinggir narmada ||

7. wus tan keguh Sunan Benang gya kapangguh | nabda uluk salam | Sèkh Malaya gya nampèni | ring sabdane ing guru 'alaikumBaca: alekum. salam ||

8. dupi ndulu sunan ebat jroning kalbu | kawistarèng lama | sêsèndhèn gulinggang jati | cukul maglah mangrêda kèh kang brêdapa ||

9. sunan muwus hèh jêbèng sira wus kosus | deranta subrata | tinarima ing Suksma di | wahananya mukanta lir prabèngkara ||

10. sira iku sun angkat nama jêjuluk | Sunan Kalijaga | rèh sirèku anjagani | sèndhèn glinggang anèng pinggiring narmada ||

11. dadya kutup jumênêng wali panutup | rèh muktyas parasdya | mêngko saciptamu dadi | dènnya brata wah dadi paring widada ||

12. ing ran dhusun Kalijaga luwih patut | sira aywa kesah | wis kèria aja mulih | marang Benang sun ngundang garwa atmaja ||

13. benjang pungkur nusul ring sira katêmu | plas jêng sunan linggar | kawarna Sinuhun Kali | mèstu ing tyas tumandang ambabad wana ||

14. wusnya murud glagah alang-alang daut | nuli tinanêman | palawija sarwa-sarwi | krai kacang jagung canthèl timun kapas ||

15. têbu dhuku mlinjo jêruk kêpêl jambu | tantara mangrêda | karsanya Jêng Sunan Kali | yèn wus sêpuh pinaringkên pra nukarta ||

16. janma langkung miwah kanan keringipun | wrata samya ngalap | palawija tuwa dadi | suka ing tyas Sinuhun ing Kalijaga ||

17. sampun kêmput Sunan Benang dènnya nglangut | gya kondur mring Benang | praptèng wisma animbali | ingkang rayi garwane Sinuhun Jaga ||

18. paring dhawuh hèh yayi kita asung wruh | mangkya lakinira | wus jêjuluk Sunan Kali | babad wana anèng madyèng Kalijaga ||

--- 1 : 64 ---

19. tantra dangu barang kang tinandur mêtu | sira sumusula | mring Kalijaga sun irid | nging wêkasku sira aja taha-taha ||

20. gya mêmatut tata miranti mangèstu | mring raka Jêng Sunan | Benang wus bidhal ndhingini | nêdya njujug kêbon timunan mawarna ||

21. sampun rawuh tan ana juga janma wruh | sadaya tuwuhan | palawija nêdhêng ndadi | binêthotan binuwangan mring narmada ||

22. têbu-têbu timun-timun jambu-jambu | woh wus karontogan | tan ana sawiji kari | gya jêng sunan asung salam mring arinya ||

23. aparing wruh jêbèng garwamu manusul | barêng lawan ingwang | dupi wus parêk ndhingini | tan antara para grawagarwa. brayat prapta ||

24. sigra malbu ing wisma tan ana gigu | samana Jêng Sunan | Benang angandika aris | hèh ta jêbèng yun mring kêbon sun mariksa ||

25. arsa ngundhuh sabarang wêtuning ngriku | Sunan Kalijaga | sumangga mèstu sakarsi | tandya tindak pra èstri samya tut wuntat ||

26. praptèng kêbon jêng sunan kagyat andulu | lumyat ing tanêman | kang wus binêdholan pulih | nora mantra-mantra yèn mêntas karusak ||

27. arda ngungun Sunan Benang ngandika rum | yayi Kalijaga | sira wus tinrimèng Widhi | sakarsanta pêsthi jinurung Hyang Suksma ||

28. têtela trus mahyèng kadibyanta kabul | mangkono wran brata | yèn têmên-têmên pinanggih | barang karsa sakarsa cinipta dadya ||

Susuhunan Kalijaga kaidèn jumênêng dadi ganêpe wolu para wali kang pamungkas

29. sèwu sokur sira sinihan Hyang Agung | dupyantara dina | jêng sunan ngandika malih | hèh ta jêbèng Kali sira tumutura ||

30. kirdhaningsun ring Giripura sêdyèngsun | tur uning bab sira | sun angkat wali mêkasi | nyuwun idi sang prabu ing Giripura ||

31. de garwamu kèri nèng kene têtunggu | arjaning tanduran | lêstarine desa iki | gya laksana Sunan Benang Sèkh Malaya ||

32. tantra dangu ing marga Giri wus rawuh | nuju pasang yogya | pêpak pra 'ulama wali | rêraupan tamu karwa gantya-gantya ||

--- 1 : 65 ---

33. nulya matur Jêng Sunan Benang mring wiku | Sang Prabu Satmata | yayi kula nyuwun idin | Sèkh Malaya sun angkat sunan samangkya ||

34. ajêjuluk Sunan Kalijaga antuk | rèh wus kasatmata | wahyaning wahyu 'ulami | maha brata dadyaksi sasêdyanira ||

35. sunan manthuk sadaya pra wali kutup | samya mèstutyarja | jangkêp wolu para wali | Sunan Kalijaga jumênêng pamungkas ||

Susuhunan Benang mêjang pangawikan jati marang Susuhunan Kalijaga

36. tandya matur Jêng Sunan Kali mring guru | dhuh Jêng Sunan Benang | kula nyuwun ngatas karsi | rèhning amba dèrèng antuk pangawikan ||

37. nyuwun tuduh wêjangan kang mêmêt nyamut | kula têksih kirang | Jêng Sunan Giri ngidèni | manabda rum mring kang raka Sunan Benang ||

38. lêrês èstu pun Kalijaga puniku | yogya pinaringan | pangawikan ingkang muksis | sampun ngantos kirang pangêkêring karsa ||

14. Maskumambang

1. anglir rukma Sunan Benang dèn dhawuhi | ring Prabu Satmata | nayogyani mêjang maring | Sunan Kali wali tama ||

2. gya ngupaya giyota kinarya mirid | nèng madyaning rawa | wus antuk palwa sawiji | anuju ari Jumungah ||

3. tanggal kaping catur wêlas anêlahi | Sunan Benang lawan | Jêng Sunan Kali anitih | wakciwanci. ndungkap surup arka ||

4. duk samana giyota wus dèn wêlahi | lumarap manêngah | pinuju bêncana prapti | ponang palwa bocor ngandhap ||

5. sawatara rèh kalêbonan ing warih | Jêng Benang ngandika | yayi pinggirêna dhingin | popokên kisma kewala ||

6. kalêksanan palwa minggir Sunan Kali | ngambil lêmpung abang | kapopokakên tumuli | rapêt lumarap manêngah ||

--- 1 : 66 ---

7. duk samana sampun dumugi ing wanci | madya ratri lagya | ombak kombul ingkang warih | tandya jêng sunan mambengat ||

8. wus katêkêm jêmpolnya Jêng Sunan Kali | tanggap karna pasang | la ilaha illa'llahi | Mukhammad rasaning Allah ||

9. de jarwane tan ana Pangran Sajati | anging Gusti Allah | Mukhammaddun Rasullahi | Mukhammad rasaning Allah ||

10. de larape ma'na kang mangkono yayi | Jêng Nabi Mukhammad | dumunung manusa iki | atas karsaning Dzat Mulya ||

11. sayêktine manusa bodho linuwih | pangucap pangganda | pamyarsa miwah pangèksi | nora pisan darbe sira ||

12. wujud siji sajatine mêngku kalih | Gusti lan kawula | roro pisan campur siji | darbe sifat kalih dasa ||

13. kang mangkono kang aran sifat Mangani | lamun Ma'nawiyah | pancadriya kang rumanti | kabèh darbèking manusa ||

14. Gusti iku tan kuwasa nguwasani | kabèh saka sira | mangka sajatine eling | mêngku siji nora kêna ||

15. dene ingkang jumênêng Suksma Sajati | cangkramèng jiwangga | ingkang datan darbe karsi | ingaran Dzat wujud mutlak ||

16. kang hakiki hakekate Dzat Sajati | kawêngku ring sira | ran khayun bi la rahokin | ingkang tanpa roh uripnya ||

17. mung pribadi kang tan mèlu lara pati | nora darbe karsa | mung langgêng tanpa upami | wong Budha ran Hyang Pramana ||

18. damar murub patine lunga ring ngêndi | Sunan Kalijaga | trangginas dènnya nampèni | asta mubêng suraweyan ||

19. wujudu'llah yayi sun tan bisa sung wrin | mung srana pralambang | guru tan bisa tur uning | upayanên kang kapanggya ||

20. Sunan Benang sadarpa ngungun ing galih | dèrèng sung sasmita | ingkang rayi cêg nampèni | têrang têrus tanpa taha ||

21. Sunan Benang ndugèkkên sajar kang rayi | malih jêbèng sira | sun jarwani kang hakiki | wong pana marang Dzatu'llah ||

22. kudu ngèsthi ênggone rasa sajati | mlênging cipta rasa | narupakkên bangsa isin | asmaning manusa nyata ||

--- 1 : 67 ---

23. kanyataan sira kang wujud hakiki | nèng sadalêm tekad | ywa nyipta wujud kêkalih | siji ingkang kaya sira ||

24. Allah iku satêmêne sifat kadim | tan 'alam wiwitan | tur nora karsa miwiti | langgêng datantara masa ||

25. kang wus nora kacakrabawa ing jisim | yèn sira yun pana | prêmanêm jatining janmi | sêbutên kumpuling rasa ||

26. kang bisa nir kawula wus tan udani | mung Dzat kang rumasa | kabèh kang wujud Allahi | manjing purbaning antaya ||

27. nêbut klimah alip mutaklimun wakit | gambare asma'llah | manthêr nèng wadana yakin | dadya tandhaning manusa ||

28. kang kuliling lan mlêbu mahya sastra lip | lah jêbèng punapa | cupana jarwaku yayi | Sunan Kali nulya ngasta ||

29. kagyat ing tyas sunan kang duparèng yayi | dera bijaksèng khaq | saha tampi sasmita di | yayah sirna bumi kasa ||

30. malih nabda Jêng Sunan Benang mring ari | hèh jêbèng pa nyata | wus bangkit pasêmon jati | jati-jatining manusa ||

31. pakumpulan ing rahsa sadalêm budi | klowongan bawana | de gambar sastra sawiji | Sunan Kali tur prasaja ||

32. sung sasmita dinuk ing nayana ngèksi | gaib tanpa srana | sumangga kula turi wrin | muksis ehe bolong têngah ||

33. kang minangka klowongan jagad sakalir | mindrawa antaya | kababar ujwalèng budi | dene kang mêngku rahsanya ||

Dumadine Sèkh Lêmahbang iya Sèkh Sitijênar

34. dupi mahya ing kawruh tanpa ling-aling | mahya gara-gara | gêtêr dhèdhèt erawati | yayah njêmblong bumi kasa ||

35. padhang nrawang sumilak tanpa ling-aling | lir jamuna rêtna | katêmpuh pratanggapati | prabawaning pangawikan ||

36. wus têtela janma ro sinihan Widhi | nayakaning tama | kang wus sidik aminihi | tuhu mardikèng rat dunya ||

--- 1 : 68 ---

37. Kangjêng Sunan Benang ngandika wor tangis | hèh yayi jarwanta | dènnya ngêcup sasmita di | kaplangkah datanpa wrana ||

38. katujune anèng palwa madya rawi | tan ana sajuga | umèksi kewan wanadri | jare para wali tama ||

39. sapa-sapa wani mbuka sêngkran Widhi | nadyan kewan myarsa | jlêg dadi janma linuwih | mangkono kodratu'rrahman ||

40. lagya kèndêl tandya na swaraning janmi | matur ngrêp pamyarsa | ring jêng sunan kula tampi | sasmita kang wus kawahya ||

41. sabdèng tuwan klamun kewan dadya janmi | rèh kula wus dadya | nanging dèrèng luwar saking | sirna jatine têtaga ||

42. de samangke sampun bangkit tata janmi | prabawaning wêjang | mbuka wrana tanpa wadi | dilalah karsa Dzat Mulya ||

43. bagya sokur dunya akhir tanpa pami | kagyat kangjêng sunan | hèh swara apa kapyarsi | sajarwa trang trus prasaja ||

44. matur ing jêng kawula punika cacing | lur manggyan lêmah bang | lagyeca ni'mat aguling | katut binêkta ing palwa ||

45. lawan wisma amba dèn raup tan kari | tuju atma garwa | tan katut tumrap ing kèci | amung kawula pribadya ||

46. kagyat amba wontên swara erawati | nglilir lir siniram | ing tirta martama bumi | rumasuk sadalêm cipta ||

47. lah makatên pamêdharnya Sunan Kali | uninong anana | milamba nyuwun sabda sri | sampurnane wrêjit kula ||

48. sabda janma nanging mêksih wujud cacing | jêng sunan sakala | ngandika hèh sira cacing | sirna dadya janma tama ||

49. jlêg sakala wrêjit wus dadya sujanmi | sabdèng wiku tama | jinurung sasabda dadi | dene wardaya nirmala ||

50. pasrangkara marang ingkang malih warni | hèh cacing sirarja | antuk parmaning Hyang Widhi | murcèng wrêjit dadya janma ||

51. dèrèng darbe panêngran janma hakiki | sun paringi têngran | jêjuluk Sèkh Siti Abrit | iya karan Sitijênar ||

52. duk samana dupi prapta bangun enjing | trontong-trontong pajar | kèci winêlah mring pinggir | yun salat subuh mring dharat ||

--- 1 : 69 ---

53. Kangjêng Sunan Benang minangka ngimami | makmum Sèkh Malaya | Sang Sitijênar mèstuti | makmum ingkang dadya imam ||

15. Sinom Teks asli: Sinim.

1. roning kamal bakda salat | Sunan Benang ngandika ris | ring Sinuhun Kalijaga | hèh jêbèng tatkala ratri | ngong mêjang ring sirèki | rumasamba luwih gêtun | nganti saiki iya | mêksih ingsun eling-eling | paranbaya de sira nyakêp sasmita ||

2. gumun pancèn durung bisa | pangêcupmu malah luwih | ngungkuli wêjangan ingwang | sun malah gêtun umèksi | kiraku durung uning | wruhku saka pambatangmu | kosise babar pisan | marma yèn panujyèng kapti | sun mruwita lah wêjangên kawruhanta ||

3. gudèl sinusu maesa | kyai guru dadi murid | puluh pinêsthi tan kêna | karsaning Hyang Maha Suci | sira antuk patitis | antuk wênganing tyas muluk | dibyèngkara sasmita | ing tekadmu ngèsthi wêning | kumacèlu jêbèng sira jarwanana ||

4. Sèkh Malaya aturira | sasagêd kawula kyai | tandya samya rêrangkulan | Sunan Benang anampèni | kawruh ingkang linuwih | ngungkuli kagunganipun | wusnya tampi kajaja | ing cipta sadarpa ngèsthi | wus têtela Sèkh Mlaya wali pamungkas ||

5. samana Jêng Sunan Benang | èngêt ing Jumungah ari | sêdya salat ring Baitu'llah | angandika mring kang rayi | hèh jêbèng payo maring | Mêkah ngiras salat luhur | Jumngah wali sadaya | sun watara wus rumiyin | age-age samya nusul triwikrama ||

6. Sèkh Sitijênar kèria | rèh sira durung patitis | tamtu sira durung bisa | Sèkh Lêmahbang matur aris | datan kewran tyas mami | Mêkah Madinah tan ewuh | nadyan bumi ngakasa | sadaya wus wontên ngriki | kagyat ngungun jêng sunan mring Sitirêkta ||

7. Sèkh Mlaya matur ring raka | lah sumangga mupung enjing | mangkat Jumungah ring Mêkah | tandya samya asamadi | sidhakêp asta kalih | nutup madya siku kumpul | ngèksi tikswaning grana | ngêningkên tingal kang wêning | kangjêng sunan sakalihan praptèng Mêkah ||

--- 1 : 70 ---

8. Sitijênar wus nèng Mêkah | mêthukakên Sunan Kali | myang Sunan Benang sru kagyat | Rêkta sira wus ndhingini | Lêmahbang matur inggih | ngungun sunan kalihipun | gya malbèng Ka'batu'llah | sadaya wali wus panggih | pêpak anèng sajroning Baitu'lmukaddas ||

9. wali sanga samya salat | bakda salat antuk wangsit | saking Jêng Nabi Mukhammad | swara di langkung dumêling | ing Jawa mangkya kenging | angadani masjid agung | nimbangi ing Baitu'llah | sadaya pra wali amin | sarta mawi pinaringan surat kutbah ||

Para wali arsa ngadêgake masjid ing Dêmak

10. samya suka sukur ring tyas | bakda Jumungah pra wali | kondur marang tanah Jawa | njujuk ing Dêmak tumuli | panggya dyan Adipati | Natapraja paring wêruh | hèh jêbèng dyan dipatya | wruhanta mangke wus kenging | para wali nimbangi masjid ing Mêkah ||

11. Jêng Sunan Giri ngandika | marang rahadyan dipati | hèh ta jêbèng Natapraja | sira katêmpuh ngupadi | têtulung kayu jati | blandar pangêrêt rèng usuk | wuwung tali lan sirap | dene sagung para wali | kabubuhan saka-guru ingkang papat ||

12. para mukmin saka rawa | sandika radyan dipati | samana undhang warata | pra punggawa narakardi | ngupaya kayu jati | sadaya pra wali rujuk | byantu sajuga karsa | budhal sami angupadi | marang wana ngupa bubuhaning saka ||

Patêmone Kangjêng Susuhunan Kalijaga karo Prabu Darmakusuma saha garwa Dèwi Drupadi

13. ucapên Jêng Kalijaga | mentar mbêkta sahbat kalih | Iman Sêmantri lan Supa | sapraptanirèng wanadri | ngupaya kayu jati | kinarya saka kang cukup | agêng panjêngingpanjanging. wrêksa | dangu tantuk srêg ing galih | nèng madyaning wana panggih janma wrêda ||

14. sakalihan garwanira | wungkuk dêdêgnya gêng inggil | priya èstri datan siwah | kagyat jêng sunan mangèksi | arda ngungun ing galih | kaelokaning Hyang Agung | lah iki jinis apa | tandya jêng sunan mrêpêki | praptèng ngarsa anorraga ambêk krama ||

--- 1 : 71 ---

15. dhuh sang wrêda amba tannya | paduka janma punapi | asal myang sinêdyèng karsa | sintên nama paduka di | kang sinabdan mangsuli | wruhanta sun tilas ratu | tatkala jaman purwa | ing Pandhawa prajarja di | bisikan sun Sang Prabu Darmakusuma ||

16. trahing Pandhu Dewanata | dene garwaningsun iki | Dèwi Drupadi panêngran | purwèngong malaya bumi | mring wanardi kang sunyi | sadulurku samya murud | ingsun tan mèlu mikrad | wong roro lan garwa mami | marmaningsun mangkono darbe pusaka ||

17. ran pustaka Klimasada | panyêthane Hyang Pramèsthi | manira tan wignya seda | kalamun durung kapanggih | lawan wali linuwih | Sèkh Malaya namanipun | lan malih dhawuhing Hyang | iki pusakèngsun tulis | têmbe ingkang narbukani Sèkh Malaya ||

18. lamun dudu Sèkh Malaya | boya bisa narbukani | umatur Jêng Kalijaga | kapasang yogya sang aji | inggih amba puniki | Sèkh Malaya têngran ulun | pundi amba hyun pirsa | Klimasada wus pinaring | gya winaca la ilaha illa lu'llah ||

19. jatine Klimah Sahadat | klanturnya têmbunge nguni | winastanan Klimasada | sagung wong Budha ngarani | Darmakusuma ngudi | mirêng swaraning kang têmbung | la ilaha illa'llah | sadarpa ngungun ing galih | sokur suka lir siniram tirtamarta ||

20. clês malbèng sadalêm prana | ring jiwangga maratani | lan kang garwa datan siwah | samya tunggil rahsanèki | gya ngandika rum manis | Sèkh Malaya sun njêjaluk | ring sira tulungana | aja katanggungan kardi | kaya priye la ilaha illa lu"llah ||

21. umatur ingkang tinannya | botên wontên malih-malih | dalêm dunya anging Allah | de wujudnya ingkang pêsthi | ngèbêki bumi langit | mênggah Dzatnya Ing Hyang Agung | punika napas tuwan | umahya manjing tan idi | amung urip inguripan dhèwèkira ||

22. dumunung wontên paduka | nuksma ring Suksma Sajati | kumpulnya nèng ehe Allah | kang binêkta manjing akhir | milanipun yèn lalis | sadaya rahsa rinucut | tandya jumnêng pribadya | maratani bumi-bumi | gya tumungkul udrasa Darmakusuma ||

--- 1 : 72 ---

23. gêtun nggyanira malaya | durung wruh mukswaning pati | ing mangke wus pratamèng tyas | Yudhisthira ngandika ris | Sèkh Mlaya sira mangkin | sun wèhi pusakèng ratu | sawiji rupa kadga | Kyagêng Kopèk kang wêwangi | tampanana dadya pusakaning nata ||

24. kita hyun nut gamanira | manjing agama Islami | wus wruh kanggo kene kana | tur mêngku rahsa pribadi | gya marêk Sunan Kali | tumèmpèl karna kang tutuk | myang Drupada Sang Rêtna | tan siwah dera njarwani | duk samana pancal wus puput kang yuswa ||

25. susawa dwi gilang-gilang | pinaripurna tumuli | punapa caraning Islam | Supa lan Imansêmantri | ingkang samya nucèni | gya sinalatkên wus kosus | sampurna tanpa kara | kinubur madyèng wanadri | gya tinilar jêng sunan ngupaya wrêksa ||

Prakarane ula lan kodhok padha narima marang Susuhunan Kalijaga

16. Dhandhanggula

1. manis arum brangtanya ngupadi | kayu jati kang kinarya saka | anjajah ing wana gêdhe | sahbat kadwi tan kantun | Supa lawan Imansêmantri | jêng sunan kirdhanira | nèng wana katrênjuh | karcana mangsa canthoka | Kangjêng Sunan nabda Hu mring kang prihatin | lajêng sunan tindaknya ||

2. wus pinêsthi kodratnya Hyang Widhi | sarpa wal sing canthoka sarosa | rêbut jaya lawan kawon | ucul sakala mlayu | sarpa ngudi datan pinanggih | ula sadarpa cuwa | apa krananipun | de mêmangsan ingsun kendran | Sunan Kali gêndhak sikararda juyijuti. | migêna wong mêmangsa ||

3. Sang Karcana nututi yun panggih | ngatas kara ring Jêng Sunan Jaga | samana ula kirdhane | kapanggih jêng sinuhun | sarpa matur dhuh Sunan Kali | karan punapa tuwan | nguni anabda Hu | tatkala amba mêmangsa | kalampahan canthoka ucul ngendrani | jêng sunan rum wacana ||

4. hèh karcana tatkala sun uning | kita lagya sarosa mêmangsa | sawiji kang rupa kodhok | ingsun wruh manabda Hu | sajatine

--- 1 : 73 ---

hulunên aglis | rèh wajib wênang sira | dadya rijêkimu | sarpa narima sakala | wusnya mentar jêng sunan nèng wana panggih | lawan ponang canthoka ||

5. gya umatur canthoka dhuh gusti | nguni ulun katamèng cintaka | dèn mangsa sarpa mèh layon | paduka manabda Hu | têmah luwar bêbayèng pati | inggih barkahing sabda | yun wrin têgêsipun | Sèh Malaya angandika | têgêse Hu hujarna hudharna. jarwaning mangkin | kodhok sadarpa nrima ||

6. dhuh Gustiku kang sinihan Widdhi | jasad amba sinambungan uswa | kula malês matur sae | sakadar-murwat ulun | têmbe lamun paduka Gusti | ngangkat saka mring Dêmak | kawula kang ngusung | sadaya para canthoka | rèh kawula sugih brayat miwah siwi | benjang punapa tuwan ||

7. Kangjêng Sunan angandika aris | sun tarima prasêtyamu ring wang | iya samasa-masane | manira paring wêruh | tandya lajêng sunan lêstari | ndumugèkakên karsa | ngupaya kayu gung | sahbat kadwi datan pisah | kawarnaa jêng sunan nèng wana panggih | lan kang rayi Kusuma ||

Susuhunan Kalijaga nêmokake rayi Dyah Rasawulan kadhaupake olèh Jaka Supa ana ing Tuban

8. Dèwi Rasawulan ingkang tèki | tapa ngidang nèng madyaning wana | momor harina myang sato | lami antaranipun | dènnya tapa anèng wanadri | supe kamanusannya | laknyana tan keguh | mung ngèsthi tarak subrata | kapinujon kapêthuk Jêng Sunan Kali | sang dyah nggêblas lumajar ||

9. Kangjêng Sunan Kali ngandika ris | marang muridira Jaka Supa | cêkêlên kidang dèn age | wruhanta kadang ingsun | tunggal yayah-rena lan mami | kalamun bagya kêna | dadiya jodhomu | rèh kewan sadarpa jarah | saratana balangên karo rijêki | ingkang wus rupa sêga ||

--- 1 : 74 ---

10. gya binuru ingupa kêpanggih | nggêblas mlayu umpêtan kapanggya | cinêgat- cêgat playune | sarwi binalang sêkul | gya kapèpèt ing jurang trêbis | ngalumpruk wus kacandhak | sinung wastra sampun | sabuknya Ki Jaka Supa | gya binêkta ring ngarsane Sunan Kali | sang dyah tinimbul sigra ||

11. sakalemut antuk sabda wali | sang dyah nulya ngabêkti suku sang | sarwi mijil drês waspane | jêng sunan ngandika rum | sira yayi mêngko wus eling | biratên bratanira | lah muliha gupuh | ring Tuban sun kang ngêtêrna | lan yogyane wran tumuwuh anèng bumi | nambut titahing krama ||

12. iki Jaka Supa kang wèh nyamping | anasabi kawiranganira | marma bêcik dadi jodho | wong tuwa mong tumuwuh | payo mulih ring Tuban yayi | ibu rama wus wrêda | sapa kang sumulur | gênti wibawaning raga | anèng Tuban rèh sun wus jumênêng wali | sandika kang sinabdan ||

13. tandya budhal jêng sunan lan ari | Imansêmantri lan Jaka Supa | datan kawarna kirdhane | prapta ing Tuban sampun | panggya ibu sudarma sami | matur sasolah-tingkah | Rasawulan pangguh | anèng samadyaning wana | purwa madya wusana ramèbu nuli | mêluk lungayanira ||

14. ingkang rama angandika aris | hèh sutèngsun sapa sira yogya | gumanti lungguh nèng kene | rèh manira wus sêpuh | gya umatur Jêng Sunan Kali | kawula nuwun duka | mopo antuk lungguh | pan lagya nut karsèng Suksma | bokmanawi antuk begalaning urip | botên langkung pun Supa ||

15. ingkang pantês gumanti nèng ngriki | marma panuwun kawula rama | punika pinanggihake | yayah rena wus pêthuk | sarjuning tyas pangantèn kalih | bagyarsa dèn wiwaha | caraning wran agung | pangantèn putri nèng pura | ingkang priya wontên wismanya kya patih | ari sajugya nulya ||

16. kaijapkên ring Jêng Sunan Kali | kang musikum tataning gameslam | nikah esokesuk. panggih sore | bojakrama gumuruh | umyang barung

--- 1 : 75 ---

pradangga muni | Pelog Slendro manglaras | kang swara di nglangut | pangantèn laju dèn arak | mubêng praja kèh janma rare ningali | kèh kayungyun tut wuntat ||

Susuhunan Kalijaga yasa kêris Kyai Sêngkêlat

17. atut dènnya palakrama kalih | wusnya bubaran nulya pinrênah | panggonane dhewe-dhewe | dangu antaranipun | manujoni Jêng Sunan Kali | ring Supa lon manabda | rèhantya sirèku | hèh Supa sarèhning sira | dadya pandhe tur trahing êmpu linuwih | ingsun yasakna kadga ||

18. kang prayoga pantês anggon mami | aywa kusud dèn anggo 'ulama | sun karya gêgaman cothèn | lah iki bakalipun | wêsi bagus mung sakêmiri | saka ing akhadiyat | Supa lon umatur | botên dados kirang kathah | kangjêng sunan nabda hèh Supa sirapti | wêsi sagunung prapta ||

19. wus mangkono sabdèng wali luwih | barang wuwus jlêg katêkan dadya | Supa kagyat wêsi gênge | tumungkul nguswèng lêbu | turidyasmu nangis sru ajrih | triwikramaning tama | sakala rinacut | wêsi sagunung wus sirna | tanpa krana namung sakêmiri mêksih | gya cinandhak mring Supa ||

20. katêkêm ing mawa samadi ning | ngêningkên cipta ring Suksma Purba | samana wêsi wus dados | sajuga kadga bagus | warna bang lir sangkêlat abrit | gya konjuk kangjêng sunan | winawas kang dhuwung | wangunan luk tigawêlas | tur sogokan lambe gajah ngandhap kalih | waskitha kangjêng sunan ||

21. hèh ta Supa wruhanta iki kris | nama Kyagêng Sangkêlat prayoga | awit abang suwarnane | dhapur Sangkêlat iku | luk têlulas kadya puniki | lan malih kita wruha | têmbe iki dhuwung | dadya pusakaning nata | kang mbawani wibawaning nusa Jawi | nora pantês sun anggya ||

22. simpênana poma ingkang têrtip | sira amung rumat kaserenan | dene benjang ingkang nganggo | turune Jaka Tarub | kang wus kasub jangkaning wali |

--- 1 : 76 ---

Jaka Tarub punika | sutane bojomu | patutan sing walimukya | tan lantaran wit caraning sarat janmi | mung srana sabda tama ||

23. matur nuwun Ki Supa nampèni | kangjêng sunan malih angandika | Supa sun gawèkna manèh | kadga kang yogya patut | sinangklit panjênêngan wali | lah iki wêsinira | gêdhene saklungsu | asal mèt martabat wahdat | gya tinampèn ring Supa pinijêt ping tri | sakala sampun dadya ||

24. sinaoskên jêng sunan wus tampi | pêthuk ing tyas tandya sinung nama | Kiyahi Crubuk nulya ge | rinêngga wrangkanipun | yayah golok anggoning santri | kinarya sêmbêlehan | anulya rinasuk | tandya jêng sunan pamitan | mring ramèbu wangsul mring Dêmak nagari | Supa kantun wibawa ||

Ki Supa sagarwa marang praja Majapait ngujung kang rama Tumênggung Supadriya

25. kangjêng sunan lan Imansêmantri | budhal marang Dêmak tan cinrita | ing marga wuwusên mangke | Ki Supa ingkang kantun | pêpasihan lan ingkang rayi | ndumugèkakên karsa | wus antara dangu | Ki Supa pamit ing garwa | rèh wus lami yun tuwi ring Majapait | Tumênggung Supadriya ||

26. Sang Dyah Rasawulan datan apti | yèn tinilar nèng Tuban piyambak | pêjah gêsang nut kemawon | saparan ingkang kakung | nadyan mulih mring Majapait | sanadyan njajah praja | tan manêdya kantun | rèh pêthuk tyasnya Ki Supa | tandya srimbit marêk ing ibu sudarmi | pamit hyun malbèng radya ||

27. Majapait têtuwi sudarmi | rèhning wus lami datan kapanggya | ramèbu parêng driyane | gya tata-tata matut | matah janma ingkang mèstuti | pantara kawandasa | lan para pêpikul | songsong lante tumbak bolang | sang dyah nitih krêmun Ki Supa turanggi | rêspati songsong abang ||

28. tan winarna ing marga glis prapti | Wilatikta panggih yayah-rêna | widada tanpa wiyade | kêkalih tandya ngujung | Ki Tumênggung

--- 1 : 77 ---

Supa umèksi | dinangu Kyai Supa | ing salaminipun | Ki Supa matur prasaja | têrus têrang miwiti praptèng mungkasi | nahên kang ginupita ||

Adgê Masjid Agung ing Dêmak

29. tindakira Kangjêng Sunan Kali | praptèng Dêmak pra wali wus pêpak | mukmin uliya nèng kono | samya kumpulan rêmbug | dènirarsa wiyasa masjid | Dyan Pati Natapraja | wus sudhiya kayu | balok jati tumpa-tumpa | angalumpuk dadya panggonan sawiji | kirang wus jinaganan ||

30. wali sanga samya nyudhiyani | kabubuhan sakan mapat-mapat | Jêng Sunan Kali ladène | sawêg saka têtêlu | mawa triwikrama linuwih | mujijad kabulu'llah | canthoka kang ngusung | kathah para wali ebat | samya umyat kodhok ngusung kayu jati | kanyatan kabul sabda ||

31. para wali ngêbut ngundhagèni | mêthèl masah sarwa angrêmpêlas | saka-guru lawan goco | cacahnya wus kagunggung | wolung dasa kirang satunggil | rèh Sunan Kalijaga | lagya numpuk têlu | Sèh Mulana angandika | paran jêbèng sira lagyantuk wrêksa tri | kurang lêladènira ||

32. mangka benjang-enjang ngadêg masjid | Sèh Malaya umatur sandika | nggih mangke dalu ngupados | jangkêpnya saka catur | dupi ratri Jêng Sunan Kali | nglêmbur ngupadi tatal | gya katata mujur | agêng-panjangnya watarawarata. | tinatahan wus bolong purus rinakit | nyamlêng datan sulaya ||

33. lagya mêthèl Kangjêng Sunan Kali | ponang purus sakala wus sunah | tandya nyèlèhakên pêthèl | anèng kisma pinuju | wontên orong-orong umijil | saking lèng katindhihan | pêthèl jangganipun | nguwir-uwir kalintingan | sru manangis sambat-sambat Sunan Kali | gusti kula tan dosa ||

34. griwa amba pêdhot kang sasisih | punapa ta de tuwan migêna | gêndhak-sikararda awon | niayèng tanpa kogung | kagyat kangjêng

--- 1 : 78 ---

sunan miyarsi | pêthèl kajunjung sigra | orong-orong nglumpruk | tur ngundhamana têtannya | dosa-kula jêng sunan ngandika aris | dosanira kainan ||

35. datan wêruh awakmu lwih ringkih | pagene ta mrak janma mêmerang | ingsun tan maha yêktine | orong-orong umatur | dhuh Gustiku durgamèng galih | nyidrani ing kabuhan | kang wus karya dudu | datan nêdya pabên kula | mung minta sih waluyaa kadi nguni | paduka kang sinihan ||

36. yèn mangkono sira sun tulungi | bokmanawa antuk parmaning Hyang | atas luputira dhewe | rong-orong gya sinambut | gulunira kang nguwir-uwir | sinambung srana tatal | jati wus rahayu | pulih kara-kara tanpa | wus pinêsthi karsaning Hyang Dzatu'llahi | rong-orong githok tatal ||

37. rah- tumêrah prapta ing samangkin | orong-orong gothok sambung tatal | lah iku purwa asale | midrawèng jagad kêmput | saking sabda wali linuwih | bawaning kaelokan | tan kêna ginayuh | warnanên wus bangun enjang | para wali pêpak mandhegani kardi | dadyaning karsa juga ||

17. Asmaradana

1. brangta pra 'ulama mukmin | kyai santri desa-desa | gêdhe cilik wus mirantos | Dyan Dipati Natapraja | njênêngi narakarya | pratinggi sêndhi myang kaum | cèngkèk bayan kamituwa ||

2. umyung umyung kèhing janmi | nganti tan kenging pinetang | swara ting crêngkling ting jrêthot | barung swaraning 'ulama | pujian puja muja | donga srabat balasrèwu | widada pudyaning sêdya ||

3. Jêng Sunan Kali murwani | midik mlêng paraning cipta | triwikramantuk ciptane | krana mahya saking kira | saka tatal tinêpak | ngadêg pribadya nggènipun | sakaguru kang lèr wetan ||

4. lor kulon Jêng Sunan Giri | ciptèng tyas hyun triwikrama | kidul kilèn Sunan Ampèl | kidul wetan Sèkh Mulana | prasamya nunggil karsa | mlêng wikrama rèh satuhu | tinampèl ngadêg sadaya ||

--- 1 : 79 ---

5. blandar pangêrêt gya pangi | sunduk kili manjing sigra | ingoyog wus nêtêp kabèh | gya ngadêg saka pananggap | sunduk dudur wus rampak | 'ulama mukmin kat-junjung | winawas kêncêng warata ||

6. takir lumungsir prit-gantil | wus kapantèk paku kêkah | tumulya age pasang rèng | kapaku kukuh tan obah | dumba sirap sadaya | kapasangan tali wulu | pancanging carita dadya ||

7. tumulya dèn sêngkalani | lawang trus gunaning janma |Sengkalan: lawang trus gunaning janma (1399 AJ). mèt candra ing sêngkalane | wratane samangke iya | nanging angka mèt Buddha | dene angka Majalangu | kang kanggo Surya Sangkala ||

8. dadine masjid linuwih | singêr brêkahing uliya | ucapên pra wali kabèh | amawas bênêring keblat | ing 'Arab masjid Mêkah | sulaya gèsèh panêmu | wali sanga beda-beda ||

9. wontên sawiji mastani | kirang ngalèr sawatara | sawênèh bênêr wawase | ana kang kurang mangetan | sawênèh malih ana | mastani kurang mangidul | bênêrnya kalawan Ka'bah ||

10. adrêdah dènnya pradondi | darbe lêrês dhawak-dhawak | kèndêl para nambut gawe | wit sulayaning pamriksa | tandya Jêng Kalijaga | mrêgagah majêng mangidul | mahyakkên guna dikara ||

11. asta kiri nyandhak masjid | kang kanan nyandhak Baitu'llah | tumêlung karo-karone | gathuk kang mustaka tandya | Sèkh Mlaya pasrangkara | kanca nêdha ndika dulu | gathuknya kalih mustaka ||

12. baitu'llah kalawan masjid | Dêmak mugi kawawasa | kang sarèh waskithèng tyase | pra wali gawok sadaya | sêdène para karya | sadarpa gung sèwu ngungun | ing galih yayah supêna ||

13. sadaya pra wali trampil | tanggap amawas ma'rifat | lumiyat masjid gathuke | sumaur sadaya samya | hèh Sunan Kalijaga | lêrês tan siwah sarambut | keblate masjid lan Ka'bah ||

14. wus ingêculkên tumuli | Baitu'llah bali sakala | tumulya pra wali kabèh | muryani nggon pangimaman | miwah ing pamimbaran | gêbyoknya pinasang patut | wus rampung panguparêngga ||

15. bêdhug dhêng pakarti ênis | kadadak karya Jumungah | pêpak para murid kabèh | mukmin uliya ing Jawa | samya yun mèstu karya | dera samya mèstu makmum | mèt tirta caraning salat ||

--- 1 : 80 ---

16. Jêng Sunan Benang ngimami | Sunan Giri maca kutbah | muksiral Jêng Sunan Lèpèn | kang adan wali sakawan | Sunan Murya Palembang | Crêbon lawan Sunan Kudus | liya mukmin wuri ngrangap ||

17. para khas kyai myang santri | rampungnya salat Jumungah | prasamya salaman kabèh | tandya mundur wus bubaran | sadaya para Islam | pra wali sadaya kantun | anèng sadalêm Muharam ||

Susuhunan Benang nganjurake dhikiran pana nginjên Dzatu'llah

18. Jêng Sunan Benang nabda ris | ring para wali sadaya | para sudaramba kabèh | lah payo padha dhikiran | pana nginjên Dzatu'llah | paran baya bisa jumbuh | wor ing Gusti lan kawula ||

19. yèn boya sarana dhikir | cacah dhikir patang warna | êndi kang sarju parane | dêdalane para sifat | ring Hyang Kang Murbêng Jagad | sadaya pra wali guyub | miturut Jêng Sunan Benang ||

20. mênggah dhikir catur warni | sajuga satari Ahmad | Illa'llah Allah dhikire | Satariyah kalihira | wuwusira hu Allah | tri asma liya Allahu | ping catur Naisbandiyah ||

21. tuhu sêbute kang lafil | watone puji dhikiran | wali sadaya ge-age | samya ngatas cipta maya | kirdane pancadriya | driyèstu tekad majênun | mardi rèh kumpul antaya ||

22. mêsu cipta dèn mangèsthi | èsthine sifat sanyata | cakraning budi gumolong | lênglêng lêbdaning suwara | lir rumacut jiwangga | yayah akakama nuju | daut yuswaning manusa ||

23. mamèt mindrawaning jisim | lan nappi mubêng nèng jaja | Allah lumêbèng jantunge | umanjing rasa nirmala | maladi kang sung sêdya | tanbuh jagad kang lor kidul | subrastha bawana dunya ||

24. pamlênging kalbu sawiji | narupakkên Dzatu'l insan | kasifat ing kana kene | mèt pituduh umul kitab | imma mukmannu khayat | wa la mahuhu abadun | jarwane lafal punika ||

25. utawi mukmin tan mati | urip ing salaminira | nora siwah kana kene | mindaril iladarina | saking desantuk desa | kang wus widagdèng dhikir hu | jati mulyaning antaya ||

--- 1 : 81 ---

26. rumênggêp ing cipta mèksi | pucuk grana mahyèng swara | sebak socaning pring katon | mênêng paraning paradya | dadi saciptanira | dhasar para wali kosus | ing tekad pangudi pana ||

27. prêmanêm rupa sajati | tan siwah ing dhèwèkira | musna Gusti kawulane | tan ana sajuga apa | sayêktine mung iya | iya iki iya iku | mung wujud sawiji kita ||

28. ananing dudu saiki | ma'rifat nyataning Suksma | sawiji-wiji wijine | yayah wran kaca bênggala | lah iku rupa apa | sebak Krêsna lawan Wisnu | tuwin kalak lan kênanga ||

29. dulu-dinulu sawiji | sapa kuwi sira kita | satuhune ingsun dhewe | cangkrama sajroning ana | ananing rasanira | ing jagad raya kagêlung | gêlêngan dadya samrica ||

30. yeka prabawaning dhikir | dhikir pan wali utama | jumbuh Gusti kawulane | la ilaha illa lu'llah | Mukhammad Rasulu'llah | sajatine kabèh suwung | Gustine rupa ||Kurang tiga suku kata: Gustine datanpa rupa.

31. sarupa rupa hakiki | ngèdhèng ingkang rupa sifat | iyèku pasênêdane | ing jro tan siwah ing jaba | pardikane paèsan | angilo Dzat warnanipun | yayah sifatnya pribadya ||

32. wus wuru dènira dhikir | sangkêp ring kamal mukamal | nulya rinucat dhikire | samana pra wali sanga | gumyak sami nupiksa | ana rêrupan gumandhul | nèng dhadha pêksi prênahnya ||

Asale klambi pusaka Kyai Antrakusuma lan Kyai Gondhil

33. pra wali rêmbag cinuthik | gya kasènggèt srana jungkat | gigal sinangga tibane | buntêlnya crêmaning domba | binuka jrone ana | lêlêmpitan ganda mrêdu | ing ngriku warna rasukan ||

34. jroning baju ana kitir | krêtas ciri sastra 'Arab | wilapa wau têmbunge | pèngêt nawala manira | jêng nabi dutaning Dzat | Mukhammad Rasulu'llahu | tumêka ring Sèkh Malaya ||

35. kita sun paringi klambi | sawiji Antrakusuma | têmbe pusakaning katong | akèh sawab brêkahira | de buntêl crêma domba | karyanên lêlèmèk sujud | titi têmbayèng wilapa ||

--- 1 : 82 - --

36. wrata kabèh para wali | nupiksa cirining sastra | rasukan endah warnane | wali myat samya sulaya | wungu dadu myang abang | ana kuning ana biru | na mastani ijo tuwa ||

37. miwah wangunane klambi | darêdah samya sulaya | rêbut aran dhewe-dhewe | de warnanya kang sanyata | takwa bênikan asta | Jêng Sunan Benang nabda rum | iki dhapure kang nyata ||

38. rasukan wangun sultani | têmbe pusakaning nata | lah mara cobanên jêbèng | Kiyai Antrakusuma | gya ingagêm sakala | srêg nyamlêng wangunnya patut | Jêng Benang malih ngandika ||

39. lamun parêng sira yayi | sun mujur crêmaning domba | sun nggo rasukan samangke | niru Ki Antrakusuma | Sèkh Mlaya tur sumangga | nulya kareka winangun | mirib Kya Antrakusuma ||

40. tantra rasukan wus dadi | cinoba Jêng Benang sêsak | nulya para wali kabèh | ana lobok na kang sêsak | tandya Jêng Kalijaga | rasukan crêmat domba wus | cinoba datanpa cêda ||

41. ngungun sadaya pra wali | Jêng Sunan Benang manabda | wus têtela trang pêsthine | sadaya ring Sèkh Malaya | wastra kalih punika | yèn mangkono sira iku | ngimami ing pulo Jawa ||

Karaton Majalêngka kambah lêlara gêdhe

42. warnanên ingkang ginupit | karaton ing Majalêngka | kambah ing lêlara gêdhe | lara esuk sore pêjah | gring sore enjang pêjah | narakarya ting bilulung | ngalor ngidul apuyêngan ||

43. pêpuyêngan ngungsi urip | narapraja kèh ruhara | wran arda linut galihe | nimbali pra dwijawara | masang tumbal sarana | sarat-sarat tanpa kabul | sri narendra duka cipta ||

44. kapitèng tyas sri bupati | malbèng sanggar pamêlêngan | lawan para wrêda kabèh | mayugya mamèt widada | nanging datanpa daya | malah pamlêngnya kadaut | kewran galihnya sang nata ||

45. desa-desa margi-margi | akèh bangke tanpa purna | pating glêrêng swaraning wong | udara akèh gusthika | ratri akèh pratandha | pating glêbyar yayah ndaru | sapuluh abra mancurat ||

--- 1 : 83 ---

46. pating clorot pating krêlip | sirnaning bwanèng manusa | wêwêlak agêng dhatênge | ewon lêksan wran pralaya | susawa tan karumat | saking sangêt ponang têruh | tantra lumêbèng jro pura ||

47. para kênya para dulit | êmban kaparak parêkan | bêdhaya diadi layon | nêmpuh jroning prabayasa | pira-pira gusthika | sing pangganda amis arum | udara niyup kunarpa ||

48. sirêp tan na swarèng janmi | mung kokok bêluk larmunga | têkèk tuhu guwêg dhèdhèt | gumuruh nèng sitibentar | warnanên pasar-pasar | margi-margi suwung wangwung | pra mlija nukarta sunya ||

49. bupati panèwu mantri | pakampungan desa sunya | gusthika anglir sarah kèh | tungguk kêmit têngga nata | pyarya tan na pralêbda | giyuh Kangjêng Sang Aprabu | Sinuhun ing Wilatikta ||

50. cabar rumêksaning cilik | brastha para kartahita | wiku tapa sirna lolos | para bramana punggawa | gunasti nora daya | mantra japa tan pakantuk | tanuita tanpa sesa ||

51. dilalah karsaning Widdhi | ardane wêwêlak praja | samun sêpi prabawane | aryaning sasi candrama | nglêmêng sebak kulita | ucapên jroning kadhatun | Sang Rêtna Prabu Sorindra ||

Pramèswari Ratu Dwarawati kataman têluh

18. Dhandhanggula

1. wênès manis Dyah Andarawati | wanci ratri kataman rubeda | têluh manêmpuh dyah katong | tanbuh sang nata giyuh | sadarpa gung putêg ing galih | wikrama tanpa guna | usada tan tulung | sinuhun ing Majalêngka | tanpa cipta judhêg pambirating wèsthi | kandhuhan papa arda ||

2. usada kèh datan migunani | rêsi tapa dhukun desa-desa | cantrik nguyu janggan cèkèl | gluntung prasamya bingung | mudyastuti mandrawa sadi | mêmuja rawismala | kamayan tumanduk | racah-racah kalacakra | japa mantra santun-santun kyahèng rêsi | sirna budayèng sabda ||

--- 1 : 84 ---

3. nata puwa-puwa tamaning prih | tarak nendra wasananing papa | tan ana sayugya kabèh | tirahing praja umyung | padon rêksa rêsakèng nagri | wrêda-wrêda kèh tama | munjuk jêng sinuhun | dewajining siswantara | boya sagêd ing sarat waluyèng nagri | pandoning Suksma Purba ||

4. sri sarendra èmêng ing mangun sih | ring Hyang Hotipati luhur pisan | ring sanggar pamêlêngane | ngèsthi tikswèng tyas jumbuh | tanbuh kwula datanbuh Gusti | wor kutug rasamala | malad kang panuwun | wahanane praja rêngka | paranbaya sirna kawiryaning aji | ring Hyang Suksma Kawêkas ||

5. datan antuk wênganing pambudi | kasaru pramèswara kantaka | dènnya grah sigra sang katong | manjing Prabayasa wus | nucup êmbun matak sêmadi | sang dyah tanpa wanteya | tan wrin siyang dalu | ardaning roga mèh maras | trênyuh ngêrês raras panggalih sang aji | dahat tan antuk nendra ||

6. wasitanên priyagung bupati | nayakaning wadya Wilatikta | kiwa têngên maksih saos | nèng srimanganti tungguk | tandya dhawuh sabdèng narpati | rèh grahnya nata kênya | sadarpa tan emut | priyagêng kang gadhah lampah | pasaosan dhawuh anèng Cundhamanik | sadalêm Prabayasa ||

7. wêktu manujwa ri Gara Kasih | bupati kang tungguk kalih pisan | kalêrês wadana pandhe | Supadriya Tumênggung | lan Tumênggung Ki Supagati | sadhèrèk yayah rena | nayaka karwèku | lagya kapambêngan gêrah | tampi urak anulya sêsulur siwi | Supagati wakilnya ||

8. Kyai Jigjatanaya pangarsi | de Tumênggung Supadriya wadal | Supasujana têngrane | kang nèng Tuban panuju | atêtuwi marang sudarmi | tur sarimbit lan garwa | dupi anèng ngriku | ingkang rama kapambêngan | jlêrêsklêrês. saos kang putra kinarya sulih | malbèng dhatulayèndra ||

9. Ki Tumênggung Supagati sulih | kang tanaya dene pambêng gêrah | Supajigja panêngrane | duk praptèng wanci surup | Supajigja

--- 1 : 85 ---

mring srimanganti | campuh wor naking sanak | kalih suka sokur | wanci ratri kalih pisan | malbèng pura tantra Prabayasa manjing | ngèmpèr nguswa bantala ||

10. ngapurancang mabukuh ing jobin | nata lagya nayuh dagan rêtna | waskitha swara janma ro | hèh sapa ta tumênggung | ingkang saos kalih turnya ris | di dalêm Supajigja | wran karweka sulur | abdi dalêm Supadriya | Supagati sawêg sami nandhang sakit | nata malih ngandika ||

11. hèh pandhe ro sira sun tuturi | rèh gustimu durung bisa sênggang | kowe padha bêtah mêlèk | wit arsa nendra ingsun | pitung ratri tan antuk guling | karwa matur sandika | Jigjasupa mau | anèng bêbatur pananggap | mirêngakên swara rêrupan ngajrihi | sadalêm Prabayasa ||

Kêris pusaka Nata Kyai Condhongcampur nênêluh cinêgah dening Kyai Bêthok lan Kyai Sangkêlat Pramèswari Nata têmahan waluya mulya jati

12. kèh rêrupan warna-warna kèksi | klèwèr-klèwèr swara krêsêk krasak | sarêng umiyat janma ro | ndhêkukul api ngantuk | tur nyangklit kris kêlabang-pipit | curiganira Supa | sabdèng wali kutup | Kyagêng Sangkêlat wastanya | de Ki Jigja Kyai Bêthok kang sinangklit | mandi kagila-gila ||

13. lagya pasang prayitna tyang kalih | ucapên pusaka jagad kadga | Ki Condhongcampur umahyèng | sing pasarean hulu | pêthi jêpun wadhah jêng kyai | jumêthot mawa swara | Kyai Condhongcampur | memba yayah prabangkara | mawa hiluilu. narècès tètès bang kuning | nyuluhi wran kang nendra ||

14. midêr-midêr jro dhatyan li-wali | ngupa janma wrêda pra rêrara | ingkang katètèsan layon | Ki Agêng Condhongcampur | kang karya gung rubedèng bumi | ngrusak ngrêngka prajarja | derarda manêluh | wus lama antaranira | molah sêdya mbrastha saliring dumadi | ywa na siswa widada ||

--- 1 : 86 ---

15. wus dilalah pandoning Hyang Widhi | nyupêt kamulyaning rat sutama | pusaka mung darma bae | atas karsèng dewa gung | Condhongcampur dhusthèng pakarti | sirna krêtartèng praja | samana ing dalu | prapta ngarsèng Jigjasupa | mangah-mangah yayah mawa ijo kuning | wantrawatra. sabongkoting tal ||

16. sigra Kyai Bêthok kang sinangklit | dening Jigja mahya saking wrangka | marêk ing Kyagêng turnya lon | dhuh dewaning kadga gung | ratu kula saliring wêsi | lumahing bumi kasa | paduka mbêk dudu | durgama karya paparda | para wadya punggawa kèh samya lalis | saking karsa paduka ||

17. lah racutên sampun wêdhar wèsthi | èsthining praja rahayu sirna | kalingane jêng sang rajèng | pribadi kang karya dus | lah èngêta paduka wajib | ngrêksa ingkang prajarja | de arda gung limut | pusakèng nata têtela | dadya sarat ayu kamulyaning bumi | Kyagêng sugal ngandika ||

18. layak bae Bêthok rika kuli | datan wêruh ubênging bawana | rèh kowe pusaka rèmèh | pantês kawruhmu cubluk | lah ta Bêthok nyingkira aglis | ywa sira malang karsa | Ki Bêthok tur nuwun | nuwun Gusti ywa mangkana | kagyat ing tyas Kyagêng dukanya sinipi | nêmpuh Ki Bêthok gowang ||

19. gya lumajar manjing wrangka malih | Supajigja wruh solahing kadga | sabdaning wêsi sebak wong | sadarpa ngungun njêtung | kamigilan yayah mangèksi | nahên pusakèng Tuban | Kyagêng Sangklat mêtu | saking nglambungnya Ki Supa | mawa praba gya marêk ing pusaka ji | Condongcampur sru kagyat ||

20. atêtanya hèh sapa sirèki | bocah anyar ngêndi pinangkanya | Kyagêng Sangkêlat turnya lon | pukulun sang sinuhun | rare Tuban sabdaning wali | asal sing Akhadiyat | pun Sangklat kasêbut | lagya kèndêl nèng Ki Supa | mêksih nganti pandoning Hyang Kang Linuwih | mila marêk paduka ||

21. yun darbyatur risaking nagari | Wilatikta ing saanteronya | paduka kang munah dede | kêdah botên pukulun | kula turi mbirat

--- 1 : 87 ---

samangkin | kalamun lulus dadya | pusakèng ratwagung | kalamun maksih mbêk arda | wus têrtamtu dadya pusakaning eblis | la'nat satruning jagad ||

22. Kyagêng Condhongcampur wênga wêngis | nabda hèh Sangklat bayi ing Tuban | sira dadi wingi sore | nanggulang mring wong jambul | ingsun trahing Êmpu Prêmadi | wahyaning Tejamaya | ngajawa dadyèngsun | têtêp pusakèng narendra | nanging mêngko ngong molah karsaning Widhi | nglairkên dêrma nyata ||

23. gya narajang jêng kyai tinangkis | ring Ki Sangklat wal kontal kapêsat | tugêl têlung luk pucuke | sêkar kacangnya pugut | Kyagêng Condhongcampur umèksi | kadibyaning Sangkêlat | kasoran lumayu | pasaryan pusakèng nata | mawa swara jumêprèt kagyat sang aji | wungu dènira nendra ||

24. angandika ring kang têngga sami | kang jumêprèt iku swara apa | Supa tumrampil ature | datan wontên sang prabu | amba mulat kajawi aming | kucing nubruk jinada | lumajêng mangidul | samana ndadak sakala | pramèswarining nata tumulya wahing | mundhut dhar lan dhaharan ||

25. lênggah nêbut titahing dewa di | hong ilahèng awignam sêbutnya | mirsa narendra srêp tyase | parêk garwa mangimur | sru mlas-arsa sabdèng narpati | hèh bok ratu sirarsa | mundhut dhahar sokur | nata nggugah pra rêrara | datan ana tangi rèh wus angêmasi | narpa mundhut priyangga ||

26. angladosi yayah para nyai | sang kusuma dhahar bubur abang | baksana watara akèh | asrêp panggalih prabu | mèksi garwa waluya jati | murcitaning nayana | wus pulih kadulu | sri narendra pasrangkara | Jigjasupa sirantuk barkah narpati | sinung pradana mulya ||

27. gêganjaran bagyantuk akêmit | pêparêngan Gustimu waluya | sira dwi antuk mas ore | mitung tail bagyemu | wastra kadga ganjaran tampi | nuwun sêmbah patikbra | sarta suka sukur | mudya Widhi dzat widada | mandrawa sarawismaya tampining sih | kwar mahya aryaning rat ||

--- 1 : 88 ---

28. nuwun pamit kalilan gya mijil | Jigjasupa nèng marga gunêman | lêlakon luwih eloke | Jigja manarik dhuwung | gowang lêrês gyan tikêl alis | cinandhak mring Ki Supa | Kya Bêthok ingurut | pulih sakala waluya | Kyai Supa narik Kyagêng Sangklat maksih | wêtah datanpa cêda ||

29. amung balur sêbak tatu kikir | graitèng tyas tan dadya punapa | mung sakêdhik pangungune | dera nyangkêlit wuwuh | tikêl tiga tatkala nguni | Kyai Agêng Sangkêlat | Ki Supa angungun | apa sababe de awrat | tan kapanggya katrangan dhuwung wus pasthi | karsane Dzat Kang Mulya ||

30. nora luwih mung amanti-manti | ring kang raka hèh ta kakang Jigja | ywa nganti kawarta ngakèh | tandya sowangan mantuk | atur uning marang sudarmi | solah jagèng narendra | bagyantuk pitulung | jêng ratu marta waluya | dupi sênggang samya ginanjar rukmi di | wastra kadga prayoga ||

31. duk samana wus antara lami | Supajana pamit ring sudarma | ibu yun mulih sakaro | ring Tuban rèh wus dangu | sampun klilan budhal sang kalih | kang mèstu kawandasa | mung kantun wran pitu | tan cinatur anèng marga | wus lêstari prapta ing Tuban nagari | gantya kang kawuwusa ||

Adipati Siyunglaut ing Balambangan sawise utusane bisa andhustha Kyai Sangkêlat banjur jumênêng Narendra

32. wontên dipati sadarpa ngudi | ambawani wibawa narendra | mêngku tanah Jawa kabèh | tur mêksih kadangipun | lan sinuhun ing Majapait | wantu sang adipatya | aran Siyunglaut | akêkutha Balambangan | gêmah arja loh pasir awukir nagri | pura ngongkang samodra ||

33. cêlak gangga kang mili jaladri | tatacarane tan siwah nata | datan cinrita rênggane | derarsa kumacèlu | wahyèng wahyu jumênêng ing sri | makêthi-kêthi srana | saking para wiku | nanging

--- 1 : 89 ---

dèrèng kawatmaha | awit mêksih Majapait nyakrawati | ing rèh narendra tama ||

34. marma sirêp mung cipta panggalih | parasdyaning nêkêm tanah Jawa | ucapên ajar kinaot | srama anggraning gunung | apêparab Ki Ujungtingkir | waskithèng tyas nirmala | jangkaning wran wêruh | wimah ubênging bawana | ganal gaib Ujungtingkir datan wigih | nulya ri Gara Mulya ||

35. agnyaning tyas umarêk Dipati | Siyunglaut mandhirèng Blambangan | tantra tumraptèng ngarsane | sang dipati manuju | siniwakèng sagung pra dasih | yayah magut ing nata | ki ajar nèng ngayun | jèjèr madyaning parasdya | ingacaran lênggah keringe dipati | sinambramèng pambagya ||

36. wus kramaning ajar abêbisik | hèh dipati amba hyun jêjarwa | marang ndika sabênêre | rèhning drêng kusung-kusung | ngupa srana dera ngulati | wahyaning wahyu wirya | mêngku prajarja gung | kang sirna saking sisihan | kita sung wruh kanyataan kang hakiki | kasbut ing wahyu kobra ||

37. nguni mungguh kraton Majapait | mangke sampun gingsir nglih panggonan | ingkang mangka saranane | warna kadga linuhung | dhapur sangklat pêpujan wali | drajad Kang Maha Mulya | nuksma anèng ngriku | dumunung mampir nèng Tuban | botên lami kula kintên lajêng ngalih | kang kwawi mêngku praja ||

38. dèrèng dangu campur silih-ungkih | wanci ratri nèng dalêm mundraka | arame ungkih rêrmpon |Kurang satu suku kata: arame ungkih rêrêmpon. kasoran Condhongcampur | pugut tri luk kêmbang-kacang nis | duryat manjing sakala | ring Sangkêlat dhuwung | gingsiring wahya narendra | wêngi iki yèn paduka hyun mangèksi | mangke dalu kapriksa ||

39. saking sanggar pamlêngan katawis | wawang têja wangkawa nrus wiyat | ing Tuban duryat awite | lawan malih sutèngsun | ngupayaa janma di undhig | rèhing karti duskarta | janmendra jaya nung | andaut Kyai Sangkêlat | bokmanawa dhuwung sêmpulur nèng ngriki | tamtu ngrèh nusa Jawa ||

--- 1 : 90 ---

40. sang dipati trustha ing panggalih | amituhu jarwaning Pandhita | dungkap Hyang Arka mangulon | gantya trangirèng santun | sang dipati lawan sang rêsi | malbèng pidikan tandya | mèksi darajad nur | nubuwating tanah Jawa | byar katingal wangkawa sundhul ing langit | tan salisir sakiswa ||

41. sangsaya gung sru trêsna jrih asih | sang dipati marang Ujungsêkar | trang nirmala paningale | ki ajar gya pinunjung | sinung juluk Pandhita Murti | Dwija Sidikwacana | artine jarwa trus | klilan mantuk mring asrama | sang dipati siniwèng punggawa dasih | nabda pasang sucipta ||

42. hèh wadyèngsun gêdhe lawan cilik | myang nom wrêda bisa mbengkas karya | dadya sandi-upayèng rèh | mituhu sapituduh | kalêksanan ingkang sun pamrih | cocog wirayatira | kang asramèng gunung | Jêng Kyai Sidikwacana | wus têrtamtu manira wisudhèng linggih | ngrangkani Balambangan ||

43. rèh Mukyaning Mantri lowong lami | kagantyanna wong numpuni karya | minggu pra punggawa kabèh | tan ana kwasa saguh | dupi mireng sabdèng dipati | mung sajuga carakan | dadyabdi pamayung | nèng pêngkêraning dipatya | ngampil songsong mugut sabdaning dipati | dhuh Gusti mung kawula ||

44. sagah dèrèng kantênan manawi | antuk bagya karsaning dipatya | nanging patik nuwun barès | punapa kang kinayun | ingkang kenging amba lampahi | sandika mèstu karsa | malbèng wisthi lêmbut | sanadyan manjing dahana | dalêm Cluring sandika Gusti nglampahi | rêmuk kabandhêmêna ||

45. sang dipati kagyat duk umèksi | aturing Cluring panggah ing karya | gya ngandikan malbèng dhaton | datan ana janma wruh | namung Cluring kang dèn timbali | pyambak marêk ing ngarsa | hèh Cluring saguhmu | nggèndèng marang kanyataan | karsaningsun sira sun duta ngupadi | kris pusakaning nata ||

46. kang dadyanyar antuk sabda wali | dhapur Sangklat mêngko manggon Tuban | kang kanggonan mbuh arane | dhusthanên kang

--- 1 : 91 ---

kadaut | Cluring munjuk sandika Gusti | wisata glis tumrapta | kitha Tuban laju | ring wismane adipatya | midêr-midêr nèng sadalêm tan pinanggih | gya ngalih manjing misma ||wisma.

19. Pangkur

1. ing pungkur wismèng Ki Supa | amung udakara nging tan pinanggih | Ki Cluring èngêt ing kalbu | tandya matak panggêndam | tinarimèng jawata budayanipun | panggya nèng ulon pasaryan | sirêp Begananda dadi ||

2. sadaya wong jroning pura | tan ngalisik kataman sirêp mandi | Ki Supa lan garwanipun | nendra yayah pralaya | warnanên sang duratmaka sampun ndaut | gya sinangklit Kyai Sangklat | moglèng-moglèng tanpa kering ||

3. Ki Cluring sampun umahya | gya laksana byar enjing praptèng têbih | tan kawadakarèng sampun | Cluring wikara tama | tan kacrita kang pêthi maksih tinutup | kuncinya datanpa owah | têksih wêtah kadya nguni ||

4. wus lêpas Cluring lampahnya | tan kawarna Blambangan sampun prapti | tumamèng byantara gupuh | dipati pasrangkara | kaya priye Cluring nggonira lumaku | ndhustha pusakaning jagad | Kyagêng Sangklat apa kêni ||

5. Cluring munjuk gusti kilap | rèh kawula katambêtan ing warni | kabar dhapur amba tan wruh | amung saking watara | rèh pangrumat tartip tur ulês sap pitu | punika gusti kang warna | ing lêbêt ulun dèrèng wrin ||

6. gya tinampan ring dipatya | glis tinarik kang kadga wus kaèksi | kang warna abang umancur | sunar kêdhap kumilat | prabèng kadga nukap mring narpa sumaput | ananging sang adipatya | mêksih kasamaran galih ||

7. lah mara Cluring mèstuwa | marang ngarsaning Dwija asung uning | jangka wahananing dhuwung | nyata kalawan ora | iya dudu manawa lakumu klèru | sang dipati sigra tindak | jêng kyai sampun sinangklit ||

--- 1 : 92 ---

8. saksana prapta ing arga | tumamèng ring dhepok sang rêsi mèksi | gurawalan dènnya mêthuk | gya ndhodhok ngapurancang | kagyat sang dipati ring sang mahawiku | nabda lah pagene Dwija | kadingarèn anorragi ||

9. kula prapta dherakalan | asta ngapurancang ndhodhok nèng siti | sang tapa alon sumambung | ywa kagyat sang dipatya | mila ulun hurmat prapta marasandu | boya ngurmati paduka | ndhodhoki pusakèng bumi ||

10. wiryaning jagad wus wahya | kawistara inggih punika gusti | botên susah kula dulu | wus kasatmatèng tandha | têtela trang wahyu kobra anèng ngriku | lah enggal nuli kondura | kyagêng simpênên kang tartip ||

11. cangkêlak kondur saksana | praptèng pura winorkên pusaka ji | ulês wastrandah sap pitu | samana sang dipatya | dintên Soma enjing miyos yayah ratu | lênggah nèng sanasewaka | pêpak wadya agêng alit ||

12. samya sowan kadya adat | pra dipati pêpakan dèn timbali | cèngkèk cantrik uyu gluntung | pra wasi puthut janggan | samya jajar anèng kering urut lungguh | pêpak sagung pra punggawa | narapraja narakardi ||

13. sang dipati paring priksa | ring bupati panèwu mantri-mantri | hèh rèngên kabèh wadyèngsun | mangke karsa manira | jumênêng nata tan siwah Majalangu | Sinuhun Prabu Blambangan | sandika wran saur- pêksi ||

14. tuwin pra pandhita tapa | angèstrèni mudya mantrastuti ning | mring widada digbyèng prabu | wusnya tadhah sandika | sri narendra malih angandika arum | bocah sun kabèh punggawa | tuwin para rêsi-rêsi ||

15. yèn ing mêngke karsaningwang | rèhning patih manira lowong mangkin | si Cluring juru pamayung | sun marasudha patya | amêmatah ingêring praja myang wadu | sadaya tanah Blambangan | mèstuti turut kang yukti ||

--- 1 : 93 ---

16. undhang-undhang wus mupakat | andrawina sarata boga wradin | Rajawêdha ambêng sêlur | kabayan tata wrata | wusnya rampung ajad dalêm brêkat dinum | paradana pêkir papa | tan ana kang nguciwani ||

17. pukul juga rampung bubar | sri narendra kondur pinêthuk cèthi | pawongan biyadèng kratun | dene para punggawa | rêsi-rêsi uga mundur samya mantuk | mring dunungnya sowang-sowang | nahên ingkang nganglang bumi ||

Susuhunan Kalijaga angutus Ki Supasujana ngupaya sakêtêmune Kyai Sangkêlat

18. wali pamungkas sudigbya | Kangjêng Sunan Kali bijaksèng bumi | wus tan kasamaran lêmbut | wruh pusakèng buwana | Kyagêng Sanglat kênèng duratmaka daut | Kangjêng Sunan sigra-sigra | têdhak dhatêng kitha Tubin ||

19. hyun wikan pusakanira | lan nêdya wrin plunan jalu sawiji | tan cinitra dèn lumaku | prapta wismaning Supa | njujug langgar anulya lênggah pitêkur | Supa kagyat gya manguswa | marang Kangjêng Sunan Kali ||

20. Rasawulan sang lir rêtna | wusnya mundur tata-tata miranti | olah-olah tata patut | rampadan yun nyunggata | Kangjêng Sunan ngandika êndi sutamu | sun arsa wruh wus sapira | Supa matur sawêg guling ||

21. mila wêktu sawêg nendra | datan dangu rare sawêg ngalilir | ring blumbang lèr unggyanipun | hyun makani wiyongga | wantu rare kirang wêweka kacêmplung | blumbang tan na janma wikan | tantra dangu angêmasi ||

22. kumambang madyaning blumbang | Kyai Supa saking langgar umanjing | sarêyane putra suwung | ciptèng tyas putra dolan | ingupadi kapanggya nèng madya ranu | wus pralaya tanpa sesa | kabopong mêntas tumuli ||

--- 1 : 94 ---

23. binêkta manjing jro pura | sinarèkkên gya kinêmulan nyamping | ciptèng tyas Supa tan sung wruh | marang Dyah Rasawulan | kang wantwèstri tan sranta wruh atma layu | karya kisruh tata boga | dènnya nyunggata Jêng Kali ||

24. sanadyan marang Jêng Sunan | datan matur yèn kang putra wus lalis | ywa kagèt cuwa ing kalbu | wau tyasnya Ki Supa | mêngko bae yèn wus dhahar ingsun matur | atmajaningsun pralaya | karana kalêbèng warih ||

25. Supa wangsul marang langgar | nambak waspa sinamun sru wiyadi | sinamudanèng kadulu | deranggung kasangsaran | tan wasita boga rampung dan wus mêtu | dhahar wuduk ulam tambra | sawiji bumbu rip-urip ||

26. wusnya sumaos ngarsa Sang | Kangjêng Sunan mundhut priksa mring ari | yayi iwak tambra iku | sira olah punapa | sang dyah matur urip-urip cara dhusun | tantra dhinahar sakala | watawis tlas mung sapalih ||

27. Jêng Sunan emut mring plunan | Ki Nom ingkang mêksih eca aguling | Jêng Sunan manguwuh asru | hèh Ki Nom marenea | payo padha bukti urip- urip iku | enak sorinta kang olah | Ki Supa Nom tandya tangi ||

28. mirêng sabdane Jêng Sunan | grêgah tangi lumajêng jegang linggih | Supa anjrit sarwi ngrangkul | dhuh sutaningsun nyawa | Kangjêng Sunan kagyat tanya krananipun | Ki Supa matur trus têrang | purwa madya amêkasi ||

29. mèsêm Jêng Sunan duk myarsa | ndumugèkkên adhahar urip-urip | ngandika lon ring kang sunu | kulup sira mangana | rip-rip tambra myarsèng tambra gya manglubuk | milar malêbèng balumbang | wit antuk sabdaning wali ||

30. warnanên lêmbarang ayam | mêksih wêtah dèn ingkung tumrap piring | lagya dhinahar kang brutu | Jêng Sunan angandika | iku tunggal bumbu urip ayam nglubuk | lumajar saba ing latar | tandya jêpun tukung putih ||

--- 1 : 95 ---

31. krana sabdèng wali tama | praptèng mangkin turun-tumurun maksih | ayam pêthak jêpun tukung | sêdene iwak tambra | wus saparo daging tambra brastha idhup | mangkya anèng tanah Tuban | tambra urip sisih êri ||

32. wus dumugi dènnya dhahar | Kangjêng Sunan Kali ngandika aris | hèh Supa ingsun arsa wruh | dadine Ki Sangkêlat | lah jupukên trangginas Ki Supa mlêbu | ring wisma mbuka pêthinya | nèng ulon paturon sêpi ||

33. sadaya wadhah kabuka | ngêndi-êndi kèh bantal dèn brengkali | nguwuh mring garwa tanya sru | hèh yayi paranbaya | mênyang ngêndi murcane Sangkêlat gupuh | Supa gugup tyasnya susah | nalsih jro wisma tan panggih ||

34. wus nyakra ana duratma | sigra Supasujana matur aris | cabar tiwas hina ulun | Kyai Sangkêlat kendran | mokal lamun kabêktèng durta sila yu | wadhah-wadhah datan owah | Jêng Sunan mèsêm duk myarsi ||

35. wus dangu antaranira | Kangjêng Sunan Kali pamit mring ari | mahya Supa atut pungkur | kurmat mèstu ing wuntat | wus atêbih sawiji tan na janma wruh | Sunan ngandika hèh Supa | Sangkêlat ginawa maling ||

36. mangetan ing kene iya | aja mulih-mulih yèn durung panggih | ywa sira pamit garwamu | dina iki mangkata | Supa matur sandika mangèstu dhawuh | Sunan ngulon Supa ngetan | tan cinitra anèng margi ||

Tanduran lan uwohing pakartine Ki Supasujana kang tinêmu

37. njujug kitha Surapringga | Supa angupados suruping warih | tan antuk kabar kang kasub | Supa nèng Surabaya | akarya kris pitulas kang dhapur parung | kris pandhawa karya sanga | dupi nèng ngriku wus lami ||

--- 1 : 96 ---

38. tan antuk kabar katrangan | Supajana ciptèng tyas arsa ngalih | marsudi panggihnya dhuwung | Supa sêsilih aran | Kyai Kasa gyanjog kitha Madura wus | Ki Kasa karya curiga | cacah kalihdasa iji ||

39. waos tigangdasa tiga | sigra layar ngidul-ngetan jaladri | tumêdhak labuh anjujug | ing Basuki kitharja | mangke karan Bêsuki Supa nèng ngriku | ngalih aran Kyai Tapan | karya kris pitulas iji ||

40. waos tigangdasa tiga | Kyai Tapan nèng ngriku tarak bukti | manêgês ring Dzatu'lguyub | tan antuk wênganing tyas | mangetan wus lêstari kirdhanya têrus | praptèng tanah Balambangan | Ki Tapan sêsilih nami ||

41. Kyai Pitrang swarjanèng tyas | hyun nyuwita ring kangjêng sri bupati | ing Blambangan Siyunglaut | kapêngkok tyasnya Pitrang | gya ngupaya marga konjuk jêng sang prabu | ciptèng kalbunya mung manjak | mring Êmpu Sarap sinêkti ||

42. rèhning Kyai Êmpu Sarap | wus mashur ring guna dibya kèh wêsi | pakarti agêming ratu | kêrêp imbal wacana | tur kulina priyagêng lan patihipun | tumulya Pitrang pralêbda | ngarsèng Êmpu Sarap panggih ||

43. karana manuhararda | Kyai Sarap waskitha ngacarani | satata pambagya dinum | Ki Sarap atêtanya | kula yayi katambêtan kang sinêbut | ing pundi pinangka kita | paran parasdyanta yayi ||

20. Sinom

1. sang taruna matur krama | pinangkamba saking Grêsik | pun Pitrang wasta kawula | trah lêluri pandhe wêsi | nanging kuciwa mêksih | gêgarapan wêsi blilu | marma mlayèng bawana | ngupados wênganing budi | hyun waskitha sukarya tumbak lan kadga ||

2. tatkala amba nèng wisma | amung damêl pacul arit | karah lading kêjèn kujang | dupyèngsun ingèsi-èsi | tan bangkit tumbak

--- 1 : 97 ---

kêris | sadarpa tyas kula limut | ngupa sramaning karya | botên ketang mrang wèsthi |Kurang satu suku kata: botên ketang murang wèsthi. mlampah klantur wontên ngriki mirêng warta ||

3. paduka dibyèng wukara | putus munah waja wêsi | karta cara tumbak kadga | kapencut cipta kapengin | manjak dadya pakathik | boya kosut wong yun baut | pintên banggi sarupa | miriba kewala kêdhik | mamrih dadya panuntun pangupajiwa ||

4. Ki Sarap sêmu kaduga | katara tanduk kadugi | ngandika hèh yayi sira | kumacèlu pandhe wêsi | karya tumbak lan kêris | yèn têmên pamarsudimu | tantara nora lama | manyukup kagunan wêsi | iya iya yayi sun tampani sira ||

5. samana Ki Êmpu Sarap | marang Ki Pitrang arda sih | rènrèh. miturut barang prentah | nyêkêl palu kikir-kikir | tarampil alus rêsik | wêkêl tlatèn rikat turut | sabên dina Ki Sarap | sowan nggarap wêsi-wêsi | Kyai Pitrang datan sah mèstu sukarya ||

6. wusnya ing antara lama | anuju sawiji ari | rêkyana patih pan arsa | wiyasa lading sawiji | wangun tunggul kang tipis | kinarya pamugut kuku | kya patih arsa seba | mampir ing bêsalèn panggih | marang Kyai Sarap kya patih ngandika ||

7. lah paman kula yun ngalang | gawe ndika sawatawis | karyakna mugut kênaka | lading tunggul ingkang tipis | sandika kang sinung ling | kya patih sigra lumêbu | Sarap dhawuh mring Pitrang | lah yayi gawèkna dhisik | peso tunggul tipis pamugut kênaka ||

8. Ki Pitrang tumulya karya | lading samana wus dadi | alus kawungkal warata | kyana patih kondur mampir | ring bêsalèn hyun ngambil | lading sinaoskên sampun | ngungun cocog ing karsa | laju kondur kyana patih | praptèng latar kapêthuk tanayanira ||

--- 1 : 98 ---

9. lagya yuswa tigang warsa | lumajar ngrangkul sudarmi | gapyuk ki patih angasta | lading tunggul mbèsèr driji | ring putra kang mlayoni | sakala sang rara layu | sirna jisim uswanta | nuli siniraman warih | kang susawa bosok mumur lir gusthika ||

10. kagyat njêngêr kyana patya | micarèng jroning panggalih | rèh lading lwih mandinira | mokal mêksih anyar dadi | coba lading puniki | sun prangne pêthètan jêruk | myang kumuning sakala | gogrog layu godhong garing | duk samana nimbali tiyang dêdosan ||

11. kang hyun tampi ukum kisas | tumrapta ngarsaning patih | kabêrèt suku kang kiwa | laju sakala ngêmasi | bangke tan kalap dadi | ngglimpung wus linarung laut | Patih Cluring tela trang | kêmandène lading luwih | ciptaning tyas lading sapa ingkang karya ||

12. lah sun kone gawe kadga | sajuga tumbak sawiji | dupyènjing rêkyana patya | sowan ring bêsalèn mampir | ngandika arum manis | hèh Sarap ingsun arsa wruh | sapa wingi kang karya | lading tunggul iya iki | Sarap matur ingkang damêl kanca enggal ||

13. wasta pun Pitrang punika | naluri tyang saking Grêsik | manêdya magang sukarya | amèstu jêng sri bupati | kang wignya pandhe wêsi | amung tatah lading pacul | karah kêjèn myang kujang | angandika kyana patih | hèh ta Pitrang sun yasakna tumbak kadga ||

14. sajuga bae kang yogya | kagyat Ki Pitrang èsmu jrih | matur ho o jêng bêndara | klèntu panyakra sayêkti | ulun sadarpa pingging | kartisara dèrèng tau | kajawi lading karah | kyana patih adrêng karsi | lah bok iya sarupa-rupane trima ||

15. jangji tapak-tanganira | yèn rika kurang mangrêti | têtakonna Kyai Sarap | kartine tumbak lan kêris | ywa tinggal ngatas kawrin | nanging pamukul tanganmu | aywa kasêlan pisan | purwa wêkasane dadi | rèh kabutuh Ki Pitrang matur sandika ||

--- 1 : 99 ---

16. tandya nyandhak wêsi waja | tinandhing-tandhing kang bêcik | myang pamor wêsi sakawan | namung pinilih kêkalih | Prambanan lawan Bugis | wêsi cinandhak winasuh | nanging prayitnèng driya | Pitrang tansah ngatas uning | barang karya sadhela-dhela têtannya ||

17. ring Lurah Ki Êmpu Sarap | pasang slarak pamor wêsi | wus mangkana api kurang | Ki Pitrang dera karya kris | sajuga tumbak siji | katujune bagya bagus | kadga dhapurnya Jalak | tilamsari waja ngisis | sêmu wilis pamor adêg jajar tiga ||

18. ganja pamor têmu-gêlang | kêras landhêp tilamupih | tumbak juga Biring-lanang | pamor jêjêg turut pinggir | tan siwah waja wêsi | kalawan kadga sarujuk | samana wus kababar | tiniban warangan wilis | praptèng dina patih prapta mundhut priksa ||

19. hèh Pitrang apa wus dadya | kadgèngsun matur wus dadi | ingaturkên lan tumbaknya | gawok ki patih umèksi | winawas wanti- wanti | dêdêg wukiraning dhuwung | ngungun rêkyana patya | titi waskithèng tyas êning | angandika ring Pitrang sirèku sapa ||

20. nguni cêkêl gawe apa | dene bawah Majapait | ratu tan priksa ring reka | bisa kagunan linuwih | pagene praptèng ngriki | sèrèku êmpu linuhung | Pitrang turnya bêndara | amba trahing narakardi | èstu dadya pandhe namung damêl karah ||

21. salami kawula gêsang | dèrèng nate damêl kêris | sawêg sapisan punika | mituhu piwulangnèki | nggih ki lurah kang mardi | dumadak tyas kula nurut | cocog tangan lan prana | nadyan kawula pribadi | tumut ngungun pratandha bêrkah paduka ||

22. tuwin bêrkahing narendra | ingkang sinuhun ing ngriki | sartantuk sawabing lurah | sangsaya gawok ki patih | ngungun micarèng galih | ingsun pêpatihing ratu | wajib wênang tur wikan | yèn ana janma linuwih | amumpuni monah sara wêsi waja ||

--- 1 : 100 ---

23. sigra- sigra kyana patya | sumaos jêng sri bupati | manêmbah muka wor kisma | dhuh Gusti kang sudhèng dasih | jrih kawula dadyabdi | dening ratu pinisêpuh | pantês atur uninga | nagari dalêm samangkin | kadhatêngan tiyang saking manca praja ||

24. ing Grêsik wasta pun Pitrang | mêksih tarunarda sigit | trapsilèng tan ana yayah | narapraja trahing mantri | wusananipun Gusti | mung sutèng pangayah dhusun | pangakênipun priya | pandhe wêsi pacul arit | amba minta lading pamugut kênaka ||

25. suta kulèstri kaperang | mung balur driji sakêdhik | pralaya mumur gusthika | tandya lun prangkên kêmuning | lan pêthètan jruk nênggih | pralaya brêdapa layu | kula brètkên sakitan | pêjah sêg kunarpa mimir | ajur mumur sawa linarung jamuna ||

26. dupyamba gawok duk myarsa | kula kèn akarya kêris | sawiji tumbak sajuga | Pitrang kipa-kipa ajrih | mopo salami urip | dèrèng nate karya dhuwung | nulya kawula pêksa | kalêksanan mangkya dadi | tumbak juga dhuwung juga lah punika ||

27. dhuwung pinundhut winawas | slarak wêsi pamor kalih | dêdêg wanguning sarira | sang nata suka tyasnèki | sadarpa gung ngêbati | gonjing mustakaning prabu | ngungun sarwi ngandika | ing nagara kene patih | durung ana karya kadga lir punika ||

28. lah ta age timbalana | kyana patih nuding dasih | kinèn nimbali Ki Pitrang | sandika anulya kerid | praptèng ngarsa narpati | Ki Pitrang manguswa lêbu | sri narendra ngandika | bageya Pitrang basuki | sasuwene sira nèng nagaraningwang ||

29. nuwun-nuwun sarwi nêmbah | tan kerangkirang. barkah narpati | sênêng cukup boga wastra | barkahing narendra murti | têbih saking sêsakit | parêk suka wirya nutug | nata malih ngandika | wus pirang sasi nèng ngriki | Pitrang matur sanggyantuk sakawan candra ||

--- 1 : 101 ---

30. Jêng Pamasa ngasta kadga | kang saking Rêkyana Patih | Pitrang iki karyanira | tumbak juga kêris siji | Ki Pitrang matur inggih | nanging mèt saking pamuruk | dalêm Ki Lurah Sarap | tansah arda mituturi | sabên dintên amba cathêt driyasmara ||

31. saking sadarpa mbêk wignya | sajarnya sojarnya. kawula èsthi | saking barkahing narendra | tulunging Hyang dzat sajati | kajatèn amba kêdhik | sagêd mitid karya dhuwung | Gusti inggih punika | rèh kawula tiyang pingging | salamyamba dèrèng nate karya kadga ||

32. nata èngêt ciptèng prana | Pitrang nyata êmpu luwih | kabangkitan anyar têka | lah bok iya sun mutrani | pusakèng bumi Kyai | Sangkêlat apa ta saguh | manira nggo padinan | narendra ngandika malih | hèh ta Pitrang apa sirèku kaduga ||

33. mutrani pusakèng jagad | pêpundhène nagri ngriki | warna kris dhapur Sangkêlat | mung mèmpêra bae thithik | sang nata nulya narik | Kyai Sangkêlat jinunjung | Pitrang iki rupanya | kagyat ing tyas Pitrang mèksi | guragapan sudeya capyèsmu lêsah ||

34. ngunandika e la dalah | dilalah karsaning Widhi | dene praptèng kene paran | karana apa Jêng Kyai | Pitrang matur ngabêkti | dhuh bathara jêng sinuhun | kawula inggih sagah | yèn antuk parmèng Widyadi | Hyang Siwanda lamun manjangakên uswa ||

35. sang nata aris ngandika | Pitrang dêlêngên kang titi | yèn wus trang titi gawèkna | matur mopo tan kadugi | manawi mung mangèksi | botên sagêd amba nurun | lamun parêng karsèndra | pola pinaringkên dasih | kang supaya mèt yayah Wisnu lan Krêsna ||

21. Asmaradana

1. kasmaran nata bêbisik | mring Cluring hèh paran patya | supadya kalampahane | karsaningsun karya putra | nurut Kyagêng Sangkêlat | kang nyirnakkên sumlang kewuh | dadi Kyai Sangklatmaja ||

--- 1 : 102 ---

2. kapriye kartinirèki | kudu nganggo yitnèng praja | sanadyan dudu bobote | Pitrang manyidrèng pusaka | janma tan kênèng ngina | patih manêmbah umatur | kajawi karsa narendra ||

3. pinarnah dalêm capuri | wontên pudyanta pêngkêran | tur santosa lalahane | dalêm patih saha kanca | tugur madyèng wiwara | pra prajurit ywa na turu | rumêksaa karti baya ||

4. sarèhning madyèng mijani | pan sampun kêmput balumbang | wisma ing têngah ginawe | wiyasa putrèng pusaka | Pitrang malbêt laknyana | jêng kyai yogya kadunung | nèng sadalêming gêndhaga ||

5. têpining blumbang prayogi | prajurit mubêng giliran | pêthuk tyasirèng sang katong | nata gya ngandika Pitrang | lah sira ingsun sarah | nanging kowe kudu manut | apa karêpe si patya ||

6. tumuli Pitrang dèn irid | manjing purantara nata | laju mring udyana age | pungkuraning dhatulaya | Pitrang kinèn mariksa | wus waspada gya umatur | sandika mituhu karsa ||

7. nanging punika wisma lit | kang wontên madyèng balumbang | kabrukutana samangke | mupung ing ari prayoga | pringkêlan ringkêl jalma | tur nuju upas tumurun | wukunya wuku Galungan ||

8. nèng wisma sadarpa tartip | patih gya marêk sri nata | mangatas karsaning katong | Kyagêng Sumare gêndhaga | wrangka nèng ngarsa nata | gêndhaga binêkta gupuh | dening ki patih priyangga ||

9. umanjing ring kadhatyan lit | sinrahkên Pitrang wus tampa | ki patih tugur ngarsane | nindhihi para punggawa | kang jaga sru prayitna | warnanên Pitrang manêkung | munajad marang Dzat Mulya ||

10. samadi sru mantrastuti | wêsi waja wus dèn asta | dèn urut anulya dados | curiga kêkalih samya | dhapur warna tan siwah | agêng alitira jumbuh | gunggung dados dhuwung tiga ||

--- 1 : 103 ---

11. lan Kyai Sangklat hakiki | Pitrang kawêkèn jroning tyas | derarsa anyingidake | kiyai pusakèng jagad | gyantuk wênganing cipta | matak donga sirêp kabul | kang tugur tilêm sadaya ||

12. sêdene kêkyana patih | miwah bupati nayaka | samya kapati tilême | Pitrang tinrimèng wikrama | dadya sasêdyanira | sing wisma udayaudyana. mêtu | nêpak laleyan plêk mêndhak ||

13. sêdyèng tyas arsa mring kali | daut Ki Agêng Sangkêlat | tandya kadunung jroning we | sampun tinindhihan sela | parmaning Dzat Kang Mulya | Kyagêng sacêngkang lan banyu | marma tan têlês samana ||

14. prêmati tan na janma wrin | Pitrang wangsul sigra-sigra | mring madyèng udyana jêro | kang gunasti maksih dadya | laleyan papak kisma | Ki Pitrang samana laju | malbèng dhatya lit singidan ||

15. wran tugur tan ana nglilir | ki patih sakancanira | mêksih eca-eca sare | kêpati ngorok sêngguran | mahya malih Ki Pitrang | anggugah janma kang turu | dupi wanci bangun enjang ||

16. umarêk marang ki patih | dupi wungu guragapan | ngraos suda prayitnane | kyana patih atêtannya | punapa antuk karya | Pitrang matur kados kabul | tinarimèng batharendra ||

17. gêndhaga binuka nuli | jro isi kêkalih kadga | kêmbar tan siwah warnane | dêdêg tangguh tan sulaya | ki patih atêtannya | Pitrang êndi putranipun | apa kêring apa kanan ||

18. mêngko yèn dinangu gusti | rèh padha yayah kacithak | kang lawas kang anyar priye | Ki Pitrang matur kawula | saèstu datan priksa | dadosipun ing panuwun | dhatêng Hyang Suksma Kawêkas ||

19. ulun sadarpa tan uning | dupi byar rahina tandya | patih lan Pitrang sumaos | sarta ambêkta gêndhaga | marêk byantara nata | gêndhaga binuka sampun | dening kangjêng sri narendra ||

--- 1 : 104 ---

20. dèn asta dhuwung kêkalih | winawas-wawas jroning tyas | kang anyar kang lawas kewon | dêdêg agêngnya tan siwah | kewran tyas mundhut pirsa | êndi Pitrang pusakèngsun | pêpundhèn nagri Blambangan ||

21. pitrang munjuk tan udani | yasamba saking parasdya | mêlêng samadi jatine | dhatêng Hyang Suksma Kang Baka | gêndhaga amba bikak | wus wontên karweka dhuwung | kilap kang lami kang anyar ||

22. kawula sadarpa tan wrin | sang nata mundhut sarungan | tumulya dèn sarungake | gênti-gênti tan sulaya | nora rênggang sarema | gèdhèg-gèdhèg jêng sinuhun | ah dudu rasane patya ||

23. jêng pamasa wali-wali | ndangu kang lama kang anyar | tan wruh putra lan babone | sanadyan kaanggêp padha | kudu wrin kang sanyata | pagene Si Pitrang bingung | têtela trang saking pujan ||

24. yèn mangkono kadga iki | gênah karsaning Suksmana | rangka juga kadga roro | rèh wus tita tan bisa trang | babon kalawan putra | kang gawe uga tan wêruh | hèh patih parentahêna ||

25. sacakrane nagri mami | sajrone karaton ingwang | wit dina iki slawase | ywa na kris dhapur Sangkêlat | kang lir pusakèng nata | roro iku warna jumbuh | undhangna ubênging jagad ||

26. rêsi- rêsi ingkang mrêgil | ywa na kongsi kaliwatan | pratinggi narakaryane | sêndhèn umbul pandêlêgan | pêpacuh wus kapacak | sêtatsêblat pinggir lurung | tan kêna wran matur kilap ||

27. dene Si Pitrang ing Grêsik | ingkang dahat mandamama | sun wisudha saking asor | anama Pangeran Sêndhang | sun trimani putrèngwang | Sang Sugiyah arum-arum | mêksih kênya tampanana ||

28. nêmbah umatur kapundhi | mustaka sapucuk kiswa | sih wilasa jêng sang rajèng | midrawa badan sawrata | yayah tirta sumarta | sasat jiwamba kajabut | dening Hyang Sewandakala ||

--- 1 : 105 ---

29. kagunturan sihing Gusti | kang arda tanpa upama | nadyan griwamba kapêdhot | dèrèng sah sihing narendra | dhatêng pun dama papa | samliyun patikbra ngungun | kalilan mundur ki patya ||

30. Pangran Sêndhang datan kari | dumunung nèng kapatihan | samana nata karsane | nata pranata wiwaha | bojakramaning putra | wus katata amêmatut | bojyèng wasana narendra ||

31. praptane ari kang mêsthi | panggihnya nèng purantara | lir adat caraning kraton | dèn arak ing kapatihan | barung kèh pakurmatan | wran nonton jalwèstri bingung | kèh kayungyun ring karênggan ||

32. Pangran Sêndhang warna pêkik | rinêngga busana abra | songsong krêtas putih sèrèt | kadya songsonging santana | pangran wahana kuda | putra narendra nèng ngayun | nitih jêmpana glis prapta ||

33. dhasar ayu kênya adi | sêdhêng wancine swasana | tur sampurna katamane | kathah lamun cinarita | prapta ing kapatihan | atut dènnya among tuwuh | tan kirang juga punapa ||

34. dupi antarane lami | nata waskithèng pamulat | mring radèn ayu pangantèn | pêpasihan mong sucitra | rêsêp pamunah krama | tandya dhêdhawuh Sang Prabu | Pangran Sêndhang antuk kitha ||

35. pinaring kinèn mbawani | ing Sêdayu kang supaya | nulya ngêblêki kithane | sandika Pangeran Sêndhang | mring Sêdayu boyongan | gumrudug sakèh pêpikul | sêlur tan kêna ingetang ||

36. praptèng Sêdayu wus manggih | prabasuyasa rinêngga | dhasar ngrèh punggawa akèh | pantês sasat kadipatyan | samana Pangran Sêndhang | mukti wibawa wirya nung | tan ana winancak driya ||

37. Pangran Sêndhang tyasnya eling | marang lurahira lama | ing Ki Sarap Lurah Pandhe | nglangkungi upaminira | gung kadanan prajana | bèr lumintu siyang dalu | Ki Sarap sakêthi bungah ||

--- 1 : 106 ---

Asal-usule Kyai Agêng Gêtaspandhawa

22. Dhandhanggula

1. lir srêngkara winuwusa malih | wasitanên Ki Tarub samana | wus seda nulya mantune | Lêmbupêtêng sêsunu | priya pêkik amung sawiji | diwasaning dikarya | Lêmbupêtêng murud | kang putra ngalih dhêdhêkah | saking Tarub anèng Sela mbêk têtèki | subrata 'ilmu rasa ||

2. mèstutyarja ring Jêng Sunan Kali | puruita rèh agama Islam | mila mituhu sapangrèh | sapurug datan kantun | tinarima bratanirèki | têngran Sutawijaya | de nama kang kasub | Ki Agêng Gêtaspandhawa | duk samana karsanya Jêng Sunan Kali | Risang Sutawijaya ||

3. sinadhèrèkakên Dyan Dipati | Natapraja kitha ing Bintara | wus samya cocog karone | lir tunggal yayah ibu | dyan dipati dadya taruni | Gêtaspandhawa tuwa | kang dadya nom nurut | manut sabarang gunarja | tata titining praja mangulah niti | kêdah rêmbag ring raka ||

4. kyai agêng nambut ing akrami | wanodya yu sal saking Sumêdhang | atut dènnya ajêjodhon | wusnya antara dangu | kanan kering Dêmak nagari | kathah janma kang Islam | tan kenging ingetung | malah wran urut samodra | pasisir lèr Grêsik Pathi lan Samawis | Kêndhal Batang Kalongan ||

5. Têgal Crêbon Pasundhan CiringinSekarang kota Caringin. | Krawang Bangil Bantên sampun Islam | ingkang Budha siji roro | mèstu agama rasul | samya nêbut kalimah kalih | la ilaha illa'llah | ana Mukhammaddun | Rasulu'llah ubênging rat | tanah Jawa myang pasisir kidul ugi | kathah wran manjing Islam ||

6. mung Sinuhun Prabu Majapait | Brawijaya sawadya punggawa | priyayi kang gêdhe-gêdhe | dèrèng wontên miturut | mêksih kêkah agama lami | Budha sre'at Hyang Brama | nêmbah Sang Hyang Guru | Wisnu Krêsna èsthining tyas | para Dewa-dewa kang dèn Widi-Widi | yeka Wadana Budha ||

Sambunge kamot ana ing Bagiyan Têngahan.