Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 22-36)

Katalog:Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296
Sambung:
1.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 01-10). Arsip dan Sejarah | Umum #1404.
2.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 1, Pupuh: 11-22). Arsip dan Sejarah | Umum #1405.
3.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 22-36) . Arsip dan Sejarah | Umum #1406.
4.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 2, Pupuh: 37-49). Arsip dan Sejarah | Umum #1407.
5.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 50-59) . Arsip dan Sejarah | Umum #1408.
6.Sajarah Jati, Tanaya, 1975, #296 (Bagian 3, Pupuh: 60-74). Arsip dan Sejarah | Umum #1409.

Bagiyan saking kalêmpakaning pinanggihipun sêrat-sêrat ingkang sumbêr aslinipun sakawit saking gêgubahanipun ingkang pinudyasma Radèn Panji Natarata ing ngajêng Panji Dhistrik Ngijon Ngayugyakarta, lajêng salin nama Radèn Sasrawijaya.

A SAJARAH JATI

(Bagiyan II Têngahan)

--- 2 : [0] ---

SAJARAH JATI

(Bagiyan Têngahan)

Pêrang Batin tumêka Lair ing antarane Bintara lan Majapahit.

Kidung basa Mardawa

Sakawit gubahan bangunane Radèn Sasrawijaya ing Ngayugyakarta nalika akhire abad 19 Masèhi.

Kang wis kabangun manèh dening siswane kang paramèng sastra ing salêbare Pêrang Dunya I.

Asline tulisan carik aksara Jawa

Kang nyalini aksara Latin R. Tanaya.

--- 2 : [0] ---

ISI BUKU IKI

Bagiyan Têngahan

... Kaca:

42. ADIPATI NATAPRAJA SOWAN ING NGARSA NATA PRABU BRAWIJAYA ... 1

42a. Tunggal adêgan seje gunêm (Saraseyane Pangeran Natapraja karo Prabu Brawijaya) ... 14

43. Pangandikane Sèkh Maulana Mahgribi marang Adipati Natapraja ... 26

44. Para Êmpu Pandhe ing Majapahit Yasan-dalêm kêris dhapur Sasra ... 26

45. Êmpu Pandhe Ki Nom akhire apangkat Bupati kang mandhiri ing Guling ... 32

46. Kêris Kyai Sangkêlat dadi pusakaning Karaton Jawa wiwit nagara ing Dêmak ... 33

47. Ki Cakrajaya juru andèrès klapa ing desa Bêdhug tanah Bagêlèn ... 34

48. Ki Gêdhe Pandhanaran ing tanah Samarang ... 36

49. Ki Cakrajaya kasêbut Susuhunan Gêsêng ... 39

50. Ki Gêdhe Pandhanaran kasêbut Pangeran Têmbayat lan Sambangdalan kasêbut Sèkh Domba ... 40

51. Kangjêng Susuhunan Kalijaga paring wêjangan 'Ilmu marang Pangeran Têmbayat ... 43

52. Ki Tasik lan Nyi Tasik ing desa Wêdhi ... 49

53. Para Êmpu Pandhe kang sudibya ing Majapahit Yasan-dalêm kêris dhapur Jangkung Mangkurat ... 51

54. Êmpu Pandhe Ki Jaka Sura akhire kasêbut Adipati Surèngrana ing Jênu ... 59

55. Ing Bintara tata-tata miranti pêrang nêdya anggêmpur ing Majapahit ... 62

56. Kêris pusaka Majapahit Kyai Condhongcampur kauningan kataman cacad cintraka ... 66

57. Kyai Condongcampur arsa linêbur minulyakake manèh nanging banjur mêsat ngumbara dadi têluhbraja ... 68

58. Sri Nata Majapahit angutus Adipati Pêcattandha animbali Adipati Natapraja ing Bintara ... 70

59. Para Wali Oliya mratikêlake carane mêthukake mungsuh yèn anêkani ... 74

60. Senapati Adipati Pêcattandha sawadya budhal saka ing Majapahit ... 75

61. Surasaning layanelayange. Adipati Natapraja marang Adipati Pêcattandha ... 76

--- 2 : [0] ---

... Kaca:

62. Layang wangsulane Adipati Pêcattandha marang Adipati Natapraja ... 77

63. Senapati ing Bintara Sunan Kudus sawadya budhal mêthukake gêgaman Majapahit ... 79

64 Gêgaman Majapahit gumrêgut mêthukake pêrang Senapati Sunan Kudus gugur ing paprangan ... 79

65. Para Wali Oliya ngrêmbug sakèh pambudidaya kang kudu katindakake murih ungguling prang ... 81

66. Susuhunan Kalijaga pribadi marang Majapahit masang jimat murih muruding Narendra ... 82

67. Susuhunan Kalijaga yasa pusaka kraton rupa kêndhali aran Ki Macan-guguh ... 83

68. Gêgaman ing Bintara ngêtoni ing paprangan Senapatine Pangeran Kudus misih mudha ... 84

69. Gêgaman ing Majapahit sadhiya nadhahi Senapatine Adipati Pêcattandha ... 85

70. Têmpuking prang wadya Bintara andhêsêk wadya Majapahit kadhêsêk mundur mlayu ... 86

71. Wadya Bintara ngêpung kutha Majapahit ... 88

72. Kya Patih Wahan lan Adipati Têrung tuwin pra nayaka ngrêmbug ngundurake mungsuh ... 88

73. Êmpu Kyai Supa sabrayat lolos marang ing alas tanah Mataram ... 89

74. Kya Patih lan para nayaka mangsah prang ... 90

75. Pamuksane Sri Bathara Prabu Brawijaya saha para putra lan sakèh pusaka Nata dalah sakadhatone pisan ... 91

76. Pramèswari Dwarawati lan Adipati Têrung kaboyong Sang Senapati Pangeran Kudus ... 93

77. Para Putra-Nata Sri Brawijaya ... 97

78. Ing ngarsa Sang Adipati ing Bintara ... 98

79. Wadya Majapahit kang têluk di-Islamake ... 99

80. Sagung jarahan lan boyongan katur para Wali ... 99

81. Para Wali mrayogakakên nuli jumênêngan Nata ... 100

82. Jumênêngan Nata Rat Jawa ing Karaton Bintara ... 100

83. Adipati Pêcattandha boyongan lêstari ngrênggani kadipatèn Têrung ... 103

--- 2 : [0] ---

... Kaca:

84. Susuhunan Kalijaga tansah anjangkung murih luhur kuncaraning karaton Bintara ... 104

85. Êmpu Ki Supa kang ana ing alas Mataram katimbalan marang ing Bintara ... 105

86. Sri Sultan Bintara ambudi murih tandhuketundhuke. Raja ing Blambangan Prabu Siyunglaut ... 105

87. Sri Sultan Bintara animbali Adipati Têrung kadhawuhan anggêcak Blambangan ... 108

88. Adipati Têrung lan para bupati sawadya budhal anglurugi Balambangan ... 111

89. Adipati Blambangan sulaya rêmbug karo Patihe têmahan sirna sampyuh sakarone ... 112

90. Adipati Têrung nêmbang têngara manjing kutha para bupati lan wadya Balambangan nungkul ... 114

91. Adipati Têrung sawadya mulih marang Bintara anggawa têlukan boyongan lan jarahan ... 114

92. Ing ngarsa-dalêm Sri Sultan Bintara ... 115

93. Karaharjaning praja Bintara ... 117

Sambunge kamot ana ing Bagiyan Pungkasan.

--- 2 : [1] ---

ADIPATI NATAPRAJA SOWAN ING NGARSA NATA PRABU BRAWIJAYA

Têdhakan saka layang Sajarah Jati

7. samana anuju ri sawiji | Kyagêng Gêtaspandhawa kèngêtan | ing Majapait sang rajèng | pinrih Islam sang prabu | nulya rêmbag dhatêng kang rayi | Dipati Natapraja | kyagêng alon muwus | lah sumangga sang dipatya | samya sowan rama paduka sang aji | Sinuhun Majalêngka ||

8. atur pemut manawi ginalih | supaya ge manjing gama Islam | sawadya punggawa kabèh | sare'at Kangjêng Rasul | sang dipati mituhwèng galih | tandya pradandan sowan | pra sahabat mèstu | santri kèhnya sawatara | sang dipati kyai agêng nglêksanani | lêstari kirdhanira ||

9. tan winarna ing marga glis prapti | Wilatikta anuju sang nata | siniwèng wadyabala ndhèr | patih riya tumênggung | lênggah bale manguntur tangkil | kasaru praptanira | kang putra cumundhuk | lan Kyagêng Gêtaspandhawa | ngaraspada sang kalih ganti-gumanti | winêngkul kang lungaya ||

10. sinambramèng pambagya kêkalih | munjuk nuwun kalingga ing murda | manjing êmbun sabdèng katong | wusnyaso kalihipun | sang dipati matur wor tangis | dhuh Dewajining jagad | kang sinuhun-suhun | amba darbya tur prasaja | tulah sarik sêsiku nuwun brastha nir | mênggah lêpat kawula ||

11. ulun mangke wus manjing agami | Islam mèstu Kangjêng Rasulu'llah | ngucap klimah tayibahe | lir tyang 'Arab pukulun | ingkang mangka muka agami | ing Jawi wali sanga | de kang kawula nut | Sunan Benang Sèkh Mulana | tuhu dikbya sasmita ulah agami | nêmbah Dzatu'lkadimah ||

12. ingkang karya bumi lawan langit | myang tumruning jawah saking kasa | puniku Allah karsane | ngganjar nraka swarga gung | amba ngling-ngling sadaya gami | amung 'Arab pratela | wela-wela

--- 2 : 2 ---

wêruh | èstu kêkasihing Allah | kang wus nyata kagêm ngrika kagêm ngriki | de janma tanah Dêmak ||

13. kanan kering myang urut pasisir | sampun sami manut Rasulu'llah | pra taruna wrêda kabèh | sêdene wiku-wiku | ngabên kawruh silaning pati | tuwin musamaning Dzat | kang wajibu'lwujud | samya kasor kawon nyata | rèh tyang gêsang gadhah pêpacangan pati | kang patitis ngupaya ||

14. botên lami nèng dunya upami | tiyang sanja mung sakêdhap netra | nèng akhirat salamine | dumunung tanpa petung | mila amba lajêng umanjing | mituhu gama Islam | rèhning trang sarta trus | wangsul agamaning Budha | kirang cêtha ngawur duga lan prayogi | têmên atur kawula ||

15. kagyat ing tyas nata èsmu runtik | myarsa turnya putra dyan dipatya | nanging sinamun dukane | wantwambêk santa sadu | nuksmèng tama mangulah yogi | yogi sayogyaning tyas | hèh ta sira kulup | Adipati Natapraja | ywa mangkono sêsênêngan bab agami | nora kêna kapêksa ||

16. de wus akèh wran manut sirèki | iya sokur rèh dadya sênêngnya | nanging ingsun durung kegoh | kukuh gêgandhulanku | padha bae aran agami | kang sênêng ngalêmbana | kamulyaning layu | ingkang sêngit anênacad | wus mangkono lakune wran seje jinis | pêsthi tan kêna ora ||

17. kabèh -kabèh critane wong urip | Buddha 'Arab sayêkti tan beda | duk kabare janma layon | kulup durung têrtamtu | êndi wonge sapa kang uning | ngambah marang kamuksan | sapa kang wus wangsul | Budha 'Arab durung ana | nadyan kitab rontal Budha 'Arab gami | yasane Hyang Kesawa ||

18. ngaku saking Sang Hyang Otipati | dene ku rontale Sang Hyang Brama | ngaku dhawuhnya Hyang Manon | yèku Bathara Guru | bênêr bae kulup saka wit | mobah-mosiking jagad | sing Bathara Guru | guruning manusapada | sira prapta kene mèstu Hyang Pramèsthi | èsthi pangèsthinira ||

--- 2 : 3 ---

19. siji wujud budi cipta ati | katri seje jênêng nanging tunggal | paran sira mungkir kowe | manut wong mêndêm kulhu | pangerane adoh lan ati | dudu jro dudu jaba | sajatine êmbuh | dadine tanpa wêkasan | nanging sira kulup gêlêm angantêpi | mung sokur bae ingwang ||

20. pangrasamu sun iki kang sisip | pangrasaku kowe luwih sasar | nanging luput nora katon | bênêr nora kadulu | sapa wonge kang wruh jro pati | pati ingkang sanyata | kabèh-kabèh bingung | de sira ngicipi pêjah | srana dikir pan awêruh suwarga di | sanatimusapatimu. nggon benjang ||

21. nadyan ingsun amuja samadi | mlêng sucipta nèng sanggar langgatan | bisa wruh marang Dewane | têtêmon padha wujud | wruh suwarga ing sunyaruri | wruh ing jonggringsalaka | naraka kadulu | ing kawah candradimuka | mbêl blêgdaba ingkang mubal-mubal gêni | hyun ngganjarakên durta ||

22. de suwarga kaganjar wran yukti | ingkang yêkti asih marang Dewa | pangiraku nora seje | kulup marang kawruhmu | mung jênênge bae salisir | wran Budha lan wong 'Arab | seje têmbungipun | yèn sêmbahhyang cara 'Arab | lamun Budha wran Jawa muja samadi | mangkono kalakuwan ||

23. lah ta kulup sun arsa udani | kaya priye jarwane wran Islam | nganggo ngucap kalimah ro | jarwanana putrèngsun | ingkang titi trus trang kang rêsik | Dyan Pati Natapraja | sandika umatur | la ila la ila lullah | wa anahu Mukhammad Rasulu'llahi | makatên pradikannya ||

24. nora nana Pangeran sajati | namung Allah ing satuhunira | Nabi Mukhammad dutane | makatên jarwanipun | jawi saking makatên mawi | sêmbahyang gangsal wêkdal | mahgrib 'isa subuh | luhur 'asar nêmbah Allah | sarta sabên Jumungah nêmbah ring masjid | kinarya tandha Islam ||

25. sri narendra angandika aris | yèn mangkono kulup nama Allah | sabarang karsane kongkon | tandhane Mukhammaddun | ngaku dadi dutaning Widhi | yèn mangkono kabayan | tampa barang dhawuh | rèhning Mukhammad wus sirna | mêngko sapa kang dadi kabayannèki |

--- 2 : 4 ---

apa ta kulup sira ||

26. layak kowe paprentah ring mami | dèn utus Hyang ingkang nama Allah | kapriye Allah dhawuhe | yèn sira bisa wêruh | ingsun uga bisa mangèksi | yèn namung saka kabar | ngaku-aku palsu | lawan manèh sun têtannya | kowe nêmbah kaping lima sabên ari | apane kang koksêmbah ||

27. lamun nêmbah asma sira kaki | têtêp sira anêmbah kumandhang | yèn nêmbah wujuda kowe | gupala kang kok-ujung | lamun kowe anêmbah sêpi | manêmbah wangwung wungwang | galimpang kawruhmu | dudu jêro dudu jaba | yèn mangkono nglêmpara têkadmu kaki | mêmuji tanpa karya ||

28. yèn Jumungah sira maring masjid | sujud muji sajatining Allah | apa nèng jro masjid kono | lah wêcakna putrèngsun | lan tanjakna ingkang patitis | yèn wis titi trang nyata | ingsun amituhu | umanjing agama Islam | balik lamun mirang-miring tanpa kasil | yun padhang têmah mamak ||

29. lamun sira wruh agama mami | Budha kang wus kanggo kuna-kuna | mangkene kulup patrape | basa Krêsna lan Wisnu | lirnya Krêsna irêng hakiki | karêm mring kalanggêngan | iku wandanipun | sirna katunu dahana | basa Wisnu kulup rasa kang sajati | ngubêngi Sang Hyang Krêsna ||

30. dene ingkang ngrasa Hyang Pramèsthi | gurunira manusa sadaya | pasênêdan sajatine | nèng kêmbang trate wungu | isih ana ingkang ngungkuli | kasêbut Sang Hyang Wênang | wêning têgêsipun | iku eling kene kana | têmbe muksa Sang Hyang Guru dadi eling | manjing sakarsa-karsa ||

31. sêsênêngan karsane Hyang Wêning | tumanggal nuksma mring para nata | sayogya manjing rahsane | jumnêng pribadi kulup | mungguh napas kita ing benjing | karan Sewandakara | yeka praptèng puput | mahya ngèbêki bawana | mulih marang asalnya ing nguni-uni | khusus kawruhing Budha ||

--- 2 : 5 ---

32. bisa ringkês panarimèng galih | ala bêcik ing ati narima | iku aran kawruh gêdhe | nadyan wong blilu cubluk | yèn wus mathêm ciptaning budi | budi pasênêdannya | pratandha wus rujuk | lan gurune jroning jiwa | marma kulup gama tan kêna pinardi | sasênêngnya priyangga ||

33. mung kotamaning wong cêgah juti | pra durta kang tan nuntun widada | rèhning mêmalaning akèh | dera nêmbah Hyang Agung | nora kêna kaki pinardi | iku agama Budha | seje agamamu | mbujuk-mbujuk ngerang-erang | ngiming-iming mêmengin marang wong pingging | mêtu wuduk lêmbarang ||

34. ngaku-aku agama sinêlir | ngunggulakên utusaning Allah | kowe tan wruh panjèrènge | mujijad sulap palsu | suprandene kita tan uning | ngêndi ana wran bisa | mabur tanpa wulu | ngaku mring Mêkah sadhela | sajatine wong goroh angathik -athik | samana dyan dipatya ||

35. arda ngungun majêng èsmu tangis | mirêng wêdharing rama narendra | jroning tyas saklangkung gawok | dyan dipati mangungun | tandya matur mring jêng rama ji | lêrês sabda paduka | yèn parêng sang prabu | kula nèng ngriki kewala | botên wangsul dhatêng ing Dêmak nagari | rèh rêmên gami Budha ||

36. langkung ringkês gampil enggal tampi | gami 'Arab nglantur ngayawara | puwara tanpa wêkase | de kang amba kèn mantuk | dhatêng Dêmak pun kakang Kyai | Agêng Gêtaspandhawa | kagyat jêng sinuhun | ho o kulup ywa mangkana | tutugêna wibawa mbawani santri | ya kaki wruhanira ||

37. ana jangka riwayating gaib | para rêsi dwija kang bijaksa | kraton Majapait têmbe | gêmpur dening sirèku | kang ngrabasèng pura santri |Kurang satu suku kata: kang ngrabasèng pura pra santri. hera-heru puyêngan | salin gama Rasul | nanging Budhane tan ilang | malah rusuh kidruh kisruh. tataning agami | pandoning Suksma Purba ||

38. wus mangkono datan kêna mungkir | wong Jawa Budhane padha suda | gama 'Arab ora enjoh | akèh durta sila yu | culikarda wit

--- 2 : 6 ---

kirdhèng bumi | ing benjang pancakara | sira lawan ingsun | manira kasor mangendra | sira ingkang sumilih jumênêng aji | wahyaning wahyu kobra ||

39. sun jarwani marang sira kaki | trah-tumêrah saturun manira | êndi kang jumênêng katong | mêngku tanah Jawa gung | wanti-wanti ywa dadi santri | tan dumèh padha Islam | tatu tanpa kantuk | 'adat santri kurang tata | ati sirna duga prayogane mlêncing | saru mêngku nagara ||

23. Asmaradana

1. kasmaran sun tannya kaki | ing sira kang prastawa trang | Islam kapriye têgêse | salat apa jarwanira | gampang yèn wus têtela | sun manut ring agamamu | lan kabèh wran Majalêngka ||

2. gêdhe cilik jalu èstri | wrêda mudha padha Islam | yèn wus sun ptiksapriksa. dununge | manêmbah radyan dipatya | pradikanipun Islam | salamêt jarwa rahayu | tan wontên kara punapa ||

3. têgêsnya salat dewa ji | Jawinipun ma'na rahmat | inggih sênêng lan parênge | gumujêng narendra tama | mung mêngkono artinya | êndi wong nora mrih ayu | apa jênêng dudu Islam ||

4. mangka sarupane urip | ngèsthi rahayu umurnya | tan ngamungkên Islam bae | lan malih têgêse salat | mung sênêng pêparêngan | yèn mangkono sutaningsun | kadi wong ngimpi nglêmpara ||

5. kabèh sajatine urip | ngèsthi ngupa sêsênêngan | gêdhe cilik samurwate | sugih miskin sakadarnya | sababe apa sira | nêmbah salat marang suwung | marêp ngulon ana apa ||

6. apa kulon ênggon Gusti | lah rupane kaya apa | yèn wêruh rupa jatine | apa bisa wèh widada | lawan awèh barana | apa awèh pangan kulup | mangka sun sawang mung sunya ||

7. wong Islam kathah kang sakit | ingkang pêjah iya kathah | sêdene kang nora darbe | padha nandhang kamlaratan | yèn arsa warêg nêdha | kudu rosa mluku macul | nora beda lan wran Budha ||

--- 2 : 7 ---

8. lara sêbutnya ndharindhil | la ila la ila lullah | yèn durung ilang larane | uga mêksih gêlangsaran | padha bae lan ingwang | sira tumraptèng ngarsèngsun | nora mabut têmah kirdha ||

9. dene mungguh para wali | bisa ring Mêkah sadhela | jatine pasênêdane | aja ing Mêkah Madinah | lamun dayaning karsa | bumi pitu langit pitu | sakêdhap sun bisa ngambah ||

10. rèh tyasmu sadarpa pingging | panyana panyakra tanpa | mêmpêng nganggêp ujar palson | tandhane kowe tan bisa | mrene bae rêkasa | nganggo nginêp nèng dêlanggung | dene tan mabut kewala ||

11. sira prapta Majapait | sêmune katara sayah | kêna apa dene kowe | nora njaluk marang Allah | tuwin ring Rasulu'llah | bênêre sira wis malbu | gama Islam tinulungan ||

12. lan manèh sakèhing wali | padha mubêng tanah Jawa | buntas wetan buntas kulon | apa sababe tan prapta | ing nagri Majalêngka | ewuh rèhning jro praja gung | kèh bijaksa nawung kridha ||

13. kang titi pratamèng budi | kudu prastawa satmata | têmên goroh pasthi katon | kene tan kurang yyanjana | dibya ing tyas nirmala | pêsthi palsune tan payu | marma pra wali tan prapta ||

14. seje wran desa kang pingging | pasisir kulon lan wetan | kèh atitir bèbèt bodho | uripnya durung prasaja | ana sulap lwih gila | marma dèn salini manut | agama kang siya-siya ||

15. lan manèh rêmbugên kaki | tatkalane jaman kuna | Budha nêmbah ring dewane | bumi lan langit wus ana | wulan surya tranggana | gunung-gunung ting jênggunuk | sun anggêp gaweyan dewa ||

16. wangsul sira lan pra wali | nganggêp gaweyaning Allah | bumi langit isih isih kiye |Lebih dua suku kata: bumi langit isih kiye. yèn mangkono dhisik dewa | ya kulup Allahira | dadi Allah iku nunut | nèng kene gumlaring dunya ||

17. kapriye kulup sirèki | wikyawiknya. trahing witaradya | rêmbêsing madu kinaot | pagene budimu cingkrang | tanpa duga watara | laju kèlu ilu-ilu | Budha desa tanpa sastra ||

18. wêruh lèhmu pating jrêngking | pating dlêjêg karêmbyahan | tata barêng marêp ngulon | gumun para Budha desa | seje Budha sarjana | wruh salatmu dèn gêguyu | mung batin tur tan kawahya ||

--- 2 : 8 ---

19. kaya lakune wong santri | mamrih kêndhurine kathah | mila nistha salawase | seje para êmpu jangga | mênêng sêmbahing puja | antêng jatine manungku | nora samar Hyang Triyatra ||

20. Hyang Jagad Pratingkah uning | sêdene Suksma Kawêkas | bènèh santri kaya kowe | yèn sêmbahyang pating krakat | ting jrêlih pating grobyag | rèh Allah tuli tan krungu | yèn tan sêru têmah tuna ||

21. satriya tamèng dumadi | dhasar trahing daniswara | datan ingan sêmbahhyange | kodhênging cipta têtannya | mring Rêsi Dwijawara | yèn wulange nora cundhuk | lan jroning cipta tan arsa ||

22. gêlêm têtakon wong wêgig | nanging nora sah dêduga | watara jroning batine | marma ewuh wran têtannya | angèl yèn tinakonan | kudu sarjanèng pangawruh | mangkono trahing kusuma ||

23. yèn wong santri lir sirèki | dhêmên têtakon wran limpad | nanging tyasmu nggawa bodho | barêng dituturi nrima | rèh kowe cilik mula | kumpul lan wong mêndêm kulhu | dadi jaba jêro tanpa ||

24. Allah ora anèng jisim | nora dumunung ing jaba | jroning bumi langit kothong | tansah kopêpuji asma | dadi mangran suwara | kumandhang kang tanpa wujud | sira puji sabên dina ||

25. dene cêgahing pakarti | kaya ta wran mangan bathang | asu babi iwak cèlèng | iku dudu cêcêgahan | yèn Pangran tan kalilan | mangan cèlèng babi asu | tamtu sirna saking jagad ||

26. de karame Budha kaki | nora luwih mung klakuan | ingkang tan kaprah wran akèh | kaya ta ambêk duskarta | amèt bandhaning liyan | ingkang nora srana nêmbung | ratu kang wajib midana ||

27. wangsul sira bangêt ngèsthi | rintên ratri munggah swarga | swarga iku ngêndi nggone | mara kulup tuduhêna | ingkang katon satmata | aja mirang-miring ngawur | kuwur antêping swarjana ||

28. santri akèh tuna budi | budine nurut carita | kang nora ana yêktine | yèn wus wruh sêmaya benjang | bênêr luput tan wikan | nora luwih sira amung | ring masjid padha sêmbahhyang ||

--- 2 : 9 ---

29. salatmu nganggo sêsuci | sarana nganggo ngêngumbah | ring pancadriyamu kabèh | nanging jroning wêtêngira | tai uyuh durung sah | paran pangumbahmu kulup | rêrêgêd nèng jroning badan ||

30. pangakumu mau suci | kinasihan marang Allah | priye Allah sru trêsnane | ênggone bae tan wikan | wujude nora priksa | jaba dudu jêro dudu | kana kene nora nana ||

31. sira ngaku dèn kasihi | gama Islam luwih têrang | kaya priye katrangane | wong kang mangeran kumandhang | mbuh nyata êmbuh sunya | seje lawan agamaku | gampang ringkês têrang cêtha ||

32. wong urip tan bisa suci | rêrêgêd kang luwih ganal | kulit daging gêtih bosok | têtela rêgêd kewala | rumakêt barang ala | iya iki raganingsun | nanging kang suci jro ana ||

33. wujud kanang luwih gaib | barang karsa tan tra masa | arda mokal budayane | yeka Pangrane wong Budha | ringkês dadya samrica | yèn ginêlar jagad kêmput | kèbêkan bumi ngakasa ||

34. mangka sira tan ngawruhi | kang kasêbut Hyang YriyatraTriyatra. | ing jagad tan ana roro | ingkang karya surya candra | sudama cakrawala | angin laut gunung-gunung | kabèh titahing bathara ||

35. tuhu widagda gunasti | sêdya sukêrtèng bawana | atas saka kawulane | manuksmèng Widhi widada | dadya Gusti kawula | tur mêngku antaya mangun | bawa mijang pancadriya ||

36. sulaya lan bangsa santri | Pangerane nama Allah | kang nora jaba nora jro | jroning bumi kasa sunya | tan kacakrèng wardaya | mênêng dudu mosik dudu | lah êndi sun hyun prastawa ||

37. umatur radyan dipati | adhuh dewajining jagad | kawula dèrèng waspaos | rèhning sangêt pinacuhan | manusa karam mutlak | sintên manêdya wruh kupur | makatên cêgahing syara' ||

38. botên langkung siyang ratri | mung kinèn makbut myang nêmbah | ngujung Allah kamulyane | kinawasèng jagad raya | pinuja pujwèng asma | nanging masa manira mbuh | lêrês sabda dalêm rama ||

39. wong Islam mangeran sêpi | mangku cipta supadya na | ana tan kacakrèng jêro | myang jaba ing pundi tanpa | kilap guru kawula | wali sanga kang wus mashum | Imam bijaksèng ing Jawa ||

--- 2 : 10 ---

40. kang sayogya dèn tut wuri | wêwarah mirid manêmbah | mèstu kang rama kartine | narislam agama mulya | wahyèng basamba tampa | pituduh sapakon mèstu | miturut agama tama ||

41. mênggahnya aran sifating | kula mêksih kêkirangan | watawis amba ing têmbe | winêruhkên ing dzat mutlak | kang tanpa ngalap sabab | dunung sasananira mbuh | tansah tan kacakrabawa ||

42. mèsêm ngandika narpati | ho o ta lah sutaningwang | dene bodho têmên kowe | salin gama datan pana | budha budimu sirna | paran mangayu manguyun | wran nêmbah sunya nglêmpara ||

43. wis mêngkono bae kaki | coba kabèh wali sanga | ngong suprih ambabarake | lambang cangkrimaning Budha | cacah limang prakara | yèn sayêkti bisa pêthuk | lagya padha kawruh Budha ||

24. Sinom

1. mangkana sabdèng sri nata | sawiji kinèn ngêcupi | pangumbahing pancadriya | saka banyu ingkang êndi | wangsul sucining budi | banyu apa kanggo masuh | lamun jatining Budha | budi rêrêgêding bumi | badan wadhag brêsih suci kang têtela ||

2. yèn rêgêd rumakêt angga | rèh mituhu dhawuh ati | priksanên jroning panjara | pira-pira para juti | pinidosèng narpati | siksa katrap saka khukum | awit prentahing manah | badan mung drêma nglakoni | lah kapriye pangumbahnya ati ala ||

3. mubarang klakuaning wran | juti duskêrta ing bumi | atas dhawuhing wardaya | dene kok badan sinuci | bênêre kyai budi | kang winasuh srana sabun | wangsul santri drubiksa | mung badane dèn paèsi | bêbèngèsan anênacad kawruh liyan ||

4. kang kaping kalih cangkriman | aturêna para wali | wran Buddha kawak kumawak | tur kang durjanèng mbêk juti | yèn nendra para wali | yêkti padha bae nglêmpus | sirna budayèng 'akal | ngorok êngguran tanpeling | nadyan para nata lan pangayah padha ||

5. de ilang kanarendrannya | sêdene garwatma rukmi | barana mayuta sirna | luwih manèh jiwangga nis | iya sayêkti lali | sanadyan Pangeran suwung | lah iki sabab apa | 'ilmu pira-pira gusis | aturêna mring gurumu wali sanga ||

--- 2 : 11 ---

6. cangkriman kang kaping tiga | wong manêmbah ring Hyang Widdhi | kaya ta salat sêmbahhyang | sabên Jumungah ring masjid | luwih manèh yèn ari | rina wêngi limang wêktu | dikiran pêpujian | iku sapa ingkang tampi | yèn katampan kapriye panrimanira ||

7. kang kaping catur cangkriman | kabèh manusa kang urip | ana ujud jêro jaba | kang jro dèn wastani budi | pasênêdan myang ati | kalamun manusa layu | budi hawanya lunga | manawa ngendra wring ngêndi | jroning badan ana ngêndi prênahira ||

8. sifat wujudnya lir paran | de yèn urip lintang yêkti | gunarda barang nglêngkara | barêng oncat dadi jisim | badan bosok wor siti | ana jisim kang katunu | ring ngêndi paranira | sun pêsthèkkên para wali | kang sayogya mbatang iki kang sasmita ||

9. cangkriman kang kaping lima | kabèh sagunging agami | Cina Landa Buddha Islam | antuk gêganjaran akhir | suwarga nraka manggih | kang duwe klakuan bagus | yèn ala tampa siksa | yèn yukti antuk swarga di | wangsul badan kèri sapa ingkang tampa ||

10. raga bosok wor pratala | lah sapa ingkang nampani | kalaran myang kani'matan | apa ta rahsa kang nangis | tampa ganjaran akhir | mangka rahsa sifat kudus | mèntu ring badan wadhag | manut suwaraning jisim | Natapraja matur ring rama sandika ||

11. manawi parêng karsendra | amba mundur sing ngarsa ji | nuwun pangèstu paduka | hyun dhatêng Dêmak samangkin | ambawani wran santri | kang sampun klajêng miturut | ing rèh agami Islam | jêng pamasa wus ngidèni | sigra mundur lawan Ki Gêtaspandhawa ||

12. tan kawarna anèng marga | lampahnya karwa lêstari | natapraja ing Bintara | ingkang saking Majapait | mundhi lambang narpati | cangkriman kang badhe katur | ring pra wali sadaya | kapanujon para wali | pra 'ulama kang samya bakda Jumungah ||

13. lênggah nèng srambi atata | sigra rahadyan dipati | matur ring Jêng Sèkh Mulana | lan para kutub sakalir | sang dipati turnya ris | kawula sampun mituhu | sowan ring Wilatikta | cumundhuk ring jêng rama ji | amba turi umanjing agama Islam ||

--- 2 : 12 ---

14. rèh sampun kathah wran Buddha | kang ngalap malbèng agami | Islam manut Rasulu'llah | sri narendra mèsêm sarwi | ngandika arum manis | sarta paring suka sukur | ananging kang sarira | nata sadarpa tan apti | rèh lakuning gama tan kêna pinêksa ||

15. lajêng mundhut priksa kula | patrap manêmbah myang muji | kula umatur prasaja | lir jarwaning kitab Sitin | pathokaning agami | narendra tansah gumuyu | kagalih kirang têrang | rèh panganggêp mirang-miring | asma Allah botên jêro botên jaba ||

16. boya kantha boya warna | nata lajêng sung sajarwi | silaning agami Buddha | ingkang sampun dèn lampahi | wit kina praptèng mangkin | mila panganggêpnya kukuh | dupyamba matur cêtha | kawula kagalih pingging | awusana paring lambang gangsal warna ||

17. kinèn ngêcup wali sanga | lamun wignya narbukani | sasmita gangsal punika | mêksih sami lan sang aji | tandya Jêng Sunan Kali | angandika manis arum | hèh jêbèng lairêna | pra wali kabèh manawi | ana ingkang narbuka ingkang cangkriman ||

18. pra wali guyub sadaya | sigra jêng sang adipati | gangsal cangkriman ingandhar | miwiti praptèng mêkasi | njêtung kang para wali | wahyèng cangkriman manglangut | nyipta datan kuwawa | kanang pralambang nguculi | tri pandurat mênêng tan osik wardaya ||

19. ngandika Sèkh Maulana | hèh wruhanta sang dipati | cangkriman limang prakara | kang wus katur para wali | ewuh yèn sun uculi | sanadyan sun buka sun cup | tarêcêp kang kacakan | nanging ramanta tan apti | manjing Islam têmah Buddhane tan ilang ||

20. tur ngrusak masjid ing Dêmak | kang wus byantu para wali | sare'at dadya warana | hakekate kang hakiki | kangjêng sri narapati | mundhut pambabaring sintru | sayêkti nora kêna | sun uga saguh ngêcupi | nanging lamun karsa manjing gama Islam ||

21. yèn tan arsa paran karsa | kloreyan tiwas drêmimil | wahyèng wuwus tanpa guna | cangkrimane rare alit | sayêkti dudu wali | pralambang mangkono bingung | yèn wali hulul 'ilma | gunardika ngatas kardi | boya ewuh pambatang pambêngkasira ||

--- 2 : 13 ---

22. larape agama Buddha | kang masut kamulyan pati | ngati trus marang wêkasan | wali sayêkti mangrêti | anggulung gulung gilig | anjèrèng anggêlar putus | tatas pangudi pana | pramanêm urip lan pati | wus pratignya cukup paraning pralaya ||

23. ing kana kene wus kêna | anggulung gêlaring bumi | sunya ana datan samar | pambudine rasa jati | kumpul pêncarnya ugi | pambuwang pangukup jumbuh | imbuh Gusti kawula | prêmana Gusti lan abdi | wahyèng budi prêmana budi nirmala ||

24. sre'at tarekat hakekat | ma'rifat wus dèn lakoni | wali utamèng sasama | ngungkuli janma kang luwih | de ngadêgakên masjid | ing Dêmak kinarya sintru | wran nêmbah maring Allah | sarana asma nyukupi | wong tan nêmbah Allah nora dadi apa ||

25. cangkrimane ramanira | takon pangumbahing budi | lawan ingkang pancadriya | ingkang datan srana warih | iku kinèn ngêcupi | banyu budi wastanipun | de tatanya wong Buddha | lan wong Islam lamun guling | padha bae ramanta takon sababnya ||

26. iku jaman panglêburan | kêna dèn arani pati | dudu jamaning agama | padha bae lawan anjing | kabèh kawruh sajati | panggonane durung wêruh | bab ingkang ngajak nendra | sadurunge wus kaèksi | iya iku bedane Islam lan Buddha ||

27. pambatang cangkriman tiga | wong salat sapa kang tampi | jêbèng ingkang akon sapa | salat punika kang tampi | nora katrima tuwin | katrima saka kang dhawuh | pasêmon kang kaping pat | lungane sênêdan budi | iya marang sangkane saka ing kana ||

28. ping lima patakon nata | ganjaran nraka suwargi | sapa ingkang bakal tampa | nora luwih ingkang kardi | anane nraka swargi | awit saking ciptèng kalbu | ati kang tampa siksa | suwarga bakal nampèni | swarga nraka saka anane agama ||

--- 2 : 14 ---

25. Pangkur

1. ungkurna radyan dipatya | puluh-puluh wus karsaning Hyang Widhi | apan ta ingkang sinuhun | tan arsa manjing Islam | mung kinarya jalaran jatine mingkuh | mêksih kêkah gama Budha | kang arda manêmbah budi ||

2. budine kanggêp Hyang Suksma | ingkang mêksih suka bungah prihatin | tur kênèng edan lan bingung | lali turu wajibnya | yèn wran Budha ingaran Bathara Guru | sejene agama Islam | wis nrimaa sang dipati ||

Tunggal adêgan seje gunêm: Sawênèhing kasusastran tulisan carik aksara Jawa, gubahan Kidung basa Mardawa, anyaritakake carita kang bakune mligi ngrêmbug Kaislaman lan Kabudhan, kang samêngko wis kasalinan aksara Latin, kasebut ing ngisor iki oreyane.

3. dene patakoning nata | limang pasal wis tan susah sirèki | umatur mring Majalangu | [...] | [...] | [...] | [...] ||Baris 4 sampai 7 tidak ada, dan mungkin bait-bait seterusnya hilang. Ini terbukti setelah sub judul di bawahnya langsung ganti têmbang Asmaradana dan isinya sudah berganti permasalahan.

Sarasehane Pangeran Natapraja karo Prabu Brawijaya Nata

26. Asmaradana

1. sakalangkung ulun pundhi | kacancang pucuking rema | dadya jimat salamine | sumrambah sakulawarga | tanapi wadyakuswa | amimbuhana rahayu | tata raharjaning praja ||

2. dhuh jêng rama kula amit | umatur sri naradipa | lêpat kasikuning batos | tunaa ing duka cipta | sumimpang sapudhêndha | dene dahat mudha punggung | mung nggunggung dêrênging driya ||

3. duk ulun marêk ing ngriki | mentar saking ngarsa nata | laju sowan dhatêng Ampèl | jêng sunan ing Ampèldênta | satuhu wali tama | putus sampurnaning 'ilmu | dayating agami Islam ||

4. malêbêt umating Nabi | Jêng Mukhammad Rasulu'llah | Narendra Mêkah prajane | kang sampun seda Madinah | dadya dutaning Allah | kang asma Allah puniku | kang amurba misesèng rat ||

--- 2 : 15 ---

5. kasêbut ing dalêm dalil | pangandikanirèng Allah | sagung nabi utusane | Mukhammad panutupira | kinarya pêpungkasan | têkèng jaman akhir besuk | tan wontên nabi utusan ||

6. sintên kang manut mring nabi | kang jumênêng kuna-kuna | Musa 'Isa sasamine | tanapi agama Budha | pratandha datan wikan | pakartinira katutup | wit tan wruh nabi pungkasan ||

7. Mukhammad dutaning Widhi | kinèn nyantuni agama | sare'at nêmbah Hyang Manon | tan kêna manut ing kuna | wit kirang utamanya | mung cara Islam puniku | panêmbah ingkang sampurna ||

8. tan bèntên tindaking nagri | umat sasamining wadya | kêdah nut pranatèng katong | kang sarêngan priyangganya | ananging datan kêna | yèn anut pranatèng ratu | kang jumênêng kuna- kuna ||

9. mênggah rukuning agami | nglampahi gangsal prakara | dhingin shadat ping kalihe | zakat kaping trinya salat | kang kaping pate niyat | gangsal sakuwasanipun | minggah khaji maring Mêkah ||

10. mrih trange ulun parinci | dhingin kang nama sahadat | maca kalimah kalihe | rumuhun pangucapira | wus anêksèni kita | tan mangeran liyanipun | kang sinêmbah muhung Allah ||

11. ping kalih kita naksèni | satuhu Nabi Mukhammad | yèku utusan Hyang Manon | de rukun ping kalihira | dipun wastani zakat | adêdana sabên taun | mring tyang pakir kamlaratan ||

12. sapara slangkunging bathi | tan kenging kalamun kirang | yèn alangkung kautamèn | minangka nicèni brana | dene rukun ping tiga | salat kaping gangsal wêktu | subuh duk ing wêktu enjang ||

13. luhur duk ing wêktu lingsir | ping tiga duk wêktu 'asar | kaping pat mahgrib wêktune | ping gangsal duk wêktu 'isya | punika salatira | amanêmbah mring Hyang Agung | de rukun ingkang kaping pat ||

14. puwasa amung sasasi | salêbêting wulan Ramlan | wêktu rina cêcêgahe | yèn ratri kenging mêmangan | dene ta asalira | siyam labuh mring jêng rasul | duk nèng salêbêting guwa ||

--- 2 : 16 ---

15. ping gangsal amunggah khaji | mring Mêkah lamun kuwasa | darbe sangu sacêkape | puniku rukuning Islam | dene kang nama Iman | apracaya têgêsipun | rukune nênêm prakara ||

16. rumuhun pracaya maring | ananira munggwing Allah | dene kang kaping kalihe | angandêl kitabing Allah | kaping tri ngandêl marang | Jêng Nabi Mukhammad iku | dados utusaning Allah ||

17. kaping pat pracaya maring | malekatira ing Allah | ping gangsal ngandêl pêpêsthèn | pêpêsthèn saking ing Allah | dene ping nênêmira | jaman akhire ing besuk | wontêning dintên kiyamat ||

18. risaking jagad sakalir | sagunging manusa pêjah | dumunung anèng kubure | wit saking karsane Allah | anurunakên jawah | jawah mani wastanipun | sangune mayit tyang gêsang ||

19. gêsangira saking lalis | pinriksa dening malekat | klakuan duk nèng dunyane | tinraju kalawan timbang | bobote kang prakara | lêrês lawan lêpatipun | kalamun kathah lêrêsnya ||

20. ginanjar minggah suwargi | rinêngga Kang Maha Mulya | winong sasênêng-sênênge | kadugèn ing para sêdya | rinakêt pra biyada | widadari ayu-ayu | kang sumarah ing sakarsa ||

21. yèn lampahnya kathah sisip | lumêbèng khukum naraka | pawaka sangêt panase | tikêle langkung sayuta | lan latu 'alam dunya | tyang kapir sampun tinamtu | lumêbèng latu naraka ||

22. de tiyang Islam wus pasthi | ginanjar minggah suwarga | margi saking panutane | jêng nabi kang pinracaya | animbang kang prakara | sagung umate tinanggung | minggahe dhatêng suwarga ||

23. drajade sampun katawis | jêng nabi dutaning Allah | katandha saking wulange | kasêbut dhawuhing Allah | abeda lawan Budha | sadaya pitêdahipun | dede dhawuh saking Allah ||

24. punika têdah tan yêkti | wit saking kirang sampurna | ingkang dadya panutane | Sang Budha manusa blaka | mokal lamun uninga | sajati-jatining 'ilmu | tandha tan manêbut Allah ||

--- 2 : 17 ---

25. krana Allah Maha Suci | kang murba misesèng jagad | wajib dados panêmbahe | pagene datan sinêmbah | wit saking kasamaran | gaibing Allah puniku | pilih janma kang uninga ||

26. mung tyang Islam ingkang uning | dhatêng dununge panêmbah | marma kinasih Hyang Manon | kang têtêp aran manusa | lan sinung panguwasa | tyang Islam wênang anglampus | niksa miwah nganiaya ||

27. dhatêng sagunging tyang kapir | kang tan manut agami Slam | sinamakkên lan jinise | sato kutu walangtaga | gêsang nir panggraita | wit tan wruh mring Gusti rasul | dutaning Hyang Maha Mulya ||

28. pra wali wakiling nabi | praptanirèng tanah Jawa | angradinkên agamine | wus kathah manusa Jawa | kang darbe panggraita | gita dènira malêbu | masuk ing agama mulya ||

29. namung kantun Majapait | jêng rama sawadyakuswa | ing panggalih taksih wangkot | ngêkahi agami Budha | puniku tan prayoga | yèn pêthuk jêng rama prabu | mbengkasa agami Budha ||

30. têmbe sagung para wali | ulun ingkang andhatêngna | sumiwèng jêng rama katong | nglêmpak anèng Majalêngka | sung têdah ing agama | yogya karya pondhokipun | sacêkaping pra 'ulama ||

31. angêdêgna griya masjid | sakilèning pasewakan | kinarya mangka dununge | amanêmbah maring Allah | iba sukaning manah | yèn kinarsan atur ulun | kalulun wit saking trêsna ||

32. angowèl jêng narapati | miwah sagung para wadya | ruwata saking sasare | ngugêmana kang wus nyata | Islame kang sampurna | sigêg wau aturipun | gantya sabda jêng sri nata ||

27. SinomTeks asli: Sinim.

1. kacarita sri narendra | duk myarsa aturing siwi | jêng pangeran natapraja | sakala raosing galih | duka yayah sinipi | lir tinêpak mukanipun | jaja bang amawinga | kumêdut padoning lathi | sariranya lir kobar mêtu dahana ||

2. rèhning ambêk pinandhita | runtiking tyas tan katawis | sinamun ing samudana | sêsadoning adu manis | wênêsing cahya kengis | kongas

--- 2 : 18 ---

sênêne sumunu | sunaring danumaya | kaliyêping netra lindri | jatmikane wèh rêsêping kang tumingal ||

3. iswara amidayaka | tan kewran basa sêsanti | nandukkên sita mardawa | wilêding mêmulut ati | kang putra dyan dipati | labêt maksih mudha punggung | panggalih tan nglêgewa | tandya jêng sri narapati | mèsêm lêbda winor basa manuhara ||

4. dhuh jagad dewa bathara | tulusa asih mring dasih | atmajèngsun natapraja | kang dahat trêsna sudarmi | dhuh babo putra mami | ya bangêt tarimaningsun | marang pangowêlira | dèn pracaya ing Hyang Widhi | asilira pasthi walês-winalêsan ||

5. sing sapa trêsna mring liyan | wêwalêse dèn trêsnani | sapa ngowêl mring sasama | dèn owêl samèng dumadi | mangkono iku pasthi | tinêmu mring sira kulup | balik mau turira | wara warah ing agami | asadarpa tyasingsun marwata suta ||

6. manusa wajib ihtiyar | sakadare dèn lakoni | pamilihing rèh raharja | ingsun wus pracaya yêkti | krana sirèku pasthi | ing panimbange wus cukup | sing êndi kang prayoga | wit sakaro wus udani | sakridhaning agama Islam lan Budha ||

7. wit Budha wus kasarira | Islam wus sira parsudi | minangka dadya tandhingan | panduk tindaking pamilih | nanging pangrasa mami | utamane kudu ingsun | ingkang andinginana | malêbu Islam agami | amiluta mèt sre'at Nabi Mustafa ||

8. nging upama janma priya | kayungyun marang pawèstri | wanita yu kang utama | mung lagya krungu pawarti | mokal kalamun pasthi | yèn satuhu durung wêruh | ing warna solah bawa | kang nuju rêna ing ati | marma nadyan kalêbu ing paribasan ||

9. gudèl sinusu maesa | pêdhèt anusoni sapi | ingsun pruhita mring sira | jêr sakaro wus mangrêti | sira kalawan mami | dununge kang aran sêpuh | putusing pangawikan | sampurna jatining 'ilmi | kèhing umur tuwa mung lair kewala ||

10. agama Slam kang sampurna | têtela luhur pribadi | tinimbang agama liya | krana panutane nabi | dutanirèng Hyang Widhi | kinèn

--- 2 : 19 ---

maratakkên dhawuh | nyalini ing agama | satuhu ingsun kapengin | tuduhêna kang aran Allah ta'ala ||

11. jêng pangeran natapraja | duk myarsa sabda sang aji | dahat sukaning tyasira | yayah amarwata siwi | sakala mangastuti | tumiyung mustaka sujud | sumungkêm ngaras pada | sarwi matur ngasih -asih | mung jêng rama kang èstu ulun pêpuja ||

12. karsa nut agama mulya | sare'atira jêng nabi | dene pandangu narendra | mênggah ingkang dèn wastani | Allah Kang Maha Suci | puniku ingkang kasêbut | ing sifat kalih dasa | têmbunge bangsa 'Arabi | tan prayogi yèn winor ring basa Jawa ||

13. ulumulun. matur ngarsèng nata | yèku têmbung basa Jawi | yèn sinêling basa 'Arab | karya bawuring pamyarsi | mênggah sifating Widhi | kang dhingin ingaran wujud | têgêse wujud ana | mokal lamun Allah sêpi | ping dwi dhingin mokal yèn kadhinginana ||

14. kaping tri langgêng sifatnya | mokal Allah owah gingsir | ping sakawan Allah beda | mokal yèn wontên kang nyami | ping gangsal Allah yêkti | jumênêng pribadinipun | mokal dèn jumênêngna | ping nême muhung sawiji | lamun wontên kalih ingaranan mokal ||

15. ping sapta sifat kawasa | sagunging ingkang kinardi | kalayan tanpa bêkakas | mokale kalamun Gusti | Allah Kang Maha Suci | sagunging pakartinipun | kalawan asarana | kanthi bêbakasing kardi | kaping sapta munggwing Allah sifat karsa ||

16. nging karsanira priyangga | mokal kasarêngan dening | kasêsêk sarênging liyan | kaping sanga ngudanèni | nging datan srana saking | ing pangangên-angênipun | mokal Allah bodhowa | ping sadasa sifat urip | gêsangira sayêkti datanpa nyawa ||

17. mokal Allah yèn palastra | ping dhêstha sifat miyarsi | datan asarana karna | mokal Allah lamun tuli | ping sadha aningali | tan sarana netra tuhu | mokal Allah yèn wuta | ping triwêlas Maha Suci | angandika tanpa lesan tanpa swara ||

18. mokal Allah yèn bisua | ping patbêlasipun nuli | ing sifat ingkang kawasa | muhung Allah Maha Suci | mokal apêsa Gusti |

--- 2 : 20 ---

Allah ing kawasanipun | ping gangsal wêlas nulya | Allah ingkang karsa yêkti | mokal lamun karsanya kasrêng ing liyan ||

19. ping nêmbêlas Gusti Allah | sifat ingkang amikani | ing sagumêlaring jagad | tanpa sarana amikir | tanpa ngên-angên pêsthi | wikan ing sakridhanipun | ingkang kaping pitulas | Allah ingkang sifat urip | uripira gêsang kalawan priyangga ||

20. ping wolulas munggwing Allah | sifat ingkang amiyarsi | pamiyarsa tanpa karna | mokale kalamun tuli | kaping sangalas yêkti | Allah sifat kang andulu | paningal tanpa netra | mokal wuta Maha Suci | ping dwidasa Allah sifat kang ngandika ||

21. pangandikanirèng Allah | botên asarana lathi | mokal kalamun bisua | Allah Ingkang Maha Suci | jangkêp sifating Gusti | makatên pitêdahipun | kêdah kinèn pracaya | tan kenging sandeyèng galih | lamun mamang dadya kapir aranira ||

22. malih ulun tur pratela | mrih wimbuh pracayèng galih | sifating Nabi Mustafa | dutèng Hyang Kang Maha Suci | mratelakkên agami | sawêg makatên turipun | dipati natapraja | sinigêg sabdèng sang aji | uwis kulup ya bangêt tarimaningwang ||

23. kabèh mau aturira | nêrangkên sifating Gusti | Allah kang sifat kawasa | saking wulange jêng nabi | sira wus nganggêp yêkti | têtêp dadya piyandêlmu | tarlèn mung sun manêdha | tyas suka sukur ing Widhi | dene sira sinung lantip panggraita ||

24. yèn tuduh mung kadi ika | tumrape ingsun pribadi | wit saking kêthuling driya | tangèh yèn bisa mangrêti | piwulanging agami | kadi pratelanta mau | ing sifat ping dwidasa | bênêr aturira yêkti | trang têtela tumrap wong kang wus uninga ||

25. mungguh dadine pracaya | tan liya mung saka wêdi | wêdi dèn arani kopar | nanging sajatine kapir | kapire awit saking | satêmêne durung wêruh | mung ngandêl mring panutan | iku dudu aran 'ilmi | 'ilmu iku têtêpe kang wus waskitha ||

26. dene mau sira arsa | nêrangkên sifating nabi | iku sun cêkak kewala | sakèhe kang padha dadi | panutaning agami | yèku pasthi

--- 2 : 21 ---

para punjul | tan beda lawan Budha | upama ingsun parinci | utamane rong dina masa êntèka ||

27. mung ingkang prêlu kewala | kinarya anênimbangi | Islam tinandhing lan Budha | bokmanawa iku sami | grêbane pra linuwih | mung murih utamanipun | anggayuh kaslamêtan | masa ta mulanga juti | kang akarya sangsarane gêsangira ||

28. wong Islam anganggêp Kuran | kitab wulange jêng nabi | rumasane kang pracaya | angira luhur pribadi | tan ana amadhani | agama ing liyanipun | nadyan agama Budha | tan beda anggêpe sami | apracaya mring darma wulanging Budha ||

29. jatine ingsun priyangga | mring Kuran datan mangrêti | karana datan nggêgulang | piwulange kangjêng nabi | mring Budha mung sathithik | ing pangawruh durung cukup | darma piwulang Budha | sun andhare sawatawis | karya nimbang prayogane kalakuan ||

30. sakèhe wulang prayoga | nging têtêpe nèng pamilih | nganggo duga lan watara | upama ingsun nrêpati | nêtêpi ing agami | ing sacara siswanipun | Risang Budha Gotama | lakune saari-ari | sinjang jingga kalung bathok wadhah têdha ||

31. kang mangkono tan prayoga | malah sinêbut wong nisthip | tan wêruh ing tatakrama | lan panduk yudanagari | tindake tanpa budi | dèn arani janma cubluk | dhêndhane wong ugungan | nggunggung angganya pribadi | têmah bawur tan wruh jaman wêwalikan ||

32. ngrasa tindake utama | têmah nistha kang pinanggih | ngrasa putus ing kawignyan | pangawikan wus mumpuni | têmahane kabalik | sajatine luwih cubluk | rèhning sun naradipa | lah sapa wani nyampahi | mung èsême anyênyuda kaluhuran ||

33. jêng pangeran natapraja | waspadèng tyas duk miyarsi | lir sinambêr gêlap tuna | gêtun piduwung ing galih | busana cara khaji | sêdyane kinarya pulut | ngêngêlut ing tyasira | sagunging wong Majapait | mrih kapencut lumêbu Islam agama ||

34. tan antuk pangalêmbana | malah tuk sikuning aji | mbuwang silaning akrama | pranata yudanagari | lingsême èsmu wingwrin | wit

--- 2 : 22 ---

rumasa bangêt luput | tumungkul rawat waspa | marlupa sarira mrinding | cahya pucêt seta lir koncatan yitma ||

35. wangsul ngandikaning nata | samêngko ingsun murwani | carita duk jaman kuna | Radyan Siddharta wêwangi | putra Suddhadana ji | ing nagri Kapilawastu | ing tanah Hindhusêtan | kabuka padhanging galih | mêdhar Wêddha parab Sang Buddha Gotama ||

36. iku kang dadi panutan | agama Buddha ing nguni | tan nganggêp ananing Allah | kang ana mung sipat adil | tan kêna owah gingsir | langgêng ing salaminipun | tindaking solah bawa | laksananira pribadi | kadadian babare aran panandhang ||

37. nandhang bêgja lan cilaka | suka sungkawaning ati | pati urip waras lara | sagung kang tinêmu iki | tan liya iku saking | klakuane kang rumuhun | hinane tan uninga | mring sabab kang karya dadi | têmah ngira antuk saking kana-kana ||

38. têrange dhapur upama | janma kang nglakoni maling | nuli kalêbèng kunjara | nandhang khukume nrêpati | lah sapa ingkang kardi | apa karsane sang prabu | angukum marang janma | mokal yèn jêng narapati | tarlèn saking yeka sêdyane priyangga ||

39. kudu mlêbu paukuman | sang nata mung anaksèni | pinantês prakaranira | tinimbang kalawan 'adil | mêngkono iku pasthi | wong Buddha panêmunipun | tan ana saking Allah | kajaba mung saka 'adil | tumibane panandhang saking priyangga ||

40. wong Buddha anganggêp nyata | rambah -rambah dènnya lair | aran cakrapanggilingan | kang marga saka ing 'adil | urip samêngko iki | khukum lan ganjaranipun | saka ing gêsang kita | urip duk ing nguni-uni | tindak nistha katêmahan nandhang papa ||

41. kalamun tindak utama | tinêmu urip kang wuri | sayêkti nêmu raharja | anggung bêgja rênèng galih | marmane pinarsudi | utamèng klakuanipun | anggayuh gêsangira | ing têmbe nèng jagad wuri | mrih widada raharja kamulyanira ||

42. têrange dhapur upama | urip ing samêngko iki | nyawa lawan raga kita | sakaro padha nglakoni | marang panggawe juti | tumindak

--- 2 : 23 ---

ala lan luput | lamun ing têmbe pêjah | khukume sapa nglakoni | lamun ingkang nandhang mung nyawa kewala ||

43. 'adile jagad tan kêna | utawa nglakoni bêcik | mung nyawa kang nglakonana | kamulyan iku tan 'adil | mangkono iku pasthi | wong Buddha piyandêlipun | samêngko urip kita | kalamun pêjah ing benjing | bali urip nèng jagad tampa panandhang ||

44. tan ngamungna kalakuan | kang bakal tinêmu wuri | bêgja kalawan cilaka | sanadyan wanguning dhiri | owah miturut kadi | kalakuan kang tinêmu | kalamun tindak nistha | ala ragane wus pasthi | kang utama ragane mêsthi prayoga ||

45. iku kulup tan prabeda | lan wulange kangjêng nabi | mung gèsèh basa kewala | caritanirèng agami | wong Islam lamun mati | têmbe nèng akhiratipun | nampani pangadilan | kang bêcik ginanjar swargi | ingkang ala dèn ukum anèng naraka ||

46. ing kono têmbung akhirat | wrêdine ing têmbung Jawi | rat iku têgêse jagad | akhir têgêse ing wuri | kang munggah ing swarga di | pasthi pantês warnanipun | kang khukum ing naraka | pasthi kuciwa ing warni | marma rupa dadya tandhane watêkan ||

47. yeka cakrapanggilingan | ubênge dènira lair | kongsi ping pirang rambahan | karana nêtêpi 'adil | tumindak ala bêcik | nèng jagade kang rumuhun | ing têmbe gya sinandhang | uripe nèng jagad wuri | marma pinrih sirnane panandhangira ||

48. kayaparan nggone bisa | kalamun datan ngawruhi | kaanan catur prakara | dèn arani kawruh suci | dhingin kudu wruh maring | wujuding panandhangipun | ping dwi wruh sababira | kaping tri kudu ngawruhi | mula-buka purwane panandhangira ||

49. kaping pat kudu wruh marang | apa srane kinardi |Kurang satu suku kata: apa arane kinardi. anyirnakkên ing panandhang | yèn iku wus ngudanèni | mring catur kawruh suci | nêtêpi lêksananipun | tan nyakrapanggilingan | wus kandhêg dènira urip | ingaranan janma kang sifat sampurna ||

50. ing têmbe lamun palastra | lir sirêp urubing gêni | damar kang kasatan lênga | saranta surude ririh | krana tan sabab saking |

--- 2 : 24 ---

kasêrêk saliyanipun | wus sêpi saking dosa | ingaranan pati suci | sêdyanira wus mungkur saka ing jagad ||

28. Pangkur

1. ing kono ana panggonan | palèrènan nyawane janma lalis | ing Dewacan aranipun | kumpule sagung nyawa | patêmon lan kaki nini bapa biyung | sanak kadang lan wandawa | sênêng suka anyambungi ||

2. nutug dènnya sih-sinihan | rèhning lawas dènira tanpa panggih | nut masa pribadinipun | katêkan para sêdya | nyawa ingkang têksih ndhêdhêr dosanipun | kênèng daya pangadilan | lantaran karsa pribadi ||

3. kudu bali marang jagad | jagad iku mangka dununging urip | urip nandhang raga wujud | kang dosa sawatara | pêsthi lamun ing têmbenira tumuwuh | anèng jagad kasangsaran | ananging mung sawatawis ||

4. dene kang agung dosanya | pêsthi tuwuh anèng jagad kang nisthip | pêtêng dhêdhêt kadi têdhuh | sêpi tan ana cahya | nora pisan kasorotan dening kawruh | ragane asalin warna | luwih asor saking nguni ||

5. ana kang sifat manusa | dhapur nistha tan pantês wor lan janmi | ana rupa bêdhès lutung | tanapi sato kewan | pitik iwèn manuk miwah buron ranu | mrêki kutu walangtaga | naga wujêl wrêjit cacing ||

6. marma wong Buddha tan arsa | mangan iwak daginge bangsa urip | lan tan arsa karya lampus | aniksa nganiaya | samèng gêsang rinêngkuh padha sadulur | anglakoni kasangsaran | tumuwuh nèng jagad iki ||

7. beda kang sifat sampurna | duk nyawane kandhêg anèng ing margi | sagung nyawa padha kumpul | lèrèn anèng Dewacan | padha têmon lawan kulawarganipun | nadyan ngêntènana bisa | sagung turune kang kari ||

8. wit tan kasrêk pangadilan | mung gumantung sakarsa sukèng galih | kalamun sêdya tumuwuh | bali lair nèng jagad | kang utama

--- 2 : 25 ---

kamulyaning uripipun | jumênêng asifat Buddha | têgêse sifat madhangi ||

9. kalamun tan darbe karsa | bali gêsang nèng jagad kang utami | saka ing Dewacan laju | anrusi kasucian | kajatmikan mbuka ing don kang linuhung | lumêbèng wahya nirwana | langgêng ing kamulyan jati ||

10. samêngko ingsun têrangna | kang Dewacan bedane lawan ngriki | ing Dewacan bangsa alus | ing kene jinis kasar | pasthi seje kabèh wêwatêkanipun | nanging kalamun rinasa | sanyatane angèmpêri ||

11. upama ana manusa | nandhang dosa nglakoni mêntas maling | lagya mangun suka kumpul | mring kadang kulawarga | anèng kene têtayuban nuju mantu | katêkan wong jagabaya | yeka dutaning nagari ||

12. juru 'adiling narendra | kang pinatah jaga ngupaya maling | sanadyan lagi têtayub | iku wong kang durjana | gya cinêkêl tangan karo binalênggu | linêbokkên ing kunjaran | ukume dènira maling ||

13. beda lan janma utama | wus sumimpang marang pakarti juti | sasuka-sukane nutug | patêmon kadang warga | kêkumpulan tan ana kang ngarubiru | yeka janma tanpa dosa | sasênênge tyas pribadi ||

14. lah ta iku sapa karya | tarlèn tanhatanna. cipta dayaning urip | uripe pribadinipun | bandrênge gya tinampan | dening Karma kang amêncarake panduk | tindak nistha lan utama | ya mung iku kang akardi ||

15. nora saking sapa-sapa | yèn wong Islam dènira angarani | yeka saking lokhil-makful | papasthèn saking Allah | dening Karma wong Islam dènira nyêngguh | kinira iku utusan | dutane Hyang Maha Suci ||

16. sung parentah mring manusa | kalakuan ala kalawan bêcik | bêgja lan cilakanipun | atas karsaning Allah | dene janma kang dadya wêwênangipun | mung ihtiyar lawan tobat | manêmbah marang Hyang Widdhi ||Wis tamat panêdhake sawênèhing kasusastran kang irah-irahane: Tunggal adêgan seje gênêm [gunêm], kang anyaritakake oreyan sawatara bab Kaislaman lan Kaduddhan [kabudhan], mung minangka kanggo pêpak-pêpakaning carita bae Samêngko nêrusake nêdhak banjure Sajarah Jati' kang banjur nyandhak irah-irahan: Pangandikane Sèkh Maulana Mahgribi marang Adipati Natapraja, ambalèni pupuh Pangkur, kasêbut ing candhake kaca iki [Kalimat di atas ini ada pada halaman 25 dan selanjutnya h 26].

--- 2 : 26 ---

Pangandikane Sèkh Maulana Mahgribi marang Adipati Natapraja

29. Pangkur

1. ungkurna radyan dipatya | puluh-pilihpuluh-puluh. wus karsaning Hyang Widdhi | apan ta ingkang sinuhun | tan arsa manjing Islam | mung kinarya jalaran jatine mingkuh | mêksih kêkah gama Buddha | kang arda manêmbah budi ||

2. budine kanggêp Hyang Suksma | ingkang mêksih suka bungah prihatin | tur kênèng edan lan bingung | lali turu wajibnya | yèn wran Buddha ingaran Bathara Guru | sejene agama Islam | wis nrimaa sang dipati ||

3. dene patakoning nata | limang pasal wis tan susah sirèki | umatur mring Majalangu | ênêngna gantya kocap | sang dipati ing Tuban pan sampun layu | Supa gumanti wibawa | nèng Tuban têtêp mandhiri ||

Para Êmpu Pandhe ing Majapait Yasan dalêm kêris dhapur Sasra

4. wuwusên pinurwèng gita | kadya sarêng gancaring Majapait | nahên ta ingkang winuwus | tampi sasmitèng Dewa | mawa swara nèng dirgantara manguwuh | hèh nata ing Wilatikta | yèn sira arsa basuki ||

5. sagung trah garwatmanira | ngupayaa sarat anane bêcik | kêris siji dhapur sèwu | tamtu trahira benjang | nora pêgat manêkêm tanah Jawa gung | saking kadga dhapur Sasra | dadya pusakèng narpati ||

6. kèndêl swaraning wirayat | sri narendra sru ngungun ing panggalih | samana wanci wus surup | ratri kagagas-gagas | enjing nuju ing dina Soma sang prabu | nèng bale sana parasdya | pêpak pra punggawa nangkil ||

7. Kyana Patih Gajahmada | pra bupati arya panèwu mantri | narapraja naradhusun | nata dhawuh byawara | sapa wignya kêris siji dhapur sèwu | kang cocog lan sasmitèng Hyang | sun ganjar lungguh bupati ||

--- 2 : 27 ---

8. pandhe kriya juru-rukma | kartahita samahita praja di | tanuhita lan bêbuyut | cantrik cèkèl puthutan | iya nadyan abêt-abêt ubon gunung | bisa karya kris sajuga | kang dhapur sasra antuk sih ||

9. sadaya kanang sumewa | datan wontên sadaya nyandikani | dangu antaraning dhawuh | narendra marudasta | wadananing êmpu kêkalih Tumênggung | Supagati Supadriya | dinuk ing naya katampi ||

10. parêk byantara nor kisma | manah griwa pagas ing pati urip | mangkana ngandika prabu | ywa maras tyas sumêlang | sira karo mahyaa midrawèng lêbur | pandhe-pandhe kumpulêna | sapa kang wignya nimpuni ||

11. kêris siji dhapur sasra | munjuk nuwun sandika mèstu karsi | pamit wus kalilan laju | sang nata gya bubaran | kawarnaa Ki Tumênggung mjajahnjajah. dhusun | Supagati ngidul-ngetan | Supadriya ngulon prapti ||

12. njujug wismane kang putra | kitha Tuban yun panggih kanang siwi | Ki Supa pinuju suwung | wus sawarsa mangendra | kèstu kangjêng sunan tambuh purugipun | Ki Supadriya mung panggya | mring wayah Ki Supasiwi ||

13. Ki Nom têngran saking uwa | Waliu'llah jêjuluk Sunan Kali | Ki Supadriya Tumênggung | sadarpa tyasnya cuwa | kang tanaya kang katuju têmah suwung | bagya mung panggih si wayah | Kyai Nom sami basuki ||

14. Ki Nom sawuse jinarwan | ingkang êmbah Majapait têtuwi | Ki Supadriya Tumênggung | Ki Nom ngrangkul sakala | sarwi muwus rmbah sing ngêndi kirdhamu |Kurang satu suku kata: sarwi muwus simbah sing ngêndi kirdhamu. panyakramba na sukarya | karsaning nata wigati ||

15. kang mbah kagyat wruh wicara | ring siwaya yayah manarik galih | bênêr pangiranta kulup | sun dinutèng narendra | kinèn ngupa pandhe wêsi ingkang baut | karya kadga dhapur sasra | kang wignya pangkat bupati ||

--- 2 : 28 ---

16. Ki Nom tumanggap ing sabda | ingsun saguh mbah unjukna narpati | kris siji dhapure sèwu | ngungun Ki Supadriya | ciptaning tyas apa Dewa nuksmèng tutuk | lah payo nggèr ingsun gawa | sowan jêng sri narapati ||

17. tandya pamit ibunira | rèh kaparêng datanpa sumlang galih | dene ta êmbah kang tinut | tandya budhal saksana | datan lami ing Wilatikta wus rawuh | jlog sing kuda manjing wisma | enjing sumaos narpati ||

18. Ki Supagati wus prapta | ugi sowan nanging tan antuk kardi | Ki Supadriya Tumênggung | gya munjuk ring sang nata | vabarcabar. tiwas lampah kula sang aprabu | hyun panggih di dalêm Supa | ing Tuban wismanya sêpi ||

19. kesahnya sampun sawarsa | botên têrang ingkang sinêdyèng galih | amung anakipun jalu | Ki Nom panêngranira | sing pandugi lagya umur sangang taun | lancang amandakèng sabda | kilap dora lawan yêkti ||

20. nyagahi kawêkèn amba | kadya dede wicantênnya pribadi | manawi dewa sumurup | Ki Nom sumagah karya | karsa nata kadga juga dhapur sèwu | punika ponang kunthana | Ajidipa gèdhèg mèksi ||

21. hèh sira anaking Supa | aran Ki Nom kang saguh karya kêris | wujud siji dhapur sèwu | Ki Nom umatur iya | nanging lamun ingsun kang iyasa dhuwung | tan bangkit yèn anèng dharat | sun jaluk anèng jaladri ||

22. rèh kris mangkono anglangkaalangka. | kaya priye nggoningsun nêpa mirid | kudu munajat Hyang Agung | ngêningkên ciptamaya | mlêng sukarsa sang nata myarsa ngungun | hèh Ki Nom sun sarah sira | gya ngandika marang patih ||

23. sun mundhut bupati papat | samantrine panêkar anuguri | mring Ki Nom kang wus sumaguh | karya kris nèng samodra | watarane kutha Garêsik mapatut | waja wêsi pêpilihan | pamor-pamor wus miranti ||

--- 2 : 29 ---

24. bidhal tantara ing marga | praptèng Grêsik têpining jalanidhi | kêkisik tuguran umyung | Ki Nom manyandhak waja | wêsi pamor binêktèng lumêbèng ranu | dangu ing antaranira | nahên ta ingkang winarni ||

25. kadi sarêng lêlampahan | Kyai Supa kang antuk wisudhèng sih | Sampeyan Dalêm Sinuhun | Siyunglaut Blambangan | Kyai Pitrang dêrandhap kang wus kajunjung | jêjuluk Pangeran Sêndhang | Sêdayu wus kocap nguni ||

26. sadangune jumnêng Pangran | nèng Sêdayu tansah dènnya karya kris | mawa ganjaran mas tatur | rinêngga kara patra | anocogi ingkang sarirantuk payung | ginanjar nama pangeran | marma karya kris rinukmi ||

27. anèng Sêdayu wus lama | datan etang kawiryan wibawa di | amung èngêt kang nèng ranu | Kya Gêng Sangklat pusaka | -ning sajagad sru kumlap driyasmar emut | mila kris kang tangguh Sêndhang | klaplintah ganja rêspati ||

28. yèn Sêdayu pamor ngêbat | rèh kumambang pamornya pangran eling | Kyai Sangklat ingkang kinum | karasa raras driya | tur katuju garwa mbobot pitung tèngsu | adrêng wit kagawèng kadga | pangeran gya pamit swami ||

29. dèn imur pinriyêmbada | manuhara rum manis wahyèng ning ling | dhuh yayi pêpujaningsun | kang tuhu sêtyèng priya | yèn kaparêng ing karsa kita mit mantuk | tuwi ing atmajanira | nora lami nuli bali ||

30. mung wêlingku poma-poma | manawantuk puji widadèng Widdhi | yèn mahya putranta besuk | basuki tanpa kara | lamun priya yayi sun wèhi jêjuluk | Jaka Sura sun têtinggal | kalih dasa calon kêris ||

31. yèn kunthara mahyemahya. kênya | sakarsanta dera asung kêkasih | sampun têlas wêlingipun | wanci surup Hyang Arka | jêng pangeran pribadi saking Sêdayu | bidhal ciptaning wardaya | yun mring Blambangan ngampiri ||

--- 2 : 30 ---

32. kyagêng pusakaning jagad | sêsingidan tan ana janma uning | praptèng narmada sêlulup | jêng kyai wus kapanggya | glis kabuntêl ing upih kinarya kalung | wus lêpas kirdhane prapta | Surabaya mirêng warti ||

33. ana pandhe mêksih bocah | aran Ki Nom pandhe anèng jaladri | wus sapta ri durung mêtu | pra bupati tuguran | Pangran Sêndhang kagyat manggraitèng kalbu | yun uning têmêning warta | warnanên Jêng Sunan Kali ||

34. kang titi waskithèng lêmbat | wruh pulunan Ki Nom nandhang prihatin | karya kris nèng madyèng laut | pandhe ububan grana | kang kinarya palu sikut paron dhêngkul | pamor wêsi waja sirna | kapalu sikut sirna nting ||

35. wêsi waja tanpa sesa | nyandhak wêsi amilih-milih gusis | kalah kuwat lawan jêngku | Ki Nom kawêkèn driya | awit saking tan dadya budayanipun | tandya Kangjêng Sunan Jaga | malbèng samodra yun panggih ||

36. tan na sajuga wran wikan | dupi praptèng madya samodra njawil | ring plunan ngandika arum | hèh Ki Nom paranbaya | nèng samodra apa karyanta putrèngsun | Ki Ênom mojar prasaja | purwa madya amêkasi ||

37. ngandika Jêng Sunan Jaga | wruhanamu karyanta nora dadi | wêsi waja sirna larut | pira-pira kabrastha | kalah dibya kalawan sikutmu iku | coba sun paringi tosan | asal saka insan kamil ||

38. lah nya iki calonana | de polane mêngko kulup sun ngambil | jêng sunan plas tan kadulu | panggya lan Pangran Sêndhang | ingkang lagya wisata tandya kapêthuk | lan Jêng Sunan Kalijaga | Pangran Sêndhang angabêkti ||

39. lon ngandika Kangjêng Sunan | hèh Ki Supa kita sung wruha kaki | sutanta Ki Nom kumênthus | sagungsaguh. ring sri narendra | karya kêris siji ingkang dhapur sèwu | kinarya srana prajarja | wêkasane tanpa dadi ||

--- 2 : 31 ---

40. wêsi pira-pira sirna | yèn tan ingsun tulungi paran mangkin | tur isin wahyaning saguh | mau ingsun wus panggya | sun tinggali wêsi saka pêpujanmu | êndi Kyai Gêng Sangkêlat | supaya dèn irib-irib ||

41. nulya ge sira muliha | aja ndadak mampir marang Garêsik | nyidhata kene mangidul | Pangran Sêndhang sandika | Kyagêng Sangklat tinampènan Jêng Sinuhun | Kalijaga sigra-sigra | binêkta manjing udadi ||

42. kapanggih Ki Ênom Supa | kabênêran Ki Nom lagya nyaloni | Sunan nabda iki kulup | karyanên têpa tladha | dêdêgira Agêng têlulas kang êluk | nanging pasangana naga | saking sorsoran trus nginggil ||

43. yeka aran Nagasasra | pradikane naga taksaka mandi | basa sasra jarwa sèwu | dadi kadga sajuga | dhapur sèwu iya iki warnanipun | tan tara dangu samana | Nagasasra sampun dadi ||

44. wêktu dadya gara-gara | samodra rob panas kèh iwak mati | priyagêng wau kang tugur | myang sijanma sadaya | ingkang nonton samya gêtun pungun-pungun | prabawa warna mawisa | isining samodra lalis ||

45. Jêng Sunan Kali ngandika | hèh sira Nom rèh kadga uwis dadi | nuli mahyakna sutèngsun | ywa pisan pajar-pajar | lamun panggih kita anèng jroning banyu | Ki Nom umatur ya uwa | nulya mêntas saking warih ||

46. asta ngacung nyêpêng kadga | surak umyung bupati para mantri | samana curiga sampun | winadhahan gêndhaga | sigra bubar bupati mantri kang tugur | gumrah marang Majalêngka | tan kocap ana ing margi ||

30. Mêgatruh

1. nora pêgat prapta ing raja cumundhuk | byantaranira narpati | Ki Nom nyandhak gêndhaga wus | pribadi sarwi sinunggi | munggwing ngarsa jêng sang katong ||

--- 2 : 32 ---

2. gya ingasta gêndhaga binuka sampun | curiga liniling-liling | sang nata mriksarda ngungun | rêspati pelag nyênêni | prabu durung tau tumon ||

3. ana kêris kadyèki suwarnanipun | jêng pamasa wali-wali | ndangu ring Ki Nom derantuk | karya karanane dadi | Ki Nom gèdhèg sarwi njoto ||

4. tan umatur minggu kewala tumungkul | nulya jêng sri narapati | mundhut pirsa pra tumênggung | sakawan kang samya jagi | ing patrapira Ki Ênom ||

5. pra bupati matur ing nata têrang trus | purwa madya amêkasi | tuwin rob kang ponang laut | sebak wedang mina mati | tansah gêgêtun sang katong ||

6. sêdyaning tyas sri bupati hyun manayuhmangayuh. | ring sanggar pamlêngan ngèsthi | ngaturkên kris dhapur sèwu | ring Dewa kang paring wangsit | tandya narendra ngadhaton ||

7. wadya ingkang nangkil wus bubar sadarum | warnanên sri narapati | umanjing widik anungku | mangêningkên puja jati | kajatèn Dewata Kaot ||

8. sung sasmita wis bênêr iku sang prabu | kang dadi srananing bumi | kêris siji dhapur sèwu | têmbe kagêm pra narpati | ing tanah Jawa mung roro ||

9. saka têngên Ki Sangkêlat wastanipun | kering Nagasasra iki | aranana sakarsamu | wus sirna ingkang pawarti | sang nata tumêdhak alon ||

10. dupyantara prapta ri Soma sang prabu | narendra miyos tinangkil | biyada lan manggung nggrudug | nèng sana parasdya rukmi | patih punggawa sumaos ||

11. pêpak andhèr samya lênggah urutipun | Ajidipa ngandika ris | patih wratakna dhawuhku | praja desa wana ardi | yèn ing mangke karsaningong ||

--- 2 : 33 ---

Êmpu Pandhe Ki Nom akhire apangkat Bupati kang mandhiri ing Guling

12. wus têtela iku kris kang dhapur sèwu | mangke sun paringi nami | Ki Sagarawedang mungguh | awit prabawaning kêris | mahya wedang samodra rob ||

13. jarwèng Dewa Nagasasra dhapuripun | lawan malih karsa mami | Ki Nom sun paringi lungguh | kalilan pangkat bupati | ing Guling mandhirèng kraton ||

14. sun paringi triman wanudya putrèngsun | sandika kiyana patih | gya ingundhangakên dhawuh | warata satanah Jawi | nata kondur angadhaton ||

15. Kangjêng Ratu Dwarawati wus amêthuk | nèng wiwara mandragini | nagênnahên. patih pra tumênggung | bubar ingaturan mampir | marang kapatigan ngaso ||

16. hyun anggusthi bawahaning mantu prabu | nata pranatan wus dadi | panggihnya datan cinatur | samana rêkyana patih | mancal dunya praptèng layon ||

17. tanpa sakit jalaran sing sêpuhipun | pandoning Dewa tan gingsir | sang nata sadarpa ngungun | samana karsaning aji | nimbang patih kang gumantos ||

18. ciptèng nata tan ana ingkang panuju | munah ingêring nagari | kajawi sajuga amung | Tumênggung Daha nagari | dibyambêk lukita katong ||

19. duk samana tinimbalan wus cumundhuk | tampi dhawihingdhawuhing. narpati | sinêngkakkên dadya wêngku | warangka pangkat Dipati | Wahan dhasar prawira nom ||

20. wus lêstari dhawuh pangandika prabu | kalilan laju ngrênggani | matah ingêring karaton | wus kayêktèn tata titi | ruwêt rusuh cipta bolong ||

Kêris Kyai Sangkêlat dadi pusakaning Karaton Jawa wiwit nagara ing Dênak [Dêmak]

21. kawarnaa Jêng Sunan Kali gya emut | dènira kanggonan Kyai | Sangkêlat pusakèng ratu | jêng sunan ngrasa tan wajib | tindak ring Dêmak yun panggoh ||

--- 2 : 34 ---

22. lawan Radèn Dipati Bintara têmu | jêng sunan ngandika aris | hèh ta jêbèng wruhanamu | iki pusakaning bumi | kang hyun kagêm para katong ||

23. ambawani wibawa tanah Jawa gung | wahyu wahyèng kobra yakin | muryani Dêmak Sang Prabu | jêng radèn dipati tampi | sandika dadya pasêmon ||

Ki Cakrajaya juru andèrès klapa ing desa Bêdhug tanah Bagêlèn

24. wusnya sinung jêng sunan pamitan sampun | karsa mlaya njajah bumi | saking Dêmak ngulon ngidul | ganti kang pinurwèng tulis | tanah Baglèn ana uwong ||

25. tani yuta Cakrajaya wastanipun | dhukuh Bêdhug wêtan kali | Pragawanta prênahipun | ngupa pakartining urip | ndèrès klapa sarwi sêndhon ||

26. pêpujian nora liya wuwusipun | mènèk mudhun nora lali | iya ora sêbutipun | nggodhog kilang sru ndrêmimil | iya ora tanpa pêdhot ||

27. laminira watara rong puluh taun | rèrèn yèn turu lan bukti | saliyane bukti turu | datan kandhêg siyang ratri | ucapên wali kinaot ||

28. Sunan Kali ingkang midêr njajah gunung | manjing jurang trêjung sungil | kalèn kali kèh katurut | praptèng dhukuh Bêdhug mèksi | ana wong ndèrès lwih elok ||

29. sru ngandika hèh janma sapa aranmu | de sadarpa ambêk tèki | munggah mudhun nggawa bumbung | sun sawang dèrès sirèki | kang tinannya matur alon ||

30. hèh ki sanak ndika têtanya maring sun | Cakrajaya tiyang tani | pangupajiwa karya mung | ndèrès klapa sore enjing | siyang nandur tanêm tuwoh ||

31. kèndêl muwus iya ora wuwusipun | jêng sunan ngandika aris | ki sanak pujimu kliru | sayogya nuruta mami | Allah Allah aja pêdhot ||

--- 2 : 35 ---

32. gya ginugu Kyai Cakrajaya mèstu | wulangnya Jêng Sunan Kali | Allah Allah datan klèntu | dupyantara pitung ari | kabuling pamuji kaot ||

33. dènnya nitis gula dadya mas umancur | slawe tangkêp lagya mèksi | Cakrajaya arda ngungun | kabèh gula dadya rukmi | apa ucapku kang mandos ||

34. ana ngêndi wonge kang awèh pitutur | sun upayane yèn panggih | saparane ngong hyun mèstu | sakala mangkat ngupadi | nèng wetan pagêr kaprêgok ||

35. Sunan Kali nguntara tan nolih pungkur | Cakrajaya jêlah-jêlih | marudasta muwus sêru | ki sanak ndika andhêgi | sunan rèrèn janma ndhodhok ||

36. sarwi matur ki sanak kawula tumut | sapurug ndika makathik | rèh sadarpa tyas kapencut | andika mulang duk nguni | muni Allah botên pêdhot ||

37. rintên dalu Allah Allah kula muwus | antawis angsal sapta ri | kula nitis gula njumbul | wit gula dadya rukma di | salawe tangkêp mancorong ||

38. kamigila kulemut Kang Murbèng Tuwuh | kang karya gumlaring bumi | gya ngupadosi panuju | ndika kapanggih nèng ngriki | lan sintên asmanta yêktos ||

39. pundi wisma paduka ingkang kasêbut | kula nêdya mèstu karsi | jêng sunan ngandika arum | sira tannya aran mami | Sèkh Malaya araningong ||

40. tanah Dêmak sêdyèngsun mriki katêmu | calon Oliyarda pingging | arsa kabukantuk wahyu | mangkin sira hyun makathik | tumuntur sakirdhaningong ||

41. nora kêna wit durung gêntur tapamu | kowe apa glêm samadi | nglakonana tapa turu | yèn nyata têmên sirèki | anèng gunung Ngrêngga kono ||

--- 2 : 36 ---

Ki Gêdhe Pandhanaran ing tanah Samarang

31. Sinom

1. anom Cakrajaya sigra | nèng madyaning wana guling | jêng sunan plas tan katingal | malaya cakraning bumi | praptèng tanah Samawis | pangagênging desa ngriku | aran Ki Pandhanaran | sadarpa kêskil tur ndrêgil | rintên dalu nambut karya ngupa arta ||

2. arda gung luwih ardana | katurutan luwih sugih | pèni-pèni rajabrana | gurubakal gurudadi | wastrendah sarwa-sarwi | prandene sae mêmikul | angkat junjung nèng pasar | pikir kura dènnya sugih | nikêlakên wong dagang utang sadaya ||

3. tambah kaya rajabrana | tur jalwèstri luwih nisthip | kumêt gêmi nurut êmpyak | sêga garing dèn mi-êmi | yèn dèn undang kêndhuri | kang èstri tan bêthak sêkul | mêngkono lakunira | kawarna Jêng Sunan Kali | anèng kono mirêng pawarta têtela ||

4. ciptèng tyas nêdya anggodha | marang ratuning wong gêmi | jêng sunan namur sakala | mindha janma tanah ardi | mikul lang-alang garing | ing jro dèn isèni sampun | arta salawe igar | binuntêl ron pisang garing | gêgancangan jêng sunan ring byantaranya ||

5. Kyai Gêdhe Pandhanaran | pinuju lênggah pandhapi | sang pindha umarêk nglemprak | alang-alange sinandhing | kyai têtanya aris | hèh paman alang-alangmu | sapikul rêga pira | sang pindha sumambung angling | lah punika pangaji salawe igar ||

6. kyai kagyat murah tênan | adate rêga satali | anyakra bodho kang gadhah | enggal-enggal dèn dhuwiti | slawe igar wus tampi | kyai tumulya dhêdhawuh | paman lang-alangira | yèn tunggale akèh mami | sesuk-esuk têrêna sapira arsa ||

7. sang namur matur sandika | mundur lampahe wus têbih | gya pikulan alang-alang | kabukak nêdya winêlit | kagyat kyai duk mèksi | ana buntêlan kadulu | binuka isi arta | slawe igar sukèng galih | i la dalah sasat lang-alang punjungan ||

--- 2 : 37 ---

8. ingsun tuku slawe igar | nêmu slawe kèthèng dhuwit | ganêpa kaping sadasa | mangkene untung sayêkti | antara enjing malih | sang mindha wus praptèng ngriku | sarwi mbêkta lang-alang | sapikul tan siwah wingi | kyai agêng lagya lênggah ngunjuk wedang ||

9. miranti pacitanira | muwus ring kang lagya prapti | hèh paman mikul apa ta | parêk omahmu ing ngêndi | sang mindha matur aris | ing Jabalkat wisma ulun | duk wau dalu pangkat | ngong tangguh praptèng ngrikenjing | kyai manthuk sarwi angulungi arta ||

10. slawe igar wus tinampan | sang namur umatur ngrintih | dhuh kyagêng amba nuwun wlas | angluntur wahyanirèng sih | kyai kula malar sih | tandya dèn uncali sampun | arta sakèthèng tiba | ing jobin kang mindha angling | boya ngêmis arta dadya panasaran ||

11. yèn kula kêpengin arta | botên susah angêngêmis | nyuwun dhatêng Gusti Allah | sakêdhap kewala sugih | ing ngrika-ngriki rukmi | pundi-pundi sêsotya gung | pintên kasugyandika | mêksih sugih Maha Suci | kula macul sagaclokan mas sasingkal ||

12. kyai mirêng kladuk ewa | marang wuwuse kang ngêmis | lah apa sirèku edan | dhuwit sigar ora apti | sigar gêmpalan ringgit | paman nadyan dhuwit sèwu | kalamun kurang sigar | nora aran sèwu yêkti | marma sigar iku gêmpalaning reyal ||

13. kowe nampik dhuwit sigar | jarmu Allah luwih sugih | ko tan melik rajabrana | ngêndi-êndi akèh rukmi | ngrika-ngriki sotya di | yèn têmên caturmu iku | tan adol alang-alang | macul bae mas sasênik | pêsthi sira tan nggluyur praptèng Samarang ||

14. darbe sanak Gusti Allah | slawe kèthèng ko-ulati | sapa wonge kang moh bandha | rèh dadi panuntun swargi | kamulyan wiryèng bumi | tan wun mung rajabrana gung | lah paman ge lungaa | ywa mbêk dibya acariwis | anênuntun sira marang kamlaratan ||

15. miturut ujarmu nistha | wong mlarat durjanèng bumi | rêgêd murang kautaman | tur rina wêngi anisthip | ulah budi pêrnatis | narutus mubêng njêjaluk | bagya dol alang-alang | adoh-adoh dilakoni | amêmikul praptèng kene luru arta ||

--- 2 : 38 ---

16. saguh macul mas sasingkal | lah mara nyatane êndi | gampang bae wahyèng kandha | angèl nyatane kang kèksi | sayogya dèn sêksèni | sanadyan sun bangkit muwus | ngungkuli ujarira | sang mindha anulya ngambil | pacul sigra amacul tuk mas sasingkal ||

17. dyan katêmpuh suryèngkara | ujwala mangilat thathit | kang namur datan pamitan | glênês laknyana wus têbih | warnanên kyai mèksi | mas sasingkal pating klêpyur | njêngêr ngungun sru gila | sabdaning wran mikul yakin | de ana mas gêdhe akèh tanpa tuna ||

18. nglêngkara janma utama | pana sêngadi malar sih | têtla pan dudu sulap |Kurang satu suku kata: têtela pan dudu sulap. kyagêng gya kirdha ngupadi | tan dangu wus kapanggih | nulya ngrangkul suku gapyuk | drasa ngaraspadanya | lir swari tinilar nglaki | sênggruk-dênggruk sênggruk-sênggruk. mêgap-mêgap mardawarja ||

19. dhuh murti bijaksèng sabda | kang ambêk darma mba turi | tindak dhatêng wisma kula | hyun tobat magurunadi | mangataskarèng gaib | ing ngrika-ngriki mituhu | mijange kawruh mulya | botên ketang manrang wèsthi | mlayèng jagad mituhu sang sinihan Dzat ||

20. kadospundi karsa tuwan | srambut pinara sakêthi | boya mèmpêr manjing 'akal | sirna panyakramba ngênting | sang mindha nambungi ngling | sudarpa mampir kalamun | pangêmis kita angsal | dudu rajabrana picis | kang sun jaluk adêge masjid Samarang ||

21. myang atma kulawarganta | kabyantu karsa sawiji | mahyakkên bandha ardana | kinarya muryani masjid | malih paminta mami | al'amalujahêpahum | 'amal sebak bêbathang | dadya panasaran akhir | yèn sira wus datan rêmên ring ardana ||

22. kyai umatur sandika | sakarsa amba mèstuti | ing rèh pitutur kang nyata | tumanêm ring sanubari | jêng sunan tandya mampir | praptèng wisma kyai gupuh | dhêdhawuh garwatmaja | sakulawarga ngabêkti | wusnya wrata jêng sunan arum ngandika ||

23. lah age sira karyaa | pasalatan aran masjid | kinarya salat Jumungah | kalamun sira kêpengin | lir panjênêngan mami | luwih abot lakunipun | apa sira kaduga | dhawuhing guru lwih rungsid | abot ènthèng mèstu ing guru nut prentah ||

--- 2 : 39 ---

24. kalamun wus saguh sira | mituhu warsita mami | rajabranamu sadaya | bagenên mring pêker miskin | lawan sajroning masjid | yogya sinelehan bêdhug | pratandha wêktu lima | dene ingkang kaping kalih | sira age nusula marang Jabalkat ||

25. kidul kene wismaningwang | sawetaning gunung Mrapi | de kita arsa wruh asma | ingsun Sèkh Malaya bumi | kasêbut Sunan Kali | lah uwis sun tinggal nglangut | sakêdhap tan katingal | gumun kang samya umèksi | kawuwusa kangjêng sunan kirdhanira ||

Ki Cakrajaya kasêbut Susuhunan Gêsêng

26. èngêt darbe calon olya | kang mêksih tapèng wanadri | gunung Ngrêngga Cakrajaya | lami watawis sawarsi | sunan ngampiri murid | sahabat santri gumrudug | prapta ing wana Ngrêngga | kaupadi tan pinanggih | rèh panggonan kacukulan alang-alang ||

27. kangjêng sunan karsanira | ingobong kewala uwis | nulya katunu mbêrgadag | latu nuju masa Katri | wrêksa gung alit gusis | gya ngupadi wus kapangguh | gêsêng sarira kobar | yayah watang kayu jati | wus tan kilap kangjêng sunan paring salam ||

28. gregah tangi Cakrajaya | 'alekum salam ngabêkti | wusnya ngucap Allah Allah | jêng sunan ngandika aris | lah wis mênênga yayi | rucatên dera maca Hu | wruhanta mêngko sira | wis tinrima ring Hyang Widhi | Cakrajaya sira sun paringi nama ||

29. Sunan Gêsêng mukmin tama | ngalora ngulon dèn aglis | sabrayat atma garwanya | Jaka BudhugBêdhug. ajwa kèri | mring Lowanu ta yayi | nèng kono mêdharna kawruh | Sunan Gêsêng winêjang | wijangane kawruh yayi | tuhu beda lan 'ilmune pra anbiya ||

30. Pangran Gêsêng sampun tampa | ing gunardika rèh 'ilmi | tyasirarda padhang nrawang | yayah kapanjingan rawi | gya pamit sampun mulih | Sunan Kali nganglang ngidul | Sunan Gêsêng nèng wisma | dhêdhawuh ring garwa siwi | wus sumêkta nèng Lowanu tandya prapta ||

31. wus mêmatut wangun desa | arja kathah janma prapti | warnanên Jêng Gêsêng Sunan | mring Pragawanta mêmancing | kinarya mangun

--- 2 : 40 ---

tèki | ucapên atmaja jalu | Jaka Bêdhug parabnya | yun manginjên rama mancing | paranbaya karsane rama mèt mina ||

32. lah apa ta kurang rama | Jaka Bêdhug ngintip sarwi | mènèk wrêksa lo anèng pang | jêng sunan apan ningali | kang mènèk ngintip-intip | anginjên sebak wre iku | mènèk netra sru mawas | nulya Ki Jaka wus dadi | malih warna rewanda wit sabdèng rama ||

33. lah mangkono wali tama | wahyèng sabda tan salisir | sigra marêk kang tanaya | sênggruk-sênggruk dènnya nangis | sarwi matur mlas-asih | dhuh rama kawula nuwun | tobat minta aksama | de kawula malih warni | ngong watawis paduka salah ngandika ||

34. minta ruwat sampurnakna | wangsul kadya wingi nguni | sirna jatining wanara | kang rama pasrangkara ris | kulup iku wus pêsthi | karsaning Hyang Maha Luhur | yèn sira arsa tobat | balik mujadaha kaki | anênuwun ngapura Kang Murbèng Dunya ||

35. kang sinabdan tur sandika | tan lama waluya jati | sirna warnaning wanara | dadya janma lir ing nguni | suka sukur ring Widhi | nanging têksih mawi buntut | watra satêngah cêngkang | matur ring rama tur pèksi | nulyatmaja sinung têngran Nilasraba ||

36. praptèng jaman mangke samya | wran têdhak Baglèn hakiki | ingkang turun Nilasraba | ngangge buntut sawatawis | tan panjang namung sadim | nahên gantya kang winuwus | Ki Gêdhe Pandhanaran | kang brangta ing tyas wiyadi | dènirarsa marang ing gunung Jabalkat ||

Ki Gêdhe Pandhanaran kasêbut Pangeran Têmbayat lan Sambangdalan kasêbut Sèkh Domba

37. kyai pamit ring garwatma | sadaya jumurung puji | suka sukur lêga lila | dene sudarma ngayti |Kurang satu suku kata: dene sudarma ngayati. ananging kanang swami | nyai lênggana yèn kantun | pêjah gêsang ywa pisah | nêdya tumutur sakarsi | têmên jodho kana kene nora ginggang ||

--- 2 : 41 ---

32. Asmaradana

1. nyai agêng branta kingkin | kang hyun mèlu ring Jabalkat | wus mbage warisnya kabèh | pèni-pèni rajabrana | dinum ring dana papa | pêkir miskin kèh kang cukup | parandene turah bandha ||

2. ciptaning tyas nyai iki | turahan sêsotya rêtna | sayogya sun gawa bae | yèn nèng kana kurang bandha | kinarya dandan-dandan | tuwin sangu nèng dêlanggung | dadya pikuwating badan ||

3. karsanya kang sotya rukmi | yèn kinandhut karya sumlang | bandha anggawa nyawane | sun samune bae samya | aja na janma ngira | wong dursila ywa na wêruh | bêcik sun karya warana ||

4. ngisèkkên mring wuluh gadhing | kinarya têkên lumampah | anyoba nyai karsane | kyai kinira tan priksa | samana nulya kirdha | nyi gêdhe nyangking têkên wus | kyai alon angandika ||

5. hèh nini yèn sira yêkti | hyun mèstu ywa nggawa bandha | nyi gêdhe inggih ature | tan mbêkta bandha ardana | kyai sukur wuwusnya | mulyanulya. pangkat kalihipun | ketang adrênging sukarsa ||

6. wus prapta madyèng wanadri | ki gêdhe kirdha ing ngarsa | nyai ing wuri lampahe | wataranya saprapat pal | nulya na janma tiga | nguwuh-uwuh kang lumaku | hèh kaki sira mandhêga ||

7. kyai tumulya ngandhêgi | hèh katri sijanma mbegal | luput panyakramu kabèh | sun sêpi tan nggawa 'amal | lah dulunên ngong kirap | kajaba wuri garwèngsun | dunyane tanpa wilangan ||

8. nèng sajroning wuluh gadhing | sinamur kinarya jungkat | sun watara lamun kowe | antuk têkên isi brana | slawasmu anèng dunya | kosandhang kopangan cukup | ika kêthap-kêthap seta ||

9. janma tri mandhêg ngêntèni | ring nyai dera wisata | tan tra wus nulya ge-age | wran mbegal mangrodapaksa | sudirambêk niaya | nggêgilani tindak dudu | nggêrtak wantune wanita ||

10. nyai ndhrodhog sadarpa jrih | hèh janma dur sun tan nggawa | bandha sangu nora darbe | kêkirap têkên cinandhak | ring janma tri pinêcah | isi mas sêsotya mancur | wus kabage pinra tiga ||

--- 2 : 42 ---

11. nanging dahat pra duskarti | cipta ngangsa-angsa kurang | nyai dèn tutkên lampahe | anututi ingkang raka | ingêntènan wus panggya | kang mbegal mêksih tut pungkur | JyagêngKyagêng. tandya pasrangkara ||

12. wus tan darbe ingsun iki | sira iku bangêt salah | katarik atimu awon | murang silaning utama | nahên wana punika | dumugi mangke kasêbut | karan desa Salahtiga ||

13. iku purwane duk nguni | wran katri samana kesah | Ki Agêng laju tindake | gya kapêthuk janma juga | wasta pun Sambangdalan | angucap sun njaluk pandum | Ki Gêdhe lon pasrangkara ||

14. wus tan darbe ingsun iki | nulya sami kirap-kirap | kyai lan nyai sakaro | têtla wus datan nggawa | Kurang satu suku kata: têtela wus datan nggawa. arta mas lawan rêtna | Sambangdalan mêksa mblubut | adrêng mêminta busana ||

15. kyagêng angandika aris | ingsun tan darbe rangkêpan | panganggèngsun amung kiye | sanadyan garwèngsun padha | Ki Sambangdalan mêksa | kya agêng ngandika arum | têka ndêlarung lir mênda ||

16. jlêg sakala dadya kambing | Sambangdalan wus karasa | yèn anggane malih sato | rumasa kênèng supata | dening janma dwi wrêda | nulya tobat sru nênuwun | nis ing warna salah rupa ||

17. kya agêng wacana aris | hèh wêdhus wêruhanira | luput saka tyasmu dhewe | yèn sira hyun antuk marma | ring Hyang Kang Maha Mulya | lah payo mèlua ingsun | marang ing gunung Jabalkat ||

18. lah sapa aranmu kambing | kawula pun Sambangdalan | pakaryamba salamine | mitênah mbegal andhustha | mêmagan ring paekan | datan ngeman karya lampus | dhatêng sasamining gêsang ||

19. kyagêng anulya lumaris | ndugèkkên sêdyaning driya | marang Jabalkat sêdyane | Ki Sambangdalan tut wuntat | sumadya antuk marma | datan antara wus rawuh | kang aran gunung Jabalkat ||

20. anèng ngriku manggih masjid | sajuga kalangkung pelag | kyagêng lan garwa gya rèrèn | ing ngriku wontên padasan | sajuga tanpa toya | Ki Sambangdalan puniku | kinèn ngisèni tumulya ||

21. kongsi praptèng pitung ari | pitung ratri durung kêbak | warnanên Jêng Sunan Lèpèn | rawuh saking alêlana | njujug gunung Jabalkat | panggih kyagêng sigra ngujung | nyai ugi ngaras pada ||

--- 2 : 43 ---

22. jêng sunan wêlas umèksi | ana wêdhus ngambil toya | gya ndangu apa kranane | kyai umatur prasaja | purwa madya wusana | kambing ngandikan wus maju | hèh wêdhus sira katrima ||

23. nguni kadadian janmi | mêngko mulih rupa janma | saking parmaning Hyang Manon | Sambangdalan sukur ring tyas | purna kati manusa | jêng sunan ngandika arum | sira jênênga Sèkh Domba ||

24. matur nuwun mundur sarwi | wrin padasan lubèr toya | jêng sunan ngandika alon | kene apan langka tirta | coba ingsun nênêdha | marang dzat kang murwèng tuwuh | sarana jungkat punika ||

25. jungkat tinancêpkên siti | kadudut sakala mbludag | wahyaning tirtèsmu ijo | tandya kyai dhinawuhan | wruhanta Pandhanaran | sira sun wèhi jêjulukmjêjuluk. | kasbut Pangeran Têmbayat ||

26. ngeslamna wran tanah ngriki | kang durung manjing agama | rèh kene janma Budha kèh | wulangên salat sêmbahyang | sadina kaping lima | mahgrib 'isa tuwin subuh | luhur 'asar ahaaja. towang ||

27. maca sahdat klimah kalih | la ilaha ila lu'llah | Mukhammad Rasulu'llahe | tan ana Pangeran liya | amung Allah kang mulya | Mukhammad rasul puniku | dadi utusaning Allah ||

Kangjêng Susuhunan Kalijaga paring wêjangan 'Ilmu marang Pangeran Têmbayat

33. Gambuh

1. gambuh jêng sunan dhawuh | bèng dununge Allah kang maha gung | manggon ana sajêrone raswa sêpi | ngêbaki jagad puniku | ora priya ora wadon ||

2. langgêng salawasipun | sarta lêmbut tan kêna jinumput | tur kasampar kasandhung ing siyang ratri | prandene arang kang wêruh | apa sira wus mangrêtos ||

3. ingkang sinabdan matur | kula dèrèng uninga satuhu | lah ta mugi kababarana tumuli | jêng sunan ngandika arum | iki uninong ngananong ||

4. dene Dzate Hyang Agung | napasira pribadi satuhu | tansah muji ing siyang pantara ratri | yèn napas malbu muni Hu | mahya Allah ujaringong ||

--- 2 : 44 ---

5. dene Mukhammad rasul | dhewe-dhewe mungguh jèrèngipun | siji ingkang ingaran Mukhammad Kadim | punika warnanirèku | kang anèng jroning pangilon ||

6. Mukhammad jaba wujud | iya iku badanmu sakojur | Mukhammad jro sir pasênêdan lan eling | wardaya prana lan kalbu | budi cipta tyas pangraos ||

7. de r swa Kadim iku | Kurang satu suku kata: de raswa kadim iku. lamun sira jêbèng ngrungu têmbung | ingkang ala tamtu srik rasaning ati | tan pae ala lan bagus | nratap dhêg-dhêgan sumêdhot ||

8. wondene jabanipun | krasa jiniwit cinakot sêmut | raswa jêro nampani sabarang bukti | gurih asin pêdhês kêcut | lêgi sêgêr kang karaos ||

9. enak lan botênipun | mungguh lênggahe sahadat mau | mim kang awal punika sirahirèki | akhe dhadha dunungipun | mim akhir pusêrmu yêktos ||

10. sastra dal iku suku | dene Allah pasênêdan èstu | satêmêne sênêdan Dzating sujanmi | de Pangran ingkang satuhu | mau ingsun wus awèh wroh ||

11. wondene sira besuk | yèn hyun katêkan sakratu'lmaut | lamun kurang sawarsa ingkang satiti | ing purwantara kadulu | ana rêrupan mancorong ||

12. puniku wayah esuk | soroting surya katon umancur | rupa pitutur sarwi amancawarni | kang satiti derandulu | ing kono ana pangilon ||

13. cahyanira umancur | isi jalanidhi samodra gung | jêmbar nglangut jêbèng ingkang tanpa têpi | kêjèpna netramu gupuh | tamtu perak ingkang ênggon ||

14. kasatmata trang wêruh | kongsi kanggo sajrone tri tèngsu | nuli salin pratandha ingkang sayêkti | agya priksanên wujudmu | wayangan kang warni kaot ||

15. sebak sira satuhu | wus tan siwah solah-tingkahipun | mênèh lamun kurang samadyaning warsi | wujud seta kang kadulu | antuk tri wulan ing kono ||

--- 2 : 45 ---

16. bêbarêngan pandulu | ana tirta wêninge kalangkung | kèksi ana ngarsanira jêbèng yêkti | ingkang sarta malihipun | plênggahan rasul tan kraos ||

17. cêthak panggonanipun | ora kèri kurang pitung dalu | cahya Nabi Mukhammad datan kaèksi | yèn kurang têlung dinèku | kulit dagingira yêktos ||

18. tan kumrisik satuhu | myang swaraning kuping tan kaprungu | tan gumrêbêg kalamun kurang saari | Hyang Pramana srêp kalangkung | lêbu wêtune ngrêkaos ||

19. gya mahya kantha catur | irêng abang kuning putihipun | lah nyiptaa ana rupa kang sajati | jêbèng tan slisir rupamu | sarta nggawa tandha yêktos ||

20. sastra alip ranipun | manthêr ana wadana dinulu | iya iku panêngêraning prêmati | ran alip mutakalimun | wakit: jêbèng kang waspaos ||

21. kalamun Buddhanipun | Sastrajendra ayuning sawêgung | nguni putri Ngalêngka Dèwi Sukèsi | dera kamantyan arsa wruh | nggêguru rêsi kinaot ||

22. sarta tilas ratwagung | mila sangêt ing pamungsêngipun | rèh punika dadya pangruwating yêksi | sabyantu lan rama prabu | Sumali danawa katong ||

23. jêbèng pasraha gupuh | nalarira ring Hyang Maha Agung | wus munfakun pêcate nyawanta kaki | puput pasênêdan nggulung | angin nuksmèng lair gupoh ||

24. yèku sampurnèng idhup | manjing Kanjan-mahpiyan ranipun | gêdhong samar têgêse kanang hakiki | de ngaèn musamanipun | 'alam langgêng wus tanpandon ||

25. jumênêng juga wujud | wujud tunggal 'ainalyakinu | nugraha kang manfa'at ni'mat linuwih | gumlaring 'alam sawegung | tan ana pamining raos ||

26. karaton akhir iku | tanpa arah nglangut rêsêp kalbu | rata jêmbar tan kêna dipun cêngkali | kasilir samirana rum | pacoli jêbat ganda wor ||

--- 2 : 46 ---

27. bangawan Mil anurut | ing botrawi natar tratag agung | pinatik mas jumêrut nila widuri | pasèt barleyan sinawur | ing natar sadarpa abyor ||

28. mila tan siyang dalu | kamulyaning suwarga linuhung | kabèh bae jêbèng dipun anastiti | sira lan ingsun katêmu | nèng swarga manis kinaot ||

34. Dhandhanggula

1. Pangran Bayat karnanya tumiling | sunan nabda jêbèng wruhanira | lakune 'ilmu kinaot | kabèh atasing makhluk | ing ma'rifat yèn wus ngawruhi | de têgêse ma'rifat | wrin rahsaning kawruh | umanjing sadalêm nala | boya samar pramana Dzat manjudi |Kurang satu suku kata: boya samar pramana êdzat manjudi. tan ana Pangran liya ||

2. anging Allah kang sinêmbah puji | lafiling kitab Usul pratela | la makbuda min wujude | ila'llah jarwanipun | tan sinêmbah wujud sakalir | aning Allah Ta'ala | lah jêbèng patrapmu | manêmbah marang Pangeran | mobah molah mosik mênêng atas Gusti | ingkang samingun basar ||

3. aja ngaku kuwasa pribadi | paningalmu pangambu pamyarsa | pangucap Allah karsane | cangkrama nèng sirèku | lamun wus trang tampa bab iki | tartamtu ran wong wikan | dadi panêmbahmu | pramana Gusti kawula | iya sira dadi kwula dadi Gusti | sirnane anèng sira ||

4. rusul rasul Mukhammad sawiji | wus kagulung jaba-jêronira | jêbèng Mukhammad jabane | rasa kapenakipun | lara lapa rasa mêngkoni | rusul mobah pratingkah | awasna bab iku | kabèh kawulaning Allah | dene Pangran tanpa kantha tanpa warni | nanging mêngku ciptanta ||

5. upamine yèn sira lagya ngling | aningali mirêng miwah ngganda | lah iku sapa kang akon | prituwin ingkang ngrungu | kita amung darma nglakoni | sumarah atas prentah | mungguh Hyang Maha Gung | pêrsifat kadim lan baka | tanpa arah ora jaman makam sêpi | tur tan kacakrabawa ||

--- 2 : 47 ---

6. ora 'alam wiwitan mungkasi | jumênênge lawan dhèwèkira | pira-pira pralambange | lêmbut tanpa kadulu | lumpuh ingkang ngubêngi bumi | cebol anggayihanggayuh. lintang | kabudayannya lus | kêsampar kêsandhung kocap | sèwu siji manusa durung pasthi wrin | cêdhak tanpa gêpokan ||

7. angandika boya srana lathi | aningali tanpa nganggo netra | tanpa karna pamirênge | manuksmèng wicaramu | sajatine sira puniki | tan bangkit myarsa nabda | yèn ora na iku | kang padhang ngungkuli surya | barang karya nglindhung kawulanirèki | pungsêngên kang kapanggya ||

8. barang karya kudu andhisiki | hyun sêmbahyang punika wus salat | lumaku dhisik parane | mrentah ring rusul rasul | ora kêna mrengkang pribadi | mêksih mangatas karsa | tandhane kang makhluk | ora kawasa rumasa | anging Allah kang sifat sulbiyah yakin | wujud kang tanpa warna ||

9. nanging yèn wus panganggêpmu muksis | sarta wus wruh budayaning 'akal | salin-salin pangwasane | jinèrèng jagad kêmput | yèn riningkês lir kênèkêr bling | tan kantha warna Allah | sunya êmbuh mau | jêbèng ywa sira pêpeka | ora kêna mukir tanpa budi pikir | rèh kasandhang nèng sira ||

10. mila jêbèng yèn sirarsa tampi | 'ilmu ma'rifat ing kene kêna | kudu wruh sifatmu dhewe | nanging aja kodhaku | rèhning kowe mêksih kêkalih | wujud dwi jêro jaba | uga wênang ngaku | manawa wus warna juga | wujud tunggal iya kwula iya Gusti | sah badan Suksmantaya ||

11. de lakune wong urip kudu wrin | atasing wali kang wus utama | sampurnakna wruhmu dhewe | myang têgêse Sastra Yu | yuning jagad dayaning tulis | têgêse jendra dunya | arda jêmbar nglangut | yu rahayuning kaanan | dunya akhir jarwane wali mukwadi | kewan wruh dadi janma ||

12. Sèkh Sitibang asal saking wrêjid | duk angrungu jarwèng Sastrajendra | jlêg amalih dadi uwong | sun dangu matur trang trus |

--- 2 : 48 ---

warnèng jendra rahswanirèki | prituwin swaranira | dene warninipun | pêcahe lêlambenira | rahsaning tyas mênuhi badan sakalir | ratunirèng antaya ||

13. de unine Hu manjing ing tarki | Betal Makmur basane wong 'Arab | lirnya bèt omah têgêse | makmur pramèng Hyang Agung | yeka dhatu karaton suci | kasuciyaning janma | mungguh asmanipun | kang lumrah ing bangsa janma | têmbung 'Arab alip muta klimun wakit | lambe nginggil nggalêrnya ||

14. cocog bae mung basane slisir | wong Jawa lan wong 'Arab tan siwah | bènèh têmbung raswa awor | mila jêbèng kang wêruh | rumakêting 'ilmu sajati | luluh wor sêdya tunggal | wrin pisah lan kumpul | kumandêla ring Dzat mutlak | kang tan samar krêntêk polah cipta uning | cocog lan dalil Kuran ||

15. kang jinarwa dening kang musanib | tanah Ajam golongan Asiyah | mungguh Allah waskithane | wa alahu ngalimun | bidangtissudurrinasini | logate Gusti Allah | ngawruhi krêntêkmu | dhadhane manusa wikan | mula kudu polah tingkahmu kang yêkti | wong tarikulngapiyah ||

16. rina wêngi kasrah ing Hyang Widdhi | yeka Islam kang wus tabli'alam | aywa sah mêmuji dhewe | nèng panggonan kang samun | patitisna kêcaping lathi | mangkene patrapira | yèn kita dhikir Hu | ilatmu têkukna cêthak | ngèksi grana lulu tekad kang sawiji | tarèkna isbandiyah ||

17. yèn sira hyun wêruh para putih | sifatmu pratela rupa seta | nèng ngarsanta kaya kowe | dhikira ingkang jumbuh | pandêngên kang trus lair batin | astanta ingkang kiwa | nutupa pusêrmu | kang kanan iku tumpangna | pangkyanira nêbut Hu tamtu dumêling | ring sifat seta mulya ||

18. wus dak ringkês pamêjangku yayi | wuwuh sira nugrahaning raswa | ywa sah pambudimu jêbèng | njèrèng jêmbaring kawruh | pama wit pang godhong myang pêntil | wuwuhana pribadya | rèh lajêre sun wus | paring wulang marang sira | iya iku kawruhe wali utami | aja kogawe gampang ||

--- 2 : 49 ---

19. anjênêngna kalimah kêkalih | rina wêngi kang eling tyasira | lan salat sujud rukuke | sitin pituduhipun | lah puniku 'ilmu kang yakin | ginêlung dalêm tekad | kang cocog twin rujuk | mangkana jarwaning cêgah | wa sre'atu bila tarekat batili | têgêsipun mangkana ||

20. sre'at iku kudu nganggo 'ilmi | tarekat yèn yèn nora mangkonoa |Lebih satu suku kata: tarekat yèn nora mangkonoa. tartamtu batal lakune | sare'at ma'rufatu | roro iku wus tanpa dadi | de têgêse ma'rifat | wêruh barang kawruh | kang kanthi saksi pratandha | surasa myang rahswanira kang hakiki | tan saka cakrabawa ||

21. bacuting tyas wus nrima satuding | rèh sajroning atinira ana | patang prakara 'ilmune | sare'at tarekatu | lan hakekat twin ma'rifati | catur pisan ingkang trang | poma ywa kalimput | jênêng urip tamtu pêjah | nèng akhirat manggya sasana kang suci | tur langgêng salaminya ||

22. Pangran Bayat samana wus tampi | sasmita di tumanêm ing nala | sanubari sadalême | tyas judhêg nyamut-nyamut | sirnaning was lakuning urip | pangulahing kasidan | manêmbah sru nuwun | dhuh gurwamba mliyun trima | botên sagêd atur wêwalês kang sami | tarlèn mung sêtya tama ||

Ki Tasik lan Nyi Tasik ing desa Wêdhi

23. lah wis jêbèng kèria basuki | ingsun arsa tindak marang Dêmak | wus lêpas Sunan Kirdhane | nêngna Pangran kang kantun | tan pinèlu dening sujanmi | malah samya rang-ngerang | tansah anggêguyu | awit desa Wêdhi ana | janma wrêda pêparab Kiyaii Tasik | têksih agama Buddha ||

24. panggaotanira Nyai Tasik | adol srabicara marang pasar | jêng pangran nulya ge | Kurang dua suku kata: jêng pangeran nulya age. mindha sudra katêmu | lan Ki Tasik umatur aris | lamun parênging karsa | hyun makathik ulun | mituhu sabarang prentah | ndhangir kêbon mikul jladrèn anglampahi | samana wus katampan ||

--- 2 : 50 ---

25. nujwa ari sajuga marengi | Nyai Tasik dodol marang pasar | ingkang mindha mikul jladrèn | godhong prituwin kayu | sampun prapta pasar Nyi Tsik |Kurang satu suku kata: sampun prapta pasar Nyi Tasik. gya wiwit nyrabicara | larisnya kalangkung | jladrèn gya têlas satêngah | kayu têlas Nyi Tasik amuring-muring | muwus anguman-uman ||

26. layak bae sirèku pakathik | uripira datan bisa bawa | namung ngèngèr salawase | suprandene tan cukup | datan darbe dugi prayogi | anggawa jladrèn kathah | kayu mung sajumput | lagi nyrabi ntuk satêngah | kayu êntèk apa ta tanganirèki | kinarya kayu iya ||

27. ingkang mindha pakathik nulya glis | linêbokkên kêrên tanganira | gumrubug urube mèntèr | sarwi alon umatur | lah sumangga nyai dèn aglis | dipun dumugèkêna | gêni sampun murub | nggènira nyrabi dèn gêlak | jladrèn wus tlas Nyi Tasik ngungun ing galih | de tangan dinggo mawa ||

28. age-age Nyai Tasik mulih | sarwi mborong dhaharan wowohan | tansah ngungun jro driyane | kang mindha atut pungkur | mikul kêrên pangaron sênik | sampun prapta ing wisma | nyai tutur-tutur | sasolahe pakathiknya | arda ngungun Kyai Tasik duk miyarsi | wusana lon ngandika ||

29. hèh ki sanak andika mariki | kula takèn ing sabênêrira | andika blaka kemawon | asli myang nama kasbut | jêng pangeran mangsuli aris | ngong Pangeran Têmbayat | Samarang wismèngsun | mangkya tunggu masjidu'llah | hyun nênuntun marang sujanma kang pingging | narik agama mulya ||

30. marma prapta anèng tanah Wêdhi | hyun anuntun Kyai marang sira | sakulawargamu kabèh | yèn manahira sarju | umanjinga Islam agami | manut sare'atira | kangjêng nabi rasul | kang wus kanggo wran sajagad | Kyai Tasik Nyi Tasik wau duk myarsi | sabdanira Pangeran ||

31. sarêng nangis anuwun aksami | mugi ulun wulangên game Slam | sakulawargamba kabèh | wus winulang sadarum | janma kanan kering

--- 2 : 51 ---

ing Wêdhi | sampun agami Islam | salat limang wêktu | lumintu salat Jumungah | data tita gêntia ingkang winarni | nagari Majalêngka ||

Para êmpu pandhe kang sudibya ing Majapait yasan dalêm kêris dhapur Jangkung Mangkurat

35. Maskumambang

1. mas tumimbul nagari ing Majapait | Prabu Brawijaya | nuju malêm Budha Manis | supêna katêkan dewa ||

2. Hyang Triyatra praptèng ngarsa sung pawarti | hèh narendra tama | sira hyun nandhang prihatin | gregah gya wungu sang nata ||

3. pungun-pungun ngungun pasênêdan ngèsthi | supênantuk jarwa | Hyang Triyatra Dewa Murti | dèrèng dumugi sajarwa ||

4. kasêlak sang nata wungu dera guling | tandya sri narendra | karsa muja samadi ning | lumêbèng sanggar pamlêngan ||

5. ngèsthi budi dadyaning wahana jati | jatining supêna | gya ambêsêm dupa sari | rasamala jêbat puspa ||

6. jêng pamasa sêdhakêp tunggal sawiji | mèksi tiksnèng grana | nutup pancadriya mati | mangêningkên puja mantra ||

7. Hyang Pramana tinutup tan kêna mijil | wahyaning parasdya | jumbuh kawula myang Gusti | mangkono budayèng Budha ||

8. kadayannya kadya Sang Hyang Hotipati | nêdya ngejawantah | yayah sadarpa kang warni | sajarwa tanpa sasmita ||

9. hèh Sang Prabu Brawijaya ngatas karsi | Hyang Suksma Kawêkas | mangkya nuksmèng sun wèh warti | warta ingêring bawana ||

10. tanah Jawa kratoning nata hyun ngalih | kaki prabu sira | ingkang jumênêng mungkasi | kaprabon ing Majalêngka ||

11. bakal salin jaman sêsêmbahan benjing | dèn santuni nama | mamèt basaning 'Arabi | rusuh datan sah ruhara ||

12. kang jumênêng naranata tanah Jawi | mêksih kasamaran | tinutup Hyang Hotipati | durung tartamtu nggonira ||

13. yèn wus sirna karaton ing Majapait | ywa sira sumêlang | pancaking driya wus pasthi | karsaning Suksma Wasesa ||

--- 2 : 52 ---

14. nanging ana sawatara srana yêkti | kang mangka usada | sarat mulyaning praja di | supaya turunmu dadya ||

15. ambawani kapraboning tanah Jawi | ngupayaa sira | pusaka kang rupa kêris | dhapurnya jangkung mangkurat ||

16. duk gawene karo tangan tanpa gêni | dudu wêsi swarga | dudu wêsi wahyèng bumi | sing pamêrêsing roh insan ||

17. ingkang karya rare umur sapta warsi | trah êmpu utama | antuk wêjangan Ramadi | êmpu jaman Budhawaka ||

18. nora susah koulati besuk prapti | wus pandoning dewa | jangji nora kêna gingsir | hèh kaki aji nrimaa ||

19. lah racutên samadinira tyas êning | nata wus kajanman | têdhak malbèng burdha manik | enjing lêlangên badhaya ||

20. ya ta ingkang kawuwusa amangsuli | carita wus lama | wit sarêng lampahan nênggih | ning gênti kanang carita ||

21. tatkalanya Pangran Sêndhang mantuk saking | tanah Balambangan | garwa putrane dipati | tur mêngku kitha wibawa ||

22. Dyah Sugiyah rum-arumira sang dèwi | nuju lagya wawrat | pitung candra Supa pamit | ring garwa hyun marang Tuban ||

23. nanging wêkas yèn mahya wawratan benjing | jalu sinung aran | Jaka Sura de yèn èstri | sakarsane ibunira ||

24. Supa bidhal mung têtilar calon kêris | cacah kalih dasa | lêstari praptèng samangkin | kirang langkung pitung warsa ||

25. kalêrêsan sang rêtna dera garbini | mbabar miyos priya | sang rêtna mituhu wêling | kunthara ran Jaka Sura ||

26. wusnya agêng sabarang karsa mbêk luwih | mjajahnjajah. wanawasa | tanpa nendra tanpa bukti | munggah gunung mudhun jurang ||

27. dupi prapta nèng têpi samodra panggih | Radèn Jaka Sura | kalawan Êmpu Ramadi | winulang kawruh sarastra ||

28. wignya nyipta waja wêsi saking galih | pamor saking netra | yeka dayaning Ramadi | Ki Sura nyakup sasmita | Ki Sura nyakup sasmita ||Lebih satu baris atau baris ke-5 tidak perlu.

29. duk samana japa sarastra wus tampi | gya mantuk Ki Jaka | praptèng wisma wus kapanggih | kang ibu duk wrin karuna ||

--- 2 : 53 ---

30. dhuh putrèngsun sira lunga marang ngêndi | Ki Jaka sajarwa | purwa madya amungkasi | kang ibu asrêp ing driya ||

31. Jaka Sura wusnyantuk wasita murti | tyas sumilak trus trang | narawang waskithèng wèsthi | ring pra taksitèng utama ||

32. nuksmèng dibya gunardika kramaniti | prawira utama | olah wyakarana kawi | putus rèh paramabasa ||

33. nora mantra lagya yuswa pitung warsi | darbyapti kadyeka | iku wit ntuk wahyu gaib | wahyaning êmpu bijaksa ||

34. boya wigih ring agal alus patitis | titi sêtyèng titah | tataning manusa murti | wusnya ing antara lama ||

35. Radyan Jaka marêk ring ibu nyuwun wrin | manêmbah suku sang | dhuh ibu amba hyun uning | punapa lun darbe bapa ||

36. lamun gadhah sintên kang sumbagèng warti | ing pundi wismanya | punapa mêksih basuki | duk myarsa sang dyah karuna ||

37. sarwi nabda lah sira tanya sudarmi | nama Pangran Sêndhang | nguni Ki Pitrang kaswasih | lagya lunga marang Tuban ||

38. iya iku bawah nagri Majapait | Prabu Brawijaya | Sinuhun Wilatikta di | ramanta kalanya lunga ||

39. sira lagya nèng wêtêngan pitung sasi | marma sira nama | Jaka Sura wit wêkasing | ramanta marang manira ||

40. de lawase saprene wus pitung warsi | lungane ramanta | ingsun durung ngrungu warti | lan ing nguni ramanira ||

41. aninggali calon kadga kalih dèsi | êmbuh dhapurira | binuntêl duk anèng pêthi | mêngko kulup priksanana ||

42. gya ingambil sinungkên atmaja mèksi | wukiraning kadga | gya matur ring ibu sori | ibu kula hyun uninga ||

43. Sudarmamba Pangran Sêndhang yèn basuki | sanadyan wus seda | kuburnya kularsa uning | makatên tanaya tama ||

44. boya ngetang anêrang bayaning wèsthi | rèh hyun panggya bapa | dhatêng nagri Majapait | kang ibu sadarpa ngampah ||

45. dhuh atmaningsun nora mangkono kaki | adoh Majalêngka | ngambah wana gêdhe kaki | akèh rubeda jro wana ||

--- 2 : 54 ---

46. Jaka Sura matur adrêng manrang wèsthi | kêdah botên kula | hyun ngupaya ring sudarmi | calon dwi dasamba bêkta ||

47. karya tandha kula Pangran Sêndhangsiwi | tandhanya pranata | calon kris dwidasa iji | têmên-têmên atmèng Pitrang ||

48. sigra-sigra Ki Jaka Sura miranti | sakaprabonira | calon pinanggul tumuli | gya pangkat wus praptèng wana ||

49. sabên tannya marga ngopahi calon kris | lêpas kirdhanira | ing Wilatikta wus prapti | jumujug waringin kêmbar ||

50. calon kadga kalih dasa kari siji | têlas kang sangalas | karyopah kang tuduh margi | nèng sor ringin Radyan Jaka ||

51. majêng ngidul sila bukuh èstu ajrih | lir tataning praja | boya mantra yèn rarya lit | warnanên sri naranata ||

52. nuju dina Soma amiyos tinangkil | pêpak pra punggawa | tumênggung mancanagari | myang dipati jroning praja ||

53. pandhe gêmblak myang sayang juru pangukir | mranggi kundhi krêsna | grêji miwah juru rukmi | samaita tanuita ||

54. kartaita juru tênung juru sungging | kathah yèn kawarna | punggawa ing Majapait | sang nata dupi pariksa ||

36. Pocung

1. wringin pucung ing têngah ana kadulu | rare alit sila | kadya na sukarya gati | sun watara wus suwe nggonira seba ||

2. cingak sagung para bupati tumênggung | munjuk sri narendra | lêrês sabcasabda. paduka ji | rare juga nèng madyaning wringin kêmbar ||

3. jêng sang prabu dhawuh nimbali rareku | kang dinuk lumaksa | Ki Jaka Sura wus kerid | silanira muka lir konjêm pratala ||

4. jêng sang prabu dangu pamawasing wangun | gritèng tyas narendra | apa iki ingkang dadi | wahananing pasuptan ing dalêm puja ||

5. gya dinangu hèh rare sapa jênêngmu | ngêndi wismanira | nèng wringin sêdya punapi | lah pajara saciptanta lairêna ||

6. nêmbah matur lir rare wus antuk tutur | dhuh Jawatèng dunya | kula rare nandhang sakit | duk kacipta ngupa marga kang wèh hina ||

--- 2 : 55 ---

7. nama ulun Jaka Sura saking biyung | makatên purwanya | nguni wontên pandhe wêsi | saking Grêsik pun Pitrang kasub ing nama ||

8. Suwita mring Balambangan Sang Aprabu | katrimèng sukarya | ginanjar pangkat bupati | kitha alit ing Sêdayu mangku praja ||

9. wus kajunjung nama Pangran Sêndhang mashur | antuk triman putra- | nira kangjêng sri bupati | ing Blambangan Rêtna Sugiyah panêngran ||

10. atut runtut anggarbini pitung tèngsu | jêng pangran pamitan | hyun tuwi ring kitha Tuban | bawah Wilatikta nèng ngriku darbyatma ||

11. juga jalu samana kaparêng nuju | dupyantara candra | ibu dera anggarbini | praptèng wanci mahya kawula punika ||

12. wantra sampun pitung warsa laminipun | dugi ri punika | dupyamba adrêng darbyapti | dhatêng ibu sintên sudarma kawula ||

13. tutur galur kadya kang sampun kacatur | trus trang sajarwanya | kawula tumuntên pamit | angupadi dunungipun bapa amba ||

14. dupi ulun dugi sajawining kratun | ing Majalêngkarja | narutus takèn sudarmi | Kyai Pitrang sajuga tan wontên wikan ||

15. nrang pakewuh pundi- pundi kula ruruluru. | kang wasta Ki Pitrang | Pangeran Sêndhang kawarti | samya kodhêng tan wontên ingkang pariksa ||

16. cipta ulun yogya sowan jêng sang prabu | gêsang praptèng pêjah | Ratwagung wajib mumpuni | amijana mancas sukêrti duskarta ||

17. wran sila yu praptèng pundi tanpa tuduh | makatên ciptamba | klampahan njujug sor wringin | rèhning kula tanpa kadang karuh mitra ||

18. amung ratu kadang karuh kênal ulun | dhuh Kangjêng Sudibya | paduka kang trus trang titi | pundi bapa kawula Pangeran Sêndhang ||

19. sang aprabu èmêng ing galih sru ngungun | Supa jênêng pangran | apa si Supa ing Tuban | kang malaya praptèng Blambangan nagara ||

20. jêng sinuhun ndangu wadananing Êmpu | Supa apa ana | munjuk wontên kang sinung ngling | hèh majuwa Supa dikaparèng ngarsa ||

--- 2 : 56 ---

21. lah ta iku ana rare saos Ratu | ngatas takèn bapa | Pangeran Sêndhang kawarti | duk maune nèng Blambangan aran Pitrang ||

22. nêmbah matur Ki Supa Gusti saèstu | kula antuk bagya | winisudha adipati | kula nama jêjuluk Pangeran Sêndhang ||

23. nama ulun Pitrang kala magangipun | gyantuk Dyah Sugiyah | wangsul rare amba Gusti | arda samar panganggêp kawula nata ||

24. mokal lamun wus samantên agêngipun | sadarpa dupara | tumraptèng ngriki pribadi | boya mèmpêr sarambut pinra sayuta ||

25. jêng sinuhun angandika iku kulup | ngaku sutèng Pitrang | êndi tandhane sayêkti | Jaka Sura munjuk mung kantun punika ||

26. calon dhuwung nguni dwi dasa kèhipun | têlas wontên marga | mangkya mung kantun sawiji | gih punika warnine calon curiga ||

27. nulya konjuk tinampèn winawas sampun | sang nata tan kilap | kartinya Supa katawis | kêmbang kacang dêdêg ganja myang sogokan ||

28. manabda rum sang nata mirsani dhuwung | hèh Supa têtela | tapak tangan kêris iki | lah ta ênya waspadakna kang prastawa ||

29. tampi sampun Supa satmata kadulu | gya munjuk narendra | botên samar gusti yêkti | têtela trang calon damêlan kawula ||

30. inggih èstu sutamba jalu saèstu | nguni kula kesah | kawula wling lamun bayi | lamun priya tinêngrana Jaka Sura ||

31. nabanata. prabu hèh Jaka Sura sirèku | hyun wêruh sudarma | iku ramanta sayêkti | Kyai Supa arane nèng Majalêngka ||

32. sun nora wruh kalamun olèh jêjuluk | nama Pangran Sêndhang | mêngko sun mèlu ngidèni | Kyai Supa kasêbut Pangeran Sêndhang ||

33. hèh ta Sura rèh sêdyanta wus kêpangguh | tur samya widada | tanpa kara-kara sami | ananging sun mundhut pratandha ing sira ||

34. galihingsun bolongna sirnaning limut | lagyantuk rubeda | cobaning dewa linuwih | kinèn ngupa tumbal praja kris sajuga ||

35. dhapur jangkung mangkurat ingsun durung wruh | coba bayi sira | nguni manira mrentahi | midrawèng rat pandhe-pandhe jroning jagad ||

36. nora saguh nadyan ramanta durung wruh | yèn sira kawawa | gaweya ingkang nocogi | karsèng dewa kang dadya tumbal nagara ||

--- 2 : 57 ---

37. sura munjuk sandika gusti tumutur | barkah dalêm nata | di-dalêm darmi nglampahi | botên langkung kabagyan dalêm narendra ||

38. nanging ulun minta pasênêdan samun | mudya rawismaya | wahyaning mêmayu Widdhi | wadi-wadi karya di ywa kawadaka ||

39. sang prabu manggut wus pêthuk ing kalbu | hèh Sura sayogya | sira manjing ring nggon sêpi | bale alun-alun pracima punika ||

40. Supa iku atmanta iridên malbu | sigra kalêksanan | Supa ngirid Sura manjing | Kyai Supa nèng jaba lan sri narendra ||

41. sura sampun nèng jro midik mlêng cipta sru | tunggal nangkêp asta | midik mêdêt uswa mati | pancadriya sirna mung èsthining driya ||

42. tandya mêtu wêsi saking betalmakmur | budayèng sugunan | antaya mahya sakapti | waja wêsi barang karsa pamor memba ||

43. gya ingurut srana asta cipta sujud | warnanên kang wus Hyang | Êmpu Ramadi tumrapti | njangkung anèng mustaka sakêjap dadya ||

44. dhapur jangkung mangkurat wanda luk têlu | mawi sêkar kacang | sogokan gêrènèng wuri | ada-ada trus sapucuking curiga ||

45. dupi rampung manêkung Sura kinabul | gya ndhodhog wiwara | mahya saking nggon kang sêpi | Sura kagyat wruh bapa nata nèng dwara ||

46. sila bukuh munjuk punika sang prabu | curiga karsendra | dhapur jangkung mangkubumi | wus kapundhut sang nata gya wangsul lênggah ||

47. sru mangungun amawas-mawas kang wangun | kris jangkung mangkurat | locitèng tyas sri bupati | baya iki rare kang lunêbèng lumêbèng. wêca ||