Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Tôndhanagara, Kajawèn, 1938, #876

Katalog:Tôndhanagara, Kajawèn, 1938, #876
Sambung:-

Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara

Sambêtipun Kajawèn nomêr 90.Ôngka 90 Kajawèn 1938 belum ditemukan.

Mirid andharan ingkang kawrat ing Kajawèn kapêngkêr, katingal bilih suwargi Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara punika, satunggiling prayagung bôngsa Jawi ingkang lêbêt dhatêng raosing kajawènipun, katitik lageaning pangikêtipun ukara sarwa anjawèni.

Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara
Gambar nalika taksih bupati anom
Ing bab pandamêling sandiasma, dipun trap wontên ing ukara prasaja, inggih prasajaning ukaranipun wau ingkang malah nyamarakên dhatêng sandinipun. Kados ingkang kawrat ing ariwarti Jawikandha ing Surakarta, wontên sandiasma ingkang kaêtrapakên ing ukara makatên:

[Mijil]

punthuk pundhung cinithak tinêgil | jagungan kinêdhok | gaga gênggêng garingan tanpa we | wira-wiri rinabasèng pêksi | galathik narithik | tarap nèng têtanggul ||

pundhung kêtos nèng pojok ngaubi | jalegor nalosor | gayam aub cagaking sènggète | wi gêmbili gumolong ing têpi | garut ganyong nunggil | talês kimpul bêntul ||

Sandiasma ingkang kawrat ing kalih pada punika ungêlipun: pun Jagawigata.

Tumraping sandiasma, punika limrahipun dipun trapakên wontên wiwitaning angkatan ukara kados ing nginggil punika. Tuwin bab sandiasma punika, miturut sêsêrêpan ingkang kêlimrah, ingkang miwiti ngêcakakên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dados Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara pinanggih namung napak tilas. Malah tumrap Radèn Ngabèi Rônggawarsita ugi ngêtrapakên sandiasma ingkang beda cak-cakanipun, kados ingkang kawrat ing bêbukaning Sêrat Cêmporèt, wontên ungêl-ungêlan makatên:

[Dhandhanggula]

songsong gora: candraning artati | lir winêdyan sarasèng parasdya | ringa-ringa: pangriptane | tan darbe: labdèng kawruh | angawruhi: wênganing budi | kang mirong: ruharèng tyas | jaga: angkara gung | minta luwar: ring duhkita | aywa kongsi: kewran nalaring palupi | kang kata: ginupita ||

Sandiasma punika pinanggih wontên sabên wêkasaning pêdhotan, mungêl, Radyan Ngabèi Rônggawarsita. Bab pada pangkat (:) tuwin kasêrat aksara agêng, punika wêwahan, namung prêlu kangge nyêthakakên. Nanging miturut gagrag ing sapunika, pada pangkat tuwin agênging aksara ingkang kados makatên wau malah dipun trapakên, mila lajêng wontên raosipun anêdahakên, bokmanawi sêlak botên kuwawi ngêkêr sandi.

Tataning sandiasma makatên wau, lajêng dipun cakakên ing suwargi Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara, saha [sa...]

--- [2191] ---

Kêthoprak Darmakandha, saking Surakarta.
Main wontên ing gêdhong: UNIE THEATER MEESTER CORNELIS.
Mangke dalu mêndhêt lampahan: Wasistha Sukaya Sudira.
Tiga putra ingkang nyuwargakkên bapa. Badhut: Sabar-Subur.
[...ha] lajêng kadamêl warni-warni, nandhakakên bilih sandiasma punika kenging dipun trapakên sakajêngipun, waton prênah. Wujudipun kados ing ngandhap punika:

[Sinom]

lir brataning: rêksiwara | micara rèh: sadubudi | marsudi mrih: dipaning tyas | mêmèngêt mring: pra taruni | wit jroning: jaman mangkin | kèh rubeda: sumarawung | yèn limut: rasikèng tyas | korup mring rèh: karya sisip | têmah sirna: talêring titah utama || Ing sandiasma mungêl: Rêksadipraja Surakarta.

[Dhandhanggula]

rêking karsa: mrih sarkara wrêdi | pindha wipra: murwèng wasitarja | tambuh paran surasane | mung sarwa: tibèng dudu | tinêmaha: tilaring wiji | liring kang: ngriptèng krama | nêngna: ring pangapus | tan wrin sual myang pangiyas | mrih pasaja: mung liningga: woding kawi | rinêngga: panggupita || Ungêling sandiasma: Rêksadipraja rane waduaji kang mangapus, alyas Jagawigata.

[Sinom]

punggawa yogya nyênyilah | wisaning wêngkon sinirik | martane kang dèn upaya | kaparêk mrih mirowangi | kanan kering udani | ngabèhi saliring kawruh | rêksa-rumêksanira | dining wêwêngkon kaèksi | prajanira mrih lulus tatat raharja || Ungêlipun pinanggih: punggawa wisamarta kaparêk kanan, Ngabèi Rêksadipraja.

Kajawi punika, suwargi Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara punika, manawi nyôndra wontên ing sêkar araos gêsang, ngantos kathah ingkang nulad. Pêthikanipun kalih pada kados ing ngandhap punika:

[Dhandhanggula]

Iklan dhêdhêp tidhêm prabawaning ratri | sasadara wus manjêr kawuryan | tan kuciwa mêmanise | mênggêp srinatèng dalu | siniwaka sanggyaning dasih | aglar nèng cakrawala | winulat ngalangut | prandene kabèh kèbêkan | saking kèhing taranggana kang sumiwi | warata tanpa sêla ||

kinalangan kêkuwung ngawêngi | lir wêwêngkon bale môndhakia | pasewakaning pamase | jroning kalang kadulu | kang sumiwa parêk nèng ngarsi | mung punggawa sajuga | arya panjêr surup | pramukyaning taranggana | kang sawega rumêksa pringganing ratri | ngayomi hayuning ngrat ||

Pêthikan dhandhanggula kalih pada punika, kados para maos sampun sagêd manggalih piyambak dhatêng kajênging panyôndra.

Dene ing bab lêbêting raosipun sêrat karangan Tôndhanagaran, pinanggih wontên ing Sêrat Tumurunipun Wijining Manungsa.

Andharan ing bab kawontênanipun suwargi Kangjêng Radèn Tumênggung Tôndhanagara, kados cêkap samantên kemawon. Mugi dadosa pamuji sae dhatêng panjênêngan ingkang sampun suwargi.