Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje, Kajawèn, 1927, #1572

Katalog:Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje, Kajawèn, 1927, #1572
Sambung:-

Paduka Tuwan Prof. Dr. C. SNOUCK HURGRONJE

Para maos tamtunipun sami botên kakilapan, sintên paduka Tuwan Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje punika, inggih punika satunggiling pujôngga agêng ing nagari Walandi, ingkang misuwur asmanipun ing saindênging bawana. Sasampunipun sawatawis taun ngasta adpisur Inl. Zaken ing tanah Indiya ngriki, wasananipun lajêng katêtêpakên dados guru agêng ing pamulangan ruhur ing Leidhên. Samangke sampun kalêrês yuswa 70 taun, saha lajêng sèlèh pakaryan. Ing sarèhning paduka Tuwan Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje wau, kathah sangêt lêlabêtanipun tumrap bôngsa Indiya ngriki, saya malih tumrap golongan Islam, amila sampun dados wajibipun tuwin pantês sangêt Kajawèn angandharakên sawatawis mênggah lêlampahanipun sang minulya wau.

Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje Sayêktosipun angèl sangêt angandharakên lêlampahanipun paduka Tuwan Prof. Dr. C. Snouck Hurgronje ingkang tanpa anyariyosakên padamêlanipun. Ing ngriki kenging kacariyosakên, bilih padamêlan inggih lêlampahanipun, lêlampahan inggih padamêlanipun. Mila inggih awis tiyang pintêr tur wêkêl ing damêl kadosdene paduka Tuwan Prof. Dr. Snouck punika.

Mênggah têbaning padamêlan ingkang dipun sarirani kanthi lumintuning panggagas ing salêbêting sanubarinipun Tuwan Prof. Dr. Snouck punika sayêktos botên nama alit. Tumrap pangudinipun sawarnining kawruh wetanan ingkang saya dangu saya kêcukup tuwin anyêkapi, wontên saperangan ingkang prasasat dipun lêmparakakên, inggih punika ing bab kawruh ingkang gêgayutan kalihan agami Islam, nanging mênggahing pêpathokan ingkang prêlu-prêlu tumrap gêsangipun têtiyang ingkang sami ngrasuk dhatêng agami wau, punika ingkang kaudi kanthi tumêmên dening Paduka Tuwan Snouck. Ingkang makatên wau nama dede padamêlan ingkang gampil, amargi sagêdipun kalêksanan sadaya kêdah kanthi tindak tumêmên, ingkang kapisan kêdah sagêd dhatêng basa Arab ingkang sayêktos, pangrêtosipun [pangrêtosi...]

--- 83 ---

[...pun] dhatêng sêsêratan Arab kedah ingkang manjing, cêkakipun kêdah sagêd maos saha mangrêtos saèstu dhatêng sadaya sêrat-sêrat ingkang dados wêwaosanipun bôngsa Arab. Kajawi punika pangrêtosipun dhatêng agami Islam ugi kedah sampurna, ananging tumrap satunggiling bôngsa Walandi ingkang anyinau agami Islam, ingkang prêlu piyambak kêdah amigatosakên, kadospundi cara-caranipun têtiyang ingkang sami ngrasuk agami Islam ing Indiya Nèdêrlan ngriki, tuwin kadospundi anggène nindakakên agaminipun. Murih sagêdipun sumêrêp ing bab makatên punika kêdah nyoplok dhatêng basanipun têtiyang Indiya wau.

Sayid Abdullah Sawawi,
sobaktipunsobatipun.
Paduka Tuwan Prof. Dr. Snouck Hurgronje.
Sadaya kawruh ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil punika, Paduka Tuwan Snouck ing salêbêtipun watawis môngsa kemawon sampun sagêd anyêkapi. Tôndha yêktinipun, dene kala [ka...]

--- 84 ---

[...la] yuswa 25 taun, Paduka Tuwan Snouck sampun angsal sasêbutan dhoktor, jalaran saking anggènipun nganggit sêrat ingkang minôngka pandadar, aciri: papistan ing Mêkah. Ing anggitanipun wau, panjênênganipun sagêd anjôngka kanthi cêtha, punapa ing têmbe padamêlan ingkang calon badhe katindakakên, jêr anggitanipun punika wawasan babad-babadipun haj, inggih punika satunggiling rukun Islam 5 prakawis.

Sayêktosipun sampun kasumêrêpan dangu, bilih ingkang kawastanan haj wau, dede satunggiling pranatan Islam lugu, ananging sampun wontên sadèrèngipun agami Islam paja-paja wontên. Ing anggitan wau, Tuwan Snouck angandharakên ingkang rumiyin piyambak bab wontênipun haj punika, kanthi amêthik saking sêrat-sêrat Arab, langkung malih saking Koran saha kitab Hadis.

Punapa ta salêrêsipun mênggah ingkang dipun wastani haj punika. Swargi Prof. Dozij kala rumiyin nyobi anêrangakên wontên ing satunggiling sêratan, bilih pranatan wau kalêbêt satunggiling pranatan ing agami Israil. Pintên-pintên pujôngga bôngsa Arab sami mangintên, bilih sadaya panggenan-panggenan suci ing Mêkah punika sami gêgayutan kalihan Kangjêng Nabi Ibrahim (a.s.) saha sadèrèngipun Kangjêng Nabi Rasul miyos, sampun kathah têtiyang, ingkang botên rêna sangêt dhatêng tindakipun bôngsa Arab, ingkang kala samantên kenging kawastanan nyêmbah brahala, sarta lajêng ngawontênakên agami enggal, millah Ibrahim, inggih punika agaminipun Kangjêng Nabi Ibrahim.

Ananging ing anggitanipun Paduka Tuwan Snouck kasêbut nginggil, anyariyosakên, bilih tuwuhipun wawasan ingkang makatên wau, kala taksih sugêngipun Kangjêng Nabi Muhammad (a.s.).(s.a.w.). Dene agami ingkang kawêdharakên dening Kangjêng Nabi Muhammad, punika sajatosipun botên beda kados agami ingkang sampun kawêdharakên ing para nabi ing sadèrèngipun Kangjêng Nabi Muhammad wau. Dados agaminipun Kangjêng Nabi Ibrahim wau, ingkang dados babonipun sadaya agami, dados ugi babonipun agami Islam.

Dene anggène anggitanipun Tuwan Pr. Dr. Snouck misuwur wau, jalaran anggènipun anêrangakên bab nginggil wau saklangkung cêtha. Ananging anggène Tuwan Snouck kagungan wawasan ingkang makatên wau, namung mêthik saking buku-buku kemawon. Murih sampurnanipun dhatêng agami Islam, Tuwan Snouck lajêng dêdalêm wontên ing panggenan ingkang têtiyangipun majêng dhatêng agami Islam. Ingkang punika Tuwan Snouck lajêng kagungan kaniyatan sumêdya dêdalêm wontên ing Mêkah, ingkang ing ngriku wau sinêbut têlênging praja agami Islam. Kadospundi rakaosipun tumrap bôngsa Eropah dêdunung wontên ing Mêkah, ing ngribungriku. botên pêrlu dipun andharakên, cêkap kacariyosakên, bilih wohipun pinanggih sae sangêt, kondur ing nagari Walandi, ing taun 1888 lan 1889 lajêng anganggit buku bab kawontênanipun nagari Mêkah mawi basa Jêrman, ingkang isinipun migunani sangêt tumrap têtiyang ingkang sumêdya anggêgulang dhatêng agami Islam.

(Badhe kasambêtan)