Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wawasan Tumrap Sêrat-sêrat Anggitan Mangkunagara IV, Kajawèn, 1927, #1966

Katalog:Wawasan Tumrap Sêrat-sêrat Anggitan Mangkunagara IV, Kajawèn, 1927, #1966
Sambung:-

Wawasan Tumrap Sêrat-sêrat Anggitan Dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Minôngka Pêpèngêt. (Miturut Karanganipun Dr. Th. Pigeaud).

Candhakipun Kajawèn ôngka 33.Kajawèn Ôngka 33 belum ditemukan.

Raos dhatêng lêbêting têgêsipun têmbung-têmbung punika sampun mêsthi kemawon tuwuhipun pancèn kêtarik utawi gêgayutan kalihan dhêdhasaring basa, awit têmbung Jawi punika sami rimbagan saking têmbung wod, ingkang gampil sangêt panitikipun sarta ugi kathah ingkang taksih kangge têmbung aran.

Kawontênaning basa ingkang makatên wau, kathah ing têmbung ingkang kenging kangge purwakanthi utawi sami mirib têgêsipun, para juru ngarang wiwit kina mila sampun sami migunakakên dayanipun kangge ngwontênakên raos ingkang kinajêngakên. Mênggah rekanipun kados ta: sarana guritan lan purwakanthi warni-warni ing wiwitan, têngah sarta wêkasaning têmbung, tarkadhang asring ngantos pintên-pintên larik têrusan, ananging mawi dipun saranani wangsalan adèn-adèn. Wangsalan punika kadosdene cangkriman, pambatangipun sarana madosi têmbung, ingkang swaranipun mirib kalihan têmbung-têmbung ing dalêm cangkriman punika. Wontênipun wangsalan punika bokmanawi kemawon gêgayutan kalihan wontênipun basa sirikan sarta basa winados, ingkang taksih dados sawênèhing caranipun golonganing têtiyang bodho, jalaran taksih ajrih nêrak. Ananging wangsalan wau wontên ing sêrat-sêrat Jawi mawi sêkar sampun dados busananing basa ingkang wilêt pangrakitipun awêwaton swara. Tumraping para pujôngga linangkung sagêd dados sarana nandukakên raos dhatêng ingkang mirêng, murih sagêd kraos gêgayutanipun jagading manungsa ing jawi sarta ing lêbêt.

Katêrangan sawatawis ing nginggil punika kalêbêt wawasan bab sêkar tumrap anggitan umum. Ing sapunika badhe ngrêmbag bab sêkar ingkang maligi anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV.

Anggitan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika kenging kaperang-perang makatên: pangrêngga kawontênaning purug, pitutur, sêrat kintunan sarta pangrêngga minôngka busananing basa.

Karangan dalêm ingkang ngrêngga kawontênaning purug wau sadaya sami sinawung ing sêkar, nyariyosakên anggènipun tindakan piyambak utawi sawênèhing putranipun, ingkang kathah namung têdhakan nitih kreta utawi kapal dhatêng salah satunggiling pasanggrahan bawah Mangkunagaran ugi. Sadaya kawontênaning lampah kacariyosakên, wiwit bidhal saking Sala ngantos dumuginipun ing satunggil-tunggiling pakèndêlan tuwin dhatêngipun ing pasanggrahan, wusana lajêng ngrêngga kawontênaning pasanggrahan ngriku tuwin anggènipun sami among suka.

Pangrêngga kawontênaning tiyang lêlampah sarta panggèn-panggenan ingkang dipun langkungi punapadene dipun [dipu...]

--- 583 ---

[...n] kèndêli kados makatên wau, ing sêrat-sêrat Jawi kina sarta enggal kalêbêt limrah, kados ta: Sêrat Cênthini, punika kêbak rêrênggan makatên wau. Tindakipun Prabu Hayam Wuruk saking Majapait dhatêng bangwetan ugi rinumpaka ing Sêrat Nagarakêrtagama. Ananging rêrumpakaning lampah wau wontên ing sêrat-sêrat kina namung dados sêlingan, botên dados baku utawi jêjêring karangan. Beda kalihan karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, punika pancèn namung maligi ngrumpaka kawontênaning lampah sarta purug thok. Rêrumpakaning lampah punika wontên ing sêrat Jawi sami ngantos ngalantur, ngrêngga kawontênaning sêsawangan ngantos ngalantrah, ingkang ngarang sagêd ngabarakên kawêgiganipun dhatêng bab busananing basa sakatogipun, têtiyang ingkang pancèn dados jêjêring lêlampahan, lajêng kêsilêp babar pisan, mila botên kenging kaanggêp cariyosipun sawênèhing lêlampahan utawi sawênèhing tiyang.

Rumpakanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang makatên wau kenging kangge titikan jêmbaring sêsêrêpanipun dhatêng basa Jawi, punapa malih nitik rumpakanipun ingkang nyariyosakên kodrating alam, lajêng têtela manawi gonahgênah. sangêt dhatêng nama-namanipun isèn-isèning alam ingkang asipat gêsang utawi botên. Kados sampun kenging katamtokakên, bilih pêpaking sêsêrêpan punika jalaran saking dangunipun wontên ing padhusunan nalika dados prajurit. Anggitan wau têtêmbunganipun kathah sangêt ingkang mawi gêguritan sarta purwakanthi, ananging tanpa wangsalan.

Panganggitipun rêrumpakaning lampah wau namung manawi kêlêrêsan kalamangsanipun, sarta sadaya kemawon sami dipun titimangsani. Ingkang makatên punika kalêbêt ada enggal, botênipun saking Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak inggih sawêg dados caranipun jaman samantên. Wontênipun rêrumpakan wau kenging kaanggêp dados uparêngganipun lêlampahaning trah luhur ing Sala salêbêtipun akiring abad ingkang kêpêngkêr. Ing sapunika kawontênan wau sampun ewah. Cariyosing kawontênan mawi rumpakan kadosdene karanganipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau bokmanawi kemawon ing têmbe badhe wontên ajinipun tumrap ing babad, samantên ugi katêrangan-katêranganing panggenan ingkang kawrat ing karangan ngriku.

Sadangunipun Kangjêng Gusti kaping IV karsa nganggit-anggit, kathah kemawon anggitanipun rêrumpakaning lampah, ananging pangarangipun botên tunggil môngsa. Ingkang sagolongan panganggitipun kala kangjêng gusti sawêg wiwit karsa ngarang-ngarang, kirang langkung ing saantawisipun taun Jawi 1770 kalihan '85 utawi antawisipun taun Walandi 1842 kalihan 1856, anggitanipun rêrumpakan wontên tiga panjang-panjang. Ananging anggit-anggitan ingkang kathah-kathah sarta ingkang langkung panjang malih kaanggit ing saantawisipun taun Jawi 1800 kalihan 1810, utawi ing saantawisipun taun Walandi 1871 kalihan 1881.

Ing môngsa antawisipun taun Jawi 1785 kalihan 1800 utawi antawisipun taun Walandi 1856 kalihan 1871 anggitan-anggitanipun swargi kangjêng gusti ingkang kathah awarni pitutur sinawung ing sêkar. (Badhe kasambêtan)

Wawasan Tumrap Sêrat-sêrat Anggitan Dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Minôngka Pêpèngêt. (Miturut karanganipun Dr. Th. Pigeaud).

Candhakipun Kajawèn ôngka 34.

[Sêrat pitutur punika wontên pintên-pintên bab, kaperang-perang manut golong-golonganing tiyang ingkang katuju (santana, punggawa, para upsir lan sanès-sanèsipun), isinipun pitutur wau ingkang kathah-kathah awarni pamrayogi dhatêng kautamèn, ingkang gêgayutan kalihan gêsanging tiyang ing sadintên-dintên, sarta kathah ingkang katêrangakên ngangge upami utawi têtuladan mirit dhatêng kawontênaning kodrat. Satunggal-tunggaling anggitan isi piwulang têmbunging guru (ing ngriki: kangjêng gusti piyambak) dhatêng para muridipun, ananging warni pitutur lugu, botên wontên ingkang anjalèntrèhakên pamanggih.

Anggit-anggitan ingkang langkung sêpuh tinimbang karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV inggih sampun wontên ingkang dhapur pitutur. Kados ta Sêrat Wulangrèh. Mênggah suraos ingkang dados isinipun sêrat pitutur karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara wau kenging kawastanan sami kemawon kalihan Sêrat Wulangrèh, jalaran sami dene ngugêm-ugêmi dhêdhasaring kautaman miturut pamanggih Islam Jawi. Namung kemawon manawi dipun titik-titik, karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV kados-kados radi ngantêpakên têtanggêlaning para agêng anggènipun ngrêksa karaharjaning tiyang alit. Sêrat pitutur anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara wau namung sami tumrap pasrawunganing gêsang sêsarêngan. Sêrat isi kawruh batos ingkang kacariyosakên anggitan Mangkunagaran IV inggih wontên, ananging sêmunipun kalintu.

Sêrat-sêrat pitutur wau basanipun kalêbêt prasaja, botên niyat kangge ngebarakên kasagêdan ing bab panganggening têmbung, mila têmbung-têmbungipun Kawi inggih botên kathah, beda sangêt kalihan ingkang sêrat-sêrat rêrumpakan.

Sêrat-sêrat karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang sanès golongan, nanging kathah èmpêripun kalihan sêrat pitutur wau, inggih punika ingkang awarni sêrat kintunan mawi sinawung ing sêkar, ingkang kathah tumuju dhatêng para putra utawi santana. Sêrat-sêrat kintunan punika limrahipun ugi sami isi pitutur, botênipun inggih isi wawasaning panggalih, ananging mêsthi wontên salah satunggiling bab ingkang dados lantaran, mila lajêng wontên èmpêripun sawatawis kalihan anggitan ingkang pandamêlipun namung manawi kêlêrêsan kalamangsanipun. Basanipun sêrat-sêrat kintunan wau kathah èmpêripun kalihan ingkang kaangge wontên ing pitutur, ananging wontên ugi sêrat kintunan ingkang rinakit wangsalan, dados mirib kalihan anggitan ingkang ngebarakên pambusananing basa. Sêrat kintunan sinawung ing sêkar wau kenging kawastanan ada-adanipun Kangjêng

--- 603 ---

Gusti Mangkunagara IV piyambak. Inggih lêrês ing sadèrèngipun wontên ada-ada wau ugi sampun wontên sêrat kintunan mawi sêkar, ananging namung manawi pancèn dados saperanganing sêrat-sêrat cariyos ingkang kasêkarakên.

Anggit-anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang sagolongan malih babagan busananing basa, inggih punika sadayaning anggitan, ingkang pangrakitipun mawi rinêngga-rêngga. Anggitan punika wontên ingkang babar pisan awujud wangsalan, sarta kêtitik bilih pandamêlipun kanthi pangatos-atos murih runtuting sadayanipun.

Kajawi anggit-anggitan ingkang awarni sêkar Macapat, anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ugi wontên ingkang sinawung ing sêkar Têngahan sarta sêkar Agêng, ingkang salêrêsipun sampun botên kêlimrah. Malah kangjêng gusti ugi yasa têmbang enggal, sawênèh mirib têmbang ingkang sampun wontên, sawênèh malih awujud têmbang sungsun, kaestha kados pitakèn lan wangsulan.

Anggit-anggitan ingkang makatên punika mathukipun manawi kalagokakên, malah kathah ingkang bakunipun pancèn kangge gerongan. Gêndhing ingkang dados jodhonipun gerongan anggitan Mangkunagaran wau wontên ingkang gêndhing lami wontên ingkang pancèn yasan enggal, ugi anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak, botênipun inggih mêksa kanthi pitêdahipun kangjêng gusti.

Suraosing gerongan wau mawi sêdyaning panggalih nalika panganggitipun, ingkang kathah-kathah awujud wêdharing raosipun manah gandrung dhatêng wanita, ananging wontên ugi ingkang namung ngrumpaka wit-witan, têtuwuhan, sêsêkaran lan sanès-sanèsipun, mawi kasêmpètakên dhatêng raos utawi kayungyuning manah.

Ing anggit-anggitan punika kêtingal sangêt kathahing sêsêrêpan sarta sêngsêmipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV dhatêng kodrating alam.

Sadangunipun Kangjêng Gusti kaping IV nganggit-anggit, wiwit kawitan mila sampun nganggit-anggit rêrumpakan makatên wau, ananging ingkang kathah-kathah sami anggitan ing sabakdanipun taun Jawi 1800 utawi taun Walandi 1871. Anggitan ingkang kangge gerongan wau radi wontên èmpêripun kalihan ingkang dados rêrumpakaning lampah, beda sangêt kalihan ingkang isi pitutur.

Gêgerongan wau kenging kawastanan anggitanipun Kangjêng LustiGusti. Mangkunagara IV ingkang pêthingan sarta murni sayêktos. Ing ngriku kêtingal luhuring panggalih, alus lan lêmbating raosipun kangjêng gusti punapadene sugihipun anggit, sampun mathuk sangêt tumraping kagunan kraton ing Surakarta, ingkang kala samantên radi mumbul malih ing sawatawis. Gêgerongan sarta gêndhing anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau kenging kawastanan wêdharing raosipun nagari Surakarta ing bab kagunan ingkang sakêlangkung alus, ngantos sagêd anjalari kèrêm lan koruping manah. Kajawi punika anggit-anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau têrah-tumêrah lajêng dados ancêr-ancêr tumraping pangudi dhatêng têmbang sarta gêndhing. Kadosdene pangudinipun Kangjêng Gusti Mangkunagara V punika inggih napak tilas anggitanipun Kangjêng Gusti kaping IV.

Ing nginggil dèrèng kacariyosakên, bilih

--- 604 ---

wontên karang-karangan sawatawis ingkang kaakênakên anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, nanging kintên-kintên sanès tapak astanipun kangjêng gusti ingkang salugu, jalaran bokmanawi kemawon kangjêng gusti namung urun-urun sawatawis. Karangan ingkang makatên punika ugi botên wontên pêthinganipun ingkang pancèn kenging kangge titikan kalangkunganing kasagêdanipun kangjêng gusti ing bab nganggit-anggit.

Mênggah ingkang dados kalangkunganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau botên ing sawarnining bab nganggit-anggit, kados ta: ing bab nganggit cariyos sarta ngarang babad sinawung ing sêkar, botên wontên titiking kalangkunganipun. Ing bab nganggit sêrat pitutur inggih botên nama linangkung. Sêrat-sêrat pitutur ingkang dêlês anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak, punika inggih lêrês dipun aji-aji ing akathah, ananging pangaji-ajinipun punika bakunipun jalaran ngèngêti yèn yasaning priyagung luhur.

Sêrat-sêrat anggitan dalêm swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang pantês dipun aji-aji sangêt inggih punika ingkang nelakakên pinunjuling dhêdhasar dhatêng gêndhing sarta lêlagon, lêmbating raos dhatêng swara sarta wirama punapadene kawêgiganing nganggit-anggit mawi rinêngga ing busananing basa. Kalangkunganing anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika bakunipun ing prakawis mardawalagu sarta busananing basa. Tumrap ing jaman enggal Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau pancèn kenging kawastanan ahli rumpakan kratonan ingkang pinunjul piyambak, anggit-anggitanipun nama dados têtunggul tumraping babadipun kasusastan Jawi, têtêp ngantos dumugi ing titimôngsa punika taksih dados tuladan.

Badhe kadadosanipun ing têmbe dèrèng kenging kakintên-kintên, anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau punapa lêstantun dados paugêran, punapa ingkang badhe saya ngrêbda punika trajang enggal, ingkang wiwit nêbihi raos pangraosing trah ngaluhur ingkang kalusên.