Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Candhi Maling, Jurumartani, 1866-67, #297

Katalog:Candhi Maling, Jurumartani, 1866-67, #297
Sambung:-

Jurumartani 44, 1 Nopèmbêr 1866, hlm. 4

--- 0 ---

Punika candhaking cariyosipun Candhi Maling: ing Rêdi Kêthu

Para punggawa mantri: tuwin wadya prawira, tarap andhèr sumiwèng ngarsa, pandung sakti: sinaosakên ing ngarsa dalêm, sang nata: dhawuh dhumatêng punggawa pinisêpuh, pandung andikakakên andangu, lajêng dinangu kawijilanipun, aturing pandung saking Pacitan. Kadangu malih, sabab apadene wani-wani malingi kanggungan dalêm manjangan sajroning pagrogolan, apa kurang manjangan, ing alas ana manjangan pira-pira, pandung sakti kèndêl, botên amangsuli atur punapa-punapa, pangunadikaningpangunandikaning. manah, yèn aku iki matura dudu maling manjangan, amratelakake kang satêmên-têmêne, mung angêwori nunggal manjangan ing alas gunung Kêthu, aturku mangsi kandêla,môngsa kaandêla. sabab, tanpa saksi, môngka wong atusan kang nyêkêl aku iki, padha anêtêpake ngarani yèn aku iki maling manjangan, luwih bêcik aku ngandhêmi bae, tanpa gawe yèn aku duwea atur akèh-akèh.

Punggawa pinisêpuh andangu malih, kêpriye dene kowe banjur mênêng bae, ora amangsuli manèh ing pandangu dalêm. Mênawa kowe ora duwe atur apa-apa manèh, têgêse wis angakoni ing kadurjananmu, amasthi kowe bakal pinatèn, pandung sakti wiwit amangsuli atur malih, kawula kakêrsakakên pinêjahan inggih sumôngga, ing atasipun panjênêngan nata langkung waspaos, botên kasamaran dhumatêng lampah kang samar-samar, kawula botên langkung namung darbe atur panuwun, mênawi kawula kapêjahan, jisim kawula: sampun ngantos kabucal cara jisim pandung, mugi wontêna karsa dalêm andhawuhna nyandhi kados dening tiyang sae, punggawa kang amariksa: mangsuli pangandika, iya aja sumêlang, amasthi bakal kalakon ing sapanuwunmu iku, pandung matur malih, kawula darbe jimat, warni sela watu pêthak kulimis, gêngipun satigan pêksi dara, mênggah kuwasanipun, mênawi wontên sato wana kang suku pat, môngka gêring: ingusapan jimat punika, sanalika lajêng saras, kuwat langkas kados kang wau-wau, mênawi sato wana kang suku pat sampun pêjah, ingusapan jimat punika: sanalika gêsang malih, sarèhning kawula badhe kapêjahan, ing mangke jimat punika: kaunjukna ing sang nata, minôngka atur-atur kawula, para punggawa kang miyarsa utawi sang nata, sakalangkung sukaning wardaya, midhangêt aturing pandung bab jimat, lajêng kapundhut, dene jimat wau ing salami-laminipun, ênggènipun nyimpên kaêmut wontên ing cêthak, kala sêmantên jimat kautahakên saking cêthak lajêng malêsat amblês ing siti: dados sumbêr, cêlak ing rêdi Kêthu ngriku, pandung lajêng pinêjahan, kacandhi ing rêdi Kêthu ngriku ugi, ananging candhinipun botên kados candhi ing Parambanan, namung katumpukan sela ing sawatawis, lajêng karan Candhi Maling.

Cariyos punika: taksih wontên candhakipun.

Katandhan dening Radèn Panji Puspawilaga.

--- 2 ---

Jurumartani 45, 8 Nopèmbêr 1866, hlm. 7-8

Mugi wontêna karsanipun tuwan ingkang ngarang sêrat Jurumartani, amacak sêrat kula kêkalih punika.

Kula mirêng sampun lami mênawi ing Surakarta wontên priyantun ingkang anama Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sakalangkung misuwur bab kasagêdanipun dhatêng basa kawi saha kathah sasêrêpanipun dhatêng cariyos. Ananging gumuning manah kula, dene cariyos bab misuwuripun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau dèrèng wontên kayêktosanipun. Sanès kados Radèn Panji Puspawilaga, punika purun anelakakên kasagêdanipun kawrat ing sêrat Jurumartani, Radèn Panji Puspawilaga adamêl cariyosipun Jaka Panirat ing Kadilangu tuwin cariyosipun Candhi Maling ing rêdi Kêthu, punapa malih cariyos Salahtiga sapanunggilanipun. Dêdamêlanipun cariyos Radèn Panji Puspawilaga punika sadaya dados pratandhaning putusipun ing sasêrêpan dhatêng kasusastran. Dêdamêlanipun cariyos ingkang sampun kapacak ing sêrat Jurumartani sae-sae, saha awis tiyang ingkang sumêrêp dhatêng cêcariyosanipun. Amung satunggil cariyos Candhi Maling kemawon, saking pamanggih kula piyambak taksih angodhêngakên ing manah kula, wangsul Radèn Ngabèi Rônggawarsita dèrèng wontên telakipunKurang cocok: telak = matanya juling; sebaiknya telanipun (tela = tôndha). sagêd, saha rêmên amarsudi dhatêng kasusastran. Awit ing Jurumartani dèrèng wontên tapak astanipun. Môngka saking pamanggih kula piyambak sêrat Jurumartani punika minôngka dutaning pawartos ingkang dhatêng ing pundi-pundi, amradini sakathahing nagari.

Ingkang punika bab misuwuripun gadhah kasagêdan Radèn Ngabèi Rônggawarsita saha rêmênipun marsudi dhatêng kasusastran, mênawi anêtês, masthi sampun lami wontên pratandhanipun katelakSebaiknya: katêdhak, lihat di atas juga. ing Jurumartani, la kalampahan kula adrêng badhe sumêrêp dhatêng para sagêd. Awit kula piyambak sakalangkung rêmên amarsudi dhatêng kasusastran. Supados sagêda dados têtimbangan kula angindhakakên ing pikantukipun dhatêng sasêrêpan. Pundi wontên latu tanpa kukus, latu punika upamènipun: kasagêdan, kukus ingkang mêradinakên. Kasagêdan mênawi botên kawradinakên ing akathah, masthi botên wontên gunanipun. Awit manawi ingkang gadhah kasagêdan pêjah, kasagêdanipun lajêng sirna, dados botên wontên pikantukipun.

Kudus kaping 25 Oktobêr 1866. Katandhan Wignya Panitisastra.

Kula punika ragi gumun, dene wontên cariyos bab Candhi Maling ing Rêdi Kêthu, ingkang damêl Radèn Panji Puspawilaga ing Surakarta. Salaminipun kula agêsang dèrèng nate mirêng cariyos ingkang kados mêkatên. Môngka kula ing dintên punika sampun ngumur sèkêt wolu taun. Saha sampun maos sêrat Jawi mèh sadaya, dèrèng manggih cariyos ingkang kados mêkatên wau, kalampahan kula apitakèn dhatêng para tiyang sêpuh ing nagari kula ngriki, bokmênawi wontên ingkang sumêrêp bab cariyos Candhi Maling ing rêdi Kêthu, pamêndhêtipun saking sêrat punapa, awit ing Sêrat Babad Tanah Jawi botên anyariyosakên bab Candhi Maling wau. Mênggah wangsulanipun para sêpuh wau, bokmênawi Radèn Panji Puspawilaga amêthil cariyos punika saking sêrat Alpuru utawi Bugis. Utawi amêndhêt saking èngêtanipun piyambak. Jêr kathah tiyang anyupêna ingkang aèng-aèng, sarêng tangi lajêng kaanggêp ing sayêktos wontênipun cariyos angsal-angsalan saking supêna.

Ingkang punika Radèn Panji Puspawilaga, kula apitakèn ing sampeyan, sarèhning kula dèrèng têpang, kula badhe sumêrêp, ingkang sapisan bab yuswa sampeyan, ingkang kaping kalih padamêlan sampeyan punapa, mila kula pitakèn mêkatên, amargi badhe kula pirit kayêktosaning wontênipun cariyos Candhi Maling, punapa cariyos punika damêlan punapa sayêktos wontên, mênawi ingkang nama Radèn Panji Puspawilaga priyantun nèm, amasthi lajêng kenging kula wastani mênawi cariyos punika wêdalan saking supêna, mênawi Radèn Panji Puspawilaga sampun sêpuh kados kula, saha padamêlanipun amarsudi kawruh, punika kula badhe apitakèn, pamêndhêtipun cariyos candhi Maling wau saking sêrat punapa, saha punapa ingkang dados raosing cariyos ingkang kenging kalêbêt ing wulang, awit priyantun sêpuh punika kawajiban ing sadamêl-damêlipun kêdah wontên raosipun amêmulang dhatêng para nèm. Dêdamêlanipun punika amêsthi dados sêrat wêwaosan ingkang mikantuki ing atasipun para nèm wau.

Wasana panuwun kula dhatêng Radèn Panji Puspawilaga, mugi wontêna karsanipun, amangsuli ingkang dados pitakèn kula warni kalih wau, supados anêrangna ingkang dados kodhênging manah kula, awit kula punika kêdhik-kêdhik rêmên dhatêng kasusastran. Môngka ing mangke kula badhe pikantuk têtimbangan ingkang anyêkapi saking ingkang nama Radèn Panji Puspawilaga, bokmênawi ingkang nama Radèn Panji Puspawilaga punika priyantun ingkang kacariyos sampun nate dhatêng ing nagari Wêlandi, punika kula mokalakên. Bilih taksih yataksiha (dan di tempat lain). sagêd anganggit cariyos ingkang urut suraosipun. Awit tiyang sêpuh punika ingkang limrah asring kathah kasupènipun. Manawi yêktos têtimbangan kula ing sapunika Radèn Panji Puspawilaga ingkang sampun sêpuh wau, O, bêgja kamayangan. Ananging kula mokalakên ko taksih ya sugêng, mila pamanah kula ingkang nama Radèn Panji Puspawilaga wau, bokmênawi kaprênah putra utawi wayahipun.

Kudus kaping 25 Oktobêr 1866. Katandhan Wignya Panitisastra.

Punika candhaking cariyosipun Candhi Maling ing rêdi Kêthu.

Wondening nalika pêjahing pandung, nuju sangkala punika 1301, mênggah sumbêr punika wau, mênawi wontên manjangan ing wana rêdi Kêthu ngriku gêring sampun sangêt, môngka ngombe ing sumbêr punika, sanalika lajêng bagas kuwat langkas kados kang wau, mila ngantos samangke wana ing rêdi Kêthu ngriku langkung kathah manjanganipun, sanès lan wana kang kathah-kathah, wana rêdi Kêthu punika, andhèrèk Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Amangkunagara, lêstantun dados pacangkraman dalêm, mênawi karsa anyanjata manjangan, saha para santana dalêm sêpuh: utawi santana anèm ing kamangkunagaran, tuwin para tuwan-tuwan kang agêng-agêng, miwah para santana sêpuh, para santana anèm ing karaton. Malah kala swargi Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 6, asring-asring miyos tindak dhumatêng wana rêdi Kêthu, akalihan ingkang raka: swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Amangkunagara kaping 3, saha kangjêng tuwan residhèn, para tuwan-tuwan kathah ingkang andhèrèk, tuwin para santana sêpuh: para santana anèm, ing karaton utawi ing kamangkunagaran, bidhalipun saking nagari untabipun kados ratu lumurug prang.

Sasampunipun pêjah pandung sakti, Prabu Kalana Tunjungseta, lêstantun ênggènipun kêrsa kalangênan tindak ing wana.

Lêstantun ênggènipun kêrsa kalangênan ambêbujêng buron wana, mênawi wontên rêdi papanipun priyogi, kaêdêgan pasanggrahan, rêdi Andong: kaêdêgan pasanggrahan, rêdi Mangli: inggih kaêdêgan pasanggrahan, rêdi Lambang: inggih kaêdêgan pasanggrahan.

Cariyos punika taksih wontên candhakipun.

Katandhan dening Radèn Panji Puspawilaga.

--- 3 ---

Jurumartani 46, 15 Nopèmbêr 1866, hlm. 10-12.

Ing sêrat Jurumartani ôngka 45, kula sampun anupiksani sêrat katandhan Wignya Panitisastra: mila kumêdah-kêdah mangsuli, wondene sêrat wau anyêbutakên yèn Wignya Panitisastra taksih angina kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang sampun misuwur ing kawignyanipun kaloka ing buwana.

Ingkang kadamêl wêwatoning panginanipun, awit Radèn Ngabèi Rônggawarsita dèrèng nate amacak anggitanipun ing Jurumartani, sanès kalihan Radèn Panji Puspawilaga, punika anggitanipun sampun asring kapacak ing Jurumartani, anelakakên yèn saèstu sagêd. Wondene andadosêna kawuninganipun, Wignya Panitisastra yèn kula botên pisan-pisan angèstrèni anggènipun amaoni kasêbut ing Jurumartani ôngka 45, mila kula ingkang anjawabakên, Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Sakathahing sasêratanipun Radèn Panji Puspawilaga ingkang sampun kalampahan kapacak wontên ing Jurumartani, punika dèrèng anelakakên yèn Radèn Panji Puspawilaga sampun putus ing têmbung Jawi, wangsul Radèn Ngabèi Rônggawarsita anggènipun botên macak sasêratan ing Jurumartani ugi botên anelakakên yèn botên kalêbêt sagêd. Bokmanawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun asring macak sêrat ing Jurumartani, ananging botên mawi tôndha astanipun, utawi manawi asilih nama, punika sampun limrah yèn tiyang sagêd, mênggah kayêktosanipun sumôngga. Wignya Panitisastra kula aturi maos sêrat, Pustakaraja ingkang kalêbêtakên ing sêrat pananggalan taun 1866 punika, ing ngriku wontên asmanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ananging kang sampun sinamur salêbêting ukara, lah punika damêlanipun tiyang ingkang pantês kaanggêp pujôngga, pangangkahipun sampun ngantos kasumêrêpan ing akathah, sintên ingkang nganggit. Sanadyan botên amacak sêrat ing Jurumartani para priyantun ing Kudus, dene sami sumêrêp yèn Radèn Ngabèi Rônggawarsita kalêbêt sagêd, punika saking pundi.

Nalar ingkang kasêbut wau anelakakên yèn kaluwihan punika botên kenging kasidhêm. Kajawi saking sêrat kabar Jurumartani punapa botên wontên malih marginipun anglimrahakên pawartos, wah kasagêdan.

Kula kodhêng sangêt dene Wignya Panitisastra botên gadhah pambudi sanèsipun, anggènipun amradinakên busukipun: paribasan botên wontên latu tanpa kukus tumrapipun dhatêng Wignya Panitisastra prayogi manawi katêgêsakên makatên. Latu minôngka awon kukus punika ingkang mradinakên. Kula amangsuli malih ingkang kapratelakakên, Wignya Panitisastra bab kasagêdanipun Radèn Panji Puspawilaga, ingkang sampun têtela awit kathah kemawon pamacakipun sêrat ing Jurumartani: môngka ing sêrat Jurumartani ugi ôngka 45. Wignya Panitisastra nglairakên pamanggihipun bab suraosing sêrat Candhi Maling ing rêdi Kêthu, katandhan Radèn Panji Puspawilaga: anggènipun anglairakên wau botên pae kalihan anênacad, anêdahakên yèn Wignya Panitisastra gadhah pamurih anjunjung ngantêbakên. Wignya Panitisastra inggih amratelakakên, yèn botên sumêrêp mênggah pamêthilipun sêrat Candhi Maling saking pundi, punika kemawon sampun anelakakên yèn Wignya Panitisastra taksih kêdhik sumêrêpipun dhatêng kasusastran, mila sêrat wau kawastanan anggit-anggitipun Radèn Panji Puspawilaga piyambak.

Saking pamanggih kula sêrat ingkang kados makatên wau ugi wontên phaedahipun, ing atasing tiyang ingkang rêmên dhatêng kasusastran. Andadosêna kawuninganipun Wignya Panitisastra, yèn Sêrat Candhi Maling punika sanès supênanipun Radèn Panji Puspawilaga, sabab kula sampun nate mirêng cariyos Candhi Maling ananging dèrèng patosa têrang, punapa malih andadosêna kawuninganipun Wignya Panitisastra, yèn Radèn Panji Puspawilaga ingkang nganggit Sêrat Candhi Maling sampun nate dhatêng nagari Walandi, wondene yuswanipun saking pandugi kula kirang langkung sawidak taun, dados sêpuh Radèn Panji Puspawilaga akalihan Wignya Panitisastra, kasagêdanipun inggih anglangkungi, manawi kula botên lêpat Radèn Panji Puspawilaga sampun nate dhatêng tanah Inggris, Prangkrik, tuwin Dhitsêlan saha wangsulipun dhatêng tanah Jawi, baitanipun kapal katêmpah ing prahara rêmuk katanggor ing karang, tiyang ingkang wontên ing baita kapal mèh sadaya amanggih tiwas. Namung Radèn Panji Puspawilaga tuwin awak baita sawatawis ingkang katulungan, sami sagêd mêntas wontên ing pulo ingkang nama Nofasembêlah. Ananging ingkang taksih ngodhêngakên manah kula, Radèn Panji Puspawilaga ing nalika badhe mantuk dhatêng tanah Jawi, dene saking pulo Nofasembêlah ingkang kaprênah ing sagantên bêku, ewasamantên bokmanawi jalaran saking baitanipun kapal katêmpah ing prahara wau. Kula dèrèng patosa têpang akalihan Radèn Panji Puspawilaga amêrgi sawêk kapanggih kaping kalih wontên ing Puspanagaran, ananging sampun têtela yèn pujôngga agêng, manawi wicantên Jawi kaworan têmbung Wlandi, Prasman, Inggris, Dhitsêlan, punika namung saking kintên-kintên kula piyambak, yêktosipun kula sumêrêp piyambak dhatêng têmbung-têmbung wau, botên.

Samarang tanggal kaping 10 Nopèmbêr 1866.

Katandhan Abdullatip.

Punika candhaking cariyosipun Candhi Maling ing rêdi Kêthu.

Kacariyos Prabu Kalana Tunjungseta: Radèn Madukusuma, salaminipun mêntas mêjahi pandung sakti ing wana rêdi Kêthu, lajêng apês panjênênganipun nata, dèntên nagarinipun Prabu Kalana Tunjungseta: Radèn Madukusuma wau, salèr rêdi Andong, winastan ing nagari Ngamartalaya, kenging wawêlak, wringinipun kurung rêbah kalih pisan, lajêng botên katanêman wringin kurung malih, nagari lajêng karan nagari Ngamartalaya waringin rubuh ngantos samangke, wringin kurung kêkalih kang rêbah wau, karan ing dhusun Wringin Rubuh.

Antawis lami, panuju satunggal dintên, Prabu Kalana Tunjungseta: Radèn Madukusuma tindak ing pasanggrahan rêdi Mangli, dulu ringgitan cucal wontên pasanggrahan ing rêdi Mangli ngriku, ingkang andikakakên ngringgit, dhalang Ki Panjangmas kala sêmantên kêdhatêngan wawêlak malih, ênggènipun mayang Ki Panjangmas kobongan, kêlir balencong tuwin wayang, kothak, gamêlan sadaya kobong, dêlasan dhalang Ki Panjangmas tumut kobong, dhatênging latu botên kantênan sangkanipun, awor angin plahara wayang mawut-mawut, wontên ingkang dhawah ing rêdi Lambang, rêdi punika lajêng karan rêdi Wayang ngantos samangke, rêdi Mangli wau, sasampuning kêlir, balencong, gamêlan, dhalang, wayang, sami kabêsmèn, lajêng karan rêdi Kêlir ngantos sapriki, Prabu Kalana Tunjungseta: Radèn Madukusuma, gugup nalika dhatênging latu wau, kapalajêng badhe kondur, katututan ing latu agêng, wêkasan sirna wontên ing rêdi Andong, kala sangkala 1218, dèntên dhalang Ki Panjangmas inggih punika kang nurunakên dhalang Panjangmas Mataram.

Têlasing sinêrat, ing nagari Surakarta, kampung Loji Wetan, Kêmis kaping 1 Nophèmbêr 1866, utawi kaping 22 wulan JumadiakirJumadilakir. ing warsa Alip ôngka 1795.

Katandhan dening Radèn Panji Puspawilaga.

--- 4 ---

Jurumartani 47, 22 Nopèmbêr 1866, hlm. 13-15.

Kula sampun amaos sêrat Jurumartani ôngka 46, ing ngriku ingkang nama Abdullatip, tiyang Samarang mratelakakên saking sêsêrêpanipun piyambak, bab anggènipun anyulayani ingkang dados pamanggih kula, prakawis anggèn kula badhe sumêrêp dhatêng kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, saha kayêktosaning wontênipun cariyos Candhi Maling, awit saking pangintên kula manawi cariyos punika dêdamêlanipun Radèn Panji Puspawilaga piyambak. Abdullatip amastani manawi cariyos ingkang kapacak ing sêrat Jurumartani botên dados pratôndha ingkang anelakakên kasagêdanipun tiyang, ing mangke kula mangsuli sakêdhik dhatêng ingkang nama Abdullatip. Punapa piyambakipun dèrèng sumêrêp. Manawi panitikipun tiyang sagêd punika saking dêdamêlanipun sêrat. Ing ngriku kenging kapirid saking ukara tuwin uruting pitêmbunganipun. Punapa kalêbêt sagêd utawi botênipun tiyang lajêng sumêrêp kemawon. Kawêdalna saking Jurumartani, utawi margi sanèsipun. Anggêripun kawaos ing akathah, amasthi lajêng katawis ing kasagêdanipun. Manawi kasagêdan wau kasidhêm wontên ing griya, sintên ingkang badhe amastani sagêd dhatêng tiyang manawi botên wontên lèlèripun. Ewadèntên Abdullatip badhe anyuwurakên kasagêdanipun tiyang sanès. Sanadyan piyambakipun saking pamatawisPasisir = pamatawis; Jawa = pamawas. kula taksih repot bab ing sêsêrêpanipun dhatêng kasusastran. Kadospundi anggèn kula botên amastani manawi taksih repot. Piyambakipun katingal eram sangêt, dene Radèn Ngabèi Rônggawarsita sagêd anglêbêtakên namanipun wontên ing sêkar dhandhanggêndhis sapada, punapa pangintênipun Abdullatip botên wontên tiyang sanèsipun ingkang sumêrêp bab dununging nama wau wontên sêrat ingkang kasêbut ing sêrat pananggalan 1866, sêkaripun dhandhanggêndhis. Ingkang punika Mas Abdullatip, kula asuka sêrêp dhatêng sampeyan, sarèhning sampeyan kula tingali saking suraosing panjawab sampeyan dhatêng sêrat kula, manawi rêmên dhatêng sasêratan, dene sampeyan lajêng agahan anjawabakên prakawisipun tiyang sanès. Dados kenging kula wastani cathok gawel. Ananging andadosakên rêmên kula manawi wontên tiyang ingkang kados makatên. Mênggah namanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang dumunung ing sêrat Pustakaraja, wontên ing sêrat pananggalan 1866, sêkar dhandhanggêndhis, punika ing Kudus ngriki sampun kathah tiyang ingkang sumêrêp. Nama punika kaprinci ing aksara satunggil-tunggilipun, dumunung wontên ing bêbukaning sêrat sêkar dhandhanggêndhis. Aksara punika kadèkèk ing ngajêng satunggil-tunggil pada wontên, ngantos dumugi têlasing sêkar. Anjawi saking punika anggitanipun sêrat Pustakaraja Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang dumunung wontên ing sêrat pananggalan 1866, sanadyan sampun kalêbêt sae, dèrèng angeram-eramakên. Manawi tiyang ingkang gadhah kasagêdan sakêdhik kemawon, amêsthi sagêd anganggit kados makatên.

Abdullatip apitakèn, saking pundi sumêrêpipun têtiyang Kudus, bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita kalêbêt sagêd. O, punika gampil kemawon anggèn kula mangsuli, para ngulami ing Kudus sami rêraosan kalihan kancanipun. Dene marginipun para ngulami wau sami mirêng manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita putus dhatêng basa kawi tuwin dhatêng cariyos. Punika wontên kaji watawis ingkang dhatêng nagari Surakarta, kalêrês ing wulan Mulud. Pamrihipun tumut dhikir Maulud wontên ing masjid agêng, ing waktu angrintênakên garêbêg Mulud. Kala samantên sabakdanipun garêbêg wontên kaji satunggil ingkang martamu dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sadhatêngipun ing ngriku Radèn Ngabèi Rônggawarsita apradhah dhatêng tamunipun. Tamu kasuba-suba saha sakalangkung sae patrapipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita dhatêng tamunipun wau, nuntên tamu kadongèngakên Andhe-Andhe Lomut.Lumut (dan di tempat lain). Mawi kajarwanan manawi Andhe-Andhe Lomut ingkang dados Panji, dene Klêting Kuning punika Côndrakirana, anggènipun anjarwani mawi kamomoran têmbung kawi. Kaji sakalangkung gumunipun, sarêng mantuk dhatêng Kudus, lajêng kathah pangalêmipun dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, saha anyuwurakên kasagêdanipun dhatêng basa kawi tuwin dhatêng sêsêrêpaning cariyos, lah, punika kenging kawastanan: sêgawon anjugug botên mawi nyokot. Awit kaji mirêng pitêmbungan kawi ingkang botên kasêrêpan ing têgêsipun. kadospundi kok kaji sumêrêpa dhatêng basa kawi, amargi dede bêbahanipun. Panjuguging sagawon punika upaminipun: swara kathah, dene sagawon botên anyokot, têgêsipun: botên wontên yêktinipun. Dados kathah pabênipun ingkang botên kayaktosan. Lah punika Mas Abdullatip ingkang andadosakên sêrêpipun têtiyang ing Kudus bab kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau.

Abdullatip amastani latu tanpa kukus tumrap dhatêng badan kula, latu punika awon kukus amradinakên. Dados awon kula ingkang kawradinakên. Punika kula amung amangsuli cêkak kemawon: pundi wontên tiyang damêl rasukan angukur badanipun tiyang sanès. Kula punika amung amaibên ingkang dados suhuring tiyang kawastanan sagêd, môngka dèrèng wontên pratandhanipun, kaping kalih kula amung pitakèn bab pamêndhêtipun cariyos Candhi Maling saking sêrat punapa, amargi saking kumêdah kula badhe sumêrêp, awit ing Kudus ngriki botên wontên tiyang ingkang sagêd anêrangakên bab cariyos Candhi Maling wau, kalampahan kula pitakèn dhatêng para têtêpangan kula ing Mangkunagaran Surakarta, wangsulanipun kawrat ing sêrat. Manawi dèrèng sami manggih cariyos ingkang kados makatên wau, môngka rêdi Kêthu punika bawah Kamangkunagaran, kadospundi kok têtiyang siti botên wontên ingkang sumêrêp. Punapa inggih kenging kawastanan awon. Manawi tiyang amratelakakên ingkang dados sumêlanging manah, saha punapa wontên awonipun manawi tiyang ambudidaya dhatêng sêsêrêpan.

Abdullatip amastani manawi kula anjunjung angantêbakên dhatêng Radèn Panji Puspawilaga, punika angsal wêwaton saking pundi, wangsul kula sagêd amastani manawi piyambakipun ingkang anjujung angantêbakên dhatêng Radèn Panji Puspawilaga, awit katelak saking panjawabipun sêrat. Ingkang mungêl akathah-kathah pangalêmipun dhatêng Radèn Panji Puspawilaga, ananging botên wontên ingkang mencok. Pundi wontên tiyang dhatêng ing nagari Walandi, antukipun ngajawi ngantos sagêd mêntas wontên ing pulo Nophasembêlah, bawah ing Ruslan. Môngka nagari Walandi punika sagantênipun kanamanan sagantên Atêlantah, Nofasembêlah kaprênah wontên ing sagantên Bêku lèr, iba têbihipun. Mila kenging kawastanan mokal, manawi kula anglajêngna anggèn kula anjarwani bab panjunjung pangantêbipun Abdullatip dhatêng Radèn Panji Puspawilaga awit saking pangalêm ingkang mêdal saking watês. Saha taksih kathah pitêmbunganipun pangalêm, punika botên wontên damêlipun, awit ingkang maos panjawabipun wau, amêsthi badhe lajêng sumêrêp, bilih Abdullatip botên barès manahipun.

Katandhan Wignya Panitisastra.

Wêwangsul pitakènipun Wignya Panitisastra.

Ing Jurumartani Kêmis kaping 8 Nophèmbêr 1866, ôngka 45, nanging wêwangsul punika: badhe panjang sangêt, dados tigang rambahan lampah ing sêrat Jurumartani, punapa priyantun Kudus kang ngakên sagêd têmêning sastra, badhe botên bosên.

Wignya Panitisastra, ing Kudus kang dipun griyani punapa Kudus ing Kriyan, punapa ing Tajug, punapa ing padhusunan, lan jêjêr priyantun punapa, owêl sangêt dene priyantun sagêd têmêning sastra, damêl têmbung têka botên têrang, yèn têmbung wau kirang têrang, inggih sadhengah pitêmbungan, mênawi pêtêng botên têrang, punika pitêmbunganipun tiyang bodho, dede têmbungipun tiyang wagêt têmêning sastra, mila kula kapengin kêdah sumêrêp, awit kala kula têksih lare ngumur 17 sêring-sêring kula zeyarahziarah. ing pasareanipun Kangjêng Susuhunan Kudus, Tuwan Khaji Asnawi, juru kunci pasarean, utawi kêng rayi, kang nama tuwan Khaji Mukhamad Salèh, tuwin tuwan Khaji Ali, kang putra tuwan Khaji Mukamad Salèh, kala turun saking khaji, tuwan Khaji Ali wau, têksih alit sangêt. Punika sadaya, sampun sami têpang sae kalih kula, nanging nalika sêmantên, kula têksih nama lare, dêlasan kang rayi tuwan Khaji Asnawi, kang wontên Surapringga, dados priyantun carik ing kantor, nama Kyai Wirasari, griya sakiduling alun-alun, punika ugi kula sampun têpang sae, kagèndèng saking kang raka tuwan Khaji Asnawi ing Kudus wau, utawi kula piyambak inggih kathah priyantun sêpuh tuwin akrab, kang wontên ing Kudus, mila kula sumêrêp sabarang lampah, tuwin cariyosipun nagari Kudus kang kina-kina, kathah kang cècèkPasisir = cècèk; Jawa = cocok. kalihan cariyos kula, wontên ugi kang gèsèh.

Kala kaping 29 wulan Juni 1866 putranipun tuwan kang ngarang sêrat Jurumartani, nama Sinyo Erêns [Ehrens], watawis ngumur 17, tahun, sampun dados adsêfiran translatir: ing kantor Surakarta, punika atilar dunya mantuk ing rahmatullah, ingkang rama sakêlangkung sêkêling galih, awit tinilar ing putra kang sae pambêkanipun, saha sampun dados abdi dalêm kangjêng goprêmèn, rintên dalu tuwan kang ngarang sêrat Jurumartani wau, tansah kaèngêtan kang putra, ngantos angabêrakên pangaranging sêrat khabar Jurumartani, tuwan wau: amurih pitulungan kula, supados kula adamêla cariyos, kenginga kadamêl wêwah-wêwah ing sêrat Jurumartani, minôngka dadosa panjurung kula, awit saking pamêrsudinipun tuwan ênggèn kula damêl cariyos wau, têgêsipun botên awit saking ênggèn kula ngatingalakên kasagêdan kula, amrih kawêntaring lyan, botên pisan-pisan yèn darbea cipta ujub riya sumungah, têkabur kibir, namung cipta têtulung satunggal mitra kang sakalangkung rakêt, wah kônca, sawêk kaprihatosan agêng, kapêjahan putra, mila kula pêrlokakên ing sêsagêd-sagêd andamêlakên cariyos kalayan iklasing manah, dene cariyos punika, têmên, dede anggitan. Nanging pangêcaping sangkala pêjahe pandung sakti: kalintu, pêjahing pandung sakti wana rêdi Kêthu, kang lêrês sangkala punika, 1201 sirnanipun Prabu Kalana Tunjungseta: Radèn Madukusuma, sampun lêrês sangkala punika 1218, mèh sami kalihan sangkala Candhi Kalibêning, dene lampahing pandung sakti wau, pikantukipun dhatêng wêwulang, namung dhatêng tekad, tekadipun têtêp mantêp praptèng pêjah ingandhêman. Têgêsipun, tiyang gêsang punika, sampun ingkang tekad sae, dipun têtêpi: sarta linampahan tapanipun. Botêna amanggih sae, pandung sakti punika, tekad awon, tekad dados durjana pandung, dipun têtêpi, sarta linampahan tapanipun. Patilasanipun ngantos gangsal atus taun laminipun, têksih kaambah para agêng-agêng, dados pacangkraman, kula sumôngga ing ngriku, para priyantun ingkang sami putus têmêning sastra.

Dene sabên-sabên cariyos salanjaran, mawi kula tèkên nama kula, awit ênggèn kula anêtêpi: suraosing sêrat Jurumartani kang wêkasan andhap piyambak. Watak kula rêmên kang pandhang, botên rêmên ngangge nama phalsu.

Wêwangsul punika, têksih wontên sambêtipun.

Katandhan Radèn Panji Puspawilaga.

--- 5 ---

Jurumartani 48, 29 Nopèmbêr 1866. hlm. 18

Sarèhning kula rumaos lêrês, mila kula botên sagêd ana-anakênenak-enakan. kèndêl kemawon, kêdah amangsuli malih dhatêng Wignya Panitisastra, sêmonipun Wignya Panitisastra botên anyandhak sadaya punapa ingkang dados jawab kula. Kula inggih sampun sumêrêp, manawi panitikipun tiyang sagêd punika saking dêdamêlanipun sêrat, larea kemawon inggih lajêng pirsa, punika botên kula paibên. Kula amung badhe mratelakakên yèn sakathahing sêsêratanipun Radèn Panji Puspawilaga ingkang sampun kalampahan kapacak wontên ing Jurumartani, punika dèrèng anelakakên yèn Radèn Panji Puspawilaga sampun putus ing têmbung Jawi, amêrgi anggitanipun wau dèrèng angeram-eramakên. Andadosêna kawuningan sampeyan, Mas Wignya, sakathahing anggitan punika botên kenging kaanggêp pratôndha kang yêktos, ingkang anelakakên kasagêdanipun tiyang. Saking kêpencutipun nyêrat ngantos ngalam donya rinoban ing sasêratan ingkang rèmèh awarni-warni.

Kula botên eram Mas Wignya Panitisastra, dene Radèn Ngabèi Rônggawarsita sagêd anglêbêtakên namanipun wontên ing sêkar Dhandhanggêndhis, kasamun sinamur ing ukara, ananging kula amung sumêja amratelakakên yèn Radèn Ngabèi Rônggawarsita punika kalêbêt tiyang ingkang budinipun andhap asor, pangangkahipun sampun ngantos kasumêrêpan ing akathah, sintên ingkang nganggit sêrat Pustakaraja ingkang kapacak wontên ing pananggalan taun 1866. Suprandene kawignyanipun kaloka ing buwana, tur asmanipun botên kadhasarakên.

Sampun andadosakên rêngating galih Mas Wignya, bilih kula anglairakên pamanggih kula bab sumêrêp sampeyan dhatêng namanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita ingkang dumunung ing sêrat Pustakaraja. Wondene sadèrèngipun kula asuka pirsa, yèn Radèn Bèi Rônggawarsita, anglêbêtakên namanipun wontên ing sêrat Pustakaraja wau, saking panyakra kula, sampeyan inggih taksih kodhêng bab wontênipun nama punika, sarêng sampun kula jarwakakên, punika lajêng sumêrêp tuwin sampeyan lajêng ngirib-irib pisanjang kula, sarana pitêmbungan sanès. Larea kemawon inggih kuwagang. Pratingkah makatên punika, angèmutakên cariyosipun Tuwan Kolombus, ingkang rumiyin sumêrêpipun wontên tanah Amerikah, pinuju satunggilipun dintên, piyambakipun apitakèn dhatêng para mitranipun. Punapa sami sagêd angadêgakên tigan wontên ing meja, sarêng mitranipun sami blaka yèn botên sagêd, tigan lajêng kathuthuk dening Tuwan Kolombus, ngantos rêmêk sakêdhik. Sarêng sampun tumuntên kaêdêgakên ing meja, pangucapipun para mitra, o yèn mangkono bae aku iya bisa. Tuwan Kolombus amangsuli, wis masthi bae, yèn kowe nyangkok pratingkahku.

Kula lajêng kemutan cariyos punika sarêng aningali pangirib-irib sampeyan. Mas Wignya, kula sampun sampeyan cêcampahi kawêstanan repot, manawi sampeyan taksih kenging kawastanan cotho, punapa malih Wignya Panitisastra, kula sampeyan wêstani agahan, awit kula anjawabakên prakawisipun tiyang sanès, o sokur mas ananging ingkang sampeyan wêstani agahan ing atasing pratingkah kula punika punapa, tuwin punapa ingkang sampeyan anggêp botên agahan, anggèn kula nêdha pirsa, amargi watêsipun agahan tuwin botên agahan punika kêdah kaprênahakên.

Awit saking pratela sampeyan, ing sapunika kula sumêrêp, yèn tiyang Kudus sami dhamang bilih Radèn Ngabèi Rônggawarsita kalêbêt sagêd, ananging Mas Wignya kula kêdah botên pitados dhatêng cacriyosan sampeyan, bab khaji wau ingkang mrêtamu dhatêng Rônggawarsitan, kula punika botên kalêbêt tiyang ingkang kamigugon dhatêng pitêmbunganing tiyang sanès. Sadèrènging kula timbang-timbang rumiyin, anggèn kula botên lajêng pitados punika jalaranipun makatên: kala kula têksih lare kula dipun wulang dhatêng eyang kula swargi, têmbungipun: Thole kowe dak wènèhi pirêmbug sathithik, anggonên ing slawase, iya iku aja sok anggugu rêmbuk.

Sarèhning kula taksih lare, mila botên sagêd anggayuh êliding wulangipun eyang kula.

Sarêng sampun sêpuh punika sawêg mangêrtos.

Wignya Panitisastra apitakèn, pundi wontên tiyang damêl rasukan angukur badanipun tiyang sanès. Mas Wignya saminipun tiyang ngèbèrakên kasagêdan kacênthok ing basa. Sampeyan piyambak Mas Wignya, ingkang damêl rasukan angukur badanipun tiyang sanès. Sumôngga kula têrangakên, manawi sampeyan badhe angina dhatêng kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, saha Radèn Panji Puspawilaga, ingkang sampeyan damêl têtandhingan saèstu badan sampeyan piyambak, cipta sampeyan kêdah makatên.

Apa aku kaconggah gawe anggitan kaya gaweane priyayi loro mau. Sing wis dak garap ing sajêge apa, êndi rupane sing wis tau dak anggit, amurih mêncarake kawruh, môngka aku iki ngunggul-unggulake kabisanku marang kasusastran. Punapa sampeyan sampun nate kagungan panggalih ingkang kados makatên. Sêmonipun dèrèng.

Anjawi saking punika, Mas Wignya, manawi sampeyan rumaos taksih kodhêng dhatêng cariyos Candhi Maling, kula aturi nêdha katrangan ingkang kalayan pantês dhatêng Radèn Panji Puspawilaga, sampun mawi pitakèn, punapa cariyos wau papêthikan saking têmbung Alfuru utawi Bugis, punapa angsal-angsalan saking supêna. Upami botêna makatên pratingka[h] sampeyan apitakèn saèstu botên saru: tuwin lajêng katawis manawi ingkang nama Wignya Panitisastra sumêrêp dhatêng udanagari tuwin botên purun ngungkak tata krami, wondene pitêmbungan kula yèn Radèn Panji Puspawilaga mêntas wontên ing pulo Nofasembêlah, punika namung saking pamirêng kula, botên pisan-pisan manawi kula gadhah pangangkah angina Radèn Panji Puspawilaga, malah sangêt anggèn kula angajèni dhatêng kasagêdanipun, kalihan malih kados Radèn Panji Puspawilaga inggih botên gêrah galihipun, awit kacariyosakên kapêntaskabêntus = terdampar. ing pulo Mênjila, amargi sasumêrêp kula botên wontên tiyang ingkang sagêd angoncati papêsthèning badan, utawi botên wontên tiyang kenging kaawonakên, amargi manggih sangsara, ingkang botên gumantung saking kajêngipun piyambak.

Katandhan Abdullatip.

Sambêting wêwangsul dhatêng Wignya Panitisastra ing Kudus.

Kala karaton dalêm ratu kula: Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, têksih agêng bawahipun, awit karaton Mataram manginggil, karaton Mataram mangandhap. Palapuran padintênan, punapa kawontênanipun salêbêting nagari, utawi punapa kawontênanipun kagungan dalêm mônca nagari têngahan, tuwin kawontênanipun kagungan dalêm nagari pasisir kiwa têngên, sapangilèn sapangetan, miwah kawontênanipun rêdi-rêdi, kang agêng, utawi rêdi kang alit, punapadene wana-wana: kang agêng: kang alit. Sarta lèpèn umbul sêndhang rawi, kang agêng kang alit, muwah candhi-candhi kang agêng kang alit. Punika sadaya palapuranipun, konjuk malêbêt kadhaton, ingkang nampèni: sarta lajêng anginggahakên ing êbuk, abdi dalêm priyantun kaliwon carik, panèwu mantri carik, jajar carik, dene palapuran wau, ing sawulan-wulanipun, dados pintên-pintên êbuk, punika sami winastan buk cariyos. Ingkang kalêrês nyimpêni, kagungan dalêm buk cariyos wau: abdi dalêm pujôngga.

Ing kalajênganipun, mênawi wontên karsa dalêm dhawah dhatêng abdi dalêm pujôngga, carita anu kae: anggitên têmbangna, pujôngga inggih lajêng tumandang: miwiti anganggit, inggih punika kang winastan sêrat babad. Saking kawontênanipun cariyosing pulo Jawi ngriku wau, dene mênawi sêrat wêwulang, kala têksih agami Buda, pamêndhêtipun saking tata kramining endraloka: guruloka, janaloka, utawi lampah-lampahing jawata nawa sanga, puniku kang sami pinirit, sarêng bôngsa kula Jawi: sampun ngangge agami Mukhamad, para pujôngga: mênawi nganggit wêwulang, pamêndhêtipun pêpiritan saking dalil khadis, ijmak, kiyas.

Ing mangke nyariosakên abdi dalêm êmpujôngga, ênggènipun kadhawahan anganggit cariyos kawontênanipun ing pulo Jawi: kang kasêbut ngajêng wau, mênggah pamriyogi, utawi pamantês, punika wontên ing karsanipun êmpujôngga piyambak. Kados ta cariyosipun dhusun-dhusun, wana-wana rêdi-rêdi, lèpèn-lèpèn, sêndhang umbul rawi sapanunggilanipun, kang kalêbêt cariyos alit, utawi rèmèh, punika kang pantês tinilar botên katut kaanggit, inggih katilar sabab andêdangoni gancaring cariyos nagari utawi karaton. Mila cariyos Candhi Maling wau katilar botên tumut kaanggit kalêbêtakên ing babad, sabab cariyos alit lan rèmèh, makatên ugi mênawi wontên wêwadosipun sang ratu, utawi wêwadosing nagari, punika saking pamantêsing êmpujôngga, inggih botên katut kaanggit kalêbêtakên ing babad. Dene sakathahing cariyos kang botên katut kaanggit kalêbêtakên ing sêrat babad, punika nama buk nitik, utawi buk nukil, ingkang nyimpêni inggih lêstantun abdi-dalêm êmpujôngga, mila kula punika sêkêdhik-sêkêdhik sumêrêp cariyos kawontênanipun ing pulo Jawi, sabab ibu kula, putra êmpujôngga, dados kula punika: awon-awon wayah êmpujôngga, nanging kalêbêt wayah êmpujôngga kang bodho piyambak. Wontên wayah êmpujôngga: abdi dalêm ing Surakarta, kang anglangkungi wagêt saking kula, pancêr êmpujôngga: saking jalêr, tur anampèni wahyuning kapujanggan saking kang eyang, kula dados panakawanipun kimawon botên pantês, inggih punika Radèn Angabèi Rônggawarsita, abdi dalêm priyantun kaliwon kadospatèn ing Surakarta, ngrangkêp têksih dados abdi dalêm êmpujôngga ing Surakarta.

Wangsulan punika têksih wontên sambêtipun.

Katandhan dening Radèn Panji Puspawilaga.

--- 6 ---

Jurumartani 49, 6 Dhesèmbêr 1866, hlm. 23-24.

Kula maos malih panjawabipun Abdullatip dhatêng sêrat kula. kadospundi pikajênganipun, dene amastani rumaos lêrês. Saha botên sagêt anahanakên kèndêl kemawon. Rumaosipun lêrês punika saking pundi, punapa piyambakipun atampi mêmanis saking ingkang gadhah bêbahan amangsuli sêrat, sarèhning ingkang gadhah bêbahan mangsuli dèrèng ngantos aparing wêwangsulanipun, sêrat kula, Abdullatip lajêng anyawèl rumiyin, manawi tampia mêmanis, kula mokalakên. Awit ingkang gadhah bêbahan mangsuli sêrat kula botên kantun kalihan Abdullatip ing panganggitipun sêrat. Tiyang kados makatên punika punapa botên kenging kawastanan: cathok gawèl, utawi agahan.

Mas Abdullatip amastani, manawi sakathahing anggitan botên kenging kaanggêp pratôndha yêktos, ingkang anelakakên kasagêdanipun tiyang, punika kula botên maibên, ananging sampeyan sumêrêpa, Mas Abdul, manawi anggitanipun tiyang sagêt punika beda sangêt kalihan anggitanipun tiyang bodho, punapa botên makatên ta mas, anggita. [...]tidak terbaca. napa tiyang sagêd ingkang nganggit.

Abdullatip sanjang manawi botên eram, bab anggènipun anglêbêtakên nama Radèn Ngabèi Rônggawarsita wontên ing sêkar Dhandhanggêndhis, kasamun sinamur ing ukara, inggih sukur, tiyang manawi dèrèng sumêrêp wadosing pratingkah, ingkang limrah lajêng eram. Manawi sampun sumêrêp, lajêng ical eramipun. Lo punika Mas Abdul, sampeyan punapa sampun anyandhak pitêmbungan kula punika. Kala samantên sampeyan pandugi kula amung mirêng kabar kemawon, bab dununging namanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, wontên ing sêkar Dhandhanggêndhis. Mila lajêng katawis eram sampeyan saking panjawab sampeyan dhatêng sêrat kula, sarèhning sampeyan sampun sumêrêp saking panjarwa kula bab dununging nama wau, masthi kemawon sampeyan sapunika sampun botên eram. Makatên ugi lampahipun Tuwan Kolombus ingkang sumêrêp rumiyin dhatêng tanah Amerikah, para mitranipun sami eram sadèrèngipun sumêrêp dhatêng pratingkah wados bab anggènipun badhe angadêgakên tigan wontên ing meja, sarêng tigan kathuthukakên ing meja ngantos rêmêk dening Tuwan Kolombus. Kalampahan tigan sagêd ngadêg ing meja, para mitra lajêng ical eramipun.

Mas Abdullatip amratelakakên, manawi swargi eyangipun amulang dhatêng piyambakipun. Pitêmbunganipun makatên: thole, kowe dak wènèhi pirêmbug sathithik. Anggonên ing salawase, iya iku: aja sok anggugu rêmbug. O, Mas Abdul inggih sukur manawi eyang ijêngandika dhawahipun makatên. Awit pitêmbungan makatên punika pikajênganipun. Manawi sampeyan kapurih sampun anggêga rêmbagipun eyang ijêngandika, utawi rêmbagipun tiyang sanès: dados angangge rêmbag sampeyan piyambak.

Mênggah anggitan kula ingkang kapacak ing sêrat Jurumartani punapa timbang utawi botênipun kalihan anggitanipun priyantun kalih: Radèn Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita, punika kula piyambak botên sagêd amastani, amung tiyang sanès ingkang amaos anggitan kula masthi sagêd animbang, manawi kula piyambak taksih rumaos kasoran kalihan priyantun kalih wau, ananging priyantun kalih wau saking pangintên kula botên kagungan: Hollansê idhe, têgêsipun, botên gadhah èngêtan kados Walandi, dados taksih èngêtan Jawi, sanadyan Radèn Panji Puspawilaga saking pangandika sampeyan, Mas Abdul, sampun nate dhatêng nagari Walandi tanah Inggris, Prangkrik, tuwin Dhitsêlan, sawatawis kula dèrèng wontên èmpêripun anggadhahi Hollansê idhe, taksih Jawi tulèn. Wondening kathah kêdhikipun anggitan kula ingkang sampun kapacak ing Jurumartani punika amung tiyang kalih ingkang sumêrêp, inggih punika tuwan ingkang ngarang sêrat Jurumartani kalihan tuwan ingkang mêdalakên sêrat Jurumartani.

Sapunika kula sampun anganggêp pujôngga dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita awit saking pratelanipun Radèn Panji Puspawilaga, kawrat ing Jurumartani ôngka 48, Radèn Panji Puspawilaga kula saosi panrima sangêt. Amargi sampun amaringi katêrangan ingkang dados panuwun kula. Priyantun kalih punika sampun ngantos rêngat ing galihipun, bab panyêrat kula wontên ing Jurumartani, pangraos kula piyambak botên wontên awonipun. Mênggah anggèn kula mastani cariyos Candhi Maling bokmanawi pêpêthikan saking sêrat Alpuru utawi Bugis. Punapa malih angsal-angsalan saking supêna, punika sadaya saking panjarwanipun [the exploration] têtiyang sêpuh ing Kudus. Awit para sagêd punika kathah ing sêsêrêpanipun dhatêng basaning têtiyang amônca, bokmanawi Radèn Panji Puspawilaga sagêd basanipun tiyang Alpuru utawi Bugis. Dados cariyos Candhi Maling anggènipun amêthil saking sêrat Alpuru utawi Bugis. Punapadene para sagêd punika kathah ingkang kagalih, manawi kasupèn ingkang badhe kaanggit, asring kapanggih saking supêna, andadosakên èngêtipun malih.

Mênggah anggèn kula purun-purun maibên dhatêng kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, punika awit saking sumêlanging manah kula, dene ingkang cariyos khaji bab kasagêdan wau, mila kula botên pitados dhatêng pawartos punika, kalampahan kula amacak wontên ing Jurumartani, supados pikantuka sêrêp ingkang kenging kagêga, ing mangke Radèn Panji Puspawilaga sampun aparing sêrêp. Dados punika ingkang ngicalakên sumêlanging manah.

Wasana panuwun kula dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita tuwin Radèn Panji Puspawilaga, mugi lêstantun karsaa amacak ing Jurumartani bab cariyosipun dhusun-dhusun. Wana-wana, rêdi-rêdi, lèpèn-lèpèn, sapanunggilanipun, ingkang botên kalêbêt ing sêrat babad, supados anêrangna dhatêng ingkang dèrèng sumêrêp.

Katandhan, Wignya Panitisastra.

Mugi kapacaka ing Sêrat Jurumartani, kados ing ngandhap punika.

Kula sakalangkung ngungun dhatêng Mas Wignya Panitisastra priyantun kang ambêg susastra ing kitha Kudus. Dene sampun purun amaibên dhatêng kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, punapadene dhatêng anggitanipun Radèn Panji Puspawilaga bab Candhi Maling rêdi Kêthu, dados manah kula sampun botên sumêlang malih, mênawi kasagêdanipun Mas Wignya Panitisastra wau sampun angungkuli dhatêng priyantun kêkalih wau, mila sangking adrênging manah kula botên langkung kula wau namung sumêdya nyuwun wulang dhatêng ing sampeyan, andadosakên kaluwihaning kasagêdan kang sangking wêwulangipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kalih Radèn Panji Puspawilaga kang sampun dipun wulangakên dhatêng kula, awit panjênênganipun Mas Wignya Panitisastra wau anyêmbutakênanyêbutakên. mênawi sampun amêstani mênawi wontên sêrat cariyos sangking Alpuru Bugis. Punika sampeyan sampun anyumêrêpi sangking cariyosing Bugis wau, mila kula ing samangke sampun botên sumêlang malih yèn sampeyan punika priyantun sangking asli tiyang Bugis. Dene sumêrêp cariyosing sêrat Bugis, mila kêdah adrêng manah kula badhe nyuwun wulang kados punapa anggitanipun pujôngganing Bugis kang sampun kawulangakên dhatêng Mas Wignya Panitisastra, yèn kula kaparingana warah yèn sampun mangêrtos lajêng badhe kula wradinakên dhatêng sanak-sadhèrèk kula sadaya kang sampun kawulang ing priyantun kêkalih wau, badhe kula timbang kalihan cariyosing Candhi Maling rêdi Kêthu, anggitanipun Radèn Panji Puspawilaga, môngka kula sampun nate nyumêrêpi yèn cariyos punika pamundhutipun sangking sêrat Pustakaraja, tuwin Srat Babat Sêngkala, wangsul cariyos Alpuru Bugis wau mêdal sangking sêrat punapa, mugi paringa wangsulan kang têrang, sabab badhe kula timbang kalihan cariyosipun Radèn Panji Puspawilaga, kang sampun kawulangakên ing kula. Kalihan wêwulangipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita kang sampun kangge ngakathah:

Sinêrat Ngayugyakarta kaping: 12 wulan Rêjêp taun Alip, ôngka 1795.

Katandhan putra Mangundiprajan Radèn Lara Itêm.

Sambêting wêwangsul dhatêng Wignya Panitisastra ing Kudus.

Ingkang eyang Radèn Angabèi Rônggawarsita, utawi eyang kula, punika turun kaping 10, saking Kangjêng Sultan Pajang, nama Radèn Tumênggung Sastranagara, bupati kadipatèn ing Surakarta, kang wau nama Ngabèi Yasadipura kaping 2, inggih punika abdi dalêm pujôngga ing Surakarta, ngiras angêmbani Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom Amêngkunagara Sudibya raja putra narendra trah Mataram, ing Surakarta sarêng jumênêng nata, nama ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 5, wondene kang rama Radèn Angabèi Rônggawarsita punika, kang raka ibu kula, nanging kula punika dipun pundhut putra wuragil, dhatêng bapak agêng Radèn Tumênggung Sastranagara, awit sedanipun rama kula, kula têksih alit. Dene rama kula wau, têliti abdi dalêm karaton Jawi Mataram awit saking kaki kula, buyut kula, canggah kula, warèng kula, sapanginggil têliti ing karaton Jawi Mataram, eyang kula canggah, jumênêng nata ing nagari Kartasura, nama ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping 2, pindhah saking Kartasura, angadhaton ing nagari Surakarta, kala Isaka Jawi: ôngka 1670, angsal gangsal taun wontên ing Surakarta, lajêng surud, sinarèkakên dhusun Lawiyan, lajêng kaêlih ing Imagiri.

Dene buk cariyos wau, kalongipun sami ical, yèn nagari pêcah, buk cariyos kathah kang cicir, kados ta kala pêcahing nagari Mataram, buk cariyos kathah kang cicir, sampun kang nama êbuk, sanadyan brana arta sami ical. Kala karaton Kartasura, nagari pêcah malih, buk cariyos cicir kathah malih, sampun kang nama êbuk botêna cicir, kucir cina pinalintir kocar-kacir.

Kala kula rare, karêmênkarêmênan. kula: maos sêrat cariyos kawontênanipun pulo Jawi, kang sampun dados sêrat babad waosan, utawi kang têksih nama buk nitik, tuwin buk nukil. O: Wignya Panitisastra, owêl sangêt, wontênipun ing dunya bapak kula agêng, ênggènipun kabêsmèn dalêmipun ngantos kaping tigang rambahan. Dados sakathahing sêrat cariyosing pulo Jawi, tuwin sêrat sanès-sanèsipun, kathah kang sami katut kabêsmi, samangke namung kantun cuwil-cuwilan kang têksih, Wignya Panitisastra, gumun dene wontên Maling cinandhi, Maling punika tiyang, dipun candhi ya pantês, zaman samangke winastan kinijing, ing rêdi Ijo, sakiduling karaton Baka: tanah ing Prambanan, ngriku wontên candhi Asu, kadospundi dene asu cinandhi, môngka cariyosipun panjang, kala Isaka Jawi, ôngka 1020 lêt kalih atus taun, rumiyin candhi Asu ing rêdi Ijo, kalih candhi Maling rêdi Kêthu, ing rêdi kidul ngriku ugi, sanginggilipun Gisikan, wontên candhi alit nama candhi Bungalan. Punika ugi wontên cariyosipun. Ing rêdi kidul ngriku malih, sanginggil dhusun Ngoreyan, tuwin dhusun Jabung, wontên toya sêndhang, winastan ing Banyuurip, punika cariyosipun inggih panjang, tiyang ngriku dipun takèni gancaring cariyosipun inggih botên sumêrêp. Cariyos rêdi Kêthu malih: tiyang dhusun dipun pitakèni gancaring cariyosipun yèn sumêrêpa, cariyos sampun gangsal atus taun laminipun, cariyos wontên wana, wah cariyosing Maling, candhinipun namung dipun têngêri tumpukan sela sawêtawis, risaka: tuwin icala wujudipun sampun pantês, gangsal atus taun. Candhi Prambanan punika agêng-agêng, tur ing salami-laminipun karêksa, kala ngajêng: saking sêbuting cariyos, cacahipun sèwu: namung kirang satunggal, sapunika kawontênanipun, gangsal atus kimawon botên wontên. Têgêsipun, sampun kathah kang risak, awit saking laminipun. Pambudi kang sêmantên wau, gumantung wontên para priyantun kang sami ngakên putus têmêning sastra.

Wangsulan punika têksih wontên sambêtipun.

Katandhan dening Radèn Panji Puspawilaga.

--- 7 ---

Jurumartani 50, 13 Dhesèmbêr 1866, hlm. 26.

Mugi wontêna karsanipun tuwan ingkang ngarang sêrat Jurumartani, amacak sêrat kula punika.

Kula sampun maos, sêrat Jurumartani, ingkang katandhan Wignya Panitisastra, Kudus, kaping 25 Oktobêr, 1866.

Kula punika sakalangkung gumun, dene têka wontên priyantun, sampun umur 58 taun, maksih kaserenan panggalih sakalangkung saking bantêripun, môngka sangking cêcariyosanipun para sêpuh-sêpuh: tiyang wau, samôngsa sampun umur 40 taun, kabantêranipun suda, umur 45 sangsaya ical, kantun manah têtêg, botên kagetan, dumugi umur 50, umur 55, sadaya manah arda, sirna, kantun manah narimah, ênêng, ênêng, idhêp, mantêp. Punapa malih sampun langkung sangking 55 taun, èstu kantun mu [...]tidak terbaca. mênawi kirang saking umur 30 taun, la punika kados sabab, sawêg bantêr-bantêripun ing manah, kalih ingkang sampun kalampahan. Yèn tiyang sawêg umur 25 taun utawi 30 taun, môngka kathah kasagêdanipun. Punapadene, kanggenan ngèlmi sêpuh, punika asring-asring kathah ingkang kapara baludag lubèr lajêng kasêbut bèrkuwanèn. Anamung bab anggènipun anggêndhak sikara dhatêng tiyang kèndêl punika, têka sangêt kodhêngipun manah kula, kajêngipun kadospundi, punapa lumampah dipun guroni punapa badhe mêguru, mênawi lumampah dipun guroni, kang wasta Rônggawarsita wau, tiyang sampun narimah anggènipun katitah jugul. Botên sumêja kaguru malih, mênawi badhe gêguru, kang wasta Rônggawarsita punika, dede guru, mênawi badhe sêsobatan, botên mangkatên patrapipun. Mênawi badhe ngayoni kasagêdan, kang wasta Rônggawarsita punika, botên bingah kagunggung mênang, botên garantês dipun ungkuli, ingkang wasta Wignya Panitisastra wau, punapa dèrèng maos sêrat Wulangrèh, ingkang sêkar Gambuh: Pangkur, mênawi dèrèng nate maos. E la kados mangkatêna bilih Rônggawarsita ajrih yèn kasêbutna wontên ing sêkar Gambuh Pangkur ngriku, kalih sabarang punika, botên susah kacongol-congolakên dhatêng ingkang gadhah badan piyambak. Awon sae èstu kamirêng kathah, sumantên wau mênawi ingkang wasta Wignyapanitisastra taksih cuwa ing panggalih, badhe andumugèkakên karsa dhatêng kang wasta pun Rônggawarsita, inggih sumôngga ing karsa, anaming kados sampun botên angsal wangsulan malih.

Sinêrat kaping 15 Oktobêr 1866.

Katandhan mantri ing Kadipatèn: Ngabèi Sumanggèngkarsa.

Wêwangsul dhatêng Wignya Panitisastra.

Jawab-jinawabing tiyang pabênan punika sangêt kathahipun mèh botên wontên têlasipun, saminipun sagawon ingkang [...]Tidak terbaca. dhatêng kumandhanging jêgugipun Ingkang nama Wignya Panitisastra pratingkahipun pabên inggih makatên ugi, nanging sampun limrahipun tiyang pabên, ngantos pacakarapôncakara. kantaran bau bôndawalapati inggih mêksa botên purun asor ing jurit. Mas Wignya pitakèn kadospundi pikajêngan kula, dene amastani rumaos lêrês. Kula amangsuli sakêdhik kemawon.

Manawi prakawis punika kaingar-ingêrakên sarana pitakèn ingkang rèmèh kados makatên amêsthi badhe botên wontên rampungipun, saupami kula wangsul pitakèn malih dhatêng Mas Wignya, kadospundi pikajêngan sampeyan, dene apitakèn dhatêng kula, yèn kula rumaos lêrês, lah punika punapa botên kenging kawastanan angikal bêbasan. Wah malih ingkang nama Wignya Panitisastra apitakèn. Punapa kula atampi mêmanis saking ingkang gadhah bêbahan mangsuli sêrat, ing wêkasan kawêwahan malih: manawi tampia mêmanis, punika kamokalakên. kadospundi Mas Wignya tiyang sampeyan sampumsampun. sumêrêp manawi kula botên atampi mêmanis, dene mawi apitakèn. Tanduk sampeyan pabên prasasat lare, pabênan ingkang sami poyok-pinoyokan. Punapa malih Mas Wignya apitakèn, punapa pratingkah kula amabêni tiyang sanès botên kenging kawastanan cathok gawèl utawi agahan, wondene pitakèn kula bab dununging watêsipun tiyang agahan punika botên sampeyan wangsuli: Mas Wignya amung tansah mamoyoki kemawon. Punika punapa sanès tandukipun tiyang ingkang têlas budinipun, lajêng ngupados akal saangsal-angsalipun kemawon, prayogi utawi botênipun pambudi wau botên mawi kaetang, akal punika lajêng kacandhak minôngka dêdamêl tumuntên kasawatakên dhatêng mêngsahipun, ananging botên ngantos kenging, malah angèngingi badanipun piyambak, amargi patrapipun, gathukngguthuk. lor kêna kidul. Para priyantun ingkang sami maos sêrat Jurumartani, sami kula aturi ngrêmbag anggèn kula rêbat suwala akalihan Wignya Panitisastra, sumôngga kula aturi maos panjawabipun Mas Wignya Panitisastra ingkang pitêmbunganipun makatên: Mas Abdullatip amastani, manawi sakathahing anggitan botên kenging kaanggêp pratôndha yêktos, ingkang anelakakên kasagêdanipun tiyang, punika kula botên maibên, ananging [tidak terbaca: kurang kira-kira satu kata] sumêrêpa Mas Abdul, manawi anggitani [...]Tidak terbaca.

Sumôngga, jawab ingkang kados makatên punika botên wontên pigunanipun, sabab ingkang nama Wignya Panitisastra saking ungêling jawab wau sampun anjurungi pisanjang kula, kawastanan botên maibên, môngka ing saurutipun malih piyambakipun asanjang yèn anggitanipun tiyang sagêd punika beda akalihan anggitanipun tiyang bodho.

Sintên-sintêna kemawon rak inggih sumêrêp ta, yèn damêlanipun tiyang sagêd akalihan bodho punika beda, pisanjang sampeyan makatên punika punapa prasasat piwulang, bilih makatêna ingkang sampeyan badhe wulang sintên.

Saupamia sampeyan dèrèng nyandhak pitêmbungan kula wau, lah punika kenging kajarwakakên wontên ing ngriki, sarêng sampun mangêrtos saking pamatawis kula inggih botên susah katêrangakên malih. Sauruting jawab sampeyan Mas Wignya, katawis kemawon yèn sampeyan sumêja ngajak bantah, kados ta pisanjang kula manawi botên eram, bab anggènipun anglêbêtakên nama Radèn Ngabèi Rônggawarsita wontên ing sêkar Dhandhanggêndhis, kasamun sinamur ing ukara, saking pamanggihipun Mas Wignya anggèn kula botên eram wau, sarèhning kula sampun sumêrêp panjarwanipun bab dununging nama wau. Sapunika kula gadhah pitakèn, mênggah têgêsipun kasamun sinamur ing ukara, punika punapa, pitêmbungan sadasa wanda punika punapa botên anelakakên yèn kula sumêrêp ing dununging namanipun priyantun wau, saupamia kula amung mirêng kabar kemawon yèn Radèn Bèi Rônggawarsita anglêbêtakên namanipun wontên sêkar Dhandhanggêndis, punapa botên saèstu lajêng kula ngupadosi piyambak wadosipun, ananging pitêmbungan sampeyan makatên punika anelakakên yèn baud angikal basa nyimpang saking lêrês, punika ingkang kadamêl sarat supados sagêda mênang kemawon. Tujunipun Mas Wignyapanitisastra katanggor tiyang ingkang kadunungan, olansê idhe, saupami botêna makatên saèstu dipun êngkuk-êngkuk. Panjarwa sampeyan bab jalaran botên eraming mitranipun Tuwan Kolombus, saèstu sae, ananging saea kados punapa, inggih taksih kenging kula ikal manut pratingkahipun Mas Wignya. Wondene Mas Wignya gadhah piwulang têmbungipun makatên, tiyang manawi dèrèng sumêrêp wadosing pratingkah, ingkang limrah eram. Manawi sampun sumêrêp lajêng ical eramipun. Piwulang makatên punika dèrèng kula anggêp lêrês saèstu. Amêrgi saking pamanggih kula, manawi amung sumêrêp kemawon botên sagêd [...]Tidak terbaca. badhe anêrangakên dhatêng sampeyan yèn kucing buntutipun tiga [...]Tidak terbaca. amêsthi sampeyan ragi eram, manawi sampun kula jarwakakên, môngka panjarwa kula sagêd katirokakên ing Mas Wignya, lah punika ical eram sampeyan, manawi sampeyan botên kadugi angirib-irib pratingkah kula, sanadyana sampun sumêrêp dhatêng wadosing prakawis, inggih taksih badhe eram. Sarèhning para mitranipun tuwan Kolombus, sagêd anyangkok pratingkahipun Kolombus, amêsthi ical eramipun. Sapunika kula wangsul pitakèn punapa Mas Wignya ingkang sêmunipun gadhah olansê idhe sampun nyandhak, pitêmbungan kula punika: Panjarwa sampeyan bab piwulangipun eyang kula swargi inggih taksih kirang, punika anelakakên yèn kalantipan sampeyan botên anglangkungi panjangipun grana sampeyan. Amêrgi panjarwa sampeyan yèn kula kêdah angangge rêmbag kula piyambak, punika lêpat, pikajênganipun eyang kula, kula kapurih sampun gêga rêmbag, sanadyan rêmbagipun eyang kula, utawi rêmbagipun tiyang sanès, dalasan rêmbag kula piyambak inggih sampun kagêga. Sampeyan sampun dhamang Mas Wignya bab panjarwa kula punika.

Saupami kula lajêngakên panjawab kula badhe botên têlas-têlas. Amêrgi ing mangke saminipun sagawon beka ingkang anjêgugi kumandhanging swaranipun. Botên badhe kèndêl-kèndêl yèn botên kadhatêngan ing kancil, ingkang mudhoni wicantên. Kumandhang sing dika jêgugi niku dèrèng kalêbu aèng, ing nagara kula kumandhange ngluwihi niku, yèn ontên kang nywara, kowe apa salamêtan bae, saure inggih wilujêng. Kula sampeyan lilani madal pasilan Mas Wignya.

Katandhan Abdullatip.

Wangsulaning sêratipun Radèn Lara Itêm.

Radèn Lara Itêm, punapa ingkang dados pikajêngan sampeyan, dene sampeyan priyantun èstri karsa tumut-tumut ing prakawisipun tiyang jalêr. Gêndhuk, punapa kula kalilan anggêlarakên pikajêngan sampeyan punika, pandugi kula botên wontên awonipun, bilih kula anggêlarna, awit ingkang kapabên bab prakawis ingkang badhe anêrangakên kalintuning panampi sampeyan, saha sampun dados lêrêsipun. Ing mangke kula amiwiti ing panggêlar wau, panêdha kula mugi sampeyan waos wangsal-wangsulwongsal-wangsul (dan di tempat lain). supados sampun ngantos kalintu ing panampi, amargi sampeyan punika priyantun èstri, kathah kalintunipun.

Mênggah pikajêngan sampeyan wau botên sanès amung amurinani guru, punika kula amrayogèkakên sangêt, punapa ingkang sampeyan walêsakên dhatêng guru, sanèsipun: katêmênan, pitados, pamundhi tuwin katrêsnan, ananging pamurina punika kêdah wontên dunungipun, punapa Wignya Panitisastra angawon-awon dhatêng guru sampeyan, manawi yêktos, kadospundi anggènipun angawon-awon.

Anggèn sampeyan ngungun punika, inggih sampun dados lêrêsipun, ana[...]Tidak terbaca. stra ambêk susastra, punapa awit saka anggènipun amaibên dha[...]Tidak terbaca. -nipun guru sampeyan kêkalih, gêndhuk, sampun kalintu ing tampi anggèn kula maibên wau, awit ingkang anyariosakên bab kasagêdanipun guru sampeyan, punika dede bôngsa kasusastran, wangsul ingkang anyariosakên wau bôngsa ngulami, dados kula botên pitados, punapa malih ingkang kadamêl gagaran dongèng Andhe-Andhe Lomut, mila ing mangke sampeyan kula aturi maos sêrat kula ingkang kapacak wontên ing Jurumartani ôngka 47, tuwin 49, manawi sêrat kêkalih wau sampun sampeyan waos kalayan karaosakên ing ungêlipun, amasthi pangungun sampeyan lajêng sirna.

Sampeyan ngandika bab kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, punapadene bab anggitanipun Radèn Panji Puspawilaga Cariyos Candhi Maling, punika kadospundi dunungipun, punapa kula sampeyan galih badhe angungkuli kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita tuwin Radèn Panji Puspawilaga ingkang kalih pisan kula dèrèng nate sumêrêp. Panggalih sampeyan samantên punika mêdal saking pundi, punapa mêdal saking panasbaran kemawon, punapa wontên jalaranipun, manawi mêdal saking panasbaran, sampun limrah bilih priyantun èstri punika enggal napsunipun, manawi wontên jalaranipun ingkang andadosakên sêriking manah, punika pundi ingkang kawastanan jalaran wau, ungêl-ungêlaning sêrat kula ingkang pundi, andadosakên sêriking manah sampeyan, saha anelakakên badhe angêngungkuli guru sampeyan kêkalih, pangraos kula piyambak botên wontên ingkang saru.

Sampeyan adrêng ing manah, badhe mundhut wulang dhatêng kula, bilih kula ngungkuli ing kasagêdanipun guru sampeyan kêkalih, punika kula taksih kodhêng, wulang punapa ingkang sampeyan karsakakên. Sarèhning sampeyan punika priyantun èstri, dados kula badhe sumêrêp rumiyin, punapa ingkang kawulangakên guru sampeyan kêkalih dhatêng sampeyan, ingkang sampun kula sêrêpi saha sampun kalimrahan ing akathah, wêwulang dhatêng priyantun jalêr utawi dhatêng priyantun èstri punika sanès-sanès, priyantun jalêr kawulang punapa ingkang kangge ing atasipun tiyang jalêr, priyantun èstri inggih makatên ugi, kêdah kawulang ingkang kangge dhatêng tiyang èstri, bokmanawi guru sampeyan kalih pisan sampun amulang samukawis ingkang kangge dhatêng tiyang èstri, inggih punika: damêl sambêl gorèng, kêlan jangan ladha pindhang, ambathik, anênun, bêksa badhaya, wangsalan sapanunggilanipun ingkang kalêbêt padamêlanipun tiyang èstri, mila tiyang èstri kawulang olah-olah, punika ing têmbe manawi gadhah bojo, sagêda angolah-olahakên ingkang jalêr, tiyang èstri kawulang bathik, pamrihipun sagêda ambathik kampuhipun ingkang raka, anênun, sagêda anênun sabukipun ingkang jalêr tuwuh watu, bêksa badhaya, sagêda anglêmêsakên sajaki tiyang èstri, kawulang wangsalan, lah punika amung kangge ing atasipun ringgit, manawi guru sampeyan kalih pisan sami sagêd amulang samukawis ingkang kangge dhatêng tiyang èstri kados ingkang kasêbut ing inggil wau, o, punika kula kawon, amargi kula botên nate olah-olah utawi ambathik, ananging kula botên apitados, manawi guru sampeyan kêkalih amulanga ingkang kados makatên wau.

Sampeyan amastani kula asli tiyang Bugis, punika kula botên anggrantês, awit kula manah, manawi sampun limrah tiyang èstri punika sok rêmên dhatêng têmbung pêpisuh utawi têmbung ingkang saru-saru, ananging rêmênipun wau ngadat amung ing lair kemawon, ing batos angraosakên lêgining mabên. Kadospundi anggèn kula botên amastanana makatên. Awit sampun kathah têtuladanipun, saha sampun dados kalimrahan, tiyang èstri punika manawi katantun ing têtiyang sêpuhipun badhe kalakèkakên, ingkang kathah lajêng kèndêl kemawon, katingal botên sudi amangsuli pitêmbunganing têtiyang sêpuhipun, malah sawênèh wontên ingkang lajêng cukil-cukil siti, punapa punika botên kenging kawastanan saru, mênawi kapêndhêt saking tata krama inggih ugi saru, ananging sampun dados ngadat tiyang èstri makatên lampahipun, amargi saking isin dhatêng têtiyang sêpuhipun, mila ingkang dados kalimrahaning akathah, manawi anak èstri katantun laki dening têtiyang sêpuhipun, môngka kèndêl kemawon saha lajêng cukil-cukil siti, punika dados pratôndha manawi purun alaki, tiyang sêpuhipun inggih lajêng marêm ing manahipun, kathah kemawon manawi kula pratelakna sadaya bab saruning patrapipun tiyang èstri, ingkang maos sêrat kula punika inggih sampun uninga piyambak, dados [...]Tidak terbaca. sampeyan adrêng mundhut wulang cariyos Bugis, punapa sampeyan badhe krama angsal tiyang Bugis punapa malih sampeyan badhe amradinakên cariyos Bugis dhatêng sanak sadhèrèk, punapa sanak sadhèrèk sampeyan inggih ugi badhe kakramakakên angsal tiyang Bugis. Manawi makatên karsa sampeyan, kula amung angaturi pitêdah kemawon, ing Salatiga utawi ing Samarang kathah saradhadhunipun tiyang Bugis, prayogi sampeyan atindaka dhatêng ing Salatiga utawi Samarang, supados sagêda kadumugèn ing karsa.

Sampeyan amastani sampun nate sumêrêp, manawi cariyos Candhi Maling pamêndhêtipun saking sêrat Pustakaraja tuwin Babad Sêngkala, inggih sukur bèng, ananging guru sampeyan Radèn Panji Puspawilaga botên makatên pangandikanipun. Dados sampeyan sulaya kalihan guru sampeyan piyambak.

Sampeyan pitakèn bab wêdaling cariyos Alpuru saking sêrat punapa, punika sampeyan kula aturi pitakèn dhatêng guru sampeyan ingkang sampun kasêbut pujôngga, pujôngga punika masthi sagêd basaning tiyang amônca, manawi botên sagêd, dados dede pujôngga.

Wêkasan kula badhe ngaturi rêmbag ingkang sae dhatêng sampeyan bèng, rêmbag punika sampeyan agêm salaminipun, inggih punika sampeyan sampun purun tumut-tumut malih ing prakawisipun tiyang jalêr, mindhak adamêl kalingsêman sarira sampeyan piyambak. Manawi sampeyan taksih badhe murinani guru, benjing ing têmbe manawi pun Bapa Wignya Panitisastra sowan ing dalêm sampeyan, sampun sampeyan sêgah wedang tèh, kajêngipun garing ilatipun.

Katandhan Wignya Panitisastra.

Kula punika sayêktosipun badhe pitakèn dhatêng sampeyan Radèn Lara Itêm, kadospundi sampeyan kok lajêng tumandang ing damêl. Punapa sampeyan botên sumêrêp, bilih sampeyan punika priyantun èstri. Manawi sampeyan badhe amurinani guru, botên makatên lampahipun, lêrês sêdya sampeyan badhe atêtulung guru, punika sakalangkung utaminipun, ananging kadadosanipun badhe adamêl awon dhatêng guru sampeyan piyambak. Amargi saking lêpatipun anggèn sampeyan damêl wêwangsulan, guru sampeyan punika ingkang nama Radèn Ngabèi Rônggawarsita sampun kasuhurakên dados pujôngga, tiyang inggih dhasar pujôngga, môngka muridipun bodho asasar-susur, kadospundi badhe suwuring akathah, pujôngga kok mawi gadhah murid bodho wah asasar-susur rêmên pabên. Punapa wangsulan sampeyan wau botên sampeyan pintokakên rumiyin dhatêng guru sampeyan salah satunggil. Sayêktosipun wangsulan sampeyan punika anelakakên ing bodho sampeyan, saha rêmên pabên, kados tiyang ingkang dèrèng nate angsal wêwulang. Pikajêngan sampeyan sae, ananging anelakakên awon. Pun Wignyapanitisastra punika sakalangkung kalantipanipun adamêl tuwin mangsuli sêrat. Môngka sampeyan sukani pitêmbungan ingkang tanpa raos makatên. Wah sampeyan dhawahakên ing dalancang, upaminipun latu kasukanan duk lajêng murub amubal-mubal. Iba badhe bingahipun Wignyapanitisastra, pandugi kula sasampunipun amaos sêrat wangsulan sampeyan, lajêng akêndhangan dhêngkul kemawon. Pamanahipun manawi badhe ungguling jurit, kados pundi ta bèng, punapa botên kagalih rumiyin kadadosanipun, kok lajêng cumawèl kemawon sampeyan niku, kula sayêktosipun gêtun sangêt, kula rewangi ing salêrêsipun, kok lajêng sampeyan pupuri angus guru sampeyan. Kadadosanipun sampeyan amiyak kasaenan katingal awon ing têtiyang kathah. Punapa sampeyan botên amaos sêrat kula wangsulan, kados pundi pitêmbunganipun, punapa kirang mêmêt akanthi lêrês, ewadèntên pun Wignyapanitisastra sagêd angingêr suraosing wêwangsulan kula wau. Mila ing mangke panêdha kula ing sampeyan bèng, sampun pisan-pisan malih sampeyan tumut-tumut ing prakawisipun tiyang jalêr, mindhak angsal kalingsêman, saha adamêl jinjanipun têtiyang jalêr, luwung sampeyan êthèng, dhakon utawi simbar kemawon wontên ing dalêm, punika langkung sae katimbang kalihan anggarap sêratan, amêmêngsahan tiyang jalêr. Kula punika tiyang ingkang rêmên dhatêng lêrês mila botên sagêd kèndêl, manawi rumaos lêrês.

Katandhan Abdullatip.

--- 8 ---

Jurumartani 51, 20 Dhesèmbêr 1866, hlm. 31-32.

Wangsulanipun Abdullatip, kawrat ing sêrat Jurumartani ôngka 50, mawi mêstani yèn pratingkahipun Wignya Panitisastra pabên kasamèkakên kados sêgawon ingkang anjêgug dhatêng kumandhanging jêgugipun, punika sampun limrah yèn tiyang ingkang kirang sasêrêpanipun dhatêng tata krama: sagêt amêdalakên pawicantên ingkang saru kamirêngan. Wondening bilih sampeyan Mas Abdul taksih kêkah rumaos lêrês, kula inggih anjumurungi rumaos sampeyan sêmantên punika, awit sampun kayinakayina = lumrah, patut, mèmpêr. saking paraban sampeyan, tiyang cathok gawèl, utawi agahan, punika botên purun kalindhih ing pabênipun. Wignya Panitisastra sampeyan wastani angingar-ngingêrakên prakawis sarana pitakènan ingkang rèmèh, tuwin tandukipun apabên prasasat lare pabên mawi poyok-pinoyokan, pangandika sampeyan makatên punika prayogi sampeyan tumrapakên ing sarira sampeyan piyambak. Lajêng sampeyan raosakên punapa inggih botên lêrês, sabab sampeyan punika juru rumaos lêrês.

Mênggah pun Wignya Panitisastra botên mangsuli pitakèn sampeyan bab dununging watêsipun tiyang agahan. Pangintên kula manawi Wignya Panitisastra amanah tanpa damêl, amangsulana pitakèn rèmèh ingkang kados makatên punika, sok tiyanga Jawi sampun sumêrêp, mokal yèn sampeyan piyambak botêna sumêrêp. Saupami Wignya Panitisastra amangsulana, môngka beda kalihan rumaosing manah sampeyan, boten sande badhe dados bêbukaning udur, ingkang tanpa damêl, wah sampeyan mangke mastani yèn Wignya Panitisastra badhe mêmulang, mawi akanthi pitakèn ingkang badhe kawulang sintên. Awit saking punika Wignya Panitisastra ugi boten purun amaknani pitakèn sampeyan badhe sumêrêp têgêsipun kasamun sinamur ing ukara, utawi sanèsipun malih, sabab sampeyan sampun katingal angalêm sarira sampeyan piyambak bab putusing dhatêng kasagêdan, ananging sampeyan sênadyan anggadhahana Hollansê idhe, ing mangke sawêg kasupèn dhatêng paribasan makatên: pangalêman kang kadunungake ing awake dhewe, iku ambune bacin. Bab anggèn sampeyan badhe anêrangakên yèn kucing buntutipun tiga, Wignya Panitisastra sampeyan wastani amêsthi ragi eram, samantên punika inggih namung saking rumaos sampeyan piyambak, punika lêpat, Abdul, awit Wignya Panitisastra amêsthi sampun sumêrêp wadosipun kucing buntutipun tiga wau, kula piyambak inggih sumêrêp. Punika namung srekalan kemawon, ingkang gadhah srekal saking pamirêng kula para siswa ing pamulangan agêng ing Dhèlf tanah Eropah, panjarwanipun mawi kasêrat inggih lêrês punapa botên, Mas Abdul, wangsul kula pitakèn dhatêng sampeyan, wontên tiyang wicantên yèn kucing kabucal suku tuwin wulonipun, lajêng sagêd malih dados kacang, wah malih wontên dhalang cangkriman, ingkang gadhah suku botên sagêd lumampah, ingkang botên gadhah suku sagêd malampah, punika punapa sampeyan sampun mangartos.

Anggènipun anjarwani Wignya Panitisastra, yèn kêdah angangge rêmbagipun piyambak, punika sampeyan wastani lêpat, wah sampeyan mawi ngandika manawi kalantipanipun Wignya Panitisastra botên anglangkungi panjanging irungipun. Sampeyan lajêng anêrangakên pikajêngipun eyang jêngandika makatên: sampeyan kapurih sampun gêga rêmbag, sanadyan rêmbagipun eyang sampeyan, utawi rêmbagipun tiyang sanès, dalasan rêmbag sampeyan piyambak inggih sampun kagêga. Punika kula tansah kodhêng, kok wontên tiyang kapurih sampun ngantos anggêga rêmbagipun tiyang sêpuh utawi rêmbagipun piyambak. Mênggah anggèn sampeyan rumaos lêrês ing pabên, punika punapa botên mêdal saking ciptaning manah sampeyan, ciptaning manah punika punapa bedanipun kalihan rêmbagipun piyambak, saupami tiyang botên gêga rêmbagipun tiyang sêpuh, utawi rêmbagipun tiyang sanès, wah malih rêmbagipun piyambak, pundi ingkang prayogi linampahan. Punika punapa botên kenging kasamèkakên tiyang lôngka utawi tiyang anèh, yèn sampeyan Mas Abdul, niyat botên purun ngangge utawi gêga rêmbagipun tiyang sêpuh utawi rêmbag saking tiyang sanès, pundi ingkang sae, kula owêl sangêt, bokmanawi kalajêng wêkasanipun dados gêgujênganing kathah. Saking nama sampeyan pamatawis kula, sampeyan punika sampun nate minggah haji, dhatêng nagari Mêkah, dados sumêrêp lêrês dhatêng lampahing agami Islam, haram sangêt bilih sampeyan taksiha andugèni ing karsa cathok gawèl utawi agahan. Mênggah pangandika sampeyan manawi anglajêngna panjawab badhe botên têlas-têlas, saminipun sêgawon beka anjêgugi kumandhanging suwaranipun, punika lêrês, malah kenging kawastanan kados sêgawon ingkang kathah jêgugipun, dangu-dangu anjêgugi rêmbulan. Sampeyan punapa sampun sumêrêp jarwanipun paribasan punika, yèn dèrèng sumêrêp kula purun amastani manawi kasagêdan sampeyan kathahipun utawi agêngipun namung bêras saêlas, taksih panjang irungipun Wignya Panitisastra kalihan bêras saêlas punika.

Ing wusana Abdullatip, kalihan Wignya Panitisastra kula purih kèndêla anggènipun angraos ing bab kasagêdanipun Radèn Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita, yèn botên makatên saèstu badhe salin mêngsah ingkang murinani dhatêng pujôngga kêkalih punika. Kula punika sampun dhamang sangêt, manawi priyantun sakalihan wau dhasar sagêd têmên, malah kula piyambak sampun asring apitakèn utawi anêdha sêrêp bab maknanipun têmbung Jawi sarta kawi anggènipun anyêrêpakên patitis tuwin kanthi rênaning manah. Abdullatip kalihan Wignya Panitisastra lêrêsipun sampun sumêrêp, yèn pujôngga Jawi punika botên purun anggêlarakên utawi amradin-mradinakên ing kasagêdanipun, sanès kalihan pujôngga Wêlandi, ananging bilih pujôngga Jawi kapitakenan utawi kaguronan, inggih lajêng dhangan sangêt amangsuli utawi amêmulang. Manawi sampeyan sakalihan badhe anjajagi kasagêdanipun Radèn Panji Puspawilaga kalih Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sumôngga kacobaa kawrat ing sêrat ibêr, lah mangke sampeyan badhe sami pitados, yèn pujôngga Jawi kêkalih wau yêktos putus kasagêdanipun, pantês sampeyan sami maguroni. Samôngsa sampeyan sampun sami angsal kayêktosaning kasagêdanipun pujôngga kêkalih wau, kula purun anamtokakên, yèn sampeyan sami rumaos gêtun, dene sampun sami amacak sêrat wontên ing Jurumartani prakawis pujôngga Radèn Panji Puspawilaga kalih Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sabab Wignyapanitisastra: anggèn sampeyan anyumêlangi kasagêdanipun pujôngga Jawi sakalihan wau prasasat amêmoyoki tuwin anyakitakên manah, dene Abdullatip anggèn sampeyan anjawab mawi kanthi sêmbranan, kados ta kang kasêbut ing Jurumartani ôngka 46 bab lampahipun Radèn Panji Puspawilaga kacariyosakên dhatêng tanah Inggris, Prangkrik, tuwin Dhitsêlan, antukipun kapal kang katumpakan katêmpah ing prahara rêmuk, êntasipun Radèn Panji Puspawilaga wontên ing pulo Nophasembêlah punapa malih Abdullatip sampun nate pêpanggihan kalihan Radèn Panji wau wontên ing kampung Puspanagaran, punika sadaya botên lêrês.

Katandhan Danasatata, ing Surakarta.

Kula botên gadhah pabên kalihan sampeyan Mas Abdullatip. Manawi sampeyan botên acumathèk saha agahan. Amêsthi botên wontên ingkang kapabên. Sampeyan ingkang angabarakên galudhug tanpa jawah, galudhug punika gumlêdhêging manah sampeyan ingkang kaduk rêmên pabên. Jawah pitêmbungan ingkang kawêdal saking manah wau, awit dening lampah cathok gawèl. Andadosakên wontênipun kumandhang ingkang sampeyan pangandikakakên kawrat ing sêrat sampeyan ingkang kapacak ing sêrat Jurumartani ôngka 50. Mas Abdul, sampeyan punapa sampun anyandhak pitêmbungan kula punika, manawi sampeyan sayêktos kadunungan Hollansê idhe, amêsthi lajêng sumêrêp kemawon. Ananging kula taksih sumêlang bab dununging Hollansê idhe wontên ing sampeyan. Kados pangakên sampeyan piyambak. Mênggah kumandhangipun panjugu[ging] sagawon. Punika sampun anjiblèsi galudhug ingkang tanpa jawah wa[...]Tidak terbaca. dados punika sabda sampeyan piyambak.

Mas Abdullatip amastani, manawi kula mêksa botên purun asor ing jurit. Kula gadhah pabên punapa kalihan sampeyan. Sampeyan ingkang anyathèk saha agahan amangsuli prakawis ingkang dede kawajiban sampeyan, kula botên ngupados badhe têpangan kalihan sampeyan. Ingkang kula upadosi badhe atêpangan, punika Radèn Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita. Kula badhe pitakèn dhatêng ingkang nama Abdullatip. Punapa piyambakipun purun angengokakên pipi têngên. Manawi pipinipun kiwa katabok ing tiyang, punika kados lêlampahan kula, dèrèng môngsa kasanga kok kathah sagawon galak, kula ngupados katêranganing cariyos satunggil. Wontên ing margi kacathèk ing sagawon. Tujunipun kula ambêkta têkên. Sagawon kula tangkis ing têkên. Kadadosanipun lêpat ing panyathèkipun. Malah panyathèkipun angengingi badanipun piyambak, ingkang punika kula sumôngga dhatêng para priyantun ingkang sami maos sêrat punika, punapa kula punapa pun Abdullatip ingkang kenging kawastanan angingêr basa.

Abdullatip katingal badhe sumêrêp dhatêng dununging mêmanis. Punika pamrayogi kula, Abdullatip apitakèna dhatêng tiyang ingkang cathok gawèl saha agahan. kadospundi lampahipun tiyang ingkang analusup dhatêng prakawis dede kawajibanipun. Inggih punika ingkang kawastanan tiyang cathèk utawi cathok gawèl.

Mas Abdullatip apitakèn bab dununging watêsipun agahan wontên ing pundi, pitakèn punika Mas Abdullatip kenging kawastanan rèmèh, sarèhning Mas Abdul sampun kasumpêkên ing pabênipun, lajêng amêdalakên pangabaran, minôngka dêdamêl kadamêl angulur pitêmbungan. Supados sampun ngantos kawastanan kawon ing pabênipun.

Mas Abdullatip amastani manawi budi kula têlas. Angupados akal kadamêl-damêl. Akal wau kacandhaka kasawatakên dhatêng mêngsahipun. Ingkang botên kenging, lajêng angengingi ingkang anyawatakên piyambak. Amargi patrapipun gathukgutuk. lèr kenging kidul. Punika pitêmbunganipun tiyang ingkang sampun judhêg ing budinipun. Saha adamêl muluring pabên malih, pandugi kula Mas Abdullatip wontên ing Samawis sampun anêlasakên budidayanipun apabên. Dados botên angsal mêngsah malih, mila lajêng malembang angêlud prakawisipun tiyang sanès. Supados sagêda pikantuk pabên kemawon. Kula sumôngga dhatêng ingkang sami maos sêrat punika, kadospundi ingkang dados panggalihanipun. Punapa kula lêrês punapa lêpat.

Sampun Mas Abdullatip, dumugia samantên kemawon anggèn kula mangsuli sêrat sampeyan. Awit kula manah botên wontên pikantukipun. Manawi kula amangsulana pitêmbunganipun tiyang ngalindur, sayêktosipun kula sampun salah anyêrat. Manawi kula anglajêngna ing panyêrat kula, amêsthi kula badhe botên sagêd amangsuli sêratipun mantri ing kadipatèn, ingkang anama Ngabèi Sumanggèngkarsa, mindhak ngabèi punika sakit manahipun. Bilih botên kula wangsuli sêratipun. Ing wingking manawi sampeyan taksih karsa amurih mangsuli sêrat sampeyan sakantunipun, awit saking rêmên sampeyan pabên, botên marêm ing manah manawi dèrèng tampi wêwangsulan. Kula inggih badhe anglampahi.

Katandhan Wignya Panitisastra.

Sambêting wêwangsul dhatêng Wignya Panitisastra ing Kudus.

Kula sampun maos sêrat Jurumartani ôngka 49, mênggah wêwangsul kula dhatêng Wignya Panitisastra, bab cariyos candhi Maling: ing wana rêdi Kêthu, samangke Wignya Panitisastra, sampun sumêrêp, sarta andadosakên ical sumêlanging manahipun. Ingkang punika: sangêt sukur kula, mugi anglanggêngna sami-sami, dene Wignya Panitisastra, pitakènipun ing ngajêng: dhatêng kula, kalayan têmbung dêgsura èsmu wadhag ruwag-ruwag. Punika ing atasipun kula, utawi sadhèrèk kula Radèn Angabèi Rônggawarsita, wulu salêmbar, botên gigrig. Têgêsipun botên pisan-pisan yèn andadosna saking manah, yèn trahing pujôngga, kang dèn èsthi rintên dalu, namung sukur rêna ing satitah, yèn dèn ina dhatêng sasami-sami, malah suka bingah ing manah, dipun awoni ing sanès, malah malês nyaèni, dipun gitik, malah angepahi dhatêng kang anggitik, dipun têdha kathokipun, malah kêmulipun kasukakakên, sabab kang sami dipun èmpêr trah ing pujôngga, sagêda ngirib pandhita wrêksa candhana, kang kasêbut sêrat Kakawin Nitisruti, tumrap sêkar Dhandhanggêndhis punika:

purwaning wasita Nitisruti / pindha pandhita wrêksa candhana / tinina dinanda dumèhinina dinanda dumèh. / pamangsulnya mrik arum / dening budhi wahya wiyati / kesisan wraning ima / nirmala sumunu / sanityasa tyas sung santa / singlar sakèng gêlêh-gêlêh tata suci / byak tyas pasthi kamaya //

Mênggah têmbunging sêrat kakawin Nitisruti sapada nginggil punika: sajarwanipun, kula anêmtokakên, Wignya Panitisastra sampun trang sumêrêpipun, inggih punika kang sami kula èmpêr: lan sadhèrèk kula Radèn Angabèi Rônggawarsita.

Wignya Panitisastra, amastani: yèn kula boten anggadhahi Holansê idhe, têksih ngangge idhe Jawi tulèn, punika Wignya Panitisastra, kula sukani sêrêp. Sarèhning kula punika bôngsa Jawi tulèn, pangabdi kula, kang aparing gêsang, Kangjêng Gupêrmèn Walandi, nanging ênggèn kula manggèn, têksih wontên salêbêting karaton dalêm ing Surakarta, yèn kula damêl sêrat Jawi, têmtu idhe Jawi kang kula angge, yèn damêl sêrat Walandi inggih idhe Walandi kang kula angge, mêngkatên ugi adad-adadadat-adat (dan di tempat lain). Jawi: adad Walandi, kêdah kula angge kalih-kalihipun, yèn kula tilara adad Jawi, badhe botên gadhah pitêpangan bôngsa kula Jawi ing karaton dalêm, mila adad kalih: kêdah kula angge kalih pisan, mênawi kula sowan para gusti ing karaton saurutipun, dumugi dhatêng sasami-sami, utawi gusti ing Mangkunagaran sasêntana dalêm, dumugi sasami-sami, têmtu adad Jawi kang kula trapakên. Dene mênawi kula kêkumpulan kalihan para kônca, utawi para pra sobat tuwan tuwan Walandi, punika adad Walandi kang kula trapakên. Mila adad kêkalih wau botên kenging kula tilar salah satunggil, kêdah kula angge kalih-kalihipun, supados sagêda awor ing akathah, ingkang kula irib suraosing sêrat Kakawin Nitisruti malih, bab kaping nêm, ungêlipun mêngkatên:

kaping nêma: nganam anuntagi /kaping nême: nganam anum tagi. wasa bisa:wus abisa. saniskarèng basa / kukila ing: paksi kabèh / bisa bengkas anambung / bisa nuksma: ing agal alit / saulah kridhaningrat / sarjana kawêngku / amiguna: ing aguna / anuragèng rat karakêtan padha sih / saha agamanira //

Sêrat Kakawin Nitisruti bab kaping nêm sapada wau, sajarwanipun saraosipun kula anêmtokakên, Wignya Panitisastra saèstu sampun sumêrêp trang, inggih punika kang kula irib. Ing jaman mangke, kathah para priyantun sami ulah kasusastran saking pangakênipun piyambak, sugih sêrat waosan warni-warni, sêrat kawi warni-warni, rêmên bêbantahan, supados angsala panggunggung saking sanès kawêstanana sagêd. Lampahipun: dak êdir: dhatêng sêsami-sami, dados tanpa damêl ênggènipun sugih sêrat waosan warni-warni, sêrat kawi warni-warni, têka botên sami kanginglingkalingling. satunggal-tunggaling sêrat wau, têmtu wontên suraosipun pyambak-pyambak, ing ngriku dipun pilihi: katimbang-timbang ing panggalih, pundi kang kagalih sae suraosipun, punika kairib-irib, jaman kina sami mêngkatên lêkasing kasusastran, botên kadamêl sualan kados tiyang aji kitab pangala, dene yèn badhe angrasèhakên kawruh kasusastran, dhatêng satunggal tiyang kang sami ulah kasusastran, sami dhatêng-dhinatêngan, mêngkatên sak sumêrêp kula kala rumiyin, jaman mangke: tiyang sumêdya ngrasèhakên bab kasusastran, têka balang-binalang, mila kula ragi kodhêng.

Wignya Panitisastra, amurih dhatêng kula, lêstantuna kula amacak ing sêrat Jurumartani, para cariyos kang sami dèrèng kalêbêt ing sêrat babad, supados anêrangna: dhatêng kang dèrèng sumêrêp. Punika kula nêdha alimipun Wignya Panitisastra, sarèhning kula sampun sêpuh, kakuwatan kula nyêrat, sampun ical sadaya, sarta mripat kula sêring-sêring sakit. Kang sampun-sampun punika, yèn sampuna saking pamarsudinipun tuwan, kados kang kula pratelakakên ngajêng, ing atasipun kula piyambak, botên kapêrlon.

Têlasing panyêrat wêwangsul, ing Surakarta kampung Lojiwetan Rêbo kaping 12 Dhesèmbêr taun 1866.

Katandhan dening Radèn Panji Puspawilaga.

--- 9 ---

Jurumartani 52, 27 Dhesèmber 1866, hlm. 38.

Wangsulanipun Wignya Panitisastra dhatêng Ngabèi Sumanggèngkarsa.

Kula sampun maos sêratipun Ngabèi Sumanggèngkarsa, ingkang kapacak wontên ing Jurumartani ôngka 50. Ngabèi Sumanggèngkarsa, pikajêngan sampeyan rak badhe anjawab sêrat kula ingkang kapacak ing Jurumartani kaping 25 Nopèmbêr 1866, môngka sampeyan kok lajêng kojah bab ngumuring tiyang. kadospundi dene kojah ngumuring tiyang kadamêl wangsulaning sêrat, punika rak sanès dunungipun. Wondening tiyang damêl sêrat punika rak botên awrat, saha botên ngantos angêtog karosan, sanadyan tiyang umur 58 taun inggih mêsthi sagêd adamêl sêrat botên mawi rumaos awrat, saha botên mawi angêtog karosan.

Sampeyan kojah bab kabantêraning tiyang, mawi kaperang-perang ing umuripun, punika wêwulang saking pundi, punapa wêwulang saking tanah Jawi kemawon, punapa saking tanah Alpuru utawi Bugis. Ingkang sampun kula sêrêpi saha kalimrahan ing akathah, kabantêraning tiyang punika botên kenging katamtokakên, sanadyan tiyang ingkang umur 30 taun, inggih ugi wontên ingkang repot sangêt, mila kojah sampeyan punika kenging kawastanan tanpa wêwaton. Sarèhning sampeyan katingal taksih cotho, ing mangke kula badhe suka sêrêp dhatêng sampeyan bab ngumuring tiyang mawi wêwaton ingkang lêrês, saha sampun kalimrahan ing akathah, lah punika makatên: ngumur 10 taun solah pratingkahing rare. Ngumur 20 taun ngupados pêpacangan. Ngumur 30 taun sampun gadhah bojo. Ngumur 40 taun dungkap sêpuh. Ngumur 50 taun mêdhun karosanipun. Ngumur 60 taun kathah sêsakitipun. Ngumur 70 taun suda karosanipun. Ngumur 80 taun kagotong dhatêng kubur. Ngumur 90 taun sagêd amêningi. Ngumur 100 taun ginantungakên ing manungsa. Kadospundi Ngabèi Sumanggèngkarsa, punapa botên angsal ungêl-ungêlan punika. Sampeyan sapunika apikantuk wêwulang ingkang anêrangakên èngêtan sampeyan ingkang taksih katutupan ing cotho, ananging ungêl-ungêlan wau amung tumrap dhatêng badaning tiyang agêsang kemawon, botên tumrap dhatêng kabantêran. Kula punika tiyang sampun sêpuh ing umur, ananging taksih nèm ing budi, mila cariyosipun tiyang sêpuh-sêpuh ingkang sampeyan pratelakakên ing sêrat sampeyan, kenging kawastanan kalintu, ing mangke kula suka rêmbag dhatêng sampeyan, ing sapawingkingipun sampun ngantos purun-purun malih, adamêl wêwangsulaning sêrat ingkang calêmongan ungêlipun, kadamêl anglawan pabên, samukawis pabên punika kêdah kacêpêng saking sirah, sampun kacêpêng saking buntu [...]Tidak terbaca. mangke andadosakên kalingsêmaning kang nyêpêng wau. Mênggah wangsulaning sêrat punika kêdah kadamêl manut ing suraosipun sêrat ingkang badhe kawangsulan, saha pandamêlipun wangsulan wau kêdah kaprinci ing satunggil-tunggiling suraosing sêrat, mila sampeyan ing mangke kula aturi maos wangsal-wangsul wangsulan kula sêrat dhatêng Radèn Lara Itêm, kasêbut ing Jurumartani ôngka 50, sampeyan amêsthi lajêng sumêrêp dhatêng pundi purugipun wangsulan kula wau. Radèn Ngabèi Rônggawarsita botên purun asuka wangsulan, saha tansah kèndêl kemawon. Punika kula wastani sagêd. Sanadyan Ngabèi Rônggawarsita dados pujôngga, inggih ugi botên sumêrêp dhatêng kasagêdan sadaya, mila sae bilih kula apitakèna dhatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita samukawis ingkang sampun dipun sumêrêpi, manawi kula apitakèn samukawis ingkang dèrèng dipun sumêrêpi, amêsthi botên sagêd amangsuli, malah badhe andadosakên kalingsêman, saha pangerang-eranging têtiyang kathah.

Sampeyan amastani: kasêbut bèrkuwanèn, punika rak botên mencok dhatêng tiyangipun ingkang sampeyan wastani makatên. Awit Wignya Panitisastra botên ambêlakakakên namanipun ingkang sayêktos, kadamêl anandhani sêratipun. Dados botên wontên tiyang ingkang sumêrêp dhatêng Wignya Panitisastra, ewadèntên amung kula piyambak ingkang angraosakên bingahing manah, bab pangrêmbagipun têtiyang kathah dhatêng ungêl-ungêlaning sêratipun Wignya Panitisastra sadaya ingkang sampun kapacak ing Jurumartani. Pun Wignya Panitisastra botên gadhah kamelikan sakêdhik-kêdhika dhatêng pangalêming têtiyang kathah, manawi pun Wignya Panitisastra anggadhahana kamelikan punika, amêsthi pun Wignya Panitisastra wau angangge namanipun ingkang sayêktos, kadamêl anandhani sêratipun, kados Radèn Panji Puspawilaga, wah punika kula sumôngga ing akathah, bab anggènipun badhe amastani.

Sampeyan apitakèn punapa kula lumampah dipun guroni, punapa badhe mêguru, punika têbih saking pikajêngan kula, kula botên amurih dipun guroni, saha botên purun mêguru, ingkang kula upadosi amung lêrês. Manawi sampun angsal lêrês punika, kula inggih lajêng anarimah. Punapa sampeyan angintên, bilih kula rêmên kagunggung mênang, utawi badhe anggrantês manawi kaungkulan ing tiyang. O, punika lêpat pangintên sampeyan. Kula botên anglêgewa dhatêng prakawis ingkang kados makatên punika, rêmênan kula kèndêl, saha botên purun tumut-tumut ing prakawisipun tiyang sanès. Wangsul sampeyan kok purun tumandang amangsuli sêrat ingkang dede bêbahan sampeyan. Môngka sampeyan punika taksih cotho, tiyang ingkang kados sampeyan punika kenging kawastanan punapa.

Wasana sampeyan apitakèn, punapa kula sampun nate maos sêrat Wulangrèh, punika wangsulan kula inggih sampun. Sasagêd-sagêd kula inggih badhe anglampahi punapa ingkang kasêbut ing Wulangrèh wau, ananging manawi wontên kêkiranganipun anggèn kula anglampahi, punapa sampeyan sagêd anêdahakên kêkiranganipun wau, sampeyan sumêrêpa, manawi tiyang ingkang kêrêp kasasar, wêkasanipun badhe sumêrêp dhatêng margi ingkang sae saha lêrês. Punapa sampeyan sampun anyandhak pitêmbungan kula punika, sumôngga sampeyan kula aturi mangsuli.

Kudus kaping 17 Dhesèmbêr 1866.

Katandhan Wignya Panitisastra.

Wangsulan cêkak dhatêng Radèn Panji Puspawilaga.

O, tobil, tobil, kalêbon cina gundhulan, sangêt kodhêng kula, Radèn Panji Puspawilaga, kula maos sêrat sampeyan ingkang kapacak ing Jurumartani kaping 20 Dhesèmbêr 1866, ôngka 51. Kadospundi ta karsa sampeyan, dene kok mêdalakên pitêmbungan ingkang botên mencok ing suraosipun, sampeyan amastani: têmbung dêg suraosmu wadhag ruwag-ruwag, punapa pun Wignya Panitisastra dèrèng anêrangakên ingkang dados suraosing sêratipun. Akanthi bêdhami, punapa pun Wignya Panitisastra dèrèng asuka panrima dhatêng sampeyan, o, kalêbon cina gundhulan. Manawi pitêmbungan sampeyan kados makatên kemawon, sampeyan taksih kenging kawastanan repot. Môngka sampeyan punika saking pakabaran sampun kasêbut tiyang sagêd, ing mangke kok lajêng katingal wela-wela manawi taksih repot, o, bilai kônca, luput pikirku, kalêbon cina gundhulan, pitêmbungan sampeyan makatên: punika ingatasipun kula, utawi sadhèrèk kula Radèn Angabèi Rônggawarsita, wulu salêmbar botên gigrig. Têgêsipun botên pisan-pisan yèn andadosna sakiting manah, yèn trahing pujôngga kang dèn èsthi rintên dalu namung sukur rêna ing satitah, yèn dèn ina dhatêng sasami-sami, malah suka bingah ing manah, dipun awoni ing sanès, malah malês nyaèni, dipun gitik malah angepahi dhatêng kang anggitik. Dipun têdha kathokipun malah kêmulipun kasukakakên. Sabab kang dipun èmpêr trahing pujôngga, sagêda ngirib pandhita wrêksa candhana, kang kasêbut sêrat Kakawin Nitisruti, o punika radèn, kalintu sadaya, manawi makatên kados pangandika sampeyan. Amêsthi ingkang nama pujôngga sabên dintên dipun gêbagi ing tiyang, awit amelik dhatêng epahipun anggêbagi, punapa malih ingkang anama pujôngga badhe botên sagêd kathokan utawi kêmulan. Têlas katêdhanan ing têtiyang. Pitêmbungan sampeyan punika wau manawi kula piyambak, kenging katumrapakên dhatêng pandhita utawi wali sapanunggilanipun bôngsa suci ing jaman kina, dados dede pujôngga ingkang anggadhahi. Ingkang sampun kalimrahan ing akathah, pujôngga punika amung marsudi dhatêng kawruh tuwin dhatêng kasusastran. O kalêbon Cina gundhulan, sapunika kula sampun sumêrêp, manawi pamrih sampeyan punika amung kagunggunga ing akathah, dados rêmên kagunggung sampeyan niku, ananging radèn kalintu patrapipun. Malah manawi kalajêng badhe dados gêgujênganipun têtiyang kathah. Sadhèrèk sampeyan Radèn Ngabèi Rônggawarsita amêsthi botên gadhah panggalih ingkang kados sampeyan makatên, saha anêtêpi ing kapujangganipun. Wah botên karsa andhaku ingkang dede bêbahanipun. Dados sampun trimah dhatêng pangkatipun pujôngga.

Sampeyan mastani wrêksa candhana, punika manawi kapirit saking ungêling sêrat sampeyan, amêsthi kalintu, wrêksa tai, lah punika mencok. Dados anggènipun suka ambêt arum kalintonan ambêt bacin. Kadadosanipun paribasan ingkang saking Danasatata ing Surakarta kenging kaencokakên dhatêng pitêmbungan sampeyan. Rak makatên ta paribasanipun Danasatata: pangalêman kang kadunungake ing awake dhewe, iku ambune bacin [...]Tidak terbaca. lah punika wangsulan kula dhatêng sampeyan. Lêrês taksih kirang, ananging kula manah tanpa damêl manawi kula anglajêngna, mindhak adamêl kalingsêman sampeyan. Sarèhning sampeyan sampun sêpuh, prayogi manawi lampaha angibadah kemawon. Sampun ngupados panggunggung wontên ing alam donya, aluwung anyèlèngana kasaenan wontên ing akherat.

Katandhan Wignya Panitisastra.

Sêrat kula punika mugi kapacaka ing Jurumartani.

Andadosakên eram, kula ningali sêrat Jurumartani ôngka 45 dumugi 47, ing ngriku Wignya Panitisastra sangêt anyênyampahi dhumatêng, 1. Radèn Ngabèi Rônggawarsita, 2. Radèn Panji Puspawilaga, sampun kawangsulan Ngabdullatip ing Samarang: sumantên malih sampun kawangsulan ngantos apanjang dening Radèn Panji Puspawilaga, malah ing mangke kaurugan dèrèng têlas, supandosipunsupadosipun. Mas Wignya Panitisastra, taksih ngrèngkèl kemawon.

Ingkang punika Mas Sastra, sampun dados panggalih sampeyan, sampeyan kula aturi ngawon, awit kula nyumêrêpi wangsulan sampeyan tumpangso asasar susur, botên wontên ingkang tumèmpèl, namung pabênipun tiyang botên purun kawon.

Sarèhning sêrat sampeyan sampun mungêl, sakêdhik-sakêdhik rêmên dhatêng kasusastran, malah panggalih sampeyan badhe angsal têtimbangan saking Radèn Panji Puspawilaga, o bilai mas, ing mangke sampeyan sampun katelak repot sangêt, kados kula kemawon, yèn parêng kula ngaturi pirêmbag sakêdhik, sampeyan kula aturi ngabdi utawi puruita dhumatêng Radèn Panji Puspawilaga, minggahipun dhumatêng Radèn Ngabèi Rônggawarsita, supados kaparingan sumêrêp bab cariyos candhi Maling ing rêdi Kêthu, utawi sanèsipun, dados sampeyan gadhah paitan saking sakêdhik, sampun angawur kemawon.

Ananging kula taksih gadhah pangintên manawi Mas sastra dèrèng purun nurut ing pitêdah kula, malah-malah sêling sêrêp, kula dipun manah cathok gawèl, kados Abdullatip ing Samarang, sampun mêkatên lo Mas Sastra, sabab kula pitêdah ing salêrêsipun.

Bilih sampeyan mêksa, dèrèng purun ngawon, punapa kêlampahan sampeyan kula botohi, kula abên bantah kalihan priyantun kalih wau, wontên ing ngarsa radh pan yustisi, ananging kula malik mas, nyêdasa bae Radèn Ngabèi Rônggawarsita, tuwin Radèn Panji Puspawilaga, ewadèntên bilih sampeyan sagêt têmbung Alpuru utawi Bugis, kula badhe kawon, suprandene kula taksih ngalih dasa malih dhumatêng sampeyan. Sêrat kula punika badhe dipun wangsuli lo, ananging kula botên sumêlang.

Kasêrat ing dhusun Balali, kaping 5 Dhesèmbêr taun 1866.

Katandhan Tanpawignya.

Ing sêrat Jurumartani ôngka 51, kula aningali panantangipun Danasatata, têmbungipun Wignya Panitisastra tuwin Abdullatip, kapurih kèndêl anggènipun angraosi bab kasagêdanipun Radèn Panji Puspawilaga utawi Radèn Bèi Rônggawarsita, yèn botên makatên saèstu badhe salin mêngsah ingkang murinani dhatêng pujôngga kalih wau.

I i i iya jagad dewa bathara, Danasatata, sampeyan tingalipun tatag sangêt tumandang ing jurit, dene anglairakên sêsumbar kados makatên. Ananging andadosêna kawuningan sampeyan, yèn sampeyan kagungan pênggalih bilih pangancam-ancam wau badhe amêmêdosi, punika lêpat ing panêpsir sampeyan, sabab kula dèrèng gadhah sêja mundur sajangkah kemawon. Sarêng kula maos bêbukaning sêrat sampeyan, saking pamatawis kula sampeyan punika mitranipun Wignya Panitisastra, lêpat mitra inggih saèstu tiyang ingkang sumêja lêlamis amurih angsala panduming kauntungan, ewadèntên ing saurutipun sêrat sampeyan mawi nênantang dhatêng Wignya Panitisastra, punika ingkang andadosakên eraming manah kula, têka wontên tiyang ingkang sumêrêp dhatêng wadosipun, anjunjung ngantêbakên.

Pamatawis kula wau kalaras saking anggèn sampeyan sumêja angaling-alingi dhatêng pun Wignya, mawi amastani yèn kula punika cathok gawèl, agahan, botên sumêrêp dhatêng tata krama, wah juru rumaos lêrês, sapanunggilanipun, kêkathahên bilih kasêbutna sadaya.

Tujonipun gigir kula wiyar taksih kenging kadamêl angrimati têmbung papoyokan ingkang kados makatên.

Panuwun kula mas bilih sampeyan taksih kagungan pitêmbungan ingkang nyamèni utawi ingkang nglangkungi saenipun, mugi-mugi wontêna karsa sampeyan anggêlara tumuntên, amargi sangêt ing rêmên kula dhatêng pitêmbungan wau, sarèhning kula botên sumêrêp ing tata krama dados botên gadhah ingon-ingon pitêmbungan sae ingkang kados makatên.

Mênggah pangandika sampeyan yèn Wignya Panitisastra botên mangsuli pitakèn kula bab dununging watêsipun tiyang agahan, awit kamanah tanpa damêl amangsuli pitakèn rèmèh ingkang kados makatên, punika inggih sakalangkung panjurung kula, ananging sampun kathah kemawon tuladanipun, bilih tiyang botên kadugi amangsuli pitakèn, inggih lajêng karewa-rewa sagêd mangsuli, ananging kawastanan tanpa damêl, utawi rèmèh kathah kemawon mas tiyang busuk ingkang ambêk kumintêr makatên. Saupami kajiyat amangsuli satunggiling pitakèn kados ta dununging watêsipun tiyang agahan punika inggih sagêd anêrangakên ananging botên kanthi pratôndha ingkang yêktos. Saking pangandikanipun Danasatata kula punika katingal angalêm badan kula piyambak bab putusing dhatêng kasagêdan, mila Wignya Panitisastra botên purun amaknani pitakèn kula rèmèh, punapa inggih makatên ta mas. Bokmanawi lêpat ing paningal sampeyan. Ewadèntên bilih makatêna inggih kula ginanjar bêkja kamayangan. Amargi sampun manggih sarat amurih kèndêlipun satru kula Mas Wignya Panitisastra, lah saupami mas kula niki anglajêngakên anggèn kula angalêm dhatêng badan kula, saking pandugi sampeyan, Mas Wignya tumuntên badhe kèndêl punapa botên.

Mila lêrês sampeyan dene amastanii yèn kula angalêm sarira mami, iya wong ora wêruh marang tata krama kono, mila mugi agung ing pangaksama sampeyan.

Ananging bilih dhangan ing galih sampeyan kula aturi maos pitêmbungan kula ingkang kasêbut ing ngandhap punika, ananging prayogi manawi sampeyan ngagêm tismak, dados botên sumêlang badhe lêpat ing paningal malih.

[...]Tidak terbaca. wastanan angalêm badan kula, dene ingkang mêstani pun Danasatata, ing [...]Tidak terbaca. ingkang dèrèng nate dipun alêm ing akathah, mokal yèn piyambakipun sumêja nampik dhatêng sawêrnèning pangalêm, awit badhe sangêt ayêmipun kayungyun ing kôndha.

2. Kula angalêm badan kula piyambak inggih sokur, punika anelakakên yèn kula sampun têpang sae akalihan pun badan.

3. Kawula ngalêm badan kula, inggih mila makatên mas karsa sampeyan punapa kula kapurih ngalêm kucing sampeyan, utawi sagawon sampeyan, wah malih kuldi sampeyan.

4. Kula ngalêm badan kula, mila lêrês, awit kula punika barès, punapa sampeyan dhamang panjarwa kula punika mas manawi dèrèng, kula gadhah pamrayogi, thole wacanên unèn-unèn kang kasêbut ing ngisor iki, aja dadi atimu le, dene aku ora basa marang kowe, amarga aku ora sumurup ing tata krama, ujare unèn-unèn mangkene, pikirmu ulurên nganti tumêka ing watêse, utawa pikirmu ulirên nganti tumêka ing wêkasan. Rakitên pamikirmu sangarêping gêgaman kang luwih abot, iya iku sarupaning èlmu kang durung tinêgêsan dununge, plêtêrna klawan karosaning kaniyatanmu, kongsi rêngka rodhane, lan rêntêng êmban bane, yèn angên-angênmu wus notog, lan kulitmu wus pisah saka ing daging, iku asoa sawatara.

Kadospundi pangraosing galih sampeyan. Bab ungêl-ungêlan punika wau, mênggah panyipta kula makatên. Samubarang kang gampang ginayuh iku ora arus disurupi, ingkang nama Danasatata tingalipun badhe ngebarakên kasagêdan sarana cangkriman. Ujaripun makatên. Ingkang gadhah suku botên sagêd lumampah ingkang botên gadhah suku sagêd malampah, mawi pitakèn dhatêng kula punapa kula sampun mangartos. Nun inggih pangèstu sampeyan mas jarwanipun cangkriman ingkang kapisan punika rêdi kaping kalihipun mega, ananging kula badhe mêmulang sakêdhik kemawon dhatêng sampeyan. Sampun andadosakên eruning galih mas. Awit kula punika rak botên sumêrêp dhatêng tata krama, tuwin ngalêm badan kula piyambak. Piwulang kula makatên. Kosok wangsuling prakawis punika ugi ngosok wangsul, kados ta, kalih ping kalih sakawan. Sakawan punika kalih ping kalih, inggih napa botên mas, lah suwawi kula lajêngakên. Ingkang gadhah suku botên sagêd malampah, kados ta rêdi utawi meja.

Ingkang botên gadhah suku sagêd malampah kados ta mega utawi sawêr, mila ingkang botên sagêd malampah gadhah suku, ingkang sagêd malampah botên gadhah suku, manawi kinosok wangsul malih makatên, meja utawi rêdi botên sagêd mlampah awit gadhah suku, mega sagêd malampah awit botên gadhah suku, lah cangkriman sampeyan punika ajining sapele, saha dhatêng ing pundi purugipun, punika sampun kula ulêt kados gulali, wondene bab pitakèn sampeyan, punapa kula sumêrêp dhatêng cangkriman ingkang ujaripun makatên. Yèn kucing kabucal suku tuwin wulonipun, lajêng sagêd malih dados kacang, wangsulan kula, inggih sumêrêp mas pangèstu sampeyan, dene ingkang kawastanan suku tuwin wulu punika amung sandhanganing aksara, dados kucing manawi kabucal sandhanganipun u tuwin i amasthi malih dados kacang, ananging mas, kacang ingkang pikantukipun kados makatên prayogi sampeyan dhahar piyambak, manawi kula sanadyanta agahan, taksih suthi anêdha kacang ingkang kados makatên.

Ing sakpunika kula wangsul pitakèn malih bab kucing ingkang gadhah buntut têtiga. Sabab panjarwa sampeyan dèrèng anyêkapi, kula botên sumêja pitakèn srekal utawi botênipun pitêmbungan wau, ingkang kula suwun saking Wignya Panitisastra amung jarwanipun. Wondene sampeyan badhe anjarwani pitêmbungan wau inggih sakalangkung bingahing manah kula.

Sampeyan taksih kodhêng mas, bab panjarwa kula ingatasing tiyang ngangge rêmbag. Mila saking pamatawis kula taksih kathah ingkang sampeyan kodhêngi. Kula rak sampun matur yèn pikajênganing eyang kula punika makatên. Kula kapurih sampun gêga rêmbag, pitêmbungan punika rak sampun anelakakên yèn kula kapurih sampun anggêga sawêrnining rêmbag. Dados rêmbag kula piyambak inggih saèstu kawical ing rêmbagipun tiyang sanès.

Wangsulan punika taksih wontên sambêtipun malih.

Katandhan Abdullatip.

--- 10 ---

Jurumartani 1, 3 Januari 1867, hlm. 41.

Wangsulanipun Wignya Panitisastra dhatêng Danasatata.

Kula sampun maos sêratipun Danasatata, suraosipun suka lêlêrêsan ing prakawis udur.

Ing mangke kula angaturakên panrima sangêt dhatêng Danasatata, pamuji kula, mugi-mugi lêstantuna ing salami-laminipun, bab anggènipun anglampahakên lêrês, botên ilon-ilonên ing pabên kula kalihan Abdullatip.

Danasatata amurih kèndêlipun jaragan kula angraosi bab kasagêdanipun Radèn Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dene manawi kula tuwin Abdullatip botên purun kèndêl, badhe salin mêngsah, punika wangsulan kula: pitêmbungan ingkang kados makatên punika, sayêktosipun kabantêrên, ewadèntên kula tansah amêmuji ing lêstantuning wontênipun lêrês, awit lêrês punika ingkang kula upadosi. Tiyang angraosi bab kasagêdanipun tiyang, punika pangraos kula, botên wontên awonipun, anjawi manawi angraosi bab bodhoning tiyang, lah punika kenging kawastanan awon. Lêrês ing ngajêng kula ragi maibên dhatêng kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ananging wontên sababipun, kados ingkang sampun kula pratelakakên kala rumiyin, ingkang anyariosakên bab kasagêdan wau, punika dede bôngsa kasusastran, mila kalampahan kula amacak sêrat wontên ing Jurumartani, amargi saking botên pitados kula dhatêng cariyosing kaji.

Kula punika inggih rêmên dhatêng lêrês, dados condhong kalihan sampeyan, manawi kula lêpat, inggih badhe anarimah sampeyan lêpatakên, saha botên pisan-pisan sakita ing manah.

Sampeyan ngandika, bilih sampun asring-asring apitakèn utawi anêdha sêrêp bab maknanipun têmbung Jawi sarta kawi dhatêng Radèn Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita, lajêng kasêrêpakên patitis tuwin kanthi rênaning manah, punika kula botên maibên, awit bokmanawi pitakèn sampeyan bab samukawis ingkang sampun dipun sêrêpi, mila prayogi manawi sampeyan apitakèna samukawis ingkang sampun dipun sêrêpi wau, pujôngga punika rak botên sumêrêp dhatêng kasagêdan sadaya, manawi sampeyan apitakèn samukawis ingkang dèrèng dipun sumêrêpi, amêsthi badhe ical patitisipun.

Mênggah pangandika sampeyan punapa Abdullatip kalihan Wignya Panitisastra badhe anjajagi kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita tuwin Radèn Panji Puspawilaga, wangsulan kula bilih Puspawilaga sampun jajag. Ingkang sapisan jajagipun wau awit saking repoting pandamêlipun pitêmbungan, ingkang taksih anelakakên rêmênipun dhatêng panggunggung tuwin gêgêndhungan. Dados botên timbang kalihan kasagêdanipun. Tiyang sampun kula aturi bêdhami saha panrima kok lajêng mongkog, saha amêdalakên pitêmbungan ingkang botên kenging katumrapakên dhatêng sariranipun. Kula sumôngga ing sampeyan Mas Danasatata, punapa kula lêpat punapa lêrês.

Radèn Ngabèi Rônggawarsita pangraos kula sampun unggul, katitik saking padamêlanipun sêrat ingkang kalêbêt ing sêrat pananggalan 1866 tuwin 1867, sanadyan sêrat punika dèrèng kalêbêt ing dêdamêlanipun pujôngga, ewadèntên ukaranipun sae saha urut, sanès sangêt kalihan dêdamêlanipun sêrat Radèn Panji Puspawilaga, taksih palencang-palèncèng, bokmanawi awit saking sampun sêpuh, dados kathah kasupènipun.

Wasana kula rumaos badhe angsal bathi, manawi Radèn Ngabèi Rônggawarsita lêstantun karsanipun, anglimrahakên dêdamêlanipun sêrat anggitan, kados ingkang sampun kapacak wontên ing sêrat pananggalan wau. Dene Radèn Panji Puspawilaga inggih makatên ugi, kula badhe angsal bathi awit saking anggènipun anglimrahakên kojah.

Katandhan Wignya Panitisastra.

Wangsulan dhatêng Tanpawignya.

Lo, ana manèh cina gundhul têka, yèn aku ora luput, jênênge Si Tanpawignya. kadospundi ta tiyang namanipun sampun amratandhani ingkang sakalangkung cêkap. Bilih botên gadhah kasagêdan sakêdhik-kêdhika ing bab lampahipun tiyang pabênan. O, bodhonipun lajêng katitik kemawon saking wêwangsulanipun sêrat. Dados namanipun kalihan wangsulaning sêrat sampun cundhuk sangêt. Sanadyan ingkang nama Tanpawignya bodho sangêt, suprandene purun-purun amastani bilih wangsulan kula sêrat tumpangso asasar susur. Iya talah, dene kok ana wong kang kaya mangkono, iku apa wong-wongan apa wong têmênan. kadospundi anggèn kula botên amastani makatên. Tiyang bodho kok mawi purun-purun cumanthèk dhatêng prakawis ingkang botên dipun sumêrêpi, punapa sagêd anggayuh ingkang dados suraosipun. Kasagêdanipun amung tumèmpèl wontên sapucuking irungipun.

Pun Tanpawignya sampun maos sêrat kula ingkang kapacak ing Jurumartani ôngka 45 tuwin 47, punapa piyambakipun botên anglajêngakên ing pamaosipun ing ôngka salajêngipun. Sampeyan sumêrêpa Tanpawignya, manawi lêlêrêsan kalih palihan botên andadosakên lêlêrêsan wêtah. Sampeyan sampun anyandhak pitêmbungan punika, pandugi kula botên. Tiyang nama sampeyan sampun amastani.

Tanpawignya suka pirêmbag, kula kapurih ngabdi dhatêng Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita, punika Mas Tanpa wangsulan kula, sampeyan kula rêmbagi ingkang sakalangkung prayogi, angabdia dhatêng kula, awit sampeyan taksih repot sangêt, kados Lara Itêm tuwin Sumanggèngkarsa.

Sampeyan wicantên bab rad pan yustisi punika kadospundi, punapa sampeyan sumêrêp rad pan yustisi punika punapa. Manawi sampeyan sumêrêp, kula mugi sampeyan sêrêpakên. Manawi sampeyan sagêd anyumêrêpakên, kula inggih lajêng badhe purun amangsuli pitakèn sampeyan bab anggèn sampeyan badhe ambotohi kula. Pikajênganipun rad pan yustisi punika punapa. Punapa sampeyan anggalih, manawi prakawis angabên bantah tiyang kenging kainggahakên ing rad pan yustisi, mugi wontêna wangsulan sampeyan ing bab prakawis punika.

Wasana kula badhe apitakèn dhatêng sampeyan Mas Tanpa, tiyang ingkang sagêd basa Alpuru tuwin Bugis punapa badhe dados pangerang-erang. Kula sampun anêmtokakên, manawi sampeyan ginanjara sagêd basa kêkalih wau dening ingkang Maha Kuwasa, amêsthi sampeyan lajêng badhe sujud kaping pitu ing dalêm sadintên dhatêng ingkang Maha Kuwasa. Lah punika sampun amung dumugi samantên kemawon wangsulan kula, awit kula manah manawi ijêmaning sêrat sampeyan ingkang dèrèng kawangsulan, botên wontên ajinipun bilih kawangsulan.

Katandhan Wignyapanisastra.Wignya Panitisastra.

O, o, o putuku ênggèr putuku. Mas Wignya Panitisastra, Mas Abdullatip. Dèn prayitna. Dak sawang-sawang bakal padha laline, iku yèn kêna aja mêngkono, wong isih padha tunggal guru. Olèhe rêgêjêgan têka ditêmêni. Wruhanamu aku iki isih wong tuwamu dhewe. Buyutmu sadulure bapakmu, mulane ênggèr, yèn si tuwa isih kalilan awèh pêpeling, kowe padha dak purih aja andêdawa udur kang sathithik paedahe, tur agawe sakke atining wong. Têka kaya kurang pagawean liyane kang aluwih prayoga. Saiba ta susahing pikire Radèn Panji Puspawilaga barêng maca kang pinacak ing Jurumartani, bab carita Candhi Maling. Sir pandugaku ora pati karsa dhahar tan antuk nendra, nganti impèn-impènên, kowe wong loro kang katon sajroning impèn, padha rêgêjêgan arêbut bênêr, suwe-suwe sangsaya amanasi wêkasan gêlut, angrêmbuki Radèn Panji Puspawilaga, sangêt kagèt tumratab ing galih, banjur wungu. Èmpêre wayah bangun esuk. Animbali para abdi tan ana ngrungu. Grumut-grumut anggugah kang abdi èstri, dikakake anggodhog wedang, abdi èstri saking kapenake turu kagèt ginugah ing bêndara, isih hayub-hayubên, tangine anggragab, anyondhol meja pacawisan wedang tèh, meja anggalimpang, teko, cangkir katut, kaya binanting tiba ing jobin, rêmuk kabèh, andadèkake dukaning bêndara. Abdi tinampiling, lumayu anunjang damar strali, pêcah tutupe, wutah lêngane, ambalabar ing jobin. Byar raina, kang abdi ora bisa cêcawis wedang, andadak tuku teko mênyang pacinan dhisik, barêng rada awan atuku tutup damar strali, damare dinandakake.

Iku ênggèr pangèmpêr-èmpêre pun kaki. Sakèh-kèhe rak kowe wong loro sing dadi jalaran, nganti kaya mêngkono kadadeane. Gugunên wong tuwa êngger, aku iki ora duwe pamrih apa-apa, mung amurih nglakoni wajibe wong dadi tuwa, lan bêcik sêlamête anak putu. Wong mêmaoni iku gampang. Ujaring wulang: sanajan amêmaoni, yèn awaton kang prayoga, lan ana paedahe. Lah iku anggonên ênggèr. Saka panêmuku, olèhmu mêmancèni carita Candhi Maling, utawa sabanjure olèhmu padha rêbut bênêr, sathithik têmên gawène. Aluwung olèhe maoni Mas Abdullatip, anggitane Radèn Mas Purwa Lêlana, iku aku rada mèlu. Ewadene bangêt andadèkake dhanganing pikirku, Mas Ngabdullatip anglumrahake kang dadi panêmune ingatase kasusastran, awit tumêkaning jaman saiki, arang kang amarsudi kasusastran, tangèh kang dhêmên ngewah-ewahi, agawe prayoga alusing ukara lan pitêmbungan, mulane ênggèr iku prayoga dibanjurke lan aja padha rêgêjêgan arêbut bênêr kaya kang wis kalakon, mundhak anggêgalak racak, Mas Wignya Panitisastra iya mêngkono uga, angguyubana lan ambiyantanana Mas Ngabdullatip.

Ing Pranaraga tanggal kaping 15 Dhesèmbêr 1866.

Kyai Kerata.

Sambêtipun wangsulan kula dhatêng Danasatata.

Mila kula botên eram dene Danasatata taksih kodhêng bab panjarwaning pitêmbunganipun eyang kula, sabab eyang kula amung sumêja jajagi kalantipaning budi, dene wontên ungêl-ungêlan malih ingkang nyamèni, kados ta ingkang kasêbut ing ngandhap punika:

Wong Samarang padha goroh, aku kalêbu wong Samarang, mulane aku iya goroh, ananging awit aku goroh, dadi wong Samarang ora goroh, yèn wong Samarang ora goroh aku iya mèlu ora goroh, amarga aku kalêbu wong Samarang.

Punapa Mas Danasatata sampun dhamang pitêmbungan kula punika, Mas Danasatata gadhah paribasan malih, ujaripun makatên: sagawon ingkang anjêgugi rêmbulan, mawi apitakèn punapa kula sampun sumêrêp têgêsipun. Wangsulan kula inggih sampun mas. Wondene maknanipun paribasan wau, tiyang ingkang anglampahi padamêlan ingkang tanpa phaidah, kados ta pangancam-ancaming Mas Danasatata dhatêng kula, sampeyan amastani bilih kula botên sumêrêp têgêsing paribasan wau, dados kasagêdan kula kathahipun utawi agêngipun namung bêras saêlas. Wangsul sarêng kula sampun dhamang, kasagêdan kula inggih taksih bêras saêlas, ananging katumpa-tumpa, rak inggih makatên ta mas. Ing wusana kula badhe pitakèn sababipun dene kula sampeyan tunggilakên akalihan Wignya Panitisastra, punapadene kula ingkang anjawabakên Radèn Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita, ngantos kawastanan cathok gawèl, punapadene kula ingkang nganggêp pujôngga dhatêng priyantun kalih wau, ngantos kawastanan agahan. Punapadene kula ingkang rumaos lêrês anggèn kula angrêbat suwala kalihan Wignya Panitisastra, ngantos kawastanan juru rumaos lêrês. Ing wusana kula katarka dhatêng Danasatata, angina priyantun kêkalih punika wau.

Wondene bab pitêmbungan kula yèn Radèn Panji Puspawilaga mêntas ing pulo Nopasembêlah, tuwin sampun nate tindak dhatêng tanah Prangkrik, Dhitsêlan, sapanunggilanipun, punika rak saking pamirêng kula kemawon. Kados ingkang sampun kula aturakên. Wondene anggèn kula pêpanggihan kalihan Radèn Panji Puspawilaga wontên ing Puspanagaran, punika lêrês. Mila kula lêbêtakên ing sêrat Jurumartani, bokmanawi Radèn Panji Puspawilaga lajêng sumêrêp sintên ingkang gadhah tandha asta:

Abdullatip, juru rumaos lêrês.

Panuwun kula ing panjênêngan tuwan ingkang mangarang srat Jurumartani, sêrat kula ingkang kasêbut ngandhap punika, mugi kêrsaa macak, minôngka atur panjurung kula.

Kula aningali sêratanipun Danasatata: ing Surakarta, ing sêrat Jurumartani: Kêmis kaping 20 Dhesèmbêr 1866 ôngka 51, têmbung pamisah: pasulayanipun priyantun kêkalih, Wignya Panitisastra kalihan Abdullatib. Suraosing sêrat pamisah, langkung sêdhêp wilêt kathah prasajanipun. Ing mangke kula saya awas, yèn priyantun Surakarta punika: èstu sami wagêd-wagêd. Katawis ênggènipun sangêtrapsagêd ngêtrap. ukara, sanès kalihan ukaraning nagari kang amônca, botên langkung kula namung amêmuji ing Subkhanahu wa tangala, mugi-mugi karaton dalêm Surakarta, lêstantuna kanggenan para abdi kang tinitah lantip-lantip, ulah kasusastran. Punika andadosakên luhuring karaton dalêm, gusti kula Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ing Surakarta, nyata têksih wontên tandhanipun, tilasing ratu binathara, ing Jawa, dene Danasatata ing Surakarta, pêpantêsipun kula têmbung anak, utawi putu, èmpêripun sami pikantukipun ing kalih-kalihipun. Kula dongakakên anak kula Danasatata ing Surakarta, mugi-mugi Gusti Allah amantuaDari kata "wantu" = selalu memberi ijin / bantuan. lêpasing galihipun.

Ing dhusun Banggala: tanah Mataram, Akhad kaping 15 Ruwah Alip ôngka 1795.

Katandhan urut saking nini, canggah Radèn Tumênggung Purwawinata, ing dhusun Banggala, ing tanah Mataram. Pawaga.

Mugi kapacaka ing sêrat Jurumartani.

Awit saking karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, andhawahakên pamrayogi namaning sêrat Jurumartani ing mangke kawangsul nama sêrat Bramartani malih, amargi Jurumartani punika ing têmbe badhe wontên para bêndara pangeran ingkang anama makatên.

Ing Surakarta kaping 23 Dhesèmbêr 1866.

Katandhan Radèn Angabèi Rônggawarsita.

Sarèhning aksaranipun agêng ingkang mungêl: Bramartani punika kêdah kadamêl rumiyin. Mila ing mangke kêdah badhe angêntosi ing sarampungipun.

Tuwan ingkang ngarang sêrat Jurumartani.

Katandhan F. W. Wintêr.

Jurumartani 2, 10 Januari 1867, hlm. 46.

Wangsulan saking Danasatata dhatêng Abdullatib.

Ing sêrat Jurumartani ôngka 52, kula nyumêrêpi wangsulan sampeyan Mas Abdullatib, kula sampeyan wastani sumbar badhe tumandang ing jurit, lawanan kalihan sampeyan tuwin Wignya Panitisastra. Punika sampeyan ragi sêling sêrêp, dèrèng dhamang ingkang dados pikajêngan kula, yêktosipun kula namung gadhah pamrih angèndêlakên udur sampeyan kalihan Wignya Panitisastra, ingkang bêbukanipun mêdal saking patrap sampeyan sakalihan. Angraosi bab kasagê- [...]Tidak terbaca, mungkin: ... danipun Radèn Panji Puspawilaga saha Radèn Ngabèi Rônggawar ... sita, mawi kapacak wontên sêrat Jurumartani akanthi sêmbranan tuwin pangerang-erang. Sanèsipun kula amêsthi kathah ingkang badhe amurinani, sabab kasagêdanipun pujôngga kêkalih wau botên sok tiyanga ingkang gadhahi, mila kula purun amêstani mêkatên, sasumêrêp kula ing nagari Surakarta kathah ingkang sami sudi amêguru utawi pitakèn bab têgêsing têmbung dhatêng pujôngga kêkalih punika.

Wondening kula piyambak, sangêt lumuh ing pabên, ingkang botên wontên paedahipun, ananging yèn kula kapêksa tumandang ing jurit, nuhun saking pangèstu sampeyan Mas Abdul, inggih kadugi anglampahi. Awit saking sêbut sampeyan. I, i, i, iya jagad dewa bathara, kula nyuwun sumêrêp rumiyin, sampeyan punapa trahipun tiyang bôngsa Hindhu, utawi punapa sampun nate anggaota dados dhalang, dene kok sagêd angandika i, i, i, iya jagad dewa bathara. Manawi sampeyan têdhak bôngsa Hindhu, mugi wontêna karsa sampeyan ambêlakakakên dhatêng kula, amêsthi kula sakalangkung ajrih apabên kalihan sampeyan, bokmanawi sampeyan ing ngajêng sampun anglampahi dados pandhita, juru nujum, tuwin juru tênung ingkang sami sugih mantra, sagêd adamêl cilakaning agêsang.

Bilih sampeyan taksih kêkah ing karsa andugèni pikarêman sampeyan anglajêngakên anggèn sampeyan pabên, botên sêja mundur sajangkah, lah bok inggih sampeyan lampahi, ananging lami-lamining dintên, yèn sampun botên wontên tiyang ingkang purun angladosi pikarêman sampeyan wau, sampeyan mugi sampun rumaos manawi unggul ing jurit, nanging rumaosa yèn sampeyan dipun ewani ing kathah.

Bab pamundhut sampeyan, kula anyaosana pitêmbungan ingkang sae-sae sasaminipun ingkang sampun kauningan ing sampeyan, mila mêkatên sampeyan ngakên rêmên sangêt ing pitêmbungan wau, sarta sampeyan ngakên botên sumêrêp dhatêng tata krama, nuwun sèwu dêduka sampeyan, kula mopo, sabab kula punika dede guru, sarta sampun anyipta, anggèn sampeyan ngakên botên gadhah ingon-ingon pitêmbungan sae punika, rak namung sêngadi kemawon, môngka yaktosipun pitêmbungan sae ingkang saking kula, sampun dumunung wontên sarira sampeyan sadaya, botên sagêd sirna salaminipun bilih sampeyan dèrèng dhumawah ing bêbaya.

Pangandika sampeyan, rumaos ginanjar bêgja kamayangan, awit sampeyan sampun manggih sarat, amurih kèndêlipun mêngsah sampeyan Wignya Panitisastra, rumaos sampeyan mêkatên punika saking pamatawis kula nasar Mas Abdul, yèn sampeyan taksih adrêng angalêm dhatêng sarira sampeyan, wah botên karsa amatêsi ing agahan sampeyan, punapa malih mêksa andugèkakên pabên kalihan Wignya Panitisastra, kula inggih angidèni, nanging ingkang angatos-atos, pun Wignya punika sapamirêng kula julig ing pabên, kathah paitanipun kang minôngka dêdamêl, wah landhêp kalamipun, sadaya kang kinarya botên nyambat ing liyan, yèn dadosa sawung abênan, sae olah gêbagipun, yèn dadosa jangkrik mèh kenging kawastanan calêlêng, ewadèntên kula kêdah-kêdah, angaturi pamrayogi dhatêng sampeyan Abdul, sadèrèngipun sampeyan anglêgani pikarêman sampeyan pabên kalihan tiyang kathah, mugi karsaa emut rumiyin dhatêng pitêmbungan utawi ungêl-ungêlan ngandhap punika, 1. sing sapa mung makolèhake awake dhewe, mung sathithik bungahe, dene bungah sathithik iku kalêbu kang luwih rèmèh, 2. sing sapa agawe gêguyon marang wong wicaksana lan marang wong bêcik, iku wong ambêbayani, malah anyênyêla marang kautaman. 3. Sing sapa duwe kêkarêpan akanthi duga lan watara, sathithik etunge kang ora katêkan, dene kang ngôngsa-ôngsa, ngadat ora katêkan kêkarêpane.

Kula sampeyan wastani kalêbêt wêwicaling tiyang ingkang dèrèng nate dipun alêm ing kathah, kula inggih narimah, anggêripun botên dipun sêngiti agêngipun kaewanan ing kathah, kados calon ing atasing sarira sampeyan. Kauningana ing sampeyan Abdul, kula punika namung anêtêpi wulang ingkang ungêlipun makatên: panarima iku rasa kang ambungahake ati, wong kang wêruh ing panarima, iku anglakoni wajibe, lan sinihan ing akèh.

Kula têmên botên gadhah pamurih, supados sampeyan angalêma kucing, sêgawon, wah kuldi kula, sabab kang sapisan kula botên gadhah ingon-ingon warni tiga punika, kang kaping kalih, mindhak kula anyuda pangalêm sampeyan dhatêng sarira sampeyan piyambak. Wondening manawi mêdal saking karsa sampeyan piyambak, badhe sudi angalêm dhatêng kewan kang dados ingon-ingon kula ing waktu sapunika, sumôngga [...]Tidak terbaca. kalilana matur rumiyin, ingon-ingon kula namung warni babi sajodho, sampun sami jêmagar wah lêma-lêma, mênggah rêrêpèn kang badhe sampeyan pangandikakên, lah punika masa boronga ing sampeyan, iba bingah kula yèn kalampahana, wah iba bingah kula yèn sampeyan karsaa angêcapi ulamipun babi wau, amêsthi salah satunggil lajêng kula pragat sakal.

Wulang sampeyan dhatêng pun thole Danasatata, bab angulur, angulir pikir sapanunggilanipun, kula alêm sae alus muradipun, botên sok tiyanga Jawi ingkang mangartos lêrês, awit punika saking panglaras kula pêpêthikan utawi tatêdhakanipun wulang ingkang kasêbut wontên ing buk Wêlandi, sanadyan kula inggih mangartos ugi murating wulang wau, nanging kula botên purun anglairakên dhatêng sampeyan pun bah Abdullatip, amargi sampeyan sampun kadunungan cacad amêmaoni, tuwin kagungan bêndana utawi meda angalêm sarira wah kasagêdan sampeyan piyambak, wondening tandhanipun yèn kula mangartos ungêling wulang sampeyan, kasêbut ing salajêngipun sêrat punika. Sarèhning pun êmbah Abdul sagêd pêparing wulang, bok inggih èngêta dhatêng wulang ingkang dipun lampahi kang wayah pun thole Danasatata, ungêlipun makatên: 1. aja ngambah marganing wong ala, balik ngambaha marganing wong adil, awit marganing wong ala anuntun marang karusakan, nanging marganing wong adil anuntun marang kabungahan. 2. aja kêkumpulan tuwin padon karo wong lonyot, lan angambah margane, dibêcik pangrêngkuhmu marang sarupaning wong, amêsthi kowe bakal disihi ing akèh.

Anggèn kula ngaturi cangkriman kewalan, wah malih paribasan, botên ta yèn kula badhe angebarakên kasagêdan kados pangandika sampeyan, yêktosipun namung sêmbranan kemawon, tiru-tiru ing sampeyan, dene karsa amundhut jarwanipun kucing buntutipun tiga, sarta amaringi paribasan: sêgawon ingkang anjêgugi kumandhanging jêgugipun. Sarèhning cangkriman kula kang sapele sampun sampeyan ulêt kados gulali, sumôngga kula ngaturi calon ulêdan malih, 1. wontên rêca nêdha kajêng, 2. wontên kacang doyan lo. Wondening manawi sampeyan karsa ngulur, ngulir pikir, angrakit pamimikirpamikir. amlêtêr karosan, kang ngantos angrêngkakakên rodha, saha angrêntêngakên êmbanan. Lah cangkriman kula kêkalih ing ngandhap punika kang mugi sampeyan batang. Yen sampeyan botên angrasaya ing liyan agêngipun dhatêng êmbah jêngandika Kyai Kerata, ingkang sampun katawis sagêd, ananging taksih karêm ing bêbanyolan, pangrakitipun adamêl gumujênging tiyang, botên ngantos anotog angên-angên sampeyan, tuwin kulit sampeyan pisah saking ing daging, amêsthi sampeyan badhe botên sagêd anjarwani cangkriman kula wau, ungêlipun makatên:

Sinom

Panunggalaning tuwuhan / asring kinarya usadi / catur lingga wastanira / ingkang kêkalih ingapti / yèn pisah andarbèni / têgês rangkêp miwah putung / dene kang kalih lingga / sakantunira ing wuri / wastanipun tos-tosan jroning sarira //

Sarkara

Wastanira kori gêng myang gêndhing / lan wastaning wastra adi warna / catur lingga aksarane / yèn pisah kalih ngayun / raning pala kapêndhêm tuwin / warnining gêgodhongan / dene ingkang kantun / kêkalih lingga ing wuntat / wastanipun sêkar seta gônda minging / kangge ing èstri priya //

Pun Abdullatib sasampunipun maos cangkriman kêkalih punika, amêsthi lajêng lêngêr-lêngêr mawi anyêbut i, i, i, iya jagad dewa bathara.

Mênggah pandangu sampeyan, punapa sababipun sampeyan kula tunggilakên kalihan Wignya Panitisastra, nuwun kula kalilana matur, mila makatên awit anggèn sampeyan anjawabakên Radèn Panji Puspawilaga, 2. Radèn Ngabèi Rônggawarsita, suraosipun mawi kanthi sêmbranan, saèmpêr nunggil manah kalihan Wignya Panitisastra, anggènipun sami amacak sêrat wontên ing Jurumartani, kang manggêpokanmagêpokan. pujôngga kêkalih wau. Sarèhning Radèn Panji Puspawilaga anggènipun anyukani panjurung cariyos wontên ing sêrat Jurumartani, botên mêdal saking pikajênganipun piyambak, namung amituruti pamrihing pra sobatanipun, môngka saupami cariyosipun wau dipun anggêp dora utawi dipun sumêlangi ing liyan, lêrêsipun ingkang dèrèng pitados punika, bilih sumêrêp têmên dhatêng tata krama Jawi, amêsthi kêdah mitêrang lantaran sêrat ibêr dhatêng ingkang mêdalakên cariyos, masa ta lajêng angundhat-undhat kalawan pitêmbungan saru, wah kanthi sêmbranan, sadaya sami kalêbêtakên wontên sêrat Jurumartani, ingkang kawaos ing kathah. Kula sapunika pitakèn, punapa kalêpatanipun pujôngga kêkalih wau, dene dipun damêl gêgujêngan wontên ing Jurumartani, kula eram sangêt, kok kados ing [...]Tidak terbaca. ... lih. Mila ingkang sami maibên ing kasusastranipun Radèn Panji Puspawilaga, 2. Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sami kula aturi emut ungêl-ungêlan kang kasêbut ing ngandhap punika, 1. Wong cêlathu goroh sawiji, ora mikir angèling gawene, awit kapêksa anganggit goroh rong puluh êngkas, ginawe angukuhake siji mau. 2. Wong kang murina marang sêmpuluring liyan, tuwin sumêdya anyirnakake bêgjane, iku aran wong jail sarta nistha.

Sampun Mas Abdullatib, kula kalilana aso sawatawis dintên rumiyin, awit kula badhe kesah gêgramèn dhatêng nagari ngamônca, botên kok namung amêndêng pabên ingkang botên wontên asilipun. Wondening yèn sampeyan taksih karsa amangsuli sêrat kula punika, inggih kalampahana, sampun mawi angantosi sadhatêng kula saking gêgramèn, sabab kula sampun amêling dhatêng sadhèrèk kula jalêr anèm kêkalih, awasta Adiwarna, 2. Sarjana sami kula purih anadhahi badhe wangsulan sampeyan ing atasing sêrat kula punika, sampun ngantos mundur sacêngkang.

Katandhan Danasatata.

Panuwun kula ing panjênênganipun tuwan ingkang ngarang sêrat JumartaniJurumartani. mugi karsaa amacak sêrat kula punika, supados anêrangna kalintuning panampinipun ingkang nama: Pawaga, dhatêng suraosing sêratipun Danasatata ing Surakarta, punapa malih supados anyumêrêpna bab katlajuking panyêratipun ingkang nama: Pawaga wau, pratelanipun kados ing ngandhap punika:

Ingkang nama: Pawaga, amastani, manawi suraosing sêratipun Danasatata punika pamisahing sulayanipun Wignya Panitisastra kalihan Abdullatip. Malah suraosing sêrat wau kawastanan sakalangkung sêdhêp wilêd kathah prasajanipun. Punika kula badhe apitakèn dhatêng ingkang nama: Pawaga, ungêl-ungêlan ingkang pundi kawastanan pamisah wau, pangraos kula piyambak botên wontên ingkang mungêl pamisah. Sampeyan kalintu ing panampi mas. Sêratipun Danasatata wau ingkang rumiyin mungêl bab anggènipun angiloni dhatêng Wignya Panitisastra ing pabênipun kalihan Abdullatip. Amargi saking sampun dados lêrêsipun. Dene suraosing sêrat ingkang wêkasan, amurinani Radèn Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita. Ing mangke kula sumôngga ing para priyantun ingkang sami maos sêrat Jurumartani, kadospundi anggènipun badhe anggalih bab suraosing sêratipun Danasatata, punapa makatên kados atur kula punapa botên.

Ingkang kaping kalihipun ingkang nama: Pawaga, wicantên makatên: Kula saya awas yèn priyantun Surakarta punika èstu sami wagêd-wagêd. Katawis ênggènipun sami ngêtrap ukara, sanès kalihan ukaraning nagari kang amônca, pangandika sampeyan punika katlajuk mas. Manawi makatên kados pangandika sampeyan. Dados botên wontên para priyantun sanès nagari ingkang sagêd angêtrap ukara kados priyantun ing Surakarta ingkang wagêd-wagêd wau. Mênggah anggèn sampeyan amastani priyantun Surakarta sami wagêd. Punika kula inggih andhèrèk. Ananging sampun mawi adamêl rêngating galihipun para priyantun ing nagari ngamônca. Manawi kula piyambak ingkang sampeyan wastani botên sagêd angêtrap ukara kados priyantun ing Surakarta, ingkang nama Puspawilaga, kula amasthi botên sakit ing manah, awit kula sampun dhamang sangêt dhatêng kawontênaning kasagêdanipun Puspawilaga wau, sanadyan ingkang nama Puspawilaga asantuna nama kaping sèkêt ing dalêm sadintên. Pamanah kula lajêng katawis kemawon saking suraosing sêratipun, ingkang palencang-palèncèng. Sapunika kula anjarwani nama: Pawaga, saèstu botên lêpat. kados ta: pa punika: puspa, wa, wi, ga, laga, dados jangkêpipun: Puspawilaga, lah kacandhak cinane gundhulan.

Ingkang punika Mas Pawaga, manawi sampeyan kenging kula rêmbagi, sampeyan ing têmbe sampun purun-purun amangsuli sêrat ingkang kapacak ing Jurumartani, sadèrèngipun sêrat sampeyan wau kapintokakên dhatêng Danasatata, mindhak wangsulan sampeyan badhe dados gêgujênganing akathah. Paribasanipun makatên: dudu bêrase kok ditêmpurake, kula amrayogèkakên. Bilih sampeyan adamêla kojah kemawon, kapacak ing Jurumartani, punika wontên pikantukipun. Kojah sampeyan rak sampun kathah, kados ta: kojah Baya Pêthak, Candhi Maling sapanunggilanipun. Punika kemawon sampeyan lajêngakên.

Wasana sampeyan badhe têmbung anak utawi putu dhatêng Danasatata ingkang sampun amurinani sampeyan. Punika kula anjurungi ing karsa sampeyan. Malah sakalangkung prayogi, manawi sampeyan kagungan putra èstri, utawi wayah èstri, pun Danasatata lajêng kapêndhêta mantu pisan.

Katandhan, Wignya Panitisastra.

Kula ningali ing sêrat Jurumartani ôngka 52, sêratipun Wignya Panitisastra ing Kudus, têmbung angikal pabên masang drigama, para priyantun agêng alit, kang sami tampi sêrat Jurumartani, sadaya sami mirsani sasêratanipun Wignya Panitisastra, ingkang wiwitan, pitakèn bab Candhi Maling, pitakènipun punika, punapa botên kenging dipun wastani pitakèn dêgsura wadhag ruwag-ruwag. Kangjêng Guprêmèn Walandi ingkang ngasta Os indi sadaya, mênawi wontên pêrlunipun, kêrsa andangu dhatêng satunggal tiyang, botên kalayan têmbung dêgsura mêngkatên. Suprandosipun Wignya Panitisastra, masang drigama, ênggènipun pitakèn punika, kaanggêp têmbung sae manis arum, sarta sakathahing tiyang, dipun wastani repot lan cotho, namung Wignya Panitisastra piyambak ingkang punjul ing sabumi, ngêpak kasagêdaning tiyang kathah, pangakênipun botên nêdya kagunggung tiyang, namung nêdya lêrês, pangraosipun punapa Wignya Panitisastra piyambak kang nêdya lêrês, yèn tiyang Surakarta: sami botên nêdya lêrês, ponpun. sak jam pakunjaran Surakarta kêbêk tiyang botên lêrês, kawêwahan malih pakunjaran ngantos sak pal panjangipun, mêksa kirang panggenan. O, sanadyan tiyang nêdya lêrês, yèn ngangge lêrêsipun piyambak botên mupakat ing kathah, punika [...]Tidak terbaca. têksih ngasta kukum, tiyang kang ngangge lêrêsipun piyambak wau, kukumipun kabêsmi, sak zus kalihan tiyang kang ngakên Mukhamad khakiki, sarèhning wêwangsul kula dhatêng Wignya Panitisastra, sampun kula kancing: kula titimangsani, samangke masanga drigama: kados bèthèt sèwu, kapacak ing Jurumartani, sampun botên angsal wangsulan malih saking kula, awit ing ngajêng kula kêtambêtan dhatêng Wignya Panitisastra, kula wastani tiyang Jawi nunggil agami kula Mukhamad. Ing mangke srapatipun kula laras-laras, kang sring-asring kasêbutakên ing têmbung, Alpuru, Bugis. Têtelanipun dhasar bôngsa Alpuru, dede bôngsa Jawi, môngka yèn tiyang Alpuru punika, botên gadhah agama, namung drigama kang dipun sungkêmi, mila pirêmbag utawi kawruhipun, botên sagêd cècèg kalihan bôngsa Jawi agami Mukhamad. Para priyantun kang sami anjawab sasêratanipun Wignya Panitisastra, kula mriyogèkakên kula purih sami kèndêl. Dipun jawaba ngantos sadasa taun laminipun, mangsi sagêda rujuk utawi cècèg, kawruhipun tiyang Alpuru: kang tanpa agama: namung drigama kang pinasang ing wêwangsul, wah pitêmbunganipun kotor, dêlasan tai, kapacak ing Jurumartani wraksawrêksa. candhana, dilèh wrêksa tai, môngka Jurumartani punika, kang maos para agêng-agêng sapulo Jawi, punapa botên saru: dipun trapi têmbung kotor-kotor, yèn kula dadosa lètêrsètê, botên kula pacak wontên têmbung kotor mêngkatên, inggih tiyang Alpuru, satus taun mangsi cècèga: têmbungipun kalih têmbung Jawi, sanès kados bôngsa Walandi, agamanipun Kristên. Bôngsa Jawi, agamanipun Mukhamad, kalih-kalihipun sami gadhah agami, sabarang kitabipun, karujukakên kalihan kitabipun tiyang Jawi: kang sangking Arab, cècèk sadaya, dêlasan têmbungipun, têmbung Jawi: karujukakên kalih têmbung Walandi: cècèk sadaya, mila wontên Wurdhên buk têmbung Jawi: lan têmbung Walandi, têmbung Walandi: kacècèkakên kalihan têmbung Alpuru, botên cècèg. Awit tiyang Alpuru tanpa agama, namung drigama kang dèn ulah, yèn têmbung Alpuru cècèga kalih têmbung Walandi, tamtu wontên Wurdhênbuk têmbung Alpuru lan têmbung Walandi, kula dèrèng mrangguli: O: kônca priyantun, dene sami kalêbêtan Alpuru tulèn, botên wontên sami mirsa, ongwêl sangêt para priyantun sami jawab-jinawab kalihan Alpuru, wontên paribasan kalêbon Cina gundhulan, punika namung têmbung paribasan. Ing mangke para kônca priyantun, nyumêrêpi piyambak, dede paribasan, sami kalêbêtan Alpuru blèkèn. Angincih badhe nêlasakên kathok kalihan kêmuling pujôngga, inggih tiyang Alpuru tanpa agama, kadipundi ênggène sumêrêp ing ibarad, sumêrêpipun namung ênggène badhe dhèdhèl-dhèdhèl kathok sakêmuling pujôngga.

Dene pujôngga, katêdha kathokipun, malah kêmulipun kasukakakên, punika priyantun kônca piyambak kang sami nunggil agami Mukhamad, kula sêrêpakên, namung kadamêl ngibarad. Kados ta upaminipun, wontên satunggal tiyang: gadhah têmbung dhatêng pujôngga, kula mugi sampeyan paringi bêrkah carakan sastra Jawi kalih dasa, supados kula sagêda maos sêratan Jawi: lan nyêrat Jawi, pujôngga: amangsuli, aku iya mitulungi kisanak ing sapanjalukmu iku, iki tampanana carakan sastra Jawa rong puluh iji, ananging kisanak, sanadyan kowe wus wêruh rupane sastra Jawa rong puluh iji iku, yèn kowe ora sumurup sandhangane, lan pasangane, iya durung bisa maca: lan anulis. Iki kowe tak wèhi manèh sandhangane sastra Jawa rongpuluh iku, lan pasangane, malah iki tak wèhi uran-uran pisan patang pada, yèn kowe wus lanyah ora lali rupane sastra rong puluh mau, sak sandhangane lan pasangane, banjur lakokna ing uran-uran patang pada iki, yèn wus bisa nglakokake, ing kono kowe bakal bisa maca, lan bisa sinau nulis, punika priyantun kônca, kang dipun ngibaratakên pujôngga: jinaluk kathoke: malah kêmule disukakake, yèn tiyang Alpuru: catho-catho botên sagêd ambudi, dipun wêstani kathok lan kêmul yêktos, lumajêng angêmpêt, ngupadosi griya pujôngga, badhe nêdha kathok lan kêmul. O priyantun kônca, dene sami kalêbêtan Alpuru blèkèn, sumôngga sami bibaran priyantun kônca, kêpatos-patos nanduki tiyang Alpuru tanpa agama, kadamêl punapa.

Katandhan dening Radèn Panji Puspawilaga.

--- 11 ---

Jurumartani 3, 17 Januari 1867, hlm. 49.

Wangsulanipun Danasatata dhatêng Wignya Panitisastra.

Kula sampun sumêrêp wangsulan sampeyan Mas Wignya, ingkang kawrat ing sêrat Jurumartani, ôngka 1, sampeyan amêstani yèn pitêmbungan kula: badhe salin mêngsah: punika kabantêrên, dados rujuk kalihan pangintênipun Abdullatib, mila ngantos kalampahan kula sulaya kalihan piyambakipun. Kula piyambak sayêktosipun botên niyat mêngsahan kalihan sampeyan utawi kalihan Abdullatib, ing atasipun prakawis ingkang tanpa paedah. Wondening pamrih kula namung amisah anggèn sampeyan pabên kalihan Abdullatib. Mênggah pitêmbungan kula: badhe salin mêngsah, punika sampeyan mugi sampun tumut sêling sêrêp. Pikajêngan kula mêkatên: sapamirêng kula kathah ingkang murinani dhatêng Pujôngga Radèn Panji Puspawilaga, 2. Radèn Ngabèi Rônggawarsita, lah tiyang kathah punika ingkang badhe nglawan udur kalihan sampeyan tuwin Abdullatib, sêsamènipun Sumanggèngkarsa, Dèn Lara Itêm, tuwin Tanpawignya. Kula ragi kodhêng ingkang dados karsa sampeyan, dene kula sampeyan purih apitakèn dhatêng pujôngga kêkalih wau bab samukawis ingkang dèrèng dipun sumêrêpi, ing atasipun kasusastran Jawi tuwin Kawi pujôngga sakalihan punika amêsthi ngungkuli kula, tuwin sampeyan, wah Abdullatib, dados sadaya ingkang dèrèng dipun sumêrêpi ing pujôngga wau, kula, sampeyan tuwin Abdullatib tamtu dèrèng sami nyumêrêpi ugi, sarta badhe botên sagêd apitakèn. Mênggah samukawis ingkang sampun kasêrêpan dhatêng pujôngga kêkalih punika, kula, sampeyan sarta Abdullatib sampun pasthi taksih sami katilapan.

Mas Wignya Panitisastra sasampunipun angandika, bab jajaging kasagêdanipun Radèn Panji Puspawilaga, wah repoting pandamêlipun pitêmbungan, wontên malih poyokanipun kados kang sampun kasêbat ing sêrat Jurumartani, Mas Wignya lajêng mawi andangu dhumatêng kula, punapa Mas Wignya lêpat punapa lêrês. Ingkang punika kula matur satêmênipun, ananging sampun kagalih bau kapinikapine. saha sampun andadosakên sêling sêrêp utawi dêduka sampeyan, mênggah atur kula kasêbut ing ngandhap punika:

Wontênipun pabên kang manggêpokan Radèn Panji Puspawilaga, 2. Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sampeyan ingkang miwiti, bêbukaning pitakèn sampeyan dhatêng Radèn Panji Puspawilaga, akanthi pitêmbungan ingkang nyêrikakên manah, cêkakipun makatên: sampeyan amêstani utawi angintên, yèn cariyos bab Candhi Maling, punapa pêthikan saking sêrat Alpuru, utawi sêrat Bugis, mênawi sanès punika, punapa anggitanipun Radèn Panji Puspawilaga piyambak, angsal saking anggènipun supêna. Salajêngipun sampeyan angraosi bab kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, prasasat maibên, jalaran saking kojahipun satunggiling khaji, ingkang ngakên sampun nate pêpanggihan kalih Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sarta dipun dongèngakên Andhe-Andhe Lumut, Uthak-Uthak Ugêl, mawi rinêngga ing têmbung Kawi. Kula eram sangêt, dene sampeyan sarêng mirêng kojahipun khaji wau, lajêng amradinakênkawradinakên. pitakèn wontên sêrat Jurumartani, mawi angina ing kasagêdanipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita. Sampeyan piyambak sampun ngakên rêmên amarsudi ing kasusastran, wah sampun nate maos sawarninipun sêrat Jawi Kawi, punapa inggih yèn sampeyan dèrènga sumêrêp, manawi Andhe-Andhe Lumut, tuwin Uthak-Uthak Ugêl wau dongèngipun lare alit, sampun mokal bilih wontêna pujôngga ingkang ajêng nêgêsi ing têmbung Kawi. Sarèhning Radèn Panji Puspawilaga, 2. Radèn Ngabèi Rônggawarsita gênah padununganipun wontên nagari ing Surakarta, môngka sampeyan dèrèng nate pitêpangan kalihan priyantun kêkalih punika, anggèn sampeyan macak sêrat wontên ing Jurumartani punapa sampeyan galih prayogi. Patrap sampeyan makatên punika sasamènipun angupadosi tiyang durjana utawi tiyang nyambut ingkang sami miruda, sarta botên gênah pakèndêlanipun. Lêrêsipun sampeyan ing ngajêng akintuna sêrat ibêr kang sae pitêmbunganipun, amêsthi sampeyan angsal bathi kang mêdal saking sakawontênaning kasagêdanipun pujôngga sakalihan wau. Ing mangke panimbang kula, ing atasipun prakawis punika ingkang kalêpatan sampeyan, ewadene kula inggih anyumanggakakên ing panimbangipun têtiyang sanès.

Aliya punika kula badhe matur sakêdhik malih, sarêng Mas Wignya sampun macak sêrat wontên ing Jurumartani, wontên tiyang ingkang api-api anjawabakên Radèn Panji Puspawilaga, 2. Radèn Ngabèi Rônggawarsita, inggih punika pun Abdullatib, ananging panjawabipun kanthi sêmbranan, katawis saking anggènipun nyariyosakên [...]Tidak terbaca. kang sami kaambah dhatêng Radèn Panji Puspawilaga tuwin namaning pulo êntasipun Radèn Panji wau, punapa malih bab anggènipun pêpanggihan wontên kampung Puspanagaran. Sadaya punika kula purun mêstani dora, sabab Radèn Panji Puspawilaga kala rumiyin namung dhatêng nagari Eropah, antukipun ngajawi wilujêng. Têmên Radèn Panji punika sampun nate dhatêng kampung Puspanagaran, nanging mêrtamu dhatêng swargi Radèn Tumênggung Puspanagara, botên dhatêng griyanipun tiyang alit, ingkang asring dipun sabani Abdullatib, sabên badhe andugèni pikajênganipun ingkang saru yèn kawêdharna wontên ing Jurumartani.

Ing wusana pangajêng-ajêng kula, Mas Wignya Panitisastra, 2. Mas Abdullatib mugi sami karsaa anglampahi pêpelingipun kang êmbah Kyai Kerata, kasêbut wontên sêrat Jurumartani ôngka 1, kula piyambak inggih rumaos sakêdhik damêlipun, bilih tiyang pabên namung rêbut lêrês, kang botên wontên paedahipun. Mênggah Kyai Kerata anggènipun angèmpêr-èmpêr supênanipun Radèn Panji Puspawilaga, punika botên kula manah lêrês utawi botênipun, kula namung anggadhahi pangintên manawi Kyai Kerata, sanadyana sampun yuswa sêpuh, watêkanipun rêmên bêbanyolan, dene katingal sagêd angathik-athik ingkang damêl gujêngipun ing tiyang.

Kula piyambak inggih purun angaturi panjurung wulang dhatêng Kyai Kerata, bokmanawi kang wayah sakalihan pun Wignya Panitisastra, tuwin pun Abdullatib sami karsa angèstokakên, ungêlipun makatên. 1. Sawiwijining wong wajib ngarah bisa amaedahi pêpadhane tumitah. 2. Ing sajroning kabungahan sêsêmbranan aja pisan kongsi kasêron, andadèkake laraning awak tuwin sêriking ati.

Katandhan Danasatata, kang sapunika sawêg wontên ing nagari ngamônca.

Wangsulan saking Abdullatib.

Kula amaos malih sêrat jawabipun Danasatata, kapacak ing Jurumartani ôngka 2, mênggahing pangandikanipun yèn kula ragi sêling sêrêp. Dèrèng dhamang ingkang dados pikajênganipun, yêktosipun Mas Danasatata piyambak ingkang taksih kodhêng sangêt dhatêng anggitanipun piyambak, ikang kalêbêtakên ing Jurumartani ôngka 51, bilih sampeyan namung gadhah pamrih angèndêlakên udur kula akalihan Wignya Panitisastra, sampeyan kula aturi ngatrapakênngêtrapakên.

pitêmbungan ingkang ragi alus sakêdhik. Sampun mawi nyêbutakên makatên. Ing wusana Abdullatib kalihan Wignya Panitisastra kula purih kèndêl anggènipun angraosi bab kasagêdanipun Radèn Panji Puspawilaga tuwin Radèn Ngabèi Rônggawarsita, yèn botên makatên saèstu salin mêngsah ingkang murinani dhatêng pujôngga kêkalih wau, lah sumôngga pitêmbungan makatên punika punapa dede panantang, punapa botên kenging kula wastani sumbar badhe tumandang ing jurit, pangraos kula piyambak ungêl-ungêlan makatên punika botên angrujukakên. Malah-malah amêmanasi mila lêrês pangandikanipun Wignya Panitisastra, manawi pitêmbungan makatên punika kabantêrên. Sapunika kula badhe pitakèn. Ingkang sêling sêrêp sintên. Kula punapa Mas Danasatata, ing sak punika kula badhe yêktosakên yèn wangsulanipun Danasatata lêpat sadaya, Danasatata amastani yèn bêbukaning udur mêdal saking patrap kula tuwin patrapipun Wignya Panitisastra, punika lêpat mas. Sabab ingkang dados bêbukaning udur, inggih punika Wignya Panitisastra, sampeyan rak sampun sumêrêp têgêsipun têmbung bêbuka, wangsul pun Abdullatip, amung cumathèk kemawon, kok bêbukanipun udur botên. Sampeyan sampun sêling sêrêp mas, manawi karsa angrêmbag prakawis, utawi badhe jumênêng dados juru pamisah.

Sasêbutan sampeyan yèn kula tuwin Mas Wignya angraosi kasagêdanipun pujôngga kêkalih, kanthi sêmbranan tuwin pangerang-erang, inggih ugi taksih têbih sangêt saking lêrês. Awit ingkang ngraosi kasagêdanipun pujôngga kêkalih, kanthi sêmbranan tuwin pangerang-erang, rak sadhèrèkan sampeyan pun Wignya Panitisastra, kula punika amung agahan atatulung dhatêng priyantun ingkang kalêpatakên tanpa dosa. Danasatata amastani manawi piyambakipun sangêt lumuh ing pabên, ingkang botên wontên paedahipun. Ananging yèn piyambakipun [...]Tidak terbaca. tumandang ing jurit inggih kadugi anglampahi.

Pitêmbungan makatên punika inggih taksih nyimpang saking lêrês. Sabab manawi tiyang lumuh ing pabên saèstu ragi lami anggènipun kintun wangsulanipun. Môngka Danasatata anggènipun mangsuli sêrat kula tingalipun kasêsa sangêt. Wangsul ingkang mêksa ing sampeyan tumandang ing jurit sintên. Kajawi yèn sarira sampeyan piyambak ingkang karsa dados juru pamêksa, bilih makatêna pitêmbungan sampeyan ingkang kirang patitisipun. Danasatata anêdha sumêrêp ing kula, punapa kula trahipun tiyang bôngsa Hindhu, tuwin punapa sampun nate anggaota dados dhalang, dene kok sagêd angandika i, i, i, iya jagad dewa bathara. Wondene pitakèn punika botên kadunungan raos sakêdhik-kêdhika, tuwin lêpat ugi, saking panggalih sampeyan punapa ngêmungakên trahing bôngsa Hindhu kemawon. Utawi dhalang, ingkang sumêrêp dhatêng pitêmbungan, iya jagad dewa bathara, mila lêrês sampeyan mas, kula punika trahipun bôngsa Hindhu, tuwin sampun nate dados dhalang, wah ing ngajêng dados pandhita, juru nujum, tuwin juru tênung, ing wusana kakulawisudha dados juru maos lêrês. Pangkat kula sadaya gunggung 12, ananging ingkang damêl bilai kula 13, sarèhning sampeyan ing sapunika sampun sumêrêp bilih kula asli bôngsa Hindhu, punapa sampeyan botên sakalangkung ajrih pabên kalihan kula, sabab kula sugih mantra, sagêd adamêl cilakaning agêsang.

Sêbut sampeyan bilih ing têmbe botên wontên tiyang ingkang purun angladosi pikarêman kula pabên, kula kapurih sampun rumaos manawi unggul ing jurit, ananging rumaosa yèn kula dipun awoni ing akathah, sêbutan punika lêpat, awit sintên-sintêna ingkang badhe kèndêl anggènipun raos-rinaosan kalihan Abdullatip, punika katitik manawi têlas budinipun. Sabab kula botên angoncati pitakèn kados sampeyan. Anggèn kula jawab prakawis botên mawi malumpat kidang kados sampeyan. Botên mawi amêmoyoki, dados angsal pintên prakawis dene sampeyan gadhah pitêmbungan makatên. Bokmanawi sampeyan ingkang badhe nginggati pitakèn kula, sokur Mas Danasatata dene sampeyan sampun dhamang pikajêngan kula, bab ingon-ingon sampeyan warni pitêmbungan sae, ananging anggèn sampeyan botên purun anglairakên dhatêng kula punika kula lêpatakên. Punapa amung guru kemawon, ingkang wajib anyukani piwulang dhatêng sanèsipun, pangraos kula botên. Sarupining tiyang ingkang gadhah sasêrêpan, yêktosipun wajib ambêlakakakên dhatêng sintên-sintêna kemawon ingkang dèrèng sumêrêp, dados amadhangakên pamikiripun ingkang taksih katutupan ing bodho.

Mas Danasatata amastani, yèn rumaos kula sampun manggih sarat amurih kèndêlipun Wignya Panitisastra, punika nasar, bilih makatêna mas, ingkang nasarakên inggih pitêmbungan sampeyan, sumôngga sampeyan kula aturi maos malih wangsulan sampeyan ingkang kapacak ing Jurumartani ôngka 51. Sanadyana Wignya Panitisastra juligipun ing pabên anglangkungi, kula inggih purun anyêmbadani, sabab tiyang julig dèrèng sagêd anyêpêng wêlut ingkang dipun lisahi, Mas Danasatata anyukani pamrayogi, ing sadèrèngipun kula anglêgani pikarêman kula pabên akalihan tiyang kathah, mugia mèmutemut. rumiyin dhatêng pitêmbungan tigang bab, kula badhe pitakèn ing sampeyan mas, ingkang sampeyan wastani tiyang kathah, cintênsintên. kula botên rumaos badhe pabênan akalihan tiyang kathah, wah kula sampeyan lolohi ungêl-ungêlan tigang bab punika, karsa sampeyan kemawon punapa, wong bocah wingi sore bae reka-reka amènèhi pamrayoga marang si kaki, sakêdhik damêlipun mas, tur angêbak-êbaki lêlowongan Jurumartani, môngka kula manawi amirêngakên utawi amaos pitêmbungan ingkang kados makatên, sumêja badhe luntak, apêsipun inggih mulês. Sêrat pêpali utawi Darma Wasita sakpanunggilanipun, ingkang dipun gêpok amung Wulangrèh kemawon, tur ingkang nganggit botên kadugi anglampahi piyambak. Mila pandhita manawi khutbah asring ngêdalakên pitêmbungan makatên. Kowe kabèh padha anggugua pêpituturku, aja miturut ing kalakuanaku, ananging bokmanawi awit saking andhap asoring budi.

Mas Danasatata saking pangandikanipun sampun narimah, dèrèng nate dipun alêm ing tiyang, anggêripun botên dintên dipun sêngiti agêngipun kaewanan ing kathah. Lah punika saking pamanggih kula èwêd mas, bilih sampeyan dipun sêngiti ing kathah, sabab botên wontên tiyang ingkang badhe sagêd mastani watêsing kathah, [...]Tidak terbaca. nipun kathah akalihan botên kathah, amung satunggal. Bilih sampeyan dèrèng gayuh pitêmbungan kula wau, ing mangke badhe kula têrangakên malih, wontên guru satunggal pitakèn dhatêng muridipun, bilih tiyang buthak punika kêdah anggadhahi rema pintên iji, murid botên sagêd mangsuli, tumuntên gurunipun pitakèn malih makatên. Yèn wong mau anduwèni rambut satus iji, apa kêna diarani buthak, murid mangsuli, kenging, guru pitakèn malih, lah yèn satus iji, wangsulanipum murid inggih taksih kenging, sarêng sampun dumugi 200, pangraosipun murid sampun kêkathahên. Mila lajêng amangsuli, manawi remanipun ngantos 200 iji, sampun botên kenging kawastanan buthak. Môngka Mas Danasatata, nalika dumugi 199 murid taksih amastani buthak, sarêng kawêwahan satunggal malih punika pangraosipun sampun botên kenging kawastanan buthak. Panuwun kula mas, kula sampun sampeyan wastani sugih kojah, Danasatata kagungan piwulang rèh malih ungêlipun makatên. Panarima iku rasa kang ambungahake ati, wong kang wêruh ing panarima, iku anglakoni wajibe, lan sinihan ingakèh, muradipun pitêmbungan makatên punika saèstu sae, ananging punapa sampeyan sampun tandhingakên akalihan lêlampahanipun jaman sapunika, têmbung panarima wau kêdah sampeyan pêndhêt têgêsipun ingkang lêrês, botên ngêmungakên panarima sampeyan kemawon, dene botên dipun sêngiti ing akathah, kawuningana mas, têmbung panarima ing jaman sapunika sampun sirna, meja punika inggih sampun narimah dados meja, botên wontên panggrundêlipun sakêdhik-kêdhika, anggènipun kapêsthèkakên botên sagêd wicantên inggih sampun narimah, wangsul sampeyan yèn botên narimah kemawon ing atasing samukawis ingkang ginantungakên ing sarira, punapa badhe grundêl mêmancèni tapêl adaming manusa, ananging kula dèrèng manggih tuladanipun, dene tiyang ingkang sumêrêp dhatêng panarima punika sinihan ing akathah, dene Radèn Panji Puspawilaga ingkang sampun kalêbêt pujôngga, mêksa botên narimah dipun waoni ing Wignyapanitisastra, mila botên patosa prayogi dene sakathahing tiyang sami narimah, sampeyan piyambak kula pêthèk taksih dèrèng narimah, kayaktosanipun sampeyan punika taksih ngupados arta, ngupados kawruh, ngupados amal kadonyan sapanunggilanipun. Pangraos kula piyambak tiyang ingkang sampun narimah punika sampun botên ngupados punapa-punapa malih, ngêmungakên panarima, kula mugi sampeyan têrangana sajatinipun tiyang narimah. Pangandika sampeyan mas, yèn botên gadhah pamurih, angalêma kucing, sêgawon, tuwin kuldi sampeyan, sabab botên gadhah ingon-ingon kewan wêrni tiga punika, pangandika wau anelakakên yèn sampeyan dèrèng pisan-pisana gayuh êlidipun pitêmbungan kula, agalipun kemawon ingkang sampeyan sumêrêpi, alusipun botên katingal, wah malih anêrangakên yèn botên pisan kadunungan holansê idhe, taksih Jawi tulèn. Katitik saking wangsulan sampeyan bab babi sami jêmagar lêma-lêma, sapunika kula gadhah pamrayogi ing sampeyan. Buntutipun babi sampeyan punika prayogi sampeyan sabuni, manawi sampun tumuntên kaplajêngakên. Sampeyan ingkang anyêpêngi buntutipun. Pratingkah ingkang kados makatên punika kathah paedahipun ing atasing tiyang ingkang dèrèng kadunungan holansê idhe.

Kula sampun sampeyan wastani sumêja sasêmbranan lo mas. Sabab kula mirêng ing nalika pujôngga dio ênès, katêdha wulang têmbung latin. Supados katamana ing dalêm tigang dintên. Piwulangipun tiyang wau kapurih nêdha kênthang panas, akanthi pêplajêngan. Ingkang nama Danasatata amastani manawi wulang kula dhatêng pun thole Danasatata, bab angulur, angulir pikir sapanunggilanipun, papêthikan utawi tatêdhakanipun wulang ingkang kasêbut ing buk Walandi, bilih makatêna kula mugi sampeyan dhamangakên namaning buk wau, wah malih Danasatata angakên sampun mangêrtos ugi murading wulang wau, nanging botên purun anglairakên. Pandugi kula anggènipun botên purun wau jalaran saking ajrih manawi lêpat. Dados anelakakên yèn mas Danasatata, dèrèng mangartos sakêdhik-kêdhika dhatêng maknaning piwulang kula sabab tiyang ingkang sampun kêkah ing sêsêrêpanipun dhatêng sarupining piwulang saèstu botên taha ambêlakakakên.

Wangsulan punika taksih wontên sambêtipun malih.

Katandhan Abdullatib.

Panuwun kula dhatêng tuwan ingkang ngarang sêrat Jurumartani: ingkang mugi-mugi sêrat kula punika kapacak ing sêrat Jurumartani.

Kula sampun rambah-rambah, aningali sêrat Jurumartani, ingkang mawi katandhan dhatêng Mas Wignya Panitisastra, priyantun nagari Kudus.

Ingkang punika, kok andadosakên kapinginipun ing manah kula, apitêpangan kalih Mas Wignya Panitisastra: wangsul Mas Wignya Panitisastra, mugi angrêsakna apitêpang kalih kula, botên langkung kula badhe nyuwun piwulang, mugi Mas Wignya Panitisastra ambêrkahana kawignyan dhatêng kula, dene ingkang kula suwun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

1. Bab wontên pandhita kathahipun papat sami tapa wuda, ingkang satunggal lênggah sila panggung majêng ngetan, astanipun èpèk-èpèk kapangku, sami mlumah, kang kiwa wontên ngandhap, kang têngên tumumpang wontên nginggil.

Ingkang satunggal lênggah sila panggung majêng ngidul, astanipun ingkang kiwa kapangku sarta mlumah, ingkang têngên, katumpangakên ing dhêngkul kalih mêngkurêp, saingga nyêpêng jêngku.

Ingkang satunggal lênggah sila panggung majêng mêngilèn, astanipun ingkang kiwa dipun pangku, sarta mlumah, ingkang têngên katumpangakên ing dhêngkul, inggih mlumah.

Ingkang satunggal lênggah sila panggung majêng mêngalèr, astanipun ingkang kiwa dipun pangku sarta mlumah, ingkang têngên anyêngkah wontên sanginggilipun ing dhêngkul kang têngên.

Ingkang punika, pandhita sakawan wau ingkang dados pikajênganipun satunggal-satunggal punapa. Ingkang majêng wetan kadospundi kajêngipun: ingkang majêng ngidul kadospundi, ingkang majêng ngilèn kadospundi. Ingkang majêng ngalèr kadospundi kajêngipun.

2. Bab sajatinipun tiyang bodho ingkang pundi, utawi sajatinipun tiyang wagêd ingkang pundi.

3. Bab sajatinipun bayi, punika kadospundi utawi sajatinipun bocah têlu sajatinipun wong anom papat sajatinipun wong tuwa punika ingkang pundi.

4. Bab sajatinipun tiyang awon punika ingkang pundi utawi sajatinipun tiyang sae.

5. Bab sajatinipun padhang kalih sajatinipun pêtêng punika ingkang pundi.

6. Bab sajatinipun ingaingkang. jêmbar kalih sajatinipun inga rupêk punika ingkang pundi.

7. Bab sajatinipun ing budi rumôngsa, punika ingkang pundi.

Sabab wontên ungêl-ungêlan makatên: kowe [...]Tidak terbaca. môngsa. Ingkang punika, panuwun kula bêrkah dhatêng Mas Wignya Panitisastra pitung prakawis wau. Prakawis wau ingkang mugi kawangsulan wontên sêrat Jurumartani kimawon.

Anjawi sangking punika Mas Wignya Panitisastra, bilih kaparêng sangking karsa sampeyan, bab udur punika, prayogi sampun kalajêng-lajêng, midhakmindhak. nguwurakên panggalih sampeyan kang pêrlu-pêrlu, wangsul Radèn Panji Puspawilaga kalih Radèn Ngabèi Rônggawarsita wau, prayogi kaprêsobata, tur mindhak amêwahi dhatêng kasusastran sampeyan. Sabab, priyantun kêkalih wau sampun sami kawical ahli sastra, titi.

Sinêrat tanggal kaping 26 wulan Dhesèmbêr 1866.

Katandhan juru sêrat Kawadanan Kumisi Bogormas, Jayakarsa.

--- 12 ---

Jurumartani 4, 24 Januari 1867, hlm. 54.

Kula sampun maos sêratipun ingkang nama Jayakarsa, juru sêrat Kawadanan Kumisi Bogormas. Kapacak ing Jurumartani kaping 17 JanawariJanuari. 1867 ôngka 3, suraosipun, Jayakarsa kapengin atêpangan kalihan kula, sarta anyukani pitakèn pitung prakawis. Kula kapurih amangsuli kawrat ing sêrat Jurumartani.

Ingkang punika wangsulan kula sarèhning Jayakarsa sampun amastani piyambak, bilih priyantun kêkalih: Radèn Ngabèi Rônggawarsita tuwin Radèn Panji Puspawilaga sampun sami kawical ahli sastra, malah mawi amratelakakên, manawi kula kapurih amrasobata priyantun kêkalih wau, ing mangke Jayakarsa kula aturi maos sêratipun kaambal-ambalana, bok manawi dèrèng anggalih ingkang dados suraosipun ingkang sayaktos. Pun Wignya Panitisastra botên kêkilapan bab anggènipun kajunjung kaantêbakên dening Jayakarsa, kula kapurih prasobatan kalihan Radèn Ngabèi Rônggawarsita tuwin Radèn Panji Puspawilaga, supados wêwaha ing kasusastran kula, sabab priyantun kêkalih wau sampun sami kawical ahli sastra, pitêmbungan makatên punika punapa botên sampun anelakakên ing kablingêripun Jayakarsa, manawi sayaktos kados wicantênipun Jayakarsa, punapaa piyambakipun botên purun anêdha wulang dhatêng priyantun kêkalih wau, bab pitakènipun pitung prakawis ingkang badhe kadamêl anôndha kasagêdanipun tiyang. Tiyang badhe atêpangan kalihan tiyang botên makatên lampahipun. Manawi Radèn Lara Itêm, Sumanggèngkarsa, Tanpawignya, tuwin Puspawilaga bokmanawi kenging sampeyan junjung antêbakên. Andadosakên kabingahanipun. Amargi sami botên sagêd anggayuh rosing pikajêngan sampeyan. Puspawilaga lajêng mongkok. Sarêng maos sêratipun Danasatata, lah punika pratandhanipun ingkang sayêkti bab kengingipun kaonggrong, dados tiyang tanpa kalantipan manawi pitêmbungan wau sampeyan êmpakakên dhatêng kula, amasthi kalis kados lisah kalihan toya, punapa malih pitêmbungan ingkang kados makatên wau sanadyan kawangsulana kalayan panjarwa ingkang sakalangkung têrang, dèrèng kenging dados pratandhaning kasagêdanipun tiyang, malah kenging kaupamèkakên kados sagawon ingkang anjugugi rêmbulan. Awit woh jêram punika dhawahipun botên têbih saking uwit. Punapa sampeyan mangêrtos pitêmbungan punika, manawi sampeyan botên sumêrêp têgêsipun pitêmbungan wau, kula amrayogèkakên bilih sampeyan apitakèna dhatêng Abdullatip, piyambakipun amêsthi sumêrêp têgêsipun. Awit saking kadunungan holansê idhe. Ingkang sampeyan alêm ahli sastra wau kalih pisan botên gadhah holansê idhe. Punapa sampeyan anggalih wangsulanipun Puspawilaga sampun lêrês bab holansê idhe, o punika taksih anyimpang têbih, pandugi kula pun Abdullatip anggènipun anggêgujêng wangsulanipun Puspawilaga ngantos akêbut-kêbut wêtêng, sayaktosipun kula piyambak ingkang dèrèng purun amêlèhakên dhatêng Puspawilaga, awit kula manah tanpa damêl. Tiyang kula sampun sumêrêp. Bilih botên wontên èmpêripun kadunungan holansê idhe.

Wasana kula gadhah pamrayogi, manawi sampeyan taksih anggadhahi sêrik ing panggalih dhatêng Wignya Panitisastra, mugia macak kasêrat malih wontên ing Jurumartani, supados wangsulanipun andadosna panglipuring galih sampeyan.

Katandhan Wignya Panitisastra.

Tuwan ingkang ngarang sêrat Jurumartani kula aturi amacak sêrat kula ing ngandhap punika.

Kula sarêng maos sêrat Jurumartani ôngka 1, wêkdalipun ing taun punika, ingkang mawi katandhan dhatêng Kyai Kerata, sakalangkung-langkung bingah tuwin sukur kula, prasasat tiyang agring manggih usada, sababipun makatên: nalika ing nagari Surakarta wontên banjir agêng, kula kaecalan tiyang sêpuh prênah paman kula, ingkang kala samantên kesah ngili botên kantênan purugipun. Antawis sataun laminipun, sarêng sampun tita kula botên angsal pawartos bab paman kula wau, sakalangkung susah ing manah kula, ing batos kula anamtokakên bilih pun paman amêsthi sampun katiwasan pêjah kèli, kalampahan kula sidhêkahi manut ing adat, pun paman punika kala alit nama pun Dowèh, sarêng ngajêngakên emah-emah ngalih nama Drêmbajaya, sasampunipun apêputu karan Kyai Kerata. Kala rumiyin rêmên amarsudi kasusastran, dhatêng gêndhing sakêdhik-sakêdhik inggih sumêrêp, punapa malih sugih kawanuhan, awit pun paman rêmên kaklêmpakan sarta gêgujêngan, tampènipun dhatêng tamu tuwin panyêgahipun angrêsêpakên manah, dhasar pun paman Kerata ing atasipun patêdhan tuwin inuman kadamêl agêng, sarta apik sangêt, têrkadhangantêrkadhang. malampah dhatêng toko têtumbas piyambak kang warni ulam-ulaman wadhahipun blik,blèk = kaleng. tuwin inuman kang alus-alus. Kala samantên pun paman Kerata kalêbêt wêwicaling tiyang sugih, panggaotanipun gêgramèn uwos, lisah, mori, malam pêthak, sapanunggilanipun, wah gantos barang mas salaka tuwin sêsuwir. Lampahipun among dagang anjiblèsi bôngsa Cina, nanging botên cêthil malah kalêbêt bèrbudi ing sadayanipun.

Sarèhning sapunika kula rumaos bêgja, awit pun paman Kerata kang sampun kula anggêp pêjah, taksih gêsang, botên langkung kula kêdah-kêdah ngaturi wilujêng ing sampeyan paman, mugi-mugi lêstantuna sugêng ing sapanginggilipun, kadugèna ing sakarsa sampun ngantos kirang satunggal punapa. Wondening kula kalihan bojo kula pun bèng, wah anak-anak kula jalêr pun Danasatata, 2. Adiwarna, 3. sarjana, saking pangèstu sampeyan inggih taksih sami ginanjar wilujêng.

Bab pêpeling sampeyan dhatêng kang wayah pun Wignya Panitisastra, 2. pun Abdullatib, sami kapurih kèndêla anggènipun pabên ing atasing prakawis, kang botên wontên damêl tuwin paedahipun, kula amrayogèkakên sangêt. Iya talah bocah loro mau olèhe rêbut bênêr kok padha kabanjur-banjur, ora ana kang gêlêm nyêbut salah siji, tur iku padu sadulur kambi sadulur dhewe, apa iya jalaran saka padha ora sumurupe, sabab ênggone pisahan cilik mula, saiki wis padha nganggo jênêng tuwa, sarèhning aku iki prênah pamane wajib milu angelingake marang bocah loro kang lagi padha kalalèn mau, wruhanamu Wignya Panitisastra, kowe dhèk isih cilik rak aran Si Dhugal, dhêmên bêbeda marang wong tuwa utawa marang pêpadhamu bocah, dhêmên ngadu pitik, lan ngundha layangan, nanging marang kasusastran alam samana kowe ora patia mêndêng kaya adhimu Si Abdullatib, iku dhèk isih cilik aran Si Cêlunthang, dhêmên gêguyon, lan sugih obrol, nanging dhêmên bangêt marang kasusastran, mulane kapara akèh mangartine. Marang tulisan têmbung Walônda iya lumaku, sabab bingèn duwe kuwanuhan saradhadhu Walônda siji, iku kang muruk marang dhèwèke, aku iki iya gumun bangêt, dene anakku si thole Danasatata nganti amor padu kambi Wignya Panitisastra, 2. Abdullatib, kapriye gèr kang dadi karêpmu, apa kowe durung dhamang yèn wong loro iku padha sadulurmu dhewe prênah nak-sanak, bok iya lèrèna gonmu milu-milu rêbut bênêr anjawabake wong liya. Saupama kowe unggula ing padu, kowe bakal nampani ganjaran rupa apa, mulane thole poma anglakonana pituturku, lan dieling marang wulangku kang kasêbut ing ngisor iki: e, anakku, rungokna pituturku, estokna basaku, awit aku awèh pratikêl bêcik, aja nglirwakake pituturku, bapa biyungku asih sarta mirma ing aku, aku iya diwulang, têmbunge: mrasudia kawicaksanan, iku aja kolali-lali, balik rakêtana, amêsthi dadi sarana têtulaking panggawe ala.

Mangkono uga anak-anakku kaponakan, Si Wignya Panitisastra, 2. Si Abdullatib, yèn kêna dak tuturi, bok iya padha lèrèna ênggonmu padu rêbut bênêr kambi sadulurmu dhewe. Pujine wong tuwa-tuwamu kabèh, kowe ing salawase kang rukun ênggonmu padha saduluran, anglakonana samubarang kang bêcik lan kang maedahi, apa manèh padha elinga uga unine wulangku kang marang Si Danasatata, kasêbut ing dhuwur mau. Aku iya milu sukur ing Allah, dene anak-anakku ponakan, lan anakku dhewe Si Danasatata padha katon baud agawe layang, samono iku rêmbukku gèr, kabisanmu mau aja koweSebaiknya: kok. êmpakake minôngka gêgamaning padu, nanging dadèkna sarana panganggitmu layang, kang minôngka wulang, kêna kanggo ing wong akèh.

Katandhan Kyai Srêdajanma, ing Surakarta.

Sambêting wangsulanipun Abdullatip dhatêng Danasatata.

Saking pangandikanipun Mas Danasatata, anggènipun anyukani cangkriman kewalan= secara global / kasar. wah malih paribasan dhatêng kula, botên saking badhe angebarakên kasagêdan, yêktosipun namung sêmbranan kemawon.

E, e, e, dados sampeyan amung nêja sêmbranan, kula wastani ingkang nama Danasatata punika ewa sangêt dhatêng kasêmbranan, kalaras ing anggènipun murinani dhatêng Radèn Panji Puspawilaga, ingkang dipun sêmbranani ing Abdullatip. Ananging kula mêksa botên pitados mas, dhatêng pangandika sampeyan. Pamanggih kula makatên, pamrihipun cangkriman tuwin paribasan sampeyan yêktosipun angisib-isibiangicib-icibi. dhatêng kula, bilih kodhênging panjarwanipun, sarèhning kula pinuju sumêrêp maknanipun, sampeyan tumuntên salin salaga, awit botên sagêd anulak upayaning satru, mila amastani manawi anggènipun nyukani cangkriman tuwin paribasan amung kadamêl sêmbranan. Wondene ta yêktosaning pitêmbungan kula punika katitik saking uruting sêratipun juru sêmbranan.

Mas Danasatata tingalipun karsa sêmbranan malih, awit anyukani cangkriman enggal kalih iji, 1. wontên rêca nêdha kajêng, 2. wontên kacang doyan lo, saha kula dipun kèn ngulêt malih kados gulali.

Kawuningana mas, manawi andadosakên sakalangkung eraming manah kula dene priyantun ingkang botên karsa ngungkak tata krama tuwin ewa dhatêng samukawis ingkang saru kawêdharna wontên ing Jurumartani, punika taksih karsa dangu jarwanipun cangkriman ingkang anglingsêmakên tiyang ingkang botên sumêrêp ing uda nagari, kados ta pun Abdullatip.

Mila sampun andadosakên cuwaning galih sampeyan dene cangkriman kêkalih wau, kula lêstantunakên anggènipun kapêsthi dados calon ulêd-ulêdan. Ing sapunika kula badhe anjarwani cangkriman sampeyan ingkang kasêrat têmbang Sinom tuwin Sarkara, anangimg kula gadhah pamrayogi dhatêng Mas Danasatata, bilih taksih kagungan ingon-ingon cangkriman kados ingkang kapisan, punika prayogi kasukakakên dhatêng dhukun, wondene jarwanipun cangkriman ingkang ôngka 1 punika tikêl balung, ingkang kaping kalih, gadhung mlathi, môngka anggèn kula jarwani cangkriman punika botên mawi angulur angulir utawi angrakit pamikir, ing sangajênging babêktan ingkang langkung awrat, wah malih botên mawi amlêtêr karosan, nganti rêngka rodhane, lan rêntêng êmban-êmbane, punapadene kula botên rumaos lêngêr-lêngêr anyêbut iya jagad dewa bathara. Ing sapunika Mas Danasatata kula jiyat ambatang pitakèn kula, ingkang botên kalêbêt ing cangkriman rèmèh, rinêngga ing têmbung Kawi, tuwin kula jiyat angrasaya dhatêng liyan agêngipun dhatêng priyantun kêkalih ingkang sampun kaanggêp pujôngga, kula badhe botên narimah bilih pun Danasatata Ardawalepa, angoncati pitakèn kula, kawastanan sumêrêp ananging botên purun anglairakên. Sagêdipun amung ngebarakên kasagêdanipun ingkang sapele sarana cangkriman ingkang botên kadunungan raos sakêdhik-kêdhika.

Saupami Mas Danasatata karsa mangsuli sêrat kula punika, môngka wangsulanipun botên kantên-kantênan kula suthik jawab malih, sabab ingkang kula upadosi inggih punika têtandhing ingkang sagêd nadhahi pitakèn. Ing wusana Mas Danasatata asuka sêrat dhatêng kula, manawi badhe kesah gêgramèn dhatêng nagari amônca, sarta sampun amêling dhatêng sadhèrèkipun jalêr kêkalih, kapurih anadhahi badhe wangsulan kula, sampun ngantos mundur sacêngkang, Mas Danasatata ing nalika miyosakên pitêmbungan makatên saèstu kakilapan bilih Abdullatip botên kenging kabithuk sarana têmbung, sabab kula saya awas pikajênganipun Danasatata, ing mangke kula têrangakên. Mas Danasatata anggènipun nyêbutakên badhe dhatêng nagari ngamônca punika, awit saking sumêlang bokmanawi wangsulanipun Abdullatip, kamomoran pitakèn ingkang ngodhêngi, mila sadhèrèkipun kêkalih dipun êjokakên, pun Danasatata dados mungkur gangsir, môngka saèstunipun Danasatata piyambak ingkang badhe mangsuli, sabab anggènipun anyriyosakên badhe dhatêng amônca, tuwin gadhah sadhèrèk kêkalih punika amung nyamudana kemawon.

Katandhan Abdullatip.

--- 13 ---

Jurumartani 5, 31 Januari 1867, hlm. 59.

Wangsulanipun Abdullatip dhumatêng ingkang paman Kyai Srêdajanma.

Kula sarêng maos sêrat sampeyan paman, kapacak ing Jurumartani ôngka 4, sakalangkung bingah kula, prasasat kajugrugan gunung mênyan ratus gônda, ananging kula taksih ragi kodhêng paman, tuwin nyuwun katrangan ing sampeyan. Dene kok sumêrêp yèn Abdullatip tuwin Wignya Panitisastra sami sadhèrèk, môngka sakalihan sami silih nama, punapadene kula botên rumaos angwêdharakên nama kula lêrês dhatêng ing liyan.

Êmbah kula Kyai Kerata inggih saya awas manawi kula tuwin Wignya sami sadhèrèk. Mila kula sangsaya kodhêng, anggènipun sumêrêp punika, punika punapa kapirid saking ukaraning sêratipun. Nanging bilih makatêna taksih kula mokalakên. Saèstu wontên sababipun sanès.

Kula inggih sampun narimah bab papeling sampeyan, kapurih kèndêl anggèn kula udur, nanging man, pun Wignya ingkang sabên dados bêbukaning pabên. Sumôngga sampeyan galih: pun Jayakarsa amacak sêrat ing Jurumartani, mawi pitakèn pitung prakawis dhatêng Wignya kapurih mangsuli. Kula sampun mêthèk manawi badhe wontên wangsulan saking Wignya, watêkipun yèn botên sagêd mangsuli pitakèn punika kalajêng nyandhak sanès prakawis. Lêpat punika inggih ngikal bêbasan. Mila kula eram sangêt dene rêmên amangsuli, ananging saèstunipun Wignya Panitisastra punika sakalangkung kalantipaning budi, dhasar kaloka kajana priya, Wignya, sampeyan kula aturi kèndêl anggèn sampeyan badhe udur malih akalihan Jayakarsa. Sampeyan rak sampun dhamang ta, yèn cacahing cangkriman punika ngantos botên kenging kawical. Saupami gêgodhonganing wit-witan ing jagad pramudita kasêratan cangkriman, punika taksih kathah cangkrimanipun. Pangraos kula makatên.

Pitakènipun tiyang gêmblung satunggal punika angrubêdakên wangsulaning pujôngga sadasa.

Katandhan Abdullatip.

--- 14 ---

Jurumartani 6, 7 Pebruari 1867, hlm. 61

Tuwan ingkang ngarang sêrat Jurumartani asuka uninga dhatêng para priyantun ingkang sami gadhah udur, kapacak ing Jurumartani, kados ta: Mas Wignya Panitisastra, Abdullatip, Danasatata, Kyai Kerata, Radèn Panji Puspawilaga, Radèn Rara Itêm, Sumanggèngkarsa, Tanpawignya, Jayakarsa, Kyai Srêdajanma, tuwin sanèsipun priyantun ingkang sêratipun udur dèrèng ngantos kapacak, manawi ing sapunika sêratipun udur para priyantun wau botên kula pacak malih wontên ing Jurumartani, amargi kula manah botên wontên pikantukipun.

Ingkang punika panêdha kula, mugi-mugi sampun ngantos andadosakên rêngating galih, ewadèntên manawi para priyantun wau sami karsa amacak sêrat minôngka panjurung, awarnia pawartos, saha cariyos, utawi udur ingkang manggêpok dhatêng kawruh, saha wontên pikantukipun sae mutabari dhatêng ing akathah, punika botên kenging botên amêsthi lajêng kula pacak ing Jurumartani, saha kula badhe asuka panrimah sakalangkung sangêt dhatêng ingkang karsa anyukani panjurung kados makatên wau.