Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

1839-08-09 - Surat Pengaduan kepada Residen Surakarta

Katalog:Surat-menyurat J. F. T. Mayor, LOr 2235, c. 1837-43, #886
Sambung:
1.1837-05-09 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #671.
2.1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #669.
3.1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #668.
4.1838-03-28 - Iman Raji kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #672.
5.1838-08-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #673.
6.1839-08-09 - Surat Pengaduan kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #661.
7.1839-08-30 - Angabei kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #667.
8.1840-03-14 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #665.
9.1840-09-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #674.
10.1841-03-31 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #675.
11.1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #666.
12.1842-06-06 - Dipawijaya kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #670.
13.1842-11-10 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #663.
14.1842-12-21 - Rejasentika kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #664.
15.1843-01-24 - Santawirya kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #662.
16.Surat-menyurat J. F. T. Mayor, LOr 2235, #886. Arsip dan Sejarah | Galeri #676.

Surat pengaduan kepada kangjeng tuwan residen Surakarta, tentang persetujuan yang diingkari, terkait dengan proses penggilingan tebu. Disebutkan bahwa Tang Yu Mu dan Tang Wi Long mengajak kerjasama dalam hal penggilingan gula di Kuwarakan. Setelah disetujui, tebu yang siap ditebang tidak ditebang dan digiling, dengan alasan perlu diundur.. Akan tetapi selang beberapa hari kemudian ketika ditanyakan kapan digiling, selalu dijawab diundur dengan ketidakpastian. Dari masalah inilah, menjadikan kerugian di pihak pengadu.

Kala ing wulan Jumadilakir tanggal kaping 27 taun Je ôngka 1766.

Kula kadhatêngan tiyang Cina: awasta pun Tang Yu Mu, kalih pun Tang Wi Long, apitêmbung ngajak pirukunan sami basero giling, adamêl gêndhis pasir wontên kagungan dalêm siti lalênggah kula ing Kuwarakan. Kula inggih amarêngi. Sasampunipun kadadosan ing pirêmbag, jangji kapacak ing sêrat, ing wulan Ruwah tanggal kaping 20, taksih tunggil taun. Lajêng wiwit giling, dumugi ing wulan Siyam tanggal kaping 29, taksih taun Je, gêgadhahan kula têbu dèrèng têlas, taksih kathah ingkang kantun, kalihan ingkang sampun kagiling pun Tang Yu Mu kalih pun Tang Wi Long.

Punika sami gadhah pitêmbungan dhatêng kula, anggènipun giling nêdha kèndêl, saking kalih wulan, sêdhêng ragi awis jawah. Kula inggih sampun anglilani panêdhanipun kèndêl wau, saha gadhah panêdha malih dhatêng kula, sawontênipun gêndhis kapala, kabêkta dhatêng ing Sumyang, inggih kula sarah sakajêngipun.

Sarêng sampun dumugi kalih wulan gènipun kèndêl giling wau, kula lajêng utusan pun Dêmang Mêrtawijaya ing Kuwarakan, dhatêng ing Ngayogya, andhawahi Cina pun Tang Yu Mu kalih pun Tang Wi Long, anglêkasana giling malih, wangsulanipun nêdha sarèh manawi sampun bakda taun baru.

Sarêng dumugi ing wulan Sura taun Dal punika, kula utusan ajidan wasta pun Wiryasêmita, dhatêng nagari Ngayogya malih andhawahi dhatêng pun Tang Yu Mu anglêkasana giling malih, sabab gêgadhahan kula têbu kathah ingkang risak, utawi kathah pêjah. Saha kula akèn pitakèn kathahing gêndhis ingkang kabêkta dhatêng Sumyang, utawi kula kèn andhawahi lêkasa giling malih, wangsulanipun taksih nêdha sarèh, kula têksakakên taksih mêksa mopo. Mênggah gêndhis wangsulanipun angsal 60 dhacin. Sarta sampun kabêkta dhatêng nagari. Botên antawis lami, pun Tang Yu Mu kalih pun Tang Wi Long, sami kaparêng wontên ing nagari ngriki lajêng kula dhawahi, kula kèn giling malih saha kula pitakèn kathahing gêndhis kula têdha palihanipun. Wangsulanipun taksih nêdha sarèh.

Sasampunipun ing bakda Garêbêg Mulud, mênggah gêndhis wau pêngakênipun namung 70 dhacin, saha sampun kabêkta dhatêng ing Sêmawis. Saking botên sakecanipun ing pamanah kula, dene pun Cina kathah doranipun, amubêng ngalih-ngalih aturipun.

Kula lajêng atitipariksa dhatêng ing pitados kula dêmang, dangu gêndhis kang dipun bêkta Tang Wi Long wau, aturipun angsal 86 dhacin. Ingkang kabêkta dhatêng Sumyang. Punika lajêng kula têgêsakên dhatêng Cina kêkalih wau, inggih lajêng ngakêni, pambêktanipun gêndhis 86 dhacin.

Sarêng dumugi ing wulan Rabingulakir, taun Dal, Cina pun Tang Yu Mu, awicantên dhatêng tiyang pitados [pita...]

[...dos] kula pun Dêmang Martawijaya, nêdha mêdal kèndêl anggènipun basero, sarta anyêpêngi sêrat pratôndha yèn têmên-têmên anggènipun nêdha kèndêl wau. Sarampungipun pun Tang Yu Mu, tumuntên pun Tang Wi Long kêdah anglajêngakên giling piyambak, pun dêmang lajêng lapur dhatêng ing kula.

Ingkang punika: saking sangêtipun ing katunan kula, awit kalamèn anggènipun botên giling têbu kathah ingkang risak, utawi ingkang rêbah sami lajêng pêjah. Kula lajêng utusan anglampahakên lurah kapêdhak pun Ranakartika, bêkta kancanipun kapêdhak satunggal. Dhatêng dhusun Kuwarakan manggihi pun Tang Wi Long, angèndêlakên anggènipun badhe giling malih. Kula inggih suka piyambakipun badhe giling malih, manawi purun nêmpahi pituna kula kawan prakawis. Ingkang rumiyin risakipun gêgadhuhan kula siti dhusun, kitri ingkang agêng-agêng kathah sami dipun têgori, utawi ambibarakên tiyang alit saking ing padhusunan. Punapadening prakawis risakipun ing têbu, utawi pêjah kaping tiga, rugi gèn kula kèndêl botên sagêt nyambut damêl ing dalêm kalih taun. Awit saking pandamêlipun Cina pun Tang Wi Long wau. Kawan prakawisipun, rugi gèn kula botên anampèni pêpalihanipun ing gêndhis. Pun Tang Wi Long wau botên purun anêmpahi, mênggah rugi kula têbu ingkang sami risak utawi ingkang sami pêjah, manawi piyambakipun ingkang wau sagêda lêstantun panggilingipun. Ngantos sagêt têlas sêdaya, saèstu thukulanipun sampun kenging kagiling malih.

Ingkang punika, sarèhning pun Tang Wi Long botên purun anêmpahi, kula lajêng botên suka yèn anglajêngna giling malih, sabab awit risakipun ingkang gadhahan kula saking pandamêlipun pun Tang Wi Long, saha kauningana ing salamènipun kèndêl giling, pun Tang Yu Mu utawi pun Tang Wi Long botên mawi suka tiyang ingkang jagi griya kongsi, kajawi pitados kula piyambak ingkang rumêksa ing salamènipun.

Wondening gugatipun Cina pun Tang Wi Long pêthi isi yatra 615 rupiyah pêthak, punika dora. Sabab kala pambêktanipun pêthi dipun bikak sami dipun uningani yêktos yèn kothong, dening ingkang kathah-kathah inggih sami taksih sêdaya, mênggah bab kèsèr wau, punika ing ngajêng sampun sah kula tumbas, kèsèr 6, lêmbu 12 rêgi 700 rupiyah pêthak. Ing wusananipun namung kèsèr 5 lêmbu 10, namung rêgi 580 rupiyah pêthak. Jangji bayar sabibaripun giling, dening kèsèr utawi lêmbu, mila sami kula bêkta dhatêng nêgari, sabab sampun kangge lami kathah ingkang risak. Badhe kula dandosakên kenginga dipun angge malih. Kula katêrka nyambut yatra punika dora, rencang

kula dêmang ing Kuwarakan ingkang dipun lungi yatra 200 rupiyah pêthak, dipun kèn ngangge balônja, pun dêmang lajêng lapur dhatêng ing kula, kula lajêng aparing sêrat kula kèn nyukakakên dhatêng pun Cina wau, minôngkaa dados pêthukipun.

Mênggah gugatipun ing yatra balônja kathah têlasipun. Punika kula botên sumêrêp. Sabab sampun sami kalêbêt ing jangji, sami mêdalakên wragat piyambak-piyambak. Angsalipun gêndhis sapintêna kapalih, ing wusana gêndhis dipun inggatakên dhatêng ing Sêmawis, botên kalayan idi kula.

Wondening pun Ranakartika, kalihan Dêmang babêkêl ing Kuwarakan sadaya, sami kagugat anjarah rayah barangipun kathah, ingkang punika mugi kapirsaa tiyangipun piyambak-piyambak. Inggih sami kula aturakên sarêng kalayan sêrat punika, saha kauningana, têbu sawontênipun tanêman inggal, kalayan badhe kula wiwiti giling tumuntên.

Ingkang punika, kula inggih botên suka botên tarima, gêgadhahan kula têbu kadamêl risak kathah kang botên kagiling, kalajêng malah sami pêjah, utawi pêngrisakipun dhatêng ing siti dhusun, sabab ing ngajêng kula sukani papan ing têgil botên ajêng, kêdah nêdha ing salêbêtipun ing padhusunan. Wusana namung giling sakêdhap lajêng botên giling. Kaping tiganipun malih, anggènipun tilar ing prajangjean, mênggah pamalihipun ing gêndhis, wontên ing panggenan. Ing wusananipun dèrèng ngantos kapalih lajêng kabêkta dhatêng ing Sêmawis tanpa sanjang tanpa idi kula, punika atas kula botên narima, kula nyuwun sih pangadilanipun saudara dalêm kangjêng tuwan residhèn mayor ing Surakarta, punapa ingkang dados ing pangadilanipun.

Kasêrat Sêtu kaping 29 wulan Jumadilawal, ing taun Dal ôngka 1767.