Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

1842-12-21 - Rejasentika kepada Residen Surakarta

Katalog:Surat-menyurat J. F. T. Mayor, LOr 2235, c. 1837-43, #886
Sambung:
1.1837-05-09 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #671.
2.1837-11-19 - Kyai Lurah Anggayuda kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #669.
3.1837-11-27 - Bok Tirtayuda kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #668.
4.1838-03-28 - Iman Raji kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #672.
5.1838-08-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #673.
6.1839-08-09 - Surat Pengaduan kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #661.
7.1839-08-30 - Angabei kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #667.
8.1840-03-14 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #665.
9.1840-09-02 - Angabei kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #674.
10.1841-03-31 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #675.
11.1842-01-30 - Prangwadana kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #666.
12.1842-06-06 - Dipawijaya kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #670.
13.1842-11-10 - Wangsawijaya kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #663.
14.1842-12-21 - Rejasentika kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #664.
15.1843-01-24 - Santawirya kepada Residen Surakarta. Arsip dan Sejarah | Mayor, J. F. T. #662.
16.Surat-menyurat J. F. T. Mayor, LOr 2235, #886. Arsip dan Sejarah | Galeri #676.

Permintaan Rejasentika kepada kangjeng tuwan residen Surakarta yang berisi: 1) meminta keadilan bahwa tanah sewa milik Rejasentika seluas tiga jung di Basin sudah diambil alih oleh Tuwan Likardi, bahkan ia masih diharuskan membayar sewa pajak yang tinggi, 2) meminta ganti rugi bahwa rumah Rejasentika dibakar oleh sinyo Kartowah, Mangundikrama dan teman-temannya, 3) permasalahan ini sebenarnya juga sudah disampaikan kepada Mas Ngabei Jayaendra di pasowan Mangu Kapatihan, tetapi belum juga ada penyelesaiannya.

Atur kawula Rêjasêntika, babêkêl siti tigang jung ing Basin. Konjuk sangandhap sêpatu dalêm kangjêng tuwan residhèn mayor, saha ingkang angluhurakên pangadilan ing nagari dalêm ing Surakarta Adiningrat.

Ingkang kawula aturakên. Kala wulan Rabingulawal ing taun Jimawal, ôngka 1765 kawula kadhatêngan Tuwan Likardi, saha abêkta sêratipun lurah kawula, Radèn Ngabèi Mangundipura, botên mawi utusan priyantun. Lajêng adhêdhawah têng kawula, utawi sêrat lajêng kaparingakên dhatêng kawula, dhawahipun Rêjasêntika kowe sumurupa, yèn bumi têlung jung ing Basin kene wis ana ing aku, kang sarta kowe manuta parentahku, atur kawula inggih, sarèhning kawula tiyang alit ingkang wau kawula dèrèng tampi dhawah, kalilana anêrang dhatêng lurah kawula, Radèn Ngabèi Mangundipura, inggih lajêng kalilan kawula lajêng lumêbêt. Kawula yêktosakên dhatêng Radèn Mangundipura, dhawahipun inggih yêktos. Kawula lajêng dikakakên manut saprentahipun Tuwan Likardi, mênawi têksih kenging kawula sanggi paosipun. Botên owah adat kang kêlampahan. Dhawahipun inggih botên ewah adat ingkang sampun kêlampahan. Utawi panyanggi kawula paos sapanginggilipun. Punapadene paosipun botên mindhak inggih têtsihtêksih. jung kawan dasa reyal kados panyanggi kawula lami, kawula lajêng nyuwun pamit mantuk badhe nyadhong prentahipun Tuwan Likardi, sarêng kawula dhatêng lajêng dhêdhawah dhatêng kawula, dhawahipun Rêjasêntika yèn kowe wis manut ing aku, masthi kowe isih nyôngga pajêg sapandhuwure, nanging pajêg tak undhakake jung satus reyal, sarta aku tandurna kopi, sabaturmu wong têlung jung kabèh, tak wangêni têlung lêksa pitung puluh wit. Ingkang iku kopi dhawah, atur kawula sandika, kawula lajêng nanêm sarencang kawula, inggih sampun jangkêp mênggah kopi tigang lêksa pitung dasa wit wau punika, anamung paos sawêg kawula awis jung pitung dasa gangsal reyal. Tuwan Likardi botên suka, sarêng badhe kawula indhaki malih, Tuwan Likardi parentah dhatêng kawula, siti tigang jung botên kapaosakên. Sabab badhe kairas piyambak. Atur kawula nuwun mopo, manawi kairas. Ingkang mawi kawula têksih purun ngindhaki malih, kalayan ewah sangking jangji ngajêng, ingkang punika Tuwan Likardi lajêng dêduka utawi badhe

agêbagi, jrih kawula tiyang Jawi kawula lajêng kèndêl. Tuwan Likardi mantuk dhatêng nagari, antawis kalih wulan kawula tampi pêpacak sêrat sangking Radèn Mangundipura, manawi siti tigang jung sande tumut Tuwan Likardi, sampun mantuk dhatêng Radèn Mangundipura malih, saha kawula katimbalan dikakakên bêkta paos. Kawula lajêng soansowan. dhatêng Mangundipuran. Saha abêkta paos mênggah tanêman kopi wau botên kawula rêksa, sabab kawula sampun tampi dhawah mantuk dhatêng tabon malih, sarêng kawula soan dhatêng Mangundipuran dhawahipun botên ewah kados sêrat pêpacak ing ngajêng punika, paos kawula lajêng kapundhut inggih kawula saosakên. Kawula lajêng kalilan mantuk. Antawis sampun sawulan kawula kadhatêngan priyantun mantri sadasa wasta Mas Bèi Anggot. Saha angêmban dhawuhipun Kangjêng Bêndara Radèn Adipati Sasradiningrat. Kawula katimbalan dhatêng nagari, atur kawula sêndika inggih lajêng kairid Mas Bèi Anggot. Sarêng dumugi ing nagari kawula lajêng kasowanakên balemangu, wontên pasowan mangu kawula kadangu dhatêng Radèn Ngabèi Urawan. Dhawahipun Rejasêntika dika napa nyata mogok prentahe Tuwan Likardi, atur kawula inggih yêktos. Kang mawi kawula sampun tampi sêrat pêpacakipun sangking Radèn Ngabei Mangundipura, Radèn Bèi Urawan dhawah malih dhateng kawula, dhawahipun Rejasêntika ing dina niki bumi ing Basin têlung jung, pun dadi karampungane balemangu, ing dina niki pun bali mênyang Tuwan Likardi malih, kang sarta pajêg dika kula pundhut. Atur kawula inggih sêndika, kawula inggih lajêng angladosakên ingkang nampèni Mas Bèi Anggot. Kawula kadhawahan malih paos kawula kaindhakakên jung sèkêt tigang reyal langkung sadasa wang, sabab sampun dados murwatipun pasowan mangu, atur kawula inggih sêndika, anyanggêmi pranatanipun pasowan mangu, ingkang punika parentah pasowan mangu, lajêng kèndêl. Botên wontên dhawahipun dhatêng kawula malih, antawis sangang wulan kawula lajêng katimbalan dhatêng ing Kapuspanagaran, sarêng kawula sowan dhawahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, gèn kawula anyanggêmi prênata balemangu wau botên kakrêsakakên. Trimah botên kawula dikakakên sèlèh, mênggah yatra ingkang sampun sami kalêbêt para parentah kaparingakên wangsul sadaya, utawi tanêm tuwuh ingkang sampun kalêrês dados gadhahan kawula kaparingakên sadaya, punapa malih barang bale griya kawula kaparingakên wêtah botên cicir sadaya, atur kawula têksih nuwun mopo, nutênnuntên (dan di tempat lain). radèn tumênggung adhêdhawah malih, dhawahipun Rêjasêntika yèn dika botên manut parentah kula niku

dika napa bisa kopi kang padha mati angroni, ganêpe telung lêksa pitung puluh wit. Dhuwure pitung kaki rampunga ing dalêm sapuluh dina, mungguh panandur dika botên kêna alum godhonge, niku têtêp têksih dadi kabêkêlan Maron. Sabab bumi têlung jung bakal diiras kalih Tuwan Likardi, sarèhning kawula tiyang alit katêksa ing parentah, atur kawula sêndika manawi siti wau yêktos kairas. Utawi botên kapaosakên. Anamung siti têksih kapaosakên kawula inggih-inggih dèrèng trimah, punapa malih mênggah pananêm kawula kopi wau, ingkang kawrat mênggah wêwangênipun utawi kang mupakat sami kuwawi anglampahi, manawi botên kakrêsakakên atur kawula ingkang punika, kalilana nyuwun sarèh karêmbag ing wingking, Radèn Tumênggung Puspanagara botên parêng trimah botên kawula dikakakên sèlèh, utawi yatra kang sami kalêbêt parentah kaparingakên. Mila kawula kalampahan nampèni wangsulipun yatra kawula kang kalêbêt parentah, radèn tumênggung dhêdhawah malih dhatêng kawula, yèn dika pun manut maring parentah kula, kula pasrahake dika marang Mas Tumênggung Mangunnagara ing Klathèn. Sabab niku kang dhawuhake karampungan. Dene kang masrahake dika Ngabèi Prênatabasa, lan Ngabèi Sumadrana, sêmangsaning dika têka ing Klathèn pun batên wontên bicara malih, dika anampani karampungan rêsik. Kawula lajêng dhèrèk dhatêng priyantun kalih wau, sarêng dumugi ing Klathèn kawula lajêng kaabên kalayan Mangundikrama, wakilipun Tuwan Likardi, anglêrêsi dintên Sênèn kaping 1 wulan Jumadilakir ing taun Dal punika, ôngka 1767, tiyang èstri kawula ingkang têngga griya, punika prêtela dhatêng kawula, manawi utusan dhatêng griya kula, Wêlandi satunggal wasta Sinyo Kartowah, akanthi tiyang Jawi wasta Mangundikrama, utusan kêkalih wau lajêng anundhung dhatêng bojo kawula, bojo kawula katundhung botên purun lajêng katêksa kawêsesa, griya kawula karisak kabibrahan sadaya, kathahipun agêng alit sanga, kabucalan sapinggiring lèpèn. Sami kaobongan. Dene ingkang bibrah bale griya kawula wau, Mangundikrama sarencangipun sadaya, kajênêngan Sinyo Kartowah, punapadene siti tigang jung ing Basin sampun katêtêpan bêkêl inggih kasanggèkake paos. Amung punika ingkang kawula suwunakên adil sangandhap sêpatu dalêm kangjêng tuwan residhèn.

Bab ingkang 1 dhawahipun Radèn Tumênggung Puspanagara, siti tigang jung wau, dhawahipun kairas botên kapaosakên. Punika kawula inggih botên tarimah, [tari...]

[...mah,] kawula suwun kabêkêlanipun mantuka dhatêng kawula malih, anyanggi paos kados prênatanipun ing pasowan mangu.

Bab kaping 2 griya kawula kabibrah kaobongan kawula inggih botên suka botên narima, ingkang damêl risak griya kawula wau, kawula suwun ing adil sarta trusing kukum. Utawi bale griya kawula, kawula suwun mantukipun wêtah ingkang kados wau-wau.

Bab kaping 3 kawula inggih sampun anglampahi ingkang dados dhawuh sampeyan anyadhong dhawahipun Mas Ngabèi Jayaendra wontên pasowan Mangu Kapatihan. Dhawahipun kula têrangakên prakawis kula supe, milanipun kawula angaturakên ngèngrèng kados ingkang sampun konjuk kala ing taun Dal ingkang sampun kalampahan. Ingkang punika kawula nuwun karampunganipun prakawis kawula punika.

Katur ing dintên Sêlasa kaping 19, wulan Dulkangidah ing taun Jimakir, ôngka 1770.