Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Laporan Mas Ngabei Jayasatata dkk., 15 Desember 1841

Katalog:Surat-menyurat dari Surakarta, LOr2235, c. 1789-1845, #866
Sambung:
1.Abdi Dalem Gedong Tengen kepada Kiyai Lurah Bendara Raden Tumenggung Suradilaga, 16 September 1839. Arsip dan Sejarah | Surakarta #709.
2.Adinagara kepada Winter, 12 April 1844. Arsip dan Sejarah | Surakarta #677.
3.Anonim kepada Bok Senen. Arsip dan Sejarah | Surakarta #736.
4.Babah Ti Yo Gowe kepada Parentah Ageng, 27 Agustus 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #717.
5.Jayaendra memeriksa surat Karyasentika, 23 September 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #713.
6.Jayaendra, Mangkudipura memeriksa Sasemita, 20 September 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #714.
7.Kangjeng Pangeran Adipati Arya Prabuwedana mendapat gelar Kangjeng Pangeran Adipati Mangkunagara IV, 9 Januari 1843. Arsip dan Sejarah | Surakarta #721.
8.Kangjeng Raden Adipati Jayaningrat kepada Parentah Ageng, 18 Mei 1789. Arsip dan Sejarah | Surakarta #723.
9.Kangjeng Susuhunan kepada Winter, 30 September 1843. Arsip dan Sejarah | Surakarta #678.
10.Kapitan Li Yang Gi kepada Tuwan Uprup, 26 Juni 1798. Arsip dan Sejarah | Surakarta #690.
11.Kapitan Li Yang Gi kepada Tuwan Uprup, 28 Juni 1798. Arsip dan Sejarah | Surakarta #691.
12.Kaptin Sok Li Yang kepada Tuan Uprup, 6 Februari 1797. Arsip dan Sejarah | Surakarta #729.
13.Ki Nurya kepada Raden Mas Riya Purwadiningrat, Raden Tumenggung Amongpraja, 2 Februari 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #715.
14.Ki Setrawijaya kepada Parentah Ageng Pasowan Dalem, 16 November 1837. Arsip dan Sejarah | Surakarta #692.
15.Kiyai Ngabei Patrabasanta kepada Johanis Agustis Desenje, 8 Juni 1829. Arsip dan Sejarah | Surakarta #725.
16.Kretajaya kepada Babah Ro Li, 3 Maret 1830. Arsip dan Sejarah | Surakarta #699.
17.Kumidi di Surakarta, 19 Agustus #. Arsip dan Sejarah | Surakarta #722.
18.Kyai Demang Jinggot kepada Van Der Am, 31 Mei 1845. Arsip dan Sejarah | Surakarta #734.
19.Kyai Demang Kertiyuda, Kyai Demang Kertisura kepada Parentah Ageng, 25 Agustus 1837. Arsip dan Sejarah | Surakarta #684.
20.Laporan Ki Setradrana dkk.. Arsip dan Sejarah | Surakarta #726.
21.Laporan M.Ng. Pranatakarya, R.Ng. Sutapradata, bersama wakil dari R. Ng. Surareja yang bernama Ki Resadangsa, 5 Juli 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #712.
22.Laporan Mas Ngabei Jayasatata dkk., 15 Desember 1841. Arsip dan Sejarah | Surakarta #727.
23.Laporan perampokan di rumah Tuan Moser, Batu, 26 Agustus #. Arsip dan Sejarah | Surakarta #720.
24.Laporan R. Ng. Mangunagara, 15 Oktober 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #730.
25.Laporan Raden Ayu Rangga, 31 Maret 1799. Arsip dan Sejarah | Surakarta #728.
26.Laporan Raden Ngabei Resanagara, 25 Agustus 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #724.
27.Mangunnagara kepada Winter, 9 September 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #680.
28.Martanagara kepada Asisten Residen Surakarta, 24 Agustus 1830. Arsip dan Sejarah | Surakarta #718.
29.Martanagara kepada Parentah Pasowan Mangu, 5 Oktober 1837. Arsip dan Sejarah | Surakarta #682.
30.Martareja kepada Cakrajaya, 13 Juni 1845. Arsip dan Sejarah | Surakarta #733.
31.Mas Angabei Jimat kepada Parentah Pasowan Mangu, 14 November 1837. Arsip dan Sejarah | Surakarta #683.
32.Mas Ketib Anom, Mas Tuan Khaji Khambah kepada Kyai Lurah Kangjeng Kyai Mas Pangulu Dipaningrat, 7 Juli 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #711.
33.Mertawangsa kepada Secalegawa, 10 September 1819. Arsip dan Sejarah | Surakarta #698.
34.Nama-nama Abdi Dalem Gunung Kadipaten dan Buminatan Kasentanan. Arsip dan Sejarah | Surakarta #694.
35.Nama-nama Para Narapidana di Rumah Tahanan Gladag, 5 Januari 1835. Arsip dan Sejarah | Surakarta #697.
36.Ni Sawijaya kepada Parentah Ageng Karaton Dalem Surakarta, 17 Desember 1840. Arsip dan Sejarah | Surakarta #702.
37.Pangeran Ariya Mangkudiningrat kepada Kangjeng Pangeran Ariya Mataram, 9 Agustus 1839. Arsip dan Sejarah | Surakarta #689.
38.Pemberitahuan bahwa Sumadiningra dan Sasrawinata diganti nama, 3 November 1825. Arsip dan Sejarah | Surakarta #696.
39.Pemeriksaan perkara juru kunci Iman Raji, 21 Februari 1838. Arsip dan Sejarah | Surakarta #685.
40.Pengumuman pergantian Residen Surakarta, Tuan Aretman menggantikan J.F.T. Mayor, 21 Agustus 1843. Arsip dan Sejarah | Surakarta #719.
41.Pernyataan para saksi tentang Tuan Bislar dirampok, 4 Agustus 1838. Arsip dan Sejarah | Surakarta #693.
42.Purwadiningrat, Jayanagara kepada Wangsawijaya, 17 Oktober 1842. Arsip dan Sejarah | Surakarta #716.
43.Raden Mas Ariya Prawirabrata kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Arsip dan Sejarah | Surakarta #703.
44.Raden Mas Ariya Sasradiwirya kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Arsip dan Sejarah | Surakarta #707.
45.Raden Mas Ariya Sumadiningrat kepada Kyai Lurah, 15 April 1824. Arsip dan Sejarah | Surakarta #695.
46.Raden Mas Ariya Wirya Adiningrat kepada Kyai Rali, 15 Maret 1824. Arsip dan Sejarah | Surakarta #701.
47.Raden Mas Ariya Wirya Adiningrat kepada Kyai Rali, 4 September 1823. Arsip dan Sejarah | Surakarta #700.
48.Raden Mas Tumenggung Bratakusuma kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Arsip dan Sejarah | Surakarta #706.
49.Raden Ngabei Jayadirja kepada Van Gelder, 30 Oktober 1845. Arsip dan Sejarah | Surakarta #732.
50.Raden Tumenggung Brajadipura, Raden Ngabei Yudamargangsa kepada Parentah Ageng Pasowan Mangu, 29 Maret 1839. Arsip dan Sejarah | Surakarta #710.
51.Raden Tumenggung Bratawirya kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Arsip dan Sejarah | Surakarta #704.
52.Raden Tumenggung Kertasari kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Arsip dan Sejarah | Surakarta #705.
53.Raden Tumenggung Ngratasudira kepada Kangjeng Susuhunan, 23 Maret 1826. Arsip dan Sejarah | Surakarta #708.
54.Sakrama kepada Parentah Ageng Tuwan Demineg, Asisten Residen, 16 November 1837. Arsip dan Sejarah | Surakarta #686.
55.Sastradinama kepada Van Der Am. Arsip dan Sejarah | Surakarta #681.
56.Suradikrama kepada Winter, 27 April 1839. Arsip dan Sejarah | Surakarta #679.
57.Surat Perjanjian Mangkudiningrat kepada Kyai Tang Yu Mu, Kyai Tang Wi Lung, 17 September 1838. Arsip dan Sejarah | Surakarta #687.
58.Surat-menyurat dari Surakarta, LOr2235, c. 1789-1845, #866. Arsip dan Sejarah | Galeri #737.
59.Sutawijaya dari Tegalas ditangkap Kyai Mangkudipura, 12 Juli 1798. Arsip dan Sejarah | Surakarta #688.
60.Van Der Am kepada Mas Ngabei Sumadiwirya, 18 Juni 1845. Arsip dan Sejarah | Surakarta #735.
61.Wiryadipura kepada Raden Arya Cakrajaya, 13 Juni 1845. Arsip dan Sejarah | Surakarta #731.

Mas Ngabei Jayasatata, Mas Ngabei Sumaprana, beserta abdi dalem kori sarayuda dan abdi dalem punggawa mantri, kadipaten prangwadanan., yakni Mas Ngabei Jayaprawita dan Mas Ngabei Secadikrama memberikan laporan atas hasil pemeriksaannya terhadap orang-orang yang dianggap tahu atas kematian Mertamenggala putera Ki Mertadangsa yang dibunuh oleh Ki Singawijaya bekel Kalongan. Mereka yang diinterogasi, memberikan kesaksian dengan berani mengangkat sumpah.

Atur kawula abdi dalêm Mas Ngabèi Jayasatata, kalihan abdi dalêm Mas Ngabèi Sumaprana, saha prikônca kori sarayuda, akanthi abdi dalêm pugawapunggawa. mantri, ing kadospatèn kaprabon prangwadanan. Mas Ngabèi Jayaprawita, kalih Mas Ngabèi Sêcadikrama, katur ing parentah pradata dalêm. Radèn Tumênggung Amongpraja, kawula sampun sami kautus ingandikakakên titipariksa rajapapêjah, dhumatêng kagungan dalêm siti dhusun ing Jêthak tanah Sokawati, padhêkahanipun ing Kuwayangan. Gêgadhuhanipun Radèn Tumênggung Kartadipura, mênggah lampah kawula anjujug ing griyanipun Ki Mêrtadôngsa, tiyang alit ing Jêthak. Sadhatêng kawula angungalakên têngara titir, andhatêngakên rêdi saha tiyang parapat mônca gangsalipun ing Jêthak wau, utawi tiyang siti dhusun ing Jêthak sadaya, sasampunipun pêpak lajêng kawula priksani aturipun saking satunggil-tunggil. Mênggah atur pratelanipun ing ngandhap punika.

Ing dintên Rêbo kaping 2 wulan Dulkangidah ing taun Wawu ôngka 1769.

1. Atur kawula Ki Dipalêsana ing Pingin. Rêdi panatusipun Radèn Rôngga Kêrtawirya ing Sokawinangun. Kawula kapriksa ing parentah, kala malêm Jumuwah tanggal kaping 5 wulan Ruwah ing taun Be ôngka 1768, ing wanci enjing kawula kadhatêngan utusanipun Ki Kêrtasêntika bêkêl ing Kuwayangan. Kalihan Ki Mêrtadôngsa tiyang [ti...]

[...yang] alit ing Jêthak. Têmbungipun kawula dipun undang dhatêng ing Jêthak. Sarèhning kawula sakit botên lumampah, ingkang kautus ngundang kawula wau lajêng têmbung kautus lapur utawi pisaid dhatêng kawula, mênawi Ki Mêrtadôngsa anêbut botên suka botên narima, yèn anakipun jalêr wasta pun Mêrtamênggala dipun pêjahi tanpa dosa dhatêng pun Singawijaya bêkêl Kalongan, bawah kaprangwadanan. Mênggah nalaripun pun Mêrtamênggala, nalika malêm Jumuwah kaping 5 wulan Ruwah taun Be, ing wanci bakda Ngisa ningali talèdhèk kadamêl nayuban. Griyanipun Ki Cawijaya ing Ngijo, kancanipun ningali, 1. Pun Samênggala, 2. Pun Rida, 3. Pun Busuk. Sami tiyang ing Jêthak. Sarêng wanci lingsir dalu mantuk agènipun ningali nayuban. Sarêng dumugi pigiringpinggiring. têgil kraèn, siti dhusun ing Kalongan, bawah prangwadanan, pun Singawijaya bêkêl Kalongan wau anyapa dhatêng pun Mêrtamênggala, dipun sauri kula Mêrtamênggala Jêthak. Mantuk saking Ngijo ningali talèdhèk. Pun Singawijaya lajêng nyênjata dhatêng pun Mêrtamênggala kenging tatu ngandhap susu kang têngên lajêng pêjah, pisaidipun Mêrtadôngsa inggih kawula tampèni, kalihan kang kautus lapur utawi pisaid wau kawula wêling, Ki Kêrtasêntika kalih pun Mêrtadôngsa ing Jêthak, kula kèn bodhokakên punapa mupakatipun parapat sakiwa têngênipun ing Jêthak.

Sarêng antawis tigang dintên alêrêsianglêrêsi. dintên Ngahad, kawula dipun undang malih dhatêng Ki Mêrtadôngsa ing Jêthak. Kawula lumampah, Ki Kêrtasêntika kalih Ki Mêrtadôngsa lapur dhatêng kula, yèn badhe utusan anglampahakên gugad, dhatêng Ki Singawijaya bêkêl Kalongan. Ingkang kalêrês lumampah nancêbakên gugad prikônca prapat. Sarêng dumugi ing Kalongan, wangsulanipun Ki Singawijaya bêkêl Kalongan kagugad botên tadhah, sayêktos nalika malêm Jumuwah wanci lisir lingsir. dalu angsal pandung mandungi krai, sampun kasaidakên rêsik dhatêng prapat. Sampun botên gadhah prakawis.

Mênggah kawula kadangu alunipun Ki Mêrtamênggala kang pêjah punika, tiyang sae damêlipun tani kalih grami, amung punika atur kawula.

2. Atur kawula Mas Dêmang Pôncatanuwan. Ing Suruh mônca gangsal kaprênah lèr saking ing Jêthak. Kawula kadangu ing parentah, kala ing dintên malêm Jumuwah kaping 5 wulan Ruwah taun Be ôngka 1769, kawula ing wanci enjing mirêng titir, kawula lajêng tandang dhatêng ing Jêthak. Griyanipun Ki Mêrtadôngsa, prapat sampun kapanggih pêpak. Punika Ki Mêrtadôngsa ing Jêthak kalih Ki Kêrtasêntika bêkêl ing Kuwayangan, punika gadhah têmbung dhatêng kula utawi dhatêng prikônca prapat sadaya, anêbut botên suka botên tarima, yèn anakipun Ki Mêrtadôngsa kang wasta pun Mêrtamênggala, kinaniaya dipun pêjahi tanpa [tan...]

[...pa] dosa dhatêng Ki Singawijaya bêkêl ing Kalongan bawah prangwadanan. Mênggah nalaripun kala malêm Jumuwah tanggal kaping 5 Ruwah taun Be wau ing wanci bakda Ngisa pun Mêrtamênggala wau ningali talèdhèk kadamêl nayuban dhatêng ing Ngijo ing griyanipun Ki Cawijaya, sandhanganipun bêbêd tuwuhwatutuluhwatu (dan di tempat lain). sabuk tuwuhwatu, rasukan sêkar têki, ikêt bathik latar cêmêng, dhuwung dhapur brajol. Kacu kêmbaya, gamanipun pêstul. Ngangge kêrtêp sêlaka, kancanipun ningali tiyang sêpuh, 1. wasta pun Samênggala, jaka, 1. wasta pun Busuk. 3. pun Mrida, sarêng wanci ngajêngakên bangun rencangipun tiga wau sami mantuk sanjang dhatêng Kêrtadôngsa, yèn anakipun pun Mêrtamênggala pêjah, rencang tiga wau kawula tanggap kalih prikônca prapat. Wanci ngajêngakên bangun wau criyos tiyang tiga wau sami mantuk saking taledhekan kalih Ki Mêrtamênggala, sarêng dumugi têgil pinggiring kraèn kasapa dhatêng bêkêl Kalongan kang wasta Singawijaya, pun Mêrtamênggala inggih sumaur, nanging pun Singawijaya lajêng nyênjota dhatêng pun Mêrtamênggala, tatu mimis ngandhap susu kang têngên. Lajêng pêjah, lajêng Ki Kêrtasêntika kalih Ki Mêrtadôngsa sarêmbag kalih kawula utawi prapat sadaya, mugi sami kapriksaa wujudipun idhisin.dhisin. Lajêng sami kapriksa ing kathah, sayêktos pun Mêrtamênggala pêjah kapanggih wontên sakilèn kraèn pinggir kalèn iring kang lèr siti ing Kalongan. Mênggah

tilasipun anggènipun pêjah wontên satêngah kraèn. Ananging têgil kraèn wau botên mawi dipun pagêri, mênggah jisim kupingipun mêntas kairis kang satunggil kang kiwa, dening sandhanganipun ingkang têksih sruwal lurik kalih rasukan sêkar têki kantun rangkêpanipun pêthak. Sabuk kantun rangkêpanipun bathik, liya punika sampun botên wontên.

Dene rêmbagipun ing prapat kathah, Ki Singawijaya bêkêl Kalongan wau sae dipun utusi, lajêng utusan dhatêng Kalongan. Sarêng dumugi wangsulanipun Ki Singawijaya dipun undang botên purun. Sawab kula ewuh bakal lumêbu marang nêgara, nuntên Ki Kêrtasêntika kalihan Ki Mêrtadôngsa, sarèhning prapat wau sadaya sami sampun mupakat amêstani, pêjahipun pun Mêrtamênggala wau têtêp kinaniaya dhatêng Ki Singawijaya bêkêl Kalongan. Tan trimahipun Ki Mêrtadôngsa lajêng bucal pisaid. Inggih katampenan dhatêng prikônca prapat sadaya, anuntên utusan malih dhatêng Kalongan anêmbung nêdha jisim. Ingkang kautus prikônca prapat. Satunggil Ki Sutadrana ing Jêthak Wetan. Kalih Ki Wôngsawijaya ing Pandhês. Kanthi tiyang alit kancanipun Ki Mêrtadôngsa ing Jêthak. Sarêng dumugi Kalongan, Ki Singawijaya botên kapanggih ing griya lumêbêt dhatêng nagari ingkang ngulungakên jisim wau bêkêl sisihipun Ki Singawijaya, wasta Ki Tirtawijaya sami bêkêl ing Kalongan. Jisim lajêng kabêkta mantuk dhatêng

ing Jêthak. Lajêng dipun saèni kapêtak, mênggah nalika sami kawula priksani, gènipun ing jisim wau bagor isi krai botên wontên.

Kalihan alunipun pun Mêrtamênggala kang pêjah punika, kawula utawi kônca prapat sadaya, sami amêstani tiyang sae, damêlipun tani kalih grami, amung punika atur kawula, kawula purun nyanggi supaos imbaripun.
3. Wah aturipun Ki Kêrtanaya, bêkêl ing Pundhak bawah Kasunanan. Prapat kaprênah kidul kilèn saking dhusun Jêthak.
4. Aturipun Ki Jadrana bêkêl ing Ngablak. Bawah Kasunanan. Prapat kaprênah wetan.
5. Aturipun Ki Sêtramênggala bêkêl ing Kodhokan. Bawah Kasunanan. Prapat kaprênah wetan.
6. Aturipun Ki Singadrana, bêkêl ing Jêthak. Bawah kaprangwadanan. Prapat kaprênah wetan.
7. Aturipun Ki Singalêsana, kapala ing Ngijo bawah kaprangwadanan. Prapat lèr.
8. Aturipun Ki Wiradrana, ing Landheyan. Bawah Kapatihan. [Ka...]

[...patihan.] Mônca gangsal kaprênah lèr.

9. Aturipun Ki Jagaduta bêkêl ing Ngijo, bawah kaprangwadanan. Prapat kaprênah lèr.
10. Aturipun Ki Wiryamênggala, ing Papahan. Prapat kaprênah kilèn.
11. Aturipun Ki Sutaprana ing Jêthak kang wetan.
12. Aturipun Ki Sêtradrana bêkêl ing Jumogan. Prapat kaprênah wetan.
13. Aturipun Ki Kriyadrana, bêkêl ing Manggung, prapat kaprênah kidul wetan.
14. Aturipun Ki Jadrana bêkêl ing Cangakan. Prapat kaprênah wetan.
15. Aturipun Ki Brajakarma, bêkêl ing Kayuapak. mônca gangsal kaprênah lèr.
16. Aturipun Ki Singanôngga bêkêl ing Jati, bawah ing Mangkuprajan. Prapat kaprênah kilèn.
17. Aturipun Ki Mêrtawijaya bêkêl ing Sarabaon,

prapat kaprênah kidul kilèn.

Mênggah atur kawula saprikônca kawula tiyang pitulas punika, sami kados aturipun Mas Dêmang Pôncatanuwan. Ingkang sampun kasêratan ing ngajêng wau sadaya, saha kawula purun supaos imbaripun. Sêdaya wau inggih lajêng sami kaimbar.

1. Atur kawula pun Samênggala, tiyang alit ing Jêthak. Kawula kadangu ing parentah, kala malêm Jumuwah tanggal kaping 5 Ruwah taun Be ôngka 1768 ing wanci bakda Ngisa kawula sami ningali talèdhèk dhatêng ing Ngijo, ing griyanipun Ki Cawijaya, kônca kawula ningali, 1. Pun Mrida, 2. Pun Busuk, 3. Pun Mêrtamênggala, anakipun jalêr Ki Mêrtadôngsa ing Jêthak. Samantuk kawula saking ningali talèdhèk, ing wanci lingsir dalu, dumugi ing têgil siti ing Kalongan, kalihan kraèn anggèn kawula langkung kaprênah wetanipun. Pun Tamênggala kasapa dhatêng pun Singawijaya, Mêrtamênggala wau inggih anyauri, kula tiyang Jêthak mantuk saking ningali talèdhèk. Ing griyanipun Ki Cawijaya Ngijo, pun Mêrtamênggala lajêng kasênjota dhatêng Ki Singawijaya bêkêl Kalongan. Kenging tatu mimis sangandhap susu kang têngên mimis angrêm Tamênggala lajêng pêjah rêbah ngênggèn rencangipun Ki Singawijaya kala nyênjota wau tiyang sêkawan. Kawula sami lumajêng mantuk sanjang dhatêng Ki Mêrtadôngsa, yèn pun Tamênggala pêjah kasênjota dhatêng

Ki Singawijaya bêkêl Kalongan. Ki Mêrtadôngsa lajêng nuwèni anakipun dhatêng têgil. Inggih sayêktos pêjah, sandhanganipun, bêbêd tuwuhwatu, sabuk tuwuhwatu, sruwal lurik, ikêt bathik latar cêmêng, rasukan sêkar têki, dhuwung dhapur brajol. Kêrtêp sêlaka, gamanipun kêstul. Rangkêpan rasukan pêthak. Rangkêpan sabuk sinjang bathik. Kacu kêmbaya abrit. Dèntên têgil kraèn wau botên mawi kapagêran. Pun Tamênggala wau kawula botên uninga yèn ambêktaa bagor, saking griya inggih botên bêkta, mênggah kawula kadangu alunipun Ki Mêrtamênggala punika, tiyang sae damêlipun tani kalih grami, amung punika atur kawula purun supaos imbaripun lajêng kaimbar.

2. Wah aturipun pun Mrida, sami kalih aturipun Samênggala, de.

3. Pun Busuk ing sapunikanipun sampun kesah saking Jêthak.

Wondening pun Nalatruna ing Ngijo, kala kawula ningali ringgit sami kawula ampiri sakônca kawula tiyang 4, sapunika sampun kesah saking Ngijo, griya wontên tanah Bêkonang.

1. Atur kawula Ki Kêrtadôngsa bêkêl Jêthak. Padhêkahanipun [Padhêkah...]

[...anipun] ing Kuwayangan. Kawula kadangu ing parentah, kala malêm Jumuwah kaping 5 Ruwah taun Be, inggih sayêktos pun Mêrtamênggala ningali ringgit. Kancanipun ningali lare kalih titiyang. sêpuh satunggil, wasta Samênggala sami tiyang Jêthak. Sarêng ngajêngakên bangun angsalipun sami ningali ringgit saking Ngijo griyanipun Cawijaya, pun Samênggala, 2. pun Mrida, 3. pun Busuk sami dhatêng sanjang dhatêng Ki Mêrtadôngsa utawi dhatêng kula, mênawi pun Mêrtamênggala sapunika pêjah kasênjota dhatêng pun Singawijaya bêkêl Kalongan. Kula kalih Ki Mêrtadôngsa tuwi inggih sayêktos pêjah pun Mêrtamênggala, wontên sapigiring têgil. Kawula lajêng ngundang bêkêl kawula ing Kuwayangan Ki Kêrtasêntika, sadhatêngipun lajêng rêmbag ngungalakên titir sarta bucal pisait.

Anjawi saking punika atur kawula sadaya sami kalih Ki Pôncatanuwan. Dèntên kuping kala kawula tuwi kalih bapakipun Mêrtadôngsa têksih wêtah, jisimipun Mêrtamênggala wau, amung punika atur kawula kawula purun ngurêbi supaos imbaripun.

2. Atur kawula Ki Sêtrayuda, tiyang alit ing Jêthak,
3. Atur kawula Ki Kêrtalêsana,
4. Atur kawula Ki Singawijaya,
5. Atur kawula Ki Wiryadrana,
6. Atur kawula Ki Kriyadôngsa,
7. Atur kawula Ki Satika, atur kawula tiyang alit kalêbêt bêkêl kawula Ki KêrtadongKêrtadôngsa. Jêthak. Sami purun nyanggi imbaripun sadaya, lajêng kaimbar.

Priksan ing Jêthak.