Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Ambathik (Nyêrat), Kajawen, 1938, #1671

Katalog:Kawruh Ambathik (Nyêrat), Kajawen, 1938, #1671
Sambung:-

Kawruh Ambathik (Nyêrat)

Kajawèn: Ôngka 20, 18 Pasa taun Jimakir 1858. 10 Marêt 1928. Taun III

Kawruh sawatawis bab ambathik

Dumuginipun ing môngsa punika, ingkang nama taksih têtêp migunakakên sinjang, namung tiyang èstri, tuwin saprika-sapriki, ingkang nama sinjang sae, punika botên ewah, inggih punika sinjang bathik (sêratan tangan). Ingkang nama sinjang bathik punika manawi dipun tandhing saenipun tinimbang sinjang cap, kathah sangêt bedanipun, makatên ugi awèting panganggenipun, mila rêganipun inggih tikêlan.

Bakuning sinjang bathik ingkang nama sae, punika kêdah mrêtamèni, kados ta mori kêdah sae. Sêratanipun ingkang alus, nêtês, têgêsipun nêtês, canthing-canthing ingkang cêtha awijang, dumugi têrusanipun pisan, malam sae tuwin cêlêpanipun sêpuh. Soganipun mandhês.

Ingkang nama mori sae, punika sadaya kados sampun botên kêkilapan, awit ing pundi sabên wontên tiyang nyêrat (ambathik) inggih wontên mori sae. Nanging dadosing mori ingkang lajêng kenging dipun sêrat, punika taksih dipun upakara malih, inggih punika dipun loyori utawi dipun kêmplongi.

Alusing sêratan, punika kajawi saking alusing canthing, ugi saking caking tangan, malah caking tangan punika

--- 1 ---

ingkang nama baku piyambak. Sayêktosipun tiyang sagêd nyêrat sae punika saking pakulinan, awit botên kirang tiyang ingkang baut nyêrat, ingkang sêratanipun awon. Ingkang makatên punika jalaranipun saking sampun kêtlêtuh rêmên nyêrat rikatan, mila tiyang sinau nyêrat punika kêdah alon, mangke manawi sampun matuh sanadyan nyêrat rikat, inggih sae.

Caranipun tiyang nyêrat punika wontên warni tiga, polan, rujagan, tuwin garisan. Ingkang dipun wastani polan, punika wanguning sêratan mêndhêt saking mola sêratan sanès, sarana dipun tèmplèkakên ing mori ingkang dipun sêrat, tuwin sanadyan pamolanipun sampun dipun tèmplèkakên, tumrap ingkang sagêd taksih dipun ewahi sakêdhik, murih dados luwês. Rujagan punika panyêratipun botên mawi pola, namung apalan kemawon, utawi nganggit, mila limrahipun namung tumrap tiyang ingkang sampun sagêd sayêktos. Polan tuwin rujagan punika ingkang kathah bangsaning sêmèn-sêmenan, garisan punika panyêratipun manut ing garisan ingkang sampun dipun damêl wontên ing mori, sêratanipun bangsaning cêplok tuwin garis miring.

Urut-urutaning tiyang nyêrat punika: ngèngrèng, ngisèni, nêrusi tuwin nembok. Ngèngrèng punika damêl cêngkorongan, ngisèn-isèni punika ngisèni cêngkorongan wau, kados ta: cêcêk, sawut, nêrusi punika nyêrat sawalikipun, dene nembok punika nutup sêratan murih ing salajêngipun dados pêthak, bab nyêrat sadaya wau botên kenging kasupèn, lilinipun kêdah sae.

Sêpuhing cêlêpan punika gumantung wontên saening nila, dene sêratan sasampunipun dipun cêlêp, lajêng dipun kumbah (kêrok) utawi dipun bironi. Ngumbah punika prêlu ngicali malam ingkang tilasipun badhe kêtumpangan soga, tuwin ambironi punika nyêrat prêlu nutup labêting nila. Dados têrangipun, tembokan punika badhe andadosakên pêthak, kêrokan adamêl panggenan soga, tuwin ambironi punika nutupi warni biru, murih botên kêtumpangan soga.

Dene bab saening sogan, punika gumantung wontên saening abên-abênan.

Dados mênggahing lampah-lampahipun, sasampunipun dipun soga punika sampun rampung, manawi sampun dipun lorod (dipun icali malamipun), nama sampun dados sinjang.

--- 1 ---

Kajawèn: Ôngka 49, 11 Sura taun Ehe 1860. 19 Juni 1929. Taun IV

Kawruh Ambathik (Nyêrat)

Mênggah padamêlanipun tiyang èstri, saya tumrap ing nagari Surakarta tuwin Ngayogyakarta, agêng alit sami nyêrat sinjang bathik, kangge panggaotan, utawi namung pangangguran, dipun angge piyambak, prasasat botên wontên tiyang èstri ingkang botên sagêd nyêrat sinjang. Ananging ing ngriki namung nyariyosakên pêpiridan ingkang tumindak ing nagari Surakarta.

[Grafik]

Pamulangan èstri ing Jagatrunan, Lumajang.

Bab Gawangan

Nyêrat sinjang punika mawi gawangan, ingkang kadamêl dêling apus panjangipun 4 1/2 kaki, mawi suku sami dêling apus, dipun balêngkukakên, ing têngah mawi kakrowok rangkêp sacêkaping dêling, ing nginggil dipun taksihakên kulitanipun kemawon, ing ngriku lajêng katingal rapêt, têngahiing suku kêkalih dipun sindik sami dêling lajêng kapantèk, minôngka pikêkahing suku, makatên ugi suku sisihipun, dene gawangan ingkang alusan, kajêng jati mawi gledhegan.

Bab Bandhul

Tiyang nyêrat punika ugi mawi pirantos ingkang dipun wastani bandhul, ingkang kadamêl kajêng crèngkèh, ingkang nginggil cêlak, ingkang ngandhap panjang, mawi tangsul kangge nangsuli cuwilan banon, inggih punika ingkang nama bandhul kangge nyêrat. Dene ingkang kadamêl pèni, tosan utawi kuningan dipun balêngkukakên, tangsulipun rante, bandhulipun marmêr utawi jobin pêthak dipun ukir kapêtha woh manggis

--- 1 ---

utawi wowohan sanèsipun.

Bab Malam

Malam ingkang kangge nyêrat ingkang prayogi: nyawo matêng, abênipun: malam cêmêng sabagian, malam pêthak limrahipun dipun wastani malam kote, inggih punika malaming tawon, sabagian lancêng sabagian, lajêng dipun jèr wontên ing wajan pambathikan, wajan siti utawi waja, dene manawi damêl kathah dipun godhog ing kuwali kadadosakên satunggal, nama jeboran. Bilih sampun luluh dipun saring, lajêng dipun dhêmakên. Punika sampun dados malam nyawo matêng, panganggenipun namung kantun nyuwili kemawon, kalêbêtakên ing wajan kangge nyêrat.

Nanging tumrap ingkang adèn yêktos, sêratan ingkang sae punika namung ngangge malam pêthak thok, dipun colok ing lancêng, punika dadosing sinjang langkung sae, saya tumrap sinjang latarpêthak, pigunaning lancêng watu namung dados sarana ngrakêtakên. Dene manawi kangge nêrusi, inggih punika sêratan sawalikipun, cêkap ngangge malam jeboran. Nembok ambironi ngangge malam cêmêng, inggih punika malam ingkang awon piyambak. Asli saking malam godhogan ingkang sampun kangge nyêrat sinjang, inggih punika malam kêrokan utawi malam babaran.

Bab Canthing

Ingkang kadamêl nyêrat sinjang nama canthing, dhapuripun bundêr ing nginggil lowah, agêngipun sami kalihan kêmiri, bakalipun têmbagi, mawi cucuk nyanthêng ragi ambalêngkuk mangandhap amapah gêdhang, silitipun mawi buntut nama gagang terong, tumancêp ing garan, garanipun galonggong mawi krowokan manut dhapuring canthing, panjangipun 4 dim dumugi pucuk, cucuking canthing pokipun tumumpang pucuking ongotan galonggong ing ngandhap ingkang nyanggi awaking canthing, dipun tangsuli sêrating sêpêt, warnining canthing punika: 1. Carat kalih, inggih punika cucuk kalih dhèmpèt ngandhap nginggil. 2. Canthing ngengrengan. 3. Canthing isèn-isèn, tuwin 4. Canthing tembokan utawi biron.

Canthing kawan warni punika sampun nyêkapi kangge prêlunipun tiyang nyêrat, nanging taksih wontên malih canthing sanèsipun, kados ta carat tiga, carat gangsal, malah wontên ingkang carat pitu, dene kanggenipun kangge nêcêki, prêlu nyuda padamêlan, awit cêcak tiga, gangsal tuwin sanèsipun, pancènipun cêkap namung ngangge canthing cêcêk satunggal, nanging panêcêkipun rambah-rambah. Makatên ugi carat ingkang jangkêp, punika prêlunipun inggih namung kangge ngenggalakên lampahing panyêrat utawi ajêging lampah rangkêp. Wontên malih dipun wastani canthing nitik, punika canthing ingkang bolonganing cucukipun pasagi, prêlu kangge nyêrat nitik, bêtahan manawi botên gadhah, sagêd ngangge canthing carat kalih dipun dhèmpètakên.

(badhe kasambêtan)

--- 1 ---

Kajawèn: Ôngka 50, 14 Sura taun Ehe 1860. 22 Juni 1929. Taun IV

Sambêtipun Kajawèn nomêr 49.

Bab Mori

Mori ingkang kasêrat winastan mori muslin, punika wontênipun warni-warni, manut kawontênanipun satunggal-satunggaling nagari piyambak-piyambak, pundi ingkang dipun wastani sae.

Pêpetanganing mori ingkang badhe dipun sêrat punika kacon, botên elon, pilah-pilahipun makatên.

1. Kampuh, limrahipun 7 kacu, kampuh adèn-adèn agêming para luhur 8 kacu, katugêl lêrês 3 1/2 utawi 4 kacu, nama salirang, kaping kalih nama satangkêp.

2. Sinjang 2 1/2 kacu, utawi namung 2 1/4 kacu.

3. Ikêt sakacu langkung satêbah, manawi dipun pêsthi namung sakacu dadosipun ikêt: cawak (botên gathuk lêrês).

4. Kêmbên 2 1/2 kacu, kasuwèk ing têngah dados kêmbên kêkalih.

5. Sarung bathik 2 kacu.

Pangolahing Mori

Mori sasampunipun dipun suwèki lajêng kakumbah, lajêng dipun plipidi ing lêrês suwèkanipun, ingkang sae plipidan punika dipun dondomi tangan, namung anjalirid sakêdhik, manawi dipun plipidi ngangge mêsin, kêtingal ambêdhudhug kêkandêlên. Dene plipidan wau ugi kangge têngêr, ing sajawining plipidan kangge ngengrengan, ing nglêbêt lêrêsing plipidan kangge têrusan. Dados têngêraning ngengrengan punika kajawi ningali saking saening wujudipun, ugi sagêd nitik saking plipidan, saupami wontên sinjang ngengrenganipun dhawah prênah salêbêting plipidan, sanadyan nama botên awon, nanging nama groboh, utawi klintu panyêratipun, lan malih tumrap gampilaning tiyang miru sinjang, cêkap nitik saking plipidan wau.

Mori wau sasampunipun dipun plipidi lajêng dipun godhog mawi woworan godhong dêling utawi godhong tela gantung, utawi namung kalihan tawas. Mori ingkang dipun godhog makatên punika kajawi ngindhakakên sae ing wujud, ugi paedah manawi dipun sêrat pêrêt.

Sasampunipun makatên, mori wau kaulêd kalihan bêninganing lôndha awu tuwin lisah jarak, lajêng dipun pe. Bilih sampun garing dipun ambali malih ngantos rambah-rambah, manawi sampun kêtingal mêmês dipun kèndêli, lajêng dipun godhog. Bilih sampun tanak panggodhogipun kintên-kintên sampun mrasuk, lajêng dipun êntas sarta lajêng dipun kumbah ingkang ngantos rêsik, lajêng dipun pe.

Manawi sampun garing lajêng dipun sêkuli, sêkul punika glêpung dipun jênang mawi tawas sakêdhik, mori dipun ulèni ing tangan wontên ing pangaron utawi sanès-sanèsipun ngantos waradin lajêng dipun pe, manawi sampun garing dipun dhêm rumiyin.

Mori ingkang sampun kados makatên punika nama mori loyoran, murugakên saening babaran, awit bumbuning soga sagêd tumama sae.

Sapunika lajêng ngudi alusing mori murih sakeca dipun sêrat, inggih punika dipun kêmplongi, patrapipun mori dipun lêmpit panjang, dipun tumpangakên ing kajêng kêmplongan, dipun thuthuki gandhèn, kaangkah namung andhawahi, nanging ingkang waradin, ngantos alus, mori ingkang sampun dipun kêmplongi punika pikantukipun manawi dipun sêrat sakeca, sagêd anglêr tanpa grag-grêg.

Sasampunipun makatên, mori lajêng dipun garisi, dene anggarisi punika manut punapa badhe sêratanipun, punapa kangge cêplok, garis miring, tambal tuwin sanès-sanèsipun. Patrapipun anggarisi punika mori dipun jèrèng wontên ing papan waradin, prayoginipun wontên ing plêsteran, pirantosipun ngangge blêbês, inggih punika kajêng panjang gèpèng, minôngka jidharan, dipun garisi potlot.

Dene tumrap anggarisi ikêt, ingkang garis miring, punika wontên ingkang dipun garisi têrusan malang, wontên ingkang dipun perang dados kawan guthêk. Dene dadosipun sae ingkang dados kawan guthêk, awit manawi kangge ikêt-ikêtan garisanipun sagêd kêtingal têrusan saking ngajêng dumugi wingking. Dipun ingar-ingêra panglêmpitipun ajêg sami kemawon, beda kalihan ingkang dipun garisi malang, wolak-waliking panglêmpit sagêd ngewahakên garisan, sagêd têrusan utawi malang. Lan malih pamêndhêting têngahanipun ikêt sampun ngantos kêlintu pasagining ikêt.

(badhe kasambêtan)

--- 1 ---

Kajawèn: Ôngka 53, 25 Sura taun Ehe 1860. 3 Juli 1929. Taun IV

Sambêtipun Kajawèn nomêr 52.

Ngèngrèng Polan

Ingkang nama polan, punika panyêratipun manut pola ingkang sampun dipun damêl lêmbaran, limrahipun sinjang sêmèn-sêmenan, latarpêthak utawi latarcêmêng.

Patraping panyêratipun tiyang mola, kêdah manggèn papan ingkang nawangakên padhang, pola dipun tèmplèkakên ing mori dipun êdomi ing dom bundhêl, pola wontên ing jawi. Wayanganing sêratan ing pola lajêng dipun sêrat. Manawi pamolanipun sampun kacakan sadaya, pola lajêng dipun pêndhêt, dene salajêngipun cêkap nêkuk mori ingkang sampun dipun sêrat, dipun pola malih. Sairib kados patrapipun mola sakawit, bal-tumimbal ngantos dumugi sakêmputing mori sadaya.

Mênggahing gampilanipun tiyang ngèngrèng polan ingkang kados makatên punika sampun nama sae, nanging tumrap tiyang ingkang sampun nama sagêd, pamolanipun wau taksih mawi ngewahi mêndhêt pantêsipun, upami wontên jêjêring sêratan kêkêrêpên utawi kosokwangsulipun, punika dipun wangun malih, makatên ugi tiyang mola punika ingkang prayogi kêdah mangun sêratanipun ing pinggir sacêlaking sèrètan, kaangkaha sampun ngantos kêbênggangên kalihan sèrètan utawi sampun ngantos kêmèpètên, inggih manawi sinjangipun latarpêthak, botên katawis, awit têbih cêlakipun kalihan sèrètan lajêng kêsamar ing unthêr utawi tembokan, nanging manawi latarcêmêng, kêtingal awonipun.

Ngèngrèng Rujagan

Ngèngrèng rujagan punika padamêlanipun tiyang ingkang sampun sagêd nyêrat, awit sêratan rujagan punika tanpa pola, dados ingkang nyêrat sampun sagêd nganggit piyambak, mila badhe botên kêkirangan anggèning damêl lêluwêsan.

Ngèngrèng manut garisan

Ngèngrèng ingkang kados makatên punika, namung kantun

--- 1 ---

nganut lampahing garisan, nanging lugunipun inggih padamêlanipun tiyang ingkang sagêd ngèngrèng rujagan.

Isèn-isèn

Sasampunipun rampung anggènipun damêl ngengrengan, lajêng dipun isèn-isèni. Isèn-isèn punika: sawut. Cacah gori, cêcêg, sisik, sisik mêlik, tuwin wontên sanès-sanèsipun malih, nanging mênggah isèn-isèn sêratan kina, limrahipun namung kados makatên wau.

Badhe kasambêtan

--- 1 ---

Kajawèn: Ôngka 55, 2 Sapar taun Ehe 1860. 10 Juli 1929. Taun IV

Sambêtipun Kajawèn nomêr 53.

Sawut punika isèn-isèn namung kagarit-garitakên, ing têmbenipun dados sogan, sawut ingkang alus punika lêripun alit-alit (manut canthingipun) tuwin ajêg, jalaran saking ajêg tuwin alusing canthing, manawi dipun tingali sabrèbètan ngantos kados jêmbêlokan, nanging manawi dipun tamatakên kêtingal cêtha galêr-galêripun, dene ing sapunika malah wontên gagrag, isèn-isèn ingkang lêrêsipun sawut wau namung dipun jêmbêlok kemawon, inggih lêrês sabrèbètan sami kemawon, nanging manawi dipun tamatakên kêtingal grobohipun. Sawut punika kangge isèn-isèning sêratan, mathukipun bilih ingkang dipun isèn-isèni dhapur panjang.

Cacah Gori

Punika sairib kemawon kalihan sawut, nanging panyêratipun malang-megung, kadosdene cakipun tiyang nacah gori, manggènipun kangge ngisèn-isèni sêratan ingkang dhapur bundêr.

Cêcêg

Ingkang nama cêcêg punika dhawahing canthing carat satunggal sadhawahan, lajêng kenging dipun wangun warni-warni, kados ta: cêcêg tiga, gangsal tuwin pitu, benjing dadosipun pêthak manggèn ing biron, mathukipun kangge ngisèn-isèni sêratan ingkang alus, manggènipun wontên sacêlaking sawut, malah trêkadhang dipun sêling kalihan sawut, dipun wastani isèn-isèn cêcêg sawut.

Sisik

Sisik punika isèn-isèn ingkang wangunipun kados sisik ulam, ing lêrês bundêran dipun tembok, dadosipun pêthak tembokan, manggènipun kangge isèn-isèn ingkang dhapur panjang.

Sisik mêlik

Punika sisik mêlik ingkang botên dipun tembok, dipun isèni sanèsipun.

Nembok

Nembok punika nutupi sêratan, ingkang ing têmbenipun dados pêthak, dados pundi ingkang badhe dados pêthak katembok sadaya.

Nembok punika sanadyan padamêlan gampil, nanging kêgolong kikrik, awit botên kenging kalintu nembok ingkang lêrêsipun botên kenging katembok, manawi ngantos kêlintu, kêtingal sangêt awonipun, lan malih dhawahing malam botên kenging lubèr anglangkungi watêsing sêratan ingkang dados kalowongan.

Sasampunipun rampung anggènipun nembok, kêdah dipun taliti, manawi wontên ingkang kalangkungan dipun wêwahi, tuwin prayoginipun inggih kêdah naliti sêratan sampun tembokan wau, awit

--- 1 ---

sêratan tembokan punika nama sêratan ingkang sampun rampung, manawi ngantos wontên ingkang kècèr utawi klintu-klintu sampun botên kenging dipun ewahi malih, amargi lajêng badhe kalêbêt ing gagrag sanès, inggih punika dipun wêdêl.

Prayoginipun sêratan sampun dados tembokan punika kêdah dipun lèlèh rumiyin, saya tumrap sêratan ingkang sampun dangu kêdah katindakakên makatên, awit malam ingkang kêdangon tumèmplèk ing mori, punika gampil thèthèlipun, mila kêdah dipun lèlèh rumiyin. Patrapipun anglèlèh makatên: sêratan dipun pe wontên ing bênteran, kêdah dipun jagi yêktos, malah prayoginipun, ing salêbêtipun nindakakên padamêlan wau sampun ngantos kêsêlan padamêlan sanès, prêlunipun anjagia lèlèhing malam ing sêratan sampun ngantos kêsangêtên, sabên sampun waradin lèlèhipun lajêng kapêndhêta ing tiyang kalih dipun lih wontên ing papan ingkang aub. Dados prêlunipun anglèlèh punika ngrakêtakên malam ingkang sampun sami kêndho, dene wontênipun kêdah ngatos-atos, awit samôngsa lèlèhing malam kêsangêtên, dadosing sêratan lajêng ambarèbès awon.

Sapunika wontên saêbab malih ingkang kêdah ngatos-atos panindakipun, inggih punika panglêmpiting sêratan nalika badhe dipun wêdêlakên, kaangkaha sampun ngantos kêlèt, mila ing pundi lêrêsing gathukipun lêmpitan prayogi dipun lêt-lêti ing godhong pisang, wontên sawênèhing tiyang ingkang cariyos, sae ngangge dalancang sêrat kabar, awit sanadyan nalika dipun kalèthèk wontên ingkang kantun, badhe sagêd uwal piyambak nalika wontên cêlêpan, dene ingkang prayogi, nyêlêpakên sêratan punika dipun gulung, dipun dèkèk ing klothokan dêbog ingkang têlês, punika sagêd damêl ayêming sêratan.

(badhe kasambêtan)

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 62, 28 Sapar taun Ehe 1860. 5 Agustus 1929. Taun IV

Sambêtipun Kajawèn nomêr 58.

Ngumbah ambironi

Tiyang nyêrat punika manawi sampun nyêmplungakên wêdêlan, nama sampun ludhang, lajêng sagêd miwiti nyêrat malih. Limrahipun ing Surakarta, tiyang mêdêlakên punika kenging mawi nyambut arta, tanpa sarêman, dados nama mitulungi lugu, kathah sakêdhiking arta manut sêratanipun. Tumrap tiyang ingkang nêdya ngobètakên, arta sambutan wau lajêng kangge tumbas mori malih. Makatên ugi manawi nyogakakên, ugi sagêd mawi nyambut arta. Dados tumrap tiyang mêdêl utawa nyoga, punika ugi kêdah mawi pawitan arta mirunggan, dene paedahipun sagêd mitulungi dhatêng tiyang ingkang nyêrat, ugi prêlu kangge ngajêngakên panggaotanipun, botên ngudi indhaking arta ingkang dipun sambutakên.

Salugunipun tiyang nyêrat alusan ingkang tumindak ing pakampungan, punika botên kenging dipun sêngkakakên kangge ngupajiwa, têtêp namung nama sambèn. Lêrês pajênganing sinjang kathah, nanging anggènipun nandangi dangu, dados mênggahing pêpetangan namung sak nyèlèngi, tampining arta krupyuk manawi sampun rampung. Saupami kapetanga caranipun nyambut damêl tampi epahan dintênan nama botên murwat, lan malih caranipun tiyang nyêrat punika sampun kapratelakakên nama sambèn, anggènipun nyêrat namung sasêlaning padamêlan ing griya. Beda kalihan jan ingkang manggaota nyêrat, kados ta ing panggenan Walandi, Pacinan, punika pancèn dipun santosani, mawi ngawontênakên pangobèng ngantos dasanan, panyambutdamêlipun dipun prêdi saha dipun titi priksa saèstu, wah malih nama sagêd nindakakên caraning among dagang.

Nanging tumrap nyêrat odholan (kasar) sinjang ciyut utawi ikêt, punika malah sagêd gancang, kathah tiyang ingkang sagêd nindakakên: enjing nyêrat, sontên mêdêlakên ngiras nyambut arta kangge tumbas mori malih. Enjingipun dipun sêrat, sontên mêdêlakên dipun sambutakên kangge mêndhêt wêdêlan kapisan. Enjing dipun garap, sontên dipun sogakakên kalihan nyambut arta, kangge mêndhêt wêdêlan nomêr kalih. Enjing dipun garap, sontên kasogakakên mawi nyambut arta kangge mêndhêt ingkang dipun sogakakên kapisan: têrus kasade, nama sampun ngundhuh wohing bêbathèn salêbêtipun kawan dintên, lan gadhah sêratan wontên ing sogan, makatên salajêngipun. Kados makatên mênggah gampiling pêpetangan.

Ing sapunika nglajêngakên bab ngumbah ambironi. Sinjang sasampunipun dipun pêndhêt saking wêdêlan, lajêng dipun kum ing toya tawa, supados ambaludhuk, manawi sampun watawis dangu lajêng dipun kêroki, patraping ngêrok, ngicali malam ing sêratan ingkang badhe kêtumpangan soga, upaminipun

--- 1 ---

ingkang lêrês sawut, sampun ngantos wontên ingkang kalangkungan. Prayoginipun ingkang kangge ngêrok punika lading kêthul, supados botên angamohakên sinjang, lan sakecaning ngumbah, sinjang katumpangna ing gawangan, ing ngandhap dipun pasangi pangaron isi toya. Salêbêtipun ngêrok sakêdhap-sakêdhap ing panggenan ingkang dipun kêrok kasirama toya, sampun ngantos garing. Sarampunging ngumbah lajêng dipun isis, manawi sampun garing lajêng dipun bironi.

Patrapipun ambironi: nutupi sêratan tilas tapaking wêdêlan, kajawi punika kêdah nutupi tembokan ingkang thèthèl, kêdah ingkang titi. Manawi sampun rampung lajêng dipun cêlupna ing toya wênyêdan godhong randhu dipun colok ing gêndhis têbu, punika andadosakên saening babaran, lajêng kaisis, sasampunipun garing lajêng kasogakakên.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên bab malam, nanging ing ngriki kapratelakakên malih, murih botên kêsupèn, inggih punika malam kêrokan wau lajêng kagodhoga, kangge ambironi sae, cakipun plikêt kêlèt.

Kajawi punika wontên wêdalan ingkang kadamêl gêdhah (biru nèm), punika patrapipun dipun wêdêl kaping kalih, sapisan namung sakêdhap, lajêng dipun popog lêrês ingkang kangge gêdhah, lajêng kawêdêlakên malih.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 63, 18 Sapar taun Ehe 1860. 24 Agustus 1929. Taun IV.

Bab kawruh ambathik

Kajawèn ôngka 62 kolêm jagading wanita, ngêwrat karangan bab kawruh ambathik, mawi sêsêlan anyariyosakên bab tiyang ambathik ing pakampungan ingkang sagêd dados pangupajiwa padintênan, kasêbut adêg-adêg tiga ing karangan wau, inggih punika tiyang ambathik ikêt modang, umpak sasaminipun ingkang kacariyosakên sadintên sagêd rampung, enjing wiwit anggarap: sontên sagêd nyêlêpakên kanthi kasambutakên yatra kangge tumbas mori lajêng kagarap malih dumugi ambabar lajêng kasade, panggarapipun sagêd lumintu sabên dintên, pawitanipun namung sapisan ingkang sakawit thok. Makatên sapiturutipun.

Bab wau pamanggih kula ing ngriki prêlu sangêt kêdah dipun wontênakên katêrangan kawontênanipun ing sapunika tumrap Surakarta. Kawuningana mênggah tumrapipun ing nagara Surakarta, pangupajiwa tumrap tiyang ambathik kados ingkang kapratelakakên ing Kajawèn wau, dumugining wêkdal sapunika kenging dipun wastani sampun pêjah babarpisan, awit pangupajiwa makatên wau mênggah taksih dipun êcakna lêstantun, malah kapitunan, lan malih prakawis sambutan dhatêng tukang cêlêp utawi tukang soga, botên paja-paja sagêd dumugi bilih badhe dipun tangkarakên kadamêl tumbas mori malih kados ingkang kacariyosakên ing Kajawèn. Lêrês jaman rumiyin pangupajiwa makatên wau pancèn kalampah sangêt tumrap ing Surakarta, prasasat mèh sabên kampung kemawon tiyangipun ingkang bôngsa bau sèkèng, panggêsanganipun sami ambathik padintênan sagêd andadak ngundhuh wohipun tur lumintu miwah kauntunganipun inggih lumayan yêktos, awit sapisan: rêgining mori ikêt satunggal ingkang sae namung 30 awis-awisipun 35 sèn, ingkang mori andhap dumugi cêkapan, racak-racak namung rêgi 20 sèn, nyêngkanipun 25 sèn. Kaping kalih: jaman samantên dèrèng wontên sudagar bathik ngêcakakên utawi damêl canthing cap bathikan modang tuwin umpak warni-warni kados sapunika. Kaping tiganipun, têtiyang ngangge ikêt taksih lêmbaran wêtah, dèrèng dipun balangko kêthu namung sapalih kados sapunika, mila taksih kathah sangêt ingkang sami rêmên ngangge ikêt modang utawi umpak ingkang bathikan tangan. Awit saking punika pêpajênganipun bathikan ikêt ingkang sagêd andadak garapan sadintên rampung, inggih laris sangêt ngantos dipun cêgati bakul-bakul ing margi-margi kathah sangêt, botên ngantos dumugi pêkên sampun dados rêbatan para bakul. Sumôngga ta kula aturi anggalih, udhêng bathik modang utawi umpak, rumiyin waragadipun rêsik sampun dumugi babaran kantun nyuda: namung 60 sèn kirang langkung sakêdhik, pêpajênganipun bilih môngsa kêncêng bathik sagêd dumugi 1 rupiyah 75 sèn, bilih môngsa magak 1 rupiyah 40 sèn, ing môngsa kêndho sangêt taksih sagêd pajêng 1 rupiyah 10 sèn. Makatên andha-usukipun

--- 1 ---

kirang langkunga namung sèn-sènan. Dene angsal angsalanipun sambutan bilih sawêg mêdêlakên 50-60 sèn, bilih sampun nyogakakên 75-100 sèn, kangge ikêt bathik satunggal-satunggalipun. Dados katanjakakên kangge tumbas mori samalamipun sampun kobèt.

Wangsul jaman sapunika, sampun beda dede amput-amputipun. Rêgining mori saikêt ingkang andhap taksih 45-50 sèn, ingkang inggil 60-100 sèn. Kula cêkak kemawon, ikêt satunggal ingkang kagarap sadintên rampung sawêg dumugi tembokan, wragadipun rêsik sakêdhik piyambak dumugi ambabar 1 rupiyah tarkadhang ngantos 1 rupiyah 10 sèn, sanès bau panggarap dèrèng kapetang, môngka sarêng kasade tumrap dagangan, racak-racak namung pajêng 1 rupiyah 25 sèn, malah bilih môngsa kêndho bathik nyêngkanipun namung pajêng 1 rupiyah, môngka wiwit anggarap dumugi ambabar laminipun kadamêl rancag 2 dintên, mila sapunika lajêng sampun pêjah sêg. Wontênipun makatên wau jalaran sudagar ngêcakakên cap-capan ikêt modang, umpak sasaminipun, sapunika sampun atusan, modhèl warni-warni, awiging garapan botên kawon kalihan bathikan tangan, babaranipun soga gènês wèntêran anjangês, mubyar, rêginipun racak-racak ingkang sae namung 1 rupiyah 25 sèn, tumbas salêmbar kasigar sagêd dados kalih lajêng kadamêl kêthu balangkon.

Sudagar-sudagar ingkang ngêcakakên makatên wau, nyatanipun angsal-angsalaning bathik namung 1-2 sèn ing dalêm ikêt satunggal, kagêbag rambah kaping-kaping ..., punika bilih môngsa kêncêng, bilih môngsa kêndho, nyatanipun namung sami jor-joran mirahakên daganganipun ugêr sagêd tumuntên pajêng, lah punika ingkang lajêng sangsaya pêjah sêg tumrap ngupajiwa ambathik.

Wondene ingkang kathah saperangan agêng, tumrap padamêlan utawi pangupajiwa ambathik ing Surakarta jaman sapunika, I. Sudagar ngêcapakên bathik warni-warni, II. Juragan bathik sêratan tangan, ngingah pangobèng kathah mawi kacancang pursêkot balônja dintênan kawatês angsal-angsalaning garapan, III. Tiyang ambathik ngobèng bironi ngumbah saking cap-capan, punika ewon gunggung kêmpalipun. Sanèsipun tigang bab wau, namung bathik kadamêl sambèn sasêlaning ngopèni griya, nanging namung satunggal kalih wontênipun.

Awit saking punika, supados botên têdha-têdha ingkang sami manggalih babagan bathik, mila prêlu katrarangakên kawontênan ing jaman sapunika kadosdene andharan kasêbut nginggil, kawuningana.

Pemb. 585.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 87, 26 Jumadilawal taun Ehe 1860. 30 Oktobêr 1929. Taun IV.

Soga blastêr

Ingkang dipun angge nyoga blastêr punika inggih soga gènês, nanging botên patos kandêl, dipun soga kaping kalih utawi kaping tiga kemawon: sampun, kandêlipun sarana dipun sarèkakên jawi.

Sarèn jawi tumrap sinjang 5 sawit: Gêndhis têbu, rêgi 5 sèn. Apu 5 kluwak. Kaulêt kalihan toya namung dipun pêndhêt bêningipun.

Soga Jawi

Soga jambal, wawrat 100 kati. Tingi kripik, wawrat 5 reyal.

Dipun dhêplok rêmus lajêng kagodhog kangge namung rambah kaping tiga sampun kandêl, lajêng kasarèkakên, sarènipun kaudhak, lajêng kababar.

Patrapipun nyoga blastêr sarta nyoga Jawi sami kemawon nyoga gènês.

Nyoga gènês laminipun 15 dintên. Nyoga blastêr laminipun 3 dintên. Nyoga Jawi namung sadintên.

Kados ingkang sampun kapratelakakên ing Kajawèn rambah-rambah, inggih punika ing bab patrapipun tiyang nyêrat, wiwit anggarap mori dumugi dados sinjang, ingkang kathah nama padamêlanipun tiyang èstri, namung tumrap padamêlan ingkang awrat-awrat, pancèn kêdah dipun tindakakên tiyang jalêr,

--- 1 ---

kados ta ing bab mêdêl utawi nyoga, awit punika pancèn nama panggaotan, bêbaunipun jalêr malah kathah. Sadaya wau, manawi dipun manah yêktos, nama padamêlanipun tiyang èstri, awit sanadyan tiyang èstri botên sagêd ngêcakakên utawi ambaoni piyambak, nanging mangrêtos dhatêng lampah-lampahipun. Dados têrang bôngsa èstri Jawi punika pancèn gadhah dhêdhasar sagêd nyambut damêl ing bab bathik, tôndha yêktinipun ing nagari pundi-pundi ingkang dados dunungipun tiyang manggaota bathik, tamtu botên sêpên tiyang èstri, dalah ingkang nama manggaota agêng pisan, saya kathah èstrinipun.

Dumuginipun dados sinjang, ugi lêstantun dipun tindakakên ing tiyang èstri, punika saya kêtingal sangêt sumêbaripun, mèh sabên nagari pundi ingkang wontên tiyang dagang sinjang tamtu dipun tindakakên ing tiyang èstri, parigêling cak-cakanipun tumindak ing damêl botên kawon kalihan tiyang jalêr.

Sumêbaripun sinjang-sinjang saking nagari ingkang ngêdalakên sinjang dhatêng nagari sanès, kenging dipun wastani waradin, botên wontên pêkên ingkang sêpên, mêsthi wontên tiyang sade sinjang, dene tanahipun warni-warni, Sala, Ngayogya, Pakalongan, Purwarêja tuwin sanès-sanèsipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên wau, bôngsa Jawi pancèn gadhah dhêdhasar among dagang sinjang, wiwit saking damêl ngantos dumugi sade, sagêd nindakakên piyambak, dados manawi dipun manah panjang, sanadyan padamêlan nyêrat sambèn pisan, nanging têtiyang Jawi dhêdhasaripun sampun wontên, sagêd amastani awon sae, tumindakipun sade tinumbas, sadaya wau manawi dipun lantur lajêng dados tuntunan tumindakipun among dagang. Mila eman sangêt saupami bôngsa Jawi ngantos ngêndhoni dhatêng tumindakipun padamêlan punika, nama badhe kecalan bakuning kagunan ingkang sampun mathuk nama dados kagunan Jawi.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 55, 24 Sapar taun Je 1862. 11 Juli 1931. Taun VI.

Palapuran Bathik

Kabudidayan bathik Banyumas

II. Anglajêngakên cariyosan babadipun kabudidayan bathik. Ing taun 1914 tuwuh pêrang agêng ing Eropah. Kala samantên bôngsa Tionghwa, ingkang sami nyumêrêpi mênggah agênging bêbathènipun dêdagangan bathik, lajêng sami miwiti ada-ada angêdêgakên kabudidayan bathik. Bawanipun bôngsa Tionghwa punika umumipun sami sugih arta, ngupadosipun pêngobèng ingkang pintêr-pintêr inggih sarana margi gampil. Malah saking wêgigipun bôngsa Tionghwa, ingkang sami anggadhahi kabudidayan bathik wau, ngantos sagêd andarbèni pola-pola damêlanipun kabudidayan-kabudidayan bôngsa Eropah.

Ing kala punika kathahing kabudidayan bathik ingkang sami dipun êdêgakên, prasasat tanpa wicalan, makatên ugi têtiyang pribumi, inggih sami botên purun kantun. Jalaran saking punika, pangobèng ingkang pintêr-pintêr lajêng tansah dados rêbatan, ingkang anjalari epahaning pêngobèng punika saya mindhak, ngantos kenging dipun wastani, bilih pamêdalipun tiyang èstri punika sok asring langkung kathah katimbang tiyang jalêr. Ingkang makatên punika, sok lajêng kalampahan, kanthi migunakakên têtêmbungan ing palapuran bathik wau, bilih: èstri kangge jalêr, jalêr kangge èstri. Mênggah pikajêngipun: tiyang èstri ingkang ngupados pangupaboga, tiyang jalêr ingkang wontên ing griya, kapasrahan: momong lare, rêrêsik, bokmanawi malah ngliwêt, anjangan barang.

Nanging kawontênan ingkang makatên punika botên sagêd lêstantun dangu, jalaran saking tuwuhipun jaman malèsèd ing kala punika, kawêwahan sumêbaripun abên-abênan bathik enggal, makatên ugi jalaran saking kawêgiganipun bôngsa Tionghwa ing bab punika. Ingkang makatên wau, kawontênanipun kabudidayan bathik têtiyang pribumi saya dangu saya kaêsur ing kabudidayan bôngsa Tionghwa ingkang wusananipun lajêng kathah kabudidayan pribumi ingkang kapêksa katutup.

Wiwit punika kenging dipun wastani, bilih padagangan bathik ing saindênging paresidhenan Banyumas, kacêpêng ing bôngsa Tionghwa. Samangke ngrêmbag sawatawis mênggah ingkang kalêbêt ing:

Laladanipun kabudidayan bathik

Mèh saindênging paresidhenan Banyumas ingkang sisih lèr, têtiyangipun sami nindakakên kabudidayan bathik. Dene ingkang dados têlênging kabudidayan-kabudidayan wau, ing kitha-kitha: Banyumas, Purwarêja (Tlampok) Sukaraja, Purbalingga tuwin Purwakêrta. Manawi kapandhing kalihan tanah-tanah sanèsipun ing Jawi Têngah, paresidhenan Banyumas punika pancèn inggih beda piyambak, jalaranipun botên sanès inggih sabab saking kiranging sambêtanipun kalihan sanès-sanès panggenan. Ing kala rumiyin, jalaran saking botên wontênipun margi-margi ingkang sae, têtiyang Pasundhan punapadene têtiyang karajan Jawi angèl sangêt sagêdipun dhatêng Banyumas.

[Grafik]

Pamondhokanipun para pangobèng.

Ing sarèhning margi-marginipun ing ngriku botên kenging kaambah ing grobag, mèh sadaya pamêdalipun siti, ingkang saperangan agêng lajêng botên sagêd mêdal saking wêwêngkon ngriku.

Nalikanipun ing paresidhenan Banyumas dèrèng wontên sêpur utawi trèm, pangusunging sadaya pawêdalipun siti punika mêdal toya, inggih punika anglangkungi lèpèn Sêrayu, utawi sarana dipun êmot ing kapal, maesa utawi lêmbu, dene kalêmpakipun barang-barang wau sadaya wontên ing kitha Banyumas.

Ananging sarêng dipun yasani margi sêpur utawi margi sanès-sanèsipun, kados ta: margi sêpur ingkang lumampah saking Bandhung dhatêng Ngayoja, utawi saking Cirêbon dhatêng Kroya, kitha Banyumas botên kaambah babarpisan, ingkang anjalari kitha wau saya dados sêpên sangêt. Jalaran saking punika ing salêbêtipun kitha inggih lajêng saya kirang wontênipun padamêlan galidhigan. Wêwah-wêwah sarêng wontên ewah-ewahan tataning pangrèh praja, ingkang anjalari wontên sawatawis amtênar bôngsa Walandi pindhah saking ngriku, punika ugi andadosakên

--- 1 ---

sabab kathahing jongos, babu tuwin tukang kêbon sami botên gadhah padamêlan.

Jalaran saking awoning tanêm tuwuh ing antawisipun taun 1929 lan 1930, nuwuhakên aliting manahipun têtiyang ing padhusunan. Sawênèh sami rêraosan, bilih karaharjaning nagari sabên taun tansah saya mundur kemawon. Dening têtiyang Banyumas, kamunduraning karaharjanipun nagari wau ngantos dipun timbangakên: sabên taun saya buncit.

Ing Banyumas tiyang glidhig ingkang sagêd ajêg angsal epahan f.3,- ing sawulanipun, kenging kawastanan bêgja sayêktos. Ing dhusun-dhusun malah kathah têtiyang ingkang babarpisan botên gadhah padamêlan. Dene manawi têtiyang wau dipun takèni, kadospundi mênggah gêsangipun ingkang kathah, wangsulanipun têmtu lajêng: sabab semahipun bêrahan bathik.

Wangsulan ingkang makatên wau sayêktos nganèh-anèhi, punapa malih manawi angèngêti, bilih epahanipun ambathik punika sayêktos sakêdhik sangêt, ewasamantên kathah têtiyang dhusun ingkang amastani, bilih bêrah ambathik punika sagêd nyambêt gêsangipun. Dene manawi tiyang sabatih sagêd angsal bêrahan bathik sadaya, punika botên badhe kuwatos bilih ing têmbe wingkingipun badhe kapintên.

Beda kalihan ing Purbalingga. Têtiyangipun ing kitha sami sagêd angsal bêrahan ingkang nyêkapi, kados ta: bêrah nglinting sês, nguli wontên ing gudhang sata, wontên ing toko-toko lan sasaminipun. Cêkakipun ing kitha Purbalingga kenging dipun wastani botên badhe kêkirangan padamêlan. Amila sanadyan ing Purbalingga piyambak ugi sami yakin, bilih ing kitha Banyumas upami kabudidayan bathik ngantos ical, têtiyangipun têmtu badhe kathah ingkang sami nandhang sangsara. Inggih lêrês, bilih ing ngriku ugi wontên kabudidayan alit-alit, kados ta: damêl banon tuwin gêndhèng, ngobong kapur, kêmasan, lan sasaminipun, nanging sadaya wau botên sagêd mitulungi panggêsanganipun têtiyang dhusun.

Ing sarèhning kawontênanipun kabudidayan bathik punika agêng sangêt dayanipun tumrap panggêsanganing têtiyang ing Banyumas, kados ing ngriki prêlu anyariyosakên sawatawis mênggah:

Jêmbaring kabudidayan

Ing ngandhap punika dipun wontênakên dhaptar kawontênanipun kabudidayan-kabudidayan bathik ing salêbêtipun paresidhenan Banyumas sisih lèr.

Sêtat kawontênanipun kabudidayan bathik ing paresidhenan Banyumas sisih lèr

[Grafik]

Nitik wontênipun sêtat ing nginggil, têtela sangêt bilih kabudidayan bathik ing Banyumas punika, mèh sadaya gadhahanipun bôngsa Tionghwa, ngêmungakên satunggal kalih ingkang taksih kacêpêng ing tiyang siti.

Kabudidayan-kabudidayan bôngsa Tionghwa, punika ingkang kathah langkung-langkung ing kitha Banyumas, panggarapipun bathik wau botên wontên ing griyanipun piyambak, nanging lajêng kapasrahakên dhatêng têtiyang Jawi ing dhusun-dhusun kanthi prajangjian mawarni-warni, kados ta: sadaya pirantosing ambathik kabudidayan ingkang nyukani, lan sasaminipun. Kadospundi panggarapipun, juraganing kabudidayan wau botên nyumêrêpi punapa-punapa, sumêrêpipun namung manawi sampun rampung kemawon. Dados padamêlanipun têtiyang dhusun wau kenging dipun anggêp amborong padamêlan bathik, amila têtiyang wau lajêng dipun wastani:

Anèmêr (tukang amborong)

Tumrapipun ingkang gadhah kabudidayan bathik, nyambut damêl lumantar anèmêr, punika langkung sakeca katimbang sadaya-sadaya dipun adani piyambak. Jalaran pun juragan lajêng botên kangelan punapa-punapa, têgêsipun: botên kangelan ngawontênakên tiyang, ingkang kêdah ngulat-ulatakên panyambutdamêlipun pangobèng, botên tansah kangelan ngrêmbag pêrsêkot, cêkakipun dhatêng ruwêt-rêntênging nyambut damêl bathik, pun juragan wau botên prêlu angrêmbag. Kajawi punika pambayaripun pajêg inggih botên badhe kêkathahên.

Badhe kasambêtan

--- 1 ---

Ngobrol ing Dintên Sabtu

Bab Palapuran Bathik

Sintên tiyangipun ingkang botên anggadhahi watak kados Dasamuka anggènipun têgêlan, ing atasipun kalihan sadhèrèk piyambak, inggih punika Radèn Kumbakarna, mêksa têgêl angundhat-undhat kalanipun mêntas dipun bojana dhahar, utawi botên anggadhahi watak kados kirun wana kirun, ingkang tega sangêt anggadani manusa kadosdene kula ambêbêk kacang kangge bumbu pêcêl kemawon, sampun têmtu badhe anggrantês manahipun, manawi maos palapuran bathik, ingkang kawêdalakên dening kantor pakaryan (Kantoor van Arbeid). Ingatasipun paprentahan ngriki punika ing sajawining praja kacêluk adil palamarta, sagêd nata tatatêntrêmipum nagari, punapadene ingkang katêngênakên pancèn anggènipun tansah anjagi kawilujênganing para kawulanipun têtiyang pribumi, têka wontên lêlampahan-lêlampahan tindak siya, sawênang-wênang kadosdene ing kabudidayan-kabudidayan bathik ing tanah wawêngkon ngriki, langkung malih ing kabudidayan bathik ing Lasêm.

Ewasamantên pamarentah ing bab punika mêksa botên kenging dipun paibên sangêt-sangêt, jalaran ingkang nindakakên paprentahan punika dede tiyang satunggal, nanging sarana kabantu dening punggawa pintên-pintên èwu. Lan ing donya punika sampun limrah, bilih têtiyangipun wontên ingkang sae, nanging ugi wontên ingkang awon, wontên ingkang suci manahipun, nanging ugi wontên ingkang jail-mêthakil. Makatên ugi para punggawa nagari, saking kathahing cacahipun ingkang têmtu inggih wontên ingkang sae, nanging ugi wontên ingkang botên sae, wontên ingkang luhur panggalihipun, nanging ugi wontên ingkang … botên makatên. Kadosdene banjiring lèpèn, punika murih sampun ngantos ambêbayani, kenging dipun tambak mawi bêndungan, makatên ugi pandamêl awon, murih botên ambêbayani tumrap ingkang anglampahi, kadhangkala ugi sok kenging dipun tambak mawi … kêrtas awarni-warni. Sanadyan makatên ewasamantên inggih mêksa eman sangêt, dene ing ngriki sagêd kalampahan tindak ingkang makatên punika, tur tumindakipun wau sagêd kalampahan ngantos pintên-pintên dasa taun laminipun, tanpa kauningan ing pamarentah.

[Grafik]

Gambar ing têngah, punika pangobèng angsal pêparab "Bathang" sanadyan badanipun nandhang karisakan kados makatên, mêksa taksih sok dipun pisakit.

Ing ngandhap punika nyariyosakên sawatawis tindak ambêg siya ing kabudidayan ing Lasêm. Dene ingkang kula cariyosakên punika lugu namung mêthik saking kawontênan ingkang kaêwrat ing palapuran bathik kasbut nginggil.

Mênggah wontênipun pranatan dhêndhan utawi potongan ingkang katindakakên ing sawênèhipun kabudidayan bathik, punika botên angêmungakên kenging kawastanan culika, nanging ugi kenging kawastanan tindak dosa dene kalêbêt ewoning siya tur amêrês dhatêng kringêtipun tiyang sanès.

Sampun nate kalampahan, saupami wontên ayam kêcêgur ing sumur utawi ing kakus, ingkang lajêng ngantos dados pêjahipun, punika sadaya pêngobèng kajibah nglintoni. Jalaran para pangobèng wau pancènipun rak sagêd ngalang-alangi murih ayamipun sampun ngantos manggih kacilakan. Malah ingkang gadhah kabudidayan bathik sok lajêng andakwa dhatêng pêngobèng-pêngobèngipun anyêmplungakên ayam wau wontên ing sumur. Makatên ugi sampun kalampahan: pêngobèng-pêngobèng sami dipun suda epahanipun, jalaran ing patarangan botên wontên ayamipun ingkang nigan.

Ing ngriku sang majikan botên angèngêti dhatêng kalamangsanipun ayam nigan, ing pamanahipun langkung gampil andakwa pêngobèng-pêngobèngipun sami nyolong tigan.

Manawi tembok wontên ingkang gêmpal jalaran katanggor ing gawangan, ingkang nggêmpalakên punika lajêng dipun dhêndha, lan dhêndhanipun wau botên murwat kalihan pangaosing risak.

Manawi wontên bathikan kacipratan mawa anglo ingkang kangge ngêntêpakên wajan, pêngobèngipun inggih lajêng dipun dêndha, dene manawi bathikan wau lajêng bolong, punapa malih manawi bolongipun ragi wiyar, pun pêngobèng lajêng kapurih ambayar bathikanipun.

Manawi wontên pangobèng anggênènipun wajan mawi kajêng jatos, ingkang pancènipun kangge nglorod sinjang, pêngobèng wau inggih lajêng dipun dhêndha, makatên ugi pêngobèng ingkang purun mêndhêt kajêng bucalan wontên ing prakawisan ngriku kangge ngliwêt upaminipun, punika inggih lajêng dipun suda epahanipun.

--- 1 ---

Ing satunggiling dintên wontên majikan kadhawahan ukuman dhêndha dening pangadilan, jalaran botên sadhiya wadhah uwuh wontên ing ngajêng pakawisan, ingkang anjalari uwuhipun dening pêngobèng-pêngobèngipun kapêksa lajêng dipun undhung-undhung wontên ing pakawisan. Para pêngobèng wau ingih sami dipun dhêndhani sadaya, awit anggènipun sang majikan kadhêndha ing pangadilan punika, rak jalaran saking taledhoripun pun pêngobèng-pêngobèng wau. Ing ngriku botên kacariyosakên pintên kathahing arta dhêndhan, nanging sabên pêngobèng kêdah ambayar dhêndhan. Satunggaling dintên majikan wau kadhawahan ukuman dhêndha f 5,- dening Landrechter, jalaran kalêpatan misakit tiyang. Wontên ing ngriku ugi sang majikan nêdha buku cathêtaning sambutanipun pêngobèng kalih ingkang ngrepotakên wau, prêlu ngisi buku ngriku, bilih satunggal-tunggaling tiyang sami wêwah sambutanipun nyaringgit, kanthi dipun sukani irah-irahan: minôngka bayar dhêndha Landgerecht.

Manawi wontên tukang ngêthèl ngicalakên barang, sanadyan para pêngobèng punika botên gêgayutan kalihan padamêlan ngêthèl, ewasamantên inggih sami dipun dhêndha sadaya.

Manawi wontên lilin ical sakatos, sanadyan rêginipun namung f 0,50,- pandhêndhanipun ngantos f1,-.

Manawi wontên bathikan kêcanthol ing gawangan, sanadyan bathikanipun botên risak babarpisan, nanging pun pêngobèng inggih katrapan dhêndha f1,-.

Satunggiling dintên wontên sinjang pangaos f 7,- ical, sadaya pêngobèng cacahipun wontên 20, sami kadhêndha ambayar nyarupiyah. Manawi ingkang ical wau bathikan kasar, pandhêndhanipun nyatêngah rupiyah.

Tindak ingkang makatên punika ugi kaêtrapakên dhatêng satunggiling koki, ingkang suwaunipun ugi dados pêngobèng, nanging jalaran saking kathahing sambutanipun lajêng kadadosakên kuli taunan, sarta dipun pasrahi padamêlan wontên ing dhapur. Koki wau manawi anggorèng kopi ngantos gosong, dipun dhêndha 50 cent; manawi kirang pangatos-atos panyêpêngipun lisah klêntik, dipun dhêndha 30 cent; manawi wontên kêndhurèn, panganggenipun gêndhis ragi kêladuk, pandhêndhanipun 30 cent, wontên daging katêdha ing kucing, 25 cent, wajan kêpancal ing ayam, 25 cent, amêcahakên lodhong f 1,-, gêlas pangombèn 50 cent, piring utawi cangkir f1,- makatên sapiturutipun. Manawi padamêlanipun wontên ing dhapur sampun rampung, koki wau lajêng kêdah ambantu ambathik tanpa mawi bayaran. Nalika bathikanipun piyambak, cacahipun sakawan, ical wontên ing papan pambathikan ngriku, sambutanipun lajêng dipun indhaki f 14,-. Mênggah rêmbagipun ngajêng, koki wau ing dalêm sataunipun nampi epahan f 30,- mawi angsal têdha. Kanthi sapurun-purunipun piyambak pun majikan nyuda blanjane koki wau ngantos dados f 12,-. Nanging arta ingkang f 12,- punika pun koki ugi botên nampi babarpisan, jalaran tansah kapotong ing sambutanipun. Ewasamantên sambutanipun botên suda nanging malah saya wêwah kathah. Kados sampun cêkap samantên kemawon pêthikan kula saking sêrat palapuran wau. Sajatosipun taksih kathah malih lampahan-lampahan ingkang langkung mêmêlas, ingkang tuwuhipun saking tindak siya tuwin sawênang-wênang, nanging samantên kados sampun cêkap. Tujunipun botên sadaya kawontênanipun makatên wau, wontên ugi ingkang pantês ingalêmbana. Ing ngandhap punika nyariyosakên sawatawis kabudidayan bathik ing tanah krajan Jawi. Ing ngriki kula inggih namung mêthik punapa ingkang kawrat wontên ing sêrat palapuran wau, inggih punika makatên:

Tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah. Mênggah tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah, punika kenging dipun wastani sae. Sayêktos andadosakên bingahing manah, dene kawontênanipun tiyang nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik bôngsa pribumi, langkung-langkung ing tanah karajan Jawi, sae, langkung sae katimbang pangintênipun tiyang dumuginipun sapriki. Ing bab punapa kemawon ing tanah karajan Jawi punika tumraping gambar tanah Jawi sajak kadosdene papan ingkang pêtêng, lan kaum bêrah Jawi ingkang nyambut damêl tumut bangsanipun piyambak punika dipun anggêp kirang sênêngipun. Ananging karampunganing panitipriksa punika têka sanès sangêt kawontênanipun.

[Grafik]

Para babu bathik ing tanah Karajan Jawi, pating pêtèngtèng, katingal sami sênêng.

Sanadyan epahanipun namung sakêdhik, makatên ugi sanadyan anggènipun nyambut damêl kirang têtêpipun, ewasamantên sajakipun para kaum bêrah wau sami katingal sênêng. Buktinipun: têtiyang ingkang sami nyambut damêl wontên ing kabudidayan pribumi ing Ngayoja utawi ing Sala, punika saking katêbihan sampun kapirêng têmbanganipun ingkang galik-galik. Wontên ing ngriku têtiyang wau sami sênêng, botên anggadhahi manah èwêd-pakèwêd, tangkêpipun kalihan majikan sami kemawon kalihan kanca-kancanipun piyambak, cêkakipun wontên ing ngriku têtiyang wau sami ngrumaosi kadosdene wontên ing griyanipun piyambak.

Ing kabudidayan-kabudidayan wau asring sok wontên majikanipun ingkang ngawisi têtiyangipun sami nyêrèt utawi main. Majikan sanès malih, ingkang pancèn nêtêpi agaminipun, kados ta siyam ing salêbêtipun wulan Ramêlan, punika sok purun nyukani wêwahan epahan sakêthip ing sadintênipun dhatêng punggawanipun ingkang ugi tumut siyam. Manawi wontên punggawanipun gadhah kaprêluan: upaminipun gadhah damêl, kasripahan lan sapiturutipun, majikan wau purun nyumbang f 2,50,- ngantos f 5,-.

Tiyang ingkang sakit sok dipun sukani jampi kanthi lêlahanan. Dene manawi badhe bakda Sawal, têtiyangipun sok dipun plèlèr sinjang lan sasaminipun. Manawi kadhangkala kathah padamêlan ingkang kêdah rampung, ingkang anjalari têtiyangipun kapêksa

--- 1 ---

kêdah sami nglêmbur, sadaya wau lajêng sami angsal bêbingah (angsal pêrsèn).

Kados kêkathahên saupami kula andharakên sadaya mênggah saening tangkêpipun kaum majikan kalihan kaum bêrah ing tanah karajan Jawi kados ingkang kawrat wontên ing sêrat palapuran wau. Amila cêkap samantên kemawon.

Jalaran saking punika trajangipun para kaum majikan ing tanah karajan Jawi dhatêng bêrah-bêrahipun wau pantês ingalêmbana saha prayogi sangêt dados tuladan; sabab angèngêti ebah-ebahaning jaman, sadaya-sadaya sami kapengin dhatêng,, Selfhelp", inggih punika rumagang ing damêl piyambak tanpa ngêjibakên pitulunganing liyan, punika sakawitipun kêdah botên anêngênakên balônja utawi pamêdal agêng, watonipun sampun anyêkapi kabêtahanipun kêdah dipun lampahi kalayan sênêng lan santosaning manah, prêlunipun sagêda tumuntên kasêmbadan sêdyanipun. Bilih bôngsa kula sampun kathah ingkang sami migatosakên bab lampahing pitulungan makatên wau, têmtu badhe enggal ngundhuh wohipun, miraos katêdha tur anyêgêri badan.

Pun: Pênthul.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 59-60. 9 Mulud taun Je 1862. 25 Juli 1931. Taun VI.

Palapuran Bathik

Pambayaripun epahan

VI. Kajawi nyambutdamêl siyang para bêbau wau ugi asring kapêksa kêdah

Nyambut damêl ing wanci dalu

Ing sawênèhing kabudidayan bathik para pêngobèngipun ugi sok asring sami nyambut damêl ing wanci dalu. Ing dhusun-dhusun para pêngobèng salêbaripun jam 10 kathah ingkang taksih sami ambathik. Ing panggenan nyambut damêl gadhahanipun anèmêr-anèmêr bathik salêbaripun jam 10 dalu ugi sok wontên ingkang taksih sami nyambut damêl, nanging manawi sampun rampung lajêng sami mantuk.

[Grafik]

Para bêbau ingkang sawêg nyambut damêl anglorod, ing Pakalongan

Mênggahing pamanggihipun tiyang Jawi, tiyang èstri nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun tiyang Jawi, punika botên dados alangan. Kosokwangsulipun manawi nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun bôngsa Tionghwa. Tiyang sêpuh ingkang taksih ngrêgèni badanipun, botên rila sangêt manawi anakipun èstri ngantos nyipêng wontên ing kabudidayan bathik gadhahanipun bôngsa Tionghwa. Amila manawi wontên tiyang èstri dados pêngobèngipun bôngsa Tionghwa, ing môngka lajêng manggèn wontên ing ngriku pisan, punika dipun anggêp tiyang èstri ingkang sampun ucul.

Nyambut damêl ing wanci dalu punika dipun wastani: nglêmbur utawi srêmpêngan. Anggènipun para bêbau sami nyambut damêl ing wanci dalu punika jalaran saking kiranging pamêdalipun.

Tumraping juragan punapa ugi bêbau, nyambut damêl dalu punika pancènipun botên sae. Jalaran bêbau wau, ing sarèhning dalunipun kirang tilêm, siyangipun inggih lajêng botên sagêd nyambut damêl kadosdene punapa mêsthinipun. Kajawi punika, jalaran saking kirang padhanging dilah, mripatipun bêbau wau gampil sangêt dados risak. Ewasamantên ingkang makatên punika mêksa dipun lampahi, awit, miturut katranganipun salah satunggiling juragan, saking panêdhanipun para bêbau piyambak jalaran saking kiranging pamêdalipun manawi ngêmungakên nyambut damêl siyang, lan pun juragan wau botên ngrumaosi, bilih bakunipun piyambakipun piyambak ingkang mêksa bêbaunipun kêdah sami nyambut damêl ing wanci dalu, sabab saupami anggènipun nyukani epahan mèmpêr, têmtunipun botên badhe kalampahan makatên.

Samantên rêkaosipun têtiyang nyambut damêl wontên ing kabudidayan bathik murih sagêd angsal têdha ingkang nyêkapi. Ewasamantên taksih tangèh sangêt sagêdipun nyêkapi. Ingkang punika lajêng kapêksa anak-anakipun ingkang dèrèng ngumur kapurih ngrêrencangi. Amila ing ngriku lajêng kathah sangêt:

Lare-lare sami nyambut damêl

Ing kabudidayan bathik gadhahanipun bôngsa Tionghwa, ingkang ngêmungakên anggarap bathikan ingkang alus-alus, botên wontên lare-larenipun ingkang sami nyambut damêl. Kosokwangsulipun ing dhusun-dhusun kathah sangêt lare èstri ingkang dèrèng umur 12 taun sampun sami tumut nyambut damêl kalihan biyungipun. Limrahipun lare èstri Jawi punika wiwitipun sinau ambathik umur 6 taun. Manawi sampun umur 8 taun sampun sagêd ngrencangi biyungipun kanthi ajêg. Dene manawi sampun ngajêngakên umur 12 taun sampun sagêd angsal pamêdal piyambak. Lare-lare èstri ingkang umuripun samantên wau, kathah kemawon ingkang wasisipun ambathik botên kawon kalihan tiyang èstri ingkang sampun diwasa.

Samangke kados prêlu nyariyosakên sakêdhik mênggah kawontênanipun:

Papan nyambut damêl tuwin pondhokan

Ing sarèhning mèh sadaya ingkang dipun garap ngêmungakên sêratan carik, lan para bêbaunipun ingkang kathah sami anggarap padamêlanipun wontên ing dhusun botên wontên ing papan nyambut damêl ngriku sarta sakêdhik

--- 1 ---

sangêt ingkang nyipêng wontên ing ngriku, umumipun kabudidayan-kabudidayan bathik wau inggih sami katingal sae lan rêsik. Manawi kapandhing kalihan kabudidayan bathik ing sanès-sanèsipun panggenan ing tanah Jawi ngriki, ing Banyumas kenging dipun wastani sae piyambak.

Kamar-kamaripun para bêbau ingkang sami dêdunung wontên ing ngriku, mèh sadaya kenging karan sae. Papan patilêmanipun jêmbar anyêkapi, ambèn, gêlaran tuwin bantal, limrahipun dipun sukani dening juraganipun. Sasagêd-sagêd sabên batih satunggal angsal kamar piyambak. Malah ing sawênèhing kabudidayan bathik para bêbaunipun sami dipun sadhiyani pakiwan piyambak-piyambak.

[Grafik]

êrong-êrongan papan patilêmanipun para pêngobèng tiyang èstri ing Lasêm.

Tangkêpipun juragan kalihan bêbau

Ing paresidhenan Banyumas tangkêpipun juragan kalihan bêbaunipun punika kenging dipun wastani sae. Dalasan ing panggenan-panggenan ingkang wangsulipun pêngobèng ingkang ambangkang kanthi kapêksa mawi kairit ing pulisi dhusun, tiyangipun botên wontên ingkang ngraosi awon dhatêng juraganipun. Nabok punapadene nyakiti bêbaunipun ing ngriku prasasat botên nate tumindak. Sawatawis taun ingkang kapêngkêr wontên juragan ingkang kacêluk cêngkiling. Ing wusana kasumêrêpan, bilih juragan punika lugunipun tiyang ingkang sakit naratab, lan wiwit punika inggih lajêng kesah saking ngriku.

Bôngsa Tionghwa ing Banyumas punika dipun cariyosakên alus pitêpanganipun. Tumrap bêbaunipun botên purun mêmisuh utawi migunakakên têmbung ingkang kasar.

Pondhokan kangge bêbaunipun kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng, kadamêl sae-sae lan rêsik.

Para pêngobèng ingkang sami mondhok wontên ing ngriku, botên pisan dipun alang-alangi manawi badhe kesah dhatêng pundi-pundi.

Para pêngobèng ingkang asli saking Têgal, sabên bakda riyadi angsal liburan 14 dintên, kangge tuwi sanak sadhèrèkipun. Wragading lampah, sadaya utawi sapalih, ingkang ambayar juraganipun. Para pêngobèng ingkang griyanipun cakêt-cakêtan, sabên 40 dintên sapisan kenging tuwi mantuk, nanging inggih botên kenging langkung saking 2 dintên dangunipun. Mênggahing bab cadhongipun sêkul, punika sae tur anyêkapi. Miturut katranganipun para juragan, ingkang pancèn lêrês sangêt bêbau ingkang botên tuwuk panêdhanipun, punika panyambutdamêlipun inggih botên sae. Amila ing sawênèhing kabudidayan bathik botên ngêmungakên pêngobèng kemawon, sanadyan tukang cap, ingkang blanjanipun anyêkapi, ugi asring sami dipun sukani têdha.

(Badhe kasambêtan)

Kajawèn: ôngka 88. 22 Jumadilakir taun Je 1862. 4 Nopèmbêr 1931. Taun VI.

Palapuran Bathik

III. Pamrayogi

Ing Kajawèn ngriki kados sampun cêkap anggènipun adamêl wawasan kawontênanipun palapuran bathik ingkang dipun damêl dening panjênênganipun Tuwan P. de Kat Angelino. Ing ngriku para maos sagêd anguningani piyambak, kadospundi botên prayoginipun kawontênan-kawontênan ing panggaotan bathik umumipun, langkung malih kabudidayan bathik ing Lasêm, ngantos ing pundi-pundi dipun wontênakên parêpatan, prêlu anglairakên panyaruwe ing bab kawontênanipun panggaotan bathik wau. Samangke ing ngriki kados prêlu nyariyosakên sawatawis mênggah pamrayoginipun Tuwan de Kat Angelino dhatêng nagari, ing bab panatanipun panggaotan bathik, murih saya saenipun. Miturut pangandikanipun tuwan de Kat Angelino kasêbut ing

Bêbuka

Wontênipun palapuran batik punika, botên ngêmungakên adamêl padhang mênggahing kawontênanipun panggaotan - panggaotan ingkang ngengingi pintên-pintên dasa èwu tiyang jalêr tuwin tiyang èstri, nanging samangke tumrapipun ingkang wajib ugi lajêng sagêd adamêl tatanan kanthi pangatos-atos, jalaran sampun anyumêrêpi dhatêng sadaya kawontênanipun padamêlan ing ngriku. Sampun têmtu anggènipun badhe adamêl tatanan wau, inggih botên kenging saupami lajêng ujug-ujug badhe dipun saèkakên sangêt, ngantos kadosdene tatanan ingkang sampun sae-sae sayêktos cara Eropah, nanging kêdah angèngêti dhatêng galagadipun kawontênan ing ngriki. Malah sanadyan namung adamêl rancangan tatanan cara ngriki kemawon, inggih mêksa kêdah ngatos-atos sangêt, tumindakipun kêdah kanthi alon-alonan. Tatanan ingkang sakintên sagêd adamêl kapitunanipun panggaotan bathik umumipun sampun guru-guru katindakakên, makatên ugi tatanan samangke ingkang dipun anggêp awon, punika inggih mêksa botên kenging saupami lajêng ujug-ujug dipun bucal, jalaran ingkang makatên punika sagêd ugi adamêl ambruking panggaotan.

Wontên malih angèlipun tumrap ingkang wajib anggènipun badhe damêl tatanan mênggahing panggaotan bathik, inggih punika ing bab kaanehan, warni-warnining jinis, punapadene kathahing wujudan mênggahing panggaotan wau, kados ta:

Caranipun manggaota bôngsa kilenan, punika limrahipun wêdaling waragad kathah sangêt, upaminipun: ngawontênakên pabrik, mêsin-mêsin, têtiyang ahli ingkang dipun patah dados juru panaliti. Kajawi punika kêdah miturut pranataning nagari, ingkang ugi kanthi waragad

--- 1 ---

agêng. Lajêng kasamèkna kalihan kawontênanipun panggaotan bathik, ingkang pirantos-pirantosipun namung sarwa prasaja. Amila para bêbêrahipun inggih gampil angsalipun. Tumraping juragan ingkang makatên punika inggih kalêrêsan sangêt, jalaran kathah kauntunganipun dening lajêng sagêd tansah anyuda epahaning para bêrahipun wau. Dados saupami badhe ngalitakên utawi ngagêngakên panggaotanipun, inggih kanthi gampil kemawon, pangangge lan angêdalakên tiyang inggih sagêd kanthi sapurun-purun.

Jalaran saking kawontênanipun ingkang makatên punika, kawontênanipun panggaotan bathik lajêng botên sagêd ajêg, ingkang samangke sagêd tumindak sae, sagêd ugi enjingipun lajêng ambruk. Makatên ugi panggaotan ingkang samangke sagêd nindakakên ingkang dados tatananipun kanthi lêrês, enjingipun sagêd ugi anganggêp bilih tatanan wau awrat sanggènipun.

Inggih ingkang makatên punika ingkang andadosakên kawratanipun ingkang wajib angrancang tatanan ingkang sagêd mathuk katindakakên wontên ing panggaotan bathik wau.

Tujunipun samangke kenging dipun ajêng-ajêng, bilih panggaotan bathik ingkang kawontênanipun pancèn awon sangêt, botên watawis dangu malih mêsthi badhe ical piyambak, botên jalaran lajêng dipun wontêni pranatan, nanging jalaran anggènipun tansah dipun titipriksa lan dipun ulat-ulati dening para priyantun pangrèh praja tuwin para priyantun kantor pakaryan.

Tumrap panggaotan-panggaotan ingkang prêlu sangêt kêdah dipun wontênakên tatanan tuwan de Kat Angelino ngaturi ancêr-ancêr, kadospundi caranipun ingkang wajib anggènipun badhe adamêl tatanan wau. Ingkang punika amila lajêng kêdah adamêl wawasan cêkakan mênggah kawontênanipun panggaotan bathik ingkang prêlu kêdah tumuntên dipun wontênakên tatanan, mawi adhêdhasar pamrayoginipun ingkang adamêl palapuran bathik wau.

Dene ingkang prêlu sangêt kêdah tumuntên dipun tata, inggih punika ing bab epahaning bêrah, pambayaripun, panyathêtipun epahan, kawontênaning bab sambutan tuwin lampahing dhêndhan, kawontênan ing salêbêting panggaotan, sadhengah ingkang botên nyakecakakên dhatêng padamêlanipun para bêbêrah wontên ing ngriku ingkang botên sakeca sangêt. Kajawi punika tumindakipun padamêlan ing wanci dalu tumrap tiyang èstri, punapadene panyambutdamêlipun lare-lare ingkang sami dèrèng umur, inggih pantês kêdah enggal-enggal dipun wontênakên tatanan.

Nanging sadèrèngipun angandharakên pamrayoginipun ingkang adamêl palapuran wau, langkung rumiyin tuwan kasbut adamêl wawasan sawatawis, kadospundi cara-caraning pamarentah anggènipun badhe angayomi para bêbêrah umumipun, ingkang sami nyambut damêl wontên ing panggaotan bathik.

Awit kêdah angèngêtana, bilih juragan ing panggaotan bathik punika, dumuginipun samangke, dipun sakajêng kemawon, salami-laminipun botên nate dipun têdahakên ing kuwajibanipun, supados patrapipun dhatêng para bêbêrahipun ingkang sae, sampun sapurun-purun. Ingkang dados juragan ing jaman samangke, punika taksih sami kemawon kalihan ingkang rumiyin, sêsêrêpanipun botên beda kalihan kuli-kulinipun, ingkang dados juragan wau sami botên mangrêtos, bilih sae tangkêpipun dhatêng para bêbêrahipun punika satunggiling kuwajiban ingkang prêlu piyambak.

Ing jaman samangke, pangrêksanipun dhatêng kaum bêrah, kados ta: rêsik lan sarasing papanipun nyambut damêl, sênênging para bêbêrah, lan sasaminipun, punika kêdah dipun wigatosakên. Ing môngka ing bab punika nagari botên krêsa cawe-cawe, makatên ugi nagari botên angwontênakên bêbadan ingkang dipun wajibakên aparing sêrêpan utawi pamrayogi ingatasipun bab punika. Ing sarèhning kados ingkang sampun kacariyosakên ing nginggil, kaum juragan punika taksih kathah ingkang dèrèng mangrêtos, amila inggih sampun lêrês kemawon, bilih tindak ingkang makatên wau tansah ajêg.

Mênggah saking rêmbagipun ingkang adamêl palapuran bathik, angaturi pamrayogi supados nagari, manawi angwontênakên tatanan, adhêdhasar panuntun saha pamardi dhatêng para juragan, murih patrapipun dhatêng kaum bêrah sagêda sae pangopènipun. Jalaran wontênipun bêrah ing panggaotan bathik ingkang kirang prayogi, punika kathah kemawon ingkang sajatosipun botên sabab dipun têmaha, nanging namung saking botên mangrêtosipun. Ewasamantên inggih kathah kemawon, kaum juragan ingkang sêngaja anyawiyah dhatêng bêbêrahipun saha namung mikantukakên badanipun piyambak. Mênggahing juragan ingkang atrajang makatên punika, sampun mêsthinipun kêdah dipun patrapi paukuman ingkang samurwatipun.

Amila saupami nagari angwontênakên pranatan, saangsal-angsal mawi angèngêti dhatêng panindak kalih warni wau. Dene ing têmbe ingkang wajib kêdah ngulat-ulatakên mênggah tumindaking pranatan wau, para amtênar ing kantor pakaryan.

Tumrap panggaotan, ingkang juraganipun sêngaja botên purun ngèstokakên dhatêng tatanan nagari wau, kêdah lajêng dipun pidana samurwatipun.

Salajêngipun para amtênar arbèd, tuwin para amtênar pangrèh praja ingkang ambawahakên, dipun paringana wêwênang tansah anitipriksa punapadene ngulatakên ing sadayanipun. Kados ta: wênang amêksa dhatêng kaum juragan samôngsa ambayari dhatêng bêbêrahipun, sagêda para amtênar wau anênggani. Manawi dipun manah prêlu ugi dipun paringana wawênang lajêng anutup panggaotan wau kangge sawatawis môngsa. Awit ingkang makatên punika sampun nama satunggiling paukuman agêng tumrap kaum juragan, jalaran inggih salêbêting panggaotanipun dipun tutup wau, sampun têmtu kathah sangêt kapitunanipun.

Kajawi punika, para juragan ingkang sami nêrak pranatan tatananing nagari wau, sagêda dipun prakawis saha lajêng kainggahakên dhatêng pangadilan.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 66, Rê, Kli, 11 Jumadilakir Ehe 1868. 18 Agustus 1937, taun XII.

Sêratan (bathikan) Cakrik Kina

Sambêtipun Jagading Wanita Kajawèn nomêr 64.

Amargi pola kina punika panyorèkipun botên tamtu wontên ing dlancang, trêkadhang kacorèk ing montên awon, sarta kasêrat (bathik) mawi lilin (malam). Kajawi punika, upami sêpêning pola, taksih sagêd pitakèn nêdha katrangan, jalaran bathikan kina punika satunggal-satunggaling cakrik, mawi nama piyambak-piyambak, upaminipun: bathikan cakrik makatên punika, namanipun makatên. Namung nama-nama wau tumraping satunggaling panggenan sanèsipun sagêd cocog punapa botên, punika nyumanggakakên.

[Grafik]

Lare-lare èstri nuju nyinau ambathik

Mênggah dhasaring sinjang bathik punika, grêbanipun wontên warni kalih, inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani: latar-pêthak, lan latar-cêmêng. Latar-pêthak wau wontên warni kalih, kawastanan: latar-pêthak bledhak saha latar-pêthak unthêr. Makatên ugi latar-cêmêng, punika inggih warni kalih, latar-cêmêng sogan tuwin latar-cêmêng kêlêngan. Wondene wujuding sinjang babaran ingkang dhasar latar-pêthak bledhak utawi unthêr, punika warninipun beda, inggih punika tumrap wêdalan ing Surakarta, babaranipun: jêne sêpuh kados êmas. Tumrap wêdalan ing Ngayogyakarta, babaranipun: pêthak mêmplak, kados salaka. Dene ingkang wêdalan kitha sanèsipun babaranipun: jêne sêmu abrit, kados suwasa.

Dene nama-namaning sinjang bathik sêratan (carik) punika kathah sangêt, ingkang sampun kula mirêngi kemawon, tumrap sinjang bathik carik (sanès cap-capan) ingkang bangsaning garis miring utawi lèrèng parang-parangan, nama: udan-riris, rujak-senthe, parang-rusak, klithik, parang-rusak-barong, parang-kusuma, parikêsit, parang-cênthung, parang-baris, parang-parung, parang-canthèl, rèjèng, mêrang-bodhol, saha dlèrèng-gêbyar.

Sêratan (bathik) ingkang corak bangsaning sêmèn, nama: sêmèn-rama, sêmèn-angrèni, sêmèn-joli, sêmèn-gendhong, lan wontên warni sanèsipun

--- 1 ---

malih, nanging kenging kagrêba, sadaya ingkang nama sêmèn punika, bathikanipun mawi gambar êlar pêjah utawi êlar gêsang, inggih êlar agêng utawi êlar alit, saha mawi gambar joli utawi krêmun. Dene ingkang sanès sêmèn, nanging ugi polan, têgêsipun sêratan (bathik) panyêratipun mawi pola, tanpa garisan, punika wontên ingkang nama: gêndhalagiri, lung-anggur, ayam-pugêr, gringsing, pisang-bali, cuwiri, kêmbang-sruni, mêrak-ngigêl.

Bathikan ingkang corak bangsaning cêplok, nitik utawi sulaman lan sapanunggilanipun, nama: pandêlêgan, jamblang, kambil-sacuwil, worawari-rumpuk, sidaluhur, sidamukti, satriya-wibawa, madubrônta, ganggong, tirtateja, truntum, limaran, kêmbang-pala, sarimulat, cakar-kêmbang-cêngkèh, mulatsih, kêmbang-kênthang, sarironce. Sawêg samantên namaning sinjang bathik ingkang sampun kula mirêngi, mila punapa wontênipun kula aturakên ing ngarsanipun para maos, namung kangge ngêbyungi rêmbag ing bêbukanipun sadhèrèk Siti Mariyam. Wasana manawi wontên sarusiku, mugi sampun kirang pamêngku, dhumatêng kula pun:

Nyai Anim

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 80, Rê, Wa, 1 Ruwah Ehe 1868. 6 Oktobêr 1937, taun XII.

Udan-riris

Udan-riris punika namaning sinjang garis miring, limrahipun wontên ing pakêcapan nama: dan-riris, utawi udan-liris. Ing ngriki kados prêlu kapratelakakên, mênggah namaning sinjang punika pancèn inggih gandhèng kalihan panggambar ingkang gathuk kalihan raosing manah. Sarèhning punika namung pinanggih wontên ing raos, dados dèrèng tamtu wujudipun angêplêki kados ingkang dipun gambar, namung raosipun ingkang wontên.

Udan-ririsUdan-ririsCêthanipun, tumraping sinjang, punika upami anggambarakên mênjangan, wujudipun pating plunthêr, tanpa wontên èmpêripun babarpisan, nanging saupami dipun wujudi gambar kados mênjangan saèsgu, tumraping sawangan lajêng: sêg, pêjah babarpisan.

Mirid andharan punika wau, namaning sinjang udan-riris, sagêd ugi gadhah kajêng makatên, dene têgêsipun: jawah ingkang damêl sêngsêm.

Sinjang udan-riris punika panyêratipun mawi garisan (dipun garisi), wiyar ciyuting garisan botên sami, nanging dipun pathok, sabên samantên garis ingkang sami, lajêng dipun lêti ingkang langkung wiyar, ingkang wiyar wau minôngka watês, kenging dipun wastani wiwitanipun, upaminipun ingkang agêng wau kasêrat parang-rusak, mangke sambêtanipun sêratan warni-warni, pungkasanipun parang-rusak malih, makatên salajêngipun. Nanging ugi wontên ingkang baku wiyar wau dipun sêrat sanès, mangke sambêtanipun inggih sanès, dados langkung kathah. Malah saking gotèkipun tiyang ahli nyêrat, tumrap ingkang sagêd, sêratan udan-riris sasinjang punika botên wontên ingkang sami. Botênipun makatên, inggih kêdah kathah warninipun. Namung tumrap sinjang udan-riris cap, punika warninipun tamtu botên sapintêna, awit prêlu kangge nyêkapakên agênging cap namung dipun pêndhêt saprêlunipun kemawon.

Sinjang udan-riris punika bakunipun latar cêmêng, dene manawi kadamêl latar pêthak, namanipun rujak-senthe.

Sinjang punika kalêbêt sinjang ingkang dados awisan, namung dados agêming para bandara. Dipun agêm ing kakung utawi putri, sarwa pantês.

Lênggahipun sinjang udan-riris punika sogan tuwin cêlêpanipun (wêdêlan) ingkang sarwa sêpuh, ing ngriku katingal mandhêsipun.

Biyang Sri

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 76, Rê, Kli, 17 Rêjêp Ehe 1868. 22 Sèptèmbêr 1937, taun XII.

Parang-rusak

Ing Kajawèn nomêr 72 Jagading Wanita nomêr 35, sampun mratelakakên ing bab sinjang parang-rusak. Ing ngriki prêlu nêrangakên sawatawis, ing bab mulabukanipun wontên nama wau.

Miturut dêdongengan tuwin gotèkipun tiyang kathah, nama sinjang parang-rusak punika warni-warni, katranganipun makatên: 1 mêndhêt saking wujuding pêdhang (parang) putung. 2 parang (parangcuri) ingkang risak. 3 mirid saking wujuding sungu manjangan. 4. wujuding dhuwung. 5. saking wujuding kudhuping tunjung, pasêmoning gêsang enggal. 6 mirid saking ukiran agêmipun Radèn Panji ingkang mêntas kagêm nyedani Dèwi Angrèni. 7 mirid saking wujuding parang ingkang risak dening tetesan rêmbêsaning toya ingkang dipun uningani ingkang Sinuhun Sultan Agung.

Parang-rusakParang-rusakAslining nama warni-warni wau, ingkang pinanggih mèmpêr namung tumrap cariyos ingkang gêgayutan kalihan Sinuhun Sultan Agung. Dêdongenganipun: nalika Sinuhun Sultan Agung amasuh sarira wontên têpining sagantên kidul, angambah jurang pêpèrèng urut têpining sagantên wau. Ing ngriku kathah wêwarnèn ingkang adamêl karênaning panggalih, manawi mariksani mangidul, katingal sagantên angêlangut tanpa têpi, têmpuking alun gumalêgêr ngantos ngumandhang dumugi langit, pêcahing toya sumawur kados awun-awun. Parangcuri ing sapinggiring sagantên sami rêmbês, kalêmpakaning toya tumètès andhawahi parangcuri, lajêng katingal pating jalarèh.

Kawontênan sadaya wau nuwuhakên pangraos ingkang damêl katêntrêman. Wusana sakondur dalêm angadhaton, lajêng dhawuh nyêrat sinjang,

--- 1 ---

ingkang wujudipun angiribi wujuding parang ingkang risak, kados ingkang dipun uningani. Sarêng dados sinjang, dipun namakakên: parang-rusak.

Miturut dêdongengan malih, kacariyos kala rumiyin, tiyang badhe nyêrat sinjang parang-rusak punika, ing sadèrèngipun miwiti nyêrat, mawi sêsaji rumiyin, amargi sinjang wau dados agêm-agêmaning para agêng. Ingkang salajêngipun dumugi sapunika dados sinjang awisan. Kajênging awisan, punika awisaning ratu.

Sarèhning punika namung dêdongengan, dèrèng kenging dipun anggêp nyatanipun. Namung ing bab wontêning sinjang ingkang dipun wastani bathik, punika ing kina ugi sampun wontên, dipun wastani sinjang kêntèl, inggih punika sinjang pêthak tênunan kasar dipun sêrat, saha namung dipun wêdêl kemawon. Dados kintên-kintên, saupami nyataa kala jaman samantên wontên sêsêratan, inggih taksih kasar, pinanggihipun dados sae kados ing sapunika, punika saking wêwangunan.

Makatên malih ing bab nama-namaning sinjang, punika asli anggitan, nanging sami mawa kajêng, kados ta sêmèn-rama, mêndhêt saking lêlampahanipun Prabu Rama. Sêmèn-angrèni, mêndhêt saking cariyos Angrèni, tuwin sanès-sanèsipun.

Ing sasagêd-sagêd, ing Jagading wanita ngriki, manawi kaparêngakên, badhe macak gambaring sinjang-sinjang, ingkang baku kina. Ingkang kacêtha ing gambar punika sinjang parang-rusak-barong

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 98, Rê, Pa, 5 Sawal Ehe 1868. 8 Dhesèmbêr 1937, taun XII.

Sinjang Cakar

Sinjang cakar punika kagolong sêratan latar cêmêng ingkang kêlêm, mila tumraping para anèm botên rêmên. Nanging mênggahing wujud sarwa mantêsi, katingal prasajanipun, mungguh sangêt dipun angge ing priyantun sêpuh, sanadyan dipun anggea taksih babaran pisan, wujudipun botên ngêgètakên.

Sinjang CakarSinjang CakarSinjang cakar wau sanadyan wujudipun prasaja, nanging golongan dados sêratanipun tiyang ingkang sampun sagêd nyêrat, awit sêratanipun kêdah cêtha tuwin wijang.

Ingkang dipun wastani cêtha tuwin wijang wau mênggahing caking canthing tuwin isèn-isènipun. Caking canthing kêdah ajêg, awit mênggahing sinjang cakar, mèh sêratanipun sadaya kêmbar ing sogan. Dene isèn-isèn, ingkang wujut tembokan tuwin cêcêgipun, punika prêlu ingkang cêtha awijang, awit isèn-isèn wau dados rêrênggan cêtha.

Wêtahing nama, salugunipun cakar wau cakar ayam, awit pêpêthanipun mirid kados cakaring ayam, nanging lajêng kacêkak nama cakar kemawon. Makatên ugi tumraping sinjang, punika namanipun dipun antukakên ingkang mawa kajêng. Upaminipun kados sinjang cakar wau, supados ingkang ngangge sagêda cêcèkèr, kajênging cêcèkèr punika sagêd pados têdha. Pikajêngan makatên wau sampun nama dados têmbung limrah, ingkang raosipun namung kados parikan kemawon, nanging lèrèg dhatêng pamuji. Upaminipun lare nêdha ulam ayam, punika manawi nêdha cakar, tiyang sêpuhipun mungêl: bèn bisa cèkèr-cèkèr. Manawi nêdha êndhas: bèn bisa cucuk-cucuk. Manawi nêdha suwiwi: bèn bisa kêkêbêt. Wosipun sadaya wau dados pamuji sae.

Dene sinjang cakar wau tumrap tata kêlimrahan Jawi, dados anggèn-anggèning tiyang gadhah damêl mantu, jalêr èstri. Mênggah kajêngipun inggih sairib kemawon, sarèhning tiyang gadhah damêl punika andhatêngakên sanak sadhèrèk kathah, sagêda ingkang sami dhatêng wau kumrutug kados pêpindhaning kuthuk dipun undang ing biyungipun ingkang nuju cèkèr-cèkèr.

Saening sinjang cakar punika manawi wêdêlanipun sêpuh, ing ngriku lajêng katingal ngalelanipun.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 100, Rê, Wa, 12 Sawal Ehe 1868. 15 Dhesèmbêr 1937, taun XII.

Sinjang Bolu-rambat

Sinjang bolu-rambat punika golongan sinjangcêplok, latar cêmêng, panyêratipun mawi garisan. Tumraping ahli nyêrat, kêgolong sêratan ingkang enggal rampungipun, amargi kathah sêratanipun ingkang dipun sêrat ngangge canthing carat kalih (cucuking canthing rangkêp), kajawi punika, sinjang ingkang tanpa cêcêg, punika nyudakakên padamêlan kathah.

Sinjang Bolu-rambatSinjang Bolu-rambatNama bolu (bulu)-rambat, punika mirid saking wontêning wit bulu ingkang mrambat, awit bulu punika wontên warni kalih, inggih punika wit bulu agêng, godhongipun saèmpêr godhong karèt, botên dipun tanêm ing tiyang, limrahipun thukul wontên ing papan bawera, tuwin namung limrah dados ayang-ayanganing dhusun. Ingkang dipun wastani ayang-ayangan dhusun wau makatên: satunggiling dhusun, punika ingkang limrah wontên wit-witanipun ingkang agêng, wit agêng wau sagêd katingal saking panggenan têbih, kenging kangge ancêr-ancêr, bilih uwit ingkang katingal wau, wit anu ing dhusun anu, dados tiyang sampun sagêd mastani dhusun anu, nitik saking wontêning wit ingkang katingal, punika nama ayang-ayanganing dhusun. Dene bulu rambat, thêthukulan marambat sairib kados papasan, wontênipun kapirid wontên ing sêratan, awit wujuding godhong tuwin suluripun sae.

Sinjang bolu-rambat punika prasaja, pantês dipun agêm ing priyantun kakung tuwin putri, wujudipun mramo dening kathah soganipun. Nanging mapanipun dipun agêm ing priyantun putri ingkang kaparêng dhatêng pangagêman kêlêm-kêlêman, ing ngriku katingal prasajaning sinjang ingkang lugunipun wujud mramong. Namung sarèhning tumraping pangagêman punika cocogan, bab pangagêman punika botên kenging dipun êbabi.

Upaminipun wontên putri ingkang rêmên mangagêm sarwa mubyar, punika manawi sumêrêp tiyang mangangge sarwa kêlêm, wontênipun ing paningal katingal botên sakeca.

Kosokwangsulipun ingkang rêmên mangangge sarwa kêlêm, punika manawi kalêrêsan anggènipun matrapakên pangangge, rumaos ing jagad punika namung isi badanipun piyambak.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 10/11, Stu, Lê, 5 Bêsar Ehe 1868. 5 Pebruwari 1938, taun XIII.

Kawung Robyong

Kawung robyong punika kenging dipun wastani pamoring kawung pêthak tuwin kawung cêmêng punapadene kawung ingkang mawi sogan, isi sawut cêcêk. Sinjang makatên punika manawi kalêrêsan panyêratipun, wujudipun sakalangkung pèni, awit sadaya sarwa katingal cêtha. Dene pèninipun yêktos, manawi cêmêngipun wau dipun angge biru ênèm, inggih punika wêdêlan ênèm (wêdêlan dèrèng sêpuh).

Kawung RobyongKawung RobyongPandamêling wêdêlan biru ênèm punika makatên: sakawit sêratan dipun wêdêlakên namung sakêdhap, dados botên prêlu ngantos sêpuh. Sasampunipun makatên lajêng dipun bironi, inggih punika biru ingkang kangge ênèm wau dipun tutup ing lilin kadosdene nembok, lilinipun lilin cêmêng. Lilin cêmêng punika lilin campuran, asli jênangan saking lilin lorodan. Ingkang dipun wastani lilin lorodan, punika lilin asli saking luluhaning lilin sinjang nalika dipun babar, ambabar sinjang punika dipun wastani: nglorod.

Manawi anggèning nembok biru ênèm wau sampun rampung, lajêng dipun wêdêlakên malih, supados tumrap wêdêlan ingkang kangge sêpuh dados sêpuh yêktos.

Nama robyong, punika têgêsipun wêwarnèn ingkang rembyak-rembyak, makatên ugi ing bab sinjang kawung robyong, ugi gadhah kajêng makatên. Sinjang wau manawi dipun tingali sadlerengan katingal pating pênthalit alang-ujuripun, nanging manawi sampun dipun tamatakên lajêng katingal bakunipun ingkang adamêl sae, inggih punika wontên ing jêjêr ingkang lajêng dados mrapat. Ing ngriku katingal pranatan wau pinanggih thukul saking latar pêthak, latar cêmêng tuwin sogan.

Sinjang kawung robyong punika kêgolong sêratan anggitan enggal, sagêd ugi tuwuhipun sasampunipun wontên kawung latar cêmêng. Dene bab pamangunipun sêratan, punika tumrap ingkang mangrêtos, sagêd damêl wangun piyambak.

Sayêktosipun nyêrat kawung kados makatên punika, makatên ugi nyêrat kawung limrah, asring dhumpyuk, mila panyêratipun kêdah ngatos-atos.

Namung mênggah luguning manggènipun, sinjang kawung robyong wau dados anggèn-anggèning para anèm, manawi dipun angge ing para sêpuh, limrahipun dipun wastani kêberagên.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 24, Rê, Pa, 21 Sura, Jimawal 1869. 23 Marêt 1938, taun XIII.

Sinjang Lung-kêstlop

Sinjang lung-kêstlop punika bangsaning cêplok, wontên latar cêmêngipun, wontên latar pêthakipun. Golongan sinjang luwêsan dipun agêm priyantun kakung tuwin putri pantês kemawon. Kangge pameran kenging, kangge padintênan botên ngêgètakên.

Sinjang Lung-kêstlopSinjang Lung-kêstlopTumrap jodhonaning pangangge dipun mori punapa kemawon purun, upami dipun ênggèni rasukan dhêdhasar pêthak (tumrap putri) sagêd malela dening wontên latar cêmêngipun. Manawi dipun ênggèni rasukan dhêdhasar cêmêng, katingal cêthaning latar pêthakipun. Sinjang lung-kêstlop punika kêgolong sinjang alusan. Dumugining masêmipun, manawi dipun agêm padintênan golongan putri, ngatingalakên prasajanipun.

Nama lung-kêstlop punika angèl anggènipun anêgêsi, asli saking punapa. Wontên ingkang cariyos, mênggah lêrêsing namanipun: lung-kêstop, mêndhêt saking sêtop (Stof) basa Walandi. Ingkang dipun tulad mêndhêt saking sêkaraning renda.

Namung tumraping sinjang kados makatên punika limrahipun namung dipun rêmêni ing priyantun Surakarta piyambak, tumrap wontên sajawining Surakarta, bangsaning cêplok punika botên dipun rêmêni, amargi dipun wastani sinjang ingkang botên wontên sumêblakipun.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 26, Rê, Wa, 28 Sura, Jimawal 1869. 30 Marêt 1938, taun XIII.

Sinjang Amerikan

Tamtunipun para maos sampun sagêd ngintên piyambak bilih namaning sinjang punika nama enggal. Punika pancèn nyata.

Sinjang AmerikanSinjang AmerikanDene nyatanipun, sinjang amerikan punika pêndhêtan jaman nalika enggal-enggalanipun ing ngriki wontên obin tègêl saking Eropah. Ing ngriku kathah sangêt wanguning (sêsêkaran) tègêl ingkang pèni-pèni, ing ngriku lajêng wontên ingkang katelad kadamêl sêratan, saha lajêng dipun namakakên amerikan.

Sinjang amerikan punika sadhasar latar cêmêng, kalêbêt bangsaning cêplok, kêgolong sinjang kêlêm, namung dipun rêmêni ing para sêpuh, anggènipun wantèg.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 34, Rê, Pa, 26 Sapar, Jimawal 1869. 27 April 1938, taun XIII.

Sinjang Kakrasana

Sinjang Kakrasana punika latar cêmêng bangsaning cêplok, wujudipun prasaja, nanging katingal ngrawitipun, wujudipun ngêngrêng. Malah pinanggihipun wontên ing sawangan, pantês dados pangagêmanipun para agêng ingkang sampun yuswa.

Sinjang KakrasanaSinjang KakrasanaNama Kakrasana, punika sampun cêtha bilih pêndhêtan saking namaning ringgit, nanging lajêng kapirid saking wujud ingkang pundi, awit botên wontên ingkang mèmpêr wujuding ringgit Kakrasana.

Nanging mênggahing sajatosipun, sêratan punika pancèn wontên ingkang mêndhêt saking raosipun, sairib kados kajêng raosing gêndhing. Wontên ingkang raos grêgêt, berag, mêmêlas. Makatên ugi mênggahing sinjang, wontên ingkang wujudipun ngrêsêpakên, wontên ingkang cakrak, wontên ingkang ngurang-ajari tuwin sanès-sanèsipun. Dene tumrapipun sinjang Kakrasana, punika wandanipun cakrak, nanging prasaja.

Sinjang Kakrasana punika golonganing sêratan ingkang ngrawit, kathah lêluwêsanipun ingkang anjalari pantês, soganipun nyarambahi ing sêratan, cêmênging lataripun pinanggih sumêblak. Mila tumrap sinjang kados makatên punika kêdah dipun ugi yêktos murih cêmênging wêdêlanipun.

Namung sarèhning raos dhatêng sinjang punika cocogan, namung kasumanggakakên.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 38, Rê, Lê, 11 Mulud Jimawal 1869. 11 Mèi 1938, taun XIII.

Sinjang Cuwiri

Sinjang cuwiri punika golongan sêratan kina, latar cêmêng, ingkang sêratanipun kapetang ngrêmit, panyêratipun sarana polan.

Sinjang Cuwiri? Sinjang CuwiriMênggah cêthaning pamola. Polaning sinjang katèmplèkakên ing montên, ingkang wujudipun kados gambar punika, nanging pamolanipun namung dumugi sapalihing êlar tugêl sapalih ing sêratan ingkang wangun sikon, salajêngipun dipun têkuk malih, dipun êblakakên saking palihaning êlar wau, salajêngipun têrus dipun êblak minggah mangandhap tuwin mangiwa manêngên. Dados wujuding gambar punika kapêndhêt wêtahipun, murih pantêsipun kemawon.

Têmtung cuwiri, punika têgêsipun: ukir-ukiran, lung-lungan tuwin ngrawit. Miturut gotèk, ing kinanipun sinjang wau namung kagêm wontên salêbêting karaton. Dados pancèn sinjang adèn. Sinjang wau sarwa luwêsan, mathuk dipun kanthèni pangagêman punapa kemawon, botên pilih kakung putri.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 50, Rê, Pn, 23 Bakdamulud Jimawal 1869. 22 Juni 1938, taun XIII.

Sinjang Sidaraja

Sinjang Sidaraja punika latar cêmêng, tuwin limrahipun ingkang dipun wastani sinjang latar cêmêng, inggih bangsaning sinjang ingkang wujudipun kados makatên punika.

Sinjang SidarajaSinjang SidarajaManawi miturut wujuding sinjang, katingal prasaja, nanging sajatosipun katingal muyêg, awit ing ngriku isi jêjêr warni-warni, wontên laripun, tuwin sanès-sanèsipun.

Sinjang latar cêmêng, punika tumraping para anèm kathah ingkang botên rêmên, dipun wastani pêtêng. Ingkang makatên punika pancèn lêrês, malah tumraping para sêpuh piyambak inggih asring ngraosi manawi wontên neneman ngangge sinjang latar cêmêng: botên pantês, utawi dipun wastani sumêpuh.

Namung tumraping para sêpuh, pancèn sampun gadhah raos ambedakakên dhatêng raosing tiyang ngangge sinjang, inggih punika, latar cêmêng punika dipun angge manawi wanci siyang, latar pêthak wanci dalu, malelanipun sarwa botên ngagètakên.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 68, Rê, Lê, 27 Jumadilakir, Jimawal 1869. 24 Agustus 1938, taun XIII.

Sinjang Slobog

Sinjang Slobog punika kêgolong sêratan kina, wontên ingkang nama slobog cukèn, slobog jôntra tuwin salobog asmaradana. Ingkang kacêtha ing gambar punika kêgolong slobog cukèn. Cuki punika mêndhêt saking dolanan, nama cuki, bangsaning dham-dhaman. Ingkang dipun pêndhêt kangge pola wau papanipun dolanan.

Sinjang SlobogSinjang SlobogSlobog ing gambar punika mawi cêcêg, wontên ingkang cêcêgipun wau dipun santuni cacah gori, inggih punika sawud malang-megung, kados patrapipun tiyang nacah gori badhe dipun kêla.

Sinjang slobog punika kêgolong sinjangipun tiyang sêpuh, upami tiyanga sampun botên gadhah kaberagan.

Miturut dêdongengan, nalika Gusti Kangjêng Ratu Kancana (Kangjêng Ratu Bêruk) ing Surakarta taksih dados manggung, sare wontên ing dalêm Prabasuyasa, wanci dalu kadhawahan wahyu, ngagêm sinjang Slobog. Mila dhawuh dhatêng putra wayah, supados sampun nyêpênakên sinjang Slobog. Makatên ugi miturut dêdongenganipun êmbah-êmbah, tabe-tabe sèwu, jaman sampeyan dalêm ingkang sinuhun kaping sanga, asring kaparêng ngagêm nyamping slobog, paningsêt mori pêthak, èpèk cêmêng. Ing ngriku dipun côndra: baris pêndhêm.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 80, Rê, Pn, 10 Ruwah, Jimawal 1869. 5 Oktobêr 1938, taun XIII.

Gringsing

Ing Kajawèn Jagading Wanita sampun nate ngêwrat ing bab sinjang gringsing. Nanging ing ngriki prayogi dipun têrangakên malih.

GringsingGringsingSinjang gringsing punika bakunipun dhêdhasaring sinjang latar pêthak, dene sêratanipun kenging sakarsa-karsa. Wanguning gringsing punika warni-warni, kados ta: gringsing ringgit, gringsing klungsu tuwin gringsing sisik. Dene gringsing ingkang kacêtha punika gringsing sisik.

Gringsing sisik punika ingkang dipun emba sisiking ulam, mila wujudipun sap-sapan kados tumpang-tumumpanging sisik. Manawi panggarapipun kalêrêsan,

--- 1 ---

pêthakipun sagêd sumêblak, dados bakunipun sinjang gringsing sisik punika ngangkah pêthaking gringsing, botên ngangkah gumêbyaring sogan.

Tumrap pantêsipun, sinjang gringsing punika dipun agêm ing putri, mathuking abên-abênan, purun dipun agêmi rasukan punapa kemawon. Dipun agêm ing putri pakulitan cêmêng manis, katingal wijang, dipun agêm ing putri pakulitan jêne, katingal ngalela.

Mênggahing côndra pinanggih wontên ing Sêrat Pranacitra: Rara Mêndut sinjangnya guringsing, kêmbênira jingga pinarada …

Pamoripun wontên ing sawangan: Rara Mêndut punika pakulitanipun jêne, sinjangipun latar pêthak, kêmbênipun jingga pinarada. Punika wontênipun namung mujudakên sarwa ngegla padhang, bokmanawi kados rêmbulan nuju tanggal kawan wêlas, kêpêncil wontên ing langit biru. Kula aturi manggalih piyambak.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 82, Rê, Kli, 17 Ruwah, Jimawal 1869. 12 Oktobêr 1938, taun XIII.

Sinjang Lapis

Sinjang lapis punika kêgolong latar pêthak, manawi dipun tingali sabrebetan, katingal sêratan prasaja sangêt, awit namung wujud pasagèn mencos tuwin mawi plênik sakêdhik, saha ing gambar punika katingal bilih pèninipun pinanggih wontên ing sêkaranipun. Dados sêratan lapis wau dipun anggêp dhêdhasar. Dene nama lapis, punika mêndhêt saking wêwangunan iris-irisan kuwih lapis.

Sinjang LapisSinjang LapisTumrap para ahli nyêrat, sagêd amastani sinjang lapis ingkang kados makatên punika kêgolong kasar, saha ingatasing para ahli, lumuh anindakakên padamêlan kasar wau, punika sampun kêtarik dados wêwatêkanipun tiyang ingkang sagêd nyêrat, lumuh nindakakên padamêlan groboh.

Nanging wontên cara sanès, kêpêksa tumindak groboh, jalaran prêlu ngoyak bêtah. Têrangipun makatên:

Tiyang nyêrat sae (alusan), punika dangu, nanging pêpajênganipun ragi kathah. Dene nyêrat groboh, punika enggal rampung, sagêd kasade, sanadyan angsal-angsalanipun namung sakêdhik, lajêng kenging kaubêdakên bêtah sanèsipun.

Makatên malih tumraping tiyang ahli nyêrat, manawi ningali wujuding sinjang lapis ingkang kados makatên punika lajêng sagêd ngintên-intên mênggah prayogining isèn-isènipun, wusana lajêng wujud dados sêratan ingkang luwês saha sae. Dene cêthanipun, sinjang ingkang mawi buntal, bokèt sapanunggilanipun, punika sagêd nyamarakên dhêdhasaripun, lajêng kêndhih dening mubyaring sêsêkaran. Nanging tumrap ingkang ngrêtos, manawi nitik awon saening sinjang, punika mêndhêt saking dhêdhasaripun, upami kawung bokèt. Punika ingkang dipun taliti kawungipun.

Sinjang lapis kados ingkang kacêtha ing gambar, punika sampun kalêbêt cêkapan, manawi dipun agêm ing wanita, sampun pinanggih sae wontên ing sawangan. Pantêsipun dipun agêmi rasukan ingkang kêladuk dhêdhasar pêtêng.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 86, Rê, Wa, 2 Pasa, Jimawal 1869. 26 Oktobêr 1938, taun XIII.

Sinjang Tambal

Sinjang tambal punika warni kalih, tambal miring tuwin tambal kanoman, dene ingkang kacêtha ing gambar punika tambal kanoman.

Sinjang TambalSinjang TambalNamaning sinjang sampun amastani kados wujudipun, inggih punika pating trambal, dados kados pêpêthaning sinjang ingkang dipun tambal-tambal.

Tumraping sinjang tambal kanoman, punika panyêratipun mawi garisan, tuwin garisanipun wau mawi dipun pêtha wontên ingkang mrapat saha lowahan agêng. Ingkang mrapat wau dados jêjêr, mêndhêt têngah-têngahing gathukipun prapatan, dene lowahanipun agêng lajêng dipun para-para kados ingkang kacêtha ing gambar. Ing ngriku wujudipun sampun katingal.

Sinjang tambal kanoman punika kalêbêt sêratan alusan, ngrawit, sarwa mêpêki, lataripun cêmêng, pêthak tuwin soganipun pinanggih maradini, mila katingalipun mubyar tuwin muyêg.

Tumraping sinjang tambal kanoman punika luwêsan, dipun agêm priyantun kakung tuwin putri sagêd mapan, dipun wêdalakên wontên ing pasamuwan botên nguciwani, dipun têbihi pantês, dipun cêlaki luwês, gadhah wônda mriyayèni.

Makatên ugi sinjang tambal kanoman punika dipun ênggèni rasukan punapa kemawon purun, pinanggih namung sarwa ombèr, têgêsipun, upami dipun ênggèni rasukan cêmêng, sagêd mathuk dening ing sinjang wontên latar pêthakipun. Manawi dipun ênggèni rasukan pêthak, ing sinjang wontên latar cêmêngipun. Dene sogan, punika namung sarwa sagêd rumêngga dhawahing warni punapa kemawon.

Dene sinjang tambal miring, punika bakunipun inggih kados sinjang tambal kanoman tanpa garis malang tuwin wujuding tambalan agêng-agêng, pantêsipun namung dipun agêm ing priyantun kakung ingkang pupuk ing sarira, dêdêg inggil. Upami dipun agêm ing priyantun andhap alit, nama kontit karoban ing sêratan. Cêkakipun botên pantês.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 5, Sla, Pa, 26 Dulkangidah, Jimawal 1869. 17 Januwari 1939, taun XIV.

Sinjang Tembokan

Tiyang nyêrat sinjang punika manawi sampun dumugi nembok, kenging dipun wastani sampun mèh rampung. Kajêngipun rampung ing ngriki, sampun pajêng dipun sade, nama sade tembokan.

Sinjang TembokanSinjang TembokanPinanggihipun wontên ing nagari panggenan padagangan sinjang, upaminipun: Surakarta, Ngayogyakarta tuwin Pakalongan, wontên sudagar ingkang damêlipun numbasi sêratan tembokan. Manawi tumrap tiyang nyêrat badhe dipun angge piyambak, sêratan ingkang sampun dados tembokan punika pinanggih luwêsan, manawi lumuh kangelan, sagêd lajêng masrahakên dhatêng juru ambabar sinjang, kantun nyumêrêpi sampun dados sinjang, nama nyêmplung tembokan. Limrahipun tindak nyêmplung tembokan punika pinanggihing panyêrat sinjang ingkang têbih saking nagari panggenan ambabar sinjang, sagêd anggampilakên lampah, dene tumrap ingkang tunggil nagari, luwêsanipun pinanggih anggampilakên pados arta, inggih punika nalika mêdêlakên, sagêd nyambutakên arta, nalika nyogakakên ugi makatên.

Ing mangke badhe nyariyosakên bab nembok, ing Kajawèn Jagading Wanita kapêngkêr, sampun anyariyosakên ing bab nyêrat dumugining rampung ngisèn-isèni. Mênggah rancaganipun, sêratan wau lajêng dipun têrusi, wusana dipun tembok, dene prênahipun ingkang dipun tembok, sagêd mriksani kados ingkang kacêtha ing gambar punika.

Sarampunging nembok, punika kêdah dipun titi ingkang ngantos anjalimêt, sampun ngantos wontên ingkang kalangkungan, punapa isèn-isèn, punapa tembokanipun. Amargi sinjang ingkang kalangkungan isèn-isèn utawi tembokanipun, ing mangke dadosing sinjang badhe katingal cêtha, saupami ingkang kalangkungan wau dhawah ing bokong, kajawi cêtha, inggih nama saru.

Sasampunin rampung yêktos, kêdah dipun lèlèh rumiyin, inggih punika sinjang dipun gêlar wontên ing bênteran, ngangkah lilinipun lèlèh, prêlunipun, sarèhning nyêrat punika sok ngantos dangu, tumrap lilin ingkang sampun tumemplok ing montên, asring kêndho, mila sarêng lèlèh lajêng kêncêng malih. Nglèlèh punika kêdah ngatos-atos, botên kenging kasèp, tuwin manawi anggèning nyêrat botên dangu, inggih botên prêlu dipun lèlèh. Wusana lajêng dipun wêdêlakên.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 9, Sla, Lê, 10 Bêsar, Jimawal 1869. 31 Januwari 1939, taun XIV.

Biron Tuwin Sampun Dados Sinjang

Gambar 1: Biron Tuwin Sampun dados SinjangGambar 1: Biron Tuwin
Sampun Dados Sinjang
Ing ngajêng sampun kacariyosakên ing bab nyêrat sampun dumugi mêdêlakên. Ing salajêngipun, samêdaling saking wêdêlan, namung awujud cêmêng. Ing ngriku lajêng dipun garap malih, nama dipun kumbah, inggih punika ngêriki lilin ing sêratan ingkang kalêrês badhe kenging soga, wujudipun, kados ingkang kacêtha ing gambar 1. Panggarapipun kêdah titi.

Gambar 2: Biron Tuwin Sampun dados SinjangGambar 2: Biron Tuwin
Sampun Dados Sinjang
Sasampunipun makatên lajêng dipun bironi. Ambironi punika nutupi plataraning sinjang ingkang kadamêl biru, kajênging biru punika badhe ngatingalakên biru (cêmêng) nging wêdêlanipun, mila tumrap sinjang ingkang badhe kangge pêthak ingkang sanès tembokan, upaminipun cêcêg, nalika ngumbah dipun kêrok ngantos rêsik, mangke lajêng dipun tumpangi ing lilin biron malih kawaradin kalihan bironipun, kados wujuding gambar ing plataraning sinjang. Ingkang namung wujud cêmêng, punika sajatosipun isi cêcêg. Tumrap ingkang tembokan dipun titi, manawi wontên ingkang thèthèl, dipun tambal. Tembokan punika benjing dadosing sinjang awujud pêthak, nanging pêthakipun wau beda kalihan pêthaking cêcêg wau, sanadyan pêthak, ugi kêtlêsêpan soga. Sarampunging panggarap, sinjang wau dipun cêlupakên ing toya ingkang dipun wênyêti godhong randhu dipun dèkèki gêndhis arèn sisiran, punika murugakên lêmês tuwin nyaèkakên sogan. Sasampunipun kaisis garing, lajêng dipun sogakakên. Pêthanipun wujud sinjang ingkang sampun dados kados gambar 2.

Kajawèn: ôngka 16, Ju, Kli, 5 Sura, Je 1870. 24 Pebruari 1939, taun XIV.

Sinjang Pakuningrat

Sinjang Pakuningrat punika sinjang cêplok, isèn-isènipun kêgolong muyêg, pêpak. Soganipun kathah, cêmêngipun katingal ngalela. Sanadyan dhapuring cêplon agêng, nanging jalaran saking muyêgipun, ngantos sagêd nyamarakên agênging cêplok, punika nandhakakên manawi sêratan luwês.

Sinjang PakuningratSinjang PakuningratSinjang ingkang sampun nama luwês, punika dipun anggea ing tiyang pawakan kados punapa kemawon inggih namung pinanggih pantês. Makatên ugi tumèmplèka ing pakulitan ingkang cêmêng, jêne, bang-bang awak, namung sarwa purun.

Dene rasukanipun, prayogi ingkang dhêdhasar kêlêm, tumrap tiyang sêpuh ingkang dhêdhasar cêmêng, tumrap ingkang umur-umuran cêkapan soklat utawi biru sêpuh, dene tumrap anèm, ingkang biru pondhoh utawi sanèsipun ingkang raos botên ngêgèt. Namung sêkaranipun miliha ingkang alit-alit tur awis, saha ingkang botên warni-warni ulêsipun.

Mapanipun pisan, gêlungipun kondhe ingkang prasaja.

Sayêktosipun tiyang mangangge punika sagêdipun pinanggih mapan wontên ing sawangan, pancèn angèl. Nanging umumipun, ingkang dipun wastani nyandhang ngangge sae (ingkang dipun wastani nyandhang ngangge sae punika wontên ing sêmbêt, sanès mas intên) punika ingkang sakeca wontên ing sawangan. Kajawi ingkang sampun gadhah karêmênan: sinjang latar pêthak, dipun ênggèni rasukan jêne kêpodhang, punika pancèn anjarag supados adamêl sulaping mripatipun tiyang sanès, saha katingala ngalela wontên ing sawangan. [sawa...]

--- 1 ---

[...ngan.]

Lampiran Kajawèn: nomêr 1 taun III.

Jagading Wanita

Sinjang kawung

Sami-sami sinjang, kawung punika kêlimrah sangêt, kenging dipun wastani: sabên diyang sumêrêp ingkang dipun wastani sinjang kawung, makatên malih sinjang kawung punika limrahipun dipun rêmêni ing tiyang. Wontênipun makatên kabêkta wujudipun sae, dipun cêlaki, dipun têbihi, wujudipun sami kemawon. Mila tumraping sinjang kawung, agêng aliting sêratan prayogi ingkang cêkapan.

Sinjang kawungSinjang kawungManawi wujuding sinjang kawung, jêjêripun sami kemawon, bedanipun namung wontên ing agêng alit tuwin bundêr pasagining wangun, adêgipun punapadene isèn-isènipun ing tembokan tuwin ing mlinjon. Beda-bedanipun wangun wau anjalari wontêning nama piyambak-piyambak, kados ta: kawung picis, kawung sari, kawung garèng tuwin sanès-sanèsipun.

Bakuning kawung punika saêblêging sinjang dipun sêrat kawung sadaya, nanging lajêng wontên ingkang kaanggit mawi buntal, bokèt, êlar tuwin sêratan sanès-sanèsipun. Sêsêlan wau lajêng nama rêrênggan, ingkang adamêl asrining sinjang kawung. Nanging sawênèh wontên ingkang rêmên sinjang kawung lugas. Ingkang makatên wau namung gumantung dhatêng kaparêngipun ingkang ngagêm.

Sinjang kawung punika tumraping karaton dalêm Ngayogyakarta dados awisan, botên beda kados awisan sinjang parangrusak.

Tumraping sinjang, mênggahing baku, kenging dipun pêndhêt asli saking Surakarta tuwin Ngayogyakarta. Sinjang wêdalan nagari kalih wau sampun gadhah wangun utawi gêbyar piyambak-piyambak, inggih punika wanguning sêratan tuwin gêbyaring sogan.

Sinjang wêdalan Surakarta soganipun gumêbyar kapara abrit, dipun pindhakakên kados parada.

Dene sinjang wêdalan Ngayogyakarta, sarwa pandhês, rêsik gumrining. Mila tumraping sinjang kawung, ingkang dados pilihan, wêdalan Ngayogya, gêbyaripun mênang rêsik, tuwin tumrap tiyang ahli sinjang, sampun sagêd angyêktosi namung saking ningali sabrebetan kemawon.

Sinjang kawung punika luwêsan, dipun angge ing tiyang pakulitan cêmêng utawi pakulitan jêne sami pantês kemawon, namung tumraping èstri prayogi ingkang cêkapan agêng aliting sêratan. [sêrata...]

--- 1 ---

[...n.]

Lampiran Kajawèn: nomêr 2, 13 Januwari 1939, taun IV.

Jagading Wanita

Bab Sinjang

Kados para maos sampun kathah anggènipun nguningani gambar-gambar sinjang ing Kajawèn Jagading Wanita ngriki. Ing sapunika prêlu badhe ngandharakên ing bab patraping nyêrat sawatawis, namung prêlu badhe nêdahakên ing bab panganggening sogan tuwin wêdêlan.

Ingkang kacêtha ing gambar punika wujuding sêratan cuwiri, ingkang ing ngajêng ugi sampun kawujudakên wontên ing Kajawèn Jagading Wanita.

SinjangSinjangSêratan punika taksih lugu mindhakakên lilin (malam) wutah saking canthing dhumawah ing montên pêthak, lajêng wujud kados makatên punika. Inggih punika sêratan (bathikan) ingkang taksih lugu.

Sêratan punika dèrèng katingal, pundi ingkang badhe dados wêdêlan, pundi ingkang dados sogan, tuwin pundi ingkang dados pêthak. Dados bakuning warni mênggahing sinjang punika: cêmêng, abrit (abriting sogan) tuwin pêthak.

Sawarnining sêratan, punika kala pinanggihipun wontên ing montên lastantun pêthak dumugining badhe dipun wêdêlakên, punika nandhakakên badhe dados cêmêng. Sawarnining tembokan, punika dados pêthak (pêthaking tembokan). Sawarnining cêcêg, dados pêthak (pêthaking biron). Sawarnining sawut (garit-garit) tuwin sêratan sanèsipun, sami sogan.

Katrangan punika tumrap ingkang dèrèng uninga dhatêng caraning nyêrat, tamtu dèrèng dhamang.

Murih ragi cêtha, badhe kapratelakakên ing Kajawèn Jagading Wanita wêdalipun Salasa ngajêng. Dados ing ngriki sawêg nêrangakên patraping tiyang nyêrat dumugi ngengrengan, inggih sawêg kêlowongan, sawêg dumuginipun isèn-isèni, dèrèng dipun tembok.

--- 1 ---

Lampiran Kajawèn nomêr 26, 29 Juni 1938 taun III

Jagading Wanita

Sinjang Sirapan

Sinjang SirapanSinjang SirapanSinjang sirapan punika manawi dipun tingali sabrebetan botên wontên sêmunipun, awit namung wujud pasagèn garit-garit. Dene nyatanipun, sinjang wau manawi kalêrêsan soganipun tuwin sêpuh wêdêlanipun, sagêd katingal rêsik sumêblak, cêthaning cêcêg sagêd adamêl malelaning sêratan, tur katingal prasaja.

Miturut tatakramanipun tiyang mangangge, pinanggihipun pancèn ragi angèl, botên dumèh sagêd ngawontênakên, lajêng ngangge sapurun-purunipun.

Upaminipun tiyang nglayat, punika manawi ngangge sinjang babaran, botên pantês, awit katingal anggènipun sajak botên bela sungkawa.

Kosokwangsulipun manawi jagong tiyang gadhah damêl, punika manawi ngangge sinjang sampun lungsêt

--- 1 ---

dipun wastani tiyang botên ngajèni dhatêng ingkang gadhah damêl.

Makatên ugi tumraping tiyang mara damêl, inggih botên prayogi manawi tansah ngangge sinjang babaran, kêdah ungak-ungak kawontênanipun.

Mirid kawontênan ingkang kados makatên punika, dados satunggal-satunggaling sinjang, punika wontên anggenipun piyambak-piyambak.

--- 1 ---

Bab Nyêrat (ambathik)

Ing ngriki kula tumut udhu ing bab nyêrat. Saèstunipun padamêlan nyêrat punika kêgolong satunggiling padamêlan ingkang kêdah katindakakên kalayan mungkul, tumraping wanita ingkang sampun nyêpêng bale griya. Dene katingalipun namung dados sambèn, tuwin kapetang padamêlan rêgêd, samantên punika manawi dipun tandhing kalihan padamêlan ngrenda sapanunggilanipun. Namung tumraping raosipun wanita Jawi ingkang kêgolong kina, padamêlan nyêrat punika malah kêgolong dados baku tatakramaning tiyang gêgriya.

Mênggah têrangipun, panindaking damêl tiyang nyêrat ingkang sampun mêngku bale griya, punika manawi kakungipun sampun tindak dhatêng padamêlan. Kèndêlipun samôngsa wiwit olah-olah, sabibar olah-olah, wiwit malih dumugi sakonduring kakungipun. Nanging tumrap ingkang pancèn kangge nyambut damêl, panyêratipun sadintên muput, malah dalu nyambut damêl malih, dipun wastani nglêmbur.

Ing sapunika prêlu mratelakakên sakêdhik ing bab ingkang dipun wastani sinjang parangrusak, punika dêdongenganipun mêndhêt saking wujuding parang sapinggiring sagantên ingkang sami risak, wujudipun lajêng kapêtha, kawangun dados kados wujuding sinjang parangrusak, ingkang kacêtha ing gambar, punika parangrusak tiron.

Parang RusakParang RusakSawarnining sinjang bangsaning parangrusak, punika mawi mlinjon, inggih punika ingkang wujud pasagèn miring gandhèng-gandhengan. Dene mênggah aliting sêratan, tuwin ewahing wangun, lajêng ngewahakên namaning sinjang, nanging taksih baku parangrusak, upaminipun parangrusak ingkang sêratanipun agêng-agêng sangêt, dipun wastani parangrusak barong, sabên suda agêngipun, namanipun inggih santun.

Sinjang parangrusak punika dipun wastani sinjang garis miring, wujuding garis-garis dhoyong botên manut adêging sinjang. Sinjang punika tumraping nagari karajan Jawi, kalêbêt dados awisan. Ingkang wênang ngagêm namung para bandara. Wontên ingkang cariyos awisan wau dumunung wontên ing malinjonipun, botên jalaran saking anggèning garis miring. Nanging tumraping sinjang garis miring, punika inggih sampun dipun anggêp dêksura manawi dipun angge sowan ing pangagêng.

Mênggah sajatosipun, tumrap pinanggihipun wontên ing sawangan, kajawi sampun kêbêkta saking kêpasuking raos, barang awisan punika malah dados penginan, ugi pancèn nyata sinjang ingkang agaris miring punika wujudipun sae, manawi dipun angge katingal ngegla.

Biyang Sri

--- 1 ---

Lampiran Kajawèn, nomêr 37, 21 Sèptèmbêr 1938, taun III.

Jagading Wanita

Kahwa Pêcah

Sinjang kahwa pêcah punika manawi dipun tingali nyatanipun, awujud taruntum latar pêthak, golongan sêratan gampil, nanging panggarapipun kêdah kikrik, awit ngangkah supados dados sinjang sagêd waradin pêthakipun, manawi ngantos pating balêntong tabêt lêmpitan utawi gogrog, lajêng katingal awon.

Kahwa PêcahKahwa PêcahTumrap sinjang adhêdhasar latar pêthak, punika kenging dipun isèni rêrênggan ingkang murih saya katingal muyêg, inggih punika bangsaning bokèt (wangun sêsêkaran grombolan), buntal (sêsêkaran kadamêl malang-megung), utawi dhapur wêwangunan, pêksi sapanunggilanipun. Nanging sadaya wau dhêdhasaripun nama botên ewah, upaminipun kawung buntal, punika sinjang kawung ingkang mawi buntal, kahwa pêcah buntal, sapanunggilanipun.

Nama kahwa pêcah, punika mêndhêt saking isi kahwa (kopi) pêcah, mila wujudipun pating jlarèh.

Sinjang kahwa pêcah punika sae, nanging tumraping golongan ahli nyêrat, anganggêp sêratan groboh. Mênggah raosing mangangge, tumrap ingkang mangrêtos, botên marêm kados manawi ngangge sinjang ingkang sêratanipun ngrawit. Nanging gêbyaripun sampun nyêkapi dipun sawang wontên ing pajagongan.

--- 1 ---

Sinjang Sidamukti

Sinjang SidamuktiSinjang SidamuktiSinjang Sidamukti punika kêgolong sinjang ingkang sêratanipun ngrawit, nama sinjang latar pêthak. Tumraping para kina, sinjang Sidamukti punika dipun pilala, bokmanawi kêbêkta anggènipun nama Sidamukti wau, kajêngipun sampun mastani, utawi dados pangajab sae, mêndhêt saking têmbungipun.

Manawi mirid bakuning sêratan, ingkang dados nama Sidamukti, punika mêndhêt saking sêratanipun ingkang wujud malang-megung kados uwit, dene sêratan sanèsipun, namung dados rêrênggan.

Mênggah ingkang dipun wastani sinjang latar pêthak, punika bakunipun namung salugu mêndhêt saking palataraning sinjang, inggih punika sasêla sêlaning jêjêr, inggih punika ingkang dipun wastani latar, dipun isèni pêthak. Dene isèn pêthak wau warni-warni, wontên ingkang kadamêl unthêr, wontên ingkang bledhak, tuwin tembokan lugu. Dados sinjang ingkang lataranipun kados makatên punika nama sinjang latar pêthak, namung limrahipun, ingkang dipun wastani latar pêthak punika namung sinjang ingkang mawi unthêr.

Sinjang latar pêthak punika limrahipun sami polan. Kajêngipun polan punika, sakawit mêndhêt pola sinjang, ingkang namung wujud montên isi sêratan, lajêng dipun tèmplèkakên ing montên ingkang badhe dipun sêrat, lajêng dipun domi bundhêl turut pinggir ingkang lêtipun têbih-têbih. Dados pola wau dipun bêlak lugu, nanging pamasangipun kêdah maton, jêjêripun sagêda dhawah ing têngah, lajêng wiwit dipun sêrat. Dene patraping tiyang nyêrat sinjang mawi pola, ingkang namanipun mola, linggihipun kêdah mapan nawung ing padhang, prêlunipun sêratan ingkang dipun pola sagêd cêtha.

Manawi nyêratipun sapola wau sampun têlas, pola lajêng kapêndhêt, salajêngipun montên ingkang sampun dipun sêrat, lajêng dipun têkuk katèmplèkakên ing montên ingkang badhe dipun sêrat sisihipun, makatên salajêngipun, ngantos sawiyaring montên kêbak.

Sinjang Sidamukti punika kêgolong sinjang luwêsan, sogan mramong tuwin sogan kêlêm sami saenipun, namung sênêngan.

Mathukipun, sinjang Sidamukti punika dipun ênggèni rasukan ingkang dhasar kêlêm, sêkaran alit, nanging ingkang nglela.

Biyang Sri

--- 1 ---

Lampiran Kajawèn, nomêr 48, 7 Dhesèmbêr 1938, taun III.

Jagading Wanita

Sinjang Kêmbang-jarak

Sinjang Kêmbang-jarak punika kêgolong sinjang cêplok latar cêmêng, sanadyan wujudipun prasaja, nanging sajatosipun sêratan ngrawit, awit sadaya caking canthing kêdah sarwa cêtha, awit cêthaning sêratan wau ingkang murugakên sae, dipun wastani nêtês. Dados sêratan ingkang kados makatên punika, yêktosipun kêdah dipun awaki ing tiyang ingkang sampun sagêd nyêrat.

Sinjang<br />Kêmbang-jarakSinjang Kêmbang-jarakKajawi nêtêsing sêratan, saening sinjang ingkang kados makatên punika kêdah sêpuh wêdêlanipun tuwin sêpuh soganipun, ingkang soga gènês.

Mirid wujuding sinjang, punika kêgolong sinjang prasaja, dados pantês tuwin mapanipun inggih dipun agêm ing priyantun ingkang rêmên mangagêm prasaja. Malah bokmanawi tumrap priyantun ingkang rêmên mangagêm ingkang sarwa gumêbyar botên sagêd kêtarik dhatêng sêratan ingkang kados makatên punika.

Nanging sajatosipun, sinjang kados makatên punika manawi kalêrêsan anggènipun ngêtrapakên, manawi tumraping kakung, namung sarwa pantês. Manawi tumrap putri, prayogi kagêm ing pakulitan jêne, rasukan dhasar cêmêng, ingkang kapara kirang sêkaranipun. Manawi kagêm prasajan, pantês dipun agêmi rasukan lurik ingkang dhêdhasar kêlêm. Patrap pangangge makatên punika sagêd kalêbêt ing golongan: macak barès ngayang batin.

Tumrap raosing mangangge prasaja, sinjang kêmbang jarak punika, masêmipun purun dipun ajêngakên ing pasamuan.

--- 1 ---

Sinjang Bolurambat

Sinjang BolurambatSinjang BolurambatSinjang Bolurambat punika golongan sinjang cêplok, latar cêmêng, panyêratipun mawi garisan. Tumraping ahli nyêrat, kêgolong sêratan ingkang enggal rampungipun, amargi kathah sêratanipun ingkang dipun sêrat ngangge canthing carat kalih (cucuking canthing rangkêp), kajawi punika, sinjang ingkang tanpa cêcêg, punika nyudakakên padamêlan kathah.

Nama Bolu (bulu) rambat, punika mirid saking wontêning wit bulu ingkang mrambat, awit bulu punika wontên warni kalih, inggih punika wit bulu agêng, godhongipun saèmpêr godhong karèt, botên dipun tanêm ing tiyang, limrahipun thukul wontên ing papan bawera, tuwin namung limrah dados ayang-ayanganing dhusun. Ingkang dipun wastani ayang-ayangan dhusun wau makatên: satunggiling dhusun, punika ingkang limrah wontên wit-witanipun ingkang agêng, wit agêng wau sagêd katingal saking panggenan têbih, kenging kangge ancêr-ancêr, bilih uwit ingkang katingal wau, wit anu ing dhusun anu, dados tiyang sampun sagêd mastani dhusun anu, nitik saking wontêning wit ingkang katingal, punika nama ayang-ayanganing dhusun. Dene bulu rambat, têthukulan marambat sairib kados papasan, wontênipun kapirid wontên ing sêratan, awit wujuding godhong tuwin suluripun sae.

Sinjang Bolurambat punika prasaja, pantês dipun agêm ing priyantun kakung tuwin putri, wujudipun mramo dening kathah soganipun. Nanging mapanipun dipun agêm ing priyantun putri ingkang kaparêng dhatêng pangagêman kêlêm-kêlêman, ing ngriku katingal prasajaning sinjang ingkang lugunipun wujud mramong. Namung sarèhning tumraping pangagêman punika cocogan, bab pangagêman punika botên kenging dipun êbabi.

Upaminipun wontên putri ingkang rêmên mangagêm sarwa mubyar, punika manawi sumêrêp tiyang mangangge sarwa kêlêm, wontênipun ing paningal katingal botên sakeca.

Kosokwangsulipun ingkang rêmên mangangge sarwa kêlêm, punika manawi kalêrêsan anggènipun matrapakên pangangge, rumaos ing jagad punika namung isi badanipun piyambak.

--- 1 ---

Lampiran Kajawèn, nomêr 49, taun II.

Jagading Wanita

Sinjang Kêmbang-kapas

Sinjang Kêmbang-kapasSinjang Kêmbang-kapasSinjang Kêmbang-kapas punika satunggiling sinjang ingkang sêratanipun ngrêmit kaduk kathah sogan tuwin tembokanipun, mila sanadyan dhêdhasaripun latar cêmêng, wujudipun katingal mramong.

Manawi miturut wujud katingal bangsaning cêplok, nanging manawi mirit alit-alitipun, limrahipun botên dipun wastani cêplok.

Sinjang Kêmbang-kapas punika pantêsipun dados agêm-agêman putri, ingkang pawakan alit. Pamantês makatên wau namung kapiridakên saking alusing sêratan, tuwin alit-aliting sêkaranipun. Rasukanipun dhêdhasar kêlêm ingkang sêkaranipun alit-alit, nanging cêtha.

Tumrap para wanita ingkang rêmên ngadi busana Jawi, tamtu sagêd mêmantês piyambak dhatêng traping pangagêmipun.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 90, Ju, Pn, 8 Sawal, Dal 1871. 8 Nopèmbêr 1940, taun XV.

Kawruh Bathik Warni-warni

Kawruh ing bab pandamêling sinjang punika sampun kathah, nanging kados ing Kajawèn pêrlu ngêwrat andharan bab punika.

Anggirah montên

Nggodhoga toya ngantos umob, lajêng dipun cêmplungi sabun kumbahan sacêkapipun, saha dipun cêmplungi untilan mêrang ingkang ngantos suk-sukan.

Manawi sabunipun sampun ajur, montên ingkang sampun dipun kum toya sadalu lajêng dipun cêmplungakên ing godhogan wau, têrus dipun udhêk-udhêk, antawis 25-30 mênit, yèn sampun mukêt lajêng dipun êntas kawadhahan ing bak utawi tong.

Manawi montên wau sampun asrêp lajêng dipun ulèni (dipun ingêl-ingêl) ingkang ngantos mukêt. Yèn kanjining montên wau sampun rêsik, lajêng kagirah toya limrah ngantos rêsik, lajêng dipun kanji.

Panganjinipun ingkang tipis kemawon. Sasampunipun lajêng dipun jèrèng wontên papan pamepean montên. Dene panjèrèngipun wontên papan pamepean wau ingkang radin, supados garingipun montên botên sami pating clêkêthut.

Sasampunipun montên dipun êntasi lajêng dipun yêm wontên papan ingkang hawanipun asrêp sadalu, supados lêmês.

Manawi montên sampun lêrêm yêktos, lajêng dipun gulung ngantos madhêt sagulungipun 5 dumugi 20 lêmbar, lajêng dipun tangsuli tiga: kiwa, têngên tuwin têngah.

Salajêngipun dipun tumpangakên ing kajêng balokan ingkang alus. Agêngipun kajêng antawis 20 cm utawi 25 cm pasagi. Montên dipun tangsuli tiga angsal balokan.

Montên lajêng dipun thuthuki gandhèn kajêng, nama dipun kênglongi. Panuthukipun kêdah waradin. Manawi sampun kêndho, dipun udhari, kagulung malih ingkang kêncêng, lajêng kathuthuk malih.

Manawi montên sampun katingal alus, lajêng kagulung kêncêng wontên ing kajêng gilig, supados ical lêmpitanipun. Prêlunipun yèn dipun cap sagêd waradin.

Ngêthèl montên

Lôndha mêrang ingkang ayit 1 blèg (20 litêr), kacampuran lisah jarak 2 cangkir (200 cc), lajêng kaudhêk ngantos campur. Kalêrêmakên sadalu. Montên lajêng dipun cêlup dhatêng lôndha campuran lisah wau dangunipun 1 jam.

Sasampunipun dipun ulèni satunggal-satunggal, lajêng dipun jèrèng, kaêpe ing papan pamepean montên.

Manawi sampun garing lajêng dipun kum malih dhatêng lôndha campuran lisah wau, lajêng dipun ulèni saha kajèrèng, kaêpe kados ingkang sampun. Dangunipun anggènipun ngulèni kantun sakarsa. Manawi ngangkah alus lan rêsik sangêt, dipun ulèni apêsipun 8 rambahan.

Montên wau lajêng dipun rêsik, makatên:

Damêl lôndha ingkang mandi (ayit), montên wau lajêng dipun kum ing ngriku. Manawi sampun akum, lajêng dipun ulèni satunggal-satunggal supados lisahipun ical, lajêng dipun girah ngangge toya limrah saha lajêng dipun godhog. Dene panggodhogipun:

Wedang kacampuran sabun sakêdhik, danguning panggodhog saprayoginipun, lajêng dipun êntas kacêmpungakên dhatêng toya asrêp, lajêng dipun girah, salajêngipun dipun girah malih santun toya. Sasampunipun lajêng dipun sampirakên ing gawangan supados atus. Manawi sampun atus lajêng kajèrèng ing papan pamepean.

Dene montên punika manawi badhe kaêcap utawi kabathik, kêdah dipun kanji utawi dipun kêmplongi rumiyin.

Ngêthèl ngangge lôndha kacampuran lisah, punika supados rêsik utawi supados soga, cêlêpan sapanunggilanipun sagêd manjing.

Dayaning lôndha punika sagêd ngicalakên rêrêgêd utawi kanji ingkang tumèmpèl wontên montên. Nanging kanji ingkang manggèn wontên salêbêtipun drat montên icalipun manawi landhanipun kacampuran lisah, awit lisah punika manawi tumèpès dhatêng montên, lajêng mrèmèn ngantos dumugi ing salêbêtipun drat montên, anjalari dados marginipun lumêbêting toya lôndha.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 93, Sla, Wa, 19 Sawal, Dal 1871. 19 Nopèmbêr 1940, taun XV.

Kawruh Bathik Warni-warni

(Sambêtipun K. No. 92).

Manawi sampun waradin lajêng dipun êntas sarta dipun klumbrukakên ing siti utawi ing mêstèr dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun.

Manawi toya sari wau sakintênipun sampun katingal sami rumêsêp waradin, lajêng dipun sari kuning.

Pandamêlipun sari kuning kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 1 1/2 kati, têgêran 1 1/2 kati, tawas 1 1/2 kati, jêram pêcêl 4 glundhung, gêndhis batu 1/4 kati.

Abênan gangsal warni punika kagodhog dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). Panggodhogipun ingkang ngantos umob sêpuh, kakantunakên 1 blèg (20 l.). Dene anggènipun ngêcakakên, mangêt-mangêt, namung katimbang kabênteran aluwung radi asrêp. Nganggenipun makatên:

Mêndhêt barang ingkang sampun kasari gamping dipun wiru lajêng dipun cêlup dhatêng sari kuning kanthi dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng dipun êntas kasampirakên dhatêng gawangan. Manawi sampun atus lajêng kajèrèng ing papan pamepean supados kanginan, botên pêrlu garing lajêng dipun kum toya limrah kanthi dipun iwir-iwir. Manawi sampun lajêng dipun kêbyok (kagodhog).

9. Mbabar

Sasampunipun kakêbyok lilin rêsik, lajêng kaêntas kacêmplungakên ing toya asrêp, lajêng kagirah. Sasampunipun kagirah rêsik, lajêng kagirah toya ngangge tawas, ukuranipun kintên-kintên raos kêcut sakêdhik (mônda-mônda). Sasampunipun kagirah toya tawas, lajêng kagirah toya limrah, punika sampun dados sinjang babaran.

10. Soga dhagêl

Anggodhog soga kangge soga dhagêl (cêkapan) cara Ngayogya, wragad sakêdhik, warni sae alus: tingi 70 kati, soga 10 kati, têgêran 5 kati.

Kagodhog dipun toyani 10 blèg (200 l.). Panggodhogipun ingkang umob sêpuh. Kakantunakên 7 blèg (140 l.). Anggènipun nggodhog 3 rambahan, ugi mawi dipun lêrêmakên kados ingkang kasêbut bab 2. Dene caranipun nyêlup (nyoga) sarta pangênyêtipun saugi kados caranipun kasêbut bab 2, nanging bab nyêlupakên wau namung ping 6 utawi 7 rambahan, lajêng kasari gamping. Dene pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 8 blèg (160 l.), lajêng kaudhêk, lajêng kacêmplungakên jur-juran gêndhis klapa kathahipun 4 tangkêp, lajêng kaudhêk supados mênêpipun bêning, lajêng barang sogan ingkang sampun kasari gamping wau dipun soga malih 1 rambahan ngangge soga angêt, kajèrèng ngantos garing, lajêng dipun sari kuning kacampur soga.

Pandamêlipun sari kuning kacampur soga kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 3/4 kati, têgêran 1/2 kati, tawas 3/4 kati.

Kagodhog dipun toyani 1 1/4 blèg (25 l.). Panggodhogipun ingkang umob sêpuh, kakantunakên 1 blèg (20 l.), lajêng kailing dhatêng papan sanès, sarta lajêng kacampuran soga 2 blèg, kaudhêk ngantos campur lêrês. Yèn sampun mangêt-mangêt barang ingkang mêntas dipun soga wau, lajêng dipun cêlup dhatêng sari kuning campur soga wau, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun, lajêng dipun êntas kasampirakên wontên gawangan. Manawi sampun atus lajêng kajèrèng dhatêng papan pamepean ngantos satêngah garing, lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 4 blèg (80 l.) lajêng kaudhêk, sarta dipun cêmplungi jur-juran gêndhis klapa 2 tangkêp supados mênêp, lajêng barang ingkang mêntas dipun cêlup dhatêng soga campuran sari kuning wau kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin.

Manawi sampun waradin, lajêng kaêntas sarta kaklumbrukakên. Manawi nglumbrukipun sampun sawatawis, toya sari gamping sampun katingal sami rumêsêp, lajêng dipun girah toya limrah, panggirahipun kajèrèng wontên mêstèr (papan waradin) kanthi kasikat sarta kagirah rêsik lajêng dipun sampirakên supados atus, lajêng dipun sari kuning.

Pandamêlipun sari kuning kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 1 kati, têgêran 1/2 kati, tawas 1 kati. Kagodhog dipun toyani 1 1/4 blèg (25 l.), panggodhogipun umob sêpuh, kakantunakên 1 blèg (20 l.) utawi kailing dhatêng papan sanès. Manawi sampun asrêp (mangêt-mangêt) lajêng barang ingkang mêntas dipun sari gamping wau, lajêng dipun cêlupakan sari kuning punika, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun. Manawi pangênyêtêipun waradin lajêng dipun sampirakên ing gawangan.

JAYÈNGWIGNYA, Ngayogya

(Wontên lajêngipun)

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 95, Sla, Lê, 26 Sawal, Dal 1871. 26 Nopèmbêr 1940, taun XV.

Kawruh Bathik Warni-warni

(Sambêtipun K. No. 93.)

Manawi sampun atus lajêng dipun kum dhatêng toya tawa kanthi dipun udhal, lajêng dipun kêbyok (godhog). Yèn lilinipun sampun rêsik, lajêng kacêmplungakên dhatêng toya tawa têrus kagirah, lajêng dipun girah malih toya kacampur tawas, takêranipun karaos kêcut mônda-mônda, sarta lajêng kaulêt supados waradin. Manawi sampun lajêng dipun bilasi toya tawa, punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran kasar cara Ngayogya: tingi 70 kati, soga (jambal) 5 kati, têgêran 2 1/2 kati.

Kagodhog dipun toyani 9 blèg (180 l.) panggodhogipun umob sêpuh, dipun kantunakên 6 blèg (120 l.). Panggodhogipun 4 rambahan, lajêng kalêrêmakên kados ingkang sampun kasêbut. Pangêclupipun namung 3 rambahan. Caranipun ngênyêt kados ingkang sampun kasêbut ngajêng.

Barang sasampunipun kasoga ping 3, lajêng dipun sari gamping. Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 3 blèg (60 l.), lajêng kaudhêg sarta kacêmplungan gêndhis klapa 3 lirang (1 1/2 tangkêp) supados mênêpipun bêning, lajêng barang ingkang sampun kacêlup soga wau dipun cêlup dhatêng toya sari gamping punika.

Dene ngêclupipun wau wontên tong, barang wau lumêbêtipun dhatêng toya sari gamping kanthi dipun udhal, sarta lajêng dipun idak-idak,

--- 1 ---

dipun wolak-walik ngantos waradin, lajêng dipun sampirakên dhatêng gawangan supados atus.

Manawi sampun lajêng kajèrèng ing papan pamepean. Manawi sampun atus lajêng kacêlup dhatêng soga campuran sari kuning.

Pandamêlipun soga campuran sari kuning makatên: soga 3 blèg, toya 1 blèg, tawas 1/2 kati, sari kuning 1/2 kati, têgêran 1/2 kati.

Kagodhog dados satunggal. Panggodhogipun ngantos umob sêpuh, lajêng kailing dhatêng papan sanès. Manawi sampun mangêt-mangêt, barang ingkang nêmbe dipun sari gamping wau lajêng kacêlup dhatêng soga campur punika, lajêng kajèrèng ing papan panjerengan ngantos satêngah garing, lajêng dipun sari gamping kados ingkang sampun, lajêng dipun sari kuning.

Pandamêlipun sari kuning makatên: sari kuning 1 kati, têgêran 1/4 kati, tawas 1/2 kati.

Kagodhog dipun toyani 1 1/4 blèg (25 l.). Panggodhogipun ingkang sêpuh kakantunakên 1 blèg (20 l.), lajêng kailing dhatêng wadhah sanès. Manawi sari kuning wau sampun asrêp, barang ingkang nêmbe kasari gamping wau lajêng kacêlup dhatêng sari kuning punika. Manawi sampun waradin lajêng dipun kêbyok (kagodhog).

Dene manawi lilinipun sampun katingal rêsik, lajêng kaêntas sarta kagirah toya tawa. Sasampunipun rêsik lajêng kagirah toya tawas kacampuran sari kuning raos kêcut mônda-mônda.

Dene manawi nyampuri sari kuning dhatêng toya tawas wau kuningipun mônda-mônda, manawi sampun lajêng dipun girah toya tawa. Punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran Banyumas alus.

Soga (jambal) 30 kati, tingi 15 kati, têgêran 5 kati, kêmbang pulu 4 kati. Kagodhog dipun toyani 5 blèg (100 l.). Panggodhogipun kêdah umob sêpuh, kakantunakên 3 blèg (60 l.). kagodhog 3 rambahan, kalêrêmakên.

Pangêclupipun soga 16 utawi 17 rambahan, lajêng dipun jèrèng. Dene panjèrèngipun kados ingkang sampun, lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.) lajêng kaudhêk, kacêmplungan gêndhis klapa 1 tangkêp ugi lajêng kaudhêk. Manawi sampun mênêp, bêningipun dipun iling dhatêng wadhah sanès. Dene kênthêlanipun dipun jogi toya malih 2 blèg (40 l.), lajêng kaudhêk. Kacêmplungan gêndhis klapa malih 1 tangkêp ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêp, ugi kailing dhatêng wadhah sanès.

Sasampunipun barang ingkang sampun kasoga wau lajêng kacêlup dhatêng toya sari gamping ingkang ilingan sapisan, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang kasêbut ngajêng. Manawi sakintênipun toya sari sampun katingal rumêsêp waradin, lajêng kaêntas kacêmplungakên dhatêng toya sari gamping ingkang ilingan kaping 2. Manawi sampun waradin lajêng kaêntas kasampirakên dhatêng gawangan sarta kaudhal. Manawi sampun lajêng kajèrèng satêngah garing. Lajêng dipun toyani toya tawas kacampuran gêndhis batu.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati, jêram pêcêl 2 glundhung. Kagodhog dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). Panggodhogipun ngantos umob sêpuh. Manawi gêndhis, tawas sampun katingal ajur lajêng dipun êntas. Manawi badhe kangge kêdah ngêntosi manawi sampun asrêp, barang ingkang sampun kasari gamping wau lajêng kacêlup dhatêng toya campuran tawas, gêndhis, jêram sarta kaulêt-ulêt ngantos waradin, lajêng kagirah toya tawa, lajêng dipun kêbyok (kagodhog). Manawi lilin sampun katingal rêsik, lajêng kaêntas saking panggodhogan têrus kacêmplungakên dhatêng toya asrêp kagirah rêsik. Punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran Banyumas sacara dhagêl (cêkapan):

Soga (jambal) 35 kati, têgêran 1 kati, kêmbang pulu 1 kati. Kagodhog dipun toyani 5 blèg (100 l.). Panggodhogipun ingkang sêpuh, kakantunakên 3 blèg (60 l.). Panggodhogipun kaping 3 utawi 4 rambahan ugi mawi dipun lêrêmakên kados kasêbut ngajêng. Barang biron lajêng kasoga ping 8, panyoganipun dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun, lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 3 blèg (60 l.) lajêng kaudhêk, kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 1/2 tangkêp lajêng kaudhêk. Manawi sampun asrêp, barang ingkang sampun dipun soga wau lajêng kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping punika, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados kasêbut ngajêng ngantos waradin. Manawi sampun lajêng tilêmakên dhatêng siti utawi mêstèr kanthi dipun lambari kepang. Manawi toya sari wau sampun katngal sami rumêsêp waradin, lajêng dipun girah. Panggirahipun wontên papan ingkang waradin, panggirahipun kanthi kasikat alon-alon. Manawi sampun lajêng kasampirakên dhatêng gawangan. Manawi sampun lajêng kacêlup soga angêt sarambahan, lajêng kajèrèng wontên papan pamepean ngantos garing, lajêng dipun sari gamping.

(wontên lajêngipun)

JAYÈNGWIGNYA, Ngayogya.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 99, Sla, Kli, 11 Dulkangidah, Dal 1871. 10 Dhesèmbêr 1940, taun XV.

Kawruh Bathik Warni-warni

(Sambêtipun K. No. 95)

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.) lajêng kaudhêk, kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 tangkêp, ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêb, lajêng barang ingkang sampun kasoga wau kacêlup dhatêng bêninganipun sari gamping punika. Caranipun nyêlup kados ing ngajêng. Manawi sampun lajêng kaklumbrukakên mawi dipun udhal-udhal wontên siti, utawi wontên mêstèr mawi kalambaran kepang utawi barang sanèsipun, supados botên rêgêd. Manawi toya sari wau sampun sami rumêsêp, lajêng dipun cêlup dhatêng toya tawas kacampuran gêndhis.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). Kagodhog ngantos umob sêpuh. Manawi sampun asrêp, lajêng barang ingkang sampun dipun sari gamping wau lajêng dipun girah kalihan toya tawas campuran gêndhis wau kanthi kaulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng dipun sampirakên wontên gawangan. Manawi sampun atus lajêng dipun cêlup toya limrah, lajêng kakêbyok (kagodhog). Manawi lilin sampun rêsik, lajêng dipun cêlup dhatêng toya asrêp têrus kagirah rêsik. Toya ingkang kangge nggirah wau mawi kacampuran tawas, kathahipun tawas ngantos raos kêcut mônda-mônda. Punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran Banyumas kasaran: tingi 100 kati, soga (jambal) 10 kati. Kagodhog dipun toyani 7 blèg (140 l.) panggodhogipun ingkang ngantos umob sêpuh, kakantunakên 5 blèg (100 l.). Panggodhogipun 4 rambahan, lajêng dipun lêrêmakên kados ing ngajêng. Manawi sampun, barang wau dipun cêlup 4 utawi 5 rambahan, ugi dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun, lajêng kasampirakên dhatêng gawangan. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.), kaudhêk lajêng kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 tangkêp ugi kaudhêk ngantos campur. Manawi sampun mênêp, barang ingkang sampun kasoga wau lajêng kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping wau, ugi dipun ênyêt-ênyêt.

Manawi toya sari gamping wau sampun katingal sami rumêsêp, lajêng kagêlar ing siti utawi mêstèr mawi dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun, supados botên rêgêd. Manawi sampun lajêng kajèrèng dhatêng papan pamepean. Manawi sampun atus, lajêng kacêlup soga sapisan, lajêng kajèrèng ing papan pamepean ngantos garing. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Dene pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Ampas lungsuran sari gamping ingkang mêntas kangge wau dipun jogi toya 1 blèg (20 l.) lajêng kaudhêk sarta kacêmplungan gêndhis klapa 1 lirang (sapalih tangkêp) ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêb, lajêng barang ingkang mêntas kasoga wau dipun cêlup dhatêng bêninganipun toya gamping punika, ugi dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kagirah toya kacampur tawas.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.) sarta lajêng kaudhêk, lajêng kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 tangkêp, ugi lajêng kaudhêk. Manawi sampun mênêb, barang ingkang sampun kasoga wau lajêng kaêclup dhatêng bêninganipun toya sari gamping wau, ugi dipun ênyêt-ênyêt. Manawi toya sari wau katingal sami rumêsêp, lajêng kaêntas kagêlar ing siti utawi dhatêng mêstèr, dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd. Manawi sampun lajêng kajèrèng dhatêng papan pamepean. Manawi sampun atus, lajêng kacêlup soga sapisan, lajêng kajèrèng ing papan pamepean ngantos garing. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Ampas lungsuranipun sari gamping ingkang mêntas kangge wau dipun jogi toya 1 blèg (20 l.) lajêng kaudhêk sarta kacêmplungan gêndhis klapa 1/2 tangkêp ugi dipun udhêk. Manawi sampun mênêb, lajêng barang ingkang mêntas kasoga wau lajêng dipun cêlup dhatêng bêninganipun toya gamping punika, ugi dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kagirah toya kacampur tawas.

(wontên lajêngipun)

JAYÈNGWIGNYA, Ngayogya.

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 103-104, Ju, Pa, 28 Dulkangidah, Dal 1871. 27 Dhesèmbêr 1940, taun XV.

Kawruh Bathik Warni-warni

(Sambêtipun K. No. 101).

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.) kagodhog ngantos umob sêpuh. Manawi sampun asrêp, lajêng barang ingkang mêntas dipun sari gamping wau kagirah kalihan toya campuran tawas wau kanthi dipun ulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kakêbyok (kagodhog). Manawi lilin sampun rêsik, lajêng kagirah toya asrêp. Manawi sampun lajêng kagirah toya kacampur tawas, takêran raos kêcut mônda-mônda, lajêng dipun girah toya limrah. Punika sampun dados sinjang babaran.

Anggodhog soga kangge babaran Solo alus gênès.

Soga (jambal) 30 kati, tingi 6 kati, têgêran 24 kati, sêkar pulu 6 kati.

Kasêbut nginggil punika kadadosakên satunggal lajêng kagodhog dipun toyani 8 blèg, panggodhogipun umob sêpuh, kakantunakên 5 1/2 blèg; panggodhogipun 3 rambahan, kalêrêmakên dangunipun 3 dalu. Pangêclupipun soga kaping 25 utawi 30 rambahan. Dene caranipun nyoga makatên:

Sasampunipun talawah kaisenan soga, lajêng mêndhêt barang biron ingkang badhe kasoga kalêmpit wiron lajêng kacêlup soga dhatêng talawah wau, lajêng dipun ênyêt-ênyêt. Manawi sampun lajêng kasampirakên ing gawangan ing sanginggilipun talawah ingkang kangge ngênyêt-ênyêt soga wau supados atus. Manawi sampun atus lajêng kapêndhêt kagêlar ing siti utawi mêstèr kanthi dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd, dangunipun 1 dumugi 1 1/2 jam, lajêng kajèrèng wontên ing papan pamepean.

Manawi sampun garing lajêng kacêlup malih kanthi dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin, lajêng kasampirakên dhatêng gawangan wau. Manawi sampun atus, lajêng dipun gêlar malih kados ingkang sampun, dangunipun sami kalihan ingkang sampun. Manawi sampun lajêng kajèrèng kados ingkang sampun. Manawi sampun garing lajêng kacêlup soga malih têrus kasimpên wontên talawah ngantos sadalu, enjingipun lajêng kacêlup soga malih, caranipun kados ingkang sampun.

Sabên dalu mêsthi dipun rêndhêm (cêncêm) ngantos 5 rambahan. Soga wau sabên enjing kêdah dipun êngêt. Manawi sampun kaping 25 utawi 30 rambahan, lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 10 blèg sarta lajêng kaudhêk, kacêmplungan gêndhis klapa 5 tangkêp. Gêndhis wau manawi badhe kacêmplungakên dhatêng toya sari gamping kêdah dipun jur kalihan toya rumiyin sacêkapipun. Sasampunipun jur-juran gêndhis kacêmplungakên lajêng kaudhêk. Manawi sampun mênêb, bêninganipun kasaring dhatêng wadhah sanès, dene loyoranipun gamping wau dipun jogi toya malih 10 blèg, ugi kacampuran gêndhis klapa 3 tangkêp. Manawi sampun, barang ingkang sampun kasoga 25 utawi 30 rambahan wau, lajêng kasari gamping punika. Dene panyêlupipun sari makatên:

Barang sogan wau kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping ingkang saringan sapisan, dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Manawi sampun waradin lajêng dipun êntas kacêmplungakên dhatêng sari gamping ingkang saringan kaping 2 kanthi kaêkum dangunipun 10 mênit, lajêng dipun ulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kagirah toya limrah. Manawi sampun lajêng kacêlup ing toya campuran tawas, gêndhis batu, jêram pêcêl, lan têgêran.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 1/8 kati, tawas 1/4 kati, têgêran 1/8 kati, gêndhis batu 1/8 kati, jêram pêcêl 2 glundhung.

Kasêbut nginggil sadaya wau kagodhog sarêng dipun toyani 1 blèg, kagodhog ngantos umob sêpuh, barang ingkang sampun dipun sari gamping wau lajêng dipun cêlup dhatêng toya tawas campur sari kuning, têgêran, gêndhis batu, sarta kaênyêt-ênyêt ingkang waradin, lajêng kasimpên kawadhahan ing talawah karêndhêm sadalu, enjingipun lajêng kagirah toya limrah, lajêng kakêbyok (kagodhog). Manawi lilin sampun katingal rêsik, lajêng kaêntas kagirah kalihan toya limrah, sarta lajêng kagirah toya tawas. Dene pandamêlipun toya tawas wau takêranipun namung raos kêcut mônda-mônda.

Punika sampun dados babaran sinjang

Anggodhog soga kangge babaran Solo babaran dhagêl.

Soga (jambal) 10 kati, tingi 30 kati, têgêran 6 kati, sêkar pulu 2 kati.

Kasêbut nginggil dipun dadosakên satunggal lajêng kagodhog, dipun toyani 6 blèg. Dene panggodhogipun umob sêpuh, kakantunakên 4 blèg. Panggodhogipun kaping 3 rambahan kanthi dipun lêrêmakên kados ingkang sampun-sampun. Lajêng barang ingkang badhe kasoga dipun lêmpit wiron, lajêng kacêlup soga ing talawah, sarta dipun ênyêt-ênyêt kados ingkang sampun, lajêng kajèrèng ngantos garing. Panyêlupipun soga 6 rambahan, mawi karêndhêm sadalu sapisan, dados kaetang 7 cêlupan. Sasampunipun lajêng dipun sari gamping.

JAYÈNGWIGNYA, Ngayogya.

(Wontên lajêngipun).

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 2, Sla, Pn, 9 Bêsar, Dal 1871. 7 Januari 1941, taun XVI.

Kawruh Bathik Warni-warni

(Sambêtipun K. No. 103-104).

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati (kapur) dipun toyani 4 blèg (80 l.), lajêng kaudhêk sarta kacêmplungan gêndhis klapa 2 tangkêp ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêp, barang ingkang sampun kasoga kaping 7 wau lajêng dipun cêlup dhatêng bêninganipun sari gamping punika. Manawi sampun lajêng kaêntas sarta dipun klumbrukakên dhatêng siti utawi dhatêng mêstèr kanthi kalambaran kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd. Manawi sampun lajêng kagirah alon-alon, saha lajêng kajèrèng ing papan pamepean. Manawi sakintênipun sampun atus, lajêng dipun soga malih sapisan, panyoganipun ngangge soga angêt, lajêng dipun jèrèng ngantos garing. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping, kacampuran sari kuning, tawas, têgêran.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 3/4 kati, têgêran 1/2 kati. Barang kalih kasêbut punika sarêng-sarêng kagodhog, dipun toyani 1 blèg (20 l.), kagodhog ngantos umob sêpuh. Manawi sampun lajêng kacampuran kalihan bêninganipun toya sari gamping, ukuran gamping 1 1/2 kati, gêndhis klapa 1 tangkêp, toya 6 blèg (120 l.), kacampur ingkang ngantos campur lêrês, lajêng barang ingkang sampun dipun soga wau kacêlup dhatêng toya sari gamping ingkang sampun kacampur kalihan godhogan sari gamping, tawas wau, lajêng dipun ulêt-ulêt ngantos mukêt. Manawi sampun lajêng karêndhêm sadalu wontên talawah utawi bak. Enjingipun lajêng kagirah toya kacampuran tawas lan gêndhis batu.

Pandamêlipun toya tawas kacampur gêndhis batu kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati. Barang warni kalih punika kagodhog sarêng-sarêng, dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). panggodhogipun umob sêpuh. Manawi sampun asrêp barang rêndhêman wau dipun girah kalihan toya tawas campuran gêndhis punika. Manawi sampun lajêng kakêbyok (kagodhog). Manawi lilinipun katingal rêsik, lajêng kaêntas kagirah dhatêng toya limrah. Manawi sampun lajêng kagirah malih dhatêng toya tawas ingkang ukuranipun namung raos kêcut mônda-mônda, lajêng dipun girah toya limrah ngantos rêsik. Punika sampun dados babaran sinjang.

Anggodhog soga kangge babaran Solo kasaran: tingi 95 kati, soga (jambal) 5 kati, têgêran 2 1/2 kati. Barang tiga punika dipun godhog sarêng-sarêng, dipun toyani 10 blèg (200 l.). panggodhogipun umob sêpuh, kakantunakên 7 blèg (140 l.).

Panggodhogipun 4 rambahan, kalêrêmakên kados ingkang sampun, lajêng barang ingkang badhe kasoga dipun lêmpit wiron, lajêng kacêlup soga ing talawah sarta dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin. Lajêng kasampirakên ing angklèk (gawangan). Manawi sampun atus, lajêng dipun jèrèng dhatêng papan pamepean ngantos garing. Anggènipun nyêlup soga 4 rambahan, manawi sampun lajêng dipun sari gamping, kacampuran tawas lan sari kuning. Pandamêlipun makatên:

Gamping (kapur) 1 kati dipun toyani 2 blèg (40 l.), kacêmplungan jur-juran gêndhis klapa 1 tangkêp sarta lajêng kaudhêk, lajêng godhogan sari kuning lan tawas, takêran kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/2 kati, têgêran 1/2 kati, sari kuning 1/2 kati. Barang warni tiga punika kagodhog dados satunggal, dipun toyani 1 blèg (20 l.). anggènipun nggodhog ngantos umob sêpuh. Manawi sampun lajêng bêninganipun sari gamping wau kacampur kalihan godhogan sari kuning lan tawas punika, lajêng kaudhêk ngantos campur lêrês. Manawi sampun, barang ingkang sampun dipun cêlup soga kaping 4 wau lajêng dipun cêlup dhatêng sari gamping campuran punika, kaênyêt-ênyêt utawi kaulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng dipun kêbyok (kagodhog). Manawi lilinipun sampun rêsik, lajêng dipun girah toya tawas, takêran namung raos kêcut mônda-mônda. Manawi sampun lajêng dipun girah toya limrah ngantos rêsik. Punika sampun dados babaran sinjang.

Jayèngwignya

(wontên lajêngipun)

--- 1 ---

Kajawèn: ôngka 16, Sla, P, 28 Sura, Be 1872. 25 Pebruari 1941, taun XVI.

Kawruh Bathik Warni-warni

(Sambêtipun K. No. 10)

Sasampunipun dipun kum, lajêng dipun gêlar wontên mêstèr sarta dipun gosok kalihan sikat alon-alon ingkang waradin. Lajêng dipun jèrèng wontên ing papan pamepean. Manawi toyanipun sampun katingal atus, lajêng dipun êntas kalêmpit cara wiron, lajêng dipun cêlup dhatêng talawah isi soga kajêng sarta kaênyêt-ênyêt ngantos waradin. Ing salajêngipun lajêng kasampirakên dhatêng angklèk (gawangan) supados atus. Manawi sampun atus, lajêng kajèrèng ing papan pamepean malih ngantos garing. Dene panyêlupipun dhatêng soga kajêng wau kaping 3 utawi 4 rambahan. Manawi sampun lajêng dipun sari gamping.

Pandamêlipun sari gamping kados ing ngandhap punika:

Gamping 1 kati dipun toyani 3 blèg (60 l.), lajêng kaudhêk. Sasampunipun lajêng dipun cêmplungi jur-juran gêndhis klapa 1 1/2 tangkêp, ugi kaudhêk. Manawi sampun mênêb, kailing bêninganipun dhatêng wadhah sanès. Lajêng barang ingkang sampun kacêlup ing soga kajêng wau bêninganipun sari gamping wau kanthi kaulêt-ulêt ngantos mulêt waradin. Manawi sampun, lajêng kaêntas kaklumbrukakên dhatêng siti utawi dhatêng mêstèr sarta kalambaran kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd. Manawi toya sari gamping wau sampun katingal rumêsêp, lajêng dipun cêlup dhatêng godhogan toya tawas. Pandamêlipun godhogan toya tawas kados ing ngandhap punika:

Sari kuning 1/4 kati, tawas 1/4 kati, têgêran 1/8 kati. Barang 3 warni punika dipun godhog sarêng-sarêng, dipun toyani 1 1/2 blèg (30 l.). panggodhogipun umob sêpuh. Manawi sampun lajêng kailing dhatêng wadhah supados asrêp. Manawi sampun asrêp, lajêng barang ingkang kacêlup dhatêng toya sari gamping wau, dipun cêlup dhatêng godhogan sari kuning ingkang sampun asrêp wau, kanthi kaulêt-ulêt ngantos waradin. Manawi sampun lajêng kacêlup dhatêng toya limrah têrus dipun kêbyok (kagodhog). Manawi sakintên lilin sampun rêsik, lajêng dipun girah toya asrêp ngantos rêsik. Punika sampun dados babaran sinjang.

Caranipun mbabar combinatie dhasaran saking naptal.

Bironan bathik kados ingkang sampun kasêbut ing ngajêng kacêlup naptal. Manawi sampun lajêng dipun jèrèng dhatêng sampiran supados atus. Sasampunipun atus, lajêng dipun cêlup dhatêng sarêm. Manawi sampun lajêng dipun girah toya ngangge sabun. Salajêngipun dipun girah toya limrah ngantos rêsik. Caranipun nggirah kêdah dipun êlon-êlon supados lilin botên risak. Manawi sampun lajêng dipun jèrèng wontên papan pamepean ngantos atus. Manawi sampun atus, lajêng dipun cêlup soga kajêng sarta kajèrèng ngantos garing. Panyêlupipun soga wau ngantos kaping 3 utawi 4 rambahan. Manawi sampun lajêng kacêlup dhatêng toya sari gamping kacampur tawas lan gêndhis batu.

Pandamêlipun toya tawas kados ing ngandhap punika:

Tawas 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati. Barang kalih warni wau kagodhog sarêng-sarêng, dipun toyani 1 blèg (20 l.). panggodhogipun umob sêpuh, lajêng kailing dhatêng wadhah sanès supados asrêp.

Sasampunipun lajêng damêl sari gamping:

Gamping (kapur) 1 1/2 kati dipun toyani 4 blèg (80 l.), lajêng kaudhêk. Manawi sampun lajêng dipun cêmplungi jur-juran gêndhis klapa 2 tangkêp, ugi dipun udhêk. Manawi sampun mênêb lajêng kacampur toya godhogan tawas lan gêndhis batu, kacarub ngantos campur. Manawi sampun barang ingkang sampun kasoga wau lajêng kacêlup dhatêng bêninganipun toya sari gamping ingkang kacampuran tawas lan gêndhis batu wau, lajêng dipun ênyêt-ênyêt ngantos waradin.

Manawi sampun lajêng kaêntas kaklumbrukakên ing siti utawi mêstèr dipun lambari kepang utawi sanès-sanèsipun supados botên rêgêd. Manawi toya sari wau sampun katingal waradin (rumêsêp), lajêng dipun cêlup dhatêng godhogan sari kuning lan tawas sarta gêndhis batu. Panggodhogipun sari kuning kados ing ngandhap punika:

Têgêran 1/4 kati, tawas 1/4 kati, sari kuning 1/4 kati, gêndhis batu 1/8 kati.

(wontên lajêngipun)

Jayèngwignya