Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bab Têtuwuhan Ing Tanah Hindiya, Kloppenburg, 1911, #780 (Hlm. 001-159)

Katalog:Bab Têtuwuhan ing Tanah Hindiya miwah Dayanipun Kangge Jampi, Kloppenburg, 1911, #780
Sambung:
1.Bab Têtuwuhan Ing Tanah Hindiya, Kloppenburg, 1911, #780 (Hlm. 001-159). Bahasa dan Budaya | Kagunan #218.
2.Bab Têtuwuhan Ing Tanah Hindiya, Kloppenburg, 1911, #780 (Hlm. 160-309). Bahasa dan Budaya | Kagunan #770.

Bab Têtuwuhan ing Tanah Hindiya Miwah Dayanipun Kangge Jampi.

Saking Pambudinipun Nyonyah J. KLOPPENBURG - Versteegh.

[Grafik]

Vogel v.d. Heijde & Co SOERAKARTA 1911

--- 1 ---

Bab Têtuwuhan ing Tanah Hindiya Miwah Dayanipun Kangge Jampi

Mila kula angarang sêrat punika, supados kawontênanipun têtuwuhan tuwin oyod-oyodan ingkang kathah paedahipun, sagêda kasumêrêpan ing akathah, dene ingkang kula wastani têtuwuhan wau kathah ingkang kaanggêp rêrungkudan kemawon, inggih lêrês ngantos sapriki jampi Jawi sampun kangge, ananging kadospundi kanggenipun sarta rekanipun angangge jampi wau, makatên ugi namanipun tanêman ingkang kangge jampi asring kadamêl wados, mila pangupadosipun katêrangan bab jampi-jampi Jawi asring botên sagêd kadugèn, sarta kawruh bab jampi-jampi wau asring ical sarêng ingkang gadhah kawruh wau tilar ing donya, awit kawruhipun dipun damêl wados.

Dene ingkang kula sêrati punika, amung sapintênsakintên. ingkang sampun kula sumêrêpi, sarta sampun pintên-pintên taun kula titipariksa sarana kula cakakên, nyata prayogi kadadosanipun, bokmanawi taksih kathah [ka...]

--- 2 ---

[...thah] têtuwuhan ingkang botên kula sumêrêpi, sarta kathah tiyang ingkang sêsêrêpanipun langkung sangking kula. Mila sêrat punika ugi botên kenging kaanggêp sampun nyêkapi, sawêtawis taun malih saèstu badhe kathah wêwahipun ingkang kasumêrêpan ing tiyang.

Ingkang punika pamuji kula, sapêngkêring wêdalipun sêrat kula punika, ing têmbe sagêda kaambalan wêdalipun, mawi kawêwahan katêrangan kathah bab racikanipun têtuwuhan ingkang maedahi kadamêl jampi.

Amurih sangsaya têrangipun sêrat kula punika, kula ugi angêdalakên sêrat isi gambaripun têtuwuhan, sakawit sêrat kêkalih wau badhe kula dadosakên satunggal, ananging sarèhning arginipun badhe kawisên, sarta awis ingkang kuwawi tumbas, mila lajêng kula damêl kalih, ewadene supados sampun ngantos kalintu sêrêp, pirêmbag kula, ingkang sami tumbas sêrat kula punika prayogia tumbas sêrat ingkang isi gambar wau pisan. Awit kathah têtuwuhan ingkang ing sanès panggenan asring sanès namanipun, kajawi punika kula kadugi anêrangakên manawi wontên ingkang kirang mangêrtos pangarang [panga...]

--- 3 ---

[...rang] kula pratelaning racikan tuwin têtuwuhan, mugi anêdhaa katêrangan dhatêng kula, kula kadugi anêrangakên.

Ing wasana sangking pamuji kula, mugi pêpajênganipun sêrat punika, sagêda urup akalihan rêkaosipun anggèn kula ngarang.

Kula ingkang ngarang

Nyonyah, Y, Kloppênbirêh Pêstih ing Sêmarang.

--- 4 ---

Pangupakaraning rema

Ingkang kathah para nyonyah sami ngrêsula, dene remanipun amung sakêdhik. Mênggah ingkang dados jalaranipun risaking rema wau, amargi dipun kramasi kalihan sabun ijêm utawi sodhah, sadaya punika sami kêmandosên, kathah cacapan rema sapanunggilanipun ingkang kadagang, kados ta kangge ngicalakên sindap, kangge ngathahakên tuwin manjangakên rema, ananging adat isarat wau botên prayogi, amargi lami-lami kayêktèn, bilih cacap ingkang mawi sêpiritus, brèndhi utawi patraliyun, punika sanadyan sagêd ngêtêlakên rema sarta sagêd ngicalakên sindap, ananging enggal wanên. Mênggah ingkang dados jalaranipun bodholing rema punika warni-warni, kados ta: amargi sakit sangêt, kêrêp puyêng, kêdangon cêlak kalihan latu, tuwin amargi saking sindap.

Pramila samangke kula badhe nyariyosakên, mênggah rekanipun anggèning kramas tiyang ing tanah Jawi, tumrapipun tiyang satunggal sampun cêkap ngangge mêrang wawrat satêngah katos, sontênipun ngajêngakên badhe kangge, mêrang wau kêdah kabêsmi rumiyin, manawi sampun dados awu

--- 5 ---

lajêng kaêsokan toya watawis salitêr kirang sakêdhik, sadèrèngipun kramas, kuliting sirah dipun gosoka ing lisah klêntik rumiyin ingkang sêru, ngantos sindapipun sami nglokop, nuntên kasêritana supados rêgêdipun sami ical, salajêngipun landhaning mêrang kasaring ing sinjang nuntên kangge kramas, ngantos kuliting sirah katingal pêthak tuwin remanipun botên kêmêl, sasampunipun makatên, remanipun kabilasana toyaning jêram purut, tuwin lajêng kasiramana toya sêkar sêtaman, inggih punika toya ingkang dipun cêmplungi sêkar kênanga, mlathi utawi rêgulo mawar, supados ngicalakên toya jêram wau, rema lajêng kagaringakên nanging sampun kapuntir, sarta kasêratankasêritan (dan di tempat lain). mawi sêratsêrit. ingkang untunipun awis-awis, punapa malih lajêng kaore, supados sagêd garing, manawi anggènipun ngupakara rema kados ing nginggil wau, têmtu karaos remanipun sagêd mêmês tuwin alus.

Manawi remanipun kaku, sasampunipun kagrujuk toya jêram, kasirama santên sawatawis, tuwin lajêng kabilasan toya sêkar sêtaman, ingkang makatên wau remanipun têmtu sagêd alus tuwin mêmês, prayoginipun kramas punika [pu...]

--- 6 ---

[...nika] sabên kawan wêlas dintên sapisan, dene manawi remanipun sakêdhik, sabên sawulan sapisan, manawi badhe ngicalakên sindap, kramasanipun anganggea toyaning nanas ênèm kadhêplok utawi kaparut, kauworakên kalihan ron galing (gambar ôngka 10) watawis 12 utawi 14 lêmbar, ron punika ugi kapipis ngantos lêmbat, sarta lajêng kaulêt kalihan toya nanas wau, kasumênèkakên satunggal utawi kalih jam, lajêng kasaring ing sinjang ingkang alus, usada punika prayogi sangêt, dene anggènipun jampèkakên kêdah rambah-rambah, ngantos sindapipun ical sadaya, manawi tiyang kramas ngangge usada punika, remanipun kêdah kagrujuk toya jêram sarta santên, tuwin kabilasan toya sêkar sêtaman.

Manawi bodholipun rema kathah sangêt, utawi gundhul babar pisan, prayogi kajampenana lisah kêmiri, dene padamêlipunpandamêlipun. makatên: wohing kêmiri kapêcah, isinipun kapêndhêt lajêng kapipis, kêmiri satus amung dados lisah ¼ gêndul kalonyo, ingkang gagragipun lonjong ijêm, kêmiri ingkang sampun kapipis wau

--- 7 ---

lajêng kagodhog wontên ing wajan kalihan toya sagêlas dhepok, ngantos lisahipun kenging kacidhuk, sasampunipun makatên lajêng kasaringa ing sinjang ingkang alus, sabên pitung dintên kaping kalih utawi kaping tiga kuliting sirah kagosoka mawi lisah wau, lisah klêntik ugi sae nanging lisah kêmiri langkung prayogi.

Manawi bodholipun rema punika amargi saking ngêlu utawi sanès-sanèsipun, sirah kêdah dipun êyêm-êyêmi sarana ron ilat baya, ron waru, utawi bol pisang, salah satunggal pundi ingkang pêkangsal, ilat baya tuwin ron waru wau sami kagambar, amung bonggol pisang ingkang badhe kula criyosakên kemawon.

Ilat baya (gambar ôngka 12) punika ronipun kandêl, manawi sampun kaklècèp kulitipun, katingal kados jênang atos, punika lajêng kagosokakên sirah ing wanci enjing ngajêngakên siram, kenging kakèndêlakên wontên sirah sadintên muput, usada punika kêdah kaanggea ngantos tigang wulan, saèstu badhe prayogi kadadosanipun.

Ron waru ingkang radi ênèm ugi prayogi kaangge

--- 8 ---

cacap, langkung malih yèn anggenipun bodhol remanipun wau amargi mêntas sakit bêntèr tis, ron waru kagêcêg kalihan toya sawatawis, ngantos mêdal yiyidipun, dalunipun kaêbun-êbunakên, enjingipun kaanggea nêlêsi sirah: gambar ôngka 21 punika ron waru.

Sawarnining pisang bonggolipun kenging dipun angge cacap, amung pisang susu ingkang botên kenging, bonggol wau dipun cacah utawi dipun parut ingkang ngantos lêmbat, bilih sampun kapêrês lajêng mêdal pyambak toyanipun sakêlangkung kathah, dados botên susah dipun êjogi toya, nuntên kaêbunakên, lajêng kaangge opyok-opyok sirah sadintên muput, manawi ribêt inggih amung sabên enjing kemawon, toya bongkolbonggol (dan di tempat lain). wau kasaringa ing sinjang rumiyin, kajawi punika toya bongkol wau manawi ngantos dhatêng panganggèn pêthak damêl balênthong cêmêng angèl ical-icalanipun, amila kêdah ngatos-atos.

Usada punika prayogi sangêt tumrap tiyang ingkang tansah sakit ngêlu tuwin tumrap tiyang èstri ingkang nêsêpi, awit remanipun ambodholi, mila bilih dipun cacapi

--- 9 ---

toya bonggol pisang thukulipun rema angebat-ebati.

Manawi pisang sampun matêng, witipun katêgora ngêpok, dene tanjêgipun ingkang kapêndhêm siti kakrowoka, dados kadamêl jêgongan, dangu-dangu toyanipun lajêng nglêmpak wontên ing ngriku, toya wau angsaripun asrêp sangêt, mênggah pratelan kula ingkang rumiyin wau tumrap tiyang ingkang botên gadhah têtanêman pisang ing pemahanipun, dados kapêksa tumbas bonggol, ananging toya bonggol punika botên sagêd bêning kados ingkang sanalika rêmbês wontên ing jêgongan wau.

Wontên thêthukulan ingkang kawastanan krêmi (gambar ôngka 22) punika ugi prayogi sangêt kangge cacap, murugakên kêtêl sarta saening rema, thêthukulan wau kabêthota dalah saoyodipun pisan, nuntên kagêcêka saêronipun ngantos lêmbat, kaêjogan toya satêngah gêlas dhepok, sasampunipun makatên lajêng kaêbun-bunakên, nuntên kasaring ing sinjang.

Kula sampun nate pirsa tiyang Jawi ingkang nêncêm ron mangkokan [mang...]

--- 10 ---

[...kokan] garing wontên ing lisah, ananging lisah cêncêman wau wontênipun ing rema ambêtipun botên eca, makatên ugi lisah wêdalan saking Makasar punika ugi usada ingkang prayogi, nanging ambêtipun dhatêng rema kirang eca.

Para putri bôngsa Jawi ugi ngagêm lisah katèl, inggih punika lisahing gajih katèl.

Manawi rema kêrêp-kêrêp kadamêl brintikan utawi ngandhan-andhan kados caraning nyonyah-nyonyah bôngsa Eropa, sarana mawi tosan ingkang dipun bêntèri punika damêl kakên saha ambêrgadag.

Prayoginipun rema punika sabên dintên dipun sêrati kaping kalih ingkang ngantos tatas, nganggea sêrat ingkang awis-awis rujinipun. Amila manawi badhe ngangge sêrat kêdah milih ingkang botên bênthèt utawi rumpang, awit bilih ngangge sêrat bênthèt utawi rumpang ingkang tamtu remanipun kacanthol utawi kêjênggit.

Rema punika manawi sabên dintên dipun sikat badhe botên prayogi kadadosanipun. Amargi miturut ingkang sampun kalampahan rema panjang sagêd dados cêlak. [cê...]

--- 11 ---

[...lak.] Sarta dèrèng ngantos sêpuh remanipun sampun nglacir.

Manawi badhe tilêm rema punika prayogi dipun ore, dene manawi prêlu kaplintiran kêdah ingkang kêndho sangêt. Manawi remanipun panjang, sampun katindhihan, ananging kajèmbrènga ing kajang sirah, ingkang makatên punika sae tumrapipun rema, sarta remanipun botên anggônda ingkang botên eca, rema punika sadintên muput kagêlung, mila manawi dalunipun kaore dados ayêm, ugi prayogi manawi sagêd angore rema ing wanci enjing sawatawis dangunipun, manawi sêratan anganggea sêratipun piyambak, awit bilih ngangge sêratipun tiyang sanès gampil katularan sêsakit sirah saking ing liyan, kados ta: sindap tuwin sanès-sanèsipun.

Pangupakaraning kulit.

Manawi tiyang kapengin anggadhahi guwaya ingkang sumringah ngantos dumugi sêpuh, môngka manggèn wontên ing tanah Hindiya, punika kulitipun kêdah kaupakara ingkang sae, kula botên mrayogèkakên sangêt angangge [angang...]

--- 12 ---

[...ge] sadhengah wêdhak, manawi angangge sakathahing wêdhak dagangan, punika botên amung murugakên kukul tuwin sêsakit sanèsipun, ananging ugi amêpêti margi kringêt. Môngka pêpêting margi kringêt adamêl awonipun kulit. Langkung malih wêdhak têlês, punika miyarakên margining kringêt nanging ugi lajêng amêpêti, wasana sakalangkung damêl kirang prayogining kulit.

Manawi toya wangi kangge raup utawi kangge tasikan punapadene ngangge sabun, punika kêdah ngatos-atos, amargi wontên ingkang aniwasi, ingkang prayogi sangêt wadana punika sampun ngantos kasabun, kajawi manawi kenging rêrêgêd angus utawi mêntas kêkesahan kenging blêdug. Namung manawi gadhah lêrak, langkung prayogi nganggea lêrakipun. Dene lêrak punika ing pêkên ugi wontên ingkang sade. Amila sabun botên prayogi kaangge, awit kathah ingkang mawi apu, sarta anukulakên wuluning wadana, kajawi punika abên-abênipun kathah ingkang kirang prayogi, beda kalihan lêrak, punika rêsik kodrat.

Manawi badhe ngangge lêrak, mêndhêta suwekan prênèl [prênè...]

--- 13 ---

[...l] lajêng katêlêsan toya sakêdhik, dene lêrakipun namung sawatawis kagêcêka ingkang lêmbat, wontên ing prênèl wau, lajêng kagosokakên ing rai mawi suwekan punika, sasampunipun makatên, karaupana toya ingkang asrêp. Manawi pinuju usum, rarêgènipun lêrak ing Samarang ing dalêm 20 utawi 25 iji amung 1 sèn, sadhengah panggenan ing tanah Jawi manawi tiyang badhe tumbas woh lêrak wau sagêd angsal, dene thukuling witipun wontên ing wana.

Manawi lêrak dipun garingakên, kenging karimatan sataun, ngantos usum malih, amung pangagenipunpanganggenipun. kêdah ngatos-atos, toyanipun sampun ngantos ngèngingi mripat, awit pêdhês sangêt.

Lêrak punika ugi prayogi kangge ngrêsiki tatu, dene tatu manawi karêsikan kalayan sabun kirang prayogi sangêt.

Owêl têmên dene bôngsa Eropah awis ingkang sumêrêp dhatêng woh lêrak, saupami sumêrêpa saiba untungipun.

Sêmbagi sapanunggilanipun ingkang pulasipun warni-warni,

--- 14 ---

manawi dipun wasuh mawi lêrak botên mutah, punapa malih lêrak punika ugi maedahi kangge ngrêsiki sagawon, kapal tuwin lêmbu, kangge anjampêni bêlang, kukul, kutil ingkang wontên ing rai, kula aturi ngangge sawarnining jampi ingkang kula cariyosakên wontên ing sêrat punika, manawi rai gêsêng amargi kenging bêntèring surya, amêndhêta asêm sawatawis kalihan toya, sokur asêm ingkang sampun karimatan lami, manawi badhe tilêm, lajêng kagosokna ing rai, enjingipun têmtu lajêng mantun.

Manawi kêkesahan, prayogi ambêkta andhuk piyambak, saèstu badhe botên katularan sêsakit. Andhuk punika katingalipun kados rêsik, nanging sok tiyanga pirsa, bilih tukang mêthak ing tanah Hindiya punika panggarapipun sinjang pêthakan sêmbrana, tiyang têmtu botên sumêrêp, sintên ingkang ngangge andhuk wau, margi saking punika gampil sangêt panularing sêsakitipun kulit, kados ta: kukul, panu, kadhas tuwin sanès-sanèsipun.

Manawi nyipêng wontên ing griya pasipêngan utawi tanah

--- 15 ---

mônca, bantalipun prayogi katutupan sinjang, amargi dèrèng kinantên sintên ingkang mêntas ngangge kajang sirah wau.

Sadhengah tiyang sasagêd-sagêd kêdah angicalana saradanipun ing wadana, kados ta: anjêkêrutakên kuliting bathuk, utawi jinjit alis sasaminipun. Ingkang kathah para wanodya kadunungan saradan makatên, awit saking paningalipun kêrêp kangge ningali pandamêlan ingkang ngantos mindêng panyawangipun, kados ta: maos utawi dondomi sasaminipun, pundi ingkang makatên sampun ngantos kasèp anêdahakên dhatêng dhoktêr maripat. Manawi wontên tiyang kêrêp sakit ngêlu, punika jalaranipun asring sangking maripat, awit saking sabab kasêbut nginggil wau.

Para wanudya ingkang kapengin sumringah guwayanipun, kêdah rumêksaa sampun ngantos kenging sêsakit ngêdalakên rah pêthak. Dene jampènipun ngêdalakên rah pêthak punika ugi kathah, ing wingking badhe kapratelakakên, manawi ngangge jampi wau, môngka ngantos sawatawis dintên dèrèng katingal paedahipun, sampun lajêng dipun kèndêli, ananging kalajêngna ngantos 14 dintên utawi [uta...]

--- 16 ---

[...wi] sawulan, bilih sampun kalampahan makatên sawêg kasumêrêpan kadadosanipun, ugi kathah jampi ingkang tulung sanalika, kados ta: sawarnining pratelan sêmprotan mawi tawas sapanunggilanipun, ananging kayêktosana, samôngsa hawanipun bêntèr utawi ingkang gadhah sakit wau sayah, sêsakitipun têmtu angot malih, manawi sêsakit punika dipun kèndêlakên kemawon saya sangêt, titikanipun wontên guwaya, makatên ugi maripatipun, asring balêrêng-balêrêng, kados wontên kalêndhangipun, manawi enjing satangipunsatanginipun. tilêm sansaya sangêt kraosipun, mila prayogi angangkaha ajêgipun wawratan, ing môngsa katiga manawi amung wawratan kaping kalih sadintên botên kêrêp, manawi makatên badhe botên kenging sêsakit kukulên, sarta guwayanipun badhe sêgêr tuwin sumringah, kula aturi maos bab ngunjuk wedang têmulawak, manawi ngunjuk wedang têmulawak ing môngsa katiga badhe suda sangêt karaosipun sumuk, sarta badhe karaos sakeca sariranipun, sintên ingkang nêdha traos, kèju, utawi ulam loh, ulam andhapan, punika ugi anuwuhakên kukul, [kuku...]

--- 17 ---

[...l,] kula ugi nate mirêng cariyosipun tiyang, bilih anêdha nanas punika ugi anuwuhakên kukul, ingkang makatên amung manawi padharanipun kêkathahên kuwaya.

Janggut rangkêp punika angenggalakên sêpuh, dhatêng pasêmon, ingkang makatên punika manawi tiyang èstri asring kenging dipun parsudi sagêdipun botên makatên.

Manawi tiyang èstri badhe manak, nalika ambêtahakên anggènipun nyakiti kulinanipun sasagêd-sagêd sirahipun kadhangakakên, punika kêdah dipun pambêngi, sarta sirahipun sasagêd-sagêd kadhingklukna dados ototing jôngga botên mulur.

Anggèn kula nyariyosakên bab guwaya wau ngantos kalantur dumugi bab sagêdipun katingal awèt ênèm, prakawis punika prayogi kadamêlakên tuladha ingkang sae, kula badhe angginêm bab panganggening bêngkung, tiyang Jawi punika sampun maratah sami ngangge bêngkung, manawi para nyonyah Walandi awis ingkang ngangge bêngkung, bokmanawi saking botên mangrêtos paedahipun, utawi saking wêgah panganggenipun.

Mênggah patrap panganggenipun bêngkung sampun botên susah

--- 18 ---

kacariyosakên, sabab sadhengah tiyang èstri Jawi sampun tamtu mangrêtos, amung karêksaa kemawon bundhêlanipun kawitan ingkang wontên ngandhap, punika sampun ngantos amêtêl wadhah bayi, bundhêlan wau kêdah dhawah ngandhapipun, dados anyanggi padharan.

Saya lami panganggenipun bêngkung saya prayogi, badhe botên malorod padharanipun utawi karaos sakit sanès-sanèsipun salêbêting padharan, sagêd malampah-mlampah tuwin nyambut damêl kathah botên sayah, badhe lêstantun sae pasariranipun, padharanipun botên mindhak agêng kados sawênèhing para nyonyah, ingkang botên purun ngopèni badanipun jalaran lumuh kangelan. Amargi sangking lami ngangge bêngkung badhe botên enggal wawrat, saèstunipun para nyonyah bôngsa Eropah wontên ingkang badhe wicantên makatên.

Punapa sabukan karèt utawi sanès-sanèsipun punika botên sae: sangking wangsulan kula botên sae: awit sabukan sanès-sanèsipun punika manawi kangge nyambut damêl lajêng mêlar minggah, sarta botên mitulungi dhatêng badan kadosdene bêngkung: lambung, bangkekan [bangkeka...]

--- 19 ---

[...n] tuwin ototing padharan, sadaya punika sami biyantu dhatêng bêngkung.

Supados sasampuning gadhah anak padharanipun sampun ngantos balêndhang manawi sare prayogi sampun ngangge guling utawi gêmbuk laminipun apês tigang wulan.

Sasampunipun jabang bayi lair, padharanipun kêdah lajêng dipun balonyohi asêm kawak kalihan apu, asêm kalihan apu wau kadamêl tapêl, sasampunipun sêsuci kablonyohna kaping kalih sadintên, enjing tuwin sontên. Saha jampi wau kangge ngalitakên padharan. Sarta badhe karaos sakeca raosing padharanipun, sampun kadalon anggènipun mapan tilêm, sarta angulinakna tangi enjing, manawi angêngakakên candhela ing wanci enjing, angunjala napas kaping tiga kalayan mingkêm, padatan ingkang prayogi punika ugi kawulangna dhatêng para putra, awit mikantuki tumrap pangêjuraning tatêdhan, tumrap paru, angiyatakên ototing padharan, grêbanipun ingkang makatên punika prayogi sangêt tumrap ing badan sadaya.

Sampun ngangge sêpatu utawi cênela ingkang tungkakanipun [tungkakanipu...]

--- 20 ---

[...n] inggil, awit punika botên prayogi, manawi ngupados dangu botên sayah tuwin botên gadhah sakit lambung utawi ngêlu sampun ngangge sêpatu tungkakan inggil.

Manawi kapengin alus tanganipun, asring kawisuhana toyaning nanas. Manawi ngupados icaling tuwanên ing wadana, kêdah raupa toya nanas rambah-rambah, sabên garing kalèlètana malih.

Supados botên kaku sariranipun kêdah sinau gimnastik ingkang kangge wontên ing kamar, sarta kapijêtana pyambak, manawi nate akèn mijêti tukang pijêt èstri ingkang sagêd, ing môngka dipun sêtitèkakên anggènipun mijêti, têmtu enggal sagêd niru mijêt pyambak, tumrapipun suku tuwin asta, pijêt punika prayogi sangêt, botên mrêngkêl ototipun. Sabab ototipun sanginggiling asta botên pating prêngkêl. Asring wontên para nyonyah ingkang dèrèng ngantos sêpuh ototing astanipun sami mrêngkêl, punika labêt saking botên nate pijêt.

Ngèlmunipun murih sagêd katingal awèt nèm, kêdah tansah anggadhahi watak bingah, dene sagêdipun bingah wau

--- 21 ---

ingkang rumiyin kêdah anêtêpi wajibipun kalayan têmên-têmên, upami kataman ingkang botên nyênêngakên, badhe angsal panglipur sangking anggènipun nêtêpi wajib wau, manawi badhe pirsa kabêgjan ingkang satuhu, adamêla kabêgjanipun tiyang sanès rumiyin, sakangsal-angsal gêsangipun kaanggea têtulung dhatêng sasamining manungsa, sênêng tuwin têntrêm inggih punika ingkang prêlu tumrap kasarasaning manungsa, sagêdipun kalampahan saking anglampahi ingkang makatên wau.

Punapa malih sangêt-sangêt anggèn kula ngaturi pêpèngêt, ing saangsal-angsal sampun katah-kathah ngangge jampi sadeyan, ingkang nama jampi parêm, jampi galean, jampi luntur tuwin sanès-sanèsipun malih, malah wontên ingkang nami jampi pangantèn, sampun pitados dhatêng jampi sadaya wau, sintên ingkang sumêrêp kawontênanipun ing nglêbêt, sanjangipun tiyang manawi ngangge jampi wau lêstantun kiyat, tuwin awèt nèm ananging sampun ngantos dipun anggêp.

Ingkang rêsikan pangupakaraning sarira sarta dhahara ingkang prayogi.

--- 22 ---

Ing sakuwawa kula sasagêd-sagêd sadaya kula pratelakakên ingkang ngantos têrang, amurih lêstantuning kasarasanipun badan, mila sampun angangge sawarnining jampi ingkang botên dipun sumêrêpi, tiyang ingkang sade jampi wau rak inggih botên pirsa dhatêng kawontênaning sarira sampeyan. Pintên kemawon wanudya ingkang suda kasarasanipun amargi sangking jêjampi wau.

Kula badhe mastani sawênèhing sêsakit ingkang jalaranipun saking ngangge jampi wau, 1. Nuwuhakên sêsakit mayo padharan (têgêsipun: mayo padharan punika sêsakiting èstri, inggih punika tiyang èstri ingkang sampun wancining akrami, môngka ngantos lungse dèrèng kalampahan, ingkang tamtu lajêng kenging sêsakit wau), 2. Kèngsêr utawi padharan malorot, 3. Ngenggalakên sêpuh.

Kala rumiyin wontên satunggaling nyonyah (samangke nyonyah wau sampun tilar donya, mila kula purun nyariyosakên).

Ingkang ugi sade jampi-jampi, sarta kathah tiyang ingkang dhatêng ing griyanipun, langkung malih tiyang èstri ingkang gadhah anak [a...]

--- 23 ---

[...nak] èstri dados pangantèn, kacariyos wontên ingkang tumbas jampi pêngantèn, badhe kaanggèkakên anakipun èstri, supados warninipun manis sarta maripatipun katingal gilar-gilar, ananging salêbêting jampi wau wontên waranganipun, makatên ugi apyun sarta sanès-sênèsipun ingkang ngrisakakên badan, têmahanipun anandhang kasusahan kathah, ngêrês sangêt yèn dipun cariyosna, jampi wau wor-woranipun anggi-anggi wontên 20 warni.

Bab pamulasaraning sêsakit padharan.

Kula sampun nyêrati racikaning jampi warni-warni, kangge anjampèni sakathahing sêsakit padharan, ananging limrahipun panganggening jampi pampêt (mampêt bêbucal) punika sêmbrana, mila kêdah dipun atos-atos, makatên ugi kula ngaturi pêpèngêt ingkang sayêktos, sampun sabên-sabên angangge jampi pampêt satunggal warni kemawon, warnining sêsakit tumrap padharan, punika wontên pintên-pintên warni, dene jalaranipun ugi klathah sangêt, mila kagaliha ingkang

--- 24 ---

sayêktos. Punapa satunggaling warni jampi pampêt punika sagêd damêl kasarasaning sêsakit padharan ingkang warni-warni wau, ingkang tamtu botên, amila kêdah ngudi jalaraning sêsakit kados kasêbut ing ngandhap punika, dene pangudènipun makatên.

ôngka 1, ingkang dipun têdha punika gampil ajuripun punapa angèl ajuripun.

ôngka 2, manawi nêdha ulam daging, ulam loh, urang, kêpithing sarta tirêm punika taksih enggal punapa sampun buthuk.

ôngka 3, manawi nêdha dhêdhaharan blèk-blèkan, punapa sampun mêsthi botên kawoworan racuning blèk utawi timah.

ôngka 4, utawi punapa saking anggèning nêdha woh-wohan mêntah, sarta kêkathahên nêdha woh-wohan ingkang murugakên wawratan (murus).

ôngka 5, punapa saking kalêbêtan tatêdhan sanès-sanèsipun ingkang sagêd anjalari sakit mulês.

--- 25 ---

ôngka 6, punapa toya pangunjukanipun sae, manawi botên sae kagodhoga rumiyin.

ôngka 7, punapa karêm ngunjuk inuman kêras utawi punapa sok ngunjuk inuman awon.

ôngka 8, punapa sok ngunjuk wedang tèh, wedang bubuk utawi soklat ingkang kandêl.

ôngka 9, punapa waja tuwin bamipun prayogi.

ôngka 10, punapa anggènipun nggilut têtêdhan nyêkapi.

ôngka 11, punapa padharanipun sampun mapan, punapa lampahing toya padharan sampun sae.

ôngka 12, punapa sok nêdha acar ingkang kêkêcutên, utawi têtêdhan ingkang pêdhês, tuwin kathah gajihipun.

ôngka 13, punapa padharanipun botên kêkathahan kuwaya.

ôngka 14, punapa anggènipun wawrat sabên dintên ajêg.

ôngka 15, punapa badanipun botên pating krêjot.

--- 26 ---

sapanunggilanipun.

ôngka 16, punapa griyanipun botên amês, punapa angsal hawa ingkang sakeca.

ôngka 17, punapa kenging asrêp, punapa papaning padamêlanipun padintênan botên amês. Utawi punapa kêrêp ngadêg wontên toya, saha kapêksa malampah mêngangge kêmbroh, jalaran dangu kêjawahan tuwin kanginan.

ôngka 18, punapa manci tuwin panipun ingkang dipun cèt, emalyê dèrèng nglothok cètipun.

ôngka 19, punapa sampun dipun nyatakakên, bilih sawarnining wadhah ingkang kadamêl sangking têmbagi utawi kuningan, sarta parutipun rêsik pangupakaranipun, punapa sampun kasêtitèkakên wadhah wau botên kangge godhog bangsaning kêcut, ingkang kaasrêpakên wontên ing wadhah wau.

ôngka 20, punapa gadhah sakit cacingên utawi krêminên.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, manawi nêdha wowohan [wo...]

--- 27 ---

[...wohan] ingkang kathah sontrotipun, kados ta, pêlêm, kêdhondhong, saha kulitaning wiji rambutan ingkang kados kajêng, sarta nêdha jêram isinipun kolu utawi woh anggur garing tuwin sasaminipun woh-wohan ingkang atos, punika anjalari kêrêpipun sakit padharan.

Ing sadèrèngipun ngangge jampi pampêt, kula mrayogèkakên padharanipun karêsikana salêbêtipun sawatawis dintên, manawi dipun urus-urusi kastêr oli utawi urus-urus sanèsipun ingkang rikat pasahipun, botên mêsthi sagêd rêsik, têrkadhang dipun urus-urusi sapisan, sasampunipun lajêng cêcêgah sawatawis dintên, punika sampun tulung botên susah ngangge jampi pampêt, tuwuhipun sêsakit padharan ingkang makatên punika jalaran wadhukipun kêkathahên tatêdhan, utawi sabab nêdha punapa-punapa ingkang angèl ajuripun.

Wawratan rah umbêl punika asring jalaranipun sangking sêsakit kasêbut ing nginggil wau, manawi makatên prayogi urus-urus kastêr oli sarta cacêgah, ugi tanpa

--- 28 ---

jampi pampêt, ananging manawi tuwuhipun sêsakit padharan wau jalaran sangking sanèsipun, kados ta: sangking kêkathahan kuwaya, utawi jalaran sanès-sanèsipun, punika lajêng gadhah sakit dhêmêm padharan, katitik saking mèncrèt ngantos lami sarta angèl kapampêt, asring kamomoran rah umbêl, warninipun wungu sêpuh sarta gandanipun bacin sangêt, wiwit sakit prayogi ngangge jampi urus-urus ingkang winastan uyah karêl sêbat (carlsbad-zout) pêndhak 2 utawi 3 dintên sasendhok, ananging manawi sakitipun padharan sampun lami, punika manawi urus-urus kastêr oli utawi sanèsipun botên prayogi, mila prayogi sabên enjing ngunjuk wedang têmulawak, ron mêniran tuwin sanès-sanèsipun (amirsanana katrangan bab ron mêniran) manawi ngangge jampi punika kêdah cêcêgah sawatawis, nanging sampun kasangêtên.

Manawi ingkang sakit wau cêcêgah, keging nêdha ulam bêstik êmpuk ingkang kairis panjang tipis sangêt, kangge lintunipun nêdha ulam ayam kados ingkang badhe kula cariyosakên ing wingking, ananging panêdhanipun bêstik sampun [sa...]

--- 29 ---

[...mpun] kêkathahên, amung supados ingkang sakit wau lêstantuna kuwawi, sarta panêdhanipun bêstik kêdah amung kaping kalih sadintên, sakawitipun sabên mêntas nêdha, ingkang sakit wau kaunjukana duduh nanas sagêlas por, kalamasa kenging ngunjuk sagêlas anggur, punika kêdah kacobia sasêlot-sêlotipun.

Dados miturut ingkang kacariyosakên ing nginggil wau, samangke tiyang pirsa bilih sêsakit padharan ingkang kados makatên punika, botên kenging babar pisan angangge jampi pampêt.

Manawi tiyang badhe anjampèni sakit padharan kados makatên wau mawi jampi pampêt ingkang ngakasakên sangêt, bokmanawi sadintên kalih dintên sêsukêripun inggih badhe akas, ananging manawi kapariksa sêsukêripun wau katingal cêmêng sarta kamomoran umbêl, sarta nalika ingkang sakit wau wawratan karaos bêntèr, manawi sampun sawatawis dintên ingkang sakit wau lajêng mèncrèt malih, dados botên lajêng saras babar pisan, sabab kuwaya ingkang kathah sangêt wontên ing padharan, punika ingkang ngalang-alangi kasarasanipun, mila prayogi kêdah ngunjuk [ngu...]

--- 30 ---

[...njuk] wedang têmulawak kemawon laminipun sawulan, ananging manawi sampun kawan wêlas dintên têmulawakipun kasudaa, kados ta: anganggea tigang prapat, sasampunipun lajêng sapalih, ngantos amung kantun saprapat.

Manawi sakit padharan jalaran saking lampahipun toya wadhuk botên prayogi, amargi waja tuwin bamipun ingkang kangge gilut têtêdhan sampun awon, punika prayogi kajampenan toya nanas ingkang kula cariyosakên wau.

Asring kemawon tuwuhing sakit padharan punika jalaranipun wontên tiga utawi sakawan warni, rosipun kêdah kaangkaha sirnanipun ingkang dados jalaran wau, supados sagêda saras babar pisan, têrkadhang botên susah mawi jampi pampêt, utawi sarana jampi pampêt ingkang cuwèr kemawon.

Sawênèhing sêsakit padharan ugi kenging kajampenan sarana toya nanas thok, sarta nêdha katès, dene têtêdhan sanèsipun botên mawi kapranata, sabab toya nanas sarta katès punika gadhah daya enggal angêjurakên têtêdhan, dados anggampilakên pakartining [pakarti...]

--- 31 ---

[...ning] toya wadhuk ingkang kirang nyêkapi, jalaran sangking toyaning woh wau, enggaling ajuripun tatêdhan punika langkung paedah sangêt tumrapipun tiyang sakit gomên, awit têtêdhan wau badhe botên munthuk.

Tumrap tiyang sakit gomên toya nanas wau kêdah kamomoran sarêm sawatawis, sarta sabên mêntas nêdha angunjuka toya nanas wau sagêlas bitêr sampun cêkap.

Sakit usus malênthung ngêmu nanah, kados ta: manawi jampi pampêt sangêt tumandukipun, punika tatêdhanipun kêdah kapranata, sarta kêdah nêdha garut ingkang kathah, nadyan pompa sêmprot inggih prayogi mawi pathi garut, ugi amirsanana pratelaning ron randhu, manawi ngangge ron randhu botên kenging nêdha katès utawi ngunjuk toya nanas, manawi sampun badhe saras sarta sampun mantun ngangge ron randhu, kêdah nêdha katès, ingkang prêlu sabên mêntas nêdha wanci sayang.siyang.

Sakit padharan ingkang tuwuhipun sangking gomên, ugi kêdah sampun enggal kapampêt (amaosa pratelaning sakit gomên).

Sangking pangajêng-ajêng kula mugi ingkang maos sêrat punika [puni...]

--- 32 ---

[...ka] mangrêtosa sayêktos suraosipun, manawi sampun lajêng tumbasa sawarninipun jampi pampêt, ananging sampun ngawud kemawon.

Manawi sakit padharan sêsukêripun kapariksaa, dene manawi botên mangrêtos bab punika, akena nitipariksa tiyang sanès, sampun ngantos kenging dipun balithuk tiyang ingkang sanjang sagêd nyukani jampi kangge nyarasakên tiyang sakit padharan, manawi dèrèng katitipariksa rumiyin ngantos sah.

Punapa malih manawi ngunjuk pêrêsan, sampun kasarêng kalihan toya nanas.

Manawi gêrah padharan prayogi cêcêgah, ananging sampun kaladuk, sakit murus punika anglêsahakên dhatêng sarira, pramila bab punika badhe kula cariyosakên ingkang panjang, manawi sakit murus ngantos sangêt utawi manawi wawratan rah umbêl, pranataning tatêdhanipun kados ing ngandhap punika.

Wanci enjing angublêka pêthaking tigan ingkang mungkêt mawi wedang sagêlas bitêr, nanging sampun bêntèr, sarta kadèkèkana gêndhis saprapat sendhok tèh, lajêng katêdhakakên [katêdhaka...]

--- 33 ---

[...kên] dhatêng ingkang sakit sadèrèngipun nêdha utawi ngunjuk punapa-punapa, dene ingkang kangge sarapan wanci jam 8 enjing, inggih punika pathi garut sasendhok bubur mawi wedang sagêlas tepok.

Wanci jam satêngah sadasa nêdha pêthaking tigan malih kados kasêbut nginggil, mawi roti bêsuit satunggal utawi kalih (bêsuit garut utawi roti mari huntlij & palmers) kula botên mrayogèkakên sangêt dhahar roti bêsuit Walandi wangun bundêr ingkang asli saking Eropah, sabab bêsuit punika kawadhahan ing blèk, asring têngik, sarta supados gonggong, dipun dèkèki potas utawi sanèsipun ingkang bêbayani.

Dene ingkang dipun têdha ngajêngakên jam 12 utawi jam 1 siyang, warni sêkul tim ingkang pangolahipun makatên: uwos kalih sendhok bubur pèrès, toya sagêlas tepok mawi sarêm sawatawis, ananging dede sarêm ingkang wontên sêndawanipun, dados amêndhêta sarêm limrah kakumbah.

Salajêngipun ayam alit satunggal kapêndhêta dhadha mênthokipun, nuntên dipun kêrok kalihan lading ngantos [nga...]

--- 34 ---

[...ntos] ical wulunipun ingkang lêmbat tuwin kulitipun, dene ulamipun lêmbat sangêt kados galêpung. Supados sagêd damêl makatên wau, ayamipun kêdah kapragat wanci jam satêngah pitu enjing, dados ulamipun botên gênjur utawi êmpuk.

Ayam wau ingkang sapalih sarta balunging dhadha kaêmorakên sêkul tim, ananging kuliting suku tuwin sanès-sanèsipun kabucala, dados ayam wau kêdah dipun kêlèti, awit kulit punika wontên gajihipun.

Dhadha mênthokipun kalintinga ing ron pisang mawi sarêm sawatawis, salajêngipun kapanggang ing latu arêng, dangunipun gangsal mênut sarta sakêdhap-sakêdhap kawolak-walik.

Panglintingipun wau kaangkaha sampun ngantos duduhipun ayam ical, sakantunaning ulam ayam kawadhahan patiman alit, ingkang kenging katutup, patiman wau kadèkèkna ing pan mawi toya, dados toyanipun botên malêbêt dhatêng patiman.

Manawi sêkul tim wau sampun kagodhog kalih jam dangunipun wontên ing latu ingkang bêntèr, punika prayogi sangêt, wanci jam 4, ingkang sakit kasukanana garut malih [ma...]

--- 35 ---

[...lih] kados kasêbut ing nginggil, wanci jam satêngah pitu utawi jam pitu kasukanan pêthaking tigan malih kados kasêbut ing nginggil, dene wanci jam satêngah sanga dipun sukani sêkul tim, ingkang kaolah nalika enjing, sabên-sabên nedha kêdah kadamêlakên tim malih, sampun angêngêt ingkang kaolah kala siyangipun.

Samangke wontên ingkang sade patiman ingkang gampil kangge ngêtim sêkul, patiman wau kaêcèt, emel supados toya sampun ngantos sagêd malêbêt ing sêkul, pranataning tatêdhan makatên punika kangge dhatêng tiyang sakit murus tuwin murus rah ingkang winastanan dhisêntri.

Pramila ingkang ngatos-atos sarta amaosa ingkang kasêbut ing ngandhap punika mawi kagaliha.

Manawi ingkang sakit sasampuning tigang dintên anggèning nglampahi nêdha kados kasêbut ing nginggil lajêng sakeca, punika pranatanipun nêdha kêdah kasantunan, lintonipun ayam kakêrok, samangke dhadha mênthokipun ayam dipun brêgêdèl ingkang lêmbat, kaêmorana roti ingkang sakêdhik sangêt, sarta tigan wêtah kaublêk, salajêngipun ulam ayam sarta roti kaudhak dados satunggal, [sa...]

--- 36 ---

[...tunggal,] ananging sampun mawi mrica, kadèkèkana sarêm sarta pala kemawon sawatawis, salajêngipun ingkang sakit wau kenging nêdha bêstik ulam ayam kangge sontan-santun.

Kulit sarta balungipun dhadhaning ayam kabucala, ulamipun kagêpuka ingkang sae, sarta kasarêman sawatawis lajêng kacêmplungna wontên ing wajan tosan ingkang sampun wontên mêrteganipun rêsik sarta tulèn, ulanulam. wau kagorèng sakêdhap ingkang warninipun wungu nèm sangêt botên gosong, manawi tiyang nêdha bêstik, ulamipun kêdah kairis-iris ingkang alit sarta tipis, sasêlot-sêlotipun ingkang sakit kenging nêdha tigan jêne kalihan pêthakipun kagodhog satêngah matêng, sarta panêdhanipun garut sapanunggilanipun kasuda-suda, sadaya punika sasêlot-sêlotipun kenging kasantunan, ananging kêdah dipun sêtitèkakên kadospundi anggènipun wawratan, manawi anggènipun wawratan dèrèng kados adat, punika panêdhanipun kêdah kapranata kados ingkang kacariyos rumiyin pyambak, kêdah sampun enggal-enggal santun nêdha ulam lêmbu, langkung malih

--- 37 ---

manawi ingkang sakit wawratan rah umbêl, sadhengaha sakit padharan botên prayogi kaunjukan wedang tèh kênthêl sarta asrêp, manawi wawratan rah umbêl sampun dipun usadani jampi ingkang sêpêt sangêt utawi ingkang ngakasakên, kados ta: jampi usus utawi jinising sriawan mawi kawoworan sawarnining anggi-anggi ingkang wontên ronipun jambu kluthuk kapipis ngantos lêmbat, sêsakit padharan punika manawi dipun usadani jampi wau badhe enggal sangêtipun tinimbang sarasipun.

Ingkang punika tiyang kêdah amariksaa ingkang satiti kadospundi tuwuhipun sêsakit padharan wau.

Kados ta: manawi lare dipun têdhani ingkang awrat-awrat, punika toyaning wadhuk botên kawawa angêjur tatêdhan ingkang awrat tuwin ingkang kêkathahên sangêt panêdhanipun, lare sêsêpan, ingkang dèrèng nêdha punapa-punapa kajawi nêsêp dhatêng bokipun, inggih asring wawratan rah umbêl, manawi makatên toya susuning bokipun kêantêbên, awit bokipun ingkang dipun têdha ingkang antêb-antêb, jalaran sangking ngunjuk prêsan ingkang kênthêl, utawi kêkathahên ngunjuk prêsan, ringkêsanipun [ringkêsanipu...]

--- 38 ---

[...n] nêdha ingkang antêb-antêb.

Ananging asring tumrapipun tiyang èstri ingkang lêsu prêlu nêdha ingkang tuwuk supados sagêd lêstantun anggènipun nêsêpi, usada ingkang prayogi, ingkang sampun rambah-rambah tulung manawi dipun cakakên dhatêng lare, inggih punika dipun têdhani katès kaêjur ingkang lêmbat sasendhok tèh alit, sabên-sabên mêntas nêsêp ing wanci siyang, manawi larenipun taksih alit sangêt umur 3 utawi 4 wulan, katès wau kêdah dipun cêkokakên mawi sinjang suwekan ingkang alus, sadintênipun 3 sendhok tèh alit sampun cêkap, usada punika ugi prayogi manawi padharanipun lare kêkathahên kêcut.

Ing sadèrèngipun nêdha jampi prêlu padharanipun karêsikan rumiyin, amaosa karangan kula bab punika.

Jampi ingkang prayogi tumrap lare wawratan rah umbêl sarta enggal pasah, inggih punika pupusing ron waru lêngis (gambar ôngka 21).

Anggêcêka sarta amêrêsa pupus waru 7 lêmbar, kalihan gêndhis arèn sapringkil, lajêng katoyanana sagêlas bitêr, nuntên sadaya wau kawadhahana ing gêlas katutup, [ka...]

--- 39 ---

[...tutup,] kaêbun-êbuna sadalu, enjingipun kasaringa sinjang suwekan ingkang alus, sarta lajêng kaunjukna ingkang sakit sadèrèngipun nêdha tuwin ngunjuk punapa-punapa.

Manawi anggènipun wawratan wujudipun botên nyakecakakên manah, punika kenging tumuntên kajampèkakên, kêrêp-kêrêpipun kaping kalih sadintên, manawi sontênipun sampun adamêl jampi ron waru sarta sampun kaêbun-êbunakên, punika sampun nyêkapi kajampèkakên sapisan ing wanci enjing, sadèrèngipun nêdha tuwin ngunjuk punapa-punapa, dene anggènipun nêdha jampi wau kalajêngakên ngantos tigang dintên laminipun, asring kemawon manawi ingkang sakit sampun nêdha jampi sapisan lajêng saras, manawi tiyang sêpuh tuwin lare ingkang sampun agêng asring cêkap ngunjuk toya nanas kemawon sabên mêntas nêdha wanci siyang, inggih punika,

manawi umur 8 dêdugi 10 taun, 3 gêlas bitêr.

Manawi umur 16 taun tuwin tiyang sêpuh, 3 gêlas anggur sêdintênipun.

--- 40 ---

Manawi jampi punika botên tulung, kula aturi maos pratelan bab ron randhu, jampi punika mèh salaminipun sagêd tulung. Wawratan rah umbêl mawi ngêdên sangêt, punika jalaranipun sagêd ugi saking sakit otot jubur, manawi makatên botên wontên jampi ingkang sagêd tulung sayêktos kados ron randhu, tumrap tiyang sêpuh kalih gêlas tepok sadintênipun, manawi sangêt pangêdênipun, kenging toyaning ron randhu kasêmprotakên malêbêt sangking jubur mawi pompa balon alit, kaping kalih sadintên, ananging toya ron randhu wau botên kenging kênthêl kados ingkang kangge ing nglêbêt, sabên nyêmprot cêkap ngangge sagêlas bitêr.

Ing dintên nalika wiwitipun nêdha mawi pranatan, manawi sakit padharan punika, prayogi nêdha katès, ananging angèl anggènipun nanjangi kathahing panêdhanipun, sabab wontên katès ingkang agêng wontên ingkang alit, mila tumrapipun lare umur 8 dumugi 10 taun, cêkap dipun têdhani katès saparasêdasan pon, ingkang umur 10 dumugi 14 taun, kalih pradasan pon, salajêngipun tigang pradasan pon sadintên-dintênipun malih [ma...]

--- 41 ---

[...lih] amung kaunjukan toya nanas ngantos sakitipun padharan saras babar pisan.

Jampi ingkang kasêbut nginggil prayogi sangêt, manawi toyaning wadhuk botên nyêkapi lampahipun, amargi kaantêbên têtêdhan, ananging botên sabên wawratan rah umbêl sangking punika jalaranipun.

Manawi dhêmêm salêbêtipun padharan ugi wawratan rah umbêl, têrkadhang rah thok utawi rah matêng ingkang warninipun kados daging, sêsukêripun warni cêmêng, têrkadhang sêsukêr wau wontên umbêlipun pating karêncang, inggih sanadyan sêsukêripun sampun wontên ingkang kados sêsukêripun tiyang saras, wiwit sakit kados makatên wau têtêdhanipun kêdah kapranata ingkang kêncêng, sarta ingkang sakit sampun dipun sukani sêkul tim, ulam daging utawi bêsuit, ananging amung kasukanan bubur garut sarta pêthaking tigan, punika amung kangge kalih utawi tigang dintên, awit manawi mantêp ngangge jampi kasêbut ing ngandhap punika enggal saras, manawi siyang anêdhaa isining woh têmpayang sêkawan iji, sangking pangintên kula woh punika pinangkanipun sangking nagari Cina, manawi bôngsa [bông...]

--- 42 ---

[...sa] Cina tuwin bôngsa Jawi dipun pêpêtri sangêt.

Woh punika ugi kangge jampèni dhêmêm ing nglêbêt tuwin sakit watuk garing, tutuk sarta lambe garing, tutukipun asring sakit, sêsakit punika tiyang Jawi amastani bêntèr nglêbêt, manawi tiyang nêdha woh punika angsaripun dhatêng padharan prayogi sangêt.

Isinipun alit warni wungu (rupinipun O), panganggenipun mawi kajêng lêgi sapalihing panjangipun driji, sarta woh tlasih saprapat sendhok tèh, sadaya punika kakumbaha ingkang rêsik, salajêngipun katambahana gêndhis batu sapringkil, kaangkrêngakên ing latu kalihan wedang sagêlas tepok, botên antawis dangu woh ingkang sampun garing wau mêdhok, pangunjukipun jampi punika kêdah asrêp sarta wanci siyang, manawi ngêlak ing wanci dalu, ugi adamêla jampi punika, manawi dhêmêm salêbêting padharan sampun ngunjuk minuman kêras.

Padharanipun kablêbêda, sadintên kablêbêd kaping kalih mawi tapêl, ingkang kangge tapêl 3 pang dhadhap sêrêp (gambar ôngka 18) sarta ron sosor bèbèk kalihan ron kêtumbêl 7 lêmbar, sadaya punika kapipis ingkang lêmbat sarta katapêlna [kata...]

--- 43 ---

[...pêlna] ing padharan, tumrapipun sakit padharan punika, manawi sakitipun sampun lami ajampia babakan turi brit (gambar ôngka 29) babakan turi sapanjanging driji wiyar, driji manawi sampun kapipis radi lêmbat lajêng kagodhoga mawi toya sagêlas tepok, latunipun ingkang kangge godhog sampun agêng, dados umobipun lon-lonan, ngantos amung kantun satêngah gêlas, anggènipun jampi kêdah asrêp kaping tiga sadintên.

Manawi lare wawratan rah umbêl punika asring mawi ngêdên, jalaranipun ingkang kathah sangking cacing utawi krêmi, mila kajampènana wohing wit wudani, wohipun kawastanan cêngguk, salajêngipun amaosa pratelaning wit wudani (gambar ôngka 47).

Wawratan rah umbêl punika jalaranipun têrkadhang ugi sangking masuk angin (kenging asrêp) manawi makatên prayogi kajampenan sumorubah (sangkobah) sasendhok dhahar kagodhog kalihan toya 2 gêlas tepok, ngantos kantun sapalih, kaunjuka sadintênipun 3 gêlas bitêr, jampi sriawan damêlanipun nyonyah Sêtol [stoll] ugi prayogi tumrap sêsakit [sêsaki...]

--- 44 ---

[...t] punika

ôngka 1, tapêlipun sakit padharan wau kados ing ngandhap punika.

3 gram manis jangan, 2 gram kajêng ulês, 1½ gram kajêng angin, 8 gram kêncur, 2 gram pulasari, 2 gram kêtumbar, 2 gram jintên cêmêng, 2 gram mungsi, 2 gram adas, 4 iji kêdhawung, 18 gram lêmpuyang,

Tumrapipun lare tapêl punika kêdah kaangge kaping kalih sadintên, tumrapipun tiyang sêpuh kaping sêkawan.

Wawratan rah umbêl punika jalaranipun sagêd ugi sangking nêdha acar ingkang kêcut sangêt, utawi kêkathahên nêdha asêm sarta jêram sitrun, manawi lare jalaranipun têrkadhang sangking kêkathahên nêdha nanas, ingkang sontrotipun [sontroti...]

--- 45 ---

[...pun] botên kalêpèh, tuwin sangking kêladukên nêdha manggis, sangking nêdha rujak, ingkang kathah pisangipun kaluthuk, sangking nêdha lombok rawit utawi jêmprit, sangking kêkathahên nêdha daging.

Kulit manggis (sapalihing kulitipun woh) punika jampènipun sakit padharan, jalaran kêkathahên nêdha manggis, ing sadèrèngipun nêdha jampi wau prayogi kaunjukan toyaning nanas sapalih, supados ngêjur sontrotipun manggis, salajêngipun anggodhoga kulit manggis mawi toya sagêlas tepok ngantos kantun sapalih, punika kaunjuka kaping kalih sadintên.

Punapa malih wontên jalaran sanèsipun, kados ta: krêminên, punika manawi lare kêrêp sangêt, malah tiyang sêpuh ugi sok krêminên, krêmi punika jalaranipun sangking kêkathahên ngunjuk prêsan, kêkathahên nêdha daging sarta nêdha klapa sêpuh, amaosa pratelan bab katès tumrap krêmi. Botên kêndhat sakit murus punika tuwuhipun sagêd ugi sangking cacing pita, mila amaosa pratelan racikaning jampi isi waluh.

Manawi anggènipun wawratan rah umbêl mawi yiyit, anganggea [angang...]

--- 46 ---

[...gea] sêmprot pompa kados ing ngandhap punika.

Sumarubah sasendhok dhaharan kagodhog kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên satêngah, lajêng kasaring sinjang ingkang rêngkêt, nuntên kaêsokan pathi garut sasendhok tèh sarta kagodhoga ngantos matêng, salajêngipun kaêsokan yodhoforêm (jodoform) saprapat sendhok tèh, sarta sadèrèngipun kangge kagojaga ingkang sêru, salêbêtipun kalih utawi tigang dintên kêdah namung nêdha pathi garut.

Sêmprot punika botên kenging kasimpên kangge sanèsipun dintên, ananging sabên dintên kêdah damêl sêmprot malih, sabab pathinipun garut lajêng mambêt, mênggah kathahing campuran wau manawi kangge lare ingkang umur 4 dumugi 8 taun, sasendhok dhaharan, kaping tiga sadintên, tumrap lare umur 8 dumugi 16 taun, sasendhok bubur, kaping tiga sadintên, tumrap tiyang sêpuh tigang gêlas bitêr, kaping tiga sadintên, sarta salêbêtipun 2 dintên kêdah namung nêdha pathi garut, tuwin manut pranataning nêdha ingkang kacariyosakên rumiyin pyambak [pya...]

--- 47 ---

[...mbak] ngantos saras babar pisan.

Sabên mêntas dipun sêmprot ingkang sakit kêdah tilêman dangunipun kirang langkung saprapat jam.

Manawi sakit wawratan rah umbêl sarta yiyit, ugi anganggea jampi kajêng cêndhani kakêrik kathahipun satêngah sendhok tèh, kawor-woran pala (dede pala limrah nanging ingkang lonjong), pala punika kaasap sakêdhik ingkang lêmbat, wontên ing gêndhèng utawi banon enggal, manawi sampun campur lajêng kawêwahana toya sagêlas bitêr, kaunjuka kaping 2 sadintên, manawi ngangge racikan jampi punika panganggenipun sêmprot kamantunan.

Wawratan rah umbêl punika jalaranipun ugi sangking sakit ambèi utawi dobol mawi ngêdên, kangge anjampèni sakit punika prayogi oyod kangkung (gambar ôngka 58), oyot 4 ombyok kagodhog kalihan toya 2 gêlas tepok ngantos kantun 1 gêlas, punika kaunjuka manawi siyang, ugi amaosa bab panganggenipun ron gagan, tuwin bab pangupakaraning sêsakit punika.

--- 48 ---

Nalika masa rêndhêng santun masa katiga, asring wontên sêsakit murus sangêt dadakan, manawi tatêdhanipun kapranata kados adat, sêsakit punika enggal saras, ananging kêdah urus-urus rumiyin.

Ing sadèrèngipun ngangge jampi pampêt tumrap sakit padharan punika, manawi tatêdhanipun kapranata kados adat prayoginipun sabên nêdha wanci siyang katêdhanana katès saprapat sarta kaunjukana toya nanas satêngah gêlas tepok kaping tiga sadintên, manawi sampun tigang dintên jampi wau botên migunani lajêng anganggea jampi babakan kolombo sapanjangipun driji kalihan babakan kinah sapalih driji punika kagodhoga kalihan toya kalih cangkir, kakantunakên sacangkir, jampi samantên kathahipun wau kêdah kaunjuk sapisan, pangunjukipun kaping 3 sadintên.

Sakit murus limrah ugi sagêd enggal saras manawi dipun têdhani panging jambêt kaluthuk abrit, ingkang alit sarta nèm 3 iji, mawi sarêm sakêdhik, pang wau kenging ugi kadhêplok ingkang lêmbat mawi kadekekan sarêm sawatawis sarta toya sagêlas bitêr, lajêng kasaringa

--- 49 ---

ing sinjang ingkang lêmbat, nuntên kaunjuka, dene pangunjukipun sadintên kaping kalih.

Ron jambêt wau ugi kenging kagodhog kangge jampi, ananging kêdah ingkang kathah.

Wontên malih jampi sakit murus, gambir sacuwil sarta êmpu kunci panjangipun sapalih driji, kagodhog kalihan toya kalih cangkir, kakantunakên sacangkir.

Babakan pace utawi mêkudhumêngkudhu. kathahipun, kalih prasêdasan pon, kacacaha ingkang lêmbat, kagodhog kalihan toya sagêndul, kakantunakên sapalih, lajêng kaunjuk sabên kalih jam sagêlas bitêr.

Tuwin malih tumrapipun sakit murus ingkang botên kêndhat, prayogi ngangge jampi sumarubah 2 sendhok agêng, kajêng pulasari 1 sendhok, kajêng timur 1 sendhok, sarta êmpu kunir panjangipun sapalih driji, kagodhog kalihan toya sagêndul kakantunakên sagêndul toya Walandi, kaunjuk sabên kalih jam sagêlas bitêr.

Sakit murus dadakan, ingkang sanadyan sampun kaurus-urusan mêksa taksih murus, prayogi kajampènan [kajampèna...]

--- 50 ---

[...n] bonggol pisang kapuk taun, wawrat sapara sêdasan pon, êmpu kunci 2 iji, satunggal kagorèng, satunggalipun mêntah, lêmpuyang êmprit sapalih driji, kajêng ulês utawi ulêt-ulêt 1, kêtumbar satêngah sendhok tèh, kagodhog kalihan toya kalih gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, ngunjuka kaping 2 sadintên.

Makatên ugi tumrapipun sakit murus prayogi kajampenan êmpu kunci ingkang bundêr. Kunci wau ingkang satunggal kagorèng, satunggalipun mêntah, kalih pisan katêdha sarêng, sadintênipun kaambalan panêdhanipun kaping kalih utawi kapikaping. tiga.

Jampi punika ugi prayogi kangge jampèni manawi tiyang kenging racuning bêngkowang sawatawis, mila manawi nêdha lotis bêngkowang, ingkang kasade tiyang idêr ngatos-atos, awit tiyang botên sumêrêp punapa oyoding bêngkowang wau sampun trubus utawi dèrèng.

Tiyang sagêd kenging racuning bêngkowang kajarag kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Oyod bêngkowang punika kadèkèk wontên saantawisipun [saanta...]

--- 51 ---

[...wisipun] dami têlês laminipun kalih utawi tigang dintên, oyod wau lajêng kaoncekan kandêlipun saêdim, sarta kalêmbatakên kalihan ronipun ingkang nèm, ingkang trubus sangking wohing bêngkowang, salajêngipun kasaring sarta katêdha.

Panulakipun racun wau kula botên pirsa, wontên tiyang ingkang suka sumêrêp dhatêng kula, bilih ingkang sakit kenging racun wau sagêd saras sangking widara upas, oyod widara upas kaparut, manawi taksih sêgêr mêdal toyanipun nyêkapi, manawi sampun lami, bilih kaparut kadekekan toya sakêdhik, ing sadèrèngipun kaunjuk, kêdah kasaring ing sinjang rumiyin, jampi wau kaunjuk kalih gêlas por sadintên.

Wontên malih jampi pampêt, inggih punika oyod jêram pêcêl watawis sapara sêdasan pon, kapipis lêmbat lajêng kagodhog kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên sapalih, ngunjuk kaping kalih sadintên, manawi mangsuk angin salêbêting gorokan, jampènipun apu kalihan jêram pêcêl, punika kairis sapalih lajêng kapanggang ing dilah, nuntên kaleletan apu sakêdhik, punika [puni...]

--- 52 ---

[...ka] kakêcêrna ing gorokan, kangge jampi ing jawi kasibarna ing jaja tuwin gorokan.

Kangge ngêdalakên jalagra utawi riyak, toya jêram pêcêl satêngah gelas bitêr kalihan sarêm, kaunjuka manawi dèrèng nedha utawi ngunjuk punapa-punapa, tumrap gorokan abuh ngêmu nanah, sampun kêndhat kajampenan jêram pêcêl kalihan sarêm sakêdhik kaorokakên ing gorokan, sasampunipun lajêng kaulu, manawi sakit gorokan ugi kajampenan kados makatên.

Lêmpuyang ugi kenging kangge jampi murus, punika jampi pampêt ingkang enggal pasah. Pramila kêdah ingkang ngatos-atos, sabab saking enggalipun pampêt saged angwontênakên sakit bêntèr. Manawi tiyang ingkang sakit murus sampun sangêt lêsahipun, ugi anganggea jampi punika, anggorenga oyod lêmpuyang saênthik, kaparut sarta kadhêplok kalihan lêmpuyang mêntah ugi saênthik ngantos lêmbat, lajêng kaêsokana wedang sagêlas bitêr, punika lajêng kasaringa ing sinjang ingkang lêmbat, nuntên kaunjuka ngantos têlas, manawi [mana...]

--- 53 ---

[...wi] murusipun dèrèng kèndêl babar pisan, sasampuning 3 utawi 4 jam, kenging ngunjuk malih sagêlas bitêr, jampi punika ugi kenging kaunjuk salêbêtipun sawatawis dintên, ananging takêran wau kaunjuka kaping kalih, kados ta, enjing kalihan sontên, sarta ingkang kangge ngêjuri toya kalih gêlas bitêr.

Woh jatos walandi (gambar ôngka 37) ugi kenging kangge jampi pampêt tumrap sakit murus, woh jatos walandi wau kagorèng sangan, kados gorèng kopi, kintên-kintên sabên toya sacangkir woh sadasa, anggodhoga kalihan toya 2 cangkir, kakantunna sacangkir, punika kaunjuka ing dalêm sadintên kaping kalih utawi kaping tiga.

Minôngka jampi pampêt ugi kenging ngangge melastornah malabotrikum farpoliyantum (Melastorna Malabothricun varpolijantum) rodhodhêndron (Rhododendron) tuwuhan punika thukul ing pundi-pundi salêbêting wana, sêkaripun wungu kados rêgulo, wohipun asring katêdha lare-lare, thukulanipun tanêman punika ingkang taksih nèm kagodhog kalihan kulit [ku...]

--- 54 ---

[...lit] manggis sacuwil, kawor-woran ron sêmbung, blumeah balsamiferah (Blumea Balsamifera) tigang iji, anggènipun kadèkènkadekekan. blumeah balsamiferah punika kangge supados sampun mulês.

Babakan sanakêling sasendhok dhahar, kacacah ingkang lêmbat, kalihan sumarubah sasendhok, punika ugi jampi pampêt, salajêngipun kagodhog kalihan toya sagêndul anggur, kakantuna sapalih, kaunjuka sagêlas bitêr sabên kalih jam.

Asring tiyang gadhah sakit murus kanthi dhêmêm, punika kêdah dipun jampèni tanjung, ingkang kangge sêkar sarta babakanipun, sêkaripun kalih prasêdasan pon, babakanipun saprasêdasan pon, kagodhog kalihan toya sagêndul, kakantunakên sagêndul toya wêlandi, wohipun ingkang mêntah kangge jampi pampêt.

Punapa malih kangge jampi pampêt sêsakit padharan inggih kenging ngangge babakaning wit buah nonah, babakanipun sapanjanging driji, wiyar kalih driji kagaringakên (prayogi ingkang taksih sêgêr) lajêng kadhêplok ingkang lêmbat kalihan toya sagêlas bitêr kasaring sarana

--- 55 ---

sinjang nuntên kaunjuk sapisan, pangunjukipun jampi wau rambah-rambah ngantos sakitipun padharan saras.

Pulut-pulutan ugi jampi pampêt, inggih punika rêrungkudan ingkang thukul ing saênggèn-ênggèn, sêkaripun kados sêkar rêgulo, wijinipun palikêt, mila nama pulutad,pulutan. ronipun kagodhog kalihan pathi garut cuwèr utawi tajin.

Manawi dhêdhaharanipun kapranata, godhogan ron pulutan wau kenging kakênthêlakên kangge dhêdhaharan, ronipun kintên-kintên kalih prasêdasan pon, kagodhoga rumiyin, lajêng kailinga ing kalo utawi saringan, punika nuntên kanggea godhog pathi garut.

Oyod gêndholak punika ugi jampi pampêt, oyod wau wawrat satunggal gram kagodhog ing toya satêngah gêndul anggur, kakantunakên sapalih, sabên kalih jam angunjuka sagêlas bitêr, kula botên pirsa punapa gêndholak punika wontên namanipun sanès, gagangipun gêndholak warni kados rêgulo wungu, ronipun ijêm, têrkadhang sêkaripun pêthak alit, têrkadhang jêne.

--- 56 ---

Babakan witing sêkar mêrak ugi kangge jampi pampêt, wit sêkar mêrak punika wontên kalih jinis, warni jêne tuwin jêne sêpuh, kula botên pirsa punapa ingkang sêkaripun jêne punika ugi prayogi.

Ingkang sampun kula nyatakakên amung ingkang abrit, babakanipun kadhêplok mêntahan kadekekan toya sawatawis nuntên kaunjuka sagêlas bitêr, bokmanawi kagodhog ugi sae, punika asring kangge anjampèni sakit murus ingkang sangêt.

Manawi wiwit murus prayogi tumuntên angèngêtana dhahar sêkul ingkang radi lêmês, mawi brêgêdèl ayam sawatawis utawi dhadha mênthok ayam panggang kalihan bulyon ingkang cuwèr sawatawis. Wontên tiyang ingkang botên kêndhat sakit padharan, sabab lampahipun toya wadhuk botên nyêkapi, mila prayogi sampun nêdha tatêdhan ingkang basêsêki, sarta sampun nêdha ulam lêmbu sarta ulam babi, amung anêdhaa ulam ayam, makatên ugi botên sabên tiyang tahan ngunjuk prêsan, manawi dipun yêktosi sabên ngunjuk prêsan padharanipun lajêng kumlukuk utawi mlêmbung, kêdah mantunana pangunjukipun, [pangunjukipu...]

--- 57 ---

[...n,] tumraping tiyang wau prêsan punika angèl ajuripun sarta sagêd anjalari murus.

Kulitipun woh dalima cêmêng ingkang kagaringakên, prayogi kangge anjampèni sakit murus mawi rah umbêl, amêndhêta woh dlima sapalih kalihan toya sagêlas tepok, punika kagodhoga kakantunakên sapalih, sasampunipun lajêng kaunjuka kaping kalih sadintên.

Makatên ugi kulit woh dalima pêthak, sanadyan sêkaripun ingkang ênèm utawi kudhupipun sarta pêntilipun inggih prayogi, punika jampi tumrap sakit murus, kulit woh dalima wau kauwor kalihan babakan kinah, punika prayogi kangge jampi sakit malariyah salêbêting padharan ingkang sampun lami, woh sapalih kalihan babakan kinah panjangipun sapalih driji, kagodhoga kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên sapalih, lajêng kaunjuk kaping tiga sadintên.

Klikaning oyod dalima ugi dados jampi pampêt, ananging botên enggal pasah kados sêkar sarta wohipun, dalima punika wontên tigang jinis, inggih punika dalima pasrèn utawi dalima wantah, botên [botê...]

--- 58 ---

[...n] kenging kangge jampi, wit dalima punika kathah kêmlandhehanipun, tumrap lare sarta tiyang sêpuh ingkang plênthingên, prayogi kangge nyêgah supados plênthingipun sampun ngantos malêbêt. Pangipun alit kadhêploka kalihan wiji adas manis kalih iji, sarta pulasari sakêdhik, kalihan malih brambang abrit ingkang alit sangêt, kacampur kalihan toya sagêlas bitêr, sarta mabên sasendhok tèh, punika kaunjukakên sadaya dhatêng ingkang sakit sapisan sadintên.

Kêmlandhehan dalima pêthak kacampuran têmu giring sarta sarêm sakêdhik, punika prayogi tumrap lare sakit cacingên, kêmlandhehan wau kadhêplok kalihan sarêm sarta toya sagêlas bitêr, têmu giring panjang kalih dim mètêr sampun cêkap.

Wontên malih racikan jampi ingkang prayogi tumrap sakit murus, sarta ngiras kangge mantunakên ngorongipun ingkang sakit, kados ing ngandhap punika.

Tumrap tiyang sêpuh: kajêng pulês tigang tugêl, kunir satunggal panjang sadriji, kêtumbar 7 iji, kêtumbar bolong 7 iji, sadaya punika kadhêploka utawi kapipis [ka...]

--- 59 ---

[...pipis] ingkang lêmbat sangêt, lajêng kawungkus ing ron pisang kakukusakên, racikan punika panêdhanipun kalihan wedang 2 sendhok sop, jampi wau kêdah amung kajampèkakên sabên tigang dintên sapisan sarta kalajêngna salêbêtipun 9 dintên.

Racikan jampi ingkang prayogi kangge rimatan wontên ing griya, langkung malih manawi usum sakit kolerah, utawi sakit padharan jalaran kenging asrêp inggih punika sopilaos, rajangan laos ingkang lêmbat sangêt kathahipun tigang sendhok sop, rajangan brambang ingkang lêmbat kalih sendhok bubur, sarta sarêm pêkên ingkang kasar sasendhok bubur, sarêm wau karêsikan rumiyin (sampun mêndhêt sarêm Walandi ingkang wontên sêndawanipun) sadaya wau kaêpea kalihan jênèwêr satêngah plès, laminipun 14 dintên, manawi padharan mulês kêdah tumuntên kaunjukan sagêlas bitêr, manawi sampun saprapat jam taksih têrus luntak tuwin wawratan, kaunjukan malih sagêlas bitêr, manawi tiyang sêpuh kenging ngunjuk ngantos 3 gêlas bitêr.

Jampi punika sampun kina, sangêt sarta kadadosanipun [kadadosa...]

--- 60 ---

[...nipun] prayogi, anggènipun luntak sarta bêbucal lajêng kèndêl, sarta ingkang sakit lajêng kringêtên sarta têtoyan kathah.

Ing ngandhap punika pratelaning anggi-anggi sawatawis ingkang botên kenging towong, kêdah rimat wontên ing griya.

2 prasêdasan pon ron saga garing, 1 prasêdasan pon ron asêm garing, 2 iji kajêng lêgi sapanjangipun driji, 1 sendhok sop sumarubah, 1 sendhok sop kêrikan kajêng timur, 1 sendhok dhaharan kêtumbar, ¼ sendhok tèh jintên pêthak, 10 lêmbar ron trawas, 7 iji kajêng ulês, 1 sendhok dhaharan kêtumbar bolong, 2 êmpu kunir agêngipun sapanjanging driji, kaparut ingkang lêmbat, 2 bêntèl kajêng angin.

Sadaya punika kêdah kadhêplok ingkang lêmbat sangêt sarta [sar...]

--- 61 ---

[...ta] kasimpên garingan wontên ing lodhong, manawi kangge jampi sapisan, kathahipun sasendhok sop kalihan toya sagêndul anggur sampun cêkap, kagodhog sadasa mênit dangunipun, punika kaunjuka wanci siyang manawi ngêlak, manawi anggodhog anggi-anggi kadekekan isi kêdhawung 2 iji, kapipis.

Inggih punika jampi pampêt ingkang botên kêras, angicalakên bêntèring badan, punika murugakên doyan nêdha sarta mantunakên ngêlak, tiyang gêgriya ingkang gadhah anak kathah kêdah rimat jampi wau, tumrap lare amêndhêta anggi-anggi sasendhok dhaharan.

Minôngka jampènipun tiyang ingkang dèrèng kulina hawanipun tanah Hindiya, sarta ingkang tansah sakit padharanipun, prayogi sangêt kaunjukan parutan oyod garut, punika kapêrêsa ing sinjang sarta kaunjuka sabên dintên tigang gêlas anggur, ananging sampun kawêwahan toya, sabab oyod wau toyanipun sampun nyêkapi.

Wontên garut ingkang ronipun pêthak, punika prayogi piyambak kangge jampi.

--- 62 ---

Manawi padharanipun sampun sakeca, takêran 8 gêlas wau kasudaa kantun 2 gêlas, salajêngipun amung kakantuna sagêlas.

Tiyang sêpuh punapadene lare-lare ingkang sakit padharanipun, manawi dèrèng kasèp ugi asring enggal saras bilih dipun têdhani katès kangge urus-urus, dene tumrapipun tiyang sêpuh, siyangipun kaunjukan toya nanas sagêlas, padamêlipunpandamêlipun. toya nanas makatên, amaruta nanas sarta kapêrêsa ing sinjang ingkang alus, nanas sêpuh ingkang limrah, toyanipun wontên sagêlas tepok, nanas Bogor kirang toyanipun, ananging sami saenipun, manawi nanas Bogor kêdah kalih. Takêranipun tumrap tiyang sêpuh 1 gêlas, tumrap lare kasudaa sawatawis.

Jalaranipun sawarnining sêsakit padharan, punika asring kirang ajuring tatêdhan ingkang wontên padharan, toya nanas punika gadhah daya gampilakên ajur, toya nanas punika dayanipun angungkuli soutsir, amargi nanas botên wontên abên-abênanipun ingkang kirang prayogi kados soutsir, makatên ugi

--- 63 ---

toya nanas punika sagêd angrêsikakên padharan kadosdene sakathahing toya woh-wohan, manawi ngunjuk toya nanas tatêdhanipun kêdah mawi kapranata sawatawis, kados ta: acêgah ngunjuk tuwin nêdha ingkang kêcut sangêt, bumbu ingkang bêntèr utawi pêdhês, tuwin sayuran ingkang angèl ajuripun, makatên ugi urang, kêpithing, ulam loh tuwin prêsan. Manawi makatên sakitipun murus lajêng saras, mila sabên-sabên nêdha kêdah kaunjukan toya nanas.

Jampi pampêt ingkang botên kêras, inggih punika intip sêkul tuwin intip roti, kaêsokan wedang bêntèr sawatawis kathahipun, kakèndêlakên sawatawis jam, dene pangunjukipun manawi sampun asrêp.

Jampi ingkang prayogi tumrap sakit wawratan rah inggih punika arèsipun bonggol pisang watu, arès wau kapipisa ingkang lêmbat nuntên kapêrês, tiyang ingkang sakit angunjuka tigang gêlas por sadintên, manawi sakitipun sangêt kaunjukan tigang gêlas anggur, gogrogan sêkaripun pisang wau kagêcêka kalihan sarêm ugi tulung kangge jampi sakit wawratan rah umbêl.

--- 64 ---

Sêsakit gom ing tanah Hindiya.

Kathah bôngsa Eropah têrkadhang bôngsa Jawi piyambak ugi kenging sêsakit gomên, mênggah jalaranipun amargi badan kasangêtên bêntèr, sangking panganggenipun kêsumukên utawi têtêdhanipun angèl ajuripun, saya manawi nêdha daging, asring salairipun jabang bayi sampun wiwit wontên wijining gomen jalaran kêkêrêpên panggêdhongipun, sarta kêkathahên anggènipun dulang, dhobdhot. rêgêd, gêbyas rêgêd, ringkêsanipun kirang rêsikan dhatêng pirantos ingkang kangge wadhahing tatêdhanipun lare tuwin kirang anggènipun ngrêsiki cangkêm punika sagêd anjalari gomên.

Sakit gomên punika rosipun jalaran sangking botên ajêg anggènipun wawratan, padatan botên prayogi ingkang ugi sagêd anjalari gomên wontên ing cangkêm, inggih punika manawi lare sêsêpan dipun ênêng-ênêngi kalihan dipun sukani sêsêpan kangge ngapusi, jalaran sangking anggènipun botên kèndêl nêsêp wau kangge nêsêp cangkêmipun lare dados botên prayogi, sarta sêsêpan wau anjalari bêntèring cangkêm.

--- 65 ---

Badan punika kêdah sagêd mêdal bêntèripun, ingkang makatên wau botên sagêd kalampahan manawi ngangge planèl sapanunggilanipun, punapa ingkang dipun têdha tiyang ingkang sakit kêdah tumuntên sagêd ajur, mila prayogi sangêt nêdha woh-wohan matêng, ingkang kathah toyaipun, makatên ugi nêdha sayur-sayuran, punika ngasrêpakên dhatêng badan. Ananging buncis tuwin ron sêlat punika botên prayogi, ingkang kathah sawarnining kara utawi buncis tumbas salêbêting kitha punika botên prayogi, sabab sampun kasêpuhên, tukang pawon ing tanah ngriki sami-sami ngêsèd angirisi kacang, kara utawi buncis, sabab gagang sungut tuwin sontrotipun punika botên kenging kakatutakên, murih gampilipun kara utawi buncis wau dipun rajangi, ananging sarèhning anggènipun ngrajang kirang lêmbat, dados dhatêng padharan botên prayogi, ron sêlat kagodhog punika angèl ajuripun wontên padharan, asring wêdalipun gligiraning ron sêlat dèrèng ajur. Sêpinasi sok anggêr dipun godhog utawi kakukus inggih prayogi, ananging gligiraning ronipun tumrap tiyang sakit gomên ugi angèl [angè...]

--- 66 ---

[...l] ajuripun, mila prayogi sadaya wau kalêbêtakên sarana kasaring.

Sawarninipun ingkang prayogi kangge ngêdalakên bêntèring badan, inggih punika anêdha têpong labu tuwin ron wiyong minôngka sayuran (gambar ôngka 70) parutan labu toya, punika toyanipun kaunjuka ing wanci siyang, raosipun kados toya kêtimun.

Labu toya utawi labu pêthak, punika prayoginipun ngungkuli timun, sabab botên sadhengah tiyang ingkang tahan dhatêng tlutuhipun timun, malah kêrêp anuwuhakên sakit gomên ing cangkêm, tiyang ingkang sakit gomên botên kenging nêdha ulam lêmbu utawi ulam babi, sampun pisan nanêdha punapa-punapa, ingkang wontên sarêm sêndawanipun pêthak, kèju mriyos, lombok utawi cabe, ugi sampun nêdha mriyos punika ambêntèrakên badan langkung sangking lombok, tiyang sakit gomên sabên dintên kêdah nêdha woh têmpayang kalihan wiji tlasih punika jampi ngasrêpakên ingkang prayogi.

Woh têmpayang 5 iji (punika isinipun) kalihan wiji tlasih ½ sendhok tèh, tuwin kajêng lêgi,

--- 67 ---

sapalih panjanging driji, kadèkèk ing bokor utawi tuwung, sasampuning sadaya wau kakumbah ngantos rêsik, lajêng kaêsokana wedang sagêlas tepok, sarta kadèkèkana gêndhis batu sapringkil, punika kaunjuka ing wanci siyang, sabên mêntas nêdha ingkang sakit kêdah ngunjuk toya nanas sagêlas por, nanas wau ingkang sampun matêng, punika ngenggalakên ajuring tatêdhan, sarta ingkang sakit sampun ngunjuk soutsir, dene katès punika ugi prayogi.

Ing wanci enjing sadèrèngipun nêdha tuwin ngunjuk punapa-punapa, ingkang sakit angunjuka jampi kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

Sontênipun angiris-irisa pisang watu utawi pisang kluthuk matêng 3 iji, kalihan pisang watu mêntah 4 iji, ingkang mêntah wau kalihan kulitipun ingkang taksih ijêm, ingkang matêng kaoncekan, sadaya punika lajêng dipun ulènana kalihan driji sarosanipun, dangu-dangu lajêng mêdal toyanipun ingkang bêning sangêt, pisang wau karêmêta sarta kaulenan ngantos mèh sadaya santun dados toya, lajêng kacaruba kalihan woh pace ingkang [ing...]

--- 68 ---

[...kang] sampun dipun wulèni ngantos mêmêt, sadaya punika nuntên kasaringa ing sinjang sarta lajêng kaêbun-êbuna mawi katutupan ingkang rapêt, supados sampun ngantos kalêbêtan toya jawah utawi kewan alit-alit, jampi punika enggal sangêt nyarasakên sakit gomên, manawi sampun ngangge jampi punika pitung dintên kemawon ingkang sakit lajêng karaos saras, ananging kêdah kalajêngakên panganggenipun jampi punika ngantos nênêm utawi wolung wulan, supados saras babar pisan, sasampuning tigang wulan botên susah ngangge pace, pace punika gadhah daya angrêsikakên.

Manawi tiyang sakit gomên botên prayogi nêdha pêlêm kopyor, makatên ugi pêlêm sanès-sanèsipun ingkang kathah tlutuhipun, punapa malih pisang ijêm, salak tuwin wowohan sanès-sanèsipun ingkang kathah tlutuhipun, punika inggih botên prayogi.

Unjuk-unjukan ingkang ngasrêpakên inggih punika dèrèsan randhu wana, amêndhêta toyanipun mawi patrap kados ing ngandhap punika.

Sadèrènging palêthèkipun surya, andhudhuka oyod [o...]

--- 69 ---

[...yod] randhu wau lajêng kabacoka, toyanipun ingkang mêdal sangking oyod wau katadhahan ing bumbung ingkang kapêcok mèncèng, supados gampil kangge nglêbêtakên toya dèrèsanipun, lajêng kabacoka malih sapisan, makatên sapiturutipun, ngantos angsal dèrèsan satêngah gêlas tepok.

Dèrèsan randhu wana wau ugi jampi ingkang prayogi, manawi tiyang sakit dhêmêm ingkang bêntèr sangêt, makatên ugi manawi dhêmêmipun akanthi sakit gorokan.

Punapa malih jampènipun sakit gomên, inggih punika dèrèsaning tanêman sriawan ugi nama susu maesa, toyanipun kadèrès ingkang enjing sangêt, sabab manawi botên enjing sangêt botên mêdal, pamêndhêtipun toya wau sangking ngêpang sarana dipun kêthok-kêthok, manawi toyanipun wiwit suda kasêbula sangking pucuk, toya punika ugi kangge jampi sakit dhêmêm ingkang bêntèr sangêt.

Manawi ingkang sakit karaos ngêlak dipun unjukana toya sriawan punika, toya punika botên wontên [wo...]

--- 70 ---

[...ntên] raosipun babar pisan, sarta sangking pangraosipun ingkang sakit eca sangêt, sabab dayanipun angasrêpakên, tanêman punika jinising rambatan.

Manawi botên sagêd angsal toyanipun, ronipun tuwin wohipun matêng ingkang warni abrit kaêkuma ing toya, punika ugi kenging kaangge jampi, ron wau 3 utawi 4 lêmbar, dipun gêcêg sawatawis lajêng kacêmplungakên ing toya, utawi nêsêp wohipun 7 utawi 8 sadintên, isi tuwin dagingipun sampun kaulu.

Ron sriawan (gambar ôngka 93) ingkang tulèn punika jampi sakit gomên ingkang rikat pasahipun, ananging angèl sagêdipun angsal.

Manawi ingkang sakit botên sagêd angsal tanêman sriawan punika, kula sagah ngintuni wohipun sarta ronipun ingkang sampun garing, ananging wragadipun ngintunakên ing pos kalintônana, isi wau kenging katanêm, ingkang prayogi manawi thukul wontên ing wit-witan, ing tanah Jawi Wetan ugi wontên tanêman punika, ananging namanipun susu maesa, toyanipun botên bêning, ananging pêthak kados powan, kula dèrèng nyatakakên [nyatakakê...]

--- 71 ---

[...n] punapa susu maesa punika inggih tanêman sriawan, mila kula mrayogèkakên dhatêng ingkang sami sakit gomên, anganggea jampi sriawan ingkang tulèn, ingkang tuwuh wontên ing parêdèn tuwin wana ing tanah Jawi Têngah, ingkang inggilipun sangking toyaning sagantên wontên 600 utawi 800 kaki, langkung inggil inggih prayogi. Toya punika angasrêpakên dhatêng badanipun tiyang sakit dhêmêm ingkang sangêt, sarta ingkang salêbêting tutukipun tatu jalaran sangking sangêting bêntèr, manawi ngangge jampi toya punika sasampunipun 2 utawi 3 dintên lajêng saras babar pisan, malah tiyang sakit dhêmêm ingkang botên tulung ngunjuk kêninê badhe saras sangking jampi punika.

Sakit dhêmêm ingkang kula pratelakakên punika pikajêng kula, ingkang bêntèripun sangêt panggêng, sarta dhoktêr sampun nyatakakên botên wontên sêsakit sanèsipun ingkang dados jalaran.

Owêl sangêt dene tuwuhan ingkang kathah paedahipun punika awis ingkang mirsa, sintên ingkang sumêrêp bilih toyanipun tuwuhan punika ugi kenging kangge jampi [ja...]

--- 72 ---

[...mpi] dhêmêm tipus, amargi tuwuhan punika gadhahi watêk sagêd angêdalakên bêntèr sangking badan.

Kula sampun nyobi punapa wit sriawan punika kenging katanêm wontên ing tanah ingkang bêntèr, kados ta: ing Samarang, mênggah kadadosanipun sayêktos prayogi, samantên punika manawi tuwuhan wau sae pangupakaranipun, sriawan punika botên liya inggih tanêman wana limrah.

Tiyang sakit gomên botên kenging ngunjuk bangsaning minuman kêras, ringkêsanipun botên kenging ngunjuk ingkang dadosakên bêntèring badan.

Manawi tiyang anitipariksa caranipun anjampèni ing tanah Hindiya ingkang tulèn, saèstu badhe pirsa bilih jampinipun punika ingkang kathah botên liya kajawi kangge ngasrêpakên badan, tuwin anglunturakên kuwaya, ingkang tuwuhipun sangking pangunjalipun napas kalêbêtan hawa ingkang wontên sêsakitipun. Kula dhangan anjalèntrèhakên bab punika, ananging samangke badhe dumugèkakên bab sakit gomên rumiyin, inggih punika sêsakit ingkang bêbayani, ingkang asring anjalari

--- 73 ---

pêjahipun tiyang.

Tiyang sakit gomên kêdah adus sabên dintên kaping 2, prayoginipun adus badanipun sadaya, ananging dangu-dangunipun 8 mênit sarta lajêng dipun sekaa ingkang sêru tuwin lajêng dandos, têgêsipun adus badan sadaya punika, ingkang sakit wau kêdah kukumkungkum (dan di tempat lain). ngantos dumugi ing jôngga, punapa malih ingkang sakit gomên wau kêdah sampun nêdha tatêdhan ingkang bêntèr, malah kula prayogèkakên sadaya ingkang katêdha kêdah asrêp.

Sadaya tatêdhan kêdah tamban anggènipun anggilut, murih kiyating padharanipun tiyang ingkang sakit gomên, kula aturi damêl jampi kados ing ngandhap punika.

Jampi wau kêdah kaunjuka sabên dintên.

1 sendhok dhahar ron saga ingkang taksih sêgêr, 1 iji kajêng ulês§ bokmanawi kajêng ulêt-ulêt. 3 lêmbar ron trawas, 1 iji kunir sapanjanging driji, 4 êlas kêtumbar, 7 iji kêtumbar bolong

--- 74 ---

1 kajêng lêgi sapalih panjanging driji.

Sadaya punika kêdah kagodhog kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên sapalih, sabên dintên kêdah adamêla jampi enggal, sarta jampi samantên kathahipun punika kaunjuka kaping tiga sadintên.

Blêndokipun wit sana punika prayogi sangêt tumrapipun sakit gomên salêbêting camkêm, balêndok wau sawatawis kathahipun kaêjuran toya, toyanipun punika ingkang kangge jampi, manawi botên sagêd angsal balêndokipun, inggih amêndhêta babakanipun kemawon, babakan punika sawatawis kathahipun kagodhog kalihan toya kadamêl wedang lajêng kaunjuka.

Tiyang ingkang sakit gomên prayogi tilêm wontên ing gêlaran, gêlaran wau kenging kadèkèk ing sangandhapipun utawi sanginggilipun lurup patilêman ing sakajêngipun, dados anggènipun tilêm sagêd asrêp, makatên ugi sirahipun ing sasagêd-sagêd inggih kêdah dipun asrêp-asrêp kalihan dhêplokan utawi parudan bonggol pisang, amung pisang susu ingkang bonggolipun botên prayogi.

--- 75 ---

Bonggol satunggal punika dipun paruda utawi dipun cacaha ingkang lêmbat, sarta kapêrêsa ing sinjang.

Sakawitipun badhe karaos ngêlu sawatawis, ananging enjingipun lajêng sakeca, punapa malih pêrêsan bonggol wau jampi ingkang prayogi kangge ngathahakên tuwin manjangakên rema.

Ing ngriki kula mratelakakên jampi warni-warni, sabab botên mêsthi ing sadhengah panggenan tanêmanipun sami, ing kitha-kitha utawi ing pasisir salaminipun wontên pisang watu utawi kluthuk, makatên ugi pace, manawi ngangge jampi pisang watu utawi kluthuk, tuwin pace, kakèndêlana anggèning ngangge jampi dèrèsan randhu wana utawi tanêman sriawan.

Saèstunipun tiyang mangrêtos pikajêng kula, bilih kêdah ngangge jampi wau salah satunggal, ananging sadhengaha nalaripun sasagêd-sagêd badan kêdah dipun asrêp-asrêp, langkung prayogi botên nêdha sayuran, manawi sayuran wau angèl ajuripun, malah sayuran wau kenging katilar babar pisan, manawi nêdha wowohan kathah.

Sarèhning toya pangêjuraning tatêdhan salêbêting padharanipun [padhara...]

--- 76 ---

[...nipun] satunggal-tunggaling tiyang punika botên sami lampahipun, mila angèl sangêt kacariyosakên.

Ingkang prêlu sangêt punika tapêl, ingkang nyata prayogi tumrapipun tiyang sakit gomên, kawujudanipun ingkang kadamêl tapêl wau dhadhap srêp (gambar ôngka 18) sosor bèbèk (gambar ôngka 35) tuwin pang lampis sawatawis (gambar ôngka 17) sadaya punika kapipisa ingkang lêmbat, sarta siyangipun manawi badhe tilêm makatên ugi dalunipun katapêlna mubêng ing padharan mawi blêbêt.

Toyaning timun, anggêripun timun wau sasampuning kaoncekan lajêng karêndhêm ing toya sakêdhap, supados icala talutuhipun ingkang drawasi, punika ugi prayogi kangge jampi gomên.

Duduhing jêram ingkang lêgi sangêt, ananging dede jêram sitrun, punika ugi prayogi, naracakipun duduhing wowohan ingkang lêgi, punika prayogi tumrap tiyang sakit gomên, katès ênèm tuwin nyadham, punika ugi jampi gomên (amaosa cariyos bab katès).

Manawi nêdhani lare kêdah ingkang ngatos-atos, êmboking [ê...]

--- 77 ---

[...mboking] lare kêdah angicipana ingkang satiti dhatêng tatêdhaning anakipun, sêkul utawi sêkul timipun kêdah sampun wayu. Sêkul tim ingkang katêdha ing wanci siyang sampun kangèngèhakên kangge sontênipun, ingkang katêdha wanci sontên, sampun kangèngèhakên kangge sarapan enjingipun.

Pangolahipun tatêdhan ugi botên kenging wontên ing manci cèt-cètan, ingkang sampun enja amargi badhe kenging sêsakit ingkang botên kenging dipun jampèni.

Ilat, cangkêm tuwin gusinipun jabang bayi kapêrsudia rêsikipun sayêktos, sabên mêntas dipun dulang tumuntên dipun rêsikana sadaya, salaminipun anggèn kula ngrêsiki makatên: sodhah kulsir sasendhok tèh agêng kalihan wedang sagêndul anggur, punika sabên mêntas nêdha kaunjukna sasendhok tèh, manawi anggèning ngunjuki lare wadhahipun gêndul, prayogi gêndul, dhot panêsêpan sapanunggilanipun karêndhêma wontên ing jur-juran sodhah wau, punapa malih prêlu sangêt lare punika dipun pêrsudi rêsiking sirahipun, sampun ngantos wontên rêrêgêdipun, mênggah anggènipun ngrêsiki punika sarana dipun gosèkgosok. [gosè...]

--- 78 ---

[...k] sirahipun kalihan lisah kalêntik utawi lisah sêlat, lajêng dipun sêriti supados katut rêgêdipun, sabab sirah punika ugi kêdah sagêd kumringêt.

Wontên malih pirêmbag ingkang prayogi tumrap tiyang ênèm tuwin sêpuh, sabên mêntas nêdha kêmua kalihan toya tawa ingkang asrêp, sabên sontên ngajêngakên mapan tilêm wajanipun kasikata kalihan sikat waja, punika botên ngamungakên rêsik, ananging ugi ngopèni waja.

Sêsakit jubur

Ing tanah Hindhiya sêsakit jubur punika kathah sangêt, tuwuhipun sêsakit wau jalaran sangking sangêting bêntèr ingkang dumunung salêbêting badan, kawitanipun sêsakit punika sabên-sabên wawratan angèl wêdalipun, jalaran sangking kêkathahên nêdha daging utawi nêdha tatêdhan ingkang angèl ajuripun, dados toyaning wadhuk botên sagêd tumindak, jalaran kêkathahên ngunjuk minuman, kêkathahên ngunjuk wedang bubuk, kêkathahên nêdha ingkang bêntèr utawi pêdhês, langkung malih lombok jêmprit tuwin duduh ingkang pêdhês, kirang mlampah-mlampah, awis siram, sabên-sabên [sabê...]

--- 79 ---

[...n-sabên] lênggah wontên ing kursi utawi ing bangku mawi ulês, panganggenipun kêkandêlên, tuwin jalaran saking kêkathahên nêdha ulam-ulaman ingkang kathah sarêmipun sêndawa pêthak, kados ta ham.

Punapa malih manawi kala ênèmipun kirang anggènipun nglunturakên cacing tuwin krêmi, langkung malih manawi agènipunanggènipun. ngicali krêmi kirang rêsik, manawi tiyang Jawi tuwuhing sêsakit wau jalaran anggènipun nyêrèt, jampi sakit jubur ing tanah Hindiya punika ingkang kathah angasrêpakên, sêsakit jubur punika sangêt-sangêtipun manawi masa bêntèr, ingkang kathah jampinipun botên sagêd nyarasakên, sabab pangintênipun tiyang bilih prêlunipun ngasrêp-asrêp badan punika amung manawi sakitipun sangêt, punika kalintu, salaminipun tiyang kêdah ngasrêp-asrêp badanipun, dene manawi tiyang èstri tuwuhipun sakit jubur wau asring bilih mêntas gadhah anak.

Asring botên dipun satitèkakên bilih anggènipun wawratan botên ajêg utawi sêsukêripun kathah ingkang mangkêlang, langkung malih manawi tiyang èstri suwèk wadonanipun nalika gadhah anak, punika prayogi kapompa [kapo...]

--- 80 ---

[...mpa] mawi lisah sêlat tuwin toya.

Manawi tiyang èstri botên kêndhat dipun pêrsudi sagêdipun garap sari sabên wulan, mawi jampi ingkang bêntèr-bêntèr, punika ugi sagêd anjalari sêsakit jubur.

Kapêrsudia murih ajêgipun wawratan, manawi nalika wawratan sabên dintên karaos bêntèr, kaudia pyambak, punapa sababipun wontên ing tatêdhan utawi sanèsipun, dene padharanipun karêsikana sarta kaasrêp-asrêpa kalayan jampi, ingkang kapratelakakên wontên ing sêrat punika.

Manawi mêdalakên rah, lajêng kaunjukana toyaning bonggol pisang watu utawi pisang kapuk sanalika, sacangkir sampun cêkap, manawi sontênipun dèrèng saras, lajêng kaunjukana malih sacangkir, manawi enjingipun taksih wontên rahipun sawatawis, kenging kaunjukan sacangkir êngkas, manawi ngunjuk toya bonggol kêdah nglampahana kados ing ngandhap punika.

Tumbasa sêmprot balon, sarta lajêng kakompakakên ing jubur, salêbêtipun tiga utawi sakawan dintên, sadintên rambah kaping tiga, ingkang kangge ngompa utawi [u...]

--- 81 ---

[...tawi] nyêmprot kados ing ngandhap punika:

25 lêmbar ron ilèr, 2½ gram sumarubah, 2½ gram kajêng kolombo, 2½ gram kajêng timur.

Sadaya punika kagodhog kalihan toya salitêr, (1 plès jênèwêr) kakantunakên sagêndul anggur: punika racikan kina:

Dene racikan enggal ingkang tumuntên tulung kados ing ngandhap punika:

Ingkang kangge nyêmprot mèh sami kados kasêbut ing nginggil, ananging lintunipun kajêng kolombo tuwin sumarubah anganggea babakan pule kacacah ingkang lêmbat kathahipun 2 sendhok sop, tuwin ron ilèr 25 lêmbar.

Punapa malih murih sarasipun babar pisan sêsakit punika, kula aturi maos racikanipun jampi oyot kangkung.

Kêdah ingkang kathah nêdha agêr-agêr, panggodhogipun sampun kêatosên, sarta ron-ronan sanès-sanèsipun [sanès-sa...]

--- 82 ---

[...nèsipun] ingkang ngasrêpakên, ingkang sampun kula pratelakakên kala rumiyin.

Tiyang sakit ambèi kêdah ingkang kathah nêdha roning katès ingkang ênèm, sampun dipun godhog, ananging kêdah kakukus, makatên ugi ngunjuk wedang roning katès tuwin ingkang kathah nêdha woh katès, sabên kalih wulan sapisan angunjuka kastêr oli, sampun ngunjuk urus-urus sanèsipun.

Blulu lupoh§ Bokmanawi bluluk lupa. punika namaning uwoh, cangkokipun kapêcaha rumiyin, isinipun ingkang wontên ing nglêbêt kabakara ngantos dados arêng, lajêng kagêcêka ingkang lêmbat, sarta kailingana lingsahlisah. kalêntik, borèh punika tulung sangêt kangge ngicali utawi nyudakakên sakitipun palênthung ingkang wontên ing juburipun tiyang sakit jubur.

Salêp ingkang winastan tomatên (Thomaten) ugi prayogi sangêt kangge jampèni sakit jubur garing, amêndhêta tomatên sawatawis ingkang matêng sarta prayogi, punika kagodhoga kalihan lisah ingkang gurih, dados [dado...]

--- 83 ---

[...s] kalihan lisah olipa utawi lisah kalêntik, dangunipun 10 mênut sampun cêkap, lajêng kasaringa ing sinjang sarta kablonyohna prênahipun ingkang sakit kaping kalih sadintên.

Tiyang sakit dubur kêdah nêdha tomatên ingkang kathah, ingkang prayogi mêntah.

Wontên jinising klapa asli sangking tanah Aprikah ingkang katanêm wontên tanah Hindhiya ngriki, namanipun ingkang sayêktos kula botên sumêrêp, tiyang Jawi namakakên kalapa sèwu, punika sêdya kula cariyosakên ingkang cêtha, supados kathah ingkang sami nanêm kalapa ingkang maedahi punika.

Tanêman punika ronipun mèmpêr ron kalapa, wohipun ingkang matêng botên nate têndhag, manawi sae pangupakaranipun salêbêting kawan taun sampun wiwit sêkar ananging namung sêkar jalêr, sêkar punika warninipun mèmpêr karang, gandanipun sumêrit kados adas, manawi kintên-kintên sampun umur nêm taun ugi lajêng katingal sêkaripun èstri, ingkang beda kalihan sêkaripun jalêr, manawi sampun sawulan lajêng katingal cêtha wanguning wohipun, [wohipu...]

--- 84 ---

[...n,] woh wau ngantos atusan, awit sangking punika mila tiyang Jawi namakakên kalapa sèwu, sakawit woh wau warninipun cêmêng, dene manawi sampun sêpuh warninipun jene sêpuh tuwin wungu sêpuh, woh wau kathah sangêt lisahipun, sêpêt sarta klapanipun kathah èmpêripun kalapa limrah.

Lisahipun ingkang mêdal sangking sêpêt, angsaripun angasrêpakên sangêt, sarta kangge jampèni sêsakit jubur, lisah punika kausèr-usèrna ing prênahipun ingkang sakit, sêpêtipun uwoh ingkang sampun matêng karêmpua kalihan dariji, lisahipun ingkang mêdal sangking sêpêt wau kausèr-usèrna ing jubur.

Manawi badhe saras sakitipun jubur salaminipun panganggening jampi wau kalêstantuna ngantos dangu, sampun saèstu kemawon kêdah ngèngêti tatêdhan tuwin unjuk-unjukan ingkang sampun kacariyosakên.

Klapanipun ingkang wontên ing nglêbêt kêdah kaparuda utawi kadhêploka ingkang lêmbat, salajêngipun anggèning ngolah kadosdene padamêlipun lisah kalêntik, lisah punika ugi prayogi kangge jampi sakit jubur tuwin [tuwi...]

--- 85 ---

[...n] gomên, manawi sagêd angsal wohipun ingkang taksih sêgêr punika langkung prayogi.

Manawi wohipun kadhahar mêntahan sarta sêpêtipun kalêpèh, punika prayogi kangge ngicalakên sakit jubur, tuwin kangge jampinipun tiyang sakit gomên inggih prayogi.

Sakit rajasinga utawi bêngang

Sakit rajasinga ingkang mèh sakathahipun tiyang katularan, sarta angrisakakên bôngsa Eropah kathah, tuwin wêwinihipun sangking sakathahipun sêsakit, punika manawi tiyang Jawi pamulasaranipun warni-warni.

Tiyang Jawi ingkang sakit rajasinga, tuwin ingkang maligi anjampèni sêsakit wau nyariyosakên dhumatêng kula mênggah anggi-angginipun ingkang kangge jampèni sêsakit wau. Ing ngriki kula badhe nyêrati namanipun anggi-anggi wau, salajêngipun kula borongakên dhatêng para tuwan dhoktêr anggènipun anitipariksa, awit kula namung nguningakakên dhatêng sadaya tiyang.

--- 86 ---

Gadhung sabrang, inggih punika bangsaning rambatan ingkang kathah wontên ing wana, dados dede gadhung pala kapêndhêm ingkang dipun têdha ing tiyang Jawi, gadhung sabrang wau kêrêp kangge jampi sakit rajasinga utawi bêngang, salaminipun mawi kawêwahan anggi-anggi warni-warni, ingkang kula pratelakakên ing ngandhap punika.

gadhung sabrang, kajêng angin, kajêng sêcang, karang bang, murmak daging, jangkang, sêprantu, kajêng ulês,§ Bokmanawi kajêng ulêt-ulêt. manis jangan, kajêng lêgi, adas, kajêng pulisari§ Bokmanawi kajêng pulasari. sinta, mêsoyi, cabe, kapulaga, pala, kêtumbar, kêmbang, jongrahap, mrica bolong, mrica pêthak, kajêng ganti, klêmba,

--- 87 ---

mungsi, jintên cêmêng, mrica cêmêng, kêdhawung, kêmukus, sukmadiluwih, kajêng abang, grêgês otot, sari kurung, wala,

Sadaya anggi-anggi punika kêdah dipun godhog.

Manawi nêdha gadhung ingkang sakit wau kêdah nyirik ulam, tuwin sampun ngunjuk minuman sarta sampun nêdha ingkang pêdhês-pêdhês, sarta tatêdhan ingkang mawi mrica, ingkang sakit kasêrêp-sêrêpna, manawi piyambakipun botên anglampahi pêpacak wau, sêsakit punika badhe mêdal ingkang anggêgirisi, badanipun badhe manglingi jalaran sangking sakit ngêmu nanah.

Manawi tiyang gadhah wijining sêsakit ingkang gêgirisi punika, ing môngka lajêng amung ngangge jampi gadhung kemawon, punika sampun nyêkapi kangge ngêdalakên sêsakit ingkang gêgirisi wau.

Kangge jampèni sêsakit punika para têtiyang Jawi ugi angangge jampi babakan samboja, babakan tela gantung, wedang kêtèpèng maesa, wedang ron gagan utawi [u...]

--- 88 ---

[...tawi] pagagan, utawi kakikudha, dene manawi toyan rah ron gagan wau kawoworana tawas.

Punapa malih poncang-pancing, inggih punika sêkar mawi talakup pêthak, ingkang tuwuh wontên ing wana tuwin kangge pasrèn wontên ing pêthetan.

Tanêman punika wontên kalih jinis, wontên ingkang sêkaripun pêthak, wontên ingkang sêkaripun jambon nèm, ingkang sêkaripun jambon nèm punika botên kenging kangge jampi, oyodipun tanêman punika ingkang kêrêp kangge jampi.

Tatu tuwin abuh ngêmu nanah jalaran sêsakit punika kakumbaha kalihan godhogan pang butrawali, godhogan ron gagan kadhêplok lêmbat, utawi godhogan kêtèpèng maesa.

Manawi tatunipun sampun dipun rêsiki kausèr-usèrana sisikan widara laut, kaêmorana pêrêsan êmpuning kunir, punapa malih angunjuka wedang godhong mêniran ingkang kathah, tumrapipun tatu anganggea jampi tlutuh widuri (gambar ôngka 42)

--- 89 ---

Bab tanêman ingkang gadhah daya kenging kangge jampi

Patikan Cina, jampi sakit padharan (gambar ôngka 1).

Patikan Cina punika tuwuh wontên sadhengah panggenan ing tanah ngare, sarta botên kêndhat ing dalêm sataun muput, rêmênanipun thukul wontên sêlaning sela, punika jampi ingkang ngasrêpakên sangêt, sarta angêdalakên bêntèring badan.

Tanêman wau sawatawis kathahipun kagodhog kalihan toya tuwin gêndhis Jawi sakêdhik, punika kaunjukna dhatêng lare ingkang juburipun asring mêdal, utawi kaunjukakên tiyang sêpuh ingkang wawratan mawi ngêdên.

Patikan Cina punika kawoworan kajêng timur sasendhok tèh, sarta êmpuning kunir sapanjanging dariji, sarta kajêng pulasari sakêdhik, punika kangge jampi pampêtipun sakit murus, sadaya wau kagodhoga kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên sapalih.

Manawi badhe jampèni lare, supados botên ngêdên, katapêlana tigang lêmbar ron jarak iri, ugi nama [na...]

--- 90 ---

[...ma] jarak Cina utawi jarak pagêr. Ron wau kausèr-usèrna lisah klêntik lajêng kapanggang ing latu sakêdhap, nuntên kaglintira ngantos rênyuk sawatawis, salajêngipun ron wau katapêlna ing padharan tuwin ing bangkekan, sarta katangsulana kalihan gurita.

Tumrapipun lare ingkang krêminên, prayogi ing wanci sontên sadèrèngipun mapan tilêm, juburipun kausèr-usèrana godhogan ron punika sawatawis mawi lisah, enjingipun krêmi wau kaicalana kalihan sinjang suwekan.

Manawi tiyang mêndhêt talutuh jarak pagêr utawi jarak Cina mêntah, kacampur kalihan apu lajêng kaborèhakên padharanipun lare alit, punika angsaripun mampêtakên.

Patikan Maesa, jampi sakit padharan tuwin kataton (gambar ôngka 2)

Patikan maesa punika ingkang kathah thukul wontên ing tanah ngare, ing parêdèn ugi thukul, ananging botên patos kathah, patikan maesa punika kangge jampi usus tatu ngêmu nanah, kawoworana kalihan kunir supados [supa...]

--- 91 ---

[...dos] enggal pasahipun, sadaya punika kadhêploka mêntahan, sarta kadekekana toya tuwin sarêm sakêdhik, ing sadèrèngipun kajampèkakên sadaya punika kapêrêsa sarana sinjang, dene toyanipun lajêng kaunjukna ingkang sakit kaping sapisan sadintên.

Patikan maesa wau tiga utawi sakawan wit kalihan êmpuning kunir tigtiga. utawi sakawan iris bundêr sampun cêkap, tumrapipun lare saèstunipun kêdah dipun kirangi sawatawis.

Talutuhipun ugi prayogi kangge jampèni manawi kapêrang ing lading sapanunggilanipun, ananging sampun kangge jampèni sakit mripat, kados tiyang Jawi.

Patikan maesa punika wontên kalih warni, satunggal ingkang ngalolor wontên ing siti, punika kangge jampi sakit padharan, sanesipun ingkang inggilipun sakaki sarta kangge jampèni sakit gurung ingkang winastan bronkhitis (Bronchitis) manawi kangge jampèni sakit gurung, anggodhoga, ron punika wawrat 1/20 pon kalihan gêndhis batu, lajêng kaunjukna sabên kalih jam satunggal gêlas bitêr. Racikan jampi samantên punika tumrap tiyang [ti...]

--- 92 ---

[...yang] sêpuh, tumrapipun lare takêranipun kêdah kasuda. Patikan maesa punika botên niwasi, dados botên susah katiti sangêt.

Ron mêniran jampi sakit malariya, sakit ginjêl tuwin wadhah uyuh sapanunggilanipun (gambar ôngka 3)

Mêniran punika thukulipun angrêmbuyung sangêt wontên ing pasisir tuwin wontên ing tanah ngare, inggih punika thêthukulan ingkang kathah paedahipun, êmpanipun wontên ing wadhah uyuh tuwin ing ginjêl.

Tiyang ingkang sabên nguyuh sakit, tamtu karaos paedahipun anggangge jampi mêniran wau.

Mêniran sawatawis kathahipun kangge wedang, punika kangge jampi sakit bêntèr. Jampi ingkang sampun kacobèkakên wiwit kala kina, pangolahipun manut racikan ing ngandhap punika:

Mêniran gangsal wit ingkang panjangipun kalih driji kagodhog dalah oyodipun, kaêmor kalihan têmulawak tiga utawi sakawan iris, cêngkèh tiga iji, sarta [sar...]

--- 93 ---

[...ta] kajêng lêgi satunggal, panjangipun sapalih driji, sadaya punika kagodhoga kalihan toya sagêlas tepok, kakantuna sapalih.

Tiyang ingkang botên kêndhat sakit bêntèr, badhe angsal paedahipun angangge jampi wau, anggènipun warni jêne klucèh-klucèh badhe santun dados sumringah, jampi wau amung kaunjuka sapisan sadintên, padamêlipun jampi wau kêdah sontênipun. Sanadyan sakitipun bêntèr sampun saras, ewasamantên kêdah kalajêngakên pangunjukipun, kados ta ngantos sawulan, jampi punika tumamanipun botên patos rikat kados kênini, ananging kula milih ngangge jampi punika, langkung malih tumrap sakit bêntèr angot-angotan, jampi mêniran punika botên amung angrêsikakên rah, ananging ugi mikantuki dhatêng toyaning wadhuk, kênini punika amurugakên ewahing wadhuk sawatawis, ananging jampi mêniran punika kirang dayanipun tumrap sakit bêntèr jalaran sangking masuk angin.

Manawi lêstantun angunjuk jampi mêniran sagêd anyarasakên sakit dhêmêm malariyah.

--- 94 ---

Ron mêniran punika ugi kangge jampi sakit rajasinga utawi bêngang, mêniran 7 utawi 8 wit ingkang agêng kagodhoga kalihan toya kalih gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, kawoworana kêtèpèng maesa saêpang alit, jampi punika kaunjuka kaping kalih sadintên, lamining pangunjukipun jampi punika apês satêngah taun, sakit tatu tuwin nanahên, jajalaran saking bêngang punika sagêd rêsik manawi dipun jampèni godhogan kêtèpèng maesa kaping kalih sadintên, malah manawi sêsakit wau sampun rêkaos sangêt, bilih siram lênggah kukum dumugi padharan prayogi ngangge godhogan ron punika, kêtèpèng maesa punika warninipun kados kêtèpèng Cina, ananging gagangipun warni wungu cêmêng, makatên ugi gligiraning ron ing ngandhap inggih sawatawis.

Tiyang ingkang sakit rajasinga ngantos sangêt, kêdah ngangge jampi ron punika ingkang kathah sangêt, ugi amaosa bab panganggenipun samboja, manawi badanipun abuh (amaosa bab pamulasaraning sakit rajasinga)

--- 95 ---

Ron luntas, jampi sakit ngêdalakên rah pêthak (gambar ôngka 4)

Luntas punika tuwuhan alit ingkang limrahipun kangge pagêr, jalaran ronipun ijêm aroyo-royo, dayanipun ron luntas punika angrêsikakên sangêt dhatêng badan, manawi karingêt anggônda ingkang botên eca, abab tuwin sanès-sanèsipun ingkang gônda botên eca, punika sagêd ical sarana angangge ron luntas kadhêplok mêntahan kacampuran kalihan sarêm tuwin toya sawatawis, utawi nêdha pangipun ênèm mêntahan sawatawis, ron luntas punika ugi kenging kakukus katêdha kalihan sambêl miri kangge lalap.

Lare èstri ingkang gadhah sakit ngêdalakên rah pêthak, jalaran sangking katularan êmbanipun ingkang gadhah sêsakit rêgêd, utawi jalaran sangking linggih wontên ing kakus ingkang rêgêd, punika kadhêplokna pang luntas ingkang nèm, kalihan sarêm sakêdhik, manawi sampun kawoworan toya sagêlas bitêr, lajêng kapêrêsa ing sinjang sarta kaunjukna ing wanci enjing sadèrèngipun nêdha punapa-punapa. Anggènipun ngunjuk wau kapurih anglajêngakên ngantos [nga...]

--- 96 ---

[...ntos] lare wau rêsik babar pisan, sarta kapuriha adus linggih kukum wontên ing toya dumugi padharan kaping kalih sadintên, ingkang kangge adus godhogan ron sêdhah, prayoginipun sanadyan lare wau sampun saras, kalamôngsa kajampenan ron luntas malih sawatawis.

Manawi lare èstri ingkang kathah tuwuhing sakit ngêdalakên rah pêthak punika jalaran sangking lêsah utawi cape, mila prayogi katêdhanana tatêdhan ingkang ngiyatakên tuwin ingkang ngasrêpakên, sarta adus linggih wontên ing toya dumugi padharan, tuwin ngunjuk jampi tuwuhan papah lima§ Bokmanawi tapak liman. kalih wit, kagodhog kalihan toya kalih cangkir, kakantunakên sacangkir.

Tuwuhipun sakit ngêdalakên rah pêthak punika manawi lare èstri ugi sagêd sangking krêmi, dados sasagêd-sagêd tumuntên dipun jampènana talutuh katès, sarta larenipun kapuriha adus linggih wontên ing toya godhogan sêdhah dumugi padharan.

Tiyang èstri ingkang sakit ngêdalakên rah pêthak prayogi dipun jampèni ron punika, langkung malih manawi mêntas garapsari, [ga...]

--- 97 ---

[...rapsari,] sabab ron punika angwontênakên hawa ingkang rêsik dhatêng badan.

Papah lima, jampi sakit ngêdalakên rah pêthak (gambar ôngka 5)

Papah lima punika thukulipun ing hawa bêntèr sami kalihan ing hawa asrêp, angsaripun angasrêpakên sangêt.

Manawi badhe ngicalakên bêntèripun sakit dhêmêm, papah lima wau kintên-kintên tigang wit, kaanggea wedang, kagodhoga kalihan toya kalih cangkir dangunipun gangsal mênut.

Jampi punika prayogi sangêt kaunjuk manawi mêntas garapsari, kangge nulak sakit ngêdalakên rah pêthak, amêndhêta papah lima kalih wit, dalah oyodipun, kakumbaha ingkang rêsik, sarta kadhêploka kalihan sarêm alus sakêdhik, kadèkèkana toya sagêlas bitêr, lajêng kasaringa ing sinjang ingkang alus, nuntên kaunjuka ing wanci enjing sadèrèngipun nêdha punapa-punapa, manawi sakit bêntèr sangêt, ron papah lima punika ugi kaanggea tapêl, tuwin kenging ugi ron punika kagêcêk [kagêcê...]

--- 98 ---

[...k] kangge ngrêndhêm suku manawi sakit bêntèr sangêt.

Manawi sakit ngêdalakên rah pêthak ngantos sangêt, kêdah kajampènana papah lima punika kalih wit, kauwor kalihan êmpu kunci jêne, pang kêmuning ingkang alit tuwin pang pacar Jawi, sadaya punika kagodhog kalihan toya sagêlas tepok, kakantunakên sapalih, ananging manawi garapsari sampun ngunjuk jampi punika. Manawi tiyang ngangkah tumuntênipun sagêd saras anggènipun sakit ngêdalakên rah pêthak, kajawi ngunjuk jampi wau kêdah kakompaa kalihan roning jambu kaluthuk tigang pang alit ingkang nèm, tuwin sêdhah pitung lêmbar, kagodhog kalihan toya kalih gêndul anggur, kakantunakên sagêndul, punika kêdah kaanggea ngômpa kaping kalih sadintên.

Tumrapipun lare èstri, kungkum lênggah wontên ing toya watês padharan mawi godhogan ron-ronan ingkang kasêbut ing nginggil wau sampun cêkap, saèstunipun kêdah adamêla ingkang kathah, manawi kungkum anganggea jêdhing cet-cetan èmèl.

Tiyang èstri ingkang sakit ngêdalakên rah pêthak, sasagêd-sagêd [sasagê...]

--- 99 ---

[...d-sagêd] badanipun kêdah dipun asrêp-asrêp tuwin rêsikan, langkung malih manawi mêntas wawratan ing sadintênipun tuwin manawi mêntas têtoyan kêdah karêsikan kalihan toya ingkang ngantos rêsik sangêt, sadaya punika prêlu sangêt manawi sumêdya tumuntên luwar sangking sêsakit wau, makatên ugi sampun kêkathahên nêdha mriyos.

Manawi anggènipun sakit ngêdalakên rah pêthak rêkaos, punika prayogi padharanipun kablêbêt mawi tapêl ron-ronan ingkang ngasrêpakên, kados ta: ron kêtumbêl tuwin ron turi pêthak, sadaya punika kêdah dipun pipis ingkang lêmbat, tumrapipun sakit ngêdalakên rah pêthak, roning turi pêthak kagodhog kalihan kunir punika ugi prayogi.

Tumrapipun tiyang èstri ingkang sakit ngêdalakên rah pêthak prêlu sangêt kasumêrêpakên, bilih botên sasadhengah tatêdhan piyambakipun kenging nêdha, kados ta: nanas, punika kengingipun nêdha amung manawi kirang kalih dintên sadèrèngipun anggarapsari, sarta manawi anggènipun anggarapsari amung sawatawis, ananging sasampunipun punika sampun katêdhanan malih, tiyang èstri ingkang

--- 100 ---

saras, manawi mêntas nêdha woh punika sadintên-dintên, badhe tumuntên karaos lêsu, inggih punika ingkang anjalari sayah tuwin cape ing nalika ngajêngakên badhe nggarapsari.

Tumrapipun tiyang èstri ingkang sakit ngêdalakên rah pêthak, botên prayogi nêdha kêtimun, pisang ijêm, buah nonah, kêkathahên ngunjuk toya jêram sitrun, sêtrup asêm, dhêdhaharan ingkang kathah cokakipun, tiyang ingkang sakit ngêdalakên rah pêthak kêdah sampun kadangon ngadêg utawi dhansah, langkung malih manawi nggarapsari sabên wulan.

Anêdha tatêdhan kathah ingkang wontên kuniripun, punika prayogi sangêt, sabên pitung dintên sapisan utawi kaping kalih ingkang sakit angunjuka parudan êmpuning kunir mêntah satunggal ingkang panjangipun sapalih dariji, kasaring ing sinjang mawi toya sagêlas bitêr, tuwin kakêcêran jêram sitrun sawatawis, ugi prayogi anêdha manisan winastan sukadhê, ingkang padamêlipun makatên: amêndhêta sukadhê, sitrun utawi jêram katès, kairisa dados nêm, sadaya ingkang radi ngêmu toya kawêdalna [kawêda...]

--- 101 ---

[...lna] lajêng kaêpea watawis kalih dintên dangunipun, nuntên adamêla tètès gêndhis têbu ingkang kênthêl, manawi gêndhis wau sampun ajèr kadèkèkana kulit jêram sitrun, lajêng kagodhoga sakêdhap, ngantos gêndhisipun krakêt, manawi sampun tigang dintên kaambalana makatên malih, sasampunipun nuntên kagodhog malih sapisan êngkas, ngantos gêndhisipun mrasuk sadaya.

Salajêngipun kaêpea sadintên, amêndhêta malih gêndhis sawatawis, kajêndhêl kados padamêlipun gêndhis batu, kadèkèkana cuwil-cuwilan jêram sitrun lajêng kaêpea supados dados gêndhis sadaya, ing sadèrèngipun gêndhis wau karimatan kawadhahan wontên ing lodhong, kêdah kaêpea rumiyin sakêdhap, sukadhê punika ugi prayogi kangge jampi sakitipun tiyang èstri manawi mêntas gadhah anak winastan mayo padharan, bilih mêntas gadhah anak tumuntên anêdhaa sukadhê sawatawis kathahipun, saèstu badhe pirsa prayogènipun, panêdhanipun wau kalajêngna ngantos tigang dintên.

Jampi ingkang prayogi tumrap sakit ngêdalakên rah pêthak pratelaning racikanipun kados ing ngandhap punika.

--- 102 ---

2 iji mêsoyi, panjang 2½ sèntimètêr, wiyar 1½ sèntimètêr, 2 iji kajêng rapêt sapanjangipun dariji, 2 iji jênitri, 1 iji sêkar lawang, 2 iji kunci kuning, 12 iji kêmukus, 5 iji cêngkèh, 1 iji jagasukon, 10 iji sukmadiluwih, 10 iji jintên, 1 wuku sarêm sarta duduh sitrun sawatawis, 3 wit papah lima ingkang botên wontên sêkaripun. Tuwin kalih iji pêntil jêram pêcêl

Anggi-anggi sadaya wau langkung prayogi mêntahan tinimbang godhogan, samantên punika manawi sakitipun ngêdalakên rah pêthak sangêt, anggi-anggi wau kapipisa ingkang lêmbat sarta kenging kasimpên wontên ing lodhong, papah lima sarta jêramipun kauworna manawi anggi-anggi wau kaangge. Anggi-anggi samantên kathahipun wau

--- 103 ---

kapetang kangge tigang rambahan, sabên sarambahan kawêwahana papah lima 3 wit, sarta pêntil jêram pêcêl 2 iji, sarta toya satêngah gêlas.

Ron gagan, jampi sakit bêntèr, sakit jubur tuwin kuwaya (gambar ôngka 6)

Ron gagan ugi nama kakikudha utawi pêgagan.

Gagan punika thukul wontên ing pundi-pundi panggenan, angsaripun gagan punika angrêsikakên, enggal pasahipun kangge nglunturakên kuwaya sarta angasrêpakên sangêt.

Tumrap tiyang sakit manah, prayogi sangêt ron gagan ingkang nèm kadamêl sêlat, ron wau radi pait, ugi kenging kangge gudhang, ron wau kakukusa rumiyin, lajêng kabumbonana kalihan parudan kalapa sawatawis, punika katêdhakna dhatêng lare ingkang sakit pucêt.

Manawi lare sakit krêminên kêdah kadhêplokna roning gagan kintên-kintên tigang wit kalihan sarêm sawatawis, kadèkèkana toya sagêlas bitêr, lajêng kapêrêsa ing sinjang ingkang rêngkêt, punika kaunjukna ing wanci enjing sadèrèngipun nêdha punapa-punapa. Gagan punika ugi kangge

--- 104 ---

jampi sakit jubur, gagan sakawan utawi gangsal uwit kagodhog kalihan toya kalih cangkir dangunipun gangsal mênut, punika kaunjukna ingkang sakit ing wanci siyang.

Ron gagan punika ugi prayogi kangge jampèni lare supados doyanakên nedha, saèstu badhe katingal sumringah guwayanipun, sabab ron gagan punika angrêsikakên sakathahing rêrêgêdipun badan, tumrapipun tiyang sakit bêntèr kêdah kajampènana ron gagan sagêgêm kalihan adas tigang las sarta pulasari satugêl, kagodhog kalihan toya 3 cangkir kakantunakên sacangkir, kadèkèkana brambang satunggal, manawi sampun dipun jampèni ron punika rambah kaping tiga sakitipun bêntèr lajêng saras, sabên dintên kêdah kadamêlakên jampi enggal.

Panggodhogipun gagan punika kêdah kalihan oyodipun, supados saya mandi, sanadyan têrkadhang manawi kajampenan ron punika rambah kaping kalih utawi kaping tiga, sêsakitipun sampun saras, ananging anggènipun jampi kalajêngna ngantos 14 dintên, punapa malih wedangipun ron gagan wau prayogi kangge jampi tatu.

--- 105 ---

Ron gagan utawi pêgagan punika ugi kenging kangge jampi sakit cêkèk, ron wau kadhêplok mêntahan kadekekan toya sakêdhik lajêng kaunjukna.

Ron gagan punika manawi kangge jampi sakit rajasinga tuwin sanès-sanèsipun ingkang sampun angrêgêdakên rah, sagêd angrêsikakên sangêt, kajampenan ron wau sapara sêdasa pon sadintên, sampun nyêkapi, sanadyan kangge jampi punapa kemawon.

Manawi sakit watuk garing kagodhogna ron gagan kalihan gêndhis batu.

Ron gagan punika manawi kaêpe ical dayanipun.

Ron landêp, jampi encok (gambar ôngka 7)

Wit landêp punika wontên pintên-pintên warni, sadaya ron ingkang wangunipun lincip punika tiyang Jawi amastani landêp.

Ron landêp ingkang kula cariyosakên punika yèn ing Samarang kangge pagêr, inggih punika wit-witan alit ingkang sêkaripun jêne, paedahipun kangge jampi encok ing bangkekan prayogi sangêt, ronipun [ronipu...]

--- 106 ---

[...n] kapipisa kalihan apu sarta kablonyohna ing badan.

Mênggah watêkipun landêp punika anyarasakên utawi sangêt anyudakakên sakit encok.

Ron kêrmah, jampi ngicalakên bêntèring badan (gambar ôngka 8)

Kêrmah punika thêthukulan ingkang wontên ing saênggèn-ênggèn, ing parêdèn ugi kathah, watêkipun kêrmah punika sangêt angasrêpakên, mila kangge jampèni sakit bêntèr tuwin bêntèr salêbêting padharan, manawi tiyang Jawi kêrmah punika kangge tapêl, makatên ugi kangge wedang kawoworan kalihan adas kalih utawi tigang las utawi pulasari.

Manawi tiyang sakit wawratan rah umbêl, wedang kêrmah punika amantunakên mulêsipun, sarta anyarasakên.

Kêrmah tigang wit kabêthot dalah oyodipun, kagodhoga kalihan toya 2 cangkir dangunipun gangsal mênut, lajêng kaunjuka ing wanci siyang.

--- 107 ---

Wit sana, jampi gomên (gambar ôngka 9)

Talutuhipun godhong sana punika prayogi kangge jampi gomên salêbêting cangkêm, manawi botên sagêd angsal talutuhipun, klikanipun kemawon kagodhoga kangge wedang, punika prayogi kaunjuk sarta kangge kêmu, têlutuh sana punika ajèripun kêdah kaêkum ing wedang.

Manawi tiyang purun nandho talutuh sana punika prayogi, sabab wit sana punika botên thukul ing saênggèn-ênggèn.

Ron galing, jampi sindap (gambar ôngka 10)

Galing punika bangsaning wit marambat, ingkang thukul wontên ing saênggèn-ênggèn salêbêting wana, galing kawoworan duduhing nanas punika jampi ingkang mandos tumrap sindap, ananging wit galing punika sampun kacêpêng ing asta, awit ronipun gatêl.

--- 108 ---

Lênglêngan, jampi watuk sawan, bubul tuwin ngêlu (gambar ôngka 11)

Lênglêngan punika angsaripun angayêmakên, ing saênggèn-ênggèn lênglêngan punika wontên, wujudipun wontên kalih warni, mawi sêkar pêthak tuwin sêkar wungu kados rêgulo, ingkang sêkaripun pêthak punika kangge jampi, tumrapipun sakit watuk sawan anggodhoga lênglêngan saoyodipun, kadèkèkana gêndhis batu tuwin adas sawatawis, kagodhoga kalihan toya kalih cangkir kakantunakên sacangkir, jampi punika ugi prayogi tumrap kapal ingkang watuk, ananging saèstunipun kêdah kathah, kados ta: lênglênganipun wawrat satêngah pun, lênglêngan sarta oyodipun punika ugi prayogi kangge jampi bubul, anggodhoga lênglêngan 6 wit, lajêng sukunipun kaêkuma ing wedang lênglêngan wau, tumrapipun sakit ngêlu, ron lênglêngan punika karêmêt utawi kagêcêka kalihan toya sakêdhik, lajêng kaanggea opyok-opyok sirah.

Lare ingkang nangis botên kenging dipun ênêng-ênêng, kaguyanga kalihan ron punika, lare ingkang klisikan prayogi [pra...]

--- 109 ---

[...yogi] sangêt kaguyang ron wau sadèrèngipun tilêm, awit anggènipun tilêm badhe sakeca, sarta jampi wau botên wontên awonipun awit botên pisan angêndêmi.

Ron encok, jampi sakit encok (gambar ôngka 12)

Ron encok punika kangge jampi sakit encok utawi mangsuk angin, manawi tiyang sakit sirahipun jalaran mangsuk angin, amêndhêta ron encok kalih lêmbar karênyuk ing driji, ananging ron wau kausèr-usèrana lisah klêntik, lajêng katèmplèkna sawingkinging talingan kalih pisan kalêrês panggenan otot agêng dangunipun 2 utawi 3 mênut, ananging ingkang ngatos-atos sampun ngantos tumèmplèkipun wau langkung sangking tigang mênut, makatên ugi manawi ron wau kangge jampi encok, ron wau kêdah kadhêplok ingkang lêmbat lajêng kausèr-usèrna panggenan ingkang sakit, manawi kadangon anggènipun ngangge ron wau andadosakên malênthung.

--- 110 ---

Ron cêndhani, jampi sakit padharan (gambar ôngka 13)

Kajêng cêndhani ingkang gandanipun wangi punika kangge jampi pampêt, manawi sêsukêripun katutan isèn-isèning usus, kajêng cêndhani wau kacampur kalihan pala sakêdhik, jampi punika sampun kapratelakakên kalihan nastiti (amaosa bab racikaning jampi sakit padharan).

Cikal balung, jampi sakit ros-rosan (gambar ôngka 14)

Cikal balung punika ugi thukul wontên ing wana, sarta kangge jampi encok tuwin jampi sakit ros-rosan utawi kongsul, cikal balung wau karêmêda kalihan apu sakêdhik, lajêng kaborèhna ing ros-rosan sadèrèngipun mapan tilêm.

Manawi tiyang sakit encok utawi sakit ros-rosan, prêlu sangêt ingkang sakit wau nyumêrêpi, bilih pyambakipun botên kenging kêkathahên nêdha ulam daging, botên kenging nêdha bung, klenthang kelor tuwin toya [to...]

--- 111 ---

[...ya] dêgan, manawi tiyang tugêl balungipun jalaran saking dhawah, ugi anganggea jampi cikal balung, kagêcêka kalihan sarêm lajêng kapopokna ing suku utawi tangan ingkang tugêl.

Kêtumbêl, tapêl tumrap sakit bêntèr padharan (gambar ôngka 15)

Ron kêtumbêl punika manawi kangge tapêl angasrêpakên sangêt, pandamêlipun tapêl kawoworan simbar manjangan (gambar ôngka 16) sarta ron lampis (gambar ôngka 17) tapêl punika tumrap sakit bêntèr salêbêting padharan, manawi sêsukêripun kawoworan rah tuwin umbêl, amêndhêta kêtumbêl saêpang kalihan tapakliman utawi papah lima kalih oyod sarta ron dhadhap srêp tigang lêmbar, kagodhoga kalihan toya kalih cangkir kakantuna sapalih, kangge ngicali bêntèripun padharan.

Simbar mênjangan, tapêl tumrap sakit jubur (gambar ôngka 16)

Simbar mênjangan punika kangge tapêl manawi sakit padharan, [padhar...]

--- 112 ---

[...an,] ingkang prêlu sakit bêntèr ing padharan sarta sakit jubur.

Ron lampês, jampi ngimpèsakên abuh (gambar ôngka 17)

Lampês punika thukul kathah sangêt wontên ing wana, ing tanah ingkang bêntèr tuwin ingkang asrêp, angsaripun angayêmakên, manawi sakit abuh lampês punika kangge angimpèsakên, anggèning jampèkakên karêmpu, langkung malih tumrap tiyang sêpuh, tlasih tuwin kêmangi punika ugi kagolong bangsaning lampês, sadaya punika angsaripun angasrêpakên tuwin angayêmakên.

Dhadhap srêp, tapêl tumrap sakit padharan, sapanunggilanipun (gambar ôngka 18)

Dhadhap srêp wau sampun ngantos kalintu dhadhap bong, ingkang katanêm wontên ing pakopèn, awit dhadhap srêp punika botên gadhah ri, ronipun angasrêpakên sangêt, kangge tapêlipun tiyang èstri kêluron, sakit ngêdalakên rah tuwin kangge opyok sakit dhêmêndhêmêm. ingkang sangêt bêntèripun, kangge tapêlipun sawarnining sakit padharan, kangge [kang...]

--- 113 ---

[...ge] tapêl manawi wiwit badhe kêluron, supados laslastantunlastantun. anggènipun wawrat, padharanipun sarta bangkekanipun ingkang wawrat kaborèhana dhêplokan dhadhap srêp kasantunana rambah kaping tiga sadintên, dados kêdah botên nyambut damêl, sarta anggènipun napêlakên ron wau kêdah kandêl, lajêng katangsulan gurita, mênggah anggènipun napêl wau kaambalan ngantos sawatawis dintên, sarta ing dintên wau sampun ngunjuk minuman sarta tatêdhan ingkang bêntèr-bêntèr.

Gôndarasa, jampi sakit encok (gambar ôngka 19)

Gôndarasa punika kangge jampi sakit encok, padamêlipun kadhêploka ingkang lêmbat kalihan apu, lajêng kaborèhna ing panggenan ingkang sakit, ron gôndarasa punika ugi prayogi kangge jampi sakit ngêlu ingkang sangêt, ron wau katèmplèkakên ing bathuk lajêng katangsulan, racikan sanèsipun malih ron wau kadhêploka ingkang lêmbat kacampura kalihan mrica pêthak tuwin cokak.

--- 114 ---

Ilatbaya, jampi rema sapanunggilanipun (gambar ôngka 20)

Ilatbaya punika ronipun kangge ngêtêlakên tuwin manjangakên rema, anganggea ron wau ingkang nglêbêt, ingkang warninipun mèmpêr gudir kênthêl, kangge jampi watuk ugi prayogi, ananging kêdah kadekekan sêtrup utawi tètès sakêdhik, sarta kaunjuka sasendhok dhaharan, ing sadèrèngipun mapan tilêm, sarta enjingipun ugi, tumrap lare alit cêkap sasendhok tèh.

Ron waru lêngis, jampi sakit padharan sapanunggilanipun (gambar ôngka 21)

Waru lêngis punika waru ingkang ronipun wiyar mawi sulak biru pêthak, pupusipun pitung lêmbar ingkang taksih wontên ing kudhup, kaanggea jampèni lare wawratan rah umbêl, ronipun karêmêda sarta kaulenan ngantos ngêdalakên toya, lajêng kailingana toya sagêlas bitêr, sarta kaêjurana gêndhis Jawi sapringkil alit, jampi punika kawadhahana ing gêlas, sontênipun sadèrèngipun kaunjuk kaêbun-êbuna, enjingipun kasaringa ing sinjang sarta [sar...]

--- 115 ---

[...ta] kaunjuka ing sadrèrèngipun nêdha punapa-punapa.

Jampi punika ugi prayogi tumrapipun paru, manawi wiwit sakit cêkèk, tumrap watuk ingkang sangêt pupusipun waru lêngis punika kagodhoga kalihan gêndhis batu, sagêd anyudakakên sarta nyuwèrakên riyak, cariyosipun tiyang, ron waru lêngis punika angasrêpakên sangêt sarta prayogi kangkekangge. ngindhakakên rema, ron waru kadhêploka ingkang lêmbat, sarta kaulènana ngantos dados sarupi jênang, lajêng kasaringa ing sinjang sarta kaêbun-êbuna nuntên kaanggea cacap.

Tuwuhan krêmi, jampi ngasrêpakên sakit bêntèr sapanunggilanipun (gambar ôngka 22)

Krêmi punika angsaripun asrêp, kanggenipun kadamêl tapêl utawi kadamêl wedang kangge ngêdalakên bêntèring badan, tumrap sakit dhêmêm tuwin sakit jubur, ananging sampun ngantos kalintu krêmi wana. Krêmi punika rêmênanipun thukul wontên panggenan ingkang amês sangêt, manawi ningali gambaripun tiyang sagêd pirsa bilih gagangipun langkung panjang, krêmi punika manawi kangge opyok sirahipun tiyang sakit itijab [iti...]

--- 116 ---

[...jab] sangêt sarta raosipun asrêp sakeca.

Tumrapipun tiyang sakit dhêmêm tipus, krêmi wau kadamêla kasuran bagor, dados bagor, kaisenan tuwuhan krêmi, ing sadhengah panggenan ingkang amês saèstu wontên thukulan krêmi, kadamêl kajang sirah krêmi punika ugi prayogi, kadosdene padamêlipun kasur, ron krêmi punika botên wontên gandanipun babar pisan, manawi kangge opyok paedahipun langkung saking opyok toya utawi èis, sarta asrêpipun kados èis.

Tumrapipun tiyang sakit tuwuhan krêmi punika langkung sakeca, sabab botên angêmu toya suprandosipun karaos asrêp sakeca, kasur krêmi punika kenging kaangge 5 dintên laminipun, botên susah nyantuni ronipun, ron krêmi punika botên enggal alum, prayoginipun damêl kasur kalih, dados manawi dalu ingkang satunggal kenging kabikak sarta ronipun kaêbun-êbunakên.

--- 117 ---

Waru laut, jampi ngasrêpakên sakit bêntèr (gambar ôngka 23)

Waru laut punika waru ingkang ronipun alit gilap, wit waru dalah saoyodipun pisan, punika angsaripun angasrêpakên, oyod waru kagodhog kalihan toya, mawi oyod tapak liman, utawi papah lima, (gambar ôngka 15), punika jampènipun tiyang sakit bêntèr, wedang waru laut punika kangge ngêdalakên bêntèring badan, oyod waru laut wawrat kalih prasêdasan punpon. sarta tapak liman tigang wit sampun cêkap, lajêng kagodhoga kalihan toya 4 gêlas tepok, kakantunakên sapalih, ingkang sagêlas tepok kaunjuka, dene ingkang sagêlas kaanggea wisuh, ananging mawi kawêwahana malih, amêndhêta pupus waru sarta tapak liman saoyodipun, kadhêploka ingkang lêmbat, sadaya punika kaêmorna kalihan wedang ingkang kasêbut ing nginggil wau, kaangge misuhi ingkang sakit.

Tirahanipun dhêplokan ron waru kalihan oyod tapak liman wau kaanggea ngasrêpakên padharan tuwin sirah.

--- 118 ---

Ron waru laut kalihan adas pulasari, punika prayogi kangge tapêlipun lare alit ingkang rêkaos sagêdipun toyan, pupus waru kagêcêk ingkang lêmbat kalihan gêndhis batu sarta toya sakêdhik, punika prayogi kangge jampi sakit idu rah, tumrap rema ugi prayogi sangêt.

Ron wungu ugi winastan dhêmon, jampi sakit jubur, tuwin sakit kuwaya atos, (galsteen), gambar ôngka (24)

Ron wungu punika kangge jampi sakit jubur, ron wungu pitupitung. lêmbar kadamêla wedang, dene sêkaripun kanggea ngajêgakên garapsari:

Jampi ingkang prayogi tumrap sakit kuwaya atos, racikanipun kados ing ngandhap punika.

Satêkêm ron rêmukjungrêmujung. utawi brêngos kucing, 7 lêmbar ron wungu, 2 iji brambang gunung, 1 iji kajêng lêgi sapanjanging driji, 1 êmpu kunir sapanjanging driji

Sadaya punika kagodhoga kalihan toya 2 gêndul [gê...]

--- 119 ---

[...ndul] anggur, kakantunakên sagêndul, punika kaunjuka rambah kaping tiga sadintên.

Ron kêmarugan, kangge doyanakên nêdha sapanunggilanipun (gambar ôngka 25)

Ron kêmarugan punika bangsaning thêthukulan, ingkang kathah tuwuh wontên ing sabin, ing ara-ara, tuwin ing sasêlanipun kambêngan, kêmarugan punika bangsaning êlung, kuncupipun pêthak, ronipun kasar tuwin kasap, thukulipun ngêlolèr wontên ing siti, dene oyodipun trubus ing pundi-pundi, angsaripun ron kêmarugan punika botên amung ngasrêpakên badan sakojur, ananging ugi gadhah daya doyanakên nêdha, mila manawi tiyang Jawi kangge tapêl, manawi tiyang ngangge jampi kêmarugan punika sagêd enggal rosa, langkung malih manawi tiyang mêntas sakit rêkaos, wedang ron kêmarugan punika tanpa gônda tuwin tanpa raos. Bubuk kopi, soklat tuwin tèh, kenging kacampurakên kalihan wedang ron kêmarugan, botên badhe karaos salah rasa, botên marêm-marêm manah kula anyariyosakên dhatêng sadhengah [sadhe...]

--- 120 ---

[...ngah] tiyang, bab anggèn kula angaosi dhatêng kêmarugan punika, langkung malih kangge jampinipun lare pucêt, ingkang gêring margi saking lêsah tuwin cape.

Tumrap tiyang èstri kêra tuwin cape jalaran saking sakit ngêdalakên rah pêthak, ron kêmarugan punika kaanggea unjuk-unjukan sabên dintên, mawi kacampurana êmpuning kunir satunggal iji, punika jampi ingkang prayogi.

Pang kêmarugan panjang saprapat elo, sampun cêkap kangge jampi tiyang sêpuh, lêt satêngah jam sasampuning angunjuk jampi punika badhe karaos luwe, pangunjukipun jampi punika ing sadèrèngipun kalêbêtan punapa-punapa, pang kêmarugan punika angglugut, mila ing sadèrèngipun kagodhog, kêdah kakêroka ingkang rêsik.

Ron pêcah bêling utawi kêji bêling ôngka I, jampi sakit sela ing ginjêl ingkang winastan nirsêtin (gambar ôngka 26)

Ron pêcah bêling utawi kêji bêling punika, bangsanipun [bangsani...]

--- 121 ---

[...pun] têtuwuhan ingkang thukul wontên ing sêlaning rumputan, wontên ing parêdèn utawi tanah ngare ugi gêsang, punika kangge jampi sakit sela ing ginjêl, kêji bêling kalih wit alit, ron mêniran tigang wit tuwin 7 lêmbar ron kêji bêling sanèsipun (gambar ôngka 38) ingkang sêkaripun awarni jêne gadhing, punika kagodhoga kadamêl wedang, ron tigang warni wau kagodhoga kalihan toya sagêlas tepok, kakantuna sapalih, punika kaunjuka kaping kalih sadintên, wanci enjing sadèrèngipun padharan kalêbêtan punapa-punapa, tuwin wanci jam sakawan utawi jam gangsal sontên, kaunjukana malih sacangkir.

Kathah têtuwuhan ingkang winastan kêji bêling, ingkang maos sêrat punika badhe pirsa beda-bedaning jinisipun manawi ningali gambar panunggilanipun sêrat punika, kêji bêling kalih warni, ingkang kula cariyosakên punika, sampun kula nyatakakên têtela prayogi, dene jinis sanèsipun bokmanawi ugi prayogi, ananging kula dèrèng nate nyobi.

Kêji bêling ingkang sampun kapratelakakên wau manawi

--- 122 ---

kacampur kalihan ron urèt (gambar ôngka 34) sawatawis wit kathahipun, punika kangge jampi sakit kuwaya atos utawi mrongkol (galsteen) ron urèt sakawan utawi gangsal wit sarta pitung lêmbar ron kêji bêling kagodhoga kalihan toya kalih gêlas tepok, kakantuna sapalih.

Ron ilèr, jampi ngrêsikakên rah sakit jubur sapanunggilanipun (gambar ôngka 27)

Ron ilèr punika kenging kangge ngrêsikakên rah, manawi sakit tatu utawi kowak, ron wau kakumbaha rumiyin ingkang rêsik, lajêng kapususa ing asta ngantos mêdal toyanipun sawatawis, nuntên katèmplèkna wontên ing tatu, ron wau kasantunana sadintên kaping tiga.

Ron ilèr wau ugi prayogi kangge jampinipun tiyang ingkang botên sagêd lastantun garapsari, langkung malih manawi anggènipun botên garapsari wau kanthi sakit, manawi makatên ron ilèr wau kacampura kalihan sêkar srigadhing 10 iji, ronipun ilèr 7 lêmbar, lajêng kagodhoga [ka...]

--- 123 ---

[...godhoga] kalihan toya sagêlas tepok kakantunakên sapalih.

Ron ilèr punika prayogi sangêt kangge jampi sakit jubur, ron ilèr 12 lêmbar, kagodhoga kalihan toya 2 gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, kadamêl wedangan.

Manawi anggènipun sukêr mèh kèndêl, punika manawi badhe angrêsikakên, ing dintên wêkasanipun sukêr kêdah kajampenana ron ilèr tigang lêmbar, kalihan êmpuning kunyit utawi kunir sapalihing panjangipun driji, sarêm sarta duduhing jêram sitrun sakêdhik, sadaya punika kadhêploka ingkang lêmbat sarta kadèkèkana toya sagêlas pait, manawi kajampèkakên badhe botên rêmêng-rêmêng paningalipun tuwin botên angêdalakên rah pêthak, anggènipun ngunjuk jampi punika laminipun amung tigang dintên, ing sadèrèngipun kaunjuk kasaringa ing sinjang ingkang lêmbat rumiyin.

Lêgêtan agêng, jampi gomên (gambar ôngka 28)

Woh lêgêtan punika rosipun kaangge jampèni

--- 124 ---

gomên salêbêting cangkêm, lêgêtan punika wontên ingkang agêng, ing wana ugi wontên lêgêtan, ananging alit, dene angsaripun sami kemawon, lêgêtan punika ugi prayogi kangge jampi sakit waja.

Turi abrit, jampi pampêtipun sakit murus rah (gambar ôngka 29)

Babakan turi abrit punika kangge mampêt sakit murus utawi mèncrèt rah ingkang sangêt, sêkar turi pêthak punika kenging kangge pêcêl, anggêripun botên kagodhog sêkar turi punika angsaripun angasrêpakên, sarta botên nyakiti, tiyang ingkang sakit jubur kêdah nêdha sêkar turi pêthak ingkang kathah.

Ron mindi, jampi sakit barah utawi sakit kulit (gambar ôngka 30)

Wit mindi punika kacariyos inggih wit cikra-cikri, ron tuwin babakan mindi punika manawi tiyang Jawi kangge jampi kadhas kudhis, babakanipun kabêsmi, landhanipun kaanggea ngumbah, ronipun kaangge borèh.

--- 125 ---

Ron kêndhal, jampi sakit bêntèr sapanunggilanipun (gambar ôngka 31)

Wit kêndhal punika ronipun manawi kauwor kalihan ron murbèi, dados jampi sakit bêntèr, amêndhêta pangipun ênèm wit kêndhal sawatawis kathahipun, sarta ron murbèi gangsal lêmbar, punika kagodhoga kalihan toya 2 gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, babakan wit kêndhal punika kangge panulakipun sakit gabag supados sampun ngurêng malêbêt, babakan kêndhal sapanjanging dariji kathahipun kalih utawi tiga, kairis ingkang lêmbat, karêndhêm wedang bêntèr kalihan brambang kalih iji, punika kaanggea pangunjukan, manawi lare gabagên badhe enggal saras manawi ngangge jampi punika, sakit bêntèr kanthi gabag tuwin watuk, punika prayogi angunjuk godhogan ron kêndhal.

Tumrap sakit bêntèr ingkang tansah angot prayogi kajampenan racikan ing ngandhap punika:

3 lêmbar ron kêndhal, 3 lêmbar ron sêmbung, 3 lêmbar ron jêram pêcêl,

--- 126 ---

5 lêmbar ron prasman utawi rajapanan.

Punika kagodhoga kalihan toya 2 gêlas tepok, kakantunakên sagêlas, lajêng kaunjuka sadintên kaping kalih.

Wanci sontên sadèrèngipun mapan tilêm, badanipun kakukusana wedang godhogan ron ing ngandhap punika:

5 lêmbar ron jêruk macan, 7 lêmbar ron sêdhah sagagangipun, 9 lêmbar ron sêmbung, 7 lêmbar ron kêndhal, 3 pang alit, ron asêm ingkang nèm, 5 pang alit ron luntas.

Sadaya punika kagodhoga kalihan toya kintên-kintên tigang prapat blèg petroliyun kakantuna satêngah blèg, punika kaanggea ngêkum suku sadèrèngipun mapan tilêm, sarta tumuntên kêmulan.

--- 127 ---

Ron sarab utawi sambang gêtih ôngka I jampi sakit ngêdalakên rah sapanunggilanipun (gambar ôngka 32)

Ron sarab utawi sambang gêtih kadhêplok kalihan adas tuwin pulasari sakêdhik, punika kangge jampi sakit ngêdalakên rah utawi ingkang botên kêndhat mili rah, jampi punika enggal sangêt pasahipun, 3 pang alit sampun cêkap.

Jarak iri pagêr utawi jarak Cina, jampi urus-urus sapanunggilanipun (gambar ôngka 33)

Jarak Cina punika asring kangge pagêr, ananging ugi kenging kangge jampi, awit kula sampun nate nyatakakên jarak punika pancèn maedahi sangêt, ingkang kula cariyosakên rumiyin isènipun ingkang mêdal lisahipun, punika kauwora kalihan bubukan lirang ingkang lêmbat, malam pêthak, godhogan kajêng sêcang, sarta tèrpêntin sawatawis tètès, punika prayogi sangêt kangge borèhipun sakit tatu. Tatu jalaran sangking [sang...]

--- 128 ---

[...king] wisaning kewan utawi talutuhing tanêman, sagêd enggal saras manawi dipun jampèni borèh punika.

Uyuh bajing punika ugi mandos tuwin landhêp, bajing manawi badhe ngrikiti klapa, klapa wau dipun uyuhi rumiyin supados sêpêt tuwin bathokipun sagêd êmpuk, gantilanipun manawi kenging uyuh lajêng gosong sarta tugêl, mila mutawatosi sangêt manawi lare dipun dolani bajing, kula sampun nate ngalami ingkang gêgirisi tumrap anak kula jalêr umur 5 taun, darijinipun sadaya labêd dipun krikiti ngantos dumugi ing balung, makatên ugi sukunipun ngantos katingal angêrêsakên manah, sarèhning jalaranipun kula botên têrang, mila kula jampèni botên tulung, kalêrêsan wontên tiyang dhusun pirsa kala lare wau dolanan bajing sarta kapinujon kêpidak, amargi sangking punika bajing wau lajêng nguyuh angengingi sukunipun, tiyang wau anyêrêpakên dhatêng kula bab dolanan ingkang bêbayani punika sarta jalaranipun tatu wau.

Amargi sangking kajampenan borèh kasêbut ing nginggil, tatu wau enggal sangêt mantunipun, makatên ugi [u...]

--- 129 ---

[...gi] uyuh kadhal tuwin bunglon, punika inggih bêbayani sarta ugi adamêl tatu, tuwin kathah kewan ingkang botên kula sumêrêpi ingkang gadhah wisa.

Têtuwuhan ugi wontên upasipun warni-warni, talutuhing ingas utawi sêmplêp punika bêbayani sangêt, wit ingas punika wontên kalih utawi tigang warni. Tanêman kroton punika anggènipun bilaèni amung manawi tlutuhipun angengingi tatu, tlutuhing pêtir, ingkang kangge pasrèning griya, tlutuhing jambu monyèt utawi kêthèk, tlutuh kajêng urip tuwin tanêman sanèsipun malih kêlangkung kathah.

Lisah jarak Cina punika prayogi sangêt, kangge ngindhakakên thukuling rema, lisah wau kenging kadamêl cêm-cêman kalihan panili satunggal, supados arum, manawi badhe ngangge lisah punika kêdah kagosokakên ing kuliting sirah kemawon, sabab lisah punika dhatêng rema plikêt, ron jarak punika damêlipun kangge urus-urus, tumrapipun tiyang sêpuh cêkap ngangge ron tigang lêmbar, murusipun botên mawi sakit, ron punika kakukus utawi kagodhoga ananging toyanipun sakêdhik kemawon, [kemawo...]

--- 130 ---

[...n,] supados sampun ical dayanipun, ron jarak punika katêdha kalihan kecap utawi sambêl kêmiri, tiyang ingkang kêdah ajêjampi murih sagêdipun wawratan, kenging nêdha ron punika sabên dintên, manawi sampun kalampahan sawatawis ngadad anggènipun wawratan sagêd ajêg, tiyang ingkang gadhah sakit kuwaya atos utawi mrongkol, botên tahan kalêbêtan jampi ron jarak, badhe karaos munêk-munêk tuwin mulês.

Manawi lare alit cêkap katapêlan ron jarak padharanipun kaping kalih sadintên, tapêl wau katangsulana gurita sabên siyang tuwin sontên, manawi badhe tilêm, ron wau kausèr-usèrana lisah klêntik kapangganga ing latu sakêdhap ngantos gosong sawatawis, ron sakawan kemawon sampun cêkap.

Tlutuh jarak iri utawi jarak pagêr punika manawi tiyang Jawi kangge jampi sakit untu, ananging kêdah ingkang ngatos-atos sangêt, sabab manawi tlutuh wau angengingi untu ingkang botên sakit lajêng rèmpèl, sampun pisan anêdha isi jarak iri têmahanipun badhe kados tiyang sakit kolerah: kacariyos racunipun dumunung [dumu...]

--- 131 ---

[...nung] wontên kuliting woh.

Ron urèt jampi sakit kuwaya atos utawi mrongkol, tuwin sanès-sanèsipun (gambar ôngka 34)

Ron urèt punika angsaripun angrêsikakên, kula sampun mratelakakên bilih ron urèt wau kauwor kalihan kêji bêling ôngka 1, prayogi kangge jampi sakit kuwaya mrongkol (galsteen), tiyang ingkang sakit kukul, tatu utawi sakit kulit, prayogi kajampenan wedang ron urèt, ronipun kapipis lajêng kapopokna ing tatu, sabên tigang dintên sapisan kêdah kasantunan.

Ron punika kagodhog kalihan ron wungu kadamêl wedangan, tulung sangêt tumrap sakit ambèi.

Sosor bèbèk, kangge tapêl (gambar ôngka 35)

Sosor bèbèk punika kangge tapêl, angsaripun dhatêng padharan asrêp

--- 132 ---

Oyod trêba jampi kadhas (gambar ôngka 36)

Oyod trêba punika kangge jampi kadhas, tiyang Jawi ugi amastani landêp, oyod trêba utawi landêp kadhêplok kalihan jêram sitrun, punika kangge jampi kadhas.

Jatos Walandi, jampi pampêtipun sakit padharan, sasamènipun (gambar ôngka 37

Isi jatos Walandi punika kagêpuk lajêng kagorèng sangan kados kopi, tumrapipun lare 6 iji, tumrapipun tiyang sêpuh 12 iji, punika kangge jampi pampêt, woh wau kadhêplok sawatawis sarta kagodhog kalihan toya kalih cangkir, kakantunakên sacangkir, punika kêdah kaunjuka kaping kalih sadintên.

Woh samantên kathahipun wau kabêsmia kadadosakên arêng, lajêng kadhêplok ngantos dados bubuk, punika

--- 133 ---

kangge jampi padharan malêmbung tuwin basêsêk, bubukan punika kacêmplungna ing toya satêngah gêlas tepok kacampur kalihan lisah adas satètès, sabên badhe kaunjuk kaudhaka ingkang mungkêt, pangunjukipun sapisan sadintên, punika kêdah kalajêngakên ngantos saras, sawênèhipun tiyang ngunjuk sapisan kemawon sampun tulung, têrkadhang wontên ingkang ngunjuk kaping kalih utawi kaping tiga sawêg saras.

Ronipun ugi kenging kangge jampi tiyang kêra, ananging kengingipun ngangge jampi wau amung sawulan laminipun.

Amêndheta ron jatos Walandi 10 lêmbar, manawi ron wau alit, manawi agêng amêndhêta 7 lêmbar lajêng kagodhoga kalihan toya 2 gêlas tepok kakantuna sagêlas sarta kaunjuka kaping kalih sadintên.

Kêjibêling utawi pêcah bêling ôngka II jampi sakit sela ing ginjêl (Niersteen) (gambar ôngka 38)

Kêjibêling ôngka II punika sêkaripun jêne kados gadhing

--- 134 ---

tuwuhipun wontên ing wana, samangke asring katanêm wontên patamanan kangge pasrèn, sami-sami kêji bêling punika ingkang ampuh piyambak ananging kêladuking cariyosipun tiyang ron kêji bêling punika sagêd angluluhakên bêling.

Ron kêji bêling punika amung kangge angêjur sela ing ginjêl utawi sela ingkang wontên margi uyuh, sabab ron punika ampuh sangêt, sabên kula ngangge jampi ron punika mawi kula campur kalihan ron mêniran tuwin kalihan kêjibêling sanèsipun, ingkang sampun kula cariyosakên, mila supados botên kalintu kula pèngêti mawi ôngka I.

Kêjibêling ôngka III jampi sakit sela ing ginjêtginjêl. (gambar ôngka 39)

Kêjibêling ôngka III punika tuwuhipun andhap sangêt wontên ing siti, sêkaripun abrit sêmu biru nèm, wijinipun sakêlangkung lêmbat, manawi kêjibêling punika katanêm, enggal mrajakipun, ing saênggèn-ênggèn [saênggèn-ênggè...]

--- 135 ---

[...n] salêbêting patamanan badhe kathukulan kêji bêling wau.

Kêjibêling ôngka III, punika manawi kangge jampi botên mawi kawoworan punapa-punapa, ron kêji punika wawrat gangsal para sadasan pon kagodhog ing toya sagêndul toya Walandi kakantunakên mèh sapalih, punika kaunjuka ing wanci siyang.

Ron punika kenging kagaringakên, botên ical dayanipun ingkang prayogi, jampi uyub punika kaunjuka têrus, sanadyan uyuhipun sampun bêning, kados ta salêbêtipun satêngah wulan.

Kêcubung, jampi mantunakên raos sakit sapanunggilanipun (gambar ôngka 40)

Sêkar kêcubung punika ngêndêmi tuwin mandos, woh tuwin ronipun inggih mandos, sarta sagêd anjalari pêjah, ewadene kêcubung punika gadhah daya ingkang prayogi sarta sagêd mantunakên raos sakit, tumrap sakit talingan anganggea jampi ron kêcubung kados ing ngandhap punika.

--- 136 ---

Ron kêcubung 7 utawi 8 lêmbar, karajang ingkang lêmbat lajêng kaêpe ingkang ngantos garing, nuntên amêndhêta lisah klêntik ingkang rêsik utawi langkung prayogi glisêrin (glycerine) kathahipun sasendhok sop, lajêng sami kalêbêtna ing gêndul, ing sadèrèngipun kangge, gêndul wau kaêpea kintên-kintên kawan wêlas dintên laminipun, jampi punika manawi katètèsakên ing talingan sawatawis kathahipun sagêd ngicalakên raos sakit, manawi ajêg anggènipun nètèsi, enjing tuwin sontên salêbêtipun sawatawis Ngahat, badhe botên ngamungakên suda sakitipun, ananging glisêrinipun ingkang sêmumpêl sarta curakipun badhe ajèr, lajêng kacukila kalihan kili kapuk.

Mênggah caranipun anggèning ngrêsiki lingsah utawi glisêrin makatên, amêndhêta gêndul kadèkèkana torong, salêbêting torong kadèkèkana kapuk ingkang rêsik, nuntên angêngsoka lisah ing ngriku dados kasaring ing kapuk.

Manawi tiyang badhe tumuntên ngangge lisah kêcubung, padamêlipun lisah wau makatên, angisèkna ron kêcubung

--- 137 ---

wontên ing gêndul kalihan lisah utawi glisêrin, nuntên amêndhêta wajan isi toya, gêndul ingkang isi lisah kalihan ron kêcubung wau kagodhoga ing wajan punika dangunipun saêjam, manawi tiyang prêlu ngangge lisah kêcubung kangge jampèni sêsakit sanèsipun, cêkap amêndhêta lisah klêntik ingkang rêsik, lisah punika kenging kangge ngicali krêminipun lare, ing sadèrèngipun lare mapan tilêm, juburipun kausèr-usèrana lisah wau.

Enjingipun jubur wau karêsikana kalihan kapuk, saèstu krêminipun badhe katingal, anggènipun anglisahi jubur wau sampun amung sapisan kemawon, ananging kalajêngna ngantos pitung dintên, punika botên dados punapa, tumrapipun lare ingkang angèl sarta botên ajêg anggènipun wawratan, prayogi padharanipun kapara ngandhap dipun tapêli ron kêcubung 2 iji katangsulan gurita, ron wau kausèr-usèrana lisah klêntik rumiyin, lajêng kapangganga ing latu supados gosong sawatawis.

Ron kêcubung punika maedahi sangêt tumrap sawarnining

--- 138 ---

sakit abuh, anyudakakên raos sakit, asring abuhipun wau lajêng mantun, anggêripun ron kêcubung wau kapanggang sakêdhap mawi lisah.

Kula sampun nate pirsa tiyang sakit encok utatawiutawi. jimpe bangkekanipun, dipun jampèni ron kêcubung dados saras, manawi ngangge jampi ron wau sadintênipun kêdah santun kaping 4 utawi kaping 5, manawi gêgêlitaning badan sakit jalaran kenging asrêp utawi kasliyo, punika sagêd saras sarana dipun pijêti mawi lisah kêcubung.

Wit pule, jampi sakit dhêmêm tuwin sakit gêndhis (gambar ôngka 41)

Wit pule punika maedahi dhatêng tiyang tuwin kewan, sarta sagêd tuwuh ing saênggèn-ênggèn, ing pasitèn ingkang inggilipun 3000 utawi 4000 kaki thukulipun pule botên kathah.

Babakan pule punika kacacah ingkang lêmbat, kajampèkna dhatêng tiyang ingkang cape tuwin lêsah jalaran sangking

--- 139 ---

sakit bêntèr, kathahipun babakan wau sasendhok tèh, kagodhog kalihan toya sacangkir kakantunakên sapalih, punika sampun cêkap kaunjuk sapisan sadintên, anggènipun ngunjukakên ing sadèrènging padharanipun kalêbêtan punapa-punapa, manawi tiyang Jawi pangagenipunpanganggenipun. babakan pule punika mêntahan, kadhêplok kalihan sarêm sakêdhik, sarta kadekekan toya sakêdhik, punika pait sangêt, mila prayogi ngangge jampi ingkang kacariyosakên nginggil wau, radi kirang paitipun, tiyang sakit malariyah, utawi malariyah wontên padharan, sagêd saras saking jampi punika, manawi sampun lami anggènipun sakit malariyah, punika kêdah anggodhoga babakan pule ingkang radi kathah, sarta kaunjuka kaping kalih sadintên, owêl sangêt dene jampi ingkang adamêl kawilujêngan wau sampun botên kasumêrêpan, pule punika ugi angrêsikakên rah.

Babakan pule kadamêl wedang, punika ugi tulung tumrap sakit gêndhis, anggènipun jêjampi kêdah sataun laminipun, sakit gêndhis punika botên tumuntên sagêd saras, ananging abuhipun suku sapanunggilanipun enggal [engga...]

--- 140 ---

[...l] ical, sarta manawi sampun kalih wulan anggènipun ngangge jampi babakan punika, adat ingkang sampun kalampahan gêndhis ingkang wontên ing uyuh kathah sudanipun, manawi ngangge jampi punika botên kenging nêdha tatêdhan ingkang bêntèr, ingkang pêdhês utawi ingkang kêcut.

Manawi angunjuk kênini punika anyudakakên doyan nêdha, ananging manawi ngunjuk jampi babakan pule punika andoyanakên nêdha, babakan pule punika anyirnakakên samukawis ingkang damêl sêsakit, ingkang wontên salêbêting badan, inggih talahdene jampi punika sampun lami kadamêl wados, utawi anggènipun botên kangge jampi punika, bokmanawi jalaran botên kasumêrêpan, manawi tiyang Jawi bang wetan tuwin tiyang Madura, jampi punika sakawitipun katumrapakên dhatêng lêmbu, ingkang nandhang sakit cangkêm tuwin tracakipun.

Babakan sarta ron pule punika kadhêploka mawi sarêm, lajêng kalolohna, sasampunipun punika cangkêm sarta ilatipun kagosoka kalihan jampi wau. Tlutuhing pule katètèsna ing sukunipun ingkang tatu, tlutuh wau ugi kajampèkna ing irung, utawi [uta...]

--- 141 ---

[...wi] cangkêm ingkang wontên tatunipun, tiyang dhusun sumêrêp prayogining kadadosanipun jampi punika tumraping lêmbu, mila gadhah pamanggih bilih jampi punika ugi maedahi dhatêng tiyang. Wontên Walandi totok ingkang nêdha katrangan, kadospundi patrapipun anggèning jampèni rajakayanipun dene enggal saras, sarta punapa ingkang kangge jampi, wangsulaning tiyang dhusun wau kajarak mratelakakên namaning wit, ingkang pancèn botên wontên, ananging kula sampun nyumêrêpi piyambak mênggah saening kadadosanipun jampi wau tumrap manungsa tuwin kewan, sarta sampun nate jampèkakên piyambak tumrap dhatêng tiyang, kula pujèkakên sawêt, mugi jampi punika kasumêrêpan ing akathah.

Tiyang punika asring lêpat pangintênipun, sanadyan dhoktêr ingkang angintên bilih anggarap tiyang sakit padharan, wêkasan sayêktosipun tiyang wau sakit bêntèr salêbêting padharan, dados tanpa damêl anggènipun mranata têdhanipun ingkang sakit wau, awit sangsaya dadosakên lêsahipun, kawontênanipun ingkang makatên wau ngantos sawatawis taun, wêkasan dadosakên pêjahipun [pêjah...]

--- 142 ---

[...ipun] jalaran sangking lêsah tuwin kasok.

Mênggah ingkang dadosakên sakit bêntèr, salêbêting padharan, utawi sakit bêntèr limrah, sarta jalaranipun dene tiyang ing tanah Hindia ngriki kathah ingkang sakit bêntèr tuwin sanès-sanèsipun, punika ingkang rumiyin, amargi kirang prayogi anggènipun anglunturakên kuwaya, sakit bêntèr punika ingkang kathah tanah pasisir sarta ing tanah ingkang kathah êmbêg-êmbêgipun, sabab tiyang botên kêndhat angunjal napas katutan wijining sêsakit ingkang sumêbar wontên ing awang-awang, ing môngka punika manawi sampun malêbêt ing badan lajêng santun dados rêrêgêd tuwin kuwaya.

Ing pasitèn ingkang inggil ugi asring wontên sêsakit bêntèr, ananging punapa punika botên anyarêngi masanipun anggarap sabin, dados wancinipun angêlèr siti. Ing parêdèn ingkang sampun botên wontên sabin, ugi sagêd tiyang kenging sakit bêntèr, ananging punika ingkang kathah saking kenging asrêp (masuk angin) utawi jalaran sangking padharanipun botên lêrês, sakit bêntèr ingkang makatên punika, manawi angangge jampi ngêdalakên kringêt utawi urus-urus enggal saras, ananging sakit [sa...]

--- 143 ---

[...kit] bêntèr ingkang jalaran saking pangunjalipun napas kalêbêtan wijining sêsakit botên makatên.

Sakit bêntèr wana, ingkang jalaran saking anggènipun anêgori kajêng ing wana, dados inggih sangking pangingsêpipun hawa ingkang awon, punika botên sagêd saras, manawi badanipun dèrèng karêsikan rêrêgêdipun ingkang niwasi, mênggah anggènipun ngrêsiki rêrêgêd wau kêdah ngunjuk wedang têmulawak. Anèhipun dene têmulawak punika ing wana kathah sangêt, langkung malih ing wana pajatèn utawi wana sanèsipun, ananging ing wana ingkang inggilipun 3000 utawi 4000 kaki, awis utawi botên nate wontên têmulawak.

Dene têmu sanès-sanèsipun ugi wontên, punika kangge ngrêsikakên badan.

Malêbêtipun kuwaya dhatêng badan punika, botên ngamungakên jalaran saking pangunjaling napas katutan wijining sêsakit, ananging ugi jalaran saking panêdhanipun samukawis, kados ta: manawi masa katiga nêdha lombok kathah, nêdha urang, kêpithing tuwin ulam loh warni-warni, kados ta: ulam kêmbung tuwin ulam ingkang manggèn ing ngêndhutan, [ngêndhuta...]

--- 144 ---

[...n,] angunjuk prêsan kênthêl, langkung malih manawi lare anêdha ingkang antêp-antêp ing masa katiga, kêkathahên nêdha daging, langkung malih daging babi, kêkathahên ngunjuk bir, kêkathahên nêdha gajih babi, ingkang kaolah kangge dhêdhaharan, kêkêrêpên nêdha rujak.

Murih lêstantun kasarasanipun salêbêting masa katiga, sarta supados sampun karaos prungsang, utawi prampang jalaran saking bêntèr, prayogi angêndhakakên kuwayanipun, kirang sawulan saking wiwitipun masa marèng, prayoginipun ing wulan Pebruari utawi Marêt.

Manawi sampun dumugi masa labuh, kêdah angêndhakakên kuwaya malih, prayoginipun ing wulan Sèptèmbêr.

Mênggah anggènipun ngêndhakakên kuwaya, kêdah ngangge jampi kados ing ngandhap punika:

Ron mêniran 7, wit alit kintên-kintên sapanjanging driji, têmulawak 5 iris ingkang tipis, cêngkèh 2 iji, kajêng lêgi satugêl agêngipun sapalih driji, asêm kawak sakêdhik sangêt, sadaya punika kêdah kagodhog kalihan toya sagêlas tepok mêncêp, kakantunakên sapalih, jampi punika kangge saunjukan, [saunjuka...]

--- 145 ---

[...n,] manawi padharanipun kirang kuwawi, prayogi botên mawi asêm.

Dhahar wowohan tuwin ngunjuk toya jêram samadya, punika ugi prayogi.

Manawi dhahar jêram kêprok utawi jêram sanèsipun, kulitipun ing nglabêtnglêbêt. sampun katut katêdha, prayogi kasêsêpa kemawon.

Manawi kêkathahên nêdha jêram Bali, punika ugi anjalari sakit bêntèr, langkung malih manawi lare, mila prayogi kasêsêpa toyanipun kemawon, kulitipun ingkang isi toya kalêpèha, manawi panêdhanipun jêram wau makatên botên nyakiti, malah nyarasakên.

Tiyang sakit bêntèr sampun dipun têdhani jêram Pacitan tuwin manggis, manawi dhahar pêlêm amung kasêsêpa duduhipun, inggih lêrês kirang sae nêdha pêlêm kados makatên caranipun, ananging sangking pamanah kula prêlu anggaliha dhatêng kasarasan. Sampun amêrdi lare kapurih nêdha daging ingkang kathah, langkung malih ing masa katiga, aluwung kapuriha nêdha wowohan ingkang kathah, punika ugi

--- 146 ---

dados badan, langkung malih pisang, manawi nêdha sêkul katêdhanana pisang gorèng ingkang kathah sarta katêdhanana sayuran ingkang ngasrêpakên padharan, kados ta: bayêm, labu pêthak, kangkung sapanunggilanipun.

Salêbêtipun masa katiga prayogi kaunjukana wedang woh têmpayan, langkung malih tumrapipun lare, punika jampi ingkang ngasrêpakên badan.

Nêdha anggêr-anggêr punika ugi prayogi, ananging tiyang sakit bêntèr sampun dipun têdhani anggêr-anggêr, tumrapipun lare anggêr-anggêr punika kaêjur ingkang mêmêt sarta kagodhog.

Manawi lênggah katampêg ing angin, ingkang mêdal ing kontên tuwin sanès-sanèsipun, punika dangu-dangu ugi andadosakên sêsakit bêntèr, sarta sakit ros-rosan, ing tanah pasisir ing satunggiling wêktu sabên taun kintên wanci jam 10, anginipun amrasuk dhatêng badan, punika mugi kagaliha, awit angin laut ingkang naratas ing êmbêg-êmbêgan, punika anuwuhakên sêsakit, lênggah wontên ing latar wanci sontên punika ugi botên prayogi, awit anuwuhakên sakit bêntèr, [bê...]

--- 147 ---

[...ntèr,] manawi kangge mlampah-mlampah botên badhe kenging sêsakit kados manawi lênggah, tilêm katampêg angin utawi wontên sacêlaking candhela ingkang mênga, sadaya punika anuwuhakên sakit bêntèr, manawi sawêg sawatawis dalu inggih prayogi, ananging dangu-dangu anjalari sakit bêntèr.

Kêrêp malampah-malampah punika prayogi sangêt amurih lastantuning kasarasanipun badan, kêdah ngulinakna ajêgipun wawratan sabên dintên, prayoginipun sampun mawi pumpa pirantos ngêdalakên sêsukêr, mênggah sagêdipun ajêg wau kenging kapranata, inggih punika salêbêtipun sawulan, utawi tumrapipun tiyang sanès bokmanawi cêkap salêbêtipun 14 dintên dipun têdhani godhogan utawi kukusan ron jarak pagêr, utawi jarak Cina kathahipun 3 utawi 4 lêmbar, tumrapipun bôngsa Eropah ingkang botên doyan jarak Cina, cêkap angunjuk toya nanas ingkang sampun kaolah, kathahipun sasendhok tèh sabên mêntas nêdha wanci siyang, nanas punika botên mêsthi wontên, dene toya nanas, ingkang kenging kakintunakên dhatêng tanah Eropah botên badhe

--- 148 ---

nape, pangolahipun kados ing ngandhap punika:

Nanas matêng ingkang sae kacacaha ingkang lêmbat, sampun kaparut, awit manawi kaparut, toyanipun buthêk, nanas wau lajêng kapêrêsa ing sinjang, kawadhahana ing patiman ingkang agêng, sabên dintên kaêpea, laminipun wolung dina, rêgêdipun ingkang jalaran saking nape kabucala, salajêngipun adamêla jugangan wontên ing siti utawi ngupados panggenan ingkang asrêp sangêt, ingkang botên kasorotan surya utawi kabênteran, nuntên patiman ingkang isi toya nanas wau kadèkèna ing ngriku wolung dintên êngkas, saèstu badhe mantun nape. Patiman wau kêdah amung katutupan sinjang angrangang ingkang alus utawi rêngkêt. Salajêngipun amêndhêta patiman sanès katumpangan dlanjang cintên rangkêp tiga, nuntên amênthènga sinjang ing sanginggilipun, sarta toya nanas wau kaêsona ing ngriku, dados rêsik panyaringipun.

Sasampunipun toya nanas wau kaisèkna ing gêndul, punika kenging kasimpênan ngantos kalih taun utawi langkung, botên kuwatos manawi nape. Punika pamanggih [pamang...]

--- 149 ---

[...gih] kula pyambak, sarta sarèhning jampi punika prayogi sangêt tumrap gêgolonganing sawarninipun sakit gorokan, makatên ugi tumrap tiyang ingkang angèl anggènipun wawratan, pramila kula rumaos wajib anjuwarakakên jampi punika, murih karahayonipun tiyang kathah. Tumrap tiyang sêpuh ingkang sampun botên sagêd mamah ulam daging, prayogi angunjuk jampi punika sasendhok tèh sabên mêntas nêdha wanci siyang. Anyobia ulam sacuwil kaêsokana toya nanas, manawi sampun satêngah jam, ulam daging wau tamtu lajêng ajur, botên wontên kakantunanipun malih kajawi warni jênang.

Kula sampun nate nyobi, punapa toya nanas ingkang karimatan wolung wulan lamènipun taksih anggadhahi daya makatên wau, mênggah kadadosanipun angebat-ebati sangêt, mila punapa botên prayogi, upami anglêbêti toya nanas dhatêng tanah Eropah, kangge para tiyang sêpuh tuwin tiyang lêsah utawi cape, ingkang toyaning padharanipun kirang prayogi lampahipun.

Ing tanah Eropah ingkang sakêlangkung kathah gêgolonganing sêsakit gurung, sarta gorokan jalaran sangking

--- 150 ---

kenging asrêp, jampi toya nanas ingkang botên pisan wontên racunipun punika, kathah sangêt paedahipun, sabên jam akêmua toya nanas punika, sarta sakêdhap-kêdhap angunjuka toyanipun.

Manawi tiyang sakit gurung ingkang winastan dhiptèritis, tamtu mawi sakit bêntèr, bilih ajêg kajampenan toya nanas saèstu sakitipun bêntèr sarta sakitipun gorokan adat enggal saras, ingkang kathah manawi sampun 7 jam. Sarèhning samangke kula angarang bab toya nanas, mila kula badhe mratelakakên pisan, bilih toya nanas punika prayogi sangêt manawi rambah-rambah pangunjukipun, manawi sakitipun bêntèr rêkaos, kenging ngunjuk kalih gêlas tepok sadintên, toya nanas punika manawi kaasrêpakên sakêdhap raosipun eca sangêt tur ngiras kangge jampi tiyang sakit.

Manawi tiyang ngunjuk toya nanas kêdah botên ngunjuk kênini, ananging lintunipun kênini wau angunjuka wedang ron mêniran, têmulawak sapanunggilanipun kathahipun satêngah cangkir, mênggah pangracikipun sampun kula cariyosakên, utawi ngunjuk wedang ron gagan.

--- 151 ---

Manawi manah mêlar, punika bilih botên kêndhat anggènipun ngêndhakakên kuwaya saèstu badhe mikupmingkup. manawi limpa mêlar, prayogi kajampènana parudan laos ênèm sasendhok tèh mawi sarêm sakêdhik, punika anggènipun jampèkakên kirang saêjam ngajêngaken pangunjukipun wedang têmulawak. Sadaya punika pangunjukipun sadèrènging padharan kalêbêtan punapa-punapa.

Manawi sakit bêntèr jalaran sangking sakit pulung manah, jampènipun ingkang prayogi inggih punika ron pare, pare punika wontên tigang jinis, pare wêlut, pare ayam sarta pare wana utawi pari, ingkang prayogi piyambak inggih punika pare wana (gambar ôngka 64).

Manawi botên angsal pare wana, angganggea pare ayam, ananging ingkang radi kathah, ron pare sagêgêm, kadhêploka ingkang lêmbat kalihan sarêm, kadèkèkana toya sagêlas por, lajêng kasaringa ing sinjang, sarta kaunjuka ing wanci enjing umun-umun, jampi punika raosipun pait sangêt, ananging tulung.

Woh pare wêlut punika kangge jampi watuk, woh

--- 152 ---

wau ingkang nglêbêt kagodhoga kalihan gêndhis batu kados kadamêl sêtrup, ananging botên mawi toya, kadèkèkana adas sakêdhik.

Manawi sakit bêntèr rakaos, ingkang sakit kajawi ngunjuk toya nanas, ugi kêdah ngunjuk toyaning parudan labu pêthak, kêtimun kaparud lajêng kapêrês ugi prayogi.

Ampasipun labu pêthak utawi kêtimun sampun kabucal, ananging kaopyokna ing sirah tuwin ing padharan, opyok punika sadintênipun kasantunana kaping tiga utawi kaping sakawan, manawi ingkang sakit botên sagêd tilêm, dalunipun ugi kêdah kalajêngakên anggènipun ngangge opyok wau, dene ingkang sakit sampun kapêksa kapurih nêdha, manawi ingkang sakit bêntèr ngunjuk toya nanas tuwin kêtimun utawi labu toya, punika sampun cêkap, padharanipun badhe sagêd mapan pyambak, jalaran sangking toyaning wowohan wau, manawi sakit bêntèr sampun kêsupèn ngangge tapêl ingkang ngasrêpakên badan.

Ingkang ngatos-atos manawi nyawisi dhêdhaharan, sakawit [sa...]

--- 153 ---

[...kawit] sawatawis dintên kacawisana tatêdhan ingkang cuwèr, awarni pêrêsan, ublêgan tigan satunggal kalihan bulyon ayam ingkang cuwèr, padamêlipun bulyon wau makatên: ayam wau kabucala kulitipun, dagingipun kacacah ingkang lêmbat lajêng kakumbaha ingkang rêsik, kadèkèkana sarêm sakêdhik, sadaya punika kaisèkna ing goci kasumpêlana gabus ingkang rapêt, salajêngipun goci wau kadèkèkna ing kwali isi toya sarta kagodhoga dangunipun 4 jam, langkung gampil manawi tiyang gadhah cithakan roti podhêng kaêcèt èmèl mawi tutup rapêt, kangge madhahi ulam ayam wau, lajêng kadèkèkan toya sagêlas por, manawi botên makatên ulam wau badhe nèmplèk dhatêng wadhahipun, ing sasêlot-sêlotipun manawi sampun sakeca sakitipun kenging santun tatêdhanipun padatan, kalihan pangatos-atos, ananging sakawitipun ingkang sakit sampun suka nêdha ulam loh, kapithing, urang tuwin manggis.

Sasampuning ingkang sakit wau saras, manawi badhe ngangkah sagêdipun tumuntên tutumtuntum. malih, amêndhêta pang kêmarugan panjangipun [pa...]

--- 154 ---

[...njangipun] saasta, punika lajêng kagodhoga sakêdhap kalihan toya sacangkir, sarta kaêsokana soklat utawi wedang, kêmarugan wau kaanggea noyani wedang bubuk utawi tèh, manawi ngunjuk wedang punika ingkang sakit enggal karaos eca panêdhanipun, guwayanipun katingal sumringah sarta anggagrak, pangunjukipun wau kintên-kintên sawulan lamènipun, punapa malih tiyang sakit bêntèr punika prêlu angunjuk toyaning wowohan, toya jêram sitrun ugi prayogi, sarta kaèngêtana, sasagêd-sagêd angêdalna bêntèripun badan, ing tanah Hindiya tanêman ingkang kangge ngêdalakên bêntèring badan punika ing pundi-pundi wontên, amaosa sêrat karangan kula bab angsaripun tuwin pratelaning tanêman, langkung malih jampi ron gagan (amaosa patraping panganggenipun sarta labu pêthak, randhu alas sapanunggilanipun).

Ing tanah Hindiya limrahipun tiyang sami kêkathahên nêdha ulam daging, ingkang makatên punika anuwuhakên kuwaya, tuwin angathahakên bêntèring badan, kula botên pisan anyondhongi nyirik ulam, ananging samukawis ingkang [ing...]

--- 155 ---

[...kang] dipun têdha kêdah ingkang cêkapan, tuwuhipun sêsakit ing tanah Hindiya punika ingkang kathah jalaran sangking kêladuking panêdha.

Ing tanah ngriki, kathah tiyang ingkang sami kêkathahên nêdha daging babi, tuwin olah-olahan ingkang anggajih, ing môngka bêntèripun ing tanah ngriki punika sangêt amungkatakên kuwaya, inggih kenging tiyang nêdha olah-olahan anggajih manawi wontên ing parêdèn.

Manawi kuwaya botên angsal margi, punika anuwuhakên sakit wudun tuwin korèng, kacakot lêmut kemawon manawi kakukur lajêng enggal dados korèng, awit rahipun rêgêd, mila ing tanah Hindiya tiyang kêdah ngatos-atos, manawi ngunjuk pêrêsan, awit tiyang botên sagêd nyatakakên tatêdhan tuwin unjuk-unjukanipun lêmbu wontên ing pangenan, kula botên angginêm lêmbu ingkang kaopenan wontên salêbêting capuri.

Sanadyan kados punapa saenipun prêsan, ewadene tiyang ngunjuk prêsan kathah wontên ing tanah bêntèr, punika botên adamêl kasarasan, langkung malih prêsan ingkang kênthêl, lêrês tiyang ngunjuk prêsan punika ngenggalakên [ngenggala...]

--- 156 ---

[...kên] kiyat, ananging anggènipun lêma tuwin kiyat, punika botên antawis dangu lajêng mêcah dados wudun, kukul, gatêl badan sakojur sapanunggilanipun.

Prayogi sangêt prêsan punika kaunjukakên tiyang ingkang mêntas sakit ingkang lami, punika botên badhe gadhah sakit wudun, badanipun saya mindhak saras, anggèning ngunjuk prêsan botên kêladuk.

Bumbu-bumbu ingkang kangge ing olah-olahan, sadaya punika prayogi dhatêng badan, kêkathahên nêdha lombok punika botên prayogi, tiyang Jawi punika doyan pêdhês, ananging bôngsa Eropah ingkang kathah tatêdhanipun langkung bêntèr tinimbang tiyang Jawi, bumbu ngasrêpakên, ingkang kangge bumboni lêlawuhan, punika angicalakên awonipun lombok utawi cabe. Ingkang kula wastani bumbu kangge bunboni lawuhan wau kados ta: kêtumbar, punika angasrêpakên, jintên punika kapirit sangking kêtumbar panganggenipun amung sakêdhik sangêt, sabab radi bêntèr, ananging andoyanakên nêdha jalaran raosipun eca, asêm punika angrêsikakên rah, kunir punika angrêsikakên sarta mringkusakên,

--- 157 ---

dados amimpêsakên jêrohan ingkang mêlar jalaran sangking bêntèr, laos punika murugakên botên mêlaripun limpa, kêmiri angrêsikakên sarta murusakên, sêre angwontênakên raos eca, sarta manawi lawuh ulam loh, ngicalakên raos amis ingkang dadosakên munêk-munêk, jae ugi wontên ananging botên patos kathah, sarta sae tumrapipun padharan, ron salam punika angayêmakên, têmukunci punika angsaripun prayogi tumrap toya pangêjuraning dhêdhaharan, kêncur punika angêngêtakên wadhuk tuwin padharan, dene santên sarta lisah klêntik punika dadosakên murus.

Mrica punika awis kangge bumbu olah-olahan ing tanah Hindiya, brambang punika sae angsaripun, dene bawang sakêdhik kanggenipun.

Manawi tiyang sakit bêntèr jalaran sangking kenging asrêp, punika badhe enggal saras sangking angangge jampi ngêdalakên kringêt ingkang wontên ing tanah Hindiya.

Raup mawi jêram sitrun tuwin klonyo, anggosok suku utawi asta kalihan jêram sitrun, lisah pêthak tuwin apu, anggosok kalihan dhêplokan jae mawi

--- 158 ---

arak utawi klonyo sawatawis, suku kaêkum ing wedang ron sêmbung ingkang angêt, kadèkèkan sarêm sagêgêm tuwin apu, sukunipun dumugi dhêngkul kaêkuma wedang wau dangunipun 8 utawi 10 mênut, badanipun kakêmulana kamli kêkalih, ingkang satunggal kakrukubakên ing sirah tuwin pundhak, dene sanèsipun kaubêdakên ing badan tuwin èmbèr ingkang rapêt, dados kukusipun wedang botên mêdal, sarta angunjuka wedang sêmbung kalihan jêram sitrun ing sadèrèngipun ngêkum suku. Manawi sampun ngêkum sukunipun, sasagêd-sagêd kêdah tumuntên dhatêng patilêman, sarta brangkang kakrukuban kamli ngantos dumugi talingan, manawi sampun satêngah jam utawi saêjam kirang sakêdhik, tamtu kringêtên ngantos kathah, dene kamlinipun sampun enggal kapêndhêt, manawi anggènipun kringêtên sampun katog, bilih sagêd enggal asantuna patilêman ingkang lurubipun rêsik, ananging kêdah kasatitèkna sampun ngantos katampêg angin, sadaya kontên tuwin candhela katutupa ingkang rapêt.

Salajêngipun kakrukuba kamli malih, ananging sirahipun sampun kakêmulan ngantos rapêt, manawi kakêmulan badhe [ba...]

--- 159 ---

[...dhe] kenging asrêp malih, ukuran bêntèripun badan badhe saya mandhap sarta cêkap kajampenan kênini 5 grèin, ing ngriki kula pratelakakên 5 grèin, sabab tiyang ingkang badanipun botên kulina dhatêng kênini, manawi dipun jampèni kênini samantên kemawon sampun tulung. Ewadene tiyang ingkang kulina kêrêp ngangge jampi kênini, punika manawi sampun tigang jam pangunjukipun, bilih ukuran bêntèring badan sampun mandhap, kaunjukana malih 5 grèin.

Sampun saèstu kemawon sakit bêntèr punika sagêd ugi sangking jalaran sanèsipun, ananging ingkang kula cariyosakên punika amung jalaranipun ingkang ros, ingkang asring kalampahan ing sadintên-dintênipun, kathah-kathahipun tiyang sakit bêntèr wontên ingkang prayogi kajampenan kênini, mênggah pikajêng kula amung mratelakakên, bilih badan punika sampun rêsik, amung prêlu ngangge jampi sakêdhik sangêt, sabab tumandukipun jampi langkung prayogi.