Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Erang-erang, Padmasusastra, 1916, #64

Katalog:Erang-erang, Padmasusastra, 1916, #64
Sambung:-

--- [0] ---

Sêrat Erang-Erang

Kalakuanipun têtiyang Jawi ingkang gadhah pakarêman madat.

Awit saking karsanipun kangjêng guprêmèn, ingkang kadhawuhakên dhatêng Radèn Kamil R.O.N. Ajung Insêpèktur Inlandsch onderwijs ing Samarang.

Kaanggit dening: Ngabèi Wirapustaka

Abdi dalêm mantri Radyapustaka

ing Surakarta

Wawênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilah saking Commissie voor de Volkslectuur.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun: Papirus. Bêtawi. 1916.

--- [0] ---

Serat Èrang-Èrang

Door Ngabéi Wirapoestaka

te Soerakarta

Batavia

N. V. Uitgevers Mij. "Papyrus" eertijds H. M. van Dorp & Co. 1916.

--- [0] ---

Javaansch

Serat-serat ingkang kaseboet ingandap poenika kénging toembas dateng 's Lands depôt van Leermiddelen ing Weltevreden. Jatrapanoembasipoen kedah kakintoenaken roemijin nganggé postwissel. Déné serat-serat ingkang katoembas waoe badé kakintoenaken dienst.

R. M. Soerjapranata. Pangroektining kapal ... f 0,__ / M. Samsirmiardja.Djaka Djohanis ... f 0,__ / R. A. A Reksakoesoema.Tjariosipoen benawi Sala ... f 0,__ / M. Hardjasapoetra. Dongèng awarni-warni ... f 0,__ / Ng. Wirapoestaka. Serat érang-érang ... f 0,__ / Tjakra di Brata. Wasita toerangga ... f 0,23 / Tjakra di Brata. Tjariosipoen Djaka Santosa ... f 0,__ / R. M. A. Soeryasoeparta. Serat tjarios kekésahan saking tanah Djawi dhateng negari Welandi ... f 0,39 / R. M. Mangkoedemedja. Asalipoen ringgit ... f 0,36 / R. Sastrasoeganda. Maleisch-Javaansch woordenb ... f 0,__ / Dr. O. L. de Raadt. Bab lelarapest ... f 0,__ / R. Ng. Soeradipoera. Serat temboeng andoepara ... f 0,__ / Djagawigata. Pepéling lan pamrayoga ... f 0.08 / M. Partadiredja. Woelang darma ... f 0,09 / H. Croes. Bab angin ... f 0,05 / M. Prawirasoedirdja. Serat panoetan ... f 0,12 / M. Jasawidagda. Tjarios lelampahan peksi glathik ... f 0,10 / M. Jasawidagda. Jogjasastra ... f 0,05 / M. Wirayadiardja. Waris lan lalis ... f 0,07 / Soeara. Bab alaki rabi ... f 0,09 / M. Soekarman. Oepadardja ... f 0,09 / R. Ng. Soeradipura. Serat bedhahipoen keraton Ngajogjakarta ... f 0,18 / R. Poerwasoewignja. Serat Lebdatama deel I ... f 0,08 / R. Poerwasoewignja. Serat Lebdatama deel II ... f 0,13 / R. Tirtadanoedja. Ngèlmoe kasoegihan ... f 0,05 / R. M. Soetirta. Paribasan ... f 0,03 / M. Poedja-Ardja. Tjarios Tilarsa ... f 0,26 / R. Ng. Soeradipoera. Serat babad Mangir ... f 0,16 / R. Marta-Ardjana. Serat Adji selaga ... f 0,07 / R. Marta-Ardjana. Petroek dados ratu ... f 0,13

--- [0] ---

Maleisch

Kitab-kitab jang terseboet dibawah ini boleh dibeli kepada 's Lands depot van Leermiddelen di Weltevreden. Oeang harganya haroes dikirimkan lebih dahoeloe dengan postwissel. Adapoen kitab-kitab jang dibeli itoe akan dikirim dienst.

R. Marta-Ardjana. Indera Bangsawan ... f 0,11 / M. Poerwasoedardja. Pertolongan jang pertama pada waktoe ketjelakaan ... f 0,10 / D. K. Ardiwinata. Pemerintahan Nederland dengan Hindia ... f 0,08 / D. K. Ardiwinata. Pemimpin bagi orang jang hendak memilih pentjaharian I ... f 0,10 / D. K. Ardiwinata. Pemimpin bagi orang jang hendak memilih pentjaharian serie A IV ... f 0,08 / D. K. Ardiwinata. Pemimpin bagi orang jang hendak memilih pentjaharian serie B 1 ... f 0,08 / M. Wignja-Amidarma. Perbantahan antara pest dan kolera ... f 0,02 / Moeh. Joesoef. Pemeliharaan diri ... f 0,10 / D. K. Ardiwinata. Dari hal ketjermatan perhoetangan dan persekoetoean ... f 0,17 / D. K. Ardiwinata. Hikajat Langlan Boeana ... f 0,16 / D. K. Ardiwinata. Kitab nasihat kepada orang bertjotjok tanam I - II ... f 0,25 / Dr. Oewenhand. Pembela orang sakit ... f 0,37 / Dr. Oewenhand. Hikayat pelandoek djinaka ... f 0,14 / Anggawinangoen. Hikajat Pandji Soemirang I ... f 0,16 / Anggawinangoen. Hikajat Pandji Soemirang II ... f 0,14 / Abdoellah bin Abdoel kadir. Kisah pelajaran ke negeri Djoedah ... f 0,05 /

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur. No. 175.

Sêrat Erang-Erang

Kalakuanipun têtiyang Jawi ingkang gadhah pakarêman madat.

Awit saking karsanipun kangjêng guprêmèn, ingkang kadhawuhakên dhatêng Radèn Kamil R.O.N. Ajung Insêpèktur Inlandsch onderwijs ing Samarang.

Kaanggit dening: Ngabèi Wirapustaka

Abdi dalêm mantri Radyapustaka

ing Surakarta

Wawênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr taun 1912 bab karang-karangan.

Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, ananging kêdah wontên sêrat palilah saking Commissie voor de Volkslectuur.

Kaêcap ing kantor pangêcapanipun: Papirus. Bêtawi. 1916.

--- [2] ---

...

--- [3] ---

Sêrat Erang-Erang

Tiyang ingkang gadhah pakarêman madat, kenging binasaakên: botên wontên ingkang pinanggih sae, tiyang sae manahipun: dados awon, tiyang sêtya: dados dora, tiyang sugih: dados malarat, katrêsnan dhatêng anak bojo: dados suda, tarkadhang sirna babar pisan.

Sarèhning pakarêman madat, ingkang pinanggih namung adamêl sangsaraning badan, mindêng ngantos dumugi ing pêjah, tangèh sagêdipun manggih kamulyan saking pakarti wau, punapa botên prayogi pakarêman wau kasatru, ingkang sampun kalajêng madat kaundur-undur, awit sumêrêp kula namung banga Cina piyambak sarta ingkang sampun sugih andarbala, gadhah pakarêman madat: wilujêng mênawi bôngsa Jawi dipun padosana mawi ting, botên sagêt kapanggih, tiyang karêm madat kasinungan [kasinung...]

--- 4 ---

[...an] bêgja, sagêt mukti wibawa. Ingkang mêsthi kapanggih tur ambalasah pintên-pintên tiyang Jawi sami nandhang papa cintraka saking pakarêman wau. Wuh bôngsa kula têtiyang Jawi, mugi sami santosaa ing manah anyingkiri babaya ingkang gampil singkir-singkiranipun bilih dèrèng kalajêng. Isinipun dunya botên kirang kabingahan sanèsipun madat. Kula damêlakên cariyos lêlampahanipun tiyang ingkang gadhah pakarêman madat, dados dede dongèng utawi anggitan, nama cariyos lugu, sami nandhang papa cintraka saking gadhah pakarêman madat, kados ing ngandhap punika:

1. Talèdhèk Nyêrèt

Ringgit talèdhèk punika ingkang kathah kawijilan anakipun tiyang sudra papa, mênawi sagêd kombul botên dangu lajêng sagêd dados tiyang sugih, lêrêsipun èngêt dhatêng kawijilanipun wau, anggêmèni kayanipun, angiwit-iwit têdhanipun, supados kasugihanipun sagêd lêstantun ing salami-laminipun ngantos dumugi ing pêjah, punika botên makatên, watêkipun rêmên angêcèh-êcèh [angêcèh-ê...]

--- 5 ---

[...cèh] yatra, saking gampil angsalipun, ananging sanadyan dipun awut-awuta mênawi awakipun taksih kombul dados kêmbang lambenipun tiyang sanagari, misuwur ing ngamônca praja, mênawi dipun nayubtayub (dan di tempat lain). pikantukipun yatra tombokan sadalu sagêd angsal 100 rupiyah, mênawi dipun ayub wontên ing pacinan namung dumugi: jam 2 epahanipun 25 rupiyah, mênawi siyang 15 rupiyah, katayub ngantos 8 dintên 8 dalu = 40 x 8 = 320 rupiyah, mênawi katayub dhatêng pasisir, langkah saking samantên. Mila ringgit kondhang enggal katingal sugih saking agênging kayanipun, nanging wontên amanipun ingkang murugakên sande tiyang.

Sapisan, ringgit punika mênawi mêntas katayub, sayahipun satêngah pêjah botên marêm namung dipun pijêti kemawon, ingkang sagêd ngenggalakên mantun sayah dipun sêrèti. Saya kathah saya sêkeca. Sarèhning botên kirang yatra, anggènipun tumbas jampi sayah (candu) inggih kathah, dipun dum-dumakên dhatêng ingkang sami nyêrèt. Botên dangu awakipun piyambak inggih lajêng nyakot nyêrèt, [nyêrè...]

--- 6 ---

[...t,] punika wiwitipun hama angrakêti, swaranipun lajêng erak botên buntas, wilêtanipun suda dening napas cêndhak, warninipun mantun ayu, katingal èstri nyêrèt, wusana suda larisipun, wêwah tadhahipun kasugihanipun enggal sirna kados kinêbat, lajêng dados tiyang awon rucah, nandhang papa cintraka, pêjah dados damêling nagari.

Kaping kalih mênawi kacandhak ing sakit, anggigirisi, ingkang sampun dados bêbahaning tiyang royal, bandhanipun enggal têlas kangge epah dhatêng dhukun, sarta dipun sêrèt nganggur, punika saya enggal dhumawah ing cilaka, pêjahipun botên ulês-ulêsan.

2. Nyêrèt, Anak Murang Sarak

Tiyang ingkang sampun kalajêng gadhah pakarêman nyêrèt, punika sampun mêsthi botên sagêd mêdhot, nyuda tadhah inggih botên sagêd. Sagêdipun mênawi kapèpèd, nanging badanipun inggih sakit, ginêmipun têlas, kados [kado...]

--- 7 ---

[...s] tiyang amêm, beda mênawi tadhahipun dipun indhaki, lajêng anggrècèk, ginêmipun warni-warni tanpa kèndêl, kasambi kalihan ngêlus-êlus bêdudan, dados tiyang gadhah kasagahan mêdhot nyêrèt punika dora.

Wontên anaking priyantun mantri: murang sarak, lajêng kêcandhak ing pakarêman nyêrèt. Bapakipun sampun kawekan, botên sagêd ngèngêtakên, kalakuwaning anak awon, lajêng dipun sebratakên kasêksèkakên ing parentah botên dipun akên anakipun, kalajêng-lajêng risakipun ngantos apapariman, wusana bapakipun ajal. Anak namung kalih jalêr èstri tunggil bapa biyung, biyungipun mituturi:

Ênggèr: satinggale bapakmu, barang iki kabèh kaduwe ing aku, kowe lan adhimu. Lan kowe apa ora kapengin anggêntèni kapriyayèn. Karêpku kowe sakiki maganga, nanging mêdhota olèhmu nyêrèt, awit iku dadi laranganing nagara, abdi dalêm ora kêna nyêrèt.

Kula punika rumiyin mangke, puran-purun kemawon mêdhot punika.

--- 8 ---

Sabab apa ora nuli ko lakoni.

Tiyang suwargi bapak kêsangêtên anggènipun nyuki dhatêng kula, kados tiyang dipun niaya.

Bapakmu aja ko catur ala, karsane bêcik. Kowe sing ora tampa. Ngêndi ana bapa gêthing marang anak. Saiki marènana budimu kang ambalasar, mêdhota nyêrèt. Iku sing nukulake dadi ora gênah.

Inggih, kula andhèrèk karsa sampeyan magang dhatêng parentah, nanging agêm-agêmanipun bapak kula suwun sadaya, magang mênawi botên brêgas: kula isin.

Iya, takturuti, anggêre tênan kandhamu, nanging mêdhota dhisik.

Sapunika kula sampeyan paringi yatra salangkung rupiyah kangge tumbas jampi dhatêng singsèh, sarta agêm-agêmanipun bapak kula suwun sapunika, benjing-enjing kula tapak sowan.

Apa ora krasa kêtagihan ana ing paseban, yèn olèhmu mêdhot durung suwe.

Kula wau sampun matur nyuwun arta patumbas jampi salangkung [salang...]

--- 9 ---

[...kung] rupiyah. Janji kalêbêtan jampi pêrmati punika inggih lajêng botên doyan nyêrèt. Mênawi kalêbêtan candu: nuntak.

E, eh, sêtijap têmên tômba mêngkono iku, biyèn-biyèn kowe kandhaa mênyang aku bae: takwèhi sing nganti ora kauningan bapakmu. Ênya, takwèhi dhuwit salawe rupiyah sarta agêm-agêmane bapakmu ênggonên kabèh, sesuk wiwita tapak seba.

Môngsa sagêda lajêng dadakan, kêdah jajampi rumiyin, dipun lêrêmakên wolung dintên, punika tanpa karaos sakiting badan.

Iya sakarêpmu, nanging nuli lakonana.

Pangunandikaning anak murang sarak:

Wong magang iku jam 8 esuk wis seba, ulihe jam 2, tanpa balanja mung ngangin bae. Iku kêna diarani wong nganiaya marang awake dhewe. Apa ing dunya mung wong magang bae sing kêbênêran uripe, cacak sing wis dadi priyayi, akèh sing sothal-sathil, dene sing aran kêbênêran iku mung wong nyêrèt, kang kêcukupan,

--- 10 ---

kalemahan ana ing kasur. Yèn wis mêndêm rasane kaya diiyun bandul, ora ana kanikmatan ing dunya kaya wong nyêrèt. Yèn wis mêndêm, rasaning ati kaya bisa nguntal jagad (kalintu, nguntal kêbul) panêmuku mung anggêre aku bisa ngapusi biyung, amaling bapa kang wis ora ana, bisa tumiba ing anak kabèh. Anake bapak mung loro. Aku, sijine wadon. Iku prakara gampang, gampang apus-apusane, apa sakandhaku amêsthi diturut.

Anak murang sarak sampun tapak magang, cariyose dhatêng biyungipun. Sayêktosipun namung kloyongan kemawon, kêsêl, mantuk, nyêrèt. Panganggènipun mabyor, dipun sukani pasangon sêtêngah"Sêtêngah" maksudnya adalah setengah rupiyah = 50 sèn. sêdintên, nanging tansah kirang, awit tadhahipun nyêrèt botên kenging kirang kalihtêngah sadintên. Sarèhning ngamaling bapa biyung namung dipun têdha nganggur, wah, dipun ulêri ing anak murang sarak, ingkang kathah dipun sêrèt, inggih enggal dhadhal.

Antawis sataun kalênggahaning bapa dipun gêntosi ing tiyang sanès. Biyungipun mirêng kêmlurusên lajêng ajal. Anak murang sarak kapêjahan biyung botên prihatos,

--- 11 ---

malah bingah, awit badhe kadugèn kajêngipun. Adhinipun taksih alit, botên sagêd mambêng kajêngipun. Amaling bapa biyung têlas dipun sêrèt. Griyanipun lajêng kasade, botên dangu yatra papajênganing griya lajêng têlas. Anak murang sarak kacêpêng anggènipun mandung, kaukum 4 taun, pêjah wontên ing bucalan.

3. Panèkêt Kalihan Balantik: Nyêrèt

Md. a. Panèkêt, (nuju nyêrèt wontên ing salu panmapa)pandhapa. 1: kang bacut mawon cêdhak kula ngriki.

Blant. b. Blantik, inggih

Mang wau saka pundi

Saking griya kemawon,

Napa êmpun olèh padikan jaran bêcik.

Sowan kula punika inggih badhe matur bab wêlingan sampeyan kapal sampun angsal, nanging taksih kula damêl wados. Ingkang gadhah cina Ngêpakan Tinèm,§ Tinèm, cêkakanipun dhusun: Jatinèm ing Klathèn. wulunipun jragêm taksih satunggal sisih, cirinipun satriya pinayungan, [pi...]

--- 12 ---

[...nayungan,]

kula wastani suduk, botên sae, asring adamêl bilainipun ingkang gadhah, mênawi wontên tiyang badhe tumbas, sae kasade kemawon.

Mang nyêrèt dhisik, mangke mang tutugake mêlih.

Wah, cêmênganipun kandêl têmên mas nèkêt, kados cukitan piyambak bae.

Ênggih, dhasar cukitan dhewe, samang mathuk napa botên, nèk kula gawèkake dhewe sing tipis.

Ayang, anggèn kula mastani kandêl, saking mathuk.

Barêng jarane mang kon ngêdol, babahe pripun.

Wangunipun malênggong, dening sawêg rêmên-rêmênipun, tumpakanipun sakeca sae lambe manahipun. Gêla kula cacad cirinipun awon. Sawêg sagèlèng kula sampun kraos, kandêl sayêktos mas nèkêt.

Kula ênggih êmpun krasa, karodene niku dede candu ngêpakan, candu pêtêng olèh kula tuku saka kridhèh, têsih wujud apyun. Kula kothok sathithik-sathithik, mulane enak. Wong liwêtan dhewe, mêngke mang tutugake malih, tunggale têsih okèh.

--- 13 ---

Mas nèkêt punapa nêmpilakên, mangke kula nyuwun pangaos sarupiyah kemawon.

Gampang apyun pangaji sarupiyah, mang kênakake jarane dhisik.

Sampun kasêsa, cinanipun mênawi mirêng sampeyan ingkang badhe ngarsaakên tumbas, amêsthi mlangkring, sumêrêp mênawi sampeyan sugih.

Kêrta ajining jaran, wong dol tinuku rêga pintên.

Ingkang sumêrêp dhatêng ciri sae: kalih atus botên dipun awis.

Êmpun: ta, mang pêrlokake mrika sêdhela, napa katrangane mangke bali.

Inggih, kula dhatêng Tinèm sakêdhap. Amit bah.

Md. K. Cina pranakan, êngga mang lajêng mawon.

Ênggih.

Mang wau saking pundi: dene siyang-siyang.

Sêking grigriya. mawon, enjing nyêrèt kriyin, nèk êmpun kraos ênggih kloyong-kloyong.

Pancène samang ajêng kula wêlingake, kalêrêsan samang dhatêng piyambak.

--- 14 ---

Mang wêlingake ontên damêle napa.

Anu, kapal kula sing mang wêstani ciri suduk, manah kula kok ragi samar, kula niki kêrêp têng Klatèn numpak kapal pêrlu pasok pajêngan candu têng Ngêpakan. Mêngke ontên mêrgi dibegal ing durjana, disuduk, katarik saking cirining kapal suduk, niku sing kula kawekani.

Botên basa: nèk sasat kenging dipêsthèkake, nêmu babaya, botêna disuduk, ênggih ditumbak tiyang, dados awis sing purun numbas, ewadene jêmbar-jêmbaring jagad botên ontên barang sing botên pajêng disade, nanging ênggih kêdah narimah tuna sawatawis.

Nèk tuni kula botên suka, mung kula bukake mawon, panumbas kula rêsik 120 rupiyah, kawrat ontên sêrat lulusan.

Kula bêktane kapale saniki, nanging kêdah disipêngake sadalu têng sing ajêng tumbas, ditôndha gêdhog watuke, nèk botên ênggih siyos ditumbas.

Sing ajêng tumbas niku sintên.

O, niku wados bah, samang mung nyêrêpi jangkêpe yatra 120 rupiyah, kajawi kalong ujuran têng kula.

--- 15 ---

O, nèk prakawis ujuran kula botên sagêd nyukani, sasat nama tuni, mang pados ujuran saking ngrika.

Môngsa alama, tiyang tumbas ditêdhani ujuran.

Ujurane yatra 120 rupiyah pintên.

Ming 5 rupiyah, petangan sareyal suwang.

Ênggih: ta, gampil nèk sagêd pajêng buk sapanumbas kula 120 rupiyah.

Kapal lajêng kabêkta blantik dhatêng griyanipun panèkêt.

Md. N. Panèkêt niku kang jarane sing mang alêm bêcik.

K. Dhasar inggih punika mas nèkêt, sampeyan cacad pada wadananipun punapa awon, tumpakanipun kula aturi nyoba nitihi, punapa lunyu, manahipun sampeyan galedhahi punapa kêndho, lambenipun karaosakên punapa awrat, mênawi atur kula mlèsèt: kadukanan.

Ênggih, nanging mungguhing tunggangan kula kêcilikên, ukurane kurang sadim.

Lêrês, nanging mênawi sampun katitihan lajêng katingal biwara saking prigêling tandang sarta saening lambe manahipun.

--- 16 ---

Nanging kêlarangên bangêt nèk nganti rêga 200 rupiyah, wani-wani kula nyêngka mung karo bêlah.

(Sampun mêndhêk manahing blantik, badhe angsal colotan 30 rupiyah). Bok kagalih yêktos atur kula wau, kiranga saking ancêr-ancêr kula: sampun kathah-kathah.

Êmpun botên bisa mundhak panganyang kula saka karobêlah, kula niki êmpun kêpatuh dol tinuku niku mung uni sapisan. Kaya wong dol tinuku apyun.

Kalampahan sade tinumbasing kapal rampung, cina sagêd sumêrêp yèn ingkang tumbas kapal satrunipun bêbuyutan, panèkêt sêmokêl, cina amanah, prayogi ngipuk dhatêng blantik, supados supêkêt kalihan panèkêt, blantik lajêng dipun undang, sarêng dhatêng dipun wicantêni. Sapunika Md. N. Samang kula undang niku kula jaluki tulung mang dadi congsun gêlap Ngêpakan Tinom, olèh cadhong tike sabên dina lan olèh blanja sabên sasi, gawene mung ngisêp-isêp wong kang padha wani ngrusuhi têng Ngêpakan, yèn olèh gawe olèh ganjaran.

Watêkipun tiyang nyêrèt janji dipun sukani melik, supe [su...]

--- 17 ---

[...pe] dhatêng ingkang sampun nyaèni, sanadyan dhatêng mitra darma inggih supe, ciptanipun, bêgja kêmayangan aku, dipilih dadi congsun, nyêrèt ana sing nadhahi, sabên sasi olèh blanja, tur kêna taksambi nindakake blantik, saya ora kêtara ênggonku dadi congsun ora digêthingi ing wong, wangsulanipun:

Winalês Md. N. Kula ênggih gêlêm nèk olèh pikukuh kamot ing layang saka Ngêpakan gêdhe.

K. Kalampahan bêlantik dados congsun pêtêng, angsal pikêkah saking Ngêpakan agêng, sabên dintên nyadhong tike satadhahipun sarta sampun nampèni blônja, sawêg sawulan, dèrèng angsal damêl, manahipun risi piyambak, sumêlang mênawi dipun pocot, ciptanipun, mas nèkêt bae takgawene wadal, kae sêmokêl gêdhe, yèn aku bisa olèh gawe sêpisan bae, sing gêdhe, amêsthi bakal lêstari ênggonku dadi congsun, mangan nganggur ing salawas-lawase. Lajêng dhatêng griyanipun panèkêt, sarèhning sampun têpang sae, botên dipun sigèni, lajêng sêrètan wontên ing pandhapa, kathah-kathah rêmbagipun.

--- 18 ---

Blantik, anu mas nèkêt, kula dhatêng nagari dipun boboti ing sadhèrèk pados barang, kula wangsuli gagah,sagah. kula sagêd madosakên barang yèn kathah sarta yèn yatra kenging kula tampèni rumiyin, punika sampeyan punapa sagêd anggalih.

Prakara ngotên niku botên gampang, kalih nèk tanggung-tanggung kula botên gêlêm.

Karsa sampeyan kados pundi, mênawi kula sagêd ngrêmbagakên.

Nèk kula gêlêm ngêtokake barang botên kurang saka 10 kati, sakatine mung kula culake 60 rupiyah, dadi ontên dhuwit 600 rupiyah, dhuwite kriyin, barange kèntun, utawa lung- tinampan.

Mênawi namung satunggal kalih, rêgi pintên mas nèkêt.

Niku êmpun tiba ingkul didol 75 rupiyah, nanging nèk kula, botên bisa adol siji loro.

Coba kula rêmbagipun rumiyin, mênawi angsal damêl kula sowan mriki sampun ambêkta yatra.

Blantik lajêng dhatêng Tinom, kapanggih cina ngêpakan, sanjang pikantukipun [pi...]

--- 19 ---

[...kantukipun] damêl, nanging kêdah mawi yatra 600 rupiyah, mangke pukul 9 sontên dipun kèn nampèkakên dhatêng panèkêt sasampunipun tiyang ingkang badhe ambêkta barang dhatêng. Sarêng pukul 7 sontên, blantik dhatêng ing griyanipun panèkêt sarta sampun ambêkta yatra awarni wang kêrtas 600 rupiyah dipun katingalakên dhatêng panèkêt, lajêng sêrètan, panèkêt ical kaprayitnanipun, sarêng ngajêngakên pukul 9, babau pulisi tiyang kalih dhatêng, dipun awadakên ingkang badhe nampèni barang, panèkêt lajêng mêndhêt barang saking pasingidan 10 kati, katampèkakên dhatêng blantik, gêntos anampèkakên yatra awarni wang kêrtas 600 rupiyah, sawêg lung-tinampèn, grudug pulisi dhatêng kanthi punggawa, pak panèkêt kacêpêng kabêkta dhatêng kabupatèn pulisi Klathèn, kalêbêtakên ing kunjara, prakawis kaurusakên katur ing nagari dalah pasakitanipun Panèkêt, kakunjara ngantos sataun sawêg karampungan, panèkêt kapatrapan paukuman nyambut damêl paksa tanpa karante laminipun sataun, kaukum ambayar dhêndha sèwu rupiyah, [ru...]

--- 20 ---

[...piyah,] punapa dene kapocot saking kalênggahanipun. Panèkêt sanadyan waunipun dados tiyang brèwu, agêng pamêdalipun, nyambi dados sêmokêl, sapunika kadadak dados tiyang nistha anandhang papa cintraka, saupami panèkêt botên gadhah pakarêman nyêrèt, amêsthi botên tuwuh manahipun rêmên dados sêmokêl, dados cilakanipun ngantos sagêd anyoplokakên kuluk, jalaran anggènipun gadhah pakarêman nyêrèt.

4. Sakit Lumpuh Nyêrèt

Cariyosipun tiyang sugih gadhah anak andhugal, nêlas-nêlasakên kasugihanipun bapa.

Juragan sugih ing Lawiyan (Surakarta) karan juragan Sèmèl gadhah anak namung satunggal jalêr, nama bagus Surasa, dinama-dama dening bapa biyung, dipun uja sakajêngipun botên purun sinau dhatêng kasagêdan, dipun pardi wangkot, kalajêng-lajêng ngantos dumugi jaka, saya andhugal botên wontên ingkang dipun èrèpakên, nêlas-nêlasakên barang, bapa biyungipun ngênês dipun rêsahi [rê...]

--- 21 ---

[...sahi] ing anak gantilaning manah, kacandhak ing sakit angranuhi. Bagus Surasa ing batos bingah yèn bapa biyungipun tumuntên ajal. Kados botên wontên awoning kalakuawan, bingah bapa biyungipun ajal. Pangèran kêrsa damêl lêlampahan, bapa biyungipun Bagus Surasa sakitipun sami madal jampi sarta lajêng ajal gêntos-gêntos. Bagus Surasa anggêntosi kasudagaraning bapa, nanging botên karan sudagar Sèmèl, karan sudagar bèr.

Sudagar bèr nalika gêsanging bapa dipun tantun rabi botên purun sapunika gadhah niyat badhe rabi, ingkang dipun rêmêni rabi talèdhèk, inggih lajêng botên kirang tiyang ingkang angombyongi, rêmên suka-suka mangan nginum, rêmên kêrêngan, dening sagêd main tangan (selat) dipun rencangi mitranipun lare ugal-ugalan, mila sakalangkung kajèn kèringan, polahipun saya andadra, botên sumêrêp dipun lumuhi ing tiyang.

Kasudagaranipun lajêng kèndêl, botên nyambut damêl, namung anjurungi kabingahan, wusana kêcandhak ing sakit [saki...]

--- 22 ---

[...t] èstri, lumpuh botên sagêd lumampah, katularan ing bojo talèdhèk, bojo lajêng kabucal, namung sampun kasèp, sampun kalajêng sakit, dipun usadani punapa-punapa botên sagêd mantun, sakitipun madal jampi ngrengan rintên dalu, ingkang sagêd mayarakên namung dipun sêrèti, dipun kathahi saya kathah mayaripun, inggih enggal kemawon nyakot nyêrèt agêng, rintên dalu namung wontên patilêman kalihan nênêdha ingkang miraos, sanadyan kasugihanipun kenging kadamêl nambak lèpèn Pepe, inggih enggal sagêd dhadhal. Bêgja juragan bèr lajêng pêjah botên panjang umuripun, saumpami botên tumuntên pêjah, amêsthi nandhang papa cintraka apapariman.

5. Tiyang Nyêrèt Naboki Anak Bojo

Dhuk (anakipun) aku tukokna candu saumpling, gilo dhuwite sakêthip, dirikat, aku sêlak katagihan.

Nyang ngêndi pak (lare ngumur 10 taun).

--- 23 ---

Mênyanga Coyudan bae, cêdhak, aja mênyang Singasarèn.

Lare lajêng mangkat, arta sêkêthip dipun gêgêm, dilalah wontên ing margi artanipun kêthip rêntah botên kraos, katungkul anggènipun ningali punapa-punapa ing margi, ingkang dipun tingali, sarêng èngêt pêrlunipun badhe tumbas candu, gêgêmanipun sampun pinanggih kothong, saking kagètipun lajêng nangis kalihan madosi artanipun kêthip ingkang rêntah, nanging botên sagêd pinanggih. Wongsal-wangsul turut margi ingkang mêntas dipun langkungi, badhe lajêng mantuk ajrih mênawi dipun srêngêni bapakipun.

Bapakipun sakalangkung angajêng-ajêng dhatênging anakipun, dening sampun kêtagihan, umbêl mèlèr, wahing tanpa kèndêl (punika watêkipun tiyang kêtagihan madat). Botên antawis dangu anakipun katingal dhatêng, enggal dipun pitakèni, êndi umplinge, suwe têmên, mau dadak apa.

Anakipun mangsuli: Dhuwite ilang ana ing dalan, takgolèki ora kêtêmu.

--- 24 ---

Kados punapa riwuting nêpsunipun bapa, wicantênipun: bocah kêna ing sibat, anake wong edan, (ngantos supe dhatêng wicantênipun piyambak), anakipun dipun têmpiling sakayangipun ngantos kalayaban, katungka bojonipun dhatêng, sumêrêp anakipun dipun têmpiling, pêtrèk-pêtrèk murinani, wicantênipun dhatêng ingkang jalêr: "Kowe apa edan, nabok bocah ora nganggo duga, nganti klayaban. Ingkang jalêr saya wringutên, ingkang èstri dipun tabok sakayangipun, panonipun ngantos sumrêpêt, trêngginas lajêng angrukêt ingkang jalêr sarwi wicantên, "Bacutna wong edan, yèn ora sida modar kowe, aja koarani aku." Ingkang jalêr pringisan, sarta sambat angruntuh, "Wis-wis mbokne culna, aku wis kapok." Lajêng dipun culakên, dipun pitakèni, iki mau kowe kêsurupan apa, dene nganti kaya wong edan, kolu naboki anak bojo.

Wong kêbangêtên, bocah wis gêrang ora gênah, takkon tuku candu dhuwite diilangake.

Olèhmu tuku candu pira.

Sakêthip.

--- 25 ---

Dene mung sakêthip, êndhasing anak, tombok êndhasing bojo, dadi kaplokan, wadine kowe kêtagihan, ênya tadhahmu sadina rong umpling, mau taktukokake, cêkrokên sing nganti mlukèk.

Êndi, wong wis kêtagihan ngene: kok, lajêng mapan dhatêng patilêman: nyêrèt.

Punika watêkipun tiyang nyêrèt, kanêpson ingkang sawêg linampahan sirna sami sanalika, bilih lininton candu.

6. Sudagar Nyêrèt

Saiki takmêdhot bae, bokne.

Unimu ora mung sapisan iki bae, sabên wis êntèk-êntèkan iya arêp mêdhot, nanging kok sida; iya ora.

Saiki titènana kandhaku amêsthi têmên.

Iya sokur: nèk nyata. Tinimbang kowe ana ngomah, mênyanga Bêkonang: ta, sêdhela, paranana wadeku

--- 26 ---

isih sakodhi, lan kêkèrène dhuwit wade sing dhisik isih salawe. Jalukên pisan.

Iya: aku sangonana srupiyah bae.

Kogawe apa dhuwit srupiyah, mêngko iya kogawe tuku candu.

Mbok modar ta, wong dikandhani arêp mêdhot, pijêr dipaido bae.

Nya, wis nuli mangkata.

Lampahipun dumugi Bêkonang kraos kêtagihan, lajêng kèndêl wontên ing wande: pawedangan, tumbas candu kalih umpling kasêrèt têlas, taksih kirang tumbas malih kalih umpling êngkas kasèrêt têlas, ulatipun mangar-mangar sampun karaos mêndêm, arta panumbas wedang sarta panganan dipun bayar lajêng dhatêng griyanipun bakul sinjang ingkang badhe dipun purugi, nanging pinanggih sêpên, griya dipun kancing saking jawi, pitakèn tangganipun, dipun wangsuli kesah dhatêng nagari, dados dhapur kêtlisipan lampah, kêdangon anggènipun nyêrèt wontên wande, sarèhning badhe kadangon dipun êntosi, sae lajêng wangsul mantuk kemawon.

--- 27 ---

Kacaryios bakul sinjang ing Bêkonang sampun dumugi ing nagari sarta sampun pasokan kakantunanipun arta wande dhatêng juraganipun, tuwin sampun nampèni wade malih ingkang badhe kasade, dados nama ngalap nyaur. Bakul sinjang dipun pitakèni kalihan juraganipun:

Niki wau kula kèngkènan raka dika têng mrika, ngenggalake bayaran wade, kula sêlak pasok têng Kauman, napa wau botên kêpêthuk ing dalan.

Botên bakyu, lampah kula inggih ngênêr botên mawi mompar-mampir. Bok mênawi kang raka kakang mêdal lèr.

Mênawa. Bok juragan nyathêt salêbêting manah, ingkang jalêr amêsthi kèndêl nyêrèt.

Sampun bakyu, kula lajêng badhe dhatêng pêkên agêng, tumbas bêtah.

Ênggih. Botên atawis dangu ingkang jalêr ênggos-ênggos kêtingal dhatêng: mangar-mangar. Sarwi wicantên, bok bakul wis têkan kene.

Mêngko: ta, kowe kuwi takkongkon nagih, kêtêmu apa ora.

--- 28 ---

Ora, kêtlisipan ana ing dalan, têkaku ing omahe tinêmu suwung, lawange dikancing saka ing jaba, aku takon tanggane: jare mênyang nagara, aku cêngkelak bali, taktututi mêksa ora kêcandhak.

Geneya lakumu suwe têmên.

Dilalah wong kaya kowe, prasan atimu kêpriye, Bêkonang iku apa cêdhak.

Ya, wis. Seje dina bae dikongkoni manèh. Iba kêsêlmu mênyang Bêkonang calik, ora nganggo lèrèn sadhela.

Ora basa, ajaa wêdi yèn kosrêngêni, takêntèni nganti saulihe.

Kowe apa ora tuku tômba sayah.

Wong wis dikandhani mêdhot, pijêr soyah-sayah bae, êmoh aja kotukokake.

Sukur yèn têmên mêdhot, takkauli aku bakal midhang mênyang Bathangan, bêngine wayangan.

Êndi bakal wragade wayangan takgantunge, besuk kowe mundhak owêl-owêlan.

--- 29 ---

Môngsa aku goroh, yèn kowe têmên, sangumu mênyang Bêkonang kari pira, kene, mêngko mundhak kotukoake candu.

Aku durung kôndha selak kotakoni, sanguku ilang takgembol ana ing sabuk, runtuh, kliru tlêsêpe sing dudu lêmpitan.

Athik kaya bocah cilik, anggawa dhuwit bisa ilang.

Apa wong tuwa ora bisa kelangan kaya bocah cilik.

Iya bisa, nanging nèk kowe wangune ora bisa kaya bocah.

Dadi kandhaku kopaido.

Ora maido, mung gênahe bae.

Iya, nanging atiku krasa, kokira taktukokake candu.

Sukur yèn wis tumanja kotukokake candu, dene raimu wis mangar-mangar.

La bok modar sêg: ta, yèn taktukokake candu, wong ilang têmênan.

--- 30 ---

Ya wis, wong wis ilang, padha bae karo kotukokake candu, nanging aja dhêmên supata, saru dinulu.

La wong kaku atiku, apa-apa kopaido.

Anane wong dipaido iku: goroh. Coba jajal-jajala têmên, ora-orane takpaido, saiki aku arêp caturan têmênan karo kowe, kowe bojoku cilik mula, wis patutan loro lanang wadon, si gêndhuk wis bisa ngrewangi aku mênyang Kuwadeyan, olèhku nyambut gawe sêmpulur, iku iya saka brêkahmu, kowe aja sok dhêmên ngrusuhi jupuk dhuwit tanpa têmbung.

Ora, bok modar ta.

Mênênga dhisik, taktutugne clathuku, lan aja supata manèh, aku ora ngandêl, lan mundhak dadi saradanmu ala, disigèni mênyang tôngga têparo.

Kêpriye, tutugna.

Karêpku kowe aja mêdhot, lêstarèkna nyêrèt, taktadhah rong umpling sêdina, kaya-kaya aku wis kêlar, sêrètan esuk saumpling, sore saumpling.

--- 31 ---

Kêjaba ta yèn karêpmu mangkono, aku iya mung nurut.

Bok sudagar lêstantun anggènipun rarayatan, nanging pak sudagar punapa marêm dipun cadhongi kalih umpling: botên, akalipun wontên kemawon, ingkang murih angsal yatra saking bok sudagar lêpatipun alus, inggih dipun kasar, tadhahipun pancèn agêng, botên cêkap sarupiyah, bok sudagar susah manahipun, tansah dipun rêsahi ingkang jalêr, kêcandhak ing sakit cêkèk (tèrêng), botên sagêd nyambut damêl ngantos sawatawis wulan, wusana pêjah. Lêrêsipun tiyang kapêjahan semah, susah, nanging pak sudagar: botên, Malah bingah lajêng ngaji pupung, nyêrèt rintên dalu botên mawi kèndêl, barangipun dhadhal têlas dipun sêrèt, dalah griya gusis sampun dipun sade, anakipun kêkalih dipun burak, sami pados panggêsangan piyambak-piyambak, sarèhning sêrètpun agêng, enggal kasarakatipun, ngapus-apusi, sampun botên sagêd, dening sampun gônda awon, wusana ngêmis, lajêng kêcandhak sakit, pêjah wontên purug [pu...]

--- 32 ---

[...rug] botên ulês-ulêsan, dados damêling ingkang kanggenan.

Punipunika. watêkipun tiyang nyêrèt, sanadyan dipun cêkap, inggih mêksa taksih kirang, marêmipun mênawi sampun sande tiyang salêbêtipun sakarat.

7. Nguntal Kalèlèt

Wontên abdi dalêm panèwu ngajêng, agêng pamêdalipun, dhasar gêmi nastiti angati-ati, mila enggal sugih nanging gadhah pakarêman nyêrèt. Sarèhning tiyang nyêrèt punika amboborosi, botên sande badhe nyuda kasugihanipun, pamikiripun amurih langgêng, sukur bage malah wêwah, kêdah dipun kanthèni anggaota, nanging panggaotan punapa ingkang pinanggih sae, botên wontên ingkang ngungkuli kêjawi namung sade apyun pêtêng, laris, daganganipun enggal têlas, angsal bathi kathah, ing petang tikêl kalihan pamêdale anggènipun dados priyantun, kuciwanipun dados awisanipun nagari. Nanging tiyang ingkang kenging ing dakwa sade apyun pêtêng ngantos katrap [ka...]

--- 33 ---

[...trap] ing paukuman punika tiyang ingkang tanpa budi. Mênawi tiyang mangrêtos môngsa makatêna. Kêndêling pamikir saèstu badhe kilak apyun pêtêng dhatêng Rêmbang utawi ing Juwana, ing ngriku kadhatoning apyun, lajêng pados tiyang kang dados patèn-patèn, dipun opahi kathah, tiyang gangsal dipun bêktani yatra 1000 rupiyah, wangsul saking purug ambêkta apyun: wilujêng dipun sade ècèran, kumrubut tiyang tumbas, kados tumbas dhatêng ngêpakan, dèrèng sawulan apyun kilakan sèwu rupiyah sampun dhadhal, têlas, kapetang pikantuk bathi tikêl, punika apyun kasade jangan, botên dipun plangkring, saiba dipun sarèhakên saya kathah bathinipun, sampun saèstu kemawon tuman, kados kirik dipun pakani kêtan.

Sarêng sampun kèndêl sawatawis dintên lajêng kèngkènan malih, dipun tikêli kados ingkang sampun, inggih sagêd wilujêng malih, nanging sampun anggônda dipun sujanani parentah kantor, griyanipun kêrêp dipun galedhah, nanging botên nate kêcêpêng barangipun, saking rêwite pandèkèkipun,

--- 34 ---

dangu-dangu wontên ingkang sagêd kacêpêng dipun akèni gadhahanipun, tiyang ingkang dados patèn, punika ingkang kalêbêt ing kunjara dipun ukum, sarta manah anak bojonipun ingkang wontên griya. Luwaripun saking paukuman dipun ganjar yatra kathah, dados priyantun wau botên nate kenging prakawis, kajawi namung kagêpok ing raos, botên dados punapa, sawêg linulu dening Allah, tindakipun awon mbotên nate kasandhung.

Kangjêng parentah agêng ingkang soca bathara, kala panjênênganipun papatih Kanjêng Radèn Adipati Sasranagara ridêring urdê Nèdêrlansênleyo, priyantun wau kaundur saking kalungguhanipun panèwu ngajêng, inggih namung dipun layakakên ing kathah. Sarèhning taksih sugih sampun dados priyantun, panggaotanipun sade apyun pêtêng saya dipun santosaakên, botên dados priyantun botên dados punapa, botên dipun manah sudaning ajinipun, inggih damêl sudaning ajrihipun tiyang ingkang pinitados.

--- 35 ---

Lampah ingkang pungkasan dipun kêtog, gandhahaning yatra sakantunipun dipun sêdayaakên, kirangipun anggêntosakên barang, kalêmpakipun yatra gunggung 5000 rupiyah, katampèkakên dhatêng pangajênging lampah tiyang kakalih, ingkang sampun kacihna sêtya tuhunipun dhatêng priyantun wau sarta sampun nandhang sumpah, namung ngêntosi kalêmpakipun bau tiyang 8 lajêng mangkat, sarêng dangu dhatêngipun, dening pancèn botên dipun bejani, lajêng dipun susul dening pangajêng kakalih, botên sumêrêp mênawi pangajêng kakalih sampun sakaot botên badhe kesah tumbas apyun pêtêng, badhe ngapusi yatra ingkang sampun dipun tampèni, yatra dipun palih lajêng kadamêl sopyan-sopyan.

Kados punapa kagèting manahipun priyantun wau sarêng sumêrêp dipun ulêsi, sanalika kados tiyang gêndhêng, calumak-calumik wicantên piyambak, sarta sampun kalajêng tadhahipun nyêrèt agêng, kala jibar-jibur sugih yatra sugih apyun.

Botên ngantos dangu dhumawah ing kamlaratan, griyanipun [griyanipu...]

--- 36 ---

[...n] kasade, lajêng mondhok-mondhok saênggèn-ênggèn, tadhahipun mantun agêng dening sampun dhumawah ing papa, nanging botên marêm dipun sêrèti sakêdhik, pêpuntonipun lajêng santun gêlar, nguntal kalèlèt, punika ingkang sagêd nyamèni kalihan tiyang nyêrèt tadhah agêng, klèlèt rêgi suwang nyamèni cêmêngan rêgi nêm wang, dangu anggènipun nguntal klèlèt, mantun sês tike, wêtêngipun sampun mêlêng-mêlêng, watêkipun tiyang nguntal kalèlèt mbotên kenging kandhêgan, lajêng sakit wêtêng dadakan. Nuju satunggal dintên sakit panas, botên sagêd pados kalèlèt piyambak, kèngkènan ngepah-epahi, nanging mêksa botên angsal, muring-muring botên kantênan dhawahipun, mlampah pados piyambak botên sagêd, badan saya lêsah susukêr sampun wiwit mili, botên dangu puput yitmanipun, pêjah botên ulês-ulêsan, dados damêling nagari.

Samantên dhêndhanipun tiyang karêm madati, tur linampahan ing tiyang sugih, watêkipun gêmi nastiti angati-ati, kêsandhung ing lampah dados tiwasipun.

--- 37 ---

8. Bayi Nyêrèt

Saking pandamêle tiyang sêpuhipun, ngatos dumugi bibar têtak, lêt kalih taun pêjah andalinding.

Ki Tapraya ing kampung Gapyakan, ondêr dhistrik Sêrêngan, kitha Surakarta, gadhah anak jalêr nama Paya, wiwit bayi lair dipun kêbuli tike sabên badhe mapan tilêm sontên.

Ki Tapraya padamêlanipun ambubut sêngkang cêmêng sadintên sagêd gadhah kauntungan sarupiyah, dipun sêrèt ingkang kawan wang, bibar nyambut damêl sontên lajêng nyêrèt ngatos satêlase tadhahipun. Nuju satunggiling dintên anakipun sakit botên sagêd tilêm, lajêng dipun kêbuli tike. Sarêng lare karaos mêndêm sagêd tilêm, sontênipun dipun kêbuli malih, inggih lajêng ngalêpus sagêd tilêm, makatên salajêngipun sabên sontên dipun kêbuli tike, ngantos mantun sakitipun, sabên botên dipun kêbuli nangis, sarêng lare saya agêng, botên marêm dipun kêbuli sakêdhik, kêdah nêdha kathah. Akaling bapa, anak dipun akêpi urung bêdudan ingkang mêntas kangge [kang...]

--- 38 ---

[...ge] nyêrèt, supados dipun sêrot kakantunaning kêbulipun. Lare dipun akêpi bêdudan inggih mangap sarta inggih lajêng sagêd nyêrot kakantunaning kêbul, saya mindhak agêng saya baud. Sarêng sampun ngumur 4 taun, sampun sagêd nyêrèt piyambak tunggil sabantal kalihan bapakipun. Lare sakalangkung nurut sarta trisna ing bapa tinimbang kalihan biyungipun, bapa inggih sakalangkung trisna, dene anakipun taksih alit sampun sagêd nyêrèt. Mênawi kêtlangso kraos kêtagihan, nangis nêdha yatra dhatêng bapa biyungipun kadamêl tumbas tike.

Kalawun-lawun agênging lare, bapa biyungipun karijêkèn, sarêng ngumur 14 tahun dipun têtakakên, nanging lare wau kêsèd, botên srêgêp kados bapakipun.

Nuju wontên pagêbluk agêng, bapa biyungipun Paya dipun têdha ing pagêbluk, pêjah sarêng sadintên. Ing batos, pun Paya bingah badhe anggadhahi barang tilaranipun tiyang sêpuhipun, kadugèn sakajêngipun, botên dipun panci kados sabênipun. Samantên awoning manahipun tiyang nyêrèt, bingah dipun tilar pêjah ing bapa biyungipun, dening badhe nampèni barang warisan.

--- 39 ---

Kacarios pun Paya agêng sêrètipun, anêlas-nêlasakên barang salêbêting griya ngantos gusis, tumuntên griyanipun kasade, pun Paya ngêlambrang tilêm wontên ing bambon. Têlas ing yatra dhumawah ing papa. Botên sagêd nyambut damêl, botên pajêng suwita, pêng-pênganipun lajêng priman, pawitanipun sagêd ura-ura, gadhah apalan sawatawis inggih ragi lowung, angsal-angsalanipun kenging kadamêl tumbas candu, sarèhning taksih sêgêr kêsarasan, awit tasih sagêd nglampahi padamêlan ngêmis, kêsupèn mênawi tiyang gadhah sêsandhungan kenging ing sukêr sakit mulês ngêlu. Pun Paya kêcandhak ing sakit wêtêng, dening rêsah ing tadhahipun sarta kêtagihan botên sagêd tumbas candu, sarta botên wontên tiyang kang purun numbasakên candu, sakit ngalèsèh wontên ing bango, ambubucal rah umbêl, dipun rubung ing lalêr, botên dangu pêjah dados damêling nagari.

Punika lêlampahan sayêktos, griyanipun Ki Tapraya cêlak kalihan griyanipun ingkang nganggit. Kala pun Paya taksih ngumur 8 taun, dolan dipun tumbasakên [tumbasa...]

--- 40 ---

[...kên] cêmêngan sarta lajêng dipun kèn nyêrèt, rinubung ing tiyang kathah, patrapipun lare ngumur 8 taun nyêrèt, dhasar prigêl angrêmênakên tiningalan.

9. Nyêrèt, Griyanipun Kabêsmèn

Wontên priyantun sugih dening agênging pamêdalanipun lênggahipun siti dhusun 5 jung, ngalêmpak dipun palihakên sadaya, mênawi gadhu papajênganing pantun, palihanipun sagêd tampi yatra 2000 rupiyah, walikanipun 1000 rupiyah, dados ing dalêm sêtaun 3000 rupiyah. Padamêlanipun namung sowan dintên Sênèn Kêmis, punika kêrêp pamit, caos pitung dintên sapisan, kajawi Pajang Pasisir botên mêsthi sataun sapisan, awit saking kêrêpipun nganggur, dados malah kêsèd dangu-dangu kacandhak pakarêman nyêrèt, ngêbêb botên wontên kèndêlipun, kèndêl-kèndêl manawi sampun arip lajêng tilêm, tangi tilêm wiwit nyêrèt malih ngantos samêndêmipun.

Sanadyan priyantun wau: waunipun sugih, sarèhning babasanipun dipun bucali, inggih lajêng enggal malarat, lênggahipun [lêng...]

--- 41 ---

[...gahipun] siti dipun gantosakên utawi dipun têbasakên sampun têlas sadaya, punika ingkang anjalari enggal malarat, dening tanpa pamêdal, barang ringkês barang isining griya dalah sêmbêt têlas dipun gantosakên bur sadaya. Lajêng wiwit pandhapa, pringgitan, gandhok, dalah pawonipun dipun sade. Olah-olah wontên ngèmpèr griya. Regol dalah pagêr banonipun sampun dipun sade rumiyin kantun griya satunggal sawêg dipun pabênakên kasade angêbrêki, sêlak kenging prakawis anggènipun ngêthèrakên kawajiban, têranging papriksan priyantun wau têtela poprok, lajêng kaundur saking kalênggahanipun mantri. Sampun saèstu botên kenging winiraos susahing priyantun wau. Rêmbagipun sade griya angêbrêgi dipun lajêngakên, angsal rêmbag kadadosan katumbas ing Cina ingkang sampun dipun sambuti lêbêtan sarêman sabên dintên, utawi bot-botan, katumbas f. 500 rupiyah. Kalêmpaking sambutan wit dalah sarêmanipun ingkang kêdah dipun sahi f. 200 rupiyah,

--- 42 ---

angsal manjêr f. 100 rupiyah, jangkêpipun ingkang f. 200 rupiyah manawi sampun pasrahan kauningan parentah.

Tiyang kasusahan ingkang makatên, lêrêsipun prihatos agêng, mênawi tiyang nyêrèt: botên kados priyantun wau ingkang dipun èngêt-èngêt badhe tampinipun arta manjêr 100 rupiyah, sarêng sampun tampi, punapa ingkang dipun pêrlokakên rumiyin, botên sanès lajêng tumbas candu satail, punika kêkêncêripun sagêd anêntrêmakên manah. Mantuk saking ngêpakan wanci jam sontên, lajêng nyêrèt ngantos samêndêmipun, lajêng thukul gagasanipun, artanipun 100 rupiyah sawêg kalong rêginipun candu satail 14 rupiyah, malorok wontên ngajênganipun tilêman, dipun lêkêr awarni rupiyah sadaya, ing têngah lêkêranipun arta cêpuk candu sawêg kalong sakêdhik, badhe wêwah malih 200 rupiyah. Pangunandikanipun: dhuwit 300 ora sathithik, yèn dak gawe kulak apyun mênyang Singgapura ing kana taktuku murah, ing kene dak dol larang, apêse tikêl, tarkadhang bisa têkuk gulung, ora nganti sataun aku wis brèwu. Mantri

--- 43 ---

iku kamuktèn apa, mungguhing wong brèwu, dene prakara nêrak laranganing guprêmèn iku prakara gampang, ananing wong adol apyun kacêkêl, banjur diukum, iku saka bodhone dhewe, ora bisa andhêlikake panyimpêne apyun. Yèn aku môngsa bisaa kawruhan, takdokok ing jaratan growong, takjukuk saka sathithik bae, banjur taktampakake marang sing arêp tuku. Lung barang, lung dhuwit, wis ora ana prakarane manèh, dene sing luwih pêrlu, pulisi taksobat, apa kêkurangane takwèhi sathithik-sathithik, amêsthi lêstari pasobatanku, yèn kacêthik lakuku, môngsa koluwa ngalani, aku saya andêrbala, pulisi saya wêdi marang aku, prasasat aku dianggêp lurahe.

Samantên ciptanipun tiyang nyêrèt bilih sawêg mêndêm, kaconggah angêpêl jagad, kuciwanipun mênawi sampun ical êndêmipun, anglumpuruk kados kapuk, wangsul kêtagihan lajêng nyêrèt malih, santun gagasan.

Kasusahanipun ingkang mêntas sinandhang sampun sirna dening gagasan salêbêtipun mêndêm.

--- 44 ---

Tiyang mêndêm tike: mumêt botên sakit, awakipun kados dipun bandul, mripat mêrêm botên sagêd, tilêm, awak saha sirah kraos gatêl, tanganipun tansah wik-wikan, utawi kukur-kukur saking gêrahuyang, tangan botên sagêd kèndêl.

Priyantun wau sampun mêndêm angggènipun nyêrèt lajêng damêl colok kangge anylomodi lêmut ingkang mencok wontên ing klambu patilêman. Saking weyanipun, kêlambu kêslomot ing colok, murub akantar-kantar, latu dhawah ing kasur mubal anyalat gêbyog anglonjok dhatêng payon sirap. Sami sanalika dados karang abang ludhês, têlas griya satunggal, rahayu botên sagêd nular dhatêng tangga. Dening kathahipun tiyang tandang tulung, taksih sontên, wancinipun tiyang nêdha. Kocapa priyantun wau ingkang kamanah namung icaling candu, yatranipun sami katut kabêsmèn.

Cina ingkang potang botên siyos anjangkêpi panumbasing griya kirang 200, dening griya sampun kobong, namung narimah angsal pemahan punika: karta ajinipun,

--- 45 ---

100 rupiyah, manjing yatra ingkang sampun dipun tampèni. Priyantun wau kesah saking ngriku, mondhok ing griyanipun sanak sadhèrèk, ngolah-ngalih pundi ingkang dipun sênêngi. Nanging sarèhning gadhah pakarêman nyêrèt, awis ingkang purun numbasakên, wusana kêcandhak ing sakit wêtêng, ambubucal rah umbêl, antawis 8 dintên pêjah, dados damêling sanak sadhèrèk. Kathah lêlampahanipun tiyang nyêrèt ingkang gadhah sangsara, punapa kenging dipun kêpengini. Suprandosipun, kathah ingkang kagiwang manahipun rêmên nyêrèt, dening musthikaning kêbuling ngalam dunya, namung kêbuling candu ingkang eca piyambak.

10. Priyagung Wadana Kaliwon Sarta Priyayi Panèwu Mantri, Nyêrèt

Sanadyan nagari sampun andhawuhakên parentah kêncêng, para abdi dalêm agêng alit kaawisan botên kenging nyêrèt, ewadene abdi dalêm wadana kaliwon panèwu mantri sasaminipun kathah ingkang gadhahi pakarêman nyêrèt, ingkang kathah abdi dalêm jawi, dening kênganggurên, [kêngang...]

--- 46 ---

[...gurên,] kathah pamêdalipun, mênawi nuju jagi nagari (= saos), wontên pasowan kapalan ing ngalun-alun lèr, nganggur kemawon, dangu-dangu ngantuk, lajêng ngaso dhatêng gêdhong: tilêm. Punika ingkang murugakên dados nyêrèt. Tinimbang tilêm sae mawi sawêg lênggah, nyêrèt, dene jampi sayah, jampi mênawi mangke sayah sok sampuna ajajampi rumiyin. Punapa punika ingkang nama babasan: pupur sadurunge bênjut.

Sarèhning awisan kêncêng, mênawi nyêrèt wontên ing griya: umpêtan, botên kasumêrêpan tiyang, kadangu ing parentah: mungkir. Dados anggènipun dhêlikan nyêrèt botên nate konangan ing parentah, nanging warnanipun sampun mratandhani yèn nyêrèt, lambe biru, yèn watuk ngêdalakên riyak, warninipun cumut-cumut, dening botên nate adus, untu pethak anggadhul dening botên nate nginang. Ingkang trêsna asih dhatêng badanipun, namung anak bojonipun piyambak, punika mênawi taksih kasakmêtan, nanging mênawi kacingkrangan inggih dipun cantên awon, tega kasarakatipun anak bojo.

--- 47 ---

Wadana kaliwon ingkang kakarsaakên ing parentah tumut nyêpêng paprentahan, sarèhning unduripun sowan ing wanci sontên, kêrêp katamuwan para agung sarta para tuwan ingkang nawung pêrlu, akalipun supados botên kapintênkakintên. anggènipun nyêrèt: ethok-ethok sêmbahyang, maghrib dumugi ngisa ngêbêb nyêrèt, wontên ing gêdhong pasalatan, dipun awadakên sawêg sêmbahyang. Jam 8 sawêg mêdal dhatêng pêndhapa nampèni tamu. Tamu inggih lajêng sumêrêp, mênawi mriku kêdah jam 8 sontên, sanadyan para tuwan ingkang dhatêng, yèn dhatêngipun jam 5, 6, 7, inggih dipun wangsulakên utawi dipun aturi ngêntosi ngantos jam 8, awit prayagung wau sawêg kapambêng sêmbayang.§ Ngèndêlakên sêmbahyang botên kenging, punika kalêbêt papacuhing agami, sanadyan karawuhan panjênêngan ratu, sang ratu kêdah ngêntosi sabakdaning sêmbayang. Dangu-dangu inggih lajêng misuwur, yèn sêmbahyang magrib dumuginipun ngisa punika sayêktosipun nyêrèt, dados nama awon wau saking pandamêlipun piyambak. Prayagung wadana kaliwon mênawi namung kagungan pakarêman nyêrèt, botên [bo...]

--- 48 ---

[...tên] dados malarat, malah wontên ingkang sugih, dening agênging pamêdalipun wah botên kagungan pakarêman liya, nanging risaking sarira: mêsthi tarkadhang botên sagêd yuswa panjang. Dene priyayi panèwu mantri kathah ingkang kasarakat, dening pamêdalipun botên nyêkapi, risaking badan: botên sanès, sarèhning kaca bênggala botên kirang, punapa lastantun botên mawi kaca kemawon.

11. Priyayi Nyêrèt Rabi Bakul Sugih, Dados Cilaka Bakul Sugih Gêmi Nastiti Dipun Warahi Nyêrèt Ugi Dados Cilaka. Lêlampahanipun Kados Ing Ngandhap Punika:

Tiyang bêbojoan priyayi angsal bakul sugih, pun priyayi pados bokongan kasaidipun anggènipun lumampah ing badan. Bok bakul pados nama kêpengin sinêbut bok mas bèi. Priyayi punika nyêrèt, nanging kadamêl wados. Bok bakul ngantos katambêtan botên [bo...]

--- 49 ---

[...tên] sumêrêp yèn ingkang jalêr nyêrèt, umpami sampuna sumêrêp, amêsthi botên purun dipun rabèni ing tiyang nyêrèt, awit gêthing sangêt dhatêng tiyang nyêrèt.

Priyayi punika ngantos rumaos kawêkèn anggènipun badhe mintêri dhatêng ingkang èstri, botên suka dipun têdhani yatra ingkang botên tumanja, langkung malih upami balaka badhe kadamêl tumbas candu, kajawi mêsthi botên angsal, inggih ugi badhe adamêl congkrah anggènipun bobojowan, ciptanipun: kapriye akalku bisane bojoku milu nyêrèt, awit yèn bisa tunggal pakarêman, amêsthi ngamale dadi ing sakarêpku.Aku mari dipanci kaya kang uwis, mari mati mung sêga iwak, panganan satenong. Pakêmpèse (candu) isih golèk dhewe nabyak-nabyak, dadi uripku dadi priyayi rabi wong sugih: tanpa gawe, awit isih kawêngku ing bojo.

Kacariyos bok bakul sakit ragi rêkaos, ngalèlèh tilêm ing kasur dipun têngga semahipun wontên ing ulon-ulon katingal marma, kalihan nyêrèt têmbungipun [tê...]

--- 50 ---

[...mbungipun] kadamêl cagak lênggah sampun ngantos tilêm, kalihan ngêbuli saking ngiringan. Bok bakul karaos sakeca dipun kêbuli, lês sagêd tilêm. Sarêng nglilir, nêdha dipun kêbuli malih, inggih lajêng dipun kêbuli. Têmbungipun "Coba akêpana sajêblisan, rong jêblisan bae, iku ngungkuli sing nganti kêplêkên, karo satêmêne aku wis aor, ajaa wêdi kowe, lan pêrlu mikir pulihe waras awakmu, wis ora taksêrèti, watir yèn mutah".

Napa tike niku, ngêndêmi.

Nèk akèh, balik mung sathithik, malah dadi tômba pêrmati.

Mangke kula sêrèti: gèk nyakot.

Kok kaya asu: galak, iku rak kandhane wong kang gêthing marang wong nyêrèt, aku iya kêrêp calathu mangkono, satêmêne mung takgawe mêmêdèni wae, karo aku môngsa awèha yèn kowe nyêrèt, nya: akêpên sajêblisan, rong jêblisan bae, glintirane wis takgawe cilik-cilik, kêbule sathithik, ulunên [ulu...]

--- 51 ---

[...nên] salong wêtokna, aja kêsusu, sing sarèh bae, nèk kêsêlak.

Bok bakul lajêng nyêrèt miturut piwulangipun ingkang jalêr. Rumaos saya ènthèng badanipun, beda sangêt kalihan dipun kêbuli. Ing sontênipun, malih sampun dipun cêpaki dhatêng ingkang jalêr, inggih lajêng nyêrèt kados ingkang sampun. Salajêngipun, salêbêting sakite dèrèng saras, sabên sontên nyêrèt, bok bakul saupami botên dipun sêrèti sampun kêtagihan, dados inggih sampun nyakot nyêrèt. Wicantênipun ingkang èstri "Mas bèi, sing mang damêl tumbas candu salêbête kula sakit, yatrane sintên".

Ali-alimu olan-olan takgadhèkake 50 rupiyah, takgawe awèh dhukun utawa patukon cagak linggih sing padha ngêlèki kowe ana pandhapa.

Saupami dèrèng nyakot nyêrèt, amêsthi lajêng nêpsu, supenipun olan-olan dipun gantosakên, punika botên, malah akèn tumbas candu ingkang kathah, têmbungipun: Angsal mangsamang. tumbas candu: icir, saumpling-saumpling,

--- 52 ---

niku rak murugake boros, napa botên ontên tumbas sing radi kathah, sagêd angsal mirah.

Yèn tuku nyang ngêpakan, sing tailane ora ana, mung umplingan sing ana, rêga sakêthip, rong kêthip, patang kêthip, wolung kêthip, sing patang umpling dadi siji umplinge iya gêdhe.

Sing tailan niku: pundi.

Tuku pêtêng, sing adol cina totogan, satail rêga f. 16 rupiyah. Iku luwih enak lan luwih murah tinimbang candu ngêpakan.

Tumbas pêtêng napa botên diawisi.

Nèk konangan iya dilarang, apa wong tuku candu pêtêng dadak dièthèng-èthèngake, digêgêm bae cêpuk sapira gêdhene, sing wêruh sapa.

Mang tumbas sing tailan mawon, murah raose eca: tose.

Dhasar iya, mêngko takkongkonan tuku.

Mantunipun sakit bok bakul, sampun agêng sêrètipun, saya rukun anggènipun bobojowan, yatranipun [ya...]

--- 53 ---

[...tranipun] botên owêl-owêlan, kadamêl tumbas candu. Ananging botên dangu kasugihanipun dhadhal, anggènipun babakulan kêndho, wiwit botên pinitados ing juraganipun, dening kêrêp nyidrani jangji, wusana botên dipun andêl.

Bok bakul rêmbagan kalihan ingkang jalêr, têmbungipun, "Dos pundi mas bèi, saniki kula botên dipitados kalih juragan kula, botên suka bêta dagangan mêlih yèn papajêngane dagangan sing kriyin dèrèng dibayar lunas.

Wong bakul wade iku kêsuwèn payune, tur bathine ora mingsra, satêmêne aku ora mathuk, yèn ta aku duweya pawitan, dhêmên kulak apyun mênyang Juwana, bathine tikêl têkuk gulung, gêlis êntèk, rong unggahan têlung unggahan bae yèn pawitane akèh wis bisa sugih dêrbala.

Gèk kêdah pintên pawitane.

Sathithike sèwu, gêdhene rong èwu.

Kula botên sagêd yèn pados sambutan sêmontên.

--- 54 ---

Mêsthi bae ora olèh, utang dhuwit samono arêp digawe apa. Kôndha satêmêne sing duwe dhuwit: iba olèhe girap-girap, yèn kowe bisa nyewa barang bae sing pangaji 5000, arêp diênggo pangantèn, banjur digadhèake, playon rong èwu iya payu.

Kula yèn nyewa mawon sagêd, nanging kêdah mawi sêrat pratôndha dicapi.

Iku prakara gampang, takgawèake pratandhamu, ning kowe sing nyewa, taktanggung.

Kalampahan bok bakul nyewa pêngangge têmantèn dhatêng nyonyah Gêndhon, pangaos 5000 rupiyah, lajêng dipun gantosakên dhatêng nyonyah Samiyêl, pajêng 2500 rupiyah.Yatra katampèkakên dhatêng ingkang jalêr sadaya.

Kalampahan priyantun wau kilak apyun dhatêng Juwana, ambêkta rencang tiyang sakawan, lêstantun lampahipun dumugi ing Juwana, sarêng sampun bayaran sarta tampi barang§ barang têmbungipun tiyang dagang apyun pêtêng, têgêsipun apyun.

--- 55 ---

lajêng bidhal mantuk lumampah dalu, wontên ing margi kêpêthuk priyantun pulisi rundha, dipun pitakèni anggragap badhe lumajêng, pulisi trêngginas, tiyang gangsal sami kacêpêng sadaya, kêpalanipun ngakèn priyantun mantri: botên dipun andêl, inggih dipun tangsuli ingkang kathah-kathah, bêbêktanipun kagledhah, ambêkta apyun pêtêng, prakawis lumados dhatêng Sêmarang, prakawis kaurusakên, pasakitan dipun kunjara.

Bok bakul enggal mirêng pawartos yèn ingkang jalêr kabilaèn, kacêpêng wontên margi, sapunika kakunjara wontên ing Sêmarang, nanging botên sagêd manah prakawisipun ingkang jalêr, awakipun piyambak kalêbêt ing prakawis, kadakwa ngapusi barang nyewa gadhahanipun nyonyah Gêndhon, pangaos 5000 rupiyah kados ing nginggil wau. Bok bakul kalêbêt ing kunjara, prakawis tumindak wontên ing pradata, karampunganipun bok bakul katêtêpakên dosa ngapusi, kapatrapan paukuman nyambut damêl paksa tanpa karante laminipun 5 taun,

--- 56 ---

nyonyah Gêndhon mênawi ngudi wangsuling barangipun, kalêrês nêbus dhatêng nyonyah Samiyêl.

Ingkang jalêr karampungan wontên Sêmarang, kapatrapan paukuman nyambut damêl paksa tanpa karante laminipun sataun, sarta kadhêndha saha karampas apyunipun tuwin ambayar wragading prakawis, sangunipun kabêskup kangge mbayari dhêndhan saha waragading prakawis wau, rencangipun tiyang sakawan kapatrapan paukuman nyambut damêl paksa tanpa karante laminipun nyawulan.

Sarêng kauningan ing parentah yèn priyantun wau kenging prakawis wontên Samarang, sarta anglampahi paukuman nyambut damêl paksa, kapocot saking kalênggahanipun.

Lah punika bathinipun tiyang gadhah pakarêman nyêrèt, bakul sugih dados mlarat, tombok awakipun dados tiyang ukuman. Priyantun rabi bakul sugih dipun pocot, tombok awakipun dados tiyang ukuman.

--- 57 ---

12. Sêretan

Ngga dhi, sampeyan sês.

Môngga kang mas, sampeyan dugèkakên, sampun mawi èwêd-pêkèwêd, mangke kemawon gêntos kula inggih sampun bêkta sangu piyambak, saking nagari, tirahan kala wau enjing, tur liwêtan piyambak.

Coba dhi, kula icipane.

Môngga.

Wo dene taksih sacêpuk kêbak, sasat dede tirahan ane.

Kala wau munjung, sampun kalong kula sês, kantun punika.

Wah, eca dhi liwêtan sampeyan.

Tiyang dipun kêndêli, inggih eca.

Botên dhi, apyune pancèn eca, tumbasan saking pundi: dhi, kula tumut pajêng.

Saking Papahan, daganganipun kang Tapiyoga. Mênawi kangmas Tarso mundhut nêmpil, sakatos kemawon, kula [ku...]

--- 58 ---

[...la] sagêd nyaosi piyambak, botên sah kèngkènan dhatêng Papahan.

Kêkathahên: dhi, yèn sakatos, tiyang namung kula têdha piyambak, botên kula têmpilake kados si adhi, kula nêmpil saprapate mawon, pintên rêgine sakatose.

Sakatosipun 75 rupiyah, mênawi namung mundhut saprapat, 18 rupiyah langkung 9 wang.

Benjing-enjing, kula kèngkènan dhi.

Prayogi.

Môngga gêntos sampeyan sês

Bok dipun dugèkakên rumiyin, kangmas, kula mangke-mangke mawon.

Ta, môngga, kula sampun kraos.

Anu, kangmas, tiyang botên gadhah pakarêman nyêrèt, punika, pamanah kula lêpat.

Lêpate.

Sabên tiyang sampun gadhah pakarêman madat, manahipun lajêng têntrêm, botên madon, botên minum, botên main, [ma...]

--- 59 ---

[...in,] bingah anjintêl wontên ing patilêman kemawon, botên bosên angêlus-êlus bêdudan.

Ning rak kalih mamangan môngsa ta, kèndêl-kèndêl mênawi tilêm, dados nama tiyang: mangani.

Lêrês, nanging botên sêpintêna cuwakipun, tiyang mangani, tur kêdasat dhatêng badanipun piyambak, beda kalihan babaya, madon, minum, main, kados atur kula wau. Tôndha yêktinipun, Cina-Cina singkèk, tuwin Cina pranakan ingkang sugih-sugih, sami nyêrèt candu, dene anyingkiri babaya wau.

Kados inggih lêrês: dhi, pamanggih sampeyan wau. Nanging tiyang madat punapa botên ambaborosi.

Dhasar inggih ambaborosi, nanging punika panyirêpipun babaya ingkang anggigirisi wau, tanpa panyirêp, amêsthi kambah ing bêbaya.

Lêrês, nanging kados pundi dayanipun sarèhning têtela ambaborosi, sanadyan namung saprakawis, inggih sagêd adamêl bilahi, beda bilih anggadhahi panggaotan kados satataning sudagar, punika lêpat ing ginêm, [gi...]

--- 60 ---

[...nêm,] sarèhning kula kalihan adhi alit-alit sami suwita ing ratu, sagêd dipun budidaya namung ngolak-alik lênggahipun siti, ingkang kathah cêpak kirangipun, murih kacêkap kados pundi, tingale pun adhi punika sagêd têntrêm.

Môngsa wontêna, tiyang sagêd têntrêm manahipun: kangmas, kula kalihan kangmas kesahan dhatêng dhusun punika botên sanès inggih sami pados bêtah dhatêng bêkêl, nanging katingal kula ragi têntrêm, kula mawi sambên nêmpilakên barang, sapunika kula inggih ambêkta, namung sakatos, badhe kula kèn nyadèkakên bêkêl, kêcriyos ing dhusun ngriku: ragi kêncêng, sagêd ngidhakakên rêgi, mênapa yêktos, badhe kula têpangakên kalihan kang Tapiyoga Papahan, kula namung narimah angsal ujuran kemawon, tur sêpên mutowatos, awit botên kula lampahi piyambak.

Salêbêtipun kèndêl, wontên ing wande, kalihan sêrètan sarta omong-omongan, sampun dipun têlik kalihan congsun (mata-mata ngêpakan). Congsun enggal [engga...]

--- 61 ---

[...l] lapur dhatêng ngêpakan sanjang wontên tiyang ambêkta barang, punggawa pak enggal samêkta badhe gledhah kanthi pulisi. Lurah bêkêl kanthi jajar satunggal ingkang sawêg kèndêl wontên ing wande kagledhah, kapanggih ambêkta apyun sakati, sarta tike pêtêng. Tiyang tiga, lurah, bêkêl, jajar sami kaladosakên ing parentah kabupatèn pulisi Klathèn, sami kalêbêt ing kunjara. Sarêng kalapurakên ing nagari, sami kaundur saking kalênggahanipun, kajawi anggènipun nêrak awisanipun guprêmèn, inggih ugi anêrak awisaning nagari: abdi dalêm gadhah pakarêman nyêrèt. Prakawis katur ngarsa pulisi rol, tiyang titiga sami katêtêpakên kalêpatanipun ambêkta apyun mêntah botên langkung saking kalih kati, kaukum brakal.

Samantên sandhungipun tiyang karêm madat, sanadyan botên nglampahi, dosa nêrak awisaning guprêmèn, namung sasarêngan sêrètan, inggih ugi katut anglampahi ukuman, sampun malih ingkang pancèn anglampahi, [a...]

--- 62 ---

[...nglampahi,]

enggal lami amêsthi konangan kalêpatanipun.

13. Tiyang Nyêrèt Kêtagihan

Tansah angob: botên sagêd tilêm, tansah brêbês mili: botên dipun srêngêni. Tansah wahing: botên kêri irungipun, tansah mêdal umbêlipun, botên pilêg, tansah muring-muring, botên wontên ingkang damêl jalaraning nêpsunipun. Sagêd dipun lipur sawatawis, namung dipun tilêmakên, ananging mênawi sagêd tilêm saliyêpan, kagêt sukunipun kados anjêpat, guragapan tangi, dipun kintên sukunipun mancêlat, wangsul kêtagihan malih, muring-muring malih, puruging bêndu dhatêng anak bojo, dipun grujug ing pisuh, mantun-mantun nêpsu manawi sampun kambêtan kakasihipun sêkar jayakusuma: madat.

Sakitipun tiyang kêtagihan, botên mantun dening jampi, botên mantun dening pijêt, botên mantun dening japamantra, mênawi botên tumuntên angsal jampi, ingkang pêrmati, kalajêng sakit ambubucal rah umbêl, andalinding botên [botê...]

--- 63 ---

[...n] mawi kèndêl, paribasanipun: ambênggang galar, wusana pêjah. Dene jampinipun sapele: dipun sêrèti, sami sanalika, saras.

Awit saking punika, sampun têtela têrang, botên wontên tiyang nyêrèt sagêd mêdhot, sarèhning katrisnanipun dhatêng madat anyamèni dhatêng nyawa, mila katrisnanipun dhatêng anak bojo sapele mênawi katimbang kalihan kakasihipun: madat.

Tiyang nyêrèt ingkang dados gêrma, lila anak bojonipun dipun tumbas ing tiyang, pamikiripun prakawis gampil, tur enggal rampung, sarta botên kalong-longan, botên dados punapa, anggêripun angsal yatra kenging kadamêl tumbas candu, dados mêngkêrakên kautaman, ngajêngakên kanisthan, tuwuhing budi nistha botên saking watêking dhasar, saking watêking candu kakasihipun, utawi kenging kiniyas: waunipun watêk sae, sarêng nyêrèt, malih dados watêk awon.

Tiyang ingkang botên gadhah iman, mênawi rêmên dolanan tike, amêsthi nyakot, galaking candu ngungkuli sagawon [saga...]

--- 64 ---

[...won] edan, mila sampun cêlak-cêlak, mênawi dipun cawèl, aniwasi.

Botên namung trahing kartiyasa, sanadyan trahing kusuma, ingkang kacandhak ing sasakit madati, ical kautamanipun, thukul: nisthanipun, sae nênêdha utawi mumundhut karana Allah (ngêmis) dhatêng sadhengah tiyang ingkang kacêkapan, rumiyinipun kawrat sêrat, tipis-tipis taksih gadhah lingsêm kumêcap, dangu-dangu saya kandêl, lajêng nêmbung ijêman mawi pawadan kaul utawi kêsripahan, sarêng sampun kandêl, nêmbung barès-kurès, sowan kula mênawi kaparêng nyuwun jaran, utawi: têkaku: aku anjaluk dhuwit. Punika wontên sayêktos, botên namung upami kemawon. Lêlampahan kanisthan ingkang makatên wau namung kasandhang utawi linampahan dening tiyang ingkang karêm madat, tiyang mlarat sanèsipun, awis ingkang purun ngêmis, awit kabêtahanipun kenging dipun sabili ngantos sapikantukipun bêrah, utawi glidhig, nanging tiyang nyêrèt botên makatên, dening botên sagêd nyambut damêl rumiyin, madatipun kantun, kêdah madatipun ingkang rumiyin.

--- 65 ---

Dados tiyang ingkang sampun kalajêng nyêrèt, kenging dipun basakakên sande dandosan, dados sae pêjah tinimbang gêsang dados pocapan awon.

Piwulang punika namung tumrap dhatêng tiyang ingkang botên nyêrèt, mirisa dhatêng siksaning dunya ingkang linampahan tiyang nyêrèt.

14. Pêthut Durjana Nyêrèt.

Pêthut Durjana nama Pancadhali, pêthut punika gugununganing durjana pandung julig, beda kalihan begal, pangagênging kècu. Pancadhali sêrètipun agêng, dados bubujènganipun nagari, dening anglampahi kadurjanan rambah-rambah botên nate kacêpêng, parentah nguningani saking aturing Spion, sarta panyokoting pasakitan ingkang sampun kêcêpêng, parentah ngantos kawêkèn botên sagêd nyêpêng Pancadhali, kalampahan dipun byawarakakên sintên ingkang sagêd nyêpêng kaganjar yatra f 100 rupiyah. Botên antawis lami Pancadhali sagêd kêcêpêng dening babauning pulisi, kalêbêt ing kunjara agêng, nanging lajêng sagêd oncat [o...]

--- 66 ---

[...ncat]

ambobol pagêr banoning kunjara dados bubujêngan malih, salêbêtipun Pancadhali wontên ing jawi kathah tiyang kapandungan, lajêng dipun byawarakakên malih kados ingkang sampun, sagêd konangan singidanipun dening pulisi, kinêpung wakul baya mangab, Pancadhali purun lawan, nandhang tatu bodhol ususipun, usus pinondhong kalihan lumajêng, umpêtan wontên urung-urung toya buk ing Jamsarèn, usus kalêbêtakên ing wêtêng, tatunipun kadalit ing talutuh jarak Cina, mêndhêt ing pajaratan, sacêlaking pandhêlikanipun, kabêbêt ing sêtagèn, sami sanalika sagêd pulih tatunipun, pampêt wêdaling rah, sontênipun malih sampun sagêd mantuk dhatêng pondhokipun ingkang dados kanthong angêmuli raganipun salêbêtipun dados bubujêngan, purunipun tiyang kanggènan Poncadhali: dening angsal kamelikan, angsal-angsalipun mamandung kapalih mênawi dèrèng angsal padikan mandung: nganggur, têdha dipun sanggi dhatêng ingkang kanggenan.

Poncadhali punika misuwur bèrbudi wutah ati, mênawi [mêna...]

--- 67 ---

[...wi] angsal angsalan mandung dipun dumakên dhatêng kawanuhanipun, mila tiyang kathah ingkang asih sami rumaos kadanan kasaenan, angêl kêcêpêngipun, dening kathah tiyang ingkang ngalingi.

Kangjêng parentah agêng botên talompe nyantosani kacêpêngipun Poncadhali mawi ganjaran arta tuwin pangkat sapantêsipun, mibêra kados kupu Pancadhali inggih lajêng kenging kêcêpêng malih, kinunjara dipun piyambakakên, suku dipun balênggu, botên sagêd nyêrèt, kala dipun kunjara rumiyin sagêd nyêrèt saking pitulunganipun mandhor, sapunika: botên, dening kêncênging panjagi, tiyang nyêrèt dipun pêdhot dadakan, Poncadhali tanpa karkat, botên kuwawi anjunjung kuping, sêrat karampungan anggènipun nglampahi kadurjanan rumiyin, kadhawuhakên, Poncadhali katêtêpakên dosa, ing wanci dalu mandung, ing griya ingkang dipun anggèni tiyang, sarana pangrisak saking jawi lajêng ambandrèk pêti arta, mêndhêt arta salaka kalih kampil f. 1000 rupiyah, kapatrapan paukuman nyambut damêl paksan [paksa...]

--- 68 ---

[...n] mawi karante sukunipun, laminipun 7 tahun, nglês manahipun Poncadhali, rumaos sampun botên sagêd oncat malih, saking kunjara, lajêng kaangkatakên dhatêng pambucalan, wontên ing margi pêjah, jalaran kapêksa lumampah dharat, ambêgan mêlar mingkus pêdhot napasipun saking sangêt kêtagihan.

15. Wurudawa

Wurudawa, punika tiyang karêm ngombe inuman kêras, tanpa môngsa pangombenipun sarta ngantos mêndêm kados ta: ngombe wanci enjing dèrèng kambêtan punapa-punapa, mêntas nêdha dipun ombèni ing inuman kêras, punika ngrisakakên badan, badhe cêndhak umuripun.

Ingkang prayogi tiyang Jawi punika botên ngombe inuman kêras, kajawi dados awisaning agami, hawanipun tanah Jawi panas, dados tumbuk sami panasipun, botên sae, lan pancèn botên eca raosipun [raosi...]

--- 69 ---

[...pun] mênggahing tiyang ingkang dèrèng nyakot, katôndha mênawi ngombe lambenipun nyungir, lajêng idu cah cuh, sawênèh dipun gonkorgontor. ing wedang supados ical paitipun, suprandosipun sarêng sampun nyakot kabelan, gadhah raos eca dening wontên candu (alkohol)ipun ingkang mêtagihi.

Watêkipun tiyang mêndêm, namung pinanggih awon, awit saking gampiling wêdalipun lesan, purun ambikak wadinipun bandara, malah wadinipun piyambak kaèwèr-èwèr kadamêl pameran, sami kalihan êndêming madat, durjana mêndêm nyêrèt, ngocèh anggènipun mêntas mandung angsal-angsalan, inggih saking gampiling wêdalipun lesan dening êndêm wau.

Êndêming inuman kêras botên namung ngrècèhakên wicantên, inggih ugi sagêd damêl pasulayan rêmbag tuwin kêrêngan, andhakanipun tabokan lajêng gêlut ngantos dados pisahan, turkadhang namakakên dadamêl, ing salah satunggalipun nandhang tatu utawi pêjah, wusana dados prakawis raja-raja, icaling êndêm rumaos kaduwung

--- 70 ---

nanging kasèp sampun wontên salêbêting kunjara, tur mêngsahipun kêrêngan mitra darma, botên nate sulaya salami-laminipun, sulayanipun kêdadak ing êndêm ingkang botên dipun niyati.

Tiyang karêm minum, dados wurudawa, ingkang pinanggih ical kukuwatanipun, botên kuwawi lumampah, têbih, lampahipun sêmpoyongan, lajêng kêcandhak ing sasakit bubucal rah umbêl, botên saras dening jampi, wusana pêjah.

Isinipun Sêrat punika

kaca:

Sêrat Erang-erang ... 3

1. Talèdhèk Nyêrèt ... 4

2. Nyêrèt, Anak Murang Sarak ... 6

3. Panèkêt kalihan Balantik: Nyêrèt ... 11

4. Sakit Lumpuh Nyêrèt ... 20

5. Tiyang Nyêrèt Naboki Anak Bojo ... 22

6. Sudagar Nyêrèt ... 26

7. Nguntal Kalèlèt ... 32

8. Bayi Nyêrèt saking pandamêling tiyang sêpuhipun, ngatos dumugi bibar têtak, lêt kalih taun pêjah andalinding ... 37

9. Nyêrèt, Griyanipun Kabêsmèn ... 40

10. Priyagung Wadana Kaliwon Sarta Priyayi Panèwu Mantri, Nyêrèt ... 45

11. Priyayi Nyêrèt, rabi bakul sugih, dados cilaka. Bakul sugih gêmi nastiti dipun warahi nyêrèt, ugi dados cilaka ... 48

12. Sêrètan ... 57

13. Tiyang Nyêrèt Kêtagihan ... 62

14. Pêthut Durjana Nyêrèt ... 65

15. Wurudawa ... 68