Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Asalipun Ringgit, Hazeu, 1915, #1112 (Hlm. 001-129)

Katalog:Kawruh Asalipun Ringgit, Hazeu, 1915, #1112
Sambung:
1.Kawruh Asalipun Ringgit, Hazeu, 1915, #1112 (Hlm. 001-129). Bahasa dan Budaya | Kagunan #826.
2.Kawruh Asalipun Ringgit, Hazeu, 1915, #1112 (Hlm. 129-215). Bahasa dan Budaya | Kagunan #827.

--- [0] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur, No. ...

Kawruh Asalipun Ringgit Sarta Gêgêpokanipun Kalihan Agami ing Jaman Kina

Anggitanipun Tuwan Dr. G.A.J. Hazeu

Kagubah ing Têmbung Jawi dening: Mangkudimêja ing Ngayogyakarta. Kaêcap ing pangêcapananipun Tuwan H. A. Benyamin: ing nagari Sêmarang Taun 1915.

--- [1] ---

Buku-buku ingkang kasebut ing ngandhap punika kenging tumbas dhateng: Depot van Learsiddelem ing Betawi, franco ing post, dene menawi kintun arta rumiyin ngangge postwissel

F. W. Winter. Tembang Djawa nganggo Moesik (in herdruk)

Dr. W. Palmer van den Broek. Sêrat Kantjil, (têmbang) ... f 0,94 / Ng. Wira Poestaka. Tata Cara ... f 1,08 / R. Ng. Djaja Poespita. Sêrat Mahabharata ... f 1,52 / R. Ng. Soerra di poera. Sêrat Dongèng Awarni-warni ... f 0,83 / R. Ng. Wira Poestaka. Sêrat Kantjil (tanpa têmbang) ... f 0,56 / R. M. Soerja Pranata. Sêrat Sotya Rinonce ... f 0,37 / Koempoel alias Mangkoeatmadja. Sêrat Wedda Trikara Waloeja ... f 0,10 / D. F. van der Pant. Serat Doertjara Ardja ... f 0,09 / R. Prawira Winarsa alias R. Soekardi. Sêrat Goegon Toehon ... f 0,14 / M. Poedja Ardja. Dongèng Tjariyosipoen Tiyang Sepoeh Bab Ngilmu Iladoeni) ... f 0,12 / Darma Wiyata. Tjampoer Bawoer ... f 0,09 / M. Poedja Ardja. Serat Tjariyos ingkang kasawababn ing nama sastra tama. Tri djaka soeala ... f 0,03 / R. Prawira Winarsa. Tjarijos Pandoeng ... f 0,08 / Ki Pandma Soesastra. Kawruh Klapa ... f 0,07 / M. Wangsa di Ardja. Lajang Ngèlmu Alam Warna-warna ... f 0,17 / R. Prawira Winarsa. Serat Lagoe Botjah-Botjah ... f 0,27 / R. Prawira Winarsa. Sêrat Piwulang Tjablaka ... f 0,05 / Mas Ardja Soewita. Tjariyosipoen Djaka Setya lan Jaka Sedya ... f 0,09 / Ki Padmo Susastra. alias Ng. Wira Poestaka. Pati Basa ... f 0,95 / R. Ng. Citra Sentana. Mardisiwaja: I lan II, satoenggil djilid ... f 0,25 / Idem Idem Tjitakan kaping kalih, kalih djilid babarpisan ... f 0,65 / Dongèng Sanggoetroe ... f 0,03 / W. Meijer Ranneft. Tjangkriman Basa Jawa ngagem tembang ... f 0,10 / Ng. Wira Poestaka. Piwulang Betjik ... f 0,06 / M. Prawira Soedirdjo. Tjariyos Tanah Paredèn Dijèng ... f 0,08 / M. Karta Siswaja. Pangresoelaning kewan ... f 0,10 / R. Wira Wangsa. Serat Wali Darma. (Aksara Welandi) ... f 0.11 / R. Ng. Soeradipoera. Darmabrata (Suradji) ... f 0,88 / M. Tjatja Tenaja. Serat Panoentoen tani I lan II (ter perse) lampahan Petroek dados ratoe (mawi gambar) ... f 0,09 / R. M. Mangkudimedja. Asta Tjarita ... f 0,15

--- [2] ---

Serie uitgaven door bemiddeling der Commissie voor de Volkslectuur, No. ...

Kawruh Asalipun Ringgit Sarta Gêgêpokanipun Kalihan Agami ing Jaman Kina

Anggitanipun Tuwan Dr. G.A.J. Hazeu Kagubah ing Têmbung Jawi dening: Radèn Mas Mangkudimêja ing Ngayogyakarta. Kaêcap ing pangêcapananipun Tuwan H. A. Benyamin: ing nagari Sêmarang Taun 1914.

--- [3] ---

Sêsorahipun Sêrat Bab Ringgit

Karanganipun Radèn Mas Mangkudimêja

Wiyosipun, ambok manawi para maos sampun sami wuninga yèn bôngsa Jawi punika sampun kina-kumina anggènipun gadhah têtingalan ringgit wacucal, ingkang ngantos sapriki tansah sinêngsêman anglangkungi têtingalan sanès-sanèsipun. Sadhengah tiyang Jawi jalêra tuwin èstria, wiwit alit angulinakakên nonton ringgit, saking kêrêpipun nonton ngantos apal dhatêng satunggil-tunggilipun lampahan sarta dhatêng nama-namaning satunggil-tunggilipun ringgit, mangka ringgit punika yèn pêpak, cacahipun langkung saking 200 iji. Makatên ugi nama-namaning pêperangan sarta prabotipun ringgit kathah ingkang mangrêtos.

Saking sêngsêmipun tiyang Jawi dhatêng têtingalan ringgit, ngantos kathah ingkang sagêd saha rêmên cariyos ringgit, inggih punika [puni...]

--- 4 ---

[...ka] nyariyosakên satunggiling lampahan ringgit, kados tatanipun tiyang andhalang, ngangge suluk, ada-ada, pocapan, namung kaot tanpa ringgit. Dene gôngsa lan kêprak namung cangkêm kemawon. Anggènipun cariyos wau manawi pinuju sêla ing padamêlan, kados ta: kalêrês têngga griya utawi jagi cakruk ing wanci sontên utawi dalu, ngiras kangge cagak êlèk. Sanadyan ringgit sarta gôngsa tanpa kawujudan, ewadene ingkang mirêngakên anggadhahi manah bingah, susah, wêlas, rêmên, muring saha gêthing dhatêng ringgit ingkang kacariyosakên, botên prabeda kalihan manawi ningali ringgit saèstu.

Kathah wêwarnèn, bêbudèn sarta solah-bawa ingkang kairibakên kalihan kawujudaning ringgit, kados ta: ukirane si anu kae wangune Ambaladewa. Jarane tuwan anu kae tandange Nyêntyaki. Kangjêng Pangeran anu kae panggalihe Andarma Kusuma.

Dados cêkakipun mênggahing tiyang Jawi, têtingalan ringgit punika kenging kawastanan rumasuk ing balung sungsum, ananging sanadyan makatêna ngantos sapriki dèrèng wontên tiyang

--- 5 ---

Jawi sagêd agancarakênanggancarakên. babadipun ringgit, môngka manawi kamanah ingkang prêmati sadèrèngipun tiyang nyumêrêpi lampahan ringgit, prêlu sangêt nyumêrêpi babadipun rumiyin, murih sagêdipun sampurna sinau kawruh bab ringgit, sarta supados sagêda anêrangakên punapa sababipun têka karênan ringgit punika mênggahing bôngsa Jawi botên wontên bosênipun.

Samangke Radèn Mas Mangkudimêja nganggit sêrat bab nginggil punika ingkang anggancarakên babadipun ringgit pandamêlipun ringgit saprabotipun, umuripun ringgit purwa, asalipun, mula bukaning pikajênganipun ringgit, bab topèng, ringgit bèbèr, lan bab kaindhakanipun kawruh amitongtonakên wêwayangan tumrap ing jaman sapunika.

Sêrat bab ringgit punika mawi pêpindhan sêrat Bijdrage tot de kennis van het Javaansche tooneel, Hoofdstuk IA § 1,2,3 lan 4 sarta B,C, lan D karanganipun Tuwan DR. G.A.J. HAZEU kawêwahan sêsêrêpanipun Radèn Mas Mangkudimêja piyambak, ananging anggènipun mêwahakên kauwor dados satunggal, mila ing sêrat wau

--- 6 ---

botên sagêd kapilahakên pundi ingkang anggitanipun Tuwan DR. HAZEU, pundi ingkang wêwahanipun Radèn Mas Mangkudimêja. Dene manawi wêwahan wau wontên ingkang gèsèh utawi nyimpang saking kawontênanipun, sampun tamtu kemawon dados têtanggêlanipun ingkang ngêdalakên anggitan punika.

Wasana pangajêng-ajêngipun, Commissie voor de Volkslectuur. Sêrat punika sagêda widada saha sinêngsêman dening bôngsa Jawi.

Wèltêphrèdhên, Ogustus 1914.

De Commissie voor de Volkslectuur

--- 7 ---

Bêbuka

Bab Pangudinipun Para Sarjana (geleerden) bôngsa Eropa dhatêng Basa tuwin Kasusastran Jawi§ Kasusastran: (letterkunde) gadhah têgês sakathahing sêrat-sêrat anggitanipun para mardi basa.

Nalika para sarjana bôngsa Eropa amiwiti ngudi basa tuwin kasusastran Jawi, punika kenging kabasakakên babar pisan botên mawi ular-ular ingkang kenging kangge têturutan utawi wêwaton ing pamarsudinipun: beda sangêt kalihan nalika para sarjana bôngsa Eropa amiwiti ngudi basa Sansêkrit utawi basa Arab, amargi sadaya bôngsa ingkang anggadhahi basa kêkalih wau: kados ta: bôngsa Indhu, bôngsa Arab tuwin bôngsa sanèsipun, ingkang sampun kêmpal kalihan bôngsa Indhu utawi Arab, sampun sami amarsudi piyambak dhatêng basanipun, sarta sampun sami gadhah sêrat Bausastra (Woordenboek) utawi [u...]

--- 8 ---

[...tawi] paramasastra (Grammatica) ingkang kawical sae sarta kenging kangge têturutan ing pamarsudinipun basa tuwin kasusastran. Amila para sarjana bôngsa Eropa namung mligi kantun nyaèkakên panata tuwin pangracikipun têmbung ingkang kawrat ing sêrat-sêrat wau, sarta sagêd lajêng nyêpêng sadaya wêwatonipun.

Makatên ugi tumrap sadhengah basa ing tanah Eropa, sintên-sintêna ingkang badhe marsudi salah satunggiling basa wau, lajêng sagêd ngangge warni-warni sêrat, kados ta: bausastra, paramasastra, paramabasa sapanunggilanipun, minôngka sarana anggampilakên pangudinipun.

Ananging tumrap pangudinipun basa Jawi, punapadene basa ing tanah Indhiya sanès-sanèsipun, botên makatên.§ Gadhahanipun tiyang Jawi ingkang radi ngèmpêri bausastra punika namung sêrat Dasanama, mênggah isinipun têmbung-têmbung ingkang nunggil suraos, nanging boten sapintêna kathahipun, sarta pêrlu namung tumrap ingkang sami badhe damêl kêkidungan kemawon, wontên malih ingkang radi ngèmpêri, inggih punika pratelan têmbung kawi sawatawis kathah, ingkang babonipun taksih kasêrat ing kropak, ananging pratelan punika ugi dèrèng paja-paja kenging kawical sêrat Bausastra. [makatên...]

--- 9 ---

[....]

Mila para sarjana bôngsa Eropa ingkang sami miwiti ngudi basa Jawi wau, ing sarèhning bôngsa Jawi piyambak dèrèng gadhah bausastra, dados inggih kapêksa damêl sêrat bausastra Jawi rumiyin, punapa dene sêrat paramasastra. Wondene ingkang kakêrsakakên ing kangjêng gupêrmèn andamêl sêrat kêkalih wau, nalika sêmantên panjênênganipun Tuwan WINTER tuwin Tuwan WILKENS, sarta sakalih-kalihipun inggih kêlampahan sagêd anglêksanani ingkang dados dhawuhipun kangjêng gupêrmèn wau.

Sêrat bausastra damêlanipun tuwan-tuwan kêkalih wau, sapriki botên kaêcapakên (amargi karumiyinan wêdalipun bausastra karanganipun sarjana sanès), ananging sarêng bausastra ingkang sampun kaêcapakên wau badhe kaêcap malih, isinipun sêrat bausastra karanganipun Tuwan WINTER lan WILKENS kapêthikan ingkang pêrlu-pêrlu kalêbêtakên ing bausastra ingkang badhe kaêcap wau, dene sêrat paramasastra karanganipun tuwan kêkalih wau (ing têmbung Jawi) nalika taun 1861 sampun kaêcapakên.

--- 10 ---

Kajawi punika tuwan kêkalih wau angêcapakên sêrat-sêrat Jawi sawatawis, wontên ingkang mawi kasisihan têmbung Walandi, wontên ingkang botên: sampun tamtu kemawon gampil nyinau basa Jawi cara makatên punika katimbang kalihan nalika taksih kêdah nêdhak mawi sêratan tangan.

Lan malih, Tuwan WINTER anganggit sêrat kadhapur pawicantênan ing têmbung Jawi, mênggah isinipun sêrat punika wontên ingkang tumrap piwulang ing pamulangan, wontên ingkang mratelakakên bab kasusastran Jawi tuwin têmbung Jawi kina (Kawi). Punapa malih bab lampah-lampahipun tiyang Jawi anggèning olah kasusastran tuwin têmbung kawi, ingkang amracihnani bilih kawruhipun tiyang Jawi dhatêng têmbung Kawi sêjatosipun sampun ical sayêktos. Dene wujuding pamarsudi dhatêng kasususastran tuwin têmbung Kawi wau, botên sanès namung mangun utawi angudhal ingkang sampun lami wontênipun kemawon, botên wontên ingkang kenging kawastanan: damêl ada utawi angwontênakên enggal.

--- 11 ---

Nalika samantên ugi wontên satunggiling pandhita Srani nama Tuwan GERICKE ingkang damêl bausastra: sêrat punika salajêngipun dipun lêrêsakên sarta dipun ewahi dening Tuwan Prof. ROORDA, ingkang tansah sêsêratan kalihan Tuwan WINTER. Salajêngipun bausastra wau sabên kaêcapakên malih mawi katiti sarta karêsikakên, ngantos sapunikanipun sagêd dados sêrat wêwaton: inggih sanadyan dèrèng kenging kawastanan sampurna nanging sampun têtêp dados patarosanipun bôngsa Jawi tuwin bôngsa ngamônca, manawi pêrlu badhe sumêrêp dhatêng têgêsipun têmbung ingkang awis kasrambah.

Kajawi punika Tuwan WINTER angwêdalakên Bausastra Kawi Jarwa, inggih punika kalêmpakanipun têmbung-têmbung Kawi ingkang taksih sagêd kacêpêng têgêsipun.

Tuwan Prof. ROORDA anganggit sêrat paramasastra (Grammatica) ingkang taksih lêstantun kangge ngantos dumugi sapriki. Tuwan Prof. POENSEN tuwin Tuwan WALBEEHM, lêt sawatawis taun lajêng aniru nganggit sêrat paramasastra: dene sêrat warni tiga wau ingkang katitik prayogi piyambak kangge tuntunaning sinau, sanadyan inggih

--- 12 ---

dèrèng nama tanpa wontên kuciwanipun, sêrat paramasastra anggitanipun Tuwan WALBEEHM.

Kajawi punika lajêng wontên ingkang damêl karangan ingkang ngawratngêwrat. pratelan kawontênaning sêrat-sêrat Jawi ingkang sampun sumêbar nalika samantên: karangan wau anjalari para sarjana bôngsa Eropa sagêd amiwiti marsudi kasusastran Jawi, ingkang mawi waton, sacaranipun angudi satunggiling kawruh.

Mênggah ingkang miwiti marsudi awêwaton kados ingkang kasêbut wau, punika Tuwan Dr. COHEN STUART ingkang angwêdalakên sêrat Baron Sêkèndhèr mawi kasisihan têmbung Walandi sarta mawi dipun èmbèl-èmbèli katrangan ingkang cêtha sangêt bab panggandhènging têmbung ingkang kangge wontên ing sêkar (sandi). Sasampunipun makatên Tuwan COHEN STUART wau lajêng angwêdalakên sêrat Bratayuda, sêrat wau botên ngêmungakên kasisihan ing têmbung Walandi kemawon, malah supados suraosipun sagêda kasêrêpan ing ngakathah, mawi kawêwahan bêbuka ingkang sakalangkung ronce.

--- 13 ---

Ing bêbuka wau Tuwan COHEN STUART, anêrangakên bilih cariyos Bratayuda punika mèh ngêplêki gancaring cariyos ingkang kasêbut ing satunggiling peranganipun sêrat Mahabarata ing têmbung Sansêkrit, sarta cariyos ing sadèrèngipun prang Bratayuda ingkang kapratelakakên ing bageyaning sêrat Mahabarata ingkang kasêbut ing nginggil wau, punika kathah sangêt cocogipun kalihan lampahan ringgit purwa, dene urut-urutanipun lampahan ringgit purwa ugi kapratelakakên piyambak wontên ing buku wau.

Awit saking punika Tuwan COHEN STUART lajêng sagêd mastani, bilih ringgit purwa punika nyariyosakên lampahan kina-kina ngantos dumuginipun Bratayuda, sarta kalampahanipun botên wontên ing tanah Jawi kados pangintênipun bôngsa Jawi, salugunipun nalika jamaning bôngsa Indhu gadhah panguwasa agêng wontên ing tanah Jawi, têtiyang Jawi botên namung trimah niru agami adat sarta tata caranipun tiyang Indhu kemawon, dalah sêrat-sêrat Indhu sawatawis inggih dipun akên gadhahanipun [gadhahanipu...]

--- 14 ---

[...n] piyambak sarta kasantunan ing têmbung Jawi saha lajêng kawangun ngantos lêlampahan ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat wau kados kalampahanipun wontên ing tanah Jawi, pamangunipun wau mawi rêrekan, sakathahing rêdi-rêdi utawi panggenan-panggenan ing tanah Jawi kanamakakên manut nama-nama ingkang kasêbut ing Mahabarata.

Mokal sangêt yènta bôngsa Indhu ingkang mêndhêta cariyos Jawi jêr nalika bôngsa Indhu angêjawi, têtiyang Jawi taksih bodho sangêt, punapa malih sadèrèngipun angêjawi, bôngsa Indhu sampun gadhah sêrat Mahabarata.

Sasampunipun wontên katrangan kados ingkang kasêbut ing nginggil punika wau, lajêng katitik malih bilih sêrat cariyos Rama punika pêthikan saking sêrat Ramayana Indhu, sarta panunggilanipun sêrat-sêrat Jawi taksih kathah ingkang panganggitipun mêndhêt jêjêr saking cariyos Indhu.

Sarêng sasampunsampun. wontên katrangan ingkang sêmantên, para sarjana bôngsa Eropa lajêng sami gadhah pamanah, yèn pangudinipun basa tuwin kasusastran Jawi punika murih sagêdipun prayogi, [pra...]

--- 15 ---

[...yogi,] sayogi dipun wiwiti saking sinau dhatêng têmbung Kawi rumiyin, sarta marsudi dhatêng sêrat-sêrat ingkang taksih têmbung Kawi.

Ananging sarèhning bôngsa Jawi piyambak sampun botên sagêd dhatêng têmbung Kawi, utawi sanadyan taksiha sagêd inggih kantun tidha-tidha, ngantos manawi nêgêsi namung awêwaton saking kintên-kintên kemawon, dados para sarjana bôngsa Eropa wau pakèwèd sangêt anggènipun badhe ngupados sarana sagêdipun têrang dhatêng têmbung Kawi, ananging sanadyan pakèwêd, inggih mêksa ambudidaya ngantos sagêd kadumugèn sêdyanipun.

Mênggah lampah-lampahipun anggèning budidaya para sarjana wau, têrangipun kados ing ngandhap punika:

Sakawit para sarjana wau kajawi ngudi dhatêng basa Jawi, inggih lajêng ngudi dhatêng basa tanah Indhia sanès-sanèsipun. Sarêng sampun dumugi samantên, para sarjana wau lajêng sagêd angyêktosi, bilih basa-basa wau sanadyan beda sangêt mêksa kathah cocogipun, ngantos kenging kabasakakên: sadhèrèk tunggil rena utawi [u...]

--- 16 ---

[...tawi] oyod tunggil dêlêg. Kawontênanipun têmbung-têmbung ingkang sami, ingkang namung beda pakêcapanipun, utawi wontên bedaning swaranipun punika kapetang kathah, sarta mênggah beda-bedanipun wau cêtha sangêt, ngantos kenging dipun pathoki, kados ta:

Aksara r, ingkang kaapit-apit swara ing têmbung Malayu, punika wontên ing basa sanès dados: h, kados ta: berat = awrat, ing basa Dhayak dados behat.

Sarèhning sampun katitik bilih: ha, ingkang ingapit-apit swara punika asring sangêt botên kaungêlakên, kados ta têmbung Jawi: kalihan, kapatihan namung kaucapakên kalian, kapatian, môngka luluhing swara: ia, sok kawancah dados è, kados ta: lèan dados lèn, mila ing têmbung Jawi bot, lajêng dinalih wancahaning têmbung b.h.t. kados ing basa Dhayak.

Sarta têmbung Mêlayu: berat kalihan têmbung Jawi: bot, punika salugunipun têmbung satunggil, punapa malih nitik saking têgêsipun inggih pancèn têmbung satunggil. r punika watêgipun sok linta-lintu kalihan: d, malah

--- 17 ---

ing basa Jawi piyambak taksih wontên ingkang makatên, kados ta: keraton, kalihan kedaton, sarta têgêsipun mèh sami kemawon.

Ing basa Jawi têmbung: ratoe, ing basa Malayu datoe(k) sanadyan wontên bedaning têgêsipun, ewadene kalih-kalihipun anggadhahi têgês sami, inggih punika: tiyang ingkang luhur drajatipun.

Anglajêngakên bab: r, aksara: r, ingkang dumunung ing wanda wêkasaning têmbung Acèh sarta Minangkabo tuwin sanèsipun, botên kaungêlakên utawi luluh dados aksara: h.

Kangge wêwahan pasaksèn malih, manawi têmbung Malayu: dengar (mirêng) kaicalan: r ipun ing wanda wêkasan kantun mungêl: denga.

Ing môngka aksara: d kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil watêkipun sok linta-lintu kalihan: r mila manawi ing têmbung: denga wau d nipun kasantunan r, lajêng dados: renga inggih punika têmbung Jawi roengoe.

--- 18 ---

Saupami wontên ingkang mabêni bilih cocogipun wau namung dumunung wontên: aksaranipun, nanging sandhanganipun swara taksih botên sagêd cocog, punika ingkang mabêni makatên wau taksih kenging dipun kawonakên mawi pasaksèn, bilih sandhangan aksara punika ugi wontên ingkang gadhah watêk linta-lintu, kados ta: dengar, punika kêrêp sangêt kaucapakên dados denger sarta swara: oe: ing satunggiling basa punika sok luluh dados swara: ê: wontên ing basa sanès: mila sanadyan têmbung: denger, kalihan roengoe, punika manawi dèrèng kapratitisakên sayêktos têbih sungsatipun, ewasamantên kêdah kaanggêp têmbung satunggil. Awit saking punika basa Jawi kalihan Malayu, sanadyan katingalipun beda sangêt, nanging sayêktosipun mênggah jêroanipun kathah ingkang sami, awit aksara ingkang gadhah watêg linta-lintu wontên ing têmbung Jawi kalihan ing têmbung Malayu, punika botên ngêmungakên aksara: r kemawon, taksih kathah panunggilanipun, sarta wêwatêkaning aksara linta-lintu wau botên ngêmungakên dumunung

--- 19 ---

ing basa Jawi kalihan basa Malayu kemawon, sanadyan ing sanès-sanèsipun basa ing tanah Indhiya inggih makatên. Sadaya wau linta-lintunipun mawi pathokan miturut wêwaton ingkang sanès damêlan tiyang. Ananging sanadyan wêwaton wau sanès damêlan (dados botên wontên ingkang namtokakên utawi marentahakên), ewadene sadaya bôngsa alit-alit ingkang sami gadhah basa piyambak-piyambak inggih sami miturut wêwatonipun piyambak-piyambak.§ Ingkang kasêbut ing nginggil wau namung tuladha satunggil kalih, sarta salugunipun mênggah pamarsudining basa-basa ing tanah Indhiya, ingkang pangudinipun katindakakên sarana tinandhing-tandhing "vergelijkende taalstudie" punika gêrbananipun kenging dipun wastani sawêg wiwit dipun acaki kemawon, kawêwahan tumindaking pangudi kêdah kanthi gunging pangatos-atos: mila manawi amarsudi basa ingkang kados kasêbut ing nginggil wau, môngka botên kanthi pawitan kawruh bab basa ingkang anyêkapi, sarta botên tumêmên sangêt ing panindakipun pangudi, punapadene botên tansah angudi indhaking prayoginipun lampah-lampahing anggènipun marsudi, punika badhe tanpa damêl.

Sarêng para sarjana bôngsa Eropa, akanthi sabar saha têlatosing manah, sampun sagêd sumêrêp dhatêng pêpathokan linta-lintuning aksara utawi sandhangan kados ingkang kapratelakakên ing nginggil wau ngantos [nganto...]

--- 20 ---

[...s] sawatawis kathah, lajêng sagêd anglajêngakên pamarsudinipun, sarta kajawi nglêmpakakên pêpathokan sarana amandhing basa, ugi sagêd ngêcakakên kosok wangsulipun, inggih punika amarsudi basa ingkang dèrèng nate kaudi, nanging upami oyoding kêkajêngan makatên taksih tunggil dêlêg kalihan basa ingkang sampun kaudi, mawi asarana pêpathokan-pêpathokan kados ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Lampah-lampahing pangudi kados makatên wau, salajêngipun kaêcakakên tumraping basa Jawi Kina (Kawi) mawi kacundhukakên kalihan katrangan sanès-sanèsipun ingkang sampun kasumêrêpan ing para sarjana bôngsa Eropa: wontênipun makatên awit para sarjana wau sumêrêp, bilih kawontênanipun têmbung-têmbung ing basa Jawi Kina punika kenging kapilah dados tigang golongan:

1. Golongan ingkang kapisan, inggih punika têmbung-têmbung ingkang sapriki taksih kangge ing basa Jawi sapunika: sanadyan kanggenipun ing sapunika sampun ewah sakêdhik pakêcapanipun.

--- 21 ---

2. Golongan ingkang kaping kalih, punika têmbung-têmbung Sansêkrit, sanadyan têmbung wau kathah ingkang sampun malih sawatawis, ewadene taksih kenging katitik aslinipun.

3. Golongan ingkang kaping tiga, têmbung-têmbung ingkang sapunikanipun dèrèng sagêd kasumêrêpan têgêsipun, inggih punika ingkang sampun sami botên kangge ing basa Jawi, ananging anèhipun têmbung-têmbung wau sanadyan inggih mawi ewah sakêdhik kados ingkang sampun katêrangakên ing ngajêng, kathah ingkang taksih lastantun gêsang ing basa tanah Indhiya sanès-sanèsipun ingkang pancèn tunggil dêlêg, kados ta: ing basa Malayu, Sundha, Madura, Batak (kathah), Bali (kathah sangêt), Makasar, Dhayak sapanunggilanipun.

Dados manawi badhe marsudi dhatêng basa Jawi Kina (Kawi) punika sapisan: kêdah sinau basa Jawi (ingkang kangge ing jaman sapunika): kaping kalihipun: kêdah sinau basa Sansêkrit: kaping tiganipun: kêdah ngudi basa ing tanah Indhiya sanès-sanèsipun, wontêna [wo...]

--- 22 ---

[...ntêna] saking tiga utawi sakawan, sarta sasampunipun lajêng kangge nalêsihakên têmbung-têmbung Jawi Kina (Kawi) ingkang dèrèng sagêd kasumêrêpan têgêsipun, mawia sarana pêpathokan linta-lintuning aksara utawi sandhangan kados ingkang sampun katêrangakên ing ngajêng.

Mênggah wêwaton pamarsudinipun basa Kawi kados kasêbut ing nginggil, punika têrang beda sangêt kalihan wêwaton pamarsudinipun basa Kawi miturut pamanggihipun bôngsa Jawi piyambak, kados ta: Radèn Ngabèi Rônggawarsita sapanunggilanipun, punika sagêdipun nêgêsi têmbung Kawi ingkang dèrèng kasumêrêpan têrang ing têgêsipun, limrahipun namung saking pangintên-kintên kemawon, sarta pambatangipun wau sok namung awêwaton pangathik-athikipun piyambak, tanpa pawitan kawruh sanèsipun, kajawi saking basa Jawi (basa Jawi jaman sapunika).

Saèstunipun pangudi dhatêng basa Jawi Kina (Kawi) punika angèl sangêt, punapa malih manawi ingkang ngawaki nindakakên pangudi wau namung tiyang satunggil, pancèn kawratên sangêt. Mila pangudi dhatêng basa Jawi Kina (Kawi)

--- 23 ---

wau taksih tangèh sangêt rampungipun, amargi namung sakêdhik sangêt cacahipun para marsudi ing basa, ingkang kadunungan pamanggih tuwin purun kangelan amitulungi bôngsa Jawi ing bab punika. Ingkang makatên wau sampun lêrês kemawon, jêr mênggah pangudi tuwin pamarsudining basa Jawi, punapadene pangupakara murih lastantuning saenipun basa Jawi, punika dumunung dados kuwajibanipun bôngsa Jawi piyambak, ananging sanadyan makatêna, ewasamantên wontên sarjana linangkung kêkalih, ingkang purun ngangkat padamêlan ingkang angèlipun samantên wau, sarta inggih kalampahan angsal damêl kathah sangêt, ngantos kenging kawastanan bilih ingkang dados parlunipun sampun kacêpêng. Sasampunipun makatên, para marsudi ing basa Jawi Kina (Kawi) ingkang kantun-kantun bêbasan lajêng kantun ngênciki pundhakipun para sarjana wau, sagêd lajêng mènèk minggah-minggah ngungkuli ingkang sampun-sampun.

Tuwan kêkalih ingkang kasêbut ing nginggil wau, inggih punika Tuwan Dr. H.N. VAN DER TUUK tuwin Tuwan Prof. Dr. KERN, ingkang sami napak tilas Tuwan Dr. COHEN STUART.

--- 24 ---

Tuwan Dr. H.N. VAN DER TUUK sasampunipun sinau têmbung Sansêkrit, Mêlayu tuwin Jawi, lajêng wiwit sinau têmbung Batak, sasampunipun lajêng nyandhak têmbung Lampung, Minangkabu, Sundha, Madura sapanunggilanipun. Wusana lajêng katêtêpakên ing kangjêng gupêrmèn manggèn ing pulo Bali, pêrlu kadhawuhan sinau têmbung Bali ingkang ngantos sampurna.

Wontênipun kangjêng gupêrmèn dhawuh makatên, amargi nguningani bilih ing Bali taksih kathah sêrat-sêrat Jawi Kina (asli saking tiyang Jawi Buda ingkang kaplajêng dening kêsuk ing agami Islam) sarta têmbung-têmbung Jawi Kina taksih kathah sangêt ingkang lastantun gêsang ing basa Bali.

Tuwan VAN DER TUUK kalampahan sagêd anglêmpakakên sêrat-sêrat Jawi Kina warni-warni, (wontên sawatawis ingkang sapulo Bali namung kantun satunggal thil botên wontên panunggilanipun malih) ingkang lajêng kasimpên ing Batawi tuwin ing Lèidhên, jêr mênawi botên lajêng kasimpên mêkatên, saèstu badhe ical tanpa lari kados ingkang wontên ing tanah Jawi.

--- 25 ---

Kajawi punika Tuwan VAN DER TUUK wau damêl bausastra têmbung Kawi-Bali, ingkang jilidanipun ôngka sakawan tumuntên badhe dipun êcapakên sawatawis wulan malih, ing bausastra wau sadaya têmbung ingkang pamêthikipun saking sêrat-sêrat Jawi Kina mawi dipun têrangakên têgês-têgêsipun, sarta dipun wêwahi tuladha kanggenipun têmbung-têmbung ing ukara. Mila Bausastra wau inggih ngandhar-andhar sangêt, sarta ingkang sagêd ngangge namung para sarjana, tujunipun sapunika sampun kaewahan supados ingkang sanès sarjana inggih sagêda ngangge.

Tuwan Prof. KERN ugi ngudi basa tanah Indhiya warni-warni, ngantos sagêd nêrangakên têgês-têgêsipun têmbung Jawi Kina (Kawi) kathah, sarta lajêng ngêcapakên sêrat-sêrat Jawi Kina tuwin damêl bausastra têmbung Jawi Kina, kabage-bage dados pintên perangan, ingkang anêrangakên satunggil-tunggiling peranganing têmbung-têmbung wau. Botên sanès inggih namung Tuwan Prof. KERN wau ingkang têtêp kenging kawastanan rumêksa dhatêng têmbung Jawi Kina ngantos botên kalajêng ical larinipun, amargi Tuwan [Tu...]

--- 26 ---

[...wan] DR. VAN DER TUUK salaminipun ugi tansah sêrat-sêratan kalihan Tuwan Prof. KERN, sarta ingkang mitulungi nyukani katêrangan utawi wêwarah warni-warni dhatêng Tuwan VAN DER TUUK wau ugi Tuwan Prof. KERN.

Salajêngipun wontên satunggiling sarjana malih nama Tuwan DR. JUYNBOLL, ingkang nglajêngakên dêdamêlanipun Tuwan Prof. KERN wau, sarta sasampunipun ngêcapakên Sêrat Bratayuda tuwin Rama ing têmbung Jawi Kina (Kawi) Tuwan DR. JUYNBOLL lajêng damêl bausastra têmbung Jawi Kina ingkang karingkês, pêrlu kangge ular-ular ingkang sami sumêdya mahamakên Sêrat Rama wau.

Kajawi ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, para sarjana bôngsa Eropa taksih ngêcakakên ihtiyar warni kalih tumrap pangudinipun basa tuwin kasusastran Jawi (ing sawiyaring têbanipun ingkang kawastanan basa tuwin kasusastran Jawi, inggih punika bab kamulyaning kawruhipun bôngsa Jawi).

Amargi sintên-sintêna ingkang sumêdya ngandharakên kasusastraning bôngsa ngantos salêsih, punika kêdah nyumêrêpi

--- 27 ---

têrang sawarnining tatacara tuwin tata ngadatipun bôngsa wau. Dados wêwaton ingkang makatên punika ugi tumrap dhatêng pangudinipun kasusastran Jawi.

Mênggah ingkang kawastanan nyumêrêpi têrang ing sawarnining tatacara tuwin tata ngadat wau, punika botên maligi namung nyumêrêpi dhatêng tatacaranipun têtiyang Jawi tuwin padat-padatanipun manawi nuju gadhah damêl sapanunggilanipun, utawi lampah-lampahing paprentahan dhatêng bôngsa Jawi, punapadene undha-usuking pêpangkatan ing kajawèn, manawi ngêmungakên punika kemawon botên kirang gampil, ugêr purun ngêmpali têtiyang Jawi inggih lajêng sumêrêp, nanging kajawi punika taksih wontên malih ingkang parlu dipun sumêrêpi, inggih punika mula bukanipun wontên tatacara tuwin tata ngadat wau, têgês utawi pikajêngipun, punapadene sabab-sababipun ingkang anjalari wontênipun sadaya wau, sarta wontênipun dipun lampahi utawi dipun lastantunakên makatên ngantos dumugi sapriki botên mawi dipun ewah-ewah.

Têtelanipun tatacara tuwin tata ngadat Jawi punika,

--- 28 ---

botênipun sadaya asli tiron saking Hindhu (Buda) utawi Islam, inggih sampun kathah sangêt campuranipun saking agami kêkalih wau, ingkang kathah ngantos mèh botên sagêd kasumêrêpan mênggah ingkang dados talêring pikajênganipun. Dados murih sagêdipun sumêrêp dhatêng talêring pikajêngan wau, inggih kêdah ngangge wêwaton pêpandhingan malih. Punapa malih sarêng sampun têtela bilih sanès-sanès bôngsa ingkang tunggil asli kalihan bôngsa Jawi, môngka babar pisan botên srawungan kalihan bôngsa Indhu tuwin Arab, utawi sanadyan srawungan inggih namung sawatawis, ugi wontên ingkang sami gadhah tata ngadat ingkang ngèmpêri tata ngadatipun bôngsa Jawi, malah kenging kawastanan taksih lugu dêlêsipun. Tata ngadat wau inggih lajêng dipun udi sarta dipun upadosi jêjêr tuwin pikajêngipun, pêrlu kangge têtandhingan kalihan tata ngadat ingkang kaprah ing tanah Jawi.

Saêbab kemawon minôngka pasaksènipun ingkang kasêbut ing nginggil, nanging sanadyan namung satunggil, pasaksèn ingkang têrang sangêt, inggih punika bab ringgit. Para

--- 29 ---

sarjana bôngsa Eropa kathah ingkang sampun nalêsihakên sarta nêrangakên bab tata ngadat warni-warni, kados ta: ngruwat, mêmule para lêluhur (sjamanisme) sapanunggilanipun, ingkang kalimrah wontên ing tanah Indhiya. Dene ingkang kawêntar piyambak ing bab pangudinipun tata ngadat wau, punika Tuwan Prof. WILKEN.§ Saking wartosipun, sêrat karanganipun Tuwan Prof. WILKEN ingkang ngêwrat bab warni-warni sarta dumugi samangke taksih kaanggêp pêrlu kêdah dipun sumêrêpi ing ngakathah, sapunikaipun badhe kawêdalaken dening firma van DORP & Co.

Awit saking wontênipun sêrat-sêrat bab ingkang kasêbut ing nginggil punika, Tuwan Dr. HAZEU lajêng sagêd nêrangakên ingkang langkung slêsih malih bab kawontênanipun ringgit wacucal, ingkang mula bukanipun têtingalan kangge mêmulya dhatêng alusipun para lêluhur, nanging sarêng bôngsa Jawi srawungan kalihan bôngsa Indhu, awit saking dayaning kawruh Indhu, wêwujudaning ringgit lajêng kaangge mujudakên para prawira ingkang sami kacariyos ing sêrat Mahabarata. Awit saking punika mila ringgit wacucal dumugi samangke inggih taksih kangge isarat panulaking bêbaya

--- 30 ---

(ngruwat) utawi kangge ngêmpèk-êmpèk dhatêng para lêlêmbat (sidhêkah)§ Minôngka pasaksèn malih ingkang sami têrangipun kalihan ingkang sampun kapratelakakên bab ringgit wacucal wau, inggih punika pinanggih ing nalar bab mula buka wontênipun basa krama tuwin krama inggil ing têmbung Jawi. Mênggah pangudinipun nalar punika mawi wêwaton pasaksèn katêrangan saking basanipun bôngsa-bôngsa alit ingkang sami wontên ing tanah Indhiya sisih wetan.

Mênggah bôngsa Jawi punika ingkang jamboran botên namung adat tuwin tatacaranipun kemawon, dalah kasusastran lan cacriyosanipun sampun botên wontên Jawi dêlês sampun kawoworan warni-warni. Bab wêwahan saking dayanipun agami Hindhu sampun kacariyosakên ing nginggil, sarta katêranganipun ingkang sampurna taksih wontên malih, inggih punika sêrat karanganipun Tuwan Prof. Dr. JONKER ingkang nyariyosakên anggènipun tuwan wau mahamakên suraosing sêrat anggêr Jawi satêmah sagêd nêrangakên bilih anggêr-anggêr Jawi ingkang kawrat ing sêrat anggêr wau, kathah ingkang pêthikan saking sêrat Sansêkrit ingkang kawastanan anggêr-anggêripun manu.

Wêwahan ingkang tumuwuhipun saking tumangkaring agami Islam, inggih punika Sêrat Menak (cariyosipun [(cariyosi...]

--- 31 ---

[...pun] Amir Amzah). Cariyos menak wau sampun katêrangakên dening Tuwan Dr. VAN RONKEL, bilih asli cariyos saking Pèrsi, sarta mawi katêrangakên pisan lampahing tular-tumularipun cariyos ngantos dumugi ing tanah Jawi, punapadene ewah utawi wêwahipun cariyos wau dumugi ngantos kadadosanipun kadhapuk kangge lampahan ing ringgit menak.

Dêlêgipun cariyos-cariyos ingkang dêlês Jawi, punika prasasat dèrèng dipun udi, ananging wontênipun sampun têtela, inggih punika awarni cariyos utawi dêdongengan warni-warni, ingkang samangke sampun ical utawi kantun dados dongèng (salong wontên ingkang sampun kapacak ing sêrat, wontên ingkang carub kalihan cariyos asli saking ngamônca) kados ta: cariyos lampahanipun Radèn Panji ingkang ngantos warni-warni, dongèng-dongèng (ananging inggih botên sabên dongèng), tuwin mèh sadaya cariyos bab Nyai Rara Kidul utawi lêlêmbut sanès-sanèsipun ingkang kaanggêp manggèn ing rêdi utawi sagantên, tlaga tuwin sêndhang

--- 32 ---

sasaminipun, punapadene cêcariyosan warni-warni ingkang kasêsêlakên ing lampahan ringgit wacucal utawi ing sêrat babad, kados ta: cariyos bab lêlampahanipun Watugunung tuwin lalampahanipun Dèwi Nawangwulan sapanunggilanipun.

Mênggah sagêdipun anglajêngakên pangudi, punika inggih kêdah sarana pêpandhingan malih, dados sarampungipun pangudi dhatêng kasusastran Islam tuwin Hindhu, kêdah lajêng analêsihakên cacriyosan sarta dêdongengangnipun bôngsa-bôngsa ing tanah Indhiya ingkang babar pisan dèrèng nate sarawungan utawi namung sêsrawungan sakêdhik sangêt kalihan bôngsa ngamônca.§ Cariyos utawi dongèng-dongèng wau, tumrapipun tiyang ingkang ngudi kasusastraning bôngsa, sanadyan botên kapacak ing sêrat, ajinipun sami kemawon kalihan ingkang kapacak ing sêrat, ugêr cariyos utawi dongèng-dongèng wau kaprah, punika sampun kaanggep kenging kaangge wêwatoning pangudi, awit bab kapacakipun ing sêrat wau têrkadhang namung saking kapinujon kemawon. Salajêngipun cacriyosan tuwin dêdongengan wau kêdah katandhing kalihan cacriyosan tuwin dêdongengan ingkang kaprah ing tanah Jawi, [Ja...]

--- 33 ---

[...wi,] supados sagêd angsal pasaksèn ingkang têrang tuwin maton.

Ingkang dhawah ôngka kalih, sarta kawontênanipun saya dangu saya kapêrlokakên kangge wêwaton pangudining kasusastran tuwin kamulyaning kawruh (beschaving) Jawi, inggih punika barang-barang kina tuwin candhi-candhi yêyasanipun tiyang kina.

Candhi-candhi wau wontênipun dados têtingalan, ingkang suwau amung jalaran saking adining kawujudanipun, ananging dangu-dangu sarêng ingkang sami ningali nyêtitèkakên, tumuntên sagêd nyumêrêpi, bilih punika ing kinanipun kangge sêmbahyang utawi kangge pêrlu sanès-sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan agaminipun bôngsa Jawi, mawi gambaran warni-warni ingkang minôngka pasrèning pagêripun sela, kadosdene gambaring buku, wujud pêpêthaning lêlampahan warni-warni ingkang kacariyos ing sêrat-sêrat Jawi, kados ta: gambaran ing saubêngipun candhi Prambanan, punika taksih kenging katitik, têrang sangêt bilih pêpêthaning lêlampahanipun Prabu Rama,

--- 34 ---

makatên ugi gambaran ing candhi Panataran (sacêlakipun kitha Blitar), ingkang sampun kasalêsihakên sarta kaandharakên ing sêrat dening Tuwan Dr. BRANDES. Ananging lêlampahanipun Prabu Rama ingkang kapêtha ing gambaran saubênging candhi-candhi wau, têka botên sami kalihan ingkang kacariyos ing sêrat-sêrat Jawi jaman sapunika. Bokmanawi sêrat-sêrat Jawi Kina inggih wontên ingkang nyariyosakên kados ingkang kapêtha ing candhi-candhi wau, namung dumugi sapriki sêrat wau dèrèng pinanggih larinipun.

Mênggah ingkang paedahipun agêng sangêt tumrap pangudinipun dhatêng cariyos Babad Tanah Jawi ing jaman kina, punika sela-sela candhi utawi sela-sela ing patilasan-patilasan, ingkang wontên sêratanipun, tuwin balebekan têmbagi utawi kuningan ingkang ugi wontên sêratanipun, amargi sêdaya punika kenging kangge wêwaton pangarangipun babad wau. Bab punika sampun kapratelakakên ngantos ronce sangêt wontên ing bêbukanipun sêrat Pararaton, ingkang samangke sampun [sampu...]

--- 35 ---

[...n] kajawèkakên dening Radèn Mas Mangkudimêja, saking têmbung Kawi ingkang mawi sisihan têmbung Walandi santunanipun Tuwan Dr. BRANDES, sarta sêrat wau samangke sampun kaêcapakên dening Commissie voor de Volklectuur, ing bêbukaning sêrat Pararaton, wau ugi wontên katêranganipun ingkang nyariyosakên, bilih basa Kawi kalihan basa Jawi ingkang kangge wicantênanipun tiyang Jawi ing jaman samangke, punika sayêktosipun namung basa satunggil, dede basa kêkalih, namung kemawon sampun santun warni. Saminipun upami wana, wêwujudanipun ing jaman sèwu taun kapêngkêr kalihan wêwujudanipun ing jaman sapunika. Inggih lêrês wana wau taksih lêstantun wujud wana, nanging kêkajênganipun tuwin têtuwuhan sanèsipun sampun santun, punapadene grumbul-grumbulipun ugi sampun santun panggenan tuwin wêwarnènipun. Punapa malih ing bêbuka wau ugi wontên cariyosipun bab anggèning para sarjana bôngsa Eropa sagêd manggih katêrangan ungêlipun satunggil-tunggiling sastra Buda ingkang sampun botên kasumêrêpan têgêsipun dening tiyang Jawi, sastra Buda wau lajêng [la...]

--- 36 ---

[...jêng] kadhapuk-dhapuk kadadosakên larikan, pêrlu kangge anggampilakên pangudinipun sêrat-sêrat Buda tumrap dhatêng ingkang sami sumêdya sinau kasusastran Buda.

Candhi-candhi wau, langkung malih sêratan ingkang kaukir ing sela candhi, punika sampun dipun udi dhatêng Tuwan Dr. COHEN STUART, Prof. KERN, Tuwan HOLLE, YZERMAN tuwin Dr. BRANDES, sarta sapunikanipun taksih kaudi dhatêng Tuwan Dr. KROM, amtênaripun kangjêng gupêrmèn ingkang kapatah maligi ngêmungakên anglajêngakên pangudinipun tuwan-tuwan ingkang kasêbut ing nginggil wau.

Makatên ugi cariyos tuwin sêrat-sêrat ingkang asli saking babêktanipun agami Islam, punika botên kauwakakên kemawon. Sêratan ingkang dumunung ing pakuburan-pakuburan kina sami kagambar sorot, sarta ing sasagêd-sagêd kaudi têgês tuwin suraosipun. Babadipun para wali dipun sahakên sarana kacocogakên kalihan babadipun para wali ingkang kapacak ing sêrat sanès-sanèsipun, sarta sêrat Cênthini ingkang ngêwrat cariyos ingkang taksih kenging kagolongakên [kagolonga...]

--- 37 ---

[...kên] dhatêng cariyosipun para wali, jêr taksih gêgayutan bab tumangkaripun agami Islam, ing samangke badhe kaêcapakên dening Bataviaasch Genootschap sarta ing taun punika wiwit badhe kawêdalakên ing pangêcapan.

Kajawi punika pangudinipun para sarjana bôngsa Eropa ngantos dumugi ngudi kagoking basa Jawi. Mênggah prêlunipun angudi kagoking basa Jawi punika, sampun kapratelakakên kawrat ing sêrat Nota, damêlanipun JURY (kados dene Commissie) ingkang kapatah dening Bataviaasch Genootschap angwontênakên sayêmbara, sintên ingkang sagêd anglêmpakakên têmbung-têmbung kagoking basa Jawi sarta ngarang sêrat bab kagoking têmbung Jawi, badhe nampèni ganjaran saking Bataviaasch Genootschap.

Ing mangke para sarjana bôngsa Eropa ingkang sami kasêbut ing nginggil wau, sampun kakintên manawi sadaya nampèni patêdhan balônja saking Kangjêng Gupêrmèn, salong wontên ingkang angsal, salong botên, dados ingkang sami botên nampèni patêdhan balônja saking Kangjêng Gupêrmèn, [Gupêr...]

--- 38 ---

[...mèn,] punika anggènipun marsudi dhatêng basa Jawi saèstunipun inggih sasêlaning padamêlanipun, kados ta: Tuwan Prof. KERN guru têmbung Sansêkrit ing pamulangan luhur, punika wontênipun marsudi dhatêng têmbung Kawi namung labêd saking gèning tumêmênipun dhatêng ingkang dados wajibipun.

Tuwan YZERMAN punika ingenieur staatsspoor, Tuwan WALBHEEM amtênar paprentahan (B.B.) saha guru ing pamulangan luhur, wontên malih guru Injil, makatên sapiturutipun, dene ingkang sami nampèni balônja anggènipun ngarang inggih langkung saking urup-urupaning bêlanjanipun, sarta tuwan-tuwan sadaya wau anggènipun marsudi dhatêng kawruh ingkang sampun kalêbêt dados manahipun, kalihan wêkêl tuwin tumêmêning manah, tilar kasênêngan tuwin kabingahan ingkang limrahipun dipun turut.

Mênggah ingkang mêkatên wau botên pêrlu dipun alêm, jêr wontênipun purun anglampahi makatên, jalaran para sarjana wau rêmên dhatêng kasênêngan amarsudi kawruh tininbangtinimbang. kalihan dhatêng kasênêngan limrah, punapa malih ingkang nglampahi makatên inggih botên sadaya, satunggil kalih [ka...]

--- 39 ---

[...lih] inggih wontên ingkang kirang tumêmên ing pamarsudinipun, katitik saking sakêdhiking karanganipun. Ananging sanadyan wontên satunggil kalih ingkang sampun katitik kirang tumêmên ing pamarsudinipun, ingkang makatên punika mêksa botên sagêd nuwuhakên pandakwa bilih pamarsudinipun para sarjana bôngsa Eropa dhatêng kasusastran Jawi punika botên sapintêna, kapara pamarsudinipun para sarjana wau kenging kangge tuladha dhatêng bôngsa Jawi tuwin dados kauntunganipun bôngsa Jawi, awit para sarjana wau tansah ngungsêd dhatêng lêlungidaning kawruh kasusastran tuwin basa Jawi.

Tiyang Jawi ingkang kenging kawastanan marsudi dhatêng kasusastranipun piyambak: sintên.

Bab punika botên pêrlu kula andharakên, sintên tiyangipun ingkang botên sumêrêp dhatêng misuwuripun Radèn Ngabèi Rônggawarsita tuwin Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunêgara IV, sapanungilanipun, ingkang sami gadhah anggitan sêrat-sêrat Jawi, nama utawi asmanipun para linangkung wau badhe kaluhurakên ing salami-laminipun [salami-l...]

--- 40 ---

[...aminipun] dening sadaya ingkang sami marsudi dhatêng kasusastran Jawi.

Ing jaman sapunika ingkang kapetang dhatêng kasusastran Jawi, Mas Ngabèi Wirapustaka, ingkang rumiyin sampun nate ngrencangi Tuwan TE MECHELEN tuwin Tuwan WAKBHEEM ngantos lami. Mila samangke Mas Ngabèi Wirapustaka wau sakêdhik-sakêdhik sagêd ngêcakakên pamarsudi dhatêng kasusastran Jawi mawi wêwaton caraning pamarsudi Eropa, ananging sagêdipun ngangge wêwaton wau inggih namung maligi ing bab lampahing pamarsudi kasusastran ingkang kalêrêsan kaudi dening tuwan kêkalih wau, sabiyantu kalihan piyambakipun.

Ing mangke sarèhning pangarangipun sêrat-sêrat ing bab kasusastran Jawi tuwan kêkalih wau mawi kabiyantu dening Mas Ngabèi Wirapustaka, (nalika samantên taksih nama Ki Padmasusastra) sarta para sarjana ingkang kasêbut ing nginggil sanès-sanèsipun ugi angsal pitulungan saking carikipun Jawi, mila sadaya ingkang sami ambiyantu tuwan-tuwan wau saèstunipun inggih wajib nampèni pangalêmbana.

Ananging pangalêmbana ingkang kalêrês dhumawah dhumatêng ingkang

--- 41 ---

sami rarencang wau inggih botên kathah, awit upami pakaryan yasa griya ingkang sami rarencang wau namung dumunung tukang batunipun ingkang namung tanggêl saening wujud tuwin prayogining panatanipun banon kemawon. Dene pangalêmbana ingkang agêng dhumawahipun dhumatêng ingkang nganggit sêratipun, jêr pangarang punika saminipun ingkang nganggit wêwangunaning griya. Mila sanadyan botêna mêcèli kajêng piyambak, botêna ambêsmi banonipun utawi angabêni lepan, ingkang wajib nampèni pangalênbanapangalêmbana. agêng inggih piyambakipun.

Nitik sadaya ingkang kasêbut ing nginggil, Kangjêng Gupêrmèn ing Indhiya Nedêrlan sampun sawatawis kathah pitulunganipun dhatêng pamarsudining basa tuwin kasusastran Jawi. Môngka salugunipun bab pamarsudining basa tuwin kasusastran Jawi punika botên kalêbêt dados kuwajibanipun Kangjêng Gupêrmèn. Pasaksènipun: sakathahing nagari tanah Eropa botên wontên satunggil-tunggila ingkang nindakakên budidaya angajêngakên kasusastran, awit punika botên kapetang gêgolonganing kuwajibanipun nagari. [naga...]

--- 42 ---

[...ri.] Dene ingkang sami ngajêngakên kasusastran punika inggih para marsudi basa piyambak. Mila sayêktosipun kuciwa sangêt dene ing nagari Surakarta tuwin ing Ngayogyakarta prasasat botên wontên ingkang marsudi dhatêng kasusastran Jawi, sanadyan ing nagari kêkalih wau kathah sangêt para luhur Jawi ingkang nganggur utawi prasasat botên kagungan sambèn padamêlan ingkang ajêg, tuwin kathah ingkang pêpancinipun anyêkapi, ewasêmantên awis sangêt wontên ingkang kaparêng marsudi dhatêng kasusastran Jawi, kapara ingkang kathah mêrduli kemawon botên. Ananging mênggah wontênipun makatên wau sakêdhik pancèn inggih kabêkta saking kawujudanipun kasusastran Jawi piyambak, awit sanadyan ingkang sami misuwur sangêt ing bab kasusastran, kados ta: Radèn Ngabèi Rônggawarsita tuwin Kangjêng Pangeran Arya Mangkunagara IV. Punika inggih mêksa namung sakêdhik sagêdipun angwontênakên ingkang kenging kawastanan anggitan enggal, dene ingkang kathah karanganipun lugu namung ngenggalakên barang ingkang sampun lami mawi kasantunan wangun utawi dhapuripun, dados kenging kawastanan namung ambangun, [a...]

--- 43 ---

[...mbangun,] sarta sêrat-sêrat bangunan enggal wau danguning-dangu botên sagêd lêstantun nancang dhatêng manahipun bôngsa Jawi ingkang sami sumêrêp dhatêng sastra, ingkang ngantos sagêd nuwuhakên rêmên dhatêng kasusastran Jawi.

Ing mangke minôngka panutupipun karangan punika, saking pangintên kula saèstunipun badhe wontên ingkang nyoal ingkang kasêbut ing nginggil, mênggah panyoalipun makatên. Sanadyan sêrat karanganipun bôngsa Eropa punika katingalipun kathah sangêt, ewasamantên sadaya ingkang sampun kaêcapakên dumugi sapunikanipun, namung sakêdhik sangêt ingkang mêlok sagêd katingal maedahi têtiyang Jawi dhatêng pamarsudining kasusastranipun. Ingkang kathah kêkaranganipun para sarjana wau kawrat ing Pustakawarti ingkang mêdal wulanan utawi tigang wulan sapisan (ing têmbung Walandi kawastanan: Tijdschrift), sapanunggilanipun, tuwin ingkang kathah suraosing sêrat-sêrat wau, sanadyan tumrapipun tiyang Jawi ingkang sampun lêbda dhatêng têmbung Walandi, inggih mêksa botên sagêd [sagê...]

--- 44 ---

[...d] gamblang, jalaran saking angèling suraosipun, ingkang gampil namung wontên sawêtawis, kados ta: Sêrat Bratayuda, buku-buku sawatawis ingkang kawêdalakên dening Bataviaasche Genootschap tigang dasanan taun ingkang kapêngkêr punika, tuwin sêrat: Pararaton. Nanging mênggah suraosipun Sêrat Pararaton inggih botên sadaya kenging kapetang gampil. Dene sanès-sanèsipun sakêdhik sangêt pigunanipun dhatêng tiyang Jawi.

Sadaya wau pancèn lêrês, ananging ingkang makatên punika botên badhe salaminipun. Sêrat Pararaton Kawi samangke sampun kajarwakakên ing têmbung Jawi jaman samangke, sarta sampun kaêcapakên saha kawêdalakên. Sapunika nyandhak sêrat bab ringgit, karanganipun Tuwan Dr. HAZEU ingkang kabangun malih ing têmbung Jawi dening Radèn Mas Mangkudimêja.

Manawi karangan punika sampun kalampahan kaêcap saha kawêdalakên, anuntên badhe miwiti sêrat sanès-sanèsipun malih, ananging sadaya wau botên sagêd kalampahan [ka...]

--- 45 ---

[...lampahan] sami sanalika. Kajawi punika kados ta: upami tiyang tani lumbungipun taksih kothong môngka tanêmanipun pantun sampun sêpuh wiwit kenging dipun ênèni, punika sagêdipun tumuntên ngêbaki lumbungipun, saèstunipun inggih kêdah mawi nyambat, botên sagêd mêntas saking badanipun sabatih ing griya piyambak, makatên malih saupami angsalipun bau sambatan dèrèng nyêkapi, punika saèstunipun inggih badhe ambêrah-ambêrahakên murih sagêdipun tumuntên rampung pangênining pantun sarta lajêng kenging kalêbêtakên ing lumbung.

Makatên sanepanipun bab punika, samangke sadaya bôndha sampun ngalêmpak, sêrat bausastra tuwin paramasastra sampun wontên, sêrat-sêrat ingkang taksih sêratan tangan tuwin sêrat kropak sampun cumawis ngantos wontên pintên-pintên èwu, sarta sastra-sastra kina sampun pinanggih têgêsipun, mila sapunikanipun namung kantun nalêsihakên sarta anggunakakên bôndha ingkang sampun cumawis wau katêrapakên dhatêng bab kasusastran, saèstu badhe lajêng tumuntên sagêd ngêplêki sanepa ingkang kasêbut ing

--- 46 ---

nginggil, pamêdaling sabin sagêd pinanggih kathah sangêt ngantos ngêbaki lumbungipun ki tani.

Mênggah para sarjana bôngsa Eropa, ingkang sayêktosipun namung sakêdhik, tur taksih gadhah padamêlan wajib warni-warni, miwah satunggil kalih ugi wontên ingkang tinanggênah marsudi dhatêng basa sanèsipun basa Jawi, punika saèstunipun babar pisan dèrèng sagêd nyêkapi ing pangudi dhatêng kasusastran Jawi. Mila pêrlu sangêt bôngsa Jawi mitulungana ngrencangi ngudi dhatêng basa tuwin kasusastran Jawi, ingkang ngantos sagêd salêsih sayêktos. Langkung malih jêr punika basa tuwin kasusastranipun piyambak, sarta dados pigunanipun bôngsa Jawi piyambak.

Sanadyan bab punika pêrlu sangêt, ananging kalampahanipun tamtu botên gampil, amargi sadaya ingkang sumêdya marsudi, ingkang kapisan kêdah ngawonakên rumiyin karêntêging batos ingkang ngajak kêsèd, ingkang sampun kinodratakên dumunung ing sadhengah manungsa, sarta kaping kalihipun kêdah nyirnakakên pamanggih warni-warni ingkang mêmalangi kêncênging manah dhatêng bab ingkang sampun kapratelakakên [kapratelakakê...]

--- 47 ---

[...n] ing nginggil wau. Môngka sanadyan prakawis anyirnakakên pamanggih ingkang mêmalangi kêkêncênganing manah wau katingalipun gampil, ananging salugunipun pancèn angèl, kajawi punika mênggah pangudining basa tuwin kasusastran Jawi punika dèrèng cêkap sarana dipun sadeni mêmpênging manah tuwin kathahing sêsêrêpan dhatêng basa Jawi kemawon, kêdah mawi pawitan kawruh basa Sansêkrit, sarta apês-apêsipun inggih kêdah sampun sinau têmbung Kawi miturut lampah-lampahipun piwulangan, kadosdene ingkang sampun kaikêt ing buku dening para sarjana bôngsa Eropa, tuwin mawi ancêr-ancêr wêwaton saking buku wau. Dene bilih sampun apawitan kawruh kados ingkang kasêbut ing nginggil wau, saèstunipun badhe kalampahan sagêd linangkung ing pangudi, botên kados ingkang sami marsudi dhatêng basa tuwin kasusastran Jawi ing sapunikanipun. Sawênèh wontên ingkang namung milang-miling kemawon, angicipi nganan ngering dhatêng kawontênanipun kawruh ingkang piningit ing sêrat-sêrat Jawi sawêtawis. Dene ingkang sami gadhah lêkas makatên wau, sanadyan inggih lêrês sami kadunungan [ka...]

--- 48 ---

[...dunungan] mêmpêng tuwin majênging manah dhatêng pamarsudi, ananging pamarsudinipun namung mawi dhasar gagasan, botên mawi dhasar kawruh kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil.

--- 49 ---

Pambuka

Miturut pangandikanipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU sampun kaprah tiyang sami mastani manawi kasagêdan Jawi ingkang kawitan sarta ingkang kathah-kathah, punika têtularan saking bôngsa Indhu, botên namung bab prakawis kagunan kemawon, dalah kawruhipun inggih kathah ingkang cêcangkokan saking bôngsa Indhu ugi, mila kenging katêmbungakên yèn tatacara Jawi tuwin kawruhipun ingkang inggil-inggil, punika asalipun saking Indhu sadaya.

Mênggah pangaran-aran ingkang makatên wau, kados ta balakanipun: têtiyang Jawi ingkang malarat ing budi pangêrtos, tuna ing panggayuh dhatêng kawruh ingkang inggil-inggil, sagêdipun namung nêniru, samobah-mosikipun bôngsa Indhu, ingkang kala ing jaman samantên sampun kadunungan budi pangêrtos, saha inggil kawruhipun tinimbang têtiyang Jawi, upaminipun tiyang Jawi namung kadosdene pirantos ingkang botên sagêd ebah saking pikajênganipun piyambak, punapa kapara yêktos.

--- 50 ---

Watawis dèrèng lami sangêt tiyang gadhah pangintên ingkang makatên wau, ananging ing taun ingkang kantun-kantun, awit saking pamarsudinipun para sagêd, saya jêmbar sêsêrêpanipun dhatêng bab kawontênaning budi pakartinipun tiyang Jawi ing jaman kina, ingkang pêrlu-pêrlu kathah ingkang lajêng sagêd kasumêrêpan, nêrangakên tuwin mracihnani yèn pangintên bab asalipun kawruh Indhu ingkang tumular dhatêng bôngsa Jawi wau ragi kaduk. Kosok wangsulipun ragi kasangêtên panginanipun dhatêng têtiyang Jawi.

Miturut panalitinipun Prophesor Kèrên (KERN) ingkang sampun kasêbut ing sêrat anggitanipun "Over den invloed der Indische, Arabische en Europeesche Beschaving op de volken van den Indischen Archipel" Leiden 1883. Sarta panalitinipun Dhoktêr Brandhês ingkang sampun kasêbut ing sêrat anggitanipun Een Jayapattra van Caka 849 ing Tijdschr. Bat. genootschap XXXII P. 98 199 anêrangakên manawi dhêdhasaring tumularipun kawruh tuwin kagunan Indhu ingkang kathah-kathah dhatêng bôngsa Jawi upaminipun botên namung kadosdene borèh kemawon, ingkang

--- 51 ---

anutupi wêwantahanipun dhêdhasar Jawi, ananging kathah ugi dhêdhasaring kawruh tuwin kagunan Indhu ingkang tumularipun dhatêng bôngsa Jawi lajêng kaewahan dening têtiyang Jawi ngantos botên katingal babar pisan lugunipun Indhu, malah kados dhêdhasar gadhahanipun piyambak.

Manawi badhe nyumêrapi luguning wêwatêkan sarta dhêdhasaring manahanipun bôngsa Jawi kêdah kapratitisna rumiyin, saking bôngsa liya langkung-langkung saking bôngsa Indhu, tiyang Jawi punika sampun angsal kawruh punapa. Anggènipun mratitisakên wau kêdah awêwaton saking lêbêt cêthèking kawruhipun tiyang Jawi. Bilih sampun kalampahan makatên, kantun anitipariksa bab ingkang angèl pyambak,piyambak (dan di tempat lain). nanging inggih ingkang prêlu sangêt inggih punika: kadospundi caranipun anggèning tiru-tiru dhatêng bôngsa sanès, lan kadospundi anggènipun mulang kagunan têtiyang Indhu dhatêng tiyang Jawi. Sanadyan sampun têtela sangêt manawi angsalipun katêrangan bab ingkang dipun upadosi wau ing sakawit kathah sangêt èwêt-pakèwêtipun, ngantos kangelan sangêt panggayuhipun, ewadene [ewa...]

--- 52 ---

[...dene] ing sapunikanipun para sarjana bôngsa Eropah sampun sagêd ambudi nglêmpak-nglêmpakakên tôndha saksi bayinat ingkang migunani dhatêng pangupadosing katêrangan wau punika. Mênggah wontêning katêrangan ingkang pinanggih pêrlu piyambak, punika bab prakawis ingkang pêpiridan kasusastran, sabab kasusastraan punika, kados sadhengah tiyang sampun sami sumêrêp, minôngka pracihnaning dunungipun guna pangawikan tuwin tatacara kautamèn ingatasing satunggilipun bôngsa, milanipun pangudining nyumêrapi ing wêwatêkanipun satunggaling bôngsa, punapamalih ing sasagêd-sagêd cacriyosaning kasusastranipun, punika anjurungi sangêt, utawi agêng paedahipun tumraping sêsêrêpan kawontênanipun ing satunggil-tunggilipun bôngsa, bab budi pakarti sarta tumêngkaring kawruh tuwin kagunanipun.

Kawruh kagunan Indhu agêng sangêt sawabipun dhatêng bôngsa Jawi ing bab prakawis kawruhipun ing kasusastran, ananging ing bab prakawis punika inggih kêdah katiti pariksa kadospundi babaripun kawruh kagunan Indhu wau

--- 53 ---

ingkang tuwuh saking pambangunipun bôngsa Jawi piyambak. Mênggah rekadayanipun tiyang Jawi anggènipun angewahi utawi amangun kawruh dêdamêlan tuwin kagunan Indhu wau, sayêktosipun lajêng sagêd damêl padhang dhatêng ingkang sami badhe nguningani ing wêwatêkanipun bôngsa Jawi.

Mênggah salah satunggaling bêbangunan utawi ewah-ewahan wau pinanggih wontên ing sêrat bab kawruhing padhalangan, sok ugi kawruh wau têksih ngêwrat jêjêring cariyos pêpiridan saking kawruh kagunan Indhu, ingkang langkung prayogi dipun wastani pêpiridan saking sêrat-sêrat cariyos ing têmbung Sangskrita, langkung malih saking sêrat: Mahabarata.

Sêrat padhalangan wau ngêwrat cariyos lampahan ringgit, dene cariyos lampahan ringgit wau wontên ingkang panjang wontên ingkang cêkak, tuju sarta gêgubahan tuwin rêrangkènipun Jawi, dene pirantosing padhalangan bokmanawi inggih lugu Jawi, sanadyan dede lugu Jawi ewadene dede cêcangkokan saking Indhu, nanging cariyosing lampahan ingkang kathah-kathah sarta ubêting nalar ingkang tumrap [tu...]

--- 54 ---

[...mrap] ing lampahan wau sami bêbangunan, utawi lugu cêcangkokan saking cariyos Indhu, sanadyan cacriyosan wau ingkang kathah-kathah kacaruban sarta kabrancuh kalihan pêperanganing cariyos Jawi lugu utawi ingkang limrahipun dipun wastani cêcriyosan Malayu Polinèsi.

Prophesor Kèrên kêrêp kemawon ngandikakakên, saya malih ingkang kasêbut ing anggitanipun bab: Een Indische Sage in Javaansche gewaad inggih punika cêcriyosan Indhu mawi rêrênggan Jawi ingkang kawêdalakên dening Koninklijke Academie van Wetenschappen te Amsterdam 1876, ing ngriku kacriyosakên ngantos panjang bab prakawis cêcriyosan Indhu ingkang têrang mawi uparêngga Jawi, ing sêrat wau sang sarjana Prophêsor Kèrên mawi nandhing cariyos ringgit Jawi lugu ingkang nama: Obong-obongan Bale Sigala-gala, akalihan cariyos Indhu pêpêthikan saking Jatugrhra-parwan. Kasêbut ing Mahabharata I perangan 141-150 ing ngriku katingal cêtha sangêt bedanipun cariyos wau, botên ngêmungakên wêwantahanipun kemawon, malah wosipun suraos kados ta:

--- 55 ---

lêlampahanipun ingkang kacariyosakên, ugi katawis beda, punapa malih sang sarjana ugi ngèngêtakên bilih pêrlu sangêt nandhing lampahanipun ringgit sanès-sanèsipun, kalihan lampahan ingkang asalipun saking cariyos Indhu lugu.

Sarèhning sampun têtela sangêt manawi pangudi sumêrêpipun dhatêng pambangunipun cariyos Indhu lugu, ingkang sampun atusan taun tansah lumintu ewah-ewah kemawon, sarta ewahipun wau saking kagubah dados cêcriyosan ing padhalangan Jawi, punapa malih sêsampunipun gubah, lajêng sagêd minangkani dados ular-ularing pambudidayanipun sumêrap dhatêng ing bab wêwatêkanipun bôngsa Jawi, pramila saking karsanipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU, ingkang kaanggêp môngka padamêlanipun, cacriyosan ing padhalangan Jawi ingkang kalimrah piyambak, sarta ingkang jêjêring cariyos kalêbêt ing golonganipun ingkang anunggil jaman kalihan cêcriyosan ing Mahabarata (Mahabharata). Katandhing kalihan luguning cariyos ing Mahabarata (Mahabharata). Awit saking punika lajêng têtela

--- 56 ---

mênawi tumraping pangudi wau, ingkang rumiyin pêrlu kêdah nyumêrapi sayêktos dhatêng kawontênaning wêdharipun kawruh padhalangan warni-warni, luguning wêwatêkanipun sarta cariyosing tumêngkaripun kawruh padhalangan wau. Pramila pangangkahipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU, ingkang badhe kawêdharakên ing ngriki, dede bab kawontênaning pirantosipun padhalangan, bab punika sampun kawrat wontên ing sêrat-sêrat anggitanipun Prophesor Punsên (POENSEN) akalihan ing anggitanipun tuwan Tê Mèhgêlên (TE MECHELEN) tuwin sanès-sanèsipun, namung ingkang kapisan anyatitèkakên bab kawruh padhalangan wau lugunipun tumrapipun ing têtiyang Jawi kadospundi, sarta awitipun wontên kapêndhêtakên saking punapa, punapa malih kadospundi tuwin dhatêng pundi puruging tumêngkaripun punapadene anyariyosakên bab dadosipun ringgit sarta bab wêdharing cariyosipun.

Ing sadangunipun kataliti, Dhoktêr G.A.J. HAZEU sagêd namtokakên, sarta nêrangakên manawi kawontênanipun [kawontênani...]

--- 57 ---

[...pun] ringgit sarta lampahanipun, punika dêdamêlan Jawi balaka, botên wontên tapak tilasipun yèn têtularan saking kawruh Indhu.

Pamanggihipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU, mênggah langkungipun gancar malih ing pangrêmbag, tinimbang ingkang sampun kalampahan kaandharakên punika bab wêwatêkan tuwin suraosipun sêrat pêpakêm padhalangan ringgit purwa lampahan Jawi, mênggah ingkang kagalih pêrlu katandhing rumiyin, punika lampahan Palasara akalihan cariyos Indhu ingkang kasêbut ing Mahabarata (Mahabharata).

I. Têtingalan ingkang Kapitontonakên Sarana Wayangan (Layangan)

§ 1. Bab pandamêlipun ringgit purwa sarta ringgit gêdhog tuwin prabotipun sawatawis

Ringgit purwa sarta ringgit gêdhog punika ingkang dipun damêl wacucal maesa, pêpilihan saking wacucaling gudèl gudhigên, milanipun milih wacucal gudèl, punika murih tipisipun [ti...]

--- 58 ---

[...pisipun] lan milanipun milih ingkang gudhigên, supados wacucal wau sasampunipun katatah dados ringgit sampun ngantos anglisah, sabab manut cariyosipun juru anatah ringgit, wacucal anglisah punika botên sagêd awèt pulas sarta praosipun, dene mênawi botên sagêd angsal ingkang kados makatên, inggih namung sarana binudi kalayan akal, murih wacucalipun botên anglisah, mawi kausar-usaran apu.

Panggarapanipun: wacucal ingkang têksih têlês, dipun pênthang wontên ing bênteran, mênawi sampun garing sawatawis lajêng dipun pêthèli murih waradinipun, mênawi sampun waradin, lajêng kapênthang malih wontên ing plangkan utawi pamênthangan kajêng ingkang adhapur pêsagi, mawi tangsul angsal ing wacucal sarta kaubêtakên ing pamênthangan, lajêng dipun êpe, mênawi sampun garing lajêng dipun kêrok supados sagêd ical wulunipun punapa malih sagêd waradin, murih sagêdipun ngicalakên tapaking kêrokan, saha sagêd madhêt, sasampunipun waradin mawi kagosok ing wungkal, tumuntên dipun rêmpêlas murih sagêdipun alus,

--- 59 ---

supados saya mindhak malih alusipun, sasampunipun dipun rêmpêlas mawi kawuluh.

Wiyaring wacucal ingkang kagarap kados makatên punika dipun wastani: sakêbar, wacucal sakêbar lajêng kabagi tiga utawi sakawan, ing sabagiyanipun kawastanan: sakacu, punika lajêng kacorèk mawi dom, miturut dhapuring ringgit ingkang dipun pikajêngakên. Dene manawi sampun dados corekanipun tumuli dipun trêtêsi. Dipun trêtêsi makatên tapaking dom wau dipun kaping kalihi dipun corèk mawi wala. Sarampungipun lajêng katatas, inggih punika ringgit satunggil-tunggilipun kapisah saking kacon, tumuntên katatah dhapuring busana sarta rambuting ringgit, kawastanan dipun gêmpur, ing sadèrèngipun bêdhah rai, mripat, cangkêm tuwin kupinganipun, badhening ringgit ingkang têksih kados makatên wau katêmbungakên: gêbingan, yèn sampun lajêng kabêdhah, inggih punika natah mripat, cangkêm tuwin kupinganipun, tumuntên katatah, bau lêngên sami kasopak mawi gêgêl balung minôngka pantèking bau kalihan pundhak, sarta gêgêl pantèking bau angsal lêngên.

--- 60 ---

Sarampunging panatahipun lajêng kapulas utawi dipun praos, kaèstha kêkulitan utawi sêsandhanganipun, lajêng dipun gapit sarta kasukanan cêmpurit sungu.

Mênggah ingkang sae kadamêl gapit saha cêmpurit wau, pêpilihanipun sungu banthèng, sor-soranipun sungu banthèng inggih sungu maesa bule, awit warninipun sulak kêlawu, botênipun inggih sungu maesa cêmêng, dene cêmpurit wau tumrapipun wontên ing èpèk-èpèking ringgit, sarana katangsulan sêrating sêpêt ingkang sampun garing, ingkang langkung sae mawi katêtêg jênean, mamas utawi logam sanèsipun.

Têtingalan ringgit wacucal punika amitontonakên wayanganipun satunggil-tunggiling ringgit ingkang kalampahakên tumraping kêlir. Dene kêlir punika ingkang kadamêl mori jawi pêthak, ingkang limrah kapinggiran jingga utawi mori abrit mubêng, sarta kapênthang kêncêng wontên ing gawang. Ing gawang ingkang nginggil manglung dhawah ing sasisihipun kêlir ingkang kangge ing jawi inggih punika dhawah ing papan linggihipun dhalang, mawi kasukanan sunduk kêkalih, kados dene [de...]

--- 61 ---

[...ne] bau dhanyang ing saka, sunduk kêkalih punika minôngka canthelaning balencong, ingkang amadhangi kêliripun. Ing sangandhapipun balencong ragi kapering mundur linggihipun dhalang. Ing sakiwa têngêning dhalang wontên kothakipun isi ringgit ingkang botên kasimping.

Linggihipun dhalang ngajêngakên kêlir nglambungakên kothak ingkang sampun kaungkaban tutupipun, dene tutup wau kadèkèk ing têngênipun dhalang kakurêbakên, dipun dèkèki rêricikanipun ringgit sawatawis, kados ta: bujungan wana, dêdamêl sapanunggilanipun, dene dêdamêling ringgit, kados ta: dhuwung, jêmparing, bindi, sapanunggilanipun, limrahipun namung kasèlèhakên wontên ing sangajênging dhalang kemawon.

Iringing kothak ingkang kaprênah ing sakiwanipun dhalang cakêt, kacanthelan kêprak, dene patrapipun andhalang, sarta kawontênanipun rêrangkèning andhalang, kados ta: padupan, bokor, sajèn sapanunggilanipun, botên pêrlu kula cariyosakên ing ngriki, kados sadhengah tiyang Jawi sampun sami sumêrêp, dene

--- 62 ---

ingkang langkung pêrlu badhe kula cariyosakên ing ngandhap punika bab umuripun ringgit purwa.

§ 2. Umuripun Ringgit Purwa

Miturut sêrat Jawi ringgit purwa punika ingkang dipun gambar saha dipun estha wujud saha lêlampahanipun dewa ajêjuluk: Bathara Guru tuwin para dewa sanèsipun, punapadene para widodari, para ratu, para satriya, para pandhita, para dênawa, para wanara, para punggawa sapanunggilanipun, ngantos dumugi gambar pêpêthan saha lêlampahanipun Prabu Jayabaya ing Mamênang, sarta para putra santana saha punggawanipun, punapadene ingkang sami nunggil jaman akalihan Prabu Jayabaya wau.

Mênggah wiwitipun wontên ringgit purwa punika miturut cariyos Jawi makatên. Ing nalika jumênêngipun Prabu Jayabaya ing Mamênang nuju ing taun suryasangkala: 861 karsa anggambar warnining para lêluhuripun, sarêng sampun dados kawastanan: wayang purwa, pandamêlipun gambar ngentha warninipun para dewa, para manungsa ing jaman purwa, punika [pu...]

--- 63 ---

[...nika] namung kacorèk ing papan rontal kawangun methok babonipun arca.

Nalika Radèn Panji Kasatriyan jumênêng nata wontên ing nagari Jênggala, ajêjuluk Prabu Suryamisesa, karsa mangun gambaring ringgit purwa kajujut dêdêg pangadêgipun, papanipun têksih rontal. Wiwit ing kala samantên ringgit purwa mawi têtabuhan gôngsa salendro, sarta mawi dipun suluki sêkar agêng, gambar wau mawi kawadhahan ing kandhaga, kangge pasamuwan agêng, ingkang andhalang Prabu Suryamisesa piyambak, ing nalika punika, ing taun suryasangkala pinuju ôngka 1145.

Ing sakêlêmipun nagari Jênggala, Prabu Suryamiluhur mangilèn jumênêng ratu wontên ing nagari Pajajaran, ajêjuluk Prabu Maesatandrêman, sarta karsa mangun wêwangunaning gambar ringgit purwa, miturut babon ringgit damêlan ing Jênggala, kajujut dêdêg pangadêgipun papanipun dalancang Jawi, ing nalika punika nuju taun suryasangkala 1166.

Nalikanipun Radèn Jaka Sêsuruh jumênêng nata wontên ing Majapait, ajêjuluk Prabu Branata, nuju taun suryasangkala [sur...]

--- 64 ---

[...yasangkala] 1283, mangun wêwangunaning gambar ringgit purwa, papanipun ing dalancang Jawi, kagulung dados sagulung kawêwahan ricikanipun, lajêng kawastanan: ringgit bèbèr. Punapa ingkang badhe kakocapakên gambar wau kagêlar, limrahipun têtabuhanipun namung rêbab, wontên ugi ingkang ngangge têtabuhan gôngsa salendro.

Ringgit bèbèr punika pêrlunipun kangge ngruwat tiyang kenging ila-ila, kados ta: tiyang mipis anugêlakên pipisan utawi gandhik, angrêbahakên dandang sapanunggilanipun, sadaya punika sampun kasêbut wontên ing pakêm pangruwat.

Ing sajumênêngipun Prabu Brawijaya kapisan ing Majapait, kacariyos kagungan putra wasis anggambar, anama Radèn Sungging Prabangkara, ingandikakakên mangun busananing ringgit bèbèr, pinantês kalihan pulas warni-warni, gambar wau kadhapur miring, sagolong-golonganing gambar sarta ing pungkasaning gulungan dipun sukani kajêng, supados manawi kabèbèr lajêng kenging katancêbakên ing pirantos kajêng ingkang mawi kabolong, ing sadangunipun kaucapakên [kaucapa...]

--- 65 ---

[...kên] sagêd tumancêb ing kajêng bolong wau, ing nalika punika nuju taun suryasangkala 1301.

Kacariyos ing nalikanipun Radèn Patah jumênêng sultan ing Dêmak, ajêjuluk Sultan Sah Ngalam Akbar, nuju ing taun candrasangkala 1437, têtiyang Jawi wiwit ngangge agami Islam, Kangjêng Sultan wau kasêngsêm ing karawitan tuwin ringgit bèbèr, sarèhning wujud gambaring manungsa punika mênggahing agami Islam dados cêgahing sarak, para wali lajêng sami biyantu mangun ringgit purwa wacucal, kala punika dèrèng mawi katatah, namung dipun dhasari gêrusan balung, dipun ulat-ulati ing pulas cêmêng sarta kadamêl miring, dênawa mripatipun kalih, dene ringgit ingkang sanès-sanèsipun namung kadamêl mripat satunggal, ringgit wau tanganipun irasan, mawi kagapit ing pirantos kangge nancêbakên, panatanipun kajèjèr urut andhap inggilipun kawastanan dipun simping.

Sunan ing Giri nganggit mêwahi kêthèk amripat kalih kados dênawa, sunan ing Benang nganggit ricikan liman, kapal tuwin parampogan. Sunan Kalijaga nganggit pirantosipun [pi...]

--- 66 ---

[...rantosipun] ringgit wacucal, kêlir, gêdêbog tuwin balencong.

Sultan ing Dêmak amêwahi parêdèn ingkang katancêbakên ing têngahing kêlir, sarta patrap panyimpingipun ringgit ing panggungan kiwa têngên, supados cêkapipun kangge ngringgit sadalu. Têtabuhan gôngsa pangringgitan salendro. Wondene ringgit bèbèr têksih kalampah dados têtanggapanipun têtiyang alit. Ing sapunikanipun ringgit bèbèr kenging dipun wastani sampun botên wontên, ing nalika punika nuju taun candrasangkala 1443.

Nalika jumênêngipun Radèn Trênggana ing Dêmak, nuju taun candrasangkala 1447, ajêjuluk Sultan Sah Ngalam Akbar kaping 3, karsa mangun wêwangunaning ringgit purwa, kabêdhah paraènipun sarana katatah kuping, mripat, sarta cangkêmipun, nuju ing taun candrasangkala 1477.

Ing nalika Sinuhun Ratu Tunggul ing Giri amakili karaton ing Dêmak, nuju ing taun candrasangkala 1480, karsa anganggit wêwangunaning ringgit purwa kasuda dêdêg pangadêgipun, ringgit èstri ngore rema, ugi mawi jamang [ja...]

--- 67 ---

[...mang] kalung anting-anting, kêlat bau kroncong campuran, ringgit jalêr wontên ingkang ngore, wontên ingkang gêlung, sarta inggih mawi prabot jamang sapanunggilanipun rajakaputran, dewa, dênawa, wanara sami kadhapur mawi cawêt kados rêca, saha nganggit pakêm lampahan ringgit, punapadene nganggit suluk sapiturutipun, prabotipun ringgit mawi kapraos, sarêng sampun dados kawastanan ringgit kidang kancana, ing nalika punika nuju taun candrasangkala 1478.

Ing nalika taun candrasangkala 1485, Sunan ing Giri karsa nganggit ringgit gêdhog, wandanipun mirid ringgit purwa, kabucal gêlungipun supiturang, sadaya ngangge dhuwung, busana anting-anting gêlang kalung têksih ngangge (ringgit gêdhog ing Ngayugya kadhapur ngangge udhêng), tanpa mawi dênawa sarta wanara, sabranganipun Prabu Kalana awadyabala Bugis, sami ngangge udhêng gilig, gancaring lêlampahan mirid cariyosipun sêrat panji, kadamêl pakêm lampahan ringgit sadalu, têtabuhanipun gôngsa pelog, sulukipun manut sêndhoning gôngsa, gangsal, nêm, barang,

--- 68 ---

namanipun garjitawatang, manggalatita,manggalagita. mijil utawi mêgatruh.

Kala ing taun candrasangkala 1486, Sunan Bonang nganggit ringgit bèbèr gêdhog, kangge nyantuni ringgit bèbèr purwa, tabuhanipun rêbab, kêndhang, trêbang, angklung, kênong, sarta kêprak, kalanturing pakêcapan dipun wastani: ringgit bèbèr, gangsanipun dipun wastani kathiprak.

Nalika Radèn Jaka Tingkir jumênêng sultan ing Pajang ajêjuluk Sultan Hadiwijaya, amarêngi taun candrasangkala 1503, karsa mangun wêwangunaning ringgit purwa pinantês busananipun para nata para satriya, para punggawa tuwin para wadya, sami kaestha kampuhan mawi clana, utawi kampuhan tanpa clana, kapêndhêt pantêsipun piyambak-piyambak, dênawa sarta wanara têksih mawi cawêt amripat kalih, para dewa lêstantun kados rêca miring tanpa rasukan, ringgit èstri rambutipun gendhong. Kawêwahan dêdamêlipun prang awarni: gada, bindi, alugora. Sadaya ringgit tanganipun têksih irasan, ingkang kadamêl babon wandanipun ringgit kidang kancana yasan ing Dêmak, kajujut sasigar

--- 69 ---

palêmahan, ing nalika wiwitipun ringgit purwa sarta ringgit gêdhog sami katatah gayaman, nuju ing taun candrasangkala 1505.

Sunan ing Kudus anganggit golèk mirit wandaning ringgit purwa, tuwin gancaring lêlampahanipun, têtabuhanipun gôngsa salendro pangringgitan, tanpa kêlir, namung mawi gawangan kadosdene pirantos sampiran sinjang, panggunganipun tanpa gadêbog, namung mawi kajêng kabolong, minôngka pirantos nancêbakên ringgit, pancèn kangge tanggapan ing wanci siyang. Anunggil taun candrasangkala 1506, Sultan ing Pajang mangun gancaring pakêm ringgit purwa saha ringgit gêdhog.

Kala Kangjêng Panêmbahan Senapati ing Ngalaga jumênêng ing Mataram, karsa mangun wêwangunaning ringgit purwa, babonipun ringgit ing Pajang, kajujut dêdêg pangadêgipun, sarta kagêmpur rambut dodotipun, kaestha limar utawi cindhe, sarta kapantês piyambak-piyambak, saha mangun wandaning Arjuna: jimat, wandanipun Bima: mimis, tanpa dodot, namung kaestha cawêt polèng, saha amêwahi

--- 70 ---

ricikaning ringgit, sato wana sasaminipun, kala samantên sadaya ringgit tanganipun têksih irasan, sarampungipun kaparingan sangkala mêmêt awarni dewa Bathara Guru nyêpêng têkên cis, ing wingkingipun katancêban umbul-umbul, sangkala ingkang makatên wau pikajêngipun: dewa dadi ngêcis bumi, têgêsipun ing taun 1541.

Kala jumênêng dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Prabu Anyakrawati ingkang seda ing Krapyak, karsa mangun wêwangunaning ringgit purwa, babonipun ringgit kidang kêncana, kajujut dêdêg pangadêgipun sasigar palêmahan, Arjuna wônda: jimat, Bima wônda: mimis, Suyudana wônda: jangkung, ratu dênawa wônda: barong, sawadya punggawanipun sami amripat kalih, tanganipun ingkang wingking taksih sami irasan, saha mêwahi dêdamêl dhuwung, jêmparing sapanunggilanipun bangsaning lêlandhêp, ing nalika punika ringgit wacucal wiwit sami kasopak bau lêngênipun, namung Bathara Guru ingkang têksih mawi tangan irasan, amargi minôngka pangemut-emut yasan ing Mataram sapisan, ing sarampungipun kaparingan sangkala mêmêt awarni dênawa mirunggan,

--- 71 ---

tangan kalih sami kasopak, mripat satunggal, nyangkêlit dhuwung, ing padhalangan kawastanan dênawa panyarèng, limrahing kathah winastanan dênawa cakil, awit kabêkta saking wujudipun dênawa wau siyungipun ing ngajêng awangun nyakil mêdal angungkuli lambe, artosipun sangkalan makatên wau: tangan yaksa tataning jalma, pikajêngipun taun 1552.

Sarêng ingkang Sinuhun Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma jumênêng ing Mataram, karsa amangun wêwangunaning ringgit purwa, Baladewa: wônda gègèr, Krêsna: wônda gêndrèh, Arjuna: wônda mangu, ringgit lanyapan dêdêgipun sangkuk, mripat kajaitakên, Sumbadra wangunipun: rangkung, Banuwati wandanipun: golèk, wandaning Sêmar: brêbês, wandanipun Bagong: gilut, wandanipun Petruk: jlêgong.

Namung dumugi samantên ingkang pêrlu kula cariyosakên bab wontênipun ringgit ingkang miturut ing sêrat ugêr padhalangan ingkang kangge limrahing Jawi, ing sapunika kula badhe nyariyosakên kawontênaning ringgit wau miturut ingkang kasêbut ing sêrat bab kawruh ringgit: Bidjdrage tot de kennis van het javaansche tooneel anggitanipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU.

--- 72 ---

Miturut ing sêrat karanganipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU, wontênipun ringgit purwa punika pancèn sampun sêpuh sangêt, ing sêsêratan Jawi kina pinanggih kathah ingkang nyêbutakên, sang sarjana Prophesor Kèrên (KERN) amratelakakên wontên ing karanganipun: KAWI STUDIENT kaca 9 nut 2 mênawi ing sêrat kidung: Arjunawiwaha ugi sampun nyêbutakên têtingalan ringgit, môngka Sêrat Arjunawiwaha panganggitipun wontên ing jamanipun Prabu Èrlangga (Airlanggha) inggih punika watawis ing salêbêting èkêtan taun mangandhap saking abad ingkang kaping sawêlas ing taun Ngisa.

Sêrat Kidung Arjunawiwaha, ing pada ingkang kaping 59, ingkang kawêdalakên dening tuwan R. FRIEDERICH Sêkar Sikarini (Cikharini) mriksanana: Wrêta Sancaya: Wrtta Sancaya ing pada 83, ungêlipun makatên: "Hananonton ringgit manangis asêkêl muda hidêpan / huwus wruh towin yan walulang inukir molah angucap / hatur ning wang trêsnèng wisaya malaha tan wihikana / ri tatwan yan maya sahana-hananing bhawa siluman"//

Hanonton ringgit saking pangandikanipun Dhoktêr G.A.J.

--- 73 ---

HAZEU têmbung ringgit ing babonipun mungêl: tringgit punika kagalih bokmanawi namung saking kêlintuning panyêrat kemawon, pancèn: ringgit.

Mênggah pikajêngipun pitêmbungan Jawi Kina ingkang kasêbut ing nginggil wau makatên: tiyang aningali ringgit punika lajêng wontên ingkang nangis, sumlêngêran, sarta prihatos ing manahipun, sanadyan sampun sami sumêrêp yèn ingkang tiningalan wau wantahipun, namung wacucal tinatah kadhapur tiyang sagêd-solah bawa sarta wicantên, ingkang aningali ringgit wau upaminipun namung kadosdene têtiyang ingkang angôngsa-ôngsa dhatêng kadonyan ingkang sarwa kanikmatan, têmahan ing sakala kataliwêng ing manah, botên sumêrêp manawi punika wayangan ingkang wêdalipun kados sêsiluman, utawi lugunipun namung kados sêsulapan kemawon.

Miturut ingkang kasêbut ing nginggil, têtela manawi wontêning ringgit wacucal sulaya kalihan ingkang kasêbut ing sêrat wêwaton Jawi ingkang kula pratelakakên ing ngajêng.

--- 74 ---

Ing sêrat kêkidungan: Wrêta Sancaya: (Wrtta-Sancaya) ingkang kawêdalakên dening sang sarjana Prophesor Kèrên (KERN) ugi nyêbutakên bab ringgit, dene sêrat piwulang kidung Wrtta Sancaya punika pandamêlipun watawis sampun kala têngah-têngahipun abad ingkang kaping kalih wêlas ing taun Ngisa, ing pada ingkang kaping 93, kasêbut makatên:

(Sêkar: Madraka, (Madraka))

'"Lwir mawayang tahên gati nikang wukir kinêliran himarang anipis / bungbung ikang pêtung kapawanan, yatêka tudunganja munyangarangin / pêksi kêtur salundingan ika kinangsyani pamangsul ing kidang alon / madraka Çabda ning mrak alango sawang pangidungnya mangrasi hati"//

Miturut pangandikanipun Prophesor Kèrên, kidung wau artosipun makatên:

Nalika samantên katingalipun sadaya maujud ing rêdi-rêdi makatên: sakathahing wit-witan kados ringgit, dene tumawênging mega ingkang ngramyang anaputi, èsthanipun kados kêkêlir, dêling ingkang sami growong katiyup ing angin [a...]

--- 75 ---

[...ngin] pêpindhanipun kados tudhungan ingkang ungêlipun anganyut-anyut manah, pamêlunging pêksi kêtur (puyuh = gêmak, Md.), kados saron sinêlanan kumandhanging cêngèripun kidang ingkang lamat-lamat ing pamirêng, dene ungêlipun pêksi mêrak ingkang sami ngigêl badhe lêlakèn kados kêkidungan sêkar Madraka.

Miturut pangandikanipun Prophesor Kèrên, ingkang dipun wastani tudhungan punika ing jamanipun kina, ungêl-ungêlan kangge ngringgit, bokmanawi sawarni suling.

Ing pèngêtanipun ingkang tumraping pada wau Prophesor Kèrên mawi ngèngêtakên ungêling kêkidungan ingkang kasêbut ing sêrat Jawi kina Baratayuddha (Bharata Yuddha) ingkang suraosipun angêplêki ingkang kasêbut ing pada wau. Dene Sêrat Bharata Yuddha punika ingkang iyasa Êmpu Sêdhah kala ing salêbêtipun taun Isaka watawis ôngka 1079 utawi ing taun Walandi ôngka 1157. Dene kêkidungan wau tumrap ing pada 664.

Ing sêrat H.S. anggitanipun Tuwan RAFFLES wontên ungêl-ungêlanipun makatên:

--- 76 ---

(Sêkar Sardula Wikridhita, amriksanana, Wrêta Sancaya (Wrtta Sancaya), ing pada 88) "Tekwan rit lwah ikang taluktak atarik saksat salunding wayang / pring bungbang muni kanginan manguluwung, yekan tudungnyangi ring / gênding stri nya pabandung i prasamaning kungkang karêngwing jurang / cenggeret nya walangkrik atri kamanak tanpantarangangsyani"// Mênggah pikajêngipun makatên:

Punapa malih ing lèpèn kodhok sami ngorèk, prasasat ungêling saron ingkang kangge ngringgit, dêling ingkang growong katiyup ing angin ungêlipun kados suling, (tudhung) ingkang ambarungi, pangorèking kongkang ingkang kêmirêng wontên ing songing rêdi esthanipun kados pangêliking pawèstri, pangêlikipun walang kêrèk ingkang ambarungi tanpa kèndêl, upaminipun kadosdene ungêling kêmanak.

Têmbung: cenggeret nya (cênggèrèt nya: cênggèrètipun) miturut Prophesor Kèrên dipun têgêsi: ungêlipun, ananging ing sawingkinging jarwanipun têmbung wau mawi sinung tôndha: ? karsanipun sang sarjana bokmanawi pancèn têksih ragi [ra...]

--- 77 ---

[...gi] sêmang-sêmang ing galih anggènipun anêgêsi. Ing jaman sapunika ingkang dipun wastani cênggèrèt utawi cênggèrètnong punika bangsaning kewan ibêr-ibêran saèmpêr walang, namanipun wau kabêkta saking ungêlipun: cênggèrèt, nong, dene ing nginggil kasêbut: cenggeret nya dados pikajêngipun ungêling walang kêmirêngipun inggih: cênggèrèt.

Kajawi saking punika ing Sêrat Tantu Panggêlaran inggih wontên ungêl-ungêlanipun bab ringgit, Tantu PanggêranPanggêlaran. (Tantu-Panggelaran) punika sêrat gancaran ingkang nyariyosakên bab tumitahing bumi, panganggitipun sêrat wau bokmanawi nunggil jaman akalihan nalika panganggitipun sêrat Jawi kina: Adiparwan (Adiparwan) inggih punika kala èkêtan taun saking abad taun Ngisa ingkang kaping sawêlas, mênggah ungêlipun sêratan ing Tantu Panggêlaran makatên:

'"Rêp saksana bhathara Icwara-Brahma-Wisnu umawara panadhah bhatara Kaludra (Kala-Rudra), tumurun maring madhya pada awayang sira, umucapakên tatwa bhathara mwang

--- 78 ---

bhathari ri bhuwana: mapanggung makêlir sira: walulang hinukir makawayang-nira, kinudangan panjang langon-langon.

Bhathara Icwara sira hudipan, rinaksa sira dê hyang Brahma-Wisnu; midêr sira ri bhuwana, masanggina hawayang, tinêhêr habandhagina hawayang. Mangkana mula kacaritanya nguhi.

Muwah pangawara bhathara Icwara-Brahma-Wisnu ri bhathara Kala, mindera ring bhuwana. Bhathara kala tininjonira, ijohijo molah ta sireng bale, lumawu-lawu hawaknira. Sang hyang Icwara dadiçwari, sang hyang Brahma dadi pede rat, hyang Wisnu dadi têkês, midêr mangidung hamen amen; tinêhêr bandhagina men-men ngaranya. Mangkana mula ning hanakandhagina men-men".

Sanadya ing sêratan wau pangandikanipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU, kathah sangêt pakèwêdipun anggèning nêgêsi, kajawi mawi kaparsudi malih ingkang satiti sarta kaudharan ukaranipun, jalaran saking kisruhing panyêrat, ewadene ingkang sagêd kacêpêng têgêsipun nyariyosakên bab tumêdhakipun para dewa dhatêng ing ngarcapada, inggih punika Bhatara Iswara (Siwah = Çiwah) Bhatara Brahma sarta Wisnu, sami angringgit, pirantosipun panggung

--- 79 ---

(gawang), kêlir, ingkang dipun damêl ringgit, wacucal tinatah, pirantos wau sami kabêkta ngumbara ing ngarcapada ing pundi-pundi dewa têtiga wau lajêng mitontonakên wayang (ringgit), saking cariyosipun ingkang nganggit Sêrat Tantu Panggêlaran, kala punika wiwitipun wontên ringgit purwa wacucal, miturut ing wêwaton sêrat Jawi ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, wiwitipun wontên ringgit purwa wacucal punika ing nalikanipun Radèn Patah jumênêng Sultan ing Dêmak, ajêjuluk Sultan Syah Ngalam Akbar, nuju ing taun candrasangkala 1437. Saminipun ing taun Walandi watawis nuju ing warsa 1515, yèn makatên kathah sangêt sulayanipun.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, ing sêsêratan wau ugi nyêbutakên têtingalan ingkang nama: mèn-mèn (men-men).

Ing pangrumatan sêrat-sêrat ing kitha Leiden panunggilaning sêrat-sêrat pisungsung saking Tuwan VAN DER TUUK wontên ingkang ngèmpêri ungêlipun pada ingkang kasêbut ing Sêrat Tantu Panggêlaran, ingkang kasêbut ing nginggil, nanging ugi wontên gèsèhipun, makatên ungêlipun:

--- 80 ---

'"Rêp saksana sang hyang Içwara-Brahma-Wisnu mangawarah tadahira Bhatara Kala, mangucapakên kacarita nikang bhuwana: mapanggung maglar ta sira, walulang, hinukir minaka-wayang, tinabêh-tabêhan, kinidhungan panjang langolangon-Bhatara Içwara sireng idêp, pratyaksa mwang bhathara Brahma-Wisnu, mindêr ing bhuwana, makagunanira wayang; hyang Içwara dadi Çwari, hyang Brahma dadi peret, hyang Wisnu dadi tkas, midêr mangidung ngamen-amen ta ngaranira. Mangkana mula ning hana mancagina??

Ananging bedanipun inggih mêksa botên patos sagêd damêl padhanging ruwêtipun pitêmbunganing sêrat ingkang kasêbut ing nginggil, malah mênawi katingalan sakêplasan kados-kados langkung kisruh tinimbang ingkang nginggil.

Ing sêratan Jawi Kina ingkang tumrap ing blebekan logam, ugi wontên pitêmbunganipun ingkang suraosipun anuwuhakên pangintên bilih ing jamanipun kina wontên sawênèhing têtingalan, ingkang dumuginipun ing sapunika botên sagêd kasumêrêpan, punika têtingalan punapa, punapa bangsaning ringgit ingkang kapitontonakên asarana [a...]

--- 81 ---

[...sarana] wayangan (layangan) punapa tiyang wêwantahan kadosdene topèng, para sagêd dèrèng sami andungkap.

Makatên malih blebekan têmbagi sakawan ingkang pinanggih wontên ing Bali, tumraping blebekan ingkang nomêr satunggil, sarta sampun katêdhak ing sêsêratan dening Dhoktêr VAN DER TUUK sarta Dhoktêr BRANDES ing lêmbaran ôngka 56, ing garis 1, wontên ingkang mungêl "hanabanwal atapukanaringgit" punapa malih ing ngriku nyêbutakên "men-men"§ Ing tanah Madiun têmbung: amèn, taksih kalampah sangêt, têgêsipun: ambarang tumraping ringgit talèdhèk. Makatên ugi manawi wontên ing radinan utawi ing panggenan sanès-sanèsipun ingkang kapetang rame, niyaganipun barangan punika ngungêlakên gêndhing sakêdhap saha sinindhenan ing talèdhèkipun minôngka tawi, inggih kawastanan: amèn, cara Surakartanipun: bèbèr. Ambokmanawi têmbung ngamên-amên kasêbut ing nginggil, nunggil têgês kalihan têmbung amèn ingkang samangke taksih kangge ing Madiun. Kintên-kintên têmbung wau lingganipun: ame, têgêsipun: dalêming, omyang, nglamong, tumrap dhatêng tiyang sakit sangêt utawi tiyang edan. Milanipun talèdhèk ambarang utawi bèbèr kawastanan: amèn, awit pratingkahipun mèmpêr tiyang andalêming. ingkang ugi kasêbut ing Tantu Panggêlaran [Panggê...]

--- 82 ---

[...laran] kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, blebekan têmbagi wau wontênipun sampun kala ing taun Isaka 980, saminipun ing taun Walandi 1058, manawi kapirid saking titimangsanipun, kenging katamtokakên yèn pikajêngipun têmbung: aringgit sami kalihan awayang.

Ing blebekan têmbagi, ing taun 782 Isaka, ingkang kawêdalakên sarta katêrangakên dening Prophesor Kèrên (KERN), ing bagian VI a wontên têmbungipun ingkang mungêl: juru barata (juru barata) miturut sang sarjana Prophesor Kèrên têgêsipun: dhalang, ananging miturut Dhoktêr G.A.J. HAZEU dèrèng wontên tôndha pasêksènipun ingkang nêrangakên punapa punika wau araning tiyang ingkang dados ringgit, punapa inggih dhalang, punapa bangsaning lêlucon, dene ing blebekan logam II lêmbaran 4a ingkang ngêwrat têmbung kawi, ingkang kawêdalakên dening Dhoktêr COHEN STUART, nyêbutakên têmbung: juru banyol (juru banjol) sarta ing blebekan wau ugi tumrap ing lêmbaran 6a nyêbutakên têmbung: aringgit [a...]

--- 83 ---

[...ringgit] abanyol (haringgit abanjol), malah ing têmbagi wau nyêbutakên titimangsanipun kala ing taun Isaka 762, ananging Dhoktêr Brandhês amastani têrang yèn wontêning titimôngsa wau botên lêrês, amriksanana: Tijdschr. Bat. Gen. XXXII p. 111. noot.

Yèn mêkatên sampun têtela sangêt mênawi ing blebekan-blebekan têmbagi kêrêp nyêbutakên têmbung: (h)aringgit (aringgit) ananging têmbung wau têka maligi botên sambêt akalihan suraosing sanès-sanèsipun, pramila têksih dèrèng patos têrang kangge anglaras kawontênanipun bab ringgit wau, ewadene mênawi mirid saking sêrat-sêrat kina kados ingkang sampun kawêdharakên ing nginggil, sampun têtela sangêt yèn wontêning ringgit ing tanah Jawi sampun kala ing abad ingkang kaping: 9 ing taun Walandi, sanadyan kala samantên kawontênanipun ringgit têksih sakêlangkung pasaja.

Kajawi ingkang kasêbut ing blebekan têmbagi, ingkang têksih dèrèng patos têrang wau, mênawi ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat kina, ingkang sampun kaandharakên ing

--- 84 ---

nginggil, kagêrba dados satunggil, lajêng sagêd angsal sêsêrêpan mênawi:

Ingkang sapisan, kala ing jamanipun Prabu Èrlangga (Airlangga), ing etangan taun Isaka 950, saminipun wiwit abad ingkang kaping 11, ing taun Walandi, ing karaton Kêdhiri, ingkang ing kala samantên sawêg nêdhêngipun kartaharja, sampun wontên têtingalan ringgit.

Ingkang kaping kalih, ringgit wau ingkang kadamêl wacucal tinatah (walulang inukir), sarta angwontênakên wayangan tumraping kêlir, dene ingkang ngocapakên tuwin nyariyosakên lampahaning ringgit, inggih ingkang nglampahakên.

Ingkang kaping tiga, kala ing jaman samantên wontêning ringgit pancèn mila sampun kina sangêt, ingkang nganggit Sêrat Tantu Panggêlaran ngantos sagêd amastani mênawi wontêning ringgit wau ing nalikanipun para dewa têksih sami ngejawantah wontên ing ngarcapada.

Ingkang kaping sakawan, kala ing jaman samantên kawontênaning ringgit, sampun kalimrah dados têtingalan sarta kasênênganing akathah, ngantos para pangarang sêrat-sêrat ngangge [ngang...]

--- 85 ---

[...ge] têmbung pangalêmbana, utawi pangrêngga kasêbut ing sêrat-sêratipun anggitan, pêpiridan saking ringgit.

Ingkang kaping gangsal, bokmanawi kala ing jaman samantên, ananging ingkang tamtu ing salêbêting abad taun Walandi ingkang kaping 12, têtingalan ringgit wau sampun mawi têtabuhan ingkang nama: tudhung, saron kamanak sapanunggilanipun (tudhung, saron, kemanak, etc).

Ingkang kaping nênêm, suraosipun cariyos têtingalan ringgit sagêd anrênyuhakên manahipun ingkang nonton, mila têtela bilih jaman samantên sampun wontên lakon ringgit warni-warni.

Mênawi kapirid saking kalimrahipun têtingalan ringgit kala ing jaman samantên, sarta mênawi kapara yêktos akalihan têksih pasajanipun kamajênganing têtiyang Jawi nalika ing jaman samantên ugi, saupami wontêning ringgit wau dèrèng lami sangêt, sampun mêsthi dèrèng dumugi kalimrah kados makatên, dados sampun têtela mênawi wontênipun sampun ing sadèrèngipun taun Isaka 950.

Mirid ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, amracihnani [amra...]

--- 86 ---

[...cihnani] mênawi cacriyosan Jawi ingkang kasêbut ing nginggil sarta ing karanganipun Tuwan C. Punsên (C. POENSEN) jaarg. 17 kaca 139 sarta ing karanganipun Radèn Mas Utaya, ingkang kangge wangsulan dhatêng patanyanipun Mistêr L. Sèrrurye (Mr. L. SERRURIER) bab ringgit warni-warni ing Aphdhèlêng Batang, Paresidenan Pakalongan, ing kaca 371, ingkang mratelakakên yèn ingkang miwiti iyasa ringgit punika Panji Inakêrtapati,Inokêrtapati (dan di têmpat lain). sulaya akalihan panglalar ingkang kasêbut ing nginggil wau. Sanadyan ing tôndha-tôndha saksi dèrèng wontên ingkang sagêd namtokakên jamanipun Panji Inakêrtapati, kalayan sampurna, ingkang sangêt misuwuripun tumraping cacriyosan Jawi, amriksanana panjurungipun Dhoktêr Brandhês ing Tijdschrift. Bat. Gen. XXXII. ing kaca 123 sarta 424, ewadene wontênipun Panji Inakêrtapati kenging katamtokakên sampun anyêlaki ing jaman Majapait tinimbang akalihan jamanipun Prabu Èrlangga (AIR LANGGHA).

Miturut ing sêrat pèngêtan wontênipun lêlampahan [lêlampaha...]

--- 87 ---

[...n] ing lampahan ringgit (wayangkroniek) ingkang kawrat wontên ing sêrat "De Wayang Poerwa" ing kaca 101 anggitanipun Dhoktêr L. Sèrrurye, ingkang miwiti nganggit ringgit purwa punika Prabu Jayabaya ing Mamênang, nuju ing taun Isaka 861, pandamêlipun namung kacorèk wontên ing papan rontal, babonipun arca, ingkang kagambar warnining para lêluhuripun, sarêng sampun dados kawastanan: gambar wayang purwa. Mênawi punika têksih nglugokakên wêwaton cariyos Jawi kados ingkang sampun kula sêbutakên ing nginggil, ananging miturut pamanggihipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU, cariyos wau pancèn lôngka, ingkang sapisan, dèrèng sagêd kasumêrêpan kalayan yakin, dhatêng asmanipun ratu kala ing jaman samantên, wêwah malih ingkang jêjuluk Prabu Jayabaya, punika ingkang sampun kasumêrêpan namung satunggal, inggih punika Jayabaya ing Kêdhiri ( Mamênang), ingkang madêgipun nata wontên ing salêbêting akiripun sapalihing abad kaping 11, ing taun Ngisa, ingkang wêkasan, bab Prabu Jayabaya kasêbut ing Wrêta Sancaya (Wretta-Sacaya)Wretta-Sancaya. kaca 5.

--- 88 ---

Miturut ing pamanggihipun Dhoktêr Brandhês, bokmênawi wontêning ringgit punika sêsarêngan akalihan wontênipun dêdamêlan ingkang kathah-kathah, kados ta: gôngsa (gamêlan), ngrumpaka kêkidungan tumraping lêlampahanipun piyambak, têgêsipun ingkang kalampahan ing tanah Jawi, dede pêpêthikan saking Indhu, anggarap bangsaning logam, kados ta: têmbagi, tosan (wêsi), sasaminipun nanêm pantun gadhu, sapanunggilanipun, watawis wontên ing salêbêtipun taun Isaka 700.

Kajawi mêndhêt wêwaton saking bab panandhing ingkang kasêbut ing Sêrat Arjunawiwaha ingkang sampun kasêbut ing nginggil, sang winasis Dhoktêr Brandhês anggènipun mastani yèn wontêning ringgit mila pancèn sampun kina-makina sangêt, punika kapirid saking pitêmbungan nama-namaning pirantos ingkang kangge ing ringgit, mênawi pitêmbungan wau kaandhahakên, tumrap sang widagda, saking pangandikanipun botên patos têrang wodipun, samênggah wiwit wontêning ringgit punika sampun wontên ing jaman têmbing ngriki kemawon, sampun têmtu kemawon pitêmbungan ingkang kangge ing ringgit, utawi [u...]

--- 89 ---

[...tawi] ing padhalangan, sami têmbung enggal, utawi mêthik saking namaning barang ingkang têksih sagêd kasumêrêpan, kados ta têmbung: wayang, ringgit, kêlir, blencong, kothak, dhalang, suluk, ada-ada, mênggah pinangkanipun (wod), têmbung-têmbung wau botên têrang, kados-kados punika kenging kadamêl pasaksèn agêng.

Mirid saking bab ingkang kapratelakakên ing nginggil, saking panggalihipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU, kenging katamtokakên yèn wiwitipun wontên ringgit ing tanah Jawi watawis ing taun Isaka 800, malah sagêd ugi ing sadèrèngipun, dene kawontênanipun ringgit kala ing jaman samantên, ingkang pêrlu-pêrlu sami kalihan kawontênanipun ringgit ing jaman sapunika, inggih punika badhenipun: wacucal tinatah, wawi kêlir, sarta blencong sapanunggilanipun.

§ 3. Asalipun ringgit Wacucal

Miturut pangintênipun Tuwan CRAWFURD, asalipun ringgit wacucal punika pamanggih Jawi lugu, ananging Tuwan

--- 90 ---

POENSEN amastani yèn pangintênipun Tuwan CRAWFURD wau ragi kêlantur, dene pamanggihipun Tuwan HAGEMAN mriksanana J. HAGEMAN "Handleiding tot geschiedenis van Java" I kaca 47, amastani yèn ingkang amuryani damêl ringgit wacucal punika Radèn Panji Inakêrtapati ing salêbêtipun abad ingkang kaping 13 ing taun Walandi, sawêg rêja-rêjanipun tanah Jawi sarta nêdhêngipun misuwur dhumatêng sanès nagari, pamangih punika sampun ragi anyakêti kalihan lêrêsipun, dene kalintunipun sampun kaandharakên sarana pasaksèn ing nginggil.

Tuwan POENSEN amastani kasêbut ing anggitanipun ing kaca 143, mênawi wontênipun ringgit wacucal ingkang kawitan ing tanah Jawi punika saking panuntun sarta pitulunganipun bôngsa Indhu, tiyang Jawi aniru dêdamêlan Indhu.

Miturut anggitanipun Prophesor Phèt (amriksanana VETH JAVA I kaca 451) kasêbut makatên: botên ngêmungakên gôngsa kemawon ingkang botên kenging dipun selaki mênawi punika tôndha pasaksèn bab kamangsudaning [ka...]

--- 91 ---

[...mangsudaning] kawruhipun bôngsa ingkang sampun inggil sêsêrêpanipun, makatên malih ringgit wacucal. Mirid saking têtêmbungan punika kados-kados Prophesor VETH ugi kagungan panggalih yèn ringgit wacucal punika asalipun kawruh Indhu.

Prophesor NIEMANN amêwahi ing wêkasaning sêrat anggitanipun Tuwan C. POENSEN makatên. Sampun botên mawi sêmang-sêmang malih yèn ringgit wacucal punika asalipun saking Indhu.

Miturut ing pamanggihipun Dhoktêr Brandhês, ringgit wacucal punika asalipun dede têtuladan saking kawruh Indhu, tandhanipun ingkang kapisan, têtingalanipun ringgit tiyang Indhu sanès warni, ingkang kaping kalih, pitêmbungan ingkang kangge ing ringgit punika Jawi lugu, dede Sangskrita.

Ingkang kasêbut kangge ing ringgit punika dede ingkang kangge ing padhalangan, kados ta pirantosipun andhalang: kêlir, gawang, cêmpala, sapanunggilanipun, dene cariyosipun ingkang kangge ing padhalangan, mênawi kamanah kalihan kawontênaning cariyosipun tamtu kêlintu,

--- 92 ---

jalaran rumiyin wontênipun cariyos ingkang kangge ing padhalangan tinimbang wiwit wontênipun ringgit ingkang sampun kasumêrêpan, pamrila wiwit wontênipun ringgit, botên kenging kapirid kalihan wontênipun cariyos ingkang kalampahakên ing padhalangan. Mila ta karsanipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU, ing sêsagêd-sagêd ingkang rumiyin kêdah kaupadosakên asalipun pitêmbungan ingkang kangge ing ringgit asarana katandhing, punapa Jawi lugu, punapa cêcangkokan pitêmbungan saking ngamônca, ingkang kalaras dhatêng Dhoktêr G.A.J. HAZEU punika ingkang adhakan sarta tamtu kangge ing ringgit wau botên nate katilar, nandhakakên yèn têmbung-têmbung ingkang mêsthi kasarambah wau tamtu kanggenipun sampun wiwit ing jaman kina mila kados ta:

1. Têmbung: Wayang, artosipun ing têmbung Jawi: wayangan, utawi layangan, ing têmbungipun Malayu: bayang, utawi limrahipun: bayang-bayang, artosipun: wayangan, layangan, sumamar, rêmêng-rêmêng, grêmêng, rêpêt-rêpêt, cêmèmrèng, nrawang, lêlêmbat, ing têmbung Acih: bayêng,

--- 93 ---

artosipun: wayangan, layangan, têmbung Bugis: wayang, sarta: bayang, artosipun wayangan, layangan, rêpêt-rêpêt, têmbung Bikol miturut pangandikanipun Prophesor Kèrên, baying = barang utawi nrawang. Pinangkanipun (wod) têmbang: wayang punika: yang, sêlang-sêlingipun wod wau: yung, yong, sapanunggilanipun, kados ta ing têmbung: layang (nglayang) = yang, dhoyong = yong, reyong = yong = reyong-reyong, utawi: reyang-reyong = tansah alihan panggenan mawi ambêbêkta, poyang-payingan = bingung, kisruh, bawur, puyêngan bibrah nalaripun, saking lingga: poyang, wodipun: yang.

Miturut panandhinging têgêsipun têmbung-têmbung ingkang wodipun saking: yang, sapanunggilanipun wau, têtela mênawi luguning têgêsipun wod: yang, yung, yong, punika = ebah awongsal-wangsul, botên têtêp, ewah gingsir, nglayang, rêpêt-rêpêt, sumamar, botên ajêg, pangajêng: wa(wa) [wa...]

--- 94 ---

[...(wa)] ing jaman sapunika tumrapipun ing paramasastra sampun botên kangge sarta botên anggadhahi daya dhatêng têmbung ingkang dipun pangajêngi, ananging tumrapipun ing jaman kina têksih wontên tilasipun yèn pangajêng: wa (wa) wau pancèn anggadhahi daya, kados ta: ingkang pinanggih ing têmbung: wahiri (wahiri) artosipun: mèri, drêngki, èpèh, srèi, mênawi katandhing kalihan Day (?) bahiri (bahiri), yèn makatên têmbung Jawi: wayang artosipun: mlampah wongsal-wangsul = wira-wiri, botên manggèn têtêp, sumamar, rêmêng-rêmêng, dados têmbungipun aran ugi: wayang saha wayangan. Pangrimbagipun têmbung ingkang makatên wau tamtu sampun wiwit ing jaman kina, ing nalika aksara purwaning lingga (pangajêng): wa (wa) têksih anggadhahi daya kadosdene atêr-atêr.

Dhoktêr G.A.J. HAZEU mawi mratelakakên manawi têmbung: hyang (hyang) ( = roh, suksma, dewa, Allah), inggih saking wod: yang. Miturut sêrat bausastra têmbung kawi Bali karanganipun Dhoktêr VAN DER

--- 95 ---

TUUK artosipun: hyang (Bat: iyang) lêrêsipun: lêluhur, saminipun ing têmbung Jawi, eyang (eyang), (eyang-eyang), dene anggènipun Dhoktêr VAN DER TUUK nandhing têmbung: hyang, kalihan: eyang, punika nandhakakên mênawi pangajêng (aksara purwaning wanda): ha (h) botên kaanggêp panunggilaning wod, yèn mêkatên wodipun têmbung: hyang, punika: yang, ing nginggil sampun nyêbutakên mênawi wodipun wau ingkang limrah atêgês: ebah awongsal-wangsul, wira-wiri, nglayang, dados yèn makatên têmbung: hyang (hyang) kenging tinêgêsan: ingkang botên manggèn têtêp, anglayang, awit saking punika atêgês ugi: suksma, roh, alus, (alusipun) ingkang nglayang, ingkang midêr, nglambrang, dados artosipun kenging kaparinci kalih, ingkang kapisan, suksma, roh, Allah, ingkang kaping kalih, tiyang ingkang sampun ajal (lêluhur), mênggah gêgayutaning têgêsipun têmbung wod: yang, punika manawi dipun andhahakên dados: hyang, kalihan: wayang, wontên èmpêripun,

--- 96 ---

kados ta: layangan (wayangan), suksma, roh, lêluhur, ananging bab punika sêpên tôndha saksinipun. Sarèhning ringgit wacucal (wayang) punika angawontênakên wayangan (layangan), pramila kanamakakên: wayang, dene: awayang utawi amayang, ing kala kinanipun, ing sapunika lajêng atêgês: amayang utawi mayang = ngringgit, lami-lami: wayang, lajêng kalimrah dados namanipun ringgit wacucal. Saya lami sarêng ringgit wacucal dados têtingalan kalimrahakên ing ngakathah, têmbung: wayang (ringgit) wau lajêng kangge namaning têtingalan ingkang ngemba wêdaling lampahan ringgit wacucal purwa, kados ta: ringgit golèk, bèbèr, gêdhog, ringgit tiyang, malah sapunika wontên ingkang mastani: wayang topèng.

2. Kêlir, têmbung: kêlir anggadhahi têgês: aling-aling, warana, slintru, tawing, sadaya têmbung ingkang mawi wod: lar, lir anggadhahi têgês: gumêlar, jumèrèng, yèn makatên: kêlir anggadhahi têgês: ingkang kagêlar utawi ingkang kajèrèng, [kajè...]

--- 97 ---

[...rèng,] dene sapunika: kêlir, atêgês: warana, utawi aling-aling, sampun piridan saking dening kêlir, kadamêl aling-aling, utawi warana tumraping ringgit wacucal, amriksanana ing anggitanipun Prophesor VREEDE, bab: lar, lir, kasêbut ing kaca 7.

3. Blencong, inggih punika dilah ingkang kangge ngringgit, sarta kacanthèlakên wontên ing sangajênging kêlir, ing jaman rumiyin blencong ingkang kadamêl têmbagi, utawi jênenan,jênean. mawi cucuk minôngka margining ucêng-ucêng ingkang kadamêl lawe, mênawi katandhing kalihan têgêsipun: balencong lampah ingkang botên lêrês, pencong, mencong, têlêncêng = ucêng-ucêng, èncèng = botên ngajêngakên lêrês, ngèncèng-èncèng = botên ngênêr lêrês, bèncèng = botên rujuk = bèncèng ing rzmbag, tzloncong = botên urus (nyimpang saking lêrêsing tatakrami), dados yèn makatên wod: cang, cèng, cong, punika anggadhahi têgês: botên lêrês (pênêr), blencong punika sami kalihan bencong, namung ingkang limrah kangge: blencong.

--- 98 ---

Sintên-sintêna ingkang sampun sumêrêp dhatêng wujudipun balencong, sampun tamtu lajêng mangêrtos mênawi nama wau mêndhêt saking wujuding ucêng-ucêngipun anggèning bangkêluk mangandhap (mencong).§ Têmbung blencong utawi balencong punapa sanès garbanipun kêmbung [têmbung]: bal kalihan encong. Bal utawi bêl têgêsipun: urub, kados ta ubal, têgêsipun, urub. Mubal, têgêsipun murub. Encong utawi èncèng têgêsipun: botên lêrês utawi botên jêjêg. Dados balencong kajêngipun: dilah ingkang urubipun ngèncèng-èncèng, sabab urubing balencong punika dhatêng ngajêng. Môngka dilah Jawi sanès-sanèsipun kados ta: clapak, colok, sapanunggilanipun urubipun manginggil.

3.Seharusnya 4 dan sêtêrusnya. Kothak punika gêndhaga wadhah ringgit, ingkang kadamêl kajêng sawarni pêthi nanging botên mawi kokot, utawi èngsèl, namung ing pinggiripun tutup mawi sinung têpi saèmpêr wêngku, mênawi katutupakên ing pêthinipun lajêng tumutup rapêt abên manis, tumumpang ing srikuning, inggih punika clowèkaning kothak, sarta kenging kabukak sarana kajunjung, punapa malih ing kothak mawi kasukanan èblèk wadhah ringgit.

Mirid saking têtandhinganipun têmbung: athak (athak-athak) [(atha...]

--- 99 ---

[...k-athak)] athik (athik-athik), pêthuk, mathuk, cathok. Têtela manawi wod: thak, thik, thuk sapanunggilanipun punika anggadhahi têgês: kenging, ngengingi, anggêpok, ing têmbung Sundha: kothak, sarta: petak, têgêsipun sami = kothakan sabin = sabin sakothak, mênawi katandhing kalihan têmbung Bali: petak, têgêsipun inggih kothakan, sami kalihan kothak.

Têmbung wod: thik, thak, thuk sapanunggilanipun punika anirokakên ungêling swaranipun tiyang nênuthuk, anggadhahi pikajêng: anggêpok, kados ta: ngêmèk, andêmèk, ngrakêtakên, nêpangakên, angguyubakên, gêgêpokan (abên pinggir) yèn makatên namaning kothak, pamêndhêtipun saking dening tutupipun gêgêpokan (abên pinggir) kalihan wadhahipun.

4. Kêprak, kêpyak utawi kêcrèk wodipun sami anggadhahi têgês nirokakên ungêlipun [ungê...]

--- 100 ---

[...lipun] suwara: kumrêcik, kumrapyak, kumropyak, inggih punika ungêlipun kêprak.

5. Dhalang, têmbung punika kajawi anggadhahi têgês tiyang ingkang padamêlanipun ngringgit, wontên ugi cêcamboranipun wêtah kêkalih ingkang anggadhahi têgês sanès, kados ta: banyak dhalang, inggih punika ampilan kaprabon ing karaton Surakarta, ing Ngayogyakarta, punapa malih: dhalang antêban miturut Bausastra, Kawi-Jav. Woordenboek. anggitanipun Tuwan WINTER têgêsipun: têtêngêring laki-rabi warni mas sêsotya, ananging têgêsipun punika botên sagêd damêl têranging panggalihipun Dhoktêr HAZEU, ewadene kenging ugi kaanggêb kadosdene ewahing rimbag, dwilingga langlang, ingkang têgêsipun sami kalihan têmbung Mlayu lalang = mubêng, midêr, lêlana, awit saking punika lajêng ngèngêti dhatêng pitêmbungan: ambarang wayang, inggih punika pandamêlanipun dhalang, midêr, mubêng, lumampah ambarang ringgit ing sapurug-purug (mriksanana sêrat kabar Bramartani ôngka 33, ing taun 1878).

--- 101 ---

Dados têgêsipun: dhalang, tiyang ingkang kesah sapurug-purug ambarang ringgit. Ananging bab punika dèrèng kenging dipun ugêmi, sawêg saking kintên-kintên kemawon, malah bokmanawi ing jamanipun kina dhalang gadhah nama sanès, utawi wontên namanipun piyambak.

Mirid ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, sanadyan dèrèng nyêkapi, ewadene kados-kados sampun têtela mênawi nama-nama wau pancèn sampun kangge wiwit nalikanipun ringgit têksih pasaja sangêt, punapa malih têmbung-têmbung sadaya wau botên namung saking basa Malayu Polinesi kemawon, malah kanggenipun tumraping namanipun barang-barang praboting ringgit, pancèn têmbung Jawi lugu, ingkang namakakên rumiyin inggih tiyang Jawi, pancèn inggih botên kangelan amratelakakên mênawi mèh sadaya namanipun prabot ingkang kangge ing ringgit, kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, inggih sami têmbung Jawi lugu. Miturut nutipun Dhoktêr HAZEU, ing wingking sadaya têmbung ingkang kangge ing namanipun praboting

--- 102 ---

ringgit badhe kapratelakakên tumrap ing tambahanipun sêrat punika.

Mênggah sanèsipun ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, ingkang asalipun saking têmbung Sangskrita punika: cêmpala, lêrêsipun Sangskrita: capala, artosipun: ingkang tansah ebah (rongèh, gorèh), gimir, gêmluwèh, sêmbrana.

Wontênipun têmbung: capala ing blebekan têmbagi ingkang kina-kina pancèn sampun kasêbut wontên ing pitêmbungan: wak capala, sarta asta capala (Oorkonde ing taun 795 Isaka, ingkang kawêdalakên dening Tuwan HOLLE. T.B.G. kaca 485) saking pangandikanipun Prophesor Kèrên, pitêmbungan wau têgêsipun: kasêsa ing pitêmbungan (kamisosolên), canggèh.

Miturut katêrangan saking Kudus ingkang katur Dhoktêr Sèrrurye (SERRURIER) wontênipun cêmpala punika pancèn dèrèng kina sangêt, kanggenipun ing kina pancèn botên tumraping ringgit purwa, tumraping ringgit gêdhog cêmpala ing Kudus kawastanan: tabuh kêprak, bokmanawi [bokma...]

--- 103 ---

[...nawi] ing kinanipun sangêt pancèn inggih dèrèng wontên namanipun, kajawi inggih namung tabuh kêprak, jalaran kanggenipun kalihan kêprak pancèn sampun sami kemawon.

Dene bab pandamêlipun ringgit wacucal, yèn mila kawruh Jawi lugu tandhanipun: badhe sarta pirantosipun ingkang kangge andamêl ringgit, sami asal Jawi tulèn, botên katunggilan asal saking sanès bôngsa. Punapa malih sami ngangge nama-nama Jawi, mênggah kanggenipun pasaksèn ing bab punika têtela yèn ingkang kasêbut ing sêrat anggitanipun Tuwan Phan dêr Sèis (VAN DER CHIJS: Catalogus DER ethnol afdeeling. v. h. Museum van 't Bat. gen. v. K. en W; Batavia 1880 p. 74-76) sampun nyêkapi, punapa malih mirid ingkang kasêbut ing anggitanipun Tuwan Phan dêr Dhus (VAN DER DOES, "Toestand der Nijverheid in de afdeeling Bandjarnegara" kasêbut ing Tijdsschr. Bat. gen. XXXVI p. 94 sqq).

Ing ngajêng sampun kapratelakakên pangandikanipun Tuwan Dr. BRANDES yèn ringgit Indhu punika beda sangêt [sa...]

--- 104 ---

[...ngêt] kalihan ringgit Jawi. Bôngsa Indhu punika ing sasumêrêpipun tiyang botên nate amitontonakên wêwayangan, dados masthi kemawon tontonanipun tiyang Indhu ingkang kalimrah ing kathah beda kalihan tontonan Jawi.

Bilih kamanah ingkang prêmati, kados sampun botên kenging pinaibên yèn têlêcêripun ringgit Jawi punika sanès têtuladan saking Indhu, awit ingkang sapisan: nama-namaning ubarampenipun wayang mèh sadaya têmbung Jawi kina, ingkang kaping kalih: kintên-kintên wontênipun ringgit Jawi punika sampun ing sadèrèngipun bôngsa Indhu ngêrèh têtiyang Jawi.

Wontên pitakenan malih makatên: punapa têtiyang Indhu kala ing jaman samantên ing sasêlot-sêlotipun botên tumut ambantu dhatêng pêncar saha indhaking saenipun ringgit sarta kawruh padhalangan. Pamanggihipun Dhoktêr HAZEU mênggah ing bab punika sampun sayêktos bilih makatên, nalika ing jaman samantên têtiyang Indhu ingkang sami dêdunung wontên ing Jawi Têngah sarta ing Jawi Wetan langkung kathah tinimbang ing Jawi Kilèn, ingkang ugi murugakên [mu...]

--- 105 ---

[...rugakên] kamajênganipun têtiyang Jawi nyakup dhatêng kawruh tuwin kagunan ingkang langkung inggil tinimbang kawruhipun têtiyang Jawi piyambak, ingkang kala samantên têksih langkung pasaja, makatên ugi dhatêng ing bab kawruhipun padhalangan sarta ringgit, pramila wontênipun ringgit wacucal ing Jawi Têngah sarta ing Jawi Wetan sampun sae, dene ing Jawi Kilèn ngantos lami têksih pasaja kemawon.

Kajawi têtiyang Jawi, ing satalatahipun tanah Indhia botên wontên kalimrahanipun têtiyang gadhah karênan ringgit wacucal, wontên ugi ing sawatawis panggenan, kados ta: ing Bali, ing Sumatra, ing Borneo, ananging sadaya wau, katôndha saking nama-namanipun, têtela têtularan saking kawruh Jawi, mula-mulanipun têtiyang Jawi ingkang ambêkta mriku, punapa malih tamtu botên wontên ingkang mabêni manawi wontên ingkang cariyos, yèn sami-sami têtiyang ing kapuloan Indhia ingkang manggih akal rumiyin piyambak damêl ringgit wacucal punika têtiyang Jawi.

Lah êmbokmanawi sumêrêpipun têtiyang Jawi dhatêng ringgit [ringgi...]

--- 106 ---

[...t] punika saking sanèsipun bôngsa Indhu. Mênggah bôngsa-bôngsa ingkang kala ing jaman kina sampun sarawungan kalihan bôngsa Jawi punika bôngsa Cina akalihan bôngsa Siyêm, dene bôngsa kêkalih wau inggih anggadhahi tingalan ringgit.

Prophesor G. SCHLEGEL nyariyosakên wontên ing karanganipun: "Chinesiche Brauche und Spiele in Europa" ingkang kawêdalakên wontên ing kitha Breslau kala ing taun 1869 mênawi wontênipun dolanan wayangan Cina ingkang sampun kasumêrêpan dening bôngsa Eropah miturut cariyosipun bôngsa Cina wontênipun sampun wiwit kala jumênêngipun Sang Prabu Wu, trahing Han, salêbêting taun 140 ing sadèrèngipun Nabi Ngisa kababarakên, mulabukanipun makatên:

Sang Prabu Wu, sawêg nuju sêkêl ing galih dening sedanipun salah satunggaling garwa pramèswari ingkang sangêt dipun trêsnani, lajêng wontên tiyang ingkang sowan ing sang nata, sarta kadugi andhatêngakên wayanganipun garwa ingkang sakalangkung dipun sihi wau, nuju ing satunggaling dalu tiyang wau

--- 107 ---

atrap kêlir ingkang kadamêl mori, ing sawingkingipun kêlir sinung dilah kathah. Sang nata ingkang sampun lênggah satata wontên ing salêbêtipun kêlir tumuntên priksa wêdalipun wayanganing garwa tumrap ing kêlir.

Kados punapa kemawon raosing galihipun sang nata, lêpatipun lipur inggih saya karônta-rônta.

Sanadyan cariyos ingkang kasêbut ing nginggil punika pancèn pêrlu tumrapipun ing panandhinging kawruhing ngabôngsa (Volken Kunde) ewadene botên wontên watonipun ingkang kenging kangge lêlandhêsan panganggêpipun pangintên yèn têtiyang Jawi manggihipun akal adamêl ringgit wacucal anon tiron saking bôngsa Cina, nadyan ing bab ingkang pêrlu-pêrlu ing kawontênanipun dolanan wayangan bôngsa Cina sami kemawon kalihan dolanan wayangan Jawi (ringgit wacucal), ananging kawontênanipun ingkang tumraping pirantos, utawi ing prabotipun, kathah sangêt bedanipun, pramila botên wontên tandhanipun babar pisan, yèn asalipun ringgit wacucal Jawi wau ing kinanipun cêcangkokan saking bôngsa Cina, lan malih

--- 108 ---

botên wontên pasaksènipun bilih ing jaman samantên sampun kathah bôngsa Cina angajawi ngantos caranipun tinelad ing bôngsa Jawi. Malah yèn miturut ing sêrat pèngêtanipun Tuwan W.P. GROENEVELDT "Notes on the Malay Archipelego and Malacca" (Vert. Bat. Genootschap XXXIX) sadèrèngipun Cina nama Phain dhatêng ing tanah Jawi (taun Walandi 414) ing tanah Jawi dèrèng wontên Cina satunggil-tunggila. Sarêng sampun lami antawisipun sawêg wontên bôngsa Cina sami angajawi. Punapa malih dolanan wayangan ing nagari Cina botên nate kalimrah sangêt, beda kalihan ringgit Po-téé-hi dados yèn makatên sampun têbih sangêt ing pangintên mênawi ringgit wacucal Jawi punika asalipun têtuladan, utawi pêndhêtan saking ringgit Cina, malah sampun botên môntra-môntra babar pisan.

Salêbêting taun 1894, wontên karangan ingkang kawêdalakên môngka wêwahanipun ("Supplement zu Band VIII") sêrat "Internationales Archiv fur Ethnografie" anggitanipun Dhoktêr F.W.K. MULLER anama sêrat:

--- 109 ---

'"Nang, Siamesische Schattensspielfiguren im Koniglichem Museum fur volkerkunde zu Berlin" karangan wau mawi gambar wayang pintên-pintên ingkang adi-adi lan mawi katêrangan cêtha, sarta anyariyosakên pakêm padhalangan, sêmpalan saking lampahan Rama (têmbungipun Siyêm, Ramakin), ingkang sakalangkung dipun rêmêni dening bôngsa Siyêm.

Punapa malih pangarang inggih nyariyosakên bab kawontênanipun ringgit wacucal ing nagari Siyêm, miturut pêrtalanipun Prophesor BASTIAN saking têmbung Siyêm, ingkang kawrat wontên ing sêrat anggitanipun anama: "Reisen in Siam im Jahre 1863" katranganipun punika wacucal lêmbu wêtahan, kaukir-ukir gambaran saha dipun complongi. Bilih gambar wau kasorotan dilah saking wingking, wayanganipun dhumawah ing kêlir. Dhalangipun kathah sangêt ingkang sami molahakên wacucal wau sarana kacènèng ngiwa sarta nêngên, tiyang kêkalih nyariyosakên lampahaning ringgit ingkang kawêdalakên, ingkang anggamêli tiyang gangsal, dene ingkang nandukakên lêlucon tiyang satunggal, ringgit wau anama: Ièn nang têgêsipun: dolanan [dolana...]

--- 110 ---

[...n] mawi wacucal. Prophesor BASTIAN nyariyosakên: bilih gambar-gambar wau namung kangge lampahan Rama kemawon, botên kenging kangge sanèsipun lampahan.

Dhoktêr Sèrrurye (SERRURIER) ugi sampun amratelakakên wontên ing karanganipun bab kawontênanipun ringgit wacucal ing Siyêm wau, sarta dipun tandhing kalihan ringgit wacucal Jawi, wusana pamanggihipun makatên: asal-asalipun botên kasumêrêpan têrang, lan botên mèmpêr yèn ringgit Jawi cangkokan saking ringgit Siyêm, utawi ringgit Siyêm têteladan saking ringgit Jawi, kalih-kalihipun wau sami gêgayutan nunggil asal, ananging bab punika dèrèng wontên wêwatonipun ingkang kenging dipun angge tôndha pasaksèn ingkang jangkêp, pramila têksih angajêng-ajêng karampunganipun panaliti ingkang sampurna ing wingking.

Saking pamanggihipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU punapa pangajêng-ajênging karampungan ingkang sampurna wau kadugi badhe kasêmbadan, punika nyumanggakakên, bokmênawi

--- 111 ---

inggih badhe pinanggih katêranganipun ing wingking, ananging wontênipun ing sapunika lôngka sangêt sagêdipun amutusi bab punika kalayan patitis.

Tumrap ing panaliti ingkang ngantos sampurna wau ingkang pêrlu kabudi: sapisan kawruh babadipun têtiyang ing Indhia wingking ingkang ngantos rowa, saking ngandhap minggah-minggah apêsipun ngantos dumugi ing taun Walandi 800 kaping kalihipun kêdah nyumêrapi ingkang kalayan patitis anggènipun sarawungan bôngsa Jawi lan bôngsa Siyêm ngantos pintên-pintên atus taun punika tumrap ing bab punapa lan sampun sapintên jêmbaripun, punapa malih kêdah dipun sumêrêpi bab basa sarta sêrat wêwaosanipun têtiyang ing Indhia wingking, môngka paniliti ingkang dados marginipun sumêrêp dhatêng sawarnining kawruh ingkang kasêbut ing nginggil wau sawêg tumindhak kemawon, dumuginipun ing sapunika angsal-angsalanipun panaliti sawêg sagêd nêrangakên, 1e mênawi kala kinanipun tanah Indhia wingking sampun têpang pasrawungan rame kalihan tanah Jawi, nanging sawêg ing taun pintên, utawi abad ingkang kaping pintên

--- 112 ---

punika dèrèng angsal katêrangan. 2e kawruh tatacara Indhu tumularipun dhatêng tanah Jawi kalihan Sumatra ingkang pêrlu ingkang kathah lajêngan kemawon saking Kamboja tuwin Cêmpa (Tjampa). 3e Sabakdanipun taun Walandi 500 angajêngankên taun 700 ing Kamboja (Kambodja) wontên lêlampahan ingkang murugakên kalimrahipun sêsêratan enggal, ingkang wujudipun sami kalihan aksara têmbung kawi ingkang kina piyambak ingkang tumrap ing blebekan têmbagi, inggih punika ingkang dipun wastani: Kawi-Oorkonden, ewadene dumugi sapriki pangintênipun sawênèhing tiyang yèn adat caranipun bôngsa Jawi ing jaman kina wulanganipun salah satunggiling bôngsa ing tanah Indhia wingking dèrèng kenging kaanggêp lêrês. Dene bab dhatêngipun ing tanah Jawi kawruh kagunan Indhu sawatawis mêdal ing Kamboja, punika dèrèng kenging kangge pasaksèn bilih lugu adat caranipun tiyang ing tanah Indhia wingking kapêncarakên dhatêng tanah Jawi. Kosok wangsulipun, kita inggih dèrèng sagêd amastani, manawi tatacara Jawi punika kacangkok dados tata caranipun [caranipu...]

--- 113 ---

[...n] tiyang Indhia wingking, jalaran kita dèrèng sagêd manggihakên katêrangan ingkang sah. Dene kawontênanipun ing jaman ingkang kantun, inggih punika kala ing jamanipun karaton ing Majapait, miturut wêwaton ingkang sampun pinanggih sarta kenging kapitados, botên angêmungakên sagêdipun para nata ing Majapait ingkang luhur-luhur karatonipun, ngêlar jajahan ngantos anglanjak dhatêng tanah Indhia wingking, malah ingkang pêrlu kacariyosakên ing ngriki, ing nalika samantên tiyang Jawi kathah ingkang dêdunung wontên ing tanah Malaka, sampun tamtu kemawon tiyang Jawi ing jaman samantên, sampun langkung inggil kawruh tuwin budi pangêrtosipun tinimbang têtiyang ngriku.

Anulari sêsêrêpan sarta tatacara ingkang langkung sae, bab punika sêrat babadipun têtiyang ing Malaka piyambak inggih nyariyosakên.

Prophesor BASTIAN nyariyosakên wontên ing karanganipun: Geschichte der Indo-Chinesen kaca 427, tanah Malaka ingkang sisih wetan sêmunipun kala rumiyin kaêrèh dhatêng tanah Jawi.

--- 114 ---

Kaca 461 mungêl: kagunanipun tiyang Jawi ingkang kapêncarakên wontên ing Malaka botên sami kalihan piwulang bab agami saking Selon. Wulangan Jawi ingkang kaprêlokakên bab pangulah praja, sêrat-sêrat babad kathah ingkang kawêwahan kalihan santunaning sêrat Sêkar Panji Inakartapati, lan sanès-sanèsipun cariyos wayang.

Adat cara ingkang sampun kina-kumina wontên talês-talêsipun ingkang anyalênèh, minôngka pangèngêt-èngêt yèn tanah Jawi sampun nate ngêrèhakên tanah Indhia wingking, kadosdene cariyosipun Prophesor NIEMANN kasêbut ing yasanipun sêrat babadipun bôngsa Cam, lan bôngsa sanèsipun ing tanah Indhia wingking: Sabên taun bôngsa Cam, bilih kalêrês tigang dintênipun saking sidhêkahan raja, andamêl têtingalan kajêng kaentha baita layar, ngangge wêlah lan wontên tiyangipun ingkang wicantên, yèn baita-baita wau dhatêng saking tanah Jawi lan saking nagari Cina prêlu nêdha pajêg dhatêng ingkang gadhah griya. Ingkang gadhah griya mangsuli: botên sagêd cara Jawi.

--- 115 ---

Punapa malih pitêmbunganipun têtiyang Indhia wingking inggih têksih katawis sangêt mênawi ing ngajêng mêndhêt têtuladan saking bôngsa Jawi, malah dumugi sapriki basa kadhaton ing Kamboja sarta ing Siyêm, inggih punika ingkang dipun wastani raksasab (raxasab) utawi basaning ratu, têksih kasrêmpilan têmbung-têmbung Jawi kathah.

Manut katrangan saking Dr. V.D. TUUK, Taalk, aanteek, Bij't Bataksch Leesboek lan Reise durch Kamboja karanganipun Prophesor BASTIAN punapa wêwulangan Jawi wau dhatêngipun ing Indhia wingking lajêngan saking tanah Jawi punapa mêdal Sumatra, punika botên prêlu kamanah malih, jêr Sumatra kala samantên inggih karèh dhatêng tanah Jawi.

Kajawi saking basa kadhaton, basa Siyêm ingkang kangge padintênan inggih kaworan têmbung-têmbung Jawi sarta Malayu ananging têmbung Siyêm ingkang kangge ing têmbung Malayu namung sakêdhik, kintên-kintên panganggenipun sampun jaman ngriki kemawon. Dene têmbung Siyêm ingkang kangge ing têmbung Jawi sapamirsanipun Dr. G.A.J. HAZEU namung wontên satunggil, [satung...]

--- 116 ---

[...gil,] inggih punika: bra utawi bhra = bra, têmbung lakhon, miturut ing pamanggihipun Tuwan POLLEGOIX artosipun têtingalan jogêd, pamanggihipun Dhoktêr VAN DER TUUK lakhon punika asalipun saking têmbung Malayu, Prophesor KERN amastani kados botên lôngka mênawi têmbung wau lugu lêlajêngan saking têmbung Jawi, pikajêngipun lêlajêngan botên mawi tumimbal saking Jawi dhatêng Malayu rumiyin lajêng dhatêng Siyêm.

Dene cariyosipun Tuwan Dr. SERRURIER bab panganggenipun tiyang Siyêm têmbung Jawi: lakon, katêrapakên ing wayang Siyêm, punapadene pamanggihipun Tuwan Dr. SERRURIER wau bab asaling tatacara Jawi manut pangintên-kintên, punika saking panggalihipun Tuwan Dr. G.A.J. HAZEU botên prêlu katêrangan malih, bilih: lakon, punika lugu têmbung Jawi, rimbagipun têmbung: laku sarana dipun panambangi: an. Sok tiyanga ingkang ngrêtos têmbung Jawi sampun botên mamang malih dhatêng bab punika. Dene sumêbaripun têmbung wau wontên ing Indhia wingking, awit saking têtiyang Jawi utawi

--- 117 ---

tiyang Malayu ingkang sampun dados Jawi sami angucapakên têmbung punika, utawi nyêbut têmbung lakon, kalanipun sami andhalang.

Ing nginggil nyêbutakên tanah Indhia wingking kalihan tanah Malaka, katêranganipun makatên.

Ingkang nama tanah Malaka punika peranganipun tanah agêng ing Asiah ingkang sisih kidul, utawi peranganipun pasitèn Banjarpanjang (Schiereiland) ing Indhia wingking, kosok wangsulipun ingkang nama Indhia wingking punika perangan sapalihipun tanah Indhu ingkang wetan, sarta ingkang alit piyambak, amêngkoni nagari Anam, Siyêm, Malaka, Birmah, pulo Andhamanên tuwin Nikobarên, punapa malih Singapura, dene perangan sapalihipun tanah Indhu ingkang kilèn, sarta ingkang agêng dipun wastani Indhia ngajêng inggih punika tanah Indhustan, Bênggala (Bêngalên) sapanungilanipun.

Ananging salah satunggaling sabab ingkang kadamêl lêlandhêsan ing pangajêng-ajêngipun Dhoktêr Sèrrurye (Dr. SERRURIER) ing bab katêrangan asalipun ringgit, ingkang kasêbut [ka...]

--- 118 ---

[...sêbut] ing nginggil, mêksa kaandharakên dening Dhoktêr HAZEU, miturut ingkang kasêbut ing karanganipun Dhoktêr SERRURIER bab ringgit purwa (De wajang Poerwo, een Etnologische studie door Dr. SERRURIER Leiden, Brill 1896) ing kaca 286-290 mêkatên suraosipun:

Ing Kamboja wontên ugi cariyos: Panji, kados ingkang sampun kaandharakên kathah-kathah dhatêng Tuwan J. MOURA ing karanganipun: Le Royaume du Comboudge" II. Dene têtelanipun mênawi ing Indhia wingking kathah cariyos Panji, katôndha saking ingkang kasêbut ing karanganipun Prophesor BASTIAN: cariyos Panji ing Siyêm ingkang anami: INAO, dene wontênipun lêlampahan sarta nama-nama ingkang kacariyosakên ing sêrat wau, wontên ingkang gèsèh kalihan ingkang kasêbut ing anggitanipun Tuwan J. MOURA, miturut Prophesor BASTIAN cariyosipun tiyang Siyêm piyambak bab pinangkanipun cariyos Panji punika makatên: Satunggaling tiyang èstri muslim nama: JANYAVO ambêkta cacriyosan wau dhatêng Krung-Kao (= Aynthia). Criyos wau [wa...]

--- 119 ---

[...u] lajêng kasantun ing têmbung Siyêm saking têmbung Jawi dening Pangeran Chao Kasat-Kri sarta kalimrahakên.

Têmbung: muslim, punika anèh pikajênganipun, miturut Tuwan PALLEGOIX muslim, têgêsipun sami kalihan têmbung Siyêm: Khêk, Jawinipun: mônca, kados ta: Khêk Melaju = bôngsa Malayu, Khêk Cham = bôngsa Cam, Khêk Thèt = bôngsa Malabar, Khêk Kula = bôngsa Indhu.

Pêrlu sangêt kasêrêpan têmbung: Khêk mu'ang = utusaning karajan mônca, (mu'ang = nagari, utawi: karajan), dados Khêk punika kinanipun atêgês: mônca, lami-lami têmbung wau atêgês: muslim, awit sami-sami tiyang mônca bôngsa muslim punika unggul pyambak.

Manut cariyosipun Prophesor DE GROOT dhatêng Dr. HAZEU, Khêk punika têtuladan saking têmbung Cina, awit têmbung wau ing FOEHKJEN (tanah Cina) têgêsipun: mônca, utawi: tamu.

Mênggah tandhanipun mênawi cariyos Panji asalipun inggih [ing...]

--- 120 ---

[...gih] saking cariyos Jawi punika nitik saking kawontênaning cêcangkokan têmbung Jawi ingkang kangge ing cariyos Panji ing nagari Siyêm, punapa malih ingkang kangge ing basa kadhaton, mênawi kataliti ingkang sayêktos lajêng sagêd kasumêrêpan bilih ing pitêmbungan wau kalêbêtan têmbung-têmbung ingkang ing pitêmbungan Jawi utawi Malayu botên nate kangge ing pawicantênan padintênan, ananging kathah ingkang kasêbut ing cariyos Panji Jawi utawi Malayu, punapa malih ingkang kathah kasêbut ing sêrat-sêrat waosan Jawi ingkang mawi têmbang.

Miturut ingkang kasêbut ing sêrat pratelan têmbung-têmbung yasanipun Dhoktêr VAN DER TUUK wontên têmbung sawatawis ingkang kangge ing sêrat Panji ing Siyêm, ingkang sampun ewah ungêlipun kalihan kanggenipun ing Jawi, kados ta: nakasari, kusuma, huninggan, papa aji, jang-nata, djiwa, sapanunggilanipun. Têmbung-têmbung wau wontênipun ing tanah Jawi mèh botên kasarambah ing pawicantênan padintênan, punapa malih têmbung inao miturut Dhoktêr VAN DER TUUK kanggenipun têmbung-têmbung wau ing sêrat cariyos Panji ing Jawi: ino.

--- 121 ---

Mênggah sumêrêpipun têtiyang Indhia wingking dhatêng têtêmbungan wau jalaran saking maos sêrat cariyos Panji. Sarèhning samangke ing Kamboja sarta Siyêm wontên sêrat-sêrat Panji ingkang cacriyosanipun saha nama-namanipun kathah ingkang cocog kalihan sêrat Panji têmbung Jawi sarta Malayu, dados sampun tamtu sêrat Panji ing Kamboja utawi ing Siyêm wau turunan utawi ewah-ewahan saking sêrat Jawi utawi Malayu. Mêkatên ugi Prophesor BASTIAN nyariyosakên ing karanganipun (Reise durch Kamboja p. 313) saking basa Jawi kasantun ing basa Siyêm.

Mênggah tôndha pasaksènipun malih miturut pamanggihipun Dhoktêr Brandhês, ngantos nuwuhakên pangraos mênawi mila nyata sangêt asalipun sêrat-sêrat cariyos Panji ingkang kalimrah wontên ing Kamboja punika asalipun saking tanah Jawi, botên saking Kamboja dhatêng tanah Jawi katitik dene nama-namaning tiyang dêlês nama Jawi lan panggèn-panggenanipun inggih sami wontên ing tanah Jawi. Ananging ing Kamboja bab ingkang makatên punika [puni...]

--- 122 ---

[...ka] botên wontên titikanipun. Kados ta: Kurepan (Koerepan = Koripan), Daha, Karang utawi Kalang (inggih punika Gêgêlang) Patara-kara (Patara-kara = Bathara Kala), Cindara, utawi: Cindarawati (Tjindara of Tjindara wati) (Candra = Côndra utawa Candrawati = Côndrawati) Xava karanipun tanah Jawi dening tiyang Siyêm (gêlang) dados khalang, widadari utawi Malayu bidadari dados apitari sintên ingkang sampun maos sêrat-sêrat cariyos Jawi kina sampun tamtu kemawon lajêng sagêd mastani manawi sadaya wau pancèn lugu têmbung Jawi, ingkang kêdalipun ing pamirêng nyêla tumraping pitêmbungan Siyêm, makatên malih têmbung araning tiyang: Bosaba (Bossaba) ingkang kasêbut ing karanganipun Tuwan MAURA, sanadyan kêdalipun kados dede têmbung Jawi, manawi dipun satitèkakên ingkang sayêktos, kacundhukakên kalihan ingkang kasêbut ing anggitanipun Tuwan Bastian (BASTIAN), lajêng katawis mênawi cêcangkokan saking têmbung Jawi lugu, ing ngriku kacariyos mênawi ratu ing Nagari (Myang) Karang (Gêgêlang) kagungan putra-putri kêkalih [kê...]

--- 123 ---

[...kalih] ajêjuluk: BUTSABA satunggalipun BUTSUBARAKA, awit saking kêdaling têmbung kêkalih punika lajêng kèngêtan dhatêng putri kêkalih ing sêrat Panji ingkang kalimrah ing tanah Jawi, satunggalipun anama: Puspa, satunggalipun: Pusparaga.

Manut sêrat pratelanipun Dr. V.D. TUUK tiyang Siyêm manawi ngucapakên têmbung kathah ingkang kalintu, kados ta: Patara, lêrêsipun Bathara, nakasari lêrêsipun nagasari, khalang lêrêsipun gêlang, apitari lêrêsipun têmbung Malayu: bidadari, makatên ugi burong bunga lan sanèsipun. Ing sêrat Panji têmbung Malayu: Mesa-Prabu JAYA kasêbut wontên satunggiling putri nama: PUSPA-KENCANA.

Punapa malih nama-namaning pangkat ingkang kasêbut ing karanganipun Tuwan BASTIAN kados ta: radang-montri, tamagong sarta tani, têtela mênawi salugunipun têmbung Jawi.

Mênggah sagêdipun angsal katêrangan ingkang langkung patitis malih, sampun tamtu kemawon kêdah kataliti ingkang satiti [sa...]

--- 124 ---

[...titi] sarana katandhing samôngsa sêrat-sêrat Panji ing Jawi, ing Malayu, ing Bali tuwin ing Kamboja sampun katêrangakên malih ingkang ngantos anjalimêt, ananging ing sapunikanipun, nitik kawontênanipun wêwaton ing nginggil, sampun kenging katamtokakên rumiyin, mênawi cariyos Panji ingkang kalimrah ing Kambodja sarta ing Siyêm, pancèn dede lugunipun cariyos ing tanah Indhia wingking, ananging cariyos ingkang asalipun lêlajêngan saking tanah Jawi, utawi mawi tumimbal rumiyin dhatêng tanah Malayu (Malaka). Prophesor NIEMANN inggih amastani mênawi cariyos Panji ing Indhia wingking lugunipun saking tanah Jawi.

Mirid ingkang sampun kasêbut ing nginggil, sapunika sampun têtela sangêt mênawi têtiyang Jawi ing kinanipun ing bab prakawis kawruh tuwin kagunan, botên pisan-pisan kableberan saking Siyêm utawi Kambodja (Indhia wingking) ngantos dumuginipun sapriki, malah-malah kala ing jaman Majapait, kados ingkang sampun kawêrtos ing nginggil, kajawi tanah Jawi tumut-tumut ing bab prakawis [prakawi...]

--- 125 ---

[...s] ingkang magêpokan pangrèh nagari, ing Kamboja inggih kableberan ugi kawruh tuwin kagunan saking tanah Jawi, kados ta bab: agami, têmbung-têmbung, sarta sêsêratan, dumugi sapriki têksih wontên tilasipun.

Sapunika amangsuli bab prakawis ringgit, têmbung: lakhon (= lakon = lampahan) ingkang limrahipun ing nagari Siyêm sarta Kamboja kangge mastani lampahan ringgit, nandhakakên mênawi panganggenipun têtiyang Siyêm utawi Kambodja dhatêng têmbung wau katularan saking têtiyang Jawi utawi têtiyang Malayu ingkang sampun dados Jawi, kados ta: têtiyang Siyêm utawi Kamboja mirêng ing têtiyang Jawi ing Malaka ngangge têmbung wau tumrap ing cariyos ringgit, utawi sumêrêp têtiyang Jawi ingkang dêdunung ing Malaka mitontonakên ringgit, ingkang ngangge têmbung: lakon, lajêng tiru-tiru, punapa malih têtiyang Siyêm utawi Kamboja sami mirêngakên cacriyosan lampahan Panji sawatawis, ingkang magêpokan sangêt kalihan cariyos lampahan ringgit Jawi (gêdhog).

--- 126 ---

Saking panggalihipun Tuwan Dr. HAZEU ingkang nelad ringgit punika tiyang Siyêm, dede tiyang Jawi, ananging sanès-sanèsipun pasaksèn ingkang ngiyatakên pamanggih makatên punika samangke sampun botên wontên, namung mawon Dr. HAZEU angèngêtakên, yèn karanganipun Tuwan MULLER (Siam, Schattensp. P. 25) anyêbutakên kanciek têmbung punika têtela sanès têmbung Siyêm, nitik wujud saha têgêsipun kados-kados punika têmbung Jawi: kancing, inggih punika: kancing gêlung.

Ing sêrat-sêrat Siyêm wontên têmbung: Krit punika manut pakêcapanipun tiyang Siyêm anggènipun ngungêlakên têmbung Jawi Malayu: kêris (mriksanana: v.d. TUUK Taalk. aant. Bat. Leesb. P. 210) ing sêrat wau têtela bilih pamanggihipun Ruwan Dr. SERRURIER bab pinangkanipun dhuwung, kalintu.

Ing wusana sapunikanipun amangsuli jawab pitakèn ing ngajêng, punapa asalipun ringgit (wayang) Jawi têtularan utawi cêcangkokan saking sanès nagari. Botên wontên tôndha pasaksènipun sakêdhik-kêdhika ingkang nuwuhakên [nu...]

--- 127 ---

[...wuhakên] pangintên yèn ringgit Jawi punika têtuladan utawi wêwulangan saking bôngsa ngamônca. Kosokwangsulipun bilih kawastanan ringgit wau lugu anggitan Jawi, punika sampun botên kenging pinaibên. Mênggah wontênipun nama-nama, wontêning pirantos ingkang kangge ing ringgit, botên wontên sulak-sulakipun cêcangkokan saking sanès nagari, sadaya dêdamêlan sarta reka Jawi lugu, punapa malih sampun tamtu kemawon sampun wontên sakêdhikipun sèwu taun ringgit wacucal punika dados pokokipun karênan Jawi, malah-malah gêgayutan ugi kalihan bab prakawis agaminipun tiyang Jawi ing jaman kina, mênawi nitik kalihan kawontênaning wêwatêkanipun ringgit, sarta kawontênanipun sampun cêtha sangêt mênawi lampahing ringgit punika wêdharipun tatacara sarta têtingalan Jawi lugu ing jaman kina, tôndha pasaksènipun bab punika badhe kasêbut wontên bab ing ngandhap.

Bab anggènipun bôngsa liya gadhah tontonan ingkang sairib ringgit Jawi, kados ta: tiyang Turki gadhah tontonan [to...]

--- 128 ---

[...ntonan] ingkang kawastanan: Karragos, punika botên kenging kangge pasaksèn, manawi ringgit Jawi punika têtuladaning têtingalanipun bôngsa liya wau utawi kosok wangsulipun, sabab sampun têtela sangêt, bilih barang-barang punika limrahipun anggitanipun tiyang kathah botên anggitanipun tiyang satunggil, anggènipun sami nganggit botên sêsarêngan utawi pirêmbagan ing sadèrèngipun, ewadene katarik saking kamajêngan, anggitanipun wau sagêd jumbuh. Para sarjana ingkang sami ambudi tatacaraning warni-warni bôngsa, sami anggadhahi pamanggih bilih indhaking sêsêrêpanipun bôngsa-bôngsa wau ingkang prêlu-prêlu utawi ingkang rèmèh-rèmèh mrika-mrika ênêripun sami kemawon. Wontênipun samangke pamanggih makatên wau sampun kêrêp karêmbag kalayan sakathahing pasaksèn ingkang gumathok lan kathah ingkang sami anglêrêsakên.

Nitik bab ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng wau sadaya, panjênênganipun DR. HAZEU sampun botên mangmang ing panggalih malih-malih amastani yèn têtingalan [têtinga...]

--- 129 ---

[...lan] ringgit punika lugu anggitanipun tiyang Jawi. Ewadene Tuwan DR. HAZEU anggalih: botên nama mustahil bilih ing têmbe wontên tiyang ingkang sagêd ambatalakên panggalihan wau sarana pasaksèn ingkang lêrês.