Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Asalipun Ringgit, Hazeu, 1915, #1112 (Hlm. 129-215)

Katalog:Kawruh Asalipun Ringgit, Hazeu, 1915, #1112
Sambung:
1.Kawruh Asalipun Ringgit, Hazeu, 1915, #1112 (Hlm. 001-129). Bahasa dan Budaya | Kagunan #826.
2.Kawruh Asalipun Ringgit, Hazeu, 1915, #1112 (Hlm. 129-215). Bahasa dan Budaya | Kagunan #827.

§ 4. Mulabukaning pikajênganipun ringgit wayang

Sintên ingkang sampun nyumêrapi bab kawontênanipun têtingalan ringgit wacucal, kathah ingkang amastani mênawi salugunipun punika botên sanès kajawi namung karênan ingkang magêpokan kalihan bab lampahing agami, punika pancèn botên anggumunakên mênawi sampun nyumêrapi yèn têtingalan ringgit ing Indhia sarta ing Yunani (Griekenland) punika tuwuhipun saking karamean tumraping agami, amêmule para dewa, utawi manungsa ingkang sampun sarira bathara. Têtingalan ringgit ing Yunani (Griekenland), punika tuwuhipun saking karamean mêmule Dionysos, dene ing Indhia tumrap dhatêng Wisnu, Krêsna.

Para maos sampun ngantos kalintu, ingkang karêmbag sapunika, punika ringgit ingkang kina piyambak, inggih punika [puni...]

--- 130 ---

[...ka] ringgit purwa. Dene sanès-sanèsipun ringgit punika nama susulan, dados botên kalêbêt ing rêmbag.

Kajawi saking punika Propesor Punsên (POENSEN) sarta sanès-sanèsipun sampun mratelakakên sabab warni-warni ingkang kenging kangge lêlandhêsan yèn lampahan ing ringgit ingkang kathah-kathah anggadhahi suraos pêndhêtan saking bab kawruhing agami, kados ta: ingkang tumrap ing rêrangkènipun, inggih punika wontênipun sajèn, ingkang botên kenging kantun mênawi pinuju ringgitan, wontênipun dupa mênawi miwiti ngringgit, panganggenipun rêrangkèn kina ingkang rèmèh-rèmèh botên kenging kantun, ringgitan ing wanci dalu, pikajêngipun: ing mangsaning rohipun tiyang pêjah utawi lêlêmbat sawêg sami ngumbara, punapa malih miturut caranipun kina sabên wontên tiyang gadhah damêl kados ta: mantu, puputan sapanunggilanipun mawi ringgitan, dene wontênipun sajèn, lêrês bibaring damêl lajêng kabêkta mantuk dening dhalangipun, ananging manut cariyosipun dhalang sampun ical raosipun, jalaran sarinipun sampun kapêndhêt dening badan alus, [a...]

--- 131 ---

[...lus,] dados namung kasaripun kemawon, punika ingkang dados pandumanipun dhalang.

Makatên malih ringgitan punika kaanggêp pandamêl sae katitik dene kenging kangge isarat panulaking awon, kados ta: nulak rubeda ingkang badhe andhatêngi, utawi kasangsaran ingkang badhe dhumawah ing badan, ingkang sampun katingal wontên ing ilapat, kados ta: tiyang nugêlakên gandhik, ngrubuhakên dandang, punika ilapat badhe dhumawah ing bilai dados têdhanipun Bathara Kala,§ Bokmênawi Bathara Kala sampun botên sêpta dhatêng ulamipun tiyang ing jaman sapunika, kêrêp kemawon kula sumêrêp juru adang kula ngrêbahakên dandang, botên dipun rêmbag, inggih botên punapa-punapa, mênawi ulamipun tiyang ing jaman sapunika anggônda têngik, dening sampun kêrêp nêdha mêrtega utawi lalap kèju. tiyang wau lajêng karuwat sarana ringgitan, prêlu anulak dhumawahing sangsara wau, utawi ringgitan punika ugi kangge pakaulan, kados ta: tumrap tiyang ingkang sakit sangêt, mênawi sagêd mantun mawi kaul ringgitan, utawi nanggap ringit, tiyang ingkang gadhah niyat punapa-panapa, mênawi sagêd kalampahan gadhah nadar ringgitan utawi [u...]

--- 132 ---

[...tawi] nanggap ringgit, sarta tumrap pakaulan sanès-sanèsipun, bab punika sadhêngah tiyang kados sampun nate sumêrêp piyambak, amila botên kenging kapaibèn, manawi sajatosipun ringgit punika gêgayutan agami. Samangke namung kantun nêrangakên dhasar saha asalipun ringgit, awaton saking kawruh bab lampah-lampahing agaminipun tiyang Jawi ing jaman kina sarta ingkang limrah kaangge dening bôngsa Malayu Polinesiah.

Miturut kapracayan ingkang waradin dhatêng bôngsa Polinesiah, sukmanipun têtiyang ingkang sampun pêjah, punika kaanggêp ingkang ambaurêksa dhatêng badan kita, sarta sagêd rumêksa tuwin mitulungi sanak sadhèrèkipun ingkang têksih gêsang wontên ing alam donya, murih wilujêngipun, sarta kadugèn ing sapanuwunipun, punika mawi kaosikakên sarana kêkidungan utawi rêrêpèn, punapa malih murih katarimah saha jinurungan panuwunipun, kêdah mawi ngatingalakên bêktinipun sarana sêsaji mêmule dhatêng ingkang sampun pêjah awarni têtêdhan sapanunggilanipun, ingkang dados pakarêmanipun nalika têksih gêsangipun [gê...]

--- 133 ---

[...sangipun] ingkang dipun mêmule§ Ingkang makatên punika dumugi sapriki têksih kalimrah, malah kula kêrêp sumêrêp, tiyang ingkang mêntas pêjah ing ngajênging tilas patilêmanipun mawi dipun sajèni pakarêmanipun ingkang pêjah, kados ta: têtêdhan, ombèn-ombèn, srutu sapanunggilanipun, beda kalihan ing kitha-kitha ingkang tiyangipun sampun sêsrawungan kalihan bôngsa Arab, utawi ingkang sampun ngangge cara luguning tiyang agami Islam, sasumêrêp kula mênawi milujêngi tiyang ingkang sampun pêjah, namung dipun tahlilakên, môngka pamuji wilujêngipun ingkang pêjah dene wontênipun kêndhuri namung minôngka pasugatanipun ingkang sami tahlil, dene wujudipun pasugatan namung sakajêngipun ingkang gadhah kajat, ingkang limrah sêkul gêbuli. utawi dhatêng para lêluhur katêmbungakên asung dhahar, asung dhahar ingkang sumare ing anu, môngka asung dhahar punika sawêg dhatêng kang sami ngêpang kêndhuri kemawon sampun kaanggêp ambarkahi, sabab alusipun tiyang ingkang sampun pêjah kaanggêp langkung kuwasa tinimbang kala gêsangipun, malah-malah alusipun tiyang pêjah kinintên asring manggèn wontên ing pucuking rêdi, ing kêkajêngan agêng ing guwa utawi sela.

Malah-malah dhatêngipun alusing lêluhur punika asring kabudi sarana ihtiar warni-warni, kados ta: mawi pêpujian, rêrêpèn, utawi kêkidungan, dinupanan, saha linuding gônda rum-arum lajêng sinunggata mawi têtêdhan ingkang miraos, utawi ingkang dados pakarêmanipun [pa...]

--- 134 ---

[...karêmanipun] ing nalika gêsangipun, punapa malih sinêgah sêsêgêran sarta kêmbang borèh ingkang wangi-wangi, utawi lajêng dipun kurmati mawi kêkidungan, utawi rêrêpèn, sanadyan dhatêngipun lêluhur ingkang sampun asipat badan alus wau lajêng botên têtêp manggèn wontên ing griya utawi pemahanipun ingkang andhatêngakên, sawêg dipun tuwèni kemawon sampun ngangkah punapa, tamtu badhe anjalari kabêgjanipun ingkang tinuwenan. Tiyang ingkang mèh kemawon manggih bêbaya, nanging sagêd lêpat, ing têmbung Jawi wontên bêbasanipun: dipun payungi lêluhur, pikajênganipun tansah rinêksa dening lêluhuripun, ing sanèsipun dintên tiyang wau asring lajêng mêmule dhatêng lêluhuripun, ingkang mratandhani gênging panuwun, sarta sagêda lêstantun rinêksa ing salaminipun kalis ing bêbaya.

Mênggah cipta ingkang makatên punika ing jamanipun kina anjalari pandamêlipun rêca-rêca, ingkang kakintên sagêd dados padununganipun ingkang rinêca, malah kathah kemawon tiyang ingkang lajêng gadhah rekadaya warni-warni tumrap ing rêca [rê...]

--- 135 ---

[...ca] wau murih sagêdipun kraos ingkang rinêca. Ing kapuloan Indhia Nèdêrlan kathah rêca-rêca ingkang makatên wau, kalêbêt ing Papuah, ing Seram, ing Kapuloan Kèi, ing Roti, ing Mindhanao (Philippijnen) tuwin ing Nias, sampun wiwit ing jaman kina mila para bôngsa sami gadhah reka damêl rêca, wujudipun warni-warni miturut ingkang dipun pikajêngakên, pêrlunipun sagêda dados satunggil kalihan ingkang rinêca, alusipun manggèn ing ngriku.

Miturut kapracayan ingkang kalimrah ing têtiyang ing jaman kina, suksmanipun têtiyang ingkang sampun pêjah ngatingalipun malih wontên ing donya, awujud wayangan utawi layangan, kapracayan ingkang makatên punika kalimrah dhatêng têtiyang Yunani (Grieken) sarta têtiyang Rum (Romeinen) ing jaman kina, sarta ing kapuloan Indhia Nèdêrlan dumugi sapriki têksih kathah bôngsa têtiyang bumi ingkang ngidhêp dhatêng kapracayan wau, ing pundi ingkang tiyangipun gadhah cipta kados ingkang kasêbut ing nginggil punika, lajêng katuwuhan pambudi sagêdipun adamêl pêpêthaning lêluhuripun [lêluhuri...]

--- 136 ---

[...pun] ingkang sampun abadan alus, sarta lajêng dados marginipun tiyang damêl pêpêthaning layangan utawi wayangan, inggih saking piandêl yèn angatingalipun lêluhur wontên ing ngalam donya punika awujud layangan utawi wayangan, awit saking punika tiyang lajêng gadhah pamanggih ngatingalakên wayangan utawi layanganipun pêpêthan wau asarana kêlir, inggih punika wiwitipun wontên ringgit, namung saking pambudi ngatingalakên wayangan utawi layanganipun para lêluhur.

Layangan utawi wayangan wau katingalipun wontên ing kêlir kêdah ingkang sampun ngantos mèmpêr saluguning blêgêripun tiyang, têtêpa mèmpêr layanganipun kemawon, pramila pandamêling pêpêthan tiyang, inggih punika ringgit wacucal, pating gêdhabyah, tangan irung sirah sapanunggilanipun, botên mèmpêr peranganing badan manungsa, awit ingkang kapêtha pancèn wujuding layangan utawi wayangan, botên mêtha wujuding tiyang gêsang, punapa malih botên saking botênipun sagêd adamêl pêpêthan tiyang tumrap ing wacucal, utawi saking pandamêlipun sapisan dumadakan botên [botê...]

--- 137 ---

[...n] mèmpêr kalihan wujuding rêca dêdamêlan Jawi utawi dêdamêlanipun bôngsa Malayu Polinesiah, ingkang kamajênganipun dhatêng dêdamêlan kala ing jaman kinanipun sangêt, sami kemawon kalihan bôngsa Jawi ing jaman samantên, pandamêlipun kados makatên wau mila dipun jarag, awit botên anggambar tiyang, ingkang kapêtha layangan utawi wayangan.

Ringgit punika gambaring wayanganipun para lêluhur sarta ngangge cirinipun tiyang jalêr. Mênggah pitadosipun tiyang Jawi sampun limrah ciri makatên punika manawi dipun katingalakên, kenging kangge nulak setan ingkang badhe angawoni, mila ciri wau botên kenging kasupèn, sabab manawi botên makatên, suksmaning para lêluhur botên sagêd mitulungi dhatêng turunipun ingkang têksih sami gêsang, milanipun sadaya ringgit wau sami ngangge ciri jalêr, kados ta: Sêmar, Petruk, lan sanès-sanèsipun, punapa malih ingkang prêlu pyambak katêrangakên panahipun Sêmar. Sarta malih ciri jalêr punika kenging kangge sarana supados tiyang sagêda sugih anak, dados ciri jalêr punika tumrapipun [tumra...]

--- 138 ---

[...pipun] ing ringgit kenging kawastanan wêwahan, ananging tumut anggadhahi kêkajêngan. Dr. SERRURIER sampun angarang sêrat ingkang nêrangakên bab pamalês, sêrat wau anyariyosakên yèn têtiyang Jawi ing jaman kina punika rêmên dhatêng tindak lêrês, lumuh dhatêng dosa, mila kalanipun taksih gêsang sampun sami nyiksa badanipun pyambak.

Limrahipun ringgitan punika ing wanci dalu, awit wanci wau kaanggêp mangsanipun suksmaning lêluhur sami ngumbara dhatêng pundi-pundi, ingkang ing samôngsa-môngsa ing wanci dalu kenging dipun dhatêngakên sarana ambêsêm dupa, rêrêpèn utawi kêkidungan, lajêng dipun sêgah têtêdhan utawi sajèn. Mila inggih botên nama anèh bilih têtiyang wau môngsa kala manawi pinuju manggih rêribêt, ngundang yitmaning lêluhuripun, sarta malih sarèhne yitma wau kaanggêp sakalangkung kuwasa sagêd asung bêgja sarta cilaka, mila dados pakaulan, malah sawênèh kaul, manawi sagêd kadugèn ing sêdyanipun, badhe ringgitan minôngka panarimahipun dhatêng lêluhur wau. Ing kinanipun ingkang ngringgit kapalanipun somah, pangringgitipun wontên satunggiling panggenan [pang...]

--- 139 ---

[...genan] ingkang pikantuk sangêt salêbêting griyanipun. Panggenan wau ngantos sapriki kawastanan: paringgitan. Ingkang nata sêsaji sarta amêmuji para kulawarganipun ingkang gadhah griya. Pracayanipun têtiyang ingkang mêmule utawi nyajèni, dede wadhagipun têtêdhan utawi sêgêr-sêgêran ingkang katêdha utawi kaombe dening bôngsa alus, namung gandanipun, dados alus trap-trapanipun inggih sami alus, wondene ingkang môngka pahargyaning dhatêngipun lêluhur ingkang sampun badan rokhani wau têtingalan ringgit (wayang), bokmanawi saking pamanggih kula piyambak (M.d) ngiras pantês kangge pasêmon, utawi pangèngêt-èngêt, yèn ngatingalipun para lêluhur ingkang sampun abadan rohkani punika awujud layangan utawi wayangan, amila têtingalanipun inggih adhapur layangan.

Ing salajêngipun sêrat karanganipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU nyêbutakên yèn têtingalan wayangan utawi ngatingalakên layangan punika cêkakipun kalêbêtakên dhatêng golonganipun bab lampah agami kala ing jaman kina.

--- 140 ---

Dumuginipun sapriki têtiyang Jawi têksih rêmên sangêt dhatêng têtingalan ringgit, kadosdene ingkang kapratelakakên dening Dr. HAZEU ing nginggil nalika nyariyosakên ringgit Cina, ing ngriku wontên ingkang kasêbut: sang prabu kapengin wuninga gambaring lêluhuripun.

Cariyosipun Prophesor VETH (Java I, pag 456) kalêbêt anèh, makatên cariyosipun, purwanipun têtingalan ringgit punika namung kapitontonakên dhatêng tiyang èstri kemawon, katitik nalar-nalaripun ingkang taksih kalimrah dumuginipun sapunika, yèn panggenanipun tiyang èstri wontên sawingking kêlir, panggenanipun tiyang jalêr wontên sangajêngipun kêlir sawingkingipun dhalang, awit ingkang kenging cacêlakan kalihan bangsaning suksma punika namung tiyang jalêr kemawon, dene têtiyang èstri namung kenging ningali wayanganing ringgit ingkang dhumawah ing kêlir kemawon. Tuwan DR. HAZEU anggalih katranganipun Prophesor VETH wau botên lêrês. Ananging pamaibènipun DR. SERRURIER sarana waton [wato...]

--- 141 ---

[...n] pitakenan gèk kadospundi sagêdipun tiyang èstri sumêrêp wayanganing ringgit saking sawingkingipun kêlir, manawi anggènipun ringgitan wanci siyang, punika inggih botên lêrês, jêr sampun têtela sangêt ringgitan punika ing kinanipun namung wanci dalu kemawon.

Dene manawi pranatan makatên wau manut adat cara Arab, ingkang kawastanan: arêm, têgêsipun ingkang kapingit, punika saya nglêngkara sangêt, awit wontênipun ringgit punika nalikanipun tiyang Jawi dèrèng paja-paja ngangge agami Islam.

Mênggah wiwit-wiwitipun kala ing jamanipun kina, ingkang kêdah ngringgit punika pangagênging kulawarga piyambak, lami-lami lajêng santun cara mawi milih tiyang ingkang pancèn sagêd anglampahakên ringgit, lami-lami lajêng kapatuhakên dados pandamêlanipun tiyang ingkang sami sagêd anglampahakên ringgit wau, ingih punika wontênipun dhalang.

Sasampunipun wontên dhalang lami-lami têtingalan wayangan utawi layangan saya majêng, ngantos dumugi wontênipun [wontênipu...]

--- 142 ---

[...n] pirantos, kados ta: ringgit (wayang), kêlir, balencong, sapanunggilanipun ingkang kangge andhalang, sarta ingkang magêpokan suraos, ingkang sêsangkutan bab lampahing cara ingkang ing kala jaman samantên kaanggêp suci.

Mênggah dhalang punika kêdah ingkang kadospundi, sarta sagêdipun majêngakên anggènipun andhalang kadospundi, dene ngantos sagêd miyambaki anggènipun anglampahakên padhalangan, pikajêngipun: dene bab anglampahakên padhalangan ngantos kalajêng dados kuwajibaning dhalang.

Miturut pratelanipun Radèn Mas Utaya ingkang kasêbut ing anggitanipun sêrat cariyos bab têtingalan ringit ing jaman sapunika, utawi ingkang kacublik wontên ing sêrat anggitanipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU ragi damêl padhanging panaliti dhatêng lugunipun bab maksuding kuwajibanipun utawi sêsanggêmanipun dhalang.

Radèn Mas Utaya mratelakakên mênawi sawênèhipun dhalang, bilih badhe andhalang wontên ingkang mawi lumêbêt ing sêngkêran rumiyin, ingkang dipun krukubi sinjang, lumêbêtipun ambêkta padupan ingkang sampun isi kutug [kutu...]

--- 143 ---

[...g] kumêlun kukusipun, sakèndêlipun talu sêngkêran lajêng dipun singkirakên, ing salajêngipun ki dhalang mapan wontên ing palinggihanipun sarta nyêpêng rêdèn (gunungan) tumuntên amiwiti andhalang, patrap ingkang makatên punika pêrlunipun namung kangge amblingêrakên ingkang ningali kemawon, supados kakintêna mênawi ing sadangunipun ki dhalang wontên salêbêting sêngkêran angsal wisikipun bôngsa alus ing bab pakêm padhalangan, ananging ingkang kathah botên nganggêp pangiming-iming ingkang makatên punika.

Makatên ugi Tuwan DR. SERRURIER dipun cariyosi tiyang ing Kêndhal, yèn ing ngrika wontên têtingalan ingkang kawastanan wayang setanan. Cariyosipun tiyang wau, sanadyan samangke caranipun dhalang: kutug, sinêngkêran, lan sinajenan, sampun kathah ewahipun, ewadene botên kenging pinaibên, manawi adat cara makatên punika kina-kinanipun gadhah pikajêngan pyambak, dados botên namung anèh-anehan kemawon.

Saking pamanggihipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU pratelanipun [pratela...]

--- 144 ---

[...nipun] Radèn Mas Utaya bab gêgayutan sarta patrapipun dhalang kados ingkang kasêbut ing nginggil wau sagêd dados ular-ular ing pangrêmbag ingkang sêsangkutan kalihan kawruh tatacaraning agami kina.

Bab panganggêping dhalang ing jaman sapunika, yèn patrap lumêbêt ing sêngkêran ingkang linuruban sinjang sarta ambêkta padupan ingkang kumêlun kukusipun, kados ingkang sampun kasêbut ing nginggil, namung môngka pangiming-iming dhatêng têtiyang ingkang ningali, supados pajêng pandhalangipun, bokmênawi inggih wontên lêrêsipun, ananging sarèhning kenging kadamêl mêmengin, punika tandhanipun mênawi ing kina pancèn sampun wontên kapracayan ingkang irib-iribanipun kados makatên, kados ta: ngajêngakên talu mawi lumêbêt ing sêngkêran rumiyin, sarta ambêkta padupan isi kutug ingkang kumêlun kukusipun, makatên punika angindhakakên ajining kang kapitontonakên, jalaran saking piandêl anggènipun ki dhalang sagêd salanggapan wiraos kalihan bangsaning roh.

Mênawi sampun nyumêrapi dhatêng patrap-patrap sarta sarananipun [sa...]

--- 145 ---

[...rananipun] para imaning agaminipun bôngsa ingkang têksih nêngênakên dhatêng kapracayan bab sêsawungipun tiyang badan wadag, akalihan ingkang sampun abadan alus, punapa malih ngèngêti dhatêng patrap-patrap sarta sarananipun parewangan sapanunggilanipun anggèning andhatêngakên rohipun tiyang ingkang sampun pêjah, utawi supados badanipun kaangslupana alusipun tiyang ingkang sampun pêjah wau, kados botên badhe kangelan sagêdipun analiti cara ingkang katindakakên dening dhalang wau, ingkang sapriki têksih wontên ingkang nindakakên, utawi ingkang tumindak ing jaman kina.

Karanganipun Prophesor Wilkên (WILKEN) ingkang kapêthik sawatawis wontên ing karanganipun Dhoktêr HAZEU anêrangakên kawruh bab andhatêngakên rohipun tiyang ingkang sampun pêjah, ingkang têksih tumindhak kangge dhatêng têtiyang ing kapuloan Indhia.

Sarana ingkang dipun angge dening bangsanipun tiyang ingkang kasêbut ing nginggil wau ingkang pêrlu: kutug utawi ambêsmi [ambê...]

--- 146 ---

[...smi] wangi-wangi sanèsipun, dene patrapipun: tilêman, utawi linggih botên ebah-ebah, rainipun katutupan mawi tangan, utawi kaaling-alingan sinjang, kajawi saking punika ungêl-ungêlan, kados ta: bangsanipun gôngsa, suling, sapanunggilanipun, punapa malih rêrêpèn, sêsindhenan, utawi jêjogedan, asring botên kenging kantun, pêrlunipun sawatawis kangge nênangi anjingipun nyawa, sawatawisipun minôngka tôndha manjingipun nyawa.

Ing sêrat anggitanipun Prophesor WILKEN ing kaca 444 nyariyosakên bab patrapipun parewangan ing Batak, ingkang têmbungipun Batak dipun mastani: si-baso, parewangan wau ing sadèrèngipun kaangslupan nyawaning tiyang ingkang sampun pêjah, mawi dipun kutugi rumiyin, ingkang kathah malah sirahing si-baso wau mawi dipun krukubi sinjang ngantos kangsrah ing siti, ing salêbêtipun lurub kasukanan padupan kangge angutugi. Têtiyang Alipuru (Alfoeren) ing Buru inggih gadhah cara ingkang sawatawis ragi mèmpêr kalihan ingkang tumindhak ing Batak wau. [wa...]

--- 147 ---

[...u.] Ing tanah Jawi inggih wontên tilasipun kapracayan ingkang makatên punika, kados ta: dolanan ingkang nama: sintrèn, punika mèmpêr-mèmpêripun inggih kados makatên wau, dene patrapipun: lare jalêr utawi èstri kalêbêtakên ing rinjing ingkang kakrukuban rapêt, têtiyang ingkang sami ngrubung rinjing lajêng sami têtêmbangan, rêrêpèn, utawi gêgamêlan, ngantos lare wau mêdal saking rinjing mripatipun pêndirangan, sarta lajêng jêjogedan, mênawi sampun sagêd makatên punika dipun wastani: sampun andados, ing wêkasanipun lare lajêng andhawah tilêm dening sayah. Mênawi sampun tangi sarta èngêt, sampun botên kèngêtan dhatêng patrapipun kala wau. Sanadyan sintrèn punika ing sapunikanipun namung dados dolanan, ananging punika tilasipun kawruh andhatêngakên utawi nganjingakên nyawanipun tiyang ingkang sampun pêjah, punapadene bôngsa lêlêmbat. Ing têmbung Jawi punapa botên kenging kula wastani kawruh kasurupan (shamanisme) awit mênawi kasurupan ing dhêmit utawi lêlêmbat awon, dipun wastani karanjingan, ingkang

--- 148 ---

wontênipun ing tanah Jawi sapunika sampun mèh ical. Ingkang makatên punika botên nama anèh, jalaran kathah kemawon dêdolanan ingkang yêktosipun tilasing karamean ing agami kala ing jaman kina. Makatên ugi ing nagari Walandi, kathah kemawon dêdolanan ing jaman sapunika ingkang kayêktosanipun tabêting karamean ingkang ing kinanipun kangge ing agami. Ing pulo Bali kawruh kasurupan (shamanisme) têksih kêlimrah.

Mênggah têtelanipun mênawi ing tanah Jawi kala ing kinanipun parewangan tumut-tumut magêpokan dhatêng bab agami, utawi mênawi têtiyang Jawi ing jamanipun kina têksih agêng piandêlipun dhatêng tiyang kasurupan, pinanggih tôndha pasaksènipun kajawi wontên ing tatacara ingkang ngatawisi tilas-tilasipun kawruh kasurupan sawatawis, ugi pinanggih wontên ing nama-nama ingkang dipun angge mastani tiyang kasurupan dening bôngsa warni-warni ing kapuloan Indhia, Nèdêrlan, mêkatên malih ing sêsêratan Jawi kina ingkang tumraping blebekan têmbagi, nyêbutakên nama-nama ingkang nuwuhakên ing pangintên bokmênawi [bokmê...]

--- 149 ---

[...nawi] ing kinanipun kangge amastani padamêlan ingkang katindakakên dening bangsanipun têtiyang kasurupan, kados ta: pandamêlan juru pêthèk, kasurupan, nujum supênan, dhukun jampi sapanunggilanipun, upaminipun kados ta: ingkang pinanggih ing sêsêratan têmbung: widu, ingkang kêrêp sêsambêtan makatên: widu mangidung, sarta têmbung: waliyan, sanadyan têgêsipun punika dèrèng gumathok, ananging namtokakên mênawi: waliyan punika nama ingkang gêpokan bangsaning parewangan. Ing sêsêratan têmbung Jawi ingkang tumrap ing têmbagi ingkang kaklêmpakakên dening Dhoktêr COHENSTUART wontên têmbungipun: pawidu, pawaliyan, tuwin: waliyan, punapadene: widu mangidung, utawi malih ing blebekan têmbagi ingkang sêpuh piyambak sami-sami ingkang pinanggih ing Jawi wetan, sarta miturut Dhoktêr Brandhês sampun têrang mênawi titi mangsaning têmbagi wau taun Isaka 795, ing ngriku inggih nyêbutakên têmbung: Kdi walija (n) widoe mangidoeng ing blebekan têmbagi ingkang katêrangakên dening Prophesor Kèrên, mawi titi môngsa taun 782 Isaka, inggih wontên têmbungipun: [têmbung...]

--- 150 ---

[...ipun:] widu mangidung, kêdhi, sarta: waliyan, pikajêngipun têmbung: widu mangidung, sami kalihan pitêmbungan ingkang limrahipun ing Batak dipun wastani: si-baso marende kêdhi punika miturut Prophesor Kèrên têmbung Jawi kina,§ Sanadyan ing jaman sapunika têmbung: kêdhi, inggih têksih limrah kaangge, têgêsipun: botên nate anggarapsari. wong kêdhi artosipun: tiyang estri ingkang botên anggarapsari, tiyang wadat, môngka tiyang èstri ingkang dados parewangan punika ingkang kathah wadat.

Mênggah pandamêlanipun parewangan punika ing jamanipun kina namung amêdharakên cariyos pangandikanipun para dewa utawi ingkang kalanipun jaman samantên inganggêp Allah, ananging lami-lami kajawi pandamêlan ing nginggil, kathah ugi ingkang lajêng nindakakên padhukunan, kados ta: anggusah lêlêmbat ingkang awon, dhêmit, setan sapanunggilanipun, ingkang kaanggêp anggora-godha tiyang ngantos andadosakên sakit, ingkang sakit lajêng dipun sêmburi mawi jampi panulaking dhêmit, utawi mênawi pinuju wontên damêl mêmule para dewa, parewangan wau [wa...]

--- 151 ---

[...u] piniji ngaturakên punapa kajatipun ingkang mêmule.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, angsluping alus dhatêng parewangan katawisipun ingkang dipun angslupi lajêng ajingklak-jingklak jêjogedan, utawi sêsindhènan, lami-lami tiyang lajêng amêwahi rêrangkènipun parewangan ingkang sawêg kaangslupan badan alus, sarta salêbêtipun sawêg jêjogedan tuwin sêsindhènan, kêdah mawi dipun angkah sênêng sarta sêngsêmipun parewangan utawi badan alus ingkang sawêg tumurun angangslupi, kados ta: sarana dipun gamêli utawi dipun sindhèni sapanunggilanipun, awit saking punika lajêng nukulakên pamanggih angawontênakên tiyang piyambak jalêr èstri ingkang pandamêlanipun namung anggamêli sarta nyindhèni parewangan mênawi wontên pêrlunipun andhatêngakên badan alus, ingkang lami-lami inggih lajêng kêndho jalaran saking tiyang sampun kirang mangêrtos dhatêng tumanjaning pakarti ingkang makatên punika tumrapipun ing parewangan, pramila têtiyang ingkang padamêlanipun anggamêli utawi nyindhèni punika lajêng namung têtêp dados tukang sindhèn,

--- 152 ---

(pasindhèn) utawi tukang anggamêli (niyaga) sarta tukang jogèd kemawon, lami-lami lajêng malih saking luguning padamêlanipun, namung kantun nilari tilas sawatawis wontên ing tatacara. Wontêning parewangan lajêng santun dados têtingalan ingkang mawi jêjogedan, kados ta: jathilan, sapanunggilanipun. Dene pakurmatan utawi pasamuwaning agami lajêng dados karênan. Malah Prophesor WILKEN amastani mênawi wontênipun talèdhèk Jawi sarta ronggèng Sundha (ing Makasar sarta Bugis namanipun: pajoge), asaling kina-kinanipun saking caranipun parewangan, makatên malih asalipun: si-baso marende-ende ing Batak, inggih punika si-baso ingkang mawi sindhèn, ing tanah Jawi têgêsipun sami kalihan: widu mangidung.

Wontênipun: si-baso ing Batak mênawi sawêg kapanjingan badan alus sanèsipun, lajêng sêsindhèn, jogedan, utawi ngidung warni-warni. Panganggêpipun tiyang ingkang pracaya dhatêng kawruh makatên, punika sadaya pakartinipun badan alus ingkang sawêg ngangslupi. Makatên [Maka...]

--- 153 ---

[...tên] malih bab balia(balian)nipun têtiyang ing Olongaju (Olo-Ngadjoe) botên kenging tilar karamean ingkang kathah-kathah. Para Balian sagêd adamêl rêna sarta sêngsêmipun ingkang sami mirêngakên mênawi sawêg pinuju nêmbang. Mênggah suraosipun pitêmbungan ing têmbang nyariyosakên lêlampahanipun para lêluhur, utawi ingkang sagêd adamêl gambiraning manahipun para wirotama ingkang têksih gêsang, punapa malih sagêd nancang manahipun para têtamu murih jênakipun anggèning lêlinggihan, dados parewangan ingkang dipun wastani balian wau wontênipun ing sapunika namung dados tukang pangalêmbana sarta pamiluta kemawon.

Padamêlaning parewangan, sêsêpuhing agami utawi tiyang ingkang padamêlanipun andhatêngakên alusing tiyang ingkang sampun pêjah, ingkang sapriki têksih dados kapracayan ing kapuloan Indhia sawatawis, katêpangakên kalihan pandamêlanipun dhalang, saya malih dhalang ingkang mawi lumêbêt ing sêngkêran ing sadèrèngipun andhalang, kados ingkang kapratelakakên dening Radèn Mas

--- 154 ---

Utaya, lajêng katawis mèmpêripun sangêt, kados ta suluking dhalang angalêmbana utawi nyariyosakên wontên ing pasamuwan bab lampahanipun tiyang ingkang sampun botên wontên, utawi ringgit ingkang badhe kawêdalakên, môngka ringgit punika kaanggêp pêpêthan utawi layanganipun tiyang ingkang sampun botên wontên, sagêd ugi mênawi lampahipun tiyang andhalang ing jamanipun kina malah sangêt anggènipun magêpokan kalihan bab lampahing agami, wawratipun sampun dumugi ing jaman samangke kemawon têka têksih wontên tilasipun.

Dhalang punika ing sadèrèngipun wiwit, mawi lumêbêt ing sêngkêran ambêkta padupan, apêsipun mawi kutug rumiyin lajêng janturan, rênggan sarta suluk, tumindakipun ngringgit mawi dipun gamêli, punapa malih ugi botên atilar jogèd, punika sadaya angèmpêri lampah-lampah pakartining parewangan kala ing jaman kina, ing nalikanipun parewangan têksih kalimrah tumut magêpokan bab lampahing agami. Awit saking punika kenging dipun kintên, mênawi dhalang punika ing kinanipun wontên namanipun sanès,

--- 155 ---

awit dene mulabukanipun ing ngajêng bokmanawi andhalang punika pancèn pandamêlaning parewangan, dene anggènipun ngocapakên lampahaning para lêluhur utawi para wirotama ingkang sampun abadan alus mênawi sawêg pinuju kapanjingan, patrapipun mawi têtêmbangan, mawi dipun kutugi, punapa malih jêjogedan, tuwin dipun gamêli, kados ingkang katindakakên dening para Olo Ngaju (Olo Ngadjoe) ing Batak, lami-lami padamêlanipun parewangan wau lajêng katindakakên dening tiyang ingkang sawêg botên pinuju kapanjingan, tiyang ingkang nindakakên makatên wau kalangkunganipun mênawi nêmbang, sarta nyariyosakên lêlampahan ing kina-kina, utawi ingkang sawêg kalampahan, inggih punika wontênipun: widu mangidung. Lami-laminipun malih padamêlan anêmbang cariyos wau lajêng manggèn dados panggaotanipun tiyang ingkang warni parewangan. Sarta ingkang padamêlanipun ambarang, utawi mitontonakên kalangkunganipun anêmbang cariyos ingkang nêngsêmakên, lami-lami gêgêpokanipun kalihan bab lampah utawi patraping parewangan saya suda, malah [ma...]

--- 156 ---

[...lah] lajêng ical babar pisan, namung kantun tilasipun kemawon tumraping tatacara sawatawis, utawi ing têtingalan, tuwin dêdolanan, kados ta: ingkang têksih katindakakên dening dhalang ingkang mawi lumêbêt ing sêngkêran sarta dipun kutugi, pêrlu andhatêngakên badan alus, sasampunipun makatên sawêg wiwit andhalang, mawi rênggan sarta suluk, ingkang nyariyosakên kalangkungan sarta lêlampahanipun têtiyang ingkang sampun botên wontên, mawi dipun sartani ungêlipun gôngsa. Punapadene ing dolanan sintrèn, andhukuni lare mawi dipun sêmburi jampi murih kesahing lêlêmbut ingkang nèmpèli, tuwin sanès-sanèsipun.

Sasampuning sadaya wau pinanggih larahipun, ing sapunika kantun kapadosan punapa ingkang manggih akal têtingalan wayangan (ningalakên layangan), punika inggih sabangsaning parewangan ingkang panggaotanipun nêmbang cariyos, punapa kala ing jaman samantên mila pancèn sampun wontên têtingalan wayangan, nanging sarèhne padamêlan anêmbang sarta andhalang wau nunggil misah kemawon, dados parewangan [pare...]

--- 157 ---

[...wangan] wau lajêng kapatuhakên andhalang. Bab punika botên sagêd kapanggih larahipun, dene ingkang sampun pinanggih, têrang mênawi padamêlan nêmbang, ingkang dipun sartani cariyos lampahaning para sêpuh-sêpuh ingkang sampun sami pêjah, utawi mitontonakên wayangan (layangan), punika nunggil tiyang ingkang nindakakên, mênawi mila yêktos têtingalan mitontonakên wayangan (layangan), kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, punika kakantunanipun pahargyan ingkang ing jamanipun kina môngka tatacara kangge mulyakakên para lêluhur, mênawi makatên dados ingkang mitontonakên pahargyan wau, kakantunanipun sapunika inggih dhalang, ing kinanipun kalêbêt sêsêpuhing agami. Mênawi mila sampun lêrês makatên, sapunika kantun ngupadosi larah saha nalaripun sababing tumêngkaripun têtingalan mitontonakên wayangan utawi layangan wau dadosipun ringgit (wayang).

Têtingalan mitontonakên wayangan (layangan), ingkang mawi nêmbang cariyos pangalêmbana dhatêng para lêluhur, inggih punika ingkang tumuruning alusipun. Utawi katingalipun [ka...]

--- 158 ---

[...tingalipun] dhatêng tiyang gêsang adhapur wayangan utawi layangan, punika indhakipun lajêng dados têtingalan ringgit wacucal, dene panêmbanging cariyos lêlampahanipun para lêluhur lami-lami lajêng dados cariyos panjang, nyariyosakên lampahan sarta sanès-sanèsipun kados ingkang tumrap ing ringgit ing jaman sapunika, makatên malih wontêning pêpêthan wacucal ingkang minôngka pêpêthaning wayangan utawi layanganipun tiyang ingkang sampun badan alus, inggih punika ringgit (wayang) lami-lami inggih saya mindhak, botên namung kathahing cacahipun, wujudipun lami-lami inggih saya sae, kados ta upaminipun ing ngajêng namung adhapur wacucal bêdhahan, lajêng mawi katatah sapiturutipun, makatên ugi prabotipun, punapadene cariyosipun inggih mindhak kathah sarta warni-warni, inggih punika wontênanipun:wontênipun. lampahan (lakon) ingkang sampun pintên-pintên windu turun-tumurun dhatêng anak putu, ing ngajêng namung apilan kemawon, samangke lajêng mawi dipun sêrati, kados ta ingkang kawrat ing sêrat Purwakôndha, pakêm padhalangan sasaminipun.

--- 159 ---

Kajawi ingkang sampun kasêbutakên ing nginggil, ing nalikanipun têtiyang Jawi katularan kawruhipun têtiyang Indhu, punapa malih dêdongengan sarta cariyosipun, ingkang tumêngkaripun ngantos anutupi luguning kawruh sarta cariyos Jawi, sanadyan mênawi nitik cara-caranipun ing cariyos sawatawis têksih wontên tilas-tilasipun Jawi, kados ta: nama-namaning tiyang ingkang kasêbut ing cariyos tuwin lêlampahan sawatawis, ingkang lajêng asring malih utawi dipun santuni cariyos tuwin nama-nama Indhu, punika botên anggumunakên, jalaran sampun kathah sangêt tôndha pasaksènipun mênawi tumêngkaripun kawruh Indhu dhatêng bôngsa Jawi mila ngebat-ebatakên sayêktos, kenging dipun basakakên lumêbêt ing balung sungsum, saya malih bab kawruhing agami.

Amangsuli cariyos ing nginggil, mênawi larah ingkang sampun kaandharakên ing nginggil kenging kaanggêp lêrês, dados sampun têtela mênawi ringgit punika têtilasipun kawruh agami, punapa malih mênawi miturut pamanggihipun para sagêd ingkang sami nganggit cariyos [cari...]

--- 160 ---

[...yos] bab ringgit, ingkang kathah inggih mastani makatên, katôndha saking tatacara ingkang têksih kangge ing ringgit mênawi sawêg pinuju ringgitan, kados ta mawi sajèn, ing sadèrèngipun ngringgit dhalang mawi lumêbêt ing sêngkêran rumiyin, kutug sapanunggilanipun, wondene ingkang tumrap ing prabotipun inggih wontên, kados ta: wujuding balencong, ringgit, kothak sapanunggilanipun, punapa malih mori ingkang kangge kêlir, lisah sapanunggilanipun, mênawi ngantos wontên ingkang purun ngewahi cara wau, kaanggêp badhe manggih lêlampahan botên sae, mila limrahipun tiyang Jawi botên purun nêrak angewahi ingkang dados wêwalêripun ringgit, nitik saking bab sadaya wau lajêng katingal wela-wela mênawi ringgit, dhalang, gôngsa (gamêlan), magêpokan kalihan talèdhèk, punapa malih inggih lajêng katawis mênawi asal saha ewahipun ringgit Jawi, punapadene mindhak-mindhakipun, sami ugi kalihan tingalan ing Yunani ingkang saminipun ing tanah Jawi ringgit, punika asalipun ing kina inggih saking kêkidungan ingkang tumrap

--- 161 ---

dhatêng sawênèhing wiratoma ingkang anama Dhiyonisos (Dionysos), makatên malih saminipun ing Indhustan ingkang kangge dhatêng para parewangan, sarta tiyang ingkang padamêlanipun anjogèd kalihan nênumpak, ingkang sami mulyakakên para lêluhur ingkang inganggêp sampun sarira dewa.

Mênggah wontênipun ingkang kasêbut ing nginggil wau sanadyan sawêg saking kintên-kintên, ananging kintên-kintên ingkang awêwaton tôndha pasaksèn ing lêlampahan utawi kawontênan ingkang pinanggih larahipun, sarta lêlandhêsan ing jaman kina ingkang limrah dados karênanipun sadaya bôngsa Malayu Polinesi. Kosok wangsulipun, pramila Dhoktêr G.A.J. HAZEU karsa amêdharakên pamanggih ingkang makatên, jalaran pinanggih tôndha pasaksèn sarta larahipun wau.

Mênawi kintên-kintên wau kapara nyata, lajêng sagêd dados tôndha pasaksèn ingkang kiyat tumrap ing wêwatonipun asaling ringgit ing jaman kina, punapa malih mênawi yêktos makatên wontênipun têtingalan mitontonakên wayangan (layangan) malah sampun langkung sêpuh malih tinimbang [tini...]

--- 162 ---

[...mbang] ingkang sampun kasêbut ing nginggil, sabab mênawi ing salêbêtipun abad ingkang kaping 11, kawontênanipun têtingalan wayangan (layangan) ingkang mulabukanipun saking trap-trapaning lampah agami sampun sagêd dados ringgit wacucal ingkang jangkêp saprabotipun, miturut pêthikan-pêthikan saking sêrat-sêrat Jawi kina, tamtu kemawon wontênipun têtingalan mitontonakên layangan (wayangan) enggal-enggalipun sampun wontên 400 taun kapêngkêr ing sadèrèngipun wiwit taun Ngisa, inggih punika ing jaman nalikanipun kapracayan Jawi lugu têksih tumindak, malah kenging ugi katêmbungakên kapracayan ingkang limrah kangge bôngsa Malayu Polinesi, dèrèng katunggilan lampahing agami Brahma utawi Budha, têtiyang Jawi têtêp têksih ngidhêp dhatêng ing sawantahing kapracayan piyambak.

II. Bab Têtingalan Topèng

Miturut sêrat Jawi ingkang sampun kalimrah, wiwitipun wontên topèng punika ingkang nganggit Sinuhun ing Kalijaga (Sunan Lèpèn) mirid wujudipun ringgit gêdhog, kawangun [ka...]

--- 163 ---

[...wangun] methok, saha kaestha kados raining manungsa.

Mênggah ingkang kasêbut ing sêrat anggitanipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU amastani mênawi ing kina mila ing tanah Jawi kajawinipun ringgit inggih sampun wontên topèng. Sarêng ringgit wau sampun limrah dados têtingalan, lajêng topèng kawastanan wayang topèng utawi: ringgit topèng. Dene ingkang sami nopèng têtiyang jalêr, mangsakala inggih wontên tiyangipun èstri, rainipun sami têtopengan, sarta ngangge pangangge ingkang sampun katamtokakên, kados ta: udhêng-udhêngan ingkang beda caranipun kalihan anggènipun udhêng-udhêngan tiyang Jawi ing jaman sapunika, sarta pangangge sanès-sanèsipun.

Cariyos ingkang kalampahakên ing topèng punika ancêr-ancêring cariyosipun nagari ing Jênggala, Kêdhiri, Ngurawan, sarta Singasari, punapadene Prabu Klana ing nagari Bali sapiturutipun mirid cariyosing ringgit gêdhog, prabotipun topèng jalêr: têkês, sumping, kathok, sondhèr, dhuwung sapanunggilanipun, dene topèng èstri prabotipun: sinjang, kêmbên

--- 164 ---

sondhèr, sumping sarta têkês, pundi topèng ingkang kajêjêrakên mêdalipun mawi anjogèd, dene raras tanduking jogèdipun kadamêl beda-beda, kêdah mêndhêt pantês saha wanguning topèng ingkang anggadhahi jogèd wau.

Topèng punika ingkang kadamêl badhenipun kajêng ingkang ènthèng-ènthèng, kados ta: kajêng kuwèni, kajêng pêlêm, kajêng gayam, sapanunggilanipun, namung pilihanipun kajêng mêntaos, awit sêratipun kajêng mêntaos punika alus, ing lêbêtipun topèng antawisipun cangkêm mawi sinung pantèk pirantos kangge cakotanipun ingkang ngangge, ing ngriki botên kula lajêngakên cariyos bab pandamêlipun topèng, sarta patraping panganggenipun, ingkang badhe kula cariyosakên bab wiwitipun wontên têtingalan topèng.

Ing sawênèhing nagari namanipun topèng punika kêdhok. Kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil wontênipun têtingalan topèng punika sampun kina sangêt, ing Sêrat Tantu Panggêlaran ing rai 34 ingkang sumimpên wontên ing pangrumatan sêrat-sêrat ing pamulangan luhur ing kitha Leiden kacariyos ing sarampungipun dewa têtiga: [têti...]

--- 165 ---

[...ga:] Hyang Iswara (Siwah), Brahma sarta Wisnu anggènipun sami ngringgit, sarta sasampunipun sami nêdhakakên têtingalan wau dhatêng ing ngarcapada murih kalimrahipun, ugi lajêng nglimrahakên têtingalan ingkang dipun wastani: mèn-mèn, supados têrangipun ungêlipun sêsêratan ingkang sampun kasêbut ing Tantu Panggêlaran, sarta ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, kula ambali malih makatên: Sang Hyang Içwara dadiçwari, sang hyang Brahma dadi pede rat, sang hyang Wisnu dadi têkês; midêr mangidung hamen-amen; tineher bandhagina men-men ngaranya. Mangkana mula ning hanabandhagina men-men.§ minder mangidung amen-amen salajêngipun, panapa jawinipun botên makatên: midêr têtêmbangan ambêbarang, salajêngipun tontonan wau kawastanan barangan. Makatên milanipun wontên tontonan barangan. artosipun: Sang Hyang Iswara (Siwah) malih dados Iswari (Durga), Sang Hyang Brahma malih dados pedhe rat (?) Sang Hyang Wisnu malih dados têkês, sami midêr ngidung adêdolanan, ing salajêngipun sami mitontonakên têtingalan ingkang nama: mèn-mèn. Inggih punika wiwitipun wontên têtingalan: mèn-mèn, cariyos punika botên têrang, ewadene kados-kados kenging [ke...]

--- 166 ---

[...nging] dipun tamtokakên mênawi mèn-mèn punika têtingalan ingkang sawarni topèng, jalaran ingkang sapisan dewa têtiga wau sami dados sanès-sanès, ingkang sami tumindakipun kalihan ing topèng, namung têmbung pedhe rat punika ingkang dèrèng pinanggih artosipun. Ingkang kaping kalih ing ngriku mawi mastani: têkês, môngka têkês punika wontênipun ing jaman sapunika kalêbêt praboting topèng, dipun angge wontên ing sirah kadosdene kêthu, wujudipun inggil kadosdene topèng, ing Jawi kasukanan bobat kapal pating parênthêl ngêbaki lumahipun. Awit saking namaning têkês wau pinanggih ing Sêrat Tantu Panggêlaran, kenging kadugi mênawi wontênipun têkês wau sampun wiwit ing jaman kina, kangge kêthu tumraping prabotipun topèng, malah mirid têtêmbungan ingkang kasêbut ing pêpêthikan saking Sêrat Tantu Panggêlaran ing nginggil, kados-kados malah têkês punika kangge namaning topèng ingkang ngangge têkês, dene ingkang têksih kalimrah ing Bali ingkang nama têkês punika tangsuling gêlung. Punapa malih nelakakên mênawi watawis ing

--- 167 ---

taun Walandi ôngka 1000 wontênipun têtingalan topèng sampun ragi tata, malah bokmênawi sampun lami kalimrahipun, dene ingkang nganggit Sêrat Tantu Panggêlaran sampun sagêd amastani wiwitipun wontên topèng.

Têtingalan topèng punika sampun tamtu kemawon kadadosan saking tatacara ing kina, ing nalikanipun topèng têksih gêgêpokan dhatêng bab tatacara ingkang kaanggêp pêrlu, kados ta mênawi miturut pangandikanipun Dhoktêr Brandhês topèng punika têgêsipun: aling-alinging rainipun tiyang ingkang sampun pêjah, dene têtingalan topèng punika inggih magêpokan tatacaraning agami ing jaman kina, sami ugi kalihan ringgit, kaotipun namung caraning andhatêngakên lêluhur sarta ingkang kangge warana wontên bedanipun, tumraping ringgit wacucal ingkang andhatêngakên dhalang, sami ugi tumrapipun ing topèng, namung ingkang kangge warana utawi aling-aling, mênawi ringgit wacucal ringgitipun ingkang minôngka pêpêthaning wayangan(layangan)ning satunggil-satunggilipun ingkang pinêtha, mênawi ing topèng ingkang dados warana wêwantahan [wêwantaha...]

--- 168 ---

[...n] tumraping tiyang gêsang. Ingkang mawi aling-aling awujud topèng kang warninipun satunggil-satunggilipun ngèmpêr-èmpêr ingkang dipun lampahakên ing cariyos.

Kawontênanipun tatacara ingkang tumraping lampahing agami dadosipun têtingalan ingkang kadhapur lêlucon utawi ingkang botên, punika lami-lami ewah gingsir.

Topèng punika kêlimrah kangge ing bôngsa Malayu Polinesi, dados botên lôngka mênawi kawastanan anggitanipun tiyang Jawi piyambak ing jaman kina. Ewadene inggih botên nama anglêngkara yèn punika bêktan saking tanah cukilipun bôngsa Malayu Polinesiah. Ananging sanadyan makatêna inggih botên kenging kawastanan tiron saking bôngsa sanès, awit tiyang Jawi ugi kalêbêt bôngsa Malayu Palonesiah, pramila pamanggihipun Tuwan V. DE SERIÈRE mênawi topèng asalipun kawruh saking Indhu punika miyambaki. Ing sêrat anggitanipun Prophesor Phèt (VETH Java pag. 456) kasêbut: tiyang gadhah pangintên mênawi têtingalan topèng punika asalipun saking Pasundhan kabêkta dhatêng Jawi Têngah,

--- 169 ---

pamanggihipun Radèn Mas Utaya, bokmênawi botên, topèng punika lugu têtingalan ing Jawi Têngah. Ing karanganipun Radèn Mas Utaya ing kaca 402 nyêbutakên kintên-kintên asalipun topèng punika bêbangunan saking ringgit tiyang, ananging pangintên makatên punika miturut Tuwan DR. HAZEU têtela manawi lêpat, amargi rumiyin wontênipun topèng kalihan wontênipun ringgit tiyang, kaot pintên-pintên atus taun. Makatên ugi Sêrat Tantu Panggêlaran inggih anyulayani pamanggihipun Radèn Mas Utaya. Ing sêrat Jawi ingkang sampun kula (M.d.) sumêrêpi, wontênipun têtingalan topèng (amriksanana Sasadara ing wulan Sapar taun Be 1833, utawi ing wulan Mèi ing taun 1902, ing kaca 11) rampunging panganggitipun topèng kala ing taun Isaka 1508, ingkang nganggit Sinuhun Kalijaga (Sunan Lèpèn) ing nalika punika ingkang anglampahakên topèng, tiyang asli dhalang saking tanah ing Sela, gêgriya ing dhusun Palar, punika ingkang kawulang dening Ingkang Sinuhun Kalijaga, saha lajêng kaparingan nama tiyang ingkang satunggil: [satung...]

--- 170 ---

[...gil:] Widiguna, satunggilipun: Widiyana.

Wontênipun ringgit tiyang ing Ngayogya kina-kinanipun sawêg sajumênêng dalêm ingkang sinuhun kaping kalih, dene enggal-engalipun sajumênêng dalêm ingkang sinuhun kaping gangsal dumugi sapriki. Kajawi pangangge sanèsipun, ringgit jalêr ngangge udhêng. Wontênipun ringgit tiyang ing Surakarta ingkang nganggit Kangjêng Pangeran Adipati Arya Mangkunagara ingkang kaping gangsal. Panganggenipun ringgit jalêr ngemba praboting pangangge ringgit wacucal, kados ta: jamang, gêlung, topong, badhong sapanunggilanipun, dados botên mawi udhêng kados ringgit tiyang Ngayogya, raras tanduking jogèdipun inggih kadamêl beda kalihan ingkang tumindak ing Ngayogya. Pêpiridan saking ringgit tiyang ing Mangkunagaran wau lajêng wiwit wontên ringgit tiyang barangan, têtiyang saking Surakarta.

Miturut ing pamanggihipun Dhoktêr G.A.J. HAZEU mênggah topèng Pasundhan ingkang sakalangkung pasaja sinawung ing pasindhèn saha jogèd, punika tilas-tilasipun têtingalan topèng ingkang ing kinanipun maratah ing satanah

--- 171 ---

Jawi, ananging samangke ing Jawi Têngah sarta Jawi Wetan sampun mèh sirna babar pisan, sabab kalindhih dening têtingalan ringgit wayang ingkang saya lami saya sae pambangunipun, satêmah dados têtingalan ingkang sakalangkung dipun rêmêni ing tiyang satanah Jawi. Saking ringgit wacucal sagêd dados ringgit tiyang, ingkang namung dados karênanipun para lêluhur, lami-lami lajêng dados barangan dhatêng pundi-pundi, sarta papan tuwin praboting papan kareka kados ingkang tumraping kumèdhi.

Ing jaman sapunika caranipun anglampahakên topèng wontên warni kalih, topèng babakan utawi barangan akalihan topèng dhalang. Ingkang nama topèng babakan utawi barangan punika têtingalan topèng ingkang kaidêrakên utawi kabarangakên turut margi dhatêng ing pundi-pundi, lampahaning topèng kaperang ing babakan, pambayaripun ingkang nanggap inggih manut babakan, ingkang kêrêp kalampahakên ing topèng babakan utawi barangan namung lampahan ingkang mawi dipun salundhingi lêlucon utawi banyolan, sarta sinindhènan, ing Batawi saha kiwa têngênipun, ing jaman punika wontênipun topèng [to...]

--- 172 ---

[...pèng] barangan utawi babakan santun warni botên mawi topèng, namung rainipun ingkang dados kemawon ingkang mawi dipun pulas warni-warni mêndhêt wanguning topèng ingkang anggadhahi warni wau, punika ingkang lugunipun nama: kêdhok, ingkang namung kalimrah ing Jawi Kilèn kemawon. Ing nginggil sampun kacariyos mênawi kêdhok punika tilasipun têtingalan topèng ingkang rumiyinipun pêncar ing satalatahipun pulo Jawi.

Ingkang dipun wastani topèng dhalang punika têtingalan topèng ingkang cariyosipun botên kapêdhot-pêdhot, dados wêtah ing dalêm salampahan-salampahanipun. Ingkang cariyos dhalangipun, têtiyang ingkang nopèng anggènipun ebah sarta solah kacara kados ringgit wayang ingkang kaebahakên ing dhêdhalang. Bab pangangge sarta pulas saha wanguning topèng kairibakên kalihan wujuding ringgitipun, kados ta topèng Panji punika mênggahing praèn sarta pangangge kêdah angirib ringgit, Panji. Topèng punika namung maligi nyariyosakên lampahanipun Radèn Panji. Dene

--- 173 ---

topèng Panji punika sampun kina-kumina ngangge têkês.

Nitik lampahan sarta ubarampenipun tiyang anopèng, têtela bilih topèng punika pêpiridan saking ringgit.

Têtabuhaning topèng mêndhêt gôngsa pawayangan salendro, mênawi kabêkta ambarang tabuhanipun namung saron sapangkon, kêthuk, kênong, kêndhang, kêmpul tuwin kêprak, cêmpala inggih punika tabuh kêprak (ing Pasundhan kawastanan: gêdhor) inggih botên kantun, dene wadhahing pirantos pangrimatan utawi kangge pambêktaning topèng, mênawi kadamêl ambarang, utawi katanggap dhatêng ing sanès panggenan, kawastanan: kêpèk, sanèsipun topèng barangan utawi tanggapan, inggih kawadhahakên ing kothak, kêpèk wau mawi kakrakap wacucal menda, paedahipun rapêt utawi kalis manawi kenging toya jawah, mênggah pambêktanipun topèng sakêpèkipun wau mênawi kabêkta ambarang, karêmbat ing gayor gôngsa, nunggil têtabuhan tuwin têkês sapanunggilanipun prabot.

--- 174 ---

Kajawi topèng tiyang, ing tanah Jawi kala rumiyin wontên topèng kewan, dipun wastani: barongan§ Miturut Tuwan Dr. HAZEU lan COHEN STUART barongan punika têgêsipun: barong tiron. Barong: punika têmbungipun Jawi kina: barwang, têmbungipun Malayu beruwang, têmbungipun Batak, baruwang, Dhayak bahuwang, têmbungipun Walandi: beer. Saking pamanggih kula TJAKRA DI BRATA barongan punika wancahaning têmbung: singa barongan, têgêsipun: singa barong tiron, singa, têmbung kawi, têgêsipun: sima. Barong inggih têmbung kawi, têgêsipun: suri, gimbal. Dados: singa barong jarwanipun, sima gimbal, ing têmbung Walandi: leeuw. Parangrusak barong, namaning sêratan sinjang, têgêsipun, parangrusak ingkang saèmpêr gimbal. Barongan dêling, têgêsipun: carang-carang dêling ingkang pukêt-pukêtan kadosdene pukêting rambut gimbal. namung sapunika sampun awis wontên, kajawi namung asring kangge lêlucon ngiringkên pêngantèn, utawi katunggilakên têtingalan reyog, pêrlunipun namung damêl rênanipun lare-lare ningali. Ingkang limrah barongan punika awujud liman, sima, kapal utawi baya, ingkang wujud pêksi inggih asring wontên.

Ing Tijdschrift van Nederl. Indie XXI (1589) 1e deel pag. 571-472 wontên cariyos nalika ing taun 1838.

--- 175 ---

Ing salêbêtipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral wontên ing Madiun, kasêgah têtingalan topèng, kajawi topèng tiyang ingkang kawêdalakên, kathah ugi topèng kewan, kados ta: andhapan, liman, sima, sawêr sapanunggilanipun, wêwarnèn wau ingkang dados tiyang jalêr mawi krukup wacucal ingkang têksih wontên wulunipun, sanèsipun punika Tuwan Dhoktêr Hase botên nate mirêng têtingalan ingkang kados makatên kajawi barongan, ingkang asring kangge ngiringakên pangantèn, saking pandugi kula wontênipun topèng kewan katunggilakên ing têtingalan topèng tiyang, punika namung kangge wêwarnèn topèng kemawon, ngèmpêr-èmpêr kanggenipun ing ringgit inggih wawi bujungan wana.

Mênggah wontênipun topèng punika kalimrah ing Kapuloan Indhia Nèdêrlan, dados sampun têrang mênawi wontênipun wau ing sapunikanipun salong saking kapracayanipun têtiyang Indhonesi§ Indonesie = Maleisch-Polijnesie. ing jaman kina ingkang ing sapunikanipun têksih wontên tilas-tilasipun, [tilas-tilasi...]

--- 176 ---

[...pun,] sabab kathah kemawon têtiyang ing Polinesi ing jaman kina, utawi ing jaman sapunika kandêl utawi tipis inggih têksih katingal tabêtipun sami pracaya dhatêng nyawaning kewan, langkung malih dhatêng kewan ingkang agêng-agêng, utawi pracaya manawi nyawanipun tiyang ingkang sampun pêjah, utawi ingkang sawêg tilêm sagêd nugma dhatêng kewan kados ta: ingkang kalimrah ing tiyang Jawi kemawon, ing wanci dalu dipun awisi mêmêjahi kewan, saya malih mênawi ing salêbêtipun griya sawêg pinuju wontên larenipun tilêm, botên kenging sangêt, awit pêjahipun kewan wau ugi sagêd damêl botên wangsuling nyawanipun lare ingkang sawêg pinuju tilêm wau, mênawi sawêg kalêrês nunggil ing nyawanipun kewan ingkang pinêjahan wau, malah mênawi pêrlu kêdah pinêjahan, awit kewan wau matosi, kados ta: kalajêngking, klabang sasaminipun ingkang sagêd damêl sakitipun tiyang mênawi ngêntup utawi nyakot, namanipun lare ingkang pinuju tilêm kêdah kasambat rumiyin. Kasambat makatên dipun cêluk namanipun, ingkang sampun kula sumêrapi ingkang mêjahi asring mawi [ma...]

--- 177 ---

[...wi] mungêl makatên: ora matèn-matèni si anu (namanipun lare ingkang sawêg pinuju tilêm) aku matèni kalajêngking, utawi klabang, sapanunggilanipun, punapa malih tiyang Jawi ingkang têksih ngandêl, ing wanci dalu botên pisan-pisan purun amastani namaning sima, utawi sawêr. Sima ing wanci dalu dipun wastani: kyai, dene sawêr: oyod, ingkang dados piandêlipun, mênawi dipun wastani namanipun lugu, sagêd kapirêngan alusipun ingkang pinuju ngrambyang, lajêng janggêlêg anyêlaki ingkang nyêbut namanipun lugu wau. Limrahipun tiyang ing Indhia Nèdêrlan alit mila sampun anggadhahi panganggêp, yèn manungsa kalihan kewan punika anunggil wôngsa, amila lajêng kathah dêdongengan, tiyang rabi kewan, lare dipun susoni ing kewan. Kajawi saking punika miturut ingkang kasêbut ing sêrat anggitanipun Tuwan Dhoktêr Hase, ing jamanipun kina tiyang Jawi têksih pracaya mênawi nyawanipun kewan inggih kenging dipun dhatêngakên kados nyawaning lêluhuripun, pramila asring pêrlu ugi nyawaning kewan punika kadhatêngakên supados [supado...]

--- 178 ---

[...s] tumuta anjagi dhatêng awakipun ingkang anggadhahi pêrlu, kalairing pamundhinipun wau mawi dipun wontêni wujud topèng kewan, inggih punika barongan, dene kanggenipun katumutakên ngarak pangantèn, nyawanipun kewan ingkang kawujudakên barongan wau tumuta anjagi wilujêngipun pangantèn, ananging ing jaman sapunika namung kangge karênan kemawon.

Prophesor Wilkên amastani kapracayaning tiyang Jawi dhatêng kewan, punika kabêkta utawi kalairing kawruh panitisan.

Miturut ingkang kasêbut ing nginggil, wontênipun topèng punika yèn makatên nunggil pikajêng kemawon kalihan wontênipun ringgit (wayang) wiwitipun wontên asalipun saking kapracayan dhatêng ngolah-ngalihipun nyawa, nitis utawi nukma dhatêng sanèsipun. Ananging saya lami sêsêrêpan warni kalih wau saya kathah ewahipun, dumuginipun ing sapunika namung kantun dados têtingalan sarta karênan kemawon, ananging jalaran saking sabab warni-warni dumuginipun ing jaman sapunika ajining têtingalan [têtingala...]

--- 179 ---

[...n] topèng saya suda namung kantun dados lêlucon kemawon, dene ringgit lajêng dados karênan sarta têtingalan agêng.

III. Bab Têtingalan Ringgit Bèbèr

Miturut ingkang sampun kaandharakên ing nginggil, sanadyan wontênipun topèng punika beda sangêt mênggahing pandamêl saha bakalipun ingkang kadamêl kalihan ringgit wacucal, ewadene maksudipun nunggil asal saking bab kawruh kapracayaning agami, beda malih mênggahing pandamêlipun ringgit bèbèr, ringgit bèbèr namung awujud gambaring ringgit purwa wacucal, sarta pinulas warni-warni tumraping dalancang Jawi ingkang kenging kagulung utawi kabèbèr bilih badhe kapitontonakên, awit wontênipun cariyos uruting satunggil-tunggilipun lêlampahan, sampun kadhapur gambar tumrap ing dlancang gulungan wau, ingkang lajêng kabèbèr mênawi pinuju kawêdalakên, pramila namanipun inggih ringgit bèbèr, kabêkta saking patrapipun mênawi mitontonakên, awit têgêsipun ambèbèr punika: anjèrèng, utawi anggêlar. Manut katranganipun Prophesor VREEDE kasêbut ing Wortelwoorden P. 5. bèbèr [bè...]

--- 180 ---

[...bèr] punika wodipun: bar, bèr, lan sapanunggilanipun. Têgêsipun: ucul, onya, utawi pisah, inggih punika tumraping barang ingkang waunipun kalêmpak, rapêt, utawi gulungan. Dados ringgit bèbèr punika botên sanès kajawi namung têtêp mitontonakên gambar ringgit wacucal purwa, ingkang lêlampahanipun kacariyosakên dening dhalang. Lami-lami ringgit bèbèr saya awis-awis wontên, malah ing jaman sapunika prasasat sampun botên wontên babar pisan, ing samangke kanggenipun ringgit bèbèr namung kabarangakên wontên ing pêkên-pêkên, utawi ing panggenan kalêmpakanipun tiyang alit, lan malih ngiras kangge dolananipun lare. Beda sangêt kalihan wontênipun ing jaman kina, kados ta: ingkang kasêbut ing pèngêtanipun bôngsa Cina kala ing taun Walandi 1416, ingkang kawêdalakên dening Tuwan W.P. GROENEVELDT wangunipun kala ing jaman kina, ing wiwitipun Abad ingkang kaping gangsal wêlas ing taun Walandi, ringgit bèbèr ing Jawi Wetan kalimrah sangêt, môngka pêpèngêtanipun bôngsa Cina, ingkang sampun kasumêrêpan sarta [sar...]

--- 181 ---

[...ta] kasêksèn dening para sagêd kados ingkang salong kangge tôndha pasaksèn ing Sêrat Pararaton, kenging kaanggêp lêrês, punapa malih bab titimangsaning taun.

Kajawi saking pêpèngêtanipun bôngsa Cina, ing Sêrat Babad Tanah Jawi ingkang kawêdalakên dening Tuwan MEINSMA sanadyan kirang maton ugi wontên tôndha pasaksènipun mênawi ringgit bèbèr punika ing jaman kina pancèn kalimrah, awit ing sêrat babad wau kasêbut (ing kaca 55) ing nalikanipun Radèn Jaka Tingkir kababarakên, pinuju nanggap ringgit bèbèr, pramilia Jaka Tingkir lajêng sinung nama: Mas Karèbèt dening Kyai Agêng Jaka Tingkir. Miturut cacriyosan Jawi miyosipun Mas Karèbèt wau wontên ing saantawisipun taun Srani 1500 lan 1549, ananging sarèhne criyos Jawi punika botên wontên tôndha yaktinipun, dados inggih dèrèng kenging kaugêman.

Miturut ingkang kasêbut ing Sêrat Momana gadhahan kula (M.d.) Jaka Tingkir utawi Mas Karèbèt, ingkang salajêngipun [salajêng...]

--- 182 ---

[...ipun] dados ratu wontên ing Pajang, nalika suwitanipun nuju ing taun Isaka 1480 saminipun ing taun Walandi watawis ing salêbêtipun taun 1558, ing nalika wau sawêg ngumur pitulas taun, dados kala lairipun watawis pinuju ing taun Walandi 1541, ananging ing sadèrèngipun Sêrat Babad Tanah Jawi angsal pasaksèn ingkang jangkêp, panganggêpipun para sagêd bôngsa Eropah, Sêrat Babad Jawi dèrèng kenging kangge wêwaton ingkang sampurna, sanadyan makatêna, sampun têrang mênawi wontênipun ringgit bèbèr kala ing abad taun Walandi ingkang kaping gangsal wêlas, kala samantên langkung kalimrah kanggenipun tinimbang ing jaman sapunika.

Wontên cariyos malih kasêbut ing sêrat anggitanipun Prophesor SCHLEGEL (Tijdschrift Bat. Gen XX) bab pagêpokanipun sarawungan bôngsa Cina akalihan ing tanah Jawi, ngajêngakên dhatêngipun bôngsa Eropah ing pulo Jawi, ing kaca 28 makatên: ing ngrika (tanah Jawi) wontên tiyangipun ingkang sagêd anjarwani sarta mitontonakên gambar, pêrlu kadamêl mulang ing tiyang kathah, dene [de...]

--- 183 ---

[...ne] tiyang ingkang sami ningali sarta mirêngakên, linggih angubêngi ingkang kapitontonakên, wontên ingkang angguyu, lajêng wontên ingkang nangis, tiyang ingkang mitontonakên sagêd sangêt damêl ebahing manahipun tiyang sanès. Ananging kala ing taun punapa ing sêrat wau botên katêrangakên.

Kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, dumugi ing sapriki dèrèng kasumêrêpan kalayan yakin sawêg ing taun punapa wiwitipun wontên ringgit bèbèr, punapa malih asalipun, miturut pangintênipun Dhoktêr Sèrrurye (DR. SERRURIER) sarta Radèn Mas Utaya, ringgit bèbèr punika babonipun ringgit wacucal, dados maksudipun, ing sadèrèngipun wontên ringgit wacucal, ringgit bèbèr sampun wontên rumiyin, pangintên wau awêwaton ingkang sapisan: ing sadèrèngipun dados ringgit wacucal, tamtunipun karumiyinan gambar ingkang tumrap ing dalancang, kaanggit dangu-dangu lajêng sagêd tumrap ing wacucal ingkang kenging kapolahakên ing tiyang, kados satataning tiyang

--- 184 ---

gêsang. Ingkang kaping kalih: miturut katêrangan saking Pasuruan sarta Radèn Mas Utaya. Kaping tiganipun: miturut ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat Jawi ingkang mawi nyariyosakên taunipun dhumawahing lêlampahan, kados-kados anggadhahi suraos, sêpuh ringgit bèbèr tinimbang ringgit purwa. Ananging miturut ing pamanggihipun Dhoktêr Hase, mênawi dipun taliti ingkang anjalimêt, katêrangan ingkang kasêbut ing nginggil punika dèrèng maton, sababipun ingkang sapisan: ingkang sampun kasumêrêpan tumraping lare sarta bôngsa ingkang têksih pasaja sangêt kawruhipun, tamtu rumiyin sagêdipun damêl rêca tinimbang damêl gambar, lan rumiyin, ngrêtosipun bab rêca kalihan gambar. Makatên ugi tumraping bôngsa ingkang sampun lêpas kawruhipun inggih rumiyin pintêripun angrêca tinimbang anggambar. Cêkakipun: mrika-mrika limrah rumiyin kawruh ngrêca kalihan kawruh anggambar.

Dene wontênipun ringgit kenging kaebahakên miturut ing sapikajêngipun ingkang ngebahakên sawatawis, punika botên tumut-tumut dados tôndha pasaksèn punapa-punapa, [punapa-pu...]

--- 185 ---

[...napa,] jêr ing kinanipun, nalika wontênipun têtingalan mitontonakên wayangan (layangan) têksih cêtha kanggenipun tumrap ing kapracayan agami, bokmênawi inggih dèrèng wontên ringgit wacucal ingkang kenging kaebahakên kados wontênipun ing jaman sapunika. Ingkang kaping kalih: sabab ingkang kasêbut ing karanganipun Dhoktêr Sèrrurye, ingkang kaping kalih wau botên wontên tandhanipun mênawi nglangkungi kiyat mênggahing piandêl tinimbang cariyos saking Kêdhiri, ingkang salugunipun kosok wangsul kalihan cariyos ingkang saking Pasuruan ing nginggil. Kaping tiganipun: panganggenipun waton sêrat-sêrat Jawi ingkang mawi nyêbutakên titimôngsa dhumawahing lêlampahan kêdah katimbang kanthi pangantos-atos, sabab kados ta: ing sêrat Jawi ingkang kangge wêwaton wontênipun ringgit wau ing kaca 104 nyêbutakên, mênawi Sunan Kalijaga ingkang nganggit balencong kalihan kêlir, wontên ing salêbêtipun taun 1439, môngka ing sêrat wau ugi ing kaca 101 nyêbutakên gêgambaraning ringgit purwa, ing taun 861, ing kaca 102, taun [ta...]

--- 186 ---

[...un] 1283 sawêg nyariyosakên kalayan cêtha wontênipun ringgit bèbèr, punapa malih mênawi yêktos makatên, wontênipun têmbung: wayang (ringgit) punika saking: wayangan = (layangan). Mênawi wontênipun ringgit bèbèr langkung rumiyin tinimbang ringgit wacucal, sagêdipun angsal nama: wayang, saking punapa, môngka, wayang punika saking mitontonakên wayangan (layangan). Sarêng ringgit bèbèr ingkang dipun tingalakên dede layanganipun, namung têtêp ningalakên gambaran.

Dados miturut pamanggihipun Dhoktêr Hase (HAZEU) wontênipun ringgit wacucal (mitontonakên wayangan = layangan) sarta wontênipun topèng, langkung rumiyin tinimbang ringgit bèbèr. Ringgit bèbèr punika têtêdhakan saking ringgit wacucal kagambar wontên ing dalancang utawi wontên ing lawon, dene kanggenipun inggih lajêng sami kemawon kalihan ringgit wacucal, ananging mênggahing kapracayan Jawi ing nalikanipun anêdhak, tamtu mawi idinipun para lêluhur ingkang sampun abadan alus, milanipun ringgit bèbèr ing kinanipun asring kangge ngruwat,

--- 187 ---

kajawi punika kanggenipun ngruwat wau bokmênawi ing jamanipun kina, waragading pananggapipun ringgit bèbèr langkung mirah tinimbang ringgit wacucal, tumrapipun tiyang alit ragi ènthèng dipun lampahi, môngka adhakanipun ingkang dipun ruwat punika tiyang alit, mênawi para agêng lôngka sangêt mênawi gêpokan dandang, pipisan sapanunggilanipun, saminipun kemawon ingkang têksih tumindak ing jaman punika, mênawi putranipun para lêluhur pinuju dhaut, utawi anakipun tiyang ingkang gadhah pinuju puput, mawi ngungêlakên mrêcon babrondongan, pêrlunipun anggusah srêngêt utawi lêlêmbat, ingkang dhatêng anggoragodha bayi ingkang sawêg puput, mênawi tiyang alit ingkang botên sagêt tumbas mrêcon, inggih cêkap namung ambêsêm obat kemawon ingkang kalinting ing dalancang layangan, pikantukipun dalancang layangan tipis, utawi dalancang buntêl tèh, mênawi sampun mangsanipun sêrap surya lajêng kabêsêm angubêngi griya, isarat ingkang makatên punika, ing sapunikanipun sampun awis ingkang ngangge, awit tiyang sampun kathah ingkang mangêrtos mênawi panganggenipun isarat [isa...]

--- 188 ---

[...rat] wau botên wontên damêlipun, bayi ingkang dipun sarati warni-warni inggih botên kirang ingkang sakit lajêng pêjah, ingkang botên mawi dipun sarati inggih botên kirang ingkang wilujêng sagêd gêsang dumugi sêpuh.

Bab wontênipun ringgit bèbèr bokmênawi dèrèng kina sangêt punika kathah èmpêripun, ananging tôndha pasaksèn sanèsipun, ingkang nêdahakên bab wontênipun punika dèrèng wontên.

Ringgit bèbèr ingkang wontên ing gêdhong museum ing Batawi, kajawi wontên gambaripun Cina, bêbau pulisi, saradhadhu sapanunggilanipun, ugi wontên gambaranipun ingkang warni - saha wujud - punapa malih panganggenipun, ngêplêki ringgit wacucal ing jaman sapunika, ngantos katawis mênawi ingkang dipun gambar ringgit wacucal ing jaman sapunika, ananging mênawi ingkang kacariyosakên ing pèngêtanipun bôngsa Cina bab wontênipun ing ringgit bèbèr wau nyata mawi wontên gambaripun tiyang, pêksi, kewan agêng alit, yèn makatên ringgit bèbèr ing jaman samantên ragi wontên gèsèhipun kalihan ringgit bèbèr ing jaman punika, [pu...]

--- 189 ---

[...nika,] ewadene pasaksèn sanès-sanèsipun dèrèng wontên. Dene bab wontênipun gambaran ingkang tumrap ing ringgit bèbèr punika miturut lampahan ingkang kacariyos ing ringgit purwa utawi gêdhog, dados inggih wontên ringgit bèbèr purwa utawi gêdhog, botên anggadhahi pokok cariyos piyambak kadosdene topèng, ewadene sanadyan makatêna saking pamanggihipun Dhoktêr HAZEU ringgit bèbèr punika yasan Jawi lugu, dede pêpêthikan utawi têtularan saking sanès nagari.

IV. Bab Kaindhakanipun Kawruh Mitontonakên Wayangan (Layangan) Tumrap ing Jaman Sapunika

Ing bab ingkang ngajêng-ngajêng sampun kapratelakakên bab kawontênanipun têtingalan ringgit sapanunggilanipun, ingkang kala jamanipun kina wujudipun têksih pasaja, sarta kalimrahipun wontên ing tanah Jawi ringgit sarta topèng sampun kina-makina sangêt, ing nalikanipun têtiyang Jawi dèrèng kamangsudan kawruh tuwin kagunan Indhu, ing sasagêd-sagêd Tuwan Dhoktêr HAZEU sampun ambudi sagêdipun [sagêdipu...]

--- 190 ---

[...n] anêrangakên kalayan wêwaton tôndha pasaksèn warni-warni, mênawi lajêripun têtingalan ingkang kasêbut ing nginggil wau tuwuh saking kawruh kapracayanipun têtiyang Jawi ing jaman kina dhatêng bab panjing sêraping nyawa dhatêng samining gêsang, kados ta: dhatêng tiyang gêsang, kewan, wit-witan sapanunggilanipun, punapa malih alusing tiyang gêsang manjing ing sami gêsang, malah botên ngêmungakên têtiyang Jawi kemawon, kapracayan ingkang makatên punika ing jamanipun kina pêncar ing satalatahipun kapuloan Indhia Nèdêrlan, ngantos dumuginipun sapriki inggih salong wontên ingkang têksih ngangge piandêl wau, dados wontênipun ringgit sapanunggilanipun punika lajêng minôngka têtingalan kangge pahargyan tumraping karamean ing agami, ananging lami-lami lajêng ewah saking sakêdhik dados têtingalan tumrap ing karênan kemawon, namung têksih ambêkta tilas-tilasipun tatacaraning kapracayan agami sawatawis. Wondene ingkang badhe kawêdharakên ing ngriki bab kamajênganipun têtingalan ingkang tumrapipun ing jaman sapunika namung kangge karênan wau.

--- 191 ---

Sami-sami têtingalan warni tiga wau ingkang katingal majêng piyambak punika têtingalan mitontonakên wayangan (layangan) inggih punika ringgit wacucal, kosok-wangsulipun ingkang sampun botên sagêd majêng utawi tanpa indhak, punika ringgit bèbèr, malah-malah bokmanawi sagêd sirna babar pisan, punapa malih wontênipun ringgit bèbèr punika pancèn dede pokokipun sapisan, punika têtêdhakan saking ringgit wacucal kadhapur gambar. Makatên ugi têtingalan topèng, ing jaman kina mila magêpokan kalihan agami, samangke sampun botên, ananging sanadyan makatêna inggih mêksa botên wontên kaindhakanipun, dados botên sagêd dados têtingalan cara kumidhi, beda kalihan ringgit wacucal, sêsampunipun ringgit punika botên magêpokan kalihan agami, lajêng saya mindhak sae, ambokmanawi mindhak-mindhakipun kabêkta dening kaindhakaning sêsêrêpanipun tiyang Jawi bab agami jalaran kawulang saking sakêdhik dening bôngsa Indhu ingkang nalika samantên kathah sangêt sami angajawi, inggih punika kalanipun tanah Jawi Têngahan dadondados. [da...]

--- 192 ---

[...don] têlênging padagangan, sarta panggenan kalêmpakanipun para nangkoda saking sabrang. Dados dhatêngipun têtiyang Indhu ing ngriki puniki andamêl karaharjaning tanah Jawi lan amintêrakên tiyangipun ing bab agami, sampun tamtu kemawon botên sadaya kapintêranipun tiyang Jawi wêwulangan Indhu, kadosdene ingkang kapratelakakên ing ngajêng. Namung mawon nalikanipun tiyang Indhu kathah angajawi kintên-kintên ing taun Isaka 700 sarèhne inggil kawruhipun bôngsa Indhu kalihan bôngsa Jawi, dados tiyang Jawi niru kawruh Indhu. Dumuginipun ing sapriki ringgit wacucal sangsaya mindhak sae kawujudanipun, alus panggarapipun, sarta mindhak kathah wêwarnènipun, punapa malih dados karênan agêng, botên namung kangge dhatêng têtiyang alit kemawon, para agêng inggih kathah ingkang sami rêmên saha nêngênakên, malah dumuginipun ing jaman ingkang kantun-kantun, dhalang anggènipun anglampahakên ringgit saya mindhak tata sarta mawi dipun watoni ing ugêr padhalangan. Dene lampahanipun ing ringgit inggih kadamêl mêsthi sarta katata ing wêwaton ingkang winastanan [winastana...]

--- 193 ---

[...n] pakêm padhalangan, ingkang kadamêl angringgit inggih mawi katata runtutipun akalihan ringgit ingkang badhe kalampahakên, inggih punika mawi kaperang piyambak-piyambak, kados ta: tumraping ringgit purwa mawi gôngsa salendro, ringgit gêdhog gôngsanipun pelog, wontênipun gêndhing inggih lajêng kadamêl mêsthi miturut wêdalipun ringgit utawi wêdalipun lêlampahan (ing ngriki: lêlampahan, beda kalihan lampahan, kados ta: jêjêr, bambang lêlaku sapanunggilanipun, punika kula wastani lêlampahan, dene cariyosipun ingkang dipun lampahakên, kados ta: lampahan Srikandhi Maguru Manah, Turanggajati, Kumalasêkti, Swargabandhang, sapanunggilanipun, punika kula wastani: lampahan, dados lêlampahan punika peranganipun lampahaning ringgit, dede lampahan kalêmpakipun lêlampahaning ringgit). Wontênipun lampahan ringgit ingkang ing ngajêng namung nyariyosakên lêlampahaning para lêluhur utawi dewa-dewa ingkang ing sadèrèngipun wontên tiyang Indhu ngajawi kaanggêp minulya dening têtiyang [tê...]

--- 194 ---

[...tiyang] Jawi, ing sadhatêngipun têtiyang Indhu angajawi lami-lami lajêng kêsuk sarta kasantunan cariyos lampahan saking Indhu. Makatên punika mulabukanipun têtingalan ringgit wacucal lajêng sagêd dados karênan ingkang limrah, dene sababipun têka dede têtingalan topèng ingkang dados karênan agêng, môngka têtingalan topèng ing kinanipun inggih sami kemawon kalimrahipun wontên ing Jawi Têngah kalihan ringgit wacucal, punika angèl ing panduginipun, sabab saking kasêpênan ing wêwatonan ingkang jangkêp, ingkang sagêd têrang ing pandugi namung saya majêngipun têtingalan ringgit wacucal, anjalari sangsaya munduripun têtingalan topèng, namung ing tanah Jawi Kilèn ingkang miyambaki, jalaran ing tanah Jawi Kilèn ngantos lami tansah kaling-kalingan kamajênganipun Jawi Têngah, pramila inggih ngantos lami wontênipun têtingalan topèng ing Jawi Kilèn dados karênaning ngakathah ingkang botên wontên têtimbanganipun malih, lami-lami sarêng têtiyang Jawi Kilèn sampun katularan rêmên dhatêng têtingalan ringgit wacucal, sarta nêdhak bab kawontênanipun padhalangan sarta cariyos lampahan ringgit [ringgi...]

--- 195 ---

[...t] warni-warni ingkang limrah kangge ing Jawi Têngah, ing ngriku malah lajêng wontên têtingalan ingkang kalimrah ing ngakathah anama: topèng dhalang, ananging kauningana, awit saking kasêpênan wêwaton cariyos ingkang gumathok utawi ingkang kenging kapitados, Tuwan Dhoktêr HAZEU botên kadugi nêrangakên kamajêngan wau saking satunggil, ingkang kenging dipun têrangakên kalayan mêsthi sarta yakin namung: mèh andukapipun abad ing taun Walandi ingkang kaping 12 kamajênganipun kawruh bab ringgit tamtu sampun kathah, sabab ing jaman samantên ringgit wacucal botên namung kalimrah kangge têtingalan ing ngakathah kemawon, ingkang kacariyosakên ugi sampun sagêd damêl êngês utawi ngêrêsing manahipun ingkang ningali, katôndha saking kawontênanipun lampahan ringgit ing kala samantên, sampun katata kadamêl mêsthi ing salampahan-salampahanipun, botên namung kalampahakên sarana kêkidungan kados ing jamanipun kina kemawon, punapa malih wêdalipun ringgit inggih sampun sinartanan ungêling gôngsa ingkang mêsthi. Dumuginipun watawis ing sabakdanipun abad ingkang

--- 196 ---

kaping kalih wêlas ing taun Walandi, yèn botên inggih malah ing sadèrèngipun, ringgit wacucal sampun kangge têtingalan kalimrah ing ngakathah, sarta dados karênanipun para agêng tuwin têtiyang, alit jalêr èstri, ênèm sêpuh ngantos dumugi sapriki.

Bab badhenipun ringgit kala ing jaman kinanipun miturut ingkang kasêbut ing Arjunawiwaha kaca 10, kathah têrangipun mênawi ingkang kadamêl wacucal, punapa malih pêthikan saking Sêrat Tantu Panggêlaran inggih nyêbutakên mênawi badhenipun ringgit ingkang kadamêl wacucal. Ing sabakdanipun jaman wau lajêng kathah ewah sarta indhakipun ringgit wacucal, kados ta wujuding ringgit, panggaraping wacucal badhening ringgit, caraning pangringgit, lampahaning cariyos sapanunggilanipun, dene dumuginipun ing jaman sapunika sampun kathah wêwahipun, ananging ingkang dipun sênêngi ing tiyang kathah mêksa cariyos lampahan, sarta prabot-prabot, tuwin lampah-lampahing pangringgit cara adat ing jaman kina, kados ta ingkang tumrap ing prabot, umpaminipun blencong, ing jaman sapunika para agêng [a...]

--- 197 ---

[...gêng] sampun kathah ingkang karsa ngagêm balencong dilah triyom sapanunggilanipun ingkang mawi lisah pitroli, utawi gas, ananging têtiyang alit inggih mêksa botên patos rêmên, rêraosanipun kawon sae kalihan balencong kina, jalaran balencong kina sagêd damêl gêsangipun ringgit, pikajêngipun: awit saking ebahing urubipun ucêng-ucêng sagêd damêl ebahipun wayangan (layangan)nipun ringgit ing salêbêting kêlir, kados gêsang sagêd ebah piyambak, mênggah lampah-lampah wau dumuginipun ing sapriki malah têksih kathah ingkang lêstantun katindakakên botên mawi ewah kados satatanipun ing jaman kina, kajawi têmbungipun dhalang punika tamtu kemawon kêdah ewah manut basa ingkang kalimrah kangge ing satunggil-tunggilipun jaman utawi panggenan.

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, lami-lami lajêng wontên ingkang gadhah reka damêl ringgit kajêng, pinulas ing sungging kadosdene ringgit wacucal, dene tanganipun ingkang kadamêl inggih têksih wacucal balaka kados limrahipun ringgit, awit saking wontênipun ringgit kajêng punika

--- 198 ---

lajêng ngicalakên luguning namanipun: wayang (wayangan = layangan), amargi pangringgitipun lajêng botên mawi aling-aling kêlir, wujuding ringgit katingal wantahan, botên namung ngatingalakên wayanganipun kemawon, mila pangringgitipun inggih namung wontên ing gawang. Lami-lami ringgit kajêng wau lajêng binudi asantun wujud golèk, sarta dipun pulas ing sungging sarta kapraos kadosdene ringgit wacucal, manut dandosanipun ringgit satunggil-tunggilipun, dene bab lampahanipun cariyos, ringgit saya lami inggih saya mindhak kathah saha warni-warni, pramila ing sapunikanipun jamaning lampahan wau kaperang sakawan kados ing ngandhap punika:

1. Cariyos lampahan ing jaman kina, miturut ing panganggêpipun têtiyang Jawi kawastanan: cariyos kala jaman tanah Jawi têksih kadewan. 2. Cariyos lêlampahan ing jaman Panji. 3. Cariyos lêlampahan Damarwulan 4. Cariyos lêlampahan ing tanah Arab kala jamanipun Amir Amjah.

--- 199 ---

Tumraping cariyos lampahan warni sakawan punika wujudipun ringgit ingkang kalampahakên inggih warni sakawan, kados ta: tumrap cariyos lampahan ing jaman purwa ngangge ringgit purwa, tumrap cariyos lampahan ing jaman Panji, ingkang dipun angge ringgit gêdhog, tumrap cariyos lêlampahan ing jamanipun Damarwulan, ringgitipun kalithik utawi ugi dipun wastani ringgit karucil, tumrap cariyos lêlampahan ing jamanipun Amir Amjah ingkang dipun angge ringgit golèk, dene ingkang kalampahakên ing ringgit tiyang, ingkang tumindak ing jaman sapunika sawêg cariyos lêlampahan ing jaman purwa, ing jaman Panji, akalihan ing jaman Damarwulan. Sanadyan pamerangipun wau dèrèng kenging dipun wastani tata, ewadene sampun alêlandhêsan wêwaton sangkanipun sagêd ngupadosi sababipun ambêkta nama-nama wau sadaya.

Ingkang sapisan têmbung: purwa, asalipun saking têmbung Sangskrita: purwa, têgêsipun: sapisan, wiwitan, ingkang rumiyin, ingkang kina. Jaman purwa têgêsipun: jaman kawitan, jaman ingkang kina-kina, dados ringgit purwa [pur...]

--- 200 ---

[...wa] têgêsipun ringgit ing jaman kawitan, utawi ing jaman kina, utawi ringgit ingkang kalampahakên miturut cariyos ing jaman kawitan, punika kathah èmpêripun mênawi karêmbag akalihan suraosing cariyosipun lêlampahan, utawi cocogipun akalihan pirantosipun ingkang kangge ngringgit. Miturut karanganipun Dhoktêr VAN DER TUUK ingkang kapacak wontên ing Tijdschrift Bat. Gen. XXX ing kaca 199 sarta 200 kala ing taun 1879 nyariyosakên mênawi ing Bali namung wontên warni ringgit satunggil, inggih punika ingkang ing ngrika dipun wastani ringgit: parwa, têmbung parwa wau ing tanah Jawi panganggenipun linintu: purwa, ingkang atêgês sêpuh, môngka mênawi mirid pitêmbungan ing karanganipun Dhoktêr VAN DER TUUK ingkang mungêl: cariyos ringgit ingkang kalampahakên dening para dhalang pêpêthikan saking parwaning (parwa = perangan) Sêrat Mahabarata (Mahabharata).

Ing Tijdschrift Bat. Gen. deel XXXII kaca 124 Dhoktêr Brandhês anglêrêsakên pamanggihipun Dhoktêr VAN DER TUUK sarta mastani mênawi lêrêsipun ringgit purwa ing Bali

--- 201 ---

ringgit parwa (parwa) punapa malih Dhoktêr Brandhês amratelakakên wontên ing nut ing anggitanipun Sêrat Pararaton ing kaca 180, makatên: awit saking ingkang kasêbut ing pangajêngipun Sêrat Kôndha ingkang kawêdalakên kala ing taun Isaka 1731 utawi 1739, ungêlipun makatên: "ndan purwaninkang carita, kandhanipun ringgit paruwa nenggih": mirid saking punika sagêd ugi: purwa, wau mingsêdipun têmbung: parwa: ingkang ing kinanipun aksaranipun wa, mungêl panjang, mila sinêrat parwa. Têmbung: paruwa, ingkang ugi kenging kakêcapakên dados: pêruwa, sarta: pruwa, lami-lami sagêd mingsêd malih dados purwa.

Miturut têmbungipun têtiyang Bali mila ta ringgit purwa dipun wastani ringgit parwa (parwa) jalaran sêrat-sêrat ing têmbung Sangskrita, ingkang minôngka babonipun cariyos lêlampahan ingkang kathah-kathah, ingkang kangge ringgit purwa, punika kaperang ing pintên-pintên kôndha (cariyos) upaminipun ing Sêrat Pustakaraja dipun wastani: kandhêh, pratama kandhêh, dwita kandhêh sapanunggilanipun ing ngriku [ngri...]

--- 202 ---

[...ku] pamerangan wau dipun wastani: parwan, ing têmbungipun Sangskrita: parwa (parwa).

Ing Madura ringgit purwa dipun wastani: bajang palbah (badjang palbah) sampun tamtu: palbah punika mingsêdipun têmbung: parwa (parwa).

Miturut karanganipun Prophesor FRIEDERICH ingkang kasêbut ing Bat. Gen. XXII. p. 15 sêrat Voorloopig Verslag Van het einland Bali" malah Sêrat Mahabarata (Mahabharata) punika ing Bali botên wontên, ingkang wontên namung peranganipun cariyos wolulas, ingkang ing Bali dipun wastani 18 parwa (parwa), awit saking punika pangintênipun Prophesor FRIEDERICH bokmênawi dhatêngipun Sêrat Mahabarata saking Indhustan ing tanah Jawi dèrèng dipun wastani Mahabarata, sawêg karan parwanipun kemawon. Saking pangandikanipun Dhoktêr Hase, pangintênipun Prophesor FRIEDERICH wau pancèn lêpat, sabab miturut pratelanipun Prophesor Kèrên (KERN) bab pêrtalanipun kêmbungtêmbung. Jawi Sêrat Mahabarata, Sêrat Mahabarata ing Bali pancèn wontên, ing ngriku dipun wastani Sêrat: Asthadasaparwa (Asthadaçaparwwa)

--- 203 ---

ewadene minôngka tôndha saksi ugi, mênawi peranganipun Sêrat Mahabarata ing Bali mila yêktos dipun wastani: parwa (parwwa), dados yèn makatên namanipun ringgit purwa punika mêndhêt saking namaning peranganipun sêrat ing têmbung Sangskrita ingkang nama: Mahabarata (Mahabharata) inggih punika dipun wastani: parwa (parwwa). Wontênipun Sêrat Mahabarata punika sêsampunipun kalimrahakên wontên ing tanah Jawi lajêng kawangun satunggil-tunggilipun cariyos ingkang kasêbut ing sêrat wau sarta lajêng kadamêl cariyos katêrapapakên ing lampahan ringgit, yèn makatên namanipun ringgit purwa punika mêndhêt saking kawontênanipun cariyos, botên saking namanipun prabot ringgit utawi ringgitipun.

Têmbung gêdhog punika têgêsipun ingkang mirid ing prabot ragi kirang gumathok, ing Sêrat Panji ingkang kawêdalakên dening Prophesor ROORDA ing wiwitanipun wontên ingkang mungêl makatên: (cariyosipun Panji Kudawanèngpati) ugi saengga ing mangke sawêg kangge ing ringgit gêdhog, pramila dipun namèni [na...]

--- 204 ---

[...mèni] ringgit gêdhog, watês pisahipun kalayan cariyosipun ringgit purwa. Pikajêngipun ingkang nganggit bokmênawi têmbung gêdhog wau dipun têgêsi sami kalihan: gêdhug, wondene gêdhug artosipun: pantog, dumugi ing watês, katog, punapa malih bokmênawi dipun têgêsi sami akalihan: gêdhèg, mênggah pikajêngipun ingkang nganggit sêrat Panji wau, sampun têtela mênawi têmbung gêdhog punika pikajêngipun atêgês: watês, inggih punika watês cariyos ringgit purwa akalihan ringgit gêdhog, môngka ing ngajêng ingkang nganggit sêrat wau sampun nate nyariyosakên makatên: kôndha talutur saking ringgit purwa, dados ringgit gêdhog dipun anggêp thukulanipun ringgit purwa, ringgit gêdhog inggih ugi dipun wastani: wayang takul, kramanipun ringgit takul, mênggah têgêsipun: ringgit gêdhog punika sambêtanipun ringgit purwa, awit takul punika ing têmbungipun Bali atêgês: sambêtan, pikajêngipun têmbung: takul ragi nunggil misah kalihan têmbung Jawi thukul utawi thukulan.

--- 205 ---

Kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, ing pambukanipun sêrat: lakon Prêgiwa, ingkang kawêdalakên dening Tuwan WILKENS kasêbut ing Tijdschr. Ned. Indie. 8ste jaarg (1846) deel II pag.I, tuwan wau mawi mratelakakên makatên: miturut cariyosipun satunggiling tiyang Jawi ingkang sampun kawical sagêd, gêdhog punika têgêsipun ing têmbung kawi: kapal (kuda) (ngoko jaran) milanipun ringgit ingkang kangge ing cariyosipun lêlampahan ing jaman Panji dipun wastani gêdhog, jalaran para satria tuwin para lêluhur ing kala jaman samantên limrahipun sami ngagêm asma araning kapal, inggih punika: kuda, upaminipun: Kudalaleyan, Kudatilarsa, Kudanawarsa, ananging panjarwa ingkang makatên punika saking pamanggihipun Tuwan WILKENS dèrèng sumèlèh, kenging punapa têka botên dipun wastani ringgit kuda, kajawi punika ing jaman samantên araning maesa = kêbo, utawi lêmbu, lêmbu inggih limrah kagêm ing asmanipun para lêluhur utawi para satria. Pitakèn ingkang kasêbut ing nginggil punika ragi kirang

--- 206 ---

mencok, jalaran limrahipun tiyang namani samubarang asring namung kapêndhêt pantêsipun, utawi sakecanipun ing pakêcapan, yèn makatên kenging punapa ingkang kangge ing asmaning para lêluhur ing jaman kina têka têmbung ngoko: kêbo, dede: maesa, sarêng: sapi, têka: lêmbu, botên: sapi, ing Sêrat Bausastra karanganipun Tuwan WINTER têmbung gêdhog inggih dipun têgêsi: kapal, dene têmbung gêdhogan têgêsipun ing têmbung Bali, Sundha sarta Jawi sami kemawon = kandhang kapal ingkang mawi tataban, têmbung wod: dhug, sapanunggilanipun punika nirokakên ungêling swaranipun tiyang nutu, dhodhog-dhodhog sapanunggilanipun. Ingkang mawi swara: dhog-dhog, dhèg-dhèg, dhug-dhug, dene têmbung: gêdhog ing Bausastra Jawi inggih dipun têgêsi: pangêtabing kapal mawi tracak wontên ing gêdhogan, bokmênawi kenging ugi dipun anggêp bilih têmbung gêdhog wau tumrapipun ing sêrat ingkang mawi sêkar kangge ing namanipun kapal, kapêndhêt saking suwaranipun mênawi ngêtab mawi sukunipun wontên ing gêdhogan, inggih punika gêdhog-gêdhog, [gêdhog-gê...]

--- 207 ---

[...dhog,] ananging ingkang makatên wau inggih têksih sêpên tôndha pasaksènipun, dene ingkang sampun kasumêrêpan, namanipun para wiratoma ingkang dados cariyos wontên ing ringgit gêdhog, utawi ing cariyos Panji, sami ngangge têmbung ingkang têgêsipun: kapal, kados ta: Kudawanèngpati, Kudanarawôngsa, Undhakan Sastramiruda (undhakan = kapal = jaran) Kudatilarsa, Kudanawarsa, Inujaran, ingkang kangge ing Bali: Kudawasèngsari utawi Undhakan Wasèngsari, pramila inggih wontên èmpêripun ugi mênawi namanipun ringgit gêdhog punika kapêndhêtakên saking namanipun para wiratama ingkang dados cariyos ing ringgit gêdhog, utawi ing sêrat cariyos Panji, dene mawi ngangge sêsilih namaning kapal, inggih punika kuda.

Miturut Dr. V.D. TUUK Panji punika paraban, dados sanès nama, lan miturut Prophesor KERN Panji têgêsipun: bandera, utawi têngêr (makatên ugi ing têmbung Walandi, upsir ingkang ambêkta bandera Vaandel namanipun Vaandrig) dados pangkat Panji punika tuwuhipun [tuwuhi...]

--- 208 ---

[...pun] saking Panji ingkang atêgês bandera, têngêr, tôndha, utawi: abdining ratu. Ing basa Sangskrita: Panji utawi Panjika: têgêsipun rêgistêr utawi almênak.

Kasêbut ing Sêrat Pararaton nalika ing jaman Majapait, kathah bôngsa ruhur ingkang ngagêm asma namaning sato, kados ta: lêmbu, kêbo, macan, dhandhang. Sarèhne nama-nama wau mawi dipun rumiyini têmbung Panji, utawi: Sang Panji, dados kintên-kintên kala samantên sato wau minôngka têngêring bandera. Malah Prophesor VREEDE anggalih ingkang makatên wau botên lôngka, dados nyulayani pamanggihipun Tuwan WILKENS ingkang kasêbut ing nginggil, inggih punika: yèn ta pamêndhêtipun saking namanipun para wirotama wau dene mawi araning kapal (kuda), kenging punapa botên dipun têgêsi ringgit kuda. Limrahipun ing têmbung Jawi ingkang tumrap ing pêparikan utawi ing pasêmon, saya malih ing têmbung padhalangan, kathah kemawon ingkang mawi têmbung plewadan utawi botên ngangge lêrêsing [lêrê...]

--- 209 ---

[...sing] têmbungipun, kados ta têmbung: kapal utawi kuda, bokmanawi dipun rêmbag sampun kalimrahakên kangge namanipun ringgit, milanipun ngangge têmbung gêdhog, mênawi makatên, sanadyan wêwaton wau dèrèng kenging kaanggêp lêrês, ewadene ing sadèrèngipun angsal katêrangan ingkang langkung jangkêp tôndha pasaksènipun, mênawi mirid saking têmbung gêdhog ingkang atêgês kuda kados ingkang kasêbut ing nginggil, sampun têtela mênawi namanipun ringgit gêdhog punika botên mêndhêt saking kawontênaning pirantosipun ringgit, utawi saking namanipun tiyang ingkang dados lêlajêring cariyos.

Awit saking anggènipun nyêbal saking pathokan tumrapipun ing padhalangan punika, kathah nama-namanipun ringgit Jawi ingkang lajêng angèl sangêt katêranganipun, kados ta: Mintaraga, Jayapitana, Janaka, lan sanès-sanèsipun.

Salajêngipun DR. HAZEU ngandika makatên: manawi botên kalintu sêrêp pamaos kula sêrat bab ringgit purwa, Tuwan DR. BRANDES ngintên bilih têmbung: gêdhog punika asalipun saking têmbung: kêdhok, ingkang kalimrah

--- 210 ---

ing Jawi Kilèn, têgêsipun pupur, bobok utawi topèng. Ananging ringgit gêdhog punika kajawi sawênèhing panganggenipun, botên wontên bedanipun kalihan ringgit purwa, dados kêdhok utawi topèng botên tumut punapa-punapa. Inggih lêrês topèng dhalang punika nyariyosakên lampahanipun Panji, ananging kadosdene ingkang kapratelakakên ing ngajêng topèng punika anggitan ing Jawi Kilèn, nelad ringgit ing Jawi Têngahan sarta ing Jawi Wetan, ingkang kala samantên sampun majêng sangêt. Rak inggih sampun têrang bilih têtingalan Jawi punika ingkang majêng rumiyin ing Jawi Têngahan lan ing Jawi Wetanan, botên ing Jawi Kilèn. Makatên ugi ing sêrat De Wajang Poerwa, een Ethnologische studie ing kaca 106 lan 240 wontên ingkang nyêbutakên: wayang bèbèr gêdhog, wayang bèbèr purwa. Manawi yaktos wontên pangaran-aran makatên, dados têtela: gêdhog, punika sanès pêpiridan saking têmbung: kêdhok.

Mênggah têgêsipun têmbung: kêlithik, akalihan kêrucil, sampun sami kemawon, sintên ingkang

--- 211 ---

mirêngakên tiyang ngucapakên têmbung kêkalih punika lajêng mangêrtos mênawi sami têgêsipun, sabab kêdal èl sarta èr ingkang sumêlap ing têmbung punika ingkang kathah têmbungipun anggadhahi têgês: alit, sakêdhik, kêra, ngrêmya, sapanunggilanipun, kados ta: kêcil, punika sampun kathah ingkang nyumêrapi, kêlithik, saking kithik utawi saking kêthik, saking thik, ingkang nuwuhakên pangintên saking têmbung: sathithik sarta sakêdhik utawi kêdhik, kados ta: kopi kilithik utawi klithik, punika kosokwangsulipun kopi krosok. Ngalithik, têgêsipun: ngêra, saya kêra, klithikan = mande barang-barang alit, dados ringgit kalithik wau namanipun bokmênawi mêndhêt saking wujudipun alit, ingkang katingalakên lugu wujuding ringgit, beda akalihan ringgit purwa, wujudipun agêng, ingkang dipun tingalakên layanganipun, dados namanipun ringgit kalithik punika pamêndhêtipun saking kawujudanipun, beda akalihan ringgit purwa sarta ringgit gêdhog.

Sapunika bab ringgit golèk, têgêsipun golèk punika bonekah, ingkang kadamêl kajêng, wujudipun gilig, [gi...]

--- 212 ---

[...lig,] gilig punika lèrègipun dhatêng bundêr, ingkang kaping kalih têgêsipun golèk wau: pados, têmbung bundêr akalihan golèk (pados) pikajêngipun nunggil misah, golèk (pados) mawi mubêng-mubêng murih angsalipun, bundêr lèrègipun inggih dhatêng ubêng, sarèhning badaning ringgit golèk punika gilig, lèrègipun gilig dhatêng bundêr, bokmanawi namanipun golèk punika mêndhêt saking wujuding awakipun, inggih punika: golèk angsal dening: pados = mubêng-mubêng = bundêr = gilig.

Bab namanipun ringgit tiyang punika sampun tamtu kemawon kapêndhêtakên saking kawontênanipun ingkang dados ringgit, sami kalihan topèng, namung ringgit tiyang tanpa ngangge topèng.

Miturut ingkang sampun kasêbut ing nginggil, namanipun ringgit purwa sarta gêdhog punika mêndhêt saking kawontênanipun cariyos ingkang kalampahakên, dene ringgit kêrucil, inggih punika ringgit kêlithik sarta ringgit golèk, punika kapêndhêtakên saking kawontênaning badhenipun ingkang kadamêl ringgit, dados mênawi kaperang [ka...]

--- 213 ---

[...perang] miturut ingkang dados ringgit, kenging kawastanan makatên: ringgit wacucal, ringgit kêlithik, ringgit golèk sarta ringgit tiyang. Mênggah wontênipun ing jaman sapunika pangaran-aran ingkang makatên punika inggih sampun kêlimrah. Prof. POENSEN lan Prof. VETH mastani bilih ringgit gêdhog punika ingkang kadamêl kajêng ngangge tangan wacucal, ananging Tuwan WINTER, WILKENS, VAN DER DOES lan Radèn Mas Utaya amastani yèn ringgit gêdhog punika rumiyin mila ngantos sapriki ingkang kadamêl wacucal.

Panjênênganipun Dr. HAZEU kagungan pamanggih ingkang kintên-kintên botên kenging kapaibèn, bilih sadaya barang enggal punika kanamanan ngangge namanipun barang utawi lêlampahan ingkang nalikanipun samantên kalêbêt nganèh-anèhi. Ing ngajêng sampun kapratelakakên, Sêrat Arjunawiwaha sarta sêrat Jawi ingkang kina-kina namung nyêbutakên: ringgit wacucal kemawon, sarta sampun katêrangakên gênah yèn ringgit punika sajatosipun wayangan. Kala samantên inggih sampun wontên caranipun mitontonakên ringgit tumraping ngakathah, dene ingkang

--- 214 ---

kangge jêjêring lêlampahan kintên-kintên cacriyosan Jawi kina utawi Malayu Polinesi. Cacriyosan Indhu kala samantên dèrèng kalimrah. Bilih sadaya wau kagathuk-gathukakên, kita lajêng sagêd nyumêrêpi babadipun ringgit sarta nama-namanipun ingkang kathah-kathah, sarana kacêkak makatên: sarêng têtiyang Indhu ngajawi, tiyang Jawi katularan cacriyosan sarta dêdongenganing agami Hindhu ingkang kawrat ing parwanipun Sêrat Mahabarata, wiwit ing kala punika cêcriyosan ingkang kalampahakên ing ringgit wacucal sawêg katunggilan cariyos Indhu, ingkang lami-lami lajêng kalimrahakên waradin ing tanah Jawi, dados yèn makatên ringgit wacucal dipun wastani ringgit parwa, ing sajatosipun pangaran-aran makatên punika pancèn botên cundhuk akalihan kawontênanipun, sabab kajawi cacriyosanipun, sadaya kawujudan saha parincèning ringgit botên ewah, têksih têtêp kados ing sadèrèngipun ringgit wacucal wau kaangge maujudi parwan Mahabarata. Wangsul samangke, lah tiyang namung kaewahan cacriyosanipun kemawon, têka namanipun lajêng dipun ewahi

--- 215 ---

lami-lami sarêng luguning cêcriyosan ingkang kawrat ing parwanipun Sêrat Mahabarata sampun kawangun ing saprayoginipun tumrap ing lampahan ringgit, têtiyang Jawi lajêng nganggit lampahan Panji katêrapakên ing ringgit ugi, sarta lajêng dipun wastani ringgit gêdhog, makatên malih bab wontênipun ringgit sanès-sanèsipun, pangraos kula kados sampun nyêkapi kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil.

Ing wusana bab wontênipun ugêr padhalangan, sarta lampahan ringgit satunggil-tunggilipun, kados botên pêrlu kula sêbutakên ing sêrat punika, jalaran sampun kasêbut wontên ing sêrat-sêrat Jawi sanèsipun, kados ta: ing sêrat ugêr padhalangan sarta ing sêrat pakêm padhalangan, sanadyan ing sêrat-sêrat wau kathah nama-namaning tiyang ingkang dados lampahan, sarta namaning nagari sapanunggilanipun, ingkang gèsèh kalihan babonipun Indhu.

Tamat.

--- 0 ---

Isinipun Sêrat Punika

Pambuka ... ing kaca 49 / I. Têtingalan ingkang kapitontonakên sarana wayangan (layangan) ... ing kaca 57 / § 1. Bab pandamêlipun ringgit purwa sarta ringgit gêdhog, tuwin prabotipun sawatawis ... ing kaca 57 / § 2. Umuripun ringgit purwa ... ing kaca 62 / § 3. Asalipun ringgit purwa ... ing kaca 89 / § 4. Mula bukaning pikajênganipun ringgit wayang ... ing kaca 129 / II. Bab Têtingalan Topèng ... ing kaca 162 / III. Bab Têtingalan Ringgit Bèbèr ... ing kaca 179 / IV. Bab Indhakanipun Kawruh Mitontonakên Wayangan (Layangan) ing Wingking ... ing kaca 189.

--- 0 ---

M. Poedja ardja. Sari moelya ... f 0,23 / R. Marta ardjana. Serat Koela pratama ... f 0,12 / M. Poedja ardja. Dongèng Empol Empil ... f 0,08 / Pakem Ringgit Poerwa, I, II lan III ... f 0,15; 0,12; 0,14 / R. Marta kesoema. Pratikelipun moerih soedaning karojalan ... f 0,06 / R. Poerwa soewignja. Nembelas tjarios ... f.0,08 / M. Prawira soedirdja. Bab bako garangan f 0,11 / M. Poedja ardja. Niti karsa f 0,09 / R. M. Mangkoedimedja. Serat Poerwa wahja ... f 0,19 / R. Sisnaèni alias Wirja soesastra. Dongèng mantja-warni ... f 0,10 / M. Marta sendjaja. Layang babasan lan saloka ... f 0,8 / M. Samsir. Lelemboet kolérah (ter perse) ... / R. M Mangkoedimedja. Serat Pararaton I f 0,15 / R. M Mangkoedimedja. Serat Pararaton II ... f 0,50 / R. M Mangkoedimedja. Serat Pararaton III ... f 0,81 / R. Sastra prawira. Bioeng koealon ... f 0,02 / R. Soerati alias Dirdja soebrata. Gara-gara ... f 0,10 / R. Soerati alias Dirdja soebrata. Pamboekaning nalar ... f 0,20 / Kemis alias Ardja soewita. Pasrèn ... f. 0,05 / R. Ng. Soera dipoera. Serat babad Mangir, tanpa tembang ... f 0,16 / R. Sasra koesoema. Ketrangané Basa Djawa (ter perse) / M. Sarban. Panoelakipoen bebaja woeta ... f 0,18 / Djakoeb en Wignjaroemeksa. Lajang pratikelé naboeh gamelan ... f 0,22 / R. Moehamad Jacoeb. Serat karti wisaja / R. Marta-ardjana. Serat Adji selaga ... f 0,07 / Serat tjariosipun oelam koetoek / H. Croes. Serat daja wahana / M. Poedja-ardja. Tjarios Tilarsa ... f 0,26 / R. Tirtadanoedja. Ngelmoe kasoegihan ... f 0,05 / R.M. Soetirta. Paribasan (aksara Welandi) ... f 0,03 / R. Poerwasoewignja. Lebdatama I en II ... f 0,08 en 0,18 / R.Ng. Soeradipoera. Bedahipun Ngajogjakarta ... f 0,18 / M. Soekarman, alias Mangoen Poestaka. Oepa Darja ... f 0,09 / Soeara. Bab alaki rabi ... f 0,09 / Moersiman, alias M. Wiriadiardja. Waris lan Lalis ... f 0,07 / Moersiman, alias M. Wiriadiardja. Jogya Sastra (Basa Djawa ditoelis nganggo aksara Welanda) ... f 0,05 / R. Ng. Djaja Margasa. Wredda Moeda ... f 0,11 / M. Jasawidagda. Tjarios lelampahanipoen peksi glatik ... f 0,10 / M. Prawira Soedirdja. Serat Panoetan / H.C. Croes. Bab Angin f 0,05 ... f 0,05