Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kawruh Jêjêran, Nayawirôngka III, 1937, #319

Katalog:Kawruh Jêjêran, Nayawirôngka III, 1937, #319
Sambung:-

Bab Kawruh JêjêranTeks asli tanpa judul.

--- 0 ---

Sêsorahipun Mas Ngabèi Jararaga, (Ki Salêmbar - kaponakanipun Mas Ngabèi Jararaga Gondhing, utawi Puthung) wontên ing Pahêman Radyapustaka, bab kawruh jêjêran.

Ingkang andhapuk Mas Ngabèi Naya Wirôngka kaping 3.

1936.

--- 1 ---

Kula nuwun, bokmanawi panjênêngan sadaya sampun anguningani, kawontênan kula punika golongan kriya sêpuh, kolot tur botên sastra, ingkang limrah sagêdipun nyêrat namung: tèkên, punika kalihan dipun cêcêki prênahipun, ewadene kabêkta anggèn kula ngèstokakên, pamundhutipun pangrèh Pahêman Radyapustaka, sasêlaning napas sêsêg (ngangsur) minta sraya anak putu, kula purih nyêrati rêmbag kula punika, mila manawi kirang cêtha (botên mangrêtosakên) andhap cêthèking kawruh, kauning ukara, tuwin kithaling basa, panjênêngan sadaya kula aturi paring pangaksama ingkang agung.

Wondene sêsorah kula bab jêjêran punika, murih têrangipun kula dum dados gangsal bagean.

1. Bab kajêng badhening jêjêran.

2. Panggarapipun.

3. Wangun saha peranganipun jêjêran tunggaksêmi.

4. Dhapur utawi blak.

5. Pangrukti.

Bagean 1. Bab Kajêng Badhening Jêjêran

Kajêng badhening jêjêran cara ing nagari Surakarta Adiningrat, punika warni tiga, kajawi ingkang kagolong rècèh, dene pratelanipun kados ing ngandhap punika:

1. Kajêng tayuman.

2. Kajêng kumuning.

--- 2 ---

3. Kajêng trikancu.

4. Tumrap kajêng badhe jêjêran ingkang rècèh: kajêng sawo, kajêng pace sapanunggilanipun.

I. Dene kajêng tayuman punika warni gangsal, pratelan nami saha ancêr-ancêr warninipun kados ing ngandhap punika:

Ha. Tayuman Trêngganu. Wêdalan saking tanah Trêngganu, punika sêratipun ragi agal ananging mungal, tuwin dhasaripun madhêt saha mêlês, sap-saping sêrat (ingkang anjalari dados sêkar, pusêr cawang, kotang sêsaminipun) punika waradin ajêg sapipun, ngantos kados lurik cêmbirit. Guwayanipun abrit sumringah, dadosing babaran, gêbêganipun sae, gilap utawi awèt.

Na. Kajêng tayuman Acih. Kacariyos wêdalan saking tanah Acih. Punika sêratipun lêmbat, dhasaripun madhêt, guwayanipun abrit ragi kêmba (kirang sumringah) sap-saping sêrat kirang cêtha, dadosing babaran gêbêganipun sae, gilap utawi awèt.

Ca. Kajêng tayuman Kote. Kacariyos wêdalan saking tanah Kote, Burneo. Punika sêratipun lêmbat, dhasaripun madhêt, warni abrit sêmu biru, guwayanipun pêtêng, sap-saping sêrat kirang cêtha, dadosing babaran gêbêganipun sae, gilap utawi awèt.

Ra. Kajêng tayuman Krangeyan. Sêratipun lêmbat, dhasaripun madhêt, [madhê...]

--- 3 ---

[...t,] warni abrit sêmu biru, guwayanipun pêtêng, sap-saping sêrat kirang cêtha, dadosipun babaran gêbêganipun kirang sae, kirang ngulit gilap, utawi enggal surêm.

Ka. Kajêng tayuman Timur. Wêdalan saking tanah Timur, sêratipun ragi lêmbat, dhasaripun kirang madhêt, warni jêne, adhakan sap-sapipun sêrat kaworan cêmêng, blorong, sagêdipun abrit sumringah: sarana dipun abrit pacar, sapindhah utawi kaping kalih, dadosipun babaran gêbêganipun kirang gilap, sarta enggal surêm.

Wondene titikanipun kajêng tayuman punika, bèntênipun kalihan kajêng kumuning: Kajawi ingkang kapratelakakên ing nginggil, manawi dipun bêsmi, kajêng tayuman punika gandanipun botên eca (sabrèbèt durèn kados sêsukêr sêmangit).

Caking ongotan atos, tilasipun gilap.

II. Kajêng kumuning punika warni kalih.

Ha. Kajêng kumuning bang (kumuning abrit). Punika wêdalan tanah Jawi, sêratipun lêmbat, nanging manawi katimbang kalihan kajêng tayuman, êmpuk kirang madhêt, warni sampun ragi abrit, ananging kirang guwaya, supados sagêd abrit guwaya, sarana dipun abrit pacar sawatawis, sap-sapipun sêrat cêtha, ananging botên tamtu ajêg gangipun, mila manawi wontên sêkaripun: pusêr, cawang, tuwin kotang sagêd cêtha, namung botên tamtu kêbak sap-sapipun, [sa...]

--- 4 ---

[...p-sapipun,] dadosipun babaran gêbêganipun tinimbang kajêng tayuman kirang sae, kirang gilap utawi enggal surêm, tuwin sarèhne kirang atos dados dêringipun inggih enggal gundhul.

Manawi dipun bêsmi kajêng kumuning punika gandanipun sêmu wangi.

Ongotanipun kraos êmpuk, tilasing ongotan botên patosa gilap.

Na. Kajêng kumuning pêthak. Punika wêdalan tanah Jawi, sadayanipun kados kumuning bang, kaot warninipun pêthak, sagêdipun dados jêjêran warni abrit punika: sarana dipun pacar, kirang langkung kaping gangsal rambahan.

III. Kajêng trikancu punika wêdalan tanah Jawi, sêratipun agêl kêlêm, sap-saping sêrat botên cêtha, dahasaripun ragi madhêt, warni abrit sêpuh guwayanipun kêmba bêsêm, dadosipun babaran gêbêganipun awon, botên sagêd gilap.

Malah nalika taksih ragi gampil pangupadosipun kajêng tayuman, kajêng trikancu punika kagolong kajêng asor, namung samangke dipun anggêp ragi lumayan, dening kajêng sampun gadhah dhasar abrit.

IV. Dene kajêng badhe jêjêran ingkang kagolong rècèh, kados ta: kajêng sawo punika sêrat ragi lêmbat, manawi katandhing kalihan kajêng tayuman, dhasaripun kirang madhêt, êmpuk,

--- 5 ---

warni abrit bêsêm, klucèh-klucèh, dadosipun babaran, gêbêganipun botên sagêd gilap, mila sarana kaplitur, lajêng warni abrit sêpuh bêsêm, guwaya pêtêng.

Manawi kajêng pace, sarwa kasar, êmpuk gopok, botên sagêd sae, anggènipun kangge jêjêran namung dening warni jêne, nanging inggih rêgêt saha klucèh-klucèh, panunggilanipun malih sampun botên kula aturakên.

Bagean 2. Panggarapipun Damêl Jêjêran

Badhening jêjêran punika ing riki kula pratelakakên:

Ha. Wiwit badheni: kajêng glondhong dipun kêthok panjangipun nêm jêmpol = 13 sèntimètêr. Lajêng kasigar ngarêp manah, sarana bêndho dipun thuthuk. Sasampuning dados sigaran lajêng dipun prèjèngi (pêthèl), badhenan punika kaangkah wiyar 6 sèntimètêr, kandêlipun 3 sèntimètêr, lajêng dados badhenan warni pasagi gèpèng panjang, bata sarimbag = lingiripun ngandhap nginggil utawi pojokan sami dipun pancas, ubêngipun pojok sakawan ugi karampas (nata perangan) badhenan lajêng warni nistha wolu, namung panggenan tipis peranganipun langkung wiyar. Ing nginggil kula pratelakakên pangêthoking glondhong panjangipun 13 sèntimètêr, punika kangge lunggèn bucalan bok manawi wontên cacadipun, dene dadosipun badhèn panjangipun namung 11 sèntimètêr, punika

--- 6 ---

nami sampun dados badhenan.

Dene tritipipun supados botên bênthèt salêbêtipun kagarap saha panyimpênipun badhèn kêdah tansah dipun lisahi, lisah klêntik kalapa.

[Grafik]

Ôngka 1. Ancêr-ancêr gambar badhenan.

--- 7 ---

Na. Nglajêngakên panggarap: badhenan kajêng dipun dadosakên: gêdhangan, sarana ingkang wingking (calon gêgêr jêjêran) dumugi nginggil calon sirah sampun kalêbêtakên ing ngêblak. Ingkang ngajêng, bungkul sampun kapêtha buwêng lancip, pungkasan buwêngan bungkul ingkang nginggil ngancas kêncêng calon bathuk.

[Grafik]

Ôngka 2. Ancêr-ancêr gambar gêdhangan.

--- 8 ---

Ca. Nyaloni: punika nglajêngakên panggarap saking gêdhangan, calon dhadha nginggil kajêgèh, nuntên gatra sirah, ing dhadha ngajêng lêrês dêring dados dum-duman pitu, nanging sirah bathuk lastantun wolung bagean.

Lajêng wiwit dipun ongoti, damêl kêkêncêngan, mapanakên dum-duman, damêl plangèn, pêlokan, utawi ngangsalakên kalihan blak: ngajêng, wingking, bathuk, gêgêr, bau jawi lêbêt, dhadha tuwin cêthik. Sasampunipun dados kêsikan:

Nuntên dipun garap, blumbanganipun, nginggil tuwin ngandhap,§ Blumbangan punika papan cêcêkan (ukir-ukiran). damêl irung. Punika sampun mawi suwul, garan kangge nyêpêng.

Ra. Nêcêki utawi ngukir: patrapipun, blumbangan dipun cêcêki potlot, lajêng kagarit miturut badhe dadosipun, saking jawi lêbêt, ukêl pakis, kêmbang pala, tuwin pancing. Saking ngajêng mata widhêng. Lajêng dipun walêri dipun ukir mawi pirantos wali warni-warni (kados pangot ananging alit, dipun garani mawi bumbung carang).

Ka. Ambabar utawi ngatêngi: punika jêjêran ingkang sampun dados kêsikan, dipun lus sarana kagosok, wuluh dami

--- 9 ---

= caoci,§ Wuluh dami punika bangsaning rumput, agêngipun sami dami ananging kasap, tuwin sabên kirang langkung 5 sèntimètêr mawi ros, asli saking tanah Tiongkok, manawi tumbas dhatêng toko jampi Tionghwa, namanipun: caoci. Dipun kêthoki, ros kabucal, dipun kum la. ingkang ngantos waradin, dêring-dêring ingkang kêncêng.

Rampung wuluhan lajêng dipun gosok rêmpêlas,§ Patrapipun ngrêmpêlas ingkang sagêd radin, tuwin dêringipun gêsang, punika rêmpêlas ingkang sampun garing dipun êdhêm, kagunting sapanjanging ron, wiyaripun kirang langkung 1 sèntimètêr, lajêng dipun slêmpitakên wilah ingkang sampun kasigar, dipun ubêt-. ugi ingkang waradin, tuwin botên ngrisakakên kêkêncênganing dêring, sarta botên gundhul, sagêd damêl ical tapaking wuluh, ingkang dipun cakakên rumiyin ron rêmpêlas ingkang sêpuh, lajêng têngahan, wêkasan ron rêmpêlas ingkang nèm, pupus.§ Manawi kajêng kumuning pêthak, dumugi rêmpêlasan lajêng dipun pacar. Patrapipun ron pacar dipun pipis, lajêng kapopokakên, ingkang ragi kandêl, manawi sampun sadintên sadalu kabikak, dipun pasiki, manawi sampun garing lajêng dipun popok pipisan pacar ma. [pupu...]

--- 10 ---

[...s.]

Lajêng dipun gosok angkup kluwih ingkang nglugut, ugi mawi gamit kados rêmpêlas, ingkang ngantos ical tapaking rêmpêlas.

Nuntên kagêbêg mawi sisiran balung, balungipun namung tabêt tabêt kemawon, manawi sampun ragi klimis, ical tapaking angkup kluwih, lajêng dipun lisahi, lisah klêntik klapa, botên klomoh, waton sampun sagêd waradin. Lajêng dipun gêbêg malih, ingkang ngantos garing saha gilap, asta ingkang kangge gêbêg mawi wijik toya, utawi toya jêram pêcêl, lajêng dipun srêbèti garing, lajêng kangge anggêbêg, makatên rambah-rambah ngantos samatêngipun.

--- 11 ---

Wondene kajêng badhenan jêjêran, ingkang sagêd gadhah sêkar corèk: pusêr, cawang, kotang punika pratelanipun kados ing ngandhap punika.

Ha. Ambadhèni jêjêran ingkang dados pusêr, punika kajêngipun kêdah ragi agêng, alit-alitipun ingkang garisipun têngah 13 sèntimètêr, awit trapipun manah ing kajêng dhawah ing gêgêripun jêjêran lêrês, punika manawi kajêngipun botên muntar-muntir sap-sapaning sêrat, dadosipun jêjêran: ing gêgêr, bathuk saha bungkul ngajêng wingking sami pusêr, ing dhadha kotang.

Na. Ambadhèni jêjêran ingkang dados cawang: punika kajêngipun kêdah uwit gèmbèl, ingkang kandêlipun langkung sakêdhik saking kandêling jêjêran, kirang langkung 4 sèntimètêr. Trapipun gêgêring jêjêran dhawah ing pinggir (mèh kulit) bathuking jêjêran dhawah lêrêsing manah. Manawi kajêng botên muntar-muntir sap-sapaning sêrat, dadosipun jêjêran: ing gêgêr wingking, gêgêr dum-duman ngiringan jawi lêbêt, sami cawang, turkadhang cêthik lênggah dum-duman inggih cawang, dhadha kotang, bathuk tuwin bungkul ngajêng wingking sami pusêr.

Ca. Ambadhèni jêjêran ingkang namung dados githing punika, jalaran saking kajêngipun alit, ingkang glondhong garisipun têngah kirang saking 12 sèntimètêr. Dipun angkah manahing kajêng dhawah gêgêring jêjêran botên cêkap, mila namung lajêng kadamêl githing, manahipun kajêng dhawah dum-duman jawi, dene kêpèpètipun turkadhang saking nyingkiri cacad, utawi nyêkapakên, manahipun kajêng dhawah [dha...]

--- 12 ---

[...wah] dum-duman ing nglêbêt, punika sami botên sagêd angwontênakên corèk: cawang, kotang utawi pusêr ingkang mapan.

Mila jêjêran punika sanadyan anggènipun gadhah corèk: cawang tuwin pusêr sapanunggilanipun, punika kenging dipun damêl kasbut ing nginggil, ananging ingkang nama pêpak, cêtha tuwin sae punika inggih kula wastani kawahyon, awit inggih awis sangêt.

Bagean 3. Wangun saha Blak = Dhapur

Jêjêran dhuwung ing Surakarta punika wangunipun warni 4:

1. Wangun tunggaksêmi

2. Wangun samban

3. Wangun sambegan

4. Wangun gana.

Peranganipun Jêjêran Tunggaksêmi

Jêjêran wangun tunggaksêmi punika, pêthanipun kados jênggêrêngipun tiyang linggih, ananging tanpa tangan, namung bau, mênggah peranganipun kados ancêr-ancêr ing ngandhap punika:

Ôngka 3.

--- 13 ---

[Grafik]

I. Cêngkoronganipun

1. sirah. 2. githok. 3. gêgêr. 4. bangkekan. 5. cêthik. 6. bungkul. 7. blumbangan. 8. dhadha. 9. blumbangan nginggil. 10. irung. 11. bathuk.

II. Pêcahan

12. pêlokan. 13. dum-duman sirah jawi. 14. dum-duman githok jawi. 15. bau jawi. 16. dum-duman jawi. 17. plangèn. 18. dhadha jawi. 19. dum-duman bathuk jawi. 20. dum-duman ngajêng.

III. Pêcahan balumbangan

21. mata widhêng. 22. sêkar pala. 23. ukêl pakis. 24. ukêl pancing. 25. bibisan. 26. suwul, namung kangge garan.

Ôngka 20: dum-duman ngajêng, dhatêng wingking dum-duman sirah nginggil, mandhap dum-duman githok, gêgêr bangkekan, tuwin dum-duman cêthik sami wingking.

Jêjêran punika peranganipun sadaya timbangan, jawi kalihan ing nglêbêt, blumbangan ngandhap nginggil saha jawi lêbêt sami timbangan, kajawi ingkang manggèn têngah kados ta: irung utawi blumbangan nginggil punika, ingkang nginggil irung, manawi blumbangan ngandhap ingkang nginggil nama bibisan.

1. Jêjêran tunggaksêmi (wangun) punika warni kalih, tiga calon tunggaksêmi.

Ha. Tunggaksêmi bunton, utawi jangkêp, ingkang kalimrah dumugi sapunika, jaman rumiyin namung agêmipun para agung.

Na. Tunggaksêmi kairèn, utawi kirang = botên mawi cêcêkan sêkar pala. Jaman rumiyin anggenipun abdi dalêm panèwu mantri, tuwin abdi dalêm prajurit tamtama, dene abdi dalêm prajurit kapilih, patang puluh amung lurah bêkêlipun.

Ca. Calon tunggaksêmi. Punika inggih tunggaksêmi, namung blumbanganipun dèrèng dipun ukir. Jaman rumiyin anggenipun anaking abdi dalêm mantri minggah ingkang sêpuh piyambak, calon ingkang gêntosi kalênggahaning bapakipun.

2. Jêjêran wangun Samban

Jêjêran wangun samban punika awak-awakan tuwin peranganipun inggih kados tunggaksêmi, kaot sirahipun kapêtha sirah

--- 15 ---

ringgit lanyapan, jamang grudha, pogok, ngore rambut. Botên kados irah-irahan Sômba, gêlung minangkara. Blumbangan nginggil botên mawi, dhadha mawi kalung kêbo mênggah (pananggalan). Blumbangan ingkang ngandhap dipun ukir kados tunggaksêmi limrah. Kacariyos kala rumiyin anggènipun abdi dalêm nèwupanèwu. panakawan. Sapunika ingkang taksih dados panganggenipun abdi dalêm panakawan panyutra.

3. Jêjêran wangun Sambegan

Wangun Sambegan punika inggih kapêtha, jênggêrêngipun tiyang linggih, namung dum-dumanipun botên anglingir, cêtha kados tunggaksêmi, botên mawi blumbangan tuwin cêcêkan: jaman rumiyin anggenipun abdi dalêm jajar panajungan.

4. Jêjêran wangun Gana

Jêjêran wangun Gana punika warni-warni, kados ta: kapêtha tiyang sidhakêp, utawi ragi methok, turkadhang miring, kaukir sêkaran warni-warni. Wondene jêjêran wangun Gana ingkang kados kodhok, punika dumugi sapriki anggenipun abdi dalêm gajah mati.

Kasêbut Sêrat Raja Kapa-kapa, kabangun Kangjêng Sinuhun Sultan Agung Anyakrakusuma, ing Mataram. Bagean tiga: Trimahkandhêh, pungkasanipun mratelakakên dhuwung saprabotipun. Pêpangkatan anggènipun abdi dalêm kados ing ngandhap punika:

1. Sêlutan, kandêlan balewah suwasa êmas, amung kaliwon sapanginggil. [sa...]

--- 16 ---

[...panginggil.]

2. Panèwu mantri panganggenipun uwêr kêndhit, pêndhok suwasa êmas bunton, mawi balewah salaka, tuwin kamalo cêmêng, ukiranipun tunggaksêmi nginggil, ing ngandhap balumbangan bêsaos.

3. Lurah bêkêl, ukiranipun balumbangan ngandhap nginggil, pêndhok balewah salaka, mêndhak angkup randhu.

4. Mantri, lurah, gêbayan, ukiranipun êmas akalihan pêthakan.

5. Jajar ukiranipun dhapur sambegan, utawi krangean, janggêlan.

6. Panèwu punakawan, ukiranipun wangun ukiran samban, utawi istha wayang.

7. Jajaring punakawan, sapiturutipun dumugi pangindhungan, manawi wontên kraton boya dhuwungan.

Kasêbut ing sêrat ondhang dalêm, ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping sakawan, bab awisan pangangge, tuwin ungêling gôangsa, katitimasan kaping 5 Jumadilawal ing taun Ehe, ôngka 1716.

Wontên ungêlipun kados ing ngandhap punika:

... anadene kang kalêbu laranganingsun, iki rupane: ukiran tunggaksêmi, mêndhak parijatha, pêndhok tatahan sawat, kêmalo abang, warôngka pêpulasan dhasar kayu,

--- 17 ---

dene ukiran tunggaksêmi iku, kang ingsun kawênangakên anganggo amung kawulaningsun mantri, lan kawulaningsun wong tamtama sarupane, dene kawulaningsun wong kapilih patang puluh amung lurah bêbêkêle kang ingsun kawênangakên nganggo. Dene wong gêdhong kapêdhak kang arupa panèkêt, yèn nglakoni ayahaningsun alêlungan, iya ingsun kawênangakên anyuriga tunggaksêmi, dene ukiran tunggaksêmi iku, ingkang bêbunton, kawulaningsun mantri atawautawa. liyane aja ana wani-wani nganggo, iku agêmingsun dhewe.

Bagean 4. Dhapur utawi Blak, Jêjêran Wangun, Tunggaksêmi

Pandamêlipun jêjêran tunggaksêmi punika mawi blak, ingkang dipun angge blabag kajêng tipis, watawis 5 milimètêr, cacah kalih iji, manawi dipun gathukakên lajêng mujudakên: krowokan cêngkoronging jêjêran, ingkang dipun blak kajawi cêngkorongipun, kandêling bathuk ingkang ngajêng, dhadha saking ngajêng, têngah gêgêr saking wingking, bau jawi, bau nglêbêt, saking jawi saking nglêbêt, cêngêl saking wingking, tuwin bangkekan nginggil cêthik saking wingking.

Ôngka 4. Gambar lan Jêjêran Wangun Tunggaksêmi, Blak Wiryadiningratan.

--- 18 ---

[Grafik]

1. dhadha. 2. gêgêr. 3. bau dumugi dhadha. 4. kandêling gêgêr. 5. bangkekan. 6. kandêling bathuk. 7. kandêling githok. 8. kandêling dhadha.

Dados blak jêjêran punika inggih kados cithakan, nanging cithakan gêsang, saengga ancêr-ancêr, miturut sapintên agêng alitipun anggèning damêl jêjêran, turkadhang manut kawontênaning kajêng badhe, (guru bakal) mila sanadyan tunggil blakipun ananging agêng alit tuwin andhap inggilipun, dadosing jêjêran botên tamtu sami.

Dene blak = dhapur, dhapur jêjêran tunggaksêmi punika ingkang taksih pinanggih.

1. Mangkuratan, iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Prabu Mangkurat, ing Kartasura, jumênêng ratu nalika taun 1642. (Putra Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping I).

2. Pakubanan,Pakubuwanan. utawi Suramênggalan, iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping III. Jumênêng ratu ing nagari Surakarta Adiningrat, nalika taun 1675. Tukangipun ingkang garap Ngabèi Suramênggala, abdi dalêm mantri gladhag, kapêthil anggarap iyasan dalêm jêjêran.

3. Yudawinatan, iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping IV, amung wontênipun nami Yudawinatan, punika punapa ingkang garap, punapa namung nindakakên tuwin gumadhuhipun blak, punika botên têrang, saha Yudawinatan punika abdi dalêm pangkatipun punapa, ugi botên sumêrêp.

--- 20 ---

4. Rajamalan = Kadipatèn (longok) punika iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping V, nalika taksih jumênêng Gusti Pangeran Adipati Anom.

5. Wiryadiningratan, iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping VII. Blak gumadhuh Ondêr Mayor rijèn Tumênggung Wiryadiningrat (= Kangjêng Radèn Adipati Sasranagara, Ridêr Ordê Nèdêrland Sêleyo).

Dene ingkang dados kêparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana kaping IX, blak Yudawinatan, namung bathuk dipun indhaki nonongipun.

Ingkang dados kêparêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping X, ugi blak Yudawinatan, bathuk bundêr, ical nonongipun.

Kala rumiyin kula maos karangan bab kawruh jêjêran, wontên ing Polêg Almênak: nyariosakên jêjêran dhapur Mangkuratan punika marnèkakên kados pasariranipun Ingkang Sinuhun Mangkurat. Punika botên makatên, dêstun inggih ingkang dados kêparênging panggalih dalêm, tuwin iyasanipun punika ingkang tamtu (uga agêmipun Kyai Mangkurat).

Dene mênggah aluranipun kala jaman kina, jêjêran dhuwung punika kadospundi wêwangunanipun, saha wiwitipun wontên wangun jêjêran tunggaksêmi [tung...]

--- 21 ---

[...gaksêmi] punika kala punapa, kula botên sagêd ngaturakên pratelanipun, namung sarèhne Sêrat Raja Kapa-kapa ingkang dipun bangun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Anyakrakusuma, ing Mataram, sampun mranata jêjêran tunggaksêmi, dados apêsipun kala jaman Mataram sampun wontên.

Bagean 5. Pangrukti utawi Ngopèni

Jêjêran ingkang sampun rêgêd sangêt punika, kêdah dipun kumbah, dipun kosoki angkup kluwih mawi gapit, dene cêcêkan dipun rêsiki sarana sikat bobot, manawi sampun katingal rêsik lajêng dipun srêbèti ingkang ngantos garing, nanging botên kenging dipun pe.

Sasampunipun garing lajêng dipun gosok angkup kluwih garing, inggih mawi gapit, supados ingkang njêgrig saha nglica sami alus. Dene manawi jêjêran botên patos rêgêt tanpa kakumbah cêkap lajêng dipun gosok angkup kluwih garingan kados ing nginggil.

Lajêng dipun gêbêg mawi sisiran balung, namung tabêt-tabêt kemawon, traping dariji sagêda dhawah sêlaning dêring, supados botên damêl risaking dêring.

Manawi sampun ragi gilap lajêng dipun lisahi, lisah klêntik klapa, sampun klomoh-klomoh, waton sampun sagêd waradin,§ asta wijik toya rêsik, lajêng dipun srêbèti. lajêng dipun gêbêg malih ngantos sagaringipun,

--- 22 ---

sakêdhap-sakêdhap asta kausapakên srêbèt, supados rêgêd tuwin lisah kantun ing srêbèt.

Manawi sampun garing, ragi ngulit gilap, panggêbêgipun mawi sisiran balung malih, namung tabêt-tabêt, utawi panggêbêgipun kakambang kemawon, amung kêdah satiti rêsikan tuwin ngadil, supados waradin kandêl kuliting gilap.

Samasa sampun gilap, asta wijik toya jêram pêcêl, lajêng srêbetan ingkang garing, nuntên kagêbêgakên minôngka kangge ambabar, awit gilapipun lajêng atos lunyu botên tumuntên blêrêt.

Wasana namung dumugi samantên atur sêsorah kula bab jêjêran.

1 - 1 - 37

Jêjêran dhapur canthêng (jaman Kartasura - Surakarta).

Jêjêran canthêng punika agêmipun Radèn Tumênggung Arungbinang (Ônggawôngsa) gotèkipun, nalika sowan sang nata jêjêranipun andhangak, dipun aruh-aruhi anggènipun jêjêran andhangak, lajêng dipun sikut, dados tumungkul nyanthêng. Yêktosipun nyumanggakakên.

Nayawirôngka

22 - 5 - 9371937.