Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kriya Mranggi, Nayawirôngka III, 1929, #320

Katalog:Kriya Mranggi, Nayawirôngka III, 1929, #320
Sambung:-

Sêsorahipun Mas Ngabèi Nayawirôngka bab Kriya Mranggi

Wontên pêpanggihanipun warga pakêmpalan Trêsnapraja, manggèn ing Sositèit Abipraya, ing Surakarta.

--- 0 ---

Nalika kaping 18 April 1929.

--- 1 ---

Bab Kagunan, Kriya, Mranggi

Kawula nuwun, parêpatan, mênggah ingkang badhe kula aturakên punika, sarèhne kula punika botên pasinaon, saha sakêdhik sêsêrêpan kula, dados sanès kawontênan enggal, ananging kawruh têtilaranipun tiyang sêpuh kula, inggih punika bab kriya mranggi saha kagunan, dêstun anggêpoka padamêlan sanès inggih ingkang gêgayutan kalihan sarungan (rôngka), awit saking kula botên ahli nglairakên rêmbag ing ngajêngipun sadhèrèk kathah, mila kau kithaling basa kula, mugi para sadhèrèk angêgungna pangaksama.

Kawula nuwun, pangangge bangsa Jawi punika jangkêpipun, tumrap jalêr: wiwit panjênêngan dalêm nata, mandhapipun santana dalêm saabdi dalêm, dumugi kawula dalêm punika mawi dhuwung. Malah pamirêng kula samangke para priyantun ing amôncanagari, abdinipun kangjêng guprêmèn, manawi opisil inggih kathah ingkang katêtêpakên mangangge cara Jawi mawi dhuwung.§ Dalah ingkang mangagêm panganggèn agêng [agêm] rasukan jas kalihan clana inggih mawi dhuwung.

Dhuwung punika jêjêripun dêdamêl lan kabudayan Jawi asli, ingkang adi luhung, dipun rêngga saha dipun luhurakên, kados ta: Sêrat Manikmaya nyariyosakên, nalika Sang Hyang Kala dipun sêmpal siyungipun ing Sang Hyang Jagadnata, pinuja dados dêdamêl, ingkang kantun cariyos ringgit purwa, para ratu, para satriya manawi bôndayuda, anggènipun narik dhuwung, manawi sampun nêlas anggènipun dhawahakên dêdamêl, tuwin katon [kato...]

--- 2 ---

[...n] pangabaranipun lajêng nantang: ayo padha ngadu siyunging Bathara Kala. Ugi gadhah pikajêng ngluhurakên gêgaman ingkang pamungkas, cariyos dhuwung kula jugag samantên, awit jêjêripun ingkang kula aturakên cariyos sarungan (rôngka). Dipun praboti kandêlan, mawi garan jêjêran, dipun rêngga uwêr utawi sêlut (suhlut).

Sarungan punika ingkang dipun angge kajêng milih ingkang sae, warni-warni kados ta: kajêng cêndhana, timaha, trêmbalo, awar-awar, adhêm pati, timuru, randhu kuning sapanunggilanipun, saha wontên ingkang rinêngga kasungging. Namung mênawi ing Surakarta ingkang dipun anggêp saê kajêng cêndhana, timaha saha kajêng trêmbalo.

Dene sarungan punika wangunipun warni kalih: 1. ladrang, 2. gayaman. Wangun kalih warni wau wontên dhapuripun warni-warni, saha panganggenipun ugi wontên lênggahipun piyambak-piyambak.

Sarungan ladrang dhapuripun ingkang winastan baku: 1. cupu, 2. ladrang kuwung, 3. kadipatèn. Dene lênggahipun sarungan dhapur cupu, kagêm basahan (kampuhan). Ladrang kuwung saha kadipatèn, kanggrekangge. prajuritan, saha nyampingan, makuthan tuwin udhêng-udhêngan.

Ingkang dhapur botên baku, sanès agêmipun ingkang sinuhun: 1. ladrang kacir, 2. kagok kacir, 3. nyêpêt aking, 4. kasatriyan.

Dhapuripun sarungan gayaman ingkang baku: kalih: 1. gandhèn, agêng cêlak ragi bundêr, dening kados balung gandhu; lênggahipun [lêng...]

--- 3 ---

[...gahipun] kangge sangkêlitan ingkang pados ringkês; 2. gayaman ladrang, panjangipun sêdhêng, bagus sarta bêsus, lênggahipun kangge srambahan, sangkêlitan saha crigan.

Ingkang dhapur botên baku (kalawija): 1. bancean, alit panjang buwêng; 2. pananggalan.

Nalika jaman Majapait punika wanguning sarungan dhuwung kados punapa, punika dèrèng kasumêrêpan. Kabudayan Jawi kina pêpêthan gambar saha candhi-candhi, botên wontên ingkang katingal mawi gambar sarungan. Namung cariyosipun ingkang nate maos Sêrat Kèn Angrok, wontên ingkang nyariyosakên garaning dhuwung (jêjêran) punika kajêng cangkring. Pamanggihipun: sarèhne kajêng cangkring punika wau lami anggarap dhasaripun botên sae, gopok, mila lajêng kakintên agôntha kajêng cangkring wau wangunipun, awit kajêng cangkring mawi êri, minôngka rêrênggan. Môngsaborong.§ Kalawarti basa Jawi ôngka 4 taun XIV, wêdalipun, April 1935, kaca 63, ngêwrat cariyos Kèn Angrok, wontên ingkang mungêl mêkatên: Kacariyos Tunggul Amêtung kagungan abdi kêkasih nama Kêboijo, anggènipun apawongmitra kalihan Kèn Angrok rakêt sangêt. Sarêng sumêrêp Kèn Angrok nyêngkêlit dhuwung, babaran anyar, warangkanipun kajêng cangkring taksih katutan êrinipun, punapadene dèrèng dipun jabung, Kêboijo sakalangkung rêmên ... Punika ingkang kajêng cangkring warangkanipun. Kaping: 16 Januari 1937. [tanda tangan].

--- 4 ---

Sawênèh nyariyosakên candhi Sungkuh,Sukuh (dan di têmpat lain). wontên gambar pêpêthanipun tiyang ingkang sawêg nyêgrèk sarungan, semahipun tilêman ing pupu, sangking wingking dipun ... tiyang, punika kados punapa wanguning sarunganipun, kula dèrèng nyumêrêpi piyambak, dene manawi wontên sadhèrèk ingkang sampun priksa ing candhi Sungkuh, kula suwun katranganipun. (Botên wontên ingkang suka katrangan).

Wiwit cariyosing Babad Giyanti, sarêng Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Mangkubumi, sampun jumênêng nata ing Giyantipura, lajêng badhami pêpanggihan kalihan ingkang putra Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping tiga, wontên ing pasanggrahan Jatisari, ing riku wontên rêmbag aprajangji, pangangge. Ingkang Sinuhun Sultan Mangkubumi mundhut pangangge lami, Ingkang Sinuhun ing Surakarta yasa wanguning pangangge enggal.

Lajêng sawêg nêtêpakên sarungan saha jêjêran punika ingkang lami cara Ngayogyakarta, dene sarungan jêjêran cara Surakarta punika wangunipun iyasan wiwit Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping tiga ing Surakarta.

Namung wontên pasaksèn ingkang nyulayani, 1. Jêjêran wangun tunggak sêmi (blak) dhapur Mangkuratan, punika botên kados jêjêran ing Ngayogyakarta, nanging inggih wêtah wangun Surakarta sapunika, môngka ingkang yasa Kangjêng Susuhunan Mangkurat punika, taksih awaton ing Kartasura. (Dèrèng badhamèn ing Jatisari, Giyanti). 2. Nalika taun 1921, kula dipun utus Kangjêng Pangeran Arya [Ar...]

--- 5 ---

[...ya] Adiwijaya, kadhawuhan ngiyasakakên pola sarungan ngêblak sarunganipun Kyai Baya, pusaka ing kabupatèn Sêmarang. Cariyosipun Kyai Baya tuwin pusaka sanès-sanèsipun, dalah upacara kabupatèn Sêmarang punika, paring dalêm ganjaran Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana sapisan, ingkang ngadhaton ing nagari Kartasura, dhumatêng Rôngga Tisnadiningrat, bupati Sêmarang. Dene kawontênan sarungan Kyai Baya punika wangun ladrang, kajêng trêmbalo, dhapuripun nyêbal kados, botên kados sarungan ladrang Ngayogyakarta, malah kathah èmpêripun wangun cara Surakarta sapunika, kaot agêng cêlak kuwung. (Mèmpêr cupu) kandêlanipun suwasa, blèwèh, sunglon gèpèng blèwèhan wiyar, botên gilig mêthit kados sunglon kandêlan ing Ngayogyakarta, namung peranganipun sarungan sadaya kruwingan mojok, sarwa kandêl, kirang alus, kirang garap, ngantawisi panggarap dèrèng mawi pirantos pêpak kados mranggi punika. Ing samangke sarungan pola wau sumimpên ing gêdhong musiyum Sriwêdari, samasa mirsani musiyum sagêd uninga. (Jêjêranipun Kyai Baya punika cara Surakarta).

Taksih wontên malih pasaksèn ingkang cêsplêng, namung kula pakèwêt mratelakakên ing ngriki, pasaksèn kalih bab ing nginggil punika kemawon, kados sampun anyêkapi kangge nêtêpakên, manawi sarungan tuwin jêjêran wangun cara Surakarta punika ingkang lami.

Kilap manawi wanguning pangangge bôngsa sêmbêt, udhêng-udhêngan, rasukan,

--- 6 ---

tuwin bêbêdan sapanunggilanipun. Ing ngriki sanès jêjêring rêmbag.

Sarèhne dhuwung wau dêdamêl ingkang dipun aosi, kabudayan Jawi asli, dhasar jangkêping panganggèn Jawi, traping pangangge kasalira, malah nama rêrêngganing salira, dipun praboti sêsotya nawa rêtna, ingkang adi, kathah pangaosipun, mila botên anèh manawi prabot sarungan saha jêjêran, ingkang warni kajêng milih ingkang sae linangkung, dipun wangun tuwin kagarap ingkang sae, alus ngrêsêpakên manah, malah adêging dhuwung saprabotipun punika, ingkang sae gêsang kados adêging manungsa, ingkang pasêmonipun sumèh.

Kamajênganing Garapan

Ing nagari Surakarta Adiningrat, garapan sarungan punika wiwitipun majêng bêsus, nalika jumênêng dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sanga, nalika taun Jawi 1800. Marsudi alusing garapan, kêkêncêngan, têturutan, rapêting anjing-anjingan saha lêluwêsan, malah mêwahi rêrênggan lambe angkup sarungan ladrang dipun kruwing, ingkang kina lambe angkup punika bulêt, namung panjanging sarungan botên kêparêng langkung sacêngkang, dhapuripun ladrang kuwung.

Abdi dalêm mranggi ingkang kagêm anggarap agêm dalêm sarungan, kakèk kula, Ngabèi Nayawirôngka sapisan, kalihan adhinipun, Ngabèi Nayasukadga sapisan. Malah kathah indhaking iyasa dalêm rêrênggan prabot dhuwung, ingkang warni sêlut warni-warni saha kandêlan tatahan tèmplèk, ingkang gêsang misuwur dumugi sapunika dipun rêmêni ing akathah. [a...]

--- 7 ---

[...kathah.]

Nyêlani Babadipun Wontên Kandêlan Tatahan Tèmplèk

Kandêlan tatahan tèmplèk wau ing ngajêng, ingkang yasa sapindhah: satunggaling bangsa Tionghwa pranakan, nami babah Êki, rêmên sangêt dhatêng wêsi aji dhuwung, sanadyan manawi ngangge botên katingal, awit wontên ing lêbêt jas, ananging praboting dhuwungipun tansah kaparsudi saenipun, babah Êki wau rêmên kandêlan suwasa blewah tatahan lung mèsêm, lungipun kapulas jêne, lêmahanipun kasusuk lêdhok, namung garapan makatên wau, lêmahanipun tamtu botên sagêt waradin alus rêsik, dene tatahanipun uwit godhong, ingkang dipun dus jêne, inggih botên sagêt sêpuh sumêblak rêsik. Kala sêmantên lajêng rêrêmbagan kalihan êmbah Mas Ngabêhi Nayasukadga. 1. Taksih kapengin kandêlan silih asih kados ingkang sampun, ananging ingkang sagêt langkung sae, lêmahan lêdhok rêsik, lungipun mungal sêpuh rêsik, wêkasan damêl malih ngrêyasa dhumatêng Mas Ngabèi Gunawarastra§ Lajêng dados panèwu kêmasan, asma Mas Ngabèi Citrasudira, dados kaliwon kêmasan asma Radèn Ngabèi Citrasudira II. abdi dalêm mantri saragêni kaparak kiwa, ingkang marsudi kagunan kriya kêmasan, sarta kapêthil ing ngarsa dalêm anggarap yêyasan dalêm mas sêsotya (kêmasan). Kalampahan babah Êki dipun damêlakên kandêlan, blewah suwasa lus, lajêng katèmplèkan jêne trancangan tatahan lung mèsêm rangkêp, sarêng dados sagêt sae,

--- 8 ---

lungipun jêne sêpuh, sagêt mungal cêtha gêsang, lêmahanipun suwasa sêpuh waradin, lêdhok rêsik alus, têmahan babah Êki sakalangkung lêganing manah. Sarèhne anggènipun yasa kandêlan wau kalih, ingkang satunggal dipun unjukakên, Sampeyan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Anom (Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya Wicaksana, saha Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sadasa) andadosakên kêparêng dalêm, ing wingking lajêng kêrêp yasa kandêlan balewah saha buklèn, sami katèmplèk tatahanipun, dumugi sapriki sae sangêt, kathah ingkang sami rêmên ngangge, ananging ingkang kathah kandêlan jêne katèmplèk tatahan jêne.

Wiwit kala sêmantên botên namung bôngsa Jawi kemawon, ingkang marsudi dhuwung saprabotipun, dalasan bangsa Tionghwa, sampun wontên ingkang rêmên amarsudi dhatêng dhuwung saprabotipun: malah dados pambukaning pamanggih lairipun kandêlan tatahan tèmplèk,§ Punika kala taun Jawi 1801 sampun tigang dasa taun, dene kandêlan unjuk-unjukan saking babah Êki, sapunika kaparingakên putra dalêm, Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda. punapa kula bôngsa Jawi botên manah?

Panjangipun Sarungan Ladrang Yasan Kraton

Sampeyan Dalêm Ingkang Minulya saha Wicaksana (rumiyin dèrèng ngagêm sêsêbutan makatên) Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sadasa, punika nalika taksih jumênêng Kangjêng Gusti Pangeran Adipati [Adi...]

--- 9 ---

[...pati] Anom, kaparêng dalêm sarungan ladrang punika panjangipun kêdah sakilan, êmbatipun mlampah, (botên kuwung) lajêng garan dhapur kadipatèn.

Sakathahing yasan dalêm sarungan wêsi aji, ingkang natenipun botên dipun sarungi kajêng, kados ta: sarungan kudhang, nyaèkakên sarungan gada, sapanunggilanipun.

Garapaning Sarungan

Dumugi sapunika, malah asring kalajêngên bêsuse, ngantos tipis sangêt, môngka sayêktosipun ingkang nama garapan sae punika sanès tipisipun, dene wêwaton amastani awon saening garapan sarungan punika:

1. kêkêncêngan, 2. anjing-anjinganipun, 3. alus-alusanipun, 4. têturutan, 5. lêluwêsan

Manawi sampun angsal pathokan gangsal bab wau, lajêng gêsang sae, inggih punika ingkang winastan kagunan.

Bab Widhêng

--- 10 ---

Sarungan wangkingan agêm dalêm panjênêngan dalêm nata, saha agêmipun putra santana dalêm, punika mawi widhêng (jangkêpipun mata widhêng), manawi anggènipun abdi dalêm alit sarta kawula dalêm punika tanpa widhêng (utawi botên kenging ngangge).

Ingkang dipun wastani widhêng punika, sarungan ladrang utawi gayaman ing gambar ngandhap, sawingkinging sunggatan wingking: dipun garit wali sarana kaukir, mlampah minggah dhatêng wingking lajêng buwêng mangandhap kados ukêl pakis. Ing janggut, ngajêng janggutan ngajêng ugi kagarit wali kados ing wingking kaot lampahipun majêng.

Tumrap sarungan ladrang lambe angkup ugi kagarit ngantos dumugi pucuk, kados sèrèt.

Tumrap sarungan gayaman, ing lambe gajah kaukir mojok, manut dhapuring lambe gajah, kados sèrèt namung botên panjang, kirang langkung namung sakawan milimètêr panjangipun.

Ing jaman kina widhêng ukêl pakis punika, wontên ingkang mawi gragèh, kacariyos anggènipun santana dalêm canggah, manawi sapunika sami kemawon tanpa gragèh.§ Agêm ing Mangkunêgaran kula taksih sumêrêp ingkang mawi gragèh.

Gotèkipun Para Sêpuh Mranggi

Sarungan dhuwung mawi widhêng punika, ing ngajêng anggenipun abdi dalêm tuwin kawula dalêm. Dene agêm dalêm ingkang sinuhun, saha

--- 11 ---

putra santana dalêm, sami botên mawi widhêng.

Ingkang makatên wau saking anggèning bèntênakên, sarungan anggening abdi sarta kawula dalêm punika supados cacat, sarana kacorèk pangot dhapur mata widhêng. Dados sarungan anggènipun tiyang alit punika saea dikadospunapa tamtu wontên cacadipun.

Dangu-dangu wontên kaparêngipun ingkang jumênêng nata, widhêng kapundhut dados agêm dalêm saha agêmipun putra santana dalêm. Ing ngriku widhêng lajêng kasaèkakên, ingkang anggarap tukang ukiran. Tamtu kemawon adhakanipun (midhêngi) sade garapan tukang ukiran, wiwit punika widhêng botên dados cacad, ananging malah dados sêkar, murugakên sêmu: punika tiyang alit lajêng botên kalilan ngangge widhêng (sarunganipun dhuwung). Namung punika kala jaman punapa dèrèng manggih pasaksèn ingkang gumathok, nanging kala jaman Mataram Sultan Agungan, widhêng sampun dados agêming ratu, tuwin santana dalêm.

Kasêbut ing Sêrat Raja Kapa-kapa, ingkang sampun kabangun Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram.

Trimah kandhêh, têgêsipun bab kaping 3, dipun wastani pêpindhan pamicaran, inggih punika ingkang nama pitêdahan êmpan papaning pangatrap (pangkat 5, ôngka 2 wangsulanipun pandhita dhatêng patih),

Ênggèh, patanyan pantèn puniki robaya pojar sakintên [sa...]

--- 12 ---

[...kintên] dhatêng pantèn.

1. Ingkang rumuhun dhawuhing nata, dhatêng para kawulanipun agêng alit, boya rinilan mangangge angirib-irib putra santananing nata, kadi ta: ngangge ukiran mawi suhlut. Warôngka ukêl pakis, pêndhok kamalo bang, pêndhok wêsi kinatah, suwasa mas balewah. Dene mangangge dhuwung suhlutan, pêndhok suwasa mas balewah, punika ingkang rinilan amung kaliwon sapanginggil.

Kacariyos malih, abdi dalêm sarta kawula dalêm punika, nalika jaman satus taun ingkang kapêngkêr, ngangge sarungan ngajêngan wau punika taksih ajrih, mindhak nyamèni agêmipun panjênêngan dalêm nata, malah ing Sêrat Saridin, ôngka 61, kaca 133, nyêbutakên awisan, kula pêthik ungêlipun makatên: ...

Kawiswara: "Inggih dhuwung kêmalon abrit wau, agêmipun panjênêngan dalêm ingkang sinuhun, sarta putra sêntana, makatên ugi mêndhak ingkang botên mawi ri pandhan, tuwin wêrôngka kajêng cêndhana, ukiran tunggak sêmi ingkang kenging ngangge mantri sapanginggil." ...

Kawiswara: "Ing jaman sapunika sampun kathah ingkang pun nêrak awisan [a...]

--- 13 ---

[...wisan] ing sawatawis, kados ta: numpak kapal, kreta wontên ing alun-alun, ngangge dhuwung kamalon abrit, ukiran tunggak sêmi, wrôngka kajêng cêndhana." ...

Kawiswara: "Kala ing jaman kina, sawêg têsih kêncêngipun ing prentah, mênawi wontên ingkang purun nêrak awisanipun ratu, karampasan panganggenipun, nanging pangrampasipun angêmungakên ingkang dados awisan kemawon." ...

Kawiswara: "Inggih kasêbut wontên ing Sêrat Anggêr Arubiru ing bab kang wêkasan pisan, ananging wêrninipun ing pêngangge, ingkang dados awisan, botên kasêbutakên.

Bab: 61, kaca 134 ...

Mênggah pênunggilanipun ingkang kalêbêt ing awisan, ukup lan pasorot, ukup pita, clana gubêgan sabuk bathik dhuwung sambilan, epok kajêng lugas, ikêt modang, ikêt bangun tulak têpèn, pangangge sarwa wulung, asabuk cindhe abrit.

Katrangan, dhuwung sambilan: Sarungan dhuwung tanpa kandêlan, namung gandar kapêtha kandêlan, ing jawi kagarit pêpêthan antup, kandêlan blewah. Utawi pêpêthan antup wau dipun lêdhok kalihan kandêlan, têngah pêthan antup gêgêr sapi, kados sarungan kina ingkang

--- 14 ---

blewahanipun botên kaantup. Tuwin sanadyan tanpa pêpêthan antup, punika nama sambilan.

Panunggilanipun sangking kumawula, manawi ngangge kandêlan blewah punika manjingipun dhatêng sarungan: sarunganipun ingkang dipun antup namung watawis satêbah panjangipun, sangking gambaring sarungan, mangandhapipun namung slobokan (tanpa antup) makatên ugi mindhak nyamèni agêmipun para luhur.

Sarungan Sunggingan

Sarungan wangkingan agêmipun para luhur punika dumugi sapunika taksih mawi ingkang kasungging, wiwitipun wontên sarungan sungging, kala jaman punapa dèrèng manggih pèngêtanipun; dene manggènipun kados ing ngandhap punika:

1. Agêmipun panjênêngan dalêm nata, sungging alas-alasan dhasar kajêng (dhasar lêmahanipun) kajêng cêndhana.§ Undhang dalêm Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV, bab awisan pangangge. Pèngêt layang ingsun parentah undhang-undhang ... sakèhe kawulaningsun, aja ana kang wani anganggo anggon-anggon kang kalêbu larangan ingsun, lan tindak lakuning wong, aja ana wani-wani nêrak wêwalêr ingsun, ana dene kang kalêbu larangan ingsun, iki rupane: Ukiran tunggak sêmi, mêndhak parijatha, pêndhok tatahan sawat, kêmalo abang, warôngka pêpulasan dhasar kayu.

--- 15 ---

2. Agêmipun putra dalêm, sungging alas-alasan dhasar praon.

3. Agêmipun santana dalêm, sungging alas-alasan pêthak.

4. Agêmipun prayagung wadana kliwon alas-alasan pêthak.§ Watawis nalika taun 1905 kirang langkung 26 taun, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kaping sadasa, têdhak pêpara ing Surabaya sapindhah, prayagung wadana kliwon ingkang andhèrèk kadhawuhan ngangge dhuwung sarungan gayaman sungging modangan dhasar pêthak, kandêlan kamalon abrit, punika wiwit kula sumêrêp sungging modangan.?

Kandêlanipun sami blewah kêmalon abrit, lênggahipun jêjêran kasêlut sêling mirah. (Sêlut sela [intên] sêling mirah.

Sunggingan alas-alasan punika, gambar warni kurung x§ olor. pikajêngipun rêdi = bumi. Angkup saha kêmamang (kala) = latu.§ Samangke kêparêng dalêm, angkup kêmamang saha sawat santun wontên Surakarta.

Sisik = boya. Sawat utawi lar (tuwin kajêng agêng) = angin.

Isinipun kurung (rêdi) buron wana, ibêr-ibêran, buron rumangkang, buron toya.

Para sagêd anêgêsi = asal kadadeyaning manungsa, bumi, gêni, banyu, angin.

Nalika taun: 1835, wontên wiyosing dhawuh timbalan dalêm ingkang sinuhun: Abdi dalêm panèwu mantri sasaminipun manawi sumêdya ngangge sarungan sunggingan kalilan, panêwu mantri dhasar biru,

--- 16 ---

golongan prajurit dhasaripun ijêm, sungging alas-alasan, modangan, sawênèh sêkar-sêkaran. Manawi ngangge kandêlan kamalon ijêm utawi cêmêng.

Lajêng wontên tatanan, tumrap abdi dalêm ngulama, dhasaripun sungging, wungu cubung.

Abdi dalêm pangrèh praja, dhasaripun sungging abrit nèm.

Amung sarèhne kandêlan kamalon ijêm saha cêmêng punika warninipun kirang sae, dados ingkang ngangge namung prayantun satunggal kalih. Ingkang kathah sanadyan ngangge sarungan sunggingan, kandêlanipun botên kamalon. Ingkang sagêd ngangge kandêlan jêne tatahan tèmplèk, tatahan cawèn, tarkadhang lus-lusan kemawon, tuwin suwasa.

Sranduning Patrap Ngangge Dhuwung, Dalah Tatakramanipun

Patrap ngangge dhuwung punika bèntên trapipun wontên namanipun piyambak-piyambak, dalah tata kramanipun mêkatên:

1. Klabang pipitan = nyothe ing têngên nêtêp, sarungan gathuk paningsêt. Lênggahipun agêm para luhur tuwin senapati, mênawi abdi dalêm alit kirang trêpsila (digsura).

2. Ngoglèng = nyothe mêthit ragi mênêngên. Agêmipun para luhur.

3. Ngoglèng tanggung = nyothe tanggung ragi manêngah, anggening kawula.

4. Nyothe ragi mangiwa, anggenipun kawula.

5. Nyothe ngiwa githang, agêmipun para luhur.

--- 17 ---

6. Kurêban, anggenipun prajuritan saha klanthungan utawi abdi dalêm prajurit.

7. Nyothe ngajêng, anggenipun para ngulami manawi rasukanipun jubah.

8. Kurêban ngajêng anggenipun para ngulami manawi rasukanipun jubah.

9. Kurêban têngên, kirang susila.

10. Ngadêg nurut ula-ula, anggenipun kawula nyambut damêl.

11. Kewalan: manawi ing nagari Surakarta ingkang ngangge, klana topèng utawi danawa nyarèng ringgit tiyang.

Patrap anggenipun nyangkêlitakên manawi para luhur wontên paningsêt ubêt kaping kalih utawi tiga. Dene tumrap abdi dalêm lênggahing tata krami, wontên ing satagèn. Tuladha Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat (ing Ngendraprastha).

Sarungan gayaman punika kala rumiyin: kanggenipun opisil, namung manawi dipun anggar, kangge curigan (prajuritan). Sanadyan botên mangangge kulukan ananging sabên opisil inggih ngangge dhuwung sarungan ladrang, kajawi ingkang sampun panganggenipun dhuwung sarungan gayaman, kados ta abdi dalêm prajurit.

Wiwit kaparênging karsa dalêm, abdi dalêm ingkang andhèrèk ingkang sinuhun, manawi pêpara ing pasanggrahan sêsaminipun, kadhawuhan ngangge dhuwung sarungan gayaman: môngka manawi sowan wontên ing pasanggrahan mangangge kulukan. Lajêng tumular sanadyan opisil kulukan, ingkang rasukanipun botên sikêpan agêng, botên ndhèrèk ingkang sinuhun, (panèwu mantri mangandhap) inggih ngangge

--- 18 ---

dhuwung sarungan gayaman. Nalika dèrèng kêrêp nyawang inggih kirang mungguh, sarêng sampun kêrêp nyawang, sagêd anglampahi ngangge, lajêng rêmbagipun pados ringkês, saha lajêng sae kemawon.

Munduripun Kagunan Kriya Mranggi

Sarungan dhuwung sawatawis katingal mundur, rumiyin sarungan potokan punika namung ingkang badhenipun kajêng timaha sasaminipun, jalaran ambujêng pèlèt (sêkar) ananging gandaripun inggih kajêng candhana, paedah kajêng lisah gandanipun wangi, dhasaripun madhêt, sêrat lêmbat (kuwawi) dhatêng tosan aji prayogi.

Manawi sarungan kajêng candhana wontêna ingkang potokan inggih namung satunggal kalih, tur ingkang mapan bêdhahanipun (sêrat ngadêg).

Watawis 32 taun ingkang kapêngkêr, wiwit kathah ingkang ngangge sarungan kajêng candhana potokan ingkang botên mapan (sêrat rêbah, malang, dening glondhong alit). Awit pados sae dhasaring kajêng, nanging ingkang mirah rêginipun. Jalaran ing wêkdal wau kajêng trêmbalo sampun botên wontên ingkang sae.

Sarungan ingkang potokan malang punika, kajawi sambêtanipun ringkih, sêratipun manut ujuring gambar sarungan, dipun gêbêg kirang sagêd gilap. Guwayanipun ingkang tamtu pucêt, dêring-dêringipun kalêrês malang, dipun gêbêg enggal bulug, ringkih: gampil cuwilipun, tur manawi cuwil godhongipun tamtu panjang, kathah. Sagêdipun tumuntên gilap babaranipun kaplitur, mangka sarungan plituran punika [pu...]

--- 19 ---

[...nika] sanadyan sae atênganipun, mêksa lajêng sêmpug dêringipun. Sarta nalika taksih enggal sae, gilap guwaya gumêbyar, dangu-dangu sangsaya suda, dados lucêt bêlang buntal.

(Wontên ingkang kêdah kababar plitur, punika manawi kajêng ingkang agal sêratipun, saha dhasaripun kirang madhêt, kados ta: kajêng timaha sapanunggilanipun, awit manawi kangge gêbêgan kirang sagêd gilap, tur lajêng rêgêd.) Bèntên manawi gêbêgan, dhasar atênganipun sae, kowèn, ingkang gêbêg sagêd, sangsaya dangu sangsaya mindhak sae: nanging dilalah, sarêng kalampah sarungan candhana potokan, wêdalipun kajêng candhana saking sabrang kêrêp têla,têlat. manawi wontên rêgi awis, kilap sababipun. Emanipun para priyantun sapunika, sakêdhik ingkang ngrêti, tlatos karsa ngopèni dhuwung saprabotipun, kêparêng ngasta piyambak. Mila sanadyan praboting dhuwung sae, ingkang katingal jêjêran lan sarungan, kirang kagalih gêbêganipun.

Môngka sajatosipun, aji punika bèntên kalihan pangaji. Dhuwung prabot kandêlan mas tatahan tèmplèk, sêlut barliyan, rêgêd, punika pangaji kathah. Nanging kandêlan jênean kagêbêg rêsik, uwêr sawut salaka kaprêgul, jêjêran lan sarungan rêsik kagêbêg gilap, gumrining, punika aji. Cocog praboting wêsi aji.

Pasaksèn panacat dhuwung ingkang botên prayogi, sanadyan pangaosipun kathah, nanging dipun agêm cacad, èngêt kula

--- 20 ---

Sêrat Mas Ngantèn Tata Mangayun, karanganipun Radèn Mas Jayadiningrat sapisan, wontên ingkang mungêl makatên: ...

Curiga pêndhoke dinar, bot sakati mêndhake ijo garipis pêsi kinêrèt rema. Rêmbyah-rêmbyah rambute kaèksi, ukiran putih pan èsmu babak, cara Ngayoja wrangkane, dadak ukiran bêngkuk, gônja abang rambute kèksi, dhasar wrôngka bagoran, ginanjêl ing janur, sêmbada lan turangganya, gêng aluhur andhêmane mung sanyari, ulêse janjam napas ...

Dhuwung saprabotipun gumrining gilap punika, rumiyin dados titikanipun priyantun Surakarta. Sanajan panganggèn sêmbêt sarwa masêm prasaja (padintênan) nanging dhuwung saprabotipun rêsik gumrining angrêsêpakên.

Bêbasan wanodya kakurung, curiga kalambung, kuda kapanggung [...] curiga kalambung: pamanggih kula têgêsipun: dipun agêm para agung, mandhapipun priyantun, punika pamanggih kula pikajêngipun inggih kopèn.

Kawontênan ingkang kula sipati, nalika kula nyambut damêl mitongtonakên kagunan kriya mranggi, wontên pasar malêm, ing Surakarta, saha yarmarêk ing Surabaya nalika taun Walandi: 1924. Bôngsa Eropah ingkang botên gêgayutan kalihan sarungan dhuwung, manawi ningali dhuwung saprabotipun, katingal migatosakên, dene nganggêp padamêlan adi. Saha manawi pitakèn lajêng katêrangakên [katê...]

--- 21 ---

[...rangakên] kawruhipun sawatawis kemawon, sangsaya katingal anggènipun angaosi. Ingkang adhakan dipun gawoki punika bab panggêbêg sarungan, dene patrap kados makatên sagêd anggilapakên kajêng, sae ngungkuli dipun plitur, (sêmantên bôngsa ingkang kacariyos sampun susila, anggènipun botên baukapine, inggih sanadyana namung tata krami.)

Dene bôngsa kula piyambak, sanadyan kathah ingkang kirang dhamang dhatêng kawruh-kawruhipun. ewadene awis ingkang purun pitakèn, nanging manawi wontên ingkang pitakèn, lajêng dipun sukani katrangan, punika lajêng sami ngrubung mirêngakên. Dados sêmunipun awrat manawi ngrumiyini pitakèn, bok manawi ingkang makatên wau kidhung sêmu rikuh, kasêngguh takèn kawruh ingkang kagêlarakên punika kuciwa.

Malah nalika wontên yarmarêk ing Surabaya, wontên satunggaling priyantun, katitik panganggenipun pèt, kadhèrèkakên agèn, ngantawisi priyantun têngahan ragi inggil. Ingkang ngrèmèhakên sarungan, inggih punika ningali sarungan babaran conto ingkang kula adhêp, wontên ing bangku, pamêndhêtipun asarana kaganthol têkên nyanthuk, sanalika manah mrêkitik, dening pêpundhèn kula dipun sawiyah, namung sarêng èngêt sarungan wau, sampun kula sêrati rêginipun, malah kula pujèkakên: rigola, sêmpala sisan, rôngka bakal dadi dhuwit. Wasana sarêng kula manah-manah kang êning patrap nyawiyah dhatêng sarungan kajêng candhana ingkang adi [a...]

--- 22 ---

[...di] punika, botên saking sêngit dhatêng sarungan, malah inggih rêmên, namung kawruh dèrèng wontên, tata krami botên sagêd ngangge.

Mila bab tata krami dhatêng dhuwung prayogi kagalih, kados ta manawi ngunus dhuwung lajêng kapundhi, anggèning ngasta pucuking dhuwung kêdah wontên nginggil, badhe ngrangkakakên inggih kapundhi, ingkang ngrangkakakên kêdah ingkang ngunus, pandèkèkipun sampun ngantos glethak-glèthèk, punika botên saking mangeran dhatêng dhuwung, nanging tata krami ngaosi kabudayan Jawi piyambak.

Ngopèni Dhuwung saha Sarungan Sapanunggilanipun

Sanadyan wontên titikipun dhuwung punika, kados dèrèng tumuntên sirna, taksih sami, katôndha priyantun ing môncanagari, dhinêsipun mangangge cara Jawi mawi dhuwung, saha para mudha ingkang taksih sinau, ing pamulangan têngahan sarta ing pamulangan inggil, manawi pasamuan taksih salong purun mangangge kabangsan Jawi mawi dhuwung, namung kamunduranipun ingkang kula aturakên wau, sumôngga sami dipun dandosi, sarana:

Dhuwung saprabotipun dipun opêni ingkang sae, awit prasasat tanpa ragad, jangji karsa nyambi piyambak kemawon, tamtu botên kasèp. Upami dhuwung (wêsi aji) punika sabên Anggara Kasih dipun lisahi. Sarungan saha jêjêran sabên badhe kagêm sarta mêntas kagêm, dipun lap ing srêbèt, kala-kala dipun lisahi lajêng dipun lap srêbèt, makatên kemawon sampun lowung.

Dene ingkang langkung prayogi, dhuwung punika asring dipun awisi.

--- 23 ---

Sarungan saha jêjêran kêrêp kagêbêg mawi sisiran balung maesa, ingkang sampun kabêsmi, dipun lisahi lisah candhana, botênipun inggih lisah klêntik kalapa, sarta dipun lap asta ingkang mawi wijik jêram pêcêl, dipun lap srêbèt ingkang garing, awit padamêlan anggêbêg sarungan punika, rumiyin kalimrah priyantun sami kaparêng ngasta piyambak, kagêm sambèn manawi nganggur, tur kadhang wanci dalu, sawênèh wontên pacaosan, dalu manawi dèrèng sare, kaparêng nyambi anggêbêg, awit pancèn sanès padamêlan nistha.

Manawi para luhur kula pitados, tamtu sampun kagungan panyrigan saha tukang gêbêg, dene sadhèrèk ingkang sae panggêsanganipun, cêkap ngrêsaya tukang, ananging manawi kaparêng nandangi piyambak, punika inggih botên wontên awonipun.

Namung sarèhne opèn-opèn dhuwung saprabotipun, ngawisi saha gêbêg punika, wontên kawruhipun, manawi para sadhèrèk wontên ingkang kaparêng sinau, kula sagah ngaturi tuntunan ngantos sasagêdipun, rawuha ing griya kula.

Wasana atur kula sadaya wau, kêkiranganipun kula ngajêng-ajêng, para sadhèrèk kaparênga mêwahi, manawi wontên ingkang kalintu kalêrêsna, dene ingkang kirang mangrêtosakên kadangokna, kula badhe ngaturi katrangan sagaduk kula, amung samantên atur kula.

Tamat-22-1-1937