Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Lagu-lagu Dolanan, Anonim, #1176 (Hlm. 001-117)

Katalog:Lagu-lagu Dolanan, Anonim, #1176
Sambung:
1.Lagu-lagu Dolanan, Anonim, #1176 (Hlm. 001-117). Bahasa dan Budaya | Kagunan #874.
2.Lagu-lagu Dolanan, Anonim, #1176 (Hlm. 118-234). Bahasa dan Budaya | Kagunan #875.

Lagu DolananJudul tambahan Yayasan Sastra Lestari.

--- 15 ---

[Grafik]

Katêrangan:

a dumugi d upami lare ngadêg urut kacang, sarêng wiwit lagu, pun a ingkang wontên ngajêng piyambak lajêng lumampah mubêng sarta ngangkah dumugining lagu: tulung, sagêda ajêng-ajêngan kalihan d. Ing riku sarêng lagu dumugi: paman ngantos wente, lare sadaya sami pacak gulu sarta drijinipun têngên ulap-ulap cara tiyang njogèt. Sasampunipun rampung, a lajêng ngadêg wontên sawingkingipun d, wiwit lagu malih, gêntos d lumampah. makatên salajêngipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

7. Êmprit-êmprit pêking.

Lagu.

Êmprit-êmprit pêking, pencokanmu glagah garing, ya, kangmas soka boma, soka boma, angigêl putrining nata, sêmprat-sêmprit janaloka.

Katêrangan:

a + b Upami lare sawatawis sami ilon ngalih-ngalih, ingkang dados gêntosan kalih-kalih. upami a kalihan [ka...]

--- 16 ---

[...lihan] b dados sami ngadêg abên-ajêng, tanganipun têngên katumpangakên pundhakipun kiwa b, makatên ugi b, lajêng tanganipun kiwa mathènthèng sarta sami lalagu. Makatên salajêngipun gêgêntosan.

8. Bèk kung.

Lagu.

Bèk kung tak sulur sulur kangkung. bèk bèk kung tak sulur sulur kangkung. bèk bèk kung tak sulur sulur kangkung.

Katêrangan:

a b c d e f: a dumugi f upami lare. a dumugi e punika sami ambarangkang jèjèr dhêngkêt nanging botên lumampah. Dene f minôngka ingkang dados titilêman mujur tumumpang ing gêgêripun a utawi e, sarêng wiwit mungêl lagu, f lajêng nggulung wongsal-wangsul ing sanginggilipun lare-lare wau. Sarêng lagu dumugi pada, f anggènipun anggulung kèndêl. Ing pundi dhawahipun f, lare ing ngandhapipun gêntos dados. Makatên sabibaripun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

--- 17 ---

9. Bibis

Lagu.

Bibis maring kowangan, wadêr pari le le le sêlundupan, tak engga manuk apa, tak engga manuk apa, manuk putêr unine sêgara cègêr. kuk gêruk, kuk gêruk gêr, ana maling bêdhah pagêr.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi f upami lare, sami ndhodhok sêmu jèngkèng, ilon ngalih-ngalih, kados ta: a kalihan b, c kalihan d, makatên sapiturutipun. Larikan a dumugi e ngajêngakên larikan b dumugi f, makatên ugi kosok-wangsulipun bf dhatêng ae, antawisipun larikan kadugi 5 jangkah. Tanganipun sami kapurancangakên, kadêkêpatên ing dhêngkul têngên lajêng wiwit lagu mungêl sarêng. Sarêng lagu dumugi: sêgara cègêr, lare-lare wau majêng murugi titik sarana lincak-lincak, saengga lagu ngantos dumugi: pagêr. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

--- 18 ---

10. Cêmpa rowa.

Lagu.

Cêmpa, rowa, pakanamu apa, rowa, pupu gêndhing, dhing, dhing, dhing, rowa rawe, we, we, we, bung kacibung, jarane jaran buntung, sing nunggangi mas tumênggung, èjrèg ènong, èjrèg ègung, sisir gula jênang jagung.

Katêrangan:

Patrapipun mèh sami kalihan bab 9 (Bibis), namung kaotipun sami ngadêg, sarêng lagu dumugi: èjrèk ngantos: jagung, punika wiwitipun majêng murugi titik, suku têngên kagantung (èngklèk), dhêngkul sêmu kacêpêngan supados kuwawi. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

11. Cêngkir cêngkir lêgi.

Lagu.

Cêngkir-kêngkir lêgi, di godhog lênga wangi, sapa dadi mantèn anyar, tak sêmbuha, tak ujunga, bar sinabar, dara muluk ini inar.

--- 19 ---

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i punika upami lare. i ingkang dados, a dumugi h sami gandhèngan têmu gèlang manggènipun têtêp, i ingkang dipun kêpung manggèn ing pinggir saantawisipun g kalihan f ngajêngakên c. Sarêng wiwit mungêl lagu sadaya, sabên dumugi pada lingsa, i pindhah panggènan ing saantawisipun lare kalih, sarta nyêmbah lare ingkang kalêrês ngajêngipun, kados dene ing gambar punika nyêmbah dhatêng c. Makatên salajêngipun mubêng-mubêng ngantos dumugi pada agêng (inar), ing ngriku i kèndêl, pundi ingkang wêkasan dipun sêmbah, inggih punika ingkang dados, mênggah kathahipun lare sapurunipun.

12. Blarak blarak sêmpal.

Lagu.

Blarak blarak sêmpal, dinciki mêndal mêndal, lêgendre tak pancale, laki bangsat doyan tike.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare. titik ing têngah dipun sukani sêpêt ingkang agêngipun kintên-kintên [kintên-ki...]

--- 20 ---

[...ntên] satêbah kalumahakên, c kalihan b upami ingkang dados linggih salonjor dlamakanipun gathuk sami mancad sêpêt wau. a kalihan d ngadêg jêjêg sami nyêpêngi tanganipun cb kiwa têngên, sarêng mungêl lagu, ad wiwit mubêng sarta anyènèng cb. Mênggah ungêlipun lagu wau wongsal-wangsul ngantos bibrah anggènipun linggih cb.

Mênggah prayoginipun langkung sae manawi lare wolu, dados ingkang sêkawan dados, sanèsipun ingkang nyènèng.

13. Ancung.

Lagu.

Ancung ancung, kêmbang galak kêmbang gadhung, kêcubung manira dhênggung, bêr, bêr, mencoka dhuwur.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami linggih kupêng. Tanganipun a kagêgêmakên nanging darijinipun dipun acungakên minggah, lajêng dariji wau kagêgêm b. b linggih kados a, kasambêtan d, makatên salajêngipun ngantos tanganipun a b c d kiwa têngên dados satunggal, sarêng wiwit mungêl lagu, sambêt-sambêtan tangan kaebahakên [ka...]

--- 21 ---

[...ebahakên]

mubêng. Sarêng lagu dumugi: dhuwur, tangan ingkang wontên ngandhap lajêng pindhah manginggil, makatên wongsal-wangsul ngantos wradin anggènipun wontên nginggil. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

14. Sulur sulur kangkung.

Lagu.

Sulur sulur kangkung ênèt, rambatamu kayu gurda ênèt, mangidula ênèt, mangalora ênèt, kidul kono ana mènjèng gori cêngkung, nèt-ênèt, nèt-ênèt kung, sisir gula jênang jagung.

Katrangan:

[Grafik]

Lare kalih wau sami a b ngadêg pucukipun tapih kasambêt sarta sami dipun cêpêngi tangan têngên tanganipun kiwa sami malang kêrik, lajêng wiwit mungêl lagu, sarêng lagu dumugi: mangidula ênèt a b sami mènglèng mangidul, yèn lagu dumugi: mangalora ênèt sami mènglèng mangalèr. Sarêng anggènipun lalagu dumugi: sisir gula jênang jagung, lajêng sami mubêng sarta mangsuli lagu: nèt-ênètan ngantos jagung, ambal-ambalan [ambal-amba...]

--- 22 ---

[...lan] sajêlèhipun mubêng. Makatên awongsal-wangsul ngantos bibar.

15. Sluku sluku bathok.

Lagu.

Sluku sluku bathok, bathoke ela-elo, si rama mênyang Sala, lèh olèhe payung motha, digarake ngisor bêndha, dingkupake ngisor nôngka, pak jênthir, lo, lo, bah, cina mati ora obah, nèk obah mêdèni bocah, nèk urip golèka dhuwit.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami linggih ajêng-ajêngan kupêng sarta sukunipun sami salonjor, dlamakanipun sami gathuk ing têngah. Sarêng mungêl lagu, garèsipun sami dipun talusur ngangge èpèk-èpèkipun minggah-mandhap. Yèn lagu sampun pada, inggih lajêng wiwit malih. Makatên wongsal-wangsul ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

--- 23 ---

16. Tumbaran.

Lagu.

Tumbaran, tumbaran, sêga wuduk pari anyar, wong picak jegalên aku.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i punika upami lare. i ingkang dados mripatipun dipun tutupi kacu, sarta andhodhok wontên ing têngah. a dumugi h sami ngadêg gandhèngan ngêpung pun i. Lajêng wiwit mungêl lagu sarta mubêng nêngên. Pun i kalihan ndhodhok ngangkah nyêpêng sukunipun ingkang ngêpang. Manawi dèrèng kacêpêng, ingkang ngêpang taksih mubêng sarta alalagu wongsal-wangsul. Dene manawi sampun wontên ingkang kacêpêng, lajêng kabadhe namanipun. Yèn pambadhenipun lêpat lajêng wiwit malih. Makatên salajêngipun, dene yèn kabadhe, inggih punika ingkang gêntos dados. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

--- 24 ---

17. Lêpêtan.

Lagu.

Lêpêtan, lêpêtan angudhari anguculi, janur kuning maningsêti.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi g upami lare sami ngadêg agandhèngan ingkang sami ajêngipun. Tanganipun a ingkang satunggal gocèkan cagak utawi wit-witan ingkang kadugi cakêp sarta kuwawi. g minôngka kapalanipun. Lajêng wiwit mungêl lagu, g f e d c b lajêng lumampah sarta sumurup sangandhaping tanganipun a ingkang gocèkan cagak. Sapunika a kados dipun bônda sarta ajêngipun malik. Upami ingkang wau majêng ngalèr, sapunika dados majêng ngidul, makatên ugi kosok wangsulipun. g f e d c taksih lastantun lumampah sarta alalagu, lajêng sumurup ing ngandhaping tanganipun b ingkang gandhèngan kalihan a. Sapunika b sampun dados kadosdene a. Makatên salajêngipun, ngantos a b c d e f dados bandan sadaya. Mênggah kèndêlipun lagu inggih satêlasipun lare.

--- 25 ---

g ethok-ethok ngêdumi têtêdhan saking a urut dumugi f, makatên: ênya sêga, ênya sêga × ... dumugi f: iki enthonge. Lajêng saking f dhatêng a, (walikan) makatên: ênya iwak, ênya iwak × ... dumugi a: iki balunge.

g lajêng takèn dhatêng satunggil-tunggiling lare, upami dhatêng f makatên:

g. dibônda nyolong apa.

f. nyolong kêris.

g. saiki kêrise êndi.

f. wis dak gadhèkake.

g. êndi dhuwite.

f. wis dak ênggo nêmpur.

g. êndi bêrase.

f. wis dak liwêt.

g. êndi sêgane.

f. wis dak pangan.

Makatên pitakènipun g dhatêng satunggil-tunggiling lare ngantos waradin sadaya. Mênggah wangsulaning lare bab ingkang dipun colong sapurunipun. Sasampunipun makatên [ma...]

--- 26 ---

[...katên] a b c d e f lajêng kêmpal ing cagak utawi wit-witan ingkang dipun cêpêngi a, kaentha tawon. g mungêl makatên: dha ngobong klasa bôngka × 2 sarta lumajêng. a b c d e f lajêng ambujêng g sarta mungêl: byung, byung, × ... cara tawon kambu. Manawi g kacêpêng, lajêng dipun jiwiti dening ingkang ambujêng, inggih punika cara tawon angrubung. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

18. Srêk usrêke.

Lagu.

Srêk usrêke, tak wolak tak walike, tak godhi gala jênggir, rar, rar, rar. sabuk tampar, saloke loke bêndha, bêndhane gala cegêr, rêr, rêr, rêr.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi h upami lare sami ngadêg kupêng. Jêmpoling tanganipun sami dipun cêkêthêm piyambak-piyambak. Lajêng jênthikipun kakanthèkakên kalihan jêthiking kancanipun. Upami a kalihan b, b kalihan c, makatên ngantos têmu gêlang. Dados sapunika tangan sami ngalêmpak ing têngah. Lajêng sami wiwit [wiwi...]

--- 27 ---

[...t] lagu, sarta tanganipun kaebahakên kados dene intêr. Sarêng anggènipun lagu dumugi: rar, rar, rar, anggènipun nyêpêngi jêmpolan sami kaculakên pyambak-pyambak ananging jênthikipun taksih sami kakanthèn dados lajêng gagandhèngan. Mila ngadêgipun sami mundur sarta ngebahakên gandhènganipun majêng mundur. Sarêng anggènipun lagu dumugi rêr, rêr, rêr, jêmpolipun sami kacêpêngan pyambak-pyambak malih, pulih kados ingkang wau. Makatên salajêngipun ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

19. Cêplok êndhok.

Lagu.

Cêplok êndhok lêgendre tape, tiba gêblag tangia dhewe.

Katêrangan:

[Grafik]

a b c upami lare. b ingkang dados patrapipun ngadêg sêmu linggih, sukunipun kalih pisan kasalonjorakên mangidul, tangan ingkang kiwa dipun cêpêngi dening c, ingkang têngên a, dene ac sami [sa...]

--- 28 ---

[...mi] ngadêg ngajêngakên b. Sasampunipun ac anggèning nyêpêngi tanganipun b kêkah, lajêng mungêl lagu. Sarêng lagu dumugi: lêgendre tape, b kabandulakên mangidul srêg dhawah linggih, ananging ac anggènipun nyêpêngi botên uwal. Lagu dumugi: tangia dhewe, b wangsul malih dhatêng panggènanipun lami, kalihan kukuwatanipun piyambak nanging sawatawis inggih katulungan dening ac. Makatên awongsal-wangsul sarta gêntosan ingkang dados.

20. Lintang rêmbulan.

Lagu.

Lintang, rêmbulan rang urangan rêmbulan sabanyak-banyak angrêm tiba dhadha, dha, dha dha, aku lintrik trik trik trik aku drana, aku brahim.

Katêrangan:

a b c d e f ->

a dumugi f upami lare sami ngadêg urut kacang, f ingkang wontên têngah piyambak. Lajêng sami mungêl lagu kalihan lumampah. Sarêng lagu dumugi: tiba dhadha, tanganipun sami ulap-ulap (kumitir ing bathuk) [ba...]

--- 29 ---

[...thuk)] sarta tanganipun kiwa sami malang kêrik. Lajêng wiwit lagu malih, dumugi: tiba dhadha, inggih ulap-ulap malih, nanging gêntos ngangge tanganipun kiwa, ingkang têngên malang kêrik. Makatên awongsal-wangsul. Mênggah ingkang dados sapurunipun.

2l. Jamuran.

Lagu.

Jamuran ya, gege, jamuran, ya, gege, jamur gajih, mrêjijih sa ara-ara, sêmprat-sêmprit jamur apa.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i punika upami lare sami ngadêg. i ingkang dados wontên ing têngah, a dumugi h punika sami gandhèngan têmu gêlang sarta ngêpung i, lajêng ingkang ngêpung punika sami mungêl lagu kalihan mubêng nêngên. Sarêng lagu dumugi: sêmprat-sêmprit jamur apa, anggènipun mubêng kèndêl punapa malih i kêdah anjawab pitakenan wau.

Upami i mungêl: jamur lonthong, a dumugi h sami

--- 30 ---

pêthal anggènipun gandhèngan kalihan enggal-enggal sarta sami rangkulan utawi sikêp-sikêpan ngalih utawi niga ing sapurunipun. i lajêng agahan nguwalakên satunggiling lare pundi ingkang dipun siri. Yèn sagêd uwal inggih punika ingkang gêntos dados. Dene yèn botên sagêd uwal i dados malih, lajêng wiwit kados ingkang sampun. Makatên awongsal-wangsul.

Yèn i milih jamur lot kayu, lare sanèsipun sami nyikêp kajêng utawi cagak, i inggih nguwalakên lare kados ing nginggil.

Yèn i milih jamur kêndhil lare sanèsipun sami ndhodhok prênca, manawi pandhodhokipun lare kalih kenging dipun dhêpani i dumugi, pundi ingkang kiwanipun ingkang gêntos dados. Yèn botên wontên ingkang dumugi dipun dhêpani, lajêng dipun junjung pundi ingkang dipun siri. Yèn sagêd kangkat inggih punika ingkang dados.

Yèn i milih jamur êmprit mabur, lare sanèsipun sami lumajêng, lajêng dipun balêdig dening i, pundi ingkang kacêpêng, dados, nanging yèn sami andhodhok botên kenging dipun cêpêng.

--- 31 ---

Yèn i milih jamur êmprit mencok punika kosok wangsul kalihan: jamur êmprit mabur. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

22. Nini nini katisên.

Lagu.

Nini nini katisên, Ndhêrodhog, jaluk kêmul kêmul adhêm.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi k upami lare. k ingkang dados patrapipun wontên ing têngah tilêman malumah sarta namung kathokan thok. a dumugi f sami ngadêg ngêpung dhatêng k, sarta njèrèng sinjang. Sinjang wau kaprênah sanginggilipun k sarta pinggiripun sami dipun cêpêngi lare-lare wau. Lajêng wiwit mungêl lagu wongsal-wangsul, sinjang tansah kakêbatakên minggah mandhap dados k saya dangu saya asrêp awit kados dipun kêbuti. manawi sampun dados tangi kemawon ngrêkaos ing ngriku lare-lare ingkang sami nyêpêngi sinjang, lajêng lumajêng sapurug-purug.

--- 32 ---

k lajêng ngoyak ananging tansah dhawah. Dangu-dangu sagêd mantun piyambak, awit rah saranduning badan lampahipun saya lastantun amargi kangge dhowah-dhèwèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

23. Dhungkul.

Lagu.

Dhungkul cam cau, gula tètès ing gêndhiyo, yo, gêndhiyo ilang.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi h upami lare sami linggih kupêng, tanganipun sami kaacungakên mangajêng sarta kacêkêthêmakên. Lajêng wontên salah satunggiling lare ingkang ngetangi sarana andêmèki tanganing kancanipun ingkang kacêkêthêmakên wau, makatên wau sarêng kalihan alalagu. Sarêng lagu dhawah: ilang, anggènipun ngetangi ugi kèndêl. Ing ngriku sintên ingkang kadhawahan: ilang, tanganipun lajêng botên tumut kaetang malih. Makatên awongsal-wangsul ngantos tanganipun kacakan: ilang, sadaya. (Têgêsipun têlas [tê...]

--- 33 ---

[...las] botên tumut kaetang). Pundi ingkang tanganipun ical rumiyin, punika kaandul dhatêng ingkang tanganipun ical kantun piyambak. Upami a ingkang kaandul dhatêng b, patrapipun makatên:

Baunipun a kalih pisan dipun cêpêngi dening b, sarta badanipun dipun ajêng-undurakên sarana alalagu makatên:

Lagu andul.

Andul, andul, susune bok lara kidul, gêdêbug tiba kasur.

Katêrangan:

Sarêng lagu dumugi: kasur, a dipun dhawahakên ing pangkonipun b sarta dipun culakên. Lajêng dipun cêpêngi malih sarta katangèkakên, punapa malih dipun ajêng-undurakên kados ingkang wau, sarta alalagu makatên:

Lagu angkrèk

Angkrèk, angkrèk, susune bok rara kopèk, rêkètèk tiba bêthèk.

Katêrangan:

Sarêng lagu dumigi: bêthèk, a dipun culakên sarta wangsul [wang...]

--- 34 ---

[...sul] kados linggihipun wau. Makatên lajêng wiwit malih awongsal-wangsul. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

24. Kacang kacang gorengan.

Lagu.

Kacang kacang gorèngan, diwolak diwalik gosong.

Katêrangan:

a b upami lare ngadêg ungkur-ungkuran, tanganipun gandhèngan têngên sami têngên, kiwa sami kiwa, ananging wontên sanginggilipun sirah. Lajêng wiwit lagu awongsal-wangsul, sarta a b sami nalusup ing tanganipun kiwa utawi têngên, lajêng dados ajêng-ajêngan, têrus nalusup malih, wangsul ungkur-ungkuran malih, makatên wau anggènipun gandhèngan botên uwal sarta alalagu têrus, ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun, sok ugi ngalih-ngalih.

25. Cêngkowak.

Lagu.

Cêngkowak, cêngkowak, angge-angge, sumure

--- 35 ---

kaki pandhe, jêro-jêro digawe, sungsang, sungsang, umbul-umbul padhang bulan, bulane lagi mêtu. dicucuk manuk dêrkuku, bok payang, bok payang, aja laki laki dhalang, lakia dêmang pincang, sing bisa gaga omba, lêndhute watês dhadha, lintahe nyolok mata. Kêdhêngkling ngoyak maling, kêdhêngkling ngoyak maling, kêdhêngkling ngoyak maling.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi f upami lare sami ngadêg. a ajêng-ajêngan kalihan b, c kalihan d, makatên salajêngipun. Jêmpoling tanganipun sami kagêgêm pyambak-pyambak, lajêng jênthikanipun kakanthèkakên kalihan jênthiking ilonipun (upami a kalihan b), lajêng wiwit mungêl lagu, sarta tangan-tangan wau sêmu kaubêngakên intêr. Sarêng lagu dumugi: nyolok mata, lare-lare wau sami pisah, mlampah pipincangan sarta mungêl lagu: kêdhêngkling ngoyak maling, kaping 3. Makatên awongsal-wangsul ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun, sok ugi ilon ngalih-ngalih.

--- 36 ---

26. Luru luru.

Lagu.

Luru luru widara laut, riyêk riyo, dhuwur kancana, sumbêg sumba, mara nyêmbaha radèn.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi h upami lare sami ngadêg. Patrapipun larikan, abcd ajêng-ajêngan kalihan larikan efgh, ajêngipun a kêdah lêrês e, b kalihan f, makatên ugi sanèsipun. Satunggil-tunggiling larikan kêdah gandhèngan, lêtipun larikan kakintên-kintên gangsal jangkah. Lajêng wiwit mungêl lagu sarta lare-lare wau sami majêng mundur, têgêsipun manawi a b c d majêng. e f g h ugi majêng, manawi mundur inggih mundur. Kèndêlipun majêng mundur manawi lagu dumugi: mara nyêmbaha radèn. Sasampunipun kèndêl larikan ingkang satunggal ndhodhok nyêmbah, sarta pitakèn, upami ingkang kèndêl a b c d, dene e f g h ngadêg sarta mangsuli pitakèn wau. Pitakèn lan wangsulanipun sêmu kalagôkakên makatên:

a b c d. tindak saking pundi, radèn. (sarta nyêmbah sarêng).

e f g h. saking sowan.

a b c d. môngga mampir radèn. (nyêmbah sarêng).

e f g h. boya botên.

a b c d. ngunjuk wedang, e, radèn. (nyêmbah sarêng).

e f g h. sruput glênggêng.

a b c d. dhahar klêpon, radèn. (nyêmbah sarêng).

e f g h. cêplas-cêplus.

a b c d. singêp plangi, radèn. (nyêmbah sarêng).

e f g h. adhêm-adhêm.

a b c d. singêp andhuk, radèn. (nyêmbah sarêng).

e f g h. sumuk-sumuk.

a b c d. kadospundi, radèn. (nyêmbah sarêng).

e f g h. sêlak kadalon.

Ingkang ndhodhok lajêng sami ngadêg malih, sarta wiwit lagu malih.

Sarêng dhawah pada, gêntos e f g h ingkang ndhodhok sarta pitakèn a b c d amangsuli. Mênggah pitakèn lan wangsulanipun sami kemawon. Makatên salajêngipun awongsal-wangsul. Dene kathahipun lare sapurunipun, sok ugi ilon ngalih-ngalih.

--- 38 ---

27. Pucuk gunung.

Lagu.

Pucuk gunung, tumbar jintên, wayah dalêm, mlêbêt dalêm, kula nuwun, Gusti, nyaosakên, Gusti, pisang jêne, Gusti, lalirangan, Gusti, dhadhompolan, Gusti.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami ndhodhok sarta ajêngipun sami urut kacang, upami d ingkang wontên wingking piyambak. Lajêng sami mungêl lagu, sarta d lumampah kalihan ndhodhok ngubêngi a b c, tanganipun ingkang têngên kados dene nyôngga tembor kaprênah sanginggiling pundhak, sarêng ubêngipun angsal kaping kalih têngah ambalan, lajêng kèndêl wontên ngajêngipun a sarta amêngkêrakên. Mungêlipun lagu awongsal-wangsul, kèndêlipun manawi d sampun kèndêl anggènipun lampah dhodhok. Lajêng wiwit malih, c ingkang lumampah. Makatên salajêngipun ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahing lare sapurunipun.

--- 39 ---

28. Uri uri.

Lagu.

Uri uri, uri uri, anjang-anjang widadari, calèrèt tiba angklung, kumêndhung kêmbange apa.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami linggih kupêng, èpèk-èpèkipun sami mênga katumpuk sêlang-sêling mêngkurêp. Têgêsipun upami èpèk-èpèkipun a satunggal lajêng b satunggal makatên salajêngipun. Lajêng tanganipun têngên salah satunggaling lare angunyêr-unyêr mawi driji kalihan jêmpol kados dene anjiwit ing èpèk-èpèking lare sanèsipun ingkang nginggil piyambak, sarta sarêng wiwit alalagu. Sarêng lagu dumugi: kêmbange apa, kèndêl, ingkang dipun unyêr-unyêr kêdah mangsuli, namining sêkar punapa ingkang dipun sênêngi. Upami milih: kêmbang pring, lajêng ngunyêr-ngunyêr malih sarta lagu kados ing ngandhap punika:

Lagu.

Kêmbang pring, kêmbang pring, si Sinah olèh kuwekling, wekling [we...]

--- 40 ---

[...kling] wekling oraa, tunggangane gajah bêlang, ali-ali mamanikan, dhik-êndhik suruh sacandhik, lanang wedok padha mêthik, nang, nang, suruh sacarang, lanang wedok padha nginang, thit thit thuwit cênthang.

Katêrangan:

Sarêng lagu dumugi: thit thit thuwit cênthang, èpèk-èpèk ingkang dipun unyêr-unyêr wau, sêmu kajiwit katumpangakên ing pundhakipun ingkang gadhah tangan. Nanging èpèk-èpèkipun kiwa tumumpang ing pundhak têngên, ingkang têngên ing kiwa. Makatên salajêngipun alalagu sarta ngunyêr-unyêr malih, ngantos tangan wau têlas sami tumumpang ing pundhakipun pyambak-pyambak.

Manawi sampun têlas, lajêng dipun andul. Patrap lan lagunipun sami kemawon kados dene bab 23 (dhungkul). Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

29. Uyêk-uyêk ranti. I

Lagu.

Uyêk uyêk ranti, ana bèbèk pinggir kali, thithit thuwit cênthang.

--- 41 ---

Katêrangan:

Mênggah patrap-patrapipun mèh sami kemawon kados dene bab 28 (uri-uri), nanging kaot botên mawi dipun takèni sêkar.

30. Jêruk gulung.I

Lagu.

Jêruk gulung, re, are, omba godhonge, re, are, mara trêsna, wong ayu sira munggaha, rijêngèt, pindhang, pindhang keong, gêmrombyong enak duduhe, ya, rase, aku mêtêng, omahku gêdhe kalênthêng, ya, rase, aku manak, omahku gêdhe kêluwak, ya, rase.

Katêrangan:

[Grafik]

Ingkang sami dolanan lare sawatawis, nanging ingkang dados namung tiga, upami a b c, lare sawatawis wau sami mungêl lagu kalihan lumampah. Sarêng lagu dumugi: wong ayu sira munggaha, a b kèndêl ajêng-ajêngan, tanganipun sangandhap sikut sami dipun cêpêngi tanganipun têngên piyambak. Tangan têngênipun b,

--- 42 ---

sangandhap sikut dipun cêpêngi a, makatên ugi a akosok wangsul kalihan b, kados dene gambar ing saantawisipun a b. Sarêng lagu dumugi: rijêngèt a b anggènipun ngadêg sêmu njêngking sarta tanganipun sami kapengandhapakên, tumuntên c murugi lajêng linggih sanginggiling tanganipun a b wau sarta angrangkul. Dados kados dene dipun tandhu. Lajêng lumampah. Satêlasing lagu kèndêl. Makatên awongsal-wangsul sarta ingkang dados gêntos-gêntos.

31. Jonjang.

Lagu.

Jonjang, jonjange wong Samarang, mênyang ngêndi adhiku si pulasari, mênyang sêndhang gawene ngêronce kêmbang, kêmbang apa arane, kêmbang mênur, mambak mawur ana sumur.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami linggih kupêng. Driji panuduh lan panungguling tanganipun kiwa sami katumpangakên ing dhêngkuling sukunipun kiwa. Lajêng dipun dumuki awongsal-wangsul ngangge driji panuduhipun tangan têngên,

--- 43 ---

sarta mungêl lagu. Sarêng lagu têlas, anggènipun ndumuki inggih kèndêl. Makatên awongsal-wangsul ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

32. Jogah.

Lagu.

Jogah, ja ngambah-ambah lêmah, ngambaha sarining gadhing, gadhing gadhing sauling, enta-enta ungsume pêcara landa, dhomas bale rante, ungsume priyayi gêdhe, panakawan padha dandan, para nyai dha ngladèni, cici goci, walang sangit mlêbu gêni.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi h upami lare sami ngadêg kupêng tanganipun sami kacêkêthêmakên kalih pisan sarta kaathungakên nêngah. Wontên lare satunggal namung tanganipun kiwa kemawon ingkang tumut, dene tanganipun têngên andumuki gêgêmaning tanganipun lare-lare, sarta sarêng kalihan mungêlipun lagu, sabên sadumuk-dumukipun dhawah dhong dhinging lagu. Satêlasing lagu (mlêbu [(mlê...]

--- 44 ---

[...bu] gêni), sintên tanganipun ingkang kêdhongan dumuk,kadumuk. inggih punika ingkang dados. Lare sanèsipun enggal-enggal lumajêng pados panggènan ancik-ancik. Pundi ingkang botên ancik-ancik lajêng kacêpêng. Yèn kacandhak inggih lajêng bamban malih.

Nalika wiwit badhe pados panggènan inggih punika lagu dhawah: mlêbu gêni, lare ingkang botên dados botên kenging kacêpêng, manawi dèrèng kêmringkang saking papanipun, nalika sawêg sami dipun dumuki. Kajawi saking punika, sanajan sampun ancik-ancik ananging manawi saantawisipun lare kalih dumugi dipun dhêpani dening ingkang dados, pundi lare ingkang dhawah têngênipun, inggih punika ingkang dados. Badhe angetangi manawi wiwit malih. Makatên awongsal-wangsul ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

33. Lot-lotan lowe.

Lagu.

Lot lotan lowe, aja nyambêr-nyambêr anake tanggane, nyambêra anake dhewe.

--- 45 ---

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi e upami lare sami ngadêg urut kacang. Upami e ingkang dados sirah wontên ing ngajêng piyambak, sabukanipun ingkang wingking (gêgêr) dipun cêpêngi d akêkah, makatên sapiturutipun ngantos a wontên ing wingking piyambak. Sarêng sami mungêl lagu, e lajêng ngangkah anyandhak dhatêng a, manawi kacêpêng, a gêntos dados sirah, inggih punika pindhah wontên sangajêngipun e. Makatên salajêngipun ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

24.34. Gowokan.

Lagu.

Gowokan, gowokan, aja nggowok nggowok kono, nggowoka sologotho.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi j upami lare sami ngadêg. a b c d e f g h sami kupêng gagandhèngan kaupamèkakên sêngkêran sawung. i dados sawung wontên salêbêtipun [salêbê...]

--- 46 ---

[...tipun] sêngkêran, dene j dados pêksi wulung wontên sajawinipun sêngkêran. Sarêng mungêl lagu, sêngkêran mubêng. Lagunipun têlas, mubêngipun sêngkêran kèndêl. j takèn, dipun wangsuli a b c d e f g h. Makatên ginêmanipun:

j kene ana pitik.

sêngkêran: ora ana.

j kok ana gêtih lèrèh-lèrèh.

sêngkêran: kaki mbêlèh kadhal.

j gene, kok ana blêkuthuk blêkuthuk.

sêngkêran: kaki nggodhok gudhêg.

j kok ana wulu mabul-mabul.

sêngkêran: kaki mbêlèh drigul.

j gene, kok ana takir mêngkurêp.

sêngkêran: kaki mêntas kêpungan.

j gene, kok ana cindhe sumampir.

sêngkêran: kaki mêntas tayuban.

j gene, ana jago mlangkring.

sêngkêran: jago siji kagungan dalêm.

j dak urupi gêdhang saulêr.

sêngkêran: ora entuk.

j dak rêbut.

--- 47 ---

Wulung (j), lajêng mêksa lumêbêt ing sêngkêran, nanging tansah dipun adhangi tangan ingkang gandhèngan wau. Sawung (i) sumisih minggir sarta dipun sukani margi, mbokmanawi wulung sagêd lumêbêt, supados sawung wau sagêda mêdal lumajêng. Wulung mêksa lumêbêt ing sêngkêran, nanging sawung lajêng mêdal lumajêng. Sarêng wulung badhe nututi mêdal, dipun adhangi tangan ingkang gandhèngan wau. Lajêng sêngkêran wau alalagu wongsal-wangsul makatên:

Lagu.

Jago lunga, wulung têka.

Katêrangan:

Wulung lajêng mêksa mêdal sarta mbujêng sawung. Sêngkêran alalagu wongsal-wangsul makatên:

Lagu.

Jago ilang, kurungan kothong.

Katêrangan:

Sawung wangsul lumêbêt ing sêngkêran malih. Sêngkêran alalagu wongsal-wangsul makatên:

Lagu.

Jago têka, wulung lunga.

--- 48 ---

Katêrangan:

Makatên salajêngipun, ngantos sawung wau kacêpêng. Yèn sampun sagêd kacêpêng, lajêng bamban malih gêntosan ingkang dados sawung kalihan pêksi wulung utawi taksih nglajêngakên. Makatên salajêngipun awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sakêdhikipun ênêm.

25.35. Pring sadul-sadul.

Lagu.

Pring sadul sadul, pring bumbu gêmpol, ngarêp mandul mandul, bokong dika gedol-gedol.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon, dados kathahipun lare sapurunipun, sok ugi lagunipun sarêng.

36. Sondo mbêlo.

Bocah kuwi layangane sondo mbêlo, lo. Lobang, cah lanang sabuk timang, mang. Mangkok ga, liwêt jangan nôngka, ka. Korèng, korènge bokne

--- 49 ---

sadêm, dêm. Dêmang, dêmange sugih utang, tang. Tanggal, ana upa bisa mbanggèl.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

37. Kêmbang celung.

Lagu.

Kêmbang celung, thèt, jaluk ambung, thèt, kibu kibu wong ayu mèlua aku.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

38. Cungkup milang kondhe.

Lagu.

Cungkup milang kondhe, milang arum, arum simbar latar, cungkup maesa, jajagana paturone, lera lere katêmu sapa.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi j upami lare sami ngadêg. i ingkang dados wontên ing têngah, mripatipun [mripatipu...]

--- 50 ---

[...n] dipun ubêl-ubêli kacu. j nyêpêngi krikil wontên ing jawi. a b c d e f g h sami ngêpang i gandhèngan têmu gêlang. Patrapipun: drijining tanganipun sami kapurancangakên kalihan drijining tangan kancanipun, dados kiwa angsal têngên, têngên angsal kiwa. Lare sadaya kajawi i mungêl lagu, sarta j lumampah mubêng, sabên dhawah dhong dhing tanganipun têngên ingkang nyêpêng krikil andumuki tanganipun kancanipun ingkang sami ngapurancang, sarta krikil wau katilar ing satunggiling èpèk-èpèking kancanipun pundi ingkang dipun siri. Ananging sanadyan krikil wau sampun katilar, lampahipun sarta anggèning andumuki taksih lastantun ngantos têmu gêlang. Dados anggènipun lalagu kèndêlipun manawi j sampun kèndêl lampahipun. Sasampunipun makatên, tangan ingkang sami gandhèngan wau, tungkaking èpèk-èpèkipun sami kaingkêmakên. Tumuntên blêbêtipun i kabikak, sarta kapurih ambêdhe krikil wontên ing sintên. Manawi kabadhe, pundi lare ingkang tanganipun têngên kadunungan krikil, punika ingkang gêntos dados. Dene yèn pambadhèkipun lêpat inggih lastantun dados. Makatên lajêng wiwit malih, awongsal-wangsul [awongsa...]

--- 51 ---

[...l-wangsul] sajêlèhipun. Mênggah kathahing lare sapurunipun.

39. Obang abing.

Lagu.

Obang abing muk kimajaya, satru kèrêm, muk kimajaya, satrune priyayi dalêm, bedhuk benong, bedhuk jênggur, êndhog kamal enak mêmpur, Onggajaya gêmbur-gêmbur, dak suduk gêtihmu mancur.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i upami lare sami ngadêg. Ingkang dados wontên ing têngah. a b c d e f g h sami kupêng ngêpang i kalihan gagandhèngan. Lajêng sami mungêl lagu sarta i mubêng, sabên sabên dhawah ing dhong dhing, nudingi dhatêng lare-lare. Sarêng lagu têlas, dhawah ing dhong: mancur, tudingipun i dhawah sintên, inggih punika ingkang gêntos dados. Makatên salajêngipun awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

--- 52 ---

40. Locici.

Lagu.

Locici, locina, lobabah, lolônda.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

41. Ris irisan pandhan.

Lagu.

Ris irisan pandhan, dhêrandhan dha ndhêndhêmpo, mencok dha ndhêndhêmpo, mangglèng, kidul dalêm ana jago warèng, sêga golong, lawuhe sambêl gorèng, bokong methok susune bundêr sêgêr.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami ngadêg kupêng agagandhèngan. Sarêng wiwit lagu, lajêng mubêng lon-lonan. Satêlasipun lagu: sêgêr, anggènipun mubêng kèndêl sarta sami ndhingkluk. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

--- 53 ---

42. Jamur jamur cêpaki.

Lagu.

Jamur jamur cêpaki, dikumbah pinggir kuwali, sikil ngêthok thok. Lambung boyok, yok. Pacak gulu cake.

Katêrangan.

Upami lare sawatawis sami lumampah mubêng alon-alonan, sarta sami mungêl lagu. Sarêng lagu dumugi: sikil ngêthok thok, tanganipun kiwa malang kêrik, punapa malih awakipun sami kadêngkèkakên ngiwa. Sarêng lagu dumugi: lambung boyok yok, gêntos tanganipun têngên malang kêrik, awakipun kadêngkèkakên nêngên. Satêlasing lagu: pacak gulu cake, sami apacak gulu. Makatên awongsal-wangsul ngantos sajêlèhipun.

43. Jambu jambu dêrsana.

Lagu.

Jambu jambu dêrsana, dêrsanane bok-kelokke, loke lanjar, thino thino dhadhên dhadhên loke, lara lara ati, larane si cingcinggoling, disômbra disambring, loing.

--- 54 ---

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi g upami lare sami ngadêg. a b c d e urut kacang gogondhèlan, sadaya wau têbih kalihan f g, mênggah urutipun kacang a wontên ngajêng, e wingking piyambak. f g ajêng-ajêngan sarta èpèk-èpèkipun sami kaabên kados kêplok. Inggih punika èpèk-èpèking tanganipun kiwa f, angsal èpèk-èpèking tanganipun têngên g, makatên ugi ingkang têngên angsal ingkang kiwa. Punapa malih gadhah cangkriman kalih ingkang botên kenging kapirêng dening a b c d e inggih punika: jambu kalihan: kêmbang. Upami f ingkang ngakên: jambu, g: kêmbang. Sasampunipun makatên lajêng alalagu sarta a b c d e lumampah sami sumurup ngandhaping tanganipun f g, ananging e lajêng kadêkêp kantun wontên saantawising tanganipun f g, dene a b c d lastantun lumampah ngantos sawatawis têbih. e lajêng dipun takèni dening f g, jambu apa kêmbang, yèn mungêl kêmbang, lajêng tumut g, makatên ugi kosok wangsulipun. Ananging pitakèn lan wangsulan wau botên kenging mirêng a b c d.

--- 55 ---

Makatên awongsal-wangsul ngantos a b c d e têlas pamêthèkipun. Sasampunipun têlas pundi ingkang kathah larenipun mênang sarta nyuraki dhatêng ingkang kawon (sakêdhik larenipun), lajêng wiwit malih, makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun sok ugi ganjil.

44. Kêbo brintik.

Lagu.

Kêbo brintik asêlambo bima, bima wendi wendêg, jambe wana jungkat mêntul, ngisor jengkol dhuwur pête, tapihe larak-larak, kêmbêne bangun tulak, nyôngga pincuk lali anak, anake mati kêpidak.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

45. Widara layur.

Lagu.

Widara widara layur, widarane lagi sêmi. Ayo bèng padha nyirami, ayo bèng padha nyirami.

--- 56 ---

Widara widara layur, widarane lagi kêmbang. Ayo bèng padha niliki, ayo bèng padha niliki.

Widara widara layur, widarane lagi pêntil. Ayo bèng padha rujakan, ayo bèng padha rujakan.

Widara widara layur, widarane lagi matal. Ayo bèng padha ngundhuhi, ayo bèng padha ngundhuhi. Dikandhut mrucut, digembol mrojol.

Katêrangan:

Upami lare sawatawis sami ngadêg kupêng agagandhèngan. Wiwit mungêl lagu, sami mlampah alon-lonan mubêng. Sarêng lagu dumugi: dikandhut mrucut, digembol mrojol, anggènipun gandhèngan sami pêthal, sarta lumajêng ajondhil-jondhil. Makatên awongsal-wangsul ngantos sajêlèhipun.

46. Tawonan: I.

Lagu.

Tawonan, tawonan, bang abang pêthunthung brung.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi e upami lare sami ngadêg. e ingkang dados wontên ing têngah, a b c d sami ngêpang e agagandhèngan. [a...]

--- 57 ---

[...gagandhèngan.] Wiwit mungêl lagu, ingkang ngêpang mubêng alon-lonan. Sarêng lagu dumugi: pethunthung brung, anggènipun gandhèngan pêthal-pêthal sarta bibar lumajêng, sami kaoyak dening e, pundi ingkang kêcandhak dipun jiwit amônda-mônda, sarta gêntos dados. Lajêng wiwit malih, makatên awongsal-wangsul ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

47. Cèlèng gontèng.

Lagu.

Cèlèng gontèng manggut manggut, ora nginang, ora udut. Nèk nginang bole abang, nèk udut bole katut.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

48. Soyang.

Lagu.

Soyang, soyang, bathik bang kidul Samarang, ya, ya,§ ya, ungêlipun kêdah miring, botên swara jêjêg. go, ya, ya, nong, manuk endra, satus [sa...]

--- 58 ---

[...tus] kawan dasa, kawula, ngèngèr, ngèngèrake, sandhang pangan luru dhewe.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d lare sami ngadêg agagandhèngan sarta ngajêngakên dhatêng e, dene e linggih ngajêngakên dhatêng a b c d. Lare sakawan wau lajêng wiwit mungêl lagu sarta lumampah majêng mundur, satêlasing lagu, sami ndhodhok wontên sangajêngipun e. Mênggah a ingkang dados biyungipun lare lare (b c d) wau, lajêng wicantên dhatêng e makatên:

a. kula nuwun.

e. inggih, sintên niku.

a. kula pun a.

e. ajêng napa.

a. badhe ngèngèrakên anak kula pun d.

e. ênggih ta, anggêre trima sêga sakêpêl, jangan satètès sandhangan sasuwèk.

a. inggih narimah.

e. inggih ta mpun samang tinggal.

d lajêng katilar tumut linggih e, dene a b d ngadêg lumampah majêng mundur sarta alalagu kados ingkang sampun.

--- 59 ---

Makatên salajêngipun ngantos anakipun a (b c d) têlas tumut e sadaya.

a kantun ijèn alêlagu sarta lumampah majêng mundur piyambak, dumugining pada, andhodhok malih wontên ngajêngipun e, sarta wicantên makatên:

a. kula nuwun.

e. ênggih, sintên niku.

a. kula pun a.

e. ajêng napa.

a. badhe nyuwun wangsul anak kula pun d.

e. dhèk kuru dingèngèrake, barêng wis lêmu dijaluk, pun samang bêkta.

d lajêng tumut wangsul a, makatên salajêngipun ngantos anakipun (b c d) tumut wangsul dhatêng a sadaya. Makatên awongsal-wangsul ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

49. Sang gorèng sonjin.

Lagu.

Sanggorèng, sonjin, sonjine yangko, yangko. [yang...]

--- 60 ---

[...ko.] Iwak babat karo iso. Isone, iso bandhang. Didol nyang Samarang. dituku nyonyah Breti. Dimasak karo roti, rotine, roti gandum, êmpuk jêro, jaba arum.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

50. Sliring gêndhing.

Lagu.

Sliring gêndhing, suling. Rangu rangu mbang sikatan. Sikatane jawi nata. Rantap-rantap kaya koja. Bêdhil cilik unèkêna. Bêdhil gêdhe singgahana. Malinge mlayu ngetan, dicêgat bocah dolan. Malinge mlayu ngulon, dicêgat bocah angon. Malinge mlayu ngidul, dicêgat bocah gundhul. Malinge mlayu ngalor, dicêgat bocah totor. Aja bôndha-bôndha tampar, bandanên cindhe limar. Aja singsêt aja kêndho, nèk kêndho sêdhêng badhaya loro. Nèk singsêt sêdhêng badhaya sèkêt. Aja pêndhêm-pêndhêm lêmah, pêndhêmên jêro omah. Aja kijing kijing watu, kijingên prawan ayu. Aja kirim kirim kêmbang, kirimên jadah jênang.

--- 61 ---

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon, wontên ugi kalihan mlampah-mlampah.

51. Pung irung.

Lagu.

Pung, irung, wadhah, taher, blêk kênêk tiba, amblêk sèr, dêlèrèr.

Katêrangan:

Upami wontên lare sawatawis sami kumpulan, lajêng sami mambêt êntut, ananging ingkang ngêntut botên ngakên jalaran isin. Tumuntên wontên salah satunggaling lare angetangi, sarana nudingi irunging lare satunggal-tunggalipun mawi lagu wau. Pundi ingkang dhawah kantun sarêng kalihan têlasing lagu: andêlèwèr, inggih punika ingkang dipun têrka ngêntut. Sanadyan lare wau botên sayêktos mawi dipun bandhani supaos, inggih namung dipun gugujêng dening kancanipun kemawon.

Wontên malih ingkang ngangge têmbung Malajêng makatên:

--- 62 ---

52. Dhang dhang tut

Lagu.

Dhang, dhang, tut, sê, olah, olah, sapa, bêrani, ngêntut, dhitumbak raja dhuwa.

Katêrangan:

Mênggah kawontênanipun sami kemawon kados dene bab 51. Dene asalipun lagu wau ambok manawi saking tiyang Malajêng. Nitik saking têmbungipun.

53. Cênthung.

Lagu.

Cênthung, lur kangkung, sabeji begung, pitik tulak pitik tukung, lubana, lènthêng, lènggèk lènthêng.

Katêrangan:

Punika namung lare sawatawis sami lumampah mubêng-mubêng alon-lonan sarta alêlagu. Sarêng lagu dumugi: lènthêng, lenggok lèngthêng,lènthêng. sami kèndêl apacak gulu.

54. Hurti hurta.

Lagu.

Hurti hurta, o, yao, yao. Omah joglo [jo...]

--- 63 ---

[...glo] pagêr bata, o, yao, yao. Ronce-ronce kêmbang pace, o, yao, yao. Jothakaku kulon kuwe, o, yao, yao. Tak saut kêna tapihe, o, yao, yao.

Katêrangan:

Punika lagunipun lare ingkang jothakan.

55. Dhog-êndhogan.

Lagu.

Dhog-êndhogan X 4.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi e upami lare. b c d e sami ngadêg wontên ing sajawinipun buwêngan. Buwêngan upami sêngkêran, cêcêk sakawan upami tigan, ingkang dipun angge sela. Kathahipun sela sami kalihan lare ingkang wontên sajawining sêngkêran. A linggih wontên salêbêtipun sêngkêran ngajêngakên sarta èpèk-èpèkipun nutupi sela wau, inggih punika ingkang dados tiyang kaki-kaki. b c d e mubêng ngubêngi sêngkêran ajingklak-jingklak sarta alêlagu

--- 64 ---

ambal kaping tiga utawi sakawan. Kèndêlipun lagu sarêng kalihan kèndêling anggènipun mubêng, lajêng wicantên dhatêng a, makatên:

b c d e. Kaki-kaki, aku njaluk êndhog.

a. Iya, njupuka yèn bisa.

Lare sakawan wau lajêng sami ngangkah sagêdipun mêndhêt, awit tiganipun katutupan, punapa malih yèn tangan utawi sukunipun ngantos kenging dipun tampèl dening a, inggih punika ingkang dados. Mênggah reka daya pamêndhêtipun tigan sarana pados singsenipun. Mila wontên ingkang lêlèdhèk saking wingking utawi ngiringan. Yèn tiganipun sagêd têlas, lajêng bamban malih. Makatên salajêngipun ngantos jêlèh. Mênggah kathanipun lare sapurunipun.

56. Jamur-jamur cêpaki.

Lagu.

Jamur-jamur cêpaki, dikumbah pinggir kali. Mambu bayêm mambu bayêm. Gulu modot, dot, dot, dot. Dot thêkling, kling, kling, kling, mas ginonjing, lenggong, [leng...]

--- 65 ---

[...gong,] lenggong, bathuk nonong mata nggêrong, thuk, thuknong, ta, rong, ta, rong. Thuk, thuknong, ta, rong, ta, rong.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami ngadêg kupêng agêgandhèngan. Lajêng wiwit lagu sarta mubêng alon-lonan. Sarêng lagu dumugi: gulu modot, dot X 3, gulunipun sami kaodotakên sarta anggènipun mubêng kèndêl, ananging lêlagu têrus. Sarêng lagu dumugi: Dot thêngkling, kling X 3, sami apacak gulu. Lajêng mubêng malih ngantos têlas lagunipun. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

57. Atur.

Lagu.

Atur, atur, kumêndur tuwan kapitan, kakang genjong, selôndana.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi g upami lare. a linggih majêng ngetan. b c d e f g

--- 66 ---

sami ngadêg majêng mangetan urut kacang. Lajêng mungêl lagu sarta lare nêm wau lumampah, satêlasing lagu, kaangkah lampahipun g dumugi sangajêngipun a, lare nêm wau sami kèndêl linggih nggrombol ajêng-ajêngan kalihan a, lare nêm wau sami gêginêman alêlagu kalihan a makatên:

a. Sintên niku, sintên niku, grobyak-grobyak lawang kori.

Lare nêm: Inggih kula, inggih kula, utusane tuwan kapitan, kakang genjong selôndana.

a. Môngga, mlêbêt môngga, mlêbêt.

Lare nêm: Botên mlêbêt, botên mlêbêt, yèn botên kalih sampeyan kakang genjong selôndana.

a. Môngga lênggah, môngga lênggah, ambèn kanthil, klasa pasir.

Lare nêm: Botên lênggah, botên lênggah, yèn botên kalih sampeyan kakang genjong selôndana.

a. Môngga, ngunjuk, môngga, ngunjuk, wedang êtèh gula batu.

Lare nêm: Botên, ngunjuk, botên, ngunjuk,

--- 67 ---

yèn botên kalih sampeyan, kakang genjong selôndana.

a. Môngga, nggantèn, môngga, nggantèn, suruh ayu jambe wangèn.

Lare nêm: Botên, nggantèn, botên, nggantèn, yèn botên kalih sampeyan, kakang genjong selôndana.

a. Môngga, dhahar, môngga, dhahar, pêcêl pitik jangan mênir.

Lare nêm: Botên, dhahar, botên, dhahar, yèn botên kalih sampeyan, kakang genjong selôndana.

a. Mongga, sare, môngga, sare, kasur babut prangwêdani.

Lare nêm: Botên, sare, botên, sare, yèn botên kalih sampeyan, kakang genjong selôndana.

Makatên lajêng wiwit malih ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

58. Bang abang.

Lagu.

Abang-abang kae apa, manuk baladewa, pakanamu apa, cucur ondhe-ondhe.

--- 68 ---

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

59. Cung-barung.

Lagu.

Cung barung, rêjuna wadhah galêpung, angson-angson wadhah mega, salulup lawon sajanjang, janjange abang-abang, trung, endra. Endrane radèn tumênggung, theyot gôngsa gunung sapa.

Katêrangan:

Kawontênanipun sami kemawon kados dene bab 38, (Cungkup milang kondhe).

60. Dhungkul bo bo nang.

Lagu.

Dhungkul bo bo nang, nang. Nôngka gêthuk tela madu môngsa, sa. Sa o le le le mbôkne si thole, le. Leyèk tempe bosok di go simbok. Bok pi kayune kayu kopi, pi. Pindhang, pindhange pindhang asu, su. Sugih sugihe sugih utang, tang. Tanggung bocah gunung klambi gadhung, dhung. Dhungsa bocah desa klambi sutra, tra. Trayêmni bayi bole

--- 69 ---

sakêthêm, thêm. Thêmuk si thêmuk anggendhong sukêt, kêt. Kêtan kêtane enak têmên, mên. Mêndhut didudut, ya, mak sêndut.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

61. Kuning-kuning.

Lagu.

Kuning-kuning, boke lara, boke lara, êndhog siji kêpipilan, êndhog loro kêcombèran, dhèyèk-dhèyèk tawon gêni, ni, ni, ni, cangkir cêndhana, kiwa mbang cêpaka, sisih mbang têlasih, sabuk renda kayu gurda, mantêlang-mantêlung bogêm lir, gula lir, pyang, tak gêlung-gêlung malang, ambune walang kudhèdhès, sarowès, riwuk-riwuk bok pangantèn pilisana, kunir apu, wok-uwok kur, ndhog kamal enak mêmpur.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi e upami lare sami ngadêg urut kacang, a ingkang wontên ngajêng, e ing wingking piyambak. Sarêng sami mungêl lagu,

--- 70 ---

a lumampah ngubêngi larikan sarta salêbêtipun lumampah, èpèk-èpèkipun kiwa miring kaprênah sangajênging rai kalihan ulap-ulap rai, sikutipun kasôngga ing èpèk-èpèk têngên. Satêlasing lagu a lajêng ngadêg wontên sawingkingipun e, makatên salajêngipun agêntos-gêntos ngantos a wau wangsul wontên ngajêng malih. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah ingkang dados sapurunipun.

62. Êmblêg-êmblêg duduh tape.

Lagu.

Blêg-êmblêg duduh tape, dhuh lae, ampyang kacang, dho rêngginang, noang. Nôngka, gêthuk tela madumôngsa, soa. Sarèn rak arèn jadah mantèn, toèn. Êntènana lèhmu lunga besuk apa. Besuk êmbèn.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

63. Jonjang lotha-lathi.

Lagu.

Jonjang lotha-lathi, lo ganthi. Pucuk mênyan majakane [maja...]

--- 71 ---

[...kane] si kêtumbar, lo inggu. Inggu sabrang, lèmbèhane jongkat-jongkit, lo pala. Pala gônda, ariba buk kêrangean.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

64. Dêbog bosok.

Lagu.

Dêbog-dêbog bosok, dinciki mlèyak-mlèyok, lere pête angge-angge, pasang dêlêg entuk lele, wak lutung, wak lutung, andlindang èk-èk, andlindang uk-uk.

Katêrangan:

Lare sawatawis sami ngadêg kêpang agêgandhèngan, sarta mungêl lagu, lajêng mubêng alon-lonan. Sarêng lagu dumugi: wak lutung X 2, anggènipun mubêng kèndêl sarta gandhènganipun pêthal. Lagu dumugi: andlindang èk-èk tanganipun têngên malang kêrik sarta awakipun kadhoyongakên nêngên, makatên ugi sarêng lagu dumugi: andlindang uk-uk gêntos tanganipun kiwa malang kêrik sarta awakipun kadhoyongakên ngiwa. Lajêng bamban malih. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

--- 72 ---

65. Rujak manggis.

Lagu.

Rujak manggis kêsik untu dhangir alis ya, bapak durung uwis durung uwis kêsusu anake nanagis, alok-alok hose. Nur, dhani, dhanur dhagong, kondur, jagong, kangmas êsake kothong. Ri badhong-badhongane, prit gantil tiba dhadha, mbang gula, mbang gulane, riyêk mênthêg sama ole.§ samaole, ungêling sama kêdah swara miring, botên swara jêjêg.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

66. Dhungkul bang kujahe.

Lagu.

Dhungkul bang kujahe, cina gundhul mangsak babi, bêlun matêng di icipi, sudah abis mentak lagi. Na, kênanga cina, putrane mas Kanjêng dewa, nunggang jaran kêthoprakan, nganggo pêndhok limalasan, li kêndhali jêklèk. Aja ngambung pipi kiwa, nèk kiwa kagungan dewa, nèk têngên kagungan dalêm, sengok tômba kangên.

--- 73 ---

Katêrangan:

Punika kawontênanipun sami kalihan bab 23 (Dhungkul cam-cao).

67. Pêlêm-pêlêm mêntah: I

Lagu.

Pêlêm-pêlêm mêntah, sisane simbah lurah, ora êntèk êntèkêna, sisane Tumênggungira, dede-dede mênggung, dede-dede mênggung, kalèru gombyoke sumyang. Sumyang-sumyang wetan, omahe plèk-êmplèkan, kidul-kidul kono ana tlèdhèk bera-bero.

Katêrangan:

Punika kawontênanipun sami kalihan bab 15. (Sluku-sluku bathok).

68. Sobyung.

Lagu.

Sobyung.

Katêrangan:

[Grafik]

[Grafik]

a dumugi e upami lare sami linggih kupêng. Sobyung punika ngangge petangan gangsal inggih punika: jan, nak, ndêng, urang [u...]

--- 74 ---

[...rang] kalihan kepêr. Lare gangsal wau sami ngadêg piyambak-piyambak, kados ta: a = jan, b = nak, c = ndêng. d = urang. e = kepêr. Sarêng lagu dumugi: so, èpèk-èpèkipun kiwa-têngên sami kajunjung sarêng wontên iringanipun sirah. Nanging wontên salah satunggiling lare ingkang èpèk-èpèkipun kiwa kemawon ingkang kajunjung, awit ingkang têngên badhe kangge metangi. Dene manawi lagu sampun dumugi: byung, èpèk-èpèk wau sami kadhawahakên sarêng wontên ing ngajêngipun piyambak-piyambak akupêng, sarta darijinipundariji dipun. katingalakên sapurunipun, kados ta: katingalakên 2, 3, 4 ngantos 10 pisan ugi kenging. Upami dariji sadaya ingkang katingal kados dene ing gambar ongka II lajêng dipun etangi makatên: jan, nak, ndêng, urang, kepêr, wangsul malih saking: jan, sapiturutipun ngantos têlas. Têlas-têlasaning etangan sampun têmtu dhawah: nak, môngka, nak ingkang bakên b, miturut ing gambar ongka I, sapunika b sampun botên tumut nginggahakên tanganipun, lajêng a c d e sobyung malih, makatên awongsal-wangsul ngantos larenipun kantun ijèn, inggih punika lajêng dipun pêthèki, dipun wastani: diare. Patrapipun makatên.

--- 75 ---

Lagu.

Are, are, bang 1, ji abang 2, ro abang 3, lu abang 4, pat abang 5, mo abang 6, nêm abang 7, tu abang 8, lu abang 9, nga abang 10.

Katêrangan:

Ingkang ngare gêntosan nyatunggal, urut ingkang ical rumiyin. Linggih ajêng-ajêngan cakêt kalihan ingkang dipun are. Ingkang ngare mungêl lagu: are, are, bang, tanganipun ingkang têngên kajunjung prênah iringaning sirahipun. Sarêng lagu dumugi: ji (1), tanganipun enggal kasèlèhakên ing dhêngkulipun ingkang kaare, sarêng kalihan tanganipun ingkang kaare wau. Ing ngriku sami ngatingalakên drijinipun nyatunggal, manawi kabadhe, têgêsipun sami, upami driji sami driji, utawi jênthik sami jênthik salajêngipun. Lajêng gêntosan ingkang ngare. Dene manawi botên kabadhe, inggih lajêng mungêl lagu: ji abang ro, badhèkan dariji malih, ngantos dumugi: bang sapuluh. Yèn ngantos: bang sapuluh, mêksa botên kabadhe, lajêng wayangan. Patrapipun makatên:

--- 76 ---

Lagu.

Gung, gung, gung, dang gêntak, gêndang.

Katêrangan:

Manawi lagu dumigi: Dang gêntak gêndang, tanganipun ingkang ngare kajunjung salah satunggal, kiwa utawi têngênipun kaprênah iringaning sirah, ingkang dipun are inggih anirokakên kiwa punapa têngên. Sasampunipun mungêl lagu: Gêndang, ingkang ngare lajêng andumuk peranganing awak sakojur, kados ta: irung, gulu, wêtêng lan sanès-sanèsipun. Ingkang dipun are inggih kêdah andumuk peranganing awakipun piyambak. Pandumukipun kêdah sarêng, yèn sagêd sami, lajêng gêntosan ingkang ngare. Ingkang makatên wau awongsal-wangsul ngantosa sagêd badhe. Dene ingkang dolanan botên kenging langkung saking lare gangsal.

69. Pring gadhing.

Lagu.

Pring, gadhing sêlaka dhêndha, dhêndhane riyo-riyo, kêmbang kalak kêmbang gadhung, kêcubung poyang-payingan, mêngko sore ndêlok wayang, wayange wayang purwa, purwane purwa

--- 77 ---

lônda, rèk-arèk dlanggung gêdhe, nêmu kêmbang ming sasêle, di nggokake bedhangane, jing wedok sêrik atine, ora sêrak ora sêrik, atine ngganjêl sadhingklik. Yo ndhuk, yo ndhuk, inggih, nunggang jaran karo linggih.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

70. Godhong kamitêtêp.

Lagu.

Godhong kamitêtêp, godhong lênga po-o, bokne cilik tingkêp, ambabêlèh kêbo, kêbone kêbo wedok, susu bundêr monthok-monthok.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

71. Orong-orong bangkong.

Lagu.

Orong-orong bangkong. Konge buna-buni. Niyata padha rukun. Konang mentak tabik. Beyo mentak kèju. Jual lagi ngêndhog. nDhoge lagi sanga, dadar papat kari lima.

--- 78 ---

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

72. Jonjang Sêdayu.

Lagu.

Jonjang, jonjange wong Sêdayu, Sêdayu ngarêpi aku, aku manèh ngarêpana, tak wada jenggote dawa, bèng-bèng wis mênênga, mêngko sore bubutana, ora êntèk balènana.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i upami lare. a b c d e f g h sami linggih kupêng ngêpang pun i, dene i minôngka ingkang dados ndhodhok. Ingkang ngêpang lajêng mungêl lagu, sarta i mubêng wontên salêbêtipun kalangan kalihan lampah dhodhok, punapa malih kalihan anglalèdhèk ingkang ngêpang sarana tingkah awarni-warni, kados ta: mèncêp, mlerok, pacak gulu, mênthêlêng, mele-mele lan sapurunipun. Supados ingkang dipun lèdhèk sagêd ngguyu. Inggih punika ingkang gêntos dados. Manawi [Mana...]

--- 79 ---

[...wi] salagu dèrèng wontên ingkang ngguyu, inggih dipun ambali lagu malih. ngantos wontên ingkang dados. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah ingkang dados sapurunipun.

73. Bung mênthalit.

Lagu.

Bung, mênthalit, mandhêga, gêndhuk lara mata, dèn bèine golèk tômba. Tambanana dhong kêcubung, ora mari jaluk ambung.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

74. Trigonggong.

Lagu.

Trigonggong, trigoling, krambil bolong sisa bajing, bajinge lurahe londo, nunggang jaran nuntun bêlo.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

--- 80 ---

75. Watu watu bundêr.

Lagu.

Watu watu bundêr, dinciki mingar-mingêr, ana lintah padha minggir, ana wadêr dha nyeroki.

Katêrangan:

[Grafik]

Upami lare kalih sami ngadêg ajêng-ajêngan. Pucuking tapihipun sami kasambêt sarana kacêpêngan tanganipun ingkang têngên kaprênah ing ngajênganipun lêrês, tanganipun kiwa sami malang kêrik. Lajêng mungêl lagu sarta mubêng ajondhil-jondhil. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun ugêr jangkêp parlunipun ilon ngalih-ngalih.

76. Kroto-kroto: I.

Lagu.

Kroto-kroto pêntilmu mlinjo, mlinjo ndadi, omah gêdhong lawang kori, trêtêp, pasar bubar, trêtêp.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

--- 81 ---

77. Kroto-kroto: II.

Lagu.

Kroto-kroto pêntilmu mlinjo, pakne dhoblang, Kapitan Jogonagaran, Sumawinatan, Gusti anggèr, Suryatmajan.

Katêrangan:

Upami lare sawatawis sami ngadêg. Lajêng mungêl lagu sarta sami lumampah tanganipun kiwa têngên malang kêrik. Sarêng lagu dumugi: Pakne dhoblang, sami kèndêl ajêng-ajêngan ngalih-ngalih, sarta tanganipun têngên ulap-ulap wontên ing bathuk. Satêlasing lagu, sami pacak gulu. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

78. Dhoro-dhoro thik.

Lagu.

Dhoro-dhoro thik, dhoro-dhoro tha. Cêpuk wadhah bako, brambang abang kuwih maha. Maha-maha lintrik, bocah cilik nuntun gênjik. Gênjik-gênjik abang, mlêbu ngomah ngombe wedang. Wedang-wedang bubuk,

--- 82 ---

sakriyuk gulane rêmuk. Rêmuk-rêmuk pisan, sing ngrêmukke dara Tuwan. Tuwan-tuwan kaji, lênggih kursi dhahar roti. Roti-roti gandhos, njêro êmpuk njaba atos. Roti-roti gandum, njêro êmpuk jaba arum.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

79. Lur gômbyong.

Lagu.

Lur gômbyong, jèmblèk main andong, sunthi lambang sari, murmak daging kayu lêgi. Trêmbayun nyamplung, timang jlebrah dara Mênggung. Kontul kontul kolêk, sabuk bara cundhuk mote.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i upami lare sami ngadêg. a b c d e f g h sami kupêng ngêpang i sarta agêgandhèngan. i ingkang dados wontên ing têngah. Lajêng mungêl lagu sarta ingkang ngêpang mubêng alon-lonan. Sarêng lagu têlas, ingkang ngêpang kèndêl sarta sami nyundhuki punapa-punapa dhatêng i, kados ta:

--- 83 ---

ron, gagang rèk lan sanèsipun ingkang botên adamêl siya. Pundi ingkang sampun nyundhuki lajêng lumajêng, sarta kaoyak dening i, pundi ingkang kêcandhak gêntos dados. dene ingkang dèrèng nyundhuki, botên kenging dipun candhak. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah ingkang dados sapurunipun.

80. Godhong-godhong sembukan.

Lagu.

Godhong-godhong sembukan, dloma dlama, Gusti siniwaka, kang marak bêdhaya lima. Môngga Gusti kondur, sakeca wontên pandhapa. Aku ora mulih, aku arêp lunga. Tindak dhatêng pundi, lunga nyang Batawi. Lèh-olèhe apa, lèh-olèhe putri. Putri di go napa, nggo timbangan mukti. Gêndhuk ewa lewo-lethak, gêndhuk ewa lewo lethong.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

81. Tokung-tokung. (saking tukung ?)

Lagu.

Tokung-tokung, tak êntèni, ngisor gunung. Sing

--- 84 ---

ngêntèni, môndra guna, lincêk-lincêk wis pacake, nyonyah Cina gêlung kondhe.

Katêrangan:

Mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 9. (Bibis).

82. Sanggung, bêlungkang.

Lagu.

Sanggung, bêlungkang, jur ring ngidul, bêlungkang, sari, gêrojogan, sêr, sêr. randhu bolong, sêr, sêr, randhu bolong.

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 12. (Blarak-blarak sêmpal).

83. Riti-riti: 1.

Lagu.

Riti-riti, wohe, dhong sêmanggi, wohe. Andlindang crèk, sugih garwa. Andlindang crèk, sugih bôndha.

Katêrangan:

Upami lare sawatawis sami ngadêg kupêng agêgandhèngan. [agêgandhèng...]

--- 84 ---

[...an.] Lajêng alêlagu sarta sami mubêng alon-lonan, sarêng dumugi: andlindang crèk, anggènipun mubêng kèndêl sarta sukunipun têngên nepang, sukuning lare têngênipun. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

84. Dhungkul dhalu dhêmblèng.

Lagu.

Dhungkul dhalu dhêmblèng, Onggajaya numbak cèlèng, kêris bêngkung tumbak putung, Onggajaya di têlikung, ciyèt-ciyèt, Onggajaya dibêbêncèt.

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 23 (Dhungkul cam cao).

85. Gajah-gajah têlena.

Lagu.

Gajah-gajah têlena, têlenane garu nata, jênang katul sisir gula, hêr sagaga, gya. Hêr, sagaga, gya.

[Grafik]

a dumugi d upami lare. a b c ngadêg jèjèr sami ajêngipun, tanganipun b ingkang kiwa ngrangkul gulunipun c, ingkang têngên ngrangkul a; tanganipun [tangani...]

--- 86 ---

[...pun] a c ambônda ngapurancang kêkah, sarta c kapancad sukunipun d ingkang kiwa, a ingkang têngên. Wêtêngipun d tumumpang ing gêgêripun b, lajêng alêlagu sarta d tansah kêplok. Makatên wau ngantos dumugi panggenan ingkang sampun dipun jangjèkakên. manawi sampun dumugi, lajêng gêntosan ingkang kagendhong. Makatên agêgêntosan ngantos sajêlèhipun. Mênggah kathahipun lare, sakêdhik-kêdhikipun sakawan.

86. Dhungkul pak pongge.

Lagu.

Dhungkul pak pongge, gong cina gong walônda, he yuk sutra, ngga ongge: ônggaôngga, swaraning: ga, kêdah miring, botên swara jêjêg. ondhèt turuk sapi dalan pêdhèt.

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 23 (Dhungkul cam cao).

87. Ri ri wêlut.

Lagu.

Ri ri wêlut, satega-tega dhatêng. Dhatêng pundi, dhatêng

--- 87 ---

sêmampir. Sênthuk, sênthuk, srundèng gosong. Liwêt sangit jangan terong. mboke: ra, lêbokna, sênthong. Tak tu: tupi tenong. Tuwan kaji, njaluk rabi. Rabèk:êna, wong sêmampir. Tunggangane, wêdhus kucir.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

88. Cèk-oncèkan bawang: I.

Lagu.

Cèk-oncèkan bawang, bawange bung kacelung, ana manuk ondhèl-ondhèl. Sir, podhang, layangane, gênduk-gênduk galethak.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i upami lare sami ngadêg. a b c d e f g h sami kupêng ngêpang i agêgandhèngan, i ingkang dados wontên ing têngah. Ingkang ngêpang lajêng alêlagu sarta mubêng, sarêng lagu dumugi: sir, anggènipun mubêng kèndêl. Lagu wiwit: podhang, ngantos: gênduk-gênduk, ingkang ngêpang sami gela-gelo. i inggih [ing...]

--- 88 ---

[...gih] tumut gela-gelo sarta ngajêngakên pundi lare ingkang dipun siri. Sarêng lagu dumugi pada: galethak, sirahipun sami kèndêl ngiwa utawi nêngên. Yèn sirahipun i, anggènipun mènglèng sami kalihan ènglènging sirahipun ingkang dipun ajêngakên wau, lare ingkang dipun ajêngakên i gêntos dados. Dene manawi botên sami, i taksih lastantun dados. Makatên awongsal-wangsil ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

89. Jelung èdhèr utawi jethung èdhèr.

Lagu.

Jelung èdhèr adhidèr. X sawatawis.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i upami lare sami ngadêg. a b c d e f g h panggènanipun mrênca sawatawis têbih kalihan i, dene i manggèn nêngga jethunganipun, inggih punika ingkang dados. Mênggah ingkang dipun angge jethungan cagak, wit-witan utawi sanèsipun. Ingkang botên dados ngangkah sagêdipun ngêmèk jethungan wau. Lajêng sami lêlagu pating jalingkrak [jalingkra...]

--- 89 ---

[...k] ngganggu dhatêng i supados purun ngoyak. Pundi lare ingkang kenging dipun candhak dhatêng i inggih punika ingkang gêntos dados. Dene manawi dèrèng wontên ingkang kacandhak, môngka sampun wontên ingkang njèthung, ingkang jethung wau kenging nusuli malih. Têgêsipun sanajan sampun jethung, nanging yèn ngantos kenging kacêpêng dhatêng i inggih dados. Ananging yèn nusuli kêdah caluluk alêlagu makatên:

Lagu.

Nusuli sêga wadhang, lawuhe kendho urang. (X sawatawis).

Katêrangan:

Tarkadhang wontên lare ingkang tumut, ananging botên wênang kacandhak dhatêng ingkang dados. Lare wau namung ilu-ilu mlojang-mlajêng kemawon, inggih punika kados dene sinau jelungan. Punika dipun wastani: Bawang kothong. Lare ingkang dados bawang kothong punika, ingkang kathah taksih alit, jalaran dèrèng sagêd lumajêng rikat. Dene manawi wontên lare ingkang sagêd jethung, lajêng mungêl lagu makatên:

Lagu.

Jethung utawi jelung.

--- 90 ---

Katêrangan:

Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

90. Jelung umpêt.

Jelung umpêt punika mèh sami kalihan jelung èdhèr. Kaotipun tanpa lagu, kajawi: jethung. Sarta ingkang dados kêdah mêrêm wontên panggènaning jethungan. Salêbêtipun mêrêm, ingkang botên dados sami andhêlik. Salêbêtipun ingkang dados mêrêm, tansah apitakèn makatên: Wis apa durung. Manawi ingkang botên dados wau sampun wontên ingkang mangsuli: Wis. Ingkang dados lajêng ngupadosi. Yèn sagêd pinanggih lajêng kabujung, pundi ingkang kacandhak gêntos dados.

Dene manawi ingkang dados botên purun kesah saking ing jethungan, sami dipun wastani: tunggu brok. Mênggah ingkang dados sapurunipun.

91. Uthuk-uthuk.

Katêrangan:

Uthuk-uthuk punika mèh sami kados dene jelung

--- 91 ---

umpêt. Kaotipun namung anggènipun andhêlik ragi têbih sarta kêdah milih panggenanipun ingkang kiwa-kiwa. Jalaran botên mawi kabujung ngantos kacandhak. Pundi ingkang katingal sarta ingkang dados sagêd mastani naminipun, inggih punika ingkang gêntos dados. Salêbêtipun sami andhêlik, ingkang dados tansah apitakèn makatên: Uthuk-uthuk, sapa ora uthuk bubar. Ingkang andhêlik salah satunggal manawi sampun rêmpit pandhêlikipun lajêng mangsuli makatên: Nguk. Dene yèn ngantos sawatawis dangu, môngka ingkang andhêlik botên wontên anyauri: nguk, ingkang dados kenging bibar. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

92. Riti-riti: II.

Lagu.

Riti-riti, rèk kobong main api, tôr dirombêg, tôr dirombe, kreta motor mandhêg diputêr mlaku dhewe.§ Ambokmanawi wontênipun dolanan punika, sarêng wontên kareta motor.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

--- 92 ---

93. Ti ti gung.

Lagu.

Ti ti gung, ti ti gung, kodhok ngorèk banyu agung, saya mentak, saya monte, mangan kupat karo sate.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

94. Dhungkul jalela.

Lagu.

Dhungkul jalela, tabuhane jawi nata, gugur tambur, unèkêna ngalun-alun, dhèndhèng dêlêg Ratu sabrang angêjawa, ora lana, satriya balur dhadhanya, orang-aring, kodhok ijo mlêbu jaring, garundêlan badhaya golèk panggonan, panggonane cêpuri wetan, dhèdhèkane Mangkubumèn, sêga wuduk dèn kuniri, danar-danar wong ayu sugih lêlewa, lêlewane, wong tuwa môngsa payua.

Katêrangan:

Punika kawontênanipun sami kados dene bab 23 (Dhungkul cam-cao).

--- 93 ---

95. Kidul kono ana lintang.

Lagu.

Kidul kono ana lintang kadhayohan, tapihe lurik abang, kêmbêne jingga loka. Tak jingga loka-loka, sadhêngkling lêngki-lêngki, bocah gunung golèk bêndha, kleru jagung, jalaran manuk êngkuk, êngkuk angedani.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

96. Kêmbang thokla-thakli.

Lagu.

Kêmbang thokla-thakli, kêmbang andariyah. Nyonyah dhudhuk kursi, sinyo mangkat sêkolah. Tindak saking pundi, saking kamar bolah. Lèh-olèhe apa, manuk baladewa. Pakanane apa, cucur ondhe-ondhe.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

97. Themplang wohe.

Lagu.

Themplang, wohe gowok wohe pucang, ndhêrandhang, [ndhêra...]

--- 94 ---

[...ndhang,] woh panjalin themplang. Dêbog bosok maling mogok, sapa ngguyu nggendhong aku.

Katêrangan:

Punika sami kados dene bab 77 (Jonjang Sedayu). Namung kaotipun yèn punika larenipun sami ngadêg.

98. Ris-irisan tela.

Lagu.

Ris-irisan tela, la, la, la. Madu salil, lil, lil, lil, manuk podhang. Unine: kuk-êngkukan, unine kuk-êngkukan.

Katêrangan:

Upami lare sawatawis sami ngadêg kupêng agêgandhèngan, lajêng alêlagu sarta mubêng. Sarêng lagu dumugi: unine, anggènipun mubêng kèndêl. Lagu dumugi: kuk-êngkukan, sami manthuk-manthuk. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

99. Pring pring bubukên.

Lagu.

Pring pring bubukên, lara encok kalèlètên, pring

--- 95 ---

gadhing sêrate kuning, asabewok, uk, e, asajèbrès, uk e.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi f upami lare sami ngadêg amalangkêrik sarta dados kalih larik. Larikanipun a b d ajêng-ajêngan kalihan larikanipun d e f, sarêng alêlagu larikan kalih pisan sami majêng pêpêthukan ngêsur panggenanipun larikan. Sarêng lagu dumugi: asabewok ngantos: uk e, sirahipun sami mènglèng ngiwa-nêngên, lajêng sami ambalik ajêngipun. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Dene antawisipun larikan kadugi gangsal utawi nêm jangkah. Mênggah kathahipun lare sapurunipun, ugêripun jangkêp.

100. Jêruk lètèr.

Lagu.

Jêruk lètèr, jêruk lètèr, bêndungan tinambak lètèr, babo radèn. Wis iline, rabi ayu kèh tukone, hora-hore êmbowok, sida guri radèn, poak, mondhong gêmak, ari bapak pocung.

--- 96 ---

Katêrangan:

Punika kawontênanipun sami kalihan bab 1 (Gula ganthi).

101. Ima ima.

Lagu.

Ima-ima, dêlima kêmbange abang, ya bapak. Laki dêmang, laki dêmang, ora bisa salin slendhang, alok-alok hose. Jabar lak, jabar hole, ora madhang ayahene, ulate digawe-gawe, sakecu-kecu, samaling-maling, sakere unyik.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

102. Têbu-têbu dawa.

Lagu.

Têbu-têbu dawa, dikêthoki dadi lima, baguse kaya rêjuna. e e nobatake, laki bangsat doyan tike. e e nobatake, laki bangsat doyan tike.

--- 97 ---

Katêrangan:

Upami wontên lare sawatawis sami ngadêg kupêng agêgandhèngan. Lajêng mungêl lagu sarta mubêng alon-lonan. Sarêng lagu dumugi: e e, ngantos: tike, mubêngipun kalihan njondhil-njondhil. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

103. Dhungkul wolu kêndhang.

Lagu.

Dhungkul wolu kêndhang, bêluluk wohe reyang, jambe nom wohe jali, jali jala, padhang berut lunga madhang, lunga matun, matun jaran begalan ulig-ulig jaka ledong, mbadodong nèng ngisor terong.

Katêrangan:

Punika kawontênanipun kados dene bab 4 (Thung-thung).

104. Bayêm tur.

Lagu.

Bayêm tur, bayêm tur, mili luntur, banyu mili, mili lodhah, dhêmpla, dhili dhalah, nadhalêm nadhalêm punya,

--- 98 ---

kacu rendha-rendha, sinyo main suci, nyonyah thrathak endhah.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi f upami lare sami ngadêg, ingkang adêgipun ragi rênggang. a b c salajur sami majêng ngetan, d e f salajur sami majêng mangilèn. Tanganipun ingkang têngên angathung mangajêng, driji kajabèbèhakên minggah, sarta sikutipun kasôngga ing èpèk-èpèk kiwa. Lajêng alêlagu sarta larikan a b c mlampah miring ngidul, d e f mlampah miring ngalèr, sami ngêsur larikanipun, sarta sikutipun têngên sami tansah kadhêngklikakên. Sarêng dumugi pada kèndêl mawi apacak gulu. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Antawisipun larikan kadugi gangsal utawi nêm jangkah. Mênggah ingkang dados sapurunipun, ugêripun jangkêp.

105. Dhungkul mbang kucai.

Lagu.

Dhungkul mbang kucai, nonah nambik mentak laki, kêmbang pudhak diambiki, cam cao gula lêgi.

--- 99 ---

Katêrangan:

Punika kawontênanipun sami kalihan bab 23, (Dhungkul cam-cao).

106. Anji-anji.

Lagu.

Anji, anji, mas mirah manis kakang genjung selondana, jèng gunjèng thuk, jèng gunjèng nong.

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 15, (Sluku-sluku bathok).

107. Jêruk inggu.

Lagu.

Jêruk inggu, mangetan jaran kaplayu, ya, bapak, têlung suku, têlung suku, dhêndhane wong rabi ayu, alok-alok hose.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

108. Rujak bêling.

Lagu.

Rujak bêling, rujak bêling, rujake wong kadipatèn,

--- 100 ---

babo ngêrês linu, bêtèke wong momong maru, hore, hore, êmbok sidaguri, radèn, poak, mondhong gêmak, ari bapak pocung.

Katêrangan:

Upami lare sawatawis sami ngadêg amalang kêrik. Dlamakaning suku jèjèr dhèmpèt, lajêng alêlagu, sarta dlamakanipun kiwa têngên mingsêt-mingsêt nêngên, (sêmu nyirig). Sarêng dumugi pungkasaning lagu lajêng kèndêl mawi pacak gulu.

109. Dhungkul iga-iga.

Lagu.

Dhungkul iga-iga, cundhuk mêntul Surabaya, udan kêmbang nèng paseban, lênga wangi nèng pringgitan, entris darma, endri.

Katêrangan:

Punika kawontênanipun sami kalihan bab 23, (Dhungkul cam-cao).

110. Bung kênthang.

Lagu.

Bung kênthang bung katela, wi gêmbili kacang cina, ana

--- 101 ---

nyonyah gêlung kondhe, ayune sabêdhug dhewe, gêdhang gabu kluthuk sukun, wong ayu ngêdoli apyun, jênggunak-jênggunuk, krambil bolong sisa bajing, bajinge bajing loro, ora anak ora bojo, nèk anak gorèngna klathak, nèk bojo gorèngna mlinjo.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

111. Godhong-godhong nôngka.

Lagu.

Godhong-godhong nôngka, gurenda kuncupe loro, kèk-ongkèke kidul kono, ayo, lungaa, ayo, lungaa, pupung padhang, pupung rina, wong picak jegalên aku.

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 16, (Tumbaran).

112. Sobyang.

Lagu.

Sobyang awang-awang, jangan pare, abang kaya dubang,

--- 102 ---

putih kaya upih, manuk glathik lurik dhadhane, srêntêk-srêntêk lèmbèhane, srêntêk-srêntêk lèmbèhane.

Katêrangan:

Punika kawontênanipun mèh sami kalihan bab 9, (Bibis). Namung kaotipun yèn punika tanganipun sami lembehan.

113. Pare-pare belungan.

Lagu.

Pare-pare belungan, ditandur pinggir balumbang, sing nandur gêdhe dhuwur, dipêthik alum, disiram alum, Onggajaya anjogèda, ônggajaya anjogèda.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi i upami lare sami ngadêg. a b c d f g h kupêng ngêpang i sarta agêgandhèngan. i ingkang dados wontên ing têngah. Ingkang ngêpang lajêng alêlagu sarta mubêng, dene ingkang dados tanganipun ingkang kiwa nyêpêngi dhêngkul kiwa, panudinging tanganipun têngên katudingakên ing kupingipun têngên sarta dipun uwêr-uwêrakên, [uwêr-u...]

--- 103 ---

[...wêrakên,] punapa malih mripatipun mêrêm. Sarêng lagu dumugi: Disiram alum, anggènipun mubêng kèndêl sarta anggènipun gandhèngan sami pêthal, ananging anggènipun ngadêg botên kenging mingsêd saking panggènanipun. Sadangunipun mungêl lagu: Onggajaya anjogèda, pun i badanipun mubêng sêsêr sarta andhawah wontên sangajêngipun lare salah satunggal. Upami dhawahipun wontên sangajêngipun b, inggih b ingkang gêntos dados. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah katahipun lare sapurunipun.

114. Bothekan.

Lagu.

Bothekan, bothekan, ira prênjak ira kacang, kacange sambêl dhêle, dirajang rowa-rawe, bintala, e, bintala.

Katêrangan:

Upami lare sawatawis sami ngadêg agêgandhèngan. Lajêng alêlagu sarta mubêng alon-lonan. Sarêng lagu dumugi: dirajang rowa-rawe, anggènipun mubêng

--- 104 ---

kèndêl, gandhènganipun apêthalan lajêng sami malang kêrik kiwa têngên. Lagu dumugi: bintala, e, bintala, awakipun kadêngkèkakên ngiwa lajêng nêngên. Lajêng bamban malih, makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

115. Pring gong-gong.

Lagu.

Pring gong-gong, pring kuning, anake lurahe gadhing, nunggang jaran nuntun kucing, pêndhoke kêmalon ijo, lali anak, lali bojo. Bojone kapulaga, tumbak bêdhil Surabaya. Jaka loro sigar, jaka loro sigar, prawane sigar salatar.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

116. Sobyah.

Lagu.

Sobyah sobyah, ja ngambah-ngambah lêmah, ngambaha suri gadhing, gadhing-gadhing salining, widadari kuning, thuk mas kayu rante, isine priyayi gêdhe, pana kawan padha dandan, para nyai dha ngladèni, ya, sobrah.

--- 105 ---

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi e upami lare sami ngadêg. a b c d wontên pinggir sarta têbihipun lare satunggal lan satunggalipun sami. e wontên ing têngah, minôngka ingkang dados. Lajêng alêlagu. Satêlasipun lagu, lare ingkang wontên pinggir sami asasmita, ngêjèpi, manthuk utawi sanèsipun dhatêng lare kiwa utawi têngênipun. Yèn sadangunipun alian ênggèn wau, panggènanipun kenging dipun êsur dhatêng e, inggih punika ingkang gêntos dados. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahing lare sapurunipun.

117. Cêmpa-cêmpa sawakul.

Cêmpa-cêmpa sawakul, rambatamu godhong kêmpul, sadhun-dhun dhung-dhung brul. Godhong bêndha, rèk, njaluk lawang, rèk, ndhog samênthor, dêbog bosok têlele monthe, damar mancung kèh gênine.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami ngadêg urut kacang, d wontên ing ngajêng piyambak, sarta sabukipun kacêpêng dhatêng c, makatên ugi [u...]

--- 106 ---

[...gi] c kalihan b, sapiturutipun. Lajêng sarêng alêlagu, a wiwit lumampah mubêng, ngubêngi larikan wau ambal 1½, dumugining pada, kakintên-kintên lampahipun a wontên ngajêngipun d, anyambêti larikan. Lajêng wiwit lagu malih, b lumampah, makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah ingkang dados sapurunipun.

118. Cumpli.

Lagu.

Cumpli, uyuh sapi, enak lêgi, sapa kèri dadi.

Katêrangan:

Upami wontên lare sawatawis sami ngadêg kupêng. Tanganipun kalih pisan kacêkêthêmakên wontên ing ngajênganipun piyambak, nanging wontên satunggaling lare namung ingkang kiwa kemawon, awit ingkang têngên badhe angetangi. Lajêng alêlagu sarta gêgêman wau dipun dumuki dening ingkang ngetangi, kados dene dhungkul. Satêlasipun lagu: dadi, anggènipun ametangi kèndêl, ing ngriku dhawah tanganipun sintên, inggih punika ingkang dados lajêng ngoyak kancanipun. Dene ingkang dipun oyak manawi sagêd [sa...]

--- 107 ---

[...gêd] ancik-ancik ugêr botên ngambah siti, botên kenging kacandhak. Yèn wontên ingkang kacandhak lajêng ambal malih. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

119. Kintêlan.

Lagu.

Kintêlan-kintêlan, nyathèk nyamplung sôngga uwang. × sawatawis.

Katêrangan:

Punika kawontênanipun mèh sami kalihan bab 22, (Nini-nini katisên). Namung kaotipun ingkang dados mbrangkang, sarta manawi dados lampahipun mancolot-mancolot. Dangu-dangu inggih mantuk piyambak. Nanging yèn saking pamanggihipun ingkang gugon-tuhon, sagêdipun mantuk manawi kablêbêgakên ing toya, utawi dipun kutugi sela (mênyan).

120. Dhungkul marena.

Lagu.

Dhungkul marena, manuk drigul jambe wana jambe sêntul, para drana radèn putra, sông-sông jêne dèn parada, dèn parada lunga: njala, jalane jala kancana, tambange [tambang...]

--- 108 ---

[...e] tambang têmbaga, rujak sêntul mara seba, wong ayu medam-medêm. Cêmpli uyah trasi, dadi ilang siji.

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 23, (Dhungkul cam-cao).

121. Dhèndhèng kênthing.

Lagu.

Dhèndhèng kênthing, thing, sambêl lonthang, kakang mêndhak nèk mêndhak ulung-ulungan.

Katêrangan:

[Grafik]

Upami wontên lare sawatawis sami linggih ngalih-ngalih ajêng-ajêngan. Patraping tangan sami kalihan bab 114, (Bayêm tur). Lajêng alêlagu sarta solahing tangan ugi sami kalihan bayêm tur wau, ananging linggihipun têtêp. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

122. Cèk-oncèkan bawang: II.

Lagu.

Cèk-oncèkan bawang, bawange uci-uci, kêbo

--- 109 ---

dhalang, yango, yango, sengok, gênjut, cêngklang.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi h upami lare sami linggih kupêng, tanganipun kiwa-têngên kaacungakên mangajêng, sarta darijining panuduh kalihan panunggul kaacungakên, ananging wontên satunggaling lare tanganipun têngên botên tumut awit badhe angetangi (andumuki) darijining kancanipun. Lajêng alêlagu sarta ingkang pancèn ngetang, angetangi. Satêlasing lagu: cêngklang, anggènipun ngetangi kèndêl. Ing ngriku dhawah darijinipun sintên, inggih punika ingkang dados. (Ngetangi gêntos). Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

123. Dhungkul dhola-dhali dhêmblèng.

Lagu.

Dhungkul dhola-dhali dhêmblèng, abêsetu, dhola-dhali dhêmblèng, wir, tris, darma, endri, nyonyah urip, nèk bêngi nèng monggangan, up, ip, agèn, gawene turut dalan, osar-asir, nalisir, parlune, anonton mimir.

--- 110 ---

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

124. Kêmbang manggar.

Lagu.

Kêmbang manggar, bêluluk tindhihe cêngkir, pare donya, pare saguh, uning, unong, ndhungkunci, kukus gunung marapi, kênthang-kênthang, tak êntèni Wanasaba, jêruk wangèn, kêtèpèng wohe bogêm, bogême rèjèng-rèjèng, cah kuwe mènèk jambe, nèng gulingan, longèt, damar mancung, longèt, adho biyung, kuk, cing-cing goling, simbar kathok dhèlèt-dhèlèt, njaluk ambung, sengok.

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 1, (Gula ganthi).

125. Jênang gamping.

Lagu.

Jênang gamping, jêlumping candhela kaca, purba rokok dika, rokok cêndhak kalintingan, jahe wana kang ati [a...]

--- 111 ---

[...ti] poyang-payingan, sil, pandhisil-pandhosol, ulêng-ulêngan, gêdêbug krosak tiba nglurung, lengkong, gêdêbug lengkong, bojomu digondhol nguwong: ong, karèk ndomblong, sapulare, Nala garèng bang buntute, katela ra ngombe, atine wedokan bae, gong-gong-pus, sêlak kèri ting katêpus.

Katêrangan:

Upami lare sawatawis sami linggih kupêng, lajêng alêlagu sarta tanganipun kiwa-têngên malang kêrik awakipun lenggak-lenggok. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

126. Pring-pring cêlumpring.

Lagu.

Pring-pring cêlumpring, godhongmu miring, bapak êntènana, bapak êntènana, tak êntèni nèng paseban. Bêndhènana rante, bêndhènana rante, rite-rite nyang galênge. Jonjang kamiloka, jonjang kamiloka, bêdhil muni Surabaya. Cungkup lênga wangi, cungkup lênga wangi, jaka siji rêga satali. Prawan lima saga, prawan lima saga, prawane nini Saridin. Cilik-cilik jaluk kawin, gêdhe-gêdhe jaluk pêgat, utange kêbo

--- 112 ---

sajagad, nyaur siji tinggal minggat.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

127. Cina.

Lagu.

Cina-cina êncat-êncit,bole dawa. × sawatawis.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi d upami lare sami ngadêg majêng ngalèr. a ingkang dados wontên ing têngah, tanganipun têngên dipun cêpêngi dening d ingkang kiwa b akêkah. Suku ambêgagah, dalamakanipun ingkang têngên kapidak dening d ingkang kiwa b akêkah. Mripatipun kadêkêp saking wingking dening c. b d c lajêng alêlagu ambal-ambalan ngantos a ndados. Sarta a wau dipun tariki ngiwa-nêngên dening b d ngantos rambah-rambah, dados awakipun ebah kados dene dhikir. Mênggah panarikipun wau kêdah ingkang ragi sangêt sarta ajêg. Sarêng sampun sawatawis dangu, sirahipun têmtu mumêt, ngantos botên kèngêtan punapa-punapa. Mênggah kawatawisipunkatawisipun. manawi

--- 113 ---

sampun andados, yèn dipun undang sampun botên sumaur. Ing ngriku lajêng dipun culakên sarta katilar lumajêng. Sarêng dipun culakên lajêng dhawah, ing sawatawis dangunipun pun a lajêng sagêd lumajêng, ananging tansah dhawah. Dangu-dangu ical mumêtipun ugi saras piyambak.

Isarating gugon-tuhon, nalika a dipun tarik ngiwa-nêngên, kaangkah sampun ngantos katingal kukuning tangan sarta sukunipun.

128. Gênukan.

Katêrangan:

[Grafik]

Gênukan punika tanpa lagu. a dumugi i upami lare. e linggih wontên ing têngah lêrês saking antawisipun a b c d kalihan f g h i, têbihipun kalih golongan punika kakintên-kintên 30 utawi 35 jangkah. Dolanan wau asring ngangge totohan gendhongan kajangji têbih cêlakipun. Patrapipun makatên: e caluluk: surwetan. Salah satunggiling lare ingkang grombolan wetan mara, upami f, dhatêng panggènanipun e, lajêng abêbisik [a...]

--- 114 ---

[...bêbisik] sampun ngantos mirêng ing grombolan kilèn. Mênggah bisikipun mastani namining lare salah satunggal ing grombolan kilèn, sintên ingkang dipun pilih, upami milih b. Sasampunipun makatên f wangsul malih dhatêng panggènanipun. e caluluk malih: surkulon. Lare ing grombolan kilèn salah satunggal lajêng mara. Upami ingkang mara dhatêng panggènanipun e pun b. Punika lare ing grombolan wetan mênang, sarta sami surak: butul, sarta nêdha gendhong dhatêng lare ing grombolan kilèn, ing ilonipun piyambak-piyambak. Dene yèn ingkang mara sanès b, punika sami dipun wastani: slamêt sêga liwêt. Gêntos abêbisik dhatêng e kados patrap tingkahipun f wau. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun, ugêripun ganjil.

129. Tawonan.

Lagu.

Tawonan, tawonan, abang-abang, ting pêthunthung, thung, pès.

--- 115 ---

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi f upami lare sami linggih. a b c dados salarik ajêng-ajêngan kalihan larikan d e f, jodhon ngalih-ngalih, upami e kalihan b makatên sapiturutipun. Èpèk-èpèkipun kiwa-têngên kagêgêmakên sarta ngacung mangajêng gathuk kalihan tanganing lare ingkang abên-ajêng. Dados kiwa angsal têngên, têngên angsal kiwa. Ananging gêgêman wau sami kajêklèkakên minggah. Lajêng alêlagu sarta gêgêman wau tansah sami kagothak-gathukakên manut dhong-dhinging lagu. Sarêng lagu dumugi: pès, darijinipun mêgar sarêng, dados èpèk-èpèkipun kados dene cêngkah. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun, ugêripun jangkêp.

130. Cumplo nôngka.

Lagu.

Cumplo nôngka, bumbune rujak sêmôngka, lêmpe-lêmpe wong nyêrèt kurang tikene, kêmbên gadhèkêna, tapih gadhèkêna, kari pênthil ondhal-andhil sisakêna.

--- 116 ---

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

131. Ore-orehan rombe.

Lagu.

Ore-orehan rombe, aja nyokot ula gêduwêl nyokota papasan matêng, unine asatheyot theyot thèblung.

Katêrangan:

[Grafik]

a dumugi f upami lare sami linggih kupêng. Jêmpoling tanganipun a b c d sami kagêgêm piyambak, jênthikipun kakanthèn kalihan jênthiking kancanipun, dados lajêng têpang abundêr. Tanganipun e kalih pisan kaslodhongakên sangandhapipun bundêran wau, sarta dariji mêgar minggah tungkaking tangan gathuk nyakothom minggah lêrês têngah-têngahing bundêran, dados kados dene cangkêm sawêr mangap wontên têngah-têngahing lawanging rong. Tanganipun f ingkang têngên darijinipun kakumpulakên kados dene anjumput. Lajêng sami lêlagu sarta tanganipun f ingkang têngên wau tansah minggah mandhap wontên salêbêting

--- 117 ---

tanganipun e ingkang mèmpêr cangkêm sawêr wau. Yèn kalêrês mandhap dipun ingkêmi ngangge tanganipun e, lajêng kadudut malih manut iramaning lagu. Sarêng lagu dumugi: thèblung, tanganipun f dipun ingkêmi kêkah kados dene kodhok kacaplok ing sawêr. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh, sarta ingkang dados gêntos-gêntos. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

132. Dhungkul lur-galur.

Lagu.

Dhungkul lur-galur, mindha jongkang, mênjangan. Wêdhus mati, tak gawe, ela-elo, lur ganthi. Ganthi pala, lur pala, pala jongkang, krêtêp, krêtêp, jlebrah, lir-ulir. Jonjang adu mêrang, jonjang adu mêrang, rokoke maji sagobang. ae adu jago, ae adu jago, jagone sama§ sama, ungêlipun kêdah miring, botên swara jêjêg. itu, bukak main kêrtu, bukak main kêrtu, bukak kênci klèru ratu. Gumun aku, gumun aku, Tuwan kaji sabuk renda, wa: wiwo wa, kami dara macan tutul, kêthêklik ana lintang panjêr sore, biyang gêmak mêndêm tike.