Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Lagu-lagu Dolanan, Anonim, #1176 (Hlm. 118-234)

Katalog:Lagu-lagu Dolanan, Anonim, #1176
Sambung:
1.Lagu-lagu Dolanan, Anonim, #1176 (Hlm. 001-117). Bahasa dan Budaya | Kagunan #874.
2.Lagu-lagu Dolanan, Anonim, #1176 (Hlm. 118-234). Bahasa dan Budaya | Kagunan #875.

--- 118 ---

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

133. Jati-jati arum.

Lagu.

Jati-jati arum samang (zie sampeyan) kondur, kondur saking kalangan, amêthik kêmbang sikatan, sikatane radèn putra, bok lara-lara saeja, mangke sontên damarana, dêrkuku manuk Tumênggung, theyot-theyot katêmu sapa.

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 4 (Thung-thung).

134. Kutut manggung.

Lagu.

Kutut-kutut manggung, manggunge cara sala, iya radoèn. Sipat angandika, dadi kondhang sanagara, iya radoan.

Katêrangan:

Upami wontên lare kalih sami mbrangkang abên sirah,

--- 119 ---

lajêng alêlagu sarta sirahipun sami manthuk-manthuk. Sarêng lagu dumugi: Iya radoèn I, sami ambalik dados abên bokong. Nêrusakên lagu kalihan manthuk-manthuk malih. Sarêng lagu dumugi radoèn II, lajêng mbalik malih wangsul abên sirah malih. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah ingkang dados sapurunipun, ugêripun jangkêp dados sagêd jodhon-jodhon.

135. Gobag grêndul.

Katêrangan:

[Grafik]

Gobak grêndul punika ingkang rumiyin adamêl garitan wujud bundêr sarta ing têngah dipun garis nratas. Mênggah agêngipun bundêran wau kintên-kintên ½ ipun bundêran, manawi ing ngriku wontên larenipun sakawan utawi gangsal, botên gampil dipun jawil lare saking pinggir utawi garis ing têngah. Ingkang dados satunggal namung kenging ngambah ing saurutipun garis pinggir lan têngah. Manawi wontên lare ingkang dipun oyak ngantos ijèn wontên satunggiling panggènan, upami kancanipun sami manggèn ing godhagan a, piyambakipun [piyambaki...]

--- 120 ---

[...pun] ijèn wontên ing panggènan b, punika botên susah dipun jawil namung dipun tudingi sarta dipun ungêlakên: ndul, kemawon lajêng dados. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

136. Gobag gêndul.

Katêrangan:

[Grafik]

Gobag gêndul punika kêdah adamêl garitan awujud bundêran ragi alit kalih iji, ingkang kapisah sarta lajêng kasambêt garisan kalih. Dados ing ngriku wontên papan tigang iji, inggih punika a b panggènanipun ingkang dipun oyak. e punika minôngka marginipun ingkang dipun oyak kalihan ingkang ngoyak. Ingkang dados ugi namung lare satunggal sarta lampah-lampahipun sami kemawon kados dene gobag grêndul. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

137. Gobag sodor.

Katêrangan:

a dumugi i upami lare ingkang sami dolanan.

--- 121 ---

[Grafik]

a b c d mêngsah kalihan f g h i.

a b c d ingkang dados, mênggah pamanggènipun: a dados sodor kenging ngambah garis A B kalihan I J, b kenging ngambah garis C D, c kenging ngambah garis E F, lan d kenging nganbah garis G H.

f g h i ingkang mêntas, inggih punika sami ngangkah sagêda mlampah mangilèn lajêng wangsul mangetan wangsul panggènanipun lami. Sanadyan ingkang sagêd namung lare satunggal, f g h i sampun mênang sadaya. Tarkadhang mawi totohan gendhongan. Ananging lampahipun f g h i kalihan kangelan, jalaran samargi-margi tansah kaadhangan ing mêngsah, môngka pundi ingkang kenging kajawil utawi mêdal saking godhagan têmtu gêntos dados. Sanadyan ingkang kenging kajawil namung lare satunggal, upami i, ananging sakancanipun kêdah dados sadaya (f g h i). Gobag sodor punika panyandhakipun warni kalih, mawi-mawi prajangjinipun, inggih punika: jawilan kalihan cêg-cêgan. Têgêsipun: manawi jawilan, pundi ingkang kenging kajawil inggih [ing...]

--- 122 ---

[...gih] dados. Mênggah cêg-cêgan, panyandhakipun botên kenging uwal. Ingkang mêntas punika asring ambêbeda dhatêng sodor, sarana mungêl makatên:

Lagu.

Dor, sodorên aku, sing nyodor budhêg bisu, × sawatawis.

Katêrangan:

Upaminipun f sagêd lumampah mangilèn dumugi sakilènipun d lajêng wangsul mangetan dumugi panggenan lami (pêntasan), punika lajêng acaluluk kalayan sora: butul, tôndha mênang. Salêbêtipun sami lumampah ingadhangan, ingkang dados utawi ingkang mêntas kenging linton ênggèn kalihan kancanipun piyambak, upami a kalihan d, f kalihan i utawi sanès-sanèsipun, ananging manawi badhe linton ênggèn kêdah caluluk rumiyin, supados sami kèndêl salêbêtipun sami linton panggènan sarana têmbung makatên: nas, alih lintang. Manawi ingkang mêntas ngantos tiga langkung wontên salêbêtipun godhagan punika dipun wastani: diêpès. Mênggah kathahipun lare sapurunipun, ugêripun jangkêp sarta [sar...]

--- 123 ---

[...ta] kathahing garisan malang, manut sapalihing kathahipun lare.

138. Gobag gêrit.

[Grafik]

Katêrangan:

Ingkang rumiyin adamêl têmbung, mênggah ingkang dipun damêl ron-ronan utawi gombal dipun untêl-untêl sarta dipun tangsuli kêkah awangun bundêr. a dumugi h upami lare ingkang dolanan sampun ilon piyambak-piyambak kados ta: a kalihan b, c kalihan d makatên sapiturutipun. Mênggah ilon wau kêdah ingkang babag agêng alitipun. Lajêng wiwit sami nêdha gendhong dhatêng ilonipun piyambak-piyambak, kados ing gambar punika anêrangakên manawi a nêdha gendhong dhatêng b, c dhatêng d, e dhatêng f lan g dhatêng h. Panggendhongipun makatên: ingkang nggendhong sêmu njêngking, tanganipun kiwa-têngên sami sadhêku ing dhêngkul. Ingkang dipun gendhong linggih ing gêgêr sanginggiling bokongipun ingkang nggendhong. Sadaya sami têtêp panggènanipun ingkang sampun katamtokakên.

--- 124 ---

Ingkang nyêpêngi têmbung kêdah ingkang dipun gendhong, upami dipun cêpêngi e, e lajêng nguncalakên têmbung wau dhatêng c (têngênipun) yèn c botên sagêd nampeni, b d f h gêntos nêdha gendhong dhatêng ilonipun piyambak-piyambak. Nanging yèn elêrêsipun (c). sagêd nampeni, ingkang nggendhong lajêng sami pindhah panggenan sarana nggendhong ilonipun wau, upami d dhatêng b, b dhatêng h, makatên sapiturutipun.

Yèn têmbung tansah katampèn, ngantos ingkang nggendhong wangsul malih dhatêng panggènanipun lami, lajêng panggendhongipun dipun tikêli, sapintên ingkang dados prajangjinipun, kados ta: mubêng kalangan kaping kalih utawi kaping tiga, ngubêngi griya, plataran utawi sanès-sanèsipun, inggih punika dipun wastani: anggêrit. Dene antawising panggenanipun lare ingkang sami nggendhong, kakintên-kintên supados anggènipun nampèni têmbung ragi kangelan. Mênggah kathahipun lare sapurunipun, ugêripun jangkêp.

139. Koko-koko.

[Grafik]

Katêrangan:

a dumugi f upami lare ingkang sami

--- 125 ---

dados ngadêg sadaya. b c d e f urut kacang, b ngajêngakên a, sabukipun dipun cêpêngi dening c, c kacêpêngan dening d, makatên sapiturutipun, sarta b wau minôngka dados sirah, a: ijèn ngajêngakên b, lajêng sami gêginêman makatên:

b: kokoko njaluk apa.

a: njaluk banyu.

b: wadhahe apa.

a: godhong lumbu.

b: nèk gatêl.

a: gatêl-gatêl diulu.

b: tambane apa.

a: gula batu.

b: olèhe njupuk ngêndi.

a: ing babragamu.

b: ora entuk.

a: nèk ora entuk dak pêdhang anakmu.

Katêrangan:

a lajêng ngangkah sagêda njawil dhatêng ingkang dados pêthit (f), ananging tansah dipun adhangi dening b, manawi

--- 126 ---

sagêd kajawil f gêntos dados, dene a lajêng dados sirah, manggèn sangajêngipun b, makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah ingkang sami dados sapurunipun. Salêbêtipun ngoyak sami mungêl: ae ula banyu.

140. Kinjêng trung: I.

Lagu.

Kinjêng trung, kinjêng trung, ora petang, ora petung, sikinjêng abang êlare, jagoa jago kate, ngèrèki sandhang-lawe, nggawa sutra mlaku dhewe, wong maca gêdhe suluke, yêng-yêngte, sadu sate, yêng-yêngte, sadu sate.

Katêrangan:

Mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 77 (Jonjang sadayu). Namung kaotipun ingkang dados ngadêg sarta anggènipun nglalèdhèk milih satunggiling lare ingkang dipun siri, punapa malih sukunipun têngên ingkang dados kapancadakên ing dhêngkulipun kiwa lare ingkang dipun lêllèdhèk. Yèn ingkang dipun lêlèdhèk sagêd gumuyu, inggih punika ingkang gêntos dados. Dene [De...]

--- 127 ---

[...ne] lare sanèsipun sanadyan gumujêng kenging kemawon.

141. Kinjêng trung: II.

Lagu.

Kinjêng trung, kinjêng trung, thèthèk glèthèk anake sapa.

[Grafik]

Katêrangan:

a dumugi e upami lare sami ngadêg. e nyêpêngi (nyikêp) bangkèkanipun d, d dhatêng c, c dhatêng b, dene b cêpêngan cagak utawi wit-witan. a ngadêg ijèn ngajêngakên b. Lajêng alêlagu sadaya, têlasing lagu: glèthèk, sami gêginêman makatên:

b: anake sapa.

a: anake bo lading.

b: arêp ana apa.

a: arêp njaluk owe,§ ambokmanawi uwi, utawi bangsanipun pala kapêndhêm.

b: owene wis êntèk mung kari sathithik. Iya mbêdhola dhewe nèk bisa, nanging akèh rine.

--- 128 ---

a: lajêng agahan nguwalakên anggènipun gondhèlan e dhatêng d, ngantos uwal. Dene yèn botên sagêd uwal, awit malih alêlagu sarta ginêman. Cêkakipun e kêdah sagêd uwal. Lajêng lêlagu malih sarta gêginêman kados ingkang sampun ngantos c d e sagêd uwal sadaya tumut pun a, lajêng alêlagu sarta ginêman malih sarta kawêlèhakên makatên:

b: hla, owene mau ana ngêndi.

a: wis dak bakar ilang.

b: gene kok bêngus-bêngus.

a: tas malêbu luwêng.

b: lambemu kok klicit.

a: mêntas dilêngani.

b: iya bêdholên nèk bisa.

Lajêng b dipun uwalakên a saking anggènipun cêpêngan wau ngantos kenging. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh, mênggah ingkang dados sapurunipun.

142. Tumbar-tumbar mungsi.

Lagu.

Tumbar-tumbar mungsi, nèk kêna cêkêlên bêngi, cêg-gêmêg mèk-êmèkan.

--- 129 ---

Katêrangan:

Punika mèh sami kalihan bab 16 (Tumbaran), namung kaotipun, sasampunipun lêlagu, ingkang ngêpang lajêng ndhodhok sadaya. Yèn sagêd mbadhe namaning ingkang dipun cêpêng, ingkang kabadhe punika gêntos dados.

143. Ancak-ancak alis.

Lagu.

Ancak-ancak alis, si alis kêbo janggitan, anak-anak kêbo dhungkul, si dhungkul bang-bang teyo, tiga-rêndhêng, èncèng-èncèng gogo bêluk, unine pating cêrapluk, ula sawa ula dumung, gêdhene salumbung bandhung, sawahira lagi apa.

[Grafik]

Katêrangan:

a dumugi f upami lare sami ngadêg. a b ajêng-ajêngan, tanganipun kalih pisan sami kaacungakên mangajêng, èpèk-èpèkipun a gathuk kalihan èpèk-èpèkipun b kados cêngkah. c d e f urut kacang, c wontên ngajêng piyambak ngajêngakên a b, sarta sabukipun kacêpêngan d. Makatên [Ma...]

--- 130 ---

[...katên] sapiturutipun. a b lajêng alêlagu sarta tanganipun (èpèk-èpèkipun) tansah dipun êbên. Sarêng lagu dumugi: Sawahira lagi apa: c mangsuli: Lagi mluku. Bakda mangsuli, c d e f sami lumampah nlusup sangandhaping tanganipun a b. Sapunika c d e f wontên ing sisih kilèn, sami ngajêngakên a b, majêng mangetan. Lajêng wiwit lagu malih, sarêng lagu dumugi: Sawahira lagi apa, c mangsuli: Lagi anglèr. Sasampuning mangsuli, c d e f nalusup malih mangetan wangsul panggenan lami. Makatên awongsal-wangsul ngantos wangsulanipun c: Lagi tandur, nglilir, ijo, mêtêng, ambrol, nyanguki, mrakatak, mêcuti, tumungkul, bangcuk, kuning, tuwa. Sarêng wangsulan dumugi: Lagi wiwit, pun f mawi ambêkta ron-ronan utawi sanèsipun ugêr katingal krêmbyah-krêmbyah, lajêng alêlagu sadaya (a b c d e f), sarta ubêngipun salindhitan, kados gambar punika II, mênggah lagunipun makatên:

Lagu.

[Grafik]

Mênyang pasar kadipatèn, lèh-olèhe jadah mantèn.

--- 131 ---

Mênyang pasar ki Jodhog, lèh-olèhe cina bidhog.

Katêrangan:

Lajêng lêlagu sarta winangsulan: Lagi panèn. Nalika punika a b kados dene dolanan bab 43 (Jambu-jambu dêrsana). Kaotipun ingkang kangge badhekan: gêlang kalihan: kalung. Sapunika upami kantun c piyambak a b lajêng mungêl lagu makatên:

Lagu.

Dikêkuru dilêlêmu, Dicêcênggring digêgêring.

Katêrangan:

a b tanganipun lajêng cathok-gawèl, ingkang sasisih wontên ngandhap, ingkang sasisih wontên nginggil, dados kados dene klowongan bundêr (O), sarta aprasapa makatên: Kidang lanang apa wadon, yèn lanang mlumpata, yèn wadon mbrobosa. c lajêng mbarobos rikat, nanging katungkêp ing tanganipun a b, sarta dipun takèni kados ingkang sampun (d e f). Sapunika lare ingkang tumut a pintên, b pintên, kadosdene

--- 132 ---

bab 43 wau. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

144. Uyêk-uyêk ranti: II.

Yêk-uyêk ranti, ana ula ngêlolori, sêka ngêndi, sêka rambute abang, saka ndêlok wayang, tikus nabuh kêndhang, cêcak buntung sing ngênthongi, thrik, thik, thik, thik. Thrik, thik, thik, thik.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

145. Riyo-riyo. Lagu.

Riyo-riyo bang-bang teyo, ana gandhèk saka Yoja (zie Yugya), gandhèke putri Ngawôngga, êndhog siji kaciciran, êndhog loro kacomboran, dhèyèk-dhèyèk tawon goni, cangkir candhana, sisih mbang talasih, sisih mbang capaka, kayu dhalung, mantêlang-mantêlung bogême. Sabogêm-bogêman, sagêlung-gêlung walang, walange walang sondhèr, aku dhewe

--- 133 ---

sondhèr, sondhèr pao-pao, larang kêmbang gêlungane sêsak lawang, sêlak dhedhe kêmbang mlathi, kêmbang mlathi mambak-mawur ana kali. Sêlak dhedhe kêmbang mênur, kêmbang mênur mambak-mawur ana kasur. Sêlak dhedhe kêmbang mawar, kêmbang mawar mambak-mawur ana kamar.

[Grafik]

Katêrangan:

a dumugi e upami lare. e ingkang dados wontên ing têngah, suku timpuh lan awakipun mêngkurêp. a b c d linggih kupêng ngêpang e, tanganipun kiwa-têngên kacêkêthêmakên wontên sanginggiling gêgêripun e, ananging wontên satunggiling lare ingkang tumut namung tanganipun kiwa kemawon, awit ingkang têngên badhe kangge ngetangi ndhungkul. Lajêng sami alêlagu sarta tangan ingkang ndhungkul lumampah nêngên, patrapipun kacêkêthêmakên kados dene njaguri. Sabên-sabên tangan dipun dhungkul manut dhawahipun iramaning lagu. Sarêng lagu têlas, ing ngriku ingkang kadhawahan dhungkul tanganipun sintên, inggih punika ingkang gêntos dados. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

--- 134 ---

146. Bisu.

[Grafik]

Katêrangan:

Patrapipun lare mèh sami kalihan bab 155lêrêsipun: [145]. (Riyo-riyo). Ananging èpèk-èpèking tanganipun sami kalumahakên. e ingkang dados tiyang bisu, mila manawi dipun jak ginêman punapa-punapa wangsulanipun namung: êk. Salah satunggaling lare wau ngajak ginêman dhatêng e, mênggah wigatosipun namung badhe damêl ulam dhèndhèng. Sapunika upami a ingkang ginêman dhatêng e makatên:

a: Su, su, aku nyilih lading dak ênggo ndhèndhèng iwak.

e: êk.

a: Su, su, ladinge kêthul, êndi sing landhêp.

e: êk.

a: Su, su, njaluk uyah asêm.

e: êk.

Lagu.

Uyah-uyah asêm, mbalik kagrombyang.

--- 135 ---

Katêrangan:

Lagu dumugi: grombyang, èpèk-èpèkipun sami kawalik.

a: Su, su, iwake tunggunên, aku arêp mênyang kali.

e: êk.

Lare-lare wau lajêng sami lumajêng ndhêlik. Kacariyos pun biru nêngga ulam, ing wusananipun ical sadaya. Lajêng ngupadosi kesah saking panggenan ngriku. a b c d lajêng sami dhatêng malih madosi pun bisu botên pinanggih, lajêng kupêng agêgandhèngan sarta alêlagu makatên:

Lagu.

Bisou, kowe nèk mulih, dak tanggapke wayang klithik, nèng, nung, nèng. Nèng, nung, nèng, nong. × sawatawis.

Katêrangan:

Salêbêtipun lêlagu, mawi lumampah mubêng alon-lonan. Botên dangu pun bisu dhatêng lajêng lumêbêt dhatêng salêbêting kupêngan wau sarta ajingklak-jingklak. Makatên awongsal-wangsul [a...]

--- 136 ---

[...wongsal-wangsul] ngantos jêlèh. Mênggah ingkang dados sapurunipun.

147. Thil - sarinthilan.

Lagu.

Thil, sarinthilan, sadhayak-dhayakane nèng sor kombang, kêna êcèt kêna êmplung, priyayi, sira ndhodhôka.

Katêrangan:

Punika mèh sami kalihan bab 16 (Tumbaran), namung sarêng lagu dumugi: priyayi, sira ndhodhôka, punika ingkang ngêpang ndhodhok, sarta ingkang dados nyêpêng sirahing lare ingkang ngêpang.

148. Bi, bibi tumbas timun.

Lagu.

Bi, bibi tumbas timun, kèngkènane bok bibi Danurêja, mur mêk mur ma, untune kêna diprada, lambene kêna digawe, tumbas timun sigar mawon.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

--- 137 ---

149. Mandhoblang.

Lagu.

Man dhobloang, hih, kêpripun solahe wong nandur gadhung, man dhoblang, paman dhoblang nggih makètên, man dhoblang.

Katêrangan:

Upami wontên lare sawatawis sami linggih asalonjor. Ing ngriku wontên satunggiling lare apitakèn, lajêng dipun wangsuli dening lare-lare sanèsipun. Mênggah pitakèn lan wangsulan kalagokakên kados lagu ing nginggil. Upami ingkang pitakèn a, ingkang mangsuli (lare kathah) b, makatên:

a: Man dhobloang.

b: hih.

a: Kêpripun solahe wong nandur gadhung.

b: Mandhoblang, paman dhoblang nggih makètên, mandhoblang.

Katêrangan:

Gêginêman makatên wau ngantos awongsal-wangsul, kaurutakên ngantos: mêndêm gadhung, mênggah urutipun makatên: nandur, ndhudhuk, ngoncèki, ngrajang, ngawoni, [ngawo...]

--- 138 ---

[...ni,] mepe, nglimbang, ngumbah, adang, marut krambil, ngrawu, mangan kalihan mêndêm.

Nalika alêlagu wiwit: nandur, dumugi: mangan, punika lare sami kêplok manut iramaning lagu. Sarêng lagu dumugi: mêndêm, polahipun lare pating sulayah, ngèmpêr-èmpêr tiyang mêndêm gadhung. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

150. Sri matèni.

Lagu.

Sri matèni, janur kuning maningsêti,bok purawan nênun limar, aja ômba aja ciut, sêdhênga pangantèn loro.

Katêrangan:

Punika sami kalihan bab 17 (Lêpêtan).

151. Dhakon.

[Grafik]

Katêrangan:

Dolanan dhakon punika lare èstri kathah ingkang

--- 139 ---

rêmên, ngantos putrining para lêluhur sapriki taksih sami rêna amêng-amêngan. Dene ingkang dipun damêl kajêng kawangun kados dene lêsung, ing kiwa-têngên wontên wokanipun wiyar, punika dipun wastani lumbung. Ing têngah wontên wokanipun ciut kalih larik, ingkang salarikipun sanga, sadasa utawi sawêlas, punika dipun wastani sabin. Ing gambar punika wokan wau salarikipun namung sanga. Satunggal-tunggaling wokan alit dipun isèni kêcik manut cacahing wokan ing salarikipun, dados manawi manut gambar punika isi kêcik nyanga. Ingkang dolanan namung lare kalih, upami U, V. Mênggah U wau nguwaosi wokan alit wiwit A dumugi I sarta lumbung T, dene V nguwaosi wokan alit wiwit J dumugi R sarta lumbung S, mênggah parlunipun lare wau badhe ngêbaki lumbungipun piyambak, patrapipun makatên:

Sasampuning wokan alit wau kêbak isi kêcik nyanga, U, V, lajêng nglampahakên kêcikipun, dipun wastani: [wasta...]

--- 140 ---

[...ni:] saku. Inggih punika U mêndhêt kêcik ing wokan A sadaya, lajêng wokan B dumugi I dipun isèni kêcik nyatunggal, sampun têmtu kemawon kêcikipun kantun satunggal, lajêng kalêbêtakên ing lumbung. Dene V inggih samantên ugi, ingkang dipun pêndhêt kêcik ing wokan J, dados sagêd minggah lumbung. Sasampunipun makatên, sapunika wiwit saku malih, pamêndhêtipun kêcik ing sapurunipun. Upami U saking G, V saking R, têrus sami kalampahakên, sabên-sabên wokan kêdah dipun isèni nyatunggal, namung lumbunging mêngsah botên dipun isèni, dangu-dangu salah satunggal wontên kêcikipun kantun satunggal dhawah wokan ingkang kothong, punika dipun wastani andhok, Dene yèn kêcik wau dhawah ing wokan ingkang taksih wontên kêcikipun, lajêng kapêndhêt sadaya, têrus kalampahakên.

Bab andhok.

Andhok punika asring mawi prajangji warni kalih, inggih punika: gotongan kalihan bêdhilan. Upami U andhok wontên sabinipun piyambak, punika yèn lêrês sabin wau isi (sabinipun mêngsah), isinipun kapêndhêt [kapê...]

--- 141 ---

[...ndhêt] sadaya, punika yèn prajangji bêdhilan. Nanging yèn andhokipun wontên sabining mêngsah, botên angsal punapa-punapa. Dene yèn prajangji gotongan, manawi andhok wontên sabinipun mêngsah, isining wokan kiwa-têngêning andhok kapêndhêt sadaya.

Sasampuning saku-sinaku, sintên ingkang kêcikipun têlas rumiyin, punika tôndha kawon saku, têgêsipun manawi awit malih, sakunipun kêdah ngêntosi andhoking kancanipun.

Nanêm kacang.

Yèn sampun wiwit malih, wokan wau lajêng dipun isèni kêcik mêndhêt saking lumbungipun piyambak, satunggal-tunggaling wokan ugi nyanga, ing ngriku manawi wontên ingkang kirang saking sanga sapangandhap, upami wontên pitu, kêcik pitu punika dipun dhèkèk wokan alit sandhing lumbungipun piyambak, dipun wastani: nanêm kacang, punika sami kalihan lumbung, dados prasasat gadhah lumbung kalih. Mila botên kenging kasakokakên sarta dipun dhawahi kêciking mêngsahipun, punapa malih botên kenging dipun bêdhil.

--- 142 ---

Bêra.

Upami sampun wiwit malih, wusana kêcikipun namung 9 × 7 + 3, dados wontên wokan ingkang kothong, dipun wastani bêra, inggih punika bêra satunggal. Ingkang kabêrakakên wau, kêdah wokan ingkang sisih kiwa, upami sabinipun U, inggih A, upami bêra ngantos kalih, tiga, sakawan salajêngipun, inggih kêdah kaurut saking A. Bêra wau botên pisan-pisan kenging dipun sukani isi ing mêngsahipun nalika saku. Yèn ngantos mêngsahipun kêsupèn ngisèni, kenging dipun ênasi, wusana ingkang dipun isèni dados sabin mêngsah, (mantu bêra). Makatên salajêngipun ngantos jêlèh.

152. Obrog. (sela).

[Grafik]

Katêrangan:

a dumugi d upami lare sami nyêpêngi sela nyatunggal. a ilon kalihan b, c kalihan d, dados a gadhah kônca c, b gadhah kônca d. Kadugi gangsal wêlas jangkah têbihing saking panggènan angêdêgakên [angêdêga...]

--- 143 ---

[...kên] sela utawi banon. Lare wau lajêng nguncalakên selanipun piyambak-piyambak, ngangkah sagêda cakêt kalihan banon ingkang kaêdêgakên wau. Upami miturut ing gambar punika, ingkang cêlak selanipun kalihan banon gadhahanipun a, sapunika a nêdha gendhong b, c nêdhaa gendhong d, patrapipun kados nggendhongipun gobag gêrit.

Ing sakawit kèndêl wontên sacakêting banon. a c sami nyêpêng sela ngalih, gadhahanipun piyambak kalihan gadhahaning mêngsahipun.

[Grafik]

a ambucal selanipun satunggal sawatawis têbihipun dhatêng ngajêngan. Sarta nantun dhatêng b utawi d punapa piyambakipun sagah nuju sela ingkang kabucal kalihan sela ingkang dipun cêpêngi ngantos kenging. Upami b d salah satunggal purun nuju, môngka panujunipun lêpat, punika panggendhongipun lajêng lumampah dumugi panggènaning sela ingkang katuju wau. Dene yèn panujunipun sagêd kenging, panggendhongipun kèndêl, inggih punika sampun angsal saambalan. Lajêng wiwit èdhèn malih.

--- 144 ---

Upami b d botên purun nuju, kêdah katuju dening a utawi c, punika yèn panujunipun kenging, b d kawon, kêdah nggendhong dumugi panggenanipun sela. Dene yèn lêpat a c kawon kêdah mandhap saking ing gendhongan, lajêng èdhèn malih.

Bab èdhèn.

Upami a panujunipun botên kenging, punika dipun wastani: obrog, yèn b utawi d panujunipun botên sagêd ngengingi banon, punika kêdah nggendhong. Dene yèn sagêd obrog, punika a kêdah wangsul nuju malih, awit kaêsur obrogipun. Dados èdhèn punika ingkang mênang piyambak, manawi sagêd obrog. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun, ugêripun jangkêp.

153. Obrog (kajêng).

[Grafik]

Katêrangan:

Punika lampah-lampahipun sami kemawon kalihan obrog sela, namung kaotipun ingkang kangge tuju

--- 145 ---

êpang ingkang agêngipun kintên-kintên kalih utawi tigang driji sarta panjangipun kalih kilan utawi langkung. Mênggah ingkang kangge èdhèn garisan malang kintên-kintên panjangipun gangsal utawi nêm tindak.

154. Pêlêm-pêlêm mentah: II.

Lagu: II.

Pêlêm-pêlêm mêntah, rujak ruji sêmôngka jingga. êntèk-êntèkêna, sisane si Gathutkaca, Gathutkaca edan, omahe êmplèk-êmplèkan. Aku mau bêngi ngimpi angimpi mondhong Srikandhi. Esuk-esukane, awakku kaya mangkene.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

155. Rujak nanas.

Lagu.

Rujak nanas, kemplung-kêmplung ana gêlas, ya, bapak. Adhêm panas, adhêm panas, rasane wong ngombe upas, alok-alok hose.

--- 146 ---

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

156. Macanan, tiyang 21 sima 1.

[Grafik]

Katêrangan:

Ingkang rumiyin kêdah ndamêl gambar kados conto punika, wontên sadhengah papan ingkang malumah sarta waradin. Lajêng ngetang karikil utawi cuwilan ron kathahipun 21, punika minôngka tiyang, tuwin adamêl sima, inggih punika ugêripun gèsèh kalihan tiyangipun. Ingkang nglampahakên tiyang utawi lare kalih, manggèn ajêng-ajêngan wontên sisihipun gambar wau, punika ingkang satunggal nglampahakên tiyangipun, ingkang satunggal simanipun. Upami A ingkang nglampahakên tiyang, B sima. Panggènaning sima utawi tiyang [ti...]

--- 147 ---

[...yang] wontên ing trajanganing garis. Risakipun tiyang manawi kacaplok ing sima. Sima kengingipun nyaplok manawi tiyang ganjil ing môngka tunggil garisan kalihan sima, sima sagêd lumumpat anglumpati tiyang ingkang ganjil. Yèn tiyang wau namung kantun kirang saking 14, punika ngrêkaos sagêdipun mêjahi sima. Pêjahipun sima manawi sampun botên sagêd lumampah. Tiyang ingkang kacaplok wontên ingkang dipun wastani julung, inggih punika yèn sima sagêd nyaplok kalih panggenan. Mênggah gambar lancip (majêng tiga) kiwa-têngên, punika dipun wastani rêdi.

Ingkang nglampahakên tiyang, kêdah masang tiyangipun 9 rumiyin wontên ing têngah-têngahing gambar, dados nigang larik (3X3). Lajêng ingkang nglampahakên sima, ndhèkèk simanipun wontên sadhengah panggenan, sampun mêndhêt tiyang 3, lajêng ingkang nglampahakên tiyang ndhèlèh 1, gêntos sima ingkang saku, makatên sapiturutipun. Yèn pasanging tiyang sagêd kados dene ing gambar punika, ugêr botên lena, têmtu sima sagêd pêjah dening tiyang 14, makatên wau manawi sampun kawon salah [sa...]

--- 148 ---

[...lah] satunggal, lajêng bamban malih, ngantos jêlèh.

157. Macanan, tiyang 8 sima 2.

Katêrangan:

Macanan ngangge tiyang 8 sima 2, punika mèh sami kalihan macanan tiyang 21 sima 1, kaotipun namung: sima kengingipun nyaplok yèn tiyang jangkêp. Ananging yèn tiyang sampun kacaplok 2 utawi 4, sampun ngrêkaos sagêdipun mêjahi sima. Kajawi manawi simanipun kalih pisan wontên ing rêdi, punika cêkap karampungan ngangge tiyang 4. Mênggah wiwitipun saku: sima kadèlèh rumiyin, gêntos andèlèh tiyang 1, lajêng sima, makatên salajêngipun.

158. Macanan, tiyang 3 sima 1.

[Grafik]

Katêrangan:

Macanan ngangge tiyang 3 sima 1, punika nyaplokipun sima namung tiyang 1, mênggah lêkasipun: anggènipun ndèkèk sima rumiyin, lajêng tiyang, makatên salajêngipun. dene tiyang [ti...]

--- 149 ---

[...yang] yèn ngantos kacaplok satunggal kemawon, sampun têmtu kawon.

159. Macanan, tiyang 4 sima 1.

[Grafik]

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kemawon kalihan bab 158 (Tiyang 3 sima 1).

160. Mulmulan. (tiga)

[Grafik]

Katêrangan:

Mulmulan punika ugi kalampahakên tiyang kalih, satunggal-tunggalipun kêdah gadhah kêcik, krikil utawi sanèsipun nyanga, nanging wujudipun kêdah kabeda. Upami ingkang satunggal ngangge krikil, satunggalipun kêcik. Caplok-cinaplokipun manawi tiyangipun piyambak jèjèr tiga ingkang nunggil garis, inggih punika dipun wastani: mul, sabên mul kêdah mêndhêt tiyanging mêngsahipun satunggal. Manawi sabên saku sapisan sagêd mul, punika nyêpaki mênang, punapa malih [ma...]

--- 150 ---

[...lih] yèn sagêd jèjèr tigang larik, kados dene ing gambar punika, ananging elok sagêdipun kalampahan.

161. Basbasan. (Damdaman)

[Grafik]

Katêrangan:

Dolanan basbasan punika, kêdah damêl gambar kados dene bab 156 (Macanan tiyang 21 sima 1), ingkang nglampahakên tiyang kalih, satunggal-tunggalipun kêdah gadhah kêcik, krikil utawi ron kathahipun ngênêmbêlas, sarta satunggal-satunggalipun kêdah sanès. Dados kados dene mulmulan, inggih punika kaabên tiyang, pêjah-pinêjahanipun inggih kawastanan nyaplok, mirib kados dene macanan. Sadèrèngipun sami saku, tiyangipun sampun kapasang rumiyin wontên ing têngênipun. Dados ingkang sêla namung 5 panggènan, inggih punika larikan ing têngah. Ing ngriku lajêng wiwit ngajêngakên tiyangipun agêgêntosan sakunipun.

--- 151 ---

Panyaplok.

Panyaplokipun kêdah ganjil sarta kenging ngracik lumumpat kaping kalih utawi kaping tiga. Kados ta: upami ing gambar punika, tiyang ingkang manggèn ing titik A sagêd nyaplok lumumpat dhatêng B, C lan dumugi D angsal tiyang tiga. Manawi wontên ingkang nglampahakên, pancèn nyaplok ing môngka botên sumêrêp utawi kêsupèn punika lajêng dipun dhêndha, sarana kapêndhêt tiyangipun tiga, ingkang pamêndhêtipun dipun pilih. Nalika punika dipun abani mawi têmbung: bas, utawi: dham, dhatêng mêngsahipun. Pundi ingkang tiyangipun têlas rumiyin, inggih punika ingkang kawon.

162. pring-êpring sadhapur.

Lagu.

Êpring-êpring sadhapur, aja cundhuk-cundhuk mênur, cundhuka kêmbang êpe, êpe-êpe wohe, pak Panji nyolong gunting, guntinge bok Cêmara, njiwit clêkit tangan kiwa.

--- 152 ---

Katêrangan:

Punika sami kemawon kados dene bab 28 (Uri-uri). Nanging ingkang kangge nguyêk èpèk-èpèk tanganipun kiwa.

163. Jaratu-ratu seladana.

Lagu.

Jaratu-ratu seladana, angundhuh sêmôngka jingga, radèn ayou, opènana, ana bêndhe rowe-rowe, bêndhene sêkar panjalin, niloa: wêrdi, niloa: wêrdi, ndhodhok pangantène sêk napakke.

[Grafik]

Katêrangan:

a dumugi e upami lare. a b linggih majêng ngilèn. b milih lare ingkang alit, punika minôngka pangantènipun èstri. c d e ngadêg jèjèr majêng ngetan agêgandhèngan. c milih ingkang ragi agêng, punika minôngka pangantèn jalêr. Lare tiga wau lajêng alêlagu sarta majêng mundur. Sarêng lagu dumugi: Sêk napakke, lajêng sami ndhodhok ing ngajêngipun a, sarta a mangsuli: agi lulur. c d e ngadêg sarta alêlagu malih kados [kado...]

--- 153 ---

[...s] ingkang sampun. Sasampunipun ndhodhok dipun wangsuli dening a: agi didusi, lajêng wiwit malih. Makatên awongsal-wangsul ngantos wangsulanipun a wiwit: dilulur, didusi, dikêrik, dipaèsi, diborèhi, ditapihi, ngantos wis rampung. Sarêng wangsulanipun a dumugi: wis rampung, b lajêng kapondhong dening c, makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

164. Jambe-jambe thukul.

Lagu.

Jambe jambe thukul kali pucang, baya baya: bang karambangan, arum-arum tarub banthèng mati, riri godhonge, angrêmpoyok wowohane, sadhêblag aku mèlu, sakringkêl aku ndhuwêl.

[Grafik]

Katêrangan:

a dumugi f upami lare sami ngadêg. a b c dados salarik ngajêngakên d e f, dados sami ajêng-ajêngan ngalih-ngalih. Lajêng alêlagu sarta tanganipun têngên sami ulap-ulap ing bathuk, tanganipun kiwa malang kêrik. Satêlasing lagu, tanganipun kèndêl. [kè...]

--- 154 ---

[...ndêl.] Lajêng wiwit lagu malih, tanganipun ingkang ulap-ulap gêntos ingkang kiwa, ingkang malang kêrik ingkang têngên. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh. Mênggah kathahipun lare sapurunipun.

165. Ndhog-êndhog kali.

Lagu.

Ndhog-êndhog kali, êndhog kudhupe loro, kèk ongkèke ngalor rono, sang guple ngajak lunga. ayo, lunga, pupung padhang, pupung rina, mbat-mbate lêlakone mara seba. Mamah: ane, cêngkir: kèli, padasane widadari, kawowohan tiba êntha, êntha wadhah êntha, kêng putra digondhol cina, lèh-olèhe babi tuwa. ênthi wadhah ênthi, kêng putra digondhol babi, lèh-olèhe babi mati.

Katêrangan:

Punika sami kalihan bab 61 (Kuning-kuning).

--- 155 ---

166. Bung pring ori.

Lagu.

Bung pring ori, bung pring dawa, ngudang anak mantu, sing ngudang mara tuwa, manuk manyar indhil-indhil, mantèn anyar wêtênge ngêndhil.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

167. Jae-jae sarempang.

Lagu.

Jae-jae sarempang, ana dringo ana bawang, didhêplok dadi salumpang, adhuh biyung kacorotan, bès-gèbès, mata jèlèh wuwuh rèmbès.

Katêrangan:

Upami wontên lare sawatawis sami ngadêg kupêng agêgandhèngan. Lajêng alêlagu sarta mubêng nêngên alon-lonan. Sarêng lagu dumugi: kacorotan, sami kèndêl gandhènganipun pêthal, punapa malih anjondhil. Lagu dumugi: bès-gèbès, sirahipun sami gèbès-gèbès. Lagu dumugi: mata jèlèh wuwuh rèmbès, [rè...]

--- 156 ---

[...mbès,] tanganipun ethok-ethok ucêk-ucêk. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

168. Kidang talun.

Lagu.

[Grafik]

Kidang talun, mangan kacang talun, mèk kathêmil, mèk kathêmil.

Katêrangan:

Punika dolananipun lare ing wanci dalu wontên salêbêtipun griya. Èpèk-èpèkipun kiwa têngên kagathukakên. Drijining tangan kiwa kaêgarakên. Driji panuding, panunggul lan driji manis dhèmpèt, jênthik kaêngakakên, nyathok saantawisipun panuduh kalihan jêmpol kiwa. Jêmpol têngên ngadêg jèjèr kalihan jêmpol kiwa sêmu mênga. Èpèk-èpèk wau kasorotakên ing dilah, ayang-ayanganipun [ayang-ayangani...]

--- 157 ---

[...pun] kalêrêsakên ing gêdhèg utawi tembok. Ing ngriku wanguning layangan mèmpêr kidang. Mila sarêng alêlagu dumugi: mèk kathêmil X2, jênthik wau minggah mandhap, dados mèmpêr kidang nanêdha.

169. Kubuk.

Lagu.

[Grafik]

Kubuk, cengkak-cengkuk, lara bendrong sêmprong.

Katêrangan:

Dolanan kubuk punika mawi totohan, mênggah ingkang kangge totohan sarta badhèkan, ingkang limrah kêcik sawo jawi. Patrapipun makatên: upami wontên lare kalih utawi tiga, punika ingkang gadhah badhekan satunggal, sanèsipun ambadhe. Ingkang gadhah badhekan dipun wastani ingkang ngubuk, dene pambadhekipun namung warni kalih, inggih punika: gathèt kalihan: ganêp. Mila upami angsal, inggih namung sapintên pambadhenipun.

--- 158 ---

Dene lare wau sami linggih, patrapipun ingkang ngubuk, èpèk-èpèkipun kiwa, kadêkêpakên ing siti ingkang rapêt, dene ingkang têngên nyakêthêm kêcik sawatawis. Ingkang ngubuk lajêng alêlagu sarta tanganipun têngên, minggah mandhap dhatêng sanginggiling driji kiwa kalihan ing siti. Sareng lagu dumugi: sêmprong, èpèk-èpèk kiwa sêmu kabikak miring ngiwa, kêcik ingkang dipun cakêthêmakên kalêbêtakên dhatêng salêbêting dêkêpan (kiwa), sapurunipun, lajêng kaingkêmakên malih. Dene ingkang ambadhe lajêng nyèlèh kêcik sapantêsipun wontên sandhinging tanganipun ingkang ngubuk. Ambadhe sapurunipun, punapa: gathèt, punapa: jangkêp. Ingkang ngubuk lajêng ambikak tanganipun kiwa, sarta kêcik ingkang dipun dêkêp dipun wical, kêpanggih: ganjil (gathèt) punapa: jangkêp. Yèn kêpanggih: jangkêp, ingkang ambadhe: gathèt kawon. Mêkatên ugi kosok wangsulipun.

170. Ôndha-endhe.

Lagu.

Ôndha endhe, ôndha, endhe egrang. watu, gêni, jadah, jênang.

--- 159 ---

[Grafik]

Katêrangan:

Punika kajêngipun nggambar ôndha utawi egrang wontên ing siti. Patrapipun: Drijining panuding kalihan panunggul tanganipun têngên kaconcongakên sarta pucuking driji kalih pisan katèmplèkakên ing siti. Jêmpol driji manis kalihan jênthik kagêgêm. Driji kalih wau kalampahakên majêng kadugi kalih dim, menggok ngiwa, minggah malih, sarêng menggok nêngên, driji panuding kajunjung, lajêng katèmplèkakên ing siti malih. Minggah sarêng, menggok ngiwa driji panunggul kajunjung, makatên salajêngipun, ngantos sapurunipun anggèning damêl. Sarêng sampun rampung, lajêng dipun etang wiwit ing nomêr 1 dumugi 8. Mênggah pangetangipun mawi lagu wau, dados dhawah: jênang. Dene yèn langkung saking punika, inggih dhawah punapa kemawon namung sênêng manahipun.

171. Damêl gambar griya wontên ing siti.

[Grafik]

Katêrangan:

Lare-lare èstri sami sênêng adamêl [ada...]

--- 160 ---

[...mêl] gambar griya wontên ing siti. Panggambaripun ngangge driji panuding, ingkang rumiyin damêl garis saking A dumugi B sêmu mlêngkung, pungkasanipun garis A B sami kacuthat minggah ngangge driji, mila wangun lancip. Lajêng adamêl garisan malih, ananging langkung cêlak tinimbang garisan ingkang rumiyin, awit sampun ngantos nrajang cuthataning garis A B, mila saya kathah saya cêlak, wusana dados majêng tiga. Ing nginggil dipun gambar pêksi blêkok. Panggambaripun pêksi rikat sangêt. Inggih punika ngangge driji kalih kados dene damêl ondha-endhe, ananging driji botên kenging kajunjung ngantos dumugi damêl gulu.

172. Sumbar suru.

[Grafik]

Katêrangan:

Sumbar suru punika ngangge undhi kêcik sawo. Kathahing undhi satunggal-tunggalipun lare kêdah sami. Ingkang dolanan lare kalih, tiga utawi sakawan. Ingkang kangge nyuru ron sawo kapagas pucuk lan bongkotipun, [bongko...]

--- 161 ---

[...tipun,] lajêng saking iringaning ron wau kajapit ngangge driji panunggul, kiwa têngên mawi panuding, driji manis lan jênthik. Yèn kêciking lare ingkang sami dolanan wau sampun ngalêmpak, lajêng dipun gêgêm tangan têngên sarta kasêbarakên ing siti dening lare ingkang lêkas rumiyin. Nalika nyêbarakên kêcik mawi lagu makatên:

Lagu.

Sumbar awur-awur, dadia salatar, jênggar.

Katêrangan:

Nalika lêlagu wiwit: Sumbar dumugi: sêlatar, tangan ingkang nyêpêngi kêcik kabondal-bandulakên. Sarêng lagu dumugi: jênggar, kêcik kaêbyurakên. Lajêng ngêtrapakên surunipun, sarta nyuroni kêcik wau saking satunggal. Yèn nyuru môngka kêcikipun botên katut ing suru, punika botên kenging nyuru malih, dipun wastani: pêjah. Sarta yèn nyuru satunggiling kêcik, botên kenging ngantos ngebahakên kêcik sanèsipun. Yèn ngantos ngebahakên inggih pêjah. Makatên malih yèn wontên kêcik têbih saking anggènipun linggih, môngka nalika nyuru mawi anjongkèng bokongipun, punika ugi pêjah kêdah kalajêngakên dhatêng mêngsah, ing têngênipun. Pundi ingkang sagêd [sa...]

--- 162 ---

[...gêd] nêlasakên, inggih punika ingkang wiwit. Makatên salajêngipun.

173. Sumbar dulit.

Sumbar dulit punika mèh sami kalihan sumbar suru, namung kaotipun: manawi sumbar dulit botên kenging ngangge suru,. Sasampunipun kêcik kasêbarakên, saantawising kêcik kalih kagarit têngah kalihan driji, upami A kalihan B, (A ¦|¦ B). Sasampunipun makatên, kêcik A kacuthatakên ngangge pucuking driji, kalêrêsakên dhatêng B, utawi saking B dhatêng A, yèn lêpat pêjah. Cuthatan wau yèn anggêpok kêcik sanèsipun inggih pêjah, makatên ugi yèn anggarit antawisipun kêcik kalih, môngka angebahakên kêcik wau ugi pêjah. Dene yèn sagêd kenging pangêrahipun, kêcik AB kapêndhêt kalih pisan.

174. Gathèng.

[Grafik]

Katêrangan:

Dolanan gathèng punika dipun rêmêni sangêt dening lare èstri, kados dene dhakon.

--- 163 ---

Ingkang kangge dolanan, krikil gangsal agêngipun sakakangipun kêlungsu, dene ingkang dolanan lare kalih, tiga utawi sakawan. Patrapipun makatên:

Gathèng.

[Grafik]

krikil gangsal wau kasêbarakên kaangkah sampun ngantos dhèmpèt. Lajêng mêndhêt krikil salah satunggal, upami a, punika kaumbulakên. Sadangunipun a mumbul, enggal-enggal mêndhêt krikil malih salah satunggal, upami mêndhêt b, lajêng nampèni dhawahipun a, punika wau ngangge èpèk-èpèk têngên. Yèn botên sagêd katampèn, botên kenging nglajêngakên, dipun wastani: pêjah, sarta yèn pamêndhêtipun angebahakên kêcik sanèsipun, ugi pêjah. Yèn pêjah, ingkang gathèng lare têngênipun. Dene yèn sagêd katampèn, a b salah satunggal dipun dèlèh (sèlèh) akên, ingkang dipun cêpêngi kaumbulakên, lajêng mêndhêt c nampèni dhawahing krikil ingkang kaumbulakên wau. Makatên salajêngipun, ngantos b c d e têlas. Lajêng krikil gangsal pisan karakup, sarta kasêbarakên malih, dipun wastani: saku garo.

--- 164 ---

Garo

[Grafik]

upami ganthaning sêbaran makatên, lajêng mêndhêt b kaumbulakên, sadangunipun mumbul mêndhêt c d utawi a e, kalayan enggal lajêng nampèni dhawahipun b, dados kados dene gathèng. Ngantos têlas. Lajêng santun galu.

Galu.

[Grafik]

Krikil kasêbar malih, patrapipun kados gathèng, nanging pamêndhêtipun satunggal lajêng: tiga. Dados manut gambar punika, ngumbulakên c, mêndhêt d. Ngumbulakên malih satunggal lajêng mêndhêt a b d, santun saku gapuk.

Gapuk.

[Grafik]

Krikil ingkang sakawan katumpuk, ingkang satunggal kaumbulakên, mêndhêt ingkang katumpuk wau, lajêng anampèni, gantos saku umbul.

Umbul.

Krikil gangsal pisan kacêpêng, ingkang satunggal kaumbulakên, lajêng nyèlèhakên ingkang sakawan, tangan têrus nampèni [na...]

--- 165 ---

[...mpèni] ingkang kaumbulakên. Gantos saku ceruk.

Ceruk.

Nalika umbul ingkang sakawan sampun wontên ngandhap, ingkang satunggal dipun cêpêngi. Sapunika kalampahakên cara gapuk, namung kaotipun ingkang sakawan botên kenging katata. Lajêng saku dulit.

Dulit.

Nalika ceruk sampun nyêpêngi krikil sadaya. Sapunika saku dulit. Krikil ingkang satunggal kaumbulakên, ingkang sakawan taksih kagêgêm, lajêng drijinipun panuding andulit siti sarta lajêng nampèni dhawahipun ingkang mumbul.

Punika yèn wilujêng botên pêjah, wiwit: gathèng dumugi: dulit, dipun wastani: sawah 1. Ing ngajêng sampun kacariyosakên, manawi pêjah, ingkang gathèng têngênipun. Yèn têngênipun pêjah, gêntos lare têngênipun malih. Makatên salajêngipun, ngantos dumugi ingkang pêjah rumiyin piyambak. Dene wiwitipun gathèng, punapa ing pêjahipun, upami pêjah gathèng, inggih lêkas saking gathèng. Garo, saking garo. Galu, saking galu. Makatên salajêngipun.

--- 166 ---

Mênggah kathahing: sawah, sami prajangjian, gangsal utawi nêm dumugi sadasa. Pungkasaning gathèng (sawah), punika asring ngangge gathèng saku sanès, kados ta: gathèng tandhug, brojol lan rante. Dipun wastani: pasrahan. Kathahing: sawah punika asring dipun têngêri mawi garitan. Upami: sawah 3, kados dene ing gambar punika:

[Grafik]

Mindhak sawahipun, garitanipun inggih dipun indhaki. Makatên ngantos putusing sabin.

175. Gathèng tandhêg.

Katêrangan:

Gathèng.

Punika mèh sami kalihan gathèng bab 174, namung kaotipun, ing sabên-sabên mêndhêt botên kenging kadèlèh ing siti, dados tansah katumpuk ing tangan, ngantos satêlasipun. Lajêng saku garo.

Garo.

Lampahipun inggih sami kemawon. Dados pamêndhêtipun krikil kalih-kalih tansah katumpuk ing tangan. Lajêng saku galu.

--- 167 ---

Galu.

Lampahipun inggih sami kemawon, krikil tansah katumpuk. Lajêng saku gapuk.

Gapuk.

Krikil sadaya kacêpêng tangan têngên, lajêng kaumbulakên ingkang satunggal. Dene ingkang sakawan kaêlih ing tangan kiwa. Sarta tangan kiwa wau lajêng nampèni dhawahing krikil ingkang kaumbulakên. Lajêng saku umbul.

Umbul.

Krikil kaêlih ing tangan têngên sadaya. Kalampahakên sami kalihan gapukipun. Lajêng saku ceruk.

Ceruk.

Krikil nalika kaumbul wontên ing tangan kiwa sadaya. Ingkang satunggal kaumbulakên, ingkang sakawan kaêlih ing tangan têngên, sarta tangan têngên wau nampèni dhawahipun ingkang kaumbulakên. Lajêng saku dulit.

Dulit.

Dulitipun sami kemawon, namung andulit èpèk-èpèk kiwa.

--- 168 ---

176. Gathèng brojol.

Gathèng.

Manawi krikilipun sampun kasêbarakên, wiwitipun inggih kados gathèng bab 174, ananging krikil ingkang kapêndhêt botên kenging kadèlèhakên ing siti rumiyin, pandèlèhipun makatên: sarêng ngumbulakên krikil ingkang kaping kalih, lajêng mêndhêt krikil ingkang kaping tiga ngangge jêmpol lan panuding sarêng kalihan mrojolakên krikil ingkang sapisan mêdal ing jênthik, lajêng nampèni dhawahipun krikil ingkang kaping kalih, makatên salajêngipun ngantos têlas kantun nyêpêngi krikil satunggal.

Sapunika krikil ingkang wontên siti panggènanipun prênca, lajêng kakêmpalakên. Mênggah anggènipun ngêmpalakên, angumbulakên krikil ingkang sampun dipun cêpêngi wau. Sadangunipun krikil mumbul, tanganipun anglêmpakakên, Makatên wau kenging awongsal-wangsul ngantos ingkang wontên ing siti nglêmpak. Sadangunipun ngalêmpakakên, ingkang kaumbulakên botên kenging dhawah ing siti. Yèn sampun ngalêmpak, lajêng ngumbulakên sapisan malih, [ma...]

--- 169 ---

[...lih,] ngrakup ingkang sakawan, wangsul nampèni ingkang kaumbulakên. Lajêng saku garo.

Garo

Punika mèh sami kalihan gathèngipun, namung kaot mêndhêt lan amrojolakên kalih-kalih. Lajêng saku galu.

Galu.

Punika ugi mèh sami kalihan garonipun, namung kaot mrojolakên satunggal lajêng tiga. Lajêng saku gapuk.

Gapuk.

Wiwitipun sami kalihan gapuk bab 174, sasampunipun krikil kagêgêm sadaya, lajêng kaumbulakên ingkang satunggal, ingkang kagêgêm kabrojolakên ing siti satunggal, makatên ngantos ambal kaping sakawan. Sapunika ingkang wontên siti manawi sampun kêmpal, lajêng ngumbulakên sarta ngrakup, wusana anampèni. Manawi dèrèng kêmpal, inggih kakêmpalakên rumiyin, kados sacaraning gathèngipun. Lajêng saku umbul.

--- 170 ---

Umbul.

Sasampuning krikil kacêpêng sadaya, ngumbulakên sarta mrojolakên satunggal, ngantos ambal kaping sakawan. Lajêng karakup kados sacaraning nalika gapuk. Lajêng saku ceruk.

Ceruk.

Punika sami kalihan umbulipun. Namung kemawon wiwit gapuk dumugi ceruk, punika lajêngan kemawon sampun ngantos kèndêl anata. Lajêng saku dulit.

Dulit.

Dulitipun sami kalihan dulit bab 174.

177. Gathèng rante.

Gathèng.

Wiwitipun sami kemawon kados gathèng bab 174, namung sarêng ngumbulakên ingkang kaping kalih, krikil kaumbulakên kalih pisan, mêndhêt ing siti satunggal. Ngumbulakên ingkang kaping tiga, ingih krikil tiga pisan kaumbulakên, makatên ugi kaping sakawanipun. Yèn ngantos manculat dhawah ing siti salah satunggal, punika pêjah.

--- 171 ---

Mila gathèng rante punika milih krikil ingkang ragi alit. Lajêng saku garo.

Garo.

Wiwitipun sami kemawon kados garo bab 174, sarêng ngumbulakên ingkang kaping kalih, krikil kaumbulakên ingkang tiga, mêndhêt ingkang kalih, lajêng nampèni ingkang kaumbulakên. Gantos saku galu.

Galu.

Wiwitipun sami kemawon kalihan galu bab 174, sasampunipun ngumbulakên ingkang sapisan, kaping kalihipun ngumbulakên malih, mêndhêt ingkang tiga, lajêng nampèni. Gantos saku gapuk.

Gapuk.

Gapukipun kawalik, ingkang kaumbulakên ingkang sakawan, mêndhêt satunggal, nampèni ingkang kaumbulakên. Gantos saku umbul.

Umbul.

Krikil kacêpêng sadaya, angumbulakên ingkang sakawan, nilar ing siti satunggal. Gantos saku ceruk.

--- 172 ---

Ceruk.

Anglajêngakên umbul wau, sarêng nilar ing siti satunggal, nampèni ingkang sakawan. Lajêng ngumbulakên ingkang sakawan, mêndhêt satunggal, lajêng anampèni. Gantos saku dulit.

Dulit.

Ingkang kaumbulakên sakawan, kacêpêng satunggal sarta andulit siti, lajêng anampèni.

178. Bab anggênjèng.

Katêrangan:

Dolanan gathèng punika pundi ingkang kawon dipun gênjèng, patrapipun makatên: Dhêngkulipun ingkang kawon dipun gêthoki lirih ngangge tanganipun kiwa ingkang mênang. Tanganipun têngên ingkang mênang, ngumpêtakên krikil gangsal ingkang kangge gathèng wau wontên ing pangkon utawi sanèsipun panggenan, ugêripun ingkang kawon botên sumêrêp. Nalika anggêthoki mawi lêlagu makatên:

Lagu.

Gênjèng gênjèng, dêbok bosok jambe wangèn, murmuti [mur...]

--- 173 ---

[...muti] gung murmuti gung, walang wadung dening cêngkung, rondhe-rondhe, pira satak pira lawe, salawe aja na badhe, picêk jengkol pira kiye. Cakuthu cakuthu, badhogamu tai besu, aku dhewe carang madu.

Katêrangan:

Sarêng lagu dumugi: carang madu, tanganipun têngên ingkang mênang anggêgêm krikil wau sapurunipun, sarta kaacungakên dhatêng ingkang kawon. Ingkang kawon lajêng mbadhe kathah kêdhiking krikil ingkang kagêgêm wau. Yèn dèrèng sagêd kabadhe, inggih wiwit kagêthok sarta lêlagu malih. Dene yèn sagêd kabadhe, lajêng wiwit gathèng malih. Makatên ngantos jêlèh.

179. Bênthik.

Katêrangan:

Dolanan bênthik punika dipun rêmêni sangêt dening lare-lare padhusunan, sami kalihan para putri amêng-amêngan dhakon. Ingkang rumiyin damêl bênthikipun kalih iji, ingkang kadamêl panging kajêng ingkang atos. Ingkang satunggal agêngipun sajêmpol tangan, sarta panjangipun kalih [ka...]

--- 174 ---

[...lih] kaki, punika dipun wastani: bênthong. Ingkang satunggal panjangipun sakilan, sarta agêngipun sadriji, punika dipun wastani: janak.

Mênggah kathahing lare sapurunipun, ugêripun jangkêp, sarta sami ilon ngalih-ngalih, punika badhe mêngsahipun gendhongan.

[Grafik]

Upami a kalihan d, b kalihan e, c kalihan f. Dados a b c mêngsah d e f. Sapunika upami a ingkang mêntas, janak kaalangakên lêrês wontên satêngahing luwokanipun siti. Pucuking bênthong ingkang sasisih kacêpêngan, dene ingkang sasisih kalêbêtakên ing luwokan kalêrês sangandhapipun janak. Janak kacuthatakên ngilèn ngangge pucuking bênthong. Dhawahing janak sami katampèn lare-lare kalih golongan wau.

Dhawahing janak.

Upami dhawahing janak katampèn lare golongan II, lajêng kadulitakên ing siti, tôndha yèn sampun botên kenging nyuthatakên janak. Yèn botên kadulitakên [kadulita...]

--- 175 ---

[...kên] ing siti, kenging karêbat dening lare ing golongan I, a lajêng kenging nyuthat janak malih. Sasampunipun janak kadulitakên ing siti, a dipun wastani: pêjah, lajêng gêntos c ingkang nyuthatakên janak, a gêntos nampèni. Manawi c nyuthat janak, ing wusana dhawahing janak kenging katampèn lare ing golongan II, c inggih pêjah. Gantos d anyuthat, janak mêksa katampèn lare ing golongan II. Punika lare ing golongan I pêjah, gêntos lare golongan II salah satunggal ingkang nyuthat. Manawi janak dhawah ing siti, kawangsulakên dhatêng mêngsahipun, kados dene manawi katampèn ing mêngsah, dados ugi mawi kaukur ing bênthong. Makatên sapiturutipun, dhawahing janak ingkang katampènan ing mêngsah utawi dhawah ing siti.

Dhawahing janak ingkang katampèn ing golonganipun piyambak.

Manawi nyuthatipun janak a katampèn ing golonganipun piyambak, janak kasambitakên mangilèn sakuwawinipun dening ingkang nampèni wau. Sarêng janak dhawah lajêng kawangsulakên, (kasambitaken) dening salah

--- 176 ---

satunggaling lare ing golongan II mangetan ngangkah cakêt kalihan luwokan. Yèn dhawahing janak kaukur kalihan luwokan wontên sapanjanging bênthong, lare golongan I pêjah, gantos salah satunggaling lare golongan II ingkang nyuthat (mêntas).

Yèn dhawahing janak wau kenging katampèl mawi bênthong dening a, sampun tamtu janak têbih kalihan luwokan. Lajêng kaukur kalihan bênthong kêpanggih pintên dhawahan. Upami kapanggih 4 bênthong, punika lare golongan I kaetang sampun gadhah sabin 4.

Sasampunipun makatên a wiwit nyuthat malih kados waunipun. Yèn a sagêd pêjah, sabinipun 4 ical sarta lare golongan II gêntos mêntas. Manawi janak sagêd katampèn dening golonganipun piyambak, inggih kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil wau. Dhawahing janak kaukur kapanggih pintên dhawahan, lajêng kagunggung kalihan sabin ingkang rumiyin.Yèn dèrèng sagêd jangkêp sabin 10, taksih wangsul malih kados ing nginggil. Dados cêkakipun pados sabin

--- 177 ---

10. Mila upami nalika janak kawangsulakên sapisan, nanging dhawahipun kaukur 10 bênthong kalihan panggènan luwokan, punika lajêng ilar. Têgêsipun kakatên:

[Grafik]

Ilar barès: I.

Ilar barès punika janak kacêpêngan sisihipun satunggal ngangge jêmpol lan pucuking dariji, patrapipun janak kagantung. Bênthong kacêpêngan sisihipun satunggal ngangge tangan têngên akêkah. Janak kaêculakên enggal kagêbag sora kalihan bênthongipun.

Ilar tawang: II.

Ilar tawang punika, mèh sami kalihan ilar barès, namung kaotipun anggènipun anggantung janak wontên ing bathuk.

Ilar umbul: III.

[Grafik]

Ilar umbul punika bênthong kagêgêm sisihipun, janak katumpangakên ing gêgêman sandhing bênthong. Lajêng kaumbulakên [kaumbu...]

--- 178 ---

[...lakên] sarta enggal kagêbag kalihan bênthongipun.

Kajênging ilar.

Ilar punika anêbihakên janak saking ing luwokan, mawi patrap tigang warni wau salah satunggal. Miturut gambar ing ngajêng ingkang mêntas lare golongan sapisan, satunggal-tunggaling lare kêdah ilar kaping kalih. Dhawahing janak ingkang kailarakên punika wontên warni tiga, inggih punika: Dhawah ing siti, katampèn kancanipun piyambak lan katampèn mêngsahipun.

Katêrangan dhawahipun janak ing siti.

a ilar saking wokan mangilèn sarambahan. Lajêng ilar malih saking ing panggènaning dhawahipun janak nalika kailarakên ingkang sapisan, nanging lare sanèsipun pindhah mangilèn malih, b lajêng ilar ugi kaping kalih, a tumut anampèni. Makatên salajêngipun ngantos lare golongan I wradin ngaping kalih. Dados miturut gambar ing nginggil, dhawahing janak upami tansah dhawah ing siti kemawon ambal kaping 6. Sigêg.

--- 179 ---

Katêrangan manawi janak tansah katampèn kancanipun piyambak.

Ilaripun a sapisan, dhawahing janak katampèn kancanipun piyambak, janak wau lajêng kasambitakên sakuwawinipun dhatêng ingkang nampèni mangilèn saking dhawahing janak wau. Ing pundi dhawahing janak, a lajêng ilar malih, ing môngka tansah katampèn, inggih kasambitakên mangilèn malih. Makatên salajêngipun gêntos ingkang ilar, ngantos janak dhawah ing siti.

Katêrangan manawi janak katampèn ing mêngsah.

Yèn ilaripun a, janak kenging katampèn ing mêngsah, lajêng kawangsulakên mangetan ngangkah sagêda langkung saking wokan, lare sanèsipun nampèni. Môngka dhawahipun janak taksih katampèn mêngsahipun a inggih têrus kasambitakên, ngantos janak dhawah ing siti. Yèn katampèn kancanipun a, janak kawangsulakên mangilèn. Makatên dhawahing janak tansah dados rêbatan. Mênggah pangrêbatipun kados ingkang sampun kacariyos ing nginggil.

--- 180 ---

Katêrangan prênahing janak kalihan luwokanipun.

[Grafik]

b upami panggenan luwokan. Miturut tuladha ing ngajêng, ingkang mêntas lare golongan I, mêntasipun saking b nyuthat janak mangilèn. Sasampunipun rampung ilaripun lare ingkang mêntas sadaya, sapunika janak dhawah ing pundi. Upami dhawah sakilèning luwokan, mêngsahipun kêdah mangsulakên mangetan ngaping kalih sadaya. Dhawahipun janak ugi tansah dados rêbatan kados dene ilar, mênggah anggenipun mangsulakên makatên:

[Grafik]

Bênthong sisihipun ingkang satunggal katlêsêpakên lolowahing jêmpol lan panudingipun suku, janak katumpangakên ing jêmpol sarta dariji kalêrês sangajênging bênthong. Sisihing bênthong ingkang satunggal dipun cêpêngi tangan têngên, sarta janak lajêng kacuthatakên.

--- 181 ---

Sasampunipun makatên, sapunika janak dhawah ing pundi. Upami dhawah ing titik a, lare golongan I nêdha gendhong. Yèn dhawah ing titik c, (sawetanipun luwokan) punika lare golongan II ingkang nêdha gendhong, inggih punika dipun wastani: ngintip.

180. Bênthik maling.

Katêrangan:

Bênthik maling punika ugi mawi janak kalihan bênthong wêwah banon. Ingkang dolanan namung lare kalih, mawi totohan gendhongan. Patrapipun makatên:

[Grafik]

Upami a ingkang mêntas. Janak katumpangakên ing banon, pucukipun kaoncolakên. Oncoling janak kathuthuk sora ngangge bênthong. Panculating janak katampèn dening b, yèn sagêd katampèn, b gêntos mêntas, a nampani. Ananging manawi botên sagêd katampèn, a nêdha gendhong sarta andêkêp mripatipun b, saking wadhahingdhawahing. janak dumugi panggènaning banon. Yèn dèrèng sagêd ngidak [ngi...]

--- 182 ---

[...dak] banonipun, botên kenging ngêdhakakênngêdhunakên. a, dene yèn sampun sagêd ngidak, lajêng wiwit malih, ingkang mêntas inggih ingkang nêdha gendhong. Makatên salajêngipun ngantos jêlèh.

181. Uncal.

[Grafik]

Katêrangan:

Uncal punika lare sawatawis sami nyêpêngi kajêng ingkang panjangipun kalih kilan, agêngipun kakintên-kintên sajêmpol. Kula asring sumêrêp lare wau ingkang kangge lintuning kajêng arit, punika kirang prayogi, awit têmtu risak. Kajêng wau dipun wastani tuju. Lajêng damêl garitan ingkang panjangipun kintên-kintên gangsal utawi nêm tindak. Garitan wau sami katuju ngangge tujunipun, mênggah têbihing garitan kalihan pêntasan watawis kalih dasa tindak. Pundi ingkang cakêt kalihan garitan, punika ingkang mênang. Uncal punika dipun tohi gendhongan utawi rumput satêkêl utawi kalih têkêm.

--- 183 ---

182. Onthèl.

Punika mèh sami kalihan: uncal, dados satunggal-tunggaling lare gadhah tuju piyambak. Namung ingkang katuju dede garitan, inggih punika kajêng. patrapipun makatên:

Adamêl kajêng satunggal milih ingkang agêng saha panjangipun sami kalihan tujunipun, ananging kêdah kabedakakên kalihan tujunipun, têgêsipun: upami tujunipun kajêng jarak, ingkang badhe dipun tuju kajêng sanèsipun, inggih punika dipun wastani: onthèl. Onthèl punika kasambêtakên sawatawis têbihipun, lajêng lare-lare wau sami nuju, pundi tujunipun ingkang cêlak, inggih punika ingkang mênang. Ananging adatipun mawi ukuran panjang cêlakipun. Upami ngalih pêcak utawi nigang pêcak. Dene yèn botên wontên ingkang sagêd dumugi saking ukuranipun, onthèl kasambitakên malih, ugi sami dipun tuju. Mênggah ukuraning tuju punika dipun wastani: têpus.

183. Jirak byok utawi jirak wok.

[Grafik]

Katêrangan:

Jirak byok punika ingkang kangge dolanan [do...]

--- 184 ---

[...lanan] kados ta: kêmiri, kênèkêr, mote, kêcik lan sanèsipun. Ingkang dolanan lare sawatawis, sami undhi sapintên kathah-kêdhikipun ingkang sampun kajangjèkakên. Ingkang rumiyin adamêl wokan. Mênggah wiyaring wokan mawi-mawi ingkang kangge dolanan. Upami ngangge kêmiri, kakintên-kintên sagêdipun kamot kêmiri tiga utawi sakawan. Saking wokan watawis gangsal utawi nêm tindak kagarit, inggih punika watês kangge ngêbyok, dipun wastani: byokan. Mundur malih saking byokan watawis tigang tindak kagarit malih, kangge watês manawi èdhèn, dipun wastani: pêntasan.

Lare ingkang sami èdhèn saking pêntasan, sami anguncalakên tujunipun dhatêng luwokan. Tuju wau dipun wastani: gaco. Gaco ingkang sagêd lumêbêt utawi cakêt kalihan wokan, inggih punika ingkang pambajêng, badhe ngêbyok rumiyin. Yèn wontên gaco lumêbêt ing wokan, wusana kasusul gaco lumêbêt ing wokan, punika ingkang pambajêng, ingkang lumêbêt rumiyin. Yèn wontên gaco kakalih kintên-kintên sami têbihipun kalihan wokan, kêdah kaukur, dipun wastani:

--- 185 ---

têpus. Manawi kêpanggihing ukuran sami lajêng wiwit saking pêntasan malih (èndhèn).

Sasampuning èndhèn, undhi wau kaklêmpakakên dados satunggal, lajêng kacêpêngan tangan têngên dening ingkang ngêbyok, sarta kaêbyokakên saking ngêbyokan, kalêrêsakên ing wokan, ngangkah sagêda lumêbêt ing wokan. Awit yèn sagêd lumêbêt, punika dados gadhahanipun ingkang ngêbyok.Sasampuning kaêbyok, lajêng nuju satunggiling barang wau, (punapa ingkang kangge dolanan), ananging ingkang katuju wau kapilihakên ingkang angèl piyambak dening mêngsahipun. Yèn sagêd kenging, ingkang kaêbyok wau dados gadhahanipun sadaya. Lajêng lêkas èdhèn malih. Ananging manawi panujunipun lêpat, lajêng kaêbyok ing mêngsahipun ingkang ragi cakêt gaconipun kalihan wokan nalika èdhèn. Makatên sapiturutipun ngantos sagêd têlas.

Pagah.

Manawi nuju ing môngka kenging ingkang dede katuju, utawi sanajan kenging nanging gêpok sanèsipun, punika [puni...]

--- 186 ---

[...ka] dipun wastani pagah. Pagah wau ngangge ukuman ingkang ngêbyok (nuju), kadhêndha satunggal, dhêndha wau tumut kaêbyok, sarta sapintên ingkang lumêbêt wokan, inggih tumut kaêbyok. Manawi botên gadhah dhêndhan, punika sadangunipun êbyok botên kenging nuju kaping tiga. Dhêndhan wau dipun wastani: asok. Mila manawi ngêbyok sagêd lumêbêt kathah, badhe nuju kuwatos manawi pagah, kenging botên nuju.

Gaco.

Yèn ingkang kangge dolanan kêmiri, gaconipun milih kêmiri èstri ingkang wangunipun gèpèng. Sarta panggènan wêtêngipun kaasab supados alus. Isinipun dipun lintu timbêl. Dados manawi kadhawahakên sagêd tumèplêk.

184. Jirak londha.

Katêrangan:

Punika mèh sami kalihan jirak byok. Namung kaotipun: wokanipun ciut. Sarta sangandhapipun wokan kadugi lêt kalih têngah kilan dipun sukani garitan. [ga...]

--- 187 ---

[...ritan.] Punika kangge watês manawi barang ingkang kabyok wau, wontên ingkang dhawah sangandhaping garitan, punika dados gadhahanipun ingkang badhe ngêbyok. Mênggah panujunipun botên sarana kapilihakên ing mêngsahipun, ananging milih piyambak. Punapa malih yèn sagêd lumêbêt ing wokan satunggal, punika botên susah nuju, awit punika ugi dados gadhahanipun piyambak sadaya, (têlas), upami ingkang lumêbêt ngantos kalih, punika dados pagah. Ananging lôngka sangêt, awit upami ingkang kangge dolanan kênèkêr, wiyaring wokan ugi namung sacêkaping kênèkêr kemawon.

185. Jirak ula.

[Grafik]

Katêrangan:

Jirak ula punika tanpa wokan sarta tanpa byokan, kajawi pêntasan. Ing gambar punika a b c upami lare, cêcêk punika kênèkêr utawi kêmiri undhinipun [undhini...]

--- 188 ---

[...pun] a b c kalarik. Ingkang ngajêng piyambak punika dipun wastani: sirah. Lare wau lajêng nuju sirah saking pêntasan. Upami a nuju rumiyin angsal sirah, punika sadaya sampun dados gadhahanipun. b c sampun botên susah nuju, lajêng bamban malih. Upami panujunipun wau angsal ingkang nomêr 7, punika 7, 8 lan 9 ugi dados gadhahanipun. Dados b c kantun ngarah 6 dumugi 1, ananging a ugi taksih kenging ngarah malih, manawi b c pangarahipun lêpat.

Ing gambar wau anêrangakên, manawi pangarahipun a b c saking pêntasan lêpat. Urut-urutaning panuju a b lajêng c, lare 3 punika lajêng wangsul ngarah malih saking dhawahing tujunipun, uruting sêpuh ingkang nuju rumiyin, pundi gaconipun têbih kalihan sirah, inggih punika ingkang rumiyin. Miturut punika ingkang nuju b, c lajêng a. Satunggal-tunggaling lare kenging milih papan saking pundi kemawon, ugêr salêbêting garis ingkang nrajang kalihan larikanipun. Mênggah pranatanipun sami kemawon kados dene nuju saking pêntasan. Manawi sampun nuju sadaya, ing môngka botên sagêd têlas, punika

--- 189 ---

lajêng dipun wêwahi undhinipun, sapintên murwatipun. Punika dipun wastani: wul. Botên dipun wuli inggih kenging. Makatên salajêngipun.

186. Gêndiran.

[Grafik]

Katêrangan:

Ingkang rumiyin andamêl wokan sacêkaping kênèkêr, lajêng damêl garitan kangge pêntasan. Lare sadaya sami ngangge gaco kênèkêr, sarta ngangkah sagêda gaconipun lumêbêt ing wokan kaping sapintên prajangjinipun, ingkang limrah kaping gangsal. Ananging sagêdipun lumêbêt punika rêkaos, awit sabên sabên cêlak dipun kesahakên dening mêngsahipun, punika dipun wastani: dipun dhir.

Upami wontên lare nalika èdhèn sagêd lumêbêt ing wokan, punika kaanggêp lumêbêt kaping gangsal (sapintên prajangjinipun), yèn botên sagêd lumêbêt pundi ingkang cakêt kalihan wokan, inggih punika ingkang saku rumiyin. Sapunika upami a sampun lumêbêt kaping 5, punika [puni...]

--- 190 ---

[...ka] dipun wastani: putus, sasampunipun putus, kêdah ngêdhir gaconipun b c ngantos kenging. Yèn dèrèng kenging botên kenging kèndêl, punika dipun wastani: ngamuk. Nalika ngamuk môngka gaconipun lumêbêt ing wokan, punika kaetang sawêg lumêbêt sapisan, dados wiwit malih. Pundi ingkang kawon lajêng dipun gêndir, patrapipun makatên:

Anggêndir.

Gaconipun ingkang kawon kaamplikakên ing wokan, lajêng dipun dhir dening ingkang mênang sarosanipun, punika dipun wastani: dipun jênthot. Gaconipun ingkang kagêndir dhawah têbih, lajêng kawangsulakên saku kaping kalih dhatêng ingkang gadhah, ngangkah sagêdipun lumêbêt ing wokan. Yèn saku kaping kalih botên sagêd lumêbêt, wangsul kagêndir malih. Nalika ingkang mênang anggêndir, yèn gaconipun lumêbêt ing wokan, punika gêntos dipun gêndir.

187. Wok bling.

Punika sairib kalihan gêndiran. Kaotipun ngangge wokan sakawan utawi gangsal. Satunggal-tunggaling lare [la...]

--- 191 ---

[...re] kêdah sagêd anglêbêtakên gaconipun kaping kalih. Upami bundêran punika wokan [Grafik] a b c lare. Yèn saking pêntasan nalika èdhèn sagêd lumêbêt wokan nomêr 4, punika kaetang sampun lumêbêt kaping kalih ing luwokan nomêr 4 wau. Sasampunipun sami èdhèn sarta saku, upami gaconipun a sampun lumêbêt ing wokan nomêr 4, 3, 2 ngaping kalih, môngka lajêng lumêbêt ing wokan nomêr 4 malih, punika kaetang sawêg lumêbêt sapisan ing wokan nomêr 4, pundi ingkang kawon lajêng kagêndir, patrapipun makatên:

Anggêndir.

Èpèk-èpèkipun ingkang kawon kakurêbakên sandhing salah satunggaling wokan, ingkang anggêndir nyêpêngi gaconipun kaprênah sangajênging dhadhanipun. Gaco wau lajêng kaêculakên ngangkah sagêda lêrês kalihan èpèk-èpèkipun ingkang kagêndir. Kathahing panggêndir mawi prajangji, ingkang limrah kaping sadasa. Nalika anggêndir, upami gaconipun lumêbêt ing wokan, punika gêntos dipun gêndir.

--- 192 ---

188. Tujon.

Katêrangan:

Tujon punika ngangge gaco kênèkêr, ngangge totohan kêcik. Ingkang dolanan lare kalih, tiga utawi sakawan. Patrapipun makatên:

Tujon punika gêntos nuju supados kenging utawi kilan. Mila dipun wastani: kilan kênan. Dene yèn sagêd kenging sarta têbihing kênèkêr namung sakilan, punika dipun wastani: runtung, angsalipun toh tikêl kalih. Sarèhning kilanipun lare punika botên sami, mila lajêng damêl ukuran biting kakintên-kintên panjangipun sakilan utawi sacêngkang. Upami ingkang dolanan lare tiga a b c, punika ingkang tuju-tinuju namung lare kalih rumiyin (a b), upami c badhe nusul inggih kenging, dipun wastani: ngrocok. Ingkang ngrocok punika agêgêntosan, pundi ingkang gaconipun kaêdhir rumiyin. Wiwitipun: ingkang satunggal anguncalakên gaconipun sawatawis têbih, punika dipun wastani: adol. Lajêng mêngsahipun ngêdhir utawi ngilanakên, upami ajrih ngilanakên, kenging majêng sapurunipun.

--- 193 ---

189. Onclang.

Katêrangan:

Upami wontên lare kalih, tiga utawi sakawan, ingkang sami dolanan onclang, kêdah undhi sami kathahipun, ingkang limrah anggangsal. Ingkang kangge undhi kêcik utawi mote. Sasampunipun undhi dipun dadosakên satunggal, lajêng kacêpêng dening ingkang lêkas, sarta kaumbulakên. Dhawahipun katampèn ngangge gêgêring èpèk-èpèk. Kaumbulakên malih lajêng kacathok ngangge tangan ngangkah satunggal.Wontên malih ingkang prajangji ugêr ganjil. Manawi angsal kalih utawi jangkêp, punika botên kenging, dipun wastani: pêjah. Dene yèn angsal satunggal utawi ganjil dados gadhahanipun. Wontên ugi ingkang prajangji, nalika ngumbulakên, yèn wontên ingkang runtuh ing siti, satunggal utawi ganjil ugi dados gadhahanipun. Wontên ingkang prajangji yèn makatên pêjah. Lajêng gêntos ing têngênipun, ngantos têlas.

--- 194 ---

190. Dêkêpan.

[Grafik]

Katêrangan:

Ingkang dolanan lare kalih, linggih ajêng-ajêngan. Ingkang rumiyin andamêl galêngan siti kintên-kintên panjangipun kalih têngah kilan, saha agêngipun salêngên. Ingkang lêkas tanganipun têngên ngincup kêcik utawi barang sanèsipun, ingkang kadugi botên mutasawur kalihan siti. Lajêng katlusurakên nrajang galêngan wau, wiwit A dumugi B, ananging kêcikipun katilar sampun ngantos katawis ing mêngsahipun wontên saantawisipun galêngan wau. Galênganipun lajêng dipun pulihakên. Mêngsahipun mêthèk wontên pundi panggènaning kêcik. Pamêthèkipun makatên: tangan kacathokakên ngapurancang, lajêng kadêkêpakên ing galêngan. Yèn kêcik wau wontên salêbêting dêkêpan, ingkang andêkêp mênang saha angsal sabin satunggal, punapa malih gêntos nalêsêpakên kêcik. Dene yèn botên sagêd mêthèk, ingkang nalêsêpakên mênang, saha angsal sabin satunggal, punapa malih lastantun nalêsêpakên [nalêsêpakê...]

--- 195 ---

[...n] kêcikipun. Ing ngriku ngangge prajangjian sabinipun sadasa utawi gangsal. Pundi ingkang putus, inggih punika ingkang mênang. Mênggah ingkang kawon mawi kadêkêp minôngka paukumanipun, patrapipun makatên:

Andêkêp.

Ingkang kawon tanganipun kalih pisan kacêkothongakên malumah, sarta dipun kêbaki siti isi kêcik ingkang kangge wau. Mripatipun kadêkêp, lajêng kapurih lumampah amubêng-mubêng. Manawi ingkang kadêkêp kadugi lampahipun sampun bingung, siti ingkang isinipun kêcik wau kapurih ngêbyukakên. Dhawah ing siti kêcikipun sampun ngantos katingal. Ingkang kadêkêp kaajak lumampah amubêng-mubêng, sarta wangsul dumugi panggenan lami. Wontên ing ngriku pandêkêpipun dipun bikak, sarta kapurih madosi panggenaning kêcik. Yèn sagêd pinanggih, lajêng wiwit malih. Dene yèn sampun dangu botên sagêd pinanggih, lajêng nêdha tulung dhatêng ingkang andêkêp, kapurih nêdahakên, punika dipun wastani: ngundang kaum.

--- 196 ---

191. Bengkat (lare 2).

[Grafik]

Katêrangan:

Bengkat punika dipun rêmêni sangêt dening lare nagari utawi kitha. Saminipun ing dhusun bênthik. Ingkang kangge dolanan punika bendha nêm iji. Ingkang 3 dipun wastani: gasangan, sanèsipun: pêntasan. Pêntasan punika wangunipun kêdah langkung gèpèng tinimbang gasanganipun. Gasangan punika kaêdêgakên sarta kaethokakên dhatêng pêntasan, punapa malih panggenanipun dipun wangun majêng tiga, gasangan ing numêr 1 dipun wastani: sumbul, ingkang 2 lan 3 dipun wastani: bahu. Saantawisipun bahu kalêgokan sawatawis, kangge panggenan manawi nuju umpuk. Têbihipun panggenan gasangan bahu kalihan pêntasan watawis gangsal wêlas tindak. Ingkang mêntas ngangkah ambrukipun gasangan sadaya. Mênggah anggenipun nyakokakên pêntasan bendha ngangge dlamakan suku. Inggih punika bendha [be...]

--- 197 ---

[...ndha] kadèlèh ngajênganing dlamakan suku têngên, kaprênah pongol sangandhaping jêmpolan, kados ing gambar punika, lajêng kakêsutakên kados dene sarug. (kabengkatakên).

[Grafik]

Ingkang mêntas lajêng saku saking pêntasan anglampahakên bendhanipun saking satunggal dhawah ing bendha kaangkah prênca sarta sawatawis têbih saking gasangan. Sabên-sabên nglampahakên saking pêntasan mawi caluluk makatên: Gul bali umpuk, mbacut. (Punika badhe katêrangakên ing ngandhap). Sasampunipun tiga pisan kalampahakên saking pêntasan, lajêng wiwit ngangkah ngêbrukakên gasangan, patrapipun makatên:

[Grafik]

Upami bendha pêntasan ngangkah gasangan sumbul, kêdah saku kaping kalih. Saku pisan mungêl: Jik, têgêsipun: siji. Saku kaping kalih mungêl: Prik, a yèn sampun sagêd ngêbrukakên gasangan 1, kenging katêrusakên ngangkah gasangan 2 utawi 3, sarana saku sapisan. Upami ngangkah gasangan 2 mawi mungêl:

--- 198 ---

Amblandari. Yèn kenging, lajêng katêrusakên ingkang numêr 3, inggih saku satunggal mawi mungêl: Mrantasi. Sapunika gasangan numêr 1, 2 lan 3 sagêd ambruk sarana ngangge êntasan a, dadaos b c, sampun botên kangge, wusana mêntas malih. Dene yèn a b c botên sagêd ngêbrukakên gasangan 1, 2 lan 3, punika tôndha kawon, lajêng gêntos ingkang mêntas. Manawi mêntas anglampahakên bendhanipun, môngka panggasangipun sawêg kalih, yèn ingkang mêntas botên ngangge caluluk: kanti, ora ngênteni gasangan siji, umpuk, mbacut, gumbali, punika kêdah ngêntosi rampungipun.

Umpuk.

Umpuk punika kados dene sabin. Sagêd dipun umpuk makatên: Upami nglampahakên bendha saking pêntasan, wasana ngengingi bendha gasangan ngantos rêbah, punika angsal umpuk satunggal. Makatên malih yèn ngengingi bendhanipun piyambak, punika kaanggêp umpuk tiga.

--- 199 ---

Gunanipun umpuk.

Manawi nyakokakên bendhanipun ing wokan botên sagêd ngrêbahakên gasangan, punika yèn gadhah umpuk kêdah nuju umpuk rumiyin. Patrapipun makatên: Bendha gasangan katumpuk wontên sangajênging wokan, ing antawisipun gasangan bau. Anggènipun nuju ngangge tangan têngên saking ing pêntasan. Ingkang katujokakên inggih bendha pêntasan tiga pisan. Satêlasing pêntasan sadaya, kaetang saumpuk. Nuju wau ngangkah sagêda kenging bendha tumpukan ngantos satunggal kalihan sanèsipun rênggang, punika dipun wastani: tayar. Yèn kenging môngka ingkang pisah (rênggang) namung satunggal, punika dipun wastani: kirik. Yèn sagêd kirik, ingkang kangge nuju lan gasangan ingkang pisah wau kawangsulakên dhatêng pêntasan. Gasangan wau kadamêl nuju ingkang kalih saking pêntasan. Punika yèn sagêd nyenggol kemawon sampun kaanggêp tayar. Dene yèn botên sagêd tayar saking kirik, gasangan wau lajêng katumpuk malih, sarta katuju ngangge pêntasan kados nalika kawitanipun.

--- 200 ---

Manawi nuju sagêd kenging, ananging gasanganipun namung rêbah taksih dhêngkêt, punika ingkang nuju kêdah mungêl: lèk, têgêsipun manawi nuju malih kenging mêlèk kados waunipun. Yèn botên mungêl makatên, dipun ungêlakên dening ingkang anggasang makatên: Rêm jêge, ji, wa, thanthang. Têgêsipun: Mêrêm sajêge, siji, kiwa, ngathang-athang. Kajêngipun makatên: Yèn nuju malih sanajan pintên-pintên umpuk, kêdah ngangge tangan satunggal ingkang kiwa, ngathang-athang sarta mêrêm.

Upami gadhah umpuk tiga, môngka umpuk ingkang satunggal sampun nayarakên, punika yèn prajangji: ndhog-êndhogan, kaetang taksih gadhah umpuk kalih. Ingkang anggasang sarta ingkang mêntas taksih lastantun. Dene yèn satêlasing umpuk mêksa botên sagêd tayar, ingkang masang gêntos mêntas.

Gumbali umpuk mbacut.

Yèn anglampahakên bendha saking pêntasan, môngka kenging ingkang anggasang, punika dipun wastani: gul, lajêng kawangsulakên dhatêng pêntasan malih. (Gumbali). Nanging yèn sagêd umpuk, lajêng, têgêsipun kangge. (Umpuk mbacut).

--- 201 ---

Pacêt.

Yèn mêntas anglampahakên bendhanipun, ing môngka lampahing bendha kèndêl namung lêt sapêcak kalihan gasangan utawi pêntasan, punika dipun wastani: pêjah (pacêt). Pacêt punika kenging dipun gêsangakên malih, dipun wastani: nêbus. Inggih punika yèn sarambahan wau sagêd macêtakên malih utawi umpuk. Manawi nêbus sarana umpuk, umpuk botên kaetang, awit kangge nêbus pacêt. Yèn sagêd nêbus pacêt, prasasat sampun ngrêbahakên gasangan sadaya. Pacêt punika ngicalakên umpuk.

Pandhe.

Yèn dhawahing bendha saking pêntasan lêt kalih pêcak kalihan gasingan utawi bendha pêntasan, punika dipun wastani: pandhe. Yèn pandhe pêntasan, punika dados pandhe kalih. Pêntasan ingkang pandhe wau, kabengkatakên dening ingkang anggasang, saking saantawisipun gasingan bau, dhatêng ênêring panggenanipun pêntasan saku kaping kalih, ngangkah ngrêbahakên gasingan. Mênggah anggènipun [ang...]

--- 202 ---

[...gènipun] mangsulakên, miturut anggènipun mandhe. Nanging ingkang kathah-kathah nglampahakên pêntasanipun ingkang botên pandhe rumiyin, ambokmanawi sagêd mrantasi, dados botên susah nglampahakên ingkang pandhe. Lampahing pandhe punika warni-warni, kados ta:

Lawar têngên.

Punika kabengkatakên ngangge suku têngên kados sarananing mêntas.

Lawar kiwa.

Punika kabengkatakên ngangge suku kiwa.

Sigug têngên.

Punika kalampahakên ngangge suku têngên, ananging dlamakan kiwa wontên ing ngajêng.

Sigug kiwa.

Punika kosok wangsulipun sigug têngên.

Sigug gantung têngên.

Punika kalampahakên ngangge suku kiwa, suku têngên kagantung.

--- 203 ---

Sigug gantung kiwa.

Punika kosok wangsulipun sigug gantung têngên.

Gajul têngên.

Bendha kaidak tungkak kiwa, lajêng dipun inggati nanging kagajul ngangge suku têngên dlamakan ngajêng sangandhap poking driji.

Gajul kiwa.

Punika kosok wangsulipun gajul têngên.

Jungkir têngên.

Bendha kajapit ing jêmpolan suku têngên, lajêng kados dene ambarangkang, bendha kasawatakên ngangge suku wau, mêdal sanginggiling sirah.

Jungkir kiwa.

Punika mèh sami kalihan jungkir têngên, namung punika ngangge suku kiwa.

Kirik.

Pamêndhêtipun ngangge cangkêm, lajêng kagondhol kabêkta kesah, kasèlèhakên panggènan ingkang gupit utawi sungil. Mila pandhe satunggal punika, ingkang mêntas asring nrimah kawon.

--- 204 ---

Prik.

Prik punika saku kaping kalih, ingkang satunggal: jik, ingkang kaping kalih: prik. Yèn sawêg jik, môngka gasanganipun sampun rêbah, punika yèn botên mungêl: gugjik, ingkang anggasang kêdah mungêl: gugbèh. Têgêsipun: manawi mêntas malih, anggènipun ambengkatakên kêdah sigug. Gugjik, têgêsipun: sigug siji. Gugbèh, têgêsipun: sigug kabèh (tiga pisan).

Estri.

Yèn ambengkatakên saking pêntasan, nanging dhawahipun bendha namung dumugi sangandhaping gasangan bau, punika dipun wastani: estri, têgêsipun: sarambahan punika botên kenging kalampahakên. Estri punika kenging katêbus mawi umpuk. Dene yèn dhawahipun botên estri botên jalêr, (sagaris kalihan gasangan bau), punika lajêng kawangsulakên. Inggih punika dipun wastani: sigar jambe.

Kentas.

Manawi wontên gasangan ngantos dumugi pêntasan utawi kalihan pêntasan namung tigang pêcak, punika dipun wastani:

--- 205 ---

kentas. Têgêsipun: ingkang mêntas angsal umpuk tiga, sarta kêdah lajêng nuju umpuk.

Bengkat (lare 3).

Punika lampah-lampahipun sami kemawon. Namung upami ingkang mêntas kalih a b, pun a ngangge pêntasan kalih, b ngangge satunggal. Punika lajêng damêl prajangjian warni kalih, inggih punika: bendha, kalihan: pêntasan. Têgêsipun makatên:

Jangji bendha.

Punika a b sadangunipun tansah kêmpal, mêntas utawi anggasang inggih lare kalih. Ananging upami a sampun ngrêbahakên gasangan kalih, ing môngka b botên sagêd ngrêbahakên, punika ingkang anggasang kajibah pun b sadaya. Makatên ugi kosok wangsulipun, sadangunipun anggasang, a botên kenging nyêpêng utawi ngêmèk bendha, yèn ngantos anggêpok, punika a lajêng gêntos anggasang.

Jangji pêntasan.

Upami a wau sampun sagêd ngrêbahakên gasangan kalih, môngka b botên sagêd, punika a tumut mêntas

--- 206 ---

b anggasang ijèn. Makatên ugi kosok wangsulipun.

Bengkat (lare 4).

Punika kawontênanipun sami kalihan bengkat lare 3.

Bengkat (lare 5).

Punika kêdah prajangji bendha kemawon.

Bengkat (lare 6).

Punika sami kalihan bengkat lare 5.

192. Pathon.

[Grafik]

Katêrangan:

Pathon punika mawi gangsingan. Gangsingan punika ingkang dipun damêl kêdah kajêng ingkang atos kawangun kados kukusan ingkang mawi sirah. Ingkang ngandhap dipun dèlèhi paku. Paku wau warni kalih, ingkang satunggal namung lancip kemawon, satunggalipun kagèpèng kados dene pêthèl, punika dipun wastani: paku tatah. Anggenipun ngubêngakên ngangge tampar, tampar punika wangun mêrit. Namanipun: uwêd. [u...]

--- 207 ---

[...wêd.] Mênggah anggènipun ngubêngakên kabanting sarta panyêpênginpanyêpêngipun. kados punika.

[Grafik]

Dene ingkang dolanan lare sawatawis. Ingkang rumiyin sami èdhèn sarana pathu mawi gangsingan, ingkang kapathu cêcêk utawi garis cêlak. Pundi ingkang sagêd cêlak kalihan cêcêk wau, inggih punika ingkang kajibah badhe mranata gangsinganipun pintên ingkang kapathu lare kathah. Patrapipun makatên: Upami ingkang dolanan lare 4, a b c d. Sasampunipun sami èdhèn, upami ingkang mênang a, gangsinganipun b c d lajêng katumpuk sarta kaubêngan garisan ingkang agêngipun salayah.

[Grafik]

a ngangkah mêdalipun gangsingan tiga wau saking buwêngan, sarana mathu ngangge gangsinganipun. Pundi ingkang kantun wontên salêbêting buwêngan, inggih punika ingkang dipun pathoni lare tiga. Dene yèn sagêd mêdal sadaya, gangsinganipun a dipun padhoni b c d, punika dipun wastani: dirubung gagak.

Upami gangsinganipun d ingkang dipun pathoni, nalika a b c mathu nyapisan, punika dipun wastani: opah nom. Opah nom punika makatên:

--- 208 ---

Upami mathu môngka gangsinganipun botên mubêng, punika botên kaanggêp pêjah. Utawi upami pamathunipun lêpat ananging mubêng, punika botên kenging kajirêt. Dene yèn pamathunipun sampun ambal kaping kalih, punika dipun wastani: opah tuwa. Yèn sampun opah tuwa, punika manawi mathu lêpat ing môngka gangsinganipun mubêng, lajêng kajirêt dening ingkang gadhah gangsingan dipun pathoni wau, ngangge uwêdipun, sarta kaumbulakên lajêng katampèn kenging, ingkang mathu sampun kaanggêp pêjah. Makatên salajêngipun ngantos gangsinganipun lare tiga pisan kenging kajirêt sadaya. Dene yèn mathu gangsinganipun botên sagêd mubêng, punika lajêng gantos dipun pathoni, sarta ingkang sampun pêjah dados gêsang malih. Makatên ngantos bamban malih. Sarèhning gangsingan punika ngangge paku, mila ngantos sami pating bricèl, tarkadhang malah wontên ingkang cowèl.

193. Ni Oncit.

Lagu.

Ni Oncit, ni Oncit, aja nyogok-nyogog silit, nyogoka dalan limit. X sawatawis.

--- 209 ---

Katêrangan:

Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 127 (cina).

194. Tul eng.

Lagu.

Tul, tul, eng X sawatawis.

Katêrangan:

Lare sawatawis sami ambarangkang nanging botên lumampah. Ingkang dados wontên ing têngah. Ingkang botên dados sami alêlagu, sarta ingkang dados amanthuk-manthuk ngantos dados. Katawisipun manawi sampun andados lajêng andhawah sarta krêngih-krêngih kados nangis. Punika mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 22 (Nini-nini katisên).

195. Rujak cêmpaluk.

Lagu.

Rujak-rujak cêmpaluk yayi, dhatêng pundi yayi, ngidul mriki yayi. Kurang nyêkrok ngisor epok akèh rokok yayi. Kurang untal ngisor bantal akèh reyal yayi. [ya...]

--- 210 ---

[...yi.] Lading gapit yayi, ngisor lampit yayi. Gadhèkêna yayi, tapih pinjung yayi, lakonana yayi. Kidul kono ana lintang kadhayohan, tapihe lurik abang, kêmbêne jingga loka. Sajêngki lêngki-lêngki, bocah gunung apèk gundha kleru kangkung, jêlarat manuk êngkuk, êngkuk angedani, ngedani jaka drêmba.

Katêrangan:

Punika sami kalihan bab 61 (Kuning-kuning), ananging larenipun sadaya namung kalihan kêplok-kêplok.

196. Jambe ring.

Lagu.

Jambe ring, jambe ring, sajambe nahèr, mentak aèr sudhah kêling, panitikane mentak aer udan kêmbang, sagodhi-godhi lele, anak siji dadi gawe. Sagodhi-godhi sênthèk, anak papat dadi crèwèt.

Katêrangan:

Punika sami kalihan bab 23 (Dhungkul).

197. Klaras-klaras garing.

Lagu.

Klaras-klaras garing, garinge nêmu giring. Esuk nyonyah, [nyo...]

--- 211 ---

[...nyah,] sore nyonyah, tumbar jintên engkok-engkok bathuk intên, engkok-engkok bathuk intên.

Katêrangan:

Punika sami kalihan bab 125 (Jênang gamping).

198. Godhong-godhong tanjung.

Lagu.

Godhong-godhong tanjung, mêlung-mêlung ana lurung, tak lunjak ora kêna, ora kêna tiba dhadha, sur lêgendre teplok.

Katêrangan:

Upami wontên lare sawatawis sami ngadêg kêpang agêgandhèngan, lajêng sarêng alêlagu sarta mubêng nêngên alon-lonan. Sarêng lagu dumugi: tak lunjak ora kêna, lare wau sami anjondhil. Pungkasaning lagu, anggènipun gandhèngan apapêthalan sarta ngêmèk dhadha. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

199. Kacang-kacang glundhungan.

Lagu.

Kacang-kacang glundhungan, ditandur nèng wuwungan,kang nandur gêdhe [gê...]

--- 212 ---

[...dhe] dhuwur, durung pasah durung pangur, godhonge rintik-rintik, wohe kêmlêtik, dhong dhong saridhong gabrus.

Katêrangan:

Punika sami kalihan bab 8 (Bek kung).

200. Dhungkul milang kondhe.

Lagu.

Dhungkul milang kondhe, milang arum, arum sumbar salatar, jajagana paturone, lera-lero katêmu sapa.

Katêrangan:

Punika sami kalihan bab 4 (Thung-thung).

201. Kus-kusan.

Katêrangan:

Punika tanpa lagu, mênggah kawontênanipun sami kalihan bab 16 (Sobrah).

202. Têmbung.

[Grafik]

Katêrangan:

Ingkang rumiyin andamêl têmbung kados dene gobag-gêrit, sarta [sar...]

--- 213 ---

[...ta] andamêl luwokan kalih iji, inggih punika dipun wastani: jèg-jègan. Têbihipun jèg-jègan punika watawis kalih dasa utawi salawe tindak. Adat mawi dipun tohi gendhongan. Kathahing lare sawatawis sami andhodhok jodhon ilon. Ingkang sagrombol manggèn ing ngêjègan ingkang satunggal sagrombol manggèn satunggalipun. Satunggal-tunggaling grombol wontên ingkang dados pangagêng, kasêbut Ratunipun. Têmbung wau kacêpêng Ratu ingkang mêntas, inggih punika kaupamèkakên dadamêlipun. Ing gambar punika upami a dados Ratu nyêpêng têmbung, sarta gadhah bala c d. Dene b ugi dados Ratu ananging botên nyêpêng têmbung, sarta gadhah bala e f. Patrapipun kados pêrangan.

1e. Upami a badhe ngêcakakên têmbungipun, bala kêdah ngadhangi dhawahing têmbung wontên sawingkinging b, dene b sabalanipun ngalêmpak ing ngêjègan. Sapunika a nyawat ngangge têmbung dhatêng b, sabalanipun saking ngêjègan. Pundi ingkang kenging têmbung wau kaupamèkakên pêjah, lajêng botên kenging tumut. Dene yèn ingkang kenging pun b, punika b sabalanipun sampun kawon. Manawi lêpat, dhawah

--- 214 ---

ing têmbung katampèn balanipun a, lajêng kawangsulakên dhatêng ratunipun. b sabalinipun ugi kenging ngrêbat têmbung, ananging yèn têmbung wau taksih lumampah, yèn ngantos purun nyêpêng, punika pêjah piyambak, dados kengingipun nyêpêng manawi têmbung sampun kèndêl. Dados kasêlak dipun cêpêng balanipun a.

2e. a Nglurug dhatêng panggènanipun b, ananging têmbung kêdah katilar wontên ing ngêjègan, minôngka têngga ngêjègipun. Punika lajêng mamêngsahan patrapipun makatên: Ratu sami Ratu, bala sami bala, acacêblèkan. Pundi ingkang kenging kacêblèk rumiyin pêjah. Dene yèn bala purun nyêblèk Ratu, punika pêjah piyambak. Cêblèkan wau dipun wastani: èthèng.

203. Gèndèng.

Katêrangan:

Gèndèng punika mèh sami kalihan têmbung. Namung kaotipun tanpa Ratu lan tanpa têmbung, patrapipun sami gèndèng-ginèndèng, ngangkah dumugi ngêjèganipun piyambak. Pundi ingkang kenging kagèndèng dumugi ngêjèganipun mêngsah, kaanggêp pêjah.

--- 215 ---

204. Ni Thowong.

[Grafik]

Katêrangan:

Kawontênanipun lare-lare anggènipun sami damêl Ni Thowong, punika kula botên pisan-pisan nêja miyagah nyatanipun utawi gorohipun. Awit ing ngriku tansah isi gugon-tuhon. Sanajan makatêna kula namung anggêlar punapa kawontênanipun. Botên langkung kula namung nyumanggakakên para ingkang ahli budi. [bu...]

--- 216 ---

[...di.] Ananging kawontênanipun lagu-lagu namung kula pratelakakên ingkang mêsthi kangge anyindhèni Ni Thowong kemawon. Awit ingkang limrah lajêng kasambêtan lagu sanès-sanèsipun.

Ingkang rumiyin kêdah pados icir kalihan siwur. Barang kalih iji wau kêdah anggènipun nyolong dhatêng tôngga têpalih, tarkadhang anggènipun nyolong ngantos dhatêng sanès kampung utawi dhusun. Awit saangsal-angsal ingkang gadhah punika, milih tiyang ingkang lantap, supados manawi sumêrêp yèn barangipun ical, sagêda muring-muring, dados Ni Thowongipun enggal dados.

Sasampunipun angsal punapa malih sampun mirantos sêsandhangan utawi sanèsipun, ing wanci sontên lajêng wiwit dipun dandosi. Mênggah raroncèn patraping andandosi, cêkap kula aturi mriksani ing gambar punika kemawon. Inggih punika: siwuripun kêdah dipun saput atal, lajêng kagôntha paprincèning rai utawi papaesan sacaraning pangantèn. Ingkang kangge pêpaès kunir, ênjêt kalihan angus. Bolonganing [Bo...]

--- 217 ---

[...longaning] siwur katutupan mêrang sarta kakêbakan sasêkaran tuwin ron-ronan. Gulu wêngkuning icir kalapis mêrang, punapa malih bahu lan tanganipun ingkang kadamêl mêrang. Mênggah traping sandhangan inggih kados dene sacaraning tiyang. Malah ingkang wontên, sandhangan wau sruwa-sruwi sutra, plangi, cindhe, polos utawi sanèsipun.

Sasampuning andandosi, ing wanci bakda sêrap kausung lare èstri kathah, kabêkta dhatêng panggenan ingkang wingit utawi angkêr sarta tansah dipun êtutakên kutug. Sadangunipun lumampah mawi alêlagu makatên:

Lagu.

Padha buwang bocah bajang, rambute arang-arang. (X sawatawis).

Katêrangan:

Sasampunipun dumugi ing panggenan, Ni Thowong kalihan kutug katilar, mênggah dangunipun wontên ing ngriku watawis 1/2 utawi 3/4 jam, sarta tansah kaulat-ulatakên saking katêbihan, awit kuwatos ambokmanawi wontên tiyang ingkang melik dhatêng sandhanganipun Ni Thowong. [Tho...]

--- 218 ---

[...wong.] Sarta sadangunipun punika, wontên ingkang damêl anak-anakaning Ni Thowong. Ingkang kadamêl gandhik dipun balêbêt ing pipih, kados sacaraning bayi kagêdhong. Manawi sampun rampung, lajêng kasudhiyakakên wontên badhe papaning Ni Thowong akanthi pangilon. Sarêng lare-lare badhe mêndhêt Ni Thowong, sami alêlagu makatên:

Lagu.

2. Padha mupu bocah bajang, rambute arang-arang. (X sawatawis ).

Katêrangan:

Lêlagu makatên wau ngantos dumugi panggènaning papanipun. Sadumugining papan, wêngkuning icir sami kacêpêngan lare kathah, sarta sêmu kaumbulakên lan ebah-ebah. Lare-lare wau sami linggih sarta alêlagu makatên:

Lagu.

3. Bageya, bageya, bok lara kang lagi têka. ( X sawatawis ).

Katêrangan:

Sasampunipun ragi dangu, lajêng gêntos lagu, kadosdene [kado...]

--- 219 ---

[...sdene] ing ngandhap punika. Makatên malih satunggal-tunggaling lagu, anggènipun ngungêlakên sajêlèhipun.

Lagu.

4. Ni Thowong, Ni Thowong, Ni Thowong, gayêr-gayêr ginothong, ginothonge têlu gandhèk, idêrna nyang dhondhongan, ramèkna bocah dolan, suraka, surak hiye, Hose, hose, hiyo. ( X sawatawis).

5. Ilir-ilir, tandure wis sêmilir, tak ijo royo-royo, tak sêngguh pangantèn anyar. Cah angon, cah angon, pènèkên blimbing kuwe, lunyu-lunyu pènèkên, dinggo masuh dododira. Dododira, kumitir bêdhahing pinggir, domana jlumatana, dinggo seba mêngko sore. Pupung gêdhe rêmbulane, pupung jêmbar kalangane, ya suraka, surak hiye. (X sawatawis ).

6. Ilir-ilir gunanthi, sabuk cindhe lir gunanthi, gilang-gilang layone, layone putra ugung, ugunge dening dewa, alah dewa dening sukma, widadari tumuruna, gumrubyug barat sasanga, suraka, surak hiye. (X sawatawis).

--- 220 ---

7. Ilir-ilir guling, gulinge Sukma katon, raga-ragamu liya, ja suwe-suwe ndalan, mêsakake jing ngadolan, dolane dolan dana, alah dana dene Sukma, widadari tumuruna, gumrubyug barat sêsanga, suraka, surak hiye. (X sawatawis).

8. Cêplik êpring, njêmplang-njêmpling, moas, anjogèda, moas, angigêla. { X sawatawis ).

9. Kranjang pangayun-ayun, bapak, dhêmên wonge, ora dhêmên salèndère, bapak carang gantung. Sawiyah. (X sawatawis ).

10. Wong ayu, pilisa kunir apu, anjêlirat, anjêlirit, wong ayu ngadhanga dalan. Sapisan daku paman, ping pindho daku bojo, ping têlu melu turu, suraka, surak hiye. (X sawatawis ).

Katêrangan:

Satêlasipun lagu punika, asring dipun sambêti lagu sanèsipun, malah-malah ingkang gadhah gôngsa, lajêng dipun gamêli mawi dipun gerongi lare-lare wau. Dene katawisipun manawi sampun andados, raosipun dhatêng tangan antêp, jumbuling Ni Thowong kados [kado...]

--- 221 ---

[...s] dede tangan ingkang anjumbulakên, raos-raos upami nalika anjumbul dipun culakên, kados sagêd amumbula dumugi awang-awang. Punapa malih yèn mila sampun andados, ingkang dipun cêpêngi sondhèripun, malah manawi sampun sayah anggènipun nyêpêngi, lajêng bangkèkaning Ni Thowong kacêncang ngiwa-nêngên kaangsalakên cagak utawi wit-witan, ing ngriku tosipun sagêd anjondhil-njondhil piyambak.

Mênggah sadangunipun Ni Thowong andados, upami wontên lare ingkang purun-purun nyolong gandhik anak-anakanipun, punika Ni Thowong polahipun kados dene nêpsu abêntayangan. Punapa malih upami wontên lare ingkang mêthik ron kalih iji, lajêng kapurih ambadhe: pundi ron ingkang pamêthikipun kantun utawi rumiyin, punika sagêd andumuk sarana mawi sirahipun.

Pèngêt: Sadangunipun Ni Thowong kadamêl, botên pisan kenging kacêpêng ing lare jalêr, sarta kutugipun kêdah tansah anglandêng.

--- 222 ---

205. Ni Korèk.

Lagu.

Ni Korèk, Ni Korèk, jogan njêmbrung saponana, kêndhi pothol isènana. ( × sawatawis ).

Katêrangan:

Ingkang rumiyin angêdêgakên sapu gêrang wontên ing luwokan siti, supados adêging sapu sagêd kêkah. Lêbêting luwokan watawis sacu. Lare ingkang dados kathokan thok, lare-lare sanèsipun sami kupêng angêpang ingkang dados sarta sapu. Lajêng wiwit alêlagu sarta ingkang dados malajêng angubêngi sapu ngantos andados. Mênggah katawisipun andados, lare wau lajêng ambruk, jalaran saking mumêt. Ing ngriku lare sanèsipun sami ambeda, supados ingkang dados muring-muring, sarta sami ngundang simbah. Yèn ingkang dados muring-muring lajêng nyandhak sapu wau badhe kangge anggêbagi ingkang ambabeda. Ananging lumajêngipun tansah dhawah. Wusana dangu-dangu mantun piyambak, utawi mantunipun sarana kagrujug toya.

--- 223 ---

206. Lur uluran pace.

Lagu.

Lur uluran pace, ngisormu na pacête, cincinga tak dêloke, cincinga tak dêloke. Jamak-jamak têmên, ana jaka mbiyak kêmbên.

Katêrangan:

Upami lare sawatawis sami ngadêg kupêng agêgandhèngan. Sarêng alêlagu sami mubêng nêngên alon-lonan. Lagu dumugi: cincinga ngantos satêlasipun, anggèning sami gandhèngan ucul sarta acincing-cincing purugipun pating balêsar, lajêng bamban malih. Makatên awongsal-wangsul ngantos jêlèh.

207. Suri suri dhablang.

Lagu.

Suri suri dhablang, samarangan, rowe-rowe sasinome, tak awe kêna tapihe. Asanjingkrung, krung, krung, krung. Asanjingkrung, krung, krung, krung.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

--- 224 ---

208. Anakku.

Lagu.

Anakku, nggèr, si Jumirah. Ana dhayoh, nggèr, si Sumantri. Pêthiku, nggèr, kêmbang cêpaka. Wadhahana, nggèr, bokor kêncana. Tutupana, nggèr, kacumu sutra. Si Sumantri, nggèr, bakal kêng raka. Pasrah tobat, bu, angur matia. Dipundhuta, bu, sing gawe nyawa.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

209. Sulur sulur rambate.

Lagu.

Sulur sulur rambate, ana layar layar cindhe, bok lara suduk salira, ana: ri êri matèni, janur kuning maningsêti, sêtri bali lunga sônja, apèka kêmbang sikatan, aturna nyang Kadipatèn. Lênggah têngahe, tlolo saba kalo.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

--- 225 ---

210. Dhungkul uthêk-uthêk.

Lagu.

Dhungkul uthêk-uthêk, jênang katul kurang ênjêt. Ngidul, melu ngidul, kêmbrabat singkèk gundhul, bêkakah abêkèkèh, silit kodhok bisa ngocèh. Ngocèha pinggir kali, pacitane tai babi.

Katêrangan:

Punika sami kalihan bab 23 (Dhungkul).

211. Randhu randhu cêngklung.

Lagu.

Randhu randhu cêngklung, lurahe wong trêmbelung, mangan enak mangan enung, ngabruk pisan diteladhung, kêplèsèd ngingêl-ingêli, kasandhung jênang nyiwêli.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

212. Jêruk gulung: II.

Lagu.

Jêruk gulung, mamplang mamplang dhèndhèng gori, jêmbluk kêndhi [kê...]

--- 226 ---

[...ndhi] ranti, cilik cilik laki pyayi, gêdhe tuwa laki cina, slere senthe, sandhung jêkluk jaka tingkir.

Katêrangan:

Punika namung lagu kemawon.

tamat.

--- 227 ---

Sorogan.

Numêr ... Dolanan ... Kaca

1. Gula ganthi ... 9.

2. Sêpêt-sêpêt aking ... 10.

3. Anti ... 11.

4. Thung thung ... 12.

5. Cublak Cublak suwêng ... 14.

6. Godhong godhong sembukan ... 14.

7. Êmprit-êmprit pêking ... 15.

8. Bèk kung ... 16.

9. Bibis ... 17.

10. Cêmparowa ... 18.

11. Cêngkir cêngkir lêgi ... 18.

12. Blarak blarak sêmpal ... 19.

13. Ancung ... 20.

14. Sulur sulur kangkung ... 21.

15. Sluku sluku bathok ... 22.

16. Tumbaran ... 23.

17. Lêpêtan ... 24.

18. Srêk usrêke ... 26.

19. Cêplok êndhog ... 27.

20. Lintang rêmbulan ... 28.

21. Jamuran ... 29.

22. Nini nini katisên ... 31.

23. Dhungkul ... 32.

24. Kacang kacang gorèngan ... 34.

--- 228 ---

25. Cêngkowak ... 34.

26. Luru luru ... 36.

27. Pucuk gunung ... 38.

28. Uri uri ... 39.

29. Uyêk uyêk ranti: I ... 40.

30. Jêruk gulung: I ... 41.

31. Jonjang ... 42.

32. Jogah ... 43.

33. Lot-lotan lowe ... 44.

34. Gowokan ... 45.

35. Pring sadul-sadul ... 48.

36. Sondo bêlo ... 48.

37. Kêmbang celung ... 49.

38. Jungkup milang kondhe ... 49.

39. Obang abing ... 51.

40. Locici ... 52.

41. Ris irisan pandhan ... 52.

43. Jamur jamur cêpaki ... 53.

44. Kêbo brintik ... 55.

45. Widara layur ... 55.

46. Tawonan: I ... 56.

47. Cèlèng gontèng ... 57.

48. Soyang ... 57.

49. Sang gorèng sonjin ... 59.

50. Sliring gêndhing ... 60.

51. Pung irung ... 61.

52. Dhang dhang tut ... 62.

53. Cênthung ... 62.

54. Hurti hurta ... 62.

55. nDhog-êndhogan ... 63.

--- 229 ---

56. Jamur jamur cêpaki ... 64.

57. Atur ... 65.

58. Bang abang ... 67.

59. Cung barung ... 68.

60. Dhungkul bobonang ... 68.

61. Kuning kuning ... 69.

62. Êmblèg êmblèg ... 70.

63. Jinjang lotha lathi ... 70.

64. Dêbog bosok ... 71.

65. Rujak manggis ... 72.

66. Dhungkul bang kujahe ... 72.

67. Pêlêm pêlêm mêntah: I ... 73.

68. Sobyung ... 73.

69. Pring gadhing ... 76.

70. Godhong kami têtêp ... 77.

71. Orong orong bangkong ... 77.

72. Jonjang sêdayu ... 78.

73. Bung mênthalit ... 79.

74. Tri gong gong ... 79.

75. Watu watu bundêr ... 80.

76. Kroto kroto: I ... 80.

77. Kroto kroto: II ... 81.

78. Dhoro dhoro thik ... 81.

79. Lur gombyong ... 82.

80. Godhong godhong sembukan ... 83.

81. Tokung tokung ... 83.

82. Sanggung ... 84.

83. Riti riti: I ... 84.

--- 230 ---

84. Dhungkul dhalu dhêmblèng ... 85.

85. Gajah gajah têlena ... 85.

86. Dhungkul pak pongge ... 86.

87. Ri ri wêlut ... 86.

88. Cèk-ôncèkan bawang: I ... 87.

89. Jelung èdhèr ... 88.

90. Jelung umpêt ... 90.

91. Uthuk uthuk ... 90.

92. Riti riti: II ... 91.

93. Ti ti gung ... 92.

94. Dhungkul jalela ... 92.

95. Kidul kono ... 93.

96. Kêmbang thokla thakli ... 93.

97. Themplang wohe ... 93.

98. Ris irisan tela ... 94.

99. Pring pring bubukên ... 94.

100. Jêruk lètèr ... 95.

101. Ima ima ... 96.

102. Têbu têbu dawa ... 96.

103. Dhungkul wolu kênthang ... 97.

104. Bayêm tur ... 97.

105. Dhungkul bang kucahi ... 98.

106. Anji anji ... 99.

107. Jêruk inggu ... 99.

108. Rujak bêling ... 99.

109. Dhungkul iga iga ... 100.

110. Bung kênthang ... 100.

111. Godhong godhong nôngka ... 101.

112. Sobyang ... 101.

--- 231 ---

113. Pare pare mbelungan ... 102.

114. Bothèkan ... 103.

115. Pring gong gong ... 104.

116. Sobrah ... 104.

117. Cêmpa cêmpa sawakul ... 105.

118. Cumpli ... 106.

119. Kintêlan ... 107.

120. Dhungkul marena ... 107.

121. Dhèndhèng kênthing ... 108.

122. Cèk oncèkan bawang: II ... 108.

123. Dhungkul dhola dhali dhêmblèng ... 109.

124. Kêmbang manggar ... 110.

125. Jênang gamping ... 110.

126. Pring pring cêlumpring ... 111.

127. Cina ... 112.

128. Gênukan ... 113.

129. Tawonan ... 114.

130. Cumplo nôngka ... 115.

131. Ore orean rombe ... 116.

132. Dhungkul lur galur ... 117.

133. Jati jati arum ... 118.

134. Kutut kutut manggung ... 118.

135. Gobag srêndul ... 119.

136. Gobag gêndul ... 120.

137. Gobag sodor ... 120.

138. Gobag gêrit ... 123.

139. Ko ko ko ko ... 124.

--- 232 ---

140. Kinjêng trung: I ... 126.

141. Kinjêng trung: II ... 127.

142. Tumbar tumbar mungsi ... 128.

143. Ancak ancak alis ... 129.

144. Uyêk uyêk ranti: II ... 132.

145. Riyo riyo ... 132.

146. Bisu ... 134.

147. Thil sarinthilan ... 136.

148. Bi, bibi tumbas timun ... 136.

149. Man dhoblang ... 137.

150. Sri mateni ... 138.

151. Dhakon ... 138.

152. Obrog sela ... 142.

153. Obrog kajêng ... 144.

154. Pêlêm pêlêm mêntah: II ... 145.

155. Rujak nanas ... 145.

156. Macanan tiyang 21 sima 1 ... 146.

157. Macanan tiyang 8 sima 2 ... 148.

158. Macanan tiyang 3 sima 1 ... 148.

159. Macanan tiyang 4 sima 1 ... 149.

160. Mul mulan ... 149.

161. Bas basan ... 150.

162. Epring êpring sadhapur ... 151.

163. Ja ratu ratu sela dana ... 152.

164. Jambe jambe thukul ... 153.

165. nDhog êndhog kali ... 154.

166. Bung pring ori ... 155.

167. Jae jae sarempang ... 155.

--- 233 ---

168. Kidang talun ... 156.

169. Kubuk ... 157.

170. Ôndha endhe ... 158.

171. Damêl gambar griya ... 159.

172. Sumbar suru ... 160.

173. Sumbar dulit ... 162.

174. Gathèng ... 162.

175. Gathèng tandhêg ... 166.

176. Gathèng brojol ... 168.

177. Gathèng rante ... 170.

178. Anggênjèng ... 172.

179. Bênthik ... 173.

180. Bênthik maling ... 181.

181. Uncal ... 182.

182. Onthèl ... 183.

183. Jirak byok ... 183.

184. Jirak londa ... 186.

185. Jirak ula ... 187.

186. Gêndiran ... 189.

187. Wok bling ... 190.

188. Tujon ... 192.

189. Onclang ... 193.

190. Dêkêpan ... 194.

191. Bengkat ... 196.

192. Pathon ... 206.

193. Ni Oncit ... 208.

194. Tul eng ... 209.

195. Rujak cêmpaluk ... 209.

196. Jambe ring ... 210.

197. Klaras klaras garing ... 210.

198. Godhong tanjung ... 211.

199. Kacang-kacang glundhungan ... 211.

200. Dhungkul milang kondhe ... 212.

201. Kus kusan ... 212.

--- 234 ---

202. Têmbung ... 212.

203. Gèndèng ... 214.

204. Ni Thowong ... 215.

205. Ni Korèk ... 222.

206. ur uluran pace ... 223.

207. Suri suri dhablang ... 223.

208. Anakku ... 224.

209. Sulur sulur rambate ... 224.

210. Dhungkul uthêk uthêk ... 225.

211. Randhu randhu cêngklung ... 225.

212. Jêruk gulung: II ... 225.