| Katalog | : | Sandiasma, Pigeaud, 1953, #1402 |
| Sambung | : | - |
Sandiasma
1. Sinom
1. kang kocap jêng sri narendra | gusthi têtikaning nagri | patih ngêngeras pandriya | rancakan angêrèh budi | dining para wargaji | tinata arja tan ayun | yayah manggung sulaya | kulina nala tan yukti | gagasira rêrasan kang tanpa karya ||§ Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara.
--- 4 : 2 ---
2. Dhandhanggula
1. kang winahya jêng sang kusumanjing§ Ngusmanaji. | gusthi sastra tinuting sujana | pangringkêse ngeramake | rantaman amangapus | dibyanira para maharsi | têtika arjèng naya | manggih nugraha gung | kunane ana pandhita | gêgarane rakêt lan sang sidajati | pingit mring patyastana ||§ Kangjêng Gusti Panger [Pangeran] Adipati Arya Mangkunagara ping pat.


