Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Koleksi Warsadiningrat (MNA1929a), Warsadiningrat, c. 1929, #613

Katalog:Koleksi Warsadiningrat (MNA1929a), Warsadiningrat, c. 1929, #613
Sambung:
1.Koleksi Warsadiningrat (MNA1929a), Warsadiningrat, c. 1929, #613. Arsip dan Sejarah | Galeri #344.
2.Koleksi Warsadiningrat (MNA1929a), Warsadiningrat, c. 1929, #613. Bahasa dan Budaya | Karawitan #142.

[1]

Rêringkêsaning sêjarah gamêlan (Wedhapradôngga) miturut gotèk (kaol) kados ing ngandhap punika.

Wiwitipun wontên gamêlan punika ingkang nganggit Sang Hyang Guru, nalika ngejawantah jumênêng nata ing tanah Jawi, akadhaton sapucaking wukir Mahendra (Gunung Lawu) panganggitipun amarêngi ing taun 167, winastan gamêlan Lokanônta (Lokanata) inggih punika 1. gêndhing (kêmanak), 2. pêmatut (kêthuk), 3. sauran (kênong), 4. têtêg (kêndhang agêng), 5. maguru (gong).

Ing salêbêtipun taun Iwa 256 taun surya utawi 264 ing taun côndra, ing Kaendran miwahan mulat (cahya pindha sêsotya adi) lamun sinidhikara dados widadari 7, lajêng kangge ambadhaya, tinabuhan gamêlan Lokanata binarung ing kidung: sêkar kawi utawi sêkar agêng.

Amarêngi ing taun 287, Sang Hyang Endra iyasa gôngsa winastan Surendra, ricikanipun:

1. Gêndhing (rêbab), 2. kala (kêndhang), 3. sôngka (gong), 4. pêmatut (kêthuk), 5. sauran (kênong).

Sarêng ing taun 336, awit sangking kaparêngipun Sang Hyang Endra, ingkang sampun kaidèn ing Sang Hyang Guru, gôngsa Surendra kaparingakên dhatêng Prabu Sri Maha Pung-

[2]

gung, ing nagari Purwacarita, inggih punika ratu binathara titising Sang Hyang Wisnu (ing sêrat Sastramiruda mratelakakên ingkang kautus maringakên gôngsa wau, inggih punika Bathara Citrasena) lajêng dipun wewahi 1. salundhing inggih punika kêmpul, 2. garantang inggih punika gambang lajêng nyandhak kaca 12.

__________

Ing taun 338 Sri Maharaja Kano iyasa têtabuhan têngêraning(1) prang, nulad têtabuhaning prang ingkang kangge ing têtiyang tanah Ajam, Yahudi, Indhu, winastan tabuhan Mardangga.

Ricikanipun 1. kala (kêndhang), 2. sôngka (sangka) inggih punika gong, 3. bairi (kados bèri, bundêr tanpa pêncu), 4. gubar (bêndhe tanpa pêncu), 5. gurnang (kênong gandhul), 6. puksur (tambur utawi trêbang mawi tabuh kajêng), 7. thong-thong (kêndhang, klowonganipun gôngsa mawi tabuh kajêng), 8. grit (sairib tarêbang mawi tabuh kados tambur), 9. têtêg (sairib bêdhug), 10. maguru gôngsa (sairib kêmodhong tanpa plangkan, kagantung).

Ing taun 560, Prabu Basukèsthi ing Wiratha, iyasa lêlangên badhaya, nulad widadari kasapta ing Suralaya, tinabuhan ing kêmanak (gôngsa Lokanônta) binarung ing kidung sêkar Kawi utawi sêkar agêng, inggih punika purwanipun ing karaton tanah Jawi wontên lêlangên badhaya.

Sarêng ing taun 545 Prabu Basukèsthi wau kagungan karsa iyasa têtabuhan rabana, ricikanipun 1. bêndhe, 2. gêntha, 3. kêkêlèng, 4. trêbang, 5. kênthongan, 6. angklung, inggih punika wiwitanipun wontên angklung (lajêng kasambêt ing kaca 12)

__________

[3]

Muryararas (kongsè) ingkang kawitan ing dintên malêm Akad Kaliwon kaping 26 Sawal Alip 1859, wontên ing Kusumayudan, kalêrês tingalanipun Bandara K.P.H. Kusumayuda ingkang tampi nabuh abdi dalêm niyaga kiwa golongan prawira pangrawitan. Wiwit jam 9 dumugi jam 12 dalu, urutipun gêndhing kados ing ngandhap punika.

1. Sêmanggita dhawah ladrang Sarilaya pelog pathêt 5. | 2. Laranangis dhawah ladrang Wêling-wêling salendro pathêt 6. | 3. Êla-êla Pangantèn pelog pathêt 6. | 4. Mandul kalajêngakên ladrang Sri Hascarya salendro pathêt sanga. | 5. Sangupati kalajêngakên ladrang Manis pelog pathêt barang. | 6. Widasari kalajêngakên ladrang Sri Kaloka salendro manyura.

__________

Angsal-angsalanipun biji wawasaning juri kalêbêt sae.

__________

Ing dintên Kêmis Lêgi tanggal 29 Jumadilakir Be 1880 sontên, dados malêm Jumungah Paing tanggal 1 Rêjêb, angsal barikan saking Bakyu Sôntadiwirya, kalayan rapal kados ing ngandhap punika.

Kalam sada arèn kangjêng eyang sapu lêbu, kula nyuwun pangayoman, dadosa wiji sakukuban kula sadaya.

Jabar Allah, Jabar Allah, Jabar Allah.

[4]

Gênderan punika wontên warni kalih, inggih punika

1. Gênderan lômba | 2. Gênderan rangkêp

Ingkang lômba winastan kêmbang tiba. Ingkang rangkêp winastan ukêl pancaran.

Gambangan wontên warni sakawan

1. Banyumili | 2. Grontolan | 3. Campursari (sarugan) | 4. Pinjalan.

Bonangan wontên warni tiga

1. Pipilan lômba utawi mipil lômba | 2. Pipilan rangkêp utawi mipil rangkêp | 3. Imbal

Namaning sêkaran utawi cengkoipun gêndèr

1. Gêmbyang (lêt sakawan) | 2. Salang gumun utawi salahan gumun (lêt satunggal) | 3. Kêmpyung (lêt kalih) | 4. Adu manis, kêmpyung gangsal kalihan manis (jôngga alit) | 5. Sêmar nampar | 6. Sêmar nyampar | 7. Petruk gandhul | 8. Ukêl pakis | 9. Pipilan (mipil) | 10. Sodhekan (nyodhèk) | 11. Pinjalan (ngapinjal) | 12. Nitir | 13. Gêtêr thêthêg | 14. Padalagu | 15. Puthut sêmadi | 16. Puthut gêlut

[5]

II. Malêm Akad Kaliwon kaping 2 Bêsar Alip 1859, murya raras ingkang nabuh abdi dalêm niyaga têngên golongan Rêsamlayan.

Gêndhingipun

1. Sêmbur adas minggah Tombo nêng pelog pathêt 5 | 2. Kanyut salendro pathêt 6 | 3. Bontit kalajêngakên ladrang Wani-wani pelog pathêt 6 | 4. Mênyan Kobar kalajêngakên ladrang Surung Dhayung salendro pathêt 9 | 5. Malarsih kalajêngakên ladrang Sri Nasao pelog pathêt barang | 6. Carang gantung dhawah ladrang Sigra mangsah salendro pathêt manyura.

__________

Angsal-angsalanipun biji, wawasaning juri radi awon

__________

17. Ganggêng kanyut | 18. Blenderan | 19. Wôngsanêgaran | 20. Grambyangan (anggarambyang) | 21. Grimingan (anggariming) | 22. Nyigar ada | 23. Môndradi

Namaning cengkokipun rêbab (rêbaban) tilaran saking Kiyai Dêmang Warsapradôngga I. Asli saking Ki Rêksapangrawit, inggih punika Ki Mlayadimêja Salamêt.

1. Pahdarama | 2. Pahda ayam-ayam | 3. Nyigar ada | 4. Èncèk | 5. Anggarèncèk | 6. Ada bêsus | 7. Ada bêsutan | 8. Ada trècèt | 9. Juru darêsan | 10. Dirga dungkapan | 11. Drah kawilan | 12. Adaloka

[6]

III. Muryararas malêm Akad Kaliwon kaping 8 Sura Ehe 1860 tampinipun abdi dalêm niyaga Kadipaten Anom golongan kiwa (Wirapradanggan).

Gêndhingipun

1. Côndrasari dhawah ladrang Balabak p. 5 | 2. Lokanônta dhawah ladrang Sobrang s. 6 | 3. Bawa sêkar Langên Kusuma katampèn ing gêndhing Kêmbang Gayam kagerong, kalajêngakên ladrang Tunggu Jagung pelog manyura. | 4. Sumêdhang minggah ladrang Weismistêrjam IV s. 9 | 5. Bawa sêkar Banjaransari, katampèn ing gêndhing Tunggul kagerong p. barang | 6. Mêrak Kasimpir dhawah katawang Sri Kacaryan kagerong lajêng Ayak-ayakan s. manyura

__________

Angsal-angsalanipun biji wawasanipun juri sêdhêng.

__________

Sambêtipun namaning Rêbaban

13. Atuturan | 14. Ada unjalan | 15. Tumpangsari | 16. Nyigarwaspa | 17. Tigastyèn | 18. Sitaparama | 19. Pulaspa

[7]

IV. Muryararas Malêm Akad Kaliwon kaping 13 Sapar Ehe 1860.

Tampinipun abdi dalêm niyaga panakawan, gêndhingipun

1. Tejasari dhawah ladrang Sawunggaling p 5 | 2. Titisari dhawah ladrang Kêmbang Gadhung S 6 | 3. Andhong-andhong kalajêngakên ladrang Duta Iswara (aanboorb) kagerong p 6 | 4. Bawa sêkar Langên Asmara katampèn ing gêndhing ladrang Sri Karongron kagerong, suwuk pathêt sêndhon elayana, lajêng Ayak-ayakan, kasêsêgakên dados srêpêgan, kasirêp dipun uran-urani 1. Dhandhanggula Panganten anyar, 2. Sinom Wènikênya, 3. Pangkur Paripurna s 9. | 5. Bawa sêkar Puspamadya katampèn ing gêndhing ladrang Sri Kawuryan kagerong p. barang | 6. Sarimadu s. manyura.

Ladrang Siyêm salendro pathêt nêm

CK y.1 2353 .6.t ew1g2 [ ...2 .3z2x3c5n2 ...2 .z1c2z1x2c5n3 ...3 z5x3c52z3x5x2c3n5 ...5 .z3c5z3c5z6cg5 .z6c7z6x7c@6 .z7c6z7x2c5n3 ...3 653n2 ...3 .z5c3z5c3z5c3 ...3 .z5x3c52g7 .#.@ .!z6x!c@n6 ..75 .z6c7z5c6n7 z@x5c67.6 .z7c6z7x2c5n3 .6.5 .3.g2 ]

Kaanggit ing dintên malêm Rêbo Pon kaping 22 Mulud Ehe ôngka 1860 malêm rawuhipun Kangjêng Raja Siyêm 27-28/8 1929

[8]

Pengêtan

Ing dintên Akad Pon tanggal kaping 12 Garêbêg Mulud Ehe 1860, Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. X botên miyos Bakda, amargi gêrah.

Tumrap gôngsa ingkang wontên paningrat mungêl nguyu-uyu kados adad bakda. Mênawi Nyai Mas Tumênggung sampun andhawuhakên timbalan dalêm wiyosipun ajad dalêm parêdèn, sawangsulipun saking sri manganti, lajêng majêngipun para kangjêng pangeran saking utarasana dhatêng sanasewaka, kaurmatan gôngsa gêndhing katawang Rarasmaya barang, mênawi sampun majêng pangunjukan wedang kaurmatan gôngsa gêndhing ladrang Sri Wibawa, sakèndêlipun kurmatan lajêng mungêl gêndhing yasan dalêm saprayuginipun.

Mênawi Prajurit sampun malêbêt sadaya, lajêng ngôndurakên pandhêl, para kangjêng pangeran lajêng mundur kaurmatan gêndhing ladrang Gleyong. Dene bibaranipun gôngsa jam satunggal.

[tanda tangan: Atmamardawa]

[9]

Muryararas, malêm Akad kaliwon kaping 19 Mulud Ehe 1860 tampinipun prikônca Rêksa Pangrawitan.

Gêndhingipun

1. Tutur minggah ladrang Playon p 5 | 2. Glondhongpring dhawah ladrang Gudhasih s6 | 3. Bawa sêkar Sobamanggala, katampèn ing gêndhing ladrang Sri Dayita Linuhur kagerong p 6. | 4. Talutur kalajêngakên Ayak-ayakan Talutur sêsêg dados srêpêgan, kasirêp dipun uran-urani: Dhandhanggula Talutur 2. Pangkur Dhudha Kasmaran 3. Asmaradana s 9. | 5. Bawa Sêkar Ciptamaya katampèn ing gêndhing katawang Boyong Basuki kagerong p barang. | 6. Sèdhêt minggah Lambangsari, kalajêngakên ladrang Lipursari s manyura

__________

Angsal-angsalanipun biji wawasanipun juri kalêbêt sêdhêng.

Nut katawang Boyong Basuki kagerong p. barang

CK 3.3 .2.u yu2. 232u 32yt .e.gw .y.t .y.ne .y.t .e.gw [ .y.t .y.ne .y.t .e.gw 66.. 66.n. 6765 335g6 .765 33.n5 6756 .52g3 66.. 653n2 u232 .utgy .2.3 .2.nu 32yt .e.gw ]

Pèngêtan ing dintên Saptu Lêgi tanggal sapisan Jumadilawal Ehe 1860 wanci jam 3 dalu, kèndêl ing Glondhongan Kamlayan kabêsmen.

[10]

VI. Muryararas, ing dintên malêm Akad Kaliwon kaping 30 Jumadilawal Ehe 1860 tampinipun niyaga têngên (Martamlayan) gêndhingipun:

1. Laras Tangis p5 | 2. Lungkèh s6 | 3. Gêndhiyêng minggah ladrang Gonjing Miring kalajêngakên katawang Gôndastuti p6 kagerong. | 4. Rarawudhu dhawah ladrang Calunthang kagerong S9 | 5. Lêmpung Gunung dhawah Jongkèri kagerong p barang | 6. Gandrungmanis mawi mandhêg, kasindhenan sêkar Dhandhanggula s manyura

__________ Bijinipun kalêbêt sae.

Ing dintên Saptu Paing tanggal kaping 11 Rabingulakir Jimawal 1861 sinangkalan gumolonging ra(2) ngèsthi tunggal, utawi kaping 6 Sèptèmbêr 1930 sinangkalan: muluking guna têrus tunggal (luhuring guna têrus tunggal) kaparênging karsa dalêm Sahandhap Sampeyan Dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping X kagungan dalêm gôngsa munggang (monggang) patalon Kyai Singa Krura ingkang tinatap ing dintên Sêtu, ingandikakakên manggèn ing Sitihinggil.

[11]

Pratelan nama-namaning cengkokipun rêbab kados ing ngandhap punika (saking Prajapangrawitan).

1. Sênggrèng (kasênggrèng utawi nyênggrèng, inggih punika nyandhak rêbab lajêng dipun sênggrèng, ngrèng).

2. Laras utawi kalaras (nglaras) inggih punika anggrambyang laras ingkang badhe kaungêlakên, pelog punapa salendro salah satunggal minôngka sasmita larasing gêndhing ingkang badhe kaungêlakên, makatên ugi badhe pathêtan.

3. Juru kadrêsan, inggih punika bukaning gêndhing krawitan panggenan laras barang utawi wiwitaning pathêt sanga ngêlik, pathêt jêngking(3) tuwin manyura ngêlik lan sasaminipun bangsaning kados makatên wau.

4. Tuturan, upaminipun wiwitaning pathêt lasêm saking nêm alit lajêng dhatêng manis lan sasaminipun bangsaning ngrumiyini lagu (nênuntun têdah margi).

5. Nyigar ada, upaminipun wiwitaning pathêt kêdhu, saking nêm alit lajêng dhatêng nêm agêng lan sasaminipun bangsaning kados makatên wau.

6. Pada wirama(4) pada wiramaning pathêt tuwin gêndhing.

7. Anduduk u2u232u.y

8. Tumpangsari a. upaminipun pathêt nêm agêng, panggenan ingkang dipun suluki: srêpantaka walungsungan diwangkara

(3565) b. utawi (..56!56!) kaangge

[12]

atêr-atêr ingkang gampil, inggih punika cengkokan ‘gandhulmu gadhèkna’ lan sasaminipun.

9. Ngêcêg (ngumbar nêm utawi gangsal agêng mawi swara crêg èncèng).

10. Banyu tumètès, upaminipun gêndhing Krawitan, panggenan gong gulu agêng lajêng ngêlik nêm alit, tanganipun kabêsutakên mangandhap dhatêng raras nêm alit (ngêlik nêm) makatên sasaminipun.(5)

11. Sênggrengan (sênggrengan salêbêtipun gêndhing nyênggrèng, 6 agêng, barang, jôngga, tuwin têngah, raras sêdhêng, langkungipun punika upaminipun gangsal alit botên kenging aluwung jôngga agêng kenging).

12. Ambêsut (tanganipun kêdah dariji jênthik).

13. Ukêl ngangge dariji sakawan tumandang sadaya, upaminipun 6542 yèn salendro 6532

14. Ukêl tarik (...45245z4c5245)

15. Ngadhal (inggih punika narancag).

16. Nyêla (nyêla wirama) inggih punika mênawi pinuju nyêla kosokanipun dhawah kênong saha gong kêdah majêng botên kenging mundur, amila lajêng winastan kosok-bali amargi mênawi botên nuju nyêla dhawah gong kênong kêdah mundur.

17. Sêndhal pancing, upaminipun buka gêndhing Udanasih, Gambirsawit lan Damarkèli sasaminipun.

[13]

18. Ngumbar (tangan utawi darijinipun botên nutup).

19. Padasinêla, inggih punika wontên lêlagoning pathêt pelog, z4c5.z1c21z4c5.z1c21

20. Ngèjèg inggih punika kosokan rangkêp sarêng wirama. wirama

21. Nyigar waspa, inggih punika barang miring (minur)

Kosok Rêbab punika ingkang dipun angge saking bobat kapal (buntut jaran), pinasang ing kajêng (kajêngipun ingkang ènthèng kadamêl malêngkung) inggih punika (pun kajêng wau) ingkang winastan rangkung, nanging grêngipun (gêrbanipun) amung winastan kosok, rangkung katrangan saking RM. Sindusawarna.

Bobat ingkang prayogi kaangge kosok rêbab, mêndhêt saking kapal èstri, amargi langkung alus tinimbang bobat kapal jalêr, katrangan saking Radèn Sutarja Adikusuma, rumiyin Gupêrnur ing Surakarta.

Sindik gêndèr punika nama: brêmara, dene cakiling plangkan gêndèr ingkang kangge numpangakên utawi nglêbêtakên dhêndha, inggih cakil punika ingkang winastan: brêminta. Katrangan saking Bandara Radèn Mas Arya Suryaasmara (Suryasmara) putra dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara III).

[14]

Muryararas malêm Akad Kaliwon kaping 8 Sapar Jimawal 1861, tampinipun abdi dalêm kasêpuhan golongan têngên. Gêndhingipun:

1. Kombangmara p. 5 | 2. Krawitan s. 6 | 3. Bawa Sêkar Manggalagita dhawah Onang-onang lajêng Sri Nindhita p. 6 | 4. Bawa Sêkar Rarabentrok dhawah Gambirsawit minggah Sêmbunggilang kalajêngakên ladrang Utama, suwuk jingking lajêng Ayak-ayakan. Srêpêgan kasirêp, Pangkur Dhudha Kasmaran, Sinom Wènikênya, Pangkur Paripurna s. 9 | 5. Kuwung-kuwung p. barang | 6. Banthèng Warèng minggah ladrang Srikaloka S. Manyura

Ing dintên Akat Kaliwon kaping 5 Jumadilakir Alip 1875 utawi kaping 28 Gogatsu (Mèi) 2604 wanci jam 12 siyang, Gusti Kangjêng Ratu Êmas Pramèswari Dalêm Suwarga P.B. X seda yuswa 51 ing karaton libur botên ngungêlakên gôngsa 20 dintên, para abdi dalêm kadhawuhan bela sungkawa, ngangge sabuk èpèk cêmêng. Lajêng wontên dhawuh susulan mênawi wontên sedan putra-putri dalêm enz., para putra santana saha abdi dalêm kadhawuhan bela sungkawa. Salêbêtipun bela sungkawa wau mênawi kêkesahan kêdah sabuk èpèk cêmêng, yèn botên kêrisan kadhawuhan mawi têtêngêr ban cêmêng wontên bau kiwa.

[15]

Muryararas malêm Akad Kaliwon kaping 19 Rabingulakir Jimawal 1861, abdi dalêm niyaga kiwa gêndhingipun

1. Agul-agul p 5 | 2. Mênggah, minggah ladrang Siyêm s. 6 | 3. Gambirsawit minggah Jônggalana kagerong p. 6 | 4. Poncadnyana(6) minggah Sri Karoron suwuk jingking lajêng Ayak-ayakan, Srêpêgan, kasirêp, Sinom Logondhang, Wènikênya, Pangkur s. 9. | 5. Bawa sêkar Pangajabsih dhawah Amongraras, kalajêngakên katawang Mijil Sulastri p. barang. | 6. Loro-loro Gêndhong minggah Loro-loro Topèng S manyura.

__________

Pengêtan ing dintên malêm Akad Wage, tanggal kaping 3 Rêjêb taun Be 1880 wanci jam 2 dalu, angrintênakên tanggal 1 Mèi 1949, Radèn Lurah Darma Pradôngga abdi dalêm lurah panglawe niyaga kadipaten anom tilar dunya, jalaran sakit sêpuh dumugi umur 64 taun (têtêp 64).

[16]

Muryararas malêm Akad Kaliwon 25 Jumadilawal Jimawal 1861 tampinipun abdi dalêm niyaga têngên gêndhingipun.

1. Jalaga p. 5 | 2. Gantal wêdhar kalajêngakên ladrang Mangu s. 6. | 3. Onang-onang kalajêngakên ladrang Raranangis lajêng dados Kinanthi Sandhung p. 6 | 4. Lalêr Mêngêng minggah Tlutur suwuk pathêt Talutur, lajêng Ayak-ayakan Talutur, Srêpêgan kasirêp, Dhandhanggula Tlutur, Asmaradana, Pocung s. 9. | 5. Sri Katon gêndhing minggah Ladrang Manis Batawèn kalajêngakên Larasmaya p. barang | 6. Carang gantung minggah Sigramangsah s mayura.

Turunan Dhawuh Ijêman

Dhawuh dalêm (P.B. XI) wiwit ing dina Kêmis Paing tanggal 19 Sura Wawu 1873 utawa kaping 5 Pèbruari 1942. Gandhèng karo môngsa pêrang sakabèhing rêrupan kang warna putih katon saka ing gêgana, murih kalis ing bêbaya, kudu rêrupan kang sarwa kêlêm.

Awit saka iku, wiwit ing dina Kêmis Paing mau sakabèhing abdi dalêm kang seba ing karaton ingandikakake manganggo kulambi irêng utawa ijo.

[17]

Muryararas malêm Akad Kaliwon 6 Ruwah Jimawal 1861, tampinipun abdi dalêm niyaga panakawan, gêndhingipun:

1. Mayangsari minggah ladrang Playon Badhaya p. 5 | 2. Dandhu minggah ladrang Bêdhat s. 6 | 3. Budhêng-budhêng p. 6 | 4. Senapati minggah ladrang Sri Minulya, kalajêngakên Subakastawa s. 9

5. Bawa sêkar Puspamadya dhawah Sri Kawuryan, kalajêngakên Sitamardawa, suwuk lajêng Ayak-ayakan, Pocung Larasati, Srêpêgan, kasirêp, Sinom Logondhang, Pangkur Paripurna 2 pada p.. barang | 6. Alas Padhang minggah Kôndha Manyura.

Angka 3 gêndhingipun Budhêng-budhêng P 6

Nyuwun anak (kêpengin gadhah anak) rapalipun kados ing ngandhap punika.

Salam alaekum, sang kama wurung, sira sumingkira, sang kama dadi tumuruna. Allah amba nyuwun dolanan ingkang tanpa bosên, kaparingana jalêr ajêng, kaparingana èstri inggih ajêng.

Saratipun, mênawi amor, ingkang jalêr ngêmut thokolan kacang ijêm, yèn badhe ngêdalakên sahuwat, ingkang èstri kasêbul bun-bunanipun supados kagèt.

Saking êmbah Mas Dêmang Karyalêsana ing Nangsri.

[18]

Aji Pêdhanyangan, ugi saking Êmbah Mas Dêmang Karyalêsana ing Nangsri.

Buta buyutan ratuning buta ratuning setan, dhêmit putih wetan panggonane, têka wêlas têka asih, asih sabalane asih mênyang badan sariraku, lamun oraa, sira ingsun tuturake ratumu si dhêmit putih.

Masang sarat, rajah kalacakra, kados ing ngandhap punika

Dlancang kapêtha cakra (nêstha wolu), dipun sêrat rajah kalacakra, dipun pêndhêm ing pojoking pêkarangan amaju pat mawi gêcok mêntah, anggènipun mêndhêm mawi dipun mantrani makatên

Nir Hyang Kalamêrtyu katub, kaping 3 ngampêt napas.

Saking Radèn Mas Jayèng Sancaya, canggah dalêm P.B. III (wayah Côndradiningratan).

[19]

Ing ngandhap punika pêthikan uran-uran dongèng kalih pada isi tigang bab kasade kalayan rêgi 500.000 gangsal atus èwu dhinar, dhumatêng sang prabu.

Dhandhanggula

bab sapisan aja gugu warti | miwah kôndha ingkang ngomandaka | barang kang tan wêruh dhewe | myang kèlu ing pambujuk | ujar lamis tan ngraharjani | bab pindho gunging gêsang | ywa kapengin wêruh | marang wêwadining liyan | ingkang nora magêpokan lawan dhiri | dahwèn tanpa piguna ||

bab kaping tri dèn sabar myang titi | aywa enggal nandukkên pakarya | kang durung sah pamikire | nêpsu myang grusa-grusu | salawase amitunani | marma dipun esthia | babarkên ing nêpsu | gampang rampunging prakara | yèn ginarab kalawan ing tata titi | tamat atur kawula ||

Uran-uran dongèng ing nginggil punika saking Mas Nèwu Gitadiprana, abdi dalêm nèwu panakawan rêksa pusaka, kaaturakên Radèn Ngabèi Atma Mardawa, abdi dalêm mantri ordhênas.

Ing dintên Anggara Kasih tanggal 24 Ruwah Be 1880 utawi kaping 21 Juni 1949, wuku Môndhasiya, anampèni paring dalêm arta walêdan balônja, balônja lajêng dados R 225.

[Tanda tangan: R. Ng. Prodjopangrawit]

[20]

Pèngêtan lairipun Utama: sak sêdhèrèk

Utama, inggih punika anakipun Dhimas Mistêr Radèn Sukasna ing Jayengan Surakarta.

1. Lairipun Utama ing dintên Akad Pon tanggal kaping 27 Bêsar Ehe 1868, wuku Prangbakad,(7) môngsa wisaka (môngsa kawolu) utawi tanggal kaping 27 Pèbruari 1938, wontên ing Batawi.

2. Lairipun Sri Muktiningsih, ing dintên Sênèn Lêgi tanggal 18 Jumadilawal Dal 1871, wuku Bala, môngsa kartika (I) utawi tanggal kaping 24 Juni 1940 wontên ing Kêbumèn.

3. Lairipun Rêtna Budiningsih, ing dintên Jumungah Kaliwon tanggal 4 Rabiulakir Jimakir 1874, wuku Madhangkungan, môngsa X utawi tanggal kaping 9 Sigatsu 2603 April tanggal 9 1943 wontên ing Sala Surakarta.

4. Lairipun Pramana, ing dintên malêm Akad Lêgi tanggal kaping 28 Rêjêb Ehe 1876, wanci jam 10.40 wuku Mrakèh môngsa Kartika (I) utawi tanggal 8 wulan VII 2605 (Juli 1945) wontên ing Sala (dintênipun Kêmis Kaliwon, kirab dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping XII ing Surakarta Adiningrat). Lissurini Sutasumarna Akad Lêgi 20 Ruwah Dal 1879 Juni 27 1948 wuku Manail.

[21]

Ing ngandhap punika kupi suwunan bau sajèn wilujêngan tuwin bon cadhong, sapanunggilanipun tumrap sakatenan. Kirang sawulan kalihan sakatenan Mulud kêdah gadhah atur suwunan mawi sêrat cacah tiga kados ing ngandhap punika.

I

Atur kula Ngabèi Praja Pangrawit, katur pangagênging Amongraras, salajêngipun katur ing parentah Kabupaten Anom karaton ngajêng, kula sumôngga.

Nuwun ingkang kula aturakên, kula nyuwun angèngêtakên paring dalêm cadhongan grabah, lisah, arêng sapanunggilanipun, sarta bau tiyang kados adad, mligi kangge sêkatenan, tumrap ungêlipun kagungan dalêm gôngsa Kyai Sakati agêng alit wontên ing bangsal pradôngga masjid Agêng sisih lèr saha kidul, kados adad sabên sakatèn Mulud.

Sadaya paring dalêm cadhongan wau kasuwun mêdal ing dintên Salasa kaping 5 Mulud Alip punika, jam 1.30 siyang (Nipon) sasampun amirantos pêpak.

Katur tanggal kaping 1 Sapar Alip 1875.

[22]

II

Atur kula Ngabèi Praja Pangrawit, katur pangagênging Amongraras, salajêngipun katur pangagênging Panti Wardaya, kula sumôngga.

Nuwun ingkang kula aturakên, asarêng punika kula ngaturakên pratelan suwunan paring dalêm arta bon cadhongipun prikônca kula abdi dalêm niyaga kasêpuhan kiwa têngên, salêbêtipun nyanggi damêl sowan nabuh kagungan dalêm gôngsa Kyai Sakati agêng alit, ingkang manggèn wontên ing bangsal pradôngga lèr saha kidul, ing palataran masjid Agêng, kagêm pasamuwan sakatèn ing wulan Mulud taun Alip 1875, ngajêng punika wiwit ing dintên Salasa kaping 5 dumugi malêm Salasa (malêm Bakda) kaping 12 Mulud, saha paring dalêm arta bon cadhongipun anon-anon niyaga kalêbêt abdi dalêm anggong ingkang sowan tugur ngrêksa kagungan dalêm gôngsa ing dintên malêm Jumungah, kaping 8 Mulud. Dene pratelanipun kados ing ngandhap punika

1. Arta bon cadhong abdi dalêm niyaga kiwa têngên f ... 129 ... 44 | arta bon cadhong abdi dalêm ingkang sowan tugur f ... 7 ... 12 | arta bon cadhong abdi dalêm nglaras saha mirantosi gôngsa ... 7 | Sadaya gunggung ... 143 ... 56 | (satus kawan dasa tiga rupiyah, 56 sèn) | Katur tanggal kaping 1 Sapar Alip 1875

[23]

III

Atur kula Ngabèi Praja Pangrawit, katur pangagênging Amongraras, salajêngipun katur pangagênging parentah kaputrèn, kula sumôngga.

Nuwun ingkang kula aturakên benjing ungêlipun kagungan dalêm gôngsa Kyai Sakhati agêng alit, salêbêtipun kamiyosakên katabuh wontên ing bangsal pradôngga lèr kidul ing palataran masjid Agêng, kagêm pasamuwan sakatèn Mulud, Alip 1875, ngajêng punika, wiwit ing dintên Salasa tanggal kaping 5 dumugi malêm Salasa kaping 12 (malêm Bakda) ing wulan Mulud, kula nyuwun mêdalipun paring dalêm wilujêngan saha sajèn kados adad. Dene pratelanipun kados ing ngandhap punika.

1. Sabên siyang jam 11.30 (Nipon) kajawi kawitan ing dintên Salasa jam 2 siyang, wilujêngan dalêm mêmule, sapirantosipun, mênyan kangge caos dhahar, dalah paring dalêm arta wajib. | 2. Sabên sontên jam 5 paring dalêm sajèn gantèn sapirantosipun, sêkar sêtaman, borèh wangi sarta mênyan. | 3. Sabên dalu jam 11 paring dalêm wilujêngan rasulan sapirantosipun mênyan tuwin paring dalêm arta wajib.

Kasêbut ing nginggil wau, sabên wancinipun lajêng kaparingna ing bangsal pradôngga lèr kidul, ing palataran masjid Agêng nyatunggal prangkat piyambak-piyambak, kula sumôngga.

Katur tanggal kaping 1 Sapar Alip 1875.

[24]

Tatanan pasowananipun abdi dalêm niyaga kasêpuhan kiwa têngên, ingkang sami nyanggi damêl pasamuwan sakatèn Mulud ing taun Alip 1875 kados ing ngandhap punika.

Ingkang Tampi Kidul Prikônca Kiwa

Prikônca wong sapangrawitan tindhih panèwu.

I. Ngawiti dintên Salasa, tanggal 5 jam 5 Nipon dumugi malêm Rêbo | II. Gilir (dintên Kêmis anggiliri). | III. Candhakipun lajêng anyambêti ing dintên malêm Sabtu. | IV. Gilir ing dintên Akad dumugi malêm Sênèn.

Prikônca rêksa pangrawitan tindhih lurah panglawe.

1. Nampèni ing dintên Rêbo wanci kados adad dumugi malêm Kêmis | 2. Nyandhak minggah ing dintên Jumungah jam 2 siyang (Nipon) dalu ngaso. | 3. Gilir (ing dintên Saptu anggiliri) dumugi ing malêm Akad. | 4. Mungkasi gilir, dintên Sênèn dumugi malêm Bakda.

Ing dintên Sabtu Kaliwon tanggal 19 Bêsar Ehe 1884 sinangkalan catur murti ngèsthi nata (29 Agustus 1953) wuku Wuye, gôngsa monggang patalon Kyai Singa Krura. Wiwit dintên wau kaparênging karsa dalêm P.B. XII kasuwak rumiyin.

[25]

Ingkang tampi lèr prikônca têngên kados ing ngandhap punika.

Prikônca Mlayasudiran, tindhih lurah panglawe.

I. Ngawiti dintên Salasa tanggal 5 jam 5 siyang (Nipon) dumugi malêm Rêbo | II. Gilir (dintên Kêmis anggiliri) | III. Candhakipun lajêng anyambêti ing dintên malêm Sabtu | IV. Gilir ing dintên Akad dumugi malêm Sênèn

Prikônca Martamlayan tindhih Mantri M. Ng. Purwa Pangrawit

1. Nampèni ing dintên Rêbo wanci kados adad dumugi malêm Kêmis | 2. Nyandhak minggah ing dintên Jumungah jam 2 siyang (Nipon) dalu aso | 3. Gilir (ing dintên Sabtu anggilir) dumugi malêm Akad | 4. Mungkasi gilir, dintên Sênèn dumugi malêm Salasa (malêm Bakda)

__________

Kasêrat kaping 30 Sura Alip 1875

__________

Ungêlipun kagungan dalêm gôngsa Kangjêng Kyai Sakati, mungêl sapisan jam 5 siyang (Nipon) jam ½8 sontên kèndêl jam ½10 dalu wiwit mungêl, jam 3 dalu kèndêl, enjing wiwit mungêl malih jam ½8 enjing, dumugi jam ½8 sontên

[26]

Ôngka 934 A/ 2/II Turunan

Bab panganggen Prajuritan

Dhawuhipun pêpatih dalêm dhumatêng abdi dalêm bupati sarta pangagêng sanèsipun, kaparênging karsa dalêm Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan. Wiwit sapunika panganggèn Prajuritan kasuwak, kasalinan klanthungan tanpa wêdhung sarta samir, kajawi mênawi malêbêt ing pasarean dalêm Imagiri utawi Kutha Gêdhe, punika taksih kêdah mawi wêdhung sarta samir, dhuwung warôngka ladrang utawi gayaman. Ingkang taksih gadhah pèt kaparêng dipun angge, lajêng kadhawuhan andhawuhakên saparlunipun.

Kantor Kapatihan kaping 20 wulan 7 taun 2604.

Pangagênging kantor Kapatihan golongan paprentahan wiradat.

Purwadiningrat.

Ing ngandhap punika gêndhing Gondrong Gambang pelog pathêt nêm, mirong minggah inggih sami kemawon. Kêthuk 2 kêrêp minggah kêthuk 4 saking Mas Lurah Prawira Pangrawit (Jarwa Pangrawit) nalika ing dintên malêm Akad Paing 1 Ruwah Be 1880, wontên ing karaton (kirab kêtawang), gêndhing wau katêlah winastan Gondrong Angklung.

CK .552 3565 2356 532g. [ 6656 2365 .653 653n2 6656 2365 .653 653n2 .1.6 .1.2 .1.6 .1.n2 .552 3565 2356 532g. ]

Gondrong punika bakunipun salendro manyura, nanging ingkang kêrêp kaangge wontên ing pelog nêm.

[tanda tangan: Prodjopangrawit]

[27]

Tatanan pasowananipun abdi dalêm niyaga kasêpuhan kiwa têngên, ingkang sami nyanggi damêl pasamuwan sakatèn Mulud ing taun Ehe 1876 kados ing ngandhap punika.

Ingkang tampi kidul prikônca têngên

Prikônca Mlayasudiran, ngawiti tindhih M .Ng. Purwapangrawit.

I. Ngawiti dintên Sabtu tanggal 5 jam 5 Nipon dumugi malêm Akad, Akad enjing. | II. Gilir dintên Sênèn dumugi malêm Salasa, Salasa enjing. | III. Gilir dintên Rêbo dumugi malêm Kêmis, Kêmis enjing. | IV. Gilir dintên Jumungah dumugi jam 7.30 sontên.

Prikônca Martamlayan, tindhih Mas Lurah Mlayarêksaka.

I. Nampèni ing dintên Akad jam 11 siyang (Nipon) dumugi malêm Sênèn, Snèn(8) enjing. | II. Gilir dintên Salasa dumugi malêm Rêbo, Rêbo enjing. | III. Gilir dintên Kêmis dumugi asar. | IV. Gilir dintên malêm Sabtu (malêm bakda) dumugi jam 3 dalu.

Ingkang tampi lèr prikônca kiwa

Prikônca Wôngsapangrawitan, ngawiti tindhih Mas Lurah Prawira Pangrawit.

1. Ngawiti dintên Sabtu tanggal 5 jam 5 sontên (Nipon) dumugi malêm Akad, Akad enjing. | 2. Gilir dintên Sênèn dumugi malêm Salasa, Salasa enjing. | 3. Gilir dintên Rêbo dumugi malêm Kêmis, Kêmis enjing. | 4. Gilir dintên Jumungah dumugi jam 7.30 Nipon.

[28]

Prikônca Rêksapangrawitan, tindhih R. Ng. Prajapangrawit.

1. Nampèni ing dintên Akad jam 11 Nipon dumugi malêm Sênèn, Sênèn enjing. | 2. Gilir dintên Salasa dumugi malêm Rêbo, Rêbo enjing. | 3. Gilir dintên Kêmis dumugi asar. | 4. Gilir dintên malêm Sabtu (malêm bakda) jam 3 dalu Nipon.

Bab kèndêling gôngsa sakatèn kala dèrèng pêrang, yèn dalu dumugi jam 2 Jawi (biyasa), sarêng sabibaring pêrang amung dumugi jam 3 dalu (Nipon) inggih punika jam sêtêngah kalih Jawi, dados suda satêngah jam. Dene mênawi siyang kèndêlipun taksih têtêp jam 6 sontên jam nêm Jawi (biyasa) inggih punika jam 7.30 (½ 8) Nipon. Wondene yèn dalu wiwitipun mungêl wanci jam 8 Jawi, dados satêngah sadasa Nipon dumugi jam 3 dalu (Nipon), inggih punika jam satêngah kalih Jawi kèndêl, ngaso lajêng enjing jam 6 Jawi (jam satêngah wolu Nipon) wiwit mungêl malih, mantukipun kônca ngêntosi gilir, watawis jam satêngah kalih wêlas siyang (Nipon). Dados jam sadasa siyang jam Jawi (biyasa) , sawêg sami mantuk.

1. Wiwitipun wontên gôngsa (gamêlan Lokanata) ingkang nganggit Sang Hyang Guru nalika ing taun 167

[29] 12

minôngka sambêtipun kaca 1 kados ing ngandhap punika.

Pratelan wontênipun gêndhing gamêlan (gêndhing Jawi) dalasan ingkang nganggit miturut gotèk kados ing ngandhap punika .

2. Nalika ing taun 337 Prabu Sri Mahapunggung (Sri Maharaja Kano (Kanwa)) ing Purwacarita, inggih punika ratu binathara, titising Sang Hyang Wisnu, taksih anglastantunakên ngagêm gêndhing saking laguning sêkar kawi utawi sêkar agêng, lajêng kagungan karsa nganggit sarta ambabarakên laguning gêndhing minôngka amêwahi gêndhing-gêndhing ingkang saking sêkar agêng.

Lajêng kadhawuhakên waradin kaangge ing têtiyang sanungswa Jawi sadaya, inggih punika purwanipun ing tanah Jawi wontên gêndhing gamêlan.

3. Nalika ing taun 1086 panjênênganipun Nata Prabu Jayalêngkara ing Purwacarita kagungan karsa amêwahi ricikaning gôngsa surendro awarni gêndèr, dêmung, tuwin saron, sarta kagungan karsa iyasa gamêlan raras pelog panunggul, katêlah winastan gôngsa pelog, inggih punika purwanipun ing tanah Jawi

[30] 13

utawi mula bukanipun ing tanah Jawi wontên gamêlan raras pelog. ___ utawi pelog.

4. Sarêng jumênêngipun nata Prabu Lêmbu Amiluhur ing nagari Janggala, rêmên ulah lêlungid karawitan, para putra sami pinarsudi supados lêbda ing gêndhing-gêndhing, rajaputra Radèn Panji Inokartapati, inggih punika panitising Sang Hyang Wisnu ingkang wêkasan, kasêngsêm sangêt dhatêng ing karawitan. Lajêng kagungan karsa amêwahi ricikaning gôngsa, awarni bonang agêng, bonang panêrus, gêndèr agêng, gêndèr panêrus, dêmung agêng (salênthêm), saron panêrus, katipung, kêcèr, lan gambang salukat, inggih punika calêmpung. Mênawi pandhe gôngsa dipun sarirani piyambak dening Radèn Panji sakadang kadeyan, kala samantên amarêngi ing taun 1131.

Nunggil ing taun 1131, Sang Raja Putra Rahaden Panji amêwahi wilahaning raras pelog panunggul, wontên ing sangandhaping raras gangsal, sanginggiling raras têngah, inggih punika ingkang winastan raras pelog. Sang Rajaputri Rêtna Jinoli, inggih Dewi Ragil Kuning, kagungan karsa amêwahi raras barang, lajêng jangkêp dados pitung wilah. Sang Rajaputra Radèn Panji Inokartapati lajêng kagungan karsa anata raras ingkang dados baku paugêraning swara miwah rarasing gêndhing supados maton. Sampun ngantos kêminggahên, sampun ngantos kê-

[31] 14

mandhapên ngantos angglogor, sagêda prênah wontên watêsanipun. Karsanipun Sang Rajaputra akarya wêwaton minôngka pamathêting swara ingkang sakarsa-karsa angambrô-ômbra tanpa watês, binudi tinata runtut kalayan sampurna, sagêda maton cêtha pêpathokanipun. Lajêng angwontênakên lêlagon minôngka pamathêting swara utawi raras, inggih punika pathêt. Lajêng angawontênakên sêndhon tuwin ada-ada, lajêng nganggit Srêpêgan saha Ayak-ayakan. Lajêng kagungan karsa anganggit gêndhing, panganggitipun Radèn Panji wau kabyantu para kadang kadeyan, wiwit ing taun 1131 ngantos dumugi ing taun 1145, wondene namanipun gêndhing anggitan ing Janggala wau kados ing ngandhap punika.

1. Kawit ... gêndhing gêndèr, salendro pathêt nêm | 2. Kabor ... gêndhing gêndèr, salendro pathêt nêm | 3. Kêncêng ... gêndhing gêndèr, salendro pathêt 9 | 4. Marikangên ... gêndhing gêndèr, salendro pathêt 9 | 5. Sawunggaling ... gêndhing gêndèr, salendro pathêt 9, lan sapanunggilanipun. | Ing taun 1145 Prabu Suryawisesa (Radèn Panji) nganggit gamêlan Kodhokngorèk, Monggang, tuwin Carabalèn, dalah gêndhingipun. | 5. Ing taun 1283, Prabu Bratana ing Majapait nganggit gêndhing Sumêdhang, sarta iyasa gôngsa Srunèn.

[32] 15

6. Ing taun 1433, Adipati Bintara inggih punika Radèn Patah, putranipun Prabu Brawijaya V ing Majapait, kacaryan dhatêng cariyosing ringgit purwa sarta dhatêng karawitan, lajêng anênuwun ing para wali lastantunipun ringgit sarta gôngsa dados lêlangêning karaton. Lajêng iyasa gôngsa sakatèn dalah gêndhingipun, kabubuhakên ing Kangjêng Sunan Kalijaga, dene yasanipun gêndhing kados ing ngandhap punika.

1. Rambu, 2. Rangkung, dalah saracikanipun, lajêng nganggit gêndhing malih: 1. Gonjang-ganjing, 2. Gambirsawit, 3. Subkanalah, katêlah winastan Subanlah.

Kangjêng Sunan Kudus nalika kautus dados dutendra pamungkas dhatêng ing Pêngging, sasampuning angsal damêl sagêd amungkasi karya, lajêng nganggit gêndhing minôngka pangèngêt-èngêt. 1. Singa-singa, 2. Ladrang Kudus.

7. Ing taun 1489, Ingkang Sinuhun Ratu Tunggul ing Giri, nalika amakili karaton ing Dêmak, iyasa gôngsa agêng raras pelog, sami kalihan rarasing gôngsa sakaten. Gong Kiyai Alun Jêladri.

8. Ing taun 1517 Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Prabu Adiawijaya ing nagari Pajang, kagungan karsa amangun rêbab winangkis babating maesa, klowonganipun (bathokanipun) taksih kajêng irasan, dipun krowok tipis, ing wingking dipun bolong, sarta ama-

[33] 16

ngun calêmpung, ingkang surendro kawatipun 12, ingkang pelog 14.

Ing taun 1518, Pangeran Purunan, inggih Pangeran Karanggayam I (ingkang wêkasanipun asma Kyai Agêng Pruwita sumare Ngrêdên) êmpu karawitan ing karaton Pajang, radi botên kacêlak ing nata. Amila karaos radi gêrah ing galih, nanging sinamun ing samudana sarwi akarya pasêmon wontên ing gêndhing (anganggit gêndhing) kados ing ngandhap punika.

1. Jati Kondhang, 2. Bujôngga, 3. Karanggayam (Kêmbang Gayam), 4. Runtik, 5. Singanêbak (Singanêbah), 6. Jonggolan (Jônggalana), 7. Banthèng Lorèng (Banthèng Warèng) 8. Ngerang-erang (Erang-erang), 9. Jaka Lola, 10. Wani-wani, 11. Rangsang, 12. Kaki-kaki Tunggu Jagung, 13. Gleyor,(9) 14. Bayêmtur, 15. Rèndèng.

9. Ing taun 1536, Kangjêng Panêmbahan Senapati Ing Ngalaga ing Mataram kagungan karsa iyasa gôngsa Monggang Patalon (gôngsa sêtu) raras salendro sarta nganggit gêndhing: gêndhing gêndèr.

1. Senapati, 2. Dhandhanggula, 3. Liwung

10. Ing taun 1566, Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma ing Mataram, kagung-

[34] 17

an karsa iyasa gôngsa sakatèn (sakatèn alit), sarta amêwahi laguning gêndhing sakatèn.

1. Racikan raras barang

2. Ladrang Barang Miring (kangge murwakani raras barang tumrap sakatèn)

3. Ladrang Sêrang, sawênèh amastani ladrang Serang raras barang, kangge panutup (badhe kèndêl ngaso) ing wanci mahrib, watawis jam 6 sontên. Lajêng kagungan karsa nganggit gêndhing.

1. Kombangmara, 2. Kêmbangmara, 3. Sêkarteja, lan gêndhing-gêndhing sanèsipun kathah, kados ta gêndhing agêng, gêndhing têngahan, gêndhing alit, ladrangan, katawang, lan sapanunggilanipun.

Tuwin nganggit gêndhing badhaya, inggih punika gêndhing katawang Agêng lan gêndhing Gadhung Malathi badhaya, ingkang ugi winastan gêndhing Anduk, dalah bêksanipun badhaya, amiwiti angwontêni badhaya cacah 9 ingkang kinanipun namung cacah 7.

11. Sarêng ing taun 1589, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat Agung I ing Mataram, ingkang sumare ing Têgalarum, kagungan karsa anata matonakên kagêmipun kagungan dalêm gôngsa.

1. Monggang Kyai Udanarum raras pelog kagêm angurmati miyos dalêm garêbêg, saha ajad dalêm wiyosan jumênêngan dalêm nata.

[35] 18

2. Monggang Patalon (Kiyai Singakrura) raras salendro (sarêng jumênêng dalêm P.B. IX lajêng kalaras pelog) kagêm miyos watang ing dintên Sêtu. | 3. Gôngsa Kodhokngorèk Kiyai Jatingarang, kagêm ngurmati sabên garêbêg tingalan dalêm wiyosan taun pawukon dalêm, pawukon saha tingalan taun Pramèswari dalêm, saha kagêm abên-abên lan angrampog sima. | 4. Gôngsa Lokanata (gêndhing Kêmanak) kagêm badhayan. | 5. Gôngsa agêng pelog salendro kagêm anabuhi bêksa badhaya utawi wirèng saha kagêm angurmati miyos dalêm gêndhing Srikaton p. barang. | 6. Gambang gôngsa saricikanipun salendro Kiyai Lokanônta, kagêm kurmat jêngkar dalêm gêndhing Durkajongan utawi Undur-undur Kajongan, karan Calapita salendro manyura. | 7. Carabalen raras pelog kagêm tabuhan bêksan jêbêng utawi tayungan. | 8. Kagungan dalêm gôngsa sakatèn katabuh sabên Mulud, wiwit tanggal 5-12 (dados botên namung sabên taun Dal kados ingkang sampun) sarta yèn wontên pasamuwan agêng.

Sarêng jaman karaton Surakarta wêwah sabên tingalan dalêm pawukon, saha tingalan taun pramèswari dalêm.

[36] 19

9. Gêndhingipun gêndèr ing Kodhokngorèk (gêndèripun raras salendro) katata kados ing ngandhap punika.

Manawi ing Bakda Mulud, gêndhing Dhêndhasèwu (Dhandhasèwu). | Mênawi ing Bakda Siyam, gêndhing Dhêndhasanti (Dhandhasanti). | Manawi ing Bakda Bêsar, gêndhing Dhêndhagêdhe (Dhandhagêdhe) | Sarêng jaman karaton Surakarta (bokmanawi P.B. VII) ingkang dipun agêm namung Dhêndhagêdhe.

12. Sarêng ing taun 1620, Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Amangkurat kaping II (Mangkurat Amral) ing Kartasura Adiningrat, kagungan karsa iyasa gôngsa salendro tuwin pelog, kaparingan nama: Kiyai Jimad.

13. Ing taun 1631 Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Paku Buwana I (Sinuhun Pugêr) ing Kartasura, kagungan karsa anganggit gêndhing

1. Samarang, 2. Layarbantên, 3. Silirbantên, lajêng nganggit gêndhing Kêmanak kagêm bêksa badhaya, kaparingan nama: gêndhing Sumrêg.

Dene anggitan dalêm kala dèrèng jumênêng nata.

1. Layar Tukung, 2. Côndra, 4.(10) Sêmukirang, tuwin 5. Prihatin.

14. Sarêng ing taun 1650 (Bêsar Jimakir 1650) Ingkang Sinuhun P.B. II ing Kartasura Adiningrat kagungan karsa iyasa gôngsa, sarêng sampun babar kaparingan nama:

1. Ingkang salendro Kiyai Sêmar Mêndêm

[37] 20

2. Ingkang pelog Kiyai Sêkar Gadhung, ingkang anggarap damêl gôngsa wau: Ngabèi Nongnong.

Lajêng kagungan karsa iya(11) lêlangên bêksa wirèng.

1. Laras Panji (Panji Sêpuh), 2. Panji Nèm, 3. Dhadhap Kareta (Dhadhap Kasêpuhan), 4. Dhadhap Kanoman, 5. Tamèng Badhung, tuwin 6. Tameng Glèlèng (Tamèng Bulèlèng).

Lajêng pindhah kadhaton ing Surakarta Adiningrat, ing dintên Rêbo Paing kaping 14 Sura Je 1670, lajêng iyasa gêndhing

1. Boyong, 2. Kadhaton Radya, 3. Asrikaton, sarta iyasa bêksa wirèng.

1. Jêmparing Agêng, 2. Dhadhap Karnatinandhing, 3. Dhadhap Alus, 4. Lawung Alit, 5. Jêmparing Alit.

Lajêng karsa anganggit gêndhing

1. Tutur, 2. Pêngasih, 3. Puspasari, 4. Sidawayah, 5. Larasati, 6. Jômba, 7. Babad, 8. Kêncêng, tuwin 9. Alas Padhang, dene ingkang kadhawuhan nganggit 1. Kiyai Tumênggung Puspanagara, 2. Kiyai Tumênggung Mangunnagara. Tumrap gêndhing-gêndhing kabiyantu Kiyai Dêmang Malaya.

15. Sarêng ing taun 1693, Ingkang Sinuhun P.B. III ing Surakarta Adiningrat kagungan karsa iyasa gôngsa, sarêng sampun babar, kaparingan nama:

1. Ingkang pelog Kiyai Pangasih, 2. Ingkang salendro Kiyai Rarasati.

[38] 21

Saha kagungan karsa anjangkêpi kagungan dalêm gôngsa bêktan saking Kartasura ingkang sami kècèr, sarta iyasa gambang gôngsa raras pelog panunggul. Tuwin iyasa slênthêm mawi kucu, ingkang kadhawuhan anggarap Kiyai Dêmang Nongnong, lajêng santun nama Kiyai Dêmang Agul-agul, abdi dalêm panèwu gêndhing pandhe gôngsa (inggih punika êmbah kula canggah Praja Pangrawit).

Dene kagungan dalêm gôngsa Kiyai Sêmar Mêndêm, Kiyai Sêkar Gadhung, inggih kathah ingkang kècèr, lajêng kadadosakên satunggal kalaras pelog, kaparingan nama Kiyai Sêmar Mêndêm. Lajêng kagêm anisihi Kiyai Lokanônta tumbuk nêm, Kiyai Lokanônta salendro, pelogipun Kiyai Sêmar Mêndêm. Sarêng jumênêng dalêm P.B. IX Kiyai Sêmar Mêndêm wau kasantunan nama Kiyai Sêmar Ngigêl.

Pratelan wontênipun gêndèr dalah cacahing wilahanipun

I. Nalika ing taun 1086 Prabu Jayalêngkara ing Purwacarita ingkang amiwiti anganggit gêndèr, lajêng iyasa gêndèr wilahan 10 nginggil piyambak raras barang mêngandhap dumugi raras jôngga. | II. Nalika ing taun 1131 Radèn Panji Inokartapati Rajaputra ing Janggala, iyasa gêndèr wilahan 11, nginggil piyambak raras manis (jôngga alit) mangandhap dumugi jôngga agêng. | III. Ing taun 1433, jaman Dêmak, Ingkang Sinuhun ing Giri iyasa gêndèr wilahan 12, nginggil pyambak raras manis mangandhap dumugi barang agêng.

------------------------------------

(1) têngaraning

(2) rasa

(3) jingking

(4) § babonipun kasêrat pahda irama

(5) Satu nomor ini (nomor 10) dicoret silang memakai tinta hitam

(6) Pancadnyana

(7) Prangbakat

(8) Sênèn

(9) Gleyong

(10) 3.dan seterusnya

(11) iyasa