Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497

Katalog:Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497
Sambung:
1.Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497. Arsip dan Sejarah | Galeri #343.
2.Koleksi Warsadiningrat (KMG1906a), Warsadiningrat, c. 1906, #497. Bahasa dan Budaya | Karawitan #172.

Gondhö Pangrawit

Buk Padhalangan

Tahun Ehe 1836

1906

[0]

Gondhö Pangrawit

13/1 '36

njang poenja ini boekoe

[Tanda tangan: K. M. Gondopangrawit]

[Tanda tangan: Gondopangrawit]

[Tanda tangan: Gondopangrawit]

[0]

Ôngka Wuku
1 wuku Sinta
2 wuku Landêp
3 wuku Wukir
4 wuku Kurantil
5 wuku Tolu
6 wuku Gumbrêg
7 wuku Warigalit
8 wuku Warigagung
9 wuku Julungwangi
10 wuku Sungsang
11 wuku Galungan
12 wuku Kuningan
13 wuku Langkir
14 wuku Môndhasiya
15 wuku Julungpujud
16 wuku Pahang
17 wuku Kuruwêlut
18 wuku Marakèh
19 wuku Tambir
20 wuku Madhangkungan
21 wuku Maktal
22 wuku Wuye
23 wuku Mênail
24 wuku Prangbakat
25 wuku Bala
26 wuku Wugu
27 wuku Wayang
28 wuku Kulawu
29 wuku Dhukut
30 wuku Watugunung

Dhandhanggula

Sinta landêp wukir lan kurantil | tolu gumbrêg wrigalit gagungnya | julung sungsang galungane | kuningan langkiripun | siya pujut pahang anuli | wêlut mrakèh tambirnya | mêdhang maktal wyèku | manail miwah prangbakat | bala wugu wayang kulawu anuli | dhukut myang selacala ||

1

I II
Ing Sasi Tanggal Sapisan ing Dina Alip Langkir Alip Kulawu
Sura Rêbo Wage Langkir Kulawu
Sapar Jumungah Wage Kuruwêlut Landêp
Mulud Sêtu Pon Maktal Gumbrêg
Rabingulakir Sênèn Pon Wugu Galungan
Jumadiawal Slasa Paing Selacala Julungpujud
Jumadiakir Kêmis Paing Kurantil Tambir
Rêjêb Jumungah Lêgi Warigagung Mênail
Ruwah Akat Lêgi Langkir Kulawu
Pasa Sênèn Kaliwon Kruwêlut Landêp
Sawal Rêbo Kliwon Maktal Gumbrêg
Dulkangidah Kêmis Wage Bala Sungsang
Bêsar Saptu Wage Dhukut Môndhasiya
Wage 1835 | Kg | 1835 | (1883) | {1883} Kangge 1843

2

I II
Ing Sasi Tanggal Sapisan ing Dina Ehe Langkir Ehe Kulawu
Sura Akat Pon Kurantil Tambir
Sapar Slasa Pon Warigagung Mênail
Mulud Rêbo Paing Kuningan Wayang
Rabingulakir Jumungah Paing Pahang Sinta
Jumadiawal Saptu Lêgi Madhangkungan Tolu
Jumadiakir Sênèn Lêgi Bala Sungsang
Rêjêb Slasa Kliwon Dhukut Môndhasiya
Ruwah Kêmis Kaliwon Wukir Mrakèh
Pasa Jumungah Wage Warigalit Wuye
Sawal Akat Wage Kuningan Wayang
Dulkangidah Sênèn Pon Pahang Sinta
Bêsar Rêbo Pon Madhangkungan Tolu
1852

3

Ing Sasi Tanggal Sapisan ing Dina Jimawal Langkir Jimawal Kulawu
Sura Jumungah Pon Prangbakat Julungwangi
Sapar Akat Pon Dhukut Môndhasiya
Mulud Sênèn Paing Wukir Mrakèh
Rabingulakir Rêbo Paing Warigalit Wuye
Jumadiawal Kêmis Lêgi Galungan Wugu
Jumadiakir Sabtu Lêgi Julung Pujud Selacala
Rêjêb Akat Kaliwon Madhangkungan Tolu
Ruwah Slasa Kliwon Prangbakat Julungwangi
Pasa Rêbo Wage Kulawu Langkir
Sawal Jumungah Wage Landêp Kruwêlud
Dulkangidah Saptu Pon Gumbrêg Maktal
Bêsar Sênèn Pon Galungan Wugu

4

Ing Sasi Tanggal Sapisan ing Dina Je Langkir Je Kulawu
Sura Slasa Paing Julungpujud Watugunung
Sapar Kêmis Paing Tambir Kurantil
Mulud Jumungah Lêgi Mênail Warigagung
Rabingulakir Akat Lêgi Kulawu Langkir
Jumadiawal Sênèn Kaliwon Landêp Kruwêlut
Jumadiakir Rêbo Kliwon Gumbrêg Maktal
Rêjêb Kêmis Wage Sungsang Bala
Ruwah Saptu Wage Môndhasiya Dhukut
Pasa Akat Pon Tambir Kurantil
Sawal Slasa Pon Mênail Warigagung
Dulkangidah Rêbo Paing Wayang Kuningan
Bêsar Jumungah Paing Sinta Pahang

5

Ing Sasi Tanggal Sapisan ing Dina Dal Langkir Dal Kulawu
Sura Saptu Lêgi Tolu Madhangkungan
Sapar Sênèn Lêgi Sungsang Bala
Mulud Slasa Kliwon Môndhasiya Dhukut
Rabingulakir Kêmis Kaliwon Mrakèh Wukir
Jumadiawal Jumungah Wage Wuye Warigalit
Jumadiakir Akat Wage Wayang Kuningan
Rêjêb Sênèn Pon Sinta Pahang
Ruwah Rêbo Pon Tolu Madhangkungan
Pasa Kêmis Paing Julung Wangi Prangbakat
Sawal Saptu Paing Langkir Kulawu
Dulkangidah Akat Lêgi Mrakèh Wukir
Bêsar Slasa Lêgi Wuye Warigalit

Babonipun tanggal 1 Sura, Ngat Paing, Gumbrêg :Maktal

Babonipun tanggal 1 Sawal Saptu Paing, Môndhasiya: Dhukut

6

Ing Sasi Tanggal Sapisan ing Dina Be Langkir Be Kulawu
Sura Kêmis Lêgi Wugu Galungan
Sapar Sêtu Lêgi Selacala Julungpujud
Mulud Ngat Kaliwon Tolu Madhangkungan
Rabingulakir Slasa Kliwon Julungwangi Prangbakat
Jumadiawal Rêbo Wage Langkir Kulawu
Jumadiakir Jumungah Wage Kruwêlut Landêp
Rêjêb Saptu Pon Maktal Gumbrêg
Ruwah Sênèn Pon Wugu Galungan
Pasa Slasa Paing Watugunung Julungpujud
Sawal Kêmis Paing Kurantil Tambir
Dulkangidah Jumungah Lêgi Warigagung Manail
Bêsar Ngat Lêgi Langkir Kulawu
(1864)
(1879)

7

Ing Sasi Tanggal Sapisan ing Dina Wawu Langkir Wawu Kulawu
Sura Sênin Kaliwon Kruwêlut Landêp
Sapar Rêbo Kliwon Maktal Gumbrêg
Mulud Kêmis Wage Bala Sungsang
Rabingulakir Saptu Wage Dhukut Môndhasiya
Jumadiawal Ngat Pon Kurantil Tambir
Jumadiakir Slasa Pon Warigagung Mênail
Rêjêb Rêbo Paing Kuningan Wayang
Ruwah Jumungah Paing Pahang Sinta
Pasa Saptu Lêgi Madhangkungan Tolu
Sawal Sênèn Lêgi Bala Sungsang
Dulkangidah Slasa Kliwon Dhukut Môndhasiya
Bêsar Kêmis Kaliwon Wukir Mrakèh

8

Ing Sasi Tanggal Sapisan ing Dina Jimakir Langkir Jimakir Kulawu
Sura Jumungah Wage Warigalit Wuye
Sapar Ngat Wage Kuningan Wayang
Mulud Sênèn Pon Pahang Sinta
Rabingulakir Rêbo Pon Madhangkungan Tolu
Jumadiawal Kêmis Paing Prangbakat Julungwangi
Jumadiakir Saptu Paing Kulawu Langkir
Rêjêb Ngat Lêgi Wukir Mrakèh
Ruwah Slasa Lêgi Warigalit Wuye
Pasa Rêbo Kliwon Galungan Wugu
Sawal Jumungah Kliwon Julungpujut Selacala
Dulkangidah Saptu Wage Tambir Kurantil
Bêsar Sênèn Wage Prangbakat Julungwangi
(1882)

[9]

Ing ngandhap punika dintên anuju dhawahing taliwangke

Budhandêp Rêbo Paing = Landêp
Rêspatilit Kêmis Pon = Warigalit
Sukraningan Jumungah Wage = Koeningan
Tumpak lute Sêtu Kliwon = Koeroeweloet
Somaye Sênèn Kaliwon = Woeje
Anggarayang Slasa Lêgi = Wajang

1. Wuku Sinta dewa bumi Bathara Yamadipati, kayu kandhayakan, watêke dadi pangaubane wong lara lan wong kangelan. Manuke gagak, watêke wruh ing wangsit, gêdhonge ana ngarsa, watêke ngatonake donyane, mandhi umbul-umbul, watêke ana kamulyane wong wuku Sinta iku, pradikane wuku Sinta, lintang karahinan, watêke tan sarèh budine, kêbat budi tanpa dadia, bilaine satêngah tuwuh tur tandrêman, sidhêkahe sêga pulên dang-dangan bêras sapitrah, iwake kêbo pinindhang tukon 21 kèthèng aja nganyang, dongane tulak bilai, Bathara Yama sukune wuri kakobok toya, watêke parentahe panas ngarsa asrêp wuri.

[10]

Kala ana wetan marêp ngulon 7 dina aja marani kala.

Akat Paing: Dèwi Sri wontên ngandhap. Sênèn Pon Endra aryang.

Slasa Wage Dewa Guru wurungkung. (1) Rêbo Kliwon, Dewa Yama, paningron dangu.

Kêmis Lêgi, Dewa Lodra, nuju uwas jagur. Jumungah Paing, Dewa Brama mawulu gigis.

Sêtu Pon, Dewa Kala, Tungle, kerangan, tumuruning sapi gumarang.

2. Wuku Landêp dewa bumi Bathara Mahadewa, kayune kandhayakan, watêke dadi pangaubane wong lara, lan wong minggat, manuke atatkêmbang, dadi ingon-ingoning wong agung, karêm angawula wong kang wuku Landêp, gêdhonge ana ing ngarsa, watêke ngatingalakên donyane, sukune wuri kêkobok warih, parentahe adhêm wuri panas ngarsa wong kang wuku Landêp iku pradikane wuku Landêp surating raditya, amadhangi atining wong sapêpadhane, bilaine karubuhan kayu, têtulake tumpêng dang-dangan bêras sapitrah, iwake mênjangan, kinalak ginêcok lan binakar slawate 4 kèthèng dongane kabula.

Kalajaya bumi ana kulon marêp ngetan, 7 dina aja marani kala.

Akat Wage, Dewa Uma, aryang nohan. Sênèn Kaliwon Dèwi Sri, wurungkung wogan.

Slasa Lêgi Dewa Endra, paningron, nuju tulus. Rêbo Paing, Dewa Guru, nuju uwas, wurung taliwangke.

Kêmis Pon Dewa Yama, mawulu nuju dadi, Jumungah Wage Dewa Lodra Tungle Dangu nuju turuning cèlèng têmbalung, Sêtu Kliwon Dewa Brama aryang jagur sêngkaning kuthilapas.

3. Wuku wukir dewa bumi Bathara Mahayêkti, kayune nagasari, bagus warnane tur anduwèni prihatin, manuke manyar, tan kêna kaungkulan budine, beda lan manusa kathah, banyu jêmbangan nèng ngarsa, watêke

[11]

Budine andhap asor, watêke gunung sakgon-ênggon kudu angrèh, gêdhonge ana ing ngarsa, watêke ngatingalakên donyane, pradhah wong kang wuku wukir, gunung asri katon tiningalan, yèn pinaranan ambêbayani têgêse tan kêna sinêdya budine, bilaine kinaniaya, têtulake sidêkahana sêga wuduk dang-dangan bêras sapitrah, ulame ayam putih, sawayahe dèn olah lêmbaran, dongane rajukna, kuluban warna 5 slawate 5 kèthèng. Kala ana kidul wetan marêp ngalor ngulon, 7 dina aja marani kala.

Akat Lêgi, Dewa Kala, Wurukung, nuju gigis, sêngkaning Srigati. Sênèn Paing Dewa Uma, Paningron, kerangan. Slasa Pon Dèwi Sri, Uwas nohan, Rêbo Wage Dewa Endra, mawulu wogan. Kêmis Kaliwon Dewa Guru Tungle nuju tulus.

Jumungah Lêgi, Dewa Yama aryang wurung. Sêtu Paing Dewa Lodra wurungkung nuju dadi, tumruning asu ajag.

4. Wuku Kurantil, dewa bumi Bathara Langsur, kayune ingas, watêke panasbaranan ananging alon, manuke slindhitan, watêke tan bisa nganggur, gêdhonge mlumah gumuling ngarsa, watêke lèrwèh tan bisa simpên sarta boros, angiwakke banyu, watêke budi ngiwa, mawi umbul-umbul, ana kamulyane wong kang wuku Kurantil, wuku Kurantil Anggara Kasih nuju wogan, têgêse nora lana budine, bilaine mêmènèk, sidêkahe sêga dang-dangan bêras sapitrah, ulame ayam lurik sawayahe, dongane pina, slawate 7 kèthèng.

Kala ana ngisor marêp mandhuwur, 7 dina aja mêmènèk lan aja dhudhuk-dhudhuk.

Akat Pon Dewa Brama paningron dangu, tumruning sapi gumarang. Snèn Wage Dewa Kala uwas jagur.

Slasa Kliwon Dewa Uma, uwas nuju gigis. Rêbo Lêgi Dèwi Sri kerangan.

Kêmis Paing, Dewa Endra, aryang nohan. Jumungah Pon, Dewa Guru wurungkung wogan

[12]

Sêtu Wage Dewa Yama, paningron tulus, tumuruning cèlèng têmbalung.

Sigêg

Ing ngandhap punika dintên anuju dhawahing sampar wangke, wontên ing dintên Sênèn (aryang).

1. Warigalit, 2. Bala, 3. Langkir, 4. Sinta, 5. Tambir.

Kangge pangengêt-engêt ngangge têmbung cêkakan wabalangsita.

Ing ngandhap punika dintên anuju dhawahing dhungulan utawi dhêndhan kukudan, pangapêsaning dewa wontên ing wuku Galungan.

1. Akat Paing, 2. Sênèn Pon, 3. Slasa Wage.

[13]

Ada-ada Hastakuswala

gagrag andhêmaningkang | jaranira mangrik | sang narpaputra gantya manitih | pamêkaking sudarsana dahat | manjing lak-lakaning kuda | manaut agêming jurit ||

Ada-ada Baladewa duka

duk samana Sri Baladewa miyarsa mring aturira | èstu kengis dukanira | jaja bang mawinga-winga | nityandik mangondar-andir | kêjèp padoning lathi ||

Pathêt sastradatan

mawantu witaning gita | ginupitèng kandhanira risang | gôndawastratmaja | sabêdhahing Jodhipati | punggawa samya anungkul | branèstri wus kaboyongan | tan ana sawalèng driya | sigra kondur sawadya | samarga rame gumuruh | dalu kèndêl masanggrahan | ngunggar sukaning wadya | rinilan sakarsanira | dènirandon ôndrawina ||

Pathêt Sanga

mangu-mangu manguwung | wang-wang winangun mangêni | nênangi onênging nala | lam-lamên ing driya | rarasing driya rèhira | risang Parta Pandhusiwi | satriya ing Madukara | winangun duk bratayuda | tandhing lan Narpati Karna | narèswara ing Ngawangga | tur kadangira priyangga ||

[14]

Ada-ada

gya mangsah Kuru Nata | sigra pinapag | de Bima marayaka | kanggêg mundur mangunggut-unggut | kalayu munggwing kadohan ||

Ada-ada

adan prapta prahara gora walikan | bayu mêsês ngirit kang pôncawara | mikalpa lan bayubajra

Mênthang Gandewa

mênthang gandewa sudibya bintala rinukmi gadhing | kaya kayu kumuning | anrusing gigir | praptèng jaja surarara | manjing pakêkêsaningkang | dharat prapta lancaran panah | tanpa katon ||

Ada-ada (Bima)

Bima palguna wruh sêkaring toya | alun gulung-gulungan | parang paku diridikung | kathah karangan pêjah | kapêthuk maragati cacebolan ||

Ada-ada

wang-wang èsmu kabrangas | kengis kongas jaja bang mawinga-winga | kêjèp padoning lathi | netya kocak mangondar-andir ||

Ada-ada (Wrêkudara)

Bima Palguna | wruh sêkaring toya | alun gulung-gulungan | apan prapta prahara | gora walikan | bayu mêsês ngirit kang pôncawara | mikalpa lan bayubajra ||

[15]

gagrak andhêmaningkang jaran ngrik magalak | gênti manitih | pamêkaknira risang | sudarsana dahat | kêndhali rangah manjing lak-lakan kuda ngrik mijil rah | kadya tuk sumarambah | yaksa têmahan krura sru manaut | yitna sang narpatmaja ||

Ada-ada

wang-wang èsmu kabrangas kengis dukanira | jaja bang mawinga-winga | netyandik mangondar-andir | kêjèp padoning lathi | kadya sirna jagad raya ||

ya ta umangsah krodha Kuru Nata | sigra pinapag | de Bima marayaka | kanggêg mundur mangunggut-unggut | kalayu munggwing kadohan ||

Bima Palguna wruh sêkaring toya | alun gulung-gulungan | prahara gora walikan | bayu mêsês ngirit kang pôncawara | mikalpa lan bayubajra ||

Mênthang Gandhewa

mênthang gandhewa dibya | bintala rinukmi gadhing | kaya kayu kumuning | anrusing gigir | praptèng jaja surarara | manjing pakêkêsaningkang | dharat prapta lancaran | panah tan katon ||

[16]

[24 halaman kosong]

[17]

Pocapan Wrêkudara

Kocapa Radèn Arya Warkudhara cancut taliwônda, cancut cincing taliwônda cawêtan. Angrasuk busana, apa busanane Radèn Arya Warkudhara, gêlung minangkara, cundhuk mas rineka jaroting asêm. Sumping pudhak sinumpêt. Tinatah balibar manggis. Anting-anting tunggul maniking toya, kalung nagabônda, gêlang côndrakirana. Dodot polèng bang bintulu, lancingan cindhe puspita, kinancing grudha kancana, porong wastane. Pangagêmane Radèn Arya Warkudhara, kinarya pratôndha duwe têgês dhewe-dhewe:

1. Gêlung minangkara, èndhèk ngarêp dhuwur buri, pranyata sinatriya bisa minta aksama, waspada lungguhing kawula gusti, kêna sinêbut jalma patrap. Mila wiwit timur dumugi samangke durung tau sinaru ing sapadhane.

2. Cundhuk mas rineka jaroting asêm. Radèn Wrêkudara têka wuwuh kajarotane, kabèh titahing dewa padha wêdi lawan asih.

3. Sumping pudhak sinumpêt. Tinatah balibar manggis. Pranyata Radèn Arya Warkudara mung anindakake sabênêre, bisa nyumpêt basa ala lan bêcik, wong kang ala dèn alani wong bêcik dèn bêciki, jaba jêrone padha, jaba 5 jêro 5.

4. Anting-anting tunggul maniking toya, pranyata Radèn Wêrkudara sukci panggalihe, mung nganggo sabênêre. Cuplak andhêng-andhêng yèn ora pêrnah dununge cinukil binuwang têbih, bau kiwa bau têngên yèn ala sinêmpal pribadi.

[18]

5. Kalung Nagabônda, naga têtêngêr, bônda karosan. Pranyata Warkudara dadya panêngran panênggaking Pandhawa, yèn mêtu kanêpsone, kabèh titahing dewa tan ana bisa ngêmbari ing karosane.

6. Gêlang Côndrakirana, côndra sasi, kirana sorot. Pranyata Radèn Arya Warkudara waspada sorot sirating dumadi, dadya cuplak andhêng-andhênging bawana, sayêkti tan kênaning pati, tanggal nom katon ênom, tanggal tuwa katon mêjana. Wrêkudara uga bisa sirna, nanging sirnaning barêng kalawan jagad. Besuk yèn wus jagad ginulung kari samrica binubut, ing kono sirnane Wrêkudara. Yèn arêp nyatakake mêtua wayah bangun raina, tumêngaa mandhuwur, sayêkti wruh wayangane Wrêkudara, nganggrang ingaranan lintang Bimasêkti.

7. Kuku Pôncanaka, kuku kukuh pônca lima, kukune Wrêkudara lima sisih, padha dawane, nanging mung katon sawiji, luwih ampuh ingaranan kuku pôncanaka. Pranyata Wrêkudara dadya suh pikukuhing Pandhawa lima. Kukunipun Wrêkudara mila ampuh dening Hyang Singa ingkang manuksma manggèn ing pôncanaka. Pranyata sinatriya ing sadina-dina, tansah anggêgêm siyunge Sang Bathara Singa.

8. Dodot polèng bang bintulu, rikala Warkudara puruhita Hyang Ruci Dewa, antuk kanugrahaning jawata, anon cahya môncawarna, sigra inganggit kinarya busana, wêrnane abang irêng kuning putih, duwe têgês dhewe-dhewe. Abang marang kanêpson,

[19]

irêng kalanggêngan, kuning abyoring busana, putih kasukcèn.

9. Lancingan cindhe puspita kinancing grudha porong wastane. Wrêkudara tumitah ing ngarcapada, datan bisa mabur, nanging lumpate kêna diêndêlake, sarta kêna kinarya panêngran ura-uruning praja, yèn kancikan parangmuka, sanadyan nagara ing Ngamarta kariya saiyubing payung, yèn garudha porong thinuthuk maksih angangkang, sayêkti tan kênaning bêdhah.

Ing mangke Radèn Arya Wêrkudara arsa lumumpat, matak aji ungkal bênêr, kinarya babad ing dêlanggung, kang arawe-rawe rantas, kang amalang-malang putung. Sarta dèn iring bayu pitu cacahe.

{ Ada-ada }

1. Bayu bajra, bayuning buta, saka yaksa jajalwrêka,(2) 2. Bayu sindhung, bayuning gunung, Gunung Maenaka, 3. Bayu suduk, bayuning ula, Sang Hyang Anantaboga, 4. Bayu Angliwawar, bayune Manuswa, bayune dhewe, 5. Bayu Nangkurat, bayuning kêthek, bagawan Anoman, 6. Bayu Nilapracondha, bayuning gajah, gajah Sindubônda,(3) 7. Bayu Kenala, bayuning manuk, Rêsi Gathayu. {Ada-ada trus sampak}

Ngandhap punika pocapan Gathutkaca.

Mangkana Radèn Gathutkaca, ngrasuk busana. Apa busanane Radèn Arya Gathutkaca. Gêlung sinapit urang cinandhi rêngga, sinôngga ing praba, ajêjamang sungsun tiga, sumping mangkarawistha kinancing ing grudha mungkur, ulur-ulur naga mangangrang, kêlat bau sarparaja. Gêlang kana gêlang gôngsa, pranyata sinatriya Prabu Pringgadani miyos bacingah. Kampuh parangrusak pinarada, clana cindhe puspita. Uncal wastra uncal kêncana. Wusnya ngrasuk busanane dhewe, ngrasuk pusaka paringing Hyang Girinata:

1. Wasunanda, ana udan nora kodanan ana panas nora kêpanasên,

2. Kotang ôntakusuma, kuwasa gêgana tanpa êlar, kasut pada kacrêma, kinarya ngambah lêmah sangar kayu angkêr dadi tawa, ing mangke arsa gêgana mlintir gumbala, gêgêt waja sampeyan binandul ambal kaping tri, jêjak bantala mandhêlong trus kasapta pêsate satriya Prabu Pringgandani kaya thathit.

[20]

Punika Pocapan Jêjêr

Syuh rêp datapitana

Syuh rê(4) datapitana, anênggih wau ta kocapa, nagari pundi ingkang kaeka adi dasapurwa. Eka marang sawiji adi linuwih, dasa sapuluh, purwa wiwitan, wênang ingucapna kinarya bêbuka. Sanadyan kathah titahing Hyang Girinata, kang kasôngga ing pratiwi, kaungkulan ing akasa, kaapit ing samodra kathah kang sami anggana raras, botên wontên kados ing nagari /... /. Dhasar nagara panjang apunjung, pasir wukir loh jahnawi,(5) gêmah ripah karta raharja, mila winastan panjang apunjung, dene nagara dawa pocapane adoh kuncarane luhur kawibawane, sugih wadyabala rakiting pura munggul akutha, kêkojor amajupat, bêbasan nagari pasagi panjang wiyaripun sami. / pasir a-

[21]

wukir, dene nagara ngajêngakên samodra ngungkurakên parêdèn, kaapit ing pasabinan, anêngênakên bangawan amangku bandaran agêng, / loh jahnawi dene lulus(6) kang sarwa tinandur, sabên patêgalan asri kawuryan. Murah kang sarwa tinuku gêmah aripah dene kawula kang adagang layar sangking nagari ing ngamônca, têka lunga anggili tan ana pêdhote, / mila winastan karta raharja dene kawula dhusun kang among tani ngingu bèbèk ayam tanpa kinandhangan, kêbo sapi tanpa cinancang, yèn rina andhèr wontên ing pangonan, yèn wancining dalu samya wangsul mring prênahe sowang-sowang. Sangking kalising durjana têbih ing parangmuka, dene para wadyabala mantri bupati tan wontên cêngil-acêngilan, tansah atut ru-

[22]

kun, gènira angangkat karyaning narendra, tan pêgat dènira ulah pujabrata ngabêkti ing dewa, angèstokakên pituduh anglampahi parentah, ingkang makatên punika botên ngêmungakên ing salêbêting nagari kemawon sanadyan sajawining nagari praptane padhusunan miwah pagunungan têka sami têmtrêm marêm ayêm. Bêbasan têntrêming janma lêrêming rajakaya, sami suka sokur anarima, mila kêna ingucapkên maling ilang botoh kabutuh begal kajagal, sangking dene kaungkulan pangaribawaning ratu, kocap yèn gêdhe obore dhuwur kukuse padhang jagade adoh kuncarane, sakalangkung wingit kasusilaning ratu, bêbasan kang

[23]

adoh manglung kang cêdhak padha tumiyung, sami nungkul aris tan linawan ing prang, asrah bulu bêkti raja pèni guru bakal guru dadi, sabên taun asok glondhong pangarêng-arêng, abon-abon papundhutan.

Sintên ta dasanamane kang jumênêng nata. Dasa sapuluh nama aran, ajêjuluk Sri Mahaprabu / ... / dhasar narendra agung kinasihan ing jawata kinêmulan(7) midadari, mila kocap ratu binathara, ambawani ing bawana, kineringan ingamônca, awit sangking lêlabuhanira, ambêg paramarta murda ngenaki ati asih ing dasih, bêbasan ratu punjul ing apapak barojol ing akêrêp. Luhur tan kêna ingungkulan andhap tan kêna ingasoran, pangrasa ratu bisa mancala putra manjili rêtna, anjaring angin anglangi mega. Dhasar

[24]

ratu wus misuwur salaminira tan pêgat angobori kang pêtêng-pêtêng. Ambabati kang runggut-runggut, paring boga kang kaluwèn, paring sandhang kang kawudan, paring kudhung kang kêpanasên, paring têkên kang kalunyon. Sangking dene pambêkanira bèrbudi bawalaksana, suragèng jagad, amiguna ingaguna, tan ngêndhak ing kôndha tan mancah ing rucah. Pangrêngkuhira mring bala inganggêp putra santana. Putra santana inganggêp sarira, ingkang punika botên tumrap dhatêng ingkang agêng kemawon, sanadyan pidak pandarakan miwah cebol papêlikan, cêcèkèl longkanging bale, sadaya tan ginawe beda sami kinulit daging awon saene wus kauningan, pramila para wadya santana sami sabiyantu tan wontên sulayèng budi, yèn ta ngupadosana satus ta-

[25]

n antuk satunggal, sèwu tan angsal sadasa, kadidene wong agung ing /... / kawibawanira nulus, tuhu ratu muktisari anyakrawati, abôndha bandhu. Mila winastan muktisari dene yèn dhahar sarwa eca, yèn sare sarwa sakeca, mila winastan anyakrawati, dene dadi pangauban sagunging jagat traya kawêngku. Mila winastan bôndha bandhu, dene ratu sugih rajabrana sugih wadyabala tur para santana, bêbasan ratu kasêmbadan ing panguja, kaduluran ing panêdha, sangking dene panjênênganira sihing rajaniti, anggêlarakên sama beda dana dhêndha, yèn andum bageyan kinarya sama, yèn matah pandamêlan kinata beda, yèn mancasi prakara anglampahakên pidana. Yèn mancasi pidana andhawuhakên dhêndha, mila ko-

[26]

capa panjênênganira anêtêpi dana wêsiayate.(8) Dene botên kalongkangan adil, santosa ing panjênênganira têtêp dadya pakuning buwana. Wiyaring jajahan tuwin kaluhuraning karaton punapadene pambêganing narendra. Baya sêwêngi tan ana pêdhote, sêmana amarêngi dina Rêspati, sri bupati miyos tinangkil ing sitihinggil binatarata, lênggah ing dhampar dênta pinalipis ing kancana pinatik ing nawarêtna. Alêlèmèk kasur babut prangwêdani, sinêbaran sari gôndawida. Ing lisah jêbat kasturi, ingayap para biyada parêkan manggung katanggung jaka palara-lara miwah srimpi badhaya, kang angampil-ampil upacaraning kaprabon, cêpuri pakêcohan kacumas ardawalika, banyak dhalang sawunggaling, dwipôngga busur, sarampang, lêmbing rontal lantaran, miwah langkap jêmparing. Kinêbutan laring manyura ing kanan kering.

[27]

Kongas gandanya sri bupati dumugi sajawining pangurakan. Tinon sirna kamanungsane lir pendah jawata angejawantah ginarbêg ing para widadara widadari.

Sintên ta ingkang kapiji cakêt mungging ngarsa nata. Anênggih punika satriya ing /.../ ingkang kêkasih Radèn /.../ dhasar satriya bagus warnane anom dhasare. Karêngga ing busana. Dene kang lênggah mungging ngandhap, anênggih punika mantri mukya ing /.../ ingkang kapasrahan bambang(9) pangalum-aluming praja. Ingkang marêg ngarsa nata dhasar waskitha awiweka pangulah praja. Langkung guna karya rapêt ing arênggang. Bêbasan wêrôngka amanjing curiga. Lir satru(10) mungging rimbagan, dene ing pôncaniti aglar kang samya nangkil. Andhèr dumugi sajawining taratag, sangking gunging wa-

[28]

dyabala amblèbèr dumugi ing pangurakan. Pindha angrubuhna pancak sujining alun-alun, têka rêp sidhêm pramanêm tan wontên sabawaning walang alisik. Pangrasa godhong kayu tan ana obah. Angin tan lumampah. Mung suwaraning pêksi êngkuk kang mencok panging mandera, tuwin suwaraning abdi kriya gêndhing kêmasan, miwah pandhe kang samya nambut karya têka pating crêngkling, lir angganing mandaraga, cat mirêng cat botên, tinom(11) sangking mandrawa amuwuhi wingiting pasewakan. Sigêg

Ing ngandhap punika pocapan caraka

Wau ta Rêkyana Patih /anu/ samandhaping sangking sitihinggil, lajêng cundhuk caraka ing anu dinuking sasmita sampun jinarwan.

Mangkana Radèn anu sampun trang ing pamiyarsane, lajêng jumênêng anata busanane. Ambucal koncane lir pendah (lajêng mungêl gêndhing ladrangan, manut punapa waringgitipun, kados ta Radèn Pamadi ladrang Asri Katon.

[29]

Pocapaning Kajantur

Lah ing kono ta wau, lampahing satriya = anu = duk piniji minggah ing sitihinggil, horêg sagung nayaka ingkang sami anangkil, sami narka yèn wontên karya.

Mangkana lampahnya dupi prapta ing ngarsa nata. Angeka pada, rupèpèh-rupèpèh kadya sata arsa mèmèti. Pantês tan ana mimba, dhasar satriya bagus warnane anom dhasare, karêngga ing busana. Tinon sirna kamanungswane, pindha jawata lir pendah Sang Hyang Mahadewa. Sawusnya cakêt lajêng awotsari, lênggah marikêlu, muka kadya konjêm ing siti. sigêg

Pangandikaning ratu jêjêr. Ratu ngandikan lan ingkang ngadhêp

Ratu : Aja andadèkake kagèting atinira, sun piji ana ing ngarsaningsun.

Ingkang ngadhêp Kula nuwun sakalangkung andadosakên gêtêring manah kawula sarêng tampi timbalanipun ingkang sinuhun, kadyangganing tinêbak ing mong tuna sinambêr ing gêlap lêpat. Kêpyuring manah kawula kadi ningali calèrèt dangu tan midhangêt ungêling gêlap, ing mangke sarêng wontên ing ngarsanipun ingkang sinuhun,

[30]

botên anggadhahi manah uwas tuwin kuwatos, têmbung atadhah wadana.

Ratu : Apa mulane kulub sira ana ing jaba bangêt gêtêring atinira barêng ana ing ngarsaningsun, boya anduwèni maras ing pikirira.

Ingkang ngadhêp : Kawula nuwun sangking panampining manah sarèhning lami botên kapiji, bokmanawi kawula amanggih dêdosan, alit dosa sakit agêng dosa pêjah, sayogi kangjêng pukulun ingkang nyakiti, tuwin amêjahi, sampun enjing utawi sontên kawula sumôngga ing asta kêkalih.

Ratu : I i i i, munduran sira kaya wong kadosan nganggo ngaturakên(12) pati uripira, iya bangêt panarimaningsun, dene sira angaji-aji kraton, anjunjung kaprabon ingsun sanadyan sira duwe dosa pati kaya mung tumêka ing lara, yèn dosa lara ingsun ngapura

[31]

kaya-kaya misih agung ambêg martaningsun marang sira.

Ingkang ngadhêp : Kawula nuwun sakalangkung pamundhi kawula dhawuh timbalanipun kangjêng dewaji.

Ratu : Iya kulub, nanging sira aja katênta yèn sun ganjar dodod kang dawa ubête, gêgaman kang bêcik tangguhe, iku ora pisan, bêbasan adoh lintang sawat abalang kayu nglêngkara yèn ngênanana. Ingkang ngadhêp : Nuwun sajrah saangin-angin sarigma pinara sapta sagluguting kolang-kaling botên pisan anyênyadhang ganjaran, sampun botên kêkirangan, kucahipun kangjêng dewaji. Anamung ingkang kula cadhang rintên kalawan dalu pandamêlan ingkang awrat, manawi wontên satru jaya dalêm andhatêngi lumampah ingkang têbih angrangsang ingkang inggil, botên ketang atêtêkên jaja suku jêjanggut sampun dhatêng sakit sanadya-

[32]

n prapta ing pêjah kawula lampahi.

Ratu : Iya kulup ingsun tarima. Mungguh prasêtyanira kadyèku, mulane pakênira sun piji ana pasewakanira, sanadyan akèh bocah ingsun kang samêrak gumbalane, kang sapangku jêjenggote, nanging ingsun sawang kaya boya nana kang bisa amadhangakên(13) panggalih ingsun, utawa kang pantês ingsun jak imbal wacana, kajaba jênêng sira.

Ingkang ngadhêp : Kawula nuwun, sangking rumaosing manah kawula maksih kathah tuna dungkapipun, saha dèrèng pisan-pisan yèn anguntap-untapana, anyandhak ing kalukitanipun ingkang sinuhun, anamung ngaturakên cêguk bodho balilu kawula.

Ratu : Iya kulub uwis ingsun uningani, sabobote sira bocah wus ingsun arani sêdhêng.

Ingkang ngadhêp : Kawula nuwun, anyumanggakakên, wangsul ing-ing(14) sinuhun amiji

[33]

pasowanan kawula punapa wontên karsa paduka ingkang wigatos, manawi pancèn kenging kawijil ingakathah mugi kaparênga andhawuhakên.

{Pathêt jugag}

Sakèndêling pathêtan andhawuhakên saparlunipun.

Pocapan Gapura

Pèngêt katalika wau sri bupati kondur angadhaton, têdhak jog sangking sitihinggil, tindaknya macan kaluwèn, lembehan amrak kontal, riyak agajah ngoling, satindak mangu, sapêcak kèndêl, kagagas ing driya.

Mangkana lampahnya sri bupati prapta kori wijil kapisan, kèndêl sangajênging wiwara, pantês tan ana memba. Sri bupati kondur sangking panangkilan, ginarbêg ing manggung, katanggung, jaka palara-lara, biyada, srimpi badhaya, ingkang sami angampil-ampil upacaraning kaprabon, jinajaran kalih lajur sisih, wanodya kang endah warnane, tinon sami akarya brôngta. Apa ta busananing narendra, manawi miyos sinewaka, makutha kancana kinarawistha sinôngga ing praba.

[34]

Jêjamang sungsun tiga kinancing ing grudha mungkur winehan kumala, sinung utah-utahan sagara muncar, asêsumping sêsotya rineka gêgubahan surèngpati, anting-anting rêtna, sangsangan kêbo mênggah, ulur-ulur naga kang ngangrangan, kêlat bau sarpa raja, binggêl carang buntala, karoncong nagapasa, kampuh bèrêm pinarêmas,(15) clana gubêg cindhe puspita, amangagêm gôndawida, saha mangagêm lisah jayèngkatong, kabantonan gandaning lisah jêbad kasturi, miwah ukêling badhaya srimpi arum angambar, pindha sri nata binayangkarya, mangkana wus dangu anon uparêngganing gapura, agênging pindha wukir mahmèru, luhure ngungkuli witing pucang lan tirisan, pucaking gapura sinungan maniking toya, botên agêng botên alit amung sakêpuh jênggi, rêbut praba lan sunaring hyang pratanggapati. Lir pendah surya kêmbar, siraping gapura parunggu sari, adêg-adêg wêsi balitung, talundhag salaka acih, dene inêbing wiwara sinungan kaca gêdhah binuwang rasane ing jro sinungan gambar, jalu lawan èstri rineka Hyang Kamajaya lan Dèwi Kamaratih, kang priya bagus warnane, kang wadon endah warnine, yèn mênga kadi bedhang lagi sêmayan, yèn minêp kadya pangantèn posa-pasihan, anadene pipining gapura, sinungan rêca gupala sakêmbaran. Dèn awak-awaki prunggu sari, rambut pamor, brêngos kawat, netra kumala ingilatan mas jingga, dèn untuni salaka, cinêpêngan pêdhang tamèng, irungnya jinara têrus praptaning kuping, dèn isèni brêmana brêmani, brêmana kombang lanang, brêmani kombang

[35]

wadon, pramila yèn nuju mênga minêbing dwara, gêroting wiwara kabarung brêngêngênging kombang, sang gupala kadya bisa gêrêng-gêrêng obah arsa anubruk, kaya bisa mêdhang-mêdhanga gapyuk, yèn kang nêmbe uninga datan nyana yèn punika arca, sinêngguh satuhuning rêksasa, pindha Hyang Cingkarabala Balaupata, jawata yaksa kang têngga korining sela panangkêb (matangkêp).

Anane palataraning kadhaton sami sinêbaran wêdhi malela. Pramila yèn kinarya lumampah kasampar kasandhung, têka pating glêbyar pating pêncorong, kadya lintang arêbut prênah. Saking kèhing sêsotya kinarya rêrêngganing kadhaton. Têmah amrabawani, tan kantênan rina wêngine yèn wêngi kadya raina. Anadene kang kinarya panêngêraning raina lan wêngi, kalangênane sang nata winastan paksi jiwa-jiwa sajodho, yèn wancining rina samya asaba, yèn minggah jajodhon punika antawising dalu. Ing wêkasan janma salêbêting pura sami anut lampah jantraning pêksi.

Pocapan Kadhatonan

Ing mangke gantya kocapa, salêbêting dhatulaya. Anênggih punika pramèswarining nata, putri sangking nagari /anu/ putranira

[36]

Sang Prabu -anu- ingkang kêkasih dèwi -anu-. Dhasar wanodya endah warnane karêngga ing busana, dadya garwane narendra agung. Mila sakalangkung endah warnine tuwin endah sênêning cahya. Dhasar dêdêge pidêgsa, sarira jênar rema cêmêng mêmak angêmbang bakung, larapan nela(16) candhani imba nanggal sapisan, netra jait, idêp tumênggèng(17) tawang, pipi durèn sajuring, lathi dhamis anyigar jambe, waja rêntêt tatahan miji timun, jôngga angolan-olan, pundhak anraju mas, bau anggandhewa gadhing, driji amucuk ri, lambung anawon kêmit. Prêmbayun amuyuh dênta, yèn ta cinôndra warnane baya kurang papan luwih warna, wus angasorakên habsarining Endra bawana. Dene sang nata, sabên ari Soma lan Rêspati amiyos sinewaka wontên ing sitihinggil, pramèswari pinarak wontên ing gupit môndragini kêmayangangrum,(18) dèn ayap para parêkan ingkang ngampil-ampil upacara, andhèr dumugi ing paringgitan, pêpak kalangênan badhaya srimpi kang sami dèn ajar bêksa kawal(19) lajur sisih. Pradôngga munya angrangin, kêplok imbal angadhasih sênggak rêbut wirama. Sintên ingkang lênggah cakêt ing ngarsane, anênggih punika ingkang putra kêkasih Dèwi =anu= dhasar endah warnane, karêngga ing busana pantês putri dadi ojating praja. Mangkana pramèswari lagya andhawuhakên bêksaning srimpi badhaya, ingkang

[37]

rambah kaping tri, kasaru myarsa têngara kunduring sri narendra. Enggal jumênêng siyaga mungwing têpining wiwara.

Bocah wadon banjur rêsikana ing sanggar palanggatan, pirantènana sapalakartine.

Krêsna Gêgana

Mangkana wong agung ing Dwarawati, têdhak ing sanggar pamujan angrasuk busana prajutiran, lênging driya badhe têdhak dhumatêng ing nagari Ngamarta, karsa miyos ing gêgana. Katalika samana lajêng ambêsmi dupa, agênging saklapa dalah satabone, urubing pawaka angalad-alad, kukusing dupa kumêlun kaya sundhul ing akasa. Mangkana wong agung ing Dwarawati sigra ngumbara lir kinjêng tanpa sotya.(20)

Ing Pagêlaran

Ing mangke gantya cinarita ing pagêlaran para mantri bupati ingkang sami anangkil, pêpak andhèr sajawining taratag, tinon abyor pindha kêmbang palasa kang lagi nêdhêng. Sangking kèhing sêsotya busananing wadyabala pating glêbyar kaya nyurêmna sunaring hyang pratônggapati, panjêran bandera rontèk daludag katiyub ing maruta pating krêlap, lir ombaking samodra. Mangkana sri bupati ing sakonduring ngadhaton para wadya tuwin mantri bupati sadaya

[38]

dèrèng bibaran, katungka wêdaling satriya ing kadipatèn, dhinèrèkakên ingkang =anu= satriya ing =anu= tuwin rêkyana Patih =anu= laju pinarak ing pagêlaran, horêg para prajurit saha mantri bupati, sami urmat sila mabukuh, aniling-nilingakên manawi wontên timbalaning nata.

Mangkana ta wau, sinatriya ing kadipatèn, dhasar bagus warnane, anom dhasare karêngga ing busana. Pantês dadya kêkidunganing para wanodya, padha kasmaran, nanging rajaputra têbih langêning wanita, taksih kasêngsêm ulah kagunan tuwin kaprawiran.

Dene satriya ing =anu= sêmbada lan kaprawirane, mila kinarya senapatining praja, dèn ugung ing sakarsane, nanging tangèh yèn agênga kang galih.

Dene Rêkyana Patih =anu= pantês dadya warangkaning nata, wiweka anrangwèsthi widagda angulah praja, linulutan ing sasama, kèdhêp sagunging mantri bupati, dening Patih têtêg tangguh tate amungkasi karya, singlar maring kahardan, mudhari ing tyas mudha têtela amradata waskitha ing sasmita, ing mangke rêntênging narendra ingkang tansah kaèsthi. Mangkana mangudasmaraning(21) driya kapriye ucaping jagat yèn gustiku ora kalakon karsane.

[39]

Pocapan Kayon Sabibaring Kapalan

Lah ing kono ta wau budhaling prajurit ing =anu= mijil sangking praja ing ngajêng kaya maesa sêsingat, ing wingking banyu anjog swarane, lir wêrsa canthoka. Wêrsa udan canthoka kodhok, kaya kodhok kabanyon, warna-warna pangandikane. Lampahe agêgolongan, apêpanthan, swaraning bêndhe sauran, grêdêging lampah krapyaking watang agathik, pangêriking kuda panjêriting liman, kabarung swaraning tambur salomprèt lan suling kaya mêtika talingan, lir wêrsa cintèki. Wêrsa udan, cintèki pajatèn, kumrusuk kadi udan sinêmèni. Amindha gêrah masa kapat. Untaping wadyabala lir wêrdu gangga sasra. Wêrdu lintah gangga banyu, sasra sèwu, kaya lintah sèwu barêng kumêlap, lampahing wadyabala kadya sela blêkithi. Sela watu blêkithi sêmut, kaya sêmut lumaku ing watu. Mangkana para wadyabala sami ngasokake sarirane. Ana kang ngudhunake bêbrokohe, ana kang giyak-giyak, sawênèh ana kang ngimbir-imbirake turanggane, ana kang ura-ura sinênggaki mring kancane. Kang jirih dadi kêndêl, kang kêndêl mundhak kuwanène. Neka-nekaning prabot gêbyaring panganggo kang irêng kumpul padha irêng. Tinon sangking mandrawa, kadya mêndhung angêndhanu, kang kuning kaya podhang arêraton, kang ijo kadya sawah(22) lagi gêmadhung, kang putih kaya kontul nêba leleran, kang abang kadya wana kobar. Môngka kumpul dadi sawiji, tinoning sangking mandrawa abyor lir sêkar sataman. Mangkana kasaputing dalu kèndêl samya masanggrahan (pathêt jugag).

[40]

Mangkana wus lêpas lampahe prajurit ing =anu= gênti kacarita nagara ing =anu= kaya (lajêng mungêl gêndhing manut punapa waringgitanipun kados ta sabrang dênawa raton: gêndhing Mêjêmuk, sabrang bagus gêndhing Udan Sore).

Ratu Sabrang Thêlêngan

Ing mangke gantya kocapa. Ana gêmpalaning kôndha babakan anglayoni, kalêbu taturutane nanging seje caritane. Titahing jawata ingkang jumênêng nata wontên ing nagari tanah sabrang, ingaranan nagara / Bulukatiga

[jêjuluk Prabu Tega Lêlana]. Dhasar narendra bagus warnane karêngga dening busana, kineringan ing ngamônca sugih wadyabala bacingah, jawa tuwin rêksasa.

Ing mangke marêngi dina Rêspati, sri bupati miyos sinewaka, ing sitihinggil, alênggah dhampar dênta pinalipit ing sêsotya. Apa ta busanane yèn miyos sinewaka. Gêlung sinapit urang, kinancing ing gurdha(23) mungkur sinôngga ing praba. Ulur-ulur naga kang ngangrangan, sangsangan kêbo mênggah. Kêlat bau sarpa raja, binggêl carang buntala, karoncong nagapasa. Mangkana salêbêting sinewaka sang nata kataman ing badra irawan, badra mêndhung, irawan sasi. Kadyangganing wulan katiwêng ing mêndhung, pêtênging driya sri bupati awit sangking kagagas supênanira, dhaup kalihan putri ing tanah Jawi ingkang kêkasih

[41]

Dèwi =anu= rinasa saya karasa, ginugu saya ngranuhi. Sintên ta ingkang kapiji munggèng ngarsa. Anênggih punika mantri muka, panungguling wadyabala, anama Patih Mandanasraya. Dêdêg parusa sêmbada brêngos capang. Waskitha awiweka, prawira môndraguna, tate angentasi karya. Amila kathah praja ing kanan kering sami nungkul aris sami sumawita. Awit rêkyana patih langkung amiguna, kêna ingucap warôngka manjing curiga, curiga manjing warôngka. Lir satru munggèng rimbagan. Dene ing pôncaniti aglar nayaka Jawi tuwin yaksa. Sami anangkil, andhèr kadi ngrubuhna pancak sujining alun-alun, warna-warna busanane, abyor lir kêmbang palasa kang lagi nêdhêng. Yèn sêkar sêkar dewondaru swarga, kang uwit êmas galigèn, apatra suwasa, pradapa mirah sela, apêntil intên jumêrut, baya wohe dadi sira.

Punika nama Palênggahanipun Sang Hyang Guru

1. Bale Markata.

2. Bale Marcukundha, Bale Martyukundha

3. Bale Martikundha

4. Bale Marakata, Bale Asmaracakra.

Palênggahanipun para nata, namanipun kados ing ngandhap punika

1. Dhampar dênta

2. Singangsana

3. Mèrupadma.

Sadaya wau manawi ngêcakakên salah satunggal kemawon, kados ta Sang Hyang Pramèsthi Guru lagya lênggah ing bale Markata, utawi Sang Prabu Anu miyos ing sitihinggil binatarata, alênggah dhampar dênta, punika pamènipun.

[42]

Nata Sabrang Bagus

Ing mangke gantya kocapa. Ana gêmpalaning kôndha babakan anglayoni. Taksih tunggal taturutane, nanging seje caritane. Titahing Hyang Girinata, ingkang jumênêng nata wontên ing tanah sabrang, ingaran nagara ing /.../ ajêjuluk Mahraja = anu = bagus warnane anom dhasare, karêngga dening busana, sugih rajabrana sugih wadyabala bacingah, jawa tuwin rêgsasa.

Ing mangke marêngi dina Rêspati, sri bupati miyos ing sitihinggil, alênggah dhampar dênta pinalipit ing kancana, pinatik ing nawa rêtna, dèn ayap para parêkan ingkang sami ngampil-ampil upacaraning kaprabon. Apa busanane yèn miyos sinewaka. Gêlung sinapit urang cinandhi rêngga sinôngga ing praba, sêsumping gajah ngoling sinotya. Anting-anting kumala, sangsangan kêbo mênggah, ulur-ulur naga kang ngangrang. Kampuh parangrusak pinarada, karoncong nagapasa, calana cindhe puspita kinêbutan laring manyura ing kanan kering, kongas gandanya sri bupati dumugi sajawining pangurakan. Tinon sirna kamanungsane lir jawata ngejawantah. Dhasar narendra agung kinasihan ing jawata, kinêmulan widadari, kineringan ing ngamanca. Akèh praja sami nungkul pinungkuling(24) ngayuda, sami kasoran sudibyanira. Mangkana ing pagêdhongan sri bupati katahman(25) badra irawan, badra mêndhung irawan sasi. Kadya wulan katiwêng ing mêndhung, pêtênging driya sang prabu awit sangking nampèni wangsiting dewa, kinèn anglamar putri ing /anu/ ingkang kêkasih Dèwi /.../ kang pantês dadya pramèswarining narendra. Ginagas saya karasa, ginugu saya ngranuhi, nanging sri bupati sakalangkung sabiling(26) galih.

[43]

Sintên ta ingkang piniji munggwing ngabyantara nata. Anênggih punika mantri muka ing /.../ ingkang nama Patih /.../ ingkang pinasrahan bambang(27) pangalum-aluming praja. Ingkang winênang mangkat tuwin anglungsura mring wadyabala sadaya. Dêdêg parusa sêmbada, brêngos capang simbar jaja, sêkti môndraguna, tate amungkasi karya, ambêdhah kutha amboyong putri. Mila sang nata sakalangkung pracaya. Bêbasan warôngka manjing curiga, curiga manjing warôngka. Lir satru mungging rimbagan. Dene ing pagêlaran, aglar nayaka môncapraja, jawa tuwin ragsasa ingkang sami anangkil, andhèr dumugi sajawining taratag, sangking gunging wadyabala amblabar dumugi sajawining pangurakan, kadya andhoyongna pancak sujining alun-alun, warna-warna busanane, lir kêmbang palasa kang lagi nêdhêng.

Bupati Yaksa Kapiji

Wau ta rêkyana patih sampun mêdal ing pagêlaran, amiji bupati yaksa Kala Dirgôngsa, dinuking sasmita majêng sampun jinarwan. Mangkana Ditya Kala Dirgôngsa anata busanane kaya bêdhata jamange (lajêng mungêl gêndhing ladrang Bêdhat, gêndhing kajantur).

Lah ing kana ta wau dupi Ditya Kala Dirgôngsa piniji minggah ing sitihinggil

[44]

Horêg sagung nayaka ingkang sami anangkil prajurit yaksa tuwin manungsa. Sami narka wontên karya. Mangkana lampahnya Ditya Kala Dirgôngsa dupi prapta ing ngarsa nata, angeka pada, rupèpèh-rupèpèh kadya sata arsa mèmèti, pantês tan ana memba. Dhasar ditya tau tate amungkasi karya. Sambada gung luhur barêngos capang, godhèg wok simbar jaja, jamang mas sungsun tiga kinancing ing grudha mungkur grudha mangarêp, sinung utah-utahan roning bêndha. Anting-anting mas, kêlat bau, gelang kana gêlang gôngsa akêroncong, kampuh kinonang parada mubyar, ulat galak kadya singa binasahan. Mangkana pangudasmaraning driya: E bojlèng-bojlèng baya ana karsane apa gustiku kadingarèn amiji marang aku.

Pangandikaning Nata lan Bupati Yaksa

Ratu : Aja dadi kagèting atimu bocah buta kowe sun piji ana ngarsaningsun.

Buta : Sakalangkung andadosakên guguping manah kula, sarêng anampèni timbalanipun ingkang sinuhun, kadyangganing tinêbak ing mong tuna sinambêr ing gêlap lêpat, kêpyuring manah kadi ningali calèrèt dangu tan mirêng ungêling gêlap, dupi kawula dumugi ing ngabyantara nata, patikbra datan darbe manah kuwatos, asrêping driya kadi siniram ing toya marta. Ratu : Apa mulane kowe ana ing jaba dadi gêtêring atimu, barêng ana ngarsaningsun sirna kabèh marasing atimu. Buta : Kula noknon, amila ingkang abdi wontên ing jawi sakalangkung gêtêr-

[45]

ing manah, bokmanawi ingkang abdi amanggih kalêpatan badhe karsa mundhut pêjah gêsang kula, amung sumôngga ing asta kêkalih, kula noknon.

Ratu : Iya bangêt panarimaningsun, dene sira angaji-aji angluhurake panjênêngan ingsun, mulane kowe tak timbali, aja kowe katênta yèn nampani ganjaran, prabot sarta gêgaman kang bêcik anggone, iku ora pisan, bêbasan adoh lintang sawat abalang kayu nglêngkara yèn ngênanana kang mêsthi lupute.

Buta : Kula noknon, sajrah saangin-angin sarikma pinara sapta, sagluguting kolang-kaling, ingkang abdi botên pisan-pisan manawi angajêng-ajêng gêganjaran, ingkang kula cadhang rintên kalawan dalu namung pandamêlan ingkang awrat, tuwin lumampah ingkang têbih ngrupak jajahaning mêngsah angrangsang ingkang inggil, manawi putung kabalang karêmuk kasawurna, kula noknon.

Ratu : Iya bangêt panarimaku, yèn kowe angarêp-arêp panggaweyan abot ana pêrake. Samêngko kowe sun utus marang laladan tanah Jawa. Layangku iki aturna marang Sinuhun ing /.../ ingkang jêjuluk Prabu /.../, mungguh surasane aku angêbun-êbun esuk ngudan-udan sore, nyuwun Dèwi /Anu/.

Buta : Kula noknon, inggih sandika. Sarèhning kang abdi dèrèng sumêrêp prênahipun nagari ing /anu/ punika ing pundi, kalih dene ingkang abdi punapa klilan mawi kanthi.

[46]

Ratu : Iya tak lilani gawa kanthi akèh aja karowan thithik aja kasêpèn.

Buta : Kula noknon, inggih sandika. Rampung timbalanipun gusti kula ingkang sinuhun, ingkang abdi lajêng nyuwun madal pasilan, ing sawingking kula sinuhun amanggiha suka, pun Pralêmba nyuwun pamit pêjah.

Ratu : Sira boya ingsun kon angejapati,(28) ingsun kon pintêr lêlungsèn ingsun bakali. Ora liwat kurange nggon ingsun dhahar lan nendra dadia pasumbang raharjaning lakunira.

Buta : Kula noknon, inggih dhatêng kapundhi, ingkang abdi prasasat kaparingan jimat paripih.

Ratu Buta

Anênggih gantya kocapa, ana gêmpalaning kôndha babakan anglayoni. Kalêbu têturutane nanging seje caritane. Titahing Hyang Girinata, wontên ing nagari tanah sabrang, ingaranan nagari ing /anu/ ajêjuluk Prabu /Anu/ asipat raksasa, gung luhur pangawak pindha prabata, tutuknya kadya guwa. Yèn sêgu kadya gêlap, yèn ngandika gumlêgêr kadi gludhug, netra kaya surya kêmbar. Ing mangke marêngi dina Rêspati sang nata miyos madyaning pandhapa, alênggah dhampar dênta, dèn ayap para rasêgsi. Ingkang ngampil-ampil upacaraning kaprabon. Apa bu-

[47]

sanane yèn miyos sinewaka. Rigma gimbal dèn ore, jinamangan sungsun tiga, kinancing ing grudha mungkur grudha mangarêp, sinôngga ing praba, ulur-ulur naga kang ngangrangan. Agêgêlang kêlat bahu sarpa raja, akêroncong nagapasa. Kampuh parangrusak barong sinulam ing prada, ukup renda, calana cindhe puspita. Tinon lir pendah Bathara Kala rikala arsa nglêbur jagad. Mangkana pagêdhongan sri narendra supêna wus(29) kalihan putri ing /anu/ sampun carêm karon asmara. Sawungu nendra kunjana papa brôngta dening supêna. Sang nata sawêg katahman(30) badra irawan, badra mêndhung irawan sasi, kadyangganing wulan katiwênging mêndhung. Rêntênging driya sri bupati margi saking supêna dhaup kalihan putri ing /anu/ kang kêkasih Dèwi /Anu/ ingkang dados lênging driya tansah gumantung wontên padoning netra. Rinasa saya karasa, ginugu saya ngranuhi. Têmah sadina-dina asalin pratingkahe, gingsir ing kaèngêtane.

Sintên ta ingkang munggwing ngarsa narendra. Inggih punika panungguling wadyabala, ingkang nama êmban Pratignyawati. Sanadyan rasêksi luwih limpad ing wiweka, sambada tarincing cancut, prawira môndraguna, tate amungkasi karya. Dene ing palataran tuwin ing alun-alun jibêg ingkang sami anangkil, kadya giri jêjagongan. Warna-warna pratingkahe, ngatingalakên kasudirane. Ana kang onclang bêdhama, gandhi kalawai, parasu limpung myang candrasa. Tibane sami tinadhahan gêgêr tuwin jaja. Wus watak watêking yaksa bèr kuwanen tan darbe rêringa

[48]

ambêg sura dakdir tan darbe dêduga. Mung êmban Pratignyawati kang tansah angulatakên solahing nata. Sakalangkung sungkawa manahe, anyundhul atur wali-wali datan piniarsa.

Babo mirahe si kakang dhewe. Kêmbang soka kang pradapa wungu. Baya mirah baya intên sun puja dadi sira, gêndhuk.

Yam yam tilam prajiwatan kang sawang rêtna ingukir. Ukiran rêtna kumala. Sun pêpuja dadi sira.

Dênawa Cakil Nungsung Pawartos

Cakil : Hèr mina kata, hèr toya, mina ulam, kata pangucap, kadidene ulam kasrambah toya agung. Rayi dika nungsung pawartos, ki raka.

Dênawa Bragalba lajêng nyukani wêrtos saprêlunipun manut punapa lampahanipun

Cakil : Togog wis banjur ondhangna marang prajurit karang kabutan, klèk-êngklèk balung tandhak, buta kang ana ing guwa lêmah miring, pagupakaning warak, pakiponing mêrak, padha konên dandan budhal marang tanah Jawa dina iki.

Togog : Inggih sandika kyai, rèhning yaksa sawêg nêmbe punika kula kang

[49]

dhawuhi manawi kirang pitados kadospundi.

Cakil : Aja uwas pikirmu Gog, yèn ana kang wani mbalèkake prentahmu, kowe tak wênangake anjarah rayah sabetak rajakayane.

Togog : Inggih sandika kyai. Ayo Sarahita ondhang mring karang kabutan {aruthokus}

Ada-ada

Wau ta Lurah Wija Mantri, tuwin Sarahita sampun ondhang prajurit yaksa, dangu dèrèng angumpul. Enggaling cinarita Lurah Wija Mantri laju minggah pêpanggungan, anabuh têngaraning buta. Gêntha kêkêlèng salumbung gêdhene, tinêmbang munya angangkang. Lêpasing swara kapyarsa lêlakon sawisaning gawe. Para danawa kang myarsa gugup prapta gumriwis. Kang nuju lêlungan krungu swaraning têngara cangkelak bali asikêp gêgaman. Apa gamaning buta. Gandhi dhêndha lori parasu limpung musala myang candrasa, wênèh yaksa angrakit swandana. Apa tungganganing buta. Sênuk mèmrèng.

Sambêtipun sênuk memreng ing ngandhap Punika

Blêgêdaba adal-adal warak macan, gêrêng-gêrêng kang anunggang klokor-klokor tunggangane. Tur padha amôngsa janma, karya giris kang ningali, dupi samakta dlasan sadêdamêlipun, {ada-ada} Togog matur, sampun Kyai.

Môngga ki raka mupung enjing lak lampahing baskara.

E dawêg, ping:3

[50]

Pratapan

Ing mangke gantya kocapa, pratapan ing wukir Ratawu. Sintên bêbisikira sang mahawiku, anênggih sang Bagawan Abiyasa iya Rêsi Dipayana, pandhita kinasihan ing jawata kinamulan(31) widadari. Dhasar trahing awirya, wijiling atapa, sidik paningale, wruh sadurunge winarah. Awit dènira anggêntur tapa, awit timur dumugi samangke tan ana pêdhote. Wantune wus katarima kasutapane. Wêkasan ing padhepokan sakalangkung dènira singit, apa tandhane singit, sakathahing ibêr-ibêran datan purun angungkuli ing padhepokan. Kêna ingucapêna barat angisis udan apiyak, mêndhung angèmpèr.

Mangkana sang mahayêkti sawêg amarêngi pinarak ing madyaning pandhapaning padhepokan, dèn adhêp para intung(32) galuntung, cantrik wêwasi manguyu ajar jêjanggan, aglar munggèng ing ngayunan, sintên ingkang lênggah cakêt mungging ngarsa, anênggih punika ingkang wayah satriya ing Madegônda, ingkang akêkasih Radèn Pamade. Satriya bagus warnane anom dhasare karêngga dening busana. Dhasar trahing Saptarêngga, kinasihan ing jawata, kinamulèn ing widadari, dhasar sêkti môndraguna, sênêning cahya, lir pendah jawata Hyang Kumajaya. Mangkana sadangunya wontên ing ngarsane sang pandhita, tansah lênggah mabukuh, angliring sêmuning kang eyang bilih karsa aparing pangandika. Anadene kang dumunung wontên ing wuri punika, Ki Lurah Sêmar sapranakane. Nala Garèng Petruk, anggung dènira gêgujêngan anggêga kajêngipun piyambak.

Mangkana sang mahawiku, sowanipun ingkang wayah andadosakê-

[51]

n kagèting panggalih. Kawistara sêmuning netya. Kang wayah kadi nahên sungkawa. Mangkana panglocitaning wardaya ingkang botên kawijil, apa wadine mas putu dene tumêka kene iki, mokal yèn ora susah atine.

Lêgêging tyas sang pandhita, duk miyarsa ring aturira kang wayah angêrês ing driya.

Suralaya

Ing mangke gantya kocapa, kahyangan Jonggring Salaka, iya ing Pêparewarna, Pêparewarna inggih ing Ari Bawana, ingkang misesa datan wênang yèn winisesa, wênang murba boya wênang yèn dèn purba, wênang yoga datan wênang yèn dèn yoga, wênang gawe boya wênang yèn dèn gawe. Sintên ta jêjuluking jawata, abêbisik.

1. Sang Hyang Pramèsthi Guru dene ginuru ing jawata, dewa dèwi

2. Sang Hyang Nilakôntha dene kagungan cacad toh seta ing tênggak, rikala para jawata samya nginum tirta calkuthana.(33)

3. Sang Hyang Siwahbuja dene astanipun sakawan.

4. Sang Hyang Girinata dene ngadhaton ing swarga, makayangan pucaking aldaka.

Ing mangke Hyang Pramèsthi Guru lagya lênggah ing bale markata, pêpak para jawata ingkang sami anangkil, dene ingkang lênggah cakêt munggèng ngarsa, jawata ing Suduk Udal-udal, kang anama Rêsi Naradha, ya Sang Hyang Kanekaputra.

[52]

Mangkana Sri Paduka Hyang Girinata dahat tikbraning galih, dene swarga kataman ing gara-gara dahat arda gonjing ing Suralaya, kawah côndradimuka kadya kinêbur kocak têlênging gambiralaya, ing bale Marcukundha kaya rubu-rubuha,(34) mingsêr wot si ogal-agil, mangkana para widadara widadari samya kagegeran, kadya gabah dèn intêri, wêkasan marêg ing ngarsane Sang Hyang Pramèsthi.

Pangandikanya Bathara Guru lan Rêsi Narada

Guru : Kakang Rêsi Naradha.

Nrada : Banthèng Adhi Guru.

Guru : Kadipundi kakang Naradha saure kok banthèng.

Nrada : Ênggèh adhi Guru. Banthèng kêbon wontên pênapi

Guru : Kakang Rêsi Naradha, kita jawaba pênapi kang amawa gara-gara, dene mawantu-wantu.

Nrada : O êng êng, brêgênjong-brêgênjong tak hong kali gowang growong kali paraga, kali cude sapa dhing gawe, o ah ah ah ah, sun abadhe Adhi Guru bangêt susahe, awit kawistara lênguk-lênguke, punika dèrèng adhi Guru. Gênging gara-gara ing mangke kirang sakêdhik jawata sami kuwalik.

Guru : Kakang Rêsi Naradha, pênapi kita bungah yèn ulun susah. Tinanya boya amadhangêna, mundur angerang-erang, pênapi kita lumaku kajaba para jawata kabèh.

Nrada : O ah ah ah ah, Adhi Guru, ulun nyuwun pangaksama ingkang agung, (punapa kali code)

[53]

awit pun kakang sampun kapatuh rêmên gêgujêngan, awit anèm dumugi samangke.

Guru : Kakang Rêsi Naradha, wus sêdhêng padha tuwa amarènana sasêmbranan, lah mara tarbukaa ingkang akarya gara-gara.

Nrada : Kula non, manawi Adhi Guru andangu ingkang karya gara-gara, titahing Hyang pun /anu/.

Lajêng manut punapa lampahanipun, kados ta manawi lampahan Palasara, Narada anggènipun matur dhatêng Bathara Guru kados ing ngandhap punika.

Nrada : Kula non, manawi Adhi Guru andangu ingkang karya gara-gara, titahing Hyang pun Palasara, ingkang mratapa wahdat wontên pucaking giri Saptarga, sangêt anungku sêmèdi, sêmu sampun katarima, tuwin yogyaning ulun pun Durgandini, ing ngajêng nênuwun ing dewa sirnane gènipun anandhang gônda amis, angsal sasmita kinèn nambangi ing banawi Silugangga, ing têmbe badhe sirna waluya. Amila lajêng dipun lampahi anambangi. Punika ing sêmu ugi sampun katarima. Marma gara-gara sansaya agêng. Botên langkung kula sumôngga Adhi Guru. {Pathêtan}

Guru : Kakang Rêsi Naradha, puniku boya kêni, yèn ta Si Palasara ngantia wahdat, marga wus pinasthi karsaning Hyang Murbèng ulun. Trahing Wisnu Brama kang bakal anêdhakake ratu ing nuswa Jawa, lan wus ingsun pacang dhaupe lan Si Durgandini.

Nrada : Lah Adhi Guru kadospundi karsanipun kula sumôngga, rèhning ing mangke

[54]

pun Palasara kalih pun Durgandini sêsarêngan ing sêmu sampun sami katarima gèning amêminta salêbêting pamuja.

Guru : Kakang Rêsi Naradha, kajaba ulun piyambak tumurun marang pratapan, kita tumuntura angrancana Si Palasara.

Nrada : Kula non inggih sandika.

Ngamarta

Ing mangke gantya kocapa, ing nagari Ngamarta, iya ing Cintakapura. Sintên ta dasanamane kang jumênêng nata. Ajêjuluk prabu Kuntadewa,(35) iya prabu Darmakusuma, ya Prabu Gunatalikrama, ya Prabu Darmawôngsa. Narendra kinasihan ing jawata, kinêmulan(36) widadari, awit lêlabuhanira tansah angêgungakên paramarta, asih ing dasih, ambêg pinandhita, lila ing dunya tega ing pati. Ratu ambêg santabudya, asih ing pujastuti. Mungguh dêdanane tuhu tan kêna winanci. Amila sanajan nagari alit kinèringan ing ngamônca. Wingit karatone, bêbasan barat angisis udan apiyak, mêndhung angèmpèr, yèn ta ginunggunga kawibawan tuwin kaluhuraning karaton sayêkti tan ana pêdhote. Ing mangke wong agung ing Ngamarta miyos madyaning pandhapa, amawa teja mancorong kadya lintang karainan.

Wondene ingkang pinarak munggèng ngayunan, inggih punika ingkang rayi panênggak, satriya ing Tunggul Pamênang, ingkang kêkasih Radèn Arya Wrêkudara. Sarira jênar blêngah-blêngah, gung luhur gagah prakosa, sambada prakosa

[55]

ing ngayuda, tate amungkasi karya. Tinon nganggrang, lir pendah lintang bimasêkti.

Anadene kang pinarak ing wurinira, punika ingkang rayi Pamade satriya ing Madukara ingkang kêkasih Radèn Arjuna. Dhasar bagus warnane sêdhêng dêdêge, karêngga dening busana, tinon sirna kamanungsane lir pendah jawata Sang Hyang Kamajaya.

Dene kang lênggah munggèng kanan keringing sang prabu, inggih punika ingkang rayi waruju kêmbar sami warnane, satriya ing Sawojajar, tuwin ing Bumi Ratalu,(37) ingkang kêkasih Radèn Nangkula, ingkang satunggal Radèn Sadewa, sami bagus suwarnane. Tinon lir Sang Hyang Mahadewa kêmbar.

__________

Pancènipun pocapan ing nagari Ngamarta punika kados ing nginggil punika kemawon sampun cêkap. Wondene manawi lampahan lairipun Gathutkaca, mawi kasambêtan pocapan kados ngandhap punika.

Mangkana amila sri bupati pinarak ing pandhapa, margi katahman(38) badra irawan, badra mêndhung irawan sasi,(39) kadyangganing wulan katiwêng ing mêndhung, rêntênging driya sri bupati awit sangking anggalih dhumatêng pulunan ingkang nêmbe lair putranira Radèn Arya Wrêkudara, dene sampun kawandasa dintên laminya, pun ari-ari dèrèng kenging kapisah, ngantos dipun dhawahi dêdamêl ingkang ampuh-ampuh, pinggêt mawon botên. Lênging driya wong agung ing Ngamarta kêdah lêbu tumangan, mung ngêntosi rawuhipun ingkang raka wong agung ing Dwarawati.

Sigêg

[56]

Pangandikaning Pandhita lan Bambang

Pandhita : Andadèkake kagèting atiku mas putu, sajrone kowe ana ngarêpku, wêktu iki tak sawang-sawang awakmu katon lêsu guwayamu kurang sumringah. Seje karo sabên-sabêne, yèn kurang kapenake awakmu apa kang karasa, apa bêdhat jamang kalungmu, unggahe gêmpal rangkamu, kowe aja wêdi sarta aja pakewuh bêcik kowe matura, tak rungokne kang pratela.

Bambang : Kula nuwun inggih eyang, kalilana matur manawi badan kula botên wontên ingkang karaos, punapa malih sadaya panganggèn kula jangkêp botên wontên ingkang risak. Nuwun walèh-walèh punapa eyang, mugi kanjêng eyang aparinga sumêrêp ing kawontênanipun tatimbangan kula.

Pandhita : I..i putuku gèr dene kok mung sapele karêpmu, nganti kok rewangi prihatin susut awakmu

[57]

Dene patakonmu mau prakara sing êndi, marga kang aran timbangan iku akèh lire, kabèh kang tumitah ana ing ngarcapada padha duwe têtimbangan, kaya ta bumi kalawan langit, surya kalawan rêmbulan, rina kalawan wêngi, lanang kêlawan wadon, apa kowe kapengin rabi, mara aranana endhang ngêndi kang kok sênêngi, tak dhodhoge lawange, tak kêludane jogane, si kaki bangêt jumurung, sokur bage sèwu kowe mikir kang kaya mangkono.

Bambang : Kula nuwun inggih, timbalanipun kangjêng eyang kapundhi dadosa jimat, ananging kauningana sanès punika ingkang kula aturakên, têtimbangan anak kalihan bapa, mugi kangjêng eyang aparinga dhawuh pangandika, sintên ingkang yoga dhumatêng kula, sakalangkung anggèn kula kapengin kados punapa raosipun, anguncupakên asta dhumatêng bapa. {Pathêtan}

[58]

Pandhita : O putuku gèr, manawa kowe takon bapa ing satêmêne iya aku bapakamu, mungguh waja wijine asal kaleyang kabur kanginan, tak sidhikara wêkasan dadi kowe iki, akèh diakèh aja sok takon bapa, iya aku iki bapakamu.

Bambang : Kula nuwun inggih eyang, saèstu sampun radi andadosakên lêganing manah kula, ananging kula upamèkakên pisang tuwuh ing wana mokal yèn botên wontên ingkang nanêm.

Pandhita : I i i i putuku gèr putuku, dene samêngko wus ora kêna diapusi, dhèk cilik anganggo wastra ciyut nangis angayang-ayang dicêkêli gêdhang saulêr banjur mênêng, barêng saiki wis katon gêdhe nganggo wastra gê-

[59]

dhèdhèr, wus kêlar angêmbat watang. Dhasar trahing kusuma sayêkti wus ora kewran solah-bawa kang nglêngkara. Iya ta mas putu aja dadi atimu, nggonku duwe catur kang samono mau satêmêne mung tak anggo ngapusi kowe bae. Saka trêsnaku mênyang kowe, aja nganti pisah karo aku. Rèhning kowe tansah angudi, ing salugune kowe uga misih duwe wong tuwa lanang, satriya ing Madukara ingkang kêkasih Radèn Janaka, iya iku wong atuwamu, lan ora nana salumahing bantala sakurêbing langit, kabagusan lan tiyasane,(40) kaya wong tuwamu. Dhasar dadi kêkasihing jawata, sarta duwe sadulur papat cacahe, lima wong atuwamu. Kang kabênêr tuwa dhewe iku nata ing Ngamarta, jêjuluk Prabu Darmakusuma.

Ing salajêngipun kasêrêpakên sadaya, lajêng kados adat.

Gondhö pangrawit, Kapatian Solo.

[60]

Satriya Manêgês

Lah ing kana ta wau satriya /anu/, Radèn /anu/ lajêng asidhakêp suku tunggal, anutupi babahan hawa sanga, angingkut tri loka angêningakên pôncadriya. Pônca lima, driya angên-angên, angênêp hawa nêpsu gangsal prakawis, 1. pamyarsa, 2. paningal, 3. panggônda, 4. pangucap, 5. pangrasa. Ana suwara tan rinungu, ana maujut tan tiningalan, ana gônda datan ginônda, ana rasa datan rinasa. Ingkang cinipta mung sajuga, namung awas(41) pucuking grana angulatakên wêdal lêbêting napas. Sanalika katarima bisa nunggal kaanan jati. Sirna pamoring kawula gusti, jumênêng Sang Hyang Wisesa, sabarang kang sinêdya ana, cinipta têka.

Amila Radèn /anu/ anggung lêlana anjajah wanarga. Sangking sungkawaning driya /anu/. Lajêng manut punapa lampahanipun, sarta manut wayangipun sintên ingkang sêmedi/

Mangkana enggaling carita Radèn /anu/ sangking putêking driya asêmu yogabrata, aminta sihing jawata, anêtêpi satriya mahambêg wiku. Têmah amrabawani gara-gara rèh kagiri-giri, jagad prakampita, udan salah môngsa luwih dêrês, pitung dina muput.

--------------------

Tiyang nyuwita punika kêdah ngangge 3 praawis.

1. Curiga, 2. Wanita, 3. Turôngga

Supênan, 1. Kasudarsana, 2. Panyakrabawa, 3. Kawarsita, 4. Kadoradasih

[61]

Sêkar Sinom

sang wiku alon ngandika | iya kulup sun tuturi | sêjatine ngèlmu rasa | dudu donga japa aji | dudu puji lan dhikir | sayêktine amung kawruh | wêruh kang luwih samar | samar tunggal rina wêngi | nanging arang janma ingkang uningaa ||

yèn durung olèh pitêdah | guru ingkang wus linuwih | apan ta iku larangan | ing nabi kêlawan wali | mulane ana nabi | ana kabèh kawruhipun | aran wali walikan | ujar iku dadi iki | iya iku putu aran ngèlmu rasa ||

lamun aran ngèlmu rasa | sira rasakna pribadi | apan ingsun nora kêna | wêdi dinukan Hyang Widhi | kang wayah matur aris | kalamun sang maha wiku | tan arsa paring têdah | kawula tan arsa mulih | suka pêjah wontên pucaking aldaka ||

tan suka mantuk mring praja | suka anêmahi pati | wontên ing ngarsa paduka | yèn sang wiku tan paring sih | sang pandhita miyarsi | putêg ing wardayanipun | ginubêl mring kang wayah | wusana ngandika aris | iya putu yèn bangêt pangudènira ||

iya sun tuturi sira | kapriye gonku nyelaki | rumôngsa katêmpuh tuwa | nanging sira dèn agêmi | ing ngelmu rasa iki | ewuh luwih sangking ewuh | yèn gampang luwih gampang | rêgane tanpa winilis | yèn wis wêruh sagobang tan sudi nganyang ||

lan dèn bêcik wêkas ingwang | aja sira anggêgampil | iku pusakaning gêsang | dèn bêcik sira nyimpêni | yèn sira-

[62]

kurang gêmi | pêsthi cilaka tinêmu | donya têkèng akerat | tan wurung sira bilai | luput-luput dadi edan turut marga ||

purwa ananing manungsa | karsaning Hyang Maha Luwih | kinarya pangarêpira | mring sagung kewan sêkalir | sakehing sipat urip | tri prakara alamipun | dhingin urip nèng dharat | jroning toya kaping kalih | kaping tiga urip nèng sakjroning kisma ||

kang urip nèng alam tiga | riningkês dadi kêkalih | kang dhingin urip kakolah | kakolah dam kaping kalih | urip kakolah iki | sakèhing sipat kang thukul | urip tanpa istiyar | narima sihing Hyang Widhi | anadene kang ngaurip kakolah dam ||

kang sipat rasa pangrasa | uripe kalawan bukti | sarat istiyar gaota | pan wênang nampik amilih | iya sira dèn eling | kalamun tinitah punjul | dadi unusanira | rêrupan isining bumi | sumurupa kang ngujudakên ing sira ||

sing sapa anêdha wikan | mring Pangeran Kang Linuwih | lawan rasul kang sanyata | gonira urip nèng bumi | dadi kuthaning eblis | ing sajroning awakipun | tan kêbabar kamulyan | kamurahaning Hyang Widhi | nadyan bêja sugiha lawan pangiwa ||

sanadyan iku kuwasa | kuwasane ngèlmu singkir | mung karya pangeram-eram | kuwasa pan sangking eblis | godha wong tanpa ngèlmi | atinira pinrih kerut | yèn karêm singkirira | rinacut sihing Hyang Widhi | mula yogya sun wêruhkên putu sira ||

[63]

wêruh margane etungan | mula etung awit siji | sijine iku nurolah | yan cahya damaring bumi | iku minôngka gusti | ing utêg karatonipun | ingkang damari jagat | alam langgêng kang sawiji | kang mêruhi ing sasolah-bawanira ||

nanging gênti aran iman | yèn wong Arap(42) kang ngarani | budi bêbasaning Jawa | susunan bôngsa hut iki | mulane ran kuluwih | apan sangking atiningsun | iku aran susunan | awênang dipun suwuni | aran iman pangarêpe iku gêsang ||

pêngarêp gêsang nurolah | iku wakile Hyang Widhi | kang ana ing jasadira | lir surya munggèng wiyadi(43) | nyoroti gyaring(44) bumi | jurang gunung dharat laut | sak isine sadaya | wruhana pratônggapati | pan mêngkono kawruhmu munggèng Pangeran ||

ngawruhi isining jagad | saobah osiking nguni | nora nganggo kêsamaran | roh ilapi kaping kalih | têgêse roh ilapi | roh iku rohe jêng rasul | têgêse rasul rasa | kang kambah rasaning jisim | iya putu rasane jêng rasulolah ||

ing manah kêratonira | lir Wisnu lan Darawati | Wisnu langgêng alamira | Darawati rina wêngi | kêlawan owah gingsir | Darawati duwèkipun | tunggal rupa sak rasa | suksma ingkang kaping katri | aran têlu ing têgêse têlu têlas ||

ing têngah karatonira | ora obah ora osik | duwèke amung pangrasa | nora duwe rina

[64]

wêngi | alame langgêng iki | urip-uripe Hyang Agung | rasa jêng rasulolah | punika ingkang darbèni | mung pangrasa iku duwèke manungsa ||

têgêse aran Mukhamat | punika rasaning ati | pan rasul rasaning badan | lorone rasa sawiji | iya rasaning ati | yaiku rasaning rasul | iya rasaning badan | punika rasaning ati | rasa rasul puniku rasa Mukhamat ||

dene wujuding Pangeran | yaiku cahyaning urip | wujudira rasulolah | ya rasane badan iki | dene Mukhamat iki | ya obah osiking kalbu | wujudira kawula | pêngrasa sajroning ati | kawruhana aja kalèru ing tômpa ||

dene ta Nabi Mukhamat | ing umat amêsesani | mring umat rumêksa jagat | pêsate pitulas iji | pratelane puniki | anom wêkasane sêpuh | mêlèk kêlawan nendra | kuwat apês lali eling | luwe warêg rasa kalawan rumôngsa ||

siduro, galdurma, maju nêm.

[65]

Sangat Ôngka Jam Ôngka Jam Ôngka Jam Ôngka Jam Ôngka Jam Nabi | Ôngka Tanggal
Jam 6 Jam7, 8 Jam 9. 10 Jam 11, 12 Jam 1, 2 Jam 3, 4 Tanggal Jawi
Wiwit jam 6 enjing Wiwit jam 6 enjing ngantos jam 4 sontên lajêng kangge sadalu muput.
pitutur Amad kalangan Jabarail pacak wêsi Ibrahim slamêt Yusup rêjêki Ngijrail 1-6-11-16-21-26
6 rêjêki Jabarail pitutur Ibrahim Kalangan Yusup pacak wêsi Ijrail slamêt Amad 2-7-12-17-22-27
6 slamêt Ibrahim rêjêki Yusup pitutur Ngijrail kalangan Amad pacak wêsi Jabarail 3-8-13-18-23-28
6 pacak wèsi Yusup slamêt Ngijrail rêjêki Amad pitutur Jabarail kalangan Ibrahim 4-9-14-19-24-29
6 kalangan Ijrail pacak wêsi Amad slamêt Jabarail rêjêki Ibrahim pitutur Yusup 5-10-15-20-25-30

[66 ]

[2 Halaman kosong]

[67]

Pangandikane Nata Yaksa lan Kênyawandu

Wis suwe biyung anggonmu sumewa ana ing ngarêpaku.

Nuwun sadaya para abdi rasêksa dèrèng sami sumewa pun Kêpêtmega sampun sowan wontên ngarsanipun kangjêng sinuwun. Mangke ta sinuwun sanes ingkang kula aturakên.

Iya yung matur apa.

Nuwun inggih Sinuwun, dene panjênênganipun sinuwun sampun pintên-pintên Soma utawi Rêspati botên miyos sinewaka, para abdi rasêksa sakalangkung sami angudaraos, dene wontên sabab punapa, mila sarêng panjênênganipun kangjêng sinuwun miyos sinewaka, para abdi rasêksa saklangkung sami suka sokur dene botên wontên satunggal punapa. Kajawi saking punika kangjêng sinuwun, panjênênganipun sinuhun kula sawang-sawang kok sajak mônca rawat mônca dirasa. Manawi kapara yêktos punapa darunanipun sokur yèn botên wontên sabab punapa-punapa.

O iya biyung aku durung kôndha karo kowe.

Nuwun inggih sinuwun kadospundi. Manawi pancèn kenging kawijil ing ngakathah mugi paringa pangandika dhumatêng ingkang abdi pun Kêpêtmega. Anjawi ta kêng botên.

Mêngkene biyung, nalika ari Sukra Manis wanci bangun raina, inggale bae aku ngimpi, ditêkani putri ayu bangêt biyung

[68]

tak takoni pinangkane iya gênah cêtha wela-wela.

Nuwun inggih sinuwun saking pundi pinangkanipun.

Jarene saka nêgara ing {----} ngaku putrane Prabu {----} ana kanane iku dak takoni sumêdyane. Saka kandhane arêp nyèthi marang aku. Sokur ginarwa, ora-orane iya trima dadi juru-juru pênêbah utawa pêngangsu. Barêng ngono iku rasaning atiku banjur mandhêg.

Nuwun inggih sinuwun wontên salêbêtipun supênan gusti kula sinuwun punapa nun inggih krêsa.

Iya dak arêpi biyung, yèn tak kojahna sêwêngi ora nana pêdhote. Cêkake bae ana jroning pangimpèn wus carêm karon asmara sarta banjur tak jumênêngake kangjêng ratu. Ana kanane kaya ora kêna pisah, paribasan ora kêna bênggang sak rambut. Tak kandhakna barêng aku nglilir sing tak kêkêp-kêkêp iku jêbul guling biyung, banjur gulinge tak suwèk-suwèk bantal dak awut-awut, banjur andadèkake ngênglênging atiku tumêka sakprene bab anggonku anggagas impènku biyung. Mula aku rada sawatara ora miwos(45) sinewaka.

O jagad dewa bathara ya jagad pramudita. Gusti kula sinuwun, têka rèmèh kemawon dene mênggalih supênan andadosakên kirang prayogi. Dene pinuju miyos sinewaka tansah môncarawat môncadirasa, manawi krêsa dhahar aturipun Kêpêtmega, ingkang samantên wau sampun kagalih kemawon, punika pandamêlanipun jim pêri prayangan, tur mindhak anyudakakên ram(46) daging kawiryanan.

[69]

Iya têka bênêr biyung kang dadi caturmu, ananging aku mêksa arêp nyatakake kang dadi impènku kaya sing tak pratelakake ngarêp mau.

O gusti kula ingkang sinuwun, mangke ta mangke, kula kèngêtan sinuwun, kula anyaosi dêdungengan saking cariyosipun tiyang sêpuh. Kala jaman kina wontên narendra ing Gilingwêsi ajêjuluk Prabu Dewa Budha punika angratuni sabarang kumêlip: Sang nata punika rêmênipun anyatakakên supênan. Kados ta wontên kawulanipun ingkang supêna dhaup kalihan kidang mênjangan, punika inggih lajêng kanyatakakên dipun dhaupakên. Lha punika andadosakên susahing para kawula, dene wontên lampahan ingkang kados makatên. Lami-lami wontên satunggaling kadhal gadhah rekadaya ethok-ethok supêna. Dhaub lan garwanipun Sang Prabu Dewa Budha. Lha punika andadosakên ngunguning sang nata, saklangkung pakèwêt anggenipun mangsuli. Enggalipun supênan wau

[70]

kadorakakên, amargi sêkaripun tiyang tilêm, sang nata wau lajêng botên nate nyatakakên supênan kados ingkang sampun. Sabab ginalih supênan wau sampun gênah utawi sampun cêtha mênawi sêkaripun tiyang tilêm.

Sulaya biyung kowe kuwi, nah ilêmutane.

Botên pisan-pisan ta yèn nyulayanana krêsanipun kangjêng sinuwun. Kula punika namung ngaturakên dêdungengan. Makatên paminipun. Kajawi saking punika sinuwun, supênan punika harak wontên naminipun sakawan prakawis.

Jênênge apa biyung.

Nuwun inggih, naminipun ingkang rumiyin kasudarsana, 2. kacakrabawa, 3. kawarsita, 4. kadoradasih.

Mungguh têgêse kêpriye biyung.

Nuwun inggih sinuwun, têgêsipun kasudarsana punika, supênan ingkang botên tumônja. Liripun upami mêntas supêna wontên ing tanah sabrang lajêng mak clong dumugi ing pulo Jawi. Dados nami botên tumônja punika ingkang botên kenging dipun suraos. Dene têgêsipun kacakrabawa, punika panjênênganipun sinuwun mêntas mênggalih dhumatêng putri anu pamènipun, utawi mêntas mirsa wanudya ingkang ayu. Èstunipun lam-lamên saking klêbêtipun panggalih. Dalah badhe sare tansah ginalih kemawon.

[71]

Enggalipun sare lajêng supêna pinanggih putri saklangkung ayu. Lha punika kenging winastan supênan panyakrabawa.

Gajêge aku ora anggagas putri ngêndi-êndi, utawa ora mêntas sumurup wong ayu bangêt biyung.

Punapa kenging winastan kawarsita.

Kêpriye têgêse kawarsita.

Kawarsita punika wangsitipun jawata ingkang linangkung.

Lha mèmpêr biyung yèn mangkono, aku arêp kuwi.

Jangkêpipun sakawan kadoradasih. Têgêsipun kadoradasih, supênan ingkang sanyata, ila-ila punapa sinuwun, kula mirêng ujar kêbaratan, pancen kêpara têmên yèn nagari /anu/ ingkang dados kondhanging kêkidung inggih namung Dèwi {----} para nata môncapraja kathah ingkang sami ananglêtakên tinimbang ingkang ngungkurakên kathah ingkang ngajêngakên. Dados supênanipun sinuwun wau kenging winastan doradasih.

{ ada-ada }

[72]

Lha yèn mêngkono kowe kariya basuki biyung, aku arêp nuruti sing dadi karêpku. Dene Sênèn Kêmis môngsa bodhoa biyung.

{Kênyawandu nungkêmi pada}

O kadospundi sinuwun, yèn kagungan krêsa ki banjur mêmpêng mula kudu dak aring-aringi tak candhêt-candhêt bae.

{Kênyawandu wus wangsul lênggahe}

Mangke ta sinuwun, manawi krêsa andhahar aturipun pun Kêpêtmega, panjênênganipun sinuwun sampun têdhak piyambak. Kirang prayogi, sêkeca utusan kemawon rumiyin. Nanging sampun ngicalakên urmatipun sami narendra. Liripun kadospundi, botên ketang dlancang sasuwèk kêdah mawi anyaosi nawala. Mênggah têmbungipun nawala, angêbun-êbun enjang anjêjawah sontên, manawi Sang Prabu {----} kaparêng, kula nyuwun mongmong ingkang putra / utawi rayi / Dèwi {anu}, makatên kemawon sampun cêkap. Ewadene utusan sampun rambah kaping kalih utawi tiga, botên wontên wusananipun, lha punika sampun dhêngipun tinêdhakan pyambak.

Apa ya mêngkono biyung.

Nuwun inggih sinuwun.

[73]

Sênggrang Buta lan Bambang / utawi Janaka /

Cakil : He cat candhala cêcundhikku kilandara, iya kenthol, apa wong bagus, sapa jênêngmu lan ing ngêndi pinangkamu, he satriya, êlho ana ditakoni ora gêlêm sumaur. Apa budhêg wong kiye. Apa kowe kamitonggongên, apa wêdi. Mara yèn kowe wêdi wis mêlayua ora tak buru. Ana ditakoni têka mesam-mèsêm kaya kêpêthuk bedhangane, si kêparat

Togog : E alon-alon mawon kyai. Ampun grusa-grusu. Wong-wongane pasêmone utawa ayêm-ayême kadi ngandhut sêti. Mungguh jagoa jago wiring kuning jalune bungalan, yèn purun ngabruk patitis, mungsuhe arang kuwat. Paribasane yèn ngabruk thêg sêg.

Cakil : Aja gunggung mungsuh Gog, mundhak anggêdhèkke atining rowang,(47) lan môngsa nyuduka tangan wolu ora. He sinatriya bêcik kowe ngakua, sapa jênêngmu lan saka ngêndi pinangkamu, dene sugih kêndêl bôndha wani lumaku nrajang bêbarisaning buta.

Satriya : Sanadyan kowe buta apa sêdyamu marpêki gonku lumaku. Anggora-godha anggêtak-gêtak kaya bêburon, anggusah kaya manuk, tanganmu suraweyan, idumu pating kalêpyur gandane amis abacin. Lumaku kaya kinawêdèn. Sanadyan kowe buta saka ngêndi dhangkamu lan sapa pracekamu.

[74]

Cakil : I Babo-babo, hardawalepa.

Satriya : Sira kêpara sôngga, têtanya ardèng pangucap.

Cakil : E ditakoni durung ngaku wus anjunjung dhôngka.

Satriya : Jamak lumrahe wong takon gênti tinakon.

Cakil : Bênêr kowe sisip marang aku. Sanajan aku buta dudu buta bêrduwak lan ora mlêthok saka kayu watu, aku isih buta dèn iring lante payung bawat aleyangan kandhaga.

Satriya : Sanadyan sira pinangkat bupati jêr sipating buta. Mula aku gêlêm junjung dhangkamu.

Cakil : E e wong iki, iya manawa kowe lumuh kasosor basamu. Aku buta saka nagara ing {----} utusane {----} jênêngku ora nana papat iya iki rupane Ditya Kala Praceka. Balik kowe sapa jênêngmu.

Satriya : Ora duwe jênêng kêkasih duwe.

Cakil : E e ladak lirih têmênan wong kiye. Sapa kêkasihmu.

Satriya : Ya aku Radèn Bambang {----} saka ing {----}.

Sêmar : Dara suwawi nyenthe jurang. Môngga sami lumajar. Kula aturi ngêndhali wiyar, suwawi sami lumèrèk mawon ndara.

Satriya : Wa aja sumêlang pikirmu, mundhak anggêdhèkake atining buta.

Cakil : Lak sêdyamu sinatriya arêp nyang ngêndi.

[75]

Satriya : Ngêtutake tindaking dalamakaku kêjèping netraku.

Cakil : I babo babo sing manuk gênah pencokane. Yèn mangkono kêna tak arani laku nyalawadi.

Satriya : Sak karêpmu.

Cakil : Gog, uculana taliku bandhang tak bandane satriya kiye.

Nama Kajarwa

1. Wrêkudara: dene dadya suh pikukuhing Pandhawa.

2. Kusumayuda: dadya kondhang kêmbanging paprangan.

3. Jayalaga: ing têmbe bratayuda unggul jurite.

4. Bratasena: bisa mêngku sakathahing laku.

5. Bima: luware sing guwa garba wus pêpak prabote

6. Bayutanaya: dene pinundhut putra Sang Hyang Bathara Bayu.

Ratu Wiratha

1. Mila jêjuluk Prabu Matswapati: dene ratu kang pinundhi-pundhi.

2. Prabu Banendra: angratuni bôngsa sato.

3. Prabu Durgandana, dene kagungan gônda awon.

4. Prabu Matswanata: angratoni bêbujêngan toya.

5. Prabu Wiratha Iswara: dene ngratoni nagari Wiratha.

[76]

Ratu Mandura

1. Mila ajêjuluk Prabu Basudewa: dene ingakên warananing dewa kinarya lantaraning Hyang Wisnu Hyang Basuki majanma.

2. Mila ajêjuluk Prabu Kunthibuja Tanaya: sanyata putranipun Prabu Kunthibuja, sawastu kêkakasihing dewa.

Ratu Mandraka

1. Mila ajêjuluk Prabu Narasoma: ratu sarèh pambêkane.

2. Sri Salya: pranyata wiyar sêgarane.

3. Prabu Môndradipa: dene ratu linuwih.

4. Prabu Môndrakiswara: dene langkung luhur.

5. Prabu Somadênta: ratu ambêk pinandhita pindha dêntaning dirada.

Ratu Kumbina

1. Mila ajêjuluk Prabu Bismaka: têgêse makuthaning ratu.

2. Mila ajêjuluk Prabu Rukmaka: têgêse sugih kancana.

3. Arya Prabu: dene arining ratu.

Ratu Ngastina

1. Mila ajêjuluk Prabu Kurupati: angratuni para Korawa.

2. Mila ajêjuluk Prabu Anggêndarisuta: sabab putrane Dèwi Anggêndari

3. Mila ajêjuluk Prabu Jayapitana: kinacèk samaning ratu.

4. Mila ajêjuluk Prabu Suyudana: kasuyudan mring wadyabala kataman dana mintir tan ana pêdhote.

5. Mila ajêjuluk Prabu Wong Agung Ngastina: dene manggêdhèni sanagara Ngastina.

[77]

Sinuhun Dwarawati

1. Mila ajêjuluk Bathara Krêsna, dene sirnaning Wisnu Krêsna kang ana, sirnaning Krêsna Wisnu kang ana, Krêsna(48) marang irêng na marang padhang, pranyata Sinuwun Dwarawati irêng mulus têka balung sungsume, yèn ayama ayam cêmani, kêna kinarya sarana sanadyan Sinuwun Dwarawati uga kêna kinarya sarana, ing têmbe prang bratayuda jayabinangun. Êndi ingkang binotohan Bathara Krêsna, wus pasthi unggul yudane.

2. Mila ajêjuluk Prabu Padmanaba, dene titise Bagawan Padmanaba. Têgêsipun padma wadhah, naba kêmbang. Pranyata wênang anggadhuh kêmbang jayakusuma, kuwasa nguripake kang durung pinasthi.

3. Pramila ajêjuluk Prabu Danardana, dene titising Wisnu sapalih, kasaranipun dhatêng Bathara Krêsna, sarinipun dhatêng Danangjaya(49)

4. Mila ajêjuluk Prabu Kesawa, dene bisa tiwikrama padha sanalika.

5. Mila ajêjuluk Prabu Arimurti, ari nom, murti awas. Pranyata Sinuwun Dwarawati titising Wisnu dadya anom. Anulusakên jêtmikane.

[78]

Buta: kang sêsiyung, Pandhawa: lêlima, tata: lungguh, gati: bayu bêdhug tanpa modin, wisaya: pênggawe, indri: bayu mripat, yêksa: buta wadon, sara: lêlandhêp, maruta: angin gawa kêmbang, pawana: angin nèng alas, bana: angin bêdhol kayu, margana: angin nèng dêdalan, samirana: angin buwang kringêt, warayang: lêlandhêp têlu, pônca: lêlima, bayu: angin sing bêdhug tanpa modin, wisikan: angin sing mêtu kuping, gulingan: wong kluron, lima watêge: ya watêg lima

Nginggil punika cakêpanipun ada-ada Wrêkudara badhe lumumpat. Sasampuning ada-ada lajêng ngocapakên têgêsipun. Dene têgêsipun ingkang dumunung nginggiling aksara, kados ta buta: kang sêsiyung, ngatên sasaminipun.

[Tandatangan: Gôndapangrawit]

[79]

Pakanane Puspadênta, sukêt kalanjana saka ing Maliawan. Puspa kêmbang dênta gadhing, pranyata gadhinge pindha kêmbang.

Ingkang bisa dadi srati, amung Kyai Wiragati, wismane Baki, nyuwita Sang Narpati, dinadèkakên srati, diparingi prabot sruwa sêmbagi, diparingi kêris dhapur parungsari rangkane kayu jati ukirane kayu kêmiri, mêndhake dhapur êndhog mimi, pêndhoke têmbagi, sing wis nai, kuluke muri.

Pramapradôngga, 2. Suramlaya, 3. Gôndapangrawit

Promopradonggo, 2. Soeromlojo, 3. Gondapangrawit

--------------------

(1)wurukung (dan di tempat lain)

(2)jajahwrêka

(3)Situbanda

(4)rêp

(5)jinawi (dan di tempat lain)

(6)tulus

(7)kinamulèn (dan di tempat lain)

(8)wêsiasate

(9)bang-bang

(10)satu (dan di tempat lain)

(11)tinon

(12)ngaturake

(13)amadhangake

(14)ing

(15)pinarada mas

(16)nyela

(17)tumêngèng

(18)kêmayangarum

(19)kawan

(20)soca

(21)pangudasmaraning

(22)tandur

(23)garudha

(24)pinukuling

(25)kataman

(26)sêkêl ing

(27)bang-bang

(28)angajap pati

(29)dhaup

(30)kataman

(31)kinamulèn

(32)indhung

(33)clakuthana

(34)rubuh-rubuha

(35)Puntadewa

(36)kinamulèn

(37)Ratawu

(38)kataman

(39)badra sasi irawan mêndhung

(40)katiyasane

(41)mawas

(42)Arab

(43)wiyati

(44)glaring

(45)miyos

(46)rah

(47)mungsuh

(48)Dananjaya