Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Koleksi Warsadiningrat (KMS1907b), Warsadiningrat, c. 1907, #373

Katalog:Koleksi Warsadiningrat (KMS1907b), Warsadiningrat, c. 1907, #373
Sambung:
1.Koleksi Warsadiningrat (KMS1907b), Warsadiningrat, c. 1907, #373. Arsip dan Sejarah | Galeri #340.
2.Koleksi Warsadiningrat (KMS1907b), Warsadiningrat, c. 1907, #373. Bahasa dan Budaya | Karawitan #318.

b

Endhol-endhol kalajêngakên ladrang Manis, suwuk pathêt barang, kèndêl pathêt nuntên mungêl katawang Santribrai buka saking sindhèn.

Singatirta kapidhayoh winaita

S

Lobong minggah Pareanom kalajêngakên ladrang Kôndha Manyura.

Pêthikan Pikukuhipun Suramlaya Pikukuh ôngka 33/58

Rêbo kaping 13 Sura Jimawal ôngka 1837.

Utawi kaping 27 Pèbruari 1907.

Gêndhing Gôndakusuma, minggah ladrang Gôndasuli, suwuk pathêt sanga kèndêl pathêt mungal kêtawang Mijil Yogan, buka sangking sindhèn, gêndhing Kêmanak tanpa gamêlan, namung kêndhang gong kênong.

[0]

franco

Diatoerken

Kapada Masdemang Karijolessono

Jang terhoermat di Nangsri

Onder Tarik-ngaroem Sragen

Franco

Bestelgoed

Kapada Ranada, R.Ng Kromodirdjo jang terhoermat

di Kaligawe Bedji Klaten

Afzender

Soeromlojo. Di kampoeng

Sewoe (Beton)

Solo

[1]

1801. Punika Sêsindhèn Badhaya Katawang

[Durma]

raka pakênira sampun atêngara | sira puniki kari | angling Jayengsêkar | lah bapa têngaraa | tumulya têngara nitir | sumrêg atata | saparannya ngajabsih ||

alancingan pêthak alus kampuh jingga | sabuk pathola wilis | akris cinitrèng mas | sêngkang maniking toya | binapang ing mas angrawit | sêkar capaka | gagônda amrik minging ||

akêkace cindhe binggêl mas rinêngga | ya urap-urap sari | jamang mas tinatrap | ing rêdna(1) adikara | asumping swarna lan rumbing | sumarsanabra | sumêr gandanya amrik ||

mêndhak nêmbah muni kênong arang

Sêmang-sêmang asarea lêt gêguling | dewa dharat apit-apit ing gapura | kadrawasan gêguling aglar ing jogan | ning wong agung Susuhunan ||

2

Sapa baya kang awêlasa ing brangti | pandaming rat kusuma dinanurwenda | kawistara nanging sira ing paprêman | ning wong agung Susuhunan ||

Danumadya ambara lali sih jiwa | dèn asamar aweta anuwun pada Susuhunan ||

Lêlewane yèn prapti gêtêri ati | miyanggalit | rondhone sira tilarsa | dèn aririh sarira sapa darbeya | ning wong agung Susuhunan ||

Poma-poma yèn babar aja ngling sira | tuduhana gèn manira angawula | sun anuhun pada baya | sumbalinga yèn katona dadi lara | dadi edan baya Susuhunan ||

Kapan baya wong agung sun apanggih | ing paprêman ing wong agung | bale atma tunjung alit sinaroja | lamun kangên tumuntur pundi parannya ||

Saturune wong agung babo ing paprêman | pra madya tangis

3

Ni Mbok Dhangur | sinawisa sagara têmah wiyoga | mbok larak têmah wiyoga | tan apanggih yèn baya sarana jiwa ||

Nuntên mêndhak nêmbah muni tawang

Bêbaguse wayua sanambang 8 | sinduraga pinipis pindho | Susuhunan 8 | anglawat akèh rabine Susuhunan 8 | sêsotya aglar ring mega | Susuhunan 8 | kadi lintang kuwasane ||

Anangis tumêngèng tawang 8 | kadya lintang pakarti | ne panêmbahan | tanuastra kadita agni 8 | urube akantar-kantar | kiyai 8 ||

Yèn mati ngêndi surupe kyai 2

Sindhèn Katawang kasbut nginggil lugu saking Radya Pustaka.

Lugu saking Radya Pustaka.

Ingkang gadhah buku: Ki Mas Suramlaya.

4

Sêsindhèn Badhaya Sumrêg

[Asmaradana]

sumrêg kang bala lumaris | bubare saking Samarang | asri tinon gêgamane | akèh warnane kang bala | wong sabrang lan wong Jawa | swarane asri gumuruh | kadya ombaking samudra ||

tuhu yèn prabu linuwih | têrahing ratu kusuma | kèdhêp ing wadyabalane | ratu ambêk paramarta | putra ing Nayagônda | nglêlana andon prang pupuh | anglurugi Kartasura ||

bisikanira narpati | Susunan Paku Buwana | prawignya pêkik warnane | tuhu yèn ratu kusuma | lêlana adikara | nitih kuda ulês gêmpung | binusanan abra muncar ||

Minggah Kênong Arang

Andika samu nanging nêtyaning tyas | lamun asih êndhe dening sasmita | kawatgata ing locana | adhuh dèn amêsês ing satya kathah uninga ||

Tingalana polah

5

kawula puniki | êndhe darunastra pangikêting duratmaka | adhuh sumbalinga yèn katona dadi lara | yen katona dadi edan baya ||

sapa baya êndhe kang awêlas ing brangti | eka sastra rakiting payudasmara dhe | tunggal karsa sêdhêng sun kamulènana | yèn kamulènana baya ||

apisadu adhuh salore dèn wor lan liring | srênging karsa alun-aluning sayana dhe karêpane sêmune yèn ladènana | yen ladènana baya dhe ||

undhung-undhung adhuh dèn sandhung dèn ajak lunga | puspagiwang narantaka winaita | adhuh winaita baya dhe | kêna guna laraku lara kawongan nlera kawongan dhe | poma-poma adhuh èngêta ing dasihira | patrawisa parangjaja ing juwita | adhuh ing juwita baya dhe | adhuh mati kangên susunan kawula lan | kangên gusti manira dhe | kawlasana dasihira angawula | anênuwun padabaya kawlasana dasihira angawula sun anuwun padabaya ||

Mêndhak nêmbah ladrang

6

Lêladrangan angangsu | kêkêmbên cindhe | wong ika carma reka | sandhang lawe môngsa wohan | rêmak june pijêr ngliling wayangane | wayangane ||

Asikara wot alunyu dèn sirati | wong ika gayung sumur woh ijo agônda durèn | sun rungune yèn tiba asêsambate ||

Ingsun iki wong punggung tan wrin ing wèsthi | wong ika mênyan seta | ancur gêdhah pinardika | wus wiyahe wong tiwas dadi rêrasan | muga sira asiha ing kawlasarsa ||

Ladrang malih

Padha ngladrang angladrang karêm ngasmara | wong ika pêcuk seta | bisikan prabu wanara | abalia toleha kêkasihira ||

Lêlewane yèn prapta gêtêri ati | wong ika kukus gunung | mêlathi ruwit godhonge | kapakêna yèn gambira ||

7

ing wong lanang | jiwanira ing dalu tan pêgat kèpi | wong ika bale atma | gula drawa pinasthika | sun salimur amêksa kangên ing sira | sun têtêdha tulusa angèstupada ||

Katawang Doradasih slendro manyura, buka sangking sindhèn

Saya ya nêngah dènnya adus

33.. 335n3 .635 6!@ng! .... !@6n5 3312 532gn1 55.. 765n3 .2.1 .21gny [2123 212ny 2123 212gny 22y1 223n2 .3.2 .12gn6 ..6! @!6n5 3312 532gn1 55.. 765n3 .2.1 .21gny 2123 212ny 2123 212gny 22y1 223n2 .3.2 .12gn6 ..6! @!6n5 335. 765gn3 ..y1 235n3 5565 356gn5 33.. 335n3 6765 765gn3 55.. 556n5 .6.5 .67gn6 .... 663n2 312. 532gn1 55.. 765n3 .2.1 .21gny]

[Tandha-tangan: Soeromlojo]

8

Sêsindhèn Badhaya Doradasih

Doradasih kadi sinawung asmara: asmara lamèng guna malu.

Dhandhanggula

Wiku wolu amuji sang aji | Sri Naranata Pakubuwana | ping astha Surakartane | mayasa sêndhon kidung | gula milir sinawung gêndhing | tinumraping pamêdhar | wuwuse sang wiku | yèn sira mêngku mong praja | dèn piranti nastiti angati-ati | anêrapakên karya ||

Kaligawe dhistrik Bedjie

afzender. Soeromlojo

9

Sêsindhèn Badhaya Doradasih

Doradasih kadi sinawung asmara | lamèng guna malo alam dalu arsa | wêlas mara wawêkase bari lunga | balik ingsun tinilar tanna basuki | ôngka warsa ranu wijil bomantara ||

Wus alawas kang kari among kunjana | nadyan papa nanging ingsun maksih asih | la tan arsa-arsa tumibèng ngambara | puput pati tan kondur adarbe karsa ||

Kênong Arang

Dalu kangên kang alalis II | radèn o diparipta jahnawih | apraja ima II wus alawas kang tinilar kari edan II ||

3 Amangun kung radèn | atajin tadhah lan guling | rading o môngsa sêtya tambuh | ing wacana II atêlasan yèn sampun anuwun pada II ||

3 MandanayunR dèn ingsun arsa apanggih | layon wastra dening ringgit majalêngka II | kaya ngimpi angangge langsara ndika II ||(2)

Lajêng ladrang 3

Sira lungaIII ka-

10

wula kari kantaka | asmayuda II manyura kuda masthika | sun gubêla II angrasa dudu sasama ||

Kumawawa III amitra wong suka mukti | jambu alas III jêmpana munggwing dirada | kapok mara II amitra wong tanpa lana ||

Paran dosa III kawula binotan liring | toya reka III pantun | glaring paleleran | bêndunira II sumanisih yèn adosa ||

Kêng lêrês ingkang pundi toya reka kang pantun aglar leleran | bêndunira tanpa winih yèn adosa ||

{paran dosaningsun tan binotan liring}

Suwuk pathêt manyura, kèndêl pathêt mungal katawang Kinanthi

Saya nêngah dènnya adus | lara laraning kinanthi | kasrêg roning tarate bang | tinubing maruta wingkis | kagyad dening iwak molah | amôngsa kalalar kèli ||

Ganggêng ngirim-irim arum | tunjung mirut nganan ngèri | dêlêgnya angrong ing sela | lêlumu-

11

te angalingi | kayu apune anamar | katawêng unthuking warih ||

kinanthi sidadal banyu | kontal patêlêsan kentir | rinangsang-rangsang tan kêna | cinandhak-candhak nginggati | pan ginayuh-gayuh tuna | amuyêng madyaning warih ||

Adan mêntas sinjang rambut | lwir endhang-endhang maladsih | emane lara tandrêman | kayuyun mangun mangun sih | yèn kinêmbang layonira | kasarah nèng parang rukmi ||

Sun kakêmbanging wong agung | sun kakêmbanging wong adi | kênonga lan sumarsana | argulo gambir malathi | anrus gandaning kusuma | baya dahulating dasih ||

Sun wawastraning wong agung | sun wawastraning wong pêkik | diwôngga cindhe puspita | mancêthi raras kumitir | kapan baya sinawunga | ing karsa rumêmbêsing sih ||

Sun mêmanuking wong agung | sun mêmanuking jêng

12

gusti | baya nori lan manyura | atatwulan êmprit wilis | munya rum-arume ngajab | ing dasih kabyatan ing sih ||

Sun kêkayun ing wong agung | pantês kayu nagasari | pangaubaning asmara | ngusadèng dasih kaswasih | arum-arume sumêbar | sarine amilangoni ||

[Grafik: Purwapada]

[Grafik: Madyapada]

[Grafik: Padamadya]

[Grafik: Wasanapada]

[Grafik] guru: ugêr-ugêr, [Grafik] adêg-adêg

[Grafik] pancak, kanggo pungkasan layang kang tanpa têmbang (gancaran)

[Grafik] lingsa

[Grafik] lungsi

[Grafik] Pada andhap

13

Sêsindhèn Badhaya Katawang

raka pakênira sampun | atêngara | sira puniki kari | angling Jayèngsêkar | lah bapa têngaraa | tumulya têngara nitir | sumrêk atata | saparannya ngajab sih

alancingan pêthak alus | kampuh jingga | sabuk pathola wilis | akris cinitrèng mas | sêngkang maniking toya | binapang ing mas angrawit | sêkar capaka | gagônda amrik minging

akêkace | cindhe binggêl | mas rinêngga | ya urap-urapsari | jamang mas tinatrap | ing rêdna adikara | asumping swarna lan rumbing | sumarsana bra | sumêr gandanya amrik

Mêndhak nêmbah, nuntên mungal malih: Sêmang-sêmang kêthuk 2 krêp, minggah kêthuk 4

Buka Sêmang-sêmang 2 dhuh, asarea lêt gêgulingg | lêt gêguling ||

sêmang-sêmang 2 dhuh dewa dharat | dhuh dewa dharat a-

14

pit-apiting gapura | ning wong agung Susuhunan | kadrawasan gêguling aglar ing jogan | ning wong agung Susuhunan | kadrawasan gêguling aglar ing jogan ||

F sapa baya 3 kang awêlasa ing brangti dhuh | ning wong agung Susuhunan F2 | pandaming rat | dhuh kusuma dinanurwenda | pandaming rat kusuma dinanurwenda | ning wong agung | Susuhunan | kawastara nanging sira ing paprêman | ning wong agung | Susuhunan | kawastara nanging sira ing paprêman ||

gdanumadya dhuh | ambara lali sih jiwa | danumadya ambara lali sih jiwa: | ning wong agung: | Susuhunan | dèn asamar awèta anuwun pada | ning wong agung Susuhunan | dèn asamar awèta anuwun pada ||

2F lêlewane 3 | yèn prapti gêtêri ati | dhuh ning wong agung Susuhunan F2 | miyanggalit dhuh

15

rondhone sira tilarsa | miyanggalit rondhone sira tilarsa | ning wong agung | Susuhunan | dèn aririh sarira sapa dardea(3) | ning wong agung Susuhunan | dèn aririh sarira sapa darbea ||

gpoma-poma dhuh | yèn babar aja nglingsiri | poma-poma yèn babar aja nglingsiri | ning wong agung | Susuhunan | tuduhêna gèn manira angawula | sun anuwun pada baya | Susuhunan | sumbalinga yèn katona dadi lara | dadi edan baya | Susuhunan | sumbalinga yèn katona dadi lara ||

gkapan baya wong agung | babo | sun apanggih | ing paprêman | ning wong agung | Susuhunan | bale atma | ya dhuh bale atma | bale atma | tunjung alit sinaroja | sinaroja dhe | sinaroja | ya dhuh lamun kangên 2 | tumuntur pundi parannya | pundi

16

parannya dhe ||

gsaturune wong agung babo | ing paprêman | pra madya tangis | ni mbok dhangur Susuhunan | sinawisa ya dhuh sinawisa-sinawisa | saraga têmah wiyoga ||

bok katêmah wiyoga dhe | têmah wiyoga | ya dhuh tan apanggih | tan apanggih | yèn baya sarana jiwa | sarana jiwa dhe | sarana jiwa ||  

Mêndhak nêmbah, nuntên mungal katawang

bêbaguse wayuwa saknambang dhe F | sindura pinipis pindho | Susuhunan F2 dhe F | anglawat akèh rabine | Susuhunan F2 dhe | anglawat kathah garwane Susuhunan 2 dhe | sêsotya aglar ing mega Susuhunan 2 dhe | kadi lintang kuwasane Susuhunan 2 ||

djantoer anênangis tumêngèng ing tawang dhe | kadya lintang pakartine panêmbahan 2 |

17

tanuastra kadita agni dhe Ngadeg | urube akantar-kantar kiyai 2 dhe | yèn mati ngendi surupe kiyai 2 ||

Têgêsipun ciri F2 wangsul malih dhatêng ciri F. Ciri 2 nandhakakên kaping 2

15/9‘37

Ki Mas Suramlaya

Kasbut nginggil sampun cocok

Kaping 15 Siyam Jimawal 1837, wontên ing Kampung Sèwu, nunggil êmbah Mas Ngabèi Wôngsawirana, abdi dalêm mantri sèwu.

Soeromlojo

18

Gêndhing Sukautama

[Dhandhanggula]

wiku wolu amuji sang aji | Sri Naranata Pakubuwana | ping astha Surakartane | mayasa sêndhon kidung | gula milir sinawung gêndhing | tinumrap ing pamêdhar | wuwuse sang wiku | yèn sira mêngku mong praja | dèn piranti nastiti angati-ati | anêrapakên karya ||

kang abêcik dèn lêksana kaki | lirnya panggawe kang luwih mulya | rumêksèng tyas sêsamane | kang dumadi sawêgung | kang pracaya marang Hyang Widhi | ywa singgah ing wisesa- | nira kang maha gung | tingalira kang sanyata | dene tyas kang angrusak samaning urip | kang tan pracayèng Suksma ||

iya iku kang tinrapan sisip | poma kaki dèn aèngêt sira | ing tindak ala bêcike | bênêr kalawan luput | yêkti padha amêrtandhani | dipun titi

19

ing tata ||

têtulaning laku | tumulya samya manêmbah | rèrèh sampun nulya andêdolon malih | mrih wulang wiryaguna ||

(lajêng nyandhak kaca 25)

ki sarkara karya sasanèki | masang rêroncèning ciptamaya | gonirarsa namur tyase | dadi ywa kongsi kengguh | panggawe tyas tan bêg basuki | ngrakêtna budi tama | ingkang ambêg ayu | wit iku kinarya marga | srananira kang ambêg nir molèng budi | karsa yêkti raharja ||

kang rinonce gagêndhingan ringgit | wayang lulang mirib dhalang kuna | gêndhing lan pathêt mrih mathok | aywa kongsi kaliru | owêl yèn tan ana ngênggoni | mulanira sun budya | ywa nganti kalimput | gêndhing jêjêr sasaminya | praptèng

20

tancêp kayon supadi pratitis | dêlasan ada-ada ||

wuryanira wijiling driyèki | ari Soma Pon lèking candrama | kaping sapisan wulane | Saban Ruwah pinuju | taun Êbe ingkang lumaris | dene angkaning warsa | sèwu wolung atus | kawan dasa langkungira | masa karo wuku Wugu windu Adi | catur nir ngèsthi nata(4)

21

Sêkar Prawirasêmbada (salendro) (12)

[Notasi rante]

Narendra Krêsna | pangandikanira ris | Sarate iku | pujanên de waspada | sira wê-

22

ruha | kabèh kang wêrit-wêrit | dadya tan ngawuran | prawira sêmbada ||

23

Sêkar Priyambada (salendro) (17)

[Notasi rante]

Anaking wre tunggal | kagiri-giri gêngnya | grama galak | angkara ambêknya | gura godha tan nyuga | tulungana | tinêpak kapyarsat | buta kabarubuh |

24

puk kayu pokah | bêlah bêntar sirna | watu kumalasa | syuh kapalupuh ||

27-10-’57 [tanda tangan]

Ing ngandhap punika pakurmatan ngabêgtèn tumrap gôngsa (kajawi dhawuh dalêm)

1. Pêpatih dalêm sapanêkaripun, bupati sarta bupati anom. Majêngipun katawang Puspawarna salendro. Munduripun ladrang Gleyong.

2. Kangjêng Kolonel Purbanagara sapanêkaripun, mayor kaptin upsir utawi mansêkap ingkang taksih grad. Majêngipun katawang Rarasmaya barang, unduripun ladrang Kôndha Manyura slendro.

3. Riya ngandhap sarta panji. Majêngipun ladrang Clunthang salendro, unduripun ladrang Gonjang-ganjing pelog. Sadaya wau sami kagerong.

25

Punika candhakipun gêndhing Sukautama. Sasampunipun cakêpan mrih wulang wiryaguna, sasuwuking gêndhing pathêt jugag nêm salendro, lajêng buka kados ing ngandhap punika.

swaraning bala gumêrah | angrakit sadaya sami | kang munggwing ngarsa mawarna | samya asaos ing kardi | tuwin ingkang | kadeyan santana sadaya wus kumpul ||

nayaka waktra sumiwa | aglar ing ngarsa | atap prasami | kang para pra | wiratanaya taruna marapit ||

wadya gung lir pendah kadya | ingkang samudra pasang nêlahi | samirana | sumilire ingkang gônda arum ||

wadya ingkang upacara | atap ing wuri mangapit | pucak manik mase | samanik mas ||

minggah

sun tutêna 2 | wadya sadaya raharja | sami raharja | wong agung sami raharja | sun tutêna | têkèng don mukti wibawa |

26

mukti wibawa ||

abra mancur 2 | ujwala pindha baskara | pindha baskara | wong agung ambuwang gônda | ingsun sawang | ing samangkya pambabare | pambabare ||

kêncana mrik 2 | manik intên isi mirah | ya isi mirah | wong agung kang ambêg budya parimarma | samya kinulawisudha | sahadaya ||

wus kêtara 2 | prawira anglir sasmita | saliring karya | wong agung muga tulusa | lêlewane | prabawa gêtêri ati | gêtêri ati | wong agung tulus wibawa mukti ||

Suwuk nuntên mungêl malih (katawang)

sira bênêrakên karya | aja salinca ta kaki | lamun sira nambut karya | aja piturunan kaki | ana kang tinaèki | cawêngahing manahipun | tan enak karyaneka | lamun karya alit kaki | kang anambut karya sampun kêkathahan ||

miwah yèn karya gung aja | kurang kang tumandang kaki | aja kabalik ing karya | aja

27

amrih ilang maring | kabisane ing dasih | yèn sira asung karyèku | kaki prayogakêna | lan dèn sakuwawanèki | karuwan kang tiwas enak sira niksa ||

kang bakit iku linoba | aja tapa maras kaki | kinarya mêmadung gurda | wadung kinarya ni-ani | ya ta katiga bêgti | dènira sami winuruk | tingkah cidraning aprang | wus sumurub sang hyang rawi | radèn kalih sami ngaturan mantuka

No:VI Sarimpi gêndhing Glondhongpring pelog nêm, atêr minggah: bêksa kèngsêr kaping 2, lajêng minggah, dene atêr ingkang tumrap gôngsa makatên. Angsal 2 cengkok, wontên ngajêngakên kênong 3 wiwit ngêlik, ngêlik sapisan langkung sagongan, panggenan cakêpan: tumuwuhing kamuktyan pinudyeng janma (5 cengkok) wirama nêsêg minggah. Minggah ladrang Gudhasih kêndhang 2.

Sasampuning minggah, bêksa gênjotan kaping 2

28

utawi mênawi sambêran kaping 2 (3 likan langkung sagongan) panggenan cakêpan: wanudyendah kauparêng, wirama nêsêg dhawah katawang Sumêdhang, taksih kêndhang 2 (katawang Sumêdhang ngêlik panunggul trus jantur).

a. Atêr lami

Katawang Sumêdhang, angsal 2 likan, ngadêg. Ngadêg angsal 5 gong jantur, jantur angsal 2 likan, ngajêngakên 3 likan, ngadêg. Lajêng ngunus kêstul, 6 gongan saking ngadêg wau, ngêstul. Bibar ngêstul rakit. Mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn kèndêl kênong 2, ngajêngakên kênong 3 merong Glondhongpring. -o-

b. Atêr anyar

Katawang Sumêdhang punika atêr jantur bêksa kalang kinantang kaping 2, inggih punika sagongan, bibar gong panggenan kênong: jantur, jantur 2 likan, bêksa mênjangan ranggah lajêng kènjèr mundur bêksa ngadêg sadaya (botên jantur), angsal salikan jantur malih, bêksanipun kados kasbut nginggil, dalah atêr ngadêg ugi sami, dumugi cakêpan: nèng kotara ingkang kaping 2 lêt sagong, inggih punika gong ngajêngipun (panggenan sêla botên sindhen) bêksa ngêstul, bibar ngêstul lajêng rakit, angsal 2 likan dhodhok suwuk.

[0]

Gêndhing Anduk

sarêng anduk duk parêng alok amanah | tan kewran Jayènggati | angamuk anyakra | kinarocok ing watang | jaja wadana krêp kanin | pating paluncar | rudira kanan kering ||

Rahadèn Jayenggati kêna ing gêlar | anèng rêngganing èsthi | palana lêlawak | saastra sikêping prang | duduk sarampang marapit | calana seta | kang raka mangke mijil ||

êndhe, kang akampuh | babo sutra wilis | wong agung babo | êla-êla | dhe lata krêsna | kang kinarya | êndhe | pacangkraman 2 | tibane | lara kawula 2 | wong agung 2 lara kawula | sumbalinga yèn katona dadi lara | dadi

[0]

edan baya | wong agung ||

kaduk manis kaduk manis | sapanên balabur gêndhis | dhe, sapanên | wisangkara 2 guladrawa adhuh pinasthika | guladrawa atandhing atêmah tirta | atêmah tirta | wong agung 2 atêmah tirta | sumbalinga yèn katona dadi lara dadi edan baya | wong agung ||

Babar Layar

adhuh mas ayu ing palayaran 2 | bok rara ing palayaran | alara dènira nangis anangis pinggir pasisir | sarwi cawuk-cawuk banyu | lan asili-sili wêdhi | pan alulur-lulur suku | kudu milu maring jothang | ing jothang larang tambangan tambangane rara dhenok | palayaran dhuh mas ra dhuh babo ||

mudhik milir | adhuh paraune nora mampir 2 | lah mampira manjuragang sun milu sak parani-

[0]

ra | têkèng paran manjuragang 2 | suka dolên jajakêna | suka urup urupêna | bok rara ing palayaran dhuh mas ra | dhuh babo | ing palayaran | palayaran dhuh mas ra dhuh babo ||

pamakêna | adhuh rampaking palwa alayar 2 | lir krêndha ing palayaran kumêdhap layare motha | ya uncal-uncal kumbala | palayaran dhuh mas ra dhuh babo | ing palayaran ||

Kèndêl ing pathêt nuntên buka têbah jaja

têbah jaja paran polahe kang kari dhe | babo | patra wisa parangjaja ing juwita | adhuh mati kangên susunan kawula | ing kawula | wong agung babo | ing kawula 3 | adhuh mati | kangên susunan kawula ||

lah kantuna kang asawang rumisari

[0]

dhe | babo | mênyan seta paja-paja ing wardaya | sampun kangên kawula môngsa lawasa | môngsa lawasa | wong agung babo | môngsa lawasa 2 | sa lawasa | sampun kangên kawula mangsa lawasa ||

nora lawas nanging sira kang kaèsthi dhe | babo | sarah madu kalpuka(5) bôngsa srênggara | witning ingsun alam-alam mati lara | mati lara | wong agung babo | mati lara 3 | puspa lulut sêkar adi ngantariksa | asih ingsun kalintang pan namung sira | pan namung sira ||

[0]

Ing ngandhap punika nêptu taun nêptu wulan, sarta kurup wulan kurup taun parlu ngupadosi tanggal pisan.

Sura 7 - 5 | Sapar 2 - 5 | Mulud 3 - 4 | Rabinguakir 5 - 4 | Jumadiawal 6 - 3 | Jumadiakir 1- 3 | Rêjêb 2- 2 | Ruwah 4 - 2 | Pasa 5 - 1 | Sawal 7 - 1 | Dulkangidah 1- 5 | Bêsar 3 - 5 ||

Alip 1 – 1 | Ehe 5 – 5 | Jimawal 3 - 5 | Je 7 – 4 | Dal 4 – 3 | Be 2 – 3 | Wawu 6 – 2 | Jimakir 3 - 1 ||

Katrangan, ingkang rumiyin nêptu, ingkang kantun kurup.

Nêptu wulan nêptu taun kakêmpalna, lajêng kapetang saking Rêbo.

Kurup wulan kurup taun kakêmpalna, lajêng kapetang saking Wage.

19/9/’58 [Tanda tangan]

[0]

Ing ngandhap punika nêptu wulan kurup wulan, utawi nêptu taun kurup taun, kangge ngupadosi tanggal sapisan, pathokan dintên saking Rêbo, pathokan pasaran saking Kliwon, nêptu wulan kakêmpalakên nêptu taun, kurup wulan kakêmpalakên kurup taun.

Ngandhap punika namaning wulan Nêptuning wulan Kurup wulan Ngandhap punika katrangan namaning taun Nêptuning taun Kurup taun
Sura 7 5 Alip 1 5
Sapar 2 5 Ehe 5 9
Rabingulawal 3 9 Jimawal 3 4
Rabingulakir 5 9 Je 7 3
Jumadilawal 6 3 Dal 4 2
Jumadilakir 1 3 Be 2 7
Rêjêb 2 7 Wawu 6 1
Ruwah 4 7 Jimakir 3 5
Pasa 5 1
Sawal 7 1
Dulkangidah 1 5
Bêsar 3 5

Kurup Rêbo Wage, sêkar Asmaradana.

Alip kurupnya sawiji | ing taun Ehe lêlima | Jimawal lima kurupe | taun Je papat kurupnya | ing taun Dal têtiga | Be tri Wawu kalihipun | Jimakir kurup sajuga ||

26 /10 ‘57

[0]

Sêkar Dhandhanggula

srat punika nêptu taun sasi | lan kurupe taun tuwin wulan | karya madosi tanggale | pisan pathokanipun | dintên saking Arboniyah ri | de pathokan pasaran | sangking Kliwon iku | nêptu sasi kakêmpalna | lawan nêptunira taun dadi siji | kurup sasi lan warsa ||

taun Alip nêptunya sawiji | taun Ehe lêlima nêptunya | Jimawal tiga nêptune | Je pitu nêptunipun | Dal sakawan nêptunerèki | Be kalih nêptunira | Wawu nênêmipun | Jimakir nêptu têtiga | sampun jangkêp taun wolu kang ginusthi | gantya nêptuning wulan ||

Sura pitu Sapare kêkalih | Mulud tri Rabingulakir lima | Jumadilawal nênême | Jumadilakiripun | pan satunggal nêptuning sasi | Rêjêb kalih nêptunya | Ruwah papatipun | Ramêlan nêptu lêlima | Sawa-

[0]

l pitu ing Dulkangidah satunggil | Bêsar nêptu têtiga ||

gantya kurup taun Alip dhingin | pan lêlima etanging kurupnya | nulya santun warsa Ehe | sanga ing kurupipun | Jimawale sakawan nênggih | taun Je tri kurupnya | Êdal kalihipun | taun Be pitu kurupnya | Wawu siji kuruping taun Jimakir | lêlima kurupira ||

Sura lima ing kuruping sasi | Sapar lima Mulude sêsanga | Rabingulakir nawane | Jumadilawalipun | pan têtiga Jumadilakir | tiga Rêjêb pitunya | Ruwah pitunipun | Ramêlan kurup sajuga | Sawal siji Dulkangidah lima nênggih | Bêsar kurup lêlima ||

[Asmaradana]

Sura lima kurupnèki | Sapar lêlima kurupnya | Rabingulawal papate | ing Rabingulakir papat | Jumadilawal tiga | Jumadilakir têtêlu | Rêjêb kêkalih kurupnya ||

Ruwah kurupnya kêkalih | Ramêlan kurup sajuga | Sawal sawiji kurupe | Dulkangidah kurup lima | Bêsar kurup lêlima | lajêng kêmpalna puniku | sajuga Rêbo Wagenya ||

[1]

24/1 ‘57

Ingkang Kagêm ing Taun 1926 atêring bêksa badhaya tuwin sarimpi tumrap ing gôngsa

I. Badhaya gêndhing Tejanata pelog pathêt gangsal.

Ngêlik kaping kalih, gong gangsal, panggenan cakêpan: nabra mulya andhe, amakutha (bêksa rakit) wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah, ngêlik kaping kalih, lêt kalih gongan, bêksa rakit, wirama sêsêg. Panggenan cakêpan atêngara miyos ngasmaradilaga rambah kaping 2 (dados mangsuli kalih gongan) wirama sêsêg dhawah ladrang Sêmbawa, ngêlik panunggul.

Ladrang Sêmbawa angsal papat likan langkung sagongan lajêng êngkyèk, êngkyèk sagongan, bibar êngkyèk panggenan cakêpan:

[2]

gung sihning sang ingkang kaping 2 wirama nêsêg dhawah ladrang Playon gangsal.

Têrus jantur, angsal 3 likan ngadêg, salikan malih (2 nyandhak), panggenan cakêpan, andhe, dhawah lik ngêstul. Bibar ngêstul êlêt 2 gong bêksa êngkyèk kalih gongan, bibar êngkyèk wirama sêsêg, bêksa mindhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn ngajêngakên kênong 2 merong Tejanata, sadaya kêndhang agêng (satunggal).

II. Badhaya gêndhing Sukaharja (Myanggong) pelog nêm. Atêr minggah bilih pambatak sampun mêndhak, panggenan cakêpan: rêmbêsing madu wijiling atapa andana warih, wirama nêsêg minggah (5 cengkok minggah).

3

Sasampuning minggah bêksa lajur, panggenan cakêpan: rinojongan ingêmong sakarsanira. Wirama nêsêg (4 cengkok), dhawah ladrang Surung Dhayung, kêndhang 2.

Ladrang Surung Dhayung angsal tigang cengkok bêksa ngincêng sondhèr wirama nêsêg jantur (dados wontên kênong 1, ngêlik ôngka kalih, 2 likan jantur) bibar ngêlik ingkang ôngka tiga ngadêg, dumugi cakêpan: jroning nendra kacakrabawa badhaya , mêndhak dhodhok suwuk, suwuk tanpa pathêt, lajêng buka katawang Sumêdhang kêndhang 2.

Katawang Sumêdhang, angsal 2 likan, panggenan cakêpan: angarênyêp anêlahi ing kalangyan, anjêmparing lajêng jantur, ngajêngakê-

4

n ngêlik ingkang kaping 6, anjêmparing, dumugi ngêlik ngadêg. Salikan malih panggenan cakêpan: mêsat ngasut ngêstul, bibar ngêstul rakit, mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhenan wontên kênong 2 (kèndêl kênong 2) merong Sukaharja.

III. Gêndhing Kabor Badhaya, pelog nêm. Kalih likan panggenan gong panunggul ingkang kaping 2, bêksa jèjèr pambatak wontên ngajêng, dhawah cakêpan: wiku nata ingkang kaping kalih, wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah, angsal 2 likan, panggenan cakêpan: ing sadasa-dasa, bêksa rakit, wirama nêsêg, dumugi lik ingkang kaping 3, dhawah ladrang Gleyong.

5

Ladrang Gleyong, bibar ngêlik prang amung sapisan. Bibar ngêlik malih langkung sagongan êngkyèk, êngkyèkipun kalih gongan. Bibar êngkyèk mêndhak dhodhok suwuk. Sasuwuking gêndhing kala rumiyin mawi pathêt lasêm, nanging sapunika sampun botên mawi, lajêng buka katawang Sundawa.

Katawang Sundawa 3 likan prang, lajêng jantur, jantur 5 likan prang, angsal 5 likan ngadêg. Lajêng prang, bibar prang jantur, angsal 5 likan ngadêg, lajêng rakit, mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn wontên kênong 2, merong Kabor, sadaya kêndhang satunggal.

Atêr bêksa punika murih cêthanipun, dipun angge tri warna, inggih punika:

1. Saking bêksa, 2. Saking cakêpan, tuwin 3. Saking metang gong. [Tanda tangan]

6

IV. Badhaya gêndhing Kaduk Manis, pelog 6, tata urut kaping 2, lajêng rakit (jèjèr), bibar gong panunggul (7 likan), panggenan cakêpan: upayane darunane sètubônda, wirama sêsêg minggah.

Sasampuning minggah, angsal 3 likan pêcak miring, bibar gong panggenan cakêpan: pêpatahe kang anawung nungsa rêngga, wirama sêsêg dhawah ladrang Kaduk.

Ladrang Kaduk, angsal 2 likan dumugi cakêpan: wong pasaja ingkang kaping 2 bêksa mêndhak dhodhok sadaya wirama sêsêg dhawah katawang Dhêndhagêdhe, têrus jantur.

Dhêndhagêdhe jantur angsal 8 likan, bêksa dhodhok sadaya lajêng ngadêg (mantun jantur), bêksa kêpung sarwi nyêpêng kêstul. Salikan lajêng ngêstul, bibar ngêstul lajêng rakit, mêndhak dhodho-

7

k suwuk.

Lêkas sindhèn wontên buka Kadukmanis, kasbut nginggil kêndhang satunggal.

V. Badhaya gêndhing Mangunharja (Gambirsawit), salendro sanga, bibar ngêlik kaping 2 bêksa tata urut, panggenan cakêpan: rawinarna, ingkang kaping 2 (5 gong) wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah bêksa tata urut ngêntosi sagongan utawi angsal 5 cengkok, bêksa sampun tata urut, panggenan cakêpan: kudhandhangan dasihe nandhang sungkawa, wirama sêsêg dhawah ladrang Utama (kêmbang Tanjung ngêlik barang), kêndhang 2.

Ladrang Utama angsal 3 likan panggenan cakêpan: juwitaning jatmika ingkang sinêdya, ngêstul, kalang kinantang utawi 5 likan dhodhok jantur, jantur angsal 3 likan, panggenan cakêpan: mungup-mungup isthane mawèh sasmita,

8

ngêstul taksih jantur, kalih likan utawi bibar pêcak miring lajêng ngadêg. Rakit mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn bibar kênong 1, ngajêngakên kênong 2 merong Gambirsawit.

VI. Badhaya gêndhing Sinom, pelog barang, atêr minggah bêksa tata urut utawi 6 cengkok, panggenan cakêpan: anggung mendra ing wuwus angaruara, wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah, bêksa tata urut, ngêntosi sagongan utawi angsal 5 cengkok, panggenan cakêpan: lamat-lamat anggung kèpi warnanira, wirama nêsêg dhawah ladrang Singa-singa.

Ladrang Singa-singa, yèn sampun bêksa kêpung sarwi nyêpêng kêstul utawi 5 likan, panggenan cakêpan:

9

barat mijil, ngêstul. Bibar nyangkêlitakên kêstul lajêng mêndhak dhodhok, wirama nêsêg dhawah ladrang Sobrang kêndhang 2 trus jantur.

Ladrang Sobrang angsal 6 likan (7 nyandhak) bêksa dhodhok sadaya lajêng ngadêg (mantun jantur) têrus rakit, mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn bibar kênong 1, wontên kêthuk 2 merong Sinom.

VII. Badhaya gêndhing Endhol-endhol pelog barang, ngêlik sapisan langkung sagongan utawi 6 cengkok, bêksa tata urut, dumugi cakêpan: narpatmaja radèn dhe amargiyuh, wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah, bêksa tata urut ngêntosi sagongan utawi angsal 7 cengkok, panggenan cakêpan: mawiyadi wiyoga raras rumira, wirama nêsêg dhawah ladrang Manis kêndhang 2.

Ladrang Manis 4 likan panggenan cakêpan: kadi nora keron kasêngsêm ing liyan,

10

mêndhak dhodhok suwuk, suwuk pathêt jugag barang, lajêng bawa swara: singa tirta kawi dhayoh wananggita, katampèn ing gêndhing katawang Santribrai kêndhang 2.

Katawang Santribrai dhawah lik têrus jantur, angsal 3 likan (4 nyandhak) ngadêg, lajêng rakit, mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn wontên kênong 2, mèrèng(6) Endhol-endhol.

VIII. Badhaya gêndhing Duradasih (kêmanak), yèn sampun dumugi cakêpan: puput pati tan kondur adarbe karsa, bêksa mêndhak, wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah, dumugi cakêpan:atêlasan yèn sampun anuwun pada, bêksa tata urut, wirama nêsêg dhawah ladrangan. Dumugi cakêpan: bêndunira sun maninih yèn adosa, bêksa mêndhak dhodhok suwuk, suwuk pathêt salendro manyura jugag, lajêng bawa swara: saya nêngah dènnya adus, ka-

11

tampèn ing gêndhing katawang Kinanthi Duradasih kêndhang 2.

Katawang Kinanthi angsal 2 pada, panggenan cakêpan: katawêng unthuking warih, jantur, jantur angsal 2 pada, panggenan cakêpan: lir endhang-endhang maladsih, ngadêg, bêksa kêpung sarwi nyêpêng kêstul, panggenan cakêpan: yèn kinêmbang layonira, ngêstul, bibar ngêstul rakit. Dumugi cakêpan: baya daulating dasih, dhodhok suwuk.

IX. Gêndhing Pangkur Badhaya laras salendro manyura (kêmanak), dumugi cakêpan: lêngkawa angawêng wetan kêkuwunge anêlahi, dhodhok suwuk, suwuk pathêt manyura jugag, lajêng bawa swara: padhang bulan kakêncaran sêdhênging purnama sidhi, katampèn ing gêndhing Kinanthi.

Kinanthi angsal 4 pada, panggenan cakêpan: baya kasusahan wuyung, walung rineka janma, wirama nêsêg, dumugi gong dhawah ladrang Kê-

12

mbangpepe kêndhang 2.

Ladrang Kêmbangpepe angsal 9 likan, bêksa kêpung sarwi nyêpêng kêstul, dumugi cakêpan: kalênglêngan kaluting lara wiyoga, dhawah gong ngêstul. Bibar ngêstul rakit, 4 likan panggenan cakêpan: kudhandhangan dasihe kedanan dika, dhodhok suwuk.

Ing Ngandhap punika Bêksa Sarimpi

I. Gêndhing Anglirmêndhung pelog barang (kêmanak) dumugi cakêpan: binusanan murub adi, wirama nêsêg, santun cengkok. Mênawi sampun dumugi cakêpan: tulusêna muktisari awibawa tulusa suka wiryaa, dhodhok suwuk, suwuk pathêt jugag pelog barang, lajêng bawa swara: sri narendra kang minulyèng jagad raya, katampen ing gêndhing katawang Langên Gita Anglirmêndhung kêndhang 2.

Katawang Langên Gita angsal 2 likan, panggenan cakêpan: babo-babo karya wulang, jantur angsal 2 likan, panggenan cakêpan: babo-babo supayantuk, ngadêg salikan malih,

13

panggenan cakêpan: wong ngawula ing ratu no, jantur, jantur angsal 2 likan, panggenan cakêpan: roning tanggung bêbasan tanpa maleca, ngadêg.

Ngadêk angsal 2 likan, panggenan cakêpan: babo-babo gusti iku, ngêstul. Bibar ngêstul rakit, angsal 2 likan mêndhak dhodhok suwuk.

II. Sarimpi gêndhing Lobong salendro manyura 8 cengkok utawi bêksa kèngsêr kaping 4, wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah, bêksa Gênjotan (alok) kaping 2, lajêng nyampirakên sampur ing pundhak kiwa têngên (ridhong), utawi 6 cengkok, pangenan cakêpan: dhe trênyuh tyasnya rêmak-rêmpu kaparjaya, wirama nêsêg dhawah ladrang Kôndha Manyura, kêndhang 2 trus jantur.

Kôndha Manyura angsal 2 likan mantuk, ngadêg, gêndhing ngêlik jantur malih, ugi 2 likan, ngadêg, angsal sagongan ngêstul. Bibar ngêstul rakit 1 likan mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn ngajêngakên kênong 3, gong ingkang kaping 2, merong Lobong.

14

III. Sarimpi gêndhing Sangapati pelog barang, angsal 5 cengkok bêksa kèngsêr kaping 2, panggenan gong jôngga wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah angsal 4 gong, bêksa gênjotan sapisan, angsal 2 gong, lajêng mêndhak dhodhok sadaya, wirama nêsêg dhawah katawang Longgor Lasêm kêndhang 2.

Longgor Lasêm angsal 3 likan, bêksa mêndhak dèrèng jantur, janturanipun ngêntosi bilih sampun ngadêg sawêg jantur, badhe jantur wiramanipun kêdah radi sêsêg. Jantur angsal 2 likan ngadêg. Ngadêg angsal 2 likan bêksa mêndhak, ngadêg jantur kados ing nginggil wau, jantur angsal 2 likan ngadêg, ngadêg angsal salikan, panggenan cakêpan: anitèni kang bêcik lawan kang ala, ngêstul. Bibar ngêstul rakit mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn wontên katawang Longgor Lasêm.

IV. Sarimpi gêndhing Gambirsawit (Jalmakuda) salendro 9. Atêripun bêksa, kèngsêr kaping 2 minggah, dene atêripun gôngsa makatên. Tigang cengkok sawêg ngêlik, bibar ngêlik langkung sacengkok, panggenan cakêpan: dha baskara babo lir tan napak, wirama nêsêg minggah.

Sasampuning minggah angsal kênong 2, wirama nêsêg dhawah ladrang Gonjang-ganjing Letho kêndhang agêng (satunggal).

15

Gonjang-ganjing angsal 5 likan, 6 nyandhak dhawah êndhe ngêlik ngêstul. Angsal sagongan lajêng jantur. Jantur angsal 2 gong, dhawah ngêlik êngkyèk, êngkyèkipun kalih gong, bibar êngkyèk trus ngadêg. Ngadêg angsal 3 gong ngêstul. Gong ngajêng(7) jantur, jantur angsal 2 gong êngkyèk, êngkyekipun ugi 2 gong, bibar êngkyèk trus ngadêg. Ngadêg angsal 2 gong (dhawah lik) êngkyèk, êngkyekipun ugi 2 gong, bibar êngkyèk mêndhak dhodhok suwuk.

Lêkas sindhèn kèndêl kênong 1 ngajêngakên kênong 2 merong Gambirsawit.

V. Tamènggita P 6, kèngsêr kaping 2 (cengkok ompak) wirama nêsêg minggah, sasampuning minggah bêksa gênjotan sapisan utawi cengkoking gêndhing panggenan cengkok barang ingkang kaping 2, wirama nêsêg dhawah ladrang Winangun pelog barang kêndhang agêng.

Ladrang Winangun angsal 2 likan langkung sagongan ngêstul trus jantur, yèn sampun bêksa Mênjangan Ranggah, lajêng êngkyèk 2 gongan, bibar êngkyèk êlêt 2 gongan ngadêg. Ngadêg angsal salikan langkung sagongan ngêstul, trus jantur, yèn sampun bêksa Mênjangan Ranggah, lajêng êngkyèk 2 gongan, bibar êngkyèk êlêt 2 gong ngadêg. Ngadêg êlêt sagongan lajêng êngkyèk 2 gong, bibar êngêngkyèk(8) mêndhak dhodhok suwuk, lêkas sindhèn winangun.

Taksih wontên candhakipun ing kaca 27.

------------------------------------------------------

(1) Rêtna (dan ditempat lain)

(2) kaya ngimpi anganggolong sarasdika

(3) darbea

(4) Sengkalan: catur nir ngèsthi nata (Senin Pon, 1 Ruwah 1804 A.J., sic. Kamis, 2 September 1875 A.D.)

(5) kalpika

(6) merong

(7) lajêng

(8) êngkyèk