Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279

Katalog:Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279
Sambung:
1.Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279. Arsip dan Sejarah | Galeri #337.
2.Koleksi Warsadiningrat (MDW1892a), Warsadiningrat, 1892, #279. Bahasa dan Budaya | Karawitan #52.

[Sampul depan]

[0]

Kasêrat anggènipun nêdhak amarêngi ing dintên Arbo Paing, tanggal kaping 29 wulan Ramêlan ing taun Jimawal ôngka 1821.

Rampunging panyêrat ing dintên Kêmis Pon kalêrês prêpêgan badhe bakda Siyam.

[0]

Sangat

Ôngka jam

Nabi

6

7, 8

9, 10

11, 12

1, 2

3, 4

Ôngka tanggal

Wiwit jam nêm enjing ngantos jam sakawan sontên, lajêng kangge sadalu muput

Wiwit jam nêm enjing

Pitutur

Amat

Kalangan

Jabarail

Pacakwêsi

Ibrahim

Salamêt

Yusup

Rêjêki

Ngijrail

1

6

11

16

21

26

6

Rêjêki

Jabarail

Pitutur

Ibrahim

Kalangan

Yusup

Pacakwêsi

Ngijrail

Salamêt

Amat

2

7

12

17

22

27

6

Salamêt

Ibrahim

Rêjêki

Yusup

Pitutur

Ngijrail

Kalangan

Amat

Pacakwêsi

Jabarail

3

8

13

18

23

28

6

Pacakwêsi

Yusup

Salamêt

Ngijrail

Rêjêki

Amat

Pitutur

Jabarail

Kalangan

Ibrahim

4

9

14

19

24

29

6

Kalangan

Ngijrail

Pacakwêsi

Amat

Salamêt

Jabarail

Rêjêki

Ibrahim

Pitutur

Yusup

5

10

15

20

25

30

[0]

Jumungah Paing kaping 22 Mulut Je 1822 balapan kapal





Ôngka Tanggal

Wiwit jam nêm enjing pêndhak jam 6

Sinta

Landêp

Wukir

Kurantil

Talu(1)

Gumbrêg

Warigalit

Warigagung

Julungwangi

Sungsang

Galungan

Kuningan

Langkir

Môndhasiya

Julungpujud

Pahang

Kuruwêlut

Marakèh

Tambir

Mêdhangkungan

Maktal

Wuye

Mênail

Prangbakat

Bala

Wugu

Wayang

Kulawu

Dhukut

Watugunung

Nêm kapitu sadha kasa iki patang puluh siji dinanira dhêstha karo tri likure kalima lan kawolu ngênêm likur dina winilis kapat kawan kasanga iya lima likur sapuluh lawan katiga iya sami patlikur dina winilis tumbuk kawolu kapat

Gunggung wuku 30

1

2

3

4

5

6

7

8

9

10

11

12

13

14

15

16

17

18

19

20

21

22

23

24

25

26

27

28

29

30

No 1

Ôngka Urut Namaning kawi Katrangan Pangerang-eranging wicalan
1 eka satunggal kuda ngrêrab pandêngan
2 dwi kalih kang kombang anglèng ing tawang
3 tri tiga kang lêmbu nusu ing nginganke jarwane
4 catur sakawan baita sumêngkèng ardi
5 pônca gangsal baita amot sagara
6 sad nênêm wêlut kang anglèng ing parang
7 sapta pitu èngangsu pikulane banyu
8 hastha wolu amèk gêni anggawa damar
9 nawa sanga ngambil banyu pikulane warih
10 dasa sadasa sume wastra gumêlar kathah

Punika katranganipun ing kuwatakane taun tuwin pangerang-eranging taun.

Eka=bumi, dwi=lawang,(2) tri=gunung, catur=sagara, pônca=bawa,(3) sad=panganan,(4) sapta=prang, hastha=layanga, nawa=dahana, dasa=nata.

Eka=bumi, watake gumingsir.

Mênggah punika ingkang wasta dasanama kang dipun jarwakakên.

No 2

Ôngka urut Pangerang-erangipun Ôngka katrangan Ing watakipun tuwin têgês
1 Eka bumi | yèn ana ratu jumênêng sirah 1 Gumingsir | sarate ngaliha kadhaton akèh sungkawa
2 Dwi lawang jalma | yèn ana ratu jumênêng sirah 2 larang pangan wong cilik akèh susah atine tanpa krana sah sangking sagsana
3 Tri pandhita jalma | yèn ana ratu jumênêng sirah 3 akèh wong padha ngalih ing pomahane lawan ika mau ujare, baita amot sagara
4 Catur palwa | yèn ana ratu jumênêng sirah 4 kabèh wong cilik dagang tan ana cuwa, ywana ratune kayu gung gumuling
5 Pônca tawang | yèn ana ratu jumênêng sirah 5 akèh gara-gara, lan kayu gêdhe akèh rubuh dasa namane kasênên satu aglar ing pangenan
6 Sad panganan(5) | yèn ana ratu jumênêng sirah 6 tulus kang sarwa tinandur, murah sandhang pangan, wong cilik padha suka atine
7 Sapta prang dewa yêksa
yèn ana ratu jumênêng sirah pitu ana prang gêdhe, lan akèh sadulur gèsèh atine.
8 Hastha ngrêngga bratayuda
yèn ana ratu jumênêng sirah wolu ana prang gêdhe, wong cilik padha bakah lan sêntanane, êndi kang adoh

No 3

Namaning Pangerang-erang Ing watakipun
Nawa dahana marga sonya tan sêbawa Yèn ana ratu jumênêng sirah sanga, panas parentahe, lan akèh wong padha laku dursila, nganiaya.
Dasa sapuluh, ratu satriya sêdhêng wastra gumêlar] Yèn ana ratu jumênêng sirah sadasa, rêja nagarane, sabarang anggon-anggone kawula ana kabèh, murah kang sarwa pinangan.

Namaning wulan sakpangerang-erangipun Katrangan taun Watakipun
Sura 1 | Akat, winastan Dite tênaba Klabang Kathah êrah wutah
Sênèn, winastan Soma wrêcita Cacing Kathah tiyang sakit sangêt tanpa krana
Salasa, winastan Anggara rêkatha Yuyu Kathah udan angin
Rêbo, winastan Buda maesa Kêbo Kathah tanêman sami gêring, kêkathahên toya
Kêmis, winastan Rêspati mituna(6) Mimi Kathah jawah lan barat
Jumungah, winastan Sukra mangkara urang Kathah udan lan angin atis
Sêtu, Tumpak maenda Wêdhus Kathah tanêman sami purêt ludhês datanpa krana

Dene ingkang kasbut ing nginggil punika, kuwatakanipun sadaya kang gumêlar ing jagad. Manungsa, patik(7) iwèn, satu kewan tuwin ingkang bangsaning gumrêmêt gumêlar ing alam dunya.

Dados tôndha têngêripun

No 4

Eka bumi, watake gumingsir.

Yèn ana ratu jumênêng sirah siji sarate ngaliha kadhaton

Dwi lawang jalma akèh sungkawa

Yèn ana ratu jumênêng sirah loro, watake larang pangan, wong cilik akèh susah atine datanpa krana.

Tri pandhita jalma sah sangking sêksana

Yèn ana ratu jumênêng sirah têlu, watake akèh wong padha ngalih ing pomahane lawan ika mau.

Catur palwa baita rêmuk samodra

Yèn ana ratu jumênêng sirah papat, watake akèh wong cilik adagang ora nana cuwa, sôngka yuwananing ratune.

Pônca tawang kayu gung gumuling

Yèn ana ratu jumênêng sirah lima, watake akèh gara-gara, lan kayon ingkang gêdhe-gêdhe akèh padha rubuh.

Sad panganan(8) kasênên satu(9) aglar ing pangonan

Yan(10) ana ratu jumênêng sirah nêm, watake tulus kang sarwa tinandur, murah sandhang lawan pangan, wong cilik padha suka atine.

Sapta prang dewa yêksa

Yèn ana ratu jumênêng sirah pitu watake ana prang gêdhe, lan akèh sadulur gèsèh atine.

Hastha raja ngrêngga bratayuda

Yèn ana ratu jumênêng sirah wolu, watake ana prang gêdhe, wong cilik padha bakah lawan sêntanane, êndi kang adoh.

No 5

Punika pratelanipun ing windu cacah sakawan iji tuwin mêndhêt ngalamatipun.

Ingkang rumiyin nama windu Sancaya, panggenanipun wontên lèr kilèn, watakipun kathah nagari risak, yèn wontên mêngsah dhatêng sangking êlèr kilèn, ngalamat risak nagarinipun. Yèn wontên ratu jumênêng windu Sancaya botên awèt panjênênganipun ing ratu.

Kaping 2 nama windu Adi

Panggenanipun wontên kidul wetan. Mênggah watakipun kathah kasupèn dhatêng tiyang sêpuhipun. Yèn wontên ratu ingkang jumênêng windu Adi, botên awèt ing panjênênganipuning(11) ratu.

Kaping 3 windu Kunthara

Manggèn wontên kidul kilèn. Watakipun botên wontên pandamêlan pêrang, ananing angsal satêngah windu wontên gêgêring agêng, yèn wontên mêngsah dhatêng sangking kidul kilèn awrat sanggènipun. Yèn wontên ratu jumênêng windu Kunthara, punika sae, apanjang panjênênganing ratu.

Kaping 4 windu Sangara

Lèr wetan panggenanipun. Kuwatakanipun botên wontên ing pandamêlan pêrang, nanging salêbêtipun angsal satêngah windu, awis têdha, yèn wontên mêngsah sangking lèr wetan ngalamat bêdhah nagarinipun. Yèn wontên ratu jumênêng windu Sangara sae tur yuwana, awèt anggenipun jumênêng ratu.

No 6

Punika kuwatakanipun ing taun. Yèn wontên rare lair amanut ing taun sadaya gadhah watak.

Ingkang rumiyin taun Alip. Bayi lair kêdah lêrês sêdhêng rècèhe lan rêsik pikire, isinan botên dahwèn.

Kaping 2 taun Ehe

Watakipun kathah ingkang dipun manah, sangking kêkathahên manahipun, carobo salêbêtipun manah, wêgig manahipun, sabar ananging gih kakên.

Kaping 3 taun Jimawal

Pamanahanipun nuwaladhung momot lan jatmika, tuwin sagêt simpên kumêt donya.

Kaping 4 taun Je

Cêcatur tuhu têmên têmbung kiyas batin kakên kirang wasis tur limrah manahipun.

Kaping 5 taun Dal

Watakipun rêmên ngisis. Molah lilan botên pradulèn. Rêsik lair batine.

Kaping 6 taun Be

Watakipun mangêthoproh madon. Sok murungake bakal balubut.

Kaping 7 taun Wawu

Watak wêwah wicaranipun. Awon lan sae kirang guwaya, yèn kirang wulang calimut cangkêm karut.

Kaping 8 taun Jimakir

Watakipun dhiri angkuh amêm wicaranipun, angur dèn sanjanan aja marang liya.

No 7

Punika malih kuwatakanipun ing wulan, kang tumrap manungsa lair, ing solah-bawanipun kêdah manut ing kawatakanipun wulan Sura.

Kang rumiyin wulan Sura, limrah manahipun, budi antar, kakên botên dangu, sanakipun tiyang ngapusi.

Kalih wulan Sapar, kirang guwayanipun, yèn kèndêl lêngus, manawi juwèh srudag-srudug, kirang tatakramine.

Kaping tiga Mulut, pintêr, dipun rêmêni mring wong agung, bekane dhiri lan wong wadon ala.

Kaping sakawan Rabingulakir, têmên sêca(12) tuhu, dèn rêmêni marang tiyang tani, nandur sabarang tulus, nanging busuk pikiripun.

Kaping gangsal Jumadilawal, sagêt wicara, sêmu sêmbrana, parikêna tiba sêmu pikire, saru sanake wong ngapusi.

Kaping nêm Jumadilakir, manahipun botên lana, monyar-manyir parêngane, wong sugih kudu olèh.

Kaping pitu Rêjêp, busuk cukêng sugihan lalèn, sanake wong tani, yèn nêsu sok kasupèn.

Kaping wolu Ruwah, prasaja pikire, lumrah nalare, nora bêtah luwe, sanake wong ngapusi.

Kaping sanga Siyam, antêng pikire, bêtah luwe wani kari, miwah barang karya alon, yèn wani mundur isin.

Kaping sadasa Sawal, loma buja pikir, bisa ngenaki ati, sanake wong jurjana,(13) culika.

Ping sêwlas Dulkangidah, antêng jinêm bisa simpên wadi, lan momot sanake, wong ngula pandhita, pujôngga.

Kaping kalih wêlas Bêsar, manis pasêmone, tur guna nora kêtara, kangge para agung-agung.

No 8

Punika kawining aksara kalih dasa, satunggal-tunggalipun dados namaning para tiyang, kabêkta kuwatakane ing tiyang sadaya.

HA : kèh wiragane, kang brêmara angling kitir dining maruta, wong jênêng agsara HA iku tan kêna kaungkulan budi, tan kêna pinoyokan, yèn kabênêran atine dijaluki awèh, yèn nêsu tan ana kang winêdenan.

NA : nanglèng sang wiru munggèng tumamèng yuda, surak gya nêmpuh ngalaga. Wong jênêng agsara NA, iku yèn ngucap kaduk kuwanène, ngatogakên ing nêpsune, yèn nêsu tan kêna ingalah, samane miwah lêluhure kang ngungkuli awake.

CA : catur parangmuka tumêmpuh kadya tan kalok ing panantang. Wong kang jênêng agsara CA, iku yèn èstri candhala kumèdhêp marang kakunge, aparentah kaku rumakêt lamun sêsanakan, nora lana kuwanène, iku wijile wong ala.

RA : rata sêmpal, kèdhêgan jagade kentir gumuruh. Wong jênêng agsara RA iku pintêr, aririh putungan atèn, yèn nêsu gêlis lêjare, lan sêmbrana pangucape iku.

KA : kongkang muni anyamêlèng, ngêlèng pan kogêla dadya mamrih kiwul. Wong jênêng agsara KA, iku ladak, wêkasane luwih bungah, yèn dèn ompak saingga Dasamuka, ing watake uwong iku.

DA : daliwara liwêran munggèng rana, kang turôngga tumamèng yuda, nêmpuh sura madilaga. Wong jênêng agsara DA iku èsêman yèn angling, bêbudène momotan. Katara barang karêpe, kêndêl pêrang, kêpara rabèn mungguh watêke wong iku.

TA : lawang pandhita, mumbul wiyati, sêkar sumawur sêkar kentir kèdêra

No 9

n ing angin, awor kumrisiking kang wuluh gadhing. Wong jênêng agsara TA, iku nawang-nawangakên alising ati, lan bêcikaning uwong, pangucape nora kêna ujar luput, ora ala, ora bêcik, kalêbu wong sêdhêng.

SA : sat mata tanggal sapisan. Saliring kawi mangingsêp ing kadhaton, ing ngabyantara prabu watêke, wong jênêng agsara SA, iku wasis samubarang kardi, lêmbut budine, madya pangucape, kuwanène uwong iku.

WA : wukir malela kadya cêmara kumrusuk awor kumrisiking kang wuluh gadhing. Wong jênêng agsara WA iku angkuh, nyênyêp pangucape, watake wongan macan mamitra datan lana, yèn nêsu lir macan tanpa kering.

LA : lina suksma salira mati, warêg tangkêpnya mangrêngkuh teja, gyanyar makuwur. Wong jênêng agsara LA iku anduwèni angkuh, yèn sêsanakan nora lana, bêbudène andhap, tan ana pangarahe, yèn nêsu anglir dênawa.

PA : punggêling buroning laron, môngsa gundhik. Wong jênêng aksara PA, iku cugêtan atèn, tan kawêtu ora lana ing karêpe, yèn wadon larang anak, pikire carobo, mulang sarak mring sudarmane, yèn aprang ajirèh, datan patut kinathik.

DHA : saguna lena anguwuh manyura, ing banyu kewran ing samubarang. Wong jênêng agsara DHA iku susahan atèn, guna ririh mantêp larang pikire, tur kêndêl kantêpane sêcatuhu.(14)

JA : jaliwara sang narpati amanah sarira rata, wah mangkule jalan thathit. Wong kang jênêng agsara JA iku lêmbut budine, anggawa danane, kagungan kèndêl lan arêngu ambêking kang wong.

YA : yagiri amênggah amilih atine, tansah akewuhan. Wong

No 10

kang jênêng agsara YA iku alêngus tur goragodha, mulane susahan atèn.

NYA : nya mênggah gêdhe mungguh akathah wani mati ing rananggana. Wong jênêng agsara NYA iku gumisa kumawa ing batine tur nora pêcus.

MA : magêlah gila mangigêl gêlunging jagad. Kawidara widadari, samya mangalap. Wong jênêng agsara MA, iku agêdhe budine, ajênjêm bèr budine, mantêp ing ngayuda, pikir kumawa angêlun.

GA : gajah gadhingnya kagiri-giri, mangkrak lir singa nabda, kaduk ing ôndakara. Wong jênêng agsara GA, iku sugih nêpsu, kakon atèn panasbaranan, yèn rabi lola salah sawijine.

BA : binuwang ing parang rèjèng, dinulu andalêmi, pinaranan bayanaronge. Wong jênêng agsara BA, iku yèn wadon amênêng, agêdhe atine, yèn ala kaliwat, yèn bêcik kaliwat, lan sri gunung sinawang têka kadohan dupi pinaranan ala.

THA : thathit môndraguna wuwuh kalbunya, kewran sabarang rosa. Wong jênêng agsara THA, iku bodho kalingan pintêr, munggah ompakan, lomane sabarang lalèn.

NGA : ngongkang kadya cêmara gêgêta, kewraning galih lila lalah. Wong jênêng agsara NGA, iku bodho cêmurit.

Sampun têlas ing watakanipun agsara 20.

No 11

Punika kuwatakanipun ing taun wulan sapisan.

Sura wulan kaping sapisan ing dintên Akat, Dite Tênaba, têgêse taun klabang, watake akèh gêtih wutah sangking sabda.

Yèn wulanipun Sura Sênèn, Soma wrêcita, têgêse taun cacing, watake kathah tiyang sakit sangêt datanpa krana.

Yèn wulan Sura dintên Salasa, Anggara rêkatha, têgêse taun yuyu, watake kathah jawah lawan angin.

Yèn wulan Sura dintên Rêbo, Buda maesa, têgêse taun kêbo, watake tanêman sami gêring, sabab kêkathahên toya.

Yèn wulan Sura dintên Kêmis, Rêspati mintuna, têgêse taun mimi, watake kathah jawah lan barat.

Yèn wulan Sura dintên Jumungah, Sukra mangkara, têgêse taun urang, watake kathah udan lan angin atis.

Yèn wulan Sura dintên Sêtu, Tumpak maenda, têgêse taun wêdhus, watake tanêman kathah sami puput ludhês datanpa krana.

Mênggah ingkang kasêbut nginggil wau, kangge tumrap dhumatêng sadaya manungsa tuwin pitik iwèn satu kewan kang gumêlar ing jagad.

Yèn botên kaparêng kemawon, sampun sami maibên sêrat.

No 12

Punika lampahipun naga dintên, kaangge ngupados jampi tuwin kangge tiyang kasukan, saha kadamêl akêkesahan sae.

Ing dintên Akat, sirah wontên kilèn, buntut wontên wetan.

Ing dintên Sênèn, sirah wontên kidul, buntut wontên êlèr.

Dintên Salasa, sirah wontên wetan, buntut wontên kilèn.

Dintên Arbo, sirah wontên lèr, buntut wontên kidul.

Dintên Kêmis, sirah wontên lèr wetan, buntut wontên kidul kilèn.

Yèn dintên Jumungah, sirah wontên êlèr kilèn, buntut kidul wetan.

Ugi ing dintên Saptu, sirah wontên kidul kilèn, buntut lèr wetan.

Punika sangaran taun punapa wulanipun Sura, sampun ngantos purun nrajang, lan sangaran wulan tuwin lênggahing naga, sampun ngantos nrajang nêdha jampi, makatên malih yèn badhe krêsa tirah, tamtu botên priyogi, saha kesahang.(15)

Bêsar, pêthit lèr, sirah wetan

Sura, jatingarang kidul

Sapar, sangar Sêtu Akat

Mulud, Rabingulakir, Jumadilawal, pêthit lèr wetan, sirah kidul, jatingarang kilèn, sangar Sênèn Salasa.

Jumadilakir, pêthit kidul, sirah kilèn.

Rêjêb, jatingarang lèr

Ruwah, sangar Rêbo Kêmis.

Ramêlan, Sawal, Duklangidah, pêthit kilèn, sirah lèr, jatingarang wetan, sangar Jumungah.

No 13

Punika tampining môngsa, wanci têngange, layanganipun kapêcakan, minôngka tatêngêran. Ing ngandhap punika pratelanipun:

Ôngka Urut Namaning môngsa Umuring môngsa Katrangan sangking pêkênan Wêdalipun Pratelanipun Ôngka
1 kasa 41 Wage 4 pêcak 3
2 karo 23 Kliwon 8 pêcak 2
3 katêlu 24 Paing 9 pêcak 1
4 kapat 25 Paing 9 tumbuk
5 kalima 27 Wage 4 pêcak 1
6 Kanêm 43 Wage 4 pêcak 2
7 kapitu 43 Kliwon 8 pêcak 1
8 kawolu 26 Lêgi 5 tumbuk
9 kasanga 25 Lêgi 5 pêcak 1
10 kasadasa 24 Pon 7 pêcak 2
11 dhêstha 23 Kliwon 8 pêcak 3
12 sadha 41 Pon 7 pêcak 4

No 14

Punika ugi môngsa, wanci asar lêlayanganipun, kêdahing

Ôngka pêcak Layangan ing katranganipun Namaning côndra ingkang môngsa
10 wontên kidul kang sotya murca ing êmbanan
9 wontên kidul kang bantala rêngka
8 wontên kidul kang suta manut ing bapa
7 tumbuk kang waspa kumêmbêng jroning kalbu
8 wontên lèr kang pancuran sumawur ing jagad
9 wontên lèr kang rasa mulya kasucian
8 wontên lèr kang wisa kentir maruta
9 tumbuk pan eram(16) sajroning kayun
8 wontên kidul wêdharing wacana mulya
9 wontên kidul gêdhong minêp sajroning kayun
10 wontên kidul kang sotya sinarawèdi
11 wontên lèr kang tirta sah sangking sagsana

Pancasuda - Panujuman - Iladuni

Dintên Lêgi Paing Pon Wage Kliwon Dintên Kapisan Kaping kalih Kaping tiga Kaping sakawan Kaping gangsal
Akat sumur sinaba wasesa sagara satriya wibawa bumi kapêtak lêbu katiyup ngangin Akat tuna arja kagèt arja agêng cilaka
Sênèn tunggak sêmi bumi kapêtak sumur sinaba wasesa sagara satriya wirang Sênèn tuna arja kagèt arja agêng cilaka
Slasa wasesa sagara satriya wirang satriya wibawa lêbu katiyub ngangin sumur sinaba Slasa tuna arja kagèt arja agêng cilaka
Rêbo sumur sinaba wasesa sagara bumi kapêtak satriya wibawa lêbu katiyub ngangin Rêbo susah arja satruning Allah arja agêng kagèt
Kêmis satriya wibawa lêbu katiyub ngangin sumur sinaba tunggak sêmi bumi kapêtak Kêmis tuna susah arja agêng cilaka kagèt
Jumungah satriya wirang tunggak sêmi lêbu katiyub ngangin sumur sinaba wasesa sagara Jumungah arja pawong sanak satruning Allah tuna arja agêng
Sêtu Bumi kapêtak satriya wibawa wasesa sagara satriya wirang tunggak sêmi Sêtu susah arja satruning Allah arja agêng

No 15

Awake dhewe, pêcak pira srêngengene. Badanipun piyambak, upami kapanggih pintên pêcakipun srêngenge.

Punika têgêsipun ing côndra Namaning môngsa Umuring môngsa
Taru gogrog wrêksa paruthul kasa 41
Bumi rêngka randhu karuk karo 23
Lunglungan nurut lanjaran katêlu 24 tumbuk
Mangsane lagi pêpêt sumbêr kapat 25
Mangsane laron padha barubul kalima 26
Mangsane woh kang lagi anêdhêng kanêm 41
Mangsane pênyakit dhatêng kapitu 41 tumbuk
Mangsane ing kucing gandhik kawolu 26
Gangsir ngênthir garèngpung ngèrèng kasanga 25
Mangsane satu(17) kewan mêtêng kasadasa 24
Mangsane manuk ngloloh dhêstha 23
Mangsane kringêt padha mêtu(18) sadha 41

Kasa, kapitu, wukune môndhasiya

Karo, kawolu, wukune tambir

Katêlu, kasanga, wukune prangbakat

Kapat, kasapuluh, wukune dhukut

Kalima, kasawêlas, wukune kurantil

Kanêm, rolas, wuku julungwangi

No 16

Punika ing watakipun wulan, satunggal-tunggalipun lamun ngêdêgakên griya lan ngêlih griya, ingkang awon tuwin ingkang sae.

Ôngka urut Namaning Wulan Wêdalipun Wulan Katranganing watakipun Wulan
1 Sura 7 kobongan susahan atèn
2 Sapar 2 ngalamat bêcik kèh rewanging uwong
3 Mulut 3 ngalamat gêringan gêlis pêjah
4 Rabingulakir 5 ngalamat bêcik rahayu tulus
5 Jumadilawal 6 ngalamat akèh bêcik kang wong
6 Jumadilakir 1 sanak kang bêcik têka kabèh
7 Rêjêb 2 ana lena satu(19) galak
8 Ruwah 4 winêdèn sarta mêlat sira(20)
9 Pasa 5 bêcik katêkan marang êmas picis
10 Sawal 7 ala, gêlis ngalih sira iki
11 Dulkangidah 1 sugih rêjêki sira iku
12 Bêsar 3 tinêkan kêbo sapi

No 17

Punika tunggil môngsa, kalamun majêng griyanipun

Namaning môngsa Ing ngandhap punika pratelanipun ing watak Umuring môngsa
kasa warêg sabarang karsanya, langkung ing lêstari 41
karo ngalamat tukaran sanak bojone lan tôngga 23
katêlu kabêsmèn kasayaban,(21) kamalingan iku ujaring kuna 24
kapat luwih bêcik tur dinulur sakèhing èstri sira 25
kalima ngalamat sugih putra, tur slamêt ing petanganipun 26
kanêm sugih gawe lan prakara sira iku 41
kapitu watake dhewe, anak putu akèh padha asih 41
kawolu ngalamat kapatèn sira wong èstri sira iku 26
kasonga ngalamat kaprihatinan sira iku ing petunge 25
kasadasa luwih sangking bêcik, watake karêpe kang rahayu 24
dhêstha gêringan datan olèh tômba sira iku 23
sadha nuli susah pisah lan rabi sira, iku jarene kuna 41

No 18

Punika yèn tiyang badhe ngalih griya, ametanga nêptuning dintên pêkênan.

Ingkang sae dhawah bumi yèn kapêt(22) durung kanti sataun ana kang mati.

Katêlu brêkapakan

Jalma kêmalingan, kang pêthi etanganipun.

Bumi, jalma, wana, kapêtak.

Suku - kêsêl

Watu - kêsandhung

Gajah - mênang

Baya - bilai

Ratu - kajèn

Ing nginggil punika petangan lamun lumampah têbih, watake kasamara piyambak.

Ing ngandhap punika petangan pôncasudan. Ngetang nêtuning(23) dintên pêkênan, kinumpulkên dados satunggal, mêndhêt 7

Ôngka
1 kantun satunggal dhawah wasesa sagara
2 kantun kalih dhawah tunggak sêmi
3 kantun tiga dhawah satriya wibawa
4 kantun sakawan dhawah sumur sinaban
5 kantun gangsal dhawah satriya wirang
6 kantun nênêm dhawah bumi kapêtak
7 kantun wilangan pitu dhawah lêbu katiyubing angin

No 19

Ôngka urut

Namaning ing taun

Katranganipun

Namanipun ing wulan

Katrangan

Ôngka
1 Alip 1 1 Sura 7
2 Ehe 5 2 Sapar 2
3 Jimawal 3 3 Mulud 3
4 Je 7 4 Rabingulakir 5
5 Dal 4 5 Jumadilawal 6
6 Be 2 6 Jumadilakir 1
7 Wawu 6 7 Rêjêb 2
8 Jimakir 3 8 Ruwah 4
9 Pasa 5
10 Sawal 7
11 Dulkangidah 1
12 Bêsar 3

Ôngka

Namanipun ing dintên

Katrangan

Namanipun pêkênan

Katrangan

Ôngka
1 Saptu 9 1 Kliwon 8
2 Akat 5 2 Lêgi 5
3 Sênèn 4 3 Paing 9
4 Slasa 3 4 Pon 7
5 Rêbo 7 5 Wage 4
6 Kêmis 8
7 Jumungah 6

No 1

Guladrawa

1. sinta landêp wukir lan kurantil | gara kasih talu gumbrêgira | warigalit warigagunge(24) | gara kasihe julung | sungsang lawan galungan kuning | langkir lan môndhasiya | gara kasihipun | julungpujud nuli pahang | kuruwêlut marakèh lan gara kasih | tambir lan mêdhangkungan ||

2. wuku maktal wuye lan mênail | gara kasih ana ing prangbakat | bala wugu wayangane | kulawu lawan dhukut | tibanira ing gara kasih | jangkêpe tigang dasa | wuku watugunung | paringkêl jalma lêlima | wuku nênêm kang katiban gara kasih | sataun ping sadasa ||

3. nêm kapitu sadha kasa iki | patang puluh siji dinanira | dhêstha karo tri likure | kalima lan kawolu | ngênêm likur dina winilis | kapat lawan kasonga | iya lima likur | sapuluh lawan katiga | iya sami patlikur dina winilis | tumbuk kawolu kapat ||

4. eka sapta môndhasiya iki | duwi hastha wuku tambir ika | tri nawa pêrangbakate | catur dasa ing dhukut | pônca dhêstha wuku kurantil | mila côndra sêsadha | iku têgêsipun | mangsane kanêm lan rolas | wis pinasthi gone wuku julungwangi | iku titining môngsa ||

5. lamun arsa sira mêmetangi | dina akat nêtune lêlima | sênen sakawan nêtune | slasanira têtêlu | rêbo pitu wolu ing kêmis | nênêm dina jumungah | iku yèn pinetung | ing dina sabtu sasonga | sadayane pan kawan dasa kêkalih | iku nêtuning dina ||

6. pasarane yèn dipun petangi | lêgi lima painge sêsonga | yèn lêrês wêruh nêtune | pasar pone pêpitu | wage papat sampun mênêri | kliwon wolu pinetang | têlung puluh têlu | nêtune dina pasaran | yèn ginunggung kumpule dadi sawiji | pitung dasa lêlima ||

7. sura pitu sapare kêkalih | mulut tiga bakda mulut lima | jumadilawal nênême | siji loro kacatur | pasa lima sawal mêtoni | sijine dulkangidah | bêsare têtêlu | sampun têlas yèn pinetang

No 2

yèn ginunggung kumpule taun lan sasi | katêmu sapta dasa ||

Asmaradana

1. sinta patine wong awig | landêp sato wana pêjah | wukir lolodan patine | kurantil dhandhangan ngurag | ing talune punika | pasareyan kèhing wuku | gumbrêge patining wrêgsa ||

2. warigalit jalma lalis | warigagung buron busik | minayu julungwangine | sungsang akèh manuk tiba | galungan wiji gagar | kuningan wrêksa paruthul | aja sira nandur wrêksa ||

3. langkir rare padha wani | ing môndhasiya punika | maesa mati mêgawe | julungpujude mangkana | wadrê anèng bêbara | pahang akèh manuk runtuh | labête tan môngsa wohan ||

4. kuruwêlut kapas agring | mêrakèh barungkah sêmpal | tambir lêsu sarirane | madhangkungan macan gêrah | maktal mina kasatan | wuye pasangane manuk | mênail wiji kapapas ||

5. prangbakat kayu waringin | sêmpal lawan uwitira | bala satriya kaluwèn | wugu sato tan mamôngsa | wayang baya angurag | kulawu kumpuling manuk | labête amôngsa wohan ||

6. dhukut wiji tanna urip | ing watugunung wêkasan | apagêra jaba kabèh | patine wrêksa sadaya | poma dèn kawruhana | ringkêl wuku têlung puluh | lan taliwangkene pisan ||

7. landêp wangke rêbo paing | ing warigalit punika | rêspati êpon wangkine(25) | kuningan sukra wagenya | ing kuruwêlut tumpak | ing kaliwon wangkenipun | ing wuku wuye punika ||

8. soma kaliwon puniki | ing wuku wayang punika | anggara manis wangkene | poma samya kawruhana | kang aran tali bathang | watêke ala tinêmu | sabarang ingkang kinarya ||

9. poma kawruhana sami | ingkang aran tali bathang | awon sabarang panggawe | sakathahing lara roga

No 3

kang aneng ngrêcapada |sadaya pan samya kumpul | anuju dina punika ||

Sinom

1. anênggih sêngkan turunan | ingkang winarna ing tulis | ponang pasaran lêlima | gènira anênêngêri | wage kaliwon lêgi | paing êpon jangkêpipun | nèng wuku tigang dasa | lampahipun gênti-gênti | wuku sinta gone awit lampahira ||

2. petunge ingkang lumampah | lêlima agênti-gênti | kang dhingin sapi gumarang | kuthila kang kaping kalih | ping tigane srigati | asu ajag ping patipun | kaping limane têpas | wus jangkêp kawan prakawis | nèng pasaran lêlima panggenanira ||

3. yèn nuju wage punika | sapi gumarang darbèni | tumurun miwah sumêngka | sapi gumarang darbèni | nulya kaliwonnèki | kuthila bubuhanipun | sumêngka tumuruna | kuthila ingkang darbèni | nulya lêgi srigati kang kabubuhan ||

4. wus jangkêp kawan prakara | sêngkan turunan winarni | apan tumrap wuku sinta | punika gènnya miwiti | gara wage puniki | sêngkane gumarang iku | nuli sukra paingnya | asu ajag kang nuruni | nulya wuku landêp kang adarbe lampah ||

5. ing soma kaliwonira | sêngkaning kuthila pasthi | rêspati poning punika | têpas ingkang anuruni | dite manis puniki | wuku wukir kang lumaku | sêngkaning êsri pratela(26) | nulya buda wage tampi | kang nuruni pratela sapi gumarang ||

6. nuli tumpak paingira | sêngkaning kuthila pasthi | anggara kaliwonira | wuku kurantil gumanti | kuthila anuruni | ing sukra pone puniku | sêngkane ngêpas pratela(27) | anulya ing soma manis | wuku talu punika ingkang lumampah ||

7. turunan srigati ika | nulya wagene rêspati | sêngkaning sami(28) gumarang | taluya ing di-

No 4

te paing | wuku gumbrêg gumanti | turunan ajag puniku | buda kaliwonira | sêngkan kuthila marêngi | nulya tumpak poning ingkang lumampah ||(29)

8. turunan pas kang lumampah | anuli anggara manis | warigalit kang lumampah | anuju sêngkaning êsri | sukra wage gumanti | sapi gumarang tumurun | nulya soma paingnya | sêngkaning ajag wus pasthi | nulya wuku warigagung kang lumampah ||

9. rêspati kaliwonira | sêngkaning têpas duwèni | anulya dipe(30) ponira | ingkang wuku julungwangi | sêngkaning pas sayêkti | ing buda manis puniku | turunan sri prayoga | ing tumpak wage puniki | sumêngkane kang aran sapi gumarang ||

10. nulya gara paingira | wuku sungsang kang gumanti | turunane asu ajag | sukra kaliwone nuli | sêngkan kuthila yêkti | asoma êpon puniku | iku turunan êpas | wuku galungan gumanti | amarêngi rêspati manis dinanya ||

11. sêngkaning êsri punika | ing dite wage marêngi | ing wuku kuningan gantya | sapi gumarang nuruni | buda paing anuli | sêngkaning ajag puniku | tumpak kaliwonira | kuthila ingkang nuruni | anggara pon kang wuku langkir gumantya ||

12. anuju sêngkaning êpas | anulya ing sukra manis | turunan sri kang prayoga | ing soma wage gumanti | môndhasiya puniki | sêngkaning gumarang iku | rêspati pon punika | êpas ingkang anuruni | tumpak manis anggara wage pon buda ||

13. anuju sêngkaning êpas | anulya ing sukra manis | turunan sri kang prayoga | ing wage soma gumanti | môndhasiya puniki | sêngkaning gumarang iku | rêspati paing iya | asu ajag kang nuruni | julungpujut ing dite kaliwonira ||

14. iku sêngkaning kuthila | ing buda

No 5

paing puniki | iku turunane êpas | anulya ing tumpak manis | sumêngkane srigati | anggara wagene iku | wuku pahang lumampah | sapi gumarang nuruni | nulya sukra painge ingkang lumampah ||

15. sasêngkaning asu ajag | soma kaliwone nuli | iku turunan kuthila | rêspati pone puniki | sêngkaning êpas yêkti | ing kuruwêlut gènipun | ing dite manisira | srigati ingkang nuruni | nulya buda wage mrakèh wukonira ||

16. sasêngkan sapi gumarang | anulya ing tumpak paing | turunane asu ajag | anggara kaliwon nuli | wuku tambir gumanti | sêngkaning kuthila iku | ing sukra pon punika | turunane ngêpas yêkti | nulya soma manis wuku mêdhangkungan ||

17. iku sêngkaning sri bêja | rêspati wagene nuli | turunan sapi gumarang | ing dite paing marêngi | sêngkaning ajag yêkti | wuku maktal kang lumaku | buda kaliwonira | kuthila ingkang nuruni | nulya tumpak êpone ingkang lumampah ||

18. punika sêngkaning êpas | anulya anggara manis | turunan srigati bêja | wuku wuye kang nuruni | sukra wage puniki | sêngkaning gumarang iku | soma painge ika | asu ajag kang nuruni | ing mênail rêspati kaliwonira ||

19. iku sêngkaning kuthila | nuli dite pon puniki | iku turunaning êpas | anuli ing buda manis | sasêngkaning srigati | prangbakat wuku lumaku | ing tumpak wagenira | sapi gumarang nuruni | nulya gara painge kang wuku bala ||

20. punika sêngkaning ajag | ing sukra kaliwon nuli | turunanipun kuthila | ing soma pone puniki | sêngkaning êpas yêkti | wukune wugu lumaku | rêspati manisira | punika turunan êsri | nulya dite wagene kang wuku wayang ||

21. sasêng-

No 6

kan sapi gumarang | anulya ing buda paing | turunane asu ajag | tumpak kaliwone ugi | sêngkaning kuthila pasthi(31) | anggara pone puniku | turuning pas pratela | anulya ing sukra manis | sêngkaning sri kulawu wuku lumampah ||

22. nulya soma wagenira | sapi gumarang nuruni | rêspati paing anulya | sêngkaning ajag sayêkti | wuku dhukut marêngi | ing dite kaliwonipun | turunane kuthila | nuli buda pon marêngi | sasêngkane ing êpas iku pratela ||

23. nulya tumpak manisira | ing watugunung jangkêpi | iku turunan sri bêja | wus jangkêp sadaya sami | sêngkan turunannèki | wus tamat sadayanipun | tan wontên kalangkungan | wuku tigang dasa sami | wasanane mantuk dhatêng wuku sinta ||

Santun Sêkar Durma

1. pandangone tumrap wuku tigang dasa | ingkang dipun petangi | wiwit wuku sinta | buda kaliwonira | wiwitan dangu puniki | rêspatènira | nuju jagur sayêkti ||

2. sukranira gigise ingkang lumampah | kerangan amarêngi | ing dite wagenya | wuku landêp lumampah | nohanèng ingkang marêngi | somane wogan | gara tulus sayêkti ||

3. buda wurung rêspati dadi ingetang | sukrane dangu malih | tumpak jagur sira | wuku wukir kang gumantya(32) | etange anuju gigis | soma kerangan | gara nohan wus pasthi ||

4. buda wogan rêspati ingkang lumampah | sukra wurung marêngi | tumpake dèn etang | nuju buda samana | gumantya wuku kurantil | dite ponira | ingetang dangu malih ||

5. dite paing etunge nuju kerangan | somane kang atampi | garanira wogan | ...(33) | budane tulus nampèni | rêspatènira | tibèng wurung sayêkti ||

6. tumpakira etunge wuku galungan

No 7

ingetang dangu malih | kuningan kang tômpa | ing dite woganira | kaetanga kang sayêkti | gigise soma | kerangan gara tampi ||

7. buda nohan rêspatiniraki wogan | sukra tulus nampèni | tumpak wurung tômpa | kuningan uwis sampurna(34) | kang nampèni wuku langkir | dite manisnya | ingetung tibèng dadi ||

8. soma dangu anggara jagur etungnya | budane tibèng gigis | rêspati kerangan | sukranira ing nohan | tumpaking wogan kang tampi | langkir wus tamat | môndhasiya kang tampi ||

9. dite pone anuju lampahnya ngarsa | soma wurunge tampi | anggara ingetang | tibèng dadya etungnya | buda nuju dangu malih | rêspatènira | tibèng jagur winilis ||

10. sukranira tibeng gigis lampahira | tumpak kerangan pasthi | môndhasiya tamat | julungpujut kang tômpa | dite kaliwone ugi | anuju nohan | somane wogan tampi

Kangge petang bilih badhe kêkesahan têbih, kêdah mawi sarat.

Ing dintên Akat, saratipun mawia sumping, lampahipun Nabi Yusup.

Sênèn saratipun natab lêlandhêp, lampahipun Bagendha Umar.

Slasa saratipun manggang tangan ing latu, lampahipun Bagendha Abubakar.

Rêbo saratipun kudhung sinjang, lampahipun Nabi Ayub.

Kêmis saratipun tumênga langit, lampahipun Bagendha Ngali.

Jumungah saratipun kêmu, lampahipun Nabi Muhkamad.

Sêtu saratipun ngandhut siti kadèkèk pusêr, Nabi Adam.

No 8

Yèn arêp nêmokake bocah, laki rabi, yèn lor aja olèh kidul, nyabrang sagara gêtih, yèn kulon aja olèh wetan, nyabrang sagara wedang, ingkang bêcik kulon olèhna wetan, wètan olèhna kulon, kulon olèhna lor, lor olèhna têngah.

Jumungah kulon, Sêtu Akat lor, Sênèn Slasa wetan, Rêbo Kêmis kidul.

Sangarane sasi, Pasa Sawal Dulkangidah, sangarane Jumungah, Bêsar Sura Sapar, sangarane Sêtu Akat, Mulud Rabingulakir Jumadilawal, sangarane Sênèn Slasa, Jumadilakir Rêjêb Ruwah, sangarane Rêbo Kêmis.

Iki gone aksara rongpuluh, ha na ca ra ka wetan, da ta sa wa la kidul, pa dha ja ya nya kulon, ma ga ba tha nga lor.

Ha ka tha ja ga wetan, da ra na la ba kidul, pa da nga ca ya kulon, ma ta sa ba wa lor.

Iki naga sasi, Sura Sapar Mulut ana wetan, Rabingulakir Jumadilawal Jumadilakir ana kidul, Rêjêb Ruwah Pasa ana kulon, Sawal Dulkangidah Bêsar ana lor.

Iki ôngka tanah ing Arab, mungguh lakune padha lan sastra Jawa.

1 - 2 - 3 - 4 - 5 - 6 - 7 - 8 - 9 - 10(35)

1 - 2 - 3 - 4 - 5 - 6 - 7 - 8 - 9 - 10(36)

Iki pôncasuda, ningkah lan ngadêgake omah, nêtuning dina pasaran kumpulna, buwangane nênêm. Yèn kari siji, 1 nuju padu, yèn kari loro, 2 kala kinantang,

No 9

yèn kari têlu, 3 sanggar waringin, yèn kari papat, 4 mantri sinaroja, yèn kari lima, 5 macan katawang, yèn kari nêm, 6 nuju pati.

Kang ginawe ngetung mau iki, Jumungah 1, Sêtu 2, Akat 3, Sênèn 4, Slasa 5, Rêbo 6, Kêmis 7.

Kliwon 1, Lêgi 2, Paing 3, Pon 4, Wage 5.

Iki sasi lamun arêp angadêgake omah, mungguh pamilih.

Sura, ura-ura, kèh kang têka, Sapar akèh kang angabêkti.

Mulut, dumadak kang duwe omah apês, Rabingulakir, sakadah(37) sakerah rahayu, Jumadilawal akèh asih.

Jumadilakir gêringan, Rêjêb ngalamat ala, Ruwah bêcik tur rahayu, Pasa kêrêp katêkan bêja, Sawal sinatru ing wong.

Dulkangidah akèh asih sanake, Bêsar asring krêp kabêjan.

Iki Pôncasuda kalêbu ing watak, pamèke saka ing dina pasaran, kumpulna buwangên pitu-pitu.

Yèn kari 1 wasesa sagara, yèn kari 2 tunggak sêmi, yèn kari 3 satriya wibawa, yèn kari 4 sumur sinaban, yèn kari 5 satriya wirang, yèn kari 6 bumi kapêtak, yèn kari 7 lêbu katiyub ing angin.

Iki kang ginawe petung mau, Jumungah 6, Sêtu 9, Akat 5, Sênèn 4, Slasa 3, Rêbo 7, Kêmis 8, Kliwon 8, Lêgi 5, Paing 9, Pon 7, Wage 4.

Iki wuku môngsa. Kurantil kasawêlas lan kalima, Julungwangi karolas lan kanêm, Môndhasiya kapitu lan kasiji, Tambir kawolu lan karo, Prangbakat kasonga lan katêlu, dhukut kasapuluh lan kapat.

No 10

Iki môngsa bêncèting srêngenge, môngsa kasiji sirtan, kapithing, kasa têngangene wayangan pêcak 4, ngasare pêcak 11, umur 41 dina.

Môngsa karo asad, macan, karo têngangene wayangan pêcak 3, ngasare pêcak 10, umur 23 dina.

Môngsa katêlu, su, mayang katêlu têngangene wayangan pêcak 2, ngasare pêcak 9 umur 24 dina.

Môngsa kapat mijan traju, kapat têngangene wayangan pêcak 1, ngasare pêcak 8, umur 25 dina tumbuk sadina sawêngi.

Môngsa kalima, ngakrab klabang, kalima têngangene wayangan pêcak 1, ngasare wayangan pêcak 8, umur 26 dina.

Kanêm, kaos jêmparing, kanêm têngangene wayangan pêcak 2, ngasare pêcak 9, umur 41 dina.

Môngsa kapitu, jandi kaki-kaki, kapitu têngangene wayangan pêcak 2, ngasare pêcak 9, umur 41 dina.

Môngsa kawolu, dalwi, timba, kawolu têngangene wayangan pêcak 1, ngasare wayangan pêcak 7, umur 26 dina tumbuk sadina sawêngi.

Môngsa kasonga, yakut, iwak, kasonga têngangene wayangan pêcak 1, ngasare pêcak 2, umur 25 dina.

Môngsa kasapuluh, kambu, wowohan, têngangene wayangan pêcak 2, ngasare pêcak 9, umur 24 dina.

[0]

Môngsa dhêstha, sur, sapi, kasawêlas têngangene wayangan pêcak 3, ngasare pêcak 10, umur 23 dina.

Môngsa sadha, juj, krambak, karolas têngangene wayangan pêcak 4, ngasare pêcak 11, umur 41 dina.

Akat lakune srêngenge, Sênèn lakune ngrêmbulan, Slasa lakuning lintang, Rêbo lakuning bumi, Kêmis lakuning gêni, Jumungah lakuning banyu, Sêtu lakune angin.

Iki windu sêngkala arane, umure 10 taun, 1. windu antari, 2. windu manila, 3. windu sêngara, 4. windu murka, 5. windu murkara, 6. windu manggada, 7. windu kawônda, 8. windu tirta, 9. wintu seta, 10. windu baya.

Iki saat nabi 5 watake kabèh, tanggal ping 1 amat siniya-siya, tanggal ping 5 amat jam 9, 10 asring pinaido, tanggal ping 4 amat jam 11, 12 antuk kanugrahan, tanggal ping 3 amat jam 1, 2 kasiku wong agung, tanggal ping 2 Jabarail jam 7, 8 kangelan tan angsil, tanggal ping 1 Jabarail jam 9, 10 pinaido wong agung, tanggal ping 5 Jabarail jam 11, 12 pinarcaya wong agung, tanggal ping 4 Jabarail jam 1, 2 ruba ujar ala, tanggal ping 3 Jabarail jam 3, 4 kangelan tuk jar ala, tanggal ping 3, Brahim jam 7, 8 siniya-siya, tanggal ping 2 Brahim jam 9, 10 asring mèh bilai, tanggal ping 1 Brahim jam 11, 12 siniya karêpe murka, tanggal ping 5 Brahim jam 1, 2 cinacak wong agung, tangl(38) ping 4 Brahim jam 3, 4 kaburu bilai, tanggal ping 4 Yusup jam 7, 8 asring cinidra kadange,

[0]

tangl(39) ping 3 Yusup jam 9, 10 mring kawirangan, tanggal ping 2 Yusup jam 11, 12 tuk kanugrahan sugih singgih, tanggal ping 1 Yusup jam 1, 2 kasiku wong agung, tanggal ping 5 Yusup jam 3, 4 cinacat wong agung, tanggal ping 5 Ngijrail jam 7, 8 tansah tuk ujar ala, tanggal ping 4 Ngijrail jam 9, 10 kawêlèh karêpe, tanggal ping 3 Ngijrail jam 11, 12 kaprêcaya ngukum, tanggal ping 2 Ngijrail jam 1, 2 sring bilaèni liyan, tanggal ping 1 Ngijrail jam 3, 4 sring bilaèni dhewe.

Amat, tanggal sami Jabarail, tanggal sami Brahim, tanggal sami Yusup, tanggal sami Ngijrail, tanggal sami
1 2 3 4 5
6 7 8 9 10
11 12 13 14 15
16 17 18 19 20
21 22 23 24 25
26 27 28 29 30
arane tungle, aryang, wurukung, paningron, was, mawulu. Têgêse ringkêl, godhong, jalma, sato, mina, manuk, wiji. Watake sagu kumbi, lalèn, lena, melikan, têkabur, kaliru. Mupangate mirangake, gawe upas, bêburua gawea, bêdhil mikata, garu maluku. Sirikane aja nandur mrih gadhong,(40) nandur ningkah dêge omah, babad alas, ngambil mina, gawe kurungan, nibakake wiji tan dadi.

Pringkêlan namanipun 6 iji

[0]

[Sinom]

1. taun ehe sasi sura | kurup jalmangiyah paing | lumaku sataun pisan | kurupe tan salin-salin | taun kang nênêm sami | alip jimawal je-nipun | be wawu jimakirnya | kanêmipun mapan tunggil | kang lumampah sami kurup kliwon buda ||

2. pananggalaning taun dal | kurub dintên kêmis lêgi | kathahe mung kawan wulan | sura sapar lawan malih | wulan rabingulakir | lan jumadilawalipun | sami kurup kamsiyah | mulud mamongiyah paing | madilakir wangsul kurup kliwon buda ||

Iki arane windu, 1. windu Sancaya, 2. windu Adi, 3. windu Kunthara, 4. sindu Sangara.

Kurup windu, sôngka angkaning titi môngsa taun, dhihin kabuwanga, 2. rong taun, sakarine kabuwanga 32, ping pira ping pira yèn kari kurang saka 8 utawa 8 bênêr iku windu Sancaya, yèn luwih saka 8 utawa 16 iku windu Adi, yèn luwih saka 16 utawa 24 iku windu Kunthara, yèn luwih saka 24 utawa 32 iku windu Sêngara.

Punika sêrat sujarah, têgêse pintêr sêja angarah-arah, gawe kurup mêthik sangking mastaka rancang, kapirit sangking ngèlmu iladuni, ical lan katêmune, duni andunungakên, mustaka rancang têgêse mustaka dhuwur, têgês rancang ngrancang gawe kurup, pananggalan windu 4, taun 8, dina 7, pasaran 5. Ing ngandhap punika katranganipun adêging nagari Majapait, nuju kurup akadiyah, nuju windu Kunthara, taun 1388 windu Adi, taun Dal, sasi Bêsar tanggal ping 30, dina Akat Wage wuku Wayang, sore ngalih kurup saptungiyah, tumêka Dêmak satêkane Pajang, umur 11 taun, nuju windu Sancaya, taun Je sasi Bêsar, tanggal ping 29 dina Sênèn Pon,

[0]

wuku Maktal sorene ngalih kurup jamngiyah, dumugi Tasura umur 28 taun, nuju windu Sangara, taun Jimawal sasi Bêsar, tanggal ping 29 dina Rêbo Pon, wuku Julungpujud, sorene ngalih kurup kamsiyah, dumugi Surakarta umur 79 taun, nuju windu Kunthara, taun Ehe sasi Bêsar tanggal kaping 29, wuku Julungwangi, ôngka taun 1748, sorene ngalih kurup arbangiyah, sapriki sampun angsal 74 taun Je punika ôngka 1822, yèn wontên ing taun Be punika sampun 16 taun, ôngka 1824 ngantos taun Alip dados wêwah 3 taun Alip punika 1827.

Wontên malih mugi sami anyumêrêpana dununge windu 4, wontên wêdalipun sadaya, wi têgêse wicara kang linuwih, du têgêse dunungakên windu 4 iji katranganipun ing ngandhap punika.

Windu Adi, têgêse adêging jagat sawêg satunggal, dumunung dhatêng srêngenge, têgêse srêngenge punika srênging ati, pramila bêntèr sorotipun.

Windu Kunthara, dununging kôntha-kanthining bumi lan langit rina wêngi.

Windu Sangara, gêse(41) Gusti Kangjêng Nabi Adam tinitahake marang donya kalawan babu Kawa ginodha ing iblis, pramila wontên petang iblis adam kawa.

Windu Sancaya, dumunung pêcahing jagat iki dipun dadosakên 4 dumunung dhatêng keblat 4, wontên petang gêni angin banyu bumi, pêcahipun windu 4 dados 8, dumunung wontên taun 8, sirahipun windu Adi dados sirah taun Alip, nêtonipun satunggal dumunung dhatêng rêmbulan, alam 1, taun Ehe nêtonipun 5 dumunung dhatêng sangat nabi 5, pramila wo-

[0]

tên etang Amat, Jabarail, Ibrahim, Yusup, Ngijrail.

Taun Jimawal nêtonipun tiga, dumunung dhatêng petang 3 iman tokit makripat, têgêse iman angimana, tokit anokitna marang kakekating karêp, têgêse makripat sampun maspadakakên dhatêng panggayuh wau.

Taun Je nêtu 7, dumunung dhatêng sirahing sasi Sura, dipun wastani sangaraning tiyang, pramilanipun wulan sapisan Sura dipun wastani sangaraning taun, dumunung dhatêng dintên 7, taun Dal nêtu 4 têgêse dal punika dados, dumunung dhatêng petang 4 cipta, reta, rasa, pangrasa, têgêse cipta wali, têgêse reta têmanten, têgêse pangulu kang sampun ngalilani ngèlmu rasa, têgêse pangrasa sêksi, taun Be nêtu 2, têgêse bêbuka, bungah laki rabi, têgêse laki lêga, olèh lanang, têgêse rabi, bungah olèh bojo, boja krama, taun Wawu nêtu 6, têgêse Wawu wani gunêming rasa, wis katêmu rasa, taun Jimakir nêtu 3 têgêse Jimakir, wis akiring taun kèri dhewe, dumunung wadhah isi tungup, dhawah bumi, bumi wedok, isi awang-awang timbangane bêbasane wa, walat, tutup langit têgêse langit lanang angurêbi bumi wadon {ingkang wontên nahasipun ing wulan}.

Sura kaping 13 nahas, kala Nabi Brahim dipun obong dhatêng Raja Namrut.

Rabingulakir kaping 16 nahas, Kala nabi Yusup kacêmplungakên ing sumur.

Jumadilawal ping 5 nahas, kala Nabi Nuh dipun kêlêm.

Siyam kaping 21 Nahas, kala Nabi Mungsa prang kalihan Raja Pirngon.

Sawal kaping 3 nahas, kala Nabi Adam katurunakên sangking swarga.

[0]

Dulkangidah kaping 24 Nahas, kala Nabi Yunus din(42) untal ulam nun.

Bêsar kaping 25 nahas, kala Kangjêng Rasulolah kagutuk ingkang waja.

Sangaraning Wulan

Sura, Sapar sangaranipun Sêtu Ngahat

Mulut, Rabingulakir, Jumadilawal sangaripun Sênèn Slasa

Jumadilakir, Rêjêb, Ruwah sangaranipun Rêbo Kêmis

Pasa, Sawal, Dulkangidah sangaranipun Jumungah

Bêsar sangaranipun Sêtu kalihan Ngahat.

Naga dintên tuwin pêkênan wrêni dalah manggènipun

Katranganipun kados ngandhap punika

1. Jumungah wetan wujut putih

2. Saptu Akat kidul wujut abang

3. Sênèn Slasa kilèn wujut kuning

4. Rêbo Kêmis lèr wujut irêng.

Namaning Pêkênan

1. Lêgi wetan wujut putih

2. Paing kidul wujut abang

3. Pon kulon wujut kuning

4. Wage lor wujut irêng

5. Kliwon têngah rupa blorok.

[sampul belakang]

---------------------------------------------

(1) Tolu

(2) tawang (dan di tempat lain)

(3) bayu

(4) pangonan

(5) pangonan

(6) mintuna

(7) pitik

(8) pangonan

(9) sato

(10) Yèn

(11) panjênênganing

(12) sêtya

(13) durjana

(14) sêtyatuhu

(15) kesahan

(16) anjrah

(17) sato

(18) Mangsane kringêt padha ora mêtu

(19) sato

(20) mulatsarira

(21) kanayatan

(22) kapêtak

(23) nêptuning (dan di tempat lain)

(24) Lebih satu suku kata: warigalit wrigagunge

(25) wangkene

(26) Lebih satu suku kata: sêngkaning sri pratela

(27) Lebih satu suku kata: sêngkane pas pratela

(28) sapi

(29) Kurang satu suku kata: nulya tumpak êponing ingkang lumampah

(30) dite

(31) Lebih satu suku kata: sêngkan kuthila pasthi

(32) Lebih satu suku kata: wuku wukir gumantya

(33) kurang satu baris (7a)

(34) Lebih satu suku kata: kuningan wis sampurna

(35) 1 sampai 10 ditulis dengan angka arab

(36) 1 sampai 10 ditulis dengan angka jawa

(37) sakêdah

(38) tanggal

(39) tanggal

(40) godhong

(41) têgêse

(42) dèn