Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Koleksi Warsadiningrat (MDW1909a), Warsadiningrat, 1909, #281

Katalog:Koleksi Warsadiningrat (MDW1909a), Warsadiningrat, 1909, #281
Sambung:
1.Koleksi Warsadiningrat (MDW1909a), Warsadiningrat, 1909, #281. Arsip dan Sejarah | Galeri #338.
2.Koleksi Warsadiningrat (MDW1909a), Warsadiningrat, 1909, #281. Bahasa dan Budaya | Karawitan #54.

[1]

Hèh, aku pitutur sarta wèh pêpeling marang anak putuku kabèh, padha eling-elingên sarta padha dilakonana kalawan tumêmên, sarèhning wong tinitah urip ana dunya iku luwih angèl, dadi kudu wêruh sangkan paraning ngaurip, wiwitan tumêka wêkasan, ora kêna digawe gampang sarta ora kêna dilakoni sakênane, kudu wêruh bênêr-bênêre kang kudu dilakoni, utawa kang ora wajib dilakoni, tur wis ora kêkurangan gone Gusti Allah paring dhawuh marang umat, supaya nglakonana dhawuhing Allah, kaya kang wis didhawuhake ana ing dalêm Kuran, banjur dipêcah-pêcah ana kitab sapirang-pirang, kaya ta wong ngaurip kudu nêmbah maring Gusti Allah, sarta kudu manut sarengate Gusti Rasulolah, kudu wêdi sarta manut marang wong tuwane lanang wadon, mungguh dhawuhing Allah mau, ing dalêm sarengat, 1. nglakonana limang wêktu, 2. nglakonana puasa ing sasi Pasa, 3. nglakonana pitrah, 4. munggah kaji, 5. jakat, ing lima prakara mau yèn ora bisa nêtêpi kabèh salah sijine kudu dilakoni, sawise bisa nglakoni salah sawiji rumôngsaa manawa isih luput bangêt, dene durung bisa nêtêpi kabèh dhawuhing Allah, amarga saka kawula tinitah ngam ora kas, ananging kang sêmono mau isih tansah nyênyuwuna bisane nêtêpi nglakoni kabèh kang dadi dhawuhing Allah.

Sawise nglakoni sarengat rukune Islam limang prakara mau, banjur munggahe kudu nggêguru ngèlmu kasampurnan, ing kono lêlakone sangsaya abot manèh, 1. têmên, 2. mantêp, 3. kudu asih marang padhaning urip, 4. kudu sabar, tawêkal, ngenaki ati padhaning urip, kudu lêga, narima, kurang mangan, kurang turu, ora kêna sêrik, ora kêna dahwèn, jail, narima, mangkono sapêpadhane.

Sarta wis ora kêkurangan, para ratu, para wali, para pandhita, sarta pujôngga, gone paring wulang lêlakone wong urip kang bêcik lan kang ala, utawa kang kudu dilakoni supaya bêcik sarta katêkan kang dadi sêjane, kaya ta kang muni ing Layang Tajusulatin, 2. Wulange Kyai Agêng ing Sela, 3. Layang Tekawardi, 4. Layang Sanasu-

[2]

nu, 5. Layang Wulangrèh, 6. Layang Wulang Dalêm Sinuhun kaping sanga, 7. Layang Widhatama, kabèh iku wis ora kakurangan, ananging sarèhning wong urip iku wajibe kudu pitutur marang anak putu, ora pêdhot-pêdhot pituture, supaya bêcik, dadi ora beda mungguhing layang wulang-wulang mau, padhane panganan, arêp ora arêp kudu iya dipangan, layang wulang-wulang mau kudu gilutên, kudu lakonana sakuwate saka sathithik banjur munggah-munggah wuwuh-wuwuh manèh kang dilakoni sarta dirasakake, lan ditakokake mangkono sabanjure wong urip kudu ora sah pambudine, sarta patakonane supaya mundhak pangêrtine, lan mundhak pintêre, mundhak bêcike, adoh marang cilane,(1) cêpak marang kamulyane awit sakabèhe uwong karêpe kudu bungah lan enak, iku kalakone bungah lan enak yèn wis potang lara prihatin, ora kêna ngêndêl-êndêlake anake wong gêdhe, utawa ngêndêlake anake wong sugih, marga yèn ora wêruh sangkane utawa patrape yèn wong iku kudu nglakoni kangelan lan prihatin, bakal bodho sarta Gusti Allah ora marêngake utawa ing têmbe anak iku bakal tininggal mati karo bapa biyunge, môngka ora wêruh patrape wong golèk pangan, apa ora bakal kapiran, karodene pandume kang gawe urip wong tuwane iku ora dikuwasakaka(2) awèh sandhang pangan, mung diwênangake mituturi nuduhake dêdalan kang bakal kawêkasane, uga dibubuhi awèh sandhang pangan marang anake kang durung akil balèk, dene kang dikuwasakake maringi sandhang pangan salawase urip iku mung Gusti Kang Mahakuwasa, utawa banjur diwakilake marang kang jumênêng aji, iya iku ratu.

Lêlakone wong urip iku sabarang patrap akêmajon,(3) aja langkah, aja mikir utama kapara kurang bae, suwe-suwe saya lawas mundhak-mundhak, nanging mung tê-

[3]

kan madya bae, aja têkan utama, awit utama iku anggone wong gêdhe. Parlu bangêt wong iku budi undhake prigêle, kaya ta sabarang patrape prigêl, cêcaturane mêrak ati, baut wasis, tatakrama, tapsila, jatmika, iku padha sinaunên, dene polane kang dak wêruhi, 1. Mangkudipuran / Tirtaprajan, 2. Purbadipuran, 3. Nayasukatgan, 4. Kartakesawan, iku wis padha kalêbu prigêl. Dene urut-urutane lêlakon kang kudu dilakoni kaya kang dak pratelakake ing ngisor iki. Wong urip ana praja iku nglakonana sarengat, dhêmên nyandhang bêcik, 2. mangan ajêg, 3. lumrah, 4. dhêmên dadi priyayi, 5. dhêmên sugih dhuwit, sawise katurutan banjur kanggo kautaman busanani prajane, mungguh wiwitane supaya katurutan, iku kudu prihatin dhisik, kurang mangan, kurang turu, kurang bungah, kudu tangi esuk, kudu marsudi undhake kapintêrane, kudu tabêri, kudu sêtiti, kudu gêmi, kudu tlatèn, kudu budi sugih kapintêran, kaya ta upamane wis bisa têmbung Jawa, nulis bêcik, têmbung Mlayu, têmbung Wlônda, maca Arap, kawruh etung, nyêngkal gambar, banjur nyambi kagunan liyane, kaya ta duwe parlu bôngsa mranggi bisa, bôngsa nyungkèt bisa, bôngsa grêji bisa, mangkono sapêpadhane, kang nyênyuda wêtuning dhuwit waragat kang kêna digarap dhewe, iku wajib diparsudi sarta kudu dilakoni dhewe barang panggawe bêcik, marsudi undhake kapintêrane, ora kêna bosên, kudu tlatèn, kudu ora isinan têtakon nakokake sabarang kang kowe durung mangrêti, durung sumurup iku kudu kotakokake, awit ing ngêndi-êndi iya pintêre iku kalayan diwuruk, kalawan têtakon, paitane mantêp tabêri, ora wêdi kangelan, yèn wis mangkono wêkasane ing têmbe bakal dadi wong linuwih, awit wong kang banjur bodho-bodho iku, sêja-

[4]

tine wong busuk ora gêlêm têtakon, ora tabêri, iku pancèn ingaranan wong lumuh, tur iku uripe padha lan kêbo, dadine wêkasane bodho sarèhning wong Jawa iku mêsthine kurang pintêre, marga saka cupêt waragade, kaundhakane mau iya sinambi karo lumaku, janjine tlatèn têtakon têtiron, sarèhning kurang kapintêrane, dadi pusakane wong Jawa iku ngèlmu, laku, iku kudu digantêr dilakoni, kang ora mawa waragat, têmên, mantêp, tabêri, sêtiti, sarta rèhning kowe jôngka nyambut gawe mêsthine ora bisa, dadi pasebanmu iku yèn wis pêthêl wis padha karo nyambut gawe, kang suwe-suwe sarta lawas-lawas mêtu kayane, sadurunge diparing pamêtu mung kudu narima, ora kêna mèlu-mèlu trape wong kang wis tinarima karo Gusti Allah.

Nagara gêdhe nagara cilik ora ana bedane, nagara cilik iya iku duwèke omah pakarangane dhewe, trape wong omah-omah kudu tabêri, sêtiti, tlatèn, bêcikake banjar pakarangane, niti priksa praboting omahe, kang wajib kudu ditambal-sulam kudu dipikir, supaya ora kabanjur rusak, kudu dhêmên nênandur, marsudi bêcike kang tinandur, dadi tangi turu iku sawise mlaku-mlaku upama sawise adus wayah jam 6 esuk, ngubêngi banjar pakarangane kabèh, supaya aja ana barang kang ora patut, kudu dibêcikake, sarampunge banjur mikir awake, yèn seba iya banjur mikir gone arêp seba, yèn nyambut gawe iya banjur mikir gone arêp nyambut gawe, mangkono sapêpadhane, mungguh kang pantês kotiru iku kaya wulange Radèn Tumênggung Arungbinang, iku saputrane kang durung dadi priyayi sarta kang dadi priyayi mung tansah nastapa, arang dhahar sêga, kurang sare, ora tau sungkanan, ora tau ngabotohan ana pajagongan, ora tau sulan(4) kêkêrêngan, dhahare môngsakala, tur andhap asor, ora digung, ora adi guna, pêthêl maraseba, nyatane i-

[5]

ya padha dadi priyayi gêdhe, dene gone ora sugih, pancèn ora marsudi kasugihan, tandhane wiwit dadi cilik, bojone ora ana kang dipardi nyambut gawe, mungguh êmpane tapane saputra wayahe Radèn Tumênggung Arungbinang mau, ing dunyane nyatane bisa dadi gêdhe, batine bisa cêdhak karo Gusti Allah, bisa amor gusti lan kawula, mungguhing kalumrahane ana dunya, kaya ta mantu, jagong, ora diparlokake, janjine gone suwita tinarima ing gusti, manawa kowe ora bisa niru lêlakon kang kaya mangkono iya mirit-mirit, janjine ora kêndhat, atining uwong iku kaya ta banyu mili ora pêdhot-pêdhot ananging mintir kaya ilining banyu, aja kaya mênênging watu, watu iku atose [...](5) mlaku-mlaku kadi yèn mênêng kaya watu atos cubluk bakal ora duwe kaundhakan.

Wis têtela yèn ngaurip dhamên(6) dadi priyayi iku iya pêthêla seba anglakonana sadhawuhing bêndara, sarta lurah, aja ngetung lara kangelan, yèn wicara tulus, nyang panggaweyan kapenak dilakoni, paitane dhêmên wani kangelan, kapengina kaya apa bisane kinasihan ing gusti, batine nyuwun karo Kang Mahamulya, têbusane utawa sarate kurang mangan kurang turu, jangjine ora kalirên, ing kono yèn wis manggon kapenak bae, marga Gusti Allah nyêmbadani, maringi slamêt, waras, kuwat, padhang atine, dadi panyuwune ing rina wêngi nyuwun èngêt kuwat waras slamêt.

Wajibing ngaurip, yèn awan mikir nyambut gawe, kaya ta yèn wis rampung gone mikir panggaweyan ngomah, banjur seba, sajrone ana paseban mikira kacukupa pagaweyane parentah, bisane bêcik aja ngrasakake butuh ribêding omah, awat(7) iku bakal andadèkake kèthère pagaweyaning parentah, yèn wis mulih saka seba lagi mikir panggaweyane ngomah, dadi ing wayah esuk wiwit jam nêm tumêka jam pitu iku kuwajiban mikir panggaweyan ngomah, kaya ta rêrêsik, mrintah bature supaya ngrêsiki lan nggarap sabarang kang ora patut ora bêcik, yèn wis mênêng jam pitu mikir gone

[6]

arêp seba.

Sore ing wayah jam papat utawa jam lima, wiwit mikir panggaweyan ngomah manèh, ing wayah bêngi wajibing ngaurip ngêningake ati ngrasak-ngrasakake, nyênyuwun karo Kang Mahaluhur, Mahamulya sarta nonton sabarang layang-layang wulang-wulang, layang dongèng, laya(8) babat sapêpadhane, sadhengah layang parlu kudu wêruh, lan dirasakake, kang mawa lêlakon sabisa-bisa banjur dilakoni sakuwate, dene kang durung ngêrti banjur takokna marang wong tuwa, uga wajib sarta parlu ngêrti marang têmbung-têmbung, ngêrti marang kawi, sarta surasa kaya kang wis dipratelakake ana ing layang paramasastra Jawa, layang [...], layang Urap Sari, iku kabèh padha kawruhana, ing kono tatakrama iya ana, unggah-ungguhing têmbung marang priyayi, layang kang parlu tukunên, supaya bisa atul lan bêcik tulisane, sanadyan ora dadi paitane, kaya ta anaking kriya, mranggi, grêji, blodir, sapêpadhane, awit wong urip iku kudu budi kaluwihan, dadi manawa sabarang bisa sarta bêcik ingaranan wong utama, wong cukup, wong linuwih, yèn wis luwih bakal diluluti sapêpadha lan diwêdèni ing sapêpadha, uga kudu jêjagongan karo wong tuwa, kojahe warna-warna, utawa gunême iku kudu rasakêna, kang bêcik anggonên lan lakonana, kang ala singgahana, wong pakumpulan karo sanak sadulur, mitra kônca, uga kudu cêcaturan sabarang kang dibisani kudu gunêman, manawa cêcaturan aja sok sinambi sugih guyu, awit iku larangan, sarta bakal sok ngècèrake kang parlu, ngilangake surasa, tur iku uga wis didhawuhake ana kadis dhawuhe Gusti Nabi, gumujênge mung mèsêm bae, ewadene sarèhning kowe padha tinitah ngam, uga kêna gumuyu mung sawatara lan kudu môngsakala arang-arang bae.

Anggonku awèh pitutur iki uga sôngka pangandikane priyayi kuna-kuna, dadi kabèh pituture wong tuwa-tuwa kudu diestoka-

[7]

ke lan dilakoni, bakal ambêrkati, lan kudu wêdi marang wong tuwa, yèn wis diwulangake sabisa-bisa kudu dilakoni, aja sêmbrana, aja dhêmên garoh,(9) aja ngampangake prentah, kang wêruh marang sunat parlu, sunat iku têgêse samubarang pagaweyan kasênêngan kang ora mupakati, kaya ta dolan kang ora parlu, jagong kang mawa nganggo wragat, kaya ta ngabotohan, têtuku kang ora kanggo parlu, wèwèh kang ora tumrap, nyilihi kang awake dhewe isih durung turah utawa rangkêp, golèk sênêng sapêpadhane, iku kabèh ora wajib dilakoni, dene panggawe parlu iku, dhawuhing Gusti, mara seba nglakoni kuwajiban, sanak sadulure kasusahan kaya ta lara kêpatèn, iku kabèh panggawe parlu, wajib kudu dilakoni.

Lan wis têtela ngaurip iku dhêmên sugih dhuwit, awit sabarang karêpe yèn sugih dhuwit bakal kalêksanan, sarehning papenginane mêngkono, dadi wiwitane kudu tabêri, sêtiti, gêmi, ngati-ati, nglakoni kangelan, kurang mangan kurang turu, budi undhake pagaweyane, dadi upamane ing saiki lagi duwe kaya sêtali, iku kang dipangan aja luwih saka karotèng, turahane kang karotèng kudu dicèlèngi, lawas-lawas celengane mundhak saya akèh kêna digawe pawitan nyambut gawe, jôngka bisane duwe kaya luwih saka sêtêli,(10) ananging sajrone isih prihatin budi bisane duwe kaya luwih saka sêtali mau, pangane isih aja luwih saka karotèng, sapira turahe dicèlèngana, yèn wis lawas-lawas saya mundhak kayane, awit banjur jôngka pagaweyan liyane manèh, mulane ngaurip aja sêmbrana bôngsa Walônda iku kang ngêmên-êmênake, wiwitane kang marsudi kapintêran, ajêg ora kêna sêmbrana, tê-

8

mên, mangan kudu dipêsthi lan wayahe kudu ajêg, yèn durung duwe balônja sathithike f 300 sêsasi durung wani ngingu tunggangan kareta sarta gawe omah, iku pantês tiniru, awit wong urip iku lagi jupuk saprakara têmên tabêri bae, kayadene Walônda samono luhure, saiba Walônda iku sawise duwe balônja akèh isih gêlêm anglakoni mangan sathithik, gawe omah mung sacukupe bae, iba dhuwite sangsaya akèh, sarehning wis dadi watêke wong urip, ora gêlêm kangelan utawa kurang salawase, dadi wênange dituruti karêpe iku iya yèn wis bisa kaya basa(11) Walônda mau, yèn durung pinarêngake turah aja pisan sêmbranan nindakake kêkarêpan ka(12) bêborosi.

Wong dianak-anakake, iku wajib kudu wêdi, miturut marang wong tuwa, marsudia kamulyane wong tuwane, luhure wong tuwane, slamête wong tuwane, yèn wis mangkono dilakoni, kaslamêtane wong tuwa, kaluhurane wong tuwane, iku kêrsane kang gawe urip kang wis kalakon banjur diturunake marang anak-anake mau, uga saka katarima panyuwune wong tuwane, amarga saka gone lêga bungah ngrasakake anake padha manut miturut sapiwulange wong tuwane lanang wadon, iku suwarga kang diadhangake marang wong tuwane tumêka anake, mulane anak-anakku kabèh, padha dieling aja ana sêmbrana, kang tinitahake jêro drajate, rijêkine, lan jodhone, iku aja salah surup, narimaa, sukura, aja gawe sake wong atuwane, awit iku wis ginadhang ana ing têkdir dhewe-dhewe, manawa panyuwune wong tuwane kabèh anake padha bêcika, manut mituruta wong tuwa, nglakonana wulange, nglakona-

9

na panggawe bêcik, nglakonana dhawuhing Allah, cêpaka drajate, rêjêkine, cêdhaka jodhone, kabênêrana, bêktia marang Allah, dadi anane jêro sarta sial mau wis karsaning Allah, marga saka maune ora gêlêm anglakoni pituture wong tuwa, ora luwih sawise aja klèru surup banjur nyuwuna ngapura karo kang murbèng jagat, banjur nglakonana panggawe bêcik, cêgaha samubarang pakarêman, marsudia wajib undhaking kapintêran, mituruta wulange wong tuwa, yèn wis mangkono Gusti Allah banjur paring pangapura, anulungi, dadi atine panêmune rumôngsaa yèn lêlakone kang ngambah kamurkan kadurakan, ora ngèstokake dhawuhing Allah kang muni ana ing dalêm Kuran ditrajang kabèh, saiki nyuwun tobat pangapura, mugi Gusti Allah aparinga pitulung kamulyan, kaèngêtan, panêmu kang sakbênêre.

Anak iku wajib mikir rumêksa marang wong tuwane, murih kamayarane, anggêmèni rumêksa kang dadi darbèke, awit manawa boros sabarang patrape susahe wong tuwa uga anak iya milu susah, amarga ing têmbe anak bakal wajib milu duwe, mulane uga wajib rumêksa badinane,(13) utawa manawa duwe parlu wajib mèlu ngrêmbug murih mayare sarta sathithik waragade, dadi anak iku wajib kudu duwe rêmbug, pratikêl, panata, kapriye kang dadi panêmune sarta rêmbuge kang dadi kapenake kang murih suda waragade, lan sabên dina wajib ngêrèh sarta marentah marang kabèh batihe, êndi kang malincur nuli bêndonana, kang sarêgêb wajib diganjar samurwate, utawa mikira marang wajib pagaweyane wong tuwane, supaya ing têmbe sabarang panggaweyan mangêrtia, utawa diarani wong cukup.

[10]

Dene patrape sadulur kang tuwa iku wajibe pitutur marang sadulure kang nom, nanging gone pitutur kudu maton, ngangge pathokan kawruh, mungguh ing pikire ora kêna jail, muthakil, bêsiwit, dahwèn, panastèn, kumingsun, drêngki, kudu kang sêgara, têgêse pikire kang jêmbar, kanggone wong tuwa kudu ngalah, pathokan kawruh mau kang wus kocap ana ing layang Wulangrèh, mulane padha rasakna kang wis muni kabèh ana layang Wulangrèh mau, dene kang nom wajibe wêdi, sarta manut pituture sadulur tuwa, marga sadulur tuwa mau gêntining bapa biyung, sapungkure bapa biyung sadulur tuwa kang gumanti, manawa wis padha dumunung gone dadi tuwa sarta gone dadi nom, iku dinulu prayoga, santosa, manawa ora rukun kaya upamane sapu sada ilang suhe, iku padha ambyar bubar dhewe-dhewe, ora kukuh, sarta bungah kang padha ora dhêmên, mulane padha eling-elingên, wong duwe kalakuan bêcik iku ora ngêmungake kanggo ana dunya, bakal kanggo sangu besuk ana ing jaman langgêng.

Sawise nganggo budi nêtêpi pitutur mau, mungguh patrape wong golèk sandhang pangan iya ora kêna panasan, jail, dahwèn, rêbutan, kudu padha nyênyuwuna karo Kang Kuwasa dhewe-dhewe, mêtu dêdalan kang bênêr, sêtiyare tabêri tlatèn, sêtiti, ora kêna brèh, têgêse ora sêtiti lan ora ngati-ati, iku padha eling-elingên aja pisan nganggo pikir kang kaya mangkono.

Samubarang patrap iku arahên bisane bêcik utawa sêmuwa, dadi itaning atine kudu sing risik, têgêse rêsikan, rêsikan gone mikir awake, sandhangane, rêsikan gone omah-omah, matut sarta nata dêdakokane,(14) dadi iya ora kêna kêset, bosênan, aras-a-

[11]

rasên, mangkono sapiturute kang kêncêng.

Dadi wong urip iku pokoke kudu kêncêng, santosa, ajêg, tabêri, aja nganti lêmbèk, aja duwe pakarêman utawa kasênêngan, manawa nganti lêmbèk utawa duwe kasênêngan iya bakal ngècèrake parlu, mulane nagara gone ngêncêngake marang kabèh tindaking abdi dalêm utawa magangan, iku supaya ngêrti utawa wêruh, manawa pangan lan kaluhuran iku panggèyète kudu sing kêncêng lan santosa, kudu ganêp wêwilangane kaya kang wis didhawuhake ana undhang-undhang buk biru, ing bab kaping 6, siji bab kang kapintêrane nyukupi 2. kang bêcik rupane, 3. bêcik kalakuane, 4. tabêri nastiti marang sabarang panggaweyan, 5. ora karêm nyêrèt, 6. ora karêm ngabotohan, 7. ora karêm mêndên,(15) 8. ora tau nglakona(16) kadurjanan, kang wis nêtêpi wêwilangan 8, bab mau bakal digêntèkake kalungguhane wong tuwane, ora nganggo mêsthèkake anak tuwa, nom, mantu, mung êndi kang bisa ngèmpêri wêwilangan 8, bab mau mulane pituturku marang anak-anakku kabèh padha aja ana sêmbrana, eling-elingên kang karasa, tansah marsudia undhaking kapintêran utawa katabêrèn, aja kêndhat prihatinira, wong tuwa andêdonga mugi pinaringana eling, pinaringana widada, luhura ngungkuli wong tuwanira, pintêre uga angungkulana.

Titi tamat wawêling bapa, anuju ing dina Anggara, tanggal kaping dwi dasa, sasi Ramêlan Dal taunira, sinêngkalan têrus tri sabdaning nata.(17)

bokmanawi têrus tri ngèsthi nata.(18)

[12]

Punika têtêdhakan saking almênak taun 1888, panjurungipun Radèn Panji Jayasubrata, Wadana Ondêr Sêtan Magêtan, mêthik saking kitab Palakiyah sarta kitab Pustaka Ranjang.(19)

Prakawis ôngka 1

Yèn badhe amirsani mênggah kabatosanipun tiyang ingkang dhatêng ing panggenanipun, punika nêtuning dina, pasaran, sasi, jam, kakumpulakên dados satunggil, tumuntên kaetang.

Wignya, suka, duka, guna, ilang.

Wondene nêtuning dina, pasaran, sasi, jam, kados ngandhap punika

Sasi Dina Pasaran Jam
Sura ...2 Jumungah ... 5 Pahing ... 2 Siji ...5
Sapar ... 4 Sêtu ... 5 Pon ... 1 têlu ... 2
Mulud ... 1 Akat ... 1 Wagi ... 1 Têlu ... 2
Rabingulakir ... 5 Sênèn ... 4 Kliwon ... 4 Papat ... 2
Jumadilawal ... 4 Salasa ... 1 Lêgi ... 2 Lima ... 1
Jumadilakir ... 5 Rêbo ... 2 Nêm ... 4
Rêjêb ... 2 Kêmis ... 1 Pitu ... 3
Ruwah ... 3 Wolu ... 4
Pasa ... 4 Sanga ... 3
Sawal ... 2 Sêpuluh ... 4
Dulkangidah ... 2 Sawêlas ... 2
Bêsar ... 1 Rolas ... 4

[13]

Yèn dhawah wignya, kang dhatêng ganjil, sarta wau tiyang mangêrtos kathah pikajêngipun.

Yèn dhawah suka, kang dhatêng ganêp sarta wau tiyang bungah atine.

Yèn dhawah duka, kang dhatêng ganjil sarta wau tiyang susah sarta bingung atine.

Yèn dhawah guna, kang dhatêng ganêp sarta wau tiyang kathah kapintêrane sumêdyane dhatêng wau mêngarah.

Yèn dhawah ilang, kang dhatêng gajêl(20) sarta wau tiyang kathah omongipun kosong.

Prakawis ôngka 2

Punika manawi tiyang badhe angyêktosi saad nabi, ingkang awon utawi ingkang sae, pratikêlipun ngetang saking tanggal awit tanggal kaping 1 dumugi tanggal kaping 5, nuntên wangsul tanggal kaping 1 malih, kang dipun etang wau tanggal utawi wulanipun tiyang Islam, dados ing ngandhap punika pratikêlipun.

Tanggal kaping 1 jam 7, 8, 9, punika saat Ahmat, warninipun putih, yèn tiyang wontên dhatêng warti wontên tiyang sakit, ngalamat ingkang sakit inggal waras, ngalamatipun saat punika sae.

Jam 10, 11, saat Jabarail, warnine ijo alangan, manawi wêktu saat punika sabarang karsane manggih pakèwêd, nanging sawêtawis, dados artosipun saat punika sawatawis awon.

Jam 12, 1, saat Ibrahim, warninipun abang.

Prakawis ôngka 3

Punika angawuningani saat 5 kapêndhêt saking dintên 7, mêgah(21) pratikêlipun kados ing ngandhap punika.

Dintên Ngahat, jam 6, saatipun jabarail

[14]

Jam 7, 8, 9, saatipun Ahmat. | Jam 10, 11, 12 saatipun Yusup. | Jam 1, 2, 3 saatipun Ibrahim. | Jam 4, 5 saatipun Ijrail.

Dintên Sênèn jam 6 saatipun Ijrail.

Jam 7, 8, 9 saatipun Yusup. | Jam 10, 11, 12, saatipun Ibrahim. | Jam 1, 2, 3, saatipun Jabarail. | Jam 4, 5 saatipun Ahmat.

Dintên Sêlasa jam 6, saatipun Jabarail.

Jam 7, 8, 9 saatipun Ijrail. | Jam 10, 11, 12, saatipun Yusup. | Jam 1, 2, 3, saatipun Ahmat. | Jam 4, 5, saatipun Ibrahim.

Dintên Rêbo jam 6, saatipun Ahmat.

Jam 7, 8, 9, saatipun Yusup. | Jam 10, 11, 12, saatipun Ibrahim. | Jam 1, 2, 3, saatipun Ijrail. | Jam 4, 5 saatipun Jabarail.

Dintên Kêmis jam 6, Jabarail.

Jam 7, 8, 9, saatipun Ijrail. | Jam 10, 11, 12, saatipun Yusup. | Jam 1, 2, 3, saatipun Ahmat. | Jam 4, 5, saatipun Ibrahim

[15]

Dintên Jumungah jam 6, sangatipun Ahmat.

Jam 7, 8, 9, sangatipun Ijrail. | Jam 10, 11, 12, sangatipun Yusup. | Jam 1, 2, 3, sangatipun Ibrahim. | Jam 4, 5, sangatipun Jabarail.

Dintên Sêtu jam 6, sangatipun Ibrahim.

Jam 7, 8, 9 sangatipun Yusup. | Jam 10, 11, 12, sangatipun Ahmat. | Jam 1, 2, 3, sangatipun Jabarail. | Jam 4, 5, sangatipun Ijrail.

Ing ngandhap punika pratelaning satunggil-tunggiling saad ingkang sampun kasêbut ngajêng punika, mênggah watêk-watêkipun.

Ôngka 1. Saad Ahmat, iku bêcik sabarang kang dèn karêpake, sayêktine gêlis, olèh, sarta ningali kang endah-endah, samubarang karêpakê(22) gêlis antuk kang sarwa kuning, yèn ana warta ala goroh, yèn ana warta bêcik têmên, kêrana saat iku têdhaking ramat, lamun ana barang ilang ora tulus ilange, isih ana sajroning omah, disingitake ana sadhuwure turu, ing panggonan kang jêpit-jêpit, kang amèk padha sajroning omah, panêdyane kang amèk dibalèkake, lamun wong minggat utawa rajakaya ilang ngalamat kêtêmu, ora lulus ilange, lamun pêrang sêlamêt, dene ing saat iku wong kang digdaya kang putih kulite, wong apês kang kulit abang uta(23) irêng.

Ôngka 2, saat Jabarail, artine bêcik lamun wong lêlungan manggih wong sawiji kang tulung maring kaslamêtan, artine nêmu slamêt, lamun pê-

[16]

rang madhêp mangidul, nganggoa kang putih-putih, kang ijo-ijo, ciptane madhêp marang Jabarail, yèn wong prang kang ana kidul apês, lan anyiptaa Jabarail kang têtulung, nene(24) saat iku wong digdaya wong kang kulit kuning sêmu ijo, wong kang apês wong kang kulit irêng, utawa abang, yèn barang ilang saat iku pituture wong lanang kang mèk, arak budine lan ambêke, dèn singidake sakidul omahe, ing pêrnahe pinggir kali, ngisore kayu kang gêdhe-gêdhe, kang dhuwur kang ijo-ijo, lamun wong minggat utawa rajakaya ilang ngidul parane, insaalah gêlis katêmu, dene yèn amrih ngupaya dunya tuwin dagang ngalor ngetan ing samubarang gêlis olèhe, yèn nênandur mêtu, lamun warta bêcik têmên, lamun warta ala goroh, kêrana saat iku turuning rahmat.

Ôngka 3 saad Ibrahim, manawa amèk buron gêlis olèh, yèn mêmateni gêlis mati, yèn lêlungan utawa dagang gêlis ajêmbarakên gêtih insaallah kudu dêlêng maring karusakan, sabarang kang dèn panggih rusak, yèn nêmu dirgama iya rusak, lan akèh kasusahane, aja lungan saad iku, lamun ana warta bêcik goroh, lamun ana warta ala têmên, lamun ana rajakaya tuwin barang ilang, utawa wong minggat, ngalamat ora katêmu, lamun bisa katêmu wis rusak, yèn barang ilang wong lanang kang amèk, bêcik pawakane, bambang awak abang kulite, kêras pangucape, ora sêdya ngulihake, tur kêlakuane wong iku dhêmên alaku durjana tumêka ing lara pati, ing saad iku wong kang digdaya wong kang kulit abang bari kang irêng kulite, kang apês wong kang kulit kuning lang wong kang kulit putih, dene gone madhêp marang têmên, yèn a-

[17]

ngago(25) sarwa abang, dene panggonan kang apês lor, kidul kang rosa, yèn sumêdya amèk gawe gêlis nêmu gêtih, artine saad iku ala, kêrana sabarang kang duwe niyat bêcik apês, kang duwe niyat ala rosa.

Ôngka 4 saad Yusup, manawa sumêja lunga dagang tuwin liyane bêcik, yèn dagang akèh bathine, kang sarwa kuning, yèn lunga yêkti manggih pandhita lan wong gêdhe, sarta banyu gêdhe, yèn ana warta ala goroh, yèn ana warta bêcik têmên, ing saad iku wong kang digdaya kulit putih lan kulit kuning, dene kang apês, wong kang kulit irêng lan kulit abang, wêktu iku kulon rosa wetan apês, lamun barang ilang wong wadon kang jupuk, apawakan ngalangak, bêcik rupane, mêmak rambute, aris ambêke, katampan dene wong lanang, yèn wong minggat utawa rajakaya ilang, mangetan parane ngalamat katêmu nanging lawas.

Ôngka 5 saad Ngijrail, iku ala, kêrana têdhak ing bilai, ing saad iku yèn lungan cêgahên mangkat saad iku, sumêja gawe bêcik dadi ala, yèn gawe panggawe sawiji-wiji, dadi alane, yèn ana warta bêcik, goroh yèn ana warta ala têmên, sabrang(26) gawe ing saad iku ala, tur nêmu susah bangêt, yèn barang ilang utawa wong minggat ngalamat ora katêmu, nadyan katêmu wis rusak, tur akèh kasusahane, yèn barang ilang kang jupuk wong lanang turjana(27) bangêt, salawase ora nana sêdyane maring kabêcikan, gêdhe dhuwur dêdêge, irêng kulite, ala pocapane, dene saad iku wong kang digdaya kang kulit irêng lan kulit abang, kang apês wong kang kulit putih lan kuning, panganggo kang bêcik kang sarwa irêng, kulon apês wetan rosa, yèn ana pêrang akèh pêpati, yèn dagang nêmu tuna lan rusak, ngalamat ora bisa pulih, yèn nênandur ngalamat ora bisa mêtu tur

[18]

akèh amane, karusakan ingkang tinêmu.

Prakawis ôngka 4

Punika saad ingkang kagêm Kangjêng Gusti Bagendha Ngali, manawi bidhal kakesahan sangking griya, tiyang satunggal-tunggalipun aningalana wêdaling napas saking grana, pundi ingkang agêng wêdaling napas inggih punika nalika mêdal saking griya sukunipun kajangkahna mêdal rumiyin, wondene sadèrèngipun mangkah(28) suku wau, amacaa sahadat ashadu anla ilahailollah wa ashaduanna mukamadarrasullolah sarta amacaa salawat Nabi Allahuma sali ala sayidina mukamat, rambah kaping tiga-tiga, manawi sampun tamat pamaosipun wau, suku lajêng kajangkahna mêdal sangkring(29) griya.

Prakawis ôngka 5

Punika yèn badhe angyêktosi bayi lair ingkang kêdadosanipun sae utawi awon, kapêndhêt saking saadipun dina pêpitu, kados ing ngandhap punika.

1. Dintên Ngahad jam 6, 7, wa, lare mêdal èstri sae, mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Jam 8, 9, ma, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 10, 11, maha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 12, 1, 2, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 3, 4, 5, mayi, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

[19]

2. Dintên Sênèn jam 6, 7, mayi, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Jam 8, 9, maha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 10, 11, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 12, 1, 2, pa, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Jam 3, 4, 5, ma, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

3. Dintên Salasa jam 6, 7, pa, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 8, 9, maha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 10, 11, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 12, 1, 2, mayi, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kakathah(30) rubedanipun.

Jam 3, 4, 5, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

4. Dintên Rêbo jam 6, 7, ma, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 8, 9, maha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

[20]

Jam 10, 11, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 12, 1, 2, mayi, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Jam 3, 4, 5, pa, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

5. Dintên Kêmis jam 6, 7, pa, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Jam 8, 9, mayi, lare mêdal èstri sae, mênawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Jam 10, 11, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 12, 1, 2, ma, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Jam 3, 4, 5, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

6. Dintên Jumungah jam 6, 7, ma, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 8, 9, maha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 10, 11, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 12, 1, 2, mayi, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

[21]

Jam 3, 4, 5, wa, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

7. Dintên Sêtu jam 6, 7, ha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 8, 9, maha, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 10, 11, ma, lare mêdal jalêr sae, manawi mêdal èstri kathah rubedanipun.

Jam 12, 1, 2, pa, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Jam 3, 4, 5, mayi, lare mêdal èstri sae, manawi mêdal jalêr kathah rubedanipun.

Prakawis ôngka 6

Punika manawi badhe karsa ngawuningani nahasing sasi, yèn kenging wêktu dintên nahas punika kacêgaha barang karsa, mênggah pratikêlipun, nêptuning sasi kakumpulakên kalihan nêtuning dina pêpitu, mila ngandhap punika kapratelakakên dintên ingkang kacêgah kimawon, kadamêl matêng pisan.

Sasi Sura, dintên kang nahas Jumungah kalih dintên Ngahat.

Sasi Sapar dintên kang nahas Sênèn kalih Salasa.

Sasi Mulud dintên kang nahas Salasa kalih dintên Sêtu.

Sasi Rabingulakir dintên kang nahas Kêmis kalih dintên Rêbo.

Sasi Jumadilawal dintên kang nahas Rêbo kalih dintên Jumungah.

Sasi Jumadilakir dintên kang nahas Ngahat kalih dintên Sênèn.

Sasi Rêjêp dintên kang nahas Sênèn kalih Salasa.

[22]

Sasi Ruwah dintên Sêtu kalihan dintên Kêmis.

Sasi Pasa dintên Kêmis kalihan dintên Rêbo.

Sasi Sawal dintên Jumungah kalihan dintên Ngahat.

Sasi Dulkangidah dintên Ngahat kalihan dintên Sênèn.

Sasi Bêsar dintên Salasa kalihan dintên Sêtu.

Prakawis ôngka 7

Punika manawi badhe ngawuningani nahasing tanggal, yèn kenging sabarang karsa kacêgah sabab badhe manggih susah, kados ing ngandhap punika pratikêlipun.

Sasi Sura, Sapar, nahasipun tanggal kaping 1, 7, 13, 19, 2.

Sasi Mulud, Rabingulakir nahasipun tanggal 2, 8, 14, 20, 26.

Sasi Jumadilawal, Jumadilakir nahasipun tanggal 3, 9, 15, 21, 27.

Sasi Rêjêp, Ruwah nahasipun tanggal 4, 10, 16, 22, 28.

Sasi Pasa, Sawal nahasipun tanggal 5, 11, 17, 23, 29.

Sasi Dulkangidah, Bêsar nahasipun tanggal 6, 12, 18, 24, 30.

Prakawis ôngka 8

Punika etangipun tiyang manawi badhe karsa wiwit anênanêm, nêtuning dintên pitu pasaran gangsal kakêmpalakên, kados ta Sêtu Paing, nêtuning kapanggih 18, punika kaetanga kados ing ngandhap punika.

Oyot uwit godhong uwoh

Manawi têlasipun nêtuning dintên wau dhawah oyot, wiwita nanêm katela rambat sapanunggilanipun.

Yèn dhawah wit, wiwita nanêm têbu sapanunggilanipun.

Yèn dhawah godhong, wiwita nanêm bako, sapanunggilanipun.

Yèn dhawah uwoh, wiwita nanêm pala gumantung ingkang bôngsa awoh.

[23]

Dene ingkang dipun tanêm wau manut mangsanipun srêngenge, punapa barang têtanêman ingkang mêsthi katanêm ing wêtunipun môngsa srêngenge punika, saèstunipun dados sae.

Prakawis ôngka 9

Punika manawi badhe aningkahake pangantèn, nêtuning dina kakumpulake klayan nêtuning pasaran, nanging nêtu wau kapêndhêt saking pôncasuda, kados ta dintên Jumungah nêtune 1, Sêtu 2, Akat 3, Sênèn 4, Slasa 5, Rêbo 6, Kêmis 7, Kliwon 1, Lêgi 2, Paing 3, Pon 4, Wage 5, kados ta Slasa Kliwon kapanggih 6, punika lajêng kapetang kados ing ngandhap punika.

Nujupadu, Dêmang Kandhuruwan, Sanggar Waringin, Mantri Sinaroja, Mênjangan Kêtawan, Kujupati.(31)

Manawi etangan wau têlasing nêtu dina dhawah Nujupati,(32) watêgipun pangantèn utawi tiyang sêpuhipun kathah sêtorenipun,(33) saingga salamine.

Yèn dhawah Dêmang Kandhuruwan, watakipun pangantèn utawi tiyang sêpuhipun kêrêp manggih sêsakit.

Yèn dhawah Sanggar Waringin, watakipun pangantèn utawi tiyang sêpuhipun angsring manggih bingah saha sênêng.

Yèn dhawah Mantri Sinaroja, watakipun pangantên utawi tiyang sêpuhipun angsring manggih karaharjan saha kasênêngan.

Yèn dhawah Mênjangan Kêtawan, watakipun pangantèn utawi yang(34) sêpuhipun angsring kecalan utawi tiyang kathah ingkang sumêdya awon.

Yèn dhawah Nujupati, watakipun pangantèn botên lami dados pêgat mati utawi pêgat gêsang, tur kathah kasusahanipun kang pinanggih.

Prakawis ôngka 10

[24]

Punika manawi badhe amirsani lampahipun kala guru kang lumampah sadintên-dintênipun, kados ta nêtune dintên kakumpulakên kalihan nêtuning pasaran, punika yèn nêtune dina pasaran wau kapanggih:

12, 16, 7, 17, kala guru wontên lèr.

11, 8, kala guru wontên wetan.

14, 10, 15, kala guru wontên kidul.

9, 13, 18, kala guru wontên kilèn.

Prakawis ôngka 11

Punika manawi badhe ngawuningani lampahipun kala dina ingkang lumampah sadintên-dintênipun, mênggah pratikêlipun kados ing ngandhap punika, nêtuning dina kalayan nêtuning pêkênan kakumpulakên, lajêng kapetang sangking wetan, lajêng pojokipun wetan, lajêng pojok kidul kilèn, lajêng pojok lor kulon, lajêng pojok lor wetan, dhawah pundi têlasipun nêtuning dintên wau, inggih ing ngriku panggenanipun kala dina, wondene mênggah kanggenipun kala dina utawi kala guru, saha naga dina, manawi karsa main utawi kêpangan macan, saha bicara tuwin kakêrêngan, môngka anglênggahana panggenanipun kala ingkang kasêbut ing ngajêng, saèstu wilujêng.

Prakawis ôngka 12

Punika manawi karsa amirsani lamipun(35) naga taun, manawi ngalih panggenan sampun nêrajang naga, ngandhap punika pratikêlipun.

Sasi Bêsar, Sura, Sapar, naga wontên lèr wetan, manawi ngalih panggenan sampun mangetan utawi mangidul.

Sasi Mulut, Rabingulakir, Jumadilawal, naga wontên kidul wetan, manawi ngalih panggenan sampun mangidul utawi mangilèn.

[25]

Sasi Jumadilakir, Rêjêp, Ruwah, naga wontên kidul kilèn, manawi ngalih panggenan sampun mangilèn utawi mangidul.

Sasi Pasa, Sawal, Dulkangidah, naga wontên lèr kilèn, manawi ngalih panggenan sampun mangalèr utawi mangilèn.

Wondene naga taun punika namanipun kalih, satêngah kaol kawastanan jatingarang, satêngah kaol kawastanan naga taun.

Prakawis ôngka 13

Punika masalah manawi badhe ngawuningani lampahipun tiyang badhe bidhal kakesahan, kapêndhêta bidhalipun ingkang supados wilujêng, kaetang saking dintên utawi pêkênan, kapêndhêt nêtunipun saking pôncasuda, kados ta dintên Jumungah 1, Sêtu 2, Akat, 3, Sênèn 4, Salasa 5, Rêbo 6, Kêmis 7, Kliwon 1, Lêgi 2, Pahing 3, Pon 4, Wage 5.

Nêtuning dina kakumpulakên lajêng kapetang kados ing ngandhap punika, satriya wasesa, tunggak sêmi, satriya wibawa, sumur sinaba, bumi kapêtak, satriya wirang, Lêbu katiyup angin.

1. Manawi dhawah satriya wasesa, sae sagèn-êgènipun(36) manggih wilujêng.

2. Manawi dhawah tunggak sêmi, sae sagèn-êgènipun kêdah manggih rêjêki.

3. Mênawi dhawah satriya wibawa, sae sagèn-êgènipun kêdah manggih suka bingah sênêng.

4. Manawi dhawah sumur sinaba, wontên paran susah manggih bingah.

5. Manawi dhawah bumi kapêtak, awon, wontên ing paran kêdah manggih susah.

6. Manawi dhawah satriya wirang, awon wontên ing paran manggih susah saha klingsêman.

7. Lêbu katiyup angin, awon wontên ing paran manggih susah ingkang sakêlangkung sangêt.

Prakawis ôngka 14

Manawi tiyang sakit badhe tirah

[26]

Dina Ngahat ngetan waras ngidul awèt larane, ngulon mati, ngalor waras, yèn lalungan yèn ngalor bêcik, ngetan slamêt.

Dina Sênèn ngalor waras, ngetan awèt larane, ngidul mati, manawa lungan, ngetan bêcik ngidul susah, ngulon slamêt, ngalor slamêt.

Dina Salasa ngidul ala, ngulon waras, ngalor slamêt, ngetan mati, yèn lalungan ngetan susah, ngidul ala, ngulon bêcik, ngalor slamêt.

Dina Rêbo ngetan awèt larane, ngidul waras, ngulon mati, ngalor antuk tômba, yèn lalungan ngetan bêcik, ngidul bêcik, ngulon kangelan, ngalor bêcik, slamêt.

Dina Kêmis, ngetan mati, ngidul olèh tômba, ngulon ala, ngalor waras, yèn lalungan ngetan ala, ngidul bêcik, ngulon slamêt.

Dina Jumungah ngetan mati, ngidul ala, ngulon olèh tômba, ngalor slamêt.

Dina Sabtu ngetan waras, ngidul ala, ngulon mati, ngalor bêcik, yèn lalungan ngetan slamêt, ngidul bêcik, ngulen(37) ala, ngalor slamêt.

Prakawis ôngka 15

Manawi bayi lair

Dina Ngahat nabine Kajêng(38) Nabi Adam, sakite sanginggiling tênggak, tambane manggar klapa ijo, adas pulosari, pinipis kadamêl pilis, slamêtane sêga golong 6, ulame panggang ayam klawu, dongane slamêt, sasampunipun kadonganan, golong kang siji lan êndhasing ayam sarta jêrohanipun, kadamêl sajèn patilêman, dipun kutugi sarta kasulêdan damar nalika ngobong dupa, angujupna dina Ngahat iki tadhah sajènmu olèhku mangan kurang, palam munya rewangana golèk sandhang pangan,

[27]

ingsun baurêksanên, yèn ana sêja ala balèkna, aja ganggu marang aku.

Dina Sênèn, Nabine Kangjêng Nabi Ibrahim, larane balung, tambane sarine kêmbang nagasari borèhna, slamêtane sêga golong 5, ulame panggang ayam wiring kuning, dongane trajumas, yèn sampun didongani, golonge 1 sarta êndhas jêrohane ayam kadamêl sajèn paturon, sarta ngobong dupa, anyambata dina Sênèn, kaya dina Ngahad ing dhuwur.

Dina Slasa Nabine Nabi Dawud, larane mata lan dhugal, tambane wiji sawi lan ayot(39) dalima putih, slamêtane golong 4, tumpêng 1, iwake ayam abang, dongane bariklana, yèn wis didongani golonge 1, êndhas lan jêrohan digawe sajèn paturon, sarta ngobong dupa lan nyêbut kaya dina mau.

Dina Rêbo Nabine Musa, larane wêtêng lan irung, tambane omah rayap kayu lêgi, slamêtane golong 8, iwake ayam wido, donga kunut, yèn wis didongani golonge 1 karo dhas lan jêrohan digawe sajèn paturon, sarta ngobong dupa nyêbut kaya dina Ngahat.

Dina Kêmis Nabine Nabi Sis, larane abuh, tambane godhong rêgulo lan dhèdhès, slamêtane golong 9, iwake ayam klawu brama, dongane junjung, yèn wis didongani golonge 1 lan dhas ayam sakjêrohane digawe sajèn paturon, dene pratingkahe kaya dina Ngahat mau.

Dina Jumungah Nabine Nabi Mukamat, larane ati, tambane godhong tlasih putih lan uyah sawuku, slamêtane golong 7, tumpêng 1, iwake ayam putih, dongane nujum, yèn wis didongani kaya dina Ngahat pratingkahe.

Dina Saptu, Nabine Nabi Ngisa, larane lambung, tambane godhong tuju

[28]

adas uyah sari, dipipis borèhna, slamêtane golong 10, iwake ayam tulak, dongane kasah, yèn wis didongani, kaya dina Ngahat pratingkahe.

Prakawis ôngka 16

Punika manawi karsa mirsani watêkipun bayi lair, pratikêlipun kapêndhêt saking sasi, bayi lair wau pinuju wulan punapa kados ta.

Wulan Sura watakipun mênêng, graita angên-angêne, yèn pintêr angluwihi, yèn bodho angluwihi, ananging ora kokehan padu, pikire slamêt.

Sasi Sapar watak brangasan, kêbat cukat wicarane, ananging rèrèh, ana palinggihane sok ora tlatenan, kudu mangan dhewe.

Mulud kêrêng sakabèh-kabèhe, nanging dadi priyayi.

[Dhandhanggula]

1.Pindha wiku mangriptèng kintèki | ngêla-êla lêlangên sarkara | amung nênga dhong-dhing bae | tan darbe kridhèng kewuh | anêmahi ingèsi-èsi | atawar tan rinasa | ngarsa ing pamêngku | marang wipra lan swarjana | yayah andong sari sumêbar ing panti | kang ngrêngga mintaksama ||

2.Kumawignya mangriptèng mêmanis | lêlantaran amangun carita | ngayun-ayun mrih indhake | berata sakèh ridhu | isining rat ywa kongsi brangti | warnanirèng kahanan | sadaya puniku | prasami tan bakit baka | dongèngira swarjana kridha ing budi | gêgaran marditama ||

[29]

[Sinom]

Pustaka jôngka srinata | duk ing kina pulo Jawi | sih luwêng dadya wanarga | pan namung isi dhadhêmit | sasmitaning Hyang Widhi | dhawuh marang Sultan ing Rum | kinèn ngisèni janma | wau ingkang pulo Jawi | gya nimbali patih wus sumiwèng ngarsa ||

Jêng Sultan Galbah ngandika | hèh patih apa sirèki | wus wikan ing pulo Jawa | miwah yèn miyarsa warti | suwung utawa isi | kya patih nêmbah umatur | dhuh gusti sri narendra | kawula dèrèng udani | mung miyarsa yèn pulo Jawi sih sunya ||

wartine para nangkoda | kang sampun nate udani | layar mring pulo Sêmbawa | anglangkungi pulo Jawi | pan dèrèng isi janmi | miwah kathah ardinipun | pulo mujur mangetan | kaprênah sakilèn Bali | sri narendra alon dènira ngandika ||

hèh patih sira mundhuta | wong rong lêksa somah nuli | tandurên ing tanah Jawa | dimène padha sêsabin | sandika kyana patih | anêmbah wus lèngsèr gupuh | mêpak wong dwi lêksomah | samya asaput piranti | sigra budhal alayar mring tanah Jawa ||

ing marga datan winarna | pulo Jawa sampun prapti | janma kalih lêksa somah | riwusnya sami sêsabin | kyana patih wus mulih | alayar prapta ing Ngêrum | wus katur sri narendra | kocap kang nèng pulo Jawi | têtumpêsan tinêluh ing brakasakan ||

janma kalih lêksa somah | rongpuluh somah kang maksih | wus bubar mulih sadaya | ing marga datan winarni | praptèng Ngêrum nagari | wus katur marang sang prabu | yèn wonge karusakan | minôngsa sato myang dhêmit | duk miyarsa jêng sultan langkung ngungunnya ||

jêng sultan nulya utusan | animbali Sèh Sêbakir | wus prapta byantarèng nata | jêng sultan ngandika aris | bapa sira sun tuding | layar mring tanah Jawèku | sira masanga tumbal | sakèh gunung kang waradin | dimèn lunga setane kang môngsa janma ||

wong Kêling sira gowoa | tandurên ing pulo Jawi | yèn wis purihên sêsawah | nuli mang- ||

[30]

kata dèn aglis | layar mring pulo Jawi | lan si patih aywa kantun | sandika aturira | uluk salam budhal nuli | babar layar lampahing palwa angêrap ||

ing pulo Kêling wus prapta | dhawuh amundhut sujanmi | rong lêksa somah binêkta | sapraptane pulo Jawi | samya saput piranti | samana Sèh Bakir wau | anjujug gunung Tidhar | kang tumbal pinasang aglis | wus warata pucaking wukir Sundara ||

nulyana ampuhan prapta | gara-gara udan angin | gumlêgêr swaraning arga | ampak-ampak obar-abir | pêpêtêng anglimputi | gègèr sagunging lêlêmbut | jin setan alumajar | banaspati padha ngili | ilu-ilu janggitan lawan kêmamang ||

wewe pêri parayangan | angili maring wanadri | sadaya prasami bibar | wênèh lumêbu jaladri | gègèr akontrang-kantring | tan kawawa panasipun | nêngna kang kapalajar | gantya kang winarna mangkin | wontên janma sêpuh mung kêkalih kadang ||

Sang Hyang Sêmar wastanira | Sang Hyang Togog kang satunggil | dhêdhukuh wontên ing arga | sukuning Marbabu wukir | dhêdhepok sampun lami | samana sang kalihipun | lagyeca lêlungguhan | nulyana swara kapyarsi | langkung kagyat sang kalih miyarsa swara ||

Sang Hyang Sêmar wuwusira | Kang, Kang Togog paran iki | gara-gara agung prapta | gumlêgêr swaraning wukir | bumi kadya ginonjing | prakêmpa asindhung riwut | kilat thathit liwêran | calèrèt lan obar-abir | tanpa mêndha saya gêng kang gara-gara ||

Sang Hyang Togog saurira | manira boya udani | lah masa bodhoa sira | Sang Hyang Sêmar gya wêwarti | yèn ki raka tan uning | mangkya wontên pandhitèng Ngrum | prapta ing tanah Jawa | karya rusaking dhêdhêmit | amasangi tumbal sakèhing aldaka ||

dawêg ki raka lumampah | marpêgi marang Sang Rêsi | pan iku kang karya rusak | kang nundhung sakèhing dhêmit | ingsun arsa pinanggih | tanya karanane iku | sagunging brakasakan | sadaya sami angili ||

[31]

kagègèran lêlêmbut ing tanah Jawa ||

Sang Hyang Togog saurira | lah dawêg adhi prayogi | aywa kongsi kadhatêngan | luhung dhatêngana dhihin | sigra lumampah aglis | wus prapta ing prênahipun | anèng ing gunung Tidhar | kagyat Sèh Bakir ningali | wontên prapta dumrojog linggih satata ||

Sèh Bakir aris têtanya | ki sanak andika pundi | manira nêmbe tumingal | marang pakênira kalih | lawan arsa punapi | dene prapta ngarsaningsun | Sang Hyang Sêmar turira | kula inggih tiyang ngriki | arsa panggih lawan andika kewala ||

tuwan sèh alon lingira | wartane ing tanah Jawi | pan dèrèng wontên manusa | maksih sunya mung wanadri | Hyang Sêmar turira ris | kula ing sanyatanipun | wong ngriki kina mila | sadèrènge tuwan prapti | inggih sampun dhêdhukuh wontên ing arga ||

antuk sangang èwu warsa | lajêng karya dhukuh ngriki | bêbadra pan dèrèng lama | sawêg angsal sèwu warsi | langkung sataun nênggih | Sèh Bakir gawok duk ngrungu | dika niku wong napa | sayêktine lamun janmi | umurira dawane saijab-ijab ||

manira durung miyarsa | wong umur salêksa warsi | Nabi Adam langkung panjang | yuswane pan sèwu warsi | lah apa ta sirèki | dudu manusa satuhu | dèn balaka maringwang | dene umurnya ngluwihi | Sang Hyang Sêmar turira pindha sarkara ||

[Dhandhanggula]

sayêktine ngong dede sujanmi | gih manira dhanyang tanah Jawa | sêsêpuh môngka ulune | sagunging kang lêlêmbut | ngong titise Kawa Sang Dèwi | yèn padukarsa tanya | mring jêjuluk ingsun | inggih Sang Hyang Manikmaya | Sang Hyang Êsis Hyang Srigati inggih mami | Bathara Guru ingwang ||

Sang Hyang Wênang gih jêjuluk mami | lawan inggih Hyang Jaya Kusuma | Dyan Jaka Pandhak malihe | idhi-idhi gih ingsun | ithik-ithik acincing gati | sêsilih Sang Hyang Sêmar | de dumados ingsun | duking kina i- ||

[32]

bu Kawa | anglunturkên rahsa tinampan Idajil | winorkên kamanira ||

gya cinipta nulya dadya mami | koningana sawarnining dewa | pra jawata sadayane | pan inggih turun ingsun | lawan dhanyang prayangan pêri | sabrang lan tanah Jawa | sagunging lêlêmbut | sadaya turun manira | dene ingkang munggwing kering ngong puniki | Kakang Togog wastanya ||

titisira kang pêksi sênjari | pan minôngka dadya kadang ingwang | ing pulo Jawi dhepoke | mila prapta pukulun | amarpêgi dhatêng sang rêsi | parlu kularsa tanya | pagene sang wiku | ngrusak anak putuningwang | kagegeran kêni prantine sang rêsi | kang tênung taraknyana ||

tan kawawa kataman piranti | têmah samya angili mring wana | wênèh maring samudrane | swaraning tangis umyung | sing paduka kang mawa kardi | sang wiku alon mojar | ênggèh manirèstu | nanging aywa salah cipta | ingsun muhung darma dinuta sang aji | ing Rum Jêng Sultan Galbah ||

dhinawuhan ngisèni sujanmi | dimèn padha atêgal myang sawah | bubak wana saurute | kang dèn isèkkên iku | janma saking ing tanah Kêling | kèhe rong lêksa somah | wus karsèng Hyang Agung | tan kêna pinalangana | Sang Hyang Sêmar nabda jumurung sakêthi | yèn karsane jêng sultan ||

narendra gung ing Ngêrum nagari | ingkang dhawuh angisèni janma | tanah Jawa saindênge | kinèn bubak wana gung | amung inggih panuwun mami | turun kula tumuta | nèng tanah Jawèku | Tuwan Seh Sêbakir mojar | pakênira ki sanak ingsun sajari | karsanirèng Hyang Suksma ||

lêlakone tanah Jawa iki | wis tinakdir benjang sirnanira | rong èwu satus warsane | wiwit iki kang taun | satus warsa tanpa narpati | maksih kadya kukila | durung ana ratu | miwah durung ana tata | yèn wus jangkêp satus warsa karsèng Widhi | nulya karya narendra ||

Gilingwêsi arane nagari | akalawan Pranaraga ika | wiwit ana ||

[33]

narendrane | jêjuluke Sang Prabu | Sela Arga ingkang wêwangi | ing kono sira monga | awora janmèku | iku wiwit ana tata | sri narendra murwani agama budi | nêbut Dewa Bathara ||

tancêp tuhu manêmbah dewadi | wus inganggêp Hyang Lata wal Ujwa | kang karyèngrat saisine | pinetang laminipun | satus warsa sirnanirèki | nulya karsèng Hyang Suksma | karya malih ratu | narèndra sudibya tama | trahing dewa titising Hyang Wisnumurti | Mêndhangkawit puranya ||

laminira apan satus warsi | karsanira Hyang Maha Kawasa | nulyana manèh pamase | kêkalih sami ratu | angadhaton Ngalêngka nagri | bala diyu rasêksa | yaksendra dibya nung | ing Môncawati satunggal | narendradi titising Hyang Wisnumurti | bala sagung wanara ||

sira monga kang jumênêng aji | ratu tama titising jawata | dene Ki Togog ing têmbe | momonga ratu diyu | kang jumênêng Ngalêngka puri | rusake ing Ngalêngka | tumpêsan sadarum | têpis wiring sirna gêmpang | laminira amung pitung dasa warsi | sirnane kratonira ||

pan tumuli ana ratu malih | ing Wiratha kalawan Mandura | mung sekêt taun sirnane | nulyana manèh ratu | ing Ngastina lan Dwarawati | kalawan ing Ngamarta | nagarane iku | miwah ing Pudhak Satêgal | lan maninge nagri Ngawu-awu Langit | sira amonga benjang ||

laminira apan satus warsi | aprang lawan kadangira priyôngga(40) | nulyana malih pamase | ing Pêngging puranipun | Prabu Baka ingkang wêwangi | lah sira monga benjang | kang jumênêng iku | lamine mung sekêt warsa | apan nulya wontên malih narapati | ing nagri Mlawapatya ||

nata dibya titis Wisnumurti | lawan ana ||

[34]

ing Bojanagara | mung kawan dasa warsane | amung ta wêkas ingsun | aywa sira momong ing benjing | mring nata kalihira | sasirnane iku | anulya ana narendra | akêkutha ing Galuh mung sekêt warsi | karsanira Hyang Suksma ||

atumuli wontên narapati | ing Sindhula iku kuthanira | sawidak warsa lamine | sasirnanira iku | nuli ana kang madêg aji | nagri Mêndhang Kamulan | iku ratunipun | karêm dhahar ulam janma | kawan dasa warsa anuli ginanti | pandhita saking Ngarab ||

Aji Saka iku kang wêwangi | kang gumantya jumênêng narendra | ing tanah Jawa mandhireng | dibya sakti pinunjul | jumênêngnya sawidak warsi | wignya ing saniskara | wicaksana putus | anganggit kang sastra Jawa | mosa paliprawa myang sangkala bumi | Sang Sri Yudakênaka ||

[Pangkur]

sapungkure Aji Saka | apan nuli ana narendra malih | jêjuluk Sri Maha Punggung | pêpatih Jugul Mudha | angadhaton nèng sukuning ardi Lawu | karta karti kang nagara | Sang Prabu ngêgungkên adil ||

satus taun nuli sirna | kang murbèng rat nulya karya narpati | Koripan kadhatonipun | satus taun laminya | turun tiga sirnane karatonipun | karsaning Kang Maha Mulya | akarya narendra malih ||

sakawan kèhe narendra | akêkutha Jênggala lan Kadhiri | Ngurawan lan Singasantun | iku sira amonga | ngawulaa ratu iku dèn mituhu | kalawan ngaliha aran | Ki Prasônta iku bêcik ||

dene Ki Togog ngaliha | Ki Jaruwèh iku langkung prayogi | malih wêkas ngong ing besuk | sira aywana pisah | lawan marang titising Bathara Wisnu | nama Panji Rawis Rêngga | digdaya prawirèng jurit ||

satus taun laminira | karsèng Widhi akarya ratu malih | Pajajaran kuthani- ||

[35]

pun | ngalih saking Jênggala | satus taun sirnane karatonipun | kongsi turun kaping tiga | rusake kalawan siwi ||

lah ing kono wêkas ingwang | sira nuli awora lan dhêdhêmit | maria amomong ratu | wus karsaning Pangeran | kinên awor anak putumu lêlêmbut | dhêdhukuha sira benjang | nèng sukune ardi Kêndhil ||

lan malih ngaliha aran | Ki Surandhil iku langkung prayogi | Ki Togog sira ing besuk | dhukuha nèng Lodhaya | angaliha malih aran Ki Barjukung | sasirnaning Pajajaran | anulya ana narpati ||

ratu agung adiningrat | pan jumênêng nèng kutha Majapait | anênggih ing laminipun | satus kalih kang warsa | turun tiga rusake karatonipun | lawan atmaja priyangga | ing Bintara madêg aji ||

[0]

[...](41)

------------------------------------

(1) cêlane

(2) dikuwasakake

(3) aja kêmajon

(4) pasulayan

(5) 2 suku kata tidak terbaca

(6) dhêmên

(7) awit

(8) layang

(9) goroh

(10) sêtali (dan di tempat lain)

(11) bôngsa

(12) kang

(13) sadinane

(14) dêdokokane

(15) mêndêm

(16) nglakoni

(17) Sengkalan: têrus tri sabdaning nata (20 Ramelan 1939 A.J.)

(18) Sengkalan: têrus tri ngèsthi nata (20 Ramelan 1839 A.J., 6 Oktober 1906 A.D.)

(19) Rancang

(20) ganjil

(21) mênggah

(22) karêpe

(23) utawa

(24) dene

(25) anganggo

(26) sabarang

(27) durjana

(28) jangkah

(29) sangking

(30) kathah

(31) Nujupati

(32) Nujupadu

(33) satrunipun

(34) tiyang

(35) lampahipun

(36) sanggèn-ênggènipun

(37) ngulon

(38) Kangjêng

(39) oyot

(40) Lebih satu suku kata: aprang lawan kadang priyôngga

(41) 5 halaman kosong