Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Wulang Rèh, Pakubuwana IV, 1931, #226

Katalog:Wulang Rèh, Pakubuwana IV, 1931, #226
Sambung:-

Harga f 0.50

Sêrat Wulang Rèh

Anggitan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Ingkang Kaping IV ing Surakarta. Ingkang sampun katètèsakên kalihan luguning babonipun dening Pahêman Radya Pustaka.

Katêdhak sungging dening: Radèn Mas Suwandi, ing Surakarta.

Paramasastra dalah têmbung-têmbungipun botên kaewahan sakêdhik-kêdhika. (Kalugokakên) sinangkalan: Rasa lêlima ngèsthi tunggal.

CITAKAN Ke III

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi ing Kêdhiri, 1931.

--- [2] ---

GAMBARNYA PENERBIT: TAN KHOEN SWIE, KEDIRI

[Grafik]

Ini kitab diperlindungi hak pengarang tersebut di dalem Stb No. 600. tahun 1912 fatsal 11.

Kitab yang syah ada tanda tangannya si penerbit sebagi di bawah ini:

[Tanda tangan]

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. pamêdhare wasitaning ati | cumanthaka aniru pujôngga | dahat mudha ing batine | nanging kêdah ginunggung | datan wruh yèn akèh ngèsêmi | amêksa angrumpaka | basa kang kalantur | tutur kang katula-tula | tinalatèn rinuruh kalawan ririh | mrih padhanging sasmita ||

2. sasmitaning ngaurip puniki | mapan ewuh yèn nora wêruha | tan jumênêng ing uripe | akèh kang ngaku-aku | pangrasane sampun udani | tur durung wruh ing rasa | rasa kang satuhu | rasaning rasa punika | upayanên darapon sampurna ugi | ing kauripanira ||

3. jroning Kuran goning rasa yêkti | nanging ta pilih ingkang uninga | kajaba lawan tuduhe | nora kêna dèn awur | ing satêmah nora pinanggih | mundhak katalanjukan | têdahtêmah. sasar-susur | yèn sira ayun waskitha | sampurnane ing badanira puniki | sira anggêgurua ||

4. nanging yèn sira gêguru kaki | amiliha manungsa kang nyata | ingkang bêcik martabate | sarta kang wruh ing khukum | kang ngibadah lan kang wirangi | sokur olèh wong tapa | ingkang wus amungkul | tan mikir pawèwèhing lyan | iku pantês sira guronana kaki | sartane kawruhana ||

5. lamun ana wong micorèng ngèlmi | tan mupakat ing patang prakara | aja sira age-age | anganggêp nyatanipun | saringana

--- 4 ---

dipun barêsih | limbangên lan kang patang | prakara rumuhun | dalil khadis lan ijêmak | lan kiyase papat iku salah siji | anaa kang mupakat ||

6. ana uga kêna dèn antêpi | yèn ucul saking patang prakara | nora enak lêgêtane | tan wurung tinggal wêktu | panganggêpe wus angêngkoki | aja kudu sêmbahyang | wus salat katèngsun | banjure buwang sarengat | batal karam nora nganggo dèn rawati | bubrah sakèhing tata ||

7. angèl têmên ing jaman samangkin | ingkang pantês kêna ginuronan | akèh wong jaja ngèlmune | lan arang ingkang manut | yèn wong ngèlmu ingkang nêtêpi | ing panggawening sarak | dèn arani luput | nanging ta asasênêngan | nora kêna dèn wor kêkarêpannèki | pêpancène priyôngga ||

8. ingkang lumrah ing môngsa puniki | mapan guru ingkang golèk sabat | tuhu kuwalik karêpe | kang wis lumrah karuhun | jaman kuna mapan ki murid | ingkang padha ngupaya | kudu anggêguru | ing mêngko iki ta nora | kyai guru naruthuk ngupaya murid | dadia kanthinira ||

2. Kinanthi

1. padha gulangên ing kalbu | ing sasmita amrih lantip | aja pijêr mangan nendra | ing kaprawiran dèn kèsthi | pêsunên sariranira | cêgahên dhahar lan guling ||

2. dadia lakunirèku | cêgah dhahar lawan guling | lan aja kasukan-sukan |

--- 5 ---

anganggoa sawatawis | ala watêke wong suka | nyuda prayitna ing batin ||

3. yèn wis tinitah wong agung | aja sira gunggung dhiri | aja lêkêt lan wong ala | kang ala lakunirèki | nora wurung ngajak-ajak | satêmah anênulari ||

4. nadyan asor wijilipun | yèn kalakuane bêcik | utawa sugih carita | carita kang dadi misil | iku pantês rakêtana | darapon mundhak kang budi ||

5. yèn wong anom pan wis tamtu | manut marang kang ngadhêpi | yèn kang ngadhêp akèh bangsat | datan wurung bisa juti | yèn kang ngadhêp kèh durjana | nora wurung bisa maling ||

6. sanadyan ta nora milu | pasthi wruh solahing maling | kaya mangkono sabarang | panggawe ala puniki | sok wêruh anuli bisa | yèku panuntuning eblis ||

7. panggawe bêcik puniku | gampang yèn wus dèn lakoni | angèl yèn durung kalakyan | aras-arasên nglakoni | tur iku dèn lakonana | muphangati badannèki ||

8. lan wong anom-anom iku | kang kanggo ing môngsa iki | andhap asor dipun simpar | umbag gumunggunging dhiri | obrol umuk kang dèn gulang | kumênthus lawan kumaki ||

9. sapa sira sapa ingsun | angalunyat sarta êdir | iku lêlabête uga | nom-noman adoh wong bêcik | êmoh angrungu carita |

--- 6 ---

carita ala lan bêcik ||

10. carita pan wus kalaku | panggawe ala lan bêcik | tindak bênêr lan kang ora | kalêbu jro caritèki | mulane aran carita | kabèh-kabèh dèn kawruhi ||

11. mulane wong anom iku | bêcik ingkang atabêri | jêjagongan lan wong tuwa | ingkang sugih kojah ugi | kojah iku warna-warna | ana ala ana bêcik ||

12. ingkang bêcik kojahipun | sira anggoa kang pasthi | ingkang ala singgahana | aja sira anglakoni | lan dèn awas wong akojah | iya ing môngsa puniki ||

13. akèh wong kang sugih wuwus | nanging dèn sampar pakolih | amung badane priyôngga | kang dèn pakolihkên ugi | panastène kang dèn umbar | tan anganggo sawatawis ||

14. aja na wong bisa tutur | ngêmungna ingsun pribadi | aja na kang amêmadha | angrasa pintêr pribadi | iku setan nunjang-nunjang | tan pantês dipun parêki ||

15. sikakna dèn kaya asu | yèn wong kang mangkono ugi | dahwèn opèn nora layak | yèn sira sandhingan linggih | nora wurung katularan | bêcik singkirana ugi ||

16. poma-poma wêkas ingsun | mring kang maca layang iki | lair batin dèn èstokna | saunine layang iki | lan dèn bêkti mring wong tuwa | ing lair prapta ing batin ||

--- 7 ---

3. Gambuh

1. sêkar gambuh ping catur | kang cinatur polah kang kalantur | tanpa tutur katula-tula katali | kadaluwarsa katutuh | kapatuh pan dadi awon ||

2. aja nganti kabanjur | sabarang polah kang nora jujur | yèn kabanjur sayêkti kojur tan bêcik | bêcik ngupayaa iku | pitutur ingkang sayêktos ||

3. pitutur bênêr iku | sayêktine apantês tiniru | nadyan mêtu saking wong sudrapapèki | lamun bêcik gone muruk | iku pantês sira anggo ||

4. ana pocapanipun | adiguna adigang adigung | pan adigang kidang adigung pan èsthi | adiguna ula iku | têlu pisan mati sampyoh ||

5. si kidang umbagipun | angandêlkên kêbat lumpatipun | pan si gajah ngandêlakên gêng ainggil | ula ngandêlakên iku | mandine kalamun nyakot ||

6. iku upamanipun | aja ngandêlakên sira iku | sutèng nata iya sapa ingkang wani | iku ambêke wong digung | ing wusana dadi asor ||

7. adiguna puniku | ngandêlakên kapintêranipun | samubarang kabisan dipun dhèwèki | sapa pintêr kaya ingsun | tuging prana nora enjoh ||

8. ambêk adigang iku | ngandêlakên kapintêranipun | para tantang candhala anyênyampahi | tinêmênan nora pêcus | satêmah dadi gêguyon ||

--- 8 ---

9. ing wong urip puniku | aja nganggo ambêk kang têtêlu | anganggoa rèrèh ririh ngati-ati | dèn kawangwang barang laku | dèn waskitha solahing wong ||

10. dene katêlu iku | si kidang suka ing patinipun | pan si gajah alena patinirèki | si ula ing patinipun | ngandêlkên upase mandos ||

11. katêlu nora patut | yèn tiniru mapan dadi luput | titikane wong anom kurang wêwadi | bungah akèh wong anggunggung | wêkasane kajalomprong ||

12. yèn wong anom puniku | kakehan panggunggung dadi kumprung | pêngung bingung wêkasane pan angoling | yèn dèn gunggung muncu-muncu | kaya wudun mèh macothot ||

13. ing wong kang padha gunggung | pan sapele iku pamrihipun | mung warêge wadhuk kalimising lathi | lan têlêsing gondhangipun | rêruba alaning uwong ||

14. amrih parêk kang iku | yèn wus kanggêp nuli gawe umuk | pan wong akèh sayêktine padha wêdi | tan wurung tômpa pisungsung | adol sanggup sakèhing wong ||

15. amrih parêka iku | nora pantês cêdhak mring wong agung | nora wurung anuntun panggawe juti | nanging ana pantêsipun | wong mangkono didhêdhêplok ||

16. aja kakehan sanggup | durung wêruh tuture agupruk | tutur nêmpil panganggêpe wruh pribadi | pangrasane [pangrasa...]

--- 9 ---

[...ne] kèh wong gunggung | kang wis wêruh amalengos ||

17. aja nganggo sirèku | kalakuan kang mangkono iku | datan wurung tinitenan dèn cirèni | mring pawong-sanak sadulur | nora nana kang pitados ||

4. Pangkur

1. kang sêkar pangkur winarna | lêlabuhan kang kanggo wong ngaurip | ala lan bêcik puniku | prayoga kawruhana | adat waton puniku dipun kadulu | miwah ta ing tatakrama | dèn kaèsthi siyang ratri ||

2. dêduga lawan prayoga | myang watara rêringa ayya lali | iku parabot satuhu | tan kêna tininggala | tangi lungguh angadêg tuwin lumaku | angucap mênêng anendra | duga-duga nora kari ||

3. muwah ing sabarang karya | ing prakara gêdhe kalawan cilik | papat iku datan kantun | kanggo sadina-dina | lan ing wêngi nagara muwah ing dhusun | kabèh kang padha ambêkan | papat iku nora kari ||

4. kalamun ana manungsa | anyinggahi dugi lawan prayogi | iku watêke tan patut | awor lawan wong kathah | wong diksura daludur tan wruh ing êdur | aja sira pêdhak-pêdhak | nora wurung nêniwasi ||

5. mapan watêking manungsa | pan katêmu ing laku lawan linggih | solah muna-muninipun | pan dadya panêngêran | kang apintêr kang bodho miwah kang luhur | kang asor lawan malarat |

--- 10 ---

tanapi manungsa sugih ||

6. ngulama miwah maksiyat | wong kang kêndêl tanapi wong kang jirih | durjana bêbotoh kaum | lanang wadon pan padha | panitiking manungsa wêwatêkipun | apadene wong kang nyata | ing pangawruh kang wis pasthi ||

7. tinitik ing solah muna | lawan muni ing laku lawan linggih | iku panêngêran agung | winawas ginraita | pramilane ing wong kuna-kuna iku | yèn amawas ing sujanma | datan amindhogawèni ||

8. ginulang sadina-dina | wiwekane tuwin basa basuki | ujub riya kibiripun | sumungah tan kanggonan | mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung | ujar sirik kang rinêksa | kautaman olah wadi ||

9. ing môngsa mêngko pan arang | kang katêmu ing basa kang basuki | ingkang lumrah wong puniku | drêngki droi lan dora | irèn mèrèn panastèn lawan kumingsun | openan nora pasaja | jail muthakil bêsiwit ||

10. alaning liyan dèn andhar | ing bêciking liyan dipun simpêni | bêcike dhewe ginunggung | kinarya pasamuwan | nora ngrasa alane dhewe ngêndhukur | wong kang mangkono watêknya | nora pantês dèn pêdhaki ||

11. iku wong dur bala murka | nora nana marême ing jro ngati | sabarang karêpanipun | nadyan wisa katêkan | karêpane

--- 11 ---

nora marêm saya banjur | luamah lawan amarah | iku ingkang dèn tut wuri ||

12. ing sabarang tingkah polah | yèn angucap tanapi lamun linggih | sungkan kasosor bêkipun | pan lumuh kaungkulan | ing sujanma pangrasane dhèwèkipun | pan norana kang amadha | angrasa luhur pribadi ||

13. aja nêdya katempelan | ing wêwatêk kang tan pantês ing budi | watêk rusuh nora arus | tunggal lawan manungsa | dipun sami karya labuhan kang patut | darapon dadi tuladha | tinuta ing wuri-wuri ||

14. aja lonyo lèmèr genjah | angrong pasanakan nyumur gumuling | ambuntut arit puniku | watêkan tan raharja | pan wong lonyo nora kêna dipun êtut | monyar-manyir tan antêpan | dene lèmèrên puniki ||

15. parapenginan têgêsnya | genjah iku cecegan barang kardi | angrong pasanak liripun | rêmên olah miruda | mring rabine sadulur miwah ing batur | mring sanak myang pasanakan | sok sênênga dèn ramuhi ||

16. nyumur gumuling têgêsnya | ambêlawah datan duwe wêwadi | nora kêna rubung-rubung | wêwadine dang wutah | buntut arit puniku pracekanipun | abênêr ing pangarêpan | nanging garèthèl ing wuri ||

17. sabarang kang dipun ucap | nora wurung amrih olèh pribadi | iku labuhan [la...]

--- 12 ---

[...buhan] tan patut | aja anêdya telad | mring watêkan nênêm prakara puniku | sayogyane ngupayaa | lir mas tumimbul ing warih ||

5. Maskumambang

1. nadyan silih bapa biyung kaki nini | sadulur myang sanak | kalamun muruk tan bêcik | nora pantês yèn dèn nuta ||

2. apan kaya mangkono watêkan iki | sanadyan wong tuwa | yèn duwe watêk tan bêcik | miwah tindak tan prayoga ||

3. aja sira niru tindak kang tan bêcik | nadyan ta wong liya | lamun pamuruke bêcik | miwah tindake prayoga ||

4. iku pantês sira tirua ta kaki | miwah bapa biyang | amuruk watêkan bêcik | iku kaki èstokêna ||

5. wong tan manut pitutur wong tuwa ugi | pan nêmu duraka | ing dunya tumêkèng akir | tan wurung kasurang-surang ||

6. maratani ing anak putu ing wuri | dèn padha prayitna | aja na kang kumawani | ing bapa tanapi biyang ||

7. ana uga etang-etangane kaki | lêlima sinêmbah | dununge sawiji-wiji | sêmbah lêlima punika ||

8. ingkang dhingin rama ibu kaping kalih | marang maratuwa | lanang wadon kang kaping tri | ya marang sadulur tuwa ||

9. kaping pate ya marang guru sayêkti | sêmbah kaping lima | ya marang gustinirèki | parincine kawruhana ||

10. pramilane rama ibu dèn bêktèni | kinarya jalaran |

--- 13 ---

anane badan puniki | winêruhkên padhang hawa ||

11. uripira pintêr samubarang kardi | saking ibu rama | ing batin saking Hyang Widhi | mulane wajib sinêmbah ||

12. pan kinarsakakên ing Hyang Kang Linuwih | kinarya lantaran | anèng ing dunya puniki | wêruh ing bêcik lan ala ||

13. saking ibu rama margane udani | mila maratuwa | lanang wadon dèn bêktèni | awèh rasa ingkang nyata ||

14. sajatine rasa kang mêncarkên wiji | sêmbah kaping tiga | mring sadulur tuwa ugi | milane sadulur tuwa ||

15. pan sinêmbah gêgêntine bapa iki | pan sirnaning bapa | sadulur tuwa gumanti | ingkang pantês sira nuta ||

16. ing sawarah-wuruke ingkang prayogi | sêmbah kang kaping pat | ya marang guru yêkti |Kurang satu suku kata: ya marang guru sayêkti. marmane guru sinêmbah ||

17. kang atuduh marang sampurnaning urip | tumêkèng antaka | madhangkên pêtênging ati | ambênêrkên marga mulya ||

18. wong duraka ing guru abot pribadi | pramila prayoga | minta asih siyang ratri | ywa nganti suda sihira ||

19. kaping lima dununge sêmbah puniki | mring gusti kang murba | ing pati kalawan urip | miwah sandhang lawan pangan ||

20. wong nèng dunya wajib manuta ing Gusti | lawan dipun awas | sapratingkahe dèn kèsthi | aja dupèh wus awirya ||

21. nora beda putra santana wong

--- 14 ---

cilik | yèn padha ngawula | pan kabèh namaning abdi | yèn dosa ukume padha ||

22. yèn rumasa putra sêntana sirèki | dadine tyasira | angêdirakên sirèki | tan wurung anêmu papa ||

23. ngungasakên yèn putra sêntanèng aji | iku kaki aja | wong suwita nora kêni | kudu wruh ing karyanira ||

24. yèn tinuduh marang sang maha narpati | sabarang tuduhnya | iku èstokêna ugi | karyanira sungkêmana ||

25. aja mèngèng ing parentah sang siniwi | dèn pêthêl aseba | aja malincur ing kardi | aja ngêpluk asungkanan ||

26. luwih ala-alane jalma ngaurip | wong ngêpluk sungkanan | tan patut ngawulèng aji | angèngèra sapa-sapa ||

27. amilua ing bapa biyung pribadi | kalamun sungkanan | datan wurung dèn srêngêni | milawanana pinala ||

28. mapan kaya mangkono ngawulèng gusti | kalamun lêleda | tan wurung manggih bilai | ing wuri aja ngêrsula ||

29. pan kinarya dhewe bilainirèki | lamun tinêmênan | sabarang karsaning gusti | lair batin tan suminggah ||

30. mapan ratu tan duwe kadang myang siwi | sanak prasanakan | tanapi garwa kêkasih | amung bênêr agêmira ||

31. kukum adil adat waton kang dèn èsthi | mulane ta padha | dèn rumêksa marang gusti | êndi lire wong rumêksa ||

--- 15 ---

32. dipun gêmi nastiti angati-ati | gêmi mring kagungan | ing gusti yya sira wani | anggêgampang lawan aja ||

33. wani-wani nuturkên wadining gusti | dèn bisa arawat | ing wêwadi sang siniwi | nastiti barang parentah ||

34. ngati-ati ing rina lawan ing wêngi | ing rumêksanira | lan nyadhang karsaning gusti | dudukwuluhe kang tômpa ||

6. Mêgatruh

1. wong ngawula ing ratu luwih pakewuh | nora kêna minggrang-minggring | kudu mantêp sartanipun | sêtyatuhu maring gusti | dipun miturut sapakon ||

2. mapan ratu kinarya wakil Hyang Agung | marentahkên kukum adil | pramila wajib dèn ênut | kang sapa tan manut ugi | mring parentahe sang katong ||

3. aprasasat badaling karsa Hyang Agung | mulane babo wong urip | saparsa ngawulèng ratu | kudu eklas lair batin | aja nganti nêmu ewoh ||

4. ing wurine yèn ati durung tuwajuh | angur ta aja angabdi | bêcik ngindhunga karuhun | aja age-age ngabdi | yèn durung eklas ing batos ||

5. angur angindhunga bae nora ewuh | lan ora nana kang ngiri | mung mungkul pakaryanipun | nora susah tungguk kêmit | seba mapan nora nganggo ||

6. mung yèn ana tontonan nonton nèng lurung | glindhang-glindhung tanpa kêris | sarwi bônda

--- 16 ---

tanganipun | kêmul bêbêde sasisih | andhodhok pinggiring bango ||

7. suprandene jroning tyas anglir tumênggung | mangku bawat Sênèn Kêmis | mangkono iku liripun | nora kaya wong angabdi | wruh ing palataran katong ||

8. lan keringan sarta ana aranipun | lan ana lungguhe ugi | ing salungguh-lungguhipun | nanging ta dipun pakeling | mulane pinardi kang wong ||

9. samubarang ing karsanira sang ratu | sayêkti kudu nglakoni | sapalakartine iku | wong kang padha-padha ngabdi | pagaweane pan saos ||

10. kang nyantana bupati mantri panèwu | kaliwon panèkêt miji | panalawe lan panajung | tanapi para prajurit | lan kang nambut karyèng katong ||

11. kabèh iku kuwajiban sebanipun | ing dina kang amarêngi | ing wiyosira sang prabu | sanadyan tan miyos ugi | pasebane aja towong ||

12. ingkang lumrah yèn kêrêp seba wong iku | nuli ganjaran dèn incih | yèn tan olèh nuli mutung | iku sèwu-sèwu sisip | yèn wus mangarti ingkang wong ||

13. tan mangkono etunge kang sampun wêruh | mapan ta datan dèn pikir | ganjaran pan wis karuhun | amung naur sihing gusti | winalês ing lair batos ||

14. sêtyatuhu saparentahe pan manut | yya lênggana karsèng gusti |

--- 17 ---

wong ngawula pamanipun | lir sarah munggèng jaladri | darma lumaku sapakon ||

15. dene bêgja cilaka utawa luhur | asor iku pan wis pasthi | ana ing badanirèku | aja sok anguring-uring | marang gusti sang akatong ||

16. mundhak ngakèhakên ing luputirèku | mring gusti tuwin Hyang Widhi | dene ta sabênêripun | mupusa kalamun pasthi | ing badan tan kêna menggok ||

17. tulisane ing lokil makpul rumuhun | pêpancèn sawiji-wiji | tan kêna owah sarambut | tulising badan puniki | aja na mundur pakewoh ||

7. Durma

1. dipun sami ambanting sariranira | cêgah dhahar lan guling | darapon sudaa | nêpsu kang ngômbra-ômbra | rêrêma ing tyasirèki | dadi sabarang | karsanira lêstari ||

2. ing pangawruh lair batin aja mamang | yèn sira wus udani | ing saliranira | yèn ana kang amurba | misesa ing alam kabir | dadi sabarang | pakaryanira ugi ||

3. bênêr luput ala bêcik lawan bêgja | cilaka mapan saking | ing badan priyôngga | dudu saking wong liya | pramila dèn ngati-ati | sakèh drigama | singgahana dèn eling ||

4. mapan ana sêsiku têlung prakara | nanging gêdhe pribadi | pan iki lirira | ingkang têlung prakara | aja anggunggung sirèki | kalawan [ka...]

--- 18 ---

[...lawan] aja | nacad kapati-pati ||

5. lawan aja mêmaoni barang karya | thik-ithik mêmaoni | samubarang polah | tan kêna wong kumlebat | ing môngsa mêngko puniki | mapan wus lumrah | padha wasis maoni ||

6. mung tindake dhewe nora winaonan | ngrasa bênêr pribadi | sanadyan bênêra | yèn tindake wong liya | pasthine ingaran sisip | iku kang lumrah | nganggo bênêr pribadi ||

7. nora nana panggawe kang luwih gampang | kaya wong mêmaoni | sira ling-elinga | aja sugih waonan | dèn samya raharjèng budi | ingkang prayoga | singa-singa kang lali ||

8. ingkang eling angelingêna ya marang | sanak kônca kang lali | dèn nêdya raharja | mangkana tindakira | yèn datan kaduga uwis | sira mênênga | aja sok angrasani ||

9. nêmu dosa anyêla sapadha-padha | dene wong ngalêm ugi | yèn durung pratela | ing bêciking manungsa | aja age gunggung kaki | mênèk tan nyata | dadi cirinirèki ||

10. dene kang wis kaprah ing môngsa samangkya | yèn ana dèn sênêngi | ing pangalêmira | pan kongsi pandirangan | matane kongsi mandêlik | nadyan alaa | ginunggung bêcik ugi ||

11. aja ngalêm aja mada lamun bisa | yèn uga jaman mangkin | iya samubarang | yèn ora sinênêngan | dèn poyok [po...]

--- 19 ---

[...yok] kapati-pati | nora prasaja | sabarang kang dèn pikir ||

12. ngandhut rukun bêcik ngarêpan kewala | ing wuri angrasani | ingkang ora-ora | kabèh kang rinasanan | ala bêcik dèn rasani | tan parah-parah | wirangronge dumadi ||

8. Wirangrong

1. dèn samya marsudèng budi | wiweka dipun waspaos | aja dumèh-dumèh bisa muwus | yèn tan pantês ugi | sanadyan mung sakêcap | yèn tan pantês prênahira ||

2. kudu golèk môngsa ugi | panggonan lamun miraos | lawan aja age sira muwus | dununge dèn kèsthi | aja age kawêdal | yèn durung pantês rowangnya ||

3. rowang sapocapan ugi | kang pantês ngajak calathon | aja sok mêtua wong calathu | ana pantês ugi | rinungu mring wong kathah | ana satêngah micara ||

4. tan pantês akèh ngawruhi | mulane lamun miraos | dipun ngarah-arah ywa kabanjur | yèn sampun kawijil | tan kêna tinututan | mulane dipun prayitna ||

5. lan maninge wong ngaurip | aja ngakèhkên supaos | iku gawe rêgêd badanipun | nanging môngsa mangkin | tan etung prakara | supata ginawe dinan ||

6. dèn padha gêmi ing lathi | aja ngakèhkên pêpisoh | cacah-cucah srêngên ngabul-abul | lamun andukani | dèn dumêling dosanya |

--- 20 ---

mring abdi kang manggih duka ||

7. lawan padha dèn pakeling | têguhana lair batos | aja ngalap randhaning sadulur | sanak miwah abdi | kônca rewang sapangan | miwah maring pasanakan ||

8. gawe salah graitaning | ing liyan kang sami anon | nadyan lilaa lananganipun | kang angrungu elik | ing batin tan pitaya | môngsa kuranga parawan ||

9. tan wurung dipun cirèni | ing batin ingaran rusoh | akèh jaga-jaga jroning kalbu | arang ngandêl batin | ing tyase padha suda | pangandêle mring bêndara ||

10. ana cacad agung malih | anglangkungi saking awon | apan sakawan iku kèhipun | dhingin wong madati | pindho wong ngabotohan | kaping tiga wong durjana ||

11. kaping sêkawane ugi | wong ati sudagar awon | mapan suka sugih watêkipun | ing rina lan wêngi | mung bathine dèn etang | alumuh lamun kalonga ||

12. iku upamane ugi | duwe dhuwit pitung bagor | mapan nora marêm ing tyasipun | ilanga sadhuwit | gêgêtun patang warsa | padha lan ilang salêksa ||

13. wong ati sudagar ugi | sabarang prakara tamboh | amung yèn ana wong têka iku | anggêgawa ugi | gêgadhèn pan tumranggal | ulate têka sumringah ||

14. dene wong durjana ugi | nora [no...]

--- 21 ---

[...ra] nana kang dèn batos | rina wêngi amung kang dèn etung | duwèking lyan nênggih | dahat datan prayoga | kalamun watêk durjana ||

15. dene bêbotoh puniki | sabarang pakaryan êmoh | lawan kathah linyok parapadu | yèn paitan ênting | tan wurung anggêgampang | ya marang darbèking sanak ||

16. nadyan wasiyating kaki | nora wurung dipun êdol | lamun mênang êndang gawe angkuh | pan kaya bupati | wèwèh tan ngarah-arah | punika awoning bangsat ||

17. kabutuh pisan mêmaling | tinitenan saya awon | apan botên wontên pênêdipun | pramilane sami | sadaya nginggahana | anggêgulang ngabotohan ||

18. dene ta wong kang madati | kêsède kamoran lumoh | amung ingkang dadi sênêngipun | ngadhêp diyan sarwi | linggih ngambèn jêjegang | sarwi leyangan bêdudan ||

19. yèn lèrèn nyêrèt adhidhis | netrane pan mêrêm karo | yèn wus dadi awake akuru | cahya biru putih | jalêbut wêdi tôya | lambe biru untu pêthak ||

20. bêtèke satron lan gambir | jambe suruh arang wawoh | ambêkane sarwi mêlar-mingkus | watuke anggigil | jalagra anèng dhadha | tan wurung ngêstob bolira ||

21. yèn mati nganggo dalinding | suprandene nora kapok | iku padha singgahana [sing...]

--- 22 ---

[...gahana] patut | aja na nglakoni | wong mangan apyun ala | uripe dadi tontonan ||

22. iku kabèh nora bêcik | aja na wani anganggo | panggawe patang prakara iku | dèn padha pakeling | aja na wani nêrak | kang nêrak tan manggih arja ||

23. lawan ana walêr malih | aja sok anggung kawuron | nginum sajêng tanpa môngsa iku | êndi lire ugi | angombe sabên dina | pan iku watêke ala ||

24. kalamun wong wuru ugi | ilang prayitnaning batos | nora ajêg barang pikiripun | elinge ing ati | pan baliyar-baliyar | êndi ta ing bêcikira ||

25. lan aja karêm sirèki | ing wanodya ingkang awon | lan aja buka wadi sirèku | ngarsaning pawèstri | tan wurung nuli corah | sampun lumrahing wanita ||

26. tan bisa simpên wêwadi | saking rupêke ing batos | pan wus pinanci dening Hyang Agung | nitahkên pawèstri | apan iku kinarya | ganjaran maring wong priya ||

27. kabèh dèn padha nastiti | marang pitutur kang yêktos | aja dumèh tutur tanpa dhapur | yèn bakale bêcik | dèn anggo wèh muphangat | kaya pucung lan kaluwak ||

9. Pocung

1. kamulane kaluwak nom-nomanipun | pan dadi satunggal | pucung arane punika |Guru lagu seharusnya: 8i, pucung arane puniki. yèn wis tuwa

--- 23 ---

kaluwake pisah-pisah ||

2. dèn budia kapriye ing bêcikipun | aja nganti pisah | kumpula kaya ênome |Guru lagu seharusnya: 8i, kumpula kaya nomnèki. ênom kumpul tuwa kumpul kang prayoga ||

3. aja kaya kaluwak ênome kumpul | basa wis atuwa | ting salêbar dhewe-dhewe |Guru lagu seharusnya: 8i, ting salêbar siji-siji. nora wurung bakal dadi bumbu pindhang ||

4. wong sadulur nadyan sanak dipun rukun | aja nganti pisah | ing samubarang karsane |Guru lagu seharusnya: 8i, ing samubarang karyèki. padha rukun dinulu têka prayoga ||

5. abot ènthèng wong duwe sanak sadulur | ènthènge yèn pisah | pikire tan dadi siji | abotipun yèn sabiyantu ing karsa ||

6. luwih abot wong duwe sanak sadulur | jitus tandhingira | yèn golong sabarang pikir | kacèk uga lan wong kang tan sugih sanak ||

7. lamun bênêr lan pintêr pamomongipun | kang ginawe tuwa | aja nganggo abot sisih | dipun padha pamêngkune mring sêntana ||

8. mapan ewuh wong tinitah dadi sêpuh | tan kêna gumampang | iya marang sadulure |Guru lagu seharusnya: 8i, iya marang dulurnèki. tuwa anom aja beda traping karya ||

9. kang sarêgêp kalawan ingkang malincur | padha dèn kawruhan | sira alêma kang bêcik | kang malincur age sira bêndonana ||

10. yèn tan mari binêndon gone malincur | age tinatrapan | sapantêse lan dosanèng |Guru lagu seharusnya: 8i, sapantêse dosanèki.

--- 24 ---

pan sêntana dimène dadi tuladha ||

11. lan wong liya darapon wêdia iku | kang padha ngawula | ing batine wêdi asih | pan mangkono labuhan wong dadi tuwa ||

12. dèn ajêmbar dèn amot lawan dèn mêngku | dèn pindha sagara | tyase ngêmot ala bêcik | mapan ana pêpancène sowang-sowang ||

13. pan sadulur tuwa kang wajib pitutur | marang kang taruna | kang anom wajibe wêdi | sarta manut wuruke sadulur tuwa ||

14. kang tinitah dadi anom aja mêsgul | batin rumasaa | yèn wis titahing Hyang Widhi | yèn mêsgula ngowahi kodrating Suksma ||

15. nadyan bênêr yèn wong anom dadi luput | yèn ta anganggoa | ing pikirira pribadi | pramilane wong anom aja ugungan ||

16. yèn dadi nom dèn wêruh ing ênomipun | dene ingkang tuwa | dèn kaya banyu ing bèji | dene wêning paningale aja samar ||

17. lawan maning ananing pitutur ingsun | yèn sira amaca | layang sabarang layange |Guru lagu seharusnya: 8i, layang sabarang dèn eling. aja pijêr katungkul ningali sastra ||

18. caritane ala bêcik dipun wêruh | nuli rasakêna | layang iku sakunine |Guru lagu seharusnya: 8i, layang iku uninèki. dèn karasa kang bêcik sira anggoa ||

19. ingkang ala kawruhana alanipun | dadine tyasira | wêruh ala lawan bêcik | ingkang bêcik wiwitane [wi...]

--- 25 ---

[...witane] sira wruha ||

20. wong kang laku mangkana wiwitanipun | bêcik wêkasannya | wong laku mangkana wite |Guru lagu seharusnya: 8i, wong laku mangkana ugi. ing satêmah puniku pan dadi ala ||

21. ing sabarang prakara dipun kadulu | wiwitan wêkasan | bênêr lan lupute kèsthi | ana bêcik wêkasane dadi ala ||

22. dipun wêruh iya ing kamulanipun | kalawan wêkasan | puniku dipun kalingling | ana ala dadi bêcik ing wêkasan ||

23. ewuh têmên babo wong urip puniku | apan nora kêna | kinira-kira ing budi | arang mantêp wijiling basa raharja ||

10. Mijil

1. poma kaki padha dipun eling | ing pitutur ingong | sira uga satriya arane | kudu antêng jêtmika ing budi | ruruh sarwa wasis | samubarangipun ||

2. lan dèn nêdya prawira ing batin | nanging aja katon | sasabana yèn durung mangsane | kakêndêlan aja wani mingkis | wiweka ing batin | dèn samar dèn sêmu ||

3. lan dèn sami mantêp maring bêcik | lan ta wêkas ingong | aja kurang iya prayitnane | yèn wus tinitah maring Hyang Widhi | ing badan puniki | wus pêpancènipun ||

4. ana wong narima wus titahing | Hyang pan dadi awon | lan ana wong tan nrima titahe | ing wêkasan iku dadi bêcik | kawruhana ugi | aja salang-surup ||

5. yèn wong bodho

--- 26 ---

kang tan nêdya ugi | têtakon têtiron | anarima ing titah bodhone | iku wong narima nora bêcik | dene ingkang bêcik | wong narima iku ||

6. kaya upamane wong angabdi | amagang sang katong | lawas-lawas katêkan sêdyane | dadi mantri utawa bupati | miwah saliyane |Guru lagu seharusnya: 6i, miwah saliyaning. ing tyase panuju ||

7. nuli narima têrus ing batin | tan mèngèng ing katong | tan rumôngsa ing kanikmatane | sihing gusti têkèng anak rabi | wong narima bêcik | kang mangkono iku ||

8. nanging arang ing môngsa samangkin | kang kaya mangkono | kang wis kaprah iya salawase | yèn wis ana linggihe sathithik | apan nuli lali | ing wiwitanipun ||

9. pangrasane duwèke pribadi | sabarang kang kanggo | nora èngêt ing mula-mulane | awiting sugih sangkaning mukti | panrimaning ati | kaya gone nêmu ||

10. tan rumasa murahing Hyang Widhi | jalaran sang katong | ing jaman mêngko iya mulane | aran turun wong lumakyèng kardi | tyase tan saririh | kasusu ing akuh ||angkuh.

11. arang kang sêtya amalês ing sih | ing gusti sang katong | lawan kabèh iku ing batine | tan anêdya narima ing Widhi | iku wong kang tan wrin | ing nikmat ranipun ||

12. wong kang tan narima dadi bêcik | titahing Hyang Manon | iki iya kita rupane |Kurang satu suku kata: iki iya kita rêrupane.

--- 27 ---

kaya wong kang angupaya ngèlmi | lan wong sêdya ugi | kapintêran iku ||

13. uwis pintêr nanging iku maksih | gonira ngupados | ing undhake ya kapintêrane | utawa unggahing kawruh yêkti | durung marêm batin | lamun durung tutug ||

14. ing pangawruh ingkang dèn sênêngi | kang wus sêm ing batos | miwah ing kapintêran wus dene | ing samubarang pakarya uwis | nora nganggo lali | kabèh wus kawêngku ||

15. yèn wong kang kurang narima ugi | iku luwih awon | barang gawe aja age-age | anganggoa sabar lawan ririh | dadi barang kardi | rêsik tur rahayu ||

16. lan maninge babo dèn pakeling | ing pitutur ingong | sira uga padha ngêmpèk-êmpèk | iya marang kang jumênêng aji | ing lair lan batin | dèn ngrasa kawêngku ||

17. kang jumênêng iku kang bawani | wus karsaning Manon | wajib padha wêdi lan bêktine | aja mampang parentahing aji | nadyan anom ugi | lamun dadi ratu ||

18. nora kêna iya dèn waoni | parentahing katong | dhasar ratu bênêr parentahe | kaya priye gonira sumingkir | yèn tan anglakoni | pêsthi tan rahayu ||

19. nanging kaprah ing môngsa puniki | anggêpe angrêngkoh | tan rumasa lamun ngêmpèk-êmpèk | ing batine datan nêdya eling | kamuktène [kamu...]

--- 28 ---

[...ktène] iki | ngêndi sangkanipun ||

20. yèn elinga jalarane mukti | pêsthine tan ngrêkoh | saking batin durung ngrasakake | ing pitutur ingkang dhingin-dhingin | dhasar tan praduli | wuruke wong sêpuh ||

21. ing dadine barang tindak iki | arang ingkang tanggon | saking durung ana landhêsane | nganggo ing karsanira pribadi | ngawag barang kardi | dadi tanpa dhapur ||

22. mulane ta wêkas ingsun iki | dèn kêrêp têtakon | aja isin ngatokkên bodhone | saking bodho witing pintêr kaki | mung nabi kêkasih | pintêr tan winuruk ||

23. sabakdane pan tan ana ugi | pintêre têtakon | mapan lumrah ing wong urip kiye | mulane wong anom dèn tabêri | angupaya ngèlmi | dadia pikukuh ||

24. ing driyanira dadi têtali | ing tyas dimèn adoh | sakèhing ati kang ala kiye | nadyan lali apan nuli eling | yèn wong kang wus ngèlmi | kang bangêt tuwajuh ||

25. kacèk uga lan kang tanpa ngèlmi | sabarange kaot | dene ngèlmu iku ingkang kangge | sadinane gurokna kariyin | pan sarengat ugi | parabot kang pêrlu ||

26. ngèlmu sarengat puniku dadi | wêwadhah kang yêktos | kawruh têtêlu kawêngku kabèh | pan sarengat kanggo lair batin | mulane dèn sami | brôngtaa

--- 29 ---

ing ngèlmu ||

11. Asmaradana

1. padha nêtêpana ugi | kabèh parentahing sarak | têrusna lair batine | salat limang wêktu uga | tan kêna tininggala | sapa tinggal dadi gabug | yèn mingsih rêmên nèng praja ||

2. wiwitana badan iki | iya têka ing sarengat | ananing manungsa kiye | rukun Islam kang lêlima | nora kêna tininggal | iku parabot linuhung | mungguh wong urip nèng dunya ||

3. kudu uga dèn lakoni | rukun lêlima punika | mapan ta sakuwasane | nanging aja tan linakyan | sapa tan nglakonana | tan wurung nêmu bêbêndu | padha sira ngèstokêna ||

4. parentahira Hyang Widhi | kang dhawuh mring nabiyollah | ing dalil kadis ênggone | aja na ingkang sêmbrana | rasakna dèn karasa | dalil kadis rasanipun | dadi padhanging tyasira ||

5. nora gampang wong ngaurip | yèn tan wêruh uripira | uripe padha lan kêbo | angur kêbo dagingira | kalal yèn pinangana | pan manungsa dagingipun | yèn pinangan pasthi karam ||

6. poma-poma wêkas mami | anak putu aja lena | aja katungkul uripe | lan aja duwe karêman | marang pêpaès dunya | siyang dalu dipun emut | yèn urip manggih antaka ||

7. lawan aja angkuh bêngis | lêngus lanas langar lancang | calak ladak sumalonong |

--- 30 ---

aja êdak aja ngêpak | lan aja siya-siya | aja jail parapadu | lan aja parawadulan ||

8. kang kanggo ing môngsa mangkin | prayayi nom kang dèn gulang | kaya kang wus muni kuwe | lumaku têmên kajèna | tan nganggo etung murwat | lumaku kêkudhung sarung | anjaluk dèn dhodhokana ||

9. pan tanpa kusur sayêkti | satriya tan wruh ing tata | ngunggulakên satriyane | yèn angarah dhinodhokan | anganggoa jajaran | yèn niyat lunga anyamur | aja dhodhokkên manungsa ||

10. iku poma dipun eling | kaki mring pitutur ingwang | kang wis muni buri kuwe | yèn ana ingkang nganggoa | cawangan wong bêlasar | saking nora ngrungu tutur | lêbar tan dadi dandanan ||

11. barang gawe dipun eling | nganggoa têpa sarira | parentah lan sabênêre | aja anbêkambêk. kumawawa | amrih dèn wêdènana | dene ta wong kang wis luhung | gone amêngku mring bala ||

12. dèn prih wêdi sarta asih | pamêngkune maring wadya | winêruhêna ing gawe | dèn bisa aminta-minta | karyaning wadyanira | ing salungguh-lungguhipun | ana karyane priyôngga ||

13. sarta wêruhna ing bêcik | gantungana ing tatrapan | darapon pêthêl karyane | dimène aja sêmbrana | anglakoni ing karya | ywa dumèh asih sirèku |

--- 31 ---

yèn lêleda tatrapana ||

14. nadyan sanak-sanak ugi | yèn lêleda tinatrapan | murwatên lawan sisipe | darapon padha wêdia | ing wuri ywa lêleda | ing dana kramanirèku | aja pêgat dèn warata ||

15. lan maninge suta mami | mungguh anggêp wong ngawula | dèn suka sukur ing batos | aja pêgat ing panêdha | mring Hyang Kang Amisesa | ing raina wênginipun | mulyaning nagara tata ||

16. iku uga dèn pakeling | kalamun mulya kang praja | mupangati mring wong akèh | ing rina wêngi ywa pêgat | nênêdha mring Pangeran | tulusing karaton prabu | miwah arjaning nagara ||

17. iku wêwalêsing batin | mungguh wong suwitèng nata | ing lair sêtyatuhune | lawan cêcadhang sakarsa | badan datan lêganalênggana. | ing siyang dalu pan katur | pati uriping kawula ||

18. gumantung karsaning gusti | iku traping wadya sêtya | nora kaya jaman mangke | yèn wis olèh kalungguhan | trape kaya wong dagang | ngetung tuna bathinipun | ing tyase datan rumasa ||

19. uwite dadi priyayi | sapa kang gawe mring sira | nora wêruh wiwitane | iya wêruhe witira | dadi saking rêruba | mulane ing batinipun | pangetunge lir wong dagang ||

20. pikire gêlisa pulih | rêrubane duk ing dadya | ing rina wêngi ciptane | kapriye

--- 32 ---

lamun bisaa | malês sihing bêndara | linggihe lawan tinuku | tan wurung angrusak desa ||

21. pamrihe gêlisa bathi | nadyan besuk dèn pocota | duwèke sok wisa pulèh | kapriye lamun tataa | polahe salang-tunjang | padha kaya wong bêbruwun | tan etung duga prayoga ||

22. poma padha dèn pakeling | nganggoa sukur lan lila | narima ing sapancène | lan aja amrih sarama | mring wadya nandhang karya | lan padha amriha iku | arjane kang desa-desa ||

23. wong desa pan aja nganti | ewuh gone nambut karya | sêsawah miwah têgale | garu maluku têtêpa | aja dèn ulah-ulah | dimène tulus nênandur | pari kapas miwah jarak ||

24. yèn desa akèh wongnèki | ingkang bathi pasthi sira | wêktuningwêtuning. pajêg undhake | dipun rèrèh pamrihira | aja nganti rêkasa | dèn wani kalah rumuhun | beya kurang paringana ||

25. kapriye gêmaha ugi | sakèhe kang desa-desa | salin bêkêl pêndhak Êpon | pamêtune jung sacacah | bêktine karobêlah | satêmah desane suwung | priyayi jaga pocotan ||

26. poma aja anglakoni | kaya pikir kang mangkana | tan wurung lingsêm têmahe | dèn padha angèstokêna | mring pitutur kang arja | nora nana alanipun | wong nglakoni kabêcikan ||

--- 33 ---

27. nonoman samêngko iki | yèn dèn pituturi arja | arang kang angrungokake | dèn samur asasêmbranan | êmoh yèn anirua | malah malês apitutur | pangrasane sampun wignya ||

28. aja ta mangkono ugi | yèn ana wong cêcarita | rungokêna saunine | ingkang bêcik siranggoa | buwangên ingkang ala | anggitên sajroning kalbu | ywa nganggo budi nonoman ||

12. Sinom

1. ambêke kang wus utama | tan ngêndhak gunaning janmi | amiguna ing aguna | sasolahe kudu bathi | pintêre dèn alingi | bodhone dinèkèk ngayun | pamrihe dèn inaa | mring padha-padhaning janmi | suka bungah dèn ina sapadha-padha ||

2. ingsun uga tan mangkana | balilu kang sun alingi | kabisan sun dèkèk ngarsa | isin mênèk dèn arani | balilu ing sujanmi | nanging batin ingsun cubluk | parandene jroning tyas | lumaku ingaran wasis | tanpa ngrasa prandene sugih carita ||

3. tur duk ingsun maksih bocah | akèh kang amituturi | lakuning wong kuna-kuna | lêlabêtan ingkang bêcik | miwah carita ugi | kang kajaba saking ngêbuk | iku kang aran kojah | suprandene ingsun niki | têka nora nana undhaking kabisan ||

4. carita gon ingsun nular | wong tuwa kang momong dhingin |

--- 34 ---

akèh kang sugih carita | sun rungokkên rina wêngi | samêngko maksih eling | sawise diwasaningsun | bapak kang paring wulang | miwah ibu mituturi | tatakrama ing pratingkah kang raharja ||

5. nanging padha èstokêna | pitutur kang muni tulis | yèn sira nêdya raharja | anggonên pitutur iki | gon ingsun ngeling-eling | pitutur wong sêpuh-sêpuh | mugi padha bisaa | anganggo pitutur bêcik | ambrêkati wuruke wong tuwa-tuwa ||

6. lan aja na lali padha | mring lêluhur ingkang dhingin | satindake dèn kawruhan | angurangi dhahar guling | gone amanting dhiri | amasuh sariranipun | têmune kang sinêja | mungguh wong nêdha ing Widhi | lamun têmên lawas enggale tinêkan ||

7. Pangeran kang sipat murah | jurungi khajating dasih | ingkang têmên-tinêmênan | pan iku ujaring dalil | nyatane ana ugi | iya Ki Agêng ing Tarub | wiwitane nênêdha | tan pêdhot tumêkèng siwi | wayah buyut canggah warènge atômpa ||

8. Panêmbahan Senapatya | kang jumênêng ing Matawis | iku kaparêng lan môngsa | dhawuh nugrahaning Widhi | saturune lêstari | saking brêkating lêluhur | mrih tulusing nugraha | ingkang kari-kari iki | wajib uga anirua lakunira ||

9. mring lêluhur kuna-kuna | ênggone amanting dhiri | iya sakuwasanira |

--- 35 ---

sakuwate anglakoni | nyêgah turu sathithik | sarta nyuda dhaharipun | pirabara bisaa | kaya ingkang dhingin-dhingin | atirua sapratêlon saprapatan ||

10. ana ta silih bêbasan | padha sinaua ugi | lara sajroning kapenak | suka sajroning prihatin | lawan ingkang prihatin | mapan suka ing jronipun | iku dèn sinaua | lan mati sajroning urip | ingkang kuna pan mêngkono kang dèn gulang ||

11. pamoring gusti kawula | pan iku ingkang sayêkti | dadine sotya ludira | iku dèn waspada ugi | gampangane ta kaki | têmbaga lawan mas iku | linêbur ing dahana | luluh amor dadi siji | mari nama kêncana miwah têmbaga ||

12. ingaranana kêncana | pan wus kamoran têmbagi | ingaranana têmbaga | wus kamoran kêncana di | mila dipun wastani | mapan suwasa puniku | pamore mas têmbaga | pramila namane salin | lan rupane sayêkti puniku beda ||

13. cahya abang tuntung jênar | puniku suwasa murni | kalamun gawe suwasa | têmbagane nora bêcik | pambêsote tan rêsik | utawa nom êmasipun | iku dipun pandhinga | sorote pasthi tan sami | pan suwasa bubul arane punika ||

14. yèn arsa karya suwasa | darapon dadine bêcik | amilihana têmbaga | olèha

--- 36 ---

têmbaga prusi | binêsot ingkang rêsik | sarta mase ingkang sêpuh | rêsik tan kawoworan | dhasar sari pasthi dadi | iku kêna ingaran suwasa mulya ||

15. puniku mapan utama | têpane badan puniki | lamun arsa ngawruhana | pamore kawula gusti | sayêkti kudu rêsik | aja katempelan nêpsu | luamah lan amarah | sarta suci lair latinbatin. | dêdimène sarira bisa atunggal ||

16. lamun ora mangkonoa | sayêktine nora dadi | mungguh ngèlmu ingkang nyata | nora kêna dèn sasabi | ewuh gampang sayêkti | puniku wong duwe kawruh | gampang yèn winicara | angèl yèn durung marêngi | ing wêtune binuka jroning wardaya ||

17. nanging ta sabarang karya | kang kinira dadi bêcik | pantês dèn talatènana | lawas-lawas bok pinanggih | dandèn. mantêp jroning ati | ngimankên tuduhing guru | aja uga bosênan | kalamun arsa utami | mapan ana dalile kang wus kalakyan ||

18. para lêluhur sadaya | gone nênêdha ing Widhi | bisaa baboni praja | dadi ugêring rat Jawi | saking talatèn ugi | ênggone katiban wahyu | ing mula-mulanira | lakuning lêluhur dhingin | andhap-asor ênggone anamur lampah ||

19. tapane nganggo alingan | pan sami alaku tani | iku

--- 37 ---

kang kinarya sasap | pamrihe aja katawis | ujub riya lan kibir | sumungah ingkang siningkur | lan êndi kang kanggonan | wahyuning karaton Jawi | tinempelan anggêpipun kumawula ||

20. puniku laku utama | tumindak sarta kakêlir | nora ngatingalkên lampah | wadine kang dèn alingi | panêdyane ing batin | pan jêro pangarahipun | asore ngêmu rasa | prayoga tiniru ugi | anak putu aja na tinggal lanjaran ||

21. lawan ana kang wasiyat | prasapa kang dhingin-dhingin | wajib padha kawruhana | mring anak putu kang kari | lan aja na kang lali | anêrak wêwalêripun | marang lêluhur padha | kang minulyakkên ing Widhi | muga-muga muphangatana kang darah ||

22. wiwitan kang aprasapa | Ki Agêng ing Tarub wêling | ing satêdhak turunira | tan rinilan nganggo kêris | miwah waos tan kêni | kang awak waja puniku | lêmbu tan kêna dhahar | daginge lan ora kêni | angingua marang wong wandhan tan kêna ||

23. dene Ki Agêng Sêsela | prasapane nora kêni | ing satêdhak turunira | nyamping cindhe dèn walêri | kalawan nora kêni | ing ngarêpan nandur waluh | wohe tan kêna mangan | Panêmbahan Senapati | ing Ngalaga punika ingkang prasapa ||

24. ing satêdhak turunira | mapan nora dèn lilani | nitih kuda ulês [ulê...]

--- 38 ---

[...s] napas | lan malih dipun walêri | nitih turôngga ugi | kang kêkoncèn surinipun | dhahar ngungkurkên lawang | ing wuri tan anunggoni | dipun emut aja na nêrak prasapa ||

25. Jêng Sultan Agung Mataram | prasapane nora kêni | mring têdhake yèn nitiha | jaran bêndana yèn jurit | nganggo waos tan kêni | kang landheyan kayu wêrgu | lan tan ingakên darah | yèn tan bisa têmbang kawi | pan prayoga satêdhake sinaua ||

26. Jêng Sunan Pakubuwana | kang jumênêng ing Samawis | kondur madêg Kartasura | prasapanipun tan kêni | nênggih kalamun nitih | dipôngga saturunipun | Sunan Prabu Mangkurat | walêr mring saturunnèki | tan linilan ngujung astana ing Bêtah ||

27. lawan tan kêna nganggoa | dhuwung sarungan tan mawi | kandêlan yèn nitih kuda | kabèh aja na kang lali | lan aja na gêgampil | puniku prasapanipun | nênggih Jêng Susuhunan | Pakubuwana ping kalih | mring satêdhak turunira linarangan ||

28. mangan apyun nora kêna | sinêretan dèn lilani | inguntal pan linarangan | sapa kang wani nglakoni | narajang walêr iki | yèn nganti kalêbon apyun | pan kêna ing prasapa | jinabakkên têdhaknèki | jêng susunan ingkang sumare Nglawiyan ||

29. prasapa Jêng Susuhunan | Pakubuwana kaping tri | mring satêdhak turunira | mapan datan dèn lilani |

--- 39 ---

agawe kandêl ugi | wong kang seje jinisipun | puniku linarangan | anak putu wuri-wuri | aja ana kang wani nrajang prasapa ||

30. wontên walêr kaliwatan | saking lêluhur kang dhingin | linarangan angambaha | wana Krêndhawahanèki | dene kang amalêri | Sang Dananjaya ing dangu | lan malih winalêran | kabèh têdhaking Matawis | yèn dolana ing wana rami tan kêna ||

31. dene sêsirikanira | yèn têdhaking Dêmak ugi | anganggo wulung tan kêna | lawan ta kang nyirik malih | bêbêd lonthang tan kêni | kalamun têdhak Madiun | lan payung dhandhan abang | têdhak Madura tan kêni | nganggo polèng lan bathikan parangrusak ||

32. têdhaking Kudus tan kêna | adhahara daging sapi | têdhaking Sumênêp ika | nora kêna ajang piring | watu pan datan kêni | dhahar kidang dagingipun | mapan ta linarangan | godhong palasa kinardi | ajang mangan pan puniku nora kêna ||

33. kabèh anak putu padha | eling-elingên ywa lali | prasapa kang kuna-kuna | walêring lêluhur dhingin | èstokna ing jro ngati | aja nganti nêmu dudu | kalamun wani nêrak | pasthi tan manggih basuki | sinom salin girisa ingkang atômpa ||

13. Girisa

1. anak putu dèn èstokna | warah wuruke si bapa | aja na ingkang sêmbrana | marang wuruke wong

--- 40 ---

tuwa | ing lair batin dèn bisa | anganggo wuruking bapa | ing tyas dèn padha santosa | têguhêna jroning nala ||

2. aja na kurang panrima | ing pêpasthèning sarira | yèn saking Hyang Maha Mulya | nitahkên ing badanira | lawan dipun awas uga | asor luhur waras lara | tanapi bêgja cilaka | urip tanapi antaka ||

3. iku saking ing Hyang Suksma | miwah ta ing umurira | kang cêndhak lawan kang dawa | wus pinêsthi mring Hyang Suksma | duraka yèn maidoa | miwah kurang panarima | ing lohkil mahphule kana | tulisane pan wis ana ||

4. yogya padha ngawruhana | sêsikune badanira | ya marang Hyang Maha Murba | kang misesa marang sira | yèn sira durung uninga | prayoga atêtakona | mring kang padha wruh ing makna | iku kang para ngulama ||

5. kang wis wruh rasaning kitab | darapon sira wêruha | wajib mokaling Hyang Suksma | miwah wajibing kawula | lan mokale kawruhana | miwah ta ing tatakrama | sarengat dipun waspada | batal karam takokêna ||

6. sunat lan pêrlu punika | prabot kanggo sabên dina | iku kaki dipun padha | têrang ing pitakonira | lan aja bosên jagongan | marang kang para ngulama | miwah wong kang wus sampurna | pangawruhe mring Hyang Suksma ||

7. muwah patrap tatakrama | ing tindak-tanduk [ti...]

--- 41 ---

[...ndak-tanduk] myang basa | kang tumiba marang nistha | tuwin kang tumibèng madya | tanapi tibèng utama | iku sira takokêna | ya marang wong kang sujana | miwah mring wong tuwa-tuwa ||

8. kang padha bisa micara | tuwin kang ngaolah sastra | iku pantês lakonanatakonana. | bisa madhangkên tyasira | karana ujaring sastra | utawa têka carita | ingkang kinarya gendholan | amurukkên mring wong mudha ||

9. lawan sok kêrêpa maca | sabarang layang carita | aja anampik mring layang | carita ing kuna-kuna | layang babat kawruhana | caritane luhurira | darapon sira wêruha | lêlakone wong prawira ||

10. miwah lêlakon nalika | kang para wali sadaya | kang padha olèh nugraha | asale saking punapa | miwah kang para satriya | kang digdaya ing ngayuda | lakune sira tirua | lêlabêtan kang utama ||

11. nora susah amirungga | mungguh lakuning satriya | carita kabèh pan ana | kang nistha lan kang utama | kang asor lan luhur padha | miwah lakuning nagara | pan kabèh anèng carita | ala bêcik sira wruha ||

12. yèn durung mangarti sira | caritane takokêna | ya marang wong tuwa-tuwa | kang padha wruh ing carita | iku ingkang dadi uga | mundhak kapintêranira | nanging ta dipun elingan | sabarang ingkang kapyarsa ||

13. aja na tiru [ti...]

--- 42 ---

[...ru] ing bapa | bangêt tuna bodho mudha | kêthul tan duwe graita | katungkul mangan anendra | nanging anak putu padha | mugi Allah ambukaa | marang ing pitutur yogya | kabèh padha anyakêpa ||

14. ing sawêwêkasing bapa | muga ta kalakonana | kabèh padha mituruta | panêdhaningsun mring Suksma | lanang wadon salamêta | manggiha suka raharja | ing donya miwah ngakerat | dinohna ing lara roga ||

15. umure padha dawaa | padha atut aruntuta | marang sadulure padha | padha sugiha barana | tanapi sugiha putra | pêpaka jalu wanodya | kalawan maninge aja | nganti kapêgatan trêsna ||

16. padha uga dèn pracaya | aja sumêlang ing nala | kabèh pitutur punika | mapan wahyuning Hyang Suksma | dhawuh mring sira sadaya | jalaraning saking bapa | Hyang Suksma paring nugraha | marang anak ingsun padha ||

17. dèn bisa nampani padha | mungguh sasmitaning Suksma | ingkang dhawuh maring sira | winêruhkên bêcik ala | anyêgah karêpanira | marang panggawe kang ala | kang tumiba siya-siya | iku pêparing Hyang Suksma ||

18. paring peling marang sira | tinuduhakên ing marga | kang bênêr kang kanggo uga | ing dunya ingkang sampurna | mugi anak putu padha | kênaa dadi tuladha | kabêcikaning manungsa | tinirua ing sujanma ||

19. sakèhing wong kapengina | aniru [ani...]

--- 43 ---

[...ru] ing solahbawa | marang anak putu padha | anggêpe wêdi asiha | kinalulutan ing bapa | kèdhêpa parentahira | tulusa mukti wibawa | ing satêdhak turunira ||

20. dinohna saking duraka | winantua ing nugraha | sakèhe nak putu padha | ingkang ngimanakên uga | marang pituturing bapa | Allah kang nyêmbadanana | ing pandonganingsun iya | ing tyas ingsun wus rumasa ||

21. wak ingsun upama surya | lingsir kulon wayahira | pêdhak mring surupe uga | atêbih maring timbulnya | pira lawase nèng dunya | ing kauripaning janma | môngsa nganti satus warsa | iya umuring manungsa ||

22. mulane sun muruk marang | kabèhe atmajaningwang | sun tulis sun wèhi têmbang | darapon padha rahaba | ênggone padha amaca | sarta ngrasakkên carita | aja bosên dèn apalna | ing rina wêngi elinga ||

23. lan mugi padha tirua | kaya lêluhure padha | sudira bêtah atapa | sarta waskitha ing nala | ing kasampurnaning gêsang | kang patitis nora mamang | iku ta panêdhaningwang | muga padha kalakona ||

24. titi tamat kang carita | sêrat wêwalêr mring putra | kang yasa sêrat punika | nênggih Kangjêng Susuhunan | Pakubuwana kaping pat | ing galih panêdyanira | kang amaca kang miyarsa | yèn lali muga elinga ||

25. têlasing panuratira |

--- 44 ---

sasi Bêsar ping sangalas | Akad Kaliwon taun Dal | tata guna swarèng nata |Sengkalan: tata guna swarèng nata (Akad Kaliwon, 19 Bêsar 1735 A.J., Minggu, 5 Februari 1809 A.D.). môngsastha windu Sancaya | wuku Sungsang kang atômpa | ya Allah kang luwih wikan | obah osiking kawula ||

Sampun cocog kalihan lugunipun.

Suwandi.

Wara-wara

Sêrat Wêwarah Samadi, gancaran, piwulang bab samadi ingkang cêtha: sarta gampil dipun lampahi, tuwin botên ambêbayani kasarasaning badan. Rêgi f 1.50 prangko f 0.20.

Sêrat Warni Pitu Jèjèr Dumadosing Manungsa, gancaran, bab kamulaning manungsa: warni pitu. Rêgi f 1.65 prangko f 0.18.

--- 1 ---

Arjuna Wiwaha

Ingkang ugi nama Sêrat Mintaraga, ing Basa Kawi anggitanipun Rêsi Kano, karsa dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan ingkang kaping III kaikêt ing têmbung Kawi Jarwa sêkar macapat, anyarinyosakên Sang Hyang Endra utusan anggodha tapanipun Radèn Arjuna wontên ing Endrakila nami Bagawan Mintaraga, salajêngipun amêjahi Prabu Niwatakawaca, winiwaha jumênêng wontên ing Endrabawana jêjuluk Prabu Endratanaya, anggarwa hapsari pêpitu, ngantos kondur dhatêng Ngamarta. Rinêngga ing gambar 4 iji, ingkang langkung adi pèni garapanipun, 1 buku rêgi f 1,50 prangko ing pos f 0,15.

Kawruh Sanggama

Sêrat Kawruh Sanggama, gancaran, anggêlarakên patrap sarta mantranipun sarêsmi, adamêl marêm tumraping wanita sarta prayogi kadadosaning putra: isinipun: I bêbuka mulabukaning kawruh sanggama, II pirantosing cumbana tumrap priya, III pirantosing cumbana tumrap wanita, IV Patraping cumbana ingkang mikantuki, mantranipun aji asmaragama, V ngangge asmaragama mawi lampah: catur brata, VI rubedaning cumbana [cu...]

--- 2 ---

[...mbana] kabengkas, VII pangruktining sarira sarana jêjampi, VIII turuning wiji winadi, IX panunggilanipun aji Asmaragama, inggih punika: Asmara Sabda, Asmara Cipta, Asmara Wanita, Asmara Tôntra, dalah samantranipun. Kinanthèn gambar: raosing wanita. 1 buku rêgi f 0.75 prangko ing pos f 0.10.

Kapracayan

Sêrat Kapracayan gancaran, amratelakakên gambêlanging kapracayan gaib: 1 liripun pracaya, 2 wontênipun pangeran, 3 malaekat tuwin setan, 4 nabi duta, 5 Kitab Kuran pangandikaning Pangeran, 6 suwarga, 7 naraka, 8 papêsthèning lêlampahan, 9 Dintên Kiyamat, 10 Kapracayan limrah. Sadaya punika kawijangakên satunggal-tunggal, kenging kanyatakakên. 1 buku rêgi f 0.50, prangko ing pos f 0,10.

Amurwakala

Sêrat Amurwakala, gancaran, anêrangakên kamulanipun Bathara Kala, pasthining tiyang dados mêmangsan, saking lêpating tindakipun piyambak, patraping pangruwat amrih oncat saking bilai.

Pêrlu sangêt kasumêrêpan, dados sagêd sumêrêp wosing

--- 3 ---

gêsangipun. 1 buku rêgi f 0.35, prangko ing pos f 0.10.

Bawa Sagerongipun

Sêrat Bawa Sagerongipun iyasaning sarjana ingkang winasis ing gêndhing, amurih gampil panganggenipun. Bawa: saking sêkar macapat, dhawahing gêndhing kagerong warni-warni, ingkang sagêd laras kalihan kawontênanipun. Botên ngangge: anoman malumpat sampun enz.-enz. Ingkang babarpisan botên cundhuk raos-suraosipun. Bab II animbangi yasan dalêm swargi K.G.P.A.A. Mangkunagara kaping IV geronganipun mêndhêt sawarnining ulam-ulaman tuwin manuk-manukan, ngangge purwakanthi, guru lagu wicalan, tur amrih gampil panganggening bawa. 1 buku rêgi f 0.60, prangko ing pos f 0.10.

Pêthikan saking sêrat: minggon Kajawèn No. 36.

Sri Krêsna Barata

Sêrat punika nyariyosakên lêlampahan ringgit purwa, wiwit nalika Prabu Bathara Krêsna amartapa wontên ing Giriwaluya, lajêng kadhawuhan anyirnakakên Maha Rêsi Dwihastha, ing Giritunggal, ingkang kadakwa badhe angrisak ing Guruloka, Endraloka, tuwin ing Brahmaloka.

--- 4 ---

Sajatosipun sêrat punika amung pasêmon ingkang langkung lêbêt suraosipun, kasêbut katrangan ing ngajêng: wêwêdharaning kawruh kasampurnan lêksananing purwa, madya, wasana, ingkang kinêkêr dumunung wontên sasandining: Dwihastha.

Karanganipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, basa lan sastra Jawi, 30 kaca, rêgi f 0.50 (kajawi wragading pangintun) panumbasipun dhatêng bukhandhêl Tan Gun Swi, ing Kêdhiri.

Sêrat-sêrat Babaran Enggal

Burat Arum: inggih punika kalêmpakaning sêrat-sêrat sêkar: rêgi f. 0.45 prangko f 0.13.

Sukma Wiwara: srana amrih widada ngudi ngèlmi kasampurnan, rêgi f 0.95 prangko f 0.15.

--- [0] ---

[Iklan]