Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Côndrasangkala, Bratakesawa, 1928, #610

Katalog:Katrangan Côndrasangkala, Bratakesawa, 1928, #610
Sambung:-

Katrangan Côndrasangkala

Karanganipun Radèn Bratakesawa

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên

--- [1] ---

Katrangan Côndrasangkala

Karanganipun Radèn Bratakesawa

Bale Pustaka, Wèltêprèdhên, 1928

--- [2] ---

Wêwênangipun pangarang sinêngkêr, miturut bab 11 anggêr ingkang kapacak ing sêtat sêblad, 1912 No. 600.

--- [3] ---

Cêcala

Awit saking pambukanipun ingkang nganggit sêrat: Katrangan Côndrasangkala punika, Bale Pustaka amêwahi katrangan sawatawis. Sarèhning jaman samangke prêlu sangêt wontên sêrat ingkang kados makatên, sanajan sêrat: Côndrasangkala, sanèsipun ugi sampun wontên, nanging sajatosipun dèrèng anyêkapi tumrap kabêtahanipun para ingkang sami badhe kapengin ngangge utawi ngêcakakên pandamêling Côndrasangkala (sangkalan). Jalaran kajawi kêcêkakên, bab têgêsing têmbung-têmbung ingkang kêdah dipun suraos taksih kathah ingkang cawuh, andadosakên sêling sêrêpipun para ingkang sami ngangge. Mila sêrat: Katrangan Côndrasangkala punika lajêng kawêdalakên dening Bale Pustaka, ing pangangkah sagêda anyêkapi ing kaprêluan.

Kajawi punika, sadaya isinipun sêrat: Katrangan Côndrasangkala wau, dados têtanggêlanipun ingkang nganggit piyambak, dene Bale Pustaka botên tumut-tumut, namung lugu ngêdalakên kemawon murih lajêng sumêbar saha salajêngipun amigunanana ing akathah.

Bale Pustaka.

--- [4] ---

Pambuka

Panganggit kula sêrat punika kêrêp kawêkèn ing manah, dening kiranging kawruh kula, amila raosing manah kula tansah rangu-rangu, bokbilih badhe nampèni panacad, amargi saking kathahing kuciwanipun.

Kula ngrumaosi, bilih ingkang sayogi nêrangakên bab Côndrasangkala punika pancènipun dede tiyang sakula, kêdah ingkang mumpuni dhatêng kasusastran Jawi sarta kathah kawruhipun, amargi Côndrasangkala punika dede karanganipun sok tiyanga, karanganipun sarjana ing jaman kina. Dados ingkang sayogi ngudhari utawi nêrangakên, apêsipun inggih ingkang sampun pantês sinêbut sarjana, kados ta: Panjênênganipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, Mas Ngabèi Prajapustaka, sasaminipun. Ingkang punika manawi kula kaêlokakên cumanthaka botên sumêrêp ing dhiri, punika sampun lêrês kemawon, sarta sadaya panacad tumrap kalêpatanipun pangarang kula sêrat punika inggih badhe kula tampèni tangan kalih kanthi ngaturakên gênging panuwun.

Nalika karangan punika dèrèng rampung panyêrat kula, sampun kula tawèkakên dhatêng Bale Pustaka, dhawuhipun kapu rih

--- 5 ---

gintunakên. Sarta kala samantên lajêng dados rêmbag wontên ing sêrat kabar Sêdyatama, ing ngriku katawis manawi dipun gatosakên ing akathah, malah panjênênganipun Dr. R. Ng. Purbacaraka inggih tumut ngajêng-ajêng babaranipun karangan kula bab Côndrasangkala punika, (mirsanana Sêdyatama 1927 ôngka 96). Ingkang makatên wau botên andadosakên mongkoging manah kula, malah saya langkung kuwatos, dening badhe kawiyak cacad-cacadipun punika wau.

Ananging sarèhning sampun kêlajêng dados rêmbag lan dados pangajêng-ajêng, punapadene kula sampun kalajêng matur dhatêng Bale Pustaka, botên prayogi sangêt manawi ngantos cidra, pramila manah kula ingkang tansah rangu-rangu lan kuwatos wau kula pêksa kêdah ngrampungakên karangan kula punika, sarta kula aturakên dhatêng Bale Pustaka, supados dipun umumakên. Panglipuring manah kula ingkang tansah rangu-rangu wau namung ngèngêti ungêl-ungêlan, botên wontên kawontênan ingkang tanpa cacad.

Wiwiting pangarang wontên ing kitha Magêlang, wawu 1857, rampungipun wontên ing kitha Kadhiri, Jimmakir 1858.

Katandhan: Bratakesawa

--- [6] ---

Katranganing Cêkakan

H. B. = Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Amêngkubuwana.

K. = Têmbung krama.

K. I. = Têmbung krama inggil.

K. N. = Têmbung krama ngoko.

M. N. = Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Harya Mangkunagara.

N. = Têmbung ngoko.

P. B. = Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana.

P. R. = Sêrat Pustaka Raja, Rônggawarsitan.

R. = Tuwan T. Roorda (Bausastra Roorda).

R. W. = Radèn Ngabèi Rônggawarsita.

Skr. = Têmbung Sangsêkrit.

V. A. = Polêk Almênak, Bale Pustaka.

W. = Tuwan C. F. Winter Sr. (Bausastra Winter).

--- [7] ---

I Sêsorah Bab Sangkalan

Tiyang Jawi punika kathah ingkang rêmên damêl sangkalan, kados ta kasêrat wontên ing gapuraning pemahan utawi kuburan, sanginggile korining griya utawi cungkup, sapanunggilanipun. Punapadene sêrat-sêrat waosan Jawi, mèh sadaya wontên titi môngsa ing panyêratipun, mawi sangkalan.

Sangkalan ugi kawastanan Côndrasangkala, punika pèngêtan etanging taun mawi ukara utawi ungêl-ungêlan, botên mawi angka. Prêlunipun dipun pèngêti mawi ukara punika supados gampil anggènipun ngèngêt-èngêt, sarta botên sagêd ewah. Awit manawi ewah sakêdhik kemawon, lajêng santun suraos, sarta lajêng kraos nyêngklèngipun, têmah katawis ewahipun wau. Kados ta adêgipun kraton ing Dêmak: gêni mati siniram ing janmi = 1403 (mirsanana Ariwara kaca 36), dados: gêni murub siniram ing wong = 1433 (mirsanana Pakêm Sastra Miruda, Budi Utama, Juli 1923). Punika lajêng kraos kemawon ewahipun têmbung mati dados murub, utawi

--- 8 ---

kosok wangsulipun: murub dados mati. Beda kalihan pèngêtan etanging taun mawi angka, angèl anggènipun ngèngêt-èngêt, sarta manawi ewah botên katawis bilih botên dipun cocokakên.

Sangkalan punika wujud ukara utawi ungêl-ungêlan: kalêmpakipun têmbung-têmbung ingkang anggadhahi watak wicalan, miturut ing kawontênanipun. Manawi kalêrêsan pamilihipun têmbung-têmbung sarta pangêtrapipun: mranani sayêktos. Liripun, suraosing ungêl-ungêlan wau sagêd mencok kalihan ingkang dipun pèngêti. Tarkadhang suraosipun sagêd awarni pangajêng-ajêng, pamuji, pangalêmbana, panggunggung, panalangsa, manuhara, kumingsun, kumaluhur, sapiturutipun, mawi-mawi ingkang dipun pèngêti tuwin kajêngipun ingkang damêl pèngêtan. Ing pangraos ngantos botên badhe kewran ngêdalakên sakrêntêging manah kawrat ing sangkalan wau. Ananging inggih wontên ingkang damêl sangkalan suraosipun botên mencok kalihan ingkang dipun sangkalani, malah wontên ingkang tanpa têgês, liripun, kalêmpaking têmbung-têmbung wau botên mujudakên ukara. Punika bokmanawi saking kirang prigêl sarta kirang tlatos pamilihipun têmbung-têmbung.

--- 9 ---

Sangkalan ingkang suraosipun sagêd mencok kalihan ingkang dipun sangkalani punika kados ta:

Kaya wulan putri iku = 1313, ingkang pinanggih ing pasareyanipun putri Cêmpa Darawati ing Trawulan. (V.A. Jawi 1920 kaca 390).

Rupa sirna rêtuning bumi = 1601, kacêpêng sarta pêjahipun Trunajaya. (Sajarah Kraton, kapêthik ing Pramanasidhi kaca 45).

Surud sinare magiri tunggil = 1750, surud dalêm ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan PB V sarêng sataun kalihan Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan HB IV sami sumare ing Astana Imagiri. (Sajarah Kraton, kapêthik ing Pramanasidhi kaca 48).

Rahsaning maharsi winulang nèng sunu = 1776, titimôngsa sêratipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya M.N. IV dhatêng tuwan Filip, guru Kwik Sêkhul ing Surakarta. (Ibêr-ibêr kaca 33).

Atmaja Hyang Girinata mulang mring pungwagapunggawa. mantri = 1791, titimôngsa Sêrat Nayakawara anggitan dalêm M.N. IV. (Nayakawara).

Iku Rônggawarsita niyata = 1791, janma trus kaswarèng jagad = 1791, titimôngsa Sêrat Hidayat Jati, anggita nipun

--- 10 ---

wargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita. (Hidayat Jati wêdalan toko buku M. Tanojo).

Sangsaya luhur salira sang Aji = 1805, panêmbramanipun Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya M.N. IV konjuk Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. IX. (Panêmbrama kaca 16, wêdalan toko buku Albert Rusche).

Muji dadya angèsthi Sang Prabu = 1847, titimôngsa sêrat atur wangsulanipun Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda, konjuk Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. X. (Darmakandha ôngka 42 taun VII).

Tuwin sanès-sanèsipun.

--- [11] ---

II Sêrat Ingkang Nêrangakên Bab Sangkalan

Sasumêrêp kula, dumugi wêkdal pangarang kula sêrat punika (1927), kathahipun sêrat ingkang nêrangakên bab sangkalan ingkang sampun kaêcap wontên tiga, miturut uruting taun ing pambabaripun kados ing ngandhap punika.

1. Sêrat: Sêkar-sêkaran, utawi: Bloemlezing, anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV, kawêdalakên dening: Ki Padmasusastra. (Wêdalan toko buku Albert Rusche - Solo, cap-capan kaping kalih 1919).

2. Sêrat: Côndrasangkala, kawêdalakên dening: Ki Padmasusastra, botên kapratelakakên ingkang nganggit. (Wêdalan toko buku Tan Khoen Swie - Kêdiri, cap-capan kapisan, 1922).

3. Sêrat: Sêngkalan Lamba lan Mêmêt, kacariyosakên asli tilaranipun swargi Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kawêdalakên dening K.M. Sasrasumarta. (Wêdalan toko buku Mardi-Moelio - Djokja, cap-capan kapisan, 1855 taun Jawi = 1925 taun Walandi).

--- 12 ---

Miturut katranganipun tuwan Tan Khoen Swie dhatêng kula, Sêrat Côndrasangkala ingkang dipun wêdalakên punika rumiyin ingkang ngêcap firma Vogel van der Heijde - Solo, tuwan Tan Khoen Swie nampèni kupiya saking Ki Padmasusastra sampun awujud sêrat cap-capan, mligi nama Sêrat Côndrasangkala, dados langkung sêpuh punika tinimbang Sêrat Sêkar-sêkaran. Katrangan punika kados inggih lêrês, katitik saking kasusastranipun Sêrat Côndrasangkala wau kina sangêt, sajakipun katêdhak sungging kemawon, dèrèng dipun ewahi Ki Padmasusastra, manawi Sêrat Sêkar-sêkaran, kasusastranipun sampun dipun ewahi.

Dene miturut Sêrat Têmbung Bêcik (Belletrie) anggitanipun Ki Padmasusastra, kaca 37, Sêrat Côndrasangkala punika karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita, dede anggitan dalêm M.N. IV, nanging wontên ing Sêrat Sêkar-sêkaran botên kapratelakakên, dados lajêng kakintên karangan dalêm M.N. IV.

Mênggah sêrat warni tiga wau isinipun prasasat sami kemawon, malah botên lêpat manawi kawastanan sêrat ingkang kawêdalakên kantun-kantun punika asli mêthik saking sêrat ingkang sampun kawêdalakên langkung rumiyin. Katawisipun sangêt manawi uwitipun namung satunggal, bab anggènipun nêgêsi

--- 13 ---

têmbung-têmbung, manawi lêpat inggih lêpat sadaya. Kados ta têmbung: margana, sêrat tiga pisan anggènipun nêgêsi: angin nèng dalan. Môngka lêrêsipun: panah N. jêmparing K. (Mirsanana Bausastra Winter kaca 438, Bausastra Roorda 2e kaca 486).

Dene isinipun sêrat warni tiga wau namung pratelan têmbung-têmbung sawatawis ingkang sami anggadhahi watak wicalan 1, 2, 3, sapiturutipun dumugi 0. Dados dumugi samangke dèrèng wontên sêrat ingkang nêrangakên patrapipun damêl sangkalan, kados ta bab lampahing pangetang, bab pamilih sarta pangrimbagipun têmbung-têmbung, sapiturutipun, punapadene katrangan sababipun têmbung-têmbung wau anggadhahi watak wicalan samantên. Môngka manawi dèrèng sumêrêp pathokan utawi katrangan wau, sanajan sampun maos utawi apal sêrat warni tiga punika, ing pangintên inggih mêksa dèrèng sagêd damêl sangkalan ingkang pèni, jalaran kirang prigêl pamilih sarta pangrimbagipun têmbung. Punapadene inggih dèrèng sagêd nêgêsi sangkalan ingkang dakik-dakik, dening têmbung-têmbungipun botên kalêbêt ing sêrat warni tiga wau.

Ing wêkdal samangke ugi wontên ingkang sagêd damêl sangkalan luwês sarta pèni, punika angsalipun kawruh namung saking nênitèni sarta maos sêrat-sêrat ingkang kathah sangkalanipun, [sangkalanipu...]

--- 14 ---

[...n,] kados ta Pustakaraja. Ananging trêkadhang sampun maos sangkalan warni-warni punika namung bathi sugih têmbung kemawon, inggih mêksa dèrèng ngrêtos asalipun têmbung-têmbung ingkang kangge sangkalan wau karimbag saking têmbung punapa, punapadene sababipun têmbung-têmbung wau gadhah watak wicalan samantên kados pundi. Dados namung guru apal, kados lare sêkolah ngapalakên piwulang ngèlmu bumi tanpa: kar. Mila inggih asring klinta-klintu panganggenipun.

Jalaran saking punika, kados wontên prêlunipun kula ngarang sêrat punika: ingkang nêrangakên prakawis wau, inggih namung sagaduging pamanggih kula. Sayêktosipun botên mantra-mantra sampurna, kapara kathah kuciwanipun, namung lowung: kenginga kangge ular-ular tumrap ingkang kaparêng anggatosakên bab sangkalan. Sampurnanipun kula sumanggakakên para nupiksa.

--- [15] ---

III Têgêsipun Têmbung Sangkala Sarta Côndrasangkala

Miturut cariyos Jawi, Sangkala (sêngkala) utawi Jaka Sangkala, punika asmanipun Aji Saka kala taksih timur, putranipun Bathara Anggajali inggih Êmpu Anggajali, inggih Prabu Iwaksa, ratu ing nagari Surati, tlatah Hindhu.

Nalika Jaka Sangkala anggêntosi ingkang rama jumênêng ratu ing nagari Surati: jêjuluk Prabu Isaka, inggih Prabu Saka, inggih Aji Saka. Sarêng kaêndhih ing mêngsah, lajêng mrêtapa dhatêng tanah Jawi, sarta jêjuluk Êmpu Sangkala. Wiwitipun ngancik ing tanah Jawi wau dipun pèngêti ing taun etang 1, tinêngêran ing ungêl-ungêlan: kunir awuk tanpa dalu, utawi: jêbug awuk. (Ingkang mengêti mawi ungêl-ungêlan punika kados dede Êmpu Sangkala piyambak, sayêktosipun ingkang nganggit cariyos wau).

Sasampunipun Êmpu Sangkala mêncarakên warni-warni kagunan, punapadene kawruh bab pangetanging taun, dhatêng têtiyang ingkang sami dêdunung ing tanah Jawi, lajêng kondur dhatêng tanah Hindhu.

Aji Saka punika kacariyos yuswanipun panjang, jalaran ngunjuk [ngu...]

--- 16 ---

[...njuk] Tirtamarta Kamandhalu, milanipun sarêng sampun antawis pintên-pintên abad, lajêng ngê-Jawi malih, inggih punika ingkang asêsilih Êmpu Widayaka inggih Prabu Widayaka.

Dene taun iyasanipun Êmpu Sangkala punika ing wusananipun lajêng dados warni kalih, inggih punika taun Surya Sangkala, pangetangipun miturut lampahing surya utawi srêngenge, kalihan taun Côndrasangkala, pangetangipun miturut lampahing candra utawi rêmbulan.

Taun Surya Sangkala punika ingkang kêlimrah sami dipun angge dening têtiyang Jawi ing jaman kina dumugi jaman Majapait akir. Sarêng jaman Dêmak: kathah tiyang Jawi ingkang sami ngangge taun Ngarab etang Hijrah, dene taun Ngarab wau taun rêmbulan. Sarêng jaman Mataram: Sampeyan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Sultan Agung, karsa angumumakên etangan taun rêmbulan, ananging pangetangipun botên kawiwitan saking Hijrah Nabi, kawiwitan saking pangêjawinipun Êmpu Sangkala sapisan, milanipun dipun wastani taun Côndrasangkala, têgêsipun, taun candra utawi rêmbulan, kaetang wiwit pangêjawinipun Êmpu Sangkala. Taun Côndrasangkala punika inggih taun Jawi samangke punika.

Sarèhning pèngêt-pèngêtan kina punika sadaya sami mawi titi môngsa etangan taun Surya Sangkala, amila lajêng dipun ba ngun: [ng...]

--- 17 ---

[...un:] ipun rangkêpi etangan taun Côndrasangkala. Kaparênging karsa dalêm ingkang makatên wau nuju taun Surya Sangkala 1509, kaetang mawi etangan taun Côndrasangkala kapanggih ing petang 1555 nuju taun Alip. Sataunipun malih: taun Ehe, ôngka 1556, makatên sapiturutipun, dados angkaning taun Jawi samangke punika. (Cariyos punika pêthikan saking Sêrat Paramayoga sarta Pustakaraja Purwa, karanganipun Radèn Ngabèi Rônggawarsita)§ Miturut cariyos punika, dados manawi wontên barang kina ingkang pinanggih mawi titi môngsa taun, (sadèrèngipun jaman Mataram, ingkang tamtu taun surya sangkala), punika manawi badhe kacocogakên kalihan ingkang kasêbut ing Sêrat Babad Babad Jawi (ingkang tamtu titi môngsanipun mawi taun Côndrasangkala), kêdah dipun petang: dipun wêwahi, sabên 100 taun surya, saminipun 103 taun candra.

Mênggah têmbung: Candra: ingkang atêgês rêmbulan punika ing salajêngipun ewah dados: Candra. Taun Côndrasangkala ewah dados Côndrasangkala, môngka têmbung Côndrasangkala punika gadhah têgês sanès. (Mirsanana ing ngandhap).

Dene miturut pamanggihipun para sagêd bôngsa Eropah makatên:

Pamanggihipun Paduka Tuwan Dr. Hazeu, kasêbut ing Sêrat Pararaton Basa Jawi jilid I kaca 14, kula turun kados ing ngandhap punika:

--- 18 ---

Miturut pangandikanipun Dr. Hazeu, têmbung sangkala utawi sêngkala asalipun saking têmbung Sangsêkrit: Çakakala ingkang ugi taksih kangge ing Jawi kina, têgêsipun petangan môngsa miturut Çaka, inggih punika ingkang dipun wastani dening tiyang Jawi: Aji Saka, wiwitipun kala taun Walandi 78, (taun Jawi angka 1).

Ing Bausastra Roorda anggènipun nêrangakên kados ing ngandhap punika:

Saka, I ... Aji Saka = namaning Ratu ingkang kasêbut ing Babad Jawi sarta ingkang kacariyosakên, bilih sadhatêngipun ing tanah Jawi (ing taun Ngisa 78) andamêl tatanipun bôngsa Jawi rumiyin piyambak, punapadene amulangakên etanganing taun. (Skr. Çaka = namaning Ratu ingkang jumênêngipun pinèngêtan mawi taun 1, sarta namanipun petanganing taun punika). II ...

Kala, I K. N. = wêktu. Tuwin kramanipun: dhèk. Ugi kramanipun: Kalika. Ugi K.N. tumrap: kala ing jaman kuna = 0 kina. (Skr, kala). Kacundhukna kalihan: nalika ... II. III. IV. V ... (Lan mirsanana Bausastra R.: kalika. (Bratakesawa).

--- 19 ---

Isaka = taun ingkang dipun wujudi têtêmbungan (Jawi Kina: i = ing, + Skr. Çaka = petangan taunipun Prabu Saka). Kacundhukna kalihan: Sêngkala.

Miturut pamanggihipun Dr. Hazeu sarta katrangan ing Bausastra Roorda ing nginggil punika, dados têmbung: Sangkala, sarta: Isaka, dipun têgêsi nama tiyang (eigennaam) = Jaka Sangkala, Êmpu Sangkala, Prabu Isaka, kados ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat Jawi, punika kirang lêrês, utawi ewah saking lugunipun. Awit luguning nama: Saka (Çaka).

Panganggenipun Têmbung Sangkala

Dene panganggenipun têmbung sangkala ingkang kêlimrah samangke punika makatên:

1. Dipun anggêp namaning tiyang (eigennaam) = Jaka Sangkala, Êmpu Sangkala, kasêbut nginggil.

2. (a). Sangkala utawi Sangkalan, têgêsipun:

1. Etanging taun utawi wicalaning taun, ingkang limrah ing panyêratipun mawi angka.

2. Ungêl-ungêlan ingkang anggadhahi têgês: etanging taun utawi wicalaning taun, kados ta:

Ingkang damêl nama Êmpu Ramadi, kala taun Jawi anglêrêsi

--- 20 ---

Sangkala 152, (mirsanana pratelan dhapuring dhuwung, karangan F. L. Winter).

Wondene Sangkalanipun taun Jawi punika, kaetang awit tanah Jawi dipun dunungi manungsa, (mirsanana Pustakaraja Purwa I kaca 1, karangan Radèn Ngabèi Rônggawarsita).

Taun Je Sangkalanira: mangkat lunga ngèsthi siwi = 1800, mirsanana panêmbrama kaca 8, anggitan M.N. IV).

Kula badhe nyuwun pitakèn bab sangkalan malih ... . Inggih kados kala kula matur sangkalaning Panggung Sanggabuwana (mirsanana Ariwara kaca 33 karangan Ki Padmasusastra).

Ing salah satunggiling gapura ing karamean wontên ungêl-ungêlan sangkala: ngèsthi tusthaning manggala nata ... . Kula nyuwun priksa dhatêng Dr. Hazeu mênggah têgêsipun têmbung tustha, sarta bab suraosipun sangkalan wau. (Mirsanana Pararaton Jawi I kaca 13, dening: Radèn Mas Mangkudimêja).

Lan sanès-sanèsipun.

(b). Sinangkalan utawi dipun sangkalani (dèn sangkalani, tumrap ing têmbang), têgêsipun: etanging taun utawi wicalaning taun wau: dipun pengêti utawi dipun têngêri, mawi ôngka utawi mawi ungêl-ungêlan. Kados ta:

Enjingipun tanggal kaping: 1, wulan Dulkangidah, masjid kaadêgakên, [kaa...]

--- 21 ---

[...dêgakên,] sinangkalan: 1428, (mirsanana bab Tanah Jawi I kaca 48, karangan Meinsma).

Taun Alip dèn sangkalani: trus sabda pandhitèng rat = 1779, (mirsanana Salokantara karangan M.N. IV).

Wulan Sapar taun Alip, angkanipun warsa, mawi sinangkalan: satata trus pujinira Pangran Adipati = 1795, (mirsanana Panêmbrama kaca 4, karangan M.N. IV).

Warsa Jimmakir Sancaya, sinêngkalan: nêmbah muluk ngèsthi Aji = 1802 (mirsanana Sopanalaya kaca 4, karangan Radèn Ngabèi Rônggawarsita).

Lan sanès-sanèsipun.

Manawi ngengêti pamanggihipun Dr. Hazeu, asalipun têmbung sangkala punika saking Çaka + kala, lêrêsipun, ingkang kenging dipun têmbungakên: sangkalan, sinangkalan, dèn sangkalani, punika kêdah namung tumrap taun Saka (Saka) kemawon. Ananging ing sapunika botên makatên, sanajan ungêl-ungêlan pengêtan etanging taun Hijrah utawi Ngisa, inggih dipun wastani sangkalan, anggènipun nêmbungakên inggih sinêngkalan utawi dèn sangkalani. Ingkang makatên wau sayêktosipun kêlantur, ananging sampun cocog kalihan anggènipun nêgêsi ing Bausastra Roorda, makatên:

--- 22 ---

Sangkala, K.N. 1 = etangan môngsa, etangan taun, etangan taun ingkang dipun wujudakên mawi têtêmbungan. (Skr. sangkala = petangan) ... . 2. 3 ... . - Sinêngkalan = ing taun ...

Ingkang dados pamanahan kula, dene katrangan warni kalih ing nginggil punika wau têka beda. Ingkang lêrês punapa têmbung: sangkala: punika asal saking Skr. çakakala (Hazeu), punapa saking Skr. sangkala (Roorda). Punapa têmbung Skr. çaka + kala wau dadosipun camboran: sangkala. Punapa jangkêpipun: sangkala çakakala. Punika kula botên mangrêtos.

Dene manawi sangkala wau asalipun saking çakakala, anggènipun nêgêsi ing Bausastra wau ingkang tamtu namung miturut têgês ingkang sampun kêlimrah dipun angge, mila botên mawi katrangan kêdah namung tumrap taun Saka (çaka) kemawon. Saminipun anggènipun nêgêsi têmbung katuranggan ing Bausastra wau, ingkang ugi katumrapakên sawung, prêkutut, sapanunggilanipun, botên namung tumrap kapal kemawon. (Mirsanana Bausastra R. Turôngga).

Panganggenipun Têmbung Côndrasangkala

Dene panganggenipun têmbung Côndrasangkala ingkang kalimrah samangke punika makatên: [m...]

--- 23 ---

[...akatên:]

1. Dados namaning etangan taun, saking ewahing pakêcapan: Côndrasangkala, taun Côndrasangkala = taun Jawi samangke punika, kados ingkang sampun kacariyosakên ing ngajêng. Ing sêrat Pustakaraja, sadaya titi môngsa mawi taun warni kalih: taun Suryasangkala, kalihan taun Côndrasangkala. Makatên ugi sêrat-sêrat Jawi sanèsipun ingkang nyêbutakên etangan taun, ingkang tamtu mawi katêrangakên: taun Suryasangkala, punapa taun Côndrasangkala, kados ta Sêrat Pakêm Sastra Miruda, sapanunggilanipun.

2. Botên saking ewahing pakêcapanipun Côndrasangkala. Ingkang tamtu saking têmbung: Candra, ingkang atêgês = praceka + sangkala = etangan taun. Côndrasangkala = sangkalan 2(a) No. 2. (mirsanana ing ngajêng), inggih punika atêgês: ungêl-ungêlan ingkang anggadhahi têgês etanging taun utawi wicalaning taun, kados ta:

Kangge namaning sêrat. Sêrat Côndrasangkala (wêdalan toko buku Tan Khoen Swie). Katrangan Côndrasangkala (sêrat punika).

Liman, miturut ing Côndrasangkala anggadhahi watak wolu. Dene têmbung tustha ingkang ing ungêl-ungêlan wau atêgês trustha, botên kalêbêt ing petangan Côndrasangkala. Ingkang [Ing...]

--- 24 ---

[...kang] kalêbêt ing Côndrasangkala punika ... (mirsanana Pararaton Jawi I kaca 14).

Makatên malih damêl Côndrasangkala punika inggih kêdah mawi suraos ingkang kajêngipun cocog kalihan ingkang dipun Côndrasangkalani. (Mirsanana Pathokaning Nyêkarakên, kaca 95). Lan sanès-sanèsipun.

Ing Bausastra anggènipun nêgêsi têmbung Côndrasangkala wau makatên:

Sangkala, I ... (kasêbut ing nginggil), Candrasêngkala = panyêrating etangan taun, ingkang dipun wujudi ungêl-ungêlan, sarana têmbung-têmbung ingkang sampun kaprah kanggenipun. - 2. 3 ... .

Miturut têgês ing Bausastra punika, dados sanajan ungêl-ungêlan pèngêtan etanging taun Hijrah utawi Ngisa, inggih kenging dipun têmbungakên: Côndrasangkala, nyandrasangkalani, dipun Côndrasangkalani.

Mênggah ingkang dipun têgêsi ing Bausastra punika wau, sampun têtela dede têmbung Côndrasangkala ingkang saking ewahipun Côndrasangkala. Sayêktosipun têmbung Côndrasangkala ingkang [ing...]

--- 25 ---

[...kang] asalipun saking: candra = praceka + sangkala = etangan taun, dados: praceka etangan taun, inggih bab punika ingkang badhe kula têrangakên wontên ing sêrat punika.

--- [26] ---

IV Wiwitipun Wontên Anggitan Côndrasangkala

Sintên ingkang nganggit Côndrasangkala sakawit, kula botên sumêrêp babadipun. Ing sêrat kabar Budi Utama wulan Marêt, 1924 ôngka 28, nyariyosakên manawi Côndrasangkala punika anggitanipun Aji Saka, nanging kala taun punapa panganggitipun botên kapratelakakên, sarta katêrangan saking sanèsipun malih kula inggih dèrèng sumêrêp.

Nganggit Côndrasangkala ingkang kula kajêngakên ing ngriki: ganggit kawruh mèngêti etanging taun mawi ungêl-ungêlan, botên mawi tandha warni angka, sarta nganggit paugêran ungêl-ungêlan ingkang sami anggadhahi watak wicalan kenging kangge sangkalan.

Ingkang kenging katamtokakên, kawruh Côndrasangkala punika umuripun sampun atusan taun, nanging ing jaman tiyang Jawi sampun inggil kawruhipun. Awit manawi dèrèng inggil kawruhipun, tamtu dèrèng sagêd ngetang wêkdal sarta mèngêti. Punapadene mèngêti mawi ungêl-ungêlan punika mêngku kajêng: supados botên sagêd ewah sarta gampil anggènipun [ang...]

--- 27 ---

[...gènipun]

ngèngêt-èngêt, ngiras kangge pasêmon ingkang dindipun. pèngêti. Manawi tiyang dèrèng inggil kawruhipun, môngsa sagêda gadhah pamanggih ingkang makatên.

Dene tandhanipun manawi Côndrasangkala punika umuripun sampun atusan taun, ungêl-ungêlan ingkang kangge sangkalan punika pamêndhêtipun watak wicalan ingkang kathah saking têmbung Sangsêkrit, ingkang tiyang Jawi ing jaman sapunika sampun sami kêsupèn têgêsipun. Dados lajêng kenging dipun dugi-dugi, bilih wiwitipun wontên kawruh Côndrasangkala punika nalika jamanipun tiyang Jawi taksih ngrêtos têmbung Sangsêkrit, utawi malah sawêg berag-beragipun dhatêng têmbung Sangsêkrit, kintên-kintên salêbêtipun taun Saka 700 dumugi 1400. Punapa kawruh wau wulangan saking Hindhu, punapa saking pamanggihipun tiyang Jawi piyambak sasampune pêcah nalaripun, kula botên mangrêtos. Kintên kula ing Hindhu malah botên wontên kawruh mèngêti etanging taun mawi ungêl-ungêlan. Dene aksara Arab lan aksara latin punika inggih sami kenging kangge mèngêti wicalan (ôngka), ananging botên sagêd mujudakên têmbung punapa malih mujudakên ukara ingkang sawarni pasêmon, kados Côndrasangkala punika.

Dene ungêl-ungêlan sangkalan ingkang kangge ing jaman samangke [sa...]

--- 28 ---

[...mangke] punika sampun awujud têmbung Jawi enggal, ingkang sayêktosipun anggadhahi têgês piyambak. Têmbung-têmbung wau ingkang kathah inggih asli saking têmbung Sangsêkrit, ananging pakêcapanipun sampun kathah ingkang ewah, nanging pamêndhêtipun watak wicalan taksih miturut têmbungipun Sangsêkrit ingkang lugu.

Dumugi jaman ingkang kantun-kantun malih, têmbung-têmbung ingkang sampun gèsèh pakêcapanipun saking luguning Sangsêkrit wau, taksih mawi dipun rimagrimbag. malih, prêlunipun supados ungêl-ungêlaning sangkalan punika mindhak luwês, sarta suraosipun sagêd angèmpêri ingkang dipun sangkalani, malah wontên ingkang kangge sandiasma: rong sogata warga sinuta = rônggawarsita = 1779. Dene pangrimbagipun wau botên trimah namung sapisan kemawon, wontên ingkang kaping kalih utawi langkung, tur pangrimbagipun wau warni-warni caranipun sarta anèh-anèh, kados ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap.

Jalaran saking punika, mila dados ruwêd sangêt, kathah ungêl-ungêlan sangkalan ingkang botên sagêd pinanggih sababipun dene anggadhahi watak wicalan samantên, jalaran sampun êlêt têbih saking uwitipun. Punapadene kathah têmbung ingkang anggadhahi watak kalih utawi tiga, dening warni-warni [war...]

--- 29 ---

[...ni-warni] caraning pangrimbag wau, satêmah damêl kodhêngipun ingkang nêgêsi. Môngka sêrat ingkang nêrangakên cêtha bab pathok-pathokaning sangkalan utawi côndrasangkala nama dèrèng wontên.

--- [30] ---

V Pangrimbagipun Têmbung-têmbung ingkang Kangge Sangkalan

Pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge sangkalan punika warni-warni, ngantos mèh botên kenging dipun pathoki, tur pangrimbagipun wau mawi cara ingkang anèh-anèh, ingkang umumipun para marsudi basa ing jaman samangke botên nyondhongi. Ananging punapa kula sadaya sagêd ngêmohi, botên nganggêp utawi ambatalakên: botên, awit barang sampun kêlajêng. Manawi botên nyondhongi sagêd-sagêdipun namung botên tumut ngangge rimbagan ingkang sampun, sarta botên yasa malih rimbagan enggal.

Ingkang kula aturakên ngrimbag mawi cara ingkang anèh-anèh punika, kados pangrimbagipun têmbung mataram, dados èksi gônda utawi ngèksi gônda. Dene pangrimbagipun makatên: Mataram, dipun udhal dados: mata + ram. Mata, dipun rimbag guru dasanama, dados: èksi, awit èksi (Skr. Aksi) punika têgêsipun mripat. Utawi dipun rimbag guru karya, dados: ngèksi, awit mata punika dipun angge ningali utawi ngèksi.

--- 31 ---

Ram, dipun rimbag guru wanda, dados: rum. Sasampunipun dados rum lajêng dipun rimbag guru darwa, dados: gônda, awit ingkang kanggenan rum punika gônda. Môngka sayêktosipun têmbung mataram punika botên saking mata + ram, saking têmbung Sangsêkrit: mantara, ingkang têgêsipun: kitha, bètèng, santosa, (mirsanana Bausastra R.).

Pangrimbagipun têmbung mataram dados ngèksi gônda punika, sanajan sami botên nyondhongi (mirsanana Pararaton Jawi II kaca 35) ananging kula botên sagêd nampik utawi ambatalakên, liripun, manawi ing sêrat-sêrat waosan Jawi pinanggih têmbung ngèksi gônda, botên kenging botên, kula kêdah nêgêsi mataram.

Makatên ugi bab pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge Côndrasangkala punika, ugi mawi cara ingkang makatên wau, sarta kula inggih botên nampik utawi ambatalakên, amargi sampun kêlimrah dipun angge, pinanggih wontên ing sêrat-sêrat utawi sanès-sanèsipun. Sawangsulipun malah prêlu nyumêrêpi pathokanipun.

Ingkang sampun kula sumêrêpi, pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge Côndrasangkala punika kados ing ngandhap punika kawontênanipun:

1. Guru Dasanama, têgêsipun: manawi têgêsipun sami [sa...]

--- 32 ---

[...mi] utawi mèh sami, inggih kaanggêp sami watakipun wicalan, kados ta: bumi, guru dasanamanipun: siti, êndhut, lêbu, sapanunggilanipun.

2. Guru Sastra, têgêsipun: manawi sêratanipun sami, inggih kaanggêp sami watakipun wicalan, kados ta: èsthi, ingkang gadhah watak wolu, punika: èsthi: ingkang saking Skr. asti = liman. Ananging ingkang limrah kangge sangkalan, èsthi: ingkang saking Skr. Isthi = cipta, sêdya, raos. Makatên sasaminipun.

3. Guru Wanda, têgêsipun: manawi pakêcapanipun mèh sami, inggih kaanggêp sami watakipun wicalan, milanipun kenging ngewahi têmbung sarana dipun suda, dipun wêwahi, utawi dipun sêsêli, kados ta: (Ha): utawaka, dados: uta. Waudadi, dados: dadi. Margana, dados: marga. | (Na): wani, dados: wanita. Buja, dados: bujana. Lèng, dados: cèlèng. | (Ca): tata, dados: tinata. Guling, dados: gumuling. Makatên sasaminipun.

4. Guru Warga, têgêsipun: ingkang kaanggêp tunggil bôngsa inggih kaanggêp sami watakipun wicalan, kados ta: uta

--- 33 ---

' = lintah, dados: ujêl = wêlut, lan: nauti = cacing. Makatên sasaminipun.

5. Guru Karya, têgêsipun: tandukipun satunggaling têmbung kaanggêp sami watakipun wicalan kalihan têmbungipun wau, kados ta: mripat, dados: mandêng. Tangan, dados: nêbah. Sapanunggilanipun.

6. Guru Sarana, têgêsipun: namaning pirantos ingkang kangge nindakakên satunggaling têmbung (kriya), kaanggêp sami watakipun wicalan kalihan têmbungipun wau, kados ta: pôncakara, dados: jêmparing, tuwin bangsanipun lêlandhêp, raos, dados: ilat. Sasaminipun.

7. Guru Darwa, têgêsipun: têmbung kahanan, kaanggêp sami watakipun wicalan kalihan têmbung ingkang kadunungan kahanan wau, kados ta: latu, dados: bêntèr, ujwala. Toya, dados: tawa, suci. Danawa, dados: galak. Makatên sapanunggilanipun.

8. Guru Jarwa, têgêsipun: têmbung ingkang gadhah têgês sami utawi mèmpêr: kalihan têmbung ingkang gadhah watak wicalan, kaanggêp sami watakipun wicalan kalihan ingkang dipun èmpêr wau, sanajan nyimpang saking têgêsipun sajati ingkang pancèn gadhah watak, kados ta: raos, dados: raras. [ra...]

--- 34 ---

[...ras.] Rêtu, dados: obah, wayang. Basu, dados: sawêr. Makatên sapanunggilanipun.

Warni wolu ingkang kapratelakakên ing nginggil punika wau bakuning pangrimbag, ananging kathah têmbung ingkang dipun rimbag ngantos kaping kalih utawi langkung, kados ta:

Utawaka, dipun rimbag guru wanda dados: uta. Lajêng dipun rimbag guru warga dados: ujêl, nauti.

Tri, dipun rimbag guru wanda dados: èstri. Lajêng dipun rimbag guru jarwa dados: rana.

Pôncakara, dipun rimbag guru sarana dados: jêmparing. Lajêng dipun rimbag guru darwa dados: lungid. Makatên sasaminipun.

Pamrayogi: sarèhning pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge sangkalan punika kados makatên ruwêdipun, para ingkang damêl sangkalan prayogi ngèngêti: sampun ngantos ngangge têmbung ingkang dèrèng kêlimrah utawi ingkang sagêdipun suraos rangkêp. Kados ta wontên juru ngarang jaman sapunika ingkang damêl sangkalan: prakara pandhawa bratayuda, dipun têgêsi taun 1852, punika upami botên wontên rangkêpanipun angka, tamtu damêl tidha-tidhanipun ingkang nêgêsi. Awit têmbung: prakara, punika sagêd saking: sikara (watak kalih), sarta inggih sagêd saking: sarkara (watak nênêm).

--- 35 ---

Têmbung: brata, dipun têgêsi 8 punika kintên kula mirid saking: asthabrata, ananging nama dèrèng kêlimrah. Dene têmbung: yuda, dipun têgêsi 1, punika inggih dèrèng kantênan lêrês, sabab yuda punika têgêsipun warni-warni, têgês ingkang adhakan piyambak = pêrang (watak 3), dêdamêl (watak 5). Makatên pamrayogi kula. Kajawi ta manawi sêdyanipun pancèn damêl anèh-anèhan, nyumanggakakên.

--- [36] ---

VI Katrangan Sababipun Têmbung-têmbung ingkang Sami Gadhah Watak Wicalan

Manawi namung ningali pratelaning têmbung-têmbung dalah têgêsipun ingkang kawrat ing Sêrat Côndrasangkala kemawon, tamtu botên sagêd sumêrêp kados pundi sababipun dene têmbung-têmbung wau sami gadhah watak wicalan, amargi ing sêrat wau botên mawi katêrangakên panjang, sarta anggènipun nêgêsi kathah ingkang lêpat, liripun: sulaya kalihan Bausastra ingkang sampun kaanggêp lêrês, têmbung-têmbungipun inggih kathah ingkang botên pinanggih ing Bausastra, jalaran beda ing panyêratipun. Trêkadhang kalih têmbung ingkang sami gadhah watak wicalan kasêrat dados sagaris, trêkadhang malih dipun sêlani têmbung-têmbung ingkang botên gadhah watak wicalan, prêlu anjangkêpakên guru wicalaning sêkar.

Jalaran kathahipun ingkang pinanggih gèsèh wau, satêmah nuwuhakên pangintên: bokmanawi anggènipun nêgêsi Côndrasangkala punika namung awêwaton kintên-kintên kemawon.

Ing ngandhap punika pratelan ungêl-ungêlan sangkalan ingkang kawrat ing Sêrat Sêkar-sêkaran, cap-capan kaping kalih,

--- 37 ---

Côndrasangkala, cap-capan kapisan, sarta sêngkalan Lamba lan Mêmêt, cap-capan kapisan, dalah anggènipun nêgêsi ugi kula turun. Ingandhapipun têgês saking sêrat wau, kula wêwahi têgês saking Bausastra Roorda (1901), trêkadhang manawi prêlu kula wêwahi malih têgês saking sêrat sanès. Pancènipun katranganing têmbung satunggal-tunggalipun ing Bausastra wau badhe kula turun sungging kemawon, ananging saiba anggènipun ngandhar-andhar, ing wusana lajêng namung kula pêthik saprêlunipun, malah satunggal-tunggaling têmbung botên kula sukani katrangan: punapa kawi, punapa ngoko, punapa krama, kula carub kemawon. Awit pamanah kula: prêlunipun ing ngriki bab têgêsipun, botên bab pamilah ing têmbung. Dene têmbung Sangsêkrit, sarta Jawi Kina mawi kula sukani katrangan, sarta panyêrat kula mawi aksaaksara. Jawi, botên mawi aksara latin kados ing Bausastra. Awit manawi kula sêrat mawi aksara latin, kula kuwatos bokmanawi pangêcapan ing tanah Jawi ngriki kirang pêpak aksaranipun. Kajawi punika, asmanipun para tuwan-tuwan ingkang kagungan pamanggih inggih botên kula sêbutakên, sadaya kula sêbutakên: Roorda kemawon, môngka sayêktosipun botên sadaya pamanggihipun tuwan Roorda, mugi andadosakên kawuningan.

--- 38 ---

Sêkar Agêng Kusumawicitra, lampah: 12

Watak Satunggal

Rupa: Rupa têmên, | warni, (Skr. rupa).

Côndra:§ Ing Sêrat Côndrasangkala panyêratipun taksih kalugokakên: Candra, sêrat ingkang kalih kasêrat: Condra, miturut limrahing pakêcapan sapunika. Wulan purnama, | praceka, | Côndra utawi Candra = rêmbulan, warni, wulan. (Skr. candra = rêmbulan).

Sasi: Wulan Jangkêp, | rêmbulan (Skr. nomin Sasi), wulan.

Nabi: Wudêl, | Nabiyullah (Arab: Nabii), wudêl (Skr. Naabi).

Sasa: Lintang, | bantêr, kêkah, lintang, singa. (Skr. Sasa = truwèlu, ingkang katingal cêmêng ing rêmbulan). Sasadara = lintang agêng, rêmbulan (Skr. Sasadhara = rêmbulan).

Dhara: Wêtêng, |

--- 39 ---

ririh, sarèh, nyêmbah, lintang agêng, babondhara, lan mirsanana: dara. | Dara = wêtêng (Skr. udara), paksi dara, bumbung dara, cêkakanipun: bandara. | Dara utawi dhara = asor (Skr. Adhara), prawan.

Bumi: Lêmah, | siti, (Skr. Bumi = ksiti).

Buddha: Luwih, namaning môngsa satunggal, | buda = budi, wuda. | Buda utawi buddha = dintên Rêbo (Skr. Budha = lintang merkoriyus). Sang Buddha (Skr. Buddha).

Roning: Godhong, | lingga: ron = godhong (Jawi Kina: rwan). Ngronake = ngèwêdakên.

Mèdi: Jubur, | luwih (saking: èdi), silit.

Iku: Buntut, | punika, buntut, (Jawi Kina: Iku).

--- 40 ---

Dara: Paksi dara, | mirsanasamirsanana. nginggil: dhara.

Janma: Uwong, | janma utawi jalma = tiyang. Anjalma = nitis. (Skr. janma = lahir).

Eka: Satunggal, wiji, tuduh, | satunggal, tunggil, (Skr. Eka). Saeka = sawiji. Ngeka = miji. Ngeka-eka = damêl-damêl.

Wak: Badan sapata, | awak, (kacêkak: wak) = badan, sarira utawi salira, (Arab: badan. Skr. Saringra).

Suta: Anak, | anak, (Skr. suta = anak jalêr. Sutaa = anak èstri).

Siti: Lêmah wêdhèn, | siti, bumi (Skr. ksiti), kuwajiban. Sitija (Skr. ksitija = anakipun jalêr siti. Bauma = anakipun jalêr bumi, inggih punika lintang Marês. Ing padhalangan [padhalanga...]

--- 41 ---

[...n] Dèwi Pratiwi pêputra Sitija utawi Bomanrakasura).

Awani: Kêndêl, srêngenge, | lingga: wani (Jawi Kina: waani) = kawasa, purun, kêndêl.

Wungkulan: Wutuhan, bundêran, | lingga: wungkul = wêtah ingatasipun barang bundêr utawi cacah, intên ingkang dèrèng dipun pêcah.

Wulan: Rêmbulan, | rêmbulan, sasi, tanggal, namaning pisang.

Niyata: Yêkti, | (Skr. Niyata) = nyata, èstu utawi saèstu, yêktos, utawi sayêktos. Jati, yêkti.

Tunggal kabèh: Watak satunggal sadaya. | (Saking: tunggal + kabèh. Têmbung kabèh ing ngriki namung kangge anjangkêpakên guru wicalan. Ingkang kangge sangkalan namung têmbung: tunggal). | Tunggal = tunggil, satunggal, sami, awor.

--- 42 ---

Katrangan: 1. Candra ingkang atêgês rêmbulan. 2. Sasi = rêmbulan. 3. Nabi = wudêl. 4. Bumi = inggih bumi. 5. Mèdi = silit. 6. Iku = buntut. 7. Dara = wêtêng. 8. Eka = satunggal. 9. Wak, utawi awak = badan. 10. Siti = inggih siti, 11. Wulan = rêmbulan. 12. Tunggal = satunggal. Punika sadaya sampun têrang watak satunggal, amargi atêgês satunggal utawi cacahipun namung satunggal. Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: candra, dipun sambut ingkang têgêsipun praceka. Nabi = tiyang suci. Mèdi = sêmèdi. Iku = punika. Sasaminipun. Dene têmbung sanès-sanèsipun, milanipun kangge watak satunggal, makatên katranganipun:

Rupa, gadhah têgês warna, môngka têmbung condra utawi candra inggih gadhah têgês warna, punika rimbag guru jarwa.

Sasa, karimbag guru wanda saking: sasadara, têgêsipun rêmbulan. Utawi: sasa, punika atêgês lintang, inggih punika bangsanipun rêmbulan utawi bumi (planit), dados karimbag guru warga.

Dhara, ewah ing pakêcapanipun: dara (Skr. Udara)

--- 43 ---

' = wêtêng. Ing Bausastra W. dhara: inggih dipun têgêsi: wêtêng. Punika inggih kalêbêt rimbag guru wanda.

Buddha, sagêd saking budi utawi angên-angên, manungsa namung gadhah satunggal. Sagêd ugi saking Skr. budha = lintang merkoriyus, (mirsanana: sasa). Ugi sagêd saking Sang Buddha, awit Sang Buddha inggih namung satunggal.

Ron, dèrèng kêpanggih sababipun. Nanging ing Bausastra R. ugi sampun nganggêp watak 1.

Janma, sababipun watak satunggal, bokmanawi mêndhêt pêpiridan saking têmbung nabi ingkang ugi gadhah têgês tiyang.

Suta, bokmanawi saking Skr. janma, atêgês: lahir. Anjanma, têgêsipun: nitis. Lahir, nitis: punika ngwontênakên anak (suta). Nanging kula piyambak dèrèng marêm dhatêng katrangan punika.

Awani, utawi wani, ing Bausastra botên wontên têgês srêngenge, dados punapa sababipun kaanggêp watak satunggal dèrèng kasumêrêpan, nanging ing Bausastra R. sampun kasêbut kangge sangkalan watak satunggal.§ Ing V.A. Jawi 1921 kaca 190 larikan ngandhap piyambak, sarta V.A. Jawi 1923 kaca 131 larikan 3, wani = sami +dipun angge watak 5, prayoginipun katamtokakên, ingkang lêrês watak satunggal.

Wungkulan, saking: wungkul, têgêsipun wêtah:

--- 44 ---

ingatasing bundêr. Bundêr punika pêpêthaning bumi utawi rêmbulan, milanipun kaanggêp watak satunggal, makatên ugi sadaya barang ingkang bundêr inggih kangge watak satunggal.

Niyata, têgêsipun nyata utawi yêkti. Ing pamanah: ingkang yêkti punika namung satunggal, manawi ingkang botên yêkti: langkung saking satunggal.

Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak satunggal punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:

I. Rimbagan saking têmbung-têmbung sadaya wau, kados ta:

Janma, dados: ratu, sadasa namanipun. Punggawa. Tuwin sadaya ingkang blêgêr tiyang.

Bumi, dados: êndhut, lêbu, sapanunggilanipun.

Rêmbulan, dados: lèk.

Suta, dados: sadaya dasanamanipun.

Wungkul, dados: bundêr, buwêng, jêbug, golong, tuwin sadaya ingkang bundêr.

Wani, dados: purun, sura, sudira, panggah, prajurit, sapanunggilanipun. Ugi dados: wanita.

Mèdi, dados: sêmèdi, manêkung.

Sawiji, dados: wiji, tuwuh. Makatên sasaminipun.

--- 45 ---

II. Ingkang têrang namung satunggal utawi kaanggêp satunggal, kados ta: jagad, rat, rahayu, arja, ati, urip, (nanging: mati = 0), sapanunggilanipun.

Watak Kalih

Netra: Paningal, | mripat (Skr. netra).

Caksu:§ Sêrat ingkang kantun-kantun kasêrat: caksuh. Ing samangke têmbung: caksuh, punika têgêsipun: têluh. Pasuluhan, | urênging mripat (Skr. caksus = mripat. Jawi Kina: caksuh).

Nayana: Ulat, | ulat, (Skr. nayana = mripat).

Sikara: Tangan, | lambung, tangan, bau (lêngên buta), arubiru. Nikara (Skr. nikaara) = nyikara, aniaya.

Buja: Bau, namaning môngsa kalih, | bau, tangan (Skr. buja). Sang Hyang Caturbuja = abau sêkawan, Bathara Guru, (Skr. Catuburja = Wisnu).

--- 46 ---

Buja ugi sami kalihan boja = pangan.

Paksa: Uwang, | R: kudu, nyaru, sêja, pêksa, (Skr. paksa = sisih, pinggir). | W.: pêksa, kêdah, bau, sêdya, palajêng.

Drasthi: Alis, | R.: drasthi, botên pinanggih, ingkang wontên: drêsthi = alis, cidra (= dhêsthi). | W.: drasthi, lan: drêsthi, sami wontênipun = alis, cidra.

Ama: Pêpasu = wêwêri, | R.: pasu, wêri. | W.: pasu, mêksa.

Locana: Urang-uranging mata, | mripat (Skr. locana), pasuluhan, êluh.

Carana: Athi-athi, | rêrênggan, athi-athi, urang-urang mripat, wadhah (ingkang rinêngga). (Skr. racanaa [ra...]

--- 47 ---

[...canaa] ' = rêrênggan, utawi: curanaa = trètès, patik). - Nyarana, macarana = ngrêngga, ngukir.

Karna: Kuping, | kuping, singat, jêjulukipun Suryaputra. (Skr. kannar = kuping, utawi Suryaputra).

Karni: Ambaning kuping, sungu, | kuping, singat.

Anêbah: Tlapukan, anêbak, | lingga: têbah = têbak, cêngkah, têbih, gangsal nyari, tampèl, kêlud.

Talingan: Pangrunguning kuping, | kuping (= talinga). Sandhangan taling.

Mata: Ambaning mata, | mripat, tingal, paningal, sotya.

Lentangana: Lawan tangan loro | (kalih têmbung: lèn + tangana saking: tangan. Ingkang kangge sangkalan namung: tangan, sanèsipun namung kangge [kang...]

--- 48 ---

[...ge] anjangkêpakên guru wicalan). | Tangan, sampun jarwa = asta K.I.

Lar: Wulu suwiwi,§ Sêrat titiga pisan kasêrat makatên punika. Lêrêsipun: wulu, suwiwi. | lar utawi êlar = wulu, suwiwi, undhak (mêlar).

Anêmbah: Ngabêkti, | lingga: sêmbah sampun jarwa K.N. Nêmbah = nyêmbah.

Suku loro: Sikil karo, | (kalih têmbung: suku + loro, kalih pisan kenging kangge sangkalan watak kalih. Dados ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Suku (Jawi Kina suku) = sikil, sandhangan suku, sèkêt sèn, cagak. | Loro utawi: roro, saking: ro (Jawi Kina: rwa) = kalih.

Katrangan:

1. Netra atêgês mripat, 2. Caksu

--- 49 ---

' = urênging mripat, 3. Sikara = tangan, 4. Buja = bau, 5. Drasthi utawi drêsthi = alis, 6. Locana = mripat, 7. Carana = athi-athi, 8. Karna = kuping utawi singat, 9. Karni = kuping utawi singat, 10. Talingan = kuping, 11. Mata = inggih mata, 12. Tangan = inggih tangan, 13. Lar = suwiwi, 14. Suku = sikil, 15. Loro = kalih. Punika sadaya sampun têrang watak kalih, amargi atêgês kalih utawi cacahipun kalih. Mênggahing sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: sikara, dipun sambut ingkang gadhah têgês arubiru. Buja = pangan, drêsthi = cidra, sapanunggilanipun, dene têmbung sanès-sanèsipun milanipun sami kangge watak kalih, makatên katranganipun:

Nayana, atêgês ulat, saking Skr. nayana, têgêsipun mripat, inggih punika sababipun kangge watak kalih. Nunggil misahipun têmbung wau inggih taksih cêtha: ulat = wulat = dêlêng. Mulat = andêlêng: mawi mripat.

Paksa, dipun têgêsi: uwang, ananging ing Bausastra R. sarta W. botên wontên têgês makatên, namung ing Bausastra [Bau...]

--- 50 ---

[...sastra] W. wontên têgês: bau, sampun tamtu inggih punika sababipun dipun angge watak kalih.

Ama, ing Côndrasangkala sarta Bausastra R. botên pinanggih têgês ingkang nyababakên watak kalih, nanging ing Bausastra W. wontên, inggih punika têgês: mêksa, kapirid saking: paksa, utawi: pêksa, kasêbut ing nginggil, inggih punika sababipun têmbung: ama: wau kaangge watak kalih.

Anêbah, utawi nêbah, sababipun watak kalih, amargi gadhah têgês pakartining tangan, punika rimbagan guru karya.

Anêmbah, utawi nêmbah, inggih rimbagan guru karya saking tangan.

Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak kalih punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:

I. Rimbagan saking têmbung-têmbung sadaya wau, kados ta:

Mata, dados: mandêng, sapanunggilanipun. Nanging: uninga = 3, mirsanana pangrêmbag ing wingking.

Tangan, dados: ngasta.

Talingan, dados: pêrung, myarsa, sapanunggilanipun. Nanging: karungu = 6, mirsanana pangrêmbag ing wingking.

--- 51 ---

Carana, dados: rêngga, dalah andhahanipun têmbung rêngga.

Buja, dados: bujana. Karna, dados: karnan.

Loro, dados: karo, karoya. Lar dados: manglar. Caksu, dados: caksuh, makatên sasaminipun.

II. Ingkang têrang wujud kalih utawi kaanggêp wujud kalih, kados ta: pangantèn, kêmbar, gandhèng, kanthi, sapanunggilanipun.

Watak Tiga

Bahni: Gêni pandhe, | gêni, (Skr. wahni) = bahning.

Pawaka: Gêni pucuking gunung, | gêni (Skr. Pawaka, kacêkak: waka).

Siking: Gêni upêt, têkên, | upêt, têkên.

Guna: Gêni agaran, kasagêdan, | gêni agaran, pintêr, paeka, sugih, faedah, sêkti, istiyar, pênthol cêmêthi, gana gini, tikêl, ping. (Skr. [(Skr...]

--- 52 ---

[....] guna = kalakuan, linuwih, khasil, inggih atêgês: têlu). - Gunakaya = pamêtu, khasil.

Dahana: Gêni tanpa sangkan, | gêni, (Skr. Dahana).

Triningrana: Gêni tunon, gêni paprangan, | (kalih têmbung: trining, saking: tri + rana. Kalih pisan kenging kangge sangkalan watak tiga. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Tri = tiga (Skr. Tri), rame (atri). Rana = paprangan, têngahing paprangan, (Skr. lan Jawi Kina: Rana. Rananggana, ranagana, ranangga, utawi: ranongga Skr. lan Jawi Kina: Ranaanggana), rata (binatarana), wadon, aling-aling (cêkakanipun: warana).

Uta: Lintah, | lintah,

--- 53 ---

Ujêl: Wêlut, | wêlut.

Anauti: Cacing, | R. Kasêrat: nauti = cacing. | W. kasêrat: nautti = cacing, nyautti.

Jatha: Gêni winadhahan, siyung, | R. gimbal, siyung, bôngsa buta, (Skr. jathaa = gimbal). Jathasura = namaning ratu buta. Parijatha = namaning wit (Skr. Paarijaata). Parisajatha = pantun sawuli. | W. siyung, wadhah.

Weddha: Gêni pawon, Sêrat Pêpakêm, namaning môngsa katiga, kasêrat: weda = ngelmi, pêpakêm, wulang, dhawuh, sidhêkah, beda, lai (meda). (Skr. Weda = kagunan, kawruh).

Analagni:§ Wontên ingkang namung kasêrat: nalagni.

Gêni panas ing ati, | (kalih têmbung: anala + gni, kalih

--- 54 ---

pisan kangge sangkalan watak tiga. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Anala (kacêkak: nala) = gêni (Skr. Anala), namaning punggawanipun Prabu Sugriwa. | Dene: nala = ati, (Skr. naala = kêkêtêg). Cêkakanipun: anala, têlêng. | Gni utawi agni = gêni, (Skr. Agni = gêni, jêjulukipun dewaning latu).

Utawaka: Gêni wong manggang, | gêni, (Skr. Utawaha).

Kayalena: Gêni blubukan, | (kalih têmbung: kaya + lena, ananging ingkang kangge sangkalan watak tiga namung kaya. Lena, manawi kangge sangkalan watak das). | Kaya = kados, kuwat, kakuwatan, pituwas, khasil, rosa, sugih, kauntungan, rêjêki, nipkah. -

--- 55 ---

Gunakaya = pamêdal, khasil. Lena utawi lina = supe, pêjah, ical, sêrap, (Skr. Lingna). - Pralena = pêjah, (Skr. Pralingna).

Puyika: Gêni dilah, | R. botên pinanggih. | W. latu.

Tiga: Têlu, | têlu.

Uninga: Gêni obor, | R. wêruh, sumêrêp, priksa, ... sasaminipun. Candrasêngkala kangge 3 = obor. | W. sumêrêp, rêksa.

Katrangan: 1. Bahni, 2. Pawaka, 3. Siking, 4. Guna, 5. Dahana, 6. Anala, 7. Gni, utawi: agni, 8. Utawaka, 9. Puyika,§ Puyika ing Bausastra R. botên wontên. Bokmanawi puyika punika saking: puy, cêkakanipun: apuy, (= api, apu, apya, epuy) + ika. punika sadaya sababipun gadhah watak tiga amargi sami atêgês latu. Karimbag saking têmbung Skr. Guna, ingkang ugi atêgês wicalan [wicala...]

--- 56 ---

[...n] tiga. Ananging têmbung Skr. guna wau malah botên atêgês latu. Dene ingkang atêgês gêni agaran punika: guna: têmbung Kawi.

Miturut katrangan punika, dados pangrimbagipun makatên: têmbung Skr. Guna, atêgês tiga, dipun rimbag guru sastra dados: guna: têmbung Kawi, ugi kaangge watak tiga. Sarèhning guna têmbung Kawi wau atêgês gêni agaran, lajêng karimbag guru dasanama dados bahni, pawaka, siking, sapanunggilanipun.

Sawênèh ing kaol, sababipun latu punika gadhah watak tiga, makatên: nalika dèrèng wontên punapa-punapa, taksih suwung wangwung sonya ruri, ing ngriku wontên cahyaning Pangeran awujud latu tanpa sangkan, nama Sang Hyang Dahanan utawi Dahana, warninipun jêne abrit biru, inggih punika luluhuripun ijajil, para dewa lan manungsa, (mirsanana: Jitabsara, lan: Pramanasidhi). Jalaran sorotipun warni tiga punika, milanipun latu dipun angge watak tiga.

Wontên kaol malih kasêbut Pusaka Jawi 1925 ôngka 11 kaca 178 noot: latu punika para brahmana nganggêp wontên warni tiga, inggih punika: 1. Latuning gêgriya, 2. Latuning blêdhèg (kodrat), 3. Latuning sêsaji. Wusana kula sumanggakakên para marsudi basa, katrangan ingkang pundi ingkang dipun [dipu...]

--- 57 ---

[...n] galih langkung lêrês. Mênggah tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: guna: dipun sambut atêgês kasagêdan. Nala: dipun sambut atêgês manah, makatên sasaminipun. Dene têmbung sanès-sanèsipun, milanipun sami kaangge watak tiga, makatên katranganipun.

Trining rana dipun têgêsi gêni tunon utawi gêni paprangan, nanging ing Bausastra botên wontên, wontênipun kalih têmbung: tri + panambang: e, utawi: ning + rana, utawi sagêd ugi karsanipun ingkang nganggit Côndrasangkala: tigang têmbung: tri + ning, cêkakanipun: bahning + rana. Sadaya sami kangge sangkalan watak tiga.

Têmbung: tri sampun têrang atêgês tiga. Dene têmbung: rana ing Bausastra botên pinanggih têgês latu. Sababipun têmbung: rana: wau watak tiga, amargi gadhah têgês wadon = èstri, istri, sêtri, Skr. stri, kapirit saking: tri (Skr. tri) atêgês tiga. Miturut Kawi Dasanama Jarwa, têmbung: èstri: punika pancèn saking: tri.

Uta têgêsipun lintah, punika rimbagan guru wanda saking: utawaka, ingkang atêgês latu.

Ujêl = wêlut, lan: anauti, utawi: nauti = cacing, punika sami rimbagan guru warna saking: uta.

--- 58 ---

Jatha dipun têgêsi gêni winadhahan utawi siyung, ing Bausastra R. botên pinanggih têgês ingkang kakintên nyababakên têmbung wau gadhah watak tiga. Ing Bausastra W. wontên têgês wadhah, ananging: wadhah botên sagêd gadhah watak tiga. Pinanggih ing pambudi, sababipun têmbung jatha wau kangge watak tiga, kapirit saking: Trijatha, ingkang kocap ing padhalangan putranipun putri Arya Wibisana, dados angsal dening: tri.§ Ing V.A. Jawi 1920 kaca 556, 10 larikan saking ngandhap salajêngipun, têmbung: siyung, kangge sangkalan watak 5, prayoginipun katamtokakên kêdah kangge watak 3 saking: jatha.

Wedha, utawi weda, sababipun watak tiga botên saking atêgês gêni pawon saking Skr. weda, têgêsipun: kawruh, utawi: kagunan, dados rimbagagrimbagan. guru jarwa saking têmbung: guna.

Kayalena, ing sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi gêni blubukan, nanging ing Bausastra botên wontên, wontênipun kalih têmbung: kaya + lena.

Têmbung: kaya têgêsipun tunggil misah kemawon kalihan têmbung: guna, kados ta sami gadhah têgês khasil, sugih, lan sanès-sanèsipun, punapa malih têmbung kakalih wau sagêd dipun gandhèng ingkang lajêng namung atêgês satunggal, inggih punika: gunakaya, atêgês pamêdal utawi khasil,

--- 59 ---

dados sampun têrang, têmbung kaya punika rimbagan guru jarwa saking guna.§ Ing V.A. Jawi 1920, kaca 390 larikan 9 kaya: dipun têgêsi O, bokmanawi pancèn lêpat. Mirsanana Bausastra R: kaya. Dene têmbung lena, tumrap jaman sapunika têrang botên kenging dipun angge sangkalan watak tiga, awit têgêsipun: supe, pêjah, ical, sêrap, sami watak das. Punapa sababipun têmbung wau sumêla wontên ing ngriku, kula botên andungkap, bokmanawi kemawon têmbung lena ing ngriku saking: lèn = lan, liyan, namung kangge anjangkêpakên guru wicalan.

Tiga sampun têrang atêgês tiga.

Uninga ing Sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi gêni obor, nanging punapa kenging dipun pitados dèrèng kantênan. Ing Bausastra W., botên wontên têgês makatên sarta ing Bausastra R., anggènipun nêgêsi obor ampang kemawon, sajak namung kêpêksa nêrangakên dening têmbung uninga wau sampun kêlimrah dipun angge sangkalan watak tiga. Adatipun manawi nêgêsi têmbung, têgês-têgêsipun rumiyin, lajêng Côndrasangkala dhawah wingking, dados pamêndhêtipun watak wicalan saking têgês-têgês wau. Beda kalihan anggènipun nêgêsi obor ing têmbung uninga punika, sajakipun têgês susulan. Dene manawi têmbung uninga punika têrang botên [bo...]

--- 60 ---

[...tên] atêgês obor, saking pamanggih kula: sababipun têmbung wau kangge watak tiga karimbag guru jarwa saking: guna. Guna, utawi kagunan = kawruh. Wruh, utawi wêruh = uninga.

Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil kangge sangkalan watak tiga punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung sadaya wau, kados ta:

Gêni, dados panas, murub, kobar, gêsêng, ujwala, sapanunggilanipun, nanging malêtik = 0.

Rana, dados ranangga, payudan, sasaminipun.

Tri, dados èstri, putri, mantri.

Nauti, dados anaut, sinaut.

Kaya, dados lir§ Ing Ariwara, karanganipun M. Ng. Wirapustaka, sangkalan lir ngumbara ngrasani wani, dipun têgêsi 1600, kintên kula pancèn kêlintu, lêrêsipun 1603. makatên sasaminipun.

Pangrimbagipun têmbung uninga, mirsanana bab pangrêmbag ing wingking.

Watak Sêkawan

Wedang: Banyu panas, | toya bêntèr saking dipun latoni (saking: we lan dang).

--- 61 ---

Sêgara: Banyu ngidêri jagad, | sêgantên (Skr. Saagara).

Karti: Banyu sumur, | damêl, pandamêl (Skr. Krêtti).

Suci: Banyu padasan, | rêsik (Skr. Suci).

Jaladri: Banyu rawa, sêgantên, | sêgantên (Skr. Jaladhi).

Nadi: Banyu kali, | lèpèn (Skr. lan Jawi Kina: Nading), sêgantên, toya ingkang wontên salêbêting wowohan, banyu (Skr. Naadhi). Langkung (saking: adi). Kêbon liring.

Hèr: Banyu pucuking gunung, | toya, musthika, ngantos, ngêntosi (Mal. Ajêr).

Nawa: Banyu adhêm, | sanga (Skr. nawa), padhang, mancorong, lan saking: tawa. | Tawa = wantah (Jawi Kina: tawaa, tawar), tawi (kosok wangsulipun: ngêndêmi). Tawar (kosok wangsulipun: [w...]

--- 62 ---

[...angsulipun:] mandi), toya tawa (kosok wangsulipun: wedang), tawi (nawèni). Cêkakanipun: utawa.

Samudra: Banyu têlêng, | sêgantên (Skr. samudra).

Jalanidhi: Banyu angêdhung, | kasêrat: jalanidi = sêgantên (Skr. jalanidhi).

Warna: Banyu sawangan, | sungging, pulas, warni, intên, ucap, rumpaka, anggit (Skr. Wanar = warni, bôngsa, kabagusan). Toya (Skr. Waruna).

Toyadi: Banyu jêmbangan, | (kalih têmbung: toya + di, cêkakanipun: adi utawi: dadi. Manawi: di, saking: adi: namung kangge anjangkêpakên guru wicalan kemawon. Nanging sagêd ugi karsanipun ingkang nganggit: di, saking: dadi, ingkang ugi gadhah watak sêkawan, cêkakanipun: waudadi). | Toya: sampun jarwa K = banyu N.

--- 63 ---

Wwahana:§ Wontên ingkang kasêrat: wahana. Banyu udan, | ing Bausastra: wahana utawi: wahhana = tumpakan, wêdhar, babar. (Skr. wahana = tumpakan. Waahana = wêdhar, babar). | (Mirsanana ing ngandhap).

Waudadi: Banyu dèrèsan, pancuran, | sêgantên,

Sindu: Banyu susu, | toya, (Skr. sindhu = lèpèn),

Warih: Banyu krambil, | toya, (Skr. waari).

Dik: Padon sêkawan, | hèh, sangêt, awang-awang, kahyangan. (Skr. dik, nominatiêf saking: Dis = awang-awang). Mirsanana ing ngandhap.

Tasik: Banyu oyod, sêgantên, | sêgantên, pupur.

--- 64 ---

Catur yuga: Keblat papat, namaning môngsa sêkawan, | (kalih têmbung: catur + yuga, kalih-kalihipun kangge sangkalan watak sêkawan. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Catur = sêkawan, (Skr. catur), namaning dolanan, (schaakspêl) cantên. | Yuga ugi kasêrat, yoga = anak, sae, jaman, môngsa, lan mirsanana: yoga. | Yoga = patut, sae, prayogi, (Skr. poga, lan: yogya), damêl, titah, anak, nitahakên, puja, sêmèdi. (Skr. yoga. Ugi atêgês = bêbathèn, sarana, sêmèdi, panunggal).

Pat: Sêkawan, | papat, N. sêkawan, K.

--- 65 ---

Katrangan: 1. Wedang, 2. Sêgara, 3. Jaladri, 4. Nadi, 5. Hèr, 6. Samudra, 7. Jalanidhi, 8. Warna, 9. Toya, 10. Waudadi, 11. Sindu, 12. Warih, 13. Tasik, punika sadaya sami gadhah têgês toya utawi wujud toya, dene sababipun toya kangge watak sêkawan, karimbag saking têmbung: warna, Skr. Wannar, atêgês bôngsa, (kastê), catuwarnnar = sêkawan bôngsa§ Ing sêrat pêthikan Mahabarata Bale Pustaka, perangan, Asramawasanaparwa (Ã Pa), têmbung: catuwarnnar, dipun Jawèkakên patang warna kemawon, botên patang bôngsa. inggih punika: Braahmana, Ksatriya, Weisya, Sudra. Inggih catur warna punika ingkang nyababakên têmbung: warna: punika kaangge watak sêkawan. Sarèhning: warna: wau inggih atêgês toya, saking Skr. Waruna, lajêng dipun rimbag guru jarwa, sadaya ingkang atêgês toya utawi wujud toya, kaanggêp watak sêkawan.

Wontên kaol sanès: sababipun toya kangge watak sêkawan punika amargi toya punika wontên kawan warni, inggih punika: toya saking bumi, toya saking langit, toya saking cêcukulan, sarta toya saking ingkang asipat nyawa. Wusana kula sumanggakakên para nupiksa. Dene mênggahing sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut [sa...]

--- 66 ---

[...mbut] ingkang têgêsipun sanès, kados ta: warna, dipun sambut ingkang atêgês warni, anggit, rumpaka, makatên sasaminipun.

Wondene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun kaangge sangkalan watak sêkawan, makatên katranganipun:

Karti ing sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi banyu sumur, nanging ing Bausastra botên pinanggih têgês ingkang makatên. Dene sababipun kaangge watak sêkawan, ing pangintên karimbag guru jarwa saking têmbung: yoga. Yoga: gadhah têgês gawe, karti: têgêsipun inggih gawe. Dene sababipun têmbung yoga kaangge watak sêkawan mirsanana ing ngandhap.

Suci sababipun watak sêkawan, kapirit saking têmbung aran: banyu suci, inggih punika ingkang dipun padosi Aryasena, ing Bausastra R. anggènipun nêgêsi: namaning kawruh kabatosan, ingkang gêgayutan kalihan kamulyaning gêsang ing akirat.

Nawa punika saking lingga: tawa, namaning toya, milanipun kaangge watak sêkawan. Nanging: nawa: têmbung lingga, ingkang atêgês wicalan sanga, manawi kangge sangkalan inggih watak sanga.

Wwahana dipun têgêsi banyu udan, ing Bausastra botên pinanggih, ingkang wontên: wahana, utawi: wahhana,

--- 67 ---

sarta têgêsipun botên ngèmpêri gadhah watak sêkawan. Saking pangintên kula, wwahana punika saking: wwah + ana. Wwah, utawi: wah, (Jawi Kina: wwah), ing sapunika: woh, uwoh, atêgês uwoh ing wit-witan utawi namaning udan = udan woh, utawi: udan salju. Têmbung: jawah, punika saking: ja = wêdal + wah = uwoh, utawi: udan woh.§ Ing Sêrat Kawi Dasanama Jarwa, jawah: dipun têgêsi wêtuning banyu, inggih punika toya kringêt, kintên kula ragi nyimpang. Malah têmbung: jawoh, inggih taksih tumindak, inggih punika tumrap ing têmbang (Mirsanana: tatabasa. Karangan P. Ant. Jansz.).

Dik, dipun têgêsi padon sêkawan, nanging têgês ing Bausastra botên makatên, sarta botên wontên têgês ingkang nyababakên gadhah watak sêkawan. Wusana pinanggih ing sanès kaca, katranganipun saking Skr. widik, têgêsipun keblat = watak sêkawan, saking keblat papat. Ananging dadosipun têmbung Kawi, dik, widik, widik-widik, punika sami atêgês awang-awang = watak 0. Mila layak kemawon têmbung: dik, punika kula dèrèng nate mrangguli kangge sangkalan watak sêkawan, plaur ngangge têmbungipun jarwa (Arab): keblat. Awit kajawi ngangge têmbung dik awis [a...]

--- 68 ---

[...wis] ingkang mangrêtos, ingkang dipun kawekani manawi cawuh kalihan têgês awang-awang watak 0 punika wau. Punika prayogi sangêt.

Caturyuga ing sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi keblat papat, utawi namaning môngsa sêkawan, nanging katranganipun kalih têmbung: catur + yuga.

Têmbung: catur sampun têrang atêgês sêkawan, sarta inggih kenging kangge sangkalan. Dene têmbung: yuga, utawi: yoga, sababipun kaangge watak sêkawan amargi atêgês jaman. Kasêbut ing Sêrat Nitisastra, jaman punika wontên sêkawan, inggih punika: krêtayuga, tirtayuga, dwaparayuga, kaliyuga. Dene jaman samangke punika kalêbêt ing kaliyuga, wontên ingkang mastani sampun wangsul krêtayuga malih. Nanging tumrapipun sangkalan, têmbung yoga wau inggih kenging dipun sambut ingkang botên atêgês jaman, kados ta: atêgês prayogi, utawi sanès-sanèsipun.

Pat, utawi: papat, sampun têrang watak sêkawan.

Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak sakawan punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:

--- 69 ---

I. Rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta: Karti, dados: karta, karya, kinarya, sapiturutipun. | Warna, dados: marna, winarna. Sasaminipun. | Waudadi, dados: dadi, dadya, dados. | Yuga, utawi: yoga, dados: sayoga, sayogya. | Makatên sapanunggilanipun.

II. Ingkang atêgês toya, ingkang awujud toya, sarta ingkang karimbag saking toya, kados ta: udaka, udaya, tlaga, sumbêr, mancur, winasuh, marta, sapanunggilanipun.

Watak Gangsal

Buta: Buta lanang kang siyung, | agêng, galak, rosa, danawa, (Skr. Buta = nêpsu), picak, ina.

Pandhawa: Putraning Pandhu, | Skr. Paandhawa = gangsal putraning Pandhu.

Tata: Gêtih otot, | gêlar, tap, linggih, dandos (Jawi Kina: tataa), angin, (Skr.)

--- 70 ---

Gati: Kêkêtêg, pramana, namaning môngsa gangsal, | sayêktos, têmên, tingkah, tata, ulah, sêngsêm, sacumbana, gita, prêlu, (Skr. gati = margi, kawontênan, ugi atêgês: sarana).

Wisaya:§ Wontên ingkang kasêrat: wisaha, bokmanawi namung saking lêpating pangêcap kemawon. Panggawe, pirantos, | wisa, awon, pandamêl awon, duraka, karêm, pakarêman, paeka, paekan, pirantos. (Skr. wisaya = samukawis ingkang katuju ing pancadriya utawi kajangka. Wisaya = angin).

Indri: Bayuning mata, | angin silir-silir.

Yaksa: Buta wadon kang siyung, | buta, jêjulukipun ratu buta. (Skr. yaksa = namaning bôngsa satêngah dewa, juru gêdhongipun Hyang Kuwera. Ugi jêjulukipun Hyang Kuwera piyambak).

--- 71 ---

Sara: Lêlandhêp, | jêmparing, lêlandhêp, dêdamêl, lungid, pamalês, putus. (Skr. Sara = jêmparing).

Maruta: Angin angirid gandaning sêkar, | angin (Skr. maruta).

Pawana: Angin adrês, | angin, (Skr. pawana).

Bana: Alas agêng, | wana, lintang ing langit, murih, sanjata, jêmparing. (Skr. Baana = jêmparing).

Margana: Angin nèng dalan, | jêmparing, (Skr. Maaggarna). Ugi jêjulukipun Radèn Arjuna.

Samirana: Angin ngilangakên kringêt, | angin sumilir, (Skr. Samingrana = hawa, angin).

Warayang: Sanjata, | jêmparing, gênthong, bengkoking jara, peranganing bêdhil, bangsaning cacing.

Panca: Gangsal, | gangsal, Pandhawa, (Skr. panca).

--- 72 ---

Bayu: Angin kang manjing mêdal, | angin, jêjulukipun satunggiling dewa, (Skr. waayu = angin. Ugi: dewa).

Wisikan: Wuruking bapa, | lingganipun: wisik = ulah, wangsit, warah, guling, kusi.

Gulingan:§ Wontên ingkang kasêrat: pagulingan. Angin mêdal paturon, | lingganipun: guling = tilêm, glintir, glundhung, gumingsir, namaning wangunipun kêcik, bantal gilig, gêmbung.

Lima: Gangsal, | sampun jarwa N = gangsal, K.

Katrangan: têmbung: pandhawa, panca, sarta lima, punika sampun têrang atêgês gangsal, sarta inggih limrah kangge sangkalan. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun kaangge watak gangsal, makatên:

Buta sarta yaksa, sami atêgês danawa, milanipun sami kaangge watak gangsal, kapanggih ing pambudi: amargi danawa punika kalêbêt golonganing pancabaya, langkung malih tumrap satriya lêlampah (mirsanana: lakon wayang). Dene ingkang dipun wastani pancabaya utawi pakèwêd [pakè...]

--- 73 ---

[...wêd] gangsal punika kasêbut ing Bausastra R. inggih punika: bêbaya saking dewa, saking manungsa, saking kewan, saking jin, saking setan.

Wontên kaol sanès: milanipun danawa punika watak gangsal amargi manawi pêrang solahipun warni gangsal. Wusana sumangga para nupiksa. Ing sadèrèngipun angsal katrangan ingkang langkung sampurna, kados-kados katrangan ing nginggil punika salah satunggal kenging kangge garan pangèngêt-èngêt.

Têmbung sanès-sanèsipun, anggènipun nêgêsi ing Sêrat Côndrasangkala kathah ingkang pinanggih sulaya kalihan têgês ingkang kawrat ing Bausastra. Ing mangke ingkang kula angge garan ngupadosi sababipun kaangge watak gangsal, miturut têgês saking Bausastra, kados ing ngandhap punika:

1. Tata, 2. Wisaya, 3. Indri, 4. Maruta, 5. Pawana, 6. Samirana, 7. Bayu,§ Ing Bausastra R. kasêbut: bayu, punika kangge Côndrasangkala watak 5, ugi 6. Prayoginipun kêdah katêtêpakên, ingkang nêgêsi 6 punika lêpat.

punika sadaya sami atêgês angin, sarta kangge sangkalan watak gangsal. Têmbung-têmbung wau ugi kenging dipun sambut atêgês sanès, kados ta: tata, dipun sambut atêgês: trap. Wisaya [Wi...]

--- 74 ---

[...saya] ' = piranti, makatên sasaminipun. Dene sababipun angin punika kaangge watak gangsal, amargi gadhah nama ingkang mawi: panca, inggih punika: pancawara, pancaroba, ugi: pancaruba, Mal: pantjaroba, sadaya wau atêgês angin agêng utawi prahara. Dene anggènipun mawi: panca: wau tamtu kemawon wontên gangsalipun. Ing Sêrat Kawi Dasanama Jarwa anggènipun nêgêsi: pancawara = angin pakêmpalan gangsal, saking têngah, inggih punika ngandhap nginggil, kalihan saking keblat sêkawan. Manawi kaudhal têmbungipun, panca = gangsal. Wara = wor. Lan: roba = rob. Dados: gangsal panggènan awor, utawi gangsal panggènan ngêrobi.

Têmbung: gati, gadhah têgês tata, milanipun watak gangsal ingkang tamtu inggih karimbag guru jarwa saking: tata: ingkang atêtêsatêgês. angin wau.

1. Sara, 2. Bana, 3. Margana, 4. Warayang, punika sami atêgês panah N. jêmparing K., lêlandhêp, utawi dêdamêl. Milanipun lêlandhêp utawi dêdamêl punika sami kaangge watak gangsal, amargi dêdamêl punika pirantosing kêrêngan utawi pôncakara, punika rimbagan guru sarana. Dene têmbung pôncakara punika manawi dipun udhal saking: [s...]

--- 75 ---

[...aking:] pônca + kara. Skr. panca = gangsal + kara, utawi: kaara = nindakakên. Dados: nindakakên gangsal bab. Miturut cathêtanipun swargi Radèn Panji Puspawilaga, guru Kwik Sêkhul ing Surakarta: pôncakara = mara cangkêm, mara tangan, mara suku, mara bandhêm, mara dêdamêl.

Wisikan, lingganipun: wisik, gadhah têgês ulah. Sababipun kangge watak gangsal ingkang tamtu karimbag guru jarwa saking: gati, ingkang ugi anggadhahi têgês ulah.

Gulingan, ing Sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi angin mêdal paturon, ing Sêrat Kawi Dasanama Jarwa inggih kasêbut gulingan têgêsipun angin andhasar nyakecakakên sare. Nanging ing Bausastra botên pinanggih têgês makatên wau. Dene sababipun kaangge watak gangsal, ingkang tamtu karimbag guru jarwa saking: wisik, ingkang ugi anggadhahi têgês guling.

Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak gangsal punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung sadaya wau, kados ta:

Bangsanipun lêlandhêp, dados: sayaka, sutiksna, lungid, cakra, manah, saking: panah, sapanunggilanipun.

--- 76 ---

Danawa, dasanamanipun: rasêksa, rasêksi, diyu, wil, sapanunggilanipun, lan: galak.

Angin, dados: sumilir, sumribit. Lan, dasanamanipun: sindhung, prahara, barat, sapanunggilanipun.

Tata, dados: tinata, nata.

Margana, dados: marga, margi.

Wisik, dados: winisik, wuruk, (nanging: wulang, wêling, wangsit = 7, mirsanana bab pangrêmbag ing wingking).

Guling, dados: sare, sumare, turu, turon.

Makatên sasaminipun.

Watak Nênêm

Masa: Môngsa nênêm, | masa utawi môngsa = wêktu, peranganing wêktu, (Skr. maasa = wulan, saprakalih wêlasipun sataun). Panêdhanipun kewan galak utawi danawa (Skr. mangpa = daging). Têmbung pamaibên. Cêkapan, (?Skr. masa = ukuran).

Sadrasa: Rasa nênêm, | (kalih têmbung: sad + rasa, kalih-kalihipun [kalih-...]

--- 77 ---

[...kalihipun] kangge sangkalan watak nênêm. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Sad = nênêm, (Skr. sath). Sadpada utawi satpada = kombang, kinjêng, tawon, (Skr. sathpada = tawon, namanipun ingkang asuku nênêm). Sadrasa = raos nênêm. Rasa = pindha, upami, kados, pasêmon, wadhah, raos. Rasaning binukti: lêgi kêcut, pêdhês gêtir pait, sêpêt langu, aor asin sêngir amis gurih lêtèh. (Skr. rasa = ungêl, têmbung, ugi: banyurasa. Rahasya = rahsa, wados).

Winaya: Anggang-anggang, namaning môngsa nênêm, | ing Bausastra R.: winaya = nyolong. Ing Bausastra W.: botên pinanggih, dene: | naya R.: = ulat, ulah, pasêmon, (Skr. naya), kathah. Môngsa

--- 78 ---

naya ? (Paramayoga - Rônggawarsitan). W.: idêm + paningal.

Nggana: Tawon, | gana = mega, awang-awang, piyambak, jalêr, dewa, gatra, calon, ungkêr, tawon, kawasa, sagêd, langkung, kosok wangsulipun gini, namaning dewa ingkang ngratoni wana lan kewan galak, wujud. (Skr. Gana = mega. Gana = pangiringipun siwah).

Rêtu: Kawor, uyêk-uyêkan, | pait, ebah, botên têntrêm, rêsah, dauru, gègèr, gara-gara. (Skr. rtu = etangan taun = 6 taun).

Anggas: Kayu glinggang, ibêr-ibêran, | walang, glinggang, tangsul anggas, namaning mêmêdi, anggras.

Oyag: Obah, | hoyag, utawi: hoyog (Jawi Kina: oyag) = ebah,

--- 79 ---

goyang. Moyag-mayig = ebah-ebah.

Karêngya:§ Wontên ingkang kasêrat: karênga. Karungu, rinêngga, kaupakara, | lingga: rêngya = rêngu, rêngwa, rungu, sêdhih, êru, nêpsu.

Pangrarasing

nêm: Pangrarasing watak nênêm, | (kalih têmbung: pangrarasing saking: raras + nêm. Kalih-kalihipun kangge sangkalan watak nênêm. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Raras, R.: rêrês, riris, rurus. Mirsanana: laras, rês, liris, lurus. | W.: asri, endah, langên, wêdal, raos, sêngsêm, brôngta, ayu, ngranta, cipta. | Nêm: sampun jarwa K.N. = wicalan ênêm, nênêm.

Tahên: Kayu taun,

--- 80 ---

tahan, têtêp, pêgêng, bêtah, tawêkal, tanggon, kayu. Nahên = mêgêng, mênggak, ngampêt, nandhang.

Wrêksa: Kayu tinêgor, | wrêksa, utawi: wraksa = uwit agêng, kayu. (Skr. wrêksa = sadhengah wit-witan).

Prabatang: Kayu rubuh malang nèng dalan, | uwit rêbah, uwit gumlethak ing siti, ugi: wangke tiyang gumlethak ing sadhengah panggènan = bathang. (Mal.: batang = lajêr).

Kilating kanêm: Lêlidhah ing môngsa kanêm, | (kalih têmbung: kilating, saking: kilat + kanêm, saking: nêm. Kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak nênêm. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kadadosakên kalih larik). | Kilat = kirat, clèrèt, gêlap, blêdhèg, ilat.

--- 81 ---

Kanêm = ka + nêm, kang kaping nêm.

Lona: Pêdhês, | pêdhês. (Skr. Lawana = asin).

Mla: Kêcut, | ing Bausastra: amla = kêcut (Skr. Amla), amlapala = woh asêm, (Skr. Amlapala).

Tikta: Pait, | pait, ampêru. (Skr. tikta = pait).

Kyasa: Gurih, | ing Bausastra: kayasa = sêpêt. (Skr. kasaaya = sêpêt).

Dura: Asin, | dura utawi dora = têbih, nglêngkara. (Skr. dura = têbih), dene: madura = lêgi. (Skr. Madhura).

Sarkara: Lêgi, | gêndhis, lêgi. (Skr. Sakaraa = gêndhis).

Katrangan: sad, nêm, kanêm, punika sampun têrang atêgês wicalan nênêm sarta inggih kenging kangge sangkalan. [sang...]

--- 82 ---

[...kalan.] Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun kangge sangkalan watak nênêm, makatên:

Masa utawi: môngsa, miturut têgês saking Bausastra botên wontên ingkang nyababakên gadhah watak nênêm. Têgês saking Sêrat Côndrasangkala: botên marêmakên manah. Wusana kêpanggihipun wontên ing têmbung madumôngsa (Skr. madhumaasa) têgêsipun: lentemaand (mirsanana Bausastra R.: Madu). Sababipun watak nênêm, amargi: madu: punika têgêsipun lêgi, sadaya ingkang atêgês lêgi: watak nênêm. Bokmanawi ingkang têgês lentemaand punika ingkang anjalari ing Sêrat Côndrasangkala nêgêsi môngsa nênêm.

Rasa, ingkang gadhah watak nênêm punika ingkang têgêsipun kraos, ngraosakên, katranganipun makatên:

Ing Sêrat Côndrasangkala ugi ngêwrat têmbung-têmbung: 1. Lona, 2. Mla, 3. Tikta, 4. Kyasa, 5. Dura, 6. Sarkara, punika sadaya namanipun raosing ilat, sarta satunggal-satunggalipun manawi kangge sangkalan inggih watak nênêm. Ananging punapa ingkang nyababakên têmbung rasa watak nênêm punika saking raosing ilat warni nênêm wau. Kintên kula dede, amargi raosing ilat punika sayêktosipun kathah: 1. Lêgi, 2. Kêcut, 3. Pêdhês, 4. Gêtir, 5. Pait, 6. Sêpêt, [Sêpê...]

--- 83 ---

[...t,] 7. Langu, 8. Aor, 9. Asin, 10. Sêngir, 11. Amis, 12. Gurih, 13. Lêteh (mirsanana Bausastra R.: rasa), lan: 14. Anyir, 15. Adhêm, 16. Anglêk, 17. Cêmplang, 18. Kêmêtèp, utawi kêmêtès, 19. Tawa, 20. Tumêk, 21. Sêpa, 22. Sêngak, 23. Nyêthak, 24. Gêrok, 25. Gêtar, 26. Ngudhêl-udhêl (mirsanana Bêllêtriê lan, pathibasa: rasa).

Dene ingkang asring kasêbut wontên ing sêrat-sêrat Jawi, kados ta: Nitisastra, Darmasonya, kabasakakên sadrasa, utawi: sad rasa = rasa nênêm, punika kintên kula raosing pôncadriya: 1. Raosing pangambêt utawi grana: wangi, sêdhêp, pêsing, sapanunggilanipun, 2. Raosing pamirêng utawi talingan: ngrangin, brêbêg, sapanunggilanipun, 3. Raosing paningal utawi mripat: asri, blêrêng, sapanunggilanipun, 4. Raosing pangênyam utawi ilat: lêgi, gurih, asin, sapanunggilanipun, 5. Raosing panggêpok utawi badan: kasab, kêri, gatêl, sapanunggilanipun. Kawêwahan: 6. Raos sajati utawi raosing manah: bingah, susah, trênyuh, sapanunggilanipun. Inggih raos nêm warni punika ingkang nyababakên têmbung: rasa: gadhah watak nênêm,

--- 84 ---

sarta satunggal-tunggalipun namaning rasa, manawi kangge sangkalan inggih watak nênêm.

Nama-namaning raos dalah têgêsipun ingkang kasêbut ing Sêrat Côndrasangkala sami pinanggih gèsèh kalihan ing Bausastra, punika botên karêmbag ing ngriki. Dene nama-namaning raos wau ingkang limrah dipun angge sangkalan namung satunggal: sarkara, dalah dasanamanipun: lêgi, madu, manis: sapanunggilanipun.

Winaya, ing sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi anggang-anggang utawi namaning môngsa nênêm, nanging ing Bausastra R. têmbung wau têgêsipun: nyolong, ing Bausastra W. botên pinanggih. NeneDene. têmbung: naya, Bausastra kalih-kalihipun wontên, nanging botên wontên têgês-têgês kados ing Sêrat Côndrasangkala punika, namung ing Bausastra R. wontên sêratanipun: môngsanaya, ananging dipun sukani tôndha pitakèn (?) kapratelakakên kasêbut ing sêrat Paramayoga karangan Rônggawarsitan.

Katranganipun pancèn sêratan: winaya, punika lêpat, lêrêsipun: winayang (winayanggana), nanging aksaranipun: nga, ingkang dipun sigêg ing aksara: ya, kêcaruk ngandhapipun, katut dhatêng têmbung: gana.

--- 85 ---

Ing Sêrat Ariwara, kaca 24, amratelakakên namaning môngsa kanêm = naya = winayang. Nanging manawi têmbung: winayang: wau sababipun watak nênêm namung miturut waton saking sêrat Ariwara, dèrèng sagêd marêmakên manah, amargi botên angsal pasaksèn ing Bausastra. Dene saking pamanggih kula, sababipun têmbung: winayang: punika watak nênêm amargi gadhah têgês dipun ebahakên. Mayangi = sêkarat ingkang ngrêkaos, utawi kathah polahipun, limrahipun jalaran pêjah kêdadak. Uyang, uyang, wiyang, wuyung, poyang, moyang = susah, utawi obah atine, ora jênjêm. Wayang-wuyungan, poyang-payingan = bilulungan, atine lan badane tansah obah, ora jênjêm. Ugi: goyang = obah, Mal.: gojang. Dene sababipun têgês ebah punika watak nênêm, mirsanana katrangan ing ngandhap.§ Ing Bausastra R. têmbung: wayang, dipun anggêp watak nênêm, ananging: winayang, dipun anggêp sami kalihan: tinata = watak gangsal. Prayoginipun ingkang nêgêsi watak gangsal punika kaanggêp lêpat, awit tumrapipun têmbung: wayang, dipun andhahakên dados: winayang, punika botên ngewahakên watakipun nênêm.

Gana, sababipun watak nênêm amargi atêgês tawon. Makatên ugi: anggas, sababipun watak nênêm dening atêgês [a...]

--- 86 ---

[...têgês] walang. Sadaya wau kaewokakên bangsaning sadpada (asuku nênêm). Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès.

Rêtu, miturut Bausastra R. ugi atêgês etangan taun 1 rêtu = 6 taun. Ing Bausastra ngriku sajakipun malah nêrangakên sababipun têmbung: rêtu: gadhah watak nênêm punika inggih saking têgês nêm taun wau, katrangan wau têrang lêrêsipun. Kajawi saking makatên, têmbung: rêtu: punika ugi gadhah têgês pait, môngka pait punika watak nênêm, amargi namaning raos. Katrangan punika kalih-kalihipun kados kenging dipun angge sadaya. Wusana nyumanggakakên para nupiksa.

Hoyag, têgêsipun obah, punika rimbagan guru jarwa saking: rêtu, amargi têmbung: rêtu: ugi anggadhahi têgês obah, botên têntrêm, sasaminipun.

Karêngya, têgês ing Côndrasangkala kirang lêrês. Dene sababipun watak nênêm amargi atêgês sêdhih (= raosing manah). Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung: karêngya: wau inggih kenging dipun sambut atêgês karungu.

Raras, miturut Bausastra W. ugi anggadhahi têgês raos, [ra...]

--- 87 ---

[...os,] sêngsêm, brôngta, sampun têrang gadhah watak nênêm. Dene têgês ing Bausastra R. ugi nunggil misah kemawon kalihan: raos, kados ta: rês, rêrês, ngêrês, angrês, ngrês-rêsi. Rurus, lurus, kamirurus, kamilurus, kamilurusên, kêmlurusên. Punika sadaya raosing manah.

1. Tahên, 2. Wrêksa, 3. Prabatang, sababipun gadhah watak nênêm amargi atêgês kajêng (kayu), punika rimbagan guru jarwa saking têmbung: anggas, ingkang ugi gadhah têgês: glinggang = têgoran wit-witan utawi kajêng. Dene têmbung tahên wau tumrapipun sangkalan inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès.

Kilat, sababipun kaangge watak nênêm, awit kajawi pakêcapanipun mèh sami kalihan: ilat, têgêsipun ugi nunggil misah kalihan ilat. Têmbung: lidhah, kawi: atêgês kilat. Lidhah K.I. atêgês ilat. Dene: lidhah, ilat, punika sababipun gadhah watak nênêm karimbag guru sarana saking: rasa, amargi lidhah punika pirantos angraosakên.

Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak nênêm punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta:

--- 88 ---

Rasa, dados: karasa, carêm,§ Ing V.A. Jawi 1920 kaca 465 namaning mriyêm ing Surakarta: pancawara = sangkalan: pandhita carêm wuruk ring ratu, dipun têgêsi 1567, nanging ing Pusaka Jawi 1927, ôngka 4 kaca 56 dipun têgêsi 1527. Miturut Bausastra R. carêm punika têgêsipun campuhing sih jalêr lan èstri. Nanging saking pamanggih kula: mirit raosing têmbung, carêm punika ingkang gumambar ing pamikir: raosing manahipun, dados watak nênêm. Rêm, ngarêm-arêmi, lêrêm, karêm, marêm, punika sami atêgês raos. Beda kalihan têmbung: karonsih, salulut, punika ingkang gumambar ing pamikir: tiyangipun, jalêr lan èstri = watak kalih. Mila sangkalan wau kula nglêrêsakên ingkang nêgêsi: 1567. Punapadene mirit adêging kraton Mataram: lèng wêlut marganing bumi = 1539, têtela ingkang nêgêsi 1527 wau klintu, awit pandamêlipun mriyêm wau kacriyos jaman Karaton Mataram. sapanunggilanipun.

Gana, dados: anggana.

Raras, dados: rinaras, angraras.

Tahên, dados: nahên.

Kilat, dados: kumilat. Makatên sasaminipun, lan:

Hoyag, dados: hoyig, obah§ Ing V.A. Jawi 1921 kaca 190, larikan 5 saking ngandhap, lan ing kaca 191 larikan 6 têmbung obah sami kaangge sangkalan watak gangsal, kintên kula klintu. osik§ Ing V.A. Jawi 1920 kaca 562 larikan ngandhap piyambak lan 3 saking ngandhap, têmbung osik, sami kaangge sangkalan watak tiga, kintên kula inggih lêpat. lan sanès-sanèsipun.

--- 89 ---

Watak Pitu

Ardi: Gunung urut pasisir, | ardi utawi adri = rêdi (Skr. Adri).

Prawata: Gunung têpung sami gunung, | prawata utawi parwata = rêdi (Skr. prawata).

Turôngga: Jaran, | jaran, (Skr. turangga).

Giri: Gunung Gêdhe, | rêdi, kalangkung, (Skr. giri). Aja giri = aja dhisik. Giri-giri = mêdèni. Anggirèkake = anggêrêgake = anggiri.

Rêsi: Pandhita suci, | tiyang suci, dewa asal saking pandhita, (Skr. rsi) = arsi.

Ôngsa: Banyak, turun, | angsa utawi ôngsa = banyak, (Skr. angsa), têdhak, (wôngsa). | Dene: ôngsa = andarung, namaning

--- 90 ---

pantun, ngôngsa-ôngsa. Sarta sami kalihan: angsa.

Biksuka: Sapi, namaning môngsa kapitu,§ Wontên ingkang kasêrat: namaning gunung môngsa pitu. lêmbu, (saking klentuning pangrêtos, Skr. lan Jawi Kina: Biksuka = bedelmonnik, tiyang ingkang ambucal kadonyan, pandhita, = biksu).

Cala: Sukuning gunung, | obah, molah, (Skr. cala = cala). Rêdi (lêrêsipun: acala). Nêmaha, cêla (Skr. = cala = chala). Pindha, kêmu. | Dene: acala utawi ancala = rêdi (Skr. Acala = rêdi. Luguning têgês: kang ora obah).

Imawan: Mega pucuking gunung, | namaning rêdi, (Skr. nomin. imawaan = rêrêdèn Himalaya), rêdi.

Sapta: Pitu, | pitu (Skr. sapta). Sêpta, sêta, doyan, (?Skr. sakta).

--- 91 ---

Pandhita: Putus, | tiyang ingkang mêngkêr ing kadonyan, guru kawruh jiwa, tiyang tapa, (Skr. pandhita).

Swara: Pandhita kalok, | suwantên, mirêngan, ungêl, sabawa, (Skr. swara). Aksara swara utawi sastra swara: a, i, e, u, o + rê + lê, (Wyakarana Jawa).

Gora: Agung,§ Wontên ingkang kasêrat: anggung. Bokmanawi namung saking lêpating pangêcap kemawon. | R.: tawon, (tawon gung), agêng, langkung agêng, (Skr. Gora = ingkang ngêgèt-êgèti, ingkang ngêgèt-êgèti lan anggêgirisi). | W.: agêng, rêdi, tawon gung.

Muni: Pandhita muruk, muni,§ Wontên ingkang kasêrat: pandhita muruk, ajar.

| mungêl, (saking: uni), pandhita (Skr. muni). Swakuda: Jaran kabiri, | (kalih têmbung: swa + kuda, kalih-kalihipun [kalih-ka...]

--- 92 ---

[...lihipun] kenging kangge sangkalan watak pitu. Ungêl-ungêlan punika pancènipun prayogi kasêrat dados kalih larik). | Swa = kapal, (Skr. Aswa), sae, langkung, linangkung (su), aparing, sirah, rai, dangu, aso. | Kuda = kapal, kangge sêbutanipun satriya, namaning wit-witan, namaning blêndok, kuda-kuda, sawiyah-wiyah.

Tungganganing

gunung: Têngahing gunung, | (kalih têmbung: tungganganing saking: tunggang + gunung, kalih-kalihipun kangge sangkalan watak pitu. Ungêl-ungêlan punika prayoginipun kasêrat dados kalih larik). | Tunggang = tumpak, tunggangan = tumpakan, titihan (= turôngga). | Gunung = rêdi.

--- 93 ---

Wiku: Pandhita ing gunung. | Pandhita, kêdah, (bokmanawi saking têmbung Prâkrêt Bikku, ing têmbung Skr. Biksu = tiyang ingkang mêngkêr ing kadonyan = monnik).

Yapêpitu: Inggih pipitu. | (kalih têmbung: ya + pipitu saking: pitu. Têmbung: ya, ing ngriki punika namung kangge anjangkêpakên guru wicalan kemawon). | Pitu, sampun jarwa K.N. = wicalan pitu.

Katrangan: têmbung: sapta lan pitu punika sampun têrang atêgês wicalan pitu, sarta kenging kangge sangkalan. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun kaangge watak pitu, makatên:

1. Ardi, 2. Prawata, 3. Giri, 4. Cala (acala), 5. Imawan, 6. Gunung, punika sami atêgês rêdi. Sababipun rêdi gadhah watak pitu punika ing Bausastra botên pinanggih, pinanggihipun wontên ing sêrat Jawi nama Darmasonya. Sêrat wau kacariyos ing têmbung kawi karanganipun Êmpu Yogiswara, sampun dipun jarwakakên dening Radèn [Ra...]

--- 94 ---

[...dèn]

Ngabèi Yasadipura II (Radèn Tumênggung Sastranagara). Ing ngriku nêrangakên manawi ing ngawiyat punika wontên jagad nama Jagad Sapta Prawata, inggih punika panggenanipun para Dewa Rêsi Gana, tuwin danawa ingkang pinandhita. Ing sanginggilipun jagad Sapta Prawata wau jagadipun Bathara Wisnu, nginggilipun malih kahyanganipun Bathara Guru. Bokmanawi inggih Sapta Prawata punika ingkang nyababakên rêdi kangge sangkalan watak pitu.

1. Turôngga, 2. Swa, 3.Kuda, punika sami atêgês kapal. Sababipun kapal kaangge watak pitu botên kacêtha ing têgês-têgês ingkang kasêbut ing nginggil, pinanggihipun wontên ing Bausastra R. wontên ing têmbung: aswa, têgêsipun: kapal lan tumpakan. (Skr. lan Jawi Kina: Aswa = kapal lan: 7, kapirit saking kapal pêpitu kagunganipun dewaning Surya).

Kapal pitu punika bokmanawi pangirite pêdhatinipun Sang Hyang Surya, inggih pêdhati punika ingkang kacriyos ing Pustakaraja kangge matrapi Prabu Watu Gunung, ingkang anjalari ing sedanipun, sasampunipun kawon cangkriman kalihan Bathara Wisnu.

1. Rêsi, 2. Pandhita, 3. Muni, 4. Wiku, punika sami atêgês pandhita. Sababipun pandhita kaangge watak pitu punika botên sagêd pinanggih ing Bausastra, namung pinanggih [pinang...]

--- 95 ---

[...gih] wontên ing Sêrat-sêrat Jawi, kados ta: ing Pustakarajapurwa II kaca 8: jumênêngipun Nata Binathara Prabu Sri Maha Punggung mawi dipun èstrèni ing jawata sêsanga, brahmana wêwolu, tuwin rêsi pêpitu, lajêng ajêjuluk Sri Maharaja Kano. Nalika jumênêngipun Nata Binathara Prabu Kusumawicitra, inggih mawi dipun èstrèni ing brahmana wolu rêsi pitu (botên mawi jawata sanga), lajêng ajêjuluk Maha Prabu Ajipamasa.

Katrangan ing nginggil punika, sanajan sajakipun namung pangathik-athik susulan, nanging lowung kenging kangge garan pangèngêt-èngêt sababipun pandhita gadhah watak pitu. Sokur manawi ing wingking sagêd angsal katrangan ingkang langkung sampurna.

Ôngsa, sababipun gadhah watak pitu, kula dèrèng manggih katranganipun ingkang marêmakên. Kula inggih dèrèng mrangguli ungêl-ungêlan Côndrasangkala mawi têmbung: ôngsa, sarta ing Bausastra R. inggih botên nyêbutakên manawi têmbung wau kangge sangkalan watak pitu. Bokmanawi mirit saking namaning lintang Jaran Dhawuk kalihan banyak angrêm, (mirsanana Bausastra R.: jaran lan: banyak). Upami yêktos makatên, sayêktosipun inggih anèh sangêt piritan ingkang makatên wau.

Biksuka, sampun têrang sababipun watak pitu manut saking têgêsing têmbung ingkang lêrês, saking Skr. lan Jawi Kina: Biksuka [Biksu...]

--- 96 ---

[...ka] ' = pandhita, monnik, ugi sami kalihan: Biksu. Dados botên saking atêgês lêmbu.

Swara, ing Bausastra botên pinanggih têgês pandhita kados anggènipun nêgêsi ing Sêrat Côndrasangkala. Dene sababipun têmbung swara punika gadhah watak pitu, amargi gadhah têgês ungêl (uni), dados karimbag saking têmbung: muni, ingkang atêgês pandhita.

Wontên kaol sanès, sababipun têmbung: swara: kangge sangkalan watak pitu punika mirit saking kathahipun aksara swara wontên pitu., inggih punika: a, i, e, u, o, rê, lê. Dene ingkang nêrangakên aksara swara kathahipun pitu punika nama sêrat: Wyakarana Jawa (mirsanana Bausastra R.: swara), sarta miturut Budi Utama, Marêt, 1924 ôngka 28, ingkang nganggit sêrat Wyakarana Jawa wau Ajisaka, inggih ingkang nganggit Côndrasangkala.

Manawi katrangan ingkang kantun punika ingkang lêrês, dados sababipun pandhita kaangge watak pitu punika malah karimbag saking: swara, botên:swara karimbag saking: pandhita. Wusana nyumanggakakên para nupiksa.

Gora, sababipun gadhah watak pitu amargi atêgês rêdi (Bausastra W.), nanging ing Bausastra R. botên wontên têgês wau. Bokmanawi lêrêsipun: namaning rêdi.

--- 97 ---

Rêdi Gora punika rêdi ingkang misuwur ing jaman kina, ing samangke kawastanan rêdi Slamêt ing Têgal, (mirsanana Pustakaraja). Mênggah têmbung: gora: lajêng dipun anggêp atêgês rêdi punika inggih botên anèh, amargi têmbung imawan punika inggih asal saking namaning parêdèn Imalaya, samangke ugi dipun anggêp atêgês rêdi.

Tunggang, sababipun watak pitu sampun têrang asal saking kapal. Skr. aswa = atêgês kapal sarta tumpakan. K. I. titihan = ugi atêgês kapal sarta tumpakan.

Wêwahan: kajawi ingkang sampun kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak pitu punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta:

Dasanamanipun kapal: undhakan, titihan. Sapanunggilanipun.

Dasanamanipun rêdi: arga, prabata, lan sanès-sanèsipun.

Dasanamanipun pandhita: dwija, ajar, maharsi, sogata, suyati, lan sanès-sanèsipun.

Biksuka, dados: suka.

Swara, dados: kaswara, kaswarèng.

Muni, dados: sabda, wêling.

--- 98 ---

Pandhita, dados: mulang (nanging: misik, lan: muruk = 5).

Makatên sasaminipun.

Watak Wolu

Naga: Ula gêdhe, | sawêr agêng, jêjulukipun Hyang Antaboga (Skr. lan Jawi Kina: naga = sawêr, tiyang malihaning sawêr). Nagaraja (Skr. naagaraaja, Jawi Kina: id., ugi = ratuning liman).

Panagan: Ênggon ula gêdhe, | sampun jarwa, ugi = petangan lampahing naga taun, naga jatingarang, sapanunggilanipun.

Salira: Manyawak, | awak, badan (= sarira). Kawuk, nyambik, manyawak.

Basu: Têkèk, kumaraning naga, namaning môngsa kawolu. | R.: sêgawon, êdus (wasuh),

--- 99 ---

sawêr, têkèk. (Skr. wasu = bangsaning dewa: cacahipun wolu). | W.: warana, êdus, têkèk, sêgawon, sawêr.

Tanu: Bunglon, | bunglon, mangsi, (Skr. tanu = alus). Tanu astra = namaning punggawa jagi kori. Tanuhita = nglalangkungi.

Murti: Cêcak, sangêt, | amor, gumolong, nunggil, sangêt, linangkung, cêcak, nyata. (Skr. murti = badan, wangun, wujud). Arimurti = wujuding Wisnu = Krêsna (Skr. Ari = srêngenge utawi: endra utawi: Wisnu, murti = wujud. Trimurti (Skr. Trimurti) tiganing atunggil = Brahma, Wisnu, Siwah.

Kunjara: Kandhang gajah, gêdhong pasakitan, | liman (Skr. kunjara). Gêdhong pasakitan, (Skr. panjara = kurungan).

Gajah: Gajah nèng wantilan,

--- 100 ---

liman (Skr. gaja). Namaning usuk, namaning ulam, namaning kupu, lan sanès-sanèsipun.

Dipangga: Gajah tinitihan ratu, | gajah, (kawi: dwipaangga = dipa).

Èsthi:§ Wontên ingkang kasêrat: asthi. Gajah dèn palanani,§ Wontên ingkang kasêrat: gajah dèn pacalani. | yêktos, gajah (Skr. asting). Cipta, sêdya, raos (Skr. Isthi).

Samadya: Gajah nèng têngahing dalan, | W.: samaja = gajah. R.: botên pinanggih. Dene: | Madya = têngah, sêdhêng, lumbung, bale. Ugi, lambung, bangkèkan, (Skr. madhya).

Manggala: Gajah binêkta prang, pangajêng, | wiwitan, pangajêng, pangagêng, prajurit rosa, gajah, urang. (Skr. Manggala = ngalamati kabêgjan = bêgja, sae, tapuking samukawis ingkang mawi upacara).

--- 101 ---

Dirada: Gajah mêta, | gajah (Skr. Dwirada, luguning têgês = ingkang agadhing kalih).

Bujôngga: Ula lanang, | naga (Skr. Bujangga lan: Bujaga). Pujangga.

Brahmanastha: Pandhita sabrang wêwolu, | garbanipun kalih têmbung: brahmana + astha, kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak wolu. Sarèhning garban, botên kenging kadadosakên kalih larik. | Brahmana (bramana) = namaning bôngsa ingkang luhur piyambak ing tanah Hindhu, pandhita sabrang, (Skr. Braahmana), jêjuluke putranipun kakung Bathara Brama. | Astha = wolu (Skr. Astha).

Dipara: Gajah binêkta cangkrama, | nyruwètèh, lôngka, mokal, nglêngkara (Skr. Dwaapara). Dene: dipa = padhang, teja, sênên, obor, damar, surya (Skr. dipa = damar).

--- 102 ---

Ratu (Skr. Adhingpa). Gajah (Skr. Dwipa). Pulo (Skr. Dwingpa).

Liman: Gajah binêkta midhang, | gajah.

Lan ula: Sarta ula,§ Wontên ingkang kasêrat: ula lanang. | (kalih têmbung: lan + ula. Têmbung: lan, ing ngriki namung kangge anjangkêpakên guru wicalan, botên katut kenging kangge sangkalan watak wolu). | Ula (Jawi Kina: Ulaa, Mal. oêlar) = sawêr K., wula: Kawi.

Katrangan: mèh sadaya ungêl-ungêlan sangkalan watak wolu ing nginggil punika asal saking rimbaganipun têmbung: basu. Dene sababipun basu kaangge watak wolu punipunika.

saking têmbung Skr. wasu, atêgês bangsaning dewa: cacahipun wolu. Kala para dewa sami pêrang nanggulangi garudha ingkang badhe nyidra Amrêta, astha basu punika inggih kocap tumut pêrang. Kacariyos malih Sang Bisma punika pangejawantahipun Basu wolu, sarêng seda inggih wangsul dados Basu wolu malih, (Mahabarata). Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun gadhah watak wolu, makatên katranganipun: [k...]

--- 103 ---

[...atranganipun:]

1. Naga, 2. Bujôngga, 3. Ula, punika sami atêgês sawêr, sababipun sawêr kaangge watak wolu, karimbag guru jarwa saking têmbung: basu (Kawi) ingkang ugi gadhah têgês sawêr, malah Hyang Basuki (Skr. Waasuki) punika jêjulukipun ratuning sawêr. Ing Pustakaraja: Hyang Basuki punika putranipun Hyang Antaboga. Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut atêgês sanès, kados ta: bujôngga, dipun sambut atêgês pujôngga (tiyang).

Wontên kaol sanès: sababipun bujôngga kaangge watak wolu punika mirit saking pujôngga tiyang, awit pujôngga punika kadunungan kalimpadan wolung prakawis, inggih punika: paramasastra, paramakawi, awicarita, mardawa lagu, mardibasa, mandraguna, nawung kridha, sambegana. Nanging katrangan punika kathah lêpatipun, awit kalimpadan wolung prakawis punika sajakipun namung rumpakan kemawon.

Panagan, punika andhahanipun têmbung naga, inggih watak wolu.

1. Salira, sababipun watak wolu amargi atêgês manyawak, 2. Tanu, sababipun watak wolu amargi atêgês bunglon, 3. Murti, sababipun watak wolu amargi atêgês cêcak. Punika sadaya karimbag guru warga saking: têkèk, sababipun [sababi...]

--- 104 ---

[...pun] têkèk gadhah watak wolu amargi: basu (Kawi) punika ugi gadhah têgês têkèk. Dene tumrap kangge sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès, kados ta: salira, dipun sambut atêgês badan. Murti = linangkung, sasaminipun.

Miturut katrangan ing Bausastra R.: ingkang gadhah watak wolu punika: salira: ingkang têgêsipun badan (sarira), ananging saking pamanggih kula katrangan punika klintu, awit têmbung-têmbung sanèsipun ingkang atêgês badan, kados ta: awak, dhiri, raga, punika sami watak satunggal. Dados têtela manawi: salira: watak wolu, punika sambutan saking: salira: ingkang têgêsipun manyawak.

1.Kunjara, 2. Gajah, 3. Dipôngga, 4. Èsthi, 5. Manggala, 6. Dirada, 7. Liman. Sababipun watak wolu amargi sami atêgês liman. Dene sababipun liman kaangge watak wolu punika bokmanawi kapirit saking Skr. Naagaraaja, ingkang atêgês ratuning sawêr utawi ratuning liman. Dados dipun anggêp liman kalihan sawêr punika katunggil warga.

Wontên kaol sanès, sababipun liman kaangge watak wolu punika amargi ingkang katingal kumlawèr wontên wolu, inggih punika: suku 4, buntut 1, gadhing 2, tlale 1.

--- 105 ---

Katrangan punika bokmanawi malah ingkang lêrês. Wondene tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang botên atêgês liman, kados ta: kunjara, dipun sambut atêgês gêdhong pasakitan. Èsthi = cipta. Manggala = pangajêng. Makatên sasaminipun.

Samadya ing Sêrat Côndrasangkala dipun têgêsi gajah nèng têngahing dalan, nanging ing Bausastra kalih pisan botên pinangggih. Dene ing Bausastra W. wontên têmbung: samaja, atêgês liman. Ing Bausastra R. botên wontên têmbung: samaja: wau. Ing Sêrat Kawi Dasanamajarwa inggih wontên têmbung: samaja, dipun têgêsi: gajah binêkta aprang. Dados, sababipun têmbung: samadya: kangge watak wolu punika jalaran atêgês liman. Dene linta-lintunipun: dya, kalihan: ja, punika sampun limrah, kados ta: sêja = sêdya. Majapait = Madyapahit (mirsanana Damarwulan, Labberton. Lan sanès-sanèsipun.##

Brahmanastha, saking: brahmana + astha, sami kangge sangkalan watak wolu. Astha, sampun têrang atêgês wicalan wolu. Dene: Brahmana, sababipun watak wolu, kapirit saking jawata sêsanga, Brahmana wêwolu, rêsi pêpitu, ingkang sami ngèstrèni jumênêngan nata binathara, kado-

--- 106 ---

s ingkang kapratelakakên ing katrangan sababipun pandhita watak pitu ing nginggil.

Dipara botên atêgês liman kados anggènipun nêgêsi ing Sêrat Côndrasangkala, ingkang tamtu punika rimbagan guru wanda saking: dipa, ingkang atêgês liman, mila inggih kenging kaanggêp gadhah watak wolu, panunggilanipun:wani, kenging karimbag dados, wanita. Karo: karoya. Sasaminipun. Ingkang dipun suda: margana, dados: marga. Biksuka: suka. Sasaminipun.

Wêwahan: kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak wolu punika kenging dipun wêwahi malih rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta:

Dasanamanipun sawêr: taksaka, sapanunggilanipun.

Dasanamanipun liman: matêngga, sapanunggilanipun.

Salira, dados: bajul, baya, bêbaya. (Botên kenging dados: badan, raga, dhiri, awak = watak satunggal).

Basu, dados: basuki.

Astha, dados:èstha.

Èsthi, dados: ngèsthi, anggusthi, sapiturutipun.

Biksuka, dados: suka.

--- 107 ---

Samadya, dados: madya, madyèng.

Makatên sasaminipun.

Watak Sanga

Trustha: Lèng bêdhil, suka, | trustha utawi tustha = suka, rêna (Skr. tustha).

Trustha utawi trustha = lèng, bolong têrus (Skr. truthi = rêngat, bênthèt).

Trusthi: Lèng tulup, | Skr. truthi, mirsanana: trustha, ing nginggil.

Muka: Rêrai, | rai, sirah, wadana, ngajêng, ngajêngan, pangajêng, cangkêm (Skr. Muka).

Gapura: Lawanging ratu, | kori agung, regol (Skr. gopura). Ugi: lêlancip munggul, inggil, nglayang ing awang-awang.

Wiwara: Lawang sakèngèng,sêkèthèng.

--- 108 ---

êlèng, têrusan, kori, (Skr. wiwara).

Dwara: Lawanging omah, | kori, gapura, (Skr. dwaara).

Nanda: Lèng kodhok, sêsotya, namaning môngsa kasanga,§ Têgês ingkang wingking piyambak punika wontên ingkang botên mawi. ngucap, wicantên, nywara (Skr. naada).Dene: anda = sotya, sae, silir-silir. | Anda utawi onda = mêndêm, pêtêng, (Skr. Andha = picak).

Wilasita: Lèng kombang, | pratingkah suka (Skr. id), lèng (Skr. bila), lèng kombang.

Guwa: Lèng patapan, | sampun jarwa = growongan (Skr. guhaa).

Rago: Lèng samun, | guwa, alangan, (Mal.: ragoe = kisruh). Ngragoni = ngalang-alangi. [ngalang...]

--- 109 ---

[...-alangi.]

Ludra: Aluraning dewa, | rudra utawi rodra = jêjulukipun Bathara Guru, (Skr. rudra = jêjulukipun Siwah, lan panjalmaning Siwah). | Rudra, rodra, ludra, utawi lodra = galak, srêngên, nêpsu, (Skr. raudra = anggêgirisi, nêpsu).

Gatra: Lèng gangsir, | rupa, awak, pawakan, gambar, gana, (Skr. gaatra = bêbadan, peranganing bêbadan).

Gônda: Ambêt, | ambêt, (Skr. Gandha).

Lèng: Lèng sêmut, | sampun jarwa K.N. = êlèng, bolongan alit.

Rong: Lèng ula, | loro, saking: ro (Jawi Kina: rwa). Bolong, growong, song, lèng, luwêng.

Song: Lèng landhak, | bolongan, êrong, êlèng.

--- 110 ---

ngasongi = ngungkuli, nyoroti.

Têrusan: Lawang butulan, | lingganipun: têrus (utawi: trus), = kabul, tètès, bablas, butul, têmbus.

Yèku ôngka: Inggih punika wêwilangan, | (punika botên gadhah watak wicalan sanga. Wontênipun ing ngriki namung kangge anjangkêpakên guru wicalan).

Babahan: Lèng maling, | lingganipun: babah = bolong, bobok, bobol, babal, bêdhah, Cina pranakan, anjêbabah.

Hawa sêsanga: Bolonganing badan, | (kalih têmbung: hawa + sêsanga saking: sanga. Nanging punika lêpat, lêrêsipun: nawa sanga, utawi nawa sêsanga, botên: hawa. Têmbung sanga ing ngriki minôngka katranganipun têmbung nawa, mirsanana: Bausastra R.: nawa, lan Belletrie: babah. Manawi dipun lintu: nawa + sêsanga, [sê...]

--- 111 ---

[...sanga,] kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak sanga, sarta prayoginipun kêdah kasêrat dados kalih larik). | Nawa = sanga (Skr. nawa), padhang, mancorong, ugi saking: tawa. | Sanga = gorèng, sangan, wajan, wicalan sanga. Sanga-sanga = putranipun Sêtyaki.

Katrangan: têmbung: nawa lan sanga, punika sampun têrang atêgês wicalan sanga, sarta inggih kenging kaangge sangkalan. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun gadhah watak sanga, makatên katranganipun:

1. Trustha, 2. Trusthi, 3. Gapura, 4. Wiwara, 5. Dwara, 6. Wilasita, 7. Guwa, 8. Rago, 9. Lèng, 10. Rong, 11. Song, 12. Têrusan, 13. Babahan, punika sadaya sami atêgês bolongan utawi kawontênan ingkang bolong, dene sababipun bolongan kaangge watak sanga punika kapirit saking bolonganing badan ingkang kawastanan babahan hawa sanga, inggih punika: mripat 2, talingan 2, grana 2, lesan 1, wêwados 2. Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung-têmbung wau inggih kenging dipun sambut ingkang têgêsipun sanès,

--- 112 ---

kados ta: trustha, dipun sambut atêgês bingah, makatên sasaminipun.

Têmbung: muka kalihan, gônda, miturut têgês saking Bausastra kasêbut ing nginggil, kados botên wontên ingkang nyababakên gadhah watak sanga. Wontên ingkang ragi kenging kamanah, dene muka punika ugi gadhah têgês lesan (cangkêm) sarta gônda punika pirantosipun mawi grana. Ananging punapa lesan kalihan grana punika ingkang nyababakên watak sanga, dening punika kalêbêt babahaning badan. Kintên kula botên. Amargi babahaning badan sanès-sanèsipun botên watak sanga. Mripat sarta talingan sami awatak kalih, mèdi watak satunggal.

Dene saking pamanah kula, têmbung kêkalih wau sami rimbagan guru wanda saking: ambuka. Dipun suda wandanipun ing ngajêng dados: mbuka, muka. Dipun suda wandanipun ing wingking dados: ambu = gônda. Caraning pangrimbag ingkang makatên wau sampun kêlimrah sangêt, kados ta: waudadi, dados: dadi, dadya. Margana, dados: marga, margi. Sapanunggilanipun. Dene têmbung: ambuka, punika botên katut kawrat ing Sêrat Côndrasangkala, ananging sampun têrang rimbagan saking: wiwara: sapanunggilanipun ingkang atêgês kori, sarta inggih kêlimrah dipun angge sangkalan watak sanga. [sa...]

--- 113 ---

[...nga.] Wusana nyumanggakakên para nupiksa, sokur manawi ing wingking sagêd manggih katrangan ingkang langkung sampurna.

Nanda, têgês ing Bausastra sulaya kalihan ingkang kasêbut ing Côndrasangkala. Dene ingkang têgêsipun mèmpêr Côndrasangkala, ing Bausastra kasêrat: anda. Ananging kalih-kalihipun (nanda, lan: anda) botên anggadhahi têgês ingkang kakintên sagêd nyababakên têmbung wau gadhah watak sanga. Dados, sababipun têmbung: nanda: kaangge watak sanga punika inggih namung mirit têgês ingkang kawrat ing Sêrat Côndrasangkala ingkang wingking piyambak, inggih punika: namaning môngsa kasanga, ananging botên angsal pasaksèn ing Bausastra. Ing Sêrat Ariwara kaca 24 ugi kasêbut: nanda = jita = kasanga, ingkang tamtu Ariwara wau mêthik saking Pustakaraja karangan Rônggawarsitan.

Ludra, ingkang dipun kajêngakên ing Côndrasangkala punika lêrêsipun: rudra, utawi rodra = jêjulukipun Bathara Guru, dados atêgês dewa. Milanipun dewa kaangge watak sanga punika mirit saking Jawata nawa sanga, inggih punika dewa pangagêng sanga, salah satunggalipun wontên ingkang jêjuluk Maha Yakti, (mirsanana Bausastra R.: nawa, lan: yati). Ing cariyos Jawi kasêbut: Jawata sanga, Brahmana astha, rêsi pitu, (mirsanana katrangan ing nginggil: pandhita [pa...]

--- 114 ---

[...ndhita] watak pitu, lan: Brahmana watak wolu). Ananging tumrapipun sangkalan, têmbung: rudra: wau inggih kenging dipun rimbag dados: ludra: ingkang atêgês galak.

Gatra, dipun têgêsi lèng gangsir, nanging têgês ing Bausastra botên makatên, sarta têgês ing Bausastra wau botên wontên ingkang kakintên sagêd nyababakên gadhah watak sanga. Manawi têmên atêgês lèng gangsir utawi gangsir, sampun samêsthinipun gadhah watak sanga, amargi lèng punika atêgês bolong, gangsir atêgês babah, inggih bolong. Emanipun botên angsal pasaksèn ing Bausastra. Wusana pinanggih ing pambudi, gatra wau rimbagan guru wanda saking: catra gatra, utawi: citra gotra, kalih-kalihipun jêjulukipun dewa, (mirsanana Bausastra R.: catra, lan: citra). Manawi pamanggih wau lêrês, dados sababipun kaangge watak sanga ugi kapirit saking jawata sanga kadosdene têmbung rudra ing ngajêng wau.

Wêwahan: kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak sanga punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:

I. Ingkang atêgês bolong, kawontênan ingkang bolong, sarta ingkang magêpokan kawontênan wau, kados ta: kori, [ko...]

--- 115 ---

[...ri,] pintu, butul, ambuka, manjing, mênga, (nanging: nênga lan tumênga = 0), sapanunggilanipun.

II. Ingkang atêgês dewa, kados ta: dewa, jawata, sapanunggilanipun. (Mirsanana bab pangrêmbag ing wingking).

III. Rimbaganipun têmbung-têmbung wau, kados ta:

Rong, dados: angrong.

Lèng, dados: anglèng, cèlèng, (Mirsanana Pustakaraja. Cèlèng mati = 09).

Muka, dados: wadana.

Gônda, dados: wangi, arum,§ Ing V.A. Jawi 1921 kaca 190 larikan 3 saking ngandhap, têmbung: rum, kaangge watak 3, bokmanawi karimbag saking: èstri. Dene ing V.A. Jawi 1923 kaca 131 larikan nginggil piyambak, kaangge watak 6, bokmanawi karimbag saking: raras, utawi manis, dene saking pamanggih kula: ingkang cêlak piyambak karimbag saking: gônda, saminipun: Mataram, Matarum, Ngèksigônda, Nayanagônda. marbuk, sapanunggilanipun.

Makatên sasaminipun.

Watak Sadasa

(Lêrêsipun watak: das = 0)

Boma,: Sukêt mati, awang-awang, namaning môngsa sapuluh.

--- 116 ---

Boma utawi buma = sukêt mati, jêjulukipun ratu ing Trajutrisna, (Skr. Bauma = anaking bumi, sami kalihan: ksitija = anaking siti), kobongan, (patilêman). Dene: Byoma = awang-awang (Skr. nomin. wyomaa). | Bomantara utawi bomantarala (Skr. nomin. wyomaa = awang-awang + Antara, utawi: Antaraala = antawis).

Sonya: Suwung, | Musna, patapan, suwung, (Skr. Sunya = suwung).

Gêgana: Langit kesisan mega, | awang-awang, langit, (Skr. Gêgana).

Barakan: Tan katon, sêndhalan, | lingganipun: barak = maling kewan. Ambarak = nyolong kewan = ambradhat. Barakan = kewan colongan, kanca, mitra, (lan: pantaran. Bratakesawa).

--- 117 ---

Adoh: Têbih, | sampun jarwa, wodipun: doh.

Ing langit: Ing langit, | saking: ing + langit. Têmbung: ing, ing ngriki namung kangge anjangkêpakên guru wicalan). | Langit, sampun jarwa = uruh, awang-uwung.

Anatan: Katon tan kagayuh, | (ing Bausastra botên pinanggih, wontênipun kalih têmbung: ana + tan, nanging têmbung: ana, botên kenging kangge sangkalan watak das, ingkang kangge namung têmbung: tan). | Tan, utawi datan = botên. Tanpa = botên ngangge. Tansah = botên pisah, utawi: botên pêdhot.

Windu: Tumbuking taun, | wayu, têpang, langkung, etangan wolung taun, windu sumur, (Skr. windu, bindu [bi...]

--- 118 ---

[...ndu] ' = cêcêk), Mindu = anggagas ingkang sampun kalampahan, gumun. Kawindu = kadaluwarsa. Windon = pintên-pintên windu, utawi = pamindon: pirantos ambubut.

Anèng wiyat: Langit kang amor lan mêndhung, | (panggarbaning: ana + ing + wiyat, nanging têmbung anèng ing ngriki punika namung kangge anjangkêpakên guru wicalan, botên kenging kangge sangkalan watak das, ingkang kangge namung têmbung: wiyat). | Wiyat = awang-awang, langit, (Skr. wiyat) lan: wiyar.

Widik-widik: Katon nuli ilang, | pinanggih: widik = tawang, langit, (Skr. nomin. widik = keblat). Widik-widik = awang-awang, ênêr-ênêr, raos-raos, langit, cat katingal cat botên.

Malêtik: Satêngahing langit, manculat.

--- 119 ---

saking: palêtik, utawi plêtik = pêlik, ciprat (tumrap: latu. Entar: budi mlêtik). Mlêthis, (tumrap: mripat). Manculat.

Sirnèng gêgana: Sirna ing langit, | (panggarbaning: sirna + ing + gêgana, sirna lan gêgana kalih-kalihipun kenging kangge sangkalan watak das. Ungêl-ungêlan punika pancènipun inggih prayogi kasêrat dados kalih larik. Nanging têmbung: gêgana: lajêng rangkêp, amargi ing nginggil sampun wontên têmbung gêgana. Milanipun manawi dipun sêrat dados kalih larik, têmbung gêgana ingkang ngandhap prayogi dipun lintoni sanès têmbung, upami: akasa). | Sirna = ical, tingal, botên katingal, risak, sasaminipun, (Skr. Singnar). | Gêgana, mirsanana ing nginggil.

Sagunging das: Sakathahe kang ilang, | (saking: sagunging + das, têmbung: sagunging, [sagu...]

--- 120 ---

[...nging,] botên tumut gadhah watak das, ingkang gadhah watak das namung têmbungipun: das). | Das utawi êdas = ical, sirna, têlas, inggih: das = 0. - Ngêdasi = ngrampungi.

Wwalang:§ Wontên ingkang kasêrat: walang. Mêsat, | ing Bausastra: walang = namaning gagrêmêt utawi ibêr-ibêran (walang sangit, walang gambuh, walang kadung, sapanunggilanipun). Sumêlang, utawi: wancak (walang ati, wancak driya). Alangan (walang sangkêr).

Kos: Anggusah, | (botên pinanggih ing Bausastra, wontênipun: kas, kalihan: kasa). | Kas utawi: êkas = têtêp, mantêp, kiyat (Jawi Kina: Akas). Pêthi agêng (Portêgis: caxa utawi caixa?). | Kasa = akasa, awang-awang, langit,

--- 121 ---

(Skr. Akaasa = hawa, awang-awang, saking: Kaas = sumorot, namaning môngsa, (môngsa kasa = srawana).

Watak sapuluh: Watak sadasa, | (punika botên kalêbêt petang kaangge sangkalan, namung minôngka pitêdah manawi têmbung-têmbung ingkang kapratelakakên ing nginggilipun wau sami kaangge sangkalan watak sadasa = watak das).

Katrangan: 1. Sonya, 2. Gêgana, 3. Adoh, 4. Langit, 5. Tan, 6. Wiyat, 7. Widik-widik, 8. Sirna, 9. Das, punika sadaya milanipun sami kaangge sangkalan watak das, amargi sami atêgês: suwung, ical, têlas, botên, botên katingal, sarta awang-awang: ingkang ugi botên balêgêr wujud. Dene têmbung sanès-sanèsipun, sababipun gadhah watak das, makatên katranganipun:

Boma, ingkang dipun kajêngakên ing ngriki ingkang tamtu: byoma, utawi: bomantara, (bomantarala), ingkang sami atêgês awang-awang. Mila inggih kenging kaangge

--- 122 ---

sangkalan watak das, kaanggêpa rimbagan guru wanda saking têmbung wau, sanajan lajêng gadhah têgês sanès inggih kenging.

Barakan, ing Bausastra botên pinanggih têgês: tan katon, kados anggènipun nêgêsi Côndrasangkala. Têgês ing Bausastra botên wontên ingkang kakintên nyababakên gadhah watak das, sarta ing Bausastra R. inggih botên nyêbutakên manawi têmbung wau kangge sangkalan watak das, ananging ing sêrat-sêrat Jawi sampun kêlimrah ngangge têmbung wau kaangge watak das. Wusana pinanggih ing pambudi makatên: barakan = pantarran utawi pantaran. Ingkang gêgayutan kalihan têmbung wau kados ta: tar, tatar, tara, antara, pantara, (mriksanana Bausastra R.) sami gadhah têgês: antawis = watak das, utawi gadhah têgês: botên = inggih watak das. Tan pantara ngèsthi tyas = 1800 (Wedhayatmaka - Rônggawarsitan).

Windu, kula botên andungkap punapa sababipun kaangge sangkalan watak das, têgês-têgês saking Bausastra sarta saking Côndrasangkala botên wontên ingkang kenging kakintên nyababakên gadhah watak das, nanging ing Bausastra R. sampun nganggêp manawi têmbung windu wau kangge sangkalan watak das.

Malêtik, sababipun kaangge watak das, ingkang tamtu

--- 123 ---

amargi gadhah têgês manculat = manginggil utawi: nêbih.§ Ing Sêrat Pustakaraja Sêkar, karanganipun Kangjêng Pangeran Arya Sasraningrat (Almênak Cahya Mataram 1917) têmbung: malêtik, sami kaangge watak 3 bokmanawi karimbag saking: latu. Dene Pustakaraja gancaran, karanganipuh Radèn Ngabèi Rônggawarsita, sami kaangge watak 0, kados ta: gêni malêtik ing langit = 3. Anêmbah gêni malêtik = 32. Prayoginipun katamtokakên: ingkang lêrês watak das.

Wwalang, ing Côndrasangkala dipun têgêsi mêsat, ing Bausastra kasêrat: walang, atêgês gagrêmêtan utawi ibêr-ibêran. Sababipun kaangge watak das bokmanawi amargi walang punika manculat utawi malêtik = manginggil = sakêdhap katingal sakêdhap botên. Katrangan punika kalêbêt anèh, amargi manawi kapiritakên walang gagrêmêt, sayêktosipun langkung mèmpêr kangge watak nênêm, dening sukunipun nênêm. Sarta anèhipun, punapa sababipun dene sami kasêrat wwalang.

Upami: wwalang: punika dipun udhal, têgêsipun saya anèh. Wwal + ang. Wwal = wol = cebol. Ang = lêsu, lungkrah, aang. - Upami: wwalang: punika sami kalihan: wolang, têgêsipun inggih botên mèmpêr watak das. Wolang = wêling, utawi: wêkas, malah kalêbêt watak pitu. Mugi ing wingking sagêd manggih katrangan ingkang langkung sampurna.

--- 124 ---

Kos, ing Bausastra botên pinanggih, dene têmbung: kas, têgêsipun botên mèmpêr gadhah watak das. Ingkang tamtu kos punika saking Skr. Kaas, têgêsipun: sumorot, ewahipun dados Skr. Aakaasa, têgêsipun: hawa, awang-awang, dadosipun têmbung Kawi: akasa, utawi: kasa. Dados, ungêl-ungêlan: kos, wau inggih kenging kaangge watak das, dening atêgês akasa, botên atêgês anggusah kados ing Sêrat Côndrasangkala.

Wêwahan: kajawi ingkang kasêbut ing nginggil, kangge sangkalan watak das punika kenging dipun wêwahi malih kados ing ngandhap punika:

I. Ingkang atêgês suwung, ical, têlas, botên, botên katingal, utawi ingkang kaanggêp makatên, kados ta: nir, wuk, musna, pêjah, muksa, sat, sêmpal, risak, syuh, brastha, tanpa, swarga, lan sanès-sanèsipun.

II. Ingkang atêgês nginggil utawi tumanduk manginggil, kados ta: luhur, tawang, akasa, nênga, tumênga, muluk, mumbul, kombul, mêsat, lan sanès-sanèsipun.

--- [125] ---

VII Wêwahan Katrangan

Sarèhning pangrimbagipun têmbung-têmbung ingkang kangge sangkalan punika warni-warni sangêt kados ingkang kapratelakakên ing bab V, sarta ngèngêti katrangan udhal-udhalaning têmbung wiwit watak satunggal dumugi watak das ingkang kacêtha ing bab VI ing nginggil punika, milanipun kathah ungêl-ungêlan sangkalan ingkang ngodhêngakên, langkung malih tumrap ingkang dèrèng kulina. Ing ngandhap punika badhe kula rêmbag sawatawis supados saya wêwah têrangipun.

a. Ungêl-ungêlan ingkang pakêcapanipun sami utawi mèh sami, ananging beda watakipun.

Nawa, saking: tawa, watak 4, nawa = sanga, watak 9. Punika kêdah ngatos-atos ing panganggenipun, kados ta sangkalan: têrus nawa rêsi raja, punika sagêd warni kalih 1799 utawi 1749, awit têmbung nawa ing ngriku ugi sagêd atêgês nawa saking: tawa, (mirsanana Sopanalaya).

Nata, saking: tata, watak 5, nata, utawi: Nata = ratu, watak 1. Ing Pustakaraja Purwa VIII kaca 23 - 6. Sangkalan: Nata panêmbahing pandhita, dipun têgêsi 725, punika

--- 126 ---

sampun têrang lêpat ing panyêratipun, lêrêsipun: nata. Suraosipun ukara inggih mathuk: nata, saking: tata.

Gana = tawon, watak 6, gêgana = awang-awang, watak 0. Lan: anggana, watak 6, saking: gana.

Paksa = bau, watak 2. Paksi = manuk, watak 1, saking: dara. (Paksi murti ingobaran = 381, Pustakaraja III kaca 62).

Yoga = jaman, watak 4, yogi = pandhita, watak 7. Lan: sayoga, sayogya, watak 4, saking: yoga.

Sat = asat, watak 0, sad = nênêm, watak 6, punika inggih kêdah ngatos-atos ing panganggenipun. Sangkalan: sating samodra = 40 (Pustakaraja I), nanging: nir sad èsthining urip = 1860 (Jaka Lodhang), sanajan suraosing ukara ing ngriku kados atêgês asat, nanging sarèhning kasêrat: sad, inggih watak 6.

Brama = latu, watak 3. Brama = brahmana, watak 8. Bramana = watak 8, botên 3.

Mênga, kosok wangsulipun, minêb, watak 9. Nênga, lan: tumênga = ngingêtakên nginggil, watak 0. Mênga lawanging kagunan = 399 (Pustakaraja II kaca 97), nênga putra salira ji 1810 (Salokantara).

--- 127 ---

Rênga = rungu, watak 6, rêngga = pulas, watak 2.

Lan sanès-sanèsipun ingkang kados makatên.

b. Ungêl-ungêlan ingkang têgêsipun sami utawi mèh sami, ananging beda watakipun.

Rupa, watak 1. Warna, watak 4 = bôngsa.

Awak, badan, dhiri, raga, watak 1. Salira, watak 8 = manyawak.

Ati, watak 1. Nala, watak 3 = latu. Manah, watak 5, saking: panah. Driya, indriya, watak 5, saking pancadriya.

Èstri, putri, watak 3, saking: tri. Wanita, watak 1, saking: wani. Kênya, watak 1, rupa kênya kasikara = 211, (Pustakaraja I) = wutuh? Manis, watak 6 = lêgi. Arum, watak 9, saking: gônda.

Muni, nabda, watak 7. Caturan, watak 4, saking catur = 4.

Suta, putra, atmaja, watak 1. Yoga, watak 4 = jaman.

Panggawe, watak 4. Wisaya, watak 5 = angin. Makatên sapanunggilanipun.

--- 128 ---

c. Beda-bedaning pamanggih bab pangrimbagipun.

I. Mripat, dalah dasanamanipun kados ta: mata, netra, caksu, tingal, paningal, punika sampun limrah kaangge watak 2.

Uninga, dalah andhahanipun kados ta: nguningani, kauningan, punika inggih sampun limrah kaangge watak 3. Katrangan ing Sêrat Côndrasangkala: uninga: punika têgêsipun obor, nanging botên angsal waton ingkang kiyat, mila saking pamanggih kula: sababipun kaangge watak tiga punika saking atêgês wêruh, wruh, rimbagan saking: kawruh = kagunan = watak 3.

Ingkang ngodhêngakên punika rimbag guru karyanipun têmbung mripat, sami beda-beda panganggenipun, wontên ingkang kaangge watak 2 (saking: mripat), wontên ingkang kaangge watak 3 (saking: uninga). Ing ngriki botên kula pratelakakên sadaya, namung ingkang pinanggih beda kemawon.

Ha. Ningali danawa pêrung = 252, watak 2, (V.A. Jawi 1920 kaca 553, larikan 5, saking ngandhap). Tumingal atmaja rasêksa = 512, watak 2, (V.A. Jawi 1920 kaca 556, larikan nginggil piyambak). Katingal [Katinga...]

--- 129 ---

[...l] pangrasaning janma = 162, watak 2, (P. R. I kaca 122). Urubing guna katingalan = 333, watak 3, (P. R. II kaca 39). Ing P. R. salajêngipun: katingalan, kaangge watak tiga.

Dados, Pustakaraja Rônggawarsitan: katingal = 2, katingalan = 3. Nanging Pustakaraja ingkang kasêkarakên, K. P. A. Sasraningrat, Almênak Cahya Mataram, 1917 katingal lan: katingalan, kadamêl sami kemawon, sami watak tiga.

Na. Tumontoning gapura tri = 392, watak 2 (V. A. Jawi 1920 kaca 554, larikan 4 saking ngandhap). Toya katon ing gêgana = 34, watak 3 (P. R. I kaca 80). Non = 2 (V. A. Jawi 1921, kaca 191, larikan 7).

Ca. Mangèsthi wruh sirèng Hyang = 1838, watak 3 (Asmaralaya). Angawruhi nyandra saliraning Gusti = 1813, watak 3 (Srimataya). Nanging V. A. Jawi 1921 kaca 191, larikan 2, sarta V. A. Jawi 1923 kaca 131, larikan 5 - 8 - 10, têmbung: wruh, sami kaangge watak 2.

Ra. Mulat siwi èsthinya Sang Maha Prabu = 1812 watak 2 (Pariwara). Mulat lunga ngèsthi siwi = 1802 watak 2 (Buratwangi). Winulata kanthi têrusing kayaktin = 1922, watak [wa...]

--- 130 ---

[...tak] 2 (V. A. Jawi 1922 purwaka). Nanging: trus mulat murtining urip = 1839, watak 3 (Kridha Atmaka).

Ka. Sanèsipun punika taksih kathah, kados ta: mandêng, myat, sami kaangge watak 2. Wrin, kaèksi, sami kaangge watak 3 lan sanès-sanèsipun.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika, têtela botên kenging dipun pathoki. Upami ingkang kantun kemawon dipun pathoki kados langkung prayogi, inggih punika makatên:

I. Mripat, sadasanamanipun, kaangge watak 2 (nglêstantunakên ingkang sampun).

Uninga, saandhahanipun, kaangge watak 3 (nglêstantunakên ingkang sampun).

Wruh, wrin, saandhahanipun, kêdah kaangge watak 3, kapirit saking: kawruh, kawrin = kagunan = watak 3.

Dene têmbung sanès-sanèsipun, kapathokan makatên:

Têmbung lingga, sarta têmbung andhahan punapa kemawon, ingkang karimbag mawi atêr-atêr, panambang, sêsêlan, kêdah kaangge watak kalih, kajawi ingkang mawi atêr-atêr: ka, utawi: kê.

Dene têmbung ingkang angsal atêr-atêr: ka, utawi: kê, kêdah kaangge watak tiga.

--- 131 ---

Dados: tiningalan = 2, nanging: katingalan = 3. Milanipun kapathokan makatên, awit tanggap: ka, punika asring cawuh kalihan bawa: ka, sanajan têgêsipun sami kalihan tanggap: na.

Wusana kula sumanggakakên ingkang karsa ngagêm.

II. Kuping, sadasanamanipun kados ta: karna, karni, talingan, sampun limrah kaangge watak 2.

Karêngya, karêngwa, karênga, karungu, sampun kalimrah kaangge watak 6. Ananging:

Ngrungu, kaangge watak 2. Ngrungu Jawata anyabdakkên marang siwi = 1792 (ibêr-ibêr M.N. IV).

Myarsa, kaangge watak 2. Myarsa wisikan madyèng ati = 1852 (Hidayat Jati M.Ng. Mangunwijaya).

Miyarsakna trus ingkang sabda Narendra = 1792? (Candrarini R.Ng. Rônggawarsita) botên wontên rangkêpanipun angka.

Karêngèng, Rônggawarsitan pangagêmipun botên ajêg, swara karêngèng karna = 267. (P.R.I. kaca 220), murti karêngèng talingan = 268 (P.R.I. kaca 220), sami kaangge watak nênêm. Ananging: karêngèng janma ing wukir = 712 (P.R. IX kaca 109) punika kaangge watak kalih.

--- 132 ---

Upami ingkang kantun-kantun kemawon dipun pathoki makatên kados langkung prayogi:

Kuping, sadasa namanipun, kaangge watak 2 (nglêstantunakên ingkang sampun).

Dene guru karyanipun kuping, inggih kaangge watak 2, kados ta: myarsa, kapyarsa, mirêng, kapirêng, sapanunggilanipun. Nanging ingkang saking lingga: rungu, rênga, rêngya, rêngwa, kaangge watak 6.

Lingga: rungu, rênga, rêngya, rêngwa, saandhahanipun, kaangge watak 6, kapirit saking: rêngya, ingkang atêgês sêdhih = watak nênêm. Dados: ngrungu, karêngèng, inggih kêdah kaangge watak nênêm.

III. Wulang, dipun angge watak pitu. Dewa trus mulang putra = 1799, (Paliatma). Murtyastha amulang sunu = 1788 (Wirawiyata). Tan gatra mulang siswa = 1790 (Sriyatna).

Wêling, inggih dipun angge watak pitu. Winêling anêngaa sariranta iku = 1807 (Darmalaksita).

Puji, inggih dipun angge watak pitu. Satata trus pujinira Pangran Adipati = 1795 (Panêmbrama M.N. IV).

Warsita, ugi dipun angge watak pitu. Iku Rônggawarsita niyata = 1791 (Hidayat Jati: M. Tanaya).

Punika sadaya rimbagan saking: pandhita, awit pandhita punika [puni...]

--- 133 ---

[...ka] asung piwulang. Têmbung: ajar, atêgês pandhita utawi piwulang.

Ananging têmbung: wuruk, dipun angge watak gangsal. Pandhita carêm wuruking ratu = 1567 (namaning mriyêm ing Surakarta = pancawara, V. A. Jawi 1920 kaca 465).

Punika rimbagan saking: wisik, ingkang sampun kêlimrah kaangge watak gangsal sarta kalêbêt ing sêrat Côndrasangkala.

Dene têmbung: sabda, ujar, saandhahanipun, punika sampun têrang watak pitu sarta inggih sampun kêlimrah, dene pangrimbagipun botên saking pandhita utawi wisik, ingkang tamtu saking: muni.

Ing mangke ingkang dados pamanahan, têmbung: warah, wangsit, tutur, sapanunggilanipun, punika kêdah kaangge watak pintên, punapa kaangge watak pitu punapa watak gangsal, awit sasumêrêp kula dèrèng wontên ingkang ngangge.

Upami samangke lajêng kapathokan makatên, kados langkung prayogi:

Wisik sampun kasêbut ing Sêrat Côndrasangkala kaangge watak gangsal, dipun lêstantunakên.

Sabda, ujar, sapanunggilanipun ingkang atêgês wicantên limrah, ugi kalêstantunakên kaangge watak pitu, awit punika rimbagan saking: muni.

--- 134 ---

Wulang, wêling, puji, warsita, warah, wangsit, tutur, sapanunggilanipun, ingkang atêgês wicantên mawi maksud, kêdah kaangge watak pitu, awit punika rimbagan saking: ajar. Samantên wau kajawi têmbung: wuruk.

Wuruk saandhahanipun, pancènipun inggih kêdah watak pitu, awit pangrimbagipun langkung cêlak saking: ajar, katimbang saking: wisik. Ananging sarèhning sampun kêlajêng dipun angge namanipunamanipun. saka kraton Jawi ingkang dipun anggêp ing tiyang kathah, inggih prayogi dipun lêstantunakên kaangge watak gangsal kemawon.

IV. Lêbu, alêbu, sami kaangge watak satunggal. Trusan rong saptèng lêbu = 1799 (Wedhayatmaka). Brahmana alêbu gêni = 318 (P.R. II kaca 5). Ananging:

Kalêbèng, kaangge watak sanga. Sujanma kalêbèng latu = 391 (V.A. Jawi 1920 kaca 554).

Ingkang nganggêp watak satunggal punika karimbag saking: siti. Dene ingkang nganggêp watak sanga punika karimbag saking bolongan. Upami samangke kapathokan makatên kemawon bokmanawi langkung prayogi:

Lingga: lêbu, saandhahanipun, kaangge watak satunggal sadaya, dados: kalêbèng, inggih kêdah watak satunggal. Ananging: [A...]

--- 135 ---

[...nanging:]

Lingga: lêbêt, saandhahanipun lan têmbung-têmbung: ambuka, manjing, wênga, mênga, (dede: tumênga utawi: nênga) sapanunggilanipun, kaangge watak sanga, inggih punika karimbag saking bolongan.

Dados: kalêbu = 1, kalêbêt = 9, punika botên nama anèh, saminipun: karungu = 6, kapirêng = 2. Wusana nyumanggakakên para nupiksa.

V. Dewa, wontên ingkang kaangge watak sanga, wontên ingkang kaangge watak satunggal, kados ta:

Dewaning panêmbah = 29, watak 9 (P.R.I. salajêngipun). Dewa trus mulang putra = 1799, watak 9 (Paliatma), ananging:

Tatakarya titising dewa = 1145. Gunaning bujôngga nêmbah ing dewa = 1283, sami watak 1 (Pakêm Sastramiruda, Budi Utama 1924).

Jawata, watak 9. Ngrungu Jawata anyabdakkên marang siwi = 1792 (ibêr-ibêr).

Bathara, watak 1. Radèn Mas Arya Sugônda amandêng ngèsthi bathara = 1821 (Nitimani).

Hyang, wontên ingkang kaangge watak sanga, wontên ingkang kaangge watak satunggal, kados ta:

Sabdaning Hyang Giri Nata = 1797, watak 9 (ibêr-ibêr).

--- 136 ---

Ing Sêrat Ibêr-ibêr ngriku dipun rangkêpi ôngka 1717, ananging sampun têrang lêpating pangêcap kemawon, ingkang tamtu 1797, awit ing taun 1717 wau Panjênênganipun Kangjêng Gusti M.N. IV dèrèng miyos.

Mangèsthi wruh srirèng hyang 1838, watak 1 (Asmaralaya).

Ingkang kasêbut ing nginggil punika têtela satunggal-satunggaling pangarang beda-beda ing pamanggihipun. Upami ingkang kantun kemawon dipun pathoki kados langkung prayogi, inggih punika makatên:

Dewa, Jawata, bathara, sapanunggilanipun, ingkang atêgês dewa utawi sêsêbutanipun dewa, kêdah kaangge watak sanga, kapirit saking dewa sêsanga. Makatên wau kajawi têmbung: hyang.

Hyang, punika inggih atêgês dewa utawi sêsêbutanipun dewa, ananging ing wêkdal samangke sampun kalimrah ugi dipun têgêsi: Allah, ingkang ing pamanah kêdah kaanggêp satunggal, kados ta: Hyang Widi, Hyang Suksma, sêmbahyang, milanipun prayogi kaangge watak satunggal kemawon. Wusana nyumanggakakên ingkang karsa ngagêm.

d. Ungêl-ungêlan sangkalan panggenan ôngka ewon asring botên patos kamanah.

--- 137 ---

Kathah kemawon ingkang damêl sangkalan, ungêl-ungêlanipun ingkang minôngka ôngka ewon botên patos kamanah mênggahing lêrêsipun, inggih punika ingkang ewonipun wau ôngka satunggal. Bokmanawi karsanipun ingkang yasa sangkalan, dumèh ingkang maos mêsthi ngrêtosipun, milanipun panganggenipun ungêl-ungêlan lajêng namung sakacêpêngipun kemawon, trêkadhang mawi têmbung ingkang anèh-anèh, trêkadhang malah dede mêsthinipun watak satunggal inggih dipun pêksa kaangge watak satunggal, kados ta:

Bumi obah sajagad wiryawan = 1161, (V.A. Jawi 1920 kaca 561 larikan 10). Sara gunasthan langsèng sih = 1835 (wêwahan Sopanalaya). Têmbung wiryawan sarta nlangsèng sih, sami kaangge watak satunggal punika sanajan botên lêpat inggih kalêbêt anèh utawi botên mawi waton.

Rasèng toya tanpa gawe = 1046 (V.A. Jawi 1920 kaca 560 larikan 9). Sabda trus tanpa karya = 1097 (V.A. Jawi 1920 kaca 560 larikan 8 saking ngandhap). Yakti tata kèsthi rampung = 1851 (Madulaya). Têmbung: gawe, karya, kalihan rampung, sami kaangge watak satunggal punika sampun têrang klintu, awit: gawe, lan karya, sami kalihan: karti = watak 4. Rampung, sami kalihan: têlas, das = watak 0.

--- 138 ---

Lan sanès-sanèsipun.

Saking pamanggih kula, sanajan panggenan ewon pisan kados inggih prayogi ngangge têmbung ingkang lêrês, tinimbang namung sakacêpêngipun kemawon.

--- [139] ---

VIII Pratikêlipun damêl Côndrasangkala

Manawi badhe damêl Côndrasangkala, sasampunipun sumêrêp têmbung-têmbung ingkang anggadhahi watak wicalan, kêdah nyumêrêpi lampahing pangetang. Dene lampahing pangetangipun Côndrasangkala punipunika. majêng, saking: ekan lajêng: dasan, atusan, sapiturutipun.

Milanipun pangetangipun saking ekan punika, pangintên kula: supados manawi wontên kirang jangkêp utawi kirang luwêsing ungêl-ungêlan, kenging dipun wêwahi malih ungêl-ungêlan ingkang gadhah watak êdas, kathahipun satunggal utawi langkung, amrih jangkêp utawi luwêsipun, kanthi botên ngewahakên angkaning taun, kados ta: jêbug awuk = 01, kunir awuk tanpa dalu = 0001 (mirsanana Pustakaraja I).

Damêl Côndrasangkala punika utaminipun:

I. Lêrês panganggenipun têmbung ingkang anggadhahi watak wicalan, botên prêlu yasa têmbung ingkang anèh-anèh utawi ingkang dèrèng kêlimrah.

II. Sagêd mujudakên ukara, tuwin: [t...]

--- 140 ---

[...uwin:]

III. Suraosing ungêl-ungêlan utawi ukara wau sagêd cocog kalihan ingkang dipun côndrasangkalani.

Kados ta upami nyandrasangkalani taun wawu 1857 punika, mawi ungêl-ungêlan: kuda sara naga janma, utawi: prawata maruta bujangga tanaya, punika panganggenipun têmbung-têmbung sampun lêrês sadaya, nanging nama dèrèng mujudakên ukara.

Upami malih mawi ungêl-ungêlan: pandhita yaksa ngèsthi tunggal: punika panganggenipun têmbung-têmbung inggih sampun lêrês, sarta ugi sampun mujudakên ukara, nanging dèrèng kantênan manawi suraosing ungêl-ungêlan wau sagêd cocog kalihan ingkang dipun sangkalani. Inggih damêl sagêdipun cocog punika wau ingkang angèl, inggih punika ingkang badhe kula têrangakên ing sêsagêd-sagêd kula.

Mênggah ungêl-ungêlan sangkalan: pandhita yaksa ngèsthi tunggal: wau, mathukipun namung kangge nyangkalani bab pandhita danawa ingkang marsudi kasampurnaning pêjah, kados lêlampahanipun Rêsi Kunjarakarna, Bagawan Bagaspati, sapanunggilanipun. Manawi kangge nyangkalani sanès bab, sampun tamtu inggih botên mathuk namanipun.

Dene pratikêlipun damêl sangkalan supados suraosipun [surao...]

--- 141 ---

[...sipun] sagêd cocog kalihan ingkang dipun sangkalani punika makatên:

Wiwitipun kêdah manah rumiyin ingkang dipun anggêp jêjêr utawi bakuning suraos: bab punapa. Sasampunipun makatên, lajêng miliha ungêl-ungêlan sangkala satunggal kemawon ingkang têgêsipun ngèmpêri jêjêr wau. Patrapipun milih: dipun coba saking ekanipun rumiyin, manawi botên pinanggih: lajêng dasanipun, atusanipun, salajêngipun, ngantos sagêd manggih têmbung ingkang anggadhahi têgês ngèmpêri jêjêr wau.

Sasampunipun manggih ungêl-ungêlan sangkala wau satunggal kemawon, punika salajêngipun sampun gampil, kantun anjangkêpakên saêtraping ôngka taun sarana mêwahi ungêl-ungêlan sangkala sanèsipun, ngantos sagêd mujudakên ukara ingkang suraosipun mèmpêr kalihan ingkang dipun sangkalani wau. Têrangipun makatên:

Upami taun wau 1857 sapunika, wontên Panjênêngan Nata Mangunbojana, badhe kula sangkalani. Kula kêdah manah rumiyin ingkang dados jêjêring suraos: bab punapa. Inggih punika bab: bojana, rame-rame, bingah-bingah. Jêjêr wau ingkang têgêsipun ragi ngèmpêri namung ungêl-ungêl sangkala panggenan ekan (7), inggih punika: [p...]

--- 142 ---

[...unika:] suka, saking biksuka. Dene dasan, atusan, tuwin ewonipun, punika lajêng cumêpak kemawon, kados ta dados: sukèng driya manggala nata, lan sasaminipun.

Upami ingkang kula prêlokakên punika bab wontênipun karameyan, ungêling têtabuhan sasaminipun, pinanggihipun inggih wontên ing ekanipun, inggih punika: swara. Dados: swara gati madyèng praja, sapanunggilanipun.

Murih têrangipun, ing ngandhap punika wontên tuladha malih cêkakan, ugi taun wawu 1857 sapunika:

Jêjêr: kasangsaran, ingkang ngèmpêri dhawah atusan (8) = baya, bêbaya. Dados: agung pancabayaning janma, sapanunggilanipun.

Jêjêr: palakrama, ingkang ngèmpêri dhawah ewon (1) = suta, atmaja. Dados: sukèng driya ngèsthi atmaja, sapanunggilanipun.

Jêjêr: kasidan, ingkang ngèmpêri dhawah ewon (1) = tunggal. Dados: wulangan marganing sarira tunggal, sapanunggilanipun.

Jêjêr: makaman, ingkang ngèmpêri dhawah dasan (5) = sumare, [suma...]

--- 143 ---

[...re,] sinare. Dados: wiku sinare madyèng jagad, sapanunggilanipun.

Jêjêr: pitutur, ingkang ngèmpêri dhawah ekan (7) = piwulang, wasita. Dados: wasita tinata madyèng buwana.

Jêjêr: kawilujêngan, ingkang ngèmpêri dhawah atusan (8) = basuki, saking: basu, utawi: naga basuki. Dados: suka winisik basukining urip, sapanunggilanipun, utawi ingkang ngèmpêri dhawah ewon (1) = arja, rahayu. Dados: pandhita misik ngèsthi arja, sapanunggilanipun.

Makatên salajêngipun.

Sarèhning bab punika babagan raosing manah, sayêktosipun inggih ragi angèl dipun têrangakên, milanipun aluwung kula cêkak samantên kemawon. Dene ingkang sampun atul sarta apal côndrasangkala, pamilihipun ungêl-ungêlan sangkala wau mak cêg kemawon, malah ujug-ujug sampun wujud ukara ingkang pèni sarta mranani.

Kajawi saking punika, sok wontên ingkang damêl côndrasangkala mawi dipun sêlani têmbung-têmbung ingkang botên kangge, upaminipun: wasita kang wigati ngèsthi mring rahayu = 1857, punika dipun sêlani têmbung: kang, kalihan: mring. Utawi: [Uta...]

--- 144 ---

[...wi:]

pandhita asung wisik mrih basuki marang kang putra = 1857, punika dipun sêlani têmbung: asung, mrih, marang, kang. Ingkang makatên wau saking pamanggih kula kirang prayogi, awit sagêd ngodhêngakên ingkang nêgêsi, langkung-langkung manawi têmbung ingkang sumêla wau gadhah watak wicalan, punipunika. lajêng saya ngisruhakên. Aluwung manawi dipun garba, jalaran ambujêng guru wicalan tumrap ing sêkar, punika malah botên dados punapa, upaminipun: gora strèng nagendra = 1857, saking: gora astraning naga narendra.

--- [145] ---

IX Sangkalan Mêmêt

Sangkalan mêmêt punika ungêl-ungêlanipun sarta panganggenipun têmbung-têmbung ingkang anggadhahi watak wicalan, botên wontên bedanipun kalihan sangkalan limrah ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng. Namung bedanipun: sangkalan limrah punika anggènipun mahyakakên ungêl-ungêlan mawi sêratan (aksara), manawi sangkalan mêmêt mawi gambar. Kados ta sangkalanipun panggung sangga buwana ing Surakarta mawi ungêl-ungêlan: naga muluk tinitihan janma = 1708, punika anggènipun mahyakakên ungêl-ungêlan wau botên mawi sêratan: naga muluk tinitihan janma, utawi "naga muluk tinitihan janma" inggih punika mawi gambar: sawêr mabur dipun tumpaki tiyang.

Jalaran saking punika, mila sangkalan mêmêt punika angèl sangêt batanganipun, amargi botên sumêrêp têmbung (gambar) ingkang pundi ingkang kêdah dipun waos rumiyin. Sagêdipun ambatang namung mawi kintên-kintên ingkang sangêt, sarta sasampunipun angsal katrangan sintên ingkang iyasa, kala jaman ingkang kaping pintên, sasaminipun. Dados sagêdipun ambatang punika

--- 146 ---

manawi sampun dipun têdahi, tur pambatangipun dèrèng kantênan lêrês. Milanipun kathah candhi-candhi utawi yêyasan ingkang wontên sangkalanipun mêmêt, ingkang dumugi samangke taksih dados cangkriman kemawon, eman-eman.

Ungêl-ungêlanipun sangkalan mêmêt punika ingkang tamtu botên sagêd ngèmpêri ingkang dipun sangkalani: kados dene ungêl-ungêlanipun sangkalan limrah, awit ingkang dipun prêlokakên namung kengingipun dipun wujudakên mawi gambaran. Mila pratikêlipun damêl sangkalan mêmêt punika inggih beda kalihan damêl sangkalan limrah kados ingkang sampun kula pratelakakên ing bab VIII, langkung angèl damêl sangkalan mêmêt.

Utaminipun sangkalan mêmêt punika, kajawi kêdah lêrês panganggenipun têmbung (gambar) ingkang anggadhahi watak wicalan inggih kêdah:

I. Sagêd mujudakên ukara,

II. Wujudipun gambaran ngalêmpak dados satunggal, botên pating tlêning.

Kados ta upami damêl sangkalan mêmêt taun wawu 1857 punika mawi ungêl-ungêlan: kuda yaksa naga janma - punika panganggenipun têmbung-têmbung ingkang anggadhahi watak wicalan sampun lêrês, sarta inggih kenging kawujudakên mawi gambaran, ananging

--- 147 ---

nama dèrèng dados ukara, sarta wujudipun gambaran pating tlêning = kapal + danawa + sawêr + tiyang.

Upami malih: pandhita manah naga raja = 1857, punika sampun dados ukara, sarta inggih kenging kawujudakên mawi gambaran, ananging nama taksih kuciwa, dening wujuding gambaran dèrèng nglêmpak dados satunggal, taksih kalih panggenan, inggih punika: pandhita mênthang langkap + sawêr raja.

Dene pratikêlipun damêl sangkalan mêmêt punika: ingkang kadamêl jêjêr botên kêdah ngèmpêri ingkang dipun sangkalani kados damêl sangkalan limrah, namung miliha têmbung satunggal kemawon rumiyin, ingkang kenging dipun wujudakên sarana gambar, ing salajêngipun, pamilihe têmbung liyanipun malih: kêdah ngèngêti ôngka I, II ing nginggil wau, dipun êthak-êthukakên ngantos dangu-dangu sagêd mujudakên ukara, sarta wujudipun gambaran ngalêmpak dados satunggal. Bab punika sayêktosipun kula botên sagêd nêrangakên mawi têtêmbungan ingkang kalayan cêtha, namung sagêd ngaturi conto, upami taun wawu 1857 punika kadamêl sangkalan mêmêt, kenging kawujudakên gambaran kados ing ngandhap punika:

Kapal sirahipun katingal gangsal, badanipun namung katingal satunggal = turôngga lima sarira tunggal.

--- 148 ---

Danawa pandhita, tanganipun ing wingking botên irasan = pandhita yaksa sarira janma.

Liman mawi makutha, tlalenipun ngadêg nyêpêngi jêmparing cacahipun pitu = sapta sanjatèng gajèndra.

Naga mawi jamang dipun tumpaki danawa = titihaning diyu naga raja.

Lan sanès-sanèsipun.

--- [149] ---

X Apalan Côndrasangkala

Sanajan katrangan ing ngajêng wau pangraos kula sampuna manyêkapi kangge garan nyumêrêpi prakawis côndrasangkala, ananging kula manah prêlu nganggit apalan côndrasangkala punika, kangge sarana ngapalakên supados cumanthèl ing manah. Awit sêrat apalan côndrasangkala ingkang sampun sumêbar ing akathah punika:

1e Sinawung ing sêkar agêng kusumawicitra, kirang sumrambah, gunggung 48 wanda, panganggenipun wanda kirang gêmi. Kathah atêr-atêr, sêsêlan tuwin panambangipun, trêkadhang kasêlanan têmbung ingkang botên kangge, dados kirang pêpak.

2e Anggènipun nêgêsi kathah ingkang pinanggih sulaya kalihan bausastra ingkang sampun kaanggêp lêrês.

3e Kathah kalih têmbung ingkang panyêratipun dipun dadosakên satunggal, trêkadhang kasêlanan têmbung-têmbung ingkang botên kangge côndrasangkala, ingkang makatên wau adamêl kalintuning panampi.

4e Panataning têmbung-têmbung botên mujudakên ukara, dados botên gampil dipun apalakên.

--- 150 ---

Dene apalan côndrasangkala damêlan kula punika:

1e Sêkaripun sêkar macapat Dhandhanggêndhis, langkung sumrambah, gunggung 84 wanda, panganggenipun wanda kula gêmèni sangêt, dados ragi pêpak, dene pêpakipun yêktos namung kêdah dipun wêwahi piyambak (mirsanana bab VI).

2e Anggèn kula nêgêsi mêthik saking Bausastra Roorda utawi Winter.

3e Botên kasêlanan têmbung-têmbung ingkang botên kangge, tuwin sasagêd-sagêd ngangge têmbungipun lingga.

4e Panataning têmbung-têmbung sasagêd-sagêd kula wujudakên ukara utawi purwakanthi aksara, supados ragi gampil dipun apalakên.

a. Watak Satunggal

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan,

Dhandhanggêndhis

1. Tunggal | gusti | sujanma | sêmèdi = Awor, siji, | Ratu, Allah, | Tiyang linangkung | Manêkung, jubur.

2. Badan |

--- 151 ---

Nabi | Rupa | Maha | Buddha = Awak, Nabiyullah, wudêl, | Wêrni, | Langkung, sangêt, anjarag, | Sang Gotama, budi.

3. Niyata | Luwih | Pamase = Yêktos, nyata, | Langkung, linangkung, | Ratu

4. Wong | Buwêng | Rat | Lèk | Iku = Tiyang, | Bundêran, | Jagad, | Tanggal, rêmbulan, | Punika, buntut

5. Surya | Candra | Kartika | Bumi = Srêngenge, | Praceka, rêmbulan, | Lintang, | Siti

6. Wiji | Urip | Ron | Eka = Winih, sawiji, | Gêsang, | Godhong, | Siji

7. Prabu | Kênya |

--- 152 ---

Nêkung = Patut, sêmbada, ratu, | Prawan | Andhingkluk, sêmèdi.

8. Raja | Putra | Sasa | Dhara = Ratu, | Anak, | Lintang, bantêr, | Lintang, prawan. Wêtêng (W.)

9. Paksi | Dara | Tyas | Wungkul | Sudira | Budi = Manuk, | Manuk dara, wêtêng, | Ati, | Wêtah, | Kêndêl, | Pikir.

10. Wani | Hyang | Jagad | Nata = Purun, kêndêl, | Dewa, Allah, | Buwana, donya, | Ratu.

b. Watak Kalih.

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Asta | Kalih |

--- 153 ---

Ro | Nêmbah | Ngabêkti = Tangan, Cêpêng, | Loro, | Kalih | Nyêmbah | Nyêmbah.

2. Netra | Kêmbar | Myat | Mandêng | Nayana = Mripat | Sami | Ningali | Ningali | Ulat, Mripat

3. Swiwi | Lar | Sikara | Gandhèng = Êlar | Wulu, Suwiwi, Indhak | Arubiru, Tangan | Kanthèt

4. Paksa | Apasang | Sungu = Kêdah, Sisih. Bau (W). | Masang, Sapasang | Singat

5. Athi-Athi | Talingan | Drêsthi = Athi-Athi | Kuping | Alis, Cidra

6. Carana | Tangan | Karna = Athi-Athi, Rêrêgan | Tangan | Kuping

7. Bau |

--- 154 ---

Suku | Caksuh = Lêngên | Sikil | Têluh, Mripat

8. Mata | Paningal | Locana = Mripat | Pandêlêng, Mripat | Mripat, Êluh

9. Ama | Nêbah | Karnan | Ngrêngga | Pangantèn | Dwi = Pasu, Wêri. Mêksa (W) | Nêbih, Nêbak, Ngêlud | Rêmên, Kuping | Andandosi | Pangantèn | Kalih

10. Kanthi | Buja | Bujana = Mawi, Gandhèng | Bau, Têdha | Sêsêga

c. Watak Tiga

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Bahni | Tiga | Ujwala |

--- 155 ---

Kaèksi = Latu | Têlu | Cahya, Urub | Katingalan.

2. Katon | Murub | Dahana | Payudan = Katingalan | Murub | Latu | Paprangan

3. Katingalan | Kaya | Bêntèr = Katon | Kados, Pamêdal | Panas

4. Nala | Uninga | Kawruh = Manah, Latu | Sumêrêp, Obor? | Kasagêdan

5. Lir | Wrin | Weda | Naut | Nauti = Kados | Sumêrêp | Pakêm, Wulang, Kawruh | Nyaut, Mangsuli | Cacing, Mangsuli

6. Têkên | Siking | Pawaka = Têkên | Upêt, Têkên | Latu

7. Kukus | Api | Apyu = Kêbul | Latu | Latu.

--- 156 ---

8. Brama | Rana | Rananggana = Latu | Paprangan, Aling-aling, Èstri | Paprangan

9. Utawaka | Uta | Ujêl | Kobar | Agni = Latu | Lintah | Wêlut | Kabêsmi | Latu

10. Wignya | Guna | Tri | Jatha = Sagêd | Linangkung, Sagêd, Paeka, Paedah | Tiga | Gimbal, Siyung, Wadhah

d. Watak Sêkawan

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Catur | Warna | Wahana | Pat |

--- 157 ---

Warih = Cantên, sêkawan, | Rumpaka, toya, bôngsa, | Tumpakan, wêdhar, têgês, | Sêkawan | Toya.

2. Waudadi | Dadya | Keblat | Papat = Sêgantên | Dados | Keblat | Sêkawan

3. Toya | Suci | Udaka | We = Banyu | Rêsik | Toya | Toya

4. Woh | Nadi | Jladri | Sindu = Uwoh, jawah | Lèpèn, sêgantên | Sêgantên | Toya

5. Yoga | Gawe | Tlaga | Hèr | Wêning = Anak, prayogi, jaman | Damêl | Tlaga | Toya | Bêning

6. Udan | Bun | Tirta | Marta = Jawah | Êbun, Awun-awun | Toya | Bêning, Asrêp.

--- 158 ---

7. Karya | Sumbêr | Sumur = Damêl | Sumur, Bêlik | Sumbêr

8. Masuh | Marna | Karti | Karta = Ngumbah | Ngucap, Ngrumpaka | Damêl | Rahajêng

9. Jalaniddhi | Samodra | Udaya | Tasik = Sêgantên | Sêgantên | Sêgantên | Pupur, Sêgantên

10. Tawa | Sêgara | Wedang = Wantah, Tawar, Tawi | Sêgantên | Toya dipun latoni.

e. Watak Gangsal.

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Pandhawa | Lima | Wisikan |

--- 159 ---

Gati = Putraning Pandhu | Gangsal | Bisikan, Gulingan | Tata, Prêlu, Ulah

2. Indri | Indriya | Warastra | Wrayang = Angin silir-silir, | Manah, Pancadriya, | Lêlandhêp, Jêmparing, | Jêmparing,

3. Astra | Lungid | Sara | Sare = Dêdamêl, Jêmparing, | Landhêp, Lancip, | Dêdamêl, Jêmparing, | Tilêm,

4. Guling | Raksasa | Diyu = Tilêm, Glundhung, | Danawa, | Danawa,

5. Buta | Galak | Wil | Yaksa | Yaksi = Danawa, | Galak, | Danawa ênèm, | Danawa, | Danawa èstri,

6. Saya | Wisaya | Bana = Langkung, Paeka, Pirantos, | Paeka, Pirantos, | Wana, Jêmparing,

7. Jêmparing | Cakra |

--- 160 ---

Hru = Panah, | Jêmparing bundêr, Cipta | Jêmparing.

8. Tata | Nata | Bayu | Bajra = Trap, Angin, | Ngêwrat, | Otot, Angin, | Dêdamêl, Angin.

9. Samirana | Pawana | Maruta | Angin = Angin, | Angin, | Angin, | Barat,

10. Panca | Marga | Margana = Gangsal, | Margi, | Jêmparing, Arjuna.

f. Watak Nênêm.

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Rasa | Nênêm | Rinaras | Hartati = Raos, Pangraos, | Nênêm, | Dipun patut, Dipun raos, | Lêgi, Dhandhanggêndhis

2. Lona |

--- 161 ---

Tikta | Madura | Sarkara = Pêdhês | Pait | Lêgi | Gêndhis, Lêgi.

3. Amla | Kayasa | Karasèng = Kêcut | Sêpêt | Kraos ing,

4. Hoyag | Obah | Nêm | Kayu = Ebah | Ebah | Nênêm, | Kajêng, Uwit,

5. Wrêksa | Glinggang | Prabatang | Hoyig = Kajêng, Uwit, | Kajêng tinêgor, | Kajêng rêbah, | Hoyag, Ebah

6. Sad | Anggas | Anggang-anggang = Nênêm, | Walang, Glinggang, | Angga-anggangAnggang-anggang.

7. Môngsa | Naya | Rêtu = Wêktu, panêdhanipun kewan galak, | Ulat. Môngsa Kanêm (R.W.) | Pait, Gègèr,

8. Wayang |

--- 162 ---

Winayang | Anggana = Ringgit, Ebah | Dipun cara ringgit, dipun ebahakên | Ijèn, Tawon.

9. Ilat | Kilat | Lidhah | Lindhu | Carêm | Manis = Lidhah clèrèt, Lidhah lesan | Clèrèt | Ilat, Kilat | Siti ebah | Campuh ing sih, Marêm | Lêgi, Sae, Èstri

10. Tahên | Osik | Karêngya = Kayu, Ngampêt, Nandhang | Ebah, Ebahing manah | Kapirêng, Dipun rêngoni

g. Watak Pitu

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Sapta | Prawata | Acala | Giri = Pitu, Doyan | Rêdi | Rêdi | Rêdi, Linangkung

2. Ardi |

--- 163 ---

Gora | Prabata | Himawan = Rêdi | Tawon gung, Agêng. Rêdi (W.) | Rêdi | Rêdi, Namaning Rêdi.

3. Pandhita | Pitu | Kaswarèng = Tiyang tapa | Pitu | Kasêbut, Kajuwara

4. Rêsi | Sogata | Wiku = Tiyang suci, Pandhita | Sêgah, Guru, Pandhita | Pandhita

5. Yogi | Swara | Dwija | Suyati = Prayogi, Pandhita | Suwantên, Ungêl | Guru, Pandhita | Pandhita linangkung

6. Wulang | Wêling | Wasita = Pitutur | Wêkas | Pitutur, Piwulang

7. Tunggang | Turôngga | Gung = Tumpak | Kapal | Agêng

8. Swa | Aswa | Titihan |

--- 164 ---

Kuda = Kapal | Kapal |Tumpakan, Kapal | Kapal.

9. Ajar | Arga | Sabda | Nabda | Ôngsa | Muni = Pandhita, Piwulang | Rêdi, Rêgi | Wicantên, Suwantên | Wicantên, Nyuwantên | Banyak, Têdhak, Andarung | Mungêl, Wicantên, Pandhita

10. Suka | Biksu | Biksuka = Bingah, Awèh | Lêmbu, Pandhita | Lêmbu, Pandhita

h. Watak Wolu

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Astha | Basu | Anggusthi | Basuki = Wolu | Têkèk, Sawêr, Dewa wolu | Angginêm, Ngrêmbag | Wilujêng, Ratuning sawêr

2. Slira | Murti |

--- 165 ---

Bujôngga | Manggala = Badan, Manyawak | Sangêt, Linangkung, Nyata, Cêcak | Pujôngga, Naga | Pangajêng, Pangagêng, Liman.

3. Taksaka | Manyawak | Têkèk = Sawêr | Kawuk, Nyambik | Têkèk

4. Dwipa | Dwipangga | Bajul = Liman | Liman | Baya

5. Gajah | Liman | Dwirada | Èsthi = Liman | Gajah | Liman | Cipta, Sêdya, Raos, Liman

6. Èstha | Matêngga | Brahma = Sêdya, Cipta, Pindha | Ngêntosi, Liman | Latu, Brahmana

7. Brahmana | Wêwolu = Pandhita sabrang | Wolu

8. Baya | Bêbaya | Kunjara = Pakèwêd, Bajul, Bokmanawi, Janji | Pakèwêd | Gêdhong pasakitan, Liman

9. Tanu |

--- 166 ---

Sarpa | Samaja | Madya | Mangèsthi = Bunglon | Sawêr | Liman (W) | Têngah, Cêkapan, Bangkèkan | Nêdya, Nyipta.

10. Panagan | Ula | Naga = Panggenan naga, Petangan lampahing naga | Sawêr | Sawêr agêng

i. Watak Sanga

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Bolong | Nawa | Dwara | Pintu | Kori = Butul | Sanga, Nawar | Kori, Gapura | Kori | Lawang

2. Bêdhah | Lawang | Wiwara |

--- 167 ---

Gapura = Bêlah, Sigar | Kori | Êlèng, Kori | Kori agêng.

3. Rong | Song | Wilasita | Anglèng = Bolong, Growong | Bolongan, Êrong | Lèng, Lèng kombang | Cêtha ing pamirêng, Mlêbêt ing lèng

4. Trustha | Trusthi | Trus | Butul = Bingah, Bolong têrus | Bolong têrus | Kabul, Tètès, Bablas, Butul | Bolong, Têrus

5. Dewa | Sanga | Jawata | Manjing = Jawata | Sanga | Dewa | Mlêbêt

6. Arum | Gônda | Kusuma = Wangi, Manis, Èstri | Ambêt, Wangi | Sêkar, Èstri utami

7. Muka | Rudra | Masuk = Rai, Ngajêng, Pangajêng | Galak, Nêpsu, Jêjulukipun Bathara Guru | Mlêbêt

8. Rago |

--- 168 ---

Angrong | Guwa | Mênga = Guwa, Alangan | Mlêbêt ing rong | Growongan | Kêbuka, Kêbikak.

9. Babahan | Lèng | Ambuka | Gatra | Anggangsir = Bolongan, Gangsiran | Bolongan alit | Ambikak, Ngêngakakên | Warni, Gambar, Pêpêthan | Ambabah

10. Nanda | Wangi | Wadana = Wicantên, Nywara. Môngsa kasanga (R. W.) | Arum | Rai, Pangagêng

k. Watak Das

Ungêl-ungêlan ... Têgês ingkang adhakan

Dhandhanggêndhis

1. Byoma | Musna | Nis | Das | Mlêtik |

--- 169 ---

Langit = Awang-awang | Ical, Sirna | Ical, Kesah | Ical, Têlas | Manculat, Nyiprat | Awang-uwung.

2. Sirna | Ilang | Kombul | Awang-awang = Ical, Têlas | Ical | Kondhang, Manginggil | Udara, Langit

3. Mêsat | Muluk | Gêgana | Nglès = Kesah, Oncat | Mumbul | Awang-awang, Langit | Oncat

4. Tumênga | Nênga | Luhur = Mandêng manginggil | Mandêng manginggil | Inggil, Nginggil

5. Suwung | Sonya | Muksa | Doh | Têbih = Suwêng, Sêpên | Suwêng, Pratapan | Musna, Ical saraganipun | Adoh, Têbih | Adoh

6. Swarga | Tanpa | Barakan = Kadewatan, Swargi | Botên ngangge | Kewan colongan, Kanca, Mitra, Pantaran.

--- 170 ---

7. Tan | Rusak | Brastha | Swuh = Botên | Risak, Bibrah | Risak, Sirna, Lêbur | Risak, Sirna, Lêbur.

8. Walang | Kos | Pêjah | Akasa = Ibêr-ibêran, Sumêlang | Akasa, Sumorot | Mati | Awang-awang, Langit

9. Tawang | Wiyat | Oncat | Windu | Widik-widik = Awang-awang, Tingal | Awang-awang, Langit | Kesah, Minggat | Windu môngsa, Windu sumur | Awang-awang, Langit, Raos-raos

10. Nir | Wuk | Sat | Surud | Sêmpal = Ical, Risak, Têlas | Risak, Wurung | Êsat, Garing | Suda, Tilar, Tilar donya | Rampal, Sêbit, Tugêl.

--- [171] ---

XI. Pratelaning têmbung-têmbung ingkang kalimrah kangge sangkalan, kaurutakên dêntaywanjananipun.

A

Anauti, watak 3, kaca 53 | Indri, watak 5, kaca 70; 73 | Indriya, watak 5, kaca 159 | Anatan, watak 0, kaca 117 | Analagni, watak 3, kaca 53 | Anêmbah, watak 2, kaca 48; 50 | Anêbah, watak 2, kaca 47; 50 | Uninga, watak 3, kaca 55; 59 | Anèng wiyat, watak 0, kaca 118 | Acala, watak 7, kaca 93; 162 | Hèr, watak 4, kaca 61; 65 | Hru, watak 5, kaca 160 | Ardi, watak 7, kaca 89; 93 | Hartati, watak 6, kaca 160 | Urip, watak 1, kaca 151 | Arum, watak 9, kaca 167 | Arga, watak 7, kaca 164 | Iku, watak 1, kaca 39; 42 | Eka, watak 1, kaca 40; 42 | Akasa, watak 0, kaca 170 | Adoh, watak 0, kaca 117; 121 | Udan, watak 4, kaca 157 | Udaka, watak 4, kaca 157 | Udaya, watak 4, kaca 158 | Uta, watak 3, kaca 52; 57 | Utawaka, watak 3, kaca 54; 55 | Osik, watak 6, kaca 162 | Asta, watak 2, kaca 152 | Astra, watak 5, kaca 159 | Aswa, watak 7, kaca 163 | Astha, watak 8, kaca 164 | Èstha, watak 8, kaca 165 | Èsthi, watak 8, kaca 100; 104 | Awani, watak 1, kaca 41; 43 | Awak, watak 1, kaca 42 | Hawa sêsanga, watak 9, kaca 110 | Awang-awang, watak 0, kaca 169 | Ula, watak 8, kaca 103; 166 | Ilat, watak 6, kaca 162 | Ilang, watak 0, kaca 169 | Api, watak 3, kaca 155 | Apasang, watak 2, kaca 153 | Apyu, watak 3, kaca 155 | Ajar, watak 7, kaca 164 | Ujwala, watak 3, kaca 154 | Ujêl, watak 3, kaca 53; 57 | Hoyag, watak 6, kaca 78; 86 | Hoyig, watak 6, kaca 161 |

--- 172 ---

Hyang, watak 1, kaca 152 | Oncat, watak 0, kaca 170 | Aama, watak 2, kaca 46; 50 | Himawan, watak 7, kaca 90; 93 | Amla, watak 6, kaca 161 | Ambuka, watak 9, kaca 168 | Agni, watak 3, kaca 156 | Obah, watak 6, kaca 161 | Athi-athi, watak 2, kaca 153 | Angin, watak 5, kaca 160 | Angrong, watak 9, kaca 168 | Ôngsa, watak 7, kaca 89; 95 | Anglèng, watak 9, kaca 167 | Anggana, watak 6, kaca 162 | Anggas, watak 6, kaca 78; 161 | Anggusthi, watak 8, kaca 164 | Anggang-anggang, watak 6, kaca 161 | Anggangsir, watak 9, kaca 168.

N

Naut, watak 3, kaca 155 | Nauti, watak 3, kaca 155 | Nanda, watak 9, kaca 108; 113 | Nênêm, watak 6, kaca 160 | Nir, watak 0, kaca 170 | Nêkung, watak 1, kaca 152 | Nadi, watak 4, kaca 61; 65 | nata, watak 5, kaca 165 | NaTa, watak 1, kaca 152 | Netra, watak 2, kaca 45; 48 | Nis, watak 0, kaca 168 | Nawa, watak 9, kaca 111; 166 | Nawa, watak 4, kaca 61; 66 | Nala, watak 3, kaca 155 | Naya, watak 6, kaca 161 | Nayana, watak 2, kaca 45; 49 | Niyata, watak 1, kaca 41; 44 | Nêm, watak 6, kaca 81; 161 | Nêmbah, watak 2, kaca 153 | Naga, watak 8, kaca 98; 103 | Nabi, watak 1, kaca 38; 42 | Nêbah, watak 2, kaca 154 | Nabda, watak 7, kaca 164 | Nênga, watak 0, kaca 169.

C

Côndra, watak 1, kaca 38; 42 | Carana, watak 2, kaca 46; 49 | Carêm, watak 6, kaca 162 | Cakra, watak 5, kaca 159 | Caksu, watak 2, kaca 45; 48 | Caksuh, watak 2, kaca 154 | Catur, watak 4, kaca 156 | Catur yuga, watak 4, kaca 64; 68 | Cala, watak 7, kaca 90; 93.

R

Ro, watak 2, kaca 153 | Ron, watak 1, kaca 39; 43 | Rana, watak 3, kaca 156 | Rinaras, watak 6, kaca 160 | Rananggana, watak 3, kaca 156 | Raras, watak 6, kaca 86 | Raksasa, watak 5, kaca 159 |

--- 173 ---

Rudra, watak 9, kaca 167 | Rat, watak 1, kaca 151 | Rêtu, watak 6, kaca 78; 86 | Rasa, watak 6, kaca 82; 160 | Rêsi, watak 7, kaca 89; 94 | Rusak, watak 0, kaca 170 | Rupa, watak 1, kaca 38; 42 | Raja, watak 1, kaca 152 | Rago, watak 9, kaca 108; 111 | Rong, watak 9, kaca 109; 111.

K

Kaèksi, watak 3, kaca 155 | Kanêm, watak 6, kaca 81 | Kanthi, watak 2, kaca 154 | Kori, watak 9, kaca 166 | Karna, watak 2, kaca 47; 49 | Karni, watak 2, kaca 47; 49 | Karnan, watak 2, kaca 154 | Karta, watak 4, kaca 158 | Karti, watak 4, kaca 61; 66 | Kartika, watak 1, kaca 151 | Karasèng, watak 6, kaca 161 | Karya, watak 4, kaca 158 | Karêngya, watak 6, kaca 79; 86 | Kukus, watak 3, kaca 155 | Kuda, watak 7, kaca 94; 164 | Katon, watak 3, kaca 155 | Katingalan, watak 3, kaca 155 | Kos, watak 0, kaca 120; 124 | Kaswarèng, watak 7, kaca 162 | Kusuma, watak 9, kaca 167 | Kawruh, watak 3, kaca 155 | Kalih, watak 2, kaca 152 | Kilat, watak 6, kaca 87; 162 | Kilating kanêm, watak 6, kaca 80 | Kaya, watak 3, kaca 155 | Kayu, watak 6, kaca 161 | Kyasa, watak 6, kaca 81; 82 | Kayasa, watak 6, kaca 161 | Kaya lena, watak 3, kaca 54; 58 | Kênya, watak 1, kaca 151 | Kunjara, watak 8, kaca 99; 104 | Kêmbar, watak 2, kaca 153 | Kombul, watak 0, kaca 169 | Kobar, watak 3, kaca 156 | Keblat, watak 4, kaca 157.

D

Doh, watak 0, kaca 169 | Dahana, watak 3, kaca 52; 55 | Dara, watak 1, kaca 40; 42 | Dura, watak 6, kaca 81; 82 | Dirada, watak 8, kaca 101; 104 | Drasthi, watak 2, kaca 46; 49 | Drêsthi, watak 2, kaca 46; 49 | Dik, watak 4, kaca 63; 67 | Dadi, watak 4, kaca 69 | Dadya, watak 4, kaca 157 | Das, watak 0, kaca 121; 161 | Dwi, watak 2, kaca 154 | Dewa, watak 9, kaca 167 | Dwara, watak 9, kaca 108; 111 | Dwirada, watak 8, kaca 165 | Dwipa, watak 8, kaca 165 | Dwipôngga, watak 8, kaca 165 |

--- 174 ---

Dwija, watak 7, kaca 163 | Dipara, watak 8, kaca 101; 106 | Dipôngga, watak 8, kaca 100; 104 | Diyu, watak 5, kaca 159.

T

Tahên, watak 6, kaca 79; 87 | Tan, watak 0, kaca 121; 170 | Tanu, watak 8, kaca 99; 103 | Tanpa, watak 0, kaca 169 | Tri, watak 3, kaca 156 | Trining rana, watak 3, kaca 52; 57 | Tirta, watak 4, kaca 157 | Trus, watak 9, kaca 167 | Têrusan, watak 9, kaca 110; 111 | Trustha, watak 9, kaca 107; 111 | Trusthi, watak 9, kaca 107; 111 | Turôngga, watak 7, kaca 89; 94 | Têkên, watak 3, kaca 155 | Têkèk, watak 8, kaca 165 | Tikta, watak 6, kaca 81; 82 | Taksaka, watak 8, kaca 165 | Tata, watak 5, kaca 69; 73 | Titihan, watak 7, kaca 163 | Tasik, watak 4, kaca 63; 65 | Tawa, watak 4, kaca 158 | Tawang, watak 0, kaca 170 | Tlaga, watak 4, kaca 157 | Talingan, watak 2, kaca 47; 49 | Toya, watak 4, kaca 65 | Toyadi, watak 4, kaca 62 | Tyas, watak 1, kaca 152 | Tumênga, watak 0, kaca 169 | Tiga, watak 3, kaca 55; 59 | Têbih, watak 0, kaca 169 | Tangan, watak 2, kaca 47; 49 | Tunggal, watak 1, kaca 41; 42 | Tunggang, watak 7, kaca 97; 173 | Tungganganing gunung, watak 7, kaca 92.

S

Sindu, watak 4, kaca 63; 65 | Suci, watak 4, kaca 61; 66 | Sara, watak 5, kaca 71; 74 | Sare, watak 5, kaca 159 | Sirna, watak 0, kaca 121; 169 | Sirnèng gêgana, watak 0, kaca 119 | Sarkara, watak 6, kaca 81; 82 | Surud, watak 0, kaca 170 | Sarpa, watak 8, kaca 166 | Surya, watak 1, kaca 151 | Suka, watak 7, kaca 164 | Suku, watak 2, kaca 48; 49 | Sikara, watak 2, kaca 45; 49 | Suku loro, watak 2, kaca 48 | Siking, watak 3, kaca 51; 55 | Sad, watak 6, kaca 81; 161 | Sudira, watak 1, kaca 152 | Sadrasa, watak 6, kaca 76 | Sat, watak 0, kaca 170 | Siti, watak 1, kaca 40; 42 | Suta, watak 1, kaca 40; 43 | Sasa, watak 1, kaca 38; 42 | Sasi, watak 1, kaca 38; 42 | Swa, watak 7, kaca 94; 163 | Swuh, watak 0, kaca 170 |

--- 175 ---

Swara, watak 7, kaca 91; 96 | Swarga, watak 0, kaca 169 | Swa kuda, watak 7, kaca 91 | Swiwi, watak 2, kaca 153 | Suwung, watak 0, kaca 169 | Salira, watak 8, kaca 98; 103 | Slira, watak 8, kaca 164 | Sapta, watak 7, kaca 90; 93 | Sujanma, watak 1, kaca 150 | Saya, watak 4, kaca 159 | Suyati, watak 7, kaca 163 | Sonya, watak 0, kaca 116; 121 | Samirana, watak 5, kaca 71; 73 | Sumur, watak 4, kaca 158 | Sêmèdi, watak 1, kaca 150 | Samodra, watak 4, kaca 158 | Samudra, watak 4, kaca 62; 65 | Samadya, watak 8, kaca 100; 104 | Sêmpal, watak 0, kaca 170 | Samaja, watak 8, kaca 166 | Sumbêr, watak 4, kaca 158 | Sêgara, watak 4, kaca 61; 65 | Sogata, watak 7, kaca 163 | Sagunging das, watak 0, kaca 119 | Sabda, watak 7, kaca 164 | Song, watak 9, kaca 109; 111 | Sanga, watak 9, kaca 111; 167 | Sungu, watak 2, kaca 153.

W

We, watak 4, kaca 157 | Woh, watak 4, kaca 157 | Wahana, watak 4, kaca 156 | Waudadi, watak 4, kaca 63; 65 | Wani, watak 1, kaca 152 | Windu, watak 0, kaca 117; 122 | Winaya, watak 6, kaca 77; 84 | Winayang, watak 6, kaca 162 | Wêning, watak 4, kaca 157 | Warih, watak 4, kaca 63; 65 | Wrin, watak 3, kaca 155 | Warna, watak 4, kaca 62; 65 | Wrêksa, watak 6, kaca 80; 87 | Warastra, watak 5, kaca 159 | Warayang, watak 5, kaca 71; 74 | Wrayang, watak 5, kaca 159 | Wak, watak 1, kaca 40; 42 | Wuk, watak 0, kaca 40; 42 | Wiku, watak 7, kaca 93; 94 | Weda, watak 3, kaca 155 | Wadana, watak 9, kaca 168 | Widik-widik, watak 0, kaca 118; 121 | Weddha, watak 3, kaca 53; 58 | Wedang, watak 4, kaca 65; 65 | Wisikan, watak 5, kaca 72; 75 | Wasita, watak 7, kaca 163 | Wisaya, watak 5, kaca 70; 73 | Wwahana, watak 4, kaca 63; 66 | Wiwara, watak 9, kaca 107; 111 | Wêwolu, watak 8, kaca 165 | Wwalang, watak 0, kaca 120; 123 | Wil, watak 5, kaca 159 | Wulan, watak 1, kaca 41; 42 | Wilasita, watak 9, kaca 108; 111 |

--- 176 ---

Walang, watak 0, kaca 170 | Wêling, watak 7, kaca 163 | Wulang, watak 7, kaca 163 | Wiji, watak 1, kaca 151 | Wiyat, watak 0, kaca 121; 170 | Wayang, watak 6, kaca 161 | Wignya, watak 3, kaca 156 | Wangi, watak 9, kaca 168 | Wong, watak 1, kaca 151 | Wungkul, watak 1, kaca 152 | Wungkulan, watak 1, kaca 41; 43.

L

Luhur, watak 0, kaca 169 | Lona, watak 6, kaca 81; 82 | Lan ula, watak 8, kaca 102 | Lentangana, watak 2, kaca 47 | Lindhu, watak 6, kaca 162 | Locana, watak 2, kaca 46; 49 | Lar, watak 2, kaca 48; 49 | Lir, watak 3, kaca 155 | Loro, watak 2, kaca 48; 49 | Lèk, watak 1, kaca 151 | Ludra, watak 9, kaca 109; 113 | Luwih, watak 1, kaca 151 | Lawang, watak 9, kaca 166 | Lidhah, watak 6, kaca 162 | Lima, watak 5, kaca 72; 158 | Liman, watak 8, kaca 102; 104 | Lèng, watak 9, kaca 109; 111 | Lungid, watak 5, kaca 159 | Langit, watak 0, kaca 117; 121.

P

Pintu, watak 9, kaca 166 | Pandhita, watak 7, kaca 91; 94 | Pandhawa, watak 5, kaca 69; 72 | Panagan, watak 8, kaca 98; 103 | Paningal, watak 2, kaca 154 | Prawata, watak 7, kaca 89; 93 | Prabu, watak 1, kaca 151 | Prabata, watak 7, kaca 163 | Prabatang, watak 6, kaca 80; 87 | Paksa, watak 2, kaca 46; 49 | Paksi, watak 1, kaca 152 | Pat, watak 4, kaca 64; 68 | Pitu, watak 7, kaca 93; 163 | Putra, watak 1, kaca 152 | Pawana, watak 5, kaca 71; 73 | Pawaka, watak 3, kaca 51; 55 | Papat, watak 4, kaca 157 | Pêjah, watak 0, kaca 170 | Puyika, watak 3, kaca 55 | Payudan, watak 3, kaca 155 | Pônca, watak 5, kaca 71; 72 | Pamase, watak 1, kaca 151 | Pangantèn, watak 2, kaca 154 | Pangrarasing nêm, watak 6, kaca 79.

Dh

Dhara, watak 1, kaca 38; 42.

J

Janma, watak 1, kaca 40; 43 | Jawata, watak 9, kaca 167 |

--- 177 ---

Jalaniddhi, watak 4, kaca 62; 65 | Jladri, watak 4, kaca 157 | Jaladri, watak 4, kaca 61; 65 | Jêmparing, watak 5, kaca 159 | Jagad, watak 1, kaca 152 | Jatha, watak 3, kaca 53; 58.

Y

Yaksa, watak 5, kaca 70; 159 | Yaksi, watak 5, kaca 159 | Yapêpitu, watak 7, kaca 93 | Yoga, watak 4, kaca 157 | Yogi, watak 7, kaca 163.

M

Maha, watak 1, kaca 151 | Muni, watak 7, kaca 91; 94 | Mandêng, watak 2, kaca 153 | Manis, watak 6, kaca 162 | Marna, watak 4, kaca 158 | Maruta, watak 5, kaca 71; 73 | Murti, watak 8, kaca 99; 103 | Marta, watak 4, kaca 157 | Marga, watak 5, kaca 160 | Margana, watak 5, kaca 71; 74 | Murub, watak 3, kaca 155 | Muka, watak 9, kaca 157; 112 | Muksa, watak 0, kaca 169 | Mèdi, watak 1, kaca 39; 42 | Madura, watak 6, kaca 161 | Madya, watak 8, kaca 166 | Mata, watak 2, kaca 47; 49 | Matêngga, watak 8, kaca 165 | Masa, watak 6, kaca 76; 82 | Masuh, watak 4, kaca 158 | Musna, watak 0, kaca 168 | Masuk, watak 9, kaca 167 | Mêsat, watak 0, kaca 169 | Mla, watak 6, kaca 81; 82 | Muluk, watak 0, kaca 169 | Malêtik, watak 0, kaca 118; 122 | Mlêtik, watak 0, kaca 168 | Myat, watak 2, kaca 153 | Manyawak, watak 8, kaca 165 | Manjing, watak 9, kaca 167 | Mênga, watak 9, kaca 168 | Môngsa, watak 6, kaca 161 | Mangèsthi, watak 8, kaca 166 | Manggala, watak 8, kaca 100; 104.

G

Gana, watak 6, kaca 85 | Guna, watak 3, kaca 51; 55 | Gônda, watak 9, kaca 109; 112 | Gandhèng, watak 2, kaca 153 | Gunung, watak 7, kaca 93 | Gora, watak 7, kaca 91; 96 | Giri, watak 7, kaca 89; 93 | Gati, watak 5, kaca 70; 74 | Gatra, watak 9, kaca 109; 114 | Gusti, watak 1, kaca 150 | Gawe, watak 4, kaca 157 | Guwa, watak 9, kaca 108; 111 | Galak, watak 5, kaca 159 | Guling, watak 5, kaca 159 |

--- 178 ---

Glinggang, watak 6, kaca 161 | Gulingan, watak 5, kaca 72; 75 | Gapura, watak 9, kaca 107; 111 | Gajah, watak 8, kaca 99; 104 | Gêgana, watak 0, kaca 116; 121 | Gung, watak 7, kaca 163.

B

Bau, watak 2, kaca 153 | Bahni, watak 3, kaca 51; 55 | Bun, watak 4, kaca 157 | Bana, watak 5, kaca 71; 74 | Bêntèr, watak 3, kaca 155 | Brahma, watak 8, kaca 165 | Brahmana, watak 8, kaca 165 | Barakan, watak 0, kaca 116; 122 | Brastha, watak 0, kaca 170 | Brama, watak 3, kaca 156 | Bramanastha, watak 8, kaca 101; 104 | Biksu, watak 7, kaca 164 | Biksuka, watak 7, kaca 90; 95 | Budi, watak 1, kaca 152 | Badan, watak 1, kaca 150 | Buddha, watak 1, kaca 39; 43 | Buta, watak 5, kaca 69; 72 | Butul, watak 9, kaca 167 | Basu, watak 8, kaca 98; 102 | Basuki, watak 8, kaca 164 | Buwêng, watak 1, kaca 151 | Bolong, watak 9, kaca 166 | Bêdhah, watak 9, kaca 166 | Buja, watak 2, kaca 45; 49 | Bujana, watak 2, kaca 154 | Bajra, watak 5, kaca 160 | Bajul, watak 8, kaca 165 | Bujôngga, watak 8, kaca 101; 103 | Baya, watak 8, kaca 165 | Bayu, watak 5, kaca 72; 73 | Byoma, watak 0, kaca 168 | Bumi, watak 1, kaca 39; 42 | Boma, watak 0, kaca 121 | Babahan, watak 9, kaca 110; 111 | Bêbaya, watak 8, kaca 165.

Ng

Ngrêngga, watak 2, kaca 154 | Nglès, watak 0, kaca 169 | Nggana, watak 6, kaca 78 | Ngabêkti, watak 2, kaca 153.

T A M A T

--- 179 ---

Nglêrêsakên Kalêpatan

[Ralat sudah dimasukkan dalam teks]

--- [180] ---

...

--- [181] ---

Isinipun Sêrat punika

Cêcala ... kaca 3

Pambuka ... kaca 4

Katranganing cêkakan ... kaca 6

I. Sêsorah Bab Sangkalan ... kaca 7

II. Sêrat Ingkang Nêrangakên Bab Sangkalan ... kaca 11

III. Têgêsipun Têmbung Sangkala sarta Côndrasangkala ... kaca 15

a. Panganggenipun Têmbung Sangkala ... kaca 19

b. Panganggenipun Têmbung Côndrasangkala ... kaca 22

IV. Wiwitipun Wontên Anggitan Côndrasangkala ... kaca 26

V. Pangrimbagipun Têmbung-têmbung Ingkang Kangge Sangkalan ... kaca 30

VI. Katrangan Sababipun Têmbung-têmbung Ingkang Sami Gadhah Watak Wicalan ... kaca 36

a. Watak Satunggal ... kaca 38

b. Watak Kalih ... kaca 45

c. Watak Tiga ... kaca 51

d. Watak Sêkawan ... kaca 60

e. Watak Gangsal ... kaca 69

f. Watak Nênêm ... kaca 76

--- 182 ---

g. Watak Pitu ... kaca 89

h. Watak Wolu ... kaca 98

i. Watak Sanga ... kaca 107

k.j. Watak Sadasa (das) ... kaca 115

VII. Wêwahan Katrangan ... kaca 125

a. Ungêl-ungêlan ingkang pakêcapanipun sami utawi mèh sami, ananging beda watakipun ... kaca 125

b. Ungêl-ungêlan ingkang têgêsipun sami utawi mèh sami, ananging beda watakipun ... kaca 127

c. Beda-bedaning pamanggih bab pangrimbagipun ... kaca 128

d. Ungêl-ungêlan sangkalan panggenan ôngka ewon asring botên patos kamanah ... kaca 136

VIII. Pratikêlipun damêl Côndrasangkala ... kaca 139

IX. Sangkalan Mêmêt ... kaca 145

X. Apalan Côndrasangkala ... kaca 149

a. Watak Satunggal ... kaca 150

b. Watak Kalih ... kaca 152

c. Watak Tiga ... kaca 154

d. Watak Sêkawan ... kaca 156

e. Watak Gangsal ... kaca 158

f. Watak Nênêm ... kaca 160

--- 183 ---

g. Watak Pitu ... kaca 162

h. Watak Wolu ... kaca 164

i. Watak Sanga ... kaca 166

k.j. Watak Das ... kaca 168

XI. Pratelaning Têmbung-têmbung ingkang limrah kangge sangkalan kaurutakên dêntaywanjananipun ... kaca 171