Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A)

Katalog:Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75
Sambung:
1.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #781.
2.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #782.
3.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #783.
4.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #784.
5.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #785.
6.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #786.
7.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #787.
8.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #788.
9.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #789.
10.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #790.
11.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #791.
12.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #792.
13.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #793.
14.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #794.
15.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #795.
16.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #796.
17.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #797.
18.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #798.
19.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #799.
20.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #800.
21.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #801.
22.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #802.
23.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #803.
24.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #804.
25.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #805.
26.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #806.
27.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #807.
28.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: Z) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #808.

Baoesastra Djawa

INGKANG NGIMPUN W. J. S. POERWADARMINTA KABANTU C. S. HARDJASOEDARMA J. CHR. POEJASOEDIRA

INGKANG KANGGE ANCER = ANCER SERAT BAOESASTRA DJAWI = WLANDI KARANGANIPUN DR. TH. PIGEAUD ING NGAYOGYAKARTA

f 7,50

KAECAP ING PANGECAPAN J. B. WOLTERS' UITGEVERS = MAATCHAPPIJ N.V. GRONINGEN, BATAVIA, 1939 scottweg 5

--- III ---

BAOESASTRA DJAWA

INGKANG NGIMPUN W. J. S. POERWADARMINTA KABANTU C. S. HARDJASOEDARMA J. CHR. POEJASOEDIRO

INGKANG KANGGE ANCER = -ANCER SERAT BAOESASTRA DJAWI = WLANDI KARANGANIPUN DR. TH. PIGEAUD ING NGAYOGYAKARTA

F 7,50

KAECAP ING PANGECAPAN J. B. WOLTERS' UITGEVERS = MAATSCHAPPAIJ N.V. GRONINGEN, BATAVIA, 1939 scottweg 5

PURWAKA.

Sêrat Bausastra Jawi sampun sawatawis dangu sami kabêtahakên ingakathah, langkung-langkung para guru ing pamulangan ingkang sami nindakakên ayahan nyêrêp-nyêrêpakên lênggah-sèlèhing têtêmbungan tuwin basa Jawi dhatêng momonganipun. Ngèngêti kabêtahaning ngakathah wau, punapa dene margi saking kêdêrêng ing sêkunging manah badhe tumut urun-urun mêpakakên prabot pamarsudining basa Jawi, botên ketang rêkaos dening sarwa cupêt ing samudayanipun, kula kamipurun kumlancang ngrumiyini para paramèng basa ndhapuk sêrat bausastra Jawi alit-alitan, kalampahan sagêd kalêksanan, nuwun inggih kados makatên punika wujudipun. Sêrat punika mligi namung kangge tambêl bêtah utawi namung trimah lowung, têbih saking ingkang nama utami utawi ingkang nama sampurna; wontênipun kawêdalakên awit saking pangraos kula ing jaman samangke para guru ing pamulangan tuwin para rêmên maos sêrat-sêrat Jawi pancèn bêtah gadhah cêpêngan sêrat ingkang kados makatên punika. Sêrat bausastra punika kenging kula wastani utawi prayogi kaanggêpa kados dene cêngkorongan utawi ancêr-ancêr kemawon, bok manawi ing têmbe wingking manawi sêsêrapan basa tuwin kasusastran Jawi sagêd ngrêmbaka papak kalihan sêsêrêpan basa tuwin kasusastran ngamanca ingkang sampun sinêbut muluk, mêsthi badhe wontên sêrat bausastra ingkang langkung rowa tuwin langkung sampurna tinimbang sêrat punika.

Inggih kados punika kemawon wujudipun, sêrat bausastra makatên sabotên-botênipun mêksa inggih kalêbêt ing gêgêbênganing sêrat ingkang marsitakakên kawruh. Ingkang punika salêbêtipun nggarap dhêdhapukaning sêrat punika, ahli basa Jawi, botên kêndhat kula nyuwun wêwêngan sêsuluh dhatêng para sagêd tuwin para ahli basa Jawi, jêr ing saèstunipun taksih nama kêtêmbèn tumrap sakula ngayati pakaryan ingkang sakalangkung wigatos makatên.

Botên kêsupèn kula ngaturakên gênging panuwun kula dhatêng panjênênganipun tuwan Dr. L. C. Cock (samangke ngasta H.I.K.ing Munthilan), ingkang sampun kêsdu paring iguh rêmbag tuwin pratikêl warni-warni. Nama kalêrêsan sangêt, dene anggèn kula ndhapuk sêrat punika lajêng kawuningan ing panjênênganipun tuwan Dr. Th. Pigeaud, inggih punika priyantun nagari ingkang tinanggênah marsudi kawruh basa pribumi. Panjênênganipun kula suwuni pitulungan inggih mulung dhangan paring pitêdah tuwin pamrayogi warni-warni ingkang tanpa upami gênging paedahipun sarta sakalangkung mikantuki tumraping garapan kula punika.

Kalampahan ing taun 1930 garapan kula ingkang sapalih (A-L) sagêd kababar kawêdalakên ing pakêmpalan mardi-basa "Triwikrama" ing Ngayogyakarta. Wêdalipun sêrat bausastra wau nyata dipun gatosakên ingakathah, namung wontên kuciwanipun sakêdhik, dene sêrat wau botên kajangkêpakên babar pisan, njalari cuwanipun ingkang sami ngagêm. Kala sêmantên kula ugi ngaturakên conto dhatêng Handleidings-Commissie ing Bêtawi ingkang dipun sêsêpuhi panjênênganipun tuwan H. Boswinkel. Sasampunipun kapriksa ing sapêrlunipun, têmahan inggih lajêng karsa paring wêwêngan warni-warni ingkang amurih sae lan prayoginipun, punapa dene murih saya murakabi ingakathah. Sêrat bausastra ingkang sampun dados tuwin ingkang taksih awujud rèngrèngan lajêng kaêdum-êdum wradin kasuwunakên rêmbag tuwin kasêmantakakên dhatêng para guru Jawi ing pamulangan lajênganipun pamulangan andhap (Kweek school, Mulo, Normaalschool) tuwin dhatêng para êmpuning basa Jawi sanèsipun. Paringipun rêmbag centhangan, wêwahan, ewah-ewahan, bêsutan, saèstu sakalangkung marêmakên.

Sampun sami kawuningan, bilih ngêdalakên sêrat bausastra makatên botên sakêdhik wragadipun. Pramila nama bêgja sangêt, dene pirmah J.B. Wolters purun ngêcap lan ngêdalakên sêrat punika, inggih punika ingkang dados marginipun sêrat punika sagêd kaêcap tuwin kababar kalayan sae panggarapipun, punapa dene sagêd gumêlar dhatêng pundi-pundi dados cêcêpênganipun para guru tuwin para rêmên maos sêrat-sêrat Jawi. Sampun nama samêsthinipun yèn ta kula sami ngaturakên gênging panuwun kula dhatêng para pangurusing pirmah kasêbut.

Ing sarèhning sêrat punika mligi namung kangge gêgaran utawi cêpêngan ingkang adhakan, pramila ing sasagêd-sagêd katata kadamêl sarwa ringkês lan gampil panganggènipun. Makatên ugi caraning anggènipun nêrangakên têmbung-têmbung inggih kadamêl sarwa prasaja, botên sacara kasarjanan mawi nglari aslining têgês utawi nlusur asaling têmbung, kalimbang-limbang kalihan basa sanèsipun ingkang tunggil pancêr sasaminipun, jêr katêrangan ingkang klorèhan

--- IV ---

makatên saèstu botên mapan yèn kaêwrata wontên ing sêrat bausastra alit-alitan utawi bausastra cêcêpêngan padintênan kados sêrat punika. Mênggah ing bab dhapukan tuwin katêrangan sanès-sanèsipun kaparênga mriksani ing bêbukaning sêrat punika.

Ing wusana botên langkung kula ambali malih, sangêt gênging panuwun kula dhatêng para sagêd tuwin sadaya kemawon ingkang sampun paring pitulungan tuwin rêrigên ingkang tanpa upami gênging pigunanipun. Dene manawi taksih wontên ingkang kêkirangan tuwin galap gangsulipun, wontêna sihipun para kawogan paring susuluh, saèstu badhe kula tampi kalayan sangêt gênging panuwun.

Kasêrat ing Tokyo, 24 Februari 1937.

Nuwun, W.J.S. POERWADARMINTA.

--- V ---

SOROGAN CETAKAN

(A).: Arab / ak.: arang kanggone (mriksanana § 15). / ar.: araning. / bngs.: bangsaning. / br.: basa rinêngga (mriksanana § 15) / jk.: Jawa-Kuna (mriksanana § 15). / êngg.: ênggon-ênggonan (mriksanana § 15). / ent.: entar. / k.: krama. / kb.: kosok-baline. / ki.: krama-inggil. / kyt.: kaya ta. / kn.: krama-ngoko. / ks.: kasar. / kc.: kacocogna karo. / kw.: kawi. / lmr.: lumrahe. / lsp.: lan sapanunggalane. / (M).: Mlayu. / n.: ngoko. / up.: upama. / ut.: utawa. / pr.: paribasan (bêbasan, saloka). / (Prs).: Pèrsi. / (Prt).: Portêgis). / pc.: pacêlathon. / (S).: Sangsêkarta. / saèm.: saèmpêr karo. / (C).: Cina. / cs.: candra-sangkala. / tmr.: (luwih-luwih) tumrap ing. / (W).: Wlanda. / ws.: wangsalan. / wc.: wancahan.

TÊTÊNGÊR.

[x] minangka gêgêntosipun têmbung baku, inggih punika têmbung lingga utawi andhahan ingkang dados lajêr katêrangakên têgêsipun, upami: andhahan ingkang dados lajêr katerangakên têgêsipun, upami: (gayuh), têmbung baku, andhahanipun: ng-[x], di-[x], ng-[x]- [x], [x]-an punika wêtahipun: nggayuh, digayuh, nggayuh-gayuh, gayuhan.

( ) kurung punika tumrap ing têmbung baku mratelakakên bilih têmbung ingkang kakurung wau botên nate utawi awis sangêt kangge madêg piyambak, ingkang kangge namung andhahanipun. Dene manawi kaêtrap ing sawingkinging têmbung utawi ing katêrangan kangge njangkêpi katêrangan mratelakakên sami lsp.

BEBUKA.

KATÊRANGAN SAWATAWIS.

Sêratan.

§ 1. Urut-urutaning aksara utawi alpabèt ing sêrat punika botên kalugokakên kados alpabèt aksara Latin, ing sawatawis radi kalarasakên kalihan kawontênanipun pakêcapan Jawi, inggih punika kadamêl urut makatên:

a - b - ch - d - j - dh - e(è) - e - (f) - g - h - i - y - k - l - m - n - ny - ng - u - o - p - r - s - t - c - th - w - z

§ 2. Aksara ch, f, z kalêbêt awis sangêt kangge wontên ing sêsêratan, ingkang limrah kasêrat miturut kêdaling pakêcapan Jawi. Ingkang punika manawi mrêgoki têmbung ingkang asêsirah aksara wau, mangka dipun padosi ing bawah aksara riku botên pinanggih, punika dipun padosi ing golongan aksara sanèsipun, inggih punika ingkang asêsirah ch dipun padosi ing golongan k utawi h, aksara f ing golongan p, dene aksara z ing golongan j utawi s.

§ 3. Manawi ngupadosi têmbung Jawi ingkang kasêrat jng aksara Jawi asêsirah aksara [...],Huruf Jawa: ha. manawi swaranipun antêb (wêtah) dipun padosi ing bawah aksara h. dene ingkang pakêcapanipun ampang inggih punika ingkang sami kalihan aksara swara, punika sami kalêbêtakên ing bawah aksara swara: a, e (è), ê, i, u, o.

§ 4. Sampun sami kawuningan, bilih wêwaton panyêratipun têmbung Jawi mawi aksara Latin punika ing sawatawis radi beda kalihan ingkang mawi aksara Jawi, ingkang punika manawi badhe ngupadosi têmbung ingkang pinanggih ing sêrat-sêrat ingkang kasêrat ing aksara Jawi, bab gèsèhing wêwaton wau ugi pêrlu dipun èngêti. Makatên ugi ing sêrat-sêrat (aksara Jawi utawi Latin) asring wontên têmbung ingkang panyêratipun beda kalihan paginêman utawi nyimpang saking wêwatoning panyêrat, kabêkta saking kumêdah ngoyak guru wilangan utawi namung kangge èdèn-èdèn pêpacakaning basa. Kangge nggampilakên anggènipun ngupadosi têmbung ingkang kados makatên wau, pêrlu kula ngaturakên ancêr-ancêr sawatawis, kados ing ngandhap punika:

--- VI ---

§ 5. Têmbung ingkang asêsirah wanda panjing [...]Huruf Jawa: pasangan la. (-1-) utawi karakêtan sandhangan cakra (-r-) kêrêp dipun ulur dados tigang wanda, asêsirah wanda swara -a (ing paginêman -ê utawi wontên ingkang dados -u), kadosta: talaga, balumbang, baliwur, balêbêr, daluwang, barubah, saranta, garegah lsp. Têmbung-têmbung ingkang kados ingkang kasêbut makatên punika prayogi lajêng kapadosan ing bawah panjing [...]Huruf Jawa: pasangan la. utawi cakran kemawon, inggih punika ing têmbung: tlaga, blumbang, bliwur, blêbêr, dluwang, brubah, sranta, gregah lsp.

§ 6. Têmbung ingkang angsal sêsêlan: -(a)l utawi -êl-, -(a)r- utawi -êr-, wontên ing sêrat-sêrat kêrêp kalugokakên miturut pangrimbagipun dados têmbung tigang wanda kados ingkang kasêbut ing § 5. Têmbung ingkang kados makatên punika inggih lajêng dipun padosi ing bawah panjing [...]Huruf Jawa: pasangan la. utawi cakran kemawon, upaminipun: galêbyar, kalêpyur, garobyag, garopyak lsp. dipun padosi ing: glêbyar, klêpyur, grobyag, gropyak lsp. Dene ingkang lingganipun apurwa wanda pêpêt (-ê) lajêng angsal sêsêlan -r-, punika dipun padosi ing bawah: -rê-(kêrêt) utawi ing -êr (pêpêt layar).

§ 7. Têmbung-têmbung ingkang kina-kinanipun karimbag sarana atêr-atêr: ba-, bar-, dar-, jar-, ga-, ma-, mar-, pa-, par-, tar-, car-, prayogi dipun padosi ing têmbung baku ingkang asêsirah: bê-, bêr- (ut. brê-), dêr- (ut. rê-), jêr-, (ut. jrê), gê-. mê- mêr-, (ut. mrê-), pê-, pêr- (ut. prê-), jêr-, cêr-.

§ 8. Têmbung-têmbung tigang wanda ingkang asêsirah wanda aswara -a punika limrahipun ing paginêman sami kaucapakên -ê, kadosta: sagara (sêgara), nagara (nêgara), warata (wêrata) lsp. têmbung-têmbung ingkang makatên sami kalêbêtakên kalih-kalihipun pisan, namung ingkang lajêr kasêbutakên ing bawah -a.

Bab pasang-rakitipun bausastra punika.

§ 9. Tatanan urut-urutanipun têmbung baku, inggih punika têmbung ingkang badhe katêrangakên têgêsipun kapêndhêt saking lingganipun. Têmbung lingga wau ing sawatawis wontên ingkang botên nate kangge, liripun ingkang kangge namung andhahanipun; têmbung lingga ingkang makatên punika sami dipun cirèni ing kurung, kadosta: (jupuk), (gawa) lsp.

§ 10. Sanadyan pokokipun ingkang kangge têmbung baku wau lingganing têmbung, ewa makatên murih nggampilakên anggènipun ngupadosi, têmbung andhahan ingkang sampun madêg piyambak utawi ingkang radi pakèwêd anggènipun madosi lingganipun, sami kapacak kadadosakên têmbung baku mawi katêrangan asaling lingganipun. Ing ngandhap punika pêprincènipun têmbung andhahan ingkang sami kadadosakên têmbung baku.

1). a-, ma- kadosta: adu, adus, akon, mabyur, mawur lsp.

2). ang-, mang-, kados ta: andon, anglèr, manglung, manglèng lsp.

3). têmbung tanduk ingkang purwaning lingganipun luluh kalihan atêr-atêripun anuswara (m-, n-, ny-, ng-) kadosta: mapag, malang, nêmbung, nêmbah, nyatur, nyadran, nganggur, ngarang lsp. Têmbung ingkang makatên punika katêranganipun kadamêl ringkês, rowanipun pariksanana ing têmbung baku, inggih punika lingganipun têmbung wau.

4). sa- (sê-), pa- (pê-), pi-, pra-, pri-, kami-, kapi-, kuma-, kados upaminipun: saiki, somah, palaku, potang, piwulang, pralambang, pribumi, kamituwa, kapilare, kumawani lsp.

5). ka- (-an) ingkang dede tanggap, kê- (-an), pa (anuswara), inggih sami kadadosakên têmbung baku, kadosta: kawruh, kêtêmu, konangan, pangon, panon lsp.

6). sêsêlan -um- (-êm-) ingkang saking lingga apurwa: aksara swara, w, p. b, tuwin ingkang sampun madêg piyambak kadosta: mujur, mundur, mati, mingsêd, gumagus, kumaki lsp.

7). sêsêlan -in- ingkang madêg dados kados têmbung aran utawi ingkang ngêmu têgês dede tanggap salugu, kadosta: sinatriya, sinuhun lsp.

8). Têmbung camboran ingkang sampun bawa piyambak, inggih sami kapiyambakakên madêg dados têmbung baku, kadosta: gula-wênthah, bala-pêcah lsp.

§ 11. Têmbung andhahan ingkang kalêbêtakên ing kasusastran punika ngêmungakên ingkang sampun kalimrah ingakathah utawi ingkang pancèn pantês dipun têrangakên têgêsipun, amargi manawi andhahaning têmbung sêdaya dipun wrat badhe kalorèhên tur sakêdhik gina-paedahipun. Sok ugi sampun mangêrtos têgêsing lingganipun, andhahan sanèsipun gampil dipun suraos sarana ngèngêti wêwaton têgêsing rimbag ing paramasastra.

§ 12. Amurih ringkêsipun, sadaya têmbung baku (awujud têmbung lingga utawi andhahan) manawi karimbag malih utawi kangge ing bêbasan lsp. namung dipun ringkês sarana ginantosan ing têtêngêr: [x]: dene manawi margi rêrimbagan wau lajêng ewah wujudipun (swaranipun), murih botên ndadosakên sêling surub sami kasêrat wêtah.

--- VII ---

§ 13. Miturut panganggenipun wontên ing ukara, têmbung satêmbung punika kêrêp mêngku têgês kalih utawi langkung. Pilah-pilahing têgês wau wontên ing sêrat punika ing sasagêd-sagêd dipun silah-silahakên sarana nitik asli, golongan tuwin suraosipun. Manawi suraosipun botên gêgandhèngan, sami kasilah sarana angka Rum, dene manawi suraosipun gêgandhèngan kasilahakên sarana angka Arab. Mênggah pêpilahaning têgês ingkang gêgandhèngan wau, ingkang karumiyinakên têgês ingkang baku utawi têgês ingkang pokok, dene sanèsipun têgês ingkang entar utawi sambutan.

Bab asli tuwin gêgolonganing têmbung.

§ 14. Bab katêrangan aslining têmbung inggih punika: (A) Arab. (M) Mlayu, (Prs).Pèrsi, (Prt) Portêgis, (S) Sangsêkêrta, (C) Cina, (W) Wlanda, punika mligi namung kangge ancêr-ancêr kemawon. Pramila botên katêrangakên kados pundi ungêlipun utawi têgêsipun ingkang sakawit, jêr katêrangan ingkang rowa makatên pantêsipun dipun êwrat wontên ing sêrat bausastra ingkang langkung agêng. Têmbung ngamanca wau dadosipun têmbung Jawi kathah ingkang ewah têgêsipun, malah wontên ugi ingkang têbih sangêt kalihan têgês ingkang sakawit, punapa dene wontên ing basa Jawi, wontên ingkang dados têmbung kawi, krama, krama inggil, ênggèn-ênggènan lsp. Mênggah katêranganing têgêsipun têmbung ngamanca wau ngêmungakên miturut sasampunipun dados têmbung Jawi. Dados botên kumêdah ngrêsikakên utawi nggondhèli têgêsipun ingkang sakawit. Têmbung ingkang aslinipun pancèn saking ngamanca, nanging sampun luluh sangêt kalihan basa Jawi ngantos dados têmbung jawi dêlês. Sami botên kadèkèkan ciri katêrangan, kados upaminipun têmbung: sêkolah, griya, rêdi, bumi, putra, swarga lsp.

§ 15. Wondene katêrangan ingkang mratelakakên gêgolonganing têmbung-têmbung kangge gampil-gampilan kenging kapilah dados kalih warni, inggih punika: miturut jinisipun (kawontênanipun) kalihan miturut unggah-ungguhipun.

Katêrangan golonganing têmbung ingkang miturut jinisipun:

1). ah (arang kanggone) punika mratelakakên bilih têmbung wau sampun pêjah (botên njaman) utawi sampun awis sangêt kêsrambah wontên ing pasrawungan jaman samangke, kêjawi wontên kalangan kasêpuhan.

2). br. (basa rinêngga) punika salugunipun namung têmbung limrah, nanging margi kaewahan swaranipun utawi rêrimbaganipun utawi traping panganggenipun lajêng namung dados têmbung pacakan wontên ing karangan-karangan, botên limrah kangge wontên ing paginêman utawi sêrat-sêrat limrah.

3). jk. (Jawa-Kuna) inggih punika têmbung-têmbung Jawi ingkang pinanggih wontên ing sêrat-sêrat kina. Rèhne têmbung jk. punika ingkang limrah lajêng dados têmbung kawi utawi kw. ak (kawi arang kanggone), mila katêrangan jk.-wau namung katumrapakên ing têmbung-têmbung sawatawis ingkang limrahipun botên kalêbêt ing jinis têmbung kawi.

4). êngg. (ênggon-ênggonan) inggih punika têmbung-têmbung ingkang botên mratah utawi ingkang botên kalêbêt ing gêgêbênganing basa Jawi ingkang kangge wêwaton (basa Surakarta), dados kanggenipun namung wontên ing salah satunggaling panggènan kemawon.

5). kw. (kawi) inggih punika têmbung-têmbung ingkang kangge wontên ing babaraning kapujanggan Jawi (sêrat-sêrat, sêkar, padhalangan lsp), botên nate kangge wontên ing basa padintênan. Dene ingkang dipun cirèni kw. ak. punika têmbung kawi ingkang sampun awis kangge wontên ing karangan kapujanggan jaman samangke pinanggihipun namung wontên ing sêrat-sêrat ingkang sêpuh-sêpuh.

6). pc. (pacêlathon) inggih punika têmbung-têmbung ingkang limrahipun namung kangge wontên ing paginêman, yèn kangge wontên ing sêrartan inggih ing karangan ingkang basanipun kados basa paginêman. Têmbung pc. punika kathah ugi ingkang wujud têmbung wancahan (wc), sêmbranan lsp. Sarta kathah ingkang gêsangipun namung mangsan. Liripun namung sawatawis taun lajêng ical tanpa lari. Têmbung-têmbung ingkang kacirènan ks. (kasar) punika limrahipun ugi namung ing paginêman.

7). wc (wancahan) inggih punika têmbung cêkakan utawi cêngkiwingan punika ingkang kathah kalêbêt ing jinis pc.

Katêrangan golonganing têmbung ingkang miturut unggah-ungguhipun, inggih punika: k. (krama), ki. (krama-inggil), kn. (krama-ngoko), n.(ngoko), prakawis punika kados botên pêrlu kula aturakên silah-silahipun.

§ 16. Kêjawi ingkang kasêbut ing nginggil punika wontên gêgolonganing têmbung ingkang kalimrah kawastanan: madya, basa kêdhaton, krama-desa tuwin krama-wênang. Têmbung madya ing sêrat punika kula lêbêtakên golongan: katitik pc. (krama pacêlathon), basa kêdhaton tuwin krama-desa kula golongakên êngg. k. (ênggon-ênggonan krama), dene krama-wênang ingih punika têmbung ingkang kenging kakramakakên kenging botên, kula susulakên ing sawingkinging têmbung ingkang katêrangakên sarana ciri kurung. Têmbung ki ingkang namung kalimrah wontên Ngayogyakarta kula golongakên ing golongan êngg. ki.

--- VIII ---

§ 17. Kangge ngirid papan têmbung ingkang wontên kramanipun utawi wontên krama-inggilipun namung kula sêbutakên sapisan wontên ing ngajêngan, lajêng andhahanipun botên kula wangsuli malih, punika nêrangakên bilih andhahanipun wau inggih kakramakakên utawu kakramakakên inggil kados têmbung baku, dene ingkang nyêbal sami kula wêwahi krama utawi krama-inggilipun.

§ 18. Katêrangan kn. punika mligi namung tumrap ing têmbungipun baku, dados yèn wontên atêr-atêripun utawi panambangipun ingkang kenging kakramakakên punika botên atêgês inggih katut ing katêrangan kn wau, upami: (tapuk) di-[x] -ake kn: ... punika kajêngipun ingkang kn punika namung têmbungipun tapuk, dados di-, kalihan -ake manawi kangge ing basa krama inggih kêdah kakramakakên dados: dipun kalihan -akên. Makatên ugi manawi ingkang kangge têmbung baku wau têmbung andhahan, upaminipun: nyalahake kn: ... punika manawi kangge ing basa krama -ake wau inggih dipun kramakakên.

--- 1 ---

A

aang: êngg. kn tansah kêpengin mêmangan (gunêman, ngombe).

aba: kn 1 ak. swara, ujar, 2 prentah, pakon, diabani: diprentahi sarana swara, dikon.

abab: kn hawa saka ing cangkêm, mung [x] bae pc: mung swara thok ora ana kanyatakane, di-[x]- i: didamoni, dikênani abab, kc. kababan.

abad: (A) kn 1 ak. langgêng, lêstari, 2 jaman kang suwene 100 taun.

abadi, abadiyah: (A) kn. ak langgêng, kalanggêngan.

abah-abah: kn 1 prabot, piranti, 2 ([x]-tênunan) ak. piranti dianggo nênun, 3 ak. lapak, di-[x]-i: 1 ditrapi lapak kêndhali lsp. (tmr. jaran), 2 diujar-ujari.

abahan: kn 1 prabot sarta bêbakaling omah, krêtêg lsp (kayu), ora dadi [x] pc: ora kanggo ing gawe, 2 ak. landhêsaning wong kang ditugêl gulune, kumurêb ing [x] br: pasrah pati urip.

aban-aban: êngg. kn swara sêru, kc. aba.

abane, abêne: êngg. nitik swarane kaya ..., ayake ...

abang: n abrit k warna kaya dene warnane gêtih, mung dianggo [x]-[x] lambe pc: têtêmbungan manis mung samudana, ng- [x] bironi pc: bingung ênggone golèk butuh, kc. bang, bang-bang.

abangan: kn (wong [x]) kang ora nglakoni agama.

abar: I kn ilang (êntèk) dayane, ngabêr, abêr. II di-[x]-ake kn.ak: 1 dikabrukake (tmd.tmr. jago kang arêp diêdu), 2 diagag-agagake (tmr. gêgaman), 3 dicoba arêp disumurupi rêgane sarana ditawakake marang liyan (tmr. barang kang pangaji), [x]-[x]-an: arêp kabruk-kabrukan (padha dene ngancang-ngancangi ngabruk, (tmr. jago adon), kc. ngabar.

abdas: (Prs) kn. ak wulu (rêrêsik ngarêpake sêmbahyang), kc. padasan.

abdi: (A) ki batur, diabdèkake: dingèngèrake, didadèkake batur.

abdi-dalêm: kn 1 priyayi abdining ratu, 2 baturmu (ngasorake atêgês: aku, -ku).

abjad: (Prs) kn. ak carakan Arab.

abèn-abèn: êngg pirangbara.

abên: I êngg 1 sabên, 2 (ut.abèn) kêrêp. II dipun-[x] k: diadu, [x]-[x]-an k: adon-adon.

abêr: I kn 1 êntèk dayane, ngabar, 2 suda kaluwihane (mari digdaya lsp), kc. abar. II kw: mabur, [x]-[x]-an ak: manuk, kc. abur.

abêt: êngg. kn 1 tabêt, tilas, 2 kamanuhan, saradan, [x]-e êngg: ayake, kc. labêt, tabêt.

abêt-abêt: kw batur wadon ing patapan.

abiyasa: (S) kw. ak manuh, lumrah.

abikara: (S) kw priyayi.

abilasa: (S) kw. ak hawa nêpsu.

abimana: (S) kw. ak umuk, kumingsun.

abimantrana: (S) kw.ak bêrkah, donga.

abinawa: (S) kw.ak 1 anyar, ênom, 2 anèh, gumunake.

abing: pc abang bangêt.

abipraya: (S) kw 1 ak. niyat, sêdiya, 2 (sa-[x]) rukun, rujuk.

abir: kn pêdhang ginaran landheyan (gêgaman Cina).

abirama: (S) kw.ak 1 endah, ayu, bagus, 2 pangrasa, murka.

abirupa: (S) kw. ak endah.

abis: pc êntèk, [x] bulan ([x] taun): pungkasaning sasi (taun).

abiseka: (S) kw 1 jumênêng ratu, 2 jêjuluk, jênêng (ing ratu).

abit, abèt: êngg. kn awit, wiwit, kc. obat-abit.

abiwada: (S) kw pakurmatan, pangaji-aji, di-[x] kw: dikurmati, disungga-sungga.

(abyag, abyak): di-[x] (-i) pc diampyak.

abyor: kn katon sumorot akèh (tmr lintang-lintang).

(ablak): ng-[x]-[x] êngg. pc mênga amba.

abu: (A) kn.ak bapa.

abuh: kn mundhak gêdhe tmr peranganing badan marga lêlara.

abuk: I di-[x] kn 1 didhaku ut.diêpèk (kalawan ora sabênêre), 2 pc. digabrul. II êngg. kn. bubuk (an). III êngg. kn: rabuk.

(abul): di-[x]-[x] êngg. kn diudhal-udhal (dibuwangi, diwratakake lsp) mênyang ngêndi-êndi, kc. mabul.

abur: kn lakuning manuk lsp. ing awang-awang, di-[x]- ake: diuculake lsp. supaya mabur, [x]-[x]-an ak: manuk-,manuk, kc mabur, kabur.

abon: I kn (iwak [x]) lêlawuhan kang digawe sayatan iwak. II êngg. kn: tukang têbas gawe (nglinting) rokok. III [x]-[x] kn ak: uba-rampe (ning slamêtan lsp).

abong-abong: êngg.kn ambakneya, dupèh.

abor: êngg.kn putih lan kuninge campur (tmr.êndhog, wis ala).

abot: n awrat k 1 akèh bobote, ora ènthèng, 2 rada pakewuh, ora gampang, 3 wigati, pêrlu, kc. bot, bobot, kabotan.

abra: kw sumorot mawa cahya.

abrag: I ut. [x]-[x] kn bêkakas ut. prabot, piranti-piranti II (W) êngg.pc.:bongkaran (omah lsp).

abrat-abrat: pc muncrat-muncrat, mancur-mancur.

(abrik): diobrak-abrik kn dirusak bosah-basih.

abrit: k abang.

(abrut): di-[x]-[x] pc 1 diudhal-udhal, 2 diêcèh-êcèh, kc. mobrat-mabrut.

absah: kn 1 wis miturut surasaning wêwaton ut. anggêr-anggêr (lumrahe tmr.babagan agama Islam), 2 êngg, pc. wis bèrès, wis lunas, di-[x]-ake: dianggêp (ditêtêpake) absah.

ada: I [x]-[x] kn 1 sêrat lajêr (ing godhong),

--- 2 ---

gagang (ing wulu), 2 ak congkog, 3 ar. têtêngêr ing tulisan Jawa (...)Huruf Jawa: adêg-adêg. II (ut. [x]-[x]) kn: 1 wiwit nindakake (gawe) apa-apa sing durung tau ana, 2 panêmu (reka, usul lsp). kang wiwitan (durung tau ana), 3 suluk ing padhalangan, sugih [x]: sugih panêmu (reka) kang ditindakake, adane ... êngg lagi mangsane ... lagi ungsum ..., diadani: diwiwiti nindakake ada-ada.

adab ~ adol.

adab: (A) kn. ak alusing bêbudèn, tata krama, kasusilan.

adabiyah: kn ak adawiyah, adaniyah.

adaini: kn ak bayu gêdhe dalan gêtih (ing gulu), ngêtokake [x]: ent tumandang kalawan karosan (mêmpêng).

adama: (S) kw. ak asor, nistha.

adan: I (A) kn alok-alok dianggo ngelingake supaya padha salat, di-[x]-i ak: dielingake sarana adan. II di-[x]-i êngg kn: 1 diawat-awati, dirigênake (tmr. pagaweyan), 2 diladèni, kc dandan.

adang: n. bêtak k ngliwêt nganggo dandang (lan kukusan), kc. dang.

adangiyah, adawiyah: (A) kn pandonga (pamuji, pakurmatan), ing bêbukaning layang

adara: (S) kw. ak pangaji-aji, kurmat.

adas: kn ar. têtuwuhan wohe digawe tamba, lênga lsp; sêmbur-sêmbur [x] (siram-siram bayêm) pr: marga pujining wong akèh bok manawa bisa kalêksanan.

adat: (A) kn tatacara kang wis kêlumrah (wiwit biyèn mula), kalumrahan; [x]-e, [x] sabên: lumrahe kaya kang wis tumindak; owah [x]-e pc: edan; [x] waton (ing nagara) kang wiwit kuna mula: kc. padatan.

adawiyah: kn. ak adangiyah.

adbuta: (S) kw. ak nggêgirisi, bangêt, kêluwih-luwih.

adèn-adèn: kn dandanan lsp. kang digawe sarwa bêcik; kc. adi.

adêg: kn 1 ak. kaananing apa-apa sing njêjêr jêjêg (ora rubuh); 2 ênggone dadi (tmr. omah); 2 ênggone dadi (tmr. omah, yêyasan lsp). up. [x]-e mêsjid Dêmak; 3 ent. bêbaku, pokok, jêjêr; [x]-[x]: 1 cagak loro dianggo uwat-uwat; 2 ar. têtêngêr ing tulisan Jawa (...);Huruf Jawa: adêg-adêg. 3 bab (ing layang); [x]-[x] saka: mubêng ngganjrêt nganti kaya mênêng bae (tmr. gangsingan); ng-[x]: njêjêr jêjêg (ora rubuh); di-[x]-ake; 1 ditata (dipasang) ngadêg; 2 digawe (dianakake) tmr. pakumpulan, nagara lsp.; 3 (dijumênêngake 'ki) ditêtêpake (diangkat) dadi: ([x]-) [x]-an: 1 mung apadha ngadêg: 2 (jumênêngan ki) têtêpan (angkatan) dadi; kc. madêg, pangadêg.

adi: kw 1 linuwih; 2 bêcik; 3 kn. ar. windu; [x]-[x], adèn-adèn: (barang-barang) kang bêcik ut. pangaji bangêt; di-[x]-[x], diadèn-adèni kn. ak: 1 diaji-aji bangêt; 2 diêmi-êmi, digêmatèni bangêt; 3 êngg. pc. diugung, diênung-ênung (tmr. bocah cilik); di (-adèk)-adèkake; kc. èdi, ngadi.

adibusana: kw sandhangan kang bêcik; ng-[x] kw: macak, dandan.

adigang: kn. ak ngêndêl-êndêlake ênggone rosa (kuwat, digdaya, kuwasa).

adiguna: kn. ak. ngêndêl-êndêlake kapintêrake (kaluwihane).

adigung: kn. ak ngêndêl-êndêlake kaluhurane.

adiyah, adiyat: (A) kn. ak pawèwèh, ganjaran.

adil: (A) kn jêjêg anggone nibakake pêpancasan, ora pilih sih; di-[x]-i: dipriksa (ditimbang-timbang) êndi kang ala (salah) êndi kang bêcik (bênêr); kc.pangadilan.

adilaga: kw paprangan.

adimuka: (S) kw pangarêp, panggêdhe.

adipati: (S) 1 kw ratu; 2 kn sêsêbutane bupati mancanagara sarta pêpatih dalêm ing Surakarta lan Ngayogyakarta.

(adiraga): ng-[x] kw macak, dandan.

aditya: (S) kw srêngenge.

adiwignya: (S) kw pintêr bangêt.

adnyana: (S) kw. ak pangêrti, akal.

adu: n. abên k 1 ak. gêgathukan, gathuk (têpung), up. [x] tritis; 2 akon tarung, narungake, up. [x] jago; 3 rêbut unggul mungguhing ..., up. [x] bêgja, [x] kapintêran; 4 bumbu ut. campuran ing jamu lsp.; [x] arêp (abên ajêng k); arêp-arêpan, ana ingarêpan; [x] manis pc; gathuk trêp bangêt, cocog bangêt; [x] mancung; pojokane digathukake ana ing dhuwur bathuk (tmr. ikêt-ikêtan); [x] rasa ([x] sêmu); padha dene pasang ulat (arêp padu); di-[x]: 1 digathukake; 2 ditarungake: di-adon)-adoni dipun-abên-abêni k): 1 dijantoni, dibumboni; 2 diojok-ojoki supaya padha padon (sarana diwaduli kang ora-ora); kc. adon, padu.

adul-adul: pc wadul marang; kc. wadul.

adus: kn. siram ki ngrêsiki awak sarana digêbyur (nyilêm lsp) ing banyu; [x] grujug; adus digrujug êndhase; [x] kringêt ent; (kanthi) kangèlan ut. rêkasa bangêt; [x] wuwung; adus êndhase (rambute) disiram (lan dikramasi); kc. dus.

adoh: n. têbih k amba antarane ut. lête (tmr. dununging panggonan, ent. tmr. aluraning saduluran); kc. doh.

adol: n. sade k 1 nawakake (nglilakake, mènèhake) barang dêdagangane (wêwênange lsp.) marang liyan kalawan lêliru dhuwit; 2 ent. ngaton-ngatonake, mamèrake; [x] ayu ([x] bagus): mamèrake ayun ([x] bagus): mamèrake ayune (baguse) supaya disênêngi; [x] awèh tuku arêp pc: têtêmbungane wong dodolan mratelakake yèn rêgane barange ora larang; [x] gawe: ngaton-ngatonake pagaweane supaya diaranana srêgêp; [x] gêmbès ks: laku palanyahan; [x] gêndhung pc: kumingsun, umuk; [x] lêpas ([x] têrus, [x] plas): adol palêmahane

--- 3 ---

lsp. ora bakal ditêbus manèh: [x] umuk ([x] sêngung): sênêng sêsongaran: [x] gadhe ([x]sendhe): nggadhèkake palêmahane lsp: kulak warta [x] prungon pr: ngrungok-ngrungokake pawarta: [x] swara: ngapus-apusi; [x] taunan: nyewakake palêmahane (sawahe); kc. dol, dodol.

adon ~ (adhang).

adon: n. abênan k (jago [x]) kang diêdu; (adon-)adon n. abên-abênan k: 1 tarung, didu (tmr, jago lsp); 2 sêsambungan rêrakitan (ing balungan omah, piranti-piranti lsp); 3 campuran ut. jantu (ing jamu lsp); kc. adu.

ados: êngg. kn bungkêr (tmr. woh); kc. ngados.

adrès: (W) kn ngalamat (ing layang); di-[x]-i: ditulisi adrèse.

adrêng: kn kêpengin bangêt, kumudu-kudu; kc. dêrêng.

adrês: kw dêrês, bantêr.

adri: (S) kw gunung.

adya: kw adi.

adyaksa: (S) kw. ak pasaksi, jaksa.

aja: n. sampun k ora kêna (nindakake, nglakoni), ora prayoga yèn; [x] manèh ([x] silih êngg): 1 ora mung ... bae, sanadyan ...; 2 bok iya ... pisan; [x] sing ([x] manèh): ora mung ... bae, sanadyana (malah, bok iya) ...; [x] pisan (-pisan): ora kêna babar pisan (pamênging); [x] sok: ora prayoga yèn; [x] nganti: supaya ora; [x] ta ([x] si, [x] sinèh êngg): bok iya aja (nindakake); [x] sik ([x] dhisik): mêngko dhisik! [x] tan ora br: ora kêna ora, kudu; diajani kn: diojok-ojoki, dikon supaya nindakake.

ajag: I kn (asu [x]) asu alasan; di-[x] ak: diburu sarana dioyakake ing asu. II di-[x]-i kn: disêsêli (disêlani, ditanduri) tanduran liya, kayata pari gaga disêlani jagung.

(ajah): di-[x]-ake êngg. kn diajari nyandêr lsp.

ajaib: (A) kn. ak elok, nggumunake.

(ajak): [x]-[x], ng-[x] kn akon mèlu (nindakake); di-[x]: dikon mèlu (nindakake): [x]-[x]-an: padha ngajak.

ajat: I [x]-e êngg. pc jajale, coba! II ([x] kamulan) kn: asal, mula-buka, kawitan.III (A) kn: 1 ak. watês, wangênan; 2 mati, pati.

ajal ulihan: ([x] mulihan) kn. ak mulih (bali) marang asale.

ajang: kn 1 wêwadhahing sêga kang dipangan (piring lsp); 2 ent. papan kang dianggo (pêrang, karamean lsp.); tunggal [x] pc: tunggal pagawean; di-[x]-i: diwènèhi ajang; 2 ent. disêdiyani papan dianggo (pista, pakumpulan lsp).

(ajap): di-[x](-[x]) kn diarêp-arêp (dipujèkake) supaya.bisa; 2 (ut. [x]-an) pc.wulangan, panggêgulang; kurang [x] kn: murang tata, clinthisan; di-[x] I diwulang, digladhi supaya bisa; 2 (ut. di-[x]-i) digêgulang ut.dilêlatih supaya manuh (tmr. kewan); 3 pc. disrêngêni (dipilara lsp). II kn. ak: pandhita tapa. III kn irah-irahan jêruk.

ajat: I (A) kn.ak 1 niyat, pêpenginan 2 kabutuhan; kc. kajat. II (a) kn: slamêtan, kêndhuri.

(ajèk): di-[x] êngg. pc diajak.

ajèr: kn 1 luluh sarta dadi cuwèr (marga dipanasi lsp.); 2 ak. cuwèr; 3 ([x] ulate) pc. polatane katon sumèh (mari nêsu); kc. jèr.

ajêg: kn 1 têtêp ora owah-owah; 2 tansah bola-bali; di-[x]-ake: digawe ajêg, dilêstarèkake; [x]-an pc: tansah, pijêr.

ajêng: I k arêp, adhêp, aju; dipun-[x]-[x] k: diarêp-arêp; dipun-[x]-i k: 1 diarêpi; 2 diajoni; dipun-[x]-akên k: diarêp-arêp; dipun-[x]-akên k: 1 diarêpi; 2 diajoni; dipun-[x]-akên k I diarêpake, diadhêpake; 2 diajokake; [x]-[x]-an k: arêp-arêpan, adhêp-adhêpan. II k. ak: ayu:, kc mas-ajêng, dhiajêng lsp.

aji: I (ut.[x]-[x]) kn rapal, (donga lsp.) kang marakake bisa ngêtokake kaluwihan. II diajèkake kn. ak: diwacakake Kur'an (tmr. wong kang wis ajal); kc: ngaji. III n. aos k: 1 rêga, rêrêgan; 2 ana rêgane; di-[x]-[x], diajèni (disuhun-suhun ki); dikurmati bangêt, disungga-sungga; diajèni; disêgani; kc. pangaji. IV. kw: ratu. V (A) êngg. kn: 1 kaji, haji; 2 (wulan [x]) sasi Bêsar.

ajidan, ajudan: (W) kn ar. apangkat saradhadhu.

ajil: êngg aja.

ajir: êngg. kn anjir.

aju: I êngg enggal, rikat. II n. ajêng k: laku, mêngarêp, kc: undur; [x]-undur: mundhak sudane

diajoni: dicêdhaki sarana mlaku mêngarêp; diajokake: digawa (disodhokake lsp) mêngarêp; kc. maju, ajon, kêmajon. II (ut. ajo) êngg: aja.

ajudan: kn kc. ajidan.

ajug-ajug: kn 1 sanggan diyan ut. clupak, 2 êngg. peranganing garu (kang diango cêkêlan).

(ajum): di-[x] kw ditata, kc. êjum.

ajum: (W) kn pambantu, pangkat sangisore up. [x] jaksa.

ajur kn: 1 rêmuk, 2 luluh ajèr (ana ing barang cuwèr), 3 pc. rusak babr pisan, 4 ([x]atine).kakênan, kêpranan bangêt, kc. jur.

ajon: I kn gilirane kang maju). II [x]-[x] kn: undhakan (tmr. totohan, panganyang); di-[x]-[x]-i: diundhaki (tohe, panganyange).

ajrih: k wêdi.

adha: êngg. kn bêndungan.

(adhag): ng-[x]-[x] kn 1 ngênthak-ênthak ora katutupan; 2 turu mlumah; di-[x]-[x]-ake: dilumahake.

adhah: êngg kn wadhah; di-[x]-i êngg: diwadhahi.

adhakan: kn 1 gampang kêtêmune (golèk-golèkane), kêrêp kêsrambah: 2 cakêt, cêdhak; adhakane: kalumrahane sok banjur ...

(adhang): di-[x] kn diêntèni têkane, (ana ing dalan); di-[x]-i ak: dicêgati, dipêpêti, (sarana tangan dijêpapangake).

--- 4 ---

adhangan ~ ahêngkara.

adhangan: kn.ak tanpa karibêdan apa-apa; kc. dhangan.

adhèg: kn usêl-usêlan arêp lêlakèn (tmr. kewan).

adhèyan, adheyan: kn nyirig bantêr (tmr. lakuning jaran): diadhèhake: dilakokake adhèhan.

adhèk: êngg. kn adhi

adhèng: kn mari sêdhih (-lara, -susah).

adhêl: (W) kn isih darah.

adhêm: n. asrêp k 1 anyêp, ora panas, 2 pc.sarèh, ora sêrêng, 3 pc. kurang sathithik saka bobote kang mêsthi, di-[x]-i: 1 (ut.di-[x]-ake) digawe luwih adhêm, 2 ak. (atine) ak. diarêm-arêmi, dilipur, [x]-an êngg. ak: wêngi (dianggo petungan).

adhêp: n. ajêng k arêp (ênêr); di-[x] kn: 1 (ut. di-[x]-ake) diarêpake (dumunung ana ingarêpe); 2 disowani, diseba ing; di-[x]-i kn: dicêdhaki ing, disèlèhake ingarêpe; [x]-[x]-an: 1 n. ajêng-ajêngan k: arêp-arêpan; 2 kn. apa-apa kang diadhêp; kc. madhêp.

adhi: kn. rayi ki. 1 sêdulur ênom; 2 ent somah; 3 barang kang tunggal wangun nanging luwih cilik.

adhik: êngg. pc. adhi.

adhing: êngg. kn nanging mêksa ...

(adhu): di-[x] êngg. pc digadhon.

adhuh: pc pasambat lara, gumun lsp.

(adhuk): di-[x] êngg. kn dipaculi didhudhukake; kc. campur adhuk.

(adhul): di-[x]-[x] kn diudhal-udhal sarta diawut-awut.

adhum: I kn. ak edhum, eyub. II [x]-[x]-an kn.ak: rêrêmbugan prakara wadi.

adho: I êngg.kn patrap, cara; di-[x] êngg: 1 ditrapake; 2 ditata, dipranata. II pc. adhuh.

adhong: êngg. kn bngs. irig dianggo golèk iwak.

ae: êngg. pc bae.

aèn: êngg mêsthi kc. ngaèn.

aèng: kn elok, anèh.

aèr blanda: êngg. pc banyu landa.

(aès): di-[x] kw dipaèsi, dipacak.

aêm: êngg. pc mangan (têtêmbungan bocah cilik).

aga: êngg. pc 1 saga; 2 jaga.

(agag): di(-[x])-[x]-i kn diacungi gêgaman lsp (kaya arêp ditamakake).

agahan: kn ati kêsusu sarta sumaguh arêp tumandang (nampani, nindakake).

agak: I êngg. kn pangarêp, lêlurah. II di-[x]-[x]-i êngg. kn: diagag-agagi. III êngg. kn: kira; yèn [x]-e êngg: mênawa sakira ... di-[x] êngg: dikira; ng-[x]-[x] êngg: ora turu-turu marga akèh kang dirasakake.

agal: kn 1 ora lêmbut; 2 ent. kasar, wadhag; di-[x]-i ak: 1 ora dilêmbutake; 2 dikasari, dipêksa.

agama: n. agami k kêklumpukaning tatacaraning panêmbah, piwulang-piwulang, pangandêl tuwin tindak kautaman.

agan: êngg. kn sêdiyan, jagan.

(agar): ! ng-[x] kn.ak gawe gêni sarana kayu digosokake; ng-[x] mêtu kawul pr: nggêgasah ora digape; kayu [x]-an ak: kayu kang dianggo ngagar. II di-[x]-[x]-i kn: diagag-agagi.

age: kn. ak enggal, rikat; [x]-[x] rêrikatan.

agèh: I êngg ayo. II di-[x]-i êngg: diwènèhi.

agèk: êngg lagi.

agèn: (W) kn 1 wong kang dadi panglantar ngêdolake dagangan saka pabrik (toko gêdhe); 2 (pulisi-[x]) êngg. upas pulisi jaga dalan.

agêl: kn sêrating kulit (papah) gêbang (sok digawe tali lsp).

agêm: I kn 1 bêntèlan pari (kurang luwih 5 kati); 2 êngg. wilangan pari ana 25 bêntèlan (± 375 kati). II [x] dalêm (rasukan lsp) ki: klambimu; di-[x] ki: diênggo.

agêng: k gêdhe.

agêp: êngg arêp.

agêr-agêr: kn bngs. têtuwuhan sêgara kang digawe gudir.

agi: pc lagi.

(agir): ng-[x] kn têturon mêngkurêb êndhase njêngèngèk; di-[x]-i ak: dituroni mêngkurêb.

agya: kw enggal, rikat; kc. age.

(aglah): ng-[x] êngg. kn linggih mêpêti dalan (ana ing têngah lawang lsp).

aglar: kw gumêlar, ditata gumêlar; kc. gêlar.

aglis: kw gêlis, enggal.

agni: (S) kw gêni.

agnya: (S) kw prentah, pakon.

agnyana: (S) kw. ak akal, pangêrti.

aguk: êngg. kn gumêdhe, anggak.

agul-agul: kw gêgêdhug, andêl-andêl.

agung: 1 kw gêdhe; 2 kn. akèh banyune (tmr. kali, sumur lsp); tiyang [x] êngg.k: wong akèh.

agus: êngg ak bagus (sêsêbutan anake priyayi kang dudu darah).

Agustus: kn sasi Wlanda kang kawolu.

(agol): di-[x]-[x]-i kn diêndhêg-êndhêgi, dialang-alangi; kc. gol, kagol.

(agop): tan-[x] (ora-[x]) kw ora kêndhat, tanpa lèrèn.

agor: kn gêdhe sêmu êrak (tmr.swara); ng-[x]-[x]-i: swarane wiwit malih gêdhe (tmr. bocah lanang).

agra: (S) kw pucuk, puncak.

(agrang): di-[x]-ake kn. ak disèndhèkake; kc. anggrang.

agrêng: kn. ak (alas [x]) alas gêdhe.

agrin:g kw lara kc. gêring.

(agru): di-[x]-[x] ... (diagro-agro ak) dirusuhi, dibêbeda, diganggu.

agrong: kw (jurang [x]) jurang jêro.

ah: pc sabawa nelakake wêgah, ora kêduga lsp.

Ahad: (A) kn. ak dina Ngahad (kang kapisan).

ahêngkara: (S) kw. ak angkara.

--- 5 ---

(ahyas) ~ akèn.

(ahyas): di-[x] kw. ak dipacak, dipaèsi; kc. aès.

(ahlèn): lênggahan [x] êngg jagongan kaya sacaraning sêdulur (kb. lênggahan pranatan); kc. ahli.

ahli: I (A) kn wong kang pintêr (putus) ing sawijining kawruh. II (ut. ahli waris) kn: sanak sêdulur, krabat.

ahlul: (A) kn. ak wong kang pintêr (putus) ing ...

ahlul sunat wal jama'at: (A) kn maton pangibadahe (tmr. Islam).

ahwaya: (S) kw. ak jênêng, aran.

ai: êngg sabawa nelakake maido lsp.

aib: (A) kn. ak ora kasatmata, winadi; kc. gaib.

ail: kn kêsêl tmr. cangkêm (kaya upamane mangan jagung).

aing: I êngg nanging. II êngg: aku, -ku.

aingan: êngg kakèhan pawadan.

(ait): di-[x] êngg didudut, disingkirake: kc. sait.

(aya): di-[x]-[x] kn ditindakake (digarap lsp) kanthi rêkasa.

ayab: êngg. kn bgns,bngs. jaring gêdhe nganggo garan dawa; di-[x] êngg; diwatun; kc. ayap, sayab.

ayag: I yèn [x]-e êngg, pc yèn agake (kirane). II [x]-[x]-ên êngg. ak: awang-awangên ut. rumangsa wêgah.

ayah: I kn sabawa nelakake maido, ora cocog; kc. yah. II pc: wayah. III ng-[x] êngg: ngawang, ngawur.

ayahan: kn pagawean (atas saka prentahing dhêdhuwuran) kang kudu ditindakake.

ayak: I ut. ayake pc 1 mêsthine, wis gênah; 2 patute, bok mênawi bae; kc. layak. II di-[x] kn: disaring (tmr. glêpung, wêdhi lsp); [x]-an: saèm. kalo dianggo nyaring, III di-[x]-i êngg: diundang (ing panggêdhe, dikon nyambutgawe lsp); [x]-[x]-an: ar. gêndhing.

ayam: I k pitik. II ng-[x]-[x] kn. ak: 1 ngancam, ngagag-agagi; 2 ngarêp-arêp bangêt; 3 saèm. nyirig (tmr. jaran).

ayam-ayaman: kn ar. manuk bngs. mliwis.

ayam-alas: kn bngs.pitik alasan (bisa mabur); nusup ng-[x] pr: nlusup mênyang ngêndi-êndi.

ayan: kn (ar.ut.nandhang) lara yèn angot tiba banjur muruh.

(ayang): di-[x] êngg kn: ditulungi, dibantu; kc. èyèng, ngayang.

ayang-ayangan: kn tansah ngolah-ngalih (ngusungi barang darbèke).

(ayap): di-[x] kw diiring (digrêbêg) ing (para abdi lsp); kc. ayah.

(ayar): di-[x] kn 1 (ut. [x]-an) êngg. disuwir-suwir; 2 êngg. diênam (tmr.pandhan, mendhong lsp); 3 dipepe sarana dibyakake (dijèrèng. tmr. pari).

ayat: I di-[x]-i kn 1 kw. dipênthang (tmr. gêndhewa); 2 ak. disrêmpêng têmênan ênggone arêp ngarah; 3 êngg. diwiwiti ditindakake; kc. mayat. II (A) kn: pêperanganing surah ing Kur'an ut. ing Kitab Suci.

ayêm: kn 1 ora ngrapak (tmr. têmbako); 2 ora kêgaringên (tmr. têtuwuhan); 3 ora duwe susah (sêdhih); ng-[x]-[x], [x]-[x]-an: ngenak-enak (ngatonake yèn ayêm atine); kc. yêm.

ayêng: êngg, kn nganglang, mubêng-mubêng (mriksa lsp); kc. mayêng.

ayêr: êngg. kn wong kang ngawat-awati wong kang padha nyambut gawe; di-[x] êngg: diawat-awati (ênggone padha nyambut gawe); [x]-an: 1 ak. saèn, pagawean aradan (gugur gunung); 2 êngg. cêkêlan, tanggungan.

ayid: kn sêmu plikêt kaya ana yiyide.

ayu: 1 kw bêcik, slamêt, rêja; 2 kn. bêcik rupane (tmr. wong wadon).

(ayub): ng-[x]-[x] kn ak katon nglêntruk pucêt; [x]-[x]-ên: durung padhang pandêlênge isih ngantuk (tmr. mêntas tangi turu).

ayuh, ayuk: pc ayo.

(ayum): di-[x]-i êngg. kn disulami, ditambal (tmr. jala lsp).

ayun: kw arêp; ing- [x](-an) kw: ingarêp(-an).

(ayut): di-[x] kn. ak dibrayut, dikayut, digayut.

ayo: n. mangga k. sumangga ki têtêmbungan mratelakake ngajak; kc. ayon.

ayom: kn eyub (marga kalingan ing gêgodhonganing witwitan); ng-[x] ... ngeyub; 2 njaluk pitulungan supaya diawat-awati; di-[x]-i: 1 dieyubi, diaubi; 2 dipitulungi lan diawat-awati.

ayon: I kn padha rêrukunan sumêdya bêbarêngan tumandang (nindakake kang ora bênêr). II di-[x]-i kn: 1 ditakêr manèh; 2 êngg. nêdya arêp dilawan (ditandhingi) III [x]-[x] êngg. kn: badhut (banyolan) cilik.

aywa, ajya: kw aja.

Akad: (A) kn dina kang kapisan.

akal: (A) kn 1 pikiran, nalar; 2 reka, srana dianggo ...; [x]-[x] pc: golèk reka, nindakake reka; [x] koja pc: pintêr ngapusi; di-[x]: 1 direkani, diapusi; 2 pc. disanggama.

akal-bakal: kn. ak cakal-bakal.

akalpa: (S) kw.ak rêrênggan, pasrèn.

akang: kw.ak kêsêl, sayah.

akar: kn 1 êngg. oyod(-oyodan); 2 ([x] bahar) ar. têtuwuhan ing sêgara sok digawe gêlang.

akara: I (S) kw.ak aksara a (...)Huruf Jawa: A. II (S) kw.ak: wangun, rupa, wujud.

akas: kn 1 garing sarta rada atos (tmr. sêga lsp); 2 êngg. cukat, trêngginas, sigrak.

akasa: (S) kw langit, awang-awang.

akbar: (A) kn.ak maha-agung, gêdhe dhewe.

akèh: n. kathah k ora sêthithik; di-[x]-i ([x]-ake): diundhaki kèhe; sing lumrah.

akèn: k akon.

--- 6 ---

akerat ~ alêsan.

akerat: (A) kn jaman sawise pati.

(akên): dipun [x] k diaku.

(akêp): di-[x] kn dilêbokake ing cangkêm banjur diingkêmi (rokok, pipa lsp).

aki-aki: êngg. kn kaki-kaki.

akik: kn ar. watu mawa warna sok digawe mata ali-ali.

akil: (-balèg) (A) kn wis diwasa.

aking: kn garing (tmr. kayu, sêga, ent. tmr.awak).

akir: I (A) kn 1 ing têmbe; 2 sawise, pungkasane; kb. awal. II êngg. pc. akil(-balèk).

akyan: (A) kn. ak mata.

aku: I n kula k. abdi-dalêm, adalêm ki têtêmbung sêsulih wong kang gunêman. II ng-[x] n. ngakên k: blaka, walèh; di-[x]: 1 dianggêp darbèke, didhaku; 2 dirêngkuh (dianggêp) kaya (anak, sadulur lsp); diakoni: diandhêmi kalawan blaka.

akum: kn.ak wis êmpuk lsp. marga dikum; kc. kum.

akur: (W) pc 1 rujuk; 2 mupakat, cocog.

akon: n akèn k. ngêndikakake, ngêrsakake, ndhawuhi ki: kandha supaya wong liya nindakake (tumandang); kc. kon, kongkon, pakon.

akrab: (A) kn kula-warga, sanak-sanak sêdulur.

akrak-akrak: kn. ak ropoh lsp. dianggo mêpêti.

akral: kw. ak kiyêng, rosa.

akram: kw. ak sumorot, sumunar.

aksa: (S) kw. ak mata.

aksama: (S) kw pangapura; di-[x] kw: diapura.

aksamala: (S) kw.ak tasbèh.

aksara: (S) kn tulisan gambaring swara ut. wanda.

aksi: I (S) kw mata. II (W) kn: 1 tandang; 2 tumindak ngêcakake ada lsp.

akwan: kw. ak akon.

akwèh: kw.ak akèh.

ala: n. awon k ora bêcik; [x](-ne) ..., bok iya n: tinimbang ... bok iya ...; ala ..., dene ... n: tinimbang ... luwih prayoga ..., [x]-[x]: sênadyana ala; [x] dulune ak: ora pantês didêlêng ing liyan; [x] nganggur; mung timbang nganggur; di-[x]-[x] dirasani lps.kang ora bêcik; dialani: digawe ala ing; dialan-alani: disêbabake dadi ala; dialakake; diunèkake (diarani ala); kc.alan,piala.

(alab): mêng-[x]-[x] kw mblabar-mblabar, ambèr; kc. lêb, lèb.

(alad): I [x]-[x] kn.ak pacalang, kongkonan; di-[x]-[x] ak: dikandhani (diwèhi wêruh) ing sadurunge. II ng-[x]-[x] kn: murub mubyar-mubyar ndêdêl munggah.

alah: kw. ak kalah.

alah dene: kn 1 (ut.alahe) tinimbang mung ... (bok iya ...); 2 wis nindakake nanging tanpa guna (ora ana gunane), alah nganggur ak: ala nganggur.

alah ora: kn gêlêm ora-ora (ênggone tumandang).

alah silih: kn.ak (yèn mung) mêngkono bae, ora pêrlu ...

alal bêhalal: kn ngabêkti marang wong-wong tuwa (dhêdhuwuran) pêrlu njaluk pangapura (ing mangsa Lêbaran).

alam: (A) kn 1 jagat, donya; 2 ing wêktu, mangsa (kang suwe); ora [x] ak: ora lumrah; di-[x]-i: wis dilakoni (tmr. kaanan lsp) [x]-[x]-an pc. mangsan.

alamat: (A) kn 1 tandha bakal ananing lêlakon; 2 adrès ing layang.

alam akir: kn jaman akerat.

alam arwah: kn jamane (alame) para sukma.

alam bok alam: pc Allahu alam.

alam-donya: kn donya iki.

alam kabir: kn jaman kang bakal sirna (donya iki).

alam sahir: kn jaman kalanggêngan.

alan-alan: n. awon-awon k 1 jinis kang ala; 2 êngg. kang diarani (dianggêp) ala.

alang: I kn sisih kang cêndhak, kb.ujur; di-[x]-ake: disèlèhake (ditrap) malang; kc. malang. II di-([x]-)[x]-i n.dipun pambêngi k: 1 dipêpêti; 2 diribêdi, dicêgah, dielikake supaya ora nêrusake (niyate); 3 diwêlani (tmr. cicilan utang(; ([x]-) [x]-an n. pambêngan k: cêgah, têngadur; kc. malang, palang. III [x]-[x] êngg. ak: njaluk ujuran; [x]-[x]-an êngg. ak: ujuran.

alang-alang: n kambêngan k: ar. têtuwuhan bngs. sukêt..

alang-ujur: kn 1 amba sarta dawane; 2 ent. pêrnah, dunung: ora wêruh alang-ujure; ora wêruh kn: dijupuk, dipèk pêrnahe (ênggone mati).

(alap): I di-[x] êngg; ng-[x] dho pr: ngrangkêp guru (bojo); [x]-[x]-an: padha dene arêp ngêpèk bojo, rêbutan wong wadon. II [x]-[x] kn: ar. manuk mangsa daging.

alap-ingalap: kn sêdulur lanang wadon olèh sêdulur wadon lanang.

alas: n. wana k 1 palêmahan jêmbar sing kêbak ing witwitan gêdhe-gêdhe; 2 êngg. têgal; [x]-an n. wanan k: 1 kang durung digarap ing wong; 2 kang manggon ing alas.

alasan, alêsan: êngg. pc dhêdhasar, wêwaton kang dianggo nyêbutake.

alas gung: (-liwang-liwung) br alas gêdhe bangêt.

alas grêng: ak alas gêdhe arungkud; kc. sigrêng.

alat: I kn walat. II [x]-e êngg: ing nalika jênate si ...

aldaka: (S) kw gunung.

alèn-alèn: kn gêlangan cilik; kc. ali-ali.

alès: kw lunga.

(alêm): di-[x] kn disêbut kabêcikane (kaluwihane); [x]-an 1 sênêng dialêm; 2 êngg. ugungan.

(alêmbana): di-[x] kw dialêm.

alêng: êngg, kn aluwung.

alêp: kw bêcik (ayu, bagus) bangêt.

alêran: êngg. pc galêran, aluran.

alêsan: êngg. pc dhêdhasar, wêwaton; kc. alasan.

--- 7 ---

ali ~ amad-dalêm.

ali: pc ahli.

ali-ali: n. sêsupe k gêlangan cilik rêrêngganing driji.

alib, alip: kn. ak 1 wêwênang ngundhuh (ngênèni) tanduran kang isih ana ing sawah kang disewa sabakdane pêrjanjiyan êntèk; (ut. alipan) êngg. bayar mirunggan marang (ahli-warise) priyayi kang mêntas tinggal donya.

(alih): ng-[x] n. pindhah k ganti ênggon; [x]-an n.pindhah k: 1 mênyang ing panggonan liya (ganti omah lsp); 2 mingsêr ganti ênggon; kc. êlih.

alih-lintang: kn.ak ijolan ênggon.

aliyas: (W) êngg. pc padha karo, jênênge liya.

alik: I ut. alika êngg. pc.aluwung. II ng-[x]-[x] êngg. kn: galik-galik (tmr.swara). III di-[x] êngg. pc: diwalik; kc. olak-alik.

alim: (A) kn 1 ora sênêng pêpadon; 2 ak. pangapura; 3 ak. ahli sastra, pujangga, pintêr; kc. kaliman.

aliman, alimun: (A) kn. ak maha-wikan.

(alin-alin): kw (bangun [x]) susah, prihatin.

(aling): I [x]-[x] kn 1 apa-apa sing dianggo tutup (tèdhèng) supaya ora katon lsp; 2 nganggo tutup (tèdhèng); 3 sarana kang dianggo nutupi pialane lsp; tanpa tèdhêng [x]-[x]: ngêblak, blaka, barès; di-[x]-i: ditutupi (kasalahane lsp). di-[x]-[x]-i: ditutupi ing aling-aling; [x]-[x]-an; nganggo aling-aling, ampingan ing saburine. II [x]-an êngg. kn: wong kang wajib nyambut gawe ing panggonane prabot desa.

alip: (A) kn 1 ar. aksara Arap kang kawitan (I): 2 ar. taun kang kapisan (ing windu); ora ngêrti [x] bengkong pc: ora bisa maca ora bisa nulis; kc. alib.

aliran: êngg. kn ilèn-ilèn.

alis: kn. imba kl rambut sadhuwuring mata

alis-alis: (ut.alês-alês êngg) kn ar.prau.

alit: k cilik.

ali-waris: pc ahli waris.

aliwawar: kw (sindhung [x]) angin gêdhe, prahara.

alla: kw aja.

alkamdu lillah: (A) kn muga Allah linuhurna (kanggo sabawaning kagèt, gumun lsp).

Allah: (A) kn. Roh kang mahasampurna kang nitahake jagad saisine.

Allahu akbar: (A) kn Gusti Allah maha agung (sok kanggo sabawa nelakake gumun bangêt).

Allahu alam: (A) kn Gusti Allah kang priksa (kêrêp dianggo atêgês: êmbuh katêmahane, ora ana sing wêruh).

Allahu tangala: (A) kn.ak Gusti Allah kang mahaluhur.

almarhum: (A) kn.ak swragi (jênate).

alMasih: (A) kn.ak Sang Panêbus (Nabi Ngisa).

almênak: (W) kn pananggalan.

alu: kn kayu gilig dawa piranti dianggo nutu (nosoh, ndhêplok lsp); nyagak [x] pc: nyambut gawe giliran.

(alub): di-[x]-[x]-i ka 1 digodhog dhisik sadurunge diolah (tmr. iwak, jêjanganan lsp); 2 êngg. dikêrik dhisik (sadurunge dipaèsi (tmr. pangantèn wadon:; kc. alup.

aluk: I (ut. [x]-a) êngg. pc. aluwung. II (adoh) ng-[x]-[x] pc: adoh bangêt.

alul: kn putus ing; kc. ahli, ahlul.

alum: kn 1 ora sumringah sarta lêmês (tmr.godhong, tamanan lsp); 2 ent.lêmês, tanpa daya (tmr.badan); 3 ak. suda ut. mari (larane).

alun: kn ombak ing pasisir; kc. êlun.

alun-alun: kn palêmahan jêmbar ing sangarêp tuwin saburining kraton (ngarêp kabupatèn, têngahing kutha).

(alup): di-[x] kn didhandhang ala dening swara(ning asu mbaung lsp); kc. alub.

(alur): di-[x]-ake kn digênahake (ditêrangake, dijlèntrèhake) urut-rurtaning sêduluran (prakara lsp); [x]-an 1 êngg. urut-urutaning tipak kêbo; 2 urut-urutaning sêduluran (lêlakon, prakara).

alus: kn 1 ora kasab ut. ora mbradhil (grayang-grayangane(; 2 (ut. [x]-an) bêcik, ora goroh (tmr.garapan, dandanan lsp); 3 sarwa tata lan sarèh, ora grusa-grusu (tmr.bêbudèn, tindak-tanduk); 4 ora wadhah, ora kasatmata (sukma,roh); di-[x]-i ak: dirêngkuh (ditindakake) alus; kc.êlus.

aluwung: kn luwih bêcik ... (... tinimbang ...); kc.luwung.

alo: I êngg. kn kaponakan. II di-[x]-[x] êngg.kn: dipengini, diantu-antu.

alod: kn. ak alot.

alok: kn mbêngok sêru jalaran ngonangi (maling, kobongan lsp) d-[x]-[x]-i êngg: dielikake; kc. êlok, lok.

alon: kn 1 (ut. [x]-[x]) rindhik, ora kêbantêrên; 2 sarèh, ora kêsusu; 3 êngg. lirih kc. lon.

along: I êngg. kn olèh akèh (tmr. misaya iwak). II kn.ak: salong (ana kang). III êngg: aluwung.

alot: kn wulêd (tmr. daging lsp. kang dipangan).

alpa: (S) kw sêthithik, cacad, kurang, kc: kaalpan.

alpabèt: (W) kn carakan abc.

alpaprana: (S) kw.ak kanthi abab sêthithik (aksara lumrah).

alpèrès: (Prt) kn.ak pangkat saradhadhu saèm. litnan.

alpita: (S) kw. ak kêkurangan, cacad.

alpokat: êngg adpokat (bngs. jambu).

altar: (W) kn.bngs. meja dianggo ngunjukake kurban.

ama: kn 1 sarupane kang agawe rusaking tanduran; 2 lêlaraning têtanduran.

amad: (A) kn.ak batur.

amad-dalêm: êngg. kn juru kunci ing pasarean.

--- 8 ---

(amah) ~ ambon-ambon.

(amah): ng [x]- [x] êngg.kn 1 nêpsu bangêt; 2 tansah kêpengin mêmangan.

amal: (A) kn 1 ([x] kadonyan) bandha, barang darbe; 2 êngg. panggawe bêcik.

aman: (A) êngg. kn 1 têntrêm, ora rusuh; 2 sarèh.

amanat: (A) êngg. ak ayahan, kang dipracayakake.

(amang): di-[x]- [x]-i êngg diagar-agari, diagag-agagi.

amara: (S) kw luput ing pati (dewa).

amarah: (A) kn.ak kanêpson, nêpsu.

amaranggana: (S) kw widadari.

amarga: n. amargi k awit, jalaran.

amat: I kn.ak guna, paedah; kc. mat. II (A) kn.ak:batur wadon; kc.amad. III di-[x]-[x]-i pc: diawat-awati, diawasake.

amba: n. wiyar k 1 ora ciyut; 2 jêmbar; 3 sisih kang cêndhak (alang). diambani, diambakake: diundhaki ambane.

amba: kw 1 batur; 2 aku, -ku.

ambah: I [x]-[x] kn (ungsum) lêlara nular; di-[x]: 1 dicaki, ditapaki (diliwati lsp); 2 dianggo liwat (mlaku, mrau lsp); [x]-[x]-an: 1 êngg. ungsum lêlara nular; 2 papan kang kêrêp diambah; kc. kambah. II sêkolahan [x] (W) kn: sêkolahan kriya (patukangan).

(ambak): mêng-[x]-[x] kw katon gumêlar, ngilak-ilak.

ambak-ambak, ambak-ambing: pc sabênêre (sanyatane) bae ...

ambak-ambak, ambakna, ambak-ambakne, ambaknea: êngg. pc sanadyana ... kok ...

ambakna, ambak-ambakane(a), ambakpuna wong, kok ...: pc ya bênêr ... nanging (ewadene) kok ...

ambal: I kn 1 pancadan ut. andhan-andhan (dianggo munggah ing prau, sêpur lsp); 2 (ut. [x]-[x]-an) pancadaning undhak-undhakan, unton-unton andha; [x]-[x]-an êngg: 1 undhak-undhakan; 2 palêmahan kang tundha-tundha saèm. undhak-undhakan; 3 êngg. bola-bali. II êngg. kn: ping, kaping; di-[x]-i êngg: dibanèli manèh.

amban: êngg. kn rêndhêt, tamban.

ambar: kn ar. jasad kang ambune wangi; ng-[x]: mambu wangi.

ambara: (S) kw awang-awang; kc. ngambara.

ambaro: êngg. kn tembok ing sagara dianggo aling-aling palabuhan.

(ambat): di-[x](-i) êngg ditarik (tmr. tampar lsp).

ambawang: êngg. kn pakèl.

ambèk: êngg. pc kambi, karo.

ambèn: kn lincak gêdhe dianggo turu (linggihan); [x]-[x]-an: lincak dianggo ngusung mayit lsp.

ambèr: kn lubèr, mblabar.

(ambêk): I [x]-an kn 1 napas, lêbu wêtuning hawa ing irung (kêbuk); 2 nyêrot lan ngêtokake hawa. II. kn: 1 watak; 2 awatak. duwe bêbudèn; 3 êngg. umuk, duwe anggêp luhur lsp. 4 êngg. rèwèl (tmr. bocah); di-[x]-i ak: dirêngkuh kalawan ambêk (umuk); kc. pambêkan. III [x]-ane êngg: ambakna (ambaknea).

ambêk darma: kw wêlasan (sênêng têtulung).

ambêk pati: br ora wêdi marang pati (wani mati).

ambêk siya: kn awatak siya marang.

ambêk sura: kw kêndêl bangêt.

ambêk wani: br kêndêl, kumêndêl.

ambêk wêlas: kn wêlasan.

ambên: I kn sabuk (ing wêtêng jaran), sabuk. II êngg. pc.: sabên.

ambêng: kn 1 (ut. [x]-an) sêga sarampadane lsp. kang dikêpung ing nalikane slamêtan; 2 kêpung lan njaga; [x]-an êngg ki: ajang.

ambêng-ambêng: êngg. k alang-alang.

ambêt: k ambu.

ambêtan: êngg. k durèn.

ambi, ambik: êngg. pc kambi, karo.

(ambil): di-[x] kw dijupuk; kc. ombal-ambil.

ambing: kc ambak-ambing.

ambyah: kn. ak mratah, akèh bangêt; kc. êmbyah.

ambyak-ambyakan: êngg. pc bubar lunga mrana-mrana; kc. byakbyakan.

ambyang: êngg. kn sukêt garing lsp. (dianggo urub-urub).

ambyar: kn 1 kêmpêl banjur buyar (pêcah sumyur); 2 pêpisahan (bubar) buyar mrana-mrana.

ambyuk: kn têka (ngumpul, nêmpuh, mèlu lsp.) bêbarêngan.

ambyur: kn nyêmplung ing banyu (anjlog saka ing dhuwur).

ambyog, ambyok: êngg. kn têka ing omahe wong wadon têrus manggon (tmr. wong lanang).

amblas: êngg. kn lunga bablas, ilang.

amblêg: kn 1 mlêsêk mêngisor (tmr. lêmah lsp); 2 dhêkok mlêsêk (tmr. mata, irung); 3 êngg. pati gêni.

amblês: kn mblêdhês (mlêbu) ing banyu (amblês lsp).

amblong: kn amblês têrus bolong (tmr. lêmah).

ambu: n. ambêt k kang dirasakake dening irung (yaiku wangi, bangêr, basêng lsp); di-[x]: dirasakake ambune sarana irung; diamboni: diathungi apa-apa supaya diambu; kc. ambon-ambon, mambu, pangambu.

ambuda: (S) kw. ak mêndhung.

ambul: I kw nrambul, mèlu mbantu. II. êngg. kn: sêmbrana, bandhol.

ambulung: êngg. kn wit nipah.

ambung: kn tumèmpèling irung ing pipi (bathuk lsp); di-[x] kn. diaras ki: ditèmpèli irung (ing pipine lsp).

(ambur): I di-[x] kn. ak: diambus. II di-[x] êngg. kn: disêbar ing pawinihan (tmr. pari); [x]-an êngg: pawinihan.

(ambus): di-[x] kn diambu (ing kewan).

ambuwaha: (S) kw. ak mêndhung.

(ambo): di-[x] êngg. kn dipasang arêp dibèbèr (tmr.layar).

ambok: I êngg bok mênawa; kc. mbok. II ut. ambokna êngg: ambakna, sanadyan.

ambon-ambon: n. ambêt-ambêtan k apa-apa kang nganakake ambu.

--- 9 ---

(ambra) ~ ampeyan.

(ambra): ng-[x]-[x] kn dadi jênggar (mratah, nular-nular lsp).

(ambrah): di-[x]-[x] êngg. kn diwratak-wratakake ngêbaki ênggon.

ambral: kn. ak. panggêdhening prajurit lautan; kc. amral.

ambrih: êngg. ak amrih.

ambrik: kw amrik.

ambril: kn dluwang rêmpêlas; kc. amril.

ambring: kn 1 (ambrêg êngg) rubuh ing lêmah (tmr. wit, omah lsp); 2 ora bisa nêrusake adêge (tmr. dêdagangan, wong omah-omah, pakumpulan lsp).

ambrung: I kn anggrung (swara gêdhe ngumandhang). II êngg. kn: ambyuk ing.

ambrol: kn 1 rusak bêdhah ut. jêbol (tembok, krêtêg lsp); 2 êngg. rontog, gogrog (gêgodhongan).

ame: I êngg mepe; kc. pe. II di-[x] (ut diamekake ak) kn: tansah diucapake lan dipengini bangêt; ng-[x]: ndlêming, nglamong.

amèk: n. mêndhêt k 1 (ut. amik) êngg. njupuk; 2 golèk (kayu, iwak, wowohan lsp); kc. pèk.

amèn: I êngg. pc.: pijêr, tansah. II ut. amèn-amèn êngg. kn: lunga mrana-mrana golèk panggawean ut. mbêbarang.

amèr: kn rada ngêmu banyu (tmr. sêga, arêp mambu).

amèt: I êngg. kn 1 njupuk; 2 golèk; kc. amèk. II êngg. kn.: sêmu pait (rasane).

amèt ati: kn katon sumèh (ngrêsêpake).

(amêl): di-[x]-[x] pc dipangan bola-bali.

amêm: kn mênêng ora sugih omong.

amêng: I êngg. pc:mung, nanging. II [x]-[x]: 1 ki. dolan; 2 êngg. dolanan.

(amêr): di-[x]-[x] kw diarih-arih, ditrapi têmbung manis; kc. ngamêr.

amêrga: n. amêrgi k awit, jalaran.

amês: I êngg. ak umês (ngêmu banyu). II êngg. kn: dhêkok (tatu).

amêt: kn wilanganing pari ana 25 gèdhèng.

amik-amikan: êngg. ak pacitan, nyamikan.

amil: (A) êngg. kn punggawa mêsjid desa.

amin: (A) kn muga kêlakona mangkono (dianggo ing pungkasaning sêmbahyang); [x]-[x] êngg. pc: kêndurèn, slamêtan; di-[x]-i: 1 diwangsuli amin; 2 dimupakati dirujuki.

aming: êngg. pc 1 mung; 2 nanging.

amis: kn ambu kaya dene ambuning iwak loh; [x] bacin: ent. kasusahan, karibêdan (prakara kang kurang nyênêngake).

amit: kn. kula nuwun ki diucapake yèn duwe rasa (tindak) kang murang tata-krama, dêksura lsp.

amlang: kw mbranang, sumringah, sumunar.

amla: (S) kw kêcut.

amlas-asih: kw mêmêlas.

amlêng: kn 1 pc. ora ana kabare, mênêng bae; 2 êngg. sêpi nyênyêt; 3 ak. judhêg, jibêg.

amu: I êngg ko-. II ng-[x] (-[x]) êngg. ak: ngundhat-undhat, ngala-ala.

(amud): di-[x]-i kn dilêbak-lêbokake ing cangkêm.

amuk: I mbarang (soroh-) [x] br nêmpuh ngiwud ora pêrduli apa-apa; di-[x]: ditêmpuh kalawan ora pêrduli apa-apa. II [x]-[x] êngg: nyamuk-nyamuk. III êngg. kn: aluwung.

amul: êngg. kn mèlu (sanadyana ora diajak, dikon).

amun-amun: kn ombak gêtêring hawa cakêt karo lêmah kang kêpanasên.

amung: kw mung.

amur: êngg. kn aluwung; 2 hara ta apa lidok!

amoh: kn 1 suwèk (tmr. jarit lsp); 2 êngg. mêmêl (tmr. panganan).

among: I 1 kw. momong; 2 (-gêni) êngg. tunggu gêni (ingarêp kêrên lsp); kaki (nini) [x]: lêlêmbut kang ngêmong bayi (wong); di-[x]-i êngg: disugoni (tmr.gêni). II [x]-[x] êngg: bancakan (slamêtan tmr. bocah). III êngg: 1 mung; 2 nanging.

among dagang: kn. ak dêdagangan, sudagar.

among hyun: ([x]lulut, [x]raras, [x]raras karasikan, [x] rêsmi) kw sih-sinihan (sanggama).

among karsa: kw nggugu (miturut) karêpe.

among kisma: kw kc. among tani.

among praja: kw 1 ngêrèh nagara; 2 pangrèh nagara.

among slira: ([x] raga) kw ngrêmbug, awake dhewe (sakapenake).

among tani: kn. ak 1 têtanèn; 2 wong tani.

among tuwuh: kw kang ngrêksa urip (Allah).

amor: kn campur karo, têtunggalan (sêsrawungan karo); [x] turu; sanggama; kc. mor, wor.

amot: kn 1 bisa momot (isi); 2 ent. sugih pangapura; kc. mot. momot.

ampad: kn mayat, jlampar; di-[x]: disabêt (dibalang, disawatake) njlampar.

ampadan: êngg. kn godhong têmbako kang ngisor.

ampah: I êngg. kn tanah ngare. II di-[x] kn: dicandhêt, dialang-alangi (tmr. hawa nêpsu lsp).

ampak-ampak: kn pêdhut ing pagunungan; ampak-ampakan: gêgrombolan akèh bangêt (kaya lakuning pêdhut).

ampal: kn bngs. kuwawung rupane klawu.

ampang: kn 1 ènthèng, ora antêp; 2 ora ampêg (tmr. têmbako), cêmplang (tmr. rasa); kc. èmpèng.

ampar: I êngg. kn jobin. II [x]-an kw: 1 dhampar palinggihan; 2 klasa. III ng-[x]-[x] kw: nyambêr (tmr. gêlap, blêdhèg lsp).

ampas: kn turahaning apa-apa sing wis dipêrês (dijupuk pathine, sarine lsp), isi jangan (cao lsp).

ampeyan: 1 (garwa [x]) ki: sêlir; 2 êngg. kn: dhukuh.

--- 10 ---

ampèk ~ andakara.

ampèk: êngg. pc. nganti.

ampèl: kn ar. pring.

ampêg: kn 1 sêsêg ut. rêkasa (tmr. ambêkan); 2 antêp (tmr. rasaning têmbako, kb. ampang).

(ampêh): di-[x] kw. diampah.

(ampêl): di-[x]-i kn disêsêli (ditèmplèki) urub-urub (tmr. gêni).

ampêr: I êngg. pc. mèh. II uyah [x] ak: uyah tampêr. III di-[x] kn: 1 pc. dibalang, dipathak; 2 diuncalake banjur ditampani wong liya (tmr. bata, bêntêtan têbu lsp).

ampêru: kn. ak rêmpêlu.

(ampêt): di-[x] kn dicandhêt, ditahan aja nganti mêtu (tmr. ambêkan, nguyuh lsp); 2 dicandhêt supaya ora nêpsu.

ampik-ampik: êngg. kn tutup keyong.

(ampil): garwa [x] ki sêlir; di-[x]: 1 kn. digawa (tmr. upacaraning para luhur lsp); 2 ki. disilih, diutang; [x]-an: upacara lsp. gawaning para gêdhe yèn lêlungan.

(amping): di-[x]-[x]-i kn 1 diayomi, dipitulungi (dimêmanuki); 2 diiringake ing kiwa têngêne (nalikane mlaku); [x]-an; aling-alingan, ndhêlik aling-aling ...

(ampir): I di-[x]-i kn ditêkani banjur diajak lunga (digawa lsp) tmr. panggonan kang kêliwatan; di-[x]-ake: dikon mampir; [x]-an: papan kang diampir; kc. mampir, kampir. II [x]-[x] êngg. kn: èmpèr.

(ampyak): I [x]-[x]-an êngg. kn: mlaku dhêdhampyakan. II di-[x](-[x]) kn: kabèh ditêmpuh(disrêngêni lsp).

ampyang: kn ar. panganan (kacang dicampur gula).

amplèk: kn saèm. klambi kotang.

(amplèng): di-[x] êngg kn saèm. disêngkêlit (tmr. kêris lsp).

(amplik): ng-[x] êngg. kn mung tumumpang ing pinggir.

(amplok:) ng-[x] kn nèmplèk ngêthapêl.

amplop: kn dluwang urung (tapih)ing layang.

(ampu): di-[x]-[x] dipêksa, disawiyah-wiyah, diprusa.

ampuh: kn bisa ngêtokake (nganakake) daya kang ngluwihi (tmr. gêgaman, ent. tmr. têtêmbungan, donga lsp).

ampuhan: kn prahara awor pêdhut (udan) ing pagunungan.

ampun: k. pc aja.

(ampung): [x]-an kn. ak ndhêlik aling-aling ing.

(amput): I dudu [x]-[x]-e kn dudu tandhinge (durung mèmpêr babar pisan yèn ditandhing karo ...).II di-[x] êngg: dilakèni.

ampo: kn lêmpung digarang (dipangan).

ampoh: I êngg. pc ampuh. II di-[x] êngg. kn: diampah.

ampok: I êngg. kn èmpèr-èmpèran, payon kang tumèmplèk ing pagêr bata lsp. II [x]-[x] êngg. kn: mung lancingan thok.

amprah-imprih: êngg. kn wira-wiri.

(amprêt): ng-[x] pc cupêt (cêndhak) bangêt (tmr. klambi lsp).

amral: (W) kn senapati lautan.

amrat: 1 kw. amot, momot; 2 êngg. k: abot; kc. amot, awrat.

amrèh:êngg. kn amrih.

amrêta: (S) kw luput ing pati; tirta [x] kw: banyu panguripan.

amrih:: 1 kw ngudi (marsudi) supaya ...; 2 ak. supaya ...; kc. murih, purih.

amrik: kw mambu (wangi) bangêt.

amril: (W) kn dluwang rêmpêlas.

amtênar: (W) kn priyayi (punggawa nêgara).

ana: n. wontên k 1 katon maujud (mawa blêgêr); 2 pancèn nyata madêg; 3 dumunung ing, kapêrnah ing; 4 pc. duwe, kadunungan; 5 pc. manggon, dêdunung ing; 5 pc. dadi ut. padha karo, up. 4 ping 4 ana 16; [x] dene n. wondening k: dene mungguh ing..; dianani, dianakake: diwujudi, dicêpakake; kc. kaanan, kahanan.

anab: êngg. kn ngêngêt sêga.

anak: kn. putra ki turunan kang kapisan (uga tmr. kewan); [x] molah bapa kêpradhah pc: nêmahi sangsara marga saka kalakuaning anake; bapa kasulah [x] kapolah pr: anak kêjibah ing prakaraning bapakne kang wis ajal; di-[x]-i n. dipun sarêmi k: diwènèhi anakan; di-[x]-ake n. dipun sarêmakên k: dilakokake sarana narik anakan (tmr. dhuwit); [x]-an n. sarêman k: dhuwit kang minangka bêbathèning dhuwit kang diutangake; [x]-[x]-an ak: bonekah; kc. manak.

anak-anak: kn. pêputra ki duwe anak.

anak angkat: kn anak pèkpèkan.

anak bojo: n. anak simah k anak lan bojo (brayat).

anak kumpêni: êngg. ak saradhadhu.

anak mas: kn 1 panyêbut marang kaponakan (wong kapêrnah nom lsp) tmr. para luhur; 2 bocah Jawa lsp.kang dipèk anak bangsa Wlanda.

anak pupon: kn anak pèkpèkan wiwit cilik mula.

anak putu: kn turun.

anala: (S) kw gêni.

(anam): di-[x] kn ditata ditrap malang mujur tumpang tindhih (gawe gedhèg, kepang, kranjang, jala lsp).

anaming: ênggananging.

anana: (S) kw cangkêm.

ananta: (S) kw 1 tanpa wasana; 2 warna-warna.

anantakusuma: (S) kw. ak kêmbang warna-warna (ar. bakal).

anapi: êngg. kw ananging.

anapun: kw mungguh ing.

anarawata: (S) kw. ak tanpa kêndhat, tansah.

anda: (S) kw. ak pêtêng, picak.

(andah): ng-[x]-[x] êngg. kn sumêbar wrata.

andak: pc têmbung susulan mratelakake pamaido.

andaka: (S) kw banthèng; nglancipi singating [x] br: wêwadul marang para gêdhe (wong sing santosa) supaya nêpsu; ngundang singating [x] br: nantang wong kang lagi muring.

andakara: kw srêngenge.

--- 11 ---

andam ~ andhapan.

andam: kn bngs. pakis.

andana-warih: kw (wijiling [x]) turuning satriya.

andang: êngg. kn 1 enggal, tumuli; 2 barêng, ing nalika; kc. mandang.

andaru: kw daru.

ande, andèkna, andèkne, andene ora: pc têtêmbungan mratelakake mêlèhake.

andèkna, andèkne, andene, andèkpuna: pc sanadyana mêngkono, ewadene ... mêksa ...

andèwi: kn ar. têtuwuhan (janganan).

andêl: (-andêl) kn 1 wong kang pracaya; 2 gêgêdhug, senapati; di-[x]: 1 diakoni yèn pancèn nyata; 2 dipracaya, dipitaya; di-[x](-[x])-ake: dipracaya bangêt, dijagakake bangêt; [x]-an: 1 gampang ngandêle; 2 êngg. tanggungan; kc. kandêl, pangandêl.

andêr: kn kayu cagaking molo tumumpang ing pangêrêt.

andêrpati: kw nekad ora wêdi mati.

andik: I kn. ak sêrêng bangêt (pandênge, matane). II êngg. kn: rada.

andika: kw kowe: ng-[x] ki: kandha, clathu; diandikani ki: dikandhani; andikakake, dikakake ki: dikon.

andu: (S) kw sumur.

(anduk): ng-[x] êngg. kn mambu bangêt.

(andul): di-[x] kn dilinggihake ing dhêngkul banjur dijêngkangake (dolanan bocah); kc. mandul.

andum: êngg. kn merang-merang, mbage; kc. dum, pandum.

andum gawe: n. ([x] damêl k) mbage pagawean (bubuh-bubuhan pagawean).

andum laku: [x] paran n. ([x] lampah, [x] purug k) ak padha pêpisahan nêrusake lakune dhewe-dhewe.

andum slamêt: n. ([x] wilujêng k) padha dene mujèkake slamêt.

andon: (-andon) I êngg. kn banjur bae, tansah, lêstari; di-[x]-ake ak: dilêstarèkake, diajêgage, dianggo padinan. II kw: nindakake, ulah; kc. don.

andon-asmara: ([x] lulut, [x] rêsmi) kw sih-sinihan (sanggama).

andon gawe: kn. ak nyambut gawe mênyang ing.

andon laku: ([x] lêlana, [x] paran) kn. ak lêlungan.

andon nyêrèt: kn. ak nyêrèt.

andon tuwa: êngg 1 kakang (bok-ayu) ipe; 2 mara-tuwa.

andong: kn ar. têtuwuhan.

andrawina: kn pista mangan enak.

andrêpati: kw. ak kc. andêrpati.

(anja): ng-[x]-[x] kn. ak ar. kewan bngs. kêmangga; ng-[x]-[x] ak: 1 mlaku njungkir tangane kang tumapak; 2 sênêng-sênêng.

anjaba: n. anjawi k 1 ngêmungake ... 2 ora ana liya kêjaba mung; 3 kêjaba yèn ...

anjal: (-anjal) êngg. kn tansah lunga (klintong).

(anjali): mêng-[x] kw nyêmbah.

anjana: (S) kw mangsi.

anjan-anjanên: êngg. kn kapok, kanji, jinja.

anjang-anjang: kn pring dianam kaya bêthèk dianggo rambatan wit pare lsp.

anjap: êngg. kn paga.

anjat: êngg. kn dronjongan, pèrèng; di-[x]-i êngg: 1 diunggahi, dipènèk; 2 disrêmpêng, diudi bangêt; kc. manjat.

anjèng: êngg. kn 1 lunga dolan-dolan; 2 lunga njagong ut. nyumbang (wong duwe gawe).

(anjêl): di-[x]-ake êngg. kn diajokake.

anjêr: êngg. kn anjir.

(anjil): I [x]-[x]-ên kn. ak kanji, kapok, II di-[x], dianjèni kn. ak: dilakèni; kc. lanji.

(anjing): I di-[x]-ake kn 1 ditrap sarana dilêbokake ing; 2 dilêbokake, didadèkake warga lsp; 3 dilêbokake ing petungan (cicilan utang lsp); [x]-[x]-an: sambungan sarana dianjingake; kc. manjing, panjing.

anjir: kn 1 pathokan dawa dianggo têtêngêr lsp; 2 êngg. kuli padesan kang pinatah ndandani dalan; di-[x]-i: dipasangi anjir.

anjlêg, anjrêg: êngg. kn dêdunung ing, manggon.

anjlog: kn 1 mêncolot mudhun; 2 mudhun bangêt (tmr. rêrêgan); kc. jlog.

(anjuk): di-[x] êngg. kn dituku pambayare kèri.

anjum tangan: kw salaman; kc. jum.

anjun: I êngg. kn (tukang [x]) tukang gawe grabah. II ut. anjung pc: ajung (jaksa, lsp).

anjur, anjut: êngg banjur, nuli; kc. manjur.

anjog: kn 1 têkan (jêbul) ing ...; 2 ak. mudhun.

anjor: êngg. kn mudhun.

anjrah: kw sumêbar wrata.

anjrak: kn têrus dêdunung (manggon).

anjrit: kw njêrit.

anjrum: kw njêrum.

andha: kn pring (kayu) loro digandhèng didokoki ambal dianggo piranti mêmènèk lsp; [x] jagang ([x] jagang êngg), [x] pangantèn: andha sing nganggo cuwak dadi ora susah disèndhèkake; [x] lanang: andha awujud pring salonjor (kayu) didokoki unton-unton; kc. andhan.

(andhah): di-[x]-i kn. ak dislondhoh, dikalahi; di-[x]-ake: 1 ak. dirèhake (dadi karerehane); 2 dirimbag saka ing linggane (tmr. têmbung); [x]-an: 1 ak. karerehan, sorsoran; 2 têmbung kang wis dirimbag.

andhan-andhan: I kn 1 cagak loro ut. luwih mawa palang jèjèr-jèjèr di-anggo pamemean lsp; 2 undhak-undhakan kayu; kc. andha. II ngandhan-andhan kn: ngombak banyu tmr. rambut.

andhang: êngg. kn 1 sasak (ing prau); 2 jagragan, sêtègêr; kc. anjang.

andhap: k êndhèk, cêndhèk; ing-[x] k: ingisor; dipun-[x]-i k: diudhuni; kc. mandhap, kandhap.

andhap-asor: kn trêp ênggone ngajèni awake (ora gumêdhe).

andhapan: k cèlèng.

--- 12 ---

(andhar) ~ antara.

(andhar): ng-[x]-[x] kn nglantrah (rowa bangêt) tmr. crita lsp; di-[x]-ake: dicritakake (ditêrangake) kalawan jlèntrèh; [x]-an: crita lsp. kang rowa.

(andhe): [x]-[x]-ne, sa-[x]-ne êngg. pc saupama.

andhèg: êngg. kn pintêr (mungguhing bab ...)

andhèk ngêndi: êngg. pc (ana) ingêndi?

andhèkane: êngg saupama.

andhene: êngg saupama.

andhèr: kn padha linggih tarap (jèjèr akèh bangêt).

andhe-sanepa: kw upama, pêpindhan.

andhewe: kn madêg ijèn; kc. dhewe.

andhêg: kn. ak kaananing apa-apa kang ora mlaku (obah); di-[x] ak; ditahan; kc. andhêg, mandhêg, kandhêg.

andhêl: êngg. pc patohan, mênangan.

(andhêm): di-[x]-i kn 1 dilakoni (didhadha) kalawan dhadhag (ora diungkiri); 2 diantêpi.

andhêman: kn lêgokan ing dhadha (lumrahe tmr. kewan).

andhêng-andhêng: kn plênik irêng ing kulit; kc. cuplak.

andhig: êngg. kn andhèg.

(andhih): di-[x] kw diundurake, dikalahake; kc. êndhih.

andhik: êngg. kn rada.

andhil: I kn timbangan candu; kc. ondhal-andhil. II êngg. kn: tanggul (ing pinggir dalan lsp). III (W) kn: 1 dhuwit kang dianggo brandon pawitan dêdagangan lsp; 2 mèlu brandon dêdagangan; [x]-an: brandon dêdagangan lsp.

andhingane: êngg wingi; andhingane wingi êngg: wingènane.

andhuk: (W) kn bngs. kacu dianggo ulap-ulap yèn mêntas adus lsp.

(andhung): di-[x]-i kn. ak diturahake dianggo sêdhiyan; [x]-an: barang kang dianggo sêdhiyan (tandhon, cêpakan); kc. mandhung.

andhok: I êngg. kn manggon (linggih, dêdunung, têkan) ing, mandhêg ing; kc. dhok, mandhok. II kn: ing; [x] (ng)êndi êngg: ingêndi?

(andhong): I [x]-an êngg andhungan; kc. andhung. II di-[x]-i êngg. kn: dibanjêl, diganti (marga lara lsp). III kn: kreta sewan.

ane: pc. arane! (kanggo mbangêtake surasa).

anèh: kn ora lumrah; di-[x]-ake: dianggêp anèh (ora lumrah); ng-[x]-[x]-i: nyimpang saka kalumrahan.

aneka: (-warna) kw warna-warna.

anèm: k. kw anom (nom).

anèmêr: (W) kn tukang borong gawe omah lsp.

anèng: kw ana ing.

ani-ani: kn 1 piranti dianggo mêthêti (ngundhuh) pari; 2 ngundhuh (mêthêti) pari; kc. êni, panèn.

aniaya: kn tindak siya, sawiyah-wiyah; di-[x]: 1 dipilara kanthi siya; 2 dipialani, disiya-siya; kc. kaniaya.

anih kw. ak: lumuh.

anik, anikna: êngg. pc nanging.

anil: êngg. kn singsot.

anila: (S) kw angin.

anindita: (S) kw tanpa cacad, linuwih.

anindyamantri: kw patih.

aning, aningna: êngg.kn nanging.

anis: kw ilang, lunga.

anu: 1 kw. ak. sing, kang; 2 kn. kanggo nêmbungake prakara kang kurang têrang (ut. kang lali jênênge); dèk [x] kae: ing nalika ...; anu apa pc: ana apa; [x]-a kae pc: sanadyana mêngkono.

anubawa: (S) kw. ak 1 ganjaran, sih; 2 kaluhuran.

anugraha: (S) kw. ak ganjaran.

anujwari: kw (anuju ari) ing sawijining dina.

anukara: (S) kw. ak madhani, ngèmpêri.

anukarta: (S) kw 1 miturut, anut; 2 ngarang, gawe, mangun.

anumata: (S) kw. ak palilah, idin.

(anung): ! anak [x] kw anak kang linuwih. II [x]-ake kw. ak: kinasih; kc. anor-raga.

anuswara: (S) kw aksara irung (n, ny, ng, m), sandhangan cêcak.

anut: kw manut, miturut, tut buri; kc. tut.

anot: êngg. kn manut, miturut.

anom: n. anèm k. kw nom.

anon: kw ndêlêng, wêruh; [x] rungu ak: ngrungok-ngrungokake pawarta; kc. ton(ton).

anor-raga: kw andhap asor, ngêsorake awak.

anrang: kw nrajang, nêmpuh, nyêrang; kc. sêrang.

anrus: kw têrus.

anslah: (-pajêg) (W) kn (layang) panarikan pajêg; di-[x]: ditarik pajêg.

anta: I kn 1 ora sêgêr (tmr. rasaning banyu); 2 kêmba (tmr. rasaning panganan lsp). II di-[x]-[x] kn: diarêp-arêp bangêt (ênggone bisa malês lsp).

antah: ng-[x]-[x] kn. ak 1 kêpengin (ngarêp-arêp) bangêt; 2 pêdhot-pêdhot (gunêmane).

antaka: (S) kw pati, mati.

antakusuma: kw kêmbang mawarna-warna (ar. bakal).

antal: (-antalan) êngg.kn alon-alonan, ora kêrêp panabuhe (tmr.gamêlan).

(antan): tanpa (ora) [x]-[x] kn ora sarèh, ora sranta, enggal.

antar: I kn. ak 1 dawa; 2 bantas (tmr.swara); ng-[x]-[x] ak: murub mubyar-mubyar; kc. kantar. II êngg. kn: sarèh, sranta, ora kêsusu; kc. antal.

antara: n. antawis k 1 lêt; 2 sêla-sêla (lowahan) ing barang loro ut. wêktu; 3 pangira, kira-kira, wêtara; [x] mangsa br: lêt sawêtara mangsa; ora [x] suwe: ora lêt suwe banjur; [x] wêngi: lêt sawêngi (dina candhake); ana [x]-ne arêp: nitik glagate kaya arêp ...; antarane: kira-kira ...; diantarani, diantarake.

--- 13 ---

ak: dilonggari lête, disrantèkake wêktune; diantarakake: dikira-kira; kc. pantara.

antarala ~ ancok-ancok.

antarala, antariksa: (S) kw awang-awang, langit.

antarlina: (S) kw. ak ilang.

antawacana: kw lagu kêdaling swara ing siji-sijining wayang.

antawis: k antara.

antèr: kn 1 sarèh, têntrêm; 2 adhèng (ora nangis bae tmr. bocah).

antero: pc kabèh, babar pisan.

antêb: kn 1 abot bangêt; 2 ent. abot (tmr. tatu, ukuman lsp), ampêg (tmr. rasa), akèh (tmr. mangan), gêdhe sêrêng (tmr. swara); [x]-an: 1 (bantal [x]) bantal gêdhe pasrèning paturon; 2 êngg. panèn gêdhe (bakda rêndhêng); kc. kantêb, êntêb.

(antêg): ng-[x]-[x] êngg. kn suwe tanpa lèrèn (tmr. nangis lsp).

antêlu: kw êndhog lsp.

antêm: kn jotos (kêpêlan tangan disongkolake); di-[x]: 1 êngg. disongkol, dijotos; 2 pc. diêntèkake babar pisan, diblithuk (tmr. têtuku); [x]-[x]-an pc: kêrêngan.

antêm krama: pc diêpêng bangêt ênggone ...

antên: k. kw ari (adhi); dipun-[x]-akên êngg. k: disrantèkake.

antênar: pc amtênar.

antêng: kn ora rongèh, ora kakehan polah; [x] kitiran ([x] tlale) pc: rongèh bangêt.

antêp: kn sêtya tuhu, têtêp nggêgêgi panêmu lsp; di-[x]: ditakoni têmên lan orane; di-[x]-i: dikukuhi (panêmune, lsp), dituhoni têmênan (ênggone ngawula lsp); kc. mantêp, kaantêpan.

antêr: I êngg. kn bantêr. II di-[x] êngg. pc: diêtêrake; kc. atêr, êtêr.

anti: I di-[x]-[x] n. dipun antos-antos k diarêp-arêp (diêntèni) bangêt; kc. ênti, kanti, nganti. II (W) kn: mungsuh ..., ora cocog karo.

antiga: kw êndhog.

(antih): di-[x] kn digawe lawe (tmr. kapas).

anting: I êngg. ak bandhuling timbangan; di-[x](-i) êngg: ditimbang nganggo traju; kc. ontang-anting. II [x]-[x] kn: rêrêngganing kuping kang kumanthil ing godhoh.

antu: I êngg. ak ar. mêmêdi (dhêmit). II kw: mati. III di-[x]-[x] kw: dianti-anti.

antuk: 1 kw. olèh, entuk; 2 k. ulih; kc. ngantuk.

(antun): di-[x] kw ditinggal, dikèrèkake; kc. kantun.

antup: kn gêgamaning tawon, kala lsp; [x]-[x]-an: gathukan sambunganing kayu (blabag) nganggo sindik; kc. êntup.

antob: êngg. kn atob.

antol: kn wilahan pring sanggan dlikaning ambèn, lincak lsp; di-[x]-i ak: 1 didokoki (ditrapi) antol; 2 disangga, didokoki pikukuh, dituwak; kc. êntol.

antop: êngg. kn atob.

(antos): dipun-[x]-[x] k dianti-anti.

antrah: kw pratingkah, solah tingkah; kc. entrah.

antrakusuma: kw ar. bakal; kc. anantakusuma.

antre, antri: (W) kn tata-tata (baris).

antru: I kn 1 pring ut. kayu disanggakake dianggo ngêgol (nyongkèl); 2 senggotan. II êngg. kn: gubug panggungan.

antya, atyanta: kw bangêt, kêluwih-luwih.

antya-basa: kw basa ngoko kacampuran têmbung krama (tandha urmat).

anca, ancan: êngg. kn 1 minakake wêktu kanggo ...; 2 trêp karo mangsane (wêktune), tamban; [x]-[x] êngg: alon-alonan; diancan-ancani êngg: dilêgakake ênggone arêp cêcawis lsp.

(ancab): di-[x] kn disêrang kalawan kuwanèn.

ancak: kn pring dianam wangun pasagèn dianggo wadhah sajèn lsp.

ancal: kn kêmbang lumbu, talês lsp.

ancala: kw gunung.

(ancam): di-[x](-[x]) kn bakal dipidana (dipilara lsp) yèn ora nindakake.

(ancang): [x]-[x] kn. ak tata-tata ing sadurunge tumindak; di-[x]-[x]: ditata (dicawis-cawisake) ing sadurunge; di-[x]-[x]-i: ditata jangkahe (sarana mundur) ênggone arêp mlumpat (mêncolot).

(ancar): I di-[x]-i kn. ak ditojoh ing tumbak lsp. II di-[x]-i pc: diancarani.

(ancara): diancarani kn dibagèkake lan dikurmati.

ancas: kn ênêring sêdya, kang diniyati (dituju); di-[x]: 1 kw. disasak (diliwati) têrus; 2 disêdya, dituju.

(ancêl): di-[x]-i ks disanggama.

(ancêng): di-[x]-i êngg. kn dicawis-cawisi, disudhiyani.

ancêp: kn. ak tumancêp ing.

(ancêr): [x]-[x] kn 1 têngêran dianggo nuduhake dalan lsp; 2 apa-apa kang dianggo panuduh; 3 rantaman kang bakal linakonan; di-[x]-[x]-i: diwènèhi ancêr-ancêr sarana ancêr-ancêr.

(ancik): [x]-[x] kn apa-apa kang dianggo sanggan (ing nalikane ngadêg, arêp munggah lsp); 2 sikile ditapakake (dipancadake) ing ...; di-[x](-i)ak: diambah: ng-[x] ak: mèh têkan ing, mèh ngambah ing; kc. êncik.

ancug-ancug, ancog-ancog: kn mlaku (obah) sêmu jumbul-jumbul; diancug, diancuk ks: disanggama.

ancul: (an) kn wêwêdèn manuk ing sawah sarana didudut banjur obah ancug-ancug; [x]-[x]: obah (mlaku) jumbul-jumbul.

ancung: kn ar. dolanan; rêbut [x] pr: rêbut unggul.

ancur: I kw rêmuk. II kn: ar. dirakêtake sarana ancur; ng-[x]-[x]-i aj: ngala-ala ing liyan supaya awake dhewe olêh sih.

ancog-ancogên: pc monga-mangu, gojag-gajêg (ora karuwan kang dikarêpake); kc. ancug.

ancok-ancok: êngg. kn 1 gubug (ing sawah); 2 saèm. ampok, panggampe.panggangpe.

--- 14 ---

ancol-ancolên ~ anggêr.

ancol-ancolên: pc ora ngêrti tata-krama.

anthèk: kn paladèn ut. rewang(ing tukang kayu, nggrobag lsp).

anthil: êngg. kn tanggul ing pinggir dalan.

(anthuk): di-[x]-i kn disasmitani sarana manthuk (atêgês diurmati, disayogyani, disanggêmi); kc. manthuk.

anthok: kn 1 tlakupaning jantung gêdhang lsp; 2 barang (kayu lsp) tipis kang ditèmplèkake ing sambungan dianggo pikukuh; 3 klikaning kulit lsp. ditrap ing tangan lsp. kang kêsliyo; di-[x]-i: 1 ditrapi anthok; 2 ks. disanggama.

anthon: êngg. kn topèng pêpêthaning wong kang mêdèni.

(anthong): di-[x]-ake êngg diathungake.

anyag-anyag, anyag-onyog, nganyag: kn mlaku têrus tanpa subasita.

anyak: pc tumapak (wiwit).

(anyang): I ênjêt [x] kn ênjêt garing. II di-[x] n. dipun awis k: dikurangi saka ênggone tawa; [x]-[x]-an: padha dene nganyang; kc. nyang. III [x]-[x]-ên kn: lara kêrêp nguyuh.

anyar: n. enggal k 1 kb. lawas; 2 mêntas dadi (ana); [x] iki: kang mêntas kêlakon iki, durung suwe iki; di-[x]-i: dianggo (ditindakake lsp) kang kawitan ing nalikane isih anyar; di-[x]-ake: didandani lsp. supaya anyar manèh; ng-[x]-[x]-i kn: tumindak kang nganèh-anèhi (beda karo padatane).

anyawar: kn ar. têtuwuhan.

anyêb: kn (atine) mangkêl bangêt; ng-[x]-ake (ati): njalari anyêl, mangkêlake.

anyêm: kw nêncêm, ngêclup,

(anyêng): di-[x] êngg. kn ditarik, dicènèng.

anyêp: kn 1 ora panas (angêt); 2 ent. ora rame, tanpa sabawa; 3 ent. tanpa rasa.

(anyêr): ng-[x] kn ngadêg njêjêr (kurang tata-krama).

anyês: kn anyêb bangêt (tmr. banyu lsp).

anyir: kn kêgurihên bangêt nganti krasa tumêk (kaya rasaning blondho).

anylêng, anyling: êngg. kn cumlês, lêgi bangêt.

anylês: êngg. pc anyês.

anyul: êngg. kn singsot.

(anyur): ng-[x] kn ngadêg ing sangarêpe ... (murang tata).

(anyut): di-[x]-ake kw dikèlèkake, dikatutake; ng-[x]-[x] kn. ak: nênarik ati (tmr. swara); kc. kanyut.

anyol-anyolên: pc rada kurang ajar (rada gêndhêng).

anyong: êngg ah gèk mangsa!

angabèhi: kn sêsêbutaning priyayi apangkat têngahan; kc. ngabèhi.

(angah): ng-[x]-[x] kn kumudu-kudu mêmangan lsp.

angap: kn mênganing cangkêm: di-[x]-ake: diêngakake cangkême; kc. mangap.

(angas): kn (wani [x]) katone wani nanging sajatine wêdi; di-[x]-i: digêrtak.

angde: kw agawe, njalari, marakake.

angèl: 1 kw.kêsêl, rêkasa; 2 kn. ora gampang, rêkasa, pakewuh; di-[x]-i ([x]-ake) ak: dipêpalangi nganti njalari rêkasa (angèl); kc. ngèl, kangèlan.

angèn: k angon.

angèr: kw. ak ngêntèni, lèrèn.

angêb: kw. ak ngaub, ngeyub, ngayom.

angên-angên: kn pikiran, gagasan; di-[x]: digagas, tansah dipikir; kc. kangên.

angêne: kw. ak ngênani (saka lingga kêna).

angês: êngg. kn angus, langês.

angêt: kn 1 rada panas (ora adhêm); 2 rada kêladuk (bobote, panimbange); 3 kêpenak ênggone omah-omah (marga ora rusuh, cêdhak tangga têparo lsp); 4 pc. isih anyar (tmr. kabar); kc. êngêt, mangêt-mangêt.

angga: I n. anggi k (sa)sangga (5 gèdhèng). II (S) kw: awak; ang-[x] kw: ngawaki; yoga ang-[x] yogi kw: duwe ambêk kaya guru (tumuwa). III kw. ak: gêlêm; kc. mangga. IV kw: banyu.

angga-angga: êngg. kn kêmangga.

anggada: (S) kw. ak gêlang, kêlat bau.

anggah, anggêh: kw pêrnah, kukuh.

anggak: êngg.kn gumêdhe, umuk, angkuh; kc. agak, êgak.

anggakara: (S) kw kêndêl.

anggal: êngg. kn ènthèng (bobote, momotane).

anggana: I kw ijèn, dhewe. II (S) kw: wong wadon.

anggana raras: kw wong wadon ayu.

anggang-anggang: kn 1 kewan bngs. kêmangga kang saba ing banyu; 2 (ut. dianggang-anggang) dicêkêl lsp. lirih (ora dinêtake).

anggar: I êngg. kn ulah pêdhang tangkis-tangkisan. II ut. [x]-an kn: ilat-ilatan wadhah kêris ut. pêdhang (ditrap ing bangkekan); di-[x]: digawa kaetrap ing anggaran (tmr.kêris, pêdhang). III di-[x] kn: 1 diutang tanpa nganggo tanggungan (cêkêlan); 2 êngg. pc. dituku nanging ora dibayar; di-[x]-i: diutangi; [x]-an: 1 dhuwit sêbrakan (utangan); 2 prajurit [x]-an) ak. prajurit rucah.

anggara-kasih: kn Slasa Kliwon.

anggas: I êngg.kn tali kang dianggo nalèni wêtênge wong manak supaya arumane bisa mêtu. II kw.ak: walang.

angge: k: anggo; ng-[x] k nganggo.

angge-angge: kn orong-orong ing sawah.

anggèn: k anggon

anggèr: kw panyêbut marang kang kapêrnah ênom.

(anggêl): I [x]-[x], [x]-an kn bêndungan cilik, kayu lsp. dianggo nambak ilèn-ilèn; di-[x](-i): dibêndung. II dianggo [x]-[x] êngg: dianggo jaga-jaga.

anggêp: kn duwe rumangsa ut. gagasan yèn (luwih tinimbang lijane lsp); di-[x] 1 dirêngkuh kaya (sêdulur lsp), diarani yèn pancèn wis bênêr (nyata lsp); 2 dikanggokake, diajèni (pasuwitane lsp); kc. kanggêp.

anggêr: I ut. [x]-[x] kn pêpacak (wêwaton) kang kudu diturut; di-[x](-[x])-i: ditrapi anggêr-anggêr, dilarangi.

--- 15 ---

II (ut. [x]-e) kn: 1 sabên-sabên yèn ... III kn: sabên; [x] anu, [x]-[x] êngg: sabên-sabên.

anggês ~ angkil.

anggês: êngg. kn gêgês.

anggi-anggi: kn bumbon crakèn (bumbu jamu).

(anggit): kn (duwe [x]) duwe gagasan (reka); di-[x]: 1 ak. dironce (tmr. kêmbang); 2 diwujudake ana ing gagasan, direka-reka; 3 êngg. digagas; 4 dikarang (tmr. layang lsp); 5 ak. dicathêt ana ing gagasan (tmr. piwulang, sasmita lsp); [x]-an: 1 ak. roncèn; 2 karangan rumpakan; 3 gathèkan, ngêrtèn, sugih reka.

anggya: br angge.

(angglang): ng-[x] pc katon mêncongol (katon cêtha bangêt).

angglong: kn 1 suda bangêt isine; 2 pc. gêla bangêt.

angguk: I kn unining pêrkutut; kc. manggung. II kw: tansah, pijêr.

anggur: I êngg. kn angur, aluwung. II kn: 1 ar. wit sarta wohe; 2 ar. minuman kang digawe woh anggur. III [x]-[x] êngg. kn: tinimbang nganggur (ala nganggur); ng-[x]: 1 ora nyambut gawe; 2 ora ana kang nganggo (tmr. kreta sewan lsp); [x]-an: 1 êngg. mung duwe omah lan pomahan (tmr. wong ing padesan); 2 êngg. ora dikênakake aradan nyambut gawe padesan, mung kawajiban nyambut gawe ing prabot desa; 3 êngg. ar. pajêg ing padesan; 4 ora nyambut gawe.

(anggo): di-[x] n. dipun angge k. diagêm ki 1 dipigunakake (minangka srana ...); 2 ditrapake ing sawah (tmr. klambi lsp); 3 dislingkuhake (tmr. dhuwit); kc. anggon, kanggo, nganggo, panganggo.

anggon: I n. anggèn K 1 sêdhiyan dianggo dhewe; 2 ak. bisa awèt (dudu pasaran, tmr. barang dandanan); 3 kn. wis ora mari-mari(tmr.lêlara); wis anggone êngg: lumrah, wis jamake; [x]-[x] n. anggèn-anggèn k. pangagêman ki: 1 sandhangan saprabote; 2 ak. prabot, uba-rampe; kc. anggo, kanggonan. II n. anggèn k. kw: panggonan; kc. manggon, anggon.

anggong: pc 1 ngangsur-angsur napase marga kabotan gawan; 2 êngg. ngaso, lèrèn sêdhela.

(anggop): tan (ora) [x] kw tanpa lèrèn.

anggota: kn gêgêlitaning badan (tangan, sikil lsp).

anggrah-anggrah: kn 1 rêrèncèkan lsp. dianggo mêpêti dalan lsp; 2 pc. barang-barang kang rowa tanpa aji.

(anggrak): di-[x] kn diêndhêg sarta digêrtak diagag-agagi gêgaman (arêp dibegal lsp).

(anggrang): di-[x]-ake kn disèndhèkake ngadêg (tmr.andha lsp).

(anggras): di-[x] kn digêrtak diwêwêdèni.

anggrèk: kn ar. têtuwuhan kang nemplok ing wit liya(sok dianggo tamanan).

anggrêg-anggrêg: kn ora gampang mlêbune ing bolongan lsp.

anggrêm: êngg. kn angrêm.

anggrêng: kn. ak nggêrêng.

anggris: êngg. kn ringgit (dhuwit).

anggrit: kn. ak nggêrit, nggarit.

anggrong: kn. ak nggêrong.

angi: kn ngadhêmake sêga kang mêntas diadang (diliwêt) sarana dilèr lan ditepasi (ing iyan).

angik: êngg. kn ngilês wulèn pari (dijupuk gabahe dianggo wiji).

angin: kn lakuning hawa; olèh [x]: 1 bisa katampêk ing angin (tmr.layangan, prau); 2 (ut. olèh [x] bêcik) ent. olèh ungup-ungup bakal tampa kabêgjan lsp; [x]-[x]: 1 ngisis golèk hawa kang kêpenak; 2 br. ngrungok-ngrungokake pawarta; di-[x]-[x]-ake êngg: diisis supaya kêna angin; [x]-ên: kêmbung (tmr. wêtêng); kc. kanginan.

anginan: kn 1 êngg. darbèke wong akèh (tmr.sawah); 2 ak. punggawa pulisi (tanpa palungguh).

angin dharat: kn angin kang pinangkane saka ing dharatan.

angin laut: kn angin kang pinangkane saka sagara.

anging: kw ananging.

angka: I kn 1 tulisan gambaring cacah; 2 nomêr; [x] urut: nomêr kang urut-urutan; [x]-ning taun: cacah kang mratelakake petunganing taun; diangkani: dicirèni ing angka. II êngg. kn: niyat, kang dituju (dikarêpake); di-[x]-[x] êngg: tansah diniyati, dirêrantam.

angkah: k arah.

(angkal): di-[x] êngg. kn dialang-alangi; [x]-an êngg: alangan.

angkara: kw murka, kumudu ndhèwèki.

angkara-kara: kw murub.

(angkas): di-[x]-[x] kn. ak 1 dipindêng, dipêlêng; 2 digadhang-gadhang.

(angkat): I [x] junjung kn pagawean kasar (pagaweaning kuli); di-[x]: 1 dijunjung, disongkèl; 2 ditarik munggah (tmr.pancing, jangkar lsp); 3 êngg. diusung (digawa) lunga, diêmot ing; 4 diunggahake pangkate, didadèkake priyayi lsp; 5 (ut. di-[x]-i) ak. diayati, diwiwiti. II kn.ak: ênggone wiwit lunga (budhal); di-[x]-ake: dikon (digawa) mangkat; kc. mangkat.

angkatan dharat: kn prajurit dharatan.

angkatan laut: ([x] kapal) kn kapal-kapal pêrang.

angkêb-angkêb: kn 1 (ut.angkêb-angkêban) tutup (lawangan) ing cêndhela lsp, kang dijêplakake munggah; 2 tutupaning bolongan ububan, pompa lsp; 3 iga kang wêkasan.

angkêl-angkêl: pc linggih aras-arasên ngadêg (èngkèl-èngkèlên); anglêl-angkêlên êngg: mangkêl.

angkên: I kw 1 sabên; 2 kala. II dipun-[x] êngg. k: diaku.

angkêr: kn ora kêna diambah (digêpok) ing sabên wong marga ana lêlêmbute (tmr.wit.panggonan); 2 ak. gampang nêpsune; di-[x]-i ak: dilarangi ngambah (mlêbu lsp).

angkil: (W) kn 1 dhuwit minangka patukone [patu...]

--- 16 ---

[...kone] wong mlêbu kontrak ut. mlêbu saradhadhu; 2 mlêbu kontrak dadi kuli (saradhadhu).

angkin ~ angrêm.

angkin: êngg. kn sêbitan lawon lsp. dianggo sabuk ngiras dianggo mbundhêli dhuwit lsp.

angklah: êngg.kn 1 krasa lara (lungkrah); 2 karibêdan; kc. anglah.

angkle: êngg.kn kêsêl, sayah.

angklèk: êngg.kn èngklèk; di-[x] êngg: dianggar (tmr.kêris lsp).

(angklik): di-[x]-[x]-ake pc disèlèh ing papan kang dhuwur kang gampang tibane; kc. mangklik-mangklik.

angkling: êngg. kn 1 bngs. dhokar sewan; 2 saèm.èngklèk.

angklung: kn ar. têtabuhan kang digawe bumbung dirèntèng.

(angkud): di-[x] kn diusung digawa lunga.

angkuh: I kn gumêdhe (ora sumanak). II di-[x] êngg.kn: dirêngkuh kaya.

angkul-angkul: kn 1 sindik kancinganing senggotan, tanganan traju lsp; 2 peranganing pasangan kang dikalungake ing gulu sapi.

angkup: kn tapihing woh ut. kêmbang (nalikane isih kuncup).

angkur: kn tembok awangun kaya tugu miring kanggo cuwak pikukuhing pagêr bata lsp.

angkus: 1 kw. (ut.angkusa) cis; 2 êngg.ganthol.

angkrèk: kn 1 êngg. anggrèk; 2 êngg. angkrok.

angkrêg-angkrêg: pc anggrêg-anggrêg.

angkrêkan, angkrokan: kn ingsêran(ing wong mènèk lsp).

angkrik: I êngg. kn gaerut. II [x]-[x] pc: linggih ana ing papan kang dhuwur.

angkring: kn pikulan dalah saprabote (kothakan wadhah pangangan lsp) dianggo idêr-idêr bakmi, saoto, wedang lsp.

angkruk: I êngg.kn: cakruk, patrolan. II [x]-[x] pc: linggih ana ing papan kang dhuwur; kc. angkrik, mangkruk-mangkruk.

angkrok: I kn: kêrdhus lsp. dientha wong-wongan diwènèhi dudutan (dolanan bocah). II ng-[x] kn: ngêkêp karo mêthakol kaya patrape wong mêmènèk.

(angkrong): di-[x]-[x]-ake pc: disèlèhake ana ing papan kang dhuwur; kc. mangkrong.

anglah, anglêh: êngg. kn: 1 krasa lara (lungkrah); 2 êngg. k. lara.

anglèng: I kw ngêlèng, gawe lèng, kaya lèng. II êngg.ak: cêtha, gênah (pangrungune, pangêrtine); di-[x]-ake: ditilingake têmênan.

anglèr: kn 1 nggaru kang wêkasan ngarêpake dadi lalahan; 2 br. ngêlèr; kc. lèr.

anglès: kw lunga, minggat.

anglêk: I kn lêgi bangêt. II kw: sêdhih bangêt.

anglêng: I êngg aluwung, angur. II êngg.kn: ngênglêng; judhêg dening kedanan lsp.

anglêp: kw endah bangêt.

anglêr: kn kêpenak bangêt tanpa oyag (tmr. nênunggang, swara lsp).

anglês: kw sanalika susah, rasaning awak lêslêsan dening trênyuh, kakênan lsp.

anglih: I kw ngalih. II kw: ngêlih.

angling: kw clathu, gunêman, kandha; kc. ling.

anglir: kw ngèmpêri, mèmpêr, kaya; kc. lir.

anglud: kw 1 nututi, ngoyak, nurut; 2 mèlu.

angluh: êngg. kn 1 lungkrah, nglumpruk; 2 ngêsah, sêsambat.

anglung: kw 1 kaya êlung; 2 tumêlung, tumiyung; di-[x]-ake: didhungklukake mêngarêp; kc: manglung.

anglur: (-sêlur) kn.ak elur urut-urutan (wong mlaku lsp).

anglus: kw ngêlus; kc.alus

anglo: kn bngs. kêrên mawa complongan mung kanggo gêni arêng.

angloh: êngg. pc angluh.

anglong: I (jiwa) kw saya kuru badane (dening sêdhih lsp). II di-[x]-[x]-ake pc: dianguk-angukake ing cêndhela lsp; kc. manglong.

angub: êngg.ak ngaub, ngeyub.

angudubilahi: (setan) pc 1 sabawa mratelakake kagèt, gumun, muring lsp; 2 bangêt.

anguk: I pc angur, aluwung. II [x]-[x] kn: ndêlêng ungak-ungak saka ing cêndhela lsp; di-[x]-[x]-i: diungak, diadhang arêp wêruh apa wis têka apa durung.

angum: kw adus kungkum; kc. kum.

angun-angun: kw 1 galak; 2 banthèng.

angur: kn luwih prayoga (bêcik) yèn ...

angus: kn kênthêlaning kukusing diyan lsp.

angut: kw mêthik, ngundhuh.

angob: kw mangap ngêtokake napas (marga ngantuk bangêt).

angok: kn kurang (suda) jêrone ut. isine (tmr.banyu, banjir).

angon: n. angèn k 1 ngumbar lan ngulatake raja-kaya lsp. ana ing ara-ara, pasukêtan lsp; 2 ent. ngulatake, ngawat-awati, nangguh; [x] angin ([x] mangsa): golèk (nganggo nangguh) wêktu kang prayoga; [x] iriban ([x] ulat): nganggo nyawang marang kaanane (kang arêp ditêmbungi lsp); [x] kosok: nangguh mangsa kang bêcik; [x] repa ak: nggathuk-nggathukake surasane (ing nalikane maca); [x] swara ak: nilingake marang lagu sarta larasing swara; kc. pangon, pangonan.

angop: kn. ak angob.

angot: kn 1 kumat, lara manèh; 2 ent. bali nglakoni ala manèh.

angrap: kw mlayu bantêr (tmr.jaran lsp); kc. kêrap.

angrèb: kw katon akèh bangêt.

angrèh: kw ngêrèh.

angrêm: kn 2 ndhêkêmi êndhoge supaya nêtês (tmr.pitik lsp); 2 ak. ndhêlik (ora mêtu-mêtu) ênggone ndhadhari wis wêngi

--- 17 ---

(tmr. rêmbulan), mlêbu lan mandhêg ana ing jêron daging (tmr. mimis); kc. êngrêm, pangrêman.

angrês ~ apit

angrês: kw ngêrês (rasaning ati).

angrik: kw ngêrik (nggêro. mbêngingèh).

angrug, angrog: kw barung, bêbarêngan (tmr.swara lsp).

angrob: kw banjir, rob.

angrod: êngg. kn kêsusahan, kêcingkrangan, trênyuh.

angrok: kw nyêrang, nêmpuh.

angrong pasanakan: pc ndhêmêni bojoning sêdulur (kanca, têpungan).

angsa: I ng-[x](-[x]) kn murka kumudu olèh. II (S) kw: -banyak. III (S) kw: 1 turun, wangsa; 2 panduman, perangan.

angsab: I êngg. kn sumbut, ora tuna. II di-[x] pc: diasab.

angsag: ut. ng-[x] êngg, kn ngasag; kc. asag.

(angsah): di-[x]-ake kw diajokake pêrang: kc. mangsah.

angsal: I k olèh. II êngg.kn: asal.

angsang: kn 1 piranti ambêkan (tmr. iwak loh); 2 piranti dianggo nggarang kang digawe kawat lsp ditumpangake ing anglo; 3 slorogan (ut.blabag) ing lêmari, wadhah kinang lsp; 4 sikilan sanggan bokor lsp, lambaran teko lsp; kc. langsang.

angsar: ut. ngangsar kn dayaning barang kang njalari bêgja: di-[x]-i: didayani; kc. asar.

(angsêg): di-[x] kn. ak: 1 didhêsêg maju; 2 disêsêgake (tmr. rêrêmbugan); kc. mangsêg.

angslah: (S) kn panarikan pajêg.

angslêp: êngg. pc sumusup, mlêbu.

angsli: pc asli.

angslup: kn mlêbu (manjing ing bolongan lsp, manjing ing (badan tmr. lêlêmbut, ing cakrawala tmr. rêmbulan, srêngenge); di-[x]-ake: dilêbokake ing (bolongan).

(angsu): ng-[x] kn 1 golèk banyu; 2 ent. golèk kawruh, mêguru; di-[x] ak. diangsoni: 1 dijupuk (digolèki) banyune; 2 ent. diguroni, dicêcêp kawruhe.

(angsuk): [x]-ane, [x]-e êngg jodhone, cocoge karo; kc. mangsuk.

angsul: I êngg. k. pc ulih, bali. II di-[x]-[x]-i êngg.kn: diwangsuli.

angsung: kw wèwèh, awèh: [x] dhahar êngg: sêsaji (ngobong mênyan lsp) marang pasarean, papan pasujarahan lsp.

angsup: kw angslup.

(angsur): ! di-[x]-i kn. ak diwènèhi utangan (êmpingan).II ng-[x]-[x] kn: rêkasa bangêt ênggone ambêkan (marga mêntas mlayu lsp).

angsog: êngg. kn diunggahake ing dharatan (tmr. prau cilik).

angsoka: kw ar. kêmbang (wit).

angsring: pc asring.

aub: kn. ak eyub; ng-[x] ak: ngeyub; di-[x]-i br: 1 dieyubi; 2 diayomi.

aul: kn. ak wis kulina nindakake; kc. ahlul.

auman: êngg.kn sawah darbèke wong akèh.

aut: êngg. k ciyut.

aoliya: (A) kn wali (wong suci).

aor: kn krasa kaya pait ing cangkêm (marga kakehan udud lsp).

aos: I kn 1 mêntês, akèh isine (tmr.pari, kacang lsp); 2 ent. akèh surasane, ngêmu surasa kang mêntês. II k: aji.

apa: n. punapa k 1 pitakon nakokake arane barang lsp, up [x] kowe wis ngêrti?; 3 kanggo nyilahake prakara loro kang mèh padha atêgês utawa: [x] bae pc: sakabèhe, kabèh bae; [x] dene: 1 luwih-luwih ...; 2 lan uga ...; [x] gene br: kêpriye, sabab apa; [x] iya: andak iya; [x] manèh: 1 luwih-luwih ...; 2 lan uga; [x]-ne: peranganing kang êndi; [x]-[x]: 1 barang-barang apa bae; 2 kabèh, sakabèhe; ora [x]-[x]: 1 ora ana cacade tatune lsp), ora owah babar pisan; 2 ora salah (-luput lsp); diapakake; ditindakake kêpriye.

apah: (S) kw. ak banyu.

apak, apang: êngg: arêp ..., bakal ...

apal: kn bisa ngêrti (ut.ngucapake) apa-apa sing wis diwaca (disinau); di-[x]-ake: 1 disinau (digêgulang) nganti bisa apal; 2 êngg. diucapake ora nganggo ndêlêng buku lsp; [x]-an: 1 apa-apa kang diapalake (têmbung, wacan, lsp); 2 donga lsp. cêkak kang diapalake.

apan: I kw 1 awit: 2 jêr. II ut. ape êngg: arêp ..., bakal ...

apan-apan: kn kayu bantalan ani-ani, kayu palang garu.

apdhèling: (W) kn perangan (wêwêngkon).

ape: êngg arêp ..., bakal ...

apèk, apèt: êngg. ak golèk.

apèk-apèk, apèn-apèn: êngg api-api (ethok-ethok).

apèl: (W) kn 1 ngulur prakara marang pangadilan kang luwih dhuwur; 2 nglumpukake prajurit (sarana têngara tambur lsp).

(apèn): di-[x]-[x]-i kn. ak dilagani, direwangi; kc. api.

apêk: kn mambu saèm. pênguk (kringêt, klambu rêgêd lsp).

apêl: (W) kn ar. woh.

apêm: kn saèm. srabi lêgi (dianggo slamêtan).

apês: kn 1 ringkih, sèkèng (ora kuwat nanggulang); 2 ak. nandhang (kêna) kacilakan; 3 njalari cilaka (tmr. dina lsp); ([x]-)[x]-e: sêthithik-sêthithike; [x]-an: gampang nêmahi apês.

api: I kw gêni; [x]-[x] êngg: gêgêni cêdhak bêdhiyan lsp. II [x]-[x] kn: ethok-ethok, samudana kaya ...

apik: kn 1 bêcik lan alus (tmr.gêgarapan, dandanan lsp); 2 êngg. kikrik, ora gampangan.

apil: k. ak apal.

apirowang: kn.ak ethok-ethok mitulungi.

apit: kn I (sasi [x]) sasi Dulkangidah; 2 (mangsa [x]) ak. mangsa Dhêsta karo Sadha; [x]-[x] lawang ak: kayu ing pinggiraning

--- 18 ---

lawang kang gandhèng karo gêbyog; di-[x]: 1 (ut. di-[x]-[x]) diampingi kiwa têngên; 2 ditandhingi tikêl loro (tmr. totohan).

apitambuh ~ arêng.

apitambuh: kn.ak ethok-ethok ora ngêreti (-wêruh).

apituwin: kw lan uga, tur.

apyu: kw. ak gêni

apyun: kn candu kang durung dimangsak.

(apkir): di-[x] (W) kn ora dikanggokake, ora kanggo.

aplala: kw linuwih.

apu: k ênjêt.

apuh: kn wis êntèk banyune (tmr. barang kang dipêrês); kc. puh.

apuy: kw. ak gêni.

apuntên: k 1 apura; 2 êngg. êmbuh.

(apura): di-[x] n. dipun apuntên k dilunasake kaluputane (ora diukum, ora dipidana).

apuran: pc kalènan pambuangan bangu; 2 dhuwit dianggo nyewa kalènan.

apus: I kn pêpês ora bisa mundhak gêdhe (tmr. sikil, tangan). II 1 kw. tali, 2 praboting abah-abah jaran ([x] buntut, [x] gulu lsp); di-[x] kw: 1 ditalèni, diikêt; 2 dikarang, dirumpaka. III kn: goroh kang mitunani ing liyan; di-[x]-i: digorohi, diblithuk, [x]-[x]-an: gêgorohan, panggorohan.

apus krama: pc apus sarana alus.

apuwa, apruwa: êngg 1 coba; 2 mara, ayo.

apokat: kn kc. adpokat.

apor: êngg. kn krasa tanpa kakuwatan tmr. sikil (marga kêsêl).

apotik: (W) pc toko jamu (wêton Eropah).

April: kn ar. sasi Wêlanda kang kapat.

apsah: pc absah.

apsara: (S) kw dewa.

apsari, apsêkar, apsantun, apsinom: kw widadari.

apti: (S) kw arêp; ing [x] kw: ingarêp; kc. kapti.

ara-ara: kn palêmahan jêmbar ora tinanduran.

arad: êngg.kn jaring; di-[x] ak: 1 digèrèt; 2 digawa ing lêlêmbut (dhêmit); 3 dipêksa dikon nyambut-gawe; [x]-an ak: 1 wong kang diarad ing lêlêmbut; 2 wong kang dipêksa nyambut gawe; 3 pagawean pêksan.

(arag): di-[x]-[x]-i kn 1 dipilah-pilah kang agal karo kang lêmbut (tmr.wêdhi, krikil lsp); 2 dirêsiki sabakdane digaru (tmr.sawah, sarana diilangi sukête lsp).

arah: n. angkah k 1 ak. niyat, jangka (kang bakal linakonan); 2 maksud, tujuan (kang dijangka); [x]-[x] êngg; ênêr; di-[x](-[x]) n. dipun angkah(-angkah) k: 1 dipêndêng, disêdya; 2 dimelik, dijangka supaya bisa olèh (kêcandhak, kêlakon); kc. êrah.

arahan: kn (bau [x], prajurit [x]) bau (prajurit) rucah.

arak: I ut. arèk êngg arêp ..., bakal ... II pc: rak, up. [x] nyata ta! III kn: ar. minuman kêras. IV. di-[x] kn: diêtêrake ing wong akèh bêbarêngan; [x]-[x]-an: gêgolonganing wong kang bêbarêngan ngêtêrake (pangantèn, jênggi lsp): kc. pangarak.

aral: (A) kn alangan, têngadur.

aram: kn kayu talêsaning bêndungan.

aran: n. nama k. asma kl 1 jênêng; 2 (têmbung [x]) têmbung kang mratelakake barang kang maujud utawa kang dianggêp maujud; dadi aran-aran ak:dirèmèhake wong akèh; di-[x]-i n. dipun wastani k: 1 disêbut arane, dijênêngi; 2 ditêrka, dianggêp dadi ..., dikira; ng-[x]-[x]-i: nganggo nyêbutake kang ora ana (tmr.njêjaluk lsp); kc. karan.

arang: n. awis k 1 ora rêngkêd, ora kêrêp; 2 langka; di-[x]-i(-ake): ditata (diênam lsp) arang.

ara-uru: kn. ak gegeran.

aras: I di-[x] 1 kw. digêpok, digrayang; 2 ki. diambung. II [x]-[x]-ên kn: 1 ora duwe kêrkat tumandang; 2 krasa kaya kêsêl (sayah bangêt). III (A) kn.ak: palinggihan, dhampar.

aras-kêmbang: kn.ak gampang dikasihi ing bêndara.

arbèi: kn ar. têtuwuhan (kêmbang sarta wohe).

Arbo: kn. ak Rêbo.

arda: (S) kw 1 pangangsa-angsa, ngangsa, murka, hawa-nêpsu; 2 bangêt, kêluwih-luwih.

ardaya: (S) kw ati (dumunung pangrasa).

ardana: kw dhuwit.

ardacandra: (S) kw rêmbulan tumanggal. ar. gêgaman.

ardawalepa: (S) kw kurang ajar (ditakoni malês takon).

ardawalika: kn ar. upacara awujud pêpêthan naga.

ardi: kw gunung.

arditi: kw. ak gunung, cs 12.

arja: kw 1 rêja; 2 slamêt.

arjaya: kw kc. arja.

arjana: (S) kw. ak jangka, ngudi.

arjasa: kw rêjasa.

arju: kw 1 sarju, mupakat; 2 kc. arja.

arjuni: (S) kw. ak sapi.

arjwa: (S) kw utama, wêkêl.

are: I ut. arene êngg jare, jarene. II kw. ak: lèrèn, ngaso.

arean: êngg. pc dinan (bayaran dinan tmr. kuli lsp).

arèh: kn godhogan santên kanil.

arèk: I kn ar. wit bngs. palêm lêgène digawe gula. II êngg.kn. ajang.

arèn-arèn: êngg. pc dinan (bayaran dinan tmr.kuli lsp).

arès: I êngg. kn gaganging tundhunan gêdhang, bonggol gêdhang.. II [x]-[x]-ên êngg.kn: lara kuku. III (W) kn: umukan; kc. rès. IV tan arèsa kw: nggêgirisi, bangêt.

(arèk): di-[x] kw. ak diambung.

(arêm): di-[x]-[x]-i kn dilipur supaya nrima sarana disaguhi arêp diwêwènèhi lsp: kc. marêm, pangarêm-arêm.

arêng: kn kayu diobong banjur disumpêt [disum...]

--- 19 ---

[...pêt] dadi rupane irêng dianggo gêgênèn ing anglo lsp.

arêng watu ~ asa.

arêng watu: n. ([x] sela k) arêng kang asal saka kayu kang kapêndhêm ing sajroning lêmah.

arêp: n 1 (ajêng k. kêrsa ki) gêlêm (ngêpèk, tuku lsp); 2 (badhe k.) nêdya ut. bakal (nindakake lsp); 3 (ing-[x] ingajêng k. ingarsa ki) sisih kang kapêrnah ing adhêping barang (wong lsp) kb. ing buri; di-[x]-[x] n. dipun ajêng-ajêng k: diêntèni (kalawan pamuji) supaya olèh ut. kêlakon; di-[x]-i n.dipun ajêngi k. dikêrsani ki: 1 ditampa kalawan sênêng yèn diwènèhake (tmr.dodolan lsp), dimelik arêp diêpèk; 2 ak. ditampa ut. dikabulake tmr. usul, panjaluk lsp; di-[x]-ake n. dipun ajêngakên k: 1 (dikêrsakake ki) dipengini, dimelik, arêp diêpèk: 2 diênêrake marêp; [x]-an n. ajêngan k: 1 melikan, apa-apa arêp, ora tampikan; 2 êngg. bakal; 3 (ing [x]-an) ing papan kang kapêrnah ngarêp; [x]-[x]-an n. ajêng-ajêngan k: adhêp-adhêpan; kc. marêp, ngarêp, pangarêp(-arêp).

arêp: ora n. ajêng botên k.pc 1 arêp apa êmoh; 2 gêlêm ora gêlêm kudu.

arês: kw giris, wêdi, miris, susah.

arga: kw gunung.

(argya): di-[x] kw diurmati, diaji-aji.

ari: I êngg. kn yèn, manawa. II kw: adhi; [x]-[x] kn: êmbing-êmbing. III kw: 1 srêngenge; 2 dina; [x]-an êngg. pc: dinan. IV kw: mungsuh. V kw:.ak: lèrèn, mandhêg; kc. mari, kari.

ariaya, ariyaya: êngg. ak riyaya..

aribawana: kw kayangan, kadewan.

arih: I kn.ak arèh (santên kanil digodhog). II di-[x]-[x] (di-[x]-i) kn: dipêpiringi (diarah-arah) sarana alus supaya gêlêm nurut lsp; kc. pangarih.

ariya: kn sêsêbutan para luhur; kc. arya.

(arik): ng-[x]-[x] kn. ak kandha-kandha mrana-mrana; kc. orak-arik.

arima, arimong: kw macan.

arina: kw kidang.

aring: I kn sarèh ut. rada bungah (mari nêpsu, mari nangis lsp); ng-[x]-[x] ak: dolan-dolan mbêbungah ati, ngenggar-enggar ati; di-[x]-[x]-i: dilipur (diênêng-ênêngi) supaya aring (tmr.bocah nangis). II êngg: marang, mênyang ing.

aring-aring: kn ar. wit.

arip: kn krasa ngantuk bangêt (marga mêntas mêlèk bêngi lsp).

aris: I kw 1 laras, tanpa sulaya; 2 sarèh, alon, manis (tmr.gunêman). II êngg.kn: 1 watês; 2 glondhong (lurah desa kêpala); 3 (mantri [x]) ak. panèwu, asistèn-wêdana; [x]-an êngg: sambatan (gawe olah lsp), sumbangan: kc. ris.

arit: kn ar. piranti dianggo mbêbacok (nênêgor, golèk sukêt lsp); di-[x]: dibacok nganggo arit, dibabadi nganggo arit; ng-[x]: golèk sukêt (nganggo arit canthuk).

ariwara: kn. ak ariwarti.

ariwarti: kn layang kabar.

arya: kn 1 sêsêbutaning para luhur; 2 sêbutan pakurmatan marang bupati manca-nêgara.

aryan: kw arèn.

aryana: kw budi, pikiran.

aryang: kn ar. dina paringkêlan kang kanêm.

arka: (S) kw kêrkat.

arloji: (W) kn ak: jam (kandhutan).

arnal: (W) kn bngs. susuk kondhe.

arnawa: (S) kw sêgara.

arubiru: kn.ak rêrusuh, pangganggu-gawe; di-[x] ak: dirusuhi, diganggu-gawe.

arug: êngg.kn mbludhuk (tmr.lêmah); di-[x]: 1 kw. ditatoni; 2 êngg. dibludhukake (tmr.lêmah kang padha kêmpêl).

aruh: ora sapa [x] pc ora gêlêm nggape (ngajak gunêman); [x]-[x] kn: 1 ngajak gunêman; 2 nyruwe, maoni, ngelikake; di-[x]-[x]-i: 1 diajak gunêman; 2 disruwe, diwaoni, dielikake.

arum: 1 kn. wangi; 2 kw. alon lan manis (tmr.gunêman, swara lsp); [x]-[x] kw: wêwangi (jênêng).

aruman: êngg. kl ari-ari.

aruna: (S) kw srêngenge.

arungan: kn ([x] gawe) bêbarêngan akèh pagawean, lagi ewuh.

arus: ! kn 1 ambu kaya dene ambuning gêtih; 2 êngg. hawa ing sêgara; 3 êngg. ombak ing sêgara; 4 êngg. pinggiring pêsisir. II êngg. kn: layak, patut (ditindakake); ng-[x]-i êngg: migunani.

arutala: kw.ak rêmbulan.

aroh-aroh: êngg. pc aruh-aruh.

aron: I kn: 1 ak. magêl (tmr.sêga); 2 êngg. jagung godhogan. II [x]-an êngg kn: wiwit mari (tmr. lêlara).

arpuwis: (W) kn bngs. cèt (tmr.kayu).

arsa: kw arêp; ing -[x] ki: ingarêp; di[x]-[x] k: diarêp-arêp.

arsaya, arsana: kw. bungah, sênêng.

arsi: I kw rêsi. II di-[x]-[x] br: diarêp-arêp; kc. arsa.

arsitèg: (W) kn ahli yasa omah, krêtêg lsp.

arta: k dhuwit.

artaka: 1 kw. dhuwit; 2 kang nyimpên dhuwit (pènêngmistêr).

artati: kw 1 gula, lêgi; 2 têmbang dhandhang-gula.

artawan: kw (wong) sugih.

arti: a. artos k. ak 1 têgês, makna; 2 pangêrti, pikiran: kc. ngêrti.

artikêl: (W) kn 1 bab ing undhang-undhang (anggêr-anggêr lsp); 2 jêjêr ing karangan (ing koran lsp).

artos: k arti.

arca: kw rêca.

arcamana: kw raup (rêrêsik) ngarêpake sêmadi.

(arcana): mang-[x] kw ngurmati, nyêmbah.

arcapada: kw donya, jagad; kc. marcapada.

arwah: (A) kn.ak sukma(-sukma), roh; kc. ruwah.

as: (W) pc indhên.

asa: (S) kw 1 têkan ing puncak (notog, kêluwih-luwih); 2 susah, sêdhih.

--- 20 ---

asab ~ astu.

asab: I kn.ak 1 sumbut, angsab; 2 ora isinan, saèn. II di-[x] kn: digosok nganggo barang kang kasap.

(asag): di-[x] kn digolèki turahane (tmr.pari kang mêntas diênèni).

(asah): I [x]-[x] kn ngumbah piring, cangkir lsp; di-[x]-i: dikumbah (tmr.piring lsp). II di-[x] kn: digosok amrih landhêp (tmr. lading lsp, ent. tmr. pikiran).

asal: (A) kn 1 mula-buka, kang dadi kawitan: 2 ent. isih darah; 3 (ut. angsal) êngg. anggêre, waton (yèn).

asal-usul: kn turunan (katêranganing turun).

asalsilah: (A) kn. ak salasilah.

asana: (S) kw 1. palungguhan, dhampar: 2 ênggon, panggonan; 3 gêdhong (omah) dianggo ...

asar: (A) kn 1 sêmbahyang sore; 2 wayah sêmbahyang sore (jam 3 - 5); [x]-dhuwur: wayah sore jam 3; [x] êndhèk: wayah sore jam 4 - 5; kc. angsar.

asari, asantun: tan [x] kw ora sarèh, enggal, nuli.

asas: kn 1 dhasar, têtalês; 2 tujuan (rantaman); 3 pokok lajêring rêmbug (prakara).

asat: kn êntèk banyune (tmr. sumur lsp); kc. sat, kasatan.

ase: kn ar. lêlawuhan (cacahan iwak).

asèb: êngg. kn glègèkên, atob.

asèng: êngg. kn ngajak.

asèp: (W) kn layang pangakuan utang (kang kêras bangêt).

asêli: kn. ak asli.

asêm: kn 1 ar. wit sarta wohe (rasane kêcut); 2 êngg. kêcut; [x]-an: 1 ak. sêla-sêlaning driji; 2 kw. bêbantên, dadi patèn; [x]-[x]-an: 1 pucêt (tmr. babaraning jarit); 2 êngg. timah-timah (tmr. tatuning jago kang mêntas diadu); 3 êngg. durung tutug ênggone anglèr (tmr.lêmah kang digarap); kc. masêm.

asêp: kn 1 kukus, uwab; 2 êngg. kêbul.

asig, asik: êngg. pc bagus (bêcik).

asih: kn trêsna marang; kc. sih.

asil: (A) kn 1 êngg. pamêtu; 2 pamêtu kang mirunggan (ora ajêg); 3 êngg. pc. bisa olèh (kêlakon) kang disêdya (dijaluk lsp); kc. kasil.

asin: kn rasa kaya rasaning uyah; di-[x]: dikum ing uyah (tmr.êndhog, iwak lsp); [x]-an: kang diasin (êndhog lsp); kc. masin.

asing: (M) kn (wong [x]) wong ngamanca (saliyane wong Indhonesiyah).

(asir): di-[x]-[x] êngg. kn diambus-ambus lan dilari (lng asu lsp); kc. osar-asir.

asiran: êngg. k durèn.

asistèn: (W) kn pambantu; [x]-wêdana ([x]-residhèn): pangkat sangisoring wêdana (residhèn).

asya: (S)kw 1 ngguyu, pêpoyok; 2 cangkêm.

asil: (A) kn 1 asal, kang kawitan (dêdunung lsp); 2 asal kang nurunake; 3 êngg (sawah [x]) pusaka; kc. asal.

aslup: kn 1 mlêbu ing; 2 sumurup tmr. srêngenge; kc. angslup.

asma: ki jênêng; diasmani ki. pc: ditèkêni.

asmara: (S) kw sêngsêm, sih trêsna; nyidra [x] kw: ndhêmêni.

asmaradana, asmarandana: kn ar. têmbang macapat.

asmaratura: (S) kw kêsêngsêm, kedanan.

asmu: kw sêmune kaya.

asnapun: (A) kn beda-beda.

asu: n. sêgawon k ar. kewan kang kalumrah diingu ing wong; sêdulur [x] ks: sêdulur tunggal biyung seje bapa; [x] arêbut balung pr: pêpadon rêbutan prakara sêpele; [x] munggah ing papahan pr: ngrabèni tilas bojoning sêdulur tuwa; [x] bêlang kalung wang pr: wong asor nanging sugih.

asuh, asoh: kw lèrèn, mandhêg.

(asuk): di-[x]-ake pc diangsukake; kc. masuk, mangsuk.

asukaya: êngg. kn kaya, kaskaya.

asung: kw awèh, wèwèh.

asup: kw mlêbu.

asura: (S) kw buta.

aso: kn 1 wis lèrèn (mari sayah); 2 [x] (ut. ng-[x] lèrèn supaya mari sayah; 3 êngg. sarèh, sabar; diasokake: dilèrènake supaya mari sayah.

asok: kn mbayar (pajêg lsp); kc. sok, pasok.

ason-ason: êngg. kn mbêburu nganggo asu.

asor: 1 kw. nistha, ora luhur; 2 kn. (ut. andhap-asor) ora umuk, ora ngunggul-unggulake; 3 kn. kalah; ng-[x] kn. ak: ngalah; kc. kasor.

asor unggul: kn kalah mênang.

aspal: (W) kn bngs. tir dianggo mopok dalan lsp.

asrah: kn. ak pasrah; [x] bongkokan: masrahake gêgamane (trima têluk); [x] jiwa-raga ([x] pati-urip): masrahake awake (dikapak-kapakake gêlêm).

asrak: kw swara kumrasak (kayata ampuhan lsp).

asrama: (S) kw patapan (ngiras dianggo pamulangan).

asrang: kw sumiyut (ing angin lsp); kc. srang.

asrêng: kw mêmpêng bangêt, sêrêng.

asrêp: k adhêm.

asri: kn sawangane bêcik, ngrêsêpake pandêlêng; asrèn-asrèn ak: pajangan, rêrênggan.

asring: k sok.

asru: kw 1 sêru; 2 bangêt.

asta: 1 ki. tangan; 2 êngg. k. lêngên; 3 kn. tangan kang ngisor (dianggo ukuran); 4 êngg. k. bau (ukuran jêmbar); di-[x] ki: 1 dicêkêl; 2 ditandangi, dicakake.

astaga: (-pirullah) (A) kn (Gusti Allah karsaa ngayomi) sabawa mratelakake gumun bangêt, kagèt lsp.

astana: kw 1 kraton; 2 kuburan (ing ratu, wong kang linuwih).

astapirlah: pc astaga(-pirulah).

astèn: pc asistèn.

asti: kw gajah.

astu: (S) kw amin!

--- 21 ---

(astungkara) ~ atus.

(astungkara): mang-[x] kw mêmuji, ndonga.

(astuti): mang-[x] kw mêmuji, nyêmbah.

astra: kw: 1 gêgaman; 2 panah; kc. warastra.

astra lungiyan: kw bêbojoan.

ascarya: kw gumun, eram.

astha: (S) kw wolu.

asthabasu: kw gêgolonganing dewa cacahe wolu.

asthabrata: kw kautaman 8 (tmr.panjênênganing ratu ut. para narapraja).

asthagina: kw wolung bab (-silah).

asthi: kw. ak gajah; kc. asti.

aswa: (S) kw jaran.

aswameda: (S) kw sêsaji (riyaya) taunan.

aswi: kw bangêt-bangêt, sêrêng, pêksa.

ata: sapi [x] êngg sapi kang congore abang.

(atag): di-[x] kn dikon nindakake (pagawean lsp).

(atak): I [x]-[x] êngg. kn tumapak (wiwit) nindakake. II [x]-[x]-an êngg. kn: pilihan lurah desa. III di-[x]-i kn: ditata tumpuk-tumpuk banjur dibuntêl dluwang (tmr.dhuwit); [x]-an: dhuwit kang wis diataki; kc. satak.

atal: kn bngs watu kuning sok digawe borèh lsp.

atam: êngg. kc katam.

atanapi: kw lan, lan manèh, utawa, uga; kc. tanapi.

atap: kn. ak tata têtumpukan, rantap-rantap; kc. tap.

atas: I êngg. kn 1 ak. têrang, cêtha (tmr. pangrungu, pandêlêng); 2 wis têrang saka ut. olèh wêwênang saka, up. [x] karsaning Allah, [x] dhawuh Dalêm ingkang Sinuhun; ing atase: mungguh ing, tumrap ing. II kn. ak: ing dhuwur; mênang (kalah) [x]: mênang (kalah) dhuwur olèh-olèhe (ut. dhisik ênggone mênang); ng-[x] ak: 1 munggah; 2 mitêrang marang dhêdhuwuran; [x]-[x]-an ak: rêbut unggul.

atas angin: kw tanah-tanah kang dadi tuking angin (Asiyah).

atat: kw manuk bèthèt.

atawa: kw. ak utawa.

ate: êngg. arêp, bakal.

atèb: êngg. k atob.

atelah: kn saèm. klambi jas nanging cêkak.

atèn-atèn: 1 kn. peranganing pring kang jêro (sangisoring kulit); 2 (n. mêmanahan k) watak, wêwatakan; kc. ati.

atèr: êngg kn antèr.

(atêng): di-[x]-i kn. ak diratêngi; kc. matêng, ratêng.

atêp: kn: payon kang digawe wêlit (alang-alang, rapak).

(atêr): [x]- kn 1. êngg. pawèwèh (sêga salawuhane, panganan lsp) kang diêtêrake; 2 wanda kang kawuwuhake ing ngarêping têmbung lingga (kyt: dak, ko, di, ka lsp); di-[x](-ake) êngg: diêtêrake (digawa); di-[x]-i êngg: diêtêri pawèwèh sêga, panganan lsp; di-[x]-[x]-i: 1 diancêr-ancêri, dituduhake dalane; 2 ditrapi ater-atêr (tmr. têmbung); di-[x]-ake ak: diêtêrake; kc. êtêr, antêr.

atêr banyu: ([x] nanah) kn isi banyu (-nanah) tmr. tatu lsp.

ati: I kn perangan ing jêro kang êmpuk (tmr. pring, gori lsp); 2 peranganing jêroan kang dianggêp tandhon sarining pangan. II n. manah k. (pang)galih ki: 1 jantung; 2 têlênging rasa kabatinaning manungsa; 3 rasa-rumangsa, pangrasa; dadi [x]: 1 tansah dipikir (dirêmbug); 2 mangkêl, sêrik; satru [x] ak: mungsuh mung ing batin; [x] bengkong olèh oncong pr: duwe niyat ala olèh dêdalan; mambu [x] pr: duwe kêpengin marang wong wadon (wong lanang); dahwèn [x] opèn; pr: nacad nanging arêp dimelik dhewe; ulat madhêp [x] karêp pr: wis duwe melik diwènêhi; [x]-ne pijêr arêp ... pc: kumudu-kudu arêp ... III di-[x]-[x] n. dipun atos-atos k: ditindakake kanthi wêweka (ora sêmbrana).

atibagya: (S) kw. ak bêgja bangêt.

atibara: (S) kw. ak abot bangét.

atibisana: (S) kw.ak galak (mêdèni) bangêt.

atibrata: (S) kw.ak utama bangêt, mêmpêng tapane.

atidaya: êngg.ak aja sing ..., malah ...

atidurta: (S)kw.ak julig bangêt.

atidhustha: (S) kw.ak ala bangêt.

atigorawa: (S) kw. ak urmat bangêt.

atiharsa: (S) kw.ak bungah bangêt.

atiyanta: kw bangêt, kêluwih-luwih; kc. atyanta.

atika, atiki: kw. ak iku, iki.

atihoma: (S) kw.ak umuk bangêt.

atiputa: (S) kw.ak rêsik bangêt.

atirodra: (S) kw.ak nggêgirisi bangêt.

atis: êngg. kn adhêm bangêt; kc. katisên.

atisadu: (S) kw ak sarèh (lêmbah manah) bangêt.

atisaya: (S) kw.ak bangêt, kêluwih-luwih.

atisomya: (S) kw.ak ayu bangêt

atita: (S) kw.ak sigêg, wis kêliwat (kêpungkur).

atiti: (S) kw.ak dhayoh.

atiwega: (S) kw.ak bantêr bangêt.

atma: (S) kw 1 nyawa, sukma; 2 anak.

atmaja: (S) kw anak.

atmaka: kw atma.

atub: êngg. kn mbiyêt (akèh wohe), akèh godhonge.

atul: kn. 1 bêtah mlaku; 2 wis kulina (manuh) nindakake; 3 ak. ora perdulèn.

atur: I kn. unjuk ki apa kang dikandhakake; [x] uninga: awèh wêruh (marang dhêdhuwuran); [x]-[x] kn. unjuk-unjuk ki: pawèwèh marang kang kinurmatan; di-[x]-i: 1 dikon (diajak) kanthi urmat; 2 ut. diaturake kn. diunjukake, disaosake ki) diwènèhake kalawan urmat; di-[x]-ake: diulungake, dikandhakake marang; di-[x]-i (diunjuki, disaosi ki) uninga (-pirsa, - priksa): diwèhi wêruh, dikandhani; kc. katur, matur. II.di-[x] êngg. kn: ditata dipranata; [x]-an êngg: tatanan, pranatan.

atus: I kn wilangan sapuluh puluhan

--- 22 ---

(-00); rong [x]:200; [x]-an: 1 sabên satus; 2 pirang-pirang atus.

atut ~ awis.

atut: (-runtut) kn rukun (carêm) ênggone bêbojoan; kc. tut.

atob: kn glègèkên, antob.

ator: êngg. kn nêgor.

atos: I kn 1 ora êmpuk; 2 ent. ora luwês, nyêrikake (tmr. têtêmbungan); 3 patohan, digdaya. II. dipun-[x]-[x] k: diati-ati.

atrap: kn marang, nata; kc. trap.

atri: kw sêru rame bangêt (tmr. surak lsp).

atyanta: (S) kw bangêt, kêluwih-luwih.

atyasa: (S) kw. ak luhur, kuwasa. digdaya.

acak: kn 1 êngg. nyoba; 2 wiwit tumandang; di-[x]-i ak: diwiwiti; kc. cak, cacak.

acala: (S) kw gunung.

acan: ora (durung) [x] êngg ora (durung) babar-pisan.

acar: I kn lêlawuhan kang digawe wowohan lsp. dicêncêm ing cokak (asêm); di-[x]: diolah acar. II di-[x] kn. êngg: 1 ditrajang, diancab; 2 diancang-ancangi; 3 ditumbuk, dibijig; kc. ancar.

acara: (S) kw kalakuan; diacarani kn: dibagèkake kalawan urmat.

aci: êngg kn pathi.

aclum, acum: kn katon pucêt (raine).

(acung): I [x]-[x] kn nênuduhake; ng-[x]:awèh sasmita sarana driji dicungatake (tmr. driji, têkên lsp). II di-[x]-ake kn.ak. dipilih (diajokake) supaya dadi sêsulih (banjêl); [x]-an ak: 1 banjêl; 2 sêsulih.

athah-athah: kn pring (kayu) dipalangake dianggo mêpêti dalam lsp.

(athang): nga-[x]-[x] kn têturon mlumah.

athèng: êngg. kn gathèng.

athi-athi: kn cêkênthunging rambut ing pilingan.

athik: I pc 1 ndadak nganggo ..., 2 andak iya; kc. kathik. II di-[x]-[x] kn: 1 digathuk-gathukake, dirumpaka (tmr. crita); 2 direka-reka nganti dadi; 3 pc. digawe-gawe; [x]-[x]-an: 1 sêsambungan gêgêlitaning anggota; 2 pc. rêrekan, karangan kang ora nyata.

(athing): di-[x]-[x]-ake kn. ak dipanggang.

athuh: pc adhuh.

athuk: êngg. pc 1 gathuk; 2 cocog; 3 aluwung, angur.

(acung): ng-[x] kn ngulungake tangan (arêp njêjaluk lsp); di-[x]-ake: 1 diumbulake lan diajokake (tmr. tangan, arêp nampani lsp); 2 diulungake.

athung-athung: êngg. kn banjêl, sêsulih; kc. acung.

athok: êngg. kn wis têtêp; kc. pathok.

(athong): di-[x]-ake êngg. pc diathungake.

awa: I kw. ak 1 padhang, bêning; 2 nyênyamah, moyoki. II kn. ak: hawa.

(awad): [x]-[x] kn kandha ora nyata mung digawe santolan (ethok-ethok); di-[x]-ake: dikandhakake yèn ... (mangka sajatine ora); [x]-an kn: santolan; kc. awat, pawadan.

(awang): ng-[x] kn ngawur (mung kalawan kira-kira); [x]-an: awuran, piyagahan.

awak: n. badan k. slira ki gêmbunging manungsa (kewan); [x]-e, [x]-ku, [x]-mu pc: dhèwèke, aku, kowe; [x]-[x] kn: 1 peranganing barang kang dadi pokok, wêngkuning sabak lsp; 2 ak. wêwakil, sêsulih; 3 êngg. adus mung ing awak; 4 êngg. wis gênah, cêtha; di-[x]-i kn. dislirani, disarirani ki: ditandangi (ditindakake) dhewe; kc. pangawak, pawakan.

awal: I (A) kn. ak wiwitan, kang dhisik; isih [x]: isih tamban (durung kasèp); ing [x]-e: ing wiwitaning (sasi, taun lsp); di-[x]-ake: diajokake wêktune, dienggalake. II ng-[x] kn: saèm. nyirig bantêr (lakuning jaran). III [x]-[x] êngg. kn: bngs. irus, solèt.

awalepa: (S) kw.ak kibir, cênthula, kurang ajar.

awan: n. siyang k 1 wayah nalikane srêngenge wis dhuwur; 2 rahina, wayah nalikane ana srêngenge; kb. bêngi, wêngi.

awang-awang: kn hawa ing langit, langit; kêsandhung ing rata, kêbêntus ing awang-awang pr: kêna kacilakan kang ora dinyana babar pisan; etung awangan: etung mung sarana dikipir thok ora ditulis; awang-awangên: 2 singunên marga ndêlêng kang adoh bangêt lsp; 2 ent. wêgah.

awang-uwung: br awang-awang.

awar-awar: kn ar. têtuwuhan.

awas: kn 1. bisa ndêlêng, ora lamur; 2 landhêp pandêlênge; 3 waskitha, wêruh kang gaib-gaib; 4 êngg.ak.nggatèkake; 5 êngg ak. bantas; di-[x]-ake; ditamatke têmênan; kc. mawas, wawas.

(awat): di-[x]-[x]-i kn diamping-ampingi lan ditamatake.

(awe): di-[x] kn diundang (disasmitani) sarana tangan.

awèh: n 1 (suka k. kêparêng ki) olèh diêpèk (dijaluk lsp); 2 (nyukani k.) mènèhi.

awèl-awèl: kn. ak ndrêmimil.

awèt: kn ora enggal êntèk (rusak), bisa tahan lawas.

awêr-awêr: kn 1 apa-apa kang dianggo tutuping awak (supaya ora katon wuda); 2 têtêngêr (janur, tampar lsp) kanggo tandha yèn ora kêna diambah; di-[x](-[x])-i: 1 didokoki awêr-awêr; 2 ak. dirêmbug bakal diolèhake (dijodhokake) tmr. bocah wadon.

awi: I êngg mangga! II êngg: mênawa.

awig: êngg.kn pintêr (gêgawean); 2 alus ngrêmit (tmr.garapan).

awignam astu: (namassidhêm) (S) kw muga linuputna ing rêridhu.

awiyat: kw awang-awang.

(awin): di-[x] kw dicêkêli, digawa; kc. ngawin, kawin.

awir: (-an) kn saèm. tanggul sangkrah ing pinggir kali.

awis: k 1 arang; 2 larang; 3 êngg. arak;

--- 23 ---

[x]-[x] êngg. k: ara-ara; dipun-[x] k: diênyang; dipun-[x]-[x] dipun [x]-i k: dilarangi; [x]-an k: 1 larangan; 2 êngg: warangan

awit ~ babon.

awit: kn 1 (ut. [x]-an) êngg. wiwit, miwiti; 2 jêr, jalaran: [x]-([x] sangka, [x] dene): amarga (jalaran) saka; [x] sangka iku: marga mangkono mulane; [x] dening apa: sabab apa, kêpriye; kc. kawit.

awicarita: kw bisa (pintêr) ndongèng.

awya: kw aja.

awu: I kn lêbu tilas obong-obongan kayu lsp; [x]-ne tuwa sapa?: têtalêran ing sêduluran sapa kang kapêrnah tuwa. dadi [x] pc: sirna, rusak. II di-[x]-[x] êngg. kn: disêbar (tmr. gabah kang arêp didhêdhêri. III ng-[x]-[x] kn.ak: 1 mbêbeda, ngrêridhu; 2 nyoroh-nyorohake pagawean.

(awud, awut): di-[x]-[x] kn 1 dicêkêl dijuwing-juwing; 2 disêbar mrana-mrana, diècèr-ècèr; 3 dibuwangi tanpa tanja; [x]-[x]-an ak: amuk-amukan, kira-kira, awagan; kc.mawud.

(awung): di-[x] êngg.kn diadhuk supaya lêmbut (tmr.lêmah); kc. mawug.

awuh: kw mbêngoh, njêlih, nguwuh.

awuk: kn. ak bosok; kc. wuk.

(awul): di-[x]-[x] kn diudhari lan diabul-abul (tmr.kapuk lsp).

awun-awun: kn grimis (ut. bun) ing wayah esuk.

(awur): di-[x] kn diawag tekadan bae (ora nganggo ditamatake); kc. mawur.

awoh: kn mêtu wohe.

awon: k ala.

awor: kn campur, têtunggalan; [x] sih kw: sanggama; kc. amor, wor.

awra: kw sumêbar mratani.

awrat: k: abot.