K
ka: I êngg. pc kok. II êngg. pc: sangka, saka. III êngg: kae, kana.
ka-Allahan: kn dat sipating Allah.
kaalpan: kw 1 rèmèh; 2 weya, sêmbrana; kc. alpa.
kaanan: n. kawontênan k wujud ut. sipate kang katon; têmbung kaanan kn: têmbung kang mratelakake sipat ut. wataking mubarang; kc. kahanan.
kaantêpan: kn 1 br. diantêpi; 2 pamituhu, kasêtyan; kc. antêp.
kaarsayan: kw kabungahan; kc. arsaya.
kababan: kn kêna ing abab ut. angin (ing mriyêm lsp); kc. abab.
kaba-kaba: kw 1 sumêlang; 2 ora tumêmên.
kabandaran: kn. ak 1 pabeyan; 2 kampung ing palabuhan; kc. bandar.
kabar: I êngg. kn. ak wis kurang kênthêl (tmr. santên), ngabar; kc. abar. II (A) kn: pawarta, wêrta; di-[x]-i: dikandhani, diwèhi wêruh; di-[x]-ake: diwêrtakake.
kabar-angin: (-kabur, -sriwing) pc kabar kang durung karuwan kanyataane.
kabat (ullah): (A) kn mêsjid ing Mêkah.
kabatinan: n. kabatosan k prakara ing sajroning batin.
kabèh: n. sêdaya k ora ana sing ora katut kapetung; di-[x]-ake: dianggo (diêntèkake lsp) kabèh.
kabèhan: êngg kabèh.
kabèlan: kn lumèngkèt dening karêm bangêt (tmr. pêpanganan lsp).
kabêbahan: k kabubuhan.
kabêjan: pc kabêgjan.
kabêgjan: kn lêlakon lsp. kang njalari ut. kang sinêbut aran) bêgja; kc. bêja, bêgja.
kabêkêlan: kn bawah (wêwêngkon, omah) ing bêkêl.
kabêkta saking: k kagawa saka.
kabênan: k. ak kêbanjiran.
kabênêr: n. kalêrês k pinuju, mbênêri; kabênêran n. kalêrêsan k 1 kapinujon, ora kalawan disêngaja; 2 wis bênêr (prayoga), ora kliru; kc. bênêr.
kabêcikan: n. kasaenan k panggawe bêcik, jasa; kc. bêcik.
kabiyas, kabyas: kw kabuncang ing angin, katut.
kabingahan: k kabungahan.
kabir: alam [x] (A) kn alam kang kêna ing pati (donya).
kabiri: kn. ak kc. kêbiri.
kabisan: n. kasagêdan k sêsurupan marang sawijining bab; kc. bisa.
(kabyak): kêkabyak êngg. pc mungsêng mênyang ngêndi-êndi.
kabyatan: kw dimomoti, kabotan.
(kabyuk): di-[x] êngg. pc dikapyuk.
(kablak): kêkablak kn ngêbêt-ngêbêtake suwiwine (banjur kluruk tmr. jago lsp); di-[x]-i ak: ditantang.
kablêg: êngg. pc kêtandhêg akèh, kêpêksa nyangga akèh; kc. blêg.
kablilon: kn. ak kuranging sêsurupan; kc. blilu.
kabluk: êngg. kn glêpung gaplèk.
kablong: pc kalah.
kabubuhan: n. kabêbahan k dibubuhi; kc. bubuh.
kabudayan: kn wudharing nalar tuwin pambudi nganakake yêyasan, kaalusan tuwin kagunan.
kabudidayan: kn palêmamahanpalêmahan. jêmbar kang disewa lan ditanduri têbu, kopi lsp. (dening pakumpulan dagang, pabrik gula); kc. budi.
--- 178 ---
kabuyutan ~ kadung.
kabuyutan: êngg. ak papan kang kramat (suci); kc. buyut.
kabuk: êngg. kn ora olèh-olèhan; kc. buk.
kabuktèn, kabukti: kn. ak wis têrang kaluputane dening wis ana buktine; kc. bukti.
kabul: I kn. ak bêbrêk (tmr. bêras sing lawas ana simpênan). II (A) kn: 1 ak: nampa ut. panampaning pangantèn wadon dening pangantèn lanang (ing nalikane diijabake); 2 (donga [x]) ak. donga ngunjukake slamêtan (kêndhuri) marang kang dimêmule; 3 kasêmbadan, kalêksanan (panuwune); 4 êngg. kêtêkan kang digayuh (dijangka); di-[x]-i, di-[x]-ake ak: 1 disêmbadani (panjaluke, sêmbahyange); 2 diujubake (tmr. kêndhurèn).
kabuli: kn. ak bngs. sêga wuduk; kc. kêbuli, gêbuli.
kabungahan: n. kabingahan k rasa bungah, kaananing bungah.
kabupatèn: kn 1 dalêming bupati; 2 wêwêngkon bawahing bupati.
kabur: kn 1 katut ing angin; 2 pc. ilang, lunga, muspra; kc. bur, abur.
kaburi: n. kawingking k. ak 1 ditinggal; 2 kêpungkur; kc. buri.
kabutuhan: n. kabêtahan k apa-apa sing dibutuhake; kc. butuh.
kabuwanan: kn matane isih mêlèk nanging ora bisa ndêlêng.
kabogan: êngg. kn kêpopoh, diwajibake.
kabong: kn wis tumêk (jêlèh) bangêt.
kabotan: n. kawratan k 1 ak. diboboti, dimomoti; 2 kangèlan, rêkasa; kc. abot, bot.
kabotên: n. kawratên k kêladuk abote.
(kabruk): di-[x](-i) kn ditladhung (disabêt) ing suwiwi (tmr. jago tarung lsp).
kabrukan: kn. ak kêbrukan.
kad: (A) kn 1 watês, wangênan; 2 watêsing totohan (tmr. main); luwih saka ing [x] ak. luwih ngêkad pc: kêluwih-luwih, kêladuk, ora lumrah; kc. kat.
kadadean: n. kadadosan k 1 kêlakon dadi; 2 têmahan, pungkasane, kc. dadi.
kadayan: kn. ak 1 kakuwatan; 2 kêna ing daya; kc. daya.
kadanan: kn. ak didanani, olèh dana; kc. dana.
kadang: kn 1 ak. sêdulur; 2 ([x] katut) dadine sêdulur marga katut (dening sêdulure dipèk bojo), [x] konang pc: sing diaku sêdulur mung sing sugih bae; [x] kadeyan kw: sanak sêdulur; olèh [x] ing tingal ak: olèh bocah wadon kang dadi panujuning atine; [x]-[x] anake si ... pc: pantês bae lah wong mung anake si ... (sênadyan ngrênggêp pangkat dhuwur iya ora owah watake).
kadar: I (ut. kadêr êngg) kn 1 ak. kuwasa, bisa; 2 (ut. kadaran, kadêran) êngg. mung, ngêmungake; 3 (ut. kadaran, kadêran) êngg. sabawa mratelakake gumun; kadar (kadêr) apa, [x] sapa, [x] pira êngg. ak: dene têka mung (mratelakake ngrèmèhake); kadar (kadêr) iya êngg. apa iya nyata?; kc. sakadar. II (A) kn. ak:: pêpêsthèn; di-[x] br: dipêsthèkake, tinakdir.
kadarbe, kadarbèk: ak kaduwe; kc. darbe, duwe.
kadarman: kw 1 kabêcikan; 2 panggawe bêcik; kc. darma, dêrma.
kadarpa: (S) kw. ak 1 katrêsnan, pêpenginan; 2 dewaning sih (Kamajaya).
kadas: (A) kn kurang rêsik (tmr. sêmbahyang, wulu).
kade: êngg. ak manggaring arèn; kc. kadi.
kadeyan: kw (kadang [x]) sanak sêdulur, kulawarga.
kadèk: I pc saka ing; kc. kadi. II ut. kadèkneya, kadèkna pc: layak, pantês (mêsthi) bae; kc. kadi.
kadèn: kn bngs. jarit ciyut dianggo êmban-êmban.
kadewan, kadewatan: kn 1 jamaning para dewa; 2 panggonaning dewa.
kadêr: êngg. kn jêr, sabab; kc. kadar.
kadêrêng: (-dêrêng) êngg. ak 1 adrêng bangêt; 2 kasêlak; kc. adrêng.
kadêrêsan: kn. ak kagrujug ing; kc. dêrês.
kadga: (S) kw suduk, kêris.
kadgada: kw trêngginas, rêrikatan.
kadi: I êngg. kn manggaring arèn; gula [x] ak: gula arèn. II (kadèk êngg) n. saking k: saka ing. III (kadèk ak) n. kados k: kaya.
kadibyan: kw kaluwihan, kasêktèn; kc. dibya.
kadigdayan: kw kaluwihan bab kêrêngan ut. pêrang (kc. sêkti, kêdhot lsp); kc. digdaya.
kadim: (A) kn. ak langgêng; kc. kidam.
kadingalêm: (-an) kn. ak rada kêladuk tindak-tanduke.
kadingarèn: kn rada anèh (ora kaya adat sabêne).
kadiparan: kw kapriye, geneya.
kadipatèn: kn dalême Pangeran adipati.
kadipundi: kn. ak kapriye, geneya.
kadiran: êngg. kn kibir, sumêngah, umuk.
kadis: (A) kn crita riwayat ut. babad (K.N. Muchamad).
kadudon: kw padudon, sulaya.
kadug: êngg. kn gadug.
kadugèn: k. ak kêtutugan; kc. kêduga.
kaduhung, kaduwung: kn. ak kêduwung.
kaduk: êngg. ak 1 kakehan, kêluwih; 2 kêbangêtên; [x] ati bela tampa br: kliru tampa, sêrik; [x] wani (-kurang dêduga): kumêndêl ora nganggo dipikir; kc. kêladuk.
kaduluran: kn. ak kasêmbadan têmênan (kang dadi pangajape), kêlakon; kc. dulur.
kaduman: kn. ak komanan, kêduman.
kadumêlan: kn. ak grundêlan.
kadunungan: kn 1 br. didunungi, diênggoni; 2 ([x] kabêcikan lsp) ak. olèh kabêcikan lsp; 3 ([x] watak, [x] ambêk) duwe watak (ambêk) ...; kc. dunung.
kadung: kn 1 cupêt, ora têkan; 2 durung marêm (tmr. mêmangan), durung lêga; 3 ora kasêmbadan sêdyane, luput tujune.
--- 179 ---
kadut ~ kagêdhèn.
kadut: kn bngs. bagor (kang digawe agêl).
kaduwe: n. kadarbe k. ak diduwèni, dadi darbèke; kc. duwe.
kadohan: n. katêbihan k papan kang adoh.
kadohên: n. kêtêbihên k kêladuk adohe.
kadonyan: kn 1 kang gêgayutan (gêgêbênganing) donya; 2 (amal [x]) barang-barang kang bakal sirna (rajabrana lsp).
kados: k 1 kaya; 2 layak; kc. kadi.
kadospatèn: k. ak kadipatèn.
kadospundi: k kapriye.
kadrêng: 1 kw. kadêrêng, adrêng; 2 êngg. angot, kumat; kc. adrêng dêrêng.
kadrêsan: kw 1 kadêrêsan, kagrujug ing; 2 kêlubèran ing sih lsp; kc. dêrês, drês.
kadya, kadyangga: kw kaya, kadi.
kajanapriya: kw misuwur.
kajantaka: kw nandhang sangsara (kacingkrangan).
kajang: kn bngs. wêlit sing digawe godhong nipah, gêbang lsp, dianggo payon lsp; [x]-an êngg. ak: palêrêban, pakuwon; kc. makajangan.
kajangsirah: k. ak bantal.
kajar: kn senthe putih.
kajaroan: êngg. kn omahing lurah (desa); kc. jaro.
kajat: I (A) kn. ak pêpenginan, niyat, ngarêp-arêp; di-[x]-i ak: dipengini, diniyati. II êngg. ak: kêndhurèn, slamêtan.
kajatan: êngg. ak slamêtan.
kajawan: n. kajawèn k 1 tlatah (wêwêngkon)ing wong-wong Jawa; 2 palêmahan kang ora disewakake marang kabudidayan; kc. jawa.
kajèn: (-kèringan) kn diurmati (diajèni) lan dièringi; ora kajèn pc: dicêcamah, ora diajèni.
kajêge: êngg. pc gajêge.
kajêng: k 1 kayu; 2 karêp.
kaji: kn wong kang wis jiyarah mênyang Mêkah.
kajibah: kn. ak kêpopoh, kawajiban.
kajiman: kn 1 dipanjingi ing jim (setan); 2 jagading para jim.
kajinêman: êngg. ak pulisi kapêtêngan, panjaga.
kaju, kajo: êngg. kn gumun, eram.
kajuligan: kn kapintêran bab kang ora bêcik; kc. julig.
kajuwara: kn. ak misuwur.
kajog: (-atine) kn 1 rasaning ati ora sênêng bangêt dening owahing lêlakon kang tinêmah; 2 êngg. kêcuwan bangêt tansah kêpengin bali marang lêlakon kang uwis-uwis.
kajogan: kn. ak jogan.
kajrihên: k. ak kêwêdèn.
kadhal: kn ar. kewan rumangkang kang saba ing pasukêtan; [x]-an ak: mlaku mbrangkang; kc. ngadhal.
kadhal mènèk: kn ar. caraning gêlungan (nganggo jungkat rambute diukêl diunggahake sumlêmpit ing jungkat).
kadhang: ut. [x]-[x](-an), [x]-kadhing(-an) pc. [x]-kala(-ne), [x] kinalan êngg. [x]-kawis êngg. k 1 têrkadhang, kala-kala; 2 pc. bok mênawa sok; 3 êngg. mênawa; 4 êngg. barêng.
kadhangan: kn. ak kêpalang, dialang-alangi; kc. adhang.
kadhar: turu [x], kêkadhar kn (ing wayah bêngi) turu ana ning sajabaning omah.
kadhas: kn ar. lêlaringlêlara ing. kulit.
kadhas-kudhis: kn saèm. kadhas nanging êmblok-êmblokan.
kadhaton: kn kraton, dalêming ratu.
kadhatwan, kadhatyan, kadhatun: kw kraton, kadhaton.
kadhawa: kn ar. manuk.
kadhêt: I êngg. kn bajingan; di-[x] êngg: diutil. II (W) kn: murid pamulangan saradhadhu.
kadhêkêsan: kn. ak linggih ngangsêg-ngangsêg; kc. kêdhêkês.
kadhêle: kn. ak dhêle.
kadhêmên: n. kasrêpên k lara rasaning awak adhêm (panastis); kc. adhêm.
kadhêmênan: n. karêmênan k kasênêngan; kc. dhêmên.
kadhêmkatis: êngg. kn kadhêmên, panastis.
kadhênge: êngg sok, têrkadhang; kc. kadhang.
kadhêng parêng: êngg bok mênawa.
kadhil: êngg. kn gadhil (siyung cèlèng).
kadhingkala: êngg sadhengaha wong.
kadhung: I êngg. kn kadhung. II wis [x] êngg: wis bêbacut. III êngg: mênawa; kc. kadhang.
kadho-kadho: êngg. ak gojag-gajêg, sumêlang.
kadhokan: kn. ak kadunungan, kênggonan; kc. dhok.
kae: n. punika k 1 panuduh kang adoh saka kang gunêman; 2 pc. sênadyan, up. sugiha [x] ora lumrah wong; 3 (mau [x], biyèn [x]) dhèk mau (-biyèn); kc. ika.
kaèk-kaèk: pc bêngok-bêngok.
kaelingan: n. kaèngêtan k 1 br. dièlingi; 2 kèlingan; 3 pangeling-eling; 4 pangangên-angên; kc. eling.
kaelokan: kn pangeram-eram mukjijat; kc. elok.
kaendran: kw kayangan(ing Bathara Indra).
kaèsi-èsi: kw disiya-siya, dicêcamah.
kaèt: êngg. kn rakêt bangêt, kênal bangêt; kc. kait.
kafir: (A) kn wong kang tanpa agama (saliyane Islam); kc. kapir.
kaga: (S) kw manuk.
kagadhah: k kaduwe; kc. kaduwe.
kagak: ora [x] êngg ora kuwagang, ora wani.
kagawa saka: n. kabêkta saking k marga saka; kc. gawa.
kageyan: êngg. ak kêsusu, kêrikatên; kc. age.
kagendra: (S) kw ratuning manuk.
kageswara: (S) kw ratuning manuk.
kagèt: kn 1 rasaning ati owah dadakan (dening kaanan kang ora dinyana babar pisan); 2 pc. dumadakan enggal mundhak gêdhe (tmr. tanduran); di-[x]-ake: digawe kagèt; kc. gèt, êgèt.
kagèt sangkète: kn 1 ak. kêjêng bangkèkane; 2 sanalika kêjêng marga kagèt.
kagêdhèn: n. kagêngên k kêladuk gêdhene.
--- 180 ---
kagêm ~ kak.
kagêm: 1 kw. digêgêm, dicêkêl; 2 ki. dianggo.
kagêngan: êngg. k duwèk.
kagila-gila, kagiri-giri: kw kêluwih-luwih, bangêt; kc. giri.
kagyat: kw: kagèt.
kagum: kn 1 kagèt tangi sarta gundam-gundam (marga impèn kang nggêgilani); 2 êngg. gumun bangêt.
kagunan: kn 1 ak. kapintêran, kalantipan; 2 yêyasan (gêgawean) sing adipèni; 3 wudharing pambudi kang nganakake kaendahan (gêgambaran, kidung, ngukir-ukir lsp); kc. guna.
kagungan: ki duwe, duwèk.
kagok: kn 1 rada mèmpêr karo cara ing (tmr. dandanan, gêgawean lsp); 2 ora lumrah, anèh).
kagol: êngg. kn 1 ak. kandhêg, ora bisa têrus; 2 kêna ing alangan, kêpalang; 3 ([x] atine) ora kêtutugan kang dadi karêpe; kc. gol, pagol.
kah: êngg kae.
kahabalang: kw. ak kêsingsal, kabuncang.
kahanan: 1 kw. ak. panggonan; 2 kn. kaanan; kc. kaanan.
kahantu: kw klêngêr, sêmaput; kc. kantu.
kahar: êngg. kn dhokar, kreta arodha loro jaran siji.
kahyangan: kw panggonane para dewa; kc. hyang.
kahyun: kw karêp, pangarêp-arêp; kc. hyun.
kahwa: (A) kn. ak kopi.
kailangan: n. kaicalan k 1 (ing [x]) br. ing alam pati; 2 ak. kelangan; kc. ilang.
kaim: (-an) êngg. k kaum(-an).
kain: êngg. pc 1 jarit; 2 sêmbagi, cita.
kainan: kn kurang ngati-ati panjagane (salahe dhewe); kc. ina.
kain bambu: kn bngs. sêmbagi ijo (dianggo sandhangan saradhadhu).
kaindhakan: k kaundhakan.
kain panas: kn bngs. sêmbagi ing jêrone jriwut-jriwut.
kain rami: kn bngs. sêmbagi asal saka rami.
kaing-kaing: pc pêpindhan swaraning asu.
kairing: br diiring, dibarêngi ing; kc. iring.
kait: (-an) I kn. ak 1 gandhèng karo; 2 sêkuthon, wis rêrêmbugan nêdya nindakake ala; kc. sêkait. II [x] cilik êngg. pc: kawit (wiwit) cilik.
kaya: I n. kados k 1 saèmpêr (sairib) karo; 2 mèh padha karo; 3 (ut. [x]-[x]) saka rumangsaku (bok mênawa); [x] dene: saèmpêr karo; [x] (ng-)apa n. kados pundi k. ak:: kêpriye; di-[x] (ng)apa: 1 ditindakake kaya dene; 2 digêgampang; [x] ta: upamane kaya dene ...; ora [x]-a pc: wis têmênan (kanthi têmên-têmên); duwe ati [x]-[x] pc: isih gojag-gajêg. II (S) kw. ak: awak; cs. 3. III pamêtune wong lanang kang kawènèhake marang bojone; kêkaya ak: mènèhi kaya marang; dikayani: diwènèhi kaya.
(kayah): di-[x] kn. ak diawag, ditindakake sakarêp-karêpe.
kayayaban: êngg. ak yab-yaban.
(kayal): kêkayal, [x]-an kn.ak 1 golèk pangan (wowohan lsp) mênyang ing alas; 2 nyambut gawe kanthi rêkasa; 3 lunga klambrangan.
(kayang): I kêkayang, ngayang kn ndhêngklak gêgêre nêkuk banjur mlaku. II di-[x] kn: 1 diêpêng bangêt ngêtog karosan (kakuwatan); 2 êngg. dijotos sêru; kc. ngayang.
kayangan: kn padununganing para dewa; kc. kahyangan.
kayas: kn. ak panganan lsp. kang dicampuri sisikan gangsa (wisa lsp) dianggo mênggawe.
kayat: (A) kn. ak urip.
kayatnan: kw kaprayitnan, pangati-ati; kc. yatna, prayatna.
kayeka, kayèki, kayèku: kw kaya kae (iki, iku).
kayêktèn: n. kayêktosan k 1 ak. kacêtha, têrang marga kabuktèn; 2 br. kanyataan, kasunyatan; kc. yêkti.
kayu: n. kajêng k dêlêging wit-witan; [x] apu kn: 1 ar. têtuwuhan kumambang ing banyu; 2 ar. cêplok rêrênggan; [x[ bakar. [x] (o)bong, [x] dang; kayu kang dianggo gêgênèn; [x] daya ak: kayu-kayu kang migunani (kêna digawe dandanan); [x] taun: wit-witan sing kayune kêna digawe dandanan (balungan omah lsp); [x] manis(-jangan): ar. wit klikane lêgi; nggugat [x] aking pr: nggugat wong sing wis mati; sèjèn [x] aking pr: (digugat lsp) atêtamèng wong sing wis mati; wastra bêdhah [x] pokah br: kêtaton; dikayu-alakake, dikayuwalakake ak: dianggêp ala, dicêcamah, disarang; kc. kayon.
kayuh: I sa-[x] êngg. kn tênunan sabakal (8 kacu); di-[x]: 1 dirangkul; 2 diêlokake (tmr. dagangan barang sêmbêt lsp); [x]-an: barang kang dikayuh. II di-[x] êngg: diwêlahi; kc. gayuh, ngayuh.
kayul, kayol: êngg. kn bngs. arit.
kayumanan, kayuwanan: kw kabêgjan, kaslamêtan.
kayun: I kw karêp, pêpenginan. II (A) kn. ak urip.
kayungyun: kw kêsêngsêm, kedanan, kêpencut.
(kayut): di-[x](-i) kn. ak ditalèni digayutake, diêrut, dirayut; di-[x]-ake ak: ditalèni olèh; mitra (akrab, sanak, dhayoh) [x]-an ak: mitra lsp. gawan (dadi mung gêgayutan bae); kc. gayut, rayut.
kayol: kw pêtêng budine, muring bangêt; kc. kayul.
kayoman: kn kèyuban ing wit lsp; kc. ayom.
kayon: n. kajêngan k 1 (ut. kêkayon) wit-witan; 2 gunungan ing wayang; kc. kayu.
kayong: êngg kaya.
kaywan: kw kayon.
kak: I êngg kang (kakang). II (A) kn: 1 kanyataan, kang sanyata; 2 wêwênang, hak; duwe [x]: duwe wêwênang ndarbèni lsp; di-[x]-i ak: didhaku, diaku.
--- 181 ---
III (W) pc: bngs. dom dawa mawa cantholan dianggo nyongkèt lsp; di-[x] pc: disongkèt lsp. nganggo kak.
kaka ~ kalang.
kaka: I kw kakang. II (S) kw. ak: manuk gagak.
kakab: duk sa-[x] kn duk satapas (sabêngkêkan).
kakag: kn. ak atos kiyal (tmr. iwak daging).
(kakah): di-[x]-i kn. 1 dilangkahi, didunungake ana ing sêla-sêlaning sikil; 2 êngg. digagahi, dikuwasani, didhaku; kc. gagah, bêgagah.
kakak: êngg. ak kakang; kc. ngakak.
kakak tuwa: êngg. kn ar. manuk bngs. nuri.
kakal: êngg. kn atos kiyal (tmr. daging lsp); [x]-[x]-an êngg. pc: pêpadon èyèl-èyèlan.
kakang: kn. raka ki 1 sêdulur lanang kang kaprênah tuwa; 2 ak. bojo (laki); 3 ent. tunggal jinis nanging kang luwih gêdhe; [x] êmbok, [x] bi êngg. ak: êmbok-ayu; [x]-adhi: sêdulur tumruntun, ent. mèh padha.
kakap: kn ar. iwak sêgara.
kakas: kn. ak atos, akas; kc. kas.
kakbah, kakbat: (A) kn mêsjid ing Mêkah.
kakehan: n. kêkathahên k kêluwih akèhe; kc. akèh.
kakèk: pc kaki; wis [x]-[x] pc: wis tuwa bangêt; kc. kaki.
kakèk moyang: êngg. ak êmbah (lan êmbah buyut).
kakekat: (A) kn. ak kanyataan, kang sanyata.
kakèn: I nganti [x]-[x] ninèn-ninèn pc nganti tuwa bangêt ênggone jêjodhoan; kc. kaki. II kn: pangetunge nganggo kaki; kc. kaki, pakakèn.
kakên: k kaku.
kakênan: kn kêna ing, kêpranan; kc. kêna.
kaki: I kn. eyang ki 1 êmbah lanang; 2 br. anak anggèr (panyêbut marang wong nom kang kinasih ut. kinurmatan); wis [x]-[x] pc. wis tuwa bangêt. II kn: 1/12 cêngkal (0,313 m).
kakiki: (A) kn. ak nyata.
kakim: (A) kn. ak jaksa, pangulu sing kawasa ningkahake.
kak-kong: kn sikile cêndhak pawakane dawa (tmr. dêdêg piadêg).
kaku: n. kakên k 1 ora lêmês, angèl ditêkuk; 2 ent. kau, ora luwês (tmr. pratingkah, ukara lsp); [x] atine: njêlu ut. mangkêl bangêt (wis ora sabar); kakon atèn kn: gampang nêpsune, mutungan atèn.
kakung: ki 1 lanang; 2 bojo.
kakung-putri: ki lanang wadon.
kakus: kn jumblêng.
kakrak: kn suwèk ut. bêdhah amba.
kakrokake: pc. ks têmbung pamisuh.
kaksiyat: kn. ak kasiyat.
kal: (A) êngg. ak 1 kaanan; 2 mungguh ing; kc. kale, sakal.
kala: I kn jirêt dianggo masangi manuk lsp; di-[x]: dijirêt, dipasangi kala. II kw: 1 piala, ala; 2 buta ut. dhêmit. III kn: ar. kewan êntup-êntupan, arane: [x] jêngking, [x] mènthèl lsp. IV (S) kn: 1 wêktu, mangsa; 2 k. dhèk (nalika); [x]-[x] kn: 1 ora ajêg, ora mêsthi; 2 êngg. mêngko mundhak ...
kalaban: kn. ak kêlêban, kêbanjiran.
kala benjing: êngg. k sesuk.
kala-bêndu: kw bêbêndu, wêwêlak.
kaladesa: (S) kw. ak (mangsa lan panggonan) mangsa kang prayoga. angaladesa kw: nangguh mangsa kang prayoga.
kalajuta: (S) kw ngalamat ala.
kalajana: (S) kw. ak wong ala.
kalajêngking: kn ar. kewan êntup-êntupan.
kalagyan: kw patapan.
kalah: n. kawon k 1 kasoran (ênggone kêrêngan, pêrang, main); 2 isih diungkuli kaanane, up. [x] bêcik; 3 pc. pikalah (kèhe ênggone kalah main lsp); [x] angka ([x] biji) pc: kurang aji, kurang diajèni; [x] cacak mênang cacak pc: isih bêgjan-bêgjan êmbuh tuna (kalah) êmbuh bathi (mênang); di-[x]-ake: 1 dipêrangi lsp. nganti kalah; 2 dianggêp kalah, disorake; [x]-an: ajêgan kalah.
kalaha: (S) kw. ak pêrang, pêpadon.
kalaipan: kn. ak kêcingkrangan, kêkurangan.
kalairan: kn 1 kang katon ing lair; 2 (wiyosan ki) wêton, ênggone lair (dina, panggonan); kc. lair.
kalayan: k. ak karo, lan.
kalak: kn ar. kêmbang.
kalaka: kw. ak banyu.
kalakatha: kw yuyu, kêpithing.
kalakuan: kn patrap ut. tindak-tanduk kang linakonan; kc. laku.
kalakon: ak. kalakyan, kalakwan kw: kêlakon.
kalal: (A) kn kêna linakonan (ora karam); kc. halal.
kala-luwang, kala-pracik: kn ar. kala rêrentengan.
kalam: I (A) kn 1 ak. pèn (lumrahe kang digawe sruwa duk); 2 ki. palanangan. II (A) kn. ak: pangandika(ning Allah).
kalaman: kn. ak kang lumrah ing mangsa; kc. alam.
kala-mangga: êngg. kn kêmangga.
kala-mangsa: kn 1 mangsa, waktu; 2 kala-kala, ora ajêg.
kala-menje: kn ar. kewan êntup-êntupan.
kala-mênjing: kn pungkasaning gulu kang njêndhol ing gulu.
kalamênta: kn ar. sukêt.
kala-mêntas: (an) kn bngs. têtai ing kêris.
kala-mudhêng: kn. ak ar. petunganing maling.
kalamun: kw yèn, mênawa.
kalamtara: êngg. kn kêmlandhingan (ar. têtuwuhan).
kalana: kw. ak buta, wong alasan.
kalandara: kw. ak srêngenge.
kalanjana: kn ar. sukêt.
kalan-kalan: êngg kala-kala.
kalantara: kn kêmlandhingan; kc. kalamtara.
kalang: I di-[x] kn. ak dikêpung, dikupêngi; [x]-an: 1 (n. kambêngan k) papan kang kanggo adu-adu (jago lsp); 2 buwêngan ing rêmbulan ut. srêngenge; 3 (ut. kêkalangan) mabur mubêng-mubêng (tmr. dara, wulung lsp).
--- 182 ---
II kn: ar. gêgolonganing wong kang kuna-kunane ora têtêp padunungane. III [x]-an kn. ak: kêpalang, kandhêg, kêpagol; kc. alang.
kalang kabut ~ kaluputan.
kalang kabut: êngg. kn kisruh ora karu-karuwan.
kalap: kn 1 ak. dijupuk ing lêlêmbut (ana ing papan kang angkêr, kali lsp); 2 êngg. ndlêming marga lara panas; 3 kanggo ing gawe, kêna dijupuk paedahe; kc. alap.
kalapi: (S) kw. ak mêrak.
(kalar): di-[x] kn 1 diulur têrus (nganggo tampar lsp. kang dawa); 2 ak. diuja sakatoge (tmr. hawa napsu lsp); 3 ora diopèni nanging ora dipêgat (tmr. wong wadon).
kalas: I kn (gêtih [x]) gêtih kang rêgêd nggatêli (tmr. wong duwe anak, nggarap-sari lsp). II [x]-[x] êngg. kn: 1 tipis bangêt, sathithik; 2 lamat-lamat; 3 nganti.
kalasa: I (S) kw wadhah, kêndhil. II kc. klasa.
kalasangka: kw bngs. slomprèt.
kalacakra: (S) kw. ak srêngenge.
kalawai: kw bngs. trisula (tumbak alandhêp têlu).
kalawan: k. ak karo, lan.
kalawija: kn abdidalêm kraton awujud wong-wong kang padha cacad (picak, bucu lsp).
kalbu: (A) kw ati.
kaldhu: (Prt) kn duduh iwak.
kale: êngg mangka; kc. kal.
kaleban: kw kêlêban.
kalèk: kn. ak janggêlaning kasaguhan.
kalèn: (-an) kn kali cilik, ilèn-ilèn banyu; kc. kali.
kalenan: kn. ak kurang prayitna; kc. lena.
kalèng: êngg. kn blèg (lênga petrol lsp); kc. kaling.
kalerehan: kn 1 ak. rèrèhan, sosoran; 2 br. dilèrèni, dipocot; kc. lêrèh.
kalesa: kw cacad, rêrêgêd, camah.
kalèt: kn 1 singlèt krakêt (tmr. kathok lsp); 2 pc. kuru bangêt.
kalêban: kn diêlêbi banyu; kc. lêb.
kalêm: (W) pc sarèh.
kalênggahan: k kalungguhan.
kalêngka: kw 1 cacad, ciri; 2 misuwur bangêt.
kalêngka: (n) kw intên (uga dianggo ent).
kalêngki-lêngki: kw dêrêng bangêt, bangêt-bangêt.
kalênglêngan: kw kedanan; kc. lênglêng.
kalêpasan: br 1 lêpasing wawasan (panêmu); 2 uwal saka bêbandaning donya; kc. lêpas.
kalêpatan: k kaluputan.
kalêson: br kêsêl; kc. lêsu.
kali: I n. lèpèn k ilèn-ilèn banyu saka ing pagunungan anjog ing sêgara (ut. sidhatane). II (A) kn. ak: jaksa babagan agama Islam.
kalih: k 1 loro; 2 pc. karo, lan.
kalihan: k. ak karo, lan; kc. kaliyan.
kaliyan: k karo, lan.
kaliyuga: (S) kw ar. jaman kang kapat (jaman rusak).
kalika: êngg. ak nalika; kc. klika.
kalilan: kn dililani, olèh idin; kc. lila, lilah.
kalimah: (A) kn têtêmbungan; [x] loro, [x] sahadat: têtêmbunganing pangandêl loro yaiku: la illah ill'llah, Muhamad' rasul'llah (ora ana Pangeran kêjaba Allah, lan Muchamad rasuling Allah).
kaliman: êngg. ak kula nuwun kêparênga mangkat lsp; kc. alim, pasang aliman tabe.
kalimêngan: 1 br. kêsaput ing pêpêtêng, kêpêtêngan; 2 ki. kêlalèn; kc. lali, limêng.
kalimunan: kw kêsaput ing pêpêtêng; kc. limun.
kalimputan: kn 1 kaling-kalingan (pandêlênge); 2 br. kêlalèn, lali, kêtutupan ing hawa nêpsu lsp; kc. limput.
kalimrahan: k kalumrahan.
kalindhih: kw kalah, kasoran.
kalintang: (-lintang) kw kêluwih(-luwih).
kaling: I kn blèg wadhah ucêng-ucêng (sumbu) ing diyan sinthir; kc. kalèng. II kn. ak: bngs. gêlangan ut. alèn-alèn dianggo ngêluhi irung sapi lsp.
kalingan: I kn. ak kêtutupan, kalimputan; kc. aling. II kalingane(-a) ak: baya apa wigatine.
kalingga murda: kw dipundhi-pundhi, ditampani kalawan urmat.
kalingga warsa: kw wis lungse bangêt (kêsuwèn).
kalingsêman: k. ak kisinan.
kalipah, kalipat: (A) kn 1 sêsulih, wakil; 2 panggêdhening praja ngiras panggêdhe agama Islam.
kalipatullah: (A) kn sêsulihing Allah.
kalir: sa-[x] kw. kabèh; (sa-)-[x]-e êngg: sabisane ut. saturahe bae (kang diwènèhake).
kalirên: kn kêluwèn, ngêlih kêkurangan pangan.
kalis: kn ora bisa têlês, ora bisa campur, kaya banyu karo lênga; 2 ora bisa tumama, ora bisa kêtaman, ora pasah; 3 luput ing (lêlara, kacilakan lsp).
kalitên: k kêcilikên.
kalyana: (S) kw. ak linuwih, bêcik.
kalkul: êngg. kn kalkun.
kalkun: (W) kn ar. bngs. pitik.
kaluhuran: kn 1 kaanan ut. sêsipatan kang luhur (pakurmatan, pangkat lsp); 2 br. diungkuli; kc. luhur.
kalumrahan: n. kalimrahan k padatan kang wis lumrah; kc. lumrah.
kalung: n. sangsangan ki 1 apa-apa sing diubêdake ing gulu (rante, kacu lsp); 2 rêrênggan kaya dene rante êmas lsp; kaêtrap ing gulu; 3 nganggo kalung kang kasêbut; di-[x]-i (disangsangi ki); diênggoni kalung; di-[x]-ake: diubêdake (diêtrap) ing gulu.
kalungguhan: n. kalênggahan k 1 pangkat, pêpangkatan; 2 br. dilungguhi; kc. lungguh.
kalung usus: pc nganggo apa-apa sarwa patut.
kaluputan: n. kalêpatan k 1 salah, luput, kliru; 2 kêsalahan; kc. luput.
--- 183 ---
(kalus) ~ kamisêsêgên.
(kalus): angalus kw. ak lunga ngungsi.
kaluwihan: n. kalangkungan k 1 kaanan linuwih (pinunjul); 2 diluwihi.
kalo: kn bngs. irig dianggo saringan santên lsp.
kalok: kn wis misuwur; kc. lok.
kaloka: kw misuwur.
kalong: I kn. 1 suda sathithik (marga diênggo, dijupuk lsp); 2 diêlong, disuda; [x]-an ak: kapitunan; kc. long. II kn: bngs.lawa gêdhe.
kalorên: kn. ndhrêdhêg, buyutên.
kalot: kw. tansah sangsara; kc. lot.
kalpa: (S). kw. ak. jaman.
kalpasastra: (S) kw. ak. layang primbon.
kalpija: kw. lambe.
kalpika: kw. ali-ali.
kalwang: kw. kalong (bngs. lawa).
kalwat: kn. ak. jugangan kuburan; kc. kluwat.
kama: (S) kw. 1 katrêsnan, pêpenginan marang cumbana; 2 wijining wong lanang.
kamajuan: n. kamajêngan k. jaman ut. kaanan kang maju.
kamayan: kw. aji ngêtokake kasêktèn (ing paprangan).
kamayaran: kn. sudaning kangelan ut. rêkasa; kc. mayar.
kamal: I êndhog [x]. êndhog diasin; di-[x]: 1 diasin (tmr. êndhog); 2 dipopok ing tamba (tmr. abuh lsp). II kw: asêm.
kamalagi:asêm.
kamalalya: (S) kw. ak. kêsêngsêm, kedanan.
kamalan: kw. olèh ganjaran ut. kabêcikan; kc. kêmalan.
kamandaka: kw. têtêmbungan pangapus (ngayawara).
kamandhalu: (S) kw. klênthing, jun.
kamanungsan: kn. 1 sêsipatan kaananing manungsa; 2 br. konangan ut. kawruhan ing wong; kc. manungsa.
kamantrèn: kn. panggonane (omahe) mantri.
kamantyan: kw. bangêt, kêluwih-luwih.
kamangkara: kw. ak. nglêngkara.
kamar: I (W) kn. sênthong (lumrahe ing omah gêdhong); [x] bolah: omah kanggo kasukan ngenggar-enggar ati; [x] kêcil êngg. pc: kakus, pakiwan; [x] mandhi êngg. pc: padusan; [x] obat ak: toko tamba-tamba. II (Prs) kn. ak: pênding.
kamari: (A) kn. ak. rêmbulan.
kamas: I pc. kakang-mas. II di-[x]-ake marang êngg. ak: dipintokake (disêmantakake) marang; kc. kêmasan.
kamat: (A) kn. pêpujian bêbukaning sêmbahyang (Islam).
kambah: kn. 1 diambah ut. kêna ing (lêlara lsp); 2 nggêpok ing lêmah lsp: kc. ambah.
kambala: (S) kw. ak. bakal kang digawe wulu wêdhus.
kamban:(-ên) n. kêwiyarên k. kêladuk ambane; kc. amba.
kambang:kn.1 (ut. [x]-[x]. [x]-an) kumampul ing banyu (ora nyilêm); 2 gabus lsp. sing dicêncang ing kênur supaya pancinge ora nyilêm; 3 ak. ora pati krasa, ora manêt bangêt; di-[x]: 1 ak. (ut. di-[x]-ake) dikampul-kampulake ing banyu (ora disilêmake); 2 ora diênêtake bangêt, ora kanthi karosan; ngambang: kumambang ing banyu; kc. kumambang.
kambangan: êngg. k.bèbèk.
kambe: kw. ak. ambèn, lincak.
kambèk, kambèn: êngg. karo.
kambêng: I k. ak. kalang. II kn: ar. jogèd.
kambêngan: k. 1 alang-alang; 2 kalangan; 3 êngg. bêndungan.
kambi: êngg. pc. karo.
kambil: I ki. ak. abah-abah, lapak. II êngg: krambil.
kambing: êngg. pc. wêdhus.
(kamblok): di-[x]-ake êngg. digamblokake.
kambu: I n. kambêt k. ak. diambu; kc. ambu. II kn: ubyung-ubyungan alihan ênggon (tmr. tawon).
kambuh: (-an) kn. angot lara manèh sarta luwih bangêt tinimbang sakawit.
(kambul): I ngambul êngg. ak. nyundhangi wit-witan ut. lêmah (tmr. sapi, kêbo lsp). II [x]-an êngg. ak: ngumpul; kc. kêmbul.
kambon: pc. (diambu ing) kêna ing; ora [x] upa pc: ora mangan apa-apa.
kambong: kn. ar. iwak sêgara.
kamelikan: kn. pêpenginan marang darbèking liyan; lc. melik.
kamêna: kw. sadurunge.
kamênangan: kn. ak. olèh-olèhane ênggone mênang.
kamênangên: kn. ak. kêbangêtên ênggone mikolèhake awake dhewe.
kamênyangan: kw. bêgja bangêt yèn; kc. kêmayangan.
kamêrgèn: k. kêdalanan.
kami: kw. aku kabèh.
kamibocah:(-ên) n. kapilare k. ak. solah tingkahe lsp. kaya bocah.
kamidilêpên: k. ak. lunga banjur ora ngaton-ngaton; kc. dilêp.
kamijara: êngg. kn. sêre.
kamijijèn: kn. ak. jiji bangêt.
kamigigilên: êngg. ak. ndhrêdhêg, gigilên
kamigilan: kn. ak. gila bangêt.
kamikakon: kn. kêjêng, kaku.
kamikêkêlên: kn. 1 njêngkêrut marga kadhêmên bangêt; 2 kêladuk bangêt ênggone ngguyu; kc. kêkêl.
kamilêgan, kamilêgên: kn. kêwarêgên bangêt.
kamilulutên: kn. ak. lulut bangêt marang.
kamilurusên: kn. saya ngênês (lara) banjur mati.
kamipurun: k. kumawani.
kamirahan: k. kamurahan.
kamirurusên: kn. ak. kamilurusên.
kamisandhanên: kn. mrongkol ing susu.
kamisasatên: kw. mlêlêng matane.
kamisèsètên, kamisisètên: kn. padha sèsèt kulite (pucuking driji lsp).
kamisêpuh: k. kamituwa.
kamisêsêgên: kn. têrus mingsêg-mingsêg ênggone nangis.
--- 184 ---
kamisosolên ~ kandêlan.
kamisosolên: kn. groyok bangêt ora bisa gunêman cêtha.
kamitegan: kn. ak. tega bangêt.
kamitênggêngên: kn. njêngêr mandêng (marga gumun lsp).
kamitigan: kn. matêng durung mangsane (tmr. wowohan lsp).
kamituwa: n. kamisêpuh k: 1 ak. pinituwa, pangarêp; 2 lêlurahing dhukuh, sangisoring lurah.
kamitolèhên, kamitolihên: kn. ak tansah kèlingan marang kang ditinggal.
kamitontonên: kn. ak tansah katon ana ing angên-angên (ing gagasan).
kamicucèn: êngg. kn ikêt-ikêtan sinthingane njêgrag.
kamiwêlasên: kn. ak wêlas bangêt.
kamla: kw kêcut.
kamlaratan: kn kaanan ênggone mlarat; kc. mlarat.
kamli: kn kêmul dhèg (kang digawe wulu wêdhus).
kamu: kw kowe kabèh.
(kamud): [x]-[x] êngg nyamuk-nyamuk; di-[x] êngg: dijupuk lan dipèk, diêntèkake kabèh; kc. klamud, mud.
kamuk: kw diamuk; kc. amuk.
kamuka: (S) kw sêngsêm.
kamuktèn: kn enak kapenaking ngaurip; kc. mukti.
kamulan: kn. ak asal, wiwitan; kc. mula.
kamulyan: kn kaluhuran; kc. mulya.
kamurahan: n. kamirahan k sih kawêlasan; kc. murah.
kamuratan: êngg. kn êntèk-êntèkan babar pisan.
kamus: I kn 1 wlulang wis dimangsak alus; 2 êngg. sabuk kang digawe wlulang, bludru lsp. nganggo timang; di-[x]: dimangsak (tmr. wlulang). (A) kn. ak: bausastra.
kamusakatan: kn. ak kêcingkrangan, kamlaratan.
kamohan: kn. ak amoh, suwèk.
kamohitan: kw nandhang sêdhih (susah).
kamoksan: kw luwaring bêbandaning donya; kc. moksa.
kamoran: êngg. kn kêcampuran; kc. amor, wor.
kamot: n. kawrat k 1 ak. diêmot ing; 2 dicakup ing, disêbutake ing (layang lsp); kc. mot.
kampah, kampêh: êngg. kn 1 mandhêg, lèrèn; 2 ngaso ing dalan lsp; kc. ampah.
kampak: I kn wadung gêdhe tanpa sangkal. II êngg. kn: maling kèhe 4 ut. 5; di-[x] êngg: dilêboni ing kampak.
kampèk: êngg. kn 1 bantal; 2 (lumbung [x]) lumbung cilik; [x]-an êngg: bngs. kanthong dianggo wadhah sandhangan lsp; kc. kêpèk.
kampêmèn: (W) kn omahing para opsir.
kampêr: (W) kn kapur barus.
kampi: pc kampiyun.
kampiyun: (W) kn 1 kang pinunjul dhewe (ing babagan olah raga, lsp); 2 pc. kang bêcik dhewe, pinunjul.
kampil: (-an) 1 kn. kanthong cilik kang digawe mendhong dianggo wadhah dhuwit; 2 êngg. k. bantal.
kampir: k. ak mampir; [x]-an kn: 1 diampiri, didhayohi sêdhela; 2 ak. disurupi ing lêlêmbut; kc. ampir.
kampita: (S) kw 1 orêg, oyag; 2 kagèt; 3 susah bangêt, kuwatir.
kampyak: kn. ak katut diampyak; kc. ampyak.
kamplèh-kamplèh: êngg. pc saèm. gamblèh-gamblèh.
(kamplèng): di-[x] êngg. kn dianggar ing ngiringan (tmr. kêris).
(kamplêng): di-[x] êngg. kn dijotos êndhase.
kamplung: pc 1 kêcêmplung; 2 êntèk katut diênggo.
kamplong: êngg. kn tela gantung, katès.
kampuh: I kn. ak kalah, kasoran; kc. kampah. II ki: dodot.
kampul-kampul: kn kumambang ing banyu; kc. kumampul.
kampung: kn 1 êngg. pakarangan, pomahan; 2 klumpukaning pomahan-pomahan dadi pêperanganing kutha; 3 (omah [x]) wanguning omah wujud êmpyak papat nganggo tutup-keyong; 4 êngg. wong desa kang mung duwe pomahan (ora duwe bageyan sawah); 5 êngg. bngs. pulisi ing desa.
kampong: êngg. kn kampung.
kampot: êngg. kn. limang bêntèlan pari.
kamprèt: I êngg. kn. bngs. lawa cilik. II ut. kamprêt pc: ciyut bangêt, cilik bangêt.
kamprêng-kamprêng: êngg. kn. lunga sanja-sanja.
kamrat: I kw. kamot ing. II ut. [x]-an êngg. kn: kêkancan, kêkumpulan.
kamsin kn. ak: riyaya Pantekostah.
kamsol: êngg. ak. bngs. klambi lêngênane dawa.
kan: I êngg. pc. rak, jêr. II (W) kn: bngs. teko kang digawe porsêlin.
kana: n. ngrika k. panuduh panggonan kang adoh; [x]-[x] pc: ingêndi-êndi; ing kanane: 1 pc. ing alam liya; 2 ana ing sajroning pangimpèn.
kanabeyan: kn. jaman lsp. para nabi.
kanaka: I (S) kw. êmas. II kw: kuku.
kanal: (W) kn. kali susukan (sidhatan).
kanan: êngg. kn. 1 têngên; 2 iring kang têngên (tmr. prau).
kanana: (S) kw. ak alas.
kanan-kèri: (-kering, -kiri) êngg. kn kiwa têngên.
kanang: kw ingkang (panuduh panyilah).
kanas: êngg. kn nanas.
kandara: (S) kw. ak êcis.
kandarpa: (S) kw. ak katrêsnan, sih, sêngsêm.
kandêl: I kn 1 kêna dipracaya (diêndêl); 2 ngandêl marang, ngêndêlake; kc. andêl. II kn: 1 kb. tipis; 2 ak. kênthêl tmr. kopi lsp; 3 pc. akèh dhuwite (sangune, pawitane lsp); [x] kulite ([x] kupinge): ora rumangsan, ora duwe isin.
kandêlan: k pêndhok.
--- 185 ---
kandonane ~ kantru.
kandonane: pc têmahane, wusanane.
kandri: kn ar. wit.
kanjar: (Prs) kn. ak golok; kc. kènjèr, mêkanjar.
kanjat: êngg. kn luwung, lumayan; ora [x] êngg. ora pati kuwat lsp.
kanjêng: pc kangjêng.
kanji: I kn wis ora wani manèh. II kn: jurjuran pathi dianggo nyékuli klambi lsp; di-[x]: disêkuli nganggo kanji.
kanjo: êngg. ak mogol, ora dadi.
kandha: n. criyos k 1 (pangandika ki) crita, gunêm kang diucapake; 2 (ngandika ki) clathu, gunêman; di-[x]: digunêm, dicatur; dikandhani n. dipuncriyosi k. diandikani ki: dituturi, diwènèhi wêruh; dikandhakake n. dipuncriyosakên k. diandikakake ki: dicritakake, diucapake, dituturake marang; kêkandhan n. cêcriyosan k. ngandikan ki: gunêman, omong-omongan.
kandhaga: kn. ak kêndhaga.
kandhah: I êngg kandha. II kw: kêlindhih, kalah; kc. andhah.
kandhang: kn omah ut. papaning kewan ingon (sapi, kêbo, wêdhus lsp); [x] langit kêmul mega pc: wong kang klambrangan; ngandhang: mlêbu ing kandhang; di-[x]-[x] ak: dikupêng ing mungsuh; di-[x]-i: dikurung ing bêthèk lsp; di-[x]-ake: dilêbokake ing kandhang.
kandhangan: kn. ak gadhangan.
kandhap: êngg. k kalah; kc. andhap.
kandhapên: k kèndhèkên.
kandhara: (S) kw gulu.
kandharan: êngg. kn kandha, crita; kc. andar.
kandhas: kn 1 wis nggêpok dhasaring banyu (tmr. timba lsp); 2 nggêpok dhasaring kali ut. sêgara (tmr. prau); 3 ak. wis tumêka ing dhasar, wis pantog; 4 pc. wis kêntèkan dhuwit, kêmlaratan lsp; [x]-an: papan kang cêthèk (tmr. sêgara).
kandhat: I êngg. ak sandhat. II kw: mandhêg, lèrèn; kc. kêndhat
kandhèh: kn. ak wis mari (ora nindakake manèh).
kandhèk: êngg. kn kandhi.
kandhêg: kn kêpêksa mandhêg, ora têrus; kc. andhêg.
kandhêh: kw kêlindhih, kalah; kc. kandhuh.
kandhi: êngg. ak bngs. kanthong kang digawe bagor lsp.
kandhih: kn. ak kalah, têluk, kasoran; kc. êndhih.
kandhil: kn. ak diyan.
kandhuhan, kandhohan: kw kêmomotan (kêpêtêk) ing, kêlindhih; [x] brangta: kêsêngsêm, kedanan.
(kandhut): di-[x] kn 1 digawa (disimpêni) sarana dilêbokake ing sabuk (ing wêtêng); 2 dirêndhêm sajroning ati (tmr. rasa wêdi, prihatin, mangkêl lsp) ora dilairake; ngandhut: mêtêng; [x]-an: 1 apa-apa kang dikandhut; 2 ent. rasa prihatin lsp. kang dikandhut; 3 wêtêngan.
kaneman: k kanoman.
kanêm: kn 1 kang kaping nêm; 2 mangsa kaping nêm (9 Nopèmbêr - 22 Desèmbêr); [x] têngah: 5½.
kaniaya: kn 1 tindak milara; 2 tindak sawênang-wênang; di-[x]: dipilara sawênang-wênang; kc. aniaya.
kanigantên: êngg. k kanigara.
kanigara: kuluk [x] kn kuluk irêng mawa plisir mas cêcawangan.
kanil: kn santên kang kênthêl.
kanin kw tatu, kêtaton; di-[x]-i kw: ditatoni.
kaninditan: kw kaluwihan; kc. nindita.
kaning, kani:pc kanil.
kaningaya: kn. ak kaniaya.
kanistha: (S) kw. ak asor, rèmèh, nistha.
kanugrahan: kw ganjaran, kaslamêtan lan karaharjan; kc. nugraha.
kanuragan: kw kadhotan.
kanohan: kw kabêgjan.
kanoman: kn. (kanèman k. ak) 1 gêgolongan ut. kang kalêbu nomnoman; 2 wêwêngkon ut. kang kagolong karèrèhaning Pangeran Pati; 3 êngg. wong-wong sing isih ênom; kc. nom.
kantaka: kw sêmaput.
kantar: I [x]-an bau kw nangkis (namèngi) nganggo lêngên. II (ma-) [x]-[x] kw: murub mubyar-mubyar.
kante: êngg. k lawe.
kantèk: êngg. pc nganti.
kantèn: (-an) n. kantos(-an) k. ak sranta, bisa nyabarake.
kantêb: kn 1 tiba bokonge kêtatab ing lêmah (ut. awake kabèh); 2 pc. nêmahi cilaka, kasusahan bangêt; kc. antêb.
kantên: I êngg. k. ak kali. II [x]-an k: karuhan.
kanti: I êngg. pc. n. kantos k 1 nganti, kongsi; 2 sranta, bisa nyabarake; kc. kantèn, kantèk. II (S) kw. ak: cahya, sorot.
kantil-kantil: kn gumantung ing tali, pang lsp; kc. kumantil, kanthil.
kantin: (W) kn kamar kasukan ut. minuman lsp (ing bètèng).
kantu: I kn kêntèkan kasèb ênggone ngêjogi, têndhag. II 1 êngg. lêgêg-lêgêg dening sêdhih; 2 kw. klêngêr, sêmaput.
kantug: êngg. kn kêtug, têkan ing.
kantuk: êngg. pc. k olèh; [x]-an pc. k: olèhan.
kantukan: k. ak kulihan.
kantun: k kari, kèri.
kantor: (-an) (W) kn 1 omah (papan) dianggo ngurus babagan tulis-tulisan, pajêg lsp; 2 meja panulisan nganggo slorokan; [x] bang ([x] wang pc): kantor babagan urusan dhuwit (nyèlèngi, ngutangi lsp); [x] kawat: kantor tilgram ut. telepon; [x] pos: kantor babagan urusan layang-layang kiriman lsp.
kantos: êngg. pc. k kanti.
kantra: kw kawêruhan ing akèh, misuwur; kc. kontra.
kantrak: kn. ak katrak.
(kantring): kc kontrang-kantring(-an).
kantru: I êngg. kn kantu. II [x]-[x] êngg. kn. lêgêg-lêgêg marga sêdhih.
--- 186 ---
kantrog ~ kaum.
kantrog: kn oyag kabèh marga tiba lsp; kc. êntrog.
kanca: kn rowang, mitra (tunggal panggawean, sêdya lsp); 2 êngg. warganing pangrèh desa; [x] desa ([x] nêgara) ak: wong kang tunggal desa (nêgara); [x] buri ([x] wadon) n. kanca wingking (èstri) k. pc: bojo (somah); dikancani: diwènèhi kanca, dikumpuli.
kancana: (S) kw êmas.
kancetan: êngg. kn ganthètan, gandhèng rakêt; kc. kanthèt.
kancikan: kn. ak 1 diênciki, diambah; 2 disurupi dhêmit (tmr. prewangan); kc. ancik.
kancil: kn bngs. kidang cilik.
kancilên: kn. ak 1 matane mêndêlik bae marga saka wêdi bangêt; 2 ora bisa turu-turu.
kancing: kn 1 sindik (slorokan lsp) kang dianggo pikukuh lawang (cêndhela lsp) supaya ora kêna diwêngakake; 2 êngg. pc. bênik; 3 ([x] cangkême) cangkême tumutup (marga sêmaput lsp); [x] gêlung: bngs. susuk kondhe; di-[x]: disindik (dikunci lsp) supaya ora kêna diwêngakake; kêkancingan: layang katêtêpan saka panggêdhe.
kancit: kw tumuli, ora antara suwe.
kanclêb, kanclêp: êngg. kn kacêp, tumancêb.
kancuh: (-an) kn. ak 1 kanca; 2 jodho, gandhokan.
kantha: I kn. ak wêwujudan, blêgêring wujud; di-[x] br: dièmpêr kaya, diwujudi kaya, dikira-kira; tanpa [x] tanpa kanthi br: 1 ora maujud; 2 pc. ora nganggo kanca babar pisan. II (S) kw: gulu.
kanthèn: ut. kêkanthèn(-tangan) kn gêgandhèngan; kc. kanthi.
kanthèt: I pc cilik nanging kiyêng (kukuh). II di-[x](-i), (di-[x]-ake ak) kn: 1 digandhèng (disambung) karo; 2 ditalèni digantungake; kc. ganthèt.
kanthi: kn 1 rowang, kang minangka kanca; 2 kalawan, binarêngan ing; di-[x]: 1 diajak dianggo rowang; 2 digandhèng (tangane); dikanthèni: dikancani, diwènèhi kanthi; 2 dibarêngi ing; dikanthèkake: 1 diwènèhake supaya dadi kanthi; 2 dikatutake (dibarêngake) marang.
kanthil: I kn 1 gumantung ing; 2 ak. tansah lumèngkèt marang; di-[x] êngg: ora dibayar ut. diwènèhake kabèh (ana kang diênthêt); di-[x]-i: digantungi barang kang cilik-cilik; di-[x]-ake: 1 digantungake ing; 2 pc. dinunutake ing; [x]-an: 1 apa-apa kang dikanthilake; 2 ak. wêlingan lsp. kang dinunutake; kc. kumanthil. II kn. ak: 1 ambèn, lincak (paturon): 2 bandhosa. III kn: ar. kêmbang.
kanthing: I êngg. kn ar. prau cilik. II di-[x]-[x] pc: tansah digawa sêmu diathungake.
kanthong: kn wadhah kang digawe lawon lsp. nganggo sindhêtan (koloran); [x]-an: sak ing klambi; di-[x]-i: dilêbokake ing kanthongan.
kanya, kanyaka: (S) kw. ak prawan.
kanya, kanyaka: kw prawan; kc. kênya.
kanyaran: kn lagi wiwitan (isih anyar); kc. anyar.
kanyataan: kn prakara kang nyata; kc. nyata.
kanyêl: pc kacêl.
kanyut: kw katut, kèli; kc. kènyut.
kang: I (êngg. k) n. ingkang k 1 sing; 2 ki. -e, -mu. II pc: 1 kakang; 2 êngg. pc. panyêbut marang wong lanang kang rada asor pangkate; [x] bok êngg: êmbok-ayu; [x] (ba)gus êngg: kisanak; [x]-mas: kakang.
kangjêng: kn sêsêbutaning para priyayi luhur (bupati, patih lsp).
kangèlan: kn 1 kanthi rêkasa lan angèl (ênggone nindakake); 2 rêkasa; 3 nandhang rêkasa; kc. angèl.
kangên: kn tansah kèlingan sarta kêpengin kêtêmu karo kang ditinggal (kang tinrêsnan); di-[x]-i: diangên-angên lan diarêp-arêp bisa kêtêmu; kc. angên-angên.
kangge: k kanggo.
kanggêg, kanggêk: kn 1 kandhêg, ora bisa têrus; 2 ([x] atine) kagol atine, ora têgêl.
kanggêp: kn dianggêp bêcik pasuwitane (pagaweane lsp); kc. anggêp.
kanggo: n. kangge k. kagêm ki 1 dianggo, dipigunakake; 2 kêna dipigunakake; 3 bisa payu (laku); 4 wis ana sing nganggo (tmr. panggonan lsp); 5 pc. tumrap marang; 6 pc. kanggêp bangêt pasuwitane; kc. anggo, nganggo.
kanggonan: n. kanggènan k kadunungan ing (barang lsp); kc. ênggon.
kanginan: kn 1 kêna ing angin; 2 rada lara masuk angin; kc. angin.
kangkam: kw pêdhang.
kangkat: kn. ak kêna diangkat, kuwat; kc. angkat.
kangkung: kn ar. têtuwuhan dianggo janganan.
kangkrang, kangrang: êngg. kn ngangrang, rangrang.
kangsèk: êngg. pc kongsi, nganti.
kangsèn: I êngg. kn tala tawon. II ut. [x]-an kn: sêmayan.
kangsi: I êngg. kn tala tawon. II êngg. pc: kongsi, nganti. III ut. ma-[x] kw: kumpul, ngumpul.
kangsrah: kn kambah ing lêmah (tmr. jarit lsp); kc. klangsrah.
kangsong: kn. ak wis manuh, ora jiguh; kc. kawong.
kau: kn 1 ora luwês, sarwa wagu; 2 êngg. butêng, ora sabaran.
kauban: kn keyuban, katutupan; kc. aub.
kaul: (-an) kn ngluwari ujar (marga wis katurutan kang dadi pangarêp-arêpe); di-[x]-i: dinadari bakal midhang lsp. samangsa mari (kêlakon kang disêsuwun); kc. kaol.
kaula: êngg. k. ak aku, -ku; kc. kawula.
kaum: (A) kn 1 ak. bangsa, krabat, golongan; 2 imam Islam ing pakampungan ut. padesan; [x]-an: kampung padunungane wong-wong kang padha tumêmên ênggone nglakoni agama Islam (sakubênge mêsjid).
--- 187 ---
kaum buruh ~ kapindra.
kaum buruh: kn gêgolonganing wong kang padha bêburuh.
kaum kolot: kn wong-wong kang nggêgêgi panêmu kuna.
kaum mudha: kn gêgolonganing wong-wong kang ênom (nggêgêgi panêmu kang anyar).
kaunang-unang, kaonang-onang: kw misuwur.
kaundhakan: n. kaindhakan k 1 diundhaki; 2 wuwuhan (ing panêmu lsp); kc. undhak.
kauntungan: êngg. pc 1 kabêgjan; 2 bêbathèn; kc. untung.
kaur: êngg. ak kobêr.
kaurmatan: kn. ak 1 diurmati; 2 pakurmatan, kc. urmat.
kautaman: kn 1 tindak wêwatakan kang bêcik; 2 kabêcikan, kaluhuran; kc. utama.
kauwusan: kn. ak 1 diuwisi; 2 pungkasan, wasana; kc. uwus.
kao: êngg kau.
kaoyah: kn. ak 1 cukit; 2 koyah.
kaol: (-an) (A) êngg. ak 1 ujar; 2 crita, gunêm; 3 sêngadi, santolan.
kaop: ora [x](-an) êngg. ak 1 ora prêdulèn; 2 ora tampikan, apa-apa arêp.
kaos: I êngg. k kaji. II (W) kn: 1 ([x] sikil, [x] tangan) mojah sikil (tangan); 2 ([x] diyan) bngs. bakal rangrangan dianggo sumbu diyan (ngundhakake urube); 3 (klambi [x]) klambi rangkêpan bakale ngangrangan ut. lêmês.
kaot: 1 êngg. ak. linuwih, pinunjul; 2 k. kacèk.
kapa: ut. kakapa êngg. kn lapak; dikapani êngg: dilapaki.
kapah: I êngg. kn ngoncèki kopi; kc. kampah. II [x]-[x] pc: têlês bangêt; kc. kopoh.
(kapak): di-[x]-ake n. dipunpunapakakên k ditamani patrap (tindak) apa (kêpriye).
kapal: I kn kulit kang dadi kandêl lan atos; ngapal ak: 1 mêtu kapale; 2 pc. wis manuh bangêt. II k: jaran. III ([x] api) kn: prau gêdhe.
kapala: (S) kw 1 êndhas; 2 lêlurah, pangarêp;kc. kêpala.
kapan: I n. benjing (kala) punapa k 1 besuk apa; 2 pc. samangsa; [x]-[x] ak: samangsa-mangsa. II (A) kn. ak: ulês mayit; di-[x]-i: diulêsi.
kapandhitan: kw 1 kawicaksanan; 2 tindak kang gêgayutan karo babagan pêndhita; kc. pandhita.
kapanewon: kn wêwêngkon (omah, bawah lsp) ing panèwu.
kapanujon: kn 1 kêbênêran, pinuju; 2 ([x] ing ati) ndadèkake sênênging atine; kc. panuju.
kapang: kn. ak padha ngadêg (linggih) mangun satêngah buwêngan; [x]-[x]: 1 ak. mêthukake tangane mulung kaya arêp ngrangkul; 2 êngg. kêsusu bangêt, katon gita-gita.
kapara: kn. ak kêpara.
kaparat: kn. ak kêparat.
kapas: kn ar. wit kang wohe ngêtokake bngs. kapuk.
kapat: 1 (n. kasakawan k) ak. kang kaping 4; 2 ar. mangsa kang kaping 4 (18 Sèptèmbêr - 25 Oktobêr); [x] têngah: 3½; [x] tèng êngg: 35 sèn; [x] cilik êngg. pc: 3½ sèn.
kapatêdhan: kn. ak diparingi, diwènèhi (diganjar); kc. patêdhan.
kapatihan: (kapatosan k. ak) kn dalêm (kantor)ing patih.
kapacirit: êngg. ak kêcerit.
kapenak: kc. kêpenak.
kapenakan: k kaponakan.
kapêjêng: kn. ak bangêt, kanthi karosan, ngêtog.
kapênêr: kn. ak kêpêrnah; kc. kêbênêr, pênêr.
kapêntingan: êngg. pc kapêrluan, kabutuhan; kc. pênting.
kapênthowok: êngg. pc kêprêgok, kêpêngkok.
kapêngkêr: k kapungkur.
kapêp: kn. ak ditutup ana ing wadhah ora kanginan.
kapêr: kn bngs. kupu cilik.
kapêrluan: kn 1 kabutuhan, prakara kang pêrlu dilakoni (ditindakake); 2 kang akèh gunane (paedahe); kc. pêrlu.
kapêrnah: kn 1 dumunung ing; 2 gêgayutaning pasêduluran kapênêr ...; kc. pêrnah.
kapês-kapês: êngg. pc êmpuk yèn dipèjèt pulih; kc. gabês.
kapêsan: kn kacilakan, nandhang apês; kc. apês.
kapêtêk: br diênêtake; kc. pêtêk.
kapêtêl: kn 1 dipêtêl; 2 dipêksa ing; kc. pêtêl.
kapêtêngan: kn 1 kêsaput ing pêpêtêng, dipêtêngi; 2 êngg. bngs. jaga-malêm, pulisi sandi; kc. pêtêng.
kapi: (S) kw kêthèk.
kapi-adrêng: kw adrêng bangêt, kumudu-kudu; kc. adrêng.
kapiandêl: kn. ak gampang ngandêle; kc. andêl.
kapiandhêm: kw mêmpêng bangêt ênggone mlayu; kc. andhêm.
kapiasêm: êngg. kn ngguyu ut. mèsêm dhewekan.
kapidêrêng: kn. ak adrêng bangêt.
kapidulur: kw ngumpul karo.
kapidhara: kw klêngêr, sêmaput.
kapidhondhong: kn. ak kêdhondhong.
kapiênêng: kw mênêng bae.
kapiyat: kn. ak piguna, paedah.
kapikiran: n. pamanahan k. ak gagasan; kc. pikir.
kapila: I (S) kw. ak abang ênom. II ut. kapilah (A) kn. ak: sudagar (kang lêlungan bêbarêngan akèh).
kapilayu, kapiluyu: kw klayu, kumudu mèlu.
kapilare: k. (kamibocahên ak): mbocahi.
kapilêng: (-ên) kn. ak brêbêg bangêt.
kapiluh: kw kaca-kaca matane; kc. luh.
kapiluyu: kw klayu; kc. kapilayu.
kapindra: kw ratuning kêthèk.
--- 188 ---
kapindho ~ karampungan.
kapindho: n. kaping kalih k kang ping 2; kc. pindho.
kapinêng: kw mênêng bae.
kapinujon: kn kêbênêran; kc. pinuju.
kapinta: kw sêdhih; kc. kapita.
kapintên: k kapiran.
kapintêran: kn kabisan; kc. pintêr.
kaping: k ping.
kaping-kaping: êngg. kn kêrêp bangêt.
kapir: (A) kn wong kang ora pracaya ing Allah.
kapiran: n. kapintên k ora kopèn (ora dirêmbug babar pisan).
kapirangu: kw rangu-rangu, gojag-gajêg.
kapirênan: kn. ak sênêng atine; kc. rêna.
kapirêng: k. ak krungu.
kapisan: (S) kw. ak kang kaping 1, kang dhisik; kc. pisan.
kapiswara: (S) kw ratuning kêthèk.
kapit: kn. ak diapit-apit; kc. apit, kopat-kapit.
kapita: kw sêdhih, sumêlang.
kapitan: (W) kn. ak 1 ar. pangkat panggêdhe saradhadhu; 2 panggêdhe kapal; kc. kaptin.
kapitêmên: kn. ak têmên-têmên.
kapitênggêngên: kn. ak ndêlêng njêngêr.
kapitu: kn 1 kang kaping 7; 2 ar. mangsa kang kaping 7 (22 Desèmbêr - 3 Pebruwari).
kapitunan: kn 1 (nandhang) tuna; 2 pc. gêgêntining tuna; kc. tuna.
kapitut: kw manut, katut.
kapya: kw padha; kc. kapwa.
kapyuk: mak [x] pc pêpindhan swaraning banyu disêmpyokake; di-[x](-i): disêmpyok(disirati) ing banyu lsp.
kaplak: pc wis tuwa bangêt; kc. ngaplak.
kaplaksana: kw diukum; kc. klaksana.
kaplêngên: kn kêbrêbêgên.
kapu: kn. ak wulu (klika) kang pating jlêbut; nganti [x]-[x] ak: nganti tuwa bangêt.
kapujanggan: kn 1 kapintêran bab basa sarta ulah kêkarangan; 2 babagan kêkarangan; kc. pujangga.
kapuk: kn isining randhu (kapas) kang putih pating jlêbut.
kapul: êngg. kn tampar lulup.
kapulaga: kn ar. têtuwuhan wohe dianggo jamu lsp.
kapulunan: êng. ak pulunan.
kapuloan: kn kaklumpukaning pulo-pulo.
kapundhung: kn. ak kêpundhung.
kapung, kampung: êngg. kn mumpung.
kapur: I kn isèn-isèning susu sapi (kêbo lsp) rupane putih kapês-kapês. II kn: 1 gamping kang wis diobong; 2 ([x] tulis, [x] wlanda ak) gamping sing wis dimangsak dicithak giligan lsp. dianggo nulis. III ([x] barus) kn: kampêr asal saka blêndoking wit.
kapuranta: kn (abang [x]) abang ênom, abang sêmu kuning.
kapurancang: kn. ak wilahan pring dilancipi ditata pating crongot kapasang ing pagêr bata lsp; ngapurancang: tangan kagathukake drijine tlusup-tlusupan.
kapurih: kn dikon, dipurih nindakake; kc. purih.
kapurit: kn ar. iwak loh.
kapurunan: k kawanèn, kuwanèn.
kapusan: kn kêna ing apus; kc. apus.
kaput: êngg. kn rêgêd marga padha thêthêl lsp.
kaputihan: êngg. ak mutihan.
kaputrèn: kn panggonane para putri; kc. raja kaputrèn.
kapo: kw. ak kabèh, padha; kc. kapwa.
kapodhang: kn. ak ar. manuk; kc. (kê-) podhang.
kapok: kn wis ora wani ut. ora gêlêm nglakoni manèh; [x] lombok pc: ênggone kapok mung sadhela; di-[x]-ake: ditandangi lsp. supaya kapok.
kapok kawus: kn. ak wis kapok bangêt.
kaponakan: n. kapenakan k anaking sêdulur.
kaporan: kn. ak lêmês dening sayah bangêt; kc. por.
kaprabon: kn 1 panganggo lsp. agêming ratu; 2 pangkating ratu; 3 pc. panganggo dhinês; kc. prabu.
kaprajuritan: kn. ak panganggoning prajurit; 2 sipating prajurit.
kaprah: kn lumrah (ing akèh).
kapracundhang, kapracondhang: kw kalah.
kaprawiran: kw kakêndêlan.
kaprès: kn. ak gabrès.
kapri: kn bngs. kara.
kapribadèn: kn 1 kawasisaning nênindakake; 2 pc. kapintêran; kc. prigêl.
kapriyayèn: n. kapriyantunan k kang gêgayutan karo adêg ut. pangkating priyayi.
kapti: kw karêp.
kaptin: kn 1 ar. pangkat panggêdhe saradhadhu; 2 panggêdhe kapal.
kapcao, kapsao: (C) kn bngs. teko porong.
kapwa: kw kabèh, padha.
kar: gambar [x] kn gambar bumi.
kara: I kn ar. têtuwuhan rambat wohe kaya klenthang. II ora ana [x]-[x] kawis-kawis k. ak): ora ana alangan apa-apa (ora apa-apa). III (S) kw. ak: tangan, driji, tlale.
karaba: (S) kw. ak anak gajah.
karabin: (W) kn bedhil cilik.
karad: kw kalap (ing lêlêmbut); kc. arad.
karajinan: kn kasrêgêpan (bab gêgawean).
karag: kn sêga (ut. dang-dangan gaplèk) kang digaringake.
karah: kn alèn-alèn wêsi pikukuhing garan arit lsp.
karahayon: kn. (karahajêngan k. ak. karaharjan kw) kabêgjan, katêntrêman; kc. rahayu.
karahatan: kw kêna, kêtaton.
karam: (A) kn ora kêna dilakoni marga dilarangi ing anggêr-anggêring agama (Islam); di-[x]-ake: dianggêp karam.
karam-jadah: (A) kn. ak: anaking wong dhêmênan.
karampungan: kn 1 br. dirampungi;
--- 189 ---
2 pc. putusan, katêtêpan; 3 pancasaning pangadilan; kc. rampung.
karan ~ karuk.
karan: I kn ([x] anak lsp) diarani (disêbut jênênge) miturut (jênênging anake lsp). II ut. karane êngg: sêbab, jalaran; kc. karana, krana.
karana: kn sêbab, jalaran; kc. krana.
karandhan: kn. ak omah ut. padununganing randha.
karandhang: kn ar. têtuwuhan saèm. bêngkowang.
karanta-ranta, karantan: kw kêlara-lara, krasa-rasa.
karantên: êngg. k karana, krana.
karang: I kn 1 padhas ing sêgara; 2 (ut. [x]-an) bngs. mêrjan. II êngg. ak: 1 wit krambil; 2 kêbon krambil; 3 pomahan, pakarangan; 4 kadunungan, panggonan. III êngg. kn: mula mêngkono saka pangiraku; di-[x]: 1 ak. dironce; 2 êngg. ak. dikira-kira, ditêksir; 3 dianggit (digawe tmr. kasusastran, crita lsp); [x]-an: 1 ak. roncèn; 2 êngg. ak. têksiran, pangira; 3 anggitan babagan layang, crita lsp. IV mang-[x] kw: sêdhih, kêsêngsêm.
karang-abang: dadi (digawe) [x] kw (di-)rusak sarana diobong lsp.
karangên: n. kawisên k kamban lête; kc. arang.
karang-kitri: (-kirna ak) kn wit-witan kang ngêtokake woh ing pomahan.
karang-kopèk: (-kopèn ak) kn 1 desa kang ora duwe sawah; 2 mung duwe pakarangan (tmr. wong ing desa).
karang-mêlok: kn kêmbang dironce diwangun bundêr dianggo rêrênggan.
karang-ulu: kw bantal; dikarang-ulu kn: dipèk bojo (tmr. wrandhaning sêdulur).
kararap: kw klarap.
kararas: kw 1 dilaras; 2 klaras.
karas: kn 1 êngg. ak. pomahan, pakarangan; 2 (wong [x]) êngg. wong kang mung duwe pomahan (ing padesan); 3 luwangan ing kuburan kang ditutupi glogor (blabag) kanggo nyèlèhake mayit kang dipêndhêm; kc. koras.
karasa-rasa: kn. ak kêlara-lara, sêdhih.
karasikan: kw kanikmatan, sacumbana.
karat: (W) kn 1 ukuran murnining êmas; 2 ukuran boboting barleyan.
karatala: (S) kw èpèk-èpèk.
karaton: kn. ak kraton.
kara-wêlang: kn ar. tumbak.
karawistha: kw rêrênggan (pêpasrèn).
kardi, kardos: kw 1 pagawean, gawe; 2 nindakake.
kardin: êngg. pc gêbêr.
kare: kn ar. olah-olahan.
karèk: êngg. pc kari.
karèn: n. kantunan k turahan; [x]-[x]: kang kari dhewe, pungkasane; kc. kari.
karepotan: êngg. pc repot.
karesidhènan: kn 1 wêwêngkon bawahing residhèn; 2 omah ut. kantoring residhèn.
karèt: I kn 1 ar. wit kang tlutuhe dimangsak dadi dandanan warna-warna (ban pit lsp); 2 tabuh gong kang nganggo blêbêd mbêndhol ing pucuke; di-[x]: dibusêk nganggo karèt (tmr. tulisan). II di-[x](-i) kn: diongoti (tmr. potlot). III (nomêr [x]) pc: kang kari dhewe (tmr. balapan lsp).
kareta: kn. ak kc. kreta.
karêbèn: n. kajêngipun k 1 ya bèn, cikbèn; 2 supaya.
karêjêkèn: kn. ak olèh rêjêki akèh.
karêm: I kn. ak kèrêm. II kn: ak. sênêng marang; 2 sênêng bangêt marang (panganan, tindak ala lsp); di-[x]-i ak: disênêngi bangêt.
karênan: kn. ak sênêng atine; kc. rêna.
karênêng-rênêng: kn. ak ngêtog kakuwatane.
karêngkêng-rêngkêng: kn. ak kanthi rêkasa bangêt.
karêp: n. kajêng k. karsa ki 1 niyat nêdya nênindakake lsp; 2 maksud (ing têmbung lsp); 3 ak. kalawan sênêng ênggone nindakake; di-[x]-i: 1 dipilih lsp. nêdya dipèk; 2 diarêpi; di-[x]-ake: 1 dipengini; 2 dimaksudake; kc. arêp.
karêsmèn: kw sacumbana; kc. rêsmi.
karga: kw 1 wadhah kang digawe wlulang; 2, kêris.
kari: n. kantun k 1 dumunung ing buri; 2 ora mèlu, ditinggal ana ing omah; 3 ak. kalah karo; 4 turah, isih turah; 5 isih kurang ..., up. mung [x] rong dina; 6 wasana, kang pungkasan; 7 mung kudu nindakake sathithik bae, up. ora susah tuku, mung [x] mangan bae; 8 kasèp têkane; [x]-[x]: bok mênawa pungkasane ...; [x] aran br: dipatèni (ing paprangan lsp); dikarèkake: 1 ditinggal; 2 diturahake; kc. karèn.
(karing): kêkaring êngg. ak dolan-dolan ing jaban omah (ing wayah bêngi).
karipan: kn krasa ngantuk marga bêngine mêntas mêlèk; kc. arip.
karya: I kw 1 pagawean; 2 gawe, nindakake; 3 êngg. ak. pagawean tukang; kc. pakaryan. II kn. ak. 4 bau.
karya-desa: n. (-dhusun k) êngg: pagawean dhinês ing padesan.
karya-nêgara: (-nêgari k) êngg: saèm. gugur-gunung.
karkasa: (S) kw sêru, bantêr.
karkat: kn. ak kêrkat.
karkatha: (S) kw. ak yuyu.
karma: (S) kw tindak kang linakonan.
karna: (S) kw kuping; cs. 2.
karni: (S) kw. ak: kuping; cs. 2.
(karu): di-[x] kn diudhêg lan disiram banyu ana ing pêngaron (tmr. bêras kang diêdang lagi satêngah matêng); ngaru napung pr: nindakake pagawean ut. nêmu rêribêd bêbarêngan.
(karug): di-[x] kn. ak diarug (tmr. lêmah).
karugian: pc kapitunan.
karuh: I êngg. [x]-an n kantênan k wis gênah (-têrang); di-[x]-ake: digênahake, ditakok-takokake kêpriye gênahe; kc. karuwan. II ut. kêkaruh, mitra karuh kn: kawanuhan, têpungan.
karuhun: kw biyèn, dhisik.
karuk: kn 1 kêmbang jambu (randhu
--- 190 ---
lsp); 2 sêga aking; kc. kêmaruk.
karuksan ~ kasdu.
karuksan: kw kêrusakan.
Karun: amal [x], donya [x] kn. ak raja-brana kang kêpêndhêm.
karuna: kw nangis.
karuni, karunika: (S) kw. ak wêlas, kawêlasan.
karunya: (S) kw. ak wêlas, sih, ganjaran.
karung: I kn 1 êngg. bngs. goni; 2 kanthongan gêdhe (wadhah bêras, gula pasir lsp); di-[x]: diwadhahi ing karung. II di-[x] kn: dituntun ing wong loro kiwa têngên (tmr. jaran).
karungrungan: kw gêndhêng dening kêsêngsêm.
karus: êngg. kn cilaka.
karusakan: n. karisakan k nêmahi rusak, kaanan kang rusak.
karut: kn jagung ênom; cangkêm [x] ks: nggragas, apa-apa dipangan.
karuwan: n. kantênan k 1 wis gênah (-têrang); 2 êngg. pc. mêsthi; durung [x]: durung mêsthi, durung têrang; ora [x]: ora tata, ora nganggo pranatan, worsuh.
karo: I n. kalih k 1 ak. kapindho; 2 ar. mangsa kang kapindho (2-24 Agustus); [x] bêlah ak: 150; [x] bêlah èwu ak: 1500; [x] pèsèr, [x] rini, [x] sigar êngg. ak: 1½ sèn (dhuwit); [x] tèng: 1 12½ sèn; 2 êngg. 15 sèn; [x] têngah: 1½. II n. kalih. k. pc. kaliyan k: 1 lan uga, up. aku [x] kowe; 2 lan, up. nêm [x] pitu têlulas; 3 bêbarêngan ênggone nindakake, up. maca [x] mangan; 4 tinimbang (ditandhing), Sêmarang [x] Surabaya rame Surabaya; 5 marang, tumrap marang, mungguh ing, up. ora kandha [x] aku, urmat [x] wong tuwa; 6 pc. nganggo, srana, up. dipênthung [x] alu; 7 pc. dening, up. disrêngêni [x] êmbahne; karo-karone, sakarone, karo pisan: loro kabèh katut; [x] dene (manèh) n. kalih dene (malih) k: lan manèh, apa dene, luwih-luwih; kc. karon.
karoban: kw kêbanjiran, kêlêban; kc. rob.
karoh: êngg. kn kawanuhan, têpungan; kc. karuh.
karohanèn: kn. ak babagan rohani.
karon: I kn. ak kang dikaru (tmr. bêras, sêtêngah matêng); kc. karu. II di-[x]-i n. dipun kalihi k. ak: dibut karo, ditandangi wong loro; kc. karo. III [x] asmara ([x] jiwa, [x] lulut, [x] sih) kw: sanggama; kc. karo.
karongrong: kw bêbarêngan (suka-suka, mat-matan).
karosan: kn kakuwatan; kc. rosa.
karsa: ki 1 arêp; 2 karêp; kc. kêrsa.
karsèt: kn bngs. rante dawa kang digawe mas lsp. (dianggo kalung rêrênggan, tali jam lsp).
karta: (-karti) kw tata têntrêm; kc. kêrta.
kartiyasa: kw 1 ak. misuwur; 2 pintêr, linuwih.
kartika: kw 1 lintang; 2 mangsa kapat.
karti-praja: kn. ak pagawean nêgara.
karti-sampeka: kw reka lan kaprigêlaning pêrang.
kartu: kn. ak kêrtu.
kartu-pos: kn lêmbaran layang ing pos.
karcis: (W) kn girik, layang cilik kanggo nunggang sêpur, nênonton lsp.
kas: I êngg. pc cukat lan gagah (ora nglêmêr); di-[x]-i pc: ditandangi kanthi kamêmpêngan; kc. akas. II êngg: mêntas, lagi bae; [x]-e êngg: bakda, sawise. III kw: têmên-têmên, kaya mêsthine (ênggone nêtêpi kawajiban). IV êngg. pc: kothak. V (W) kn: panyimpênan dhuwit; [x] desa ([x] kraton, [x] nêgara): panyimpênan dhuwit desa (kraton, nêgara); di-[x]: dilêbokake ing kas (disimpên, dicèlèngi).
kasa: kn. Mangsa kang kapisan (22 Juni - 2 Agustus).
kasab: I kn. ak kasap. II (A) kn. ak: 1 pangupa-jiwa, pagawean; 2 dêdagangan.
kasaban: kw katutupan, kasasaban; kc. sasab.
kasabaran: kn wêwatakan sabar sarèh; kc. sabar.
kasadha: kn. ak mangsa kang kaping 12; kc. sadha.
kasagêdan: k kabisan.
kasaguhan: n. kasagahan k apa kang disaguhake; kc. saguh.
kasah: I êngg. kn bngs. klasa (lampit) alus. II kw: kapisah, pisah.
kasaya: (S) kw gurih, cs. 6.
kasak: I kw. ak rusak, dirusak, ditêmpuh. II di-[x] êngg: digosok.
kasaktèn: kn. ak kasêktèn.
kasamêktan: kn. ak sarwa kacukupan sakabèhe; kc. samêkta.
kasampurnan: kn bab sampurnaning ngaurip.
kasantikan: kw kadigdayan; kc. santika.
kasantosan: kn 1 kakuwatan, kukuhing ati lsp; 2 ar. Sakramèn minangka srana nyantosakake piandêl (R.K.); kc. santosa.
kasang: kn. ak bngs. kanthong (dicangklong).
kasangsayan: kw sangsara.
kasangsaran: kn nandhang sangsara, sangsara.
kasap: kn ora alus (tmr. gêgrayangan); di-[x](-i) ak: dikasari, dipêksa.
kasapah: I kw êndhasing palanangan. II êngg: tela kaspa.
kasar: kn ora alus (ent. tmr. tata krama, têtêmbungan, wêwatakan lsp); di-[x](-i): ditandangi kalawan kasar.
kasarasan: k kawarasan, kuwarasan.
kasarjanan: kn panêmu adhêdhasar kawruh; kc. sarjana.
kasarjon: kw sênêng atine; kc. sêrju.
kasartan: kw binarêngan (didokoki, dikanthèni) ing; kc. sarta.
kasatmata: kw kêna didêlêng, katon.
kasatriyan: kn 1 wêwatakaning satriya; 2 golonganing satriya; 3 dalême para putraning nata (ing kraton).
kasdik: kn. ak sidik.
kasdu: êngg. ak 1 gêlêm; 2 arêp; kc. kêsdu.
--- 191 ---
kasehatan ~ kata.
kasehatan: kw kuwarasan; kc. sehat.
kasèk: êngg nganti, kongsi.
kasèkèngan: kn. ak kamlaratan, ringkih; kc. sèkèng.
kasèmbukan: kn. ak ar. têtuwuhan rambat; kc. sèmbukan.
kasèp: kn lungse, kari saka wêktune kang mêsthi; [x]-an: dhuwit pituwas marang wong kasewa sawahe marga tandurane (têbu) kasèp ênggone ngrêmbang (luwih saka satahun).
kasèr: êngg. kn kasèp.
kasèrnê: (W) êngg. pc bètèng, tangsi.
kasêbut: kn disêbutake ing; kc. sêbut.
kasêdya: kn disêdya, dijarag; kc. sêdaya.
kasêja: êngg. kn kasedya.
kasêkêlan: kn nandhang susah; kc. sêkêl.
kasêksèn: kn disêksèni; kc. sêksi.
kasêktèn: kn kuwasa ut. kaluwihan kang ngungkuli kodrat; kc. sêkti.
kasêmbadan: kn 1 kêlakon kang diarêp-arêp; 2 sarwa kêcukupan; kc. sêmbada.
kasêmêkan: ki kêmbên.
kasênêngan: kn apa-apa kang njalari sênêng.
kasêntanan: kn. ak klêbu golonganing sêntananing ratu.
kasêntikan: kw kc. kasantikan.
kasêntosan: kn kc. kasantosan.
kasêngkalan: kn dicirèni ing angkaning taun; kc. sangkala.
kasêngkêlan: kw kc. kasêkêlan.
kasêpisan: kn. ak kang kaping sapisan.
kasêpuhan: kn 1 golonganing wong-wong tuwa; 2 kang klêbu golonganing panjênênganing nata, kb. kanoman; kc. sêpuh.
kasi: pc nganti.
(kasih): kêkasih kn 1 (ut. [x]-an) kang disihi (ditrêsnani); 2 kw. jênêng; di-[x]-i: ditrêsnani bangêt, disihi; kc. asih, sih.
kasiyat: (A) kn dayaning barang (kang migunani ut. kang ngêtokake kaluwihan).
kasil: êngg. ak 1 pamêtu; 2 pamêtu mirunggan; 3 kêlakon ut. kasêmbadan (tmr. panjaluk lsp); kc. asil.
kasinungan: kw 1 diwènèhi; 2 kadunungan (ing wêwatakan, sipat lsp); kc. sinung.
kasingi: kn ar. têtuwuhan.
kasir: kn tukang wang (nyêkêl kas).
kasisahan: êngg. k kasusahan.
kasita: (S) kw. ak misuwur.
kasyasih: kw kawelas-asih, mêmêlas.
kaskaya: 1 kw. kuwat, rosa, kakuwatan; 2 kn. ak. pamêtu, kaya.
kaslamêtan: n. kawilujêngan k. kasugêngan ki: kaanan kang slamêt ora ana sakara-kara; kc. slamêt.
kasmala: (S) kw 1 rêrêgêd. camah; 2 piala, lêlara.
kasmaran: kw kedanan, kêsêngsêm; kc. asmara.
kasub: kw misuwur.
kasud: kn. ak pangajap (pamuji) ala, mèri.
kasudarman: kw 1 kautaman; 2 trêsna marang pêpadha; kc. dêrma.
kasudiran: kw kakêndêlan, kawanèn; kc. sudira.
kasujanan: kn. ak wêwatakan sujana; kc. sujana.
kasugihan: kn 1 kaanan kang ingaran sugih; 2 sakèhing bandha lan barang darbe; kc. sugih.
kasuh: êngg. kn ora tahan; kc. kêsuh.
kasukan: kn 1 br. sênêng-sênêng; 2 main kartu; 3 êngg. k. ronggèng; kc. suka.
kasulayah: kw ambruk, kalah.
kasultanan: kn kang kalêbu (kêbawah) Kangjêng Sultan (Ngayogya).
kasunanan: kn kang kalêbu (kêbawah) Kangjêng Sunan (Solo).
kasunyatan: kw 1 ak. kasuwungan; 2 prakara kang nyata lan luhur bangêt (tmr. ngèlmu kasampurnan).
kasur: kn lèmèk turu kang digawe kanthongan gêdhe isi kapuk; [x] sari br: paturon.
kasusahan: kn 1 nandhang susah; 2 prakara kang njalari susah.
kasusastran: kn kagunan adiluhung kang kalairake sarana basa awujud crita gancaran, têmbang lsp.
kasusilan: kn padatan (tingkah laku) kang bêcik; kc. susila.
kasusra: kw misuwur.
kasut: I êngg. kn bngs. sêlop, cripu tutupan; [x]-an êngg: blabag awangun jantungan digarani dianggo ngêlus tembok lsp. II di-[x] kn: diujêg lan ditata (tmr. kêrtu).
kasutapan: kw babagan ulah tapa.
kasucèn, kasucian: kn 1 suci ut. rêsiking wulu (ngarêpake sêmbahyang); 2 sucining ati (kêlakuan lsp); kc. suci.
kasok: kn 1 ak. diêsokake; 2 kêsêl bangêt; 3 kêbak ut. akèh bangêt (katrêsnan lsp); kc. sok.
kasol: kw rungkad (tmr. wit-witan); kc. sol.
kasongan: kw 1 kayoman, kauban; 2 kêpanasan ut. kêpadhangan ing (srêngenge).
kasor: (-an) kn kalah; kc. sor, asor.
kaspa, kaspe: kn kêtela pohung.
kaspundi: k kêpriye; kc. kadospundi.
kasrah: kn. ak dipasrahake; kc. kangsrah.
kasrakat: (-an) kn. ak kêcingkrangan, kêkurangan.
kasrêpên: k kadhêmên.
kasripahan: kn kêpatèn (anak, batih lsp); kc. sripah.
kastawa: kw pakurmatan, sêmbah, pangaji-aji.
kastela: êngg. kn kêtela.
kasturi: kn dhèdhès.
kastrol: êngg.pc katrol.
kastroli: kn (lênga [x]) bngs. lênga jarak dianggo urus-urus.
kascaryan: kw kagèt gumun, bungah.
kaswara: kw misuwur.
kaswargan: kn wêwêngkoning swarga.
kaswari: kn manuk suwari.
kaswasih: kw mêmêlas, mêlas-asih.
kat: [x] ngêndi êngg saka ngêndi; kc. kad.
kata: I (S) kw 1 têtêmbungan, ujar, gunêm; 2 crita. II dikatani êngg: dipênggak, dicêgah, diampêt.
--- 192 ---
katabêrèn ~ katog.
katabêrèn: kn kasrêgêpan; kc. tabêri.
katak: kn 1 woh gêmbili; 2 jenggot cèlèng.
katalika: kw 1 dumadakan; 2 ditêlik.
katam: kn wis tamat ut. tutug pamacane (Kur'an, kitab turutan lsp); di-[x]-ake: ditutugake nganti katam.
katamapi: (S) kw. ak sênadyan mêngkono.
katancit: (S) kw. ak dumadakan.
katang-katang, kêkatang: kn bngs. sukêt.
katar-katar: kw murub mubyar, ngalad-alad; kc. kantar.
katatalan: kn lêlakon kang dadi tuladha; kc. tatal.
katawurag: kw buyar sumêbar.
katbuta: kw nêpsu bangêt.
kate: I kn pitik (jago) cilik (kunthing). II êngg: arêp.
katèl: I kn bngs. kêmangga gêdhe manggon ing lêmah. II kn: 1 kuliting dlamakan cakar pitik sing kandêl; 2 sikil jaran saburining tracak; 3 oyod kang mbêndhol ing poking wingwit. gêmbili, uwi lsp; ngatèl, [x]-ên êngg. pc: ora gêlêm lunga-lunga marga krasan, sênêng lsp.III êngg. pc: bngs. teko nganggo gantilan.
katela: kn. ak kc. kêtela.
katèmpêr: kn. ak 1 klêngêr; 2 kêsêsêr pêrange.
katèn: (-an) kn 1 panimbange nganggo kati; 2 pc. traju; kc. kati.
katèngong, katèngsun, katèngwang: kw aku, -ku.
katepang: kn ar. têtuwuhan rambat bngs. krokot; [x] ngrangsang gunung pr: kêgêdhèn pangarah.
katès: êngg. kn tela gantung.
katêbihan: k kadohan.
katêbihên: k kadohên.
katêdha: 1 dipangan; 2 êngg. nuwun!
katêgis, katêkis: êngg. kn guru agama (Kristên).
katêkan: n. kadu(mu)gèn k. ak kasêmbadan kang disêdya; kc. têka.
katêkêm: kn. ak 1 ditêkêm; 2 dikuwasani; kc. têkêm.
katêksasi: kn. pc wulangan agama (Kristên).
katêkwulan: êngg. k katêksasi.
katêlah: kn suwe-suwe banjur aran (-manuh).
katêlu: ak kang kaping 3; kc. katiga.
katêmênan: kn ak. ditêmêni; 2 wêwatakan têmên; kc. têmên.
katêmtuan: kn kang wis ditêmtokake; kc. têmtu.
katên: êngg. k mêngkene, mêngkono.
katêndhagan: kn. ak kêkurangan marga kasèp; kc. têndhag.
katênta: kn isih nindakake (nggagas) apa-apa marga wis manuh.
katêngên: kn. ak disênêngi, dipêrlokake; kc. têngên.
katênggêl: kn. ak ditênggêl; kc. tênggêl.
katêrak: kn. ak kêtrajang, ditêrak; kc. têrak.
katga: kw kêris.
katgada: kw trêngginas, rêrikatan.
kati: kn. (katos k) ukuran bobot (1/100 dhacin = 0,617 kg): di-[x] pc: ditimbang; kc. katèn, kinati-kati.
katib: kn. ak kêtib.
katiba: kn ar. wit.
katiban: n. ak ditibani; kc. tiba.
katibin: (A) kn ar. malaekat kang nyathêti kalakuaning manungsa.
katiga: kn 1 ak. kang kaping 3; 2 ar. mangsa kang kaping 3 (25 Agustus - 24 Sèptèmbêr); 3 (katigên êngg. k) mangsa ora ana udan.
katigubug: kn. ak woh uwi sing ana ing dhuwur.
katiyon: êngg. kn nyata kêlakon, katuhon.
katilayu: êngg. kn wit klayu.
katilampa: kn ar. têtuwuhan.
katimaha: kn kayu timaha.
katimbang: kn 1. br. ditimbang; 2 yèn ditandhing karo; 3 pc. aluwung, angur; kc. timbang.
katimbêl: kn ar. wit.
katimumul: kn 1 bngs. ampal cilik rupane ijo; 2 ar. lêlara kulit ing kuku.
katimun: kn. ak timun.
katir: I êngg. ak ora timbang, ora tandhing (gêdhene, lsp); di-[x] êngg. ak: dianggo (ditrapake) kalawan ora timbang (tmr. rakitan, sapi momotan lsp). II kn: pring sundukan ditrap ing kiwa têngêning prau supaya ora ngglewang. III kn: 1 godhong kang dumunung ing gantilaning woh; 2 laron disunduki ditancêbake ing lèng laron dianggo jontrot; 3 gantilaning tala tawon. IV ut. [x]-an êngg. kn: kalènan kang anjog ut. kang saka ing sawah.
katirah: kn ar. wit mrambat godhonge abang; ngatirah br: abang kaya godhong katirah (tmr. mata, pasêmoning wong nêpsu).
katis: (-an), katisên, kadhêm katis êngg. kn: kadhêmên.
katitih: kw kêlindhih, kalah.
katu: kn ar. têtuwuhan.
katub: I kw 1 katiyup ing angin, katut ing angin. II kn. ak: akèh bangêt (tmr. wowohan).
katuju: kn 1 br. dituju; 2 (ut. katujon atine) ndadèkake sênênging atine; 3 ak. kapinujon, kabênêr; katujune ak: bêgja (kêbênêran) dene; kc. tuju.
katuhon: kn. ak nyata kêlakon têmênan; [x] (katuwon) têmên, dene ak: bêgja têmên, dene ...; kc. tuhu.
Katulik: kn ar. agama Kristên kang sanyatu.sanyata.
katur: kn. konjuk ki 1 diaturake (dikandhakake, diwènèhake) marang; 2 marang (tmr. ing layang); kc. atur.
katuran panakrama: kw dibagèkake (diwènèhi pakurmatan).
katuranggan: kn kawruh bab titikan wêwatakaning jaran lsp.
katut: kn 1 kèlu marang, kêglandhang; 2 ora kêjarag digawa lsp; kc. tut.
katog: kn 1 ditindakake nganti têkan kang
--- 193 ---
pungkasan dhewe; 2 têkan ing pungkasan, nganti êntèk; 3 pc. wis tita; kc. tog.
katok ~ kathok.
katok: pc katon.
katon: n. katingal k kêna didêlêng; ngaton: mêtu lsp. nganti kêna didêlêng; di-[x]-i: diwêruhi wêwujudan (roh, lêlêmbut lsp); dikatokake, di-[x]-ake ak: diwêruhake marang, dituduhake marang; kc. ton.
katong: kw ratu.
katoran: ngêlak-[x] kn. ak ngêlak bangêt.
katos: k kati.
katrah: (A) kn. ak jaman nalikane ora ana nabi (saantarane Kangjêng Nabi Ngisa karo Kangjêng Nabi Mukamad).
katrak, katrêk: êngg. kn nganti suwe ora mulih-mulih (mêntas lara bangêt lsp).
katrangan: kn srana (bukti lsp) kang dianggo nêrangake; kc. têrang.
katrap: I [x] paukuman kn. ak ditrapi paukuman, diukum; kc. trap. II ki: pathèk; [x]-ên ki: pathèkên.
katrêm: pc krasan bangêt.
katrêsan atine: br sêdhih bangêt atine; kc. têrês.
katrêsnan: kn rasa trêsna, asih; kc. trêsna.
katri: kw katêlu.
katriwandhan: kw nêmahi kacilakan.
katrol: (W) kn kerekan.
kaca: kn 1 gêdhah; 2 ([x] pangilon) ak. pangilon; 3 ([x] suryakantha ak) gêdhah bundêr piranti dianggo ndêlêng barang kang lêmbut-lêmbut; 4 ([x] praksana) ak. kèkêr, mikroskup; 5 ([x]-mata n. [x] tingal k) pc. têsmak; 6 raèning layang; [x] brênggala: 1 pangilon gêdhe; 2 ent. tuladha; kêkaca ak: ngilo; [x]-[x] (-matane): kêbak luh arêp nangis.
kacakan: kn kambah, kêsrambah; kc. acak.
kacang: kn ar. têtuwuhan sarta wohe (jinise warna-warna); [x] sisil êngg: kêdhêle; [x] mangsa (ora) tinggal lanjaran pr: wêwatakane anak lumrahe ngèmpêri wong tuwane; di-[x] pc: ditanduri kacang; [x]-an: 1 ak. adu landhêping gêgaman dianggo nyoba ampuhe; 2 iwak kang kaprênah ing dhuwur gulu (tmr. sapi, kêbo lsp); 3 ar. wêdhus ing gulu ana prênthile.
kacap: (-an) êngg. kn kêna (kambah) ing banyu.
kacapa: (S) kw. ak bulus.
kacapi: êngg. kn bngs. crêmpung.
kacapuri: kw pagêr bata.
kacaryan: kw kc. kascaryan.
kacèk: n. kaot k beda, ora padha; di-[x]-i(-ake): dibeda karo kang lumrah, diwènèhi kacèke.
kacelung: kn. ak 1 kêmbang dhadhap; 2 êngg. gêndhon pring.
kacêb, kacêp: kn tumancêb ora kêna didudut.
kacêl: êngg. pc 1 ora bisa mêmpur (tmr. tela digodhog lsp(; 2 cupêt, kathêl; 3 jêlèh, bosên; 4 mangkêl, anyêl.
kacêne: kw disrêngêni.
kacênêng: kn. ak krasa kêncêng (tmr. otot).
kacêr: kn ar. manuk.
kaci: I êngg. kn 1 kacèk; 2 luwih dhisik. II kn: bngs. mori tipis.
kacilakan: kn kang nganakake cilaka.
kacip: kn saèm. gunting dianggo nyigari gambir lsp.
kacipuhan: kn. ak rada pakewuh (kangelan).
kacir-kacir: êngg. ak katon nglèmbrèh dawa sarta lancip; kc. kocar-kacir, ngacir, nglacir.
kacirèn: kn. ak: dicirèni; kc. ciri.
kaclêp, kaclup, kaclop: kn kambah (klêbu) ing banyu.
kacu: kn 1 (sa-) sapêsagèn saka ambane katangkêbake (tmr. ukuran sêmbagi lsp); 2 sêmbagi (cita) awangun pêsagi (dianggo sap-tangan, buntêl lsp); dikaconi: diukur sarana kacu.
kacubung: kn ar. wit sarta wohe.
kacuk, kacung: êngg. pc thole.
kacung: êngg. pc 1 thole; 2 jongos (bocah cilik).
kacung-kacung: pc congat-congat; kc. acung.
kacur: êngg. kn bêstru.
kacurnan: kw nandhang cilaka.
kacus-kacus: pc mlaku ganyuk-ganyuk.
kacoban: kn. ak kêcampuran; kc. trocob.
kacokan: pc kêcampuran, rada ...
kacombèran, kacèmbèran: êngg. kn kalenan, got.
kacor: êngg sambuk, pêcut; di-[x]-i êngg: disambuki.
kathah: k akèh.
kathak: kn yiyid ing têlak iwak; [x]-ên êngg: rêgêd bangêt; kc. kêthak.
kathèk: kn 1 (bung [x]) thikilan kang dumunung ing wit (tmr. têbu, pring); 2 êngg pang thikilan (tmr. jagung lsp); kathik.
kathêl: (-kathêl) pc sêmu cupêt, ora kêpenak anggone; kc. kathathêl.
kathêr-kathêr: pc gumantung (nglawèr) lêmês.
kathik: I (kathèk êngg) kn 1 nganggo, karo; 2 pc. dene ndadak nganggo ... II ngathik kn. ak: 1 nganggêp mitra; 2 ngopèni jaran; kc. kinathik, pakathik. III kn: manuk joan (bngs. dêruk ijo).
kathil: kn. ak 1 ambèn, paturon; 2 êngg. bandhosa; kc. kanthil.
kathing-kathing: pc nggêgawa apa-apa sêmu diathungake.
kathir-kathir: êngg saèm. kathêr-kathêr.
kathuka: (S) kw pêdhês.
kathungka: (S) kw. ak nistha, wong ala.
kathung: I kn 1 kw. cupêt, kurang; 2 kurang pangêrtine, bodho; [x]-[x] kn. ak: ora olèh-olèhan (tanpa nggêgawa apa-apa). II [x]-[x] kn: diathung-athungake tangane; kc. athung.
kathok: kn 1 ak. blebekan êmas (slaka lsp) dianggo tutup pawadonan; 2 (lancingan ki) panganggo minangka tutuping awak kang ngisor lan sikil; [x] kalèt: kathok cêndhak singsêt; ngathok: mung
--- 194 ---
nganggo kathok thok; di-[x]-i: diênggoni kathok; [x]-an: nganggo kathok.
kawadawa ~ kawit.
kawadaka: kw konangan wadine lsp.
kawagang: kn. ak kuwat (bisa); kc. kuwagang.
kawah: I kn. ak jêmbar sarta amba; di-[x](-i): diambani ênggone ndhudhuk. II 1 dalaning gêni (wlahar lsp) ing gunung; 2 kw. papan paukuman ing nraka (srana gêni, digodhog); 3 ak. bngs. jêdhing (kuwali) gêdhe. III. kn: banyu kang mêtu ngarêpake lairing jabang bayi.
kawahya: kw kêlair, kawêtu.
kawak: ([x] awu, [x] uwi) pc tuwa bangêt, lawas bangêt.
kawakan: kw kêpêksa nandangi dhewe; kc. awak.
kawaktan: kw kacrita; kc. waktan.
kawal: I kn. ak pananggulang, ndaga; di-[x]-i ak: ditanggulang, didaga, dipadoni. II kn: lèmèk kasur lsp; di-[x]-i ak: diombèni.
kawalahan: kn. ak kc. kuwalahên.
kawalat: kn. ak kc. kuwalat.
kawalên: kn. ak awal bangêt.
kawalian, kawalean: kn. ak jaman ut. turuning para wali.
kawan: k pat-, patang.
kawanaring: êngg. k patangaring.
kawanda: kw gêmbung, awak.
kawanên: n. kêsiyangên k kasèp nganti awan; kc. awan.
kawangwang: kw katon; kc. wangwang.
kawarna: kw kacrita, kocap; kawarnaha kw: kocapa.
kawasa: kn. ak kuwasa.
kawasita: kw dicritakake, dikandhakake; kc. wasita.
kawastara: kw kêtara, kacêtha.
kawat: kn tali kang digawe wêsi, kuningan lsp.
kawatgata: kw kapêsan, kacilakan; kc. watgata.
kawaca: I (S) kw klambi kêre. II n. kawaos k. br: diwaca.
kawawa: kw 1 digawa; 2 kêconggah, bisa; kc. wawa.
kawèh: êngg. ak anèh, arang anane.
kawèr-kawèr: êngg. kn katon nglawèr; kc. kawir, klawèr.
kawès: kn ar. iwak loh.
kawêdaka: kw konangan; kc. kawadaka.
kawêdanan: kn omah, kantor ut. bawahing wadana.
(kawêdèn): di-[x]-i n. dipunkawêdosi êngg. k. dipunkajrihi k. ak: diwêdèni; kc. wêdi.
kawêdhêngan: kw judhêg, kodhêng.
kawêkas: I kn. ak kang pungkasan (wêkasan); [x]-an ak: pungkasan, wêkasan. II br: diwêling.
kawêkèn: kw kewuhan atine, judhêg.
kawêl: êngg. ak cèlèng.
kawêlasan: kn 1 br. diwêlasi; 2 sih wêlas marang pêpadha lsp; kc. wêlas.
kawêlas-asih: (-ayun, -arsa kw) kn mêmêlas, mêsakake.
kawênangan: kw konangan, kawruhan; kc. wênang.
kawêng: êngg. ak kacu, tali lsp. kang dikalungake ing gulu têkan ing dhadha; ngawêngi ent.: ngupêngi, nglimputi; di-[x]-ake: dikalungake.
kawêngan: kn. ak diwêngani.
kawêrga: kn. ak dianggêp sanak; kc. warga.
kawêruhan: n. kasumêrêpan k 1 diwêruhi; 2 konangan.
kawês: êngg. ak kapok; kc. kawus.
kawêstara: kw kêtara, kacêtha.
kawêt: kn 1 ak. kawat lsp. kang dianggo nalèni teko lsp. kang bênthèt; 2 urat saka planangan mênyang jubur; ngawêt: 1 nggêgêt lambe ngisor; 2 buntute dilêbokake ing antaraning sikil (tmr. asu lsp).
kawêtu: n. kawêdal k kêlair; kc. wêtu.
kawi: (S) 1 kw. pangarang, pujangga; 2 (ut. kakawin) kw. karangan, têmbang; 3 kn. têmbung-têmbung kang kanggo ana ing kapujanggan (layang-layang têmbang lsp) ora kaprah dianggo padinan; 4 kn. têmbung Jawa-kuna; di-[x] kw: dikarang, dirumpaka.
kawibawan: kw kaluhuran lan kamuktèn; kc. wibawa.
kawijil: kw kawêtu.
kawijilan: kw kêlairan, asal, pinangka.
kawignyan: kw kawasisan, kapintêran; kc. wignya.
kawiyogan: kw kasusahan (rasa kangên, kêsêngsêm); kc. wiyoga.
kawiyos: kw kawêtu; kc. wiyos.
(kawil): di-[x] kn. ak dijawil.
kawilasan: kw kawêlasan; kc. wilasa.
kawilêt: kw katut, kapencut dening têmbung manis lsp; kc. wilêt.
kawilujêngan: k kaslamêtan.
kawin: I di-[x] kn dicêkêli sikile lan suwiwine (tmr. pitik lsp. kang arêp dibêlèh); kc. ngawin, pangawin. II kakawin kw: karangan (têmbang nganggo basa Jawa-kuna). III (A) êngg. ak: ningkah, ijab; di-[x](-ake) ak: diningkah(ake).
kawindra: (S) kw (ratuning pujangga) pujangga pinunjul.
(kawir): [x]-[x] êngg. pc suwir arêp pêdhot.
kawiraja: kw pujangga linuwih.
kawirangan: kn 1 kisinan, nandhang wirang; 2 ak. wêwadi (palanangan, pawadonan); 3 kaanan wirang (isin); kc. wirang.
kawirasa: kw. ak kêkidunganing pujangga.
kawiryan: kw 1 kakêndêlan; 2 kaluhuran; kc. wirya.
kawiryawan: kw kc. kawiryan.
kawis: I êngg. k karang. II [x]-[x] êngg: kara-kara; [x]-an êngg. k: prakaran.
kawismaya: (n) kw gumun bangêt, njêngêr.
kawistara: kw kêtara, katon cêtha.
kawiswara: kw pujangga pinunjul; kc. kawindra.
kawit: êngg. pc wiwit, awit; [x]-an: 1 êngg. pc. wiwitan; 2 kang dhisik (tmr. bojo); 3 asal, mula buka; 4 br. wong tuwa (bapa biyung); kc. sakawit.
--- 195 ---
kawitana ~ kèksi.
kawitana, kawiwara: kw pujangga pinunjul.
kawya: (S) kw. ak kidung, têmbang, karangan.
kawud: kw pating bêsasik; kc. awud.
kawudan: kn. ak diwudani, wuda.
kawujudan: kn 1 br. diwujudi; 2 wêwujudan; kc. wujud.
kawuk: kn. ak slira sing wis tuwa; [x] ora wêruh slirane pc: nacad (maoni lsp) marang liyan ora ngrumangsani yèn awake dhewe luwih ala tinimbang kang diwaoni.
kawul: kn kêsrikan sêrat wit arèn lsp. dianggo êmpan-êmpan dadèn gêni lsp.
kawula: kn 1 br. batur, abdi; 2 êngg. k. aku, -u; 3 karèrèhan, rakyat; ngawula: ngabdi, ngèngèr; dikawulani ak: dingèngèri.
kawula-warga: kn. ak kula-warga (brayat).
(kawula-wisudha): di-[x] kw dijunjung pangkate (kalungguhane).
kawuntat: kw kapungkur.
kawung: kn 1 êngg. godhong arèn digaringake (dianggo nglinting rokok); 2 ar. bathikan.
kawur: I êngg. ak kapur, gamping. II kw: buyar bubar; kc. mawur, wur.
kawuri: kw kêpungkur; kc. wuri.
kawuryan: kw 1 ak. kèri; 2 katon.
kawursita: kw kocap, kacrita.
kawus: êngg. pc kapok.
kawusanan: kn. ak pungkasan, têmahan.
kawut-awut: br diawut-awut.
kawo: êngg. ak kopi.
kawogan: kn. ak kêpopoh, kawajiban, kêjibah.
kawolu: kn 1 ak. kang kaping wolu; 2 ar. mangsa kang kaping 8 (4 Pèbruari - 1 Marêt).
kawon: k kalah.
kawonên: k kalanên (kêluwih alane).
kawontênan: k kaanan, kahanan.
kawong: kn. ak 1 krasan; 2 wanuh, njilma; [x]-an ak: 1 kêdunungan (wêwatakan lsp); 2 supêkêt bangêt.
kaworan: kn kacampuran; kc. wor.
kawrat: k kamot; [x]-an k: kabotan.
kawruh: kn sêsurupan (olèh-olèhaning pangudi), ngèlmu; kc. wêruh.
kawruhan: n. kasumêrêkan k wis disumurupi; kc. wêruh, karuwan.
ke: êngg. pc kowe.
kebar: êngg. kn mitongtonake kapintêrane lsp. minangka conto; di-[x] êngg: dilimbang-limbang (digagas) têmênan; di-[x]-ake êngg. ak: 1 dipitongtonake (tmr. kapintêran lsp); 2 disêmantakake.
kèbêkan: kw kêbak bangêt.
keblat: (A) kn 1 ênêr marang Mêkkah (tmr. sêmbahyang Islam); 2 pc. pangimanan ing mêsjid; 3 pancêring ênêr (lor, kulon, kidul, wetan lsp); di-[x] ak: diênêrake marang, ent. dièsthi, diturut.
keblong: êngg. pc kalah.
kebur: pc kabur.
kèbos: êngg kalah (main).
kedah: kn. ak sêdya (panjangka); kc. sakedah.
(kedan): di-[x]-i kn disêngsêmi (disênêngi); [x]-an: kêsêngsêm (sênêng bangêt) marang; kc. edan.
kèdêk: kw kidak, kêpidak; kc. idak.
kèdêr: kn ([x] matane) rada kera; 2 êngg. bingung, kisruh.
kèdêran: kn. ak diubêngi; kc. idêr.
kedul: êngg kidul.
(kèjèk): kêkèjèk kn gronjalan (nangis, tmr. bocah cilik).
kèju: kn bngs. mêrtega.
kedhe: kn tangane kiwa luwih prigêl (kuwat) tinimbang kang têngên; di-[x] ak: ditindakake (dicêkêl lsp) nganggo tangan kiwa.
(kèdhèr): kêkèdhèr kn. ak mlaku-mlaku (mêtu) nglèncèr ut. dolan-dolan; di-[x]-i ak: dilèncèri.
kèdhêng: êngg. kn rada kera.
kèdhêp: kw 1 (ut. [x]-an) disungkêmi, diurmati; 2 têluk, nungkul; kc. idhêp.
kedhol, kedhot: êngg. pc kalah.
kègès: êngg. kn kiris, kêpègès.
kègi: êngg. pc ewa bangêt.
keguh: ora [x] kw têtêp (atine), ora kêgiwang.
kegut: kw kc. keguh.
kegok: pc kagok.
kèh: n. kathah 1 br. akèh; 2 ak. cacah (wilangane); [x]-[x]-e: kang akèh dhewe; kc. akèh.
keyang: êngg. kn ar. kêrtu cilik.
keyok: kn 1 pêpindhan swaraning pitik lsp. kang wêdi, kalah lsp; 2 pc. kalah, kasoran.
keyong: kn ar. kewan mawa cangkok bngs. kijing, kêrang lsp.
keyongên: êngg. kn lêlaraning kulit saèm. uci-uci (tmr. kêbo, jaran lsp).
kèk: I êngg 1 êmbah lanang; 2 wong tuwa bangêt; kc. kaki. II êngg: darbèk, duwèk. III di-[x]-i êngg: 1 diwènèhi; 2 didokoki.
kekah: kn slamêtan (sêdhêkah) nganggo wêdhus ut. dara (mbênêri sèwu dinane wong mati lsp); di-[x]-i: dislamêti nganggo sêsaji wêdhus lsp.
kekeyan: êngg. kn gangsingan.
kèkèl: I kn ar. iwak loh. II [x]-[x]-an êngg. pc: rêbut mênang, (êmoh ngalah ênggone pêpadon).
kèkèt: kn. ak rukêt (rakêt) bangêt; kc. gègèt.
kèkêr: (W) kn 1 piranti dianggo ndêdêlêng barang kang adoh-adoh; 2 mikroskup; di-[x]: didêlêng nganggo kèkêr.
keklak: kn. ak thèthèl ut. dhidhal tmr. kulit.
kèklèk: pc lèdhès ut. rèmbès (matane, marga kakehan mêlèk).
kekuk: pc kidhung, kewuhan panindake.
kekot-kekot: pc alot wulêd (tmr. iwak daging lsp).
(kèkrèk): di-[x] kn disêmbrèt (disuwèk lsp) nganggo lading (tmr. godhong lsp).
kèkrèk arèn: pr kanthi rêkasa ut. sumêlang ênggone nindakake.
kèksi: kw katon, didêlêng.
--- 196 ---
kèl ~ kèngsrèh.
kèl: (A) kn. tarab ki nggarap-banyu (kang kawitan).
kelangan: n. kecalan k nandhang kapitunan lsp. marga ilang; kc. ilang.
kele: I êngg. kn bumbung pring cilik (dianggo wêwadhah). II êngg: kalah.
kèlèh: êngg kalah.
kèlèk: I kn lêkokaning cangklakan. II di-[x]-ake kn: dikatutake ilining banyu; kc. kèli. III [x]-an pc: kalanên; kc. èlèk, ala.
kèlèr: kn kothak wadhah gêndul jênèwêr lsp.
kèlèt: ora [x] êngg. ks 1 ora bisa; 2 ora duwe.
kèlêb: kn 1 kêlêban ing banyu; 2 pc. amblês ora ngaton-ngaton, dislingkuhake; kc. ilêb, lêb.
kèlêm: kn. ak kêlêm.
kèlês: kn. ak 1 kêgilês, kêpidak; 2 kalah; kc. ilês.
kèli: kn katut ilining banyu; dikèlèkake: dikatutake ing ilining banyu.
keling: êngg. kn bngs. gilingan cilik; kc. kiling.
kèlingan: n. kèngêtan k (sanalika) eling marang apa-apa kang maune wis lali; kc. eling.
kèlu: kn katut mèlu marang; kc. ilu, mèlu.
keloh-keloh: êngg. kn peloh-peloh.
kelong: pc kalong (suda)
kelor: kn ar. wit godhonge kêna dianggo têtamba.
kelorên: kn. ak ndhrêdhêg, buyutên; kc. kalorên.
kelot-kelot: pc alot, wulêd.
kemah: (A) êngg. pc omah-omahan motha.
kemar: (A) kn. ak kuldi.
kemawon: k bae.
kèmbèt: kn katut kêna ing dakwa lsp; kc. èmbèt.
kèmêng: (-an) 1 kw. judhêg, susah bangêt; 2 êngg. lali.
kèmutan: kn. ak. (êngg. k) kèlingan; kc. emut.
kèmpêr kw katut, kanginan.
kèmpi: kn katon ing sajroning pangimpèn; kc. impi.
kempol: kn daging saburining balung garês.
kèn: I dipun [x] k dikon. II kw: 1 tapih, jarit; 2 ar. sêsêbutan.
kenakên: n. kecanên k. pc kêladuk enake; kc. enak.
kenangan: êngg. k konangan.
kenas: kw lunga, oncat.
kèndêl: k 1 lèrèn; 2 mandhêg; 3 mênêng; dipun-[x]-i k: dilèrèni; dipun-[x]-akên k: 1 diêndhêgake; 2 diênêngake.
kendran: kw kelangan, kêtilapan, ilang.
(kènjèr): kêkènjèr kn 1 ak. mlaku-mlaku mlancong; 2 njogèd mubêng; kc. kanjar, mêkanjar.
kènjêk: kw kêpidak, kidak; kc. injêk.
(kènji): di-[x] kn. ak disêkuli, dikanji; kc. kanji.
(kenjik): ora [x]-[x] êngg ora katon-katon têka.
kenjing: sa-[x] k sakesuk; [x]-ên k: kèsukên.
kendhang: 1 êngg. kèli, kentir; 2 (ut. di-[x]-ake) ki. dibuwang (minangka umukan); kc. endhang.
kèndhèkên: n. kandhapên k èndhèk bangêt; kc. injit.
kèndhit: kw katut digawa (dijupuk); kc. indhit.
(kêndhut): di-[x] êngg. pc dikandhut; kc. kandhut.
kendho: I ([x] urang) kn ar. lêlawuhan kang digawe urang dicampur parudan krambil. II kn: ar. kewan bngs. kalong.
kene: n. (ng)riki k panuduh mratelakake panggonan kang cêdhak; dikènèkake n. dipun-katênakên, (dipun-ngatênakên) k. pc: dimêngkènèkake.
kènèn: kaya [x] êngg. n kaya mêngkene.
kènêl-kènêl: pc êmpuk cènêl-cènêl.
kènêp: kn. ak lunga ora mulih (nginêp ing panggonan liya); kc. inêp.
kèni-kèni: êngg. ak pèni-pèni.
kènol-kènol: pc êmpuk kènêl-kènêl.
kèntar: kw kèli, kentir.
kèntas: kn 1 ak. têkan ing pêntasan (tmr. prau kabuncang ombak); 2 mlêsat bablas, dilungakake (dibuwang) adoh.
kèntasa, kèntarsa: êngg. k bae.
kèntên: êngg. k kèri.
kentir: êngg. kn kèli.
kèntun: êngg. k kèri, kari; kc. kantun.
kento: êngg. kn kluwak ênom.
kèntol: êngg. kn kempol.
kenca: êngg. kn juruh.
kèncèng: kn 1 bngs. kwali têmbaga gêdhe; 2 êngg. wajan gêdhe.
kencokan: kn diencoki ing; kc. encok, pencok.
(kèncong): di-[x], [x]-an kn bêbêdan pucuking wiron dislêmpitake ing sabuk; garis [x]-an: garis saka ing pojok mênyang ing pojok (tmr. pêsagèn).
kènthèngên: kn kêladuk ènthènge; kc. ènthèng.
kènthol: êngg. kn sêsêbutan marang anak putuning lurah desa.
kènyèh-kènyèh, kènyès-kènyès: êngg. pc isih anyar bangêt.
kènut: kn 1 êngg. kèli; 2 kêsêngsêm, kedanan; kc. kanyut.
kenyok: êngg kalah.
kengang: êngg. kn 1 ak. kêna, bisa; 2 lumayan, sêdhêngan; kc. kongang.
kèngès: kn. ak kiris, kêpèngès.
kèngêl: kn. ak kêtêkuk cêngêle; kc. ingêl.
kèngêr: kn kêpuntir (kêtêkuk) mingêr; kc. ingêr.
kèngês: êngg. kn nglêsês.
kèngêtan: k kèlingan.
kèngguh: kw keguh.
kenging: k kêna.
kengis: kw rada katon sathithik (marga dibiyak lsp); kc. ingis.
(kèngkèn): dipun-[x] k dikongkon.
kèngsêr: kn 1 owah mingsêr; 2 kêsliyo; kêcêthit; 3 ki. kêplayu.
kèngsi: kn ar. mainan.
kèngsrèh: kn. ak kangsrah; kc. klèngsrèh.
--- 197 ---
kepang ~ kesod.
kepang: kn 1 nam-naman irat-iratan pring tipis panganame mayat (sok dianggo rangkêpan gêdhèg lsp); 2 êngg. widhig, blêkêtepe; 3 êngg. klabangan rambut.
kèpèh-kèpèh: pc têlês.
kèpèk: kn 1 kèplèh, durung ana isine (tmr. kara, kêmlandhingan lsp); 2 kêmlandhingan ênom.
kèpèl: I ([x]-an) êngg. kn 1 liranganing wiji kang bakal dadi godhong (tandhon panganing wiji); 2 godhong têmbako kang ngisor; kc. kapal. II êngg. k: jaran, bêlo.
kèpèng: kn 1 ak. saigar (½ dhuwit); 2 êngg. bribil (½ sèn).
kèpèt: I kn anggotaning iwak kang dianggo nglangi; [x]-[x]: 1 ak. gobag-gabig (êndhase); 2 ([x] buntute) pc. kipit-kipit (obah-obah buntute); di-[x] ak: ditampêk (ditamplèk lsp) sing ditamakake gêgêring èpèk-èpèk, nêndhang nganggo gêgêring dlamakan. II êngg. ks: kopèt.
kèpêr: I êngg. pc ar. sêmbagi kasar. II di-[x] êngg. kn: dikèpèt. III kn: ar. iwak loh.
kèpi: kn kèmpi.
kepyan: kw judhêg, bingung atine; kc. kepon, kepwan.
keple: êngg. kn pêpês sèngklèh.
kèplèh: kn ora njêgrag (tmr. kuping asu, sinthingan lsp).
kèplèk: ks tuwa bangêt.
kepon: kw susah (bingung, kewuhan) atine.
kèprèh, kêprèh: êngg. pc têlês kêbês.
kèprès: pc kaprès, gabrès.
kèprèt: I êngg. kn 1 rêgêd dening kêcipratan banyu lsp; 2 gabrès, kaprès; di-[x](-i) êngg: diciprati, dipyuri. II êngg. pc: kompèrên, ora deduwèn, ora bisa apa-apa.
kepwan: kw susah (judhêg, bingung, kewuhan) atine.
kera: kn maniking mata nisih (ora ana ing têngah bênêr).
kerah: I êngg. kn kera. II êngg. kn. ak: patrap, tindak-tanduk kang linakonan; sa-[x]-[x] êngg: sakarêp-karêp, sagêlêm-gêlêm (ora pilih-pilih); kc. sakedah.
keraman: kn. ak gumun bangêt; kc. eram.
keran: êngg. kn gumun.
keras: I êngg. kn bngs. tenggok wadhah uyah. II ([x]-an) kn: 1 têtêmbungan pêpindhan; 2 bngs. pasêmon ut. wangsalan; 3 têtêmbungan kang dicêkak (diwancah) ut. sing nduwèni surasa loro; di-[x]: 1 diucapake sarana têmbung kerasan; 2 disurasa têgêse entar, digawe entar.
kerat: pc akerat.
kerata: I kw grêma, pamburu. II kw: asal-asaling têgêsing têmbung; di-[x] kw: ditêgêsi miturut asal-asaling têmbung.
keratabasa: kw bab nêgêsi surasaning têmbung awêwaton asal mula bukane (lumrahe kapirid saka wêwancahane, dijupuk sunduk prayogane, kayata tuwa kapirid saka untune wis rowa).
keratan: kw têgês kang miturut keratabasa.
kere: kn wong mlarat kang ngêmis.
kèrèg: kn carang (wilah) pucuke didokoki cawangan dianggo ngrêsiki kapuk supaya ilang klênthênge.
kèrèk: I êngg. pc kari. II ([x]-an) êngg. kn: 1 bumbungan gula Jawa; 2 buntêlan awangun bumbungan (tmr. gula Jawa, gambir lsp, an 12 lirang). III ([x]-an) kn: 1 rodha (glindhingan) piranti dianggo ngubêngake tali (tampar, rante) kang dianggo ngunggahake lsp. barang-barang; 2 gantangan manuk pêrkutut; di-[x]: diunggahake lsp. nganggo kerekan.
kèrèn: n. kantunan k. pc turahan; kc. karèn, kari.
kèrêm: kn 1 kêsilêp (amblês) ing banyu tmr. prau lsp; 2 ak. karêm bangêt.
Kèrêsmis: (W) kn riaya wiyosane K. N. Ngisa (25 Desèmbêr).
kèri: I n. kantun k. pc kari. II êngg. kn: kiwa, kedhe.
kerid: kw mèlu mlêbu, diirid; kc. irid.
kering: I kw kiwa; di-[x]-ake ak: disisihake, disingkirake. II ora [x] êngg: ora gêlêm (manut lsp); tanpa [x] br: ora ana sing diwêdèni; di-[x]-i, [x]-an ak: diwedèni lan diajèni; kc. ering, pakering. III êngg. kn: bngs. kranjang. IV kw: dibarêngi ing, diiring; kc. iring.
keris: kn 1 ak. kiris, kêpèngès; 2 kalong sathithik dening kêtrajang ing dalan lsp. (tmr. pakarangan, palêmahan); kc. iris.
kèrkop, kêrkop: (W) kn kuburan Wlanda.
kerud: kn kèli, katut kèli.
kerup: kn. ak mèlu katut; kc. irup.
(kerod): di-[x] êngg. pc dirêsiki (diulapi) sarana dikêsud.
(kerog): [x]-[x], [x]-an kn nêbak-nêbakake têngantangan. (sikil).
keron: kw kewuhan pamilihe, gojag-gajêg.
kesa: (S) kw rambut.
kesah: k lunga.
kèsèd: kn 1 piranti dianggo ngrêsiki sikil kang digawe duk, sêpêt lsp; 2 (ut. kêkèsèd) ngrêsiki sikil diusêk-usêkake ing piranti kasêbut; di-[x]-i: dianggo kêkèsèd.
kèsèr: (-an) kn 1 piranti dianggo nggêgawa (ngusung) srana digèrèd (tanpa nganggo rodha); 2 êngg. grobag gèrèdan; [x]-[x]: 1 (ut. di-[x]-ake ak) digèrèd klangsrah ing lêmah; 2 mlaku kanthi alon sarta rêkasa; 3 pc. sarwa rêkasa bangêt (ênggone nututi lsp).
kèsêr: ki. ak kêplayu; kc. kèngsêr.
kèsi-èsi, kèsi-kèsi: kw nandhang sangsara lan dicêcamah.
kesisan: [x] wadya kw kêntèkan wadya-bala; kc. isis.
kesya: kw rambut.
kesuk: sa-[x] n. sakenjing k sasuwening wayah esuk; [x[-an n. kènjingên k: isih esuk bangêt.
kesod: ut. ngesod, kêkesod, [x]-an kn mlaku srana bokong diingsêr-ingsêr.
--- 198 ---
kèsrèk ~ kêbat.
kèsrèk: kn. ak gèsrèk.
kesruh: êngg. kn kisruh.
kèsthi: kw dièsthi, dipêlêng; kc. èsthi.
keswa: kw rambut.
ketaka, ketaki: kw. ak layang.
ketang: 1 k. ketung; 2 kw. rumangsa, eling.
kete-kete: pc rêkasa bangêt.
kètèl: I (W) kn 1 jêdhing (tmr. mêsin lsp); 2 cèrèt gêdhe, wadhah wedang tèh. II [x]-[x] êngg. kn: tansah kêkinthil (marga sênêng bangêt).
kètèp: êngg. kn sithip, blobok.
kètès-kètès: kn 1 ak. padha tètès banyune; 2 pc. pating glêbyar (tmr. intên, barleyan lsp); 3 pc. anyar bangêt.
ketung: n. ketang k. ak katut dietung; ora [x] ...: sênajana ...
ketut: êngg. pc katut.
ketok: n. pc katon.
ketol-ketol: kn sêmu kabotan bokong (ênggone mlaku).
kecakan: êngg. ak kêpidak, kidak; kc. icak.
kecalan: k kelangan.
kecanên: k kenakên.
kecap: kn kênthêlên duduh kêdhêle dibumboni rasane asin.
kece: êngg. kn bngs. keyong cilik; kc. ece.
kècèh-kècèh: pc 1 têlês kêproh; 2 êngg. tansah (rèwèl lsp).
kècèk: I êngg. kn ar. mainan (nganggo dhadhu ut. saèm. kubuk). II di-[x] kn: digodhog ing lênga klêntik (tmr. bawang, êmpon-êmpon lsp. dianggo tamba); [x]-an: apa-apa sing dikècèk. III [x]-[x] êngg. kn: tansah (rèwèl lsp).
kècèl: êngg. kn kedhe, kidhung.
kècèng: êngg. kn bungkik (tmr. woh).
kècèr: kn tiba mawut (tmr. barang kang cilik-cilik); kc. ècèr.
kèci: I kn bngs. lawon (mori) tipis. II kn: bngs. prau cilik.
kècu: kn durjana bêbarêngan akèh kanthi roda-pêksa; di-[x]: ditêkani kècu.
(kecok): di-[x] êngg. kn 1 dicolong; 2 diapusi.
kecon: kn prakara kècu; kêkecon: kêlêbon kècu.
kècrèt: I ut. [x]-[x] pc padha kècèr, padha wutah. II pc: dhuwit.
kèthèk: I êngg sithip, blobok. II [x]-e êngg. pc: mêngkene, ngene; di-[x]-ake pc: dimêngkènèkake.
kèthèng: êngg. kn 1 ak. igar (½ dhuwit); 2 bribil (½ sèn); kc. sakèthèng.
kèthèr: kn kari anggone nggarap pagawean (wis mangsane rampung durung rampung); [x] -an: tunggakan gawean.
kethor: êngg. kn kutil.
kewal: I kn. ak nglinyam, nglècèp, kêtaton, timpal. II di-[x] kn: 1 êngg. diingêrake, diplèncèngake (uga dianggo ent.); 2 (ut. [x]-an) diingêr ukirane ana ing ngarêp (tmr. panganggoning kêris).
kewala: (S) kw mung, bae.
kewan: (A) kn titah kang urip duwe pangrasa lan bisa mobah.
kewani: (A) kn. ak asipat kewan.
kewat: êngg. ak gumêdhe, ngewak-ewakake.
kèwè: êngg. kn kiwa.
kèwèh-kèwèh: pc anyar bangêt.
kèwèk: êngg. ks kênès, kêmayu.
(kèwèr): [x]-[x] kn katon gumantung larah-larah (tmr. barang kang dawa); di-[x]: 1 êngg. diuculake nanging isih dicêncang ing tampar lsp. (tmr. sapi lsp); 2 ora diopèni lan ora diomahi (dikayani) nanging durung dipêgat (tmr. wong wadon); kc. èwèr, klèwèr.
kèwêdan: k kewuhan.
kèwêh: kn luwês bangêt (sarwa luwês).
kewuh, kewoh: kw pakewuh.
kèwuhan: n. kèwêdan k rêkasa ênggone arêp nindakake, pakewuh bangêt; kc. ewuh.
kewok: êngg. pc 1 kalah; 2 ora luwês, kau; kc. ngewok.
kewran: kw kèwuhan.
kêba: I êngg. kn kanthong gêdhe kang digawe nam-naman mendhong lsp. II êngg. kn: tingkêb (mitoni wong mêtêng).
kêbadan: kn. ak wis manuh, wis kulina.
kêbadharan: kn. ak konangan, badhar sêdyane lsp; kc. badhar.
kêbayak: kn klambi wadon.
kêbayan: kn 1 wong kang dadi kongkonan (nglantarake dhawuhing panggêdhe lsp); 2 ([x] desa) ar. prabot desa kang dianggo kongkonan.
kêbak: I kn kisènan (diênggoni) kabèh ora ana kang isih sêla (lowah); [x] sundukane pc: wis akèh kaluputane (kasalahane); di-[x]-i: diisèni nganti kêbak. II kêkêbak êngg. ak: 1 kêkablak, kêkêbêt; 2 nanggulang.
kêbalik: kn 1 kêwalês; 2 kuwalik; kc. balik.
kêbanjiran: n. kêbênan k kêtrajang (kêlêban) ing banjir.
kêbanjur: n. kêlajêng k 1 wis kêlakon; 2 kêbacut; kc. banjur.
kêbandhang: kn katut dibandhang; kc. bandhang.
kêbanting: kn 1 tiba kaya dibanting; 2 ak. ora timbang, ora tandhing; kc. banting.
kêbancèn: pc kêcêkakên (tmr. klambi lsp), kurang; kc. banci.
kêbangêtên: n. kêsangêtên k kêladuk bangêt; kc. bangêt.
kêbanyon: n. kêtoyan k 1 ak. olèh ilèn-ilèn banyu tmr. sawah lsp); 2 êngg. ak. kobong.
kêbau: kn. ak dialap baune (dipèk gawene); kc. bau.
kêbaut: êngg. pc katut dianggo (tmr. dhuwit).
kêbapan: kn. ak (wêwatakane, rupane) kaya bapakne; kc. bapa.
kêbar: kn (sa-[x]) salêmbar tmr. lampit, wlulang lsp.
(kêbas): di-[x](-i) êngg. kn dirêsiki srana dikêbuti lsp.
kêbat: I kn rikat, bantêr; [x] kliwat: rêrikatan (kêsusu) nanging ora kêbênêran. II di-[x] kn. ak: 1 dirêsiki, dilapi, dikêbuti; [dikê...]
--- 199 ---
[...buti;] 2 disirnakake; 3 dicolong, dijupuk; 4 dicopot, dilèrèni. III êngg. kn: bêbêd.
kêbacut ~ kêbut.
kêbacut: pc kêbanjur; kc. bacut.
kêbacok, kêbacuk: kn kêtaton dening dibacok ora kêjarag.
kêbathèn: kn. ak olèh bathi; kc. bathi.
kêbawah: kn diwêngku (dirèhake) marang, dadi karèrèhan; kc. bawah.
kêbegalan: kn ditêmpuh ing begal; kc. begal.
kêbèn: êngg. pc bèn, karêbèn.
kêbèndhêl: pc dicathêt kaluputane lsp; kc. bèndhêl.
kêbèt: kn lêmbaran (dluwang); di-[x]-i ak: digraji tipis-tipis.
kêbêbêlên: kn. ak ora bisa mêtu (tmr. bêbanyu lsp).
kêbêbêng: êngg. kn 1 dialang-alangi, kêjêndhêlên; 2 ora bisa mêtu; 3 mati ana ing wêtêngan marga ora bisa lair.
kêbêk: êngg. ak kêbak bangêt.
kêbêkta: k kêgawa.
kêbêlèk, kêbêlik: pc kêwêlèh,
kêbêlèr: kn tatu kêna ing wêlat; kc. bêlèr.
kêbêlêt: kn 1 ([x] ing butuh) ak. sêlak butuh bangêt, kêcingkrangan; 2 ([x] ngising, [x] nguyuh) kumudu-kudu arêp bêbanyu (-nguyuh); kc. bêlêt.
kêbên: kn ar. wit sarta woh.
kêbênan: k kêbanjiran.
kêbêndon: kn. ak kêna ing bêbêndu; kc. bêndu.
kêbênêr: n. kêlêrês k pinuju, mbênêri, kapinujon; 2 pc. kaprênah (tmr. sêduluran); [x]-an: 1 kapinujon; 2 wis bênêr (prayoga), ora kliru; kc. bênêr.
kêbêntêl: kn. ak kêpêtêl.
kêbêntus: kn 1 kêjêglug; 2 kêtumbuk, kêtanggor; kc. bêntus.
kêbêntongan: êngg. kn kêbêthêngan.
kêbênthik, kêbênthuk: pc kêtanggor ing (tmr. bala-pêcah lsp).
kêbêratan: pc pakewuh, rêkasa, kabotan.
kêbêrud: kn tatu kêgosok ing paku lsp.
kêbês: kn têlês bangêt; ngêbês: nglêbus; di-[x]-i: ditêlêsi.
kêbêsèr: kn saèm. kêbêrud.
kêbêsmèn: k kobongan.
kêbêsmi: k kobong.
kêbêsturon: kn. ak lena, kurang prayitna.
(kêbêt): [x]-[x], kêkêbêt kn ngêbut-ngêbutake suwiwi.
kêbêthêngên: kn ora bisa mbanjurake lakune marga udan.
kêbiyas: êngg. kn mlèncèng.
kêbilaèn: kn kêcilakan; kc. bilai.
kêbina-bina: kw kêluwih-luwih, bangêt.
kêbindhêl: pc kêbèndhêl.
kêbintal: êngg. kn kêtlingsut, ilang.
kêbirèn: n. kêbincihan k (kewan) kang dikêbiri.
(kêbiri): di-[x] n. dipunkêbincih k diilangi pringsilane supaya ora bisa nurunake (tmr. kewan).
(kêbyok): di-[x] kn digodhog lan dikumbah supaya ilang malame (tmr. babaran).
kêblabag: êngg. kn kang baku, sing kêjibah; kc. blabag.
kêblabak: kn (mati [x]) mati kêblêbêk (kêlêm) ing banyu.
kêblaèn: pc kabilaèn.
kêblak: kn. ak ar. mêmêdi; montor [x] êngg. pc: pit montor.
kêblasak, kablasar: kn. ak kêblasuk.
kêblasuk: kn kêsasar, kliru dalane; kc. blasuk.
kêblèndèr: kn. ak kêplèsèd.
kêblèndrèng: êngg. kn kêblèndèr, kêplèsèd.
kêblêbêd: kn. ak kêgubêd; kc. blêbêd.
kêblêgan: kn kêtiban watu lsp.
kêblêgong: kn 1 kêjêglong; 2 pc. kapusan.
kêblêkik: kn konangan (pandhêlikane).
kêblêkuk: kn tumancêb ing.
kêblêngkik: êngg. kn konangan (pandhêlikane); kc. kêblêkik.
kêblêrêngên: kn silo (sulap) dening kêsorotan; kc. blêrêng.
kêblêsêk: kn klêbu (tumancêb) ing blêthokan, luwangan lsp; kc. blêsêk.
kêblingêr: pc kapusan, kliru.
kêblithuk: pc kapusan; kc. blithuk.
kêbliwur: êngg. pc bingung, gugup.
kêbluk: I di-[x] kn diudhêg lan dicampur (tmr. jladrèn lsp). II ([x] mulur) kn: kêsèd, mung sakêpenake bae.
kêblusuk, kêblosok: êngg. pc 1 kêblasuk; 2 kêblêsêk ing.
kêbluwêk, kêbluwêr: pc kêcêmplung (kêblêsêk) ing bolongan lsp; kc. bluwêk.
kêblondor: êngg. pc 1 kêplèsèd, kêblèndèr; 2 kapusan, kêlarangên (ênggone têtuku).
kêblondrok, kêblondrong: êngg. pc kapusan, kêlarangên (ênggone têtuku); kc. blondrong.
kêblorot: êngg. pc kapusan.
kêblowok: pc kêlarangên ênggone têtuku lsp.
kêbu: êngg. kn bngs. tenggok; kc. kêmbu.
kêbubuh: kn 1 diwuwuhi; 2 kc. kêjibah.
kêbuya-buya: kw dikuya-kuya, dioyak-oyak.
kêbuk: I kn piranti ambêkan (ing jêroan kanggo ngrêsiki gêtih). II êngg. ak: piranti dianggo adu kêmiri ut. kêcik sarana dipipit. III di-[x] kn: ditêpak (digêbug) nganggo tangan diêgarake (sing ditamakake èpèk-èpèke).
kêbul: kn kukusing barang sing kobong; [x]-[x]: mêtu kêbule, kumêlus; di-[x]-i: didamoni nganggo kêbul.
kêbunan: kn kêna ing bun.
(kêbur): di-[x] kn diudhêg lan dicidhak-cidhuk.
kêburu-buru: n. kêbujêng-bujêng k. ak 1 tansah dioyak-oyak; 2 pc. kêsusu; kc. buru.
(kêbus): di-[x]-i kn dibrongot.
kêbut: I budhal [x] kn. ak lunga kabèh. II kn: ar. piranti dianggo nepasi (nggusah lalêr, ngisisi lsp) kang digawe wulu, bobat lsp; [x]-[x], kêkêbut: ngisisi (nepasi) nganggo kêbut, kacu lsp; di-[x]-i: 1 disiliri [di...]
--- 200 ---
[...siliri] (diisisi) nganggo kêbut, ditepasi; 2 digusah nganggo kêbut (tmr. lêmud, lalêr lsp); kc. kumêbut.
kêbutuh ~ kêduwung.
kêbutuh: n. kêbêtah k sêlak pêrlu nganggo, butuh bangêt; kc. butuh.
kêbo: n. maesa k ar. kewan raja-kaya; [x] kabotan sungu pr: wong kang kakehan brayat; [x] nusu gudèl pr: wong tuwa njaluk pitutur wong ênom; [x] lumaku dipasangi pr: nêmaha (njaluk) diwènèhi pagawean abot; [x] lumumpat ing palang pr: ngadili prakara ora nganggo wêwaton; [x] bule mati setra pr: wong pintêr ora ana sing nganggokake; [x] mutung ing pasangan pr: nindakake pagawean durung nganti rampung wis lèrèn; [x] mulih ing kandhange pr: wong lunga (barang ilang) bali manèh ora kalawan disêngaja; [x] rompon pr: wong sing wis tuwa bangêt; pisah [x] pr: pêpisahan nanging durung pêgatan (tmr. bêbojoan); têpung [x] pr: wis wanuh nanging durung wêruh jênênge; di-[x] ranggah pr: dianggo bêbantên.
kêboan: n. maesan k 1 têtironing kêbo; 2 dolananing bocah (mbrangkang ditunggangi).
kêbo bukur: kn ar. kewan bngs. undur-undur.
kêbo jêrum: kn ar. dhapuring omah.
kêbo giro: kn ar. gêndhing.
kêbo kobong: kn. ak kêbo colongan sing ditahan ing pulisi.
kêbo lawung: n. maesa lawung k kêbo sing ora dimêgawèkake.
kêbombang: pc nandhang susah dening wis kêbacut kliru pamilihe lsp.
kêbo mênggah: kn ar. dhapuring kalung.
kêbon: kn 1 palêmahan ing saburi ut. sakiwa-têngêning omah (ditanduri wit-witan lsp); 2 palêmahan jêmbar kang ditanduri kopi lsp; 3 êngg. dalan cilik; 4 (tukang [x]) pc. batur kang kawajiban rêrêsik kêbon lsp; di-[x]-ake ak: disingkirake nanging ora dipêgat (tmr. bojo).
kêbo pêlèn: pc wong kang dhêmên padu.
kêbocahên: n. kêlarenên k isih nom bangêt; kc. bocah.
kêbrabat, kêbrèbèt: kn. ak saèm. kêbêlèr.
kêbrabeyan: kn 1 êngg. pc. sênêng nyatur (maoni lsp); 2 sênggoyoran.
kêbrèbèlan: pc mèlu olèh (diwènèhi) sathithik-sathithik; kc. brèbèl.
kêbrèjèl: (-an) pc kêbrojol(-an).
kêbrukan: kn kêrubuhan; kc. bruk.
kêbrojol: kn ora dijarag mbrojol, kêwêtu (têmbunge lsp); [x]-an: 1 mbrojol (ora dijarag); 2 kêbrèbèlan; 3 manak; kc. brèjèl, brojol.
kêbrosot: kn. ak mrucut, ucul.
kêda: kn bngs. pinggan mawa tutup.
kêdabig: kn. ak kc. gêdabig.
kêdabul: kn. ak gêdabul.
kêdad: êngg. kn kaku (tmr. sikil marga kêsêl).
kêdadak: kn (mati [x]) (mati) durung mangsane (dadakan); kc. dadak.
kêdadeyan: n. kêdadosan k kêlakon dadi (rêmbuge lsp); kc. dadi.
kêdadèn: n. kêdadosan k dadi ora dijarag.
kêdah: k kudu.
kêdal: (-ing gunêm, -ilat, -lesan) kn 1 wêtuning gunêm, caraning gunêman; 2 basa têtêmbungan; 3 pakêcapan.
kêdalanan: n. kêmêrgèn k diliwati; kc. dalan.
kêdalon: I kn kêmatêngên; kc. dalu. II kêwêngèn; kc. wêngi.
kêdama: (n)-dama(n) kw didama-dama bangêt.
kêdandapan: kn gêdandapan.
kêdangon: kn kêlawasên, kêsuwèn.
kêdaut: kw kêtarik (kêdudut, kêbêdhol); kc. daut.
kêdarung-darung: kw kêlantur-lantur.
kêdasat: ora [x] pc ora klêbu ing jasad (ora dipangan).
kêdawan: n. kêpanjangên k kêladuk dawane.
kêdèndèng-kêdèndèng, kêdinding-kêdinding: kn. ak katon gumagah ênggone mlaku.
kêdèkèng-dèkèng: pc tansah cilaka (rêkasa).
kêdêbêg: kn. ak gêdêbêg.
kêdêdêr: êngg. pc kêdhêr (ndhrêdhêg); kc. dêdêr.
kêdêh: kw kudu.
kêdênangan: êngg. ak konangan.
kêdêngan: êngg. kn têturon; kc. kêdhêng.
kêdêngangan: kn. ak konangan.
kêdêr: kn. ak kaku lan lêncêng.
kêdêrêng-dêrêng: êngg. ak adrêng bangêt; kc. adrêng, kadêrêng.
kêdibal: kn. ak batur; kc. gêdibal.
kêdiki, kêdiku: êngg kaya iki(-iku).
kêdlingês: êngg. kn kêtlindhês, kêtindhês.
kêdlurung: kn. ak kêbanjur-banjur alane; kc. dlurung.
kêdubang: êngg. pc dubang.
kêdudon: kn kliru, salah; kc. dudu.
kêdug: êngg. kêtug.
kêduha: n. kêdugi k 1 saguh bisa nandangi (nindakake); 2 pc. sênêng atine; kc. duga.
kêdugèn: k kêtutugan.
kêduk: êngg. kn duk.
kêdul-kêdul: kn mêndul-mêndul.
kêduli-duli: kn. ak kêluwih-luwih.
kêduman: kn olèh panduman; kc. dum.
kêdumêlan: kn grênêngan.
kêdumugèn: k kêtêkan (kêtutugan).
kêdunyan: kn. ak sugih bandha; kc. kadonyan, donya.
kêdurus-durus: kn. ak kêbanjur-banjur.
kêdurusan: kn. ak kêtêkan (kêlakon) têmênan sing dadi ujare.
kêdut: kn obahing urat ing daging (sok dianggo sasmita ngalamating lêlakon); [x]-ên: urate ana sing obah.
kêduwêl-kêduwêl: (-kêduwul) kn. ak kêdumêlan.
kêduwèn: kn. ak sugih bandha lsp; kc. duwe.
kêduwung: kn gêtun (susah) dening lêlakon sing wis kêpungkur; [x] nguntal wêdhung pc: gêtun nanging wis kasèp.
--- 201 ---
kêdomblo ~ kêjot.
kêdomblo: pating [x] pc kandêl bangêt pipine.
kêdonyan: kn. ak sugih donya brana; kc. donya, kadonyan.
kêdrajatan: kn. ak ginanjar ngrênggêp pangkat gêdhe; kc. drajat.
kêdrawasan: kn kêcilakan, kêtiwasan.
kêdrojogan: pc sanalika kêtêkan dhayoh lsp; kc. drojog.
kêjaba: n. kêjawi k ora katut dirêmbug (dipetung lsp); dikêjabakake: dipilih karo panunggalane, ora dikatutake.
kêjais: kn. ak wis pinêsthi.
kêjait atine: br kêkênan bangêt atine; kc. jait.
kêjalêr: êngg. kn kêtumbuk, kêtanggor, kêlalèn; ora tau [x] êngg: durung tau kêprêgok (-wanuh, srawung).
kêjalu: kn kêna ing jalu.
kêjamak: pc lumrah; kc. jamak.
kêjambar: kw kêwêdhar, kêwiyak ing akèh.
kêjambèt: êngg. kn kêsangkut ing, kêmbèt.
kêjambêt: êngg. k kêjalu.
kêjanjur: êngg kêbanjur.
kêjangit: êngg. kn kêpêksa mbayar kang dudu mêsthine (mung marga luwih sathithik cacahing dinane lsp).
kêjaul: êngg. kn kakèhên pambayare (ênggone mènèhi).
kêjawahan: k kodanan.
kêjawan: n. kêjawèn k. pc kajawan.
kêjegal: kn dijegal ora kêjarag; kc. jegal.
kêjègan: kn diêsur ênggone; kc. jèg.
kêjegung: kn kêsrimpêt ing tali lsp. sikile; kc. jegung.
kêjèn: kn 1 waja (wêsi) wangun conthongan lancip dadi pêprincèning wluku; 2 êmpyak awangun maju têlu.
kêjèp: kn. ak kêdhèp (ing mata); di-[x]-i ak: disasmitani srana kêdhèp.
kêjèt-kêjèt: kn obah-obah sikile lan tangane ing nalikane mêcati lsp.
kêjêblès: kn kêbêntus, kêjêglug; kc. jêblès.
kêjêblug: êngg. kn kêjêglug, kêbêntus.
kêjêblugan: kn kêtaman ing panjêbluging gunung lsp; kc. jêblug.
kêjêblog: I êngg. kn kêblusuk ing blêthok lsp; kc. jêblog. II êngg: 1 kêtumbuk, kêjêglug, kêbêntus; 2 kêblusuk; 3 ent. kêblasuk, kapusan, kliru.
kêjêblos: pc kêjêblog.
kêjêdhagan udan: êngg. pc kêkurangan udan; kc. jêdhag.
kêjêdhêg: (-an) kn. ak 1 kêna ing dakwa marga kanggonan barang kang dilacak lan wis ora bisa nêrangake; 2 kêpêksa nanggung, kêpopoh; [x]-an ak: kêntèkan sarana; kc. jêdhêg, judhêg.
kêjêgilan: êngg. pc kagol, gêla.
kêjêglug: pc kêbêntus ing; kc. jêglug.
kêjêglong: kn (sikile) kêcêmplung ing luwangan, bolongan lsp; kc. jêglong.
kêjêgur: pc kêcêmplung ing sumur lsp; kc. jêgur.
kêjêlir: kn. ak kêwêlèh; kc. jêlir.
kêjêm: 1 kw. mêrêm; 2 ([x] atine) kn. wêntalan, ora wêlasan; 3 pc. ambêk-siya, gêmi bangêt.
kêjêndhêlên: kn 1 mlêbu banjur ora bisa mêtu-mêtu; 2 pc. kakehan utang; 3 pc. mêtêng; kc. jêndhêl.
kêjêntus: pc kêbêntus, kêtumbuk.
kêjêntol: pc 1 ([x] ing utang) kakehan utang; 2 kêpêksa nanggung.
kêjêng: kn kaku (tmr. tangan, sikil, marga lêlara).
kêjêngkang: kn tiba mundur klumah; kc. jêngkang.
kêjêngkelang: kn kêjêngkang; kc. jêngkelang.
kêjêngêklit:kêjêngkêlit. kn tiba njêngkêlit; kc. jêngkêlit.
kêjêngklok: kn tiba (kêpletre) sikile kêtêkuk.
kêjêp: kn. ak kêjèp, kêdhèp; di-[x]-i ak: dikêdhèpi.
kêjêpit: kn kêpèpèt ut. kêpipit; kc. jêpit.
(kêjêr): kêkêjêr, [x]-[x] kn 1 kêkêbêt; 2 obah kêbêt-kêbêt (tmr. kupu mabur lsp); 3 obah gêtêr tmr. tangan (driji) ing nalikane njogèd; 4 (nangis [x]) pc. nangis sêru ora mênêng-mênêng (tmr. bocah cilik).
kêjêron: n. kêlêbêtên k kêladuk jêrone.
kêjêthik, kêjêthuk: pc 1 kêpêthuk; 2 konangan.
kêjibah: kn kuwajiban, kêpopoh.
kêjiman: kn 1 disurupi ing jim; 2 pintêr bangêt.
kêjimrah: kn. ak lumrah, kaprah.
kêjluwog, kêjlowog: êngg. kn kêcêmplung ing luwangan lsp.
kajlungup: kn tiba kêcêmplung ing jurang lsp.
kêju: kn krasa jimpe (tmr. sikil, tangan).
kêjujur: jujur [x] pc tansah cilaka; kc. jujur.
kêjudhêgan: kn kêntèkan nalar, judhêg bangêt; kc. judhêg.
kêjugrugan: kn kêtiban (kêblêgan) lêmah lsp. kang jugrug.
kêjumutan: kn mlaku sêmu mèk-mèkan ing pêtêngan.
kêjungkêl: kn tiba njungkêl.
kêjurang: kn kêcêmplung ing jurang; kêjurang-jurang ak: tansah nandhang kacilakan.
kêjut: kn. ak kêdut; kc. kêjot.
kêjuwat-kêjuwit: kn. ak tansah obah lambene.
kêjuwêtan: kn. ak tansah ningsêtake sandhangan lsp.
kêjuwog: êngg. kn kêblusuk, kêjêglong.
kêjojoh: kn kêsogok ing lêlandhêp; kc. jojoh.
kêjojor: kn gêjojor.
kêjodhèran: kn konangan, kêwiyak (wadine lsp); kc. jodhèr.
kêjodhi: kw kalah, kasoran.
kêjogan: kn dijogi (banyu lsp); kc. jog.
kêjongor: kn tiba mêngkurêb.
kêjot: kn. (êngg. ki) kagèt.
--- 202 ---
kêjrèngkang ~ kêgila-gila.
kêjrèngkang, kêjrongkong: êngg. kn tiba klumah.
kêjrunjung, kêjrungjrung: êngg. kn kêcêmplung.
kêjrungup: pc kêjlungup.
kêdhayohan: n. kêtamuan k ditêkani ing dhayoh; 2 êngg. pc. kêmalingan; 3 êngg. pc. manak; kc. dhayoh.
kêdhakalan, kêdhakaran: kn. ak dhrakalan, sarwa kêsusu (mêmènèk lsp).
kêdhali: kn ar. manuk bngs. sriti.
kêdhana-kêdhini: kn. ak sêdulur loro lanang wadon.
kêdhangkalan: êngg. pc kêdhakalan.
kêdhangklèh: pating [x] kn. ak katon padha dhêngklèh-dhêngklèh.
kêdhangklik: pating [x] kn. ak gumantung obah-obah.
kêdhangkrang, ngêdhangkrang: kn linggih ing papan kang dhuwur.
kêdhangsul: êngg. k kêdhêle.
kêdhap: I kn. ak kêlap, kêdhèp; [x] kilat ([x] liring) ak: kêdhèp; angon [x] br: angon polataning wong; sa-[x] k: sadhela; sa-[x] netra kw: sagêbyaran, satleraman; ngêdhap êngg. kn: 1 uwas, nratab atine, (sumêlang); 2 nyiruk mêdhun (tmr. layangan); [x]-an êngg. ak: wêdèn. II di-[x]-i ki: diicipi; [x]-an ki: icip-icip (panganan lsp. kang diaturake marang dhêdhuwuran lsp).
kêdhaplang: pating [x] kn. ak padha ndhaplang; kc. dhaplang.
(kêdhar): kêkêdhar êngg. kn ngisis mênyang ing njaba; kc. kadhar, kèdhèr.
kêdharang-dharang: kn kêtula-tula têkan ingêndi-êndi.
kêdhasih: kn ar. manuk (pritgantil).
kêdhaton: pc dalêming ratu; kc. kadhaton.
kêdhawangan: êngg. ak bêdhawangan.
kêdhebyah-kêdhebyah: kn. ak katon pating klèmbrèh (tmr. klambi lsp).
kêdhedhar-kêdhèdhèr, kêdhèdhèran: pc klangsrah ing lêmah (ora cancingan lan ora singsêt tmr. panganggoning bêbêd).
kêdhèdhèsan: kn. ak êntèk-êntèkan (dicolongi lsp); kc. dhidhis.
kêdhèngkrèng: pc saèm. ngêdhangkrang; kc. kêdhangkrang.
kêdhèp: kn 1 mêlèk mêrêming mata, byar-pêting diyan lsp; 2 (ut. [x]-[x]) mêrêm mêlèk matane, byar pêt sorote (tmr. diyan, lintang lsp); di-[x]-i: disasmitani sarana kêdhèp; di-[x]-ake: 1 diêrêmake banjur dibyarake (matane); 2 ak. diselaki, diingkêdi; kc. kumêdhèp.
kêdhèp têsmak: pc ora kêdhèp-kêdhèp ênggone nyawang.
kêdhèr-kêdhèr: kn. ak isih padha sumèlèh ora tata (durung disingkir-singkirake); kc. klêdhèr.
kêdhese: éngg. kn kuwalahên, kalah.
kêdhêh: kw. ak kudu.
kêdhêkês: mak [x] kn. ak sanalika linggih (sila) mlêpês.
kêdhêle: kn bngs. kacang cilik-cilik.
kêdhêmêk-kêdhêmêk: kn. ak mlaku alon-alon.
kêdhêmpalan: pc têka sajak kêsusu lan gita; kc. gêdhêmpalan.
(kêdhêng): I di-[x]-ake êngg diturokake' [x]-an êngg: têturon. II [x]-e êngg: kadhang.
kêdhêngkèk, kêdhêngklèk: pc kêdhêngklak.
kêdhêngklak: kn 1 gêgêre kêtêkuk marga ndhêngklak; 2 êngg. mati.
kêdhêpêk, kêdhêpês, kêdhêprêk: kn. ak kêdhêkês.
kêdhêr: êngg. kn obah gêtêr (kaya ndhrêdhêg).
kêdhêsêk: êngg. kn kêsuk.
kêdhêsuk: kn mingsêt lsp. marga didhêsuk.
kêdhi: kn 1 ora bisa nggarap-banyu (tmr. wong wadon); 2 ak. wong lanang kêbirèn.
kêdhik: êngg sathithik; sa-[x] k: sathithik.
kêdhindhing: kn ar. manuk.
kêdhingaha: êngg. kn sadhengaha.
kêdhingklangan: kn. ak mlaku pincang.
kêdhisikan: n. kêrumiyinan k kalah dhisik.
kêdhuk: I êngg. kn enthong; di-[x]: 1 êngg. pc. didhudhuk; 2 dikêruk dijupuk isine (tmr. liwêt). II êngg. kn: wlulang kêbo kang dianggo lèmèk wadhah lênga klêntik.
kêdhul: êngg. kn kêthul.
kêdhung: kn 1 ulêkaning kali kang jêro; 2 ent. papan kang dadi asal ut. paklumpukan.
kêdhungkrung-kêdhungkrung: pc linggih mbêngkuk.
kêdhungsakan, kêdhungsangan: pc 1 mara rerikatan sarta sajak kanthi rêkasa; 2 rêkasa bangêt.
kêdhut: kn kandêl lan wulêd (tmr. jarit, bakal).
kêdhuwêlan, kêdhuwêtan: pc tansah ribut ningsêtake pangango lsp.
kêdhuwêng: mak [x] pc sanalika mubêng.
kêdhuwitan: pc duwe dhuwit.
kêdhuwurên: n. kinggilên k kêladuk dhuwure.
kêdhodhor: pc saèm. kêdhèdhèr(an).
kêdhogan: pc gêdhogan.
kêdhok: I (ut. [x]-an) kn kothakaning sawah; di-[x] êngg: digarap (ditanduri) kalawan buruhan bageaning pamêtu (tmr. sawah); [x]-an êngg: buruhaning nggarap sawah. II êngg. ak: 1 topèng; 2 wong mbarang raine diclonèh-clonèh; 3 nini-thowok.
kêdhongdhong, kêdhondhong: kn ar. wit sarta woh.
kêdhongklak-kêdhangklik: pc katon obah-obah gumantung.
kêdhongkrong: mak [x] pc sanalika ndhodhok (linggih).
kêdhot: êngg. kn wulêd lan atos (tmr. kulit; ngèlmu [x]-an: ngèlmu katosan (ora pasah ing gêgaman).
kêgawa saka: n. kabêkta saking k marga saka.
kêgèmbang: kw kêgiwang.
kêgèndèng: kn katut kêtarik; kc. gèndèng.
kêgèntèng: k. êngg. pc kêgilês.
kêgêblag: kn tiba klumah; kc. gêblag.
kêgêdhèn: n. kagêngên k kêladuk gêdhene.
kêgêmblung, kêgêmbrung: êngg. kn kêcêmplung.
kêgila-gila: kn. ak (nggilani) bangêt; kc. gila.
--- 203 ---
kêgilês ~ kêlawun-lawun.
kêgilês: êngg. pc kêlindhês; kc. gilês.
kêgimir: kn. ak kêkênan (kêpencut) atine; kc. gimir.
kêgiwang: kn. ak krasa kêpencut; kc. giwang, gumiwang.
kêglundhung: kn tiba ngglundhung (ing jurang lsp); kc. glundhung.
kêglondor: kn tiba mletre mêdhun.
kêguling: kw tiba ngglundhung (nggoling); kc. guling, goling.
kêgulung: kn. ak kêglundhung.
kêgriyul: kn midak (mamah) barang kang atos lsp.
kêjêng: êngg. kn kiyêng.
kêyuyun, kêyungyun: kw kêsêngsêm, kêpencut.
kêkah: k kukuh.
kêkal: êngg. pc 1 lêstari, langgêng; 2 kuli kang pinatah nyambut gawe ing panggonane prabot desa.
kêkathahên: k kakèhên.
kêkêb: kn 1 tutup kêndhil (dandang lsp); 2 tutup diyan (kang digawe bêling lsp); di-[x]-i: ditutupi (tmr. liwêt lsp); kc. kêkêp.
kêkêd: kn. ak gêmi bangêt; kc. kêkêt, kumêd.
kêkêl: I kn 1 matêng bangêt sarta pulên (tmr. sêga); 2 kaku bangêt (marga ngguyu kêpingkêl-pingkêl); kc. kamikêkêlên. II êngg. pc: langgêng, lêstari; kc. kêkal.
kêkênan: kn. ak kêna ing, kêpranan, kêtaman; kc. kêna.
(kêkêp): di-[x] kn dirangkul dipênêtake ing dhadha; ngêkêp ent: ora tau mêtu-mêtu (mêmpên); kc. kêkêb.
kêkêr: kn 1 kêrêp sarta kêncêng (tmr. tampar, nam-naman lsp); 2 mawa lêlêmpitan (pating jêngkêrut); di-[x] ak: 1 disimpên, didhêlikake; 2 digawe wadi; [x]-an: prakara kang winadi.
kêkês: I kn 1 krasa adhêm bangêt; 2 ent. wêdi, miris, tansah sumêlang. II di-[x] kw: disimpên, didhêlikake.
kêkêt: kn rakêt bangêt (ênggone nèmplèk lsp); kc. kêkêd.
kêkilapan: kn kliru, kêlalèn; kc. kilap.
kêkurangan: n. kêkirangan k kurang, kêmlaratan; kc. kurang.
kêl: kw. ak 1 wêdi, giris; 2 bêtah, sabar.
(kêla): di-[x] kn digodhog ut. diolah (tmr. jêjangan); kc. kêlan.
kêlab-kêlab: kn. ak lembak-lembak, ngombak-ombak (tmr. gêndera lsp); kc. kêlap.
kêlaban: kn. ak kêlêban, kêlèban.
kêladuk: kn kakèhan, rada bangêt; kc. laduk.
kêlajêng: k 1 kêbanjur; 2 êngg. klayu.
kêlajuk: kn kakèhên, kêluwih-luwih; kc. lajuk.
kêladhon: kn kêlêban ing ladhu.
kêlagan: êngg karo, lan.
kêlah: (W) kn 1 gugat; 2 nggugat; di-[x]-ake: digugat.
kêlair: kn. ak kêwêtu; kc . lair.
kêlaya-laya: kn. ak kêraya-raya.
kêlayah: êngg têturon.
kêlayan: k. ak karo, lan.
kêlayu: kn. ak klayu.
kêlak-kêling: kn 1 ar. panganan; 2 blêngkêran wêsi dianggo gêgêman.
kêlaku: n. kêlampah k. ak lumrah, tumindak ing akèh; kc. laku.
kêlakon: n. kêlampahan k 1 wis tumindak (dadi, kêpungkur lsp); 2 kêturutan kang dadi sêdyane (pangarêp-arêpe); kc. laku.
kêlalèn: n. kêsupèn k. kêlimêngan ki (ora dijarag) lali.
kêlam: (W) kn wilahan wêsi (kayu) dianggo pikukuhing sambungan; di-[x]: disambung nganggo kêlam.
kêlamban: kn lamba bangêt.
kêlamèn: k. ak kêlawasên.
kêlamun: I (ut. [x]-an) êngg. ak 1 kasaput ing pêpêtêng; 2 ent. ora pati wêruh; kc. klamun. II kw: yèn; kc. lamun.
kêlan: kn 1 jêjanganan; 2 nggodhog (olah) janganan; kc. kêla.
kêlantih: êngg. kn ngêlih.
kêlantur: kn 1 kêbanjur-banjur (ênggone duwe kamanuhan ala lsp); 2 kêbanjur owah saka baku nanging wis kaprah (tmr. têtêmbungan lsp); kc. lantur.
kêlancur: êngg. kn kêbanjur, kêlacut.
kêlang: kn wis atos bangêt (marga wis lawas disimpên, dianggo lsp, tmr. kayu, grabah lsp).
kêlangip: kn. ak kêluwèn, kalirên.
kêlangkèt: pc kuru bangêt.
kêlangkung: k. ak 1 kliwat; 2 kêluwih.
kêlangsu: kn. ak wis lungse, kasèp.
kêlangso: pc kêlangsu.
kêlauk: êngg. kn kêbacut, kêlantur.
kêlaun-laun: êngg. kn kêbanjur, kêlantur.
kêlaut: êngg. kn kêbanjur, kêlantur.
kêlap-kêlap: kn katon gêbyar-gêbyar adoh; kc. kêlab, kumêlap.
kêlap-kêlip: pc mêrêm mêlèk.
kêlapan: kw ngêlih, kêluwèn; kc. lapa.
kêlar: I n. kuwawi k. êngg kuwat, bisa nindakake; di-[x]-i ak: dikuwati, disangga wragade lsp. II (W) pc: wis rampung.
kêlara-lara: kn. ak bangêt ênggone nangis, susah lsp.
kêlarènên: k kêbocahên.
kêlas: (W) kn pangkat (undha-usuking golongan).
kêlasi: (Prs) kn. ak punggawa prau, matrus.
kêlat: I (ut. [x]-an) êngg. kn 1 tampar (ut. sigaran pring apus) dianggo narik wit kang ditêgor; 2 tampar panthêngan layar; di-[x] êngg. kn: dikêlèti; kc. kêlèt.
kêlatan: êngg. pc kasèp; kc. lat.
kêlat-bau: kn bngs. gêlang ing bau.
kêlaton: êngg. pc kobong; kc. latu.
kêlacak: kn. ak kêcandhak (tmr. maling kang dilari); kc. lacak.
kêlacut: kn kêbacut, kêbanjur, kêladuk.
kêlawan: kn. ak karo, lan.
kêlawasên: n. kêdangon k wis lawas bangêt.
kêlawun-lawun: kw enggal gêlis gêdhe.
--- 204 ---
(kêle) ~ kêlunyon.
(kêle): I [x]-[x] kn sumèlèh sajak ora kopèn, linggih ijèn. II kn: bngs. gêdhang alasan.
kêlèban: kn. ak kêlêban.
kêlèd: êngg. kn aras-arasên, kêsèd; kc. kêlèt.
kêledhok: êngg. kn kliru pangetunge.
kêlèhèn: êngg kêpriye, geneya.
kêlèyak, kêleyok: pc kêplênyok.
kêlèyèk: kn. ak kalah.
kêlèk-kêlèk: kn pêpindhan swaraning pitik cilik.
kêlèmèn: êngg kêpriye, geneya.
kêlèmêngan: êngg. k kêlalèn; kc. kêlimêngan.
kêlèmpot: êngg. kn nginêp.
kêlèng: I gêntha kêkêlèng kw gêntha cilik dianggo têngara sêmadi. II ks: dituturi, dikandhani.
kêlèp: (W) pc angkup-angkupan ing kompa lsp.
kêlèpèn: êngg kêpriye, geneya.
kêlepyan: êngg kêlalèn.
kêlepun: êngg. k kêlèhèn.
kêlèr-kêlèr: kn. ak anjrah, sumêbar; kc. lèr.
kêlèt: I kn 1 plikêt krakêt; 2 ak. rumakêt bangêt, lèngkèt; 3 êngg. bngs. klambi ora landhung; di-[x] êngg: ditèmplèkake, dirakêtake; kc. kêlèd, kalèt. II di-[x](-i) kn: 1 êngg. didilati; 2 êngg. disigari; 3 diklècèpi kulite (wlulange). III ora [x] êngg. ks: 1 ora bisa; 2 ora duwe.
kêlêb: (-an) kn kêlêm ing banyu; kc. lêb.
kêlêbu: n. kêlêbêt k. ak klêbu.
kêlêbon: n. kêlêbêtan k dilêboni ora kêjarag; kc. lêbu.
(kêlêd): sa-[x]-an kn saêmplokan, saulon; kc. êlêd.
kêlêg: kn. ak katut diulu; kc. êlêg.
kêlêgan: kn lêga atine; kc. lêga.
kêlêgèn: kn kêladuk lêgine.
kêlêgon: kn. ak kuwajiban; kc. lêgon.
kêlêm: I kn 1 amblês ing banyu, kêlêban banyu; 2 ora anggrung (ora mbuwang swara), ora katon sumringah (tmr. warna). II [x]-an: 1 kn. kluwa; 2 êngg. k. kêtela pêndhêm; 3 êngg. k. baya. III kn: saèm. kêndhal kang krakêt ing badaning jabang bayi.
kêlêman: k kêlêmon.
kêlêmèn: k. ak kêlêmon.
kêlêmon: n. kêlêman k kêladuk lêmune.
kêlêmpon: êngg. kn kêturon, kêsuwèn êngone turu.
(kêlêng): di-[x], [x]-an kn 1 diwêdêl irêng thok (tmr. jarit lsp); 2 digawe irêng tanpa pamor (tmr. kêris lsp).
kêlênggak: kn. ak tiba nglênggak; kc. lênggak.
kêlêngki-lêngki: kw kalawan bangêt.
kêlêpatan: k kêluputan.
kêlêtan: kn ana êlêt-êlête; kc. lêt.
kêli, kêlik: êngg. pc thole.
kêliya: pc tumiba ing tanganing liyan; kc. liya.
kêlim, kêlin: êngg. ak domdoman plipidan; di-[x] ak: diplipid.
kêlimêngan: 1 kw. kêsaput ing pêpêtêng; 2 ki. kêlalèn.
kêlimunan, kêlimutan: kw kc. kêlimêngan.
kêlimpe: kn 1 ak. kurang prayitna nganti kêna dilimpe; 2 êngg. lali, kêlalèn; kc. limpe.
kêlimpêt: êngg. kn kêtlingsut.
kêlimput: kw 1 ilang saka pandêngan; 2 kêsaput ing pêpêtêng, kêtutupan; 3 ent. kêtutupan ing hawa nêpsu lsp; kc. limput.
kêlin: êngg. ak plipidan; kc. kêlim.
kêlindhês: êngg. kn 1 kêtlindhês; 2 kalah.
kêlindhih: kn. ak 1 kalah, kasoran; 2 ([x] pikire) kurang pintêr.
kêlintang: kn. ak kêliwat (bangêt).
kêling: I kêkêling kw sêdhih, susah. II kn: kêlak-kêling (ar. gêgaman); gêlung [x] ak: ar. gêlungan ing wayang; di-[x]: 1 dianjingake sarana digêmblèng (tmr. sindik wêsi, sambungan lsp); 2 diantêm nganggo kêling. III kn: ar. bangsa ing Indhiya ngarêp (Hindhu).
kêlingkung: kn. ak kêlalèn, lali.
kêlinglap: êngg. kn kêtlingsut.
kêlingse: êngg. kn wis lungse.
kêlingsut: êngg. kn kêtlingsut.
kêlip: I [x]-[x] kn katon gêbyar-gêbyar cilik (tmr. diyan lsp), kêthip-kêthip (tmr. mata); kc. kumêlip. II êngg. pc: dhuwit nèkêl (5 sèn). III êngg. pc: pakumpulan bal-balan.
kêlir: kn 1 pagêr bata saburining regol (dianggo aling-aling); 2 lawon putih kanggo nampani wayanganing wayang wlulang (uga kanggo ing gambar sorot); nganggo [x]: nganggo aling-aling (ora barès).
kêliru: ak kc. kliru.
kêlit: I kn. ak krakêt bangêt; kc. kêlèt. II kw: ngapusi.
kêliwat-liwat: n. kêlangkung-langkung k. ak bangêt(-bangêt).
kêlu: I êngg. kn 1 bisu; 2 bodho bangêt. II kn. ak: tumungkul, ndhungkluk; kc. ngêlu, gêlu, kêlon.
kêlud: kn piranti dianggo rêrêsik (têtêbah) lumrahe sing digawe sêpêt; di-[x]-i: dirêsiki nganggo kêlud.
kêluh: kn tampar ut. gêlangan wêsi dilêbokake ing irung sapi lsp. dianggo ngêndhalèni; di-[x]-i: ditrapi kêluh.
kêluk: êngg. kn 1 kukus, uwab; 2 kêbul; 3 kêlok, misuwur.
kêlulun: kw katut.
kêlumah: kn tiba mlumah; kc. lumah. mlumah.
kêlumrah: n. kêlimrah k. pc kaprah; kc. lumrah.
kêlun: I kw lakuning kêbul kang alon; di-[x]: 1 êngg. digulung; 2 ak. diklumpukake (lan dikuwasani); 3 ak. katut; kc. alun, kumêlun, êlun. II ([x] alane): wis misuwur alane; kc. lun.
kêlunta-lunta: kn 1 kêbanjur-banjur (nganti adoh lan kêsasar-sasar); 2 kêtula-tula; kc. lunta.
kêlunyon: kn 1 lunyu bangét; 2 ak. kêpletre ing papan kang lunyu.
--- 205 ---
kêlungsèn ~ kêmbang.
kêlungsèn: kn wis lungse bangêt.
kêluputan: n. kêlêpatan k nglakoni luput; kc. luput.
kêlurung: kn 1 ak. kêbacut-bacut ênggone ora bêcik; 2 pc. kêdhêmênên bangêt.
kêluron: kn nglairake jabang bayi kang durung mangsane.
kêlus: êngg. ak kêluk; kc. kumêlus.
kêluwas: êngg kêluron.
kêluwèn: kn. ak ngêlih; kc. luwe.
kêluwih-luwih: n. kêlangkung-langkung k bangêt.
kêlobokèn: kn lobok bangêt.
kêlojok: kn kakèhên, kêladuk; kc. lojok.
kêloh: êngg. pc kêluh.
kêlok: kn misuwur; kc. kalok.
kêlon: (-an) kn têturon kêkêpan (biyung karo anak); di-[x]-i: disandhing turu lan dikêkêp.
kêloncong: êngg. ak kêbanjur; kc. loncong.
kêlop: I [x]-[x] pc mêlèk amba (matane). II pc: 1 (ut. kêlong) dhuwit nèkêl (5 sèn); 2 blèg lsp. bundêr digarani dianggo têngara (ing dalan sêpur lsp). III (W) pc: cocog, trêp (tmr. petungan).
kêlorop: pc kêblasuk, kapitunan; kc. lorop.
kêlos: (W) kn 1 ak. ikalan; 2 (bênang [x], bolah [x]) bênang wêton Eropah.
kêlot: kn. ak patohan, bêtah tarung (tmr. jago adon).
kêmajon: n. kêmajêngên k 1 kêladuk ênggone maju; 2 kêladuk murang tata (ênggone gunêman); kc. maju.
kêmadha: kn coraking bathikan minangka pinggiran (tmr. ikêt, kêmbên); dikêmadhani: dibathik kêmadha; kêmadhan: nganggo kêmadha.
kêmadhèh: êngg kêmadhèyan.
kêmadheyan: kn ar. têtuwuhan sing nèmplèk ing wit.
kêmadhuh: kn ar. wit godhonge gatêl bangêt; tunggak [x] pc: tilas maru (mungsuh).
kêmaga(n): kn. ak gêla.
kêmagan: kn gamêlan cilik.
(kêmah): di-[x]-[x] kn dimamah (banjur dilêpèh).
kêmaha: êngg. kn njarag, têmaha.
kêmayangan: kn (bêgja [x]) bêgja bangêt.
kêmayu: pc kênès bangêt; kc. kumayu, ayu.
kêmaki: pc kumintêr; kc. kumaki, kaki.
kêmalan: [x] cangkêm pc kakèhan omong; kc. kamalan.
kêmalingan: n. kêpandungan k: kêlêbon maling.
kêmalo: kn bngs. blêndok dianggo ngêcèt pêndhok; di-[x]: dicèt ing kêmalo.
kêmalot: kn. ak alot bangêt, wulêd; kc. alot.
kêmamang: kn ar. mêmêdi awujud gêni.
kêmampo: pc satêngah matêng (tmr. pêlêm).
kêmanak: kn ar. rêricikaning gamêlan prunggu kaya gêdhang (kênongan cilik).
kêmandèn, kêmandhèn: êngg. kn duwe lêlara ing wêtêng.
kêmanjingan: êngg. pc kêpanjingan.
kêmanjon: kn ora bisa turu manèh marga kagol.
kêmadhah: kn (ut. di-[x]-ake) diêlih (ngalih) mênyang panggonan liya (tmr. saradhadhu, wong nyambut gawe lsp).
kêmandhang: pc kumandhang.
kêmanigan: êngg. kn. ak 1 kêpêksa ngêdol barange kanthi rêga luwih murah tinimbang karo panganyange kang dhisik; 2 ora kêdadean (kang disêdya lsp).
kêmanungsan: kn. ak konangan ing wong; kc. manungsa.
kêmantèn: êngg. kn pangantèn.
(kêmanyu): di-[x], kêmanyon kn. ak diwêdêl (diwèntêr) biru nom.
kêmangga: kn ar. kewan bngs. kêmlandhingan lsp.
kêmanggang: kn isih cilik prayoga yèn diolah panggang (tmr. pitik).
kêmangi: kn ar. têtuwuhan godhonge sok dianggo lalab; lanang [x] ks: wong lanang kang jirih bangêt.
kêmangsa: kn. ak kêdadak, durung têkan ing mangsane.
kêmaos: êngg. k kêmadha.
kêmara: kw kumandhang; kc. kumara.
kêmarang: I êngg. kn tawon. II êngg. kn: ar. wadhah kang digawe sada arèn lsp. diênam.
kêmaru: pc duwe maru.
kêmaruk: kn 1 bungah bangêt (umuk) dening duwe apa-apa kang maune durung tau duwe; 2 êngg. pc. akèh bangêt ênggone mangan (marga mêntas lara).
kêmarung: kn êrining oyod gêmbolo (gêmbili); ngrêgêm [x] pr: ngêmong wong kang angèl wêwatakane.
kêmarogan: kn ar. têtuwuhan.
kêmaron: I ([x] pikire) kn. ak ora sawiji pikirane. II êngg. kn: pangaron.
kêmasan: kn 1 bakul mas intên; 2 tukang gawe dandanan mas intên.
kêmat: (A) kn. ak tênung; di-[x] ak: ditênung; kc. ikmat.
kêmata: kn. ak katon cêtha, dipindêng; kêmatan ak: kawruhan, konangan; kc. mata.
kêmatal: kn mèh garing ana ing wit (tmr. jagung, kara lsp).
kêmatus: kn. ak lara watuk gêtih (T.B.C.); [x] gêtih: tansah ngêtokake gêtih sabakdane duwe anak (tmr. wong wadon); [x] tinja: lara ising-isingên bakda duwe anak.
kêmba: kn ora kalawan mantêp, ora mêmpêng, cêmplang (tmr. panganan lsp); [x] wang pc: (mangan, gunêman) mung tinimbang nganggur; dikêmbani ak: digawe kêmba.
kêmbang: n. sêkar k 1 bêbakaling woh lumrahe mawa lêmbaran, sungut sari, bakal woh, sarta endah warnane; 2 (a-[x]) mêtu kêmbange; 3 br. minangka rêrêngganing ...; 4 trutul putih ing awak (bakal dadi pathèk lsp); 5 ent. dadi ngalamating ...; di-[x] n. dipunsêkar k: 1 ak. direngga ing kêmbang lsp; 2 dicorak
--- 206 ---
gambar kêmbang lsp. (tmr. kêmbên lsp); di-[x]-i n. dipunsêkari k: dirêngga ing kêmbang; [x]-an n. sêkaran k: rêrênggan wujud kêmbang (gambar kêmbang); kêkêmbangan n. sêsêakaran k: 1 kêmbang warna-warna; 2 rêrênggan gambar kêmbang lsp; kc. ngêmbang.
kêmbang-api - kêmit bumi.
kêmbang-api: kn bngs. mêrcon (dipêtha warna-warna).
kêmbang asêm: kn abang sêmu kuning (tmr. ulêsing kucing).
kêmbang-borèh: kn kêmbang karo borèh dianggo sajèn.
kêmbang durèn: kn kuning (tmr. ulêsing jaran).
kêmbang dhuwuran: kn kêmbang borèh kang ditumpangake ing tukon pasar (dianggo sajèn).
kêmbang gula: kn panganan mut-mutan kang digawe gula.
kêmbang karang: kn têtuwuhan sêgara kang thukul ing karang.
kêmbang lambe: pc (dadi [x]) tansah diucapake.
kêmbang lêson: kn kêmbang tlasih dicampur êmpon-êmpon dianggo ngêdusi bocah kang mêntas lara.
kêmbang paès: kn kêmbang kang sapisanan (ora dadi woh).
kêmbang pilangên: kn godhonge padha kuning-kuning (tmr. pari lsp).
kêmbang sêtaman: kn kêmbang campuran warna-warna dianggo sarat misuhi pangantèn lsp.
kêmbang têlon: kn kêmbang kênanga, kanthil lan mlathi (dianggo ngirim).
kêmbang campur-bawur: kn kêmbang campuran dianggo sajèn.
kêmbang waru: kn. ak arênging sumbu (ucêng-ucêng) diyan.
kêmbar: kn 1 padha rupa; 2 (bocah [x]) bocah loro laire barêng; [x] dhampit: bocah kêmbar lanang karo wadon; [x] gantung: bocah kêmbar sing siji laire lêt sawêtara dina; [x] mayang: gagar mayang kanggo sarat pangantèn katêmu; di-[x]: 1 ak. digawe padha rupa; 2 êngg. disusoni disêlang-sêling karo diombèni pohan; di-[x]-i ak: ditandhingi, ditimbangi; [x]-an: kang dianggo ngêmbari, kang padha rupane.
kêmbêl: kn. ak kêblêsêk ing êmbêl.
kêmbên: kn. kasêmêkan ki: jarit ciyut dianggo nutupi dhadha.
kêmbêng: ki 1 kêmu; 2 êngg. susur; [x]-[x] êluhe: ing mata kêbak luh nanging ora tumètès; ngêmbêng: 1 ak. mambêg, kêbak banyu (ora mili); 2 ak. kêbak luh nanging ora tumètès (tmr. mata); 3 br. ngêmot, ngêmu rasa, nandhang, up. ngêmbêng prihatin; kc. kumêmbêng.
kêmbêli: êngg. kn bngs. kampil ut. kasang.
kêmbik-kêmbik: êngg. pc arêp nangis.
kêmbu: êngg. ak bngs. kêpis, tumbu.
kêmbul(-an): kn bêbarêngan (mangan lsp); [x] ajang ak: mangan tunggal saajang; [x] pikir ak: golong pikir; di-[x]-i ak: 1 dibarêngi (dikumpuli) ênggone mangan, dirojongi; di-[x]-ake êngg: dikumpulake, dicarub.
kêmbung: kn: 1 êngg. njêbubug wêtênge marga masuk angin; 2 2 êngg. mlêmbung; 3 ar. iwak loh.
(kêmbong): [x]-[x] kn. ak kêbak banyu, banyune mambêg; di-[x] ak: 1 diêlêb ing banyu, dikèhi banyune; 2 ent. diuja pangane.
kêmbroh: kn têlês kêproh.
kêmeja: I kn klambi rangkêpan. II êngg. ak: meja.
kêmejan: êngg. kn kêmeja (klambi rangkêpan).
kêmedhe: êngg. pc kumidhi.
kêmèn: êngg bèn, karêbèn.
kêmendho: pc durung pati tuwa (tmr. krambil).
kêmèntèng: êngg. kn jirak, kêpundhung.
kêmèng: kn 1 êngg. ampang, ora antêb; 2 cilik ampang (tmr. swara).
kêmèrèn: kn. ak mèri.
kêmeron: kn ora sawiji pikire (kêkarêpane lsp); kc. kêmaron.
kêmêgihan: kn. ak gila bangêt; kc. gila.
kêmêkêlên: êngg. kn kaku bangêt ênggone ngguyu; kc. kamikêkêlên, kêkêl.
kêmêl: (kêmèl ak) kn kêmpêl krakêt.
kêmêmping: pc isih ênom (tmr. pari; kc. kumêmping.
kêmêndhak: êngg. kn mêndhak (alèn-alèn sanggan ukiran).
kêmêndhing: kn ar. têtuwuhan.
kêmêndhir: êngg. pc panggêdhe, lêlurah; di-[x]-i: dipanggêdhèni (tmr. saradhadhu lsp).
kêmênthus: pc ambêk wani, ambêk pintêr; kc. kumênthus.
kêmêng: I kn krasa kaku kêncêng (tmr. tangan lsp). II di-[x] kn: 1 diunthêt, ora disêbutake; 2 ora diblakakake kabèh.
kêmêrgèn: k kêdalanan.
kêmêrki: kn tuma pitik; kc. mêrki.
kêmêruk: (-buntut) kn dêgan ênom.
kêmêton: n. kêmêdalan k 1 mêtu ora dijarag; 2 mêtu wohe akèh (tmr. panèn lsp); 3 kêladuk ênggone mêtu; kc. mêtu, wêtu.
kêmidhi: pc kumidhi.
(kêmil): di-[x](-i) kn 1 diêmud ing wang; 2 pc. dipangan; [x]-an: 1 kanthongan pangan ing wang (tmr. kêthèk); 2 pc. panganan.
kêmilon: êngg. kn pangilon.
kêmini: pc kumintêr (tmr. bocah wadon); kc. kumini.
kêminggirên: pc minggir bangêt.
kêmirêngan: k kêprungon.
kêmiri: kn 1 wit sarta wohe atos; 2 polok (ing sikil); rêbut (nggêpuk) [x] kopong pr: melik prakara kang sapele; kutuk nggendhong [x] pr: wong mênganggo mrabot liwat dalan kang gawat.
kêmis: I kn ar. dina kang kalima. II di-[x]-i ak: diêmisi; kc. êmis, ngêmis.
kêmit: kn jaga (tungguk) ing wayah bêngi; di-[x]-i: dijaga, dirêksa; [x]-an: tungguk.
kêmitan: kn. ak jimat.
kêmit bumi: kn abdi-dalêm kang pinatah rêrêsik, ngangsu lsp.
--- 207 ---
kêmladhakan - kêmpongan.
kêmladhakan: kn cêmpaluk (asêm ênom).
kêmladheyan: kn ar. têtuwuhan kang uripe nèmplèk ing wit liya; [x] ngajak sêmpal pr: sanak sêdulur kang gawe karusakan.
kêmlaka: kn ar. wit.
kêmlakarên: kn kêwarêgên bangêt.
kêmlanda: pc pambêkane kaya Wlanda.
kêmlandhingan: kn 1 bngs. kêmangga gêdhe manggon ing wit-witan; 2 êngg. ar. wit (lamtara).
kêmlantahên: kn. ak ora bisa matêng.
kêmlancang: kn. ak lancang bangêt.
kêmlawe: pc obah-obah tmr. tangan lsp; kc. klawe.
kêmlêkêrên: kn 1 ak. ora bisa mêtu ut. lunga; 2 ora bisa nêtês (tmr. êndhog).
kêmliya: pc kaya wong liya.
kêmlingkingên: pc kêgaringên bangêt.
kêmluhur, kêmluwung: kw luhung, luwung.
kêmlunggi: kn ar. têtuwuhan.
kêmlungkung: pc ambêk linuwih; kc. kumlungkung.
kêmlurusên: pc saya suwe saya kuru (marga ngênês lsp).
kêmlondho: pc durung duwe lar (tmr. gangsir lsp).
kêmu: kn. gurah, kêmbêng ki ngrêsiki cangkêm nganggo banyu; ngêmu: isi, ngêmut, up. ngêmu gêtih; dikêmoni (dikêmbêngi ki): diresiki nganggo (banyu lsp) tmr. cangkêm.
kêmuda: êngg. kn lèmèking pangantèn kang ditêmokake; kc. kumuda.
kêmudhi: kn piranti dianggo ngenggak-enggokake lakuning prau, dikêmudhèni: 1 dienggak-enggokake lakune (tmr. prau); 2 ent. diiguhake, diêrèh, dipanggêdhèni.
kêmuku: kn (angêt [x]) mangêt-mangêt.
kêmukus: kn 1 mêtu kukuse; 2 ar. bumbon crakèn; kc. kumukus.
kêmul: kn. singêb ki 1 krukubing awak ing nalikane turu lsp; (ut. a-[x], [x]-an) nganggo kêmul; di-[x]-i: 1 dikrukub ing kêmul; 2 ditutupi, dilimputi.
kêmumu: kn ar. wit.
kêmunah: kn. ak daya srana kang marakake; 2 ngreka murih.
kêmundurên: kn kêladuk ênggone mundur; kc. mundur.
kêmunjilan: êngg. kn wuragil.
kêmuning: kn ar. wit kayune kuning.
kêmuritên: kn grêgêtên bangêt (ilang sabare).
kêmucing: pc sulak (kêbut wulu).
kêmojing: kn ar. woh.
kêmodhong: I kn. ak ar. guna-dhêsthi. II gong [x] kn: gong awujud wilahan (dudu gong gantung).
kêmomosên: êngg. kn jêlèh, bosên.
kêmon: kn. pagurahan ki banyu lsp. kang dianggo kêmu.
kêmonah: kn. ak kêmunah; di-[x] êngg: direka-reka murih.
kêmocor: pc tansah mêtu (idune, marga kêpengin bangêt lsp); kc. kumocor.
kêmpal: k kumpul.
kêmpang: êngg. kn wis ora doyan.
kêmpar: êngg. kn ar. iwak sêgara (digawe gêrèh ut. trasi).
kêmpar-kêmpor: kn. ak gêmbar-gêmbor.
kêmpas-kêmpis, kêmpis-kêmpis: kn bantêr ambêkane (mêntas mlayu lsp).
kêmpas-kêmpus: pc tansah nyêbul (ndamu); kc. kêmpus.
kêmpas-kêmpos: pc kumêbul ênggone udud; kc. kêmpos.
kêmpèk: êngg. kn lumbung; [x]-an êngg: kanthong; kc. kampèk, kêpèk.
kêmpèng: êngg lêmpèng; di-[x] êngg: diênêng-ênêngi sarana disusoni; kc. êmpèng.
kêmpès: kn mari mlêmbung, kimpês.
kêmpêl: 1 kn. kumpul krakêt (ora ajur); 2 êngg. k. kumpul.
kêmpis: I êngg. kn kêpis. II [x]-[x] kn: bantêr ambêkane (mêntas mlayu lsp).
kêmpit: I di-[x] kn 1 digawa (dipèpèt) ing cangklakan; 2 dipèpèt ing wlakang; 2 pc. dikanthi, diopèni lan diayomi; 4 dikayuh (tmr. wade lsp); di-[x]-ake: dikayuhake; [x]-an: 1 indhing (gombal ut. kacu dilinting dianggo cawêt yèn pinuju nggarap banyu); 2 wade lsp. kang dikayuh; 3 êngg. pangindhung; 4 êngg. diluputake ing pagawean desa mung kapatah nyambut gawe ing prabot desa. II kn: bngs. gêrèh.
kêmpyang, kêmpyung: kn. ak rame tmr. swara; di-[x]-i: direwangi supaya mundhak rame.
kêmplang: I di-[x] kn 1 ak. dipepe ing panasan; 2 ora disauri (utange). II kn: ar. panganan.
kêmple-kêmple: pc ijèn thil.
kêmplèng, kêmpling: pc pintêr bangêt, bêcik bangêt.
kêmplès: êngg. kn kêmpès.
kêmplêng: êngg. kn ar. panganan; kc. kêplêng.
kêmplung-kêmplung: pc katon akèh lan mandhêg (tmr. banyu lsp).
(kêmplong): di-[x]-i kn dithuthuki nganggo gandhèn lsp. supaya alus (tmr. mori, klika kayu, klasa pasir lsp); [x]-an: kayu kang dianggo ngêmplongi.
kêmpu: êngg. kn wadhah bundêr mawa tutup (dianggo wadhah kinang lsp).
kêmpukên: kn kêladuk êmpuke; kc. êmpuk.
kêmpul: knb ar. rêricikaning gamêlan saèm. gong cilik; nyuwuk [x] pc: ngrusuhi (ngribêdi) wong rêrêmbugan.
kêmpung: êngg. kn puyuhan.
kêmpus: I êngg. pc omong gêgorohan (umuk-umukan); di-[x] pc: didamoni. II kn: ar. iwak sêgara.
kêmput: kn nganti têmu-gêlang (tmr. ngubêngi), têkan ing pungkasan (muput); di-[x]-i ak diubêngi nganti têmu gêlang, ditutupi kabèh; di-[x]-ake pc: diulur nganti kêmput.
kêmpol: êngg. kn êmpol.
kêmpong: kn 1 kêmpot pipine (marga wis êntèk untune); 2 êngg. nglêmpèt wêtênge, kalirên; [x] perot pc: wis tuwa bangêt.
kêmpongan: êngg. kn lêmpèng.
--- 208 ---
(kêmpor) - kêndhuruk.
(kêmpor): ngêmpor kn. ak mbêngok, gunêman sêru; kc. kêmpar-kêmpor.
kêmpos: I [x]-[x] pc katêrangan wêtuning napas sapi lsp; kc. kêmpus. II pc: kêmpès, nggêmbos.
kêmpot: kn lêgok pipine dening kuru (tuwa); kc. kêmpong.
kêmprang: mak [x] pc pêpindhan swaraning barang tiba pêcah.
kêmprung, kêmprong: pc swara bêbarêngan rame bangêt (kothèkan lsp); kêmprungan êngg. janggrungan, nayuban.
kêmproh: kn ora rêsikan (sandhang panganggone).
kêmpros: êngg. pc sugih omong kang ora nyata.
kêmrayap: pc katon uyêk-uyêkan akèh bangêt; kc. rayap.
kêmrakas: kn. (kêmraos êngg. k): blèg.
kêmriyak: pc krasa kriyak-kriyak.
kêmripik: pc garing gampang cuwil-cuwilane.
kêmrujak, kêmrucuh: pc enak-enake digawe rujak, rucuh (tmr. wowohan, isih rada mêntah).
kêmruyuk: pc uyêk-uyêkan (rubung) bangêt; kc. kruyuk.
kêmrunggi: kn ar. têtuwuhan.
kêmrungsung: pc ora têntrêm atine.
kêmropok: pc 1 garing sarta gapuk; 2 mangkêl bangêt, panas bangét atine.
kêna: n. kenging k 1 ora luput ênggone namakake, up. dibêdhil [x] sikile; 2 kêtaman ing (uga. ent.), up. [x] ing tumbak, [x] pajêg: 3 bisa dipigunakake, up. [x] dipangan; 4 olèh (ora dilarangi), up. [x] sabên wong [x] mlêbu; [x] ing pati br: bisa mati; ora [x] ora: kudu; dikênani ak: ditamani: dikênakake: 1 ditamakake nganti kêna; 2 ditumrapake marang, dicakake marang; 3 dililani, diidini.
kênaka: kw. ki kuku.
kênal: êngg. pc wanuh, têpung; [x]-an: têpungan, kawanuhan.
kênang: I êngg thole. II êngg. pc: kêna(-ing).
kênanga: kn ar. kêmbang.
kênang-apa: êngg. pc geneya, sabab apa.
kênang: êndi êngg. pc mênyang êndi.
kênang gene: êngg. pc geneya, sabab apa.
kênap: (W) kn meja bundêr (pêsagi) cilik.
kênarèn: kn. ak wadhah wangi-wangi ing kacu.
kênari: kn 1 ar. wit sarta wohe atos; 2 ar. manuk ocèh-ocèhan.
kênas: kw 1 kêthèk; 2 kidang.
kêndap-kêndip: êngg. kn mêndap-mêndip.
kêndêl: kn duwe kawanèn, ora jirih.
kêndêman: n. kêwuron k. ak mêndêm.
kêndhaga: n. kêndhagi k. ak bngs. pêthèn dawa.
kêndhak: kn 1 ak. nungkul, têluk; 2 suda kakêndêlane ut. kawanène; kc. êndhak.
kêndhal: I kn kênthêlaning lênga gajih. II kn: ar. wit.
kêndhali: kn praboting abah-abah jaran sing dipasang ing cangkêm; dikêndhalèni: 1 ditrapi kêndhali; 2 ent. dipêpêg, dicandhêt; 3 ws. ak. diapusi.
Kêndhang: I kn bngs. kêtipung gêdhe; di-[x]-i: digamêli ing kêndhang; [x]-an: 1 nabuh kêndhang; 2 ênggone ngêndhang; 3 kulit kang tipis. II kn: wilanganing dluwang ana 48 kêbèt.
kêndhangsul: êngg. k kêndhali.
kêndharah: pating [x] kn. ak: pating klêmbrèh (tmr. bêbêdan lsp).
kêndharakan: kn ar. manuk bngs. blêkok.
kêndharat: kn 1 tampar dianggo nuntun (nancang) raja-kaya; 2 êngg. ak. paladèn sinoman; kc. pandharat.
kêndhat: kn (ora [x]) (ora) pêdhot-pêdhot (tanpa pêdhot, banjur bae); ngêndhat: nglalu sarana nggantung lsp; di-[x]-i (-ake) ak: dilowongi, dijugag sawêtara mangsa.
kêndhèh: êngg. ak kêndhih.
kêndhèrèh: kn. ak kêndharah.
kêndhèrèk: pating [x] kn. ak padha njêbèbèhake suwiwine lan mêndhak-mêndhak (tmr. jago ngèrèki babon lsp); di-[x]-ake ak: dijêbèbèhake suwiwine.
kêndhêk: kn. ak têluk, nungkul; kc. kêndhak.
kêndhêla: kn bngs. kinjêng gêdhe.
kêndhêlang-kêndhêlong: pc tansah kêndho mlêngkung (tmr. tampar lsp); kc. kêndhêlong.
kêndhêlong: mak [x], ngêndhêlong kn: 1 (sanalika) kêndho mlêngkung (tmr. tali, tampar lsp); 2 ent. gêla, cuwa.
kêndhêng: kn tali (tampar) cilik, talining gêndhewa; gunung [x]: gunung kang lêlarikan dawa; ngêndhêng ak: katon dawa bêbanjêngan.
kêndhêrak-kêndhêrêk: pc tansah nglumpruk tanpa daya; ngêndhêrêk: katon nglumpruk tanpa daya.
kêndhi: n. lantingan k wadhah banyu kang digawe lêmah (grabah) nganggo cucuk sarta gulu.
kêndhih: kn. ak 1 kalah, kasoran; 2 nungkul, kêdhêsuk; kc. êndhih.
kêndhil: kn piranti dianggo ngliwêt kang digawe lêmah ut. têmbaga.
kêndhit: kn 1 tali (angkin lsp) kang dianggo sabukan; 2 corak putih lsp. kang ngubêngi wêtêng lsp; 3 watêsing mega ing gunung; 4 êngg. ban (ing layang lsp); 5 êngg. kalènan kang têngah (tmr. patêbon); [x] mimang kadang dewa pr: luput ing pangrenah ut. bêbaya (patohan bangêt); di-[x]-i: disabuki ing kêndhit.
kêndhu: kn. ak kêndho.
kêndhukur: pating [x] pc padha pêpundhukan kaya gumuk; ngêndhukur: awujud pêpunthukan.
kêndhung: kn. ak lêlarikan jèntrèk-jèntrèk; kc. kumêndhung.
kêndhurak: kn ar. keyong ing sêgara.
kêndhurak-kêndhuruk: kn katon klumprak-klumpruk (cêkukrak-cêkukruk), katon njêbabah gêdhe.
kêndhurèn(-an): êngg. kn slamêtan; kc. kêndhuri.
kêndhuri: kn. ak slamêtan.
kêndhuruk: pating [x] pc padha katon nglumpruk (nyêkukruk), katon njêbabah gêdhe.
--- 209 ---
kêndho ~ kênthès.
kêndho: I kn 1 ora kêncêng (ênggone manthêng, nalèni lsp); 2 ent. ora singsêt (tmr. pawakan); 3 ora bantêr (tmr. angin), ora kêras (tmr. prentah lsp), ora pati payu (tmr. dêdagangan), ora mêmpêng (tmr. nyambut gawe lsp); 4 alon: [x] tapihe pc: gêlêman (tmr. wong wadon); dikêndhoni, dikêndhokake: ora dikêncêngi; kc. kêndhon. II êngg. kn: ar. kewan bngs. kalong (bajing mabur).
kêndhon, kêndhor: êngg. kn duwe pakarangan lan omah nanging tanpa sawah (tmr. wong ing padesan); kc. kêndho.
kêndhor: êngg. kn kêndho.
kêne: kw kêna (-ing).
kênèh-kênèh: êngg. pc kang ora-ora (ngênèh-ngênèhi).
kênèk: I êngg. pc kêna. II (W) kn: 1 rewanging wong makarya (tukang lsp); 2 kanthining kusir.
kênèkêr: (W) kn dhir, kêstin.
kênèng: pc kêna (-ing).
kênèng apa: (-gene) êngg. pc geneya, sabab apa.
kênèng ènyêng: êngg. pc rada gêndhêng.
kênèpêr: (W) êngg. pc japitan (rambut lsp).
kênès: kn 1 solah tingkahe kurang jinêm sarta kumayu (tmr. bocah wadon); 2 pc. gêbyar-gêbyar bangêt (tmr. intên lsp).
kênèt: êngg. kn kênèk (kanthining sopir).
kênêp: êngg. pc kênap.
kêni: I di-[x]-[x] êngg. kn diêmi-êmi bangêt, diopèni bangêt. II kw: kêna.
kênikir: kn ar. têtuwuhan.
kênil: êngg. ak kalah.
kênini: (W) kn pil asal saka wit kina (dianggo tamba lara panas).
kêning: êngg. ak bêning; kc. êning.
kêningar: kn. ak manis-jangan.
kênir: (W) kn. ak èngsèl lawang.
kênit: ak. kn arak putih.
kênul: I pc 1 sêga kang ana ing sadhuwuring intip; 2 kang pungkasan, kang enak dhewe. II mak [x] pc: katêrangan tumibaning thuthuk marang apa-apa kang êmpuk mêndat; di-[x] pc: dithuthuk (tmr. adu kêmiri).
kênup: (W) êngg. pc 1 bênik (ing gulon, krah); 2 kênthès (karêt lsp).
kênur: kn bolah rami, tali (tampar) ing pancing.
kênol: (W) kn 1 oyod kang mbêndhol; 2 pc. pêntholing putêran lawang.
kênong: I kn 1 ar. rêricikaning gamêlan sisihane kêthuk; 2 (ut. [x]-an) taningan sêga (dicithak ing bokor lsp); di-[x]-i: ditaningi nganggo cithakan bokor lsp (tmr. sêga). II êngg. pc: kêna (-ing).
kênong-apa: (-gene) êngg. pc geneya, sabab apa.
kênop: (W) kn pênthol pèjètan (ing listrik, mêsin lsp).
kênot: êngg. kn tindhik (tanpa mata intên).
kêntara: n. kêntawis k. pc kêtara.
kêntèkan: n. kêtêlasan k kêkurangan marga êntèk; kc. êntèk.
kêntèl: kn ar. bakal tênunan.
kêntut: êngg. pc ngêntut.
kêntrung: (-an) êngg. ak (mbarang) kêkidungan binarêngan ing têrbang.
kênca: êngg. kn 1 tali (tampar) kang dianggo sipatan ut. watêsan; 2 cêngkorongan, rancangan; di-[x]; 2 dirancang, dicêngkorongi.
kêncan: êngg. kn sêmayan; kc. kênca.
kêncana: (S) kw êmas.
(kêncang): di-[x] kn 1 êngg. pc. dipanthêng (ditarik ngiwa nêngên); 2 ditalèni (dicêncang) kiwa têngên.
kêncar-kêncar: kn padhang mubyar-mubyar (tmr. diyan).
kêncèng: (ut. di-[x] kn dibayar sanalika (tmr. têtuku).
kêncès: êngg. kn kopong (tanpa isi).
kêncèt: kn 1 otot sikil sadhuwuring tungkak; 2 ak. rada pincang (lakune oyag-ayig); di-[x]-i: dikêthok kêncète.
kêncêng: kn 1 ira kêndho (panarike) 2 lêncêng (tmr. garis lsp); 3 bantêr (tmr. angin, laku lsp); 4 payu bangêt (tmr. dêdagangan); 5 kêras bangêt (tmr. dhawuh, pangrèh lsp); 6 singsêt (tmr. nalèni), kukuh (tmr. nyêkêli lsp); 7 mêmpêng bangêt (tmr. kêkarêpan, niyat); di-[x]-i: 1 ditarik (ditalèni lsp) kêncêng; 2 dicêkêli lsp. kêncêng; 3 dikukuhi (tmr. panêmu lsp); 4 dikêrasi (tmr. dhawuh lsp).
kênci: kn ar. kêrtu cilik.
kêncikan: pc diênciki (ora kêjarag).
kêncing: êngg. pc uyuh, nguyuh; [x] manis: lara gulanên; kc. prawan kêncing.
kênclèng-kênclèng, kêncling-kêncling: pc 1 pêpindhaning swara cumêngkling; 2 bêcik bangêt; kc. kêncring.
kênclung: I êngg. pc rada gêndhêng. II di-[x], [x]-an, kênclongan êngg. kn: têrus disêbar ing lèlèran (tmr. wiji pari, tanpa didhêdhêr).
kêncur: kn ar. têtuwuhan êmpune digawe jamu ut. bumbu; kc. bêras-kêncur, prawan kêncur.
(kêncong): di-[x] pc disosoh didadèkake bêras (tmr. gabah).
kêncot: êngg. kn ngêlih.
kêncrang, kêncrèng, kêncring: mak [x], [x]-[x] kn pêpindhan swara têmpuking gêgaman lsp; dikêncring: dithinthing (tmr. dhuwit).
kênthang: I kn ar. têtuwuhan kang dipurih wohe ing jêron lêmah; ora ngêrti [x] kimpule pc: ora ngêrti bab kang dirêmbug. II [x]-[x] kn. ak: sumèlèh (ana ing jaba lsp) ora kopèn; kc. ngênthang.
kênthèng: I kn 1 êngg. gêndhèng; 2 ak. bngs. pangaron dianggo nadhahi gêtihing kewan kang dibêlèh; kc. lumpang kênthèng. II di-[x], [x]-an kn: dilèr, lèlèran (tmr. sawah).
kênthès: kn bngs. pênthung cilik nganggo gêmbêl (ing pucuke); di-[x](-i): dithuthuk(-i) ing kênthès.
--- 210 ---
kênthêl ~ kêpapinan.
kênthêl: kn 1 ora cuwèr; 2 njêndhêl; 3 ora bêning (tmr. wedang tèh, kopi lsp) 4 pc. wis dadi (tmr. rêmbug), bêcik bangêt (tmr. mêmitran); di-[x]-i ak: diundhaki kênthêle; di-[x]-ake: 1 didadèkake kênthêl; 2 pc. didadèkake ênggone rêmbugan; 3 pc. ditukokake barang kang pangaji lan kêna disimpên (tmr. dhuwit).
kênthêng: I êngg. kn tampar (kawat) kang dipanthêng; di-[x](-i): diukur (diwatesi dicêngkorongi lsp) nganggo kênthêng. II êngg. kn: 1 ar. waluh; 2 ak. ar. wadhah kang digawe kulit waluh ut. kawangun kaya waluh.
(kênthil): di-[x]-[x] pc diênthil-ênthil; kc. ênthil, krênthil.
kênthing: I pc pêpindhaning swara mak thing; di-[x] pc: dikêncring, dithinthing. II ([x] kuningan) êngg: pêndhok (kuningan). III ([x]-an) dina ak: wis sêmayan (ditêtêpake) dinane. IV êngg. kn: kunthing, kunthèt.
kênthiwiri: pc tansah wira-wiri (bali).
kênthiwul: êngg. kn thiwul.
kênthug: êngg. kn kêncêng kukuh (tmr. pawakan).
kênthung-kênthung: pc pêpindhan swara thung (lêsung, kêndhang lsp).
kênthus: kn 1 ar. kewan bngs. kintêl; 2 ak. ar. kewan bngs. kancil rupane kaya banthèng cilik.
kênthong: I kn 1 (êngg) [x]-an: pring utawa kayu nganggo blèwèhan piranti kanggo awèh têngara lsp; 2 nabuh kênthongan; di-[x]-i: diwèhi têngara (kêmalingan lsp) sarana nabuh kênthongan.
kênthos: kn 1 calon thikilan ing krambil; 2 isi salak; [x]-an êngg. pc. kang kênthêl dhewe.
kênya: kw prawan; [x] puri kw: papaning para putri (ing kraton).
kênyak: pc kêpidak ing (blêthok lsp).
kênyal-kênyal: kn êmpuk mêndal (tmr. panggrayangan).
kênyal-kênyil: pc nyil-nyilan kênès.
kênyam: kn 1 rasa ing cangkêm (nalikane ngicipi lsp. uga ent); 2 pc. rasa sapisanan ing nalikane ngrungokake gunêman (wêruh pasikon lsp); di-[x](-i): dimamah lan dirasakake (uga ent).
kênyang: êngg. pc warêg.
kênyar: kw sorot (sagêbyaran); kc. kumênyar.
kênyar-kênyar, kênyèh-kênyèh, kênyir-kênyir: pc anyar bangêt.
kênyas: mak [x] pc sanalika krasa panas (gatêl lsp).
kênyas: êngg. kn bngs. tape.
kênyataan: kn kêlakon nyata têmênan.
(kênyèh): sa-[x] kn sakinangan (tmr. suruh); di-[x], [x]-an: diadoni (tmr. kinang).
(kênyêr): [x]-[x] pc têmênan lan isih cêtha alurane (tmr. sêdulur); kêkênyêr pc: mitra kang têmênan.
kênyil-kênyil: pc mêndal êmpuk (nalikane dimamah lsp).
(kênyit): di-[x](-[x]) pc disusu ing pênthile sêmu ditarik-tarik.
kênyul-kênyul, kênyol-kênyol: pc êmpuk mêndal (tmr. panggrayangan).
kênyunyuk: pc kêdumuk ing gêni (lêlandhêp lsp).
kênyung: êngg. pc 1 anak kêthèk; 2 rada gêndhêng.
kênyus, kênyos: mak [x] pc sanalika kênyunyuk (kêcocog).
kênyut: pc obah sêndut-sêndut (kêtêg lsp); di-[x] pc. disusu (disêsêp); kc. kumênyut.
kênyoh-kênyoh: kn mamah sêru (sajak atos); di-[x] êngg. ki: 1 dicakot; 2 dimamah; sa-[x]-[x]-e pc: mung anggêre muni (tanpa dipikir).
kênyos: êngg. kn bngs. tape; kc. kênyus.
kêng: êngg. pc ingkang kang, sing).
kêngangrang: kn. ak rangrang.
kêngkêng: kn 1 kaku kêncêng, kukuh kêncêng; 2 ent. puguh, cukêng; di-[x]-i pc: 1 dikêncêngi; 2 dikukuhi.
kêngulu: êngg. kn bantal; kc. karang-ulu.
kangungrungan: kw gêndhêng dening kedanan.
kêpadhan: kn. ak marêm dening ditimbangi (ênggone sih lsp); kc. padha.
kêpadhil: pc. ak kêparat (pamisuh).
kêpadhuk: êngg. kn kêpêthuk, kêtanggor, kêpapag.
kêpagol: kn kêtanggor nganti mandhêg; kc. pagol.
(kêpah): di-[x]([-x] kn dimamah disêsêp banyune (banjur dilêpèh); [x]-an: sêpah, lêpèhan.
kêpailan: kn. ak larang pangan: kc. pailan.
kêpaya: êngg. pc kêtela gantung.
kêpala: êngg. pc 1 lêlurah, pangarêp (ing kampung); 2 kang bêcik (tmr. godhong têmbako); dikêpalani pc: dipandhegani, dipangarêpi.
kêpalang: I n. kêpambêng k kêna ing alangan; kc. alang. II êngg. kn: 1 kw. têngah-têngah, sêdhêngan; ak. glondhong (sadhuwuring lurah); kc. palang.
kêpaling: êngg. kn 1 bingung, lali; 2 kêsasar; kc. paling.
kêpaluh: kn. ak kêblusuk ing blêthokan; kc. paluh.
kêpama: pc sarwa kacukupan lan sênêng (mukti).
kêpanjingan: êngg. kn kêsurupan ing setan lsp; kc. panjing.
kêpantên: êngg. k kêpala.
kêpancal: kn kasèp têkane (tmr. arêp nunggang sêpur).
kêpang: k kêpung.
kêpanggalan: êngg. pc kêpangkalan.
kêpanggih: k kêtêmu.
kêpanggok: kn kêpêksa mandhêg; kc. panggok.
kêpangkal: (-an) kn. ak kêna ing alangan; kc. pangkal.
kêpaung: kn 1 ak. kêsasar; 2 pc. ndluya, ala kêlakuane.
kêpapian: êngg. kn kelangan; kc. papin.
--- 211 ---
kêpara ~ kêpik.
kêpara: kn. ak 1 rada ... (lumrahe tmr. ênêr); 2 malah; [x] nyata: mula dhasar nyata; kêpara-kêpere pc: ora padha ênggone mara (ngêdum) ana kang kêladukên.
kêparag: kn kêtrajang ing ama lsp.
kêparak: kn ar. abdi-dalêm kraton.
kêparan-doh: kn. ak wis adoh.
kêparan-paran, kêpara-para: kn. ak nganti adoh bangêt (ênggone mlaku lsp).
kêparan tutuh: kn dadi tutuhan, ditutuh; kc. tutuh.
kêparat: kn. ak wong kapir (lmr. dianggo pamisuh).
kêparêng: kn 1 olèh palilah (idin); 2 olèh, kêna; 3 sênêng (ing ati); kc. parêng.
kêpasuk: kw kêna ing, kêtaman, dilêboni.
kêpatèn: n. kêpêjahan k kêsripahan (ana kang mati); 2 kelangan, ana kang ilang; [x] obor: pêdhot aluraning sêduluran marga ora ana sing nggênahake; [x] (pa-)saban: ora duwe kanca (ut. pasrawungan).
kêpati: n 1 {ut. ke-[x]-[x] n. kêpatos(-patos) k}. ak: bangêt-bangêt; 2 (kêpatos k) turu kêpenak bangêt ora nglilir-nglilir.
kêpati brata: kw mêmpêng bangêt, bangêt-bangêt (têmên-têmên).
kêpatuh: kn kêbanjur duwe kamanuhan ala; kc. matuh, patuh.
kêpatoh: êngg. pc kêpatuh.
kêpatos: k kêpati.
kêpatosan: êngg. k kêpatihan.
kêpathak: pc kêna watu êndhase; 2 ([x] kêlacak) konangan ut. kêcandhak tmr. maling; kc. pathak.
kêpe: êngg karêbèn, bèn.
kêpedak: êngg. pc kêpidak.
kêpègès: kn kiris sathithik; kc. pègès.
(kêpèh): di-[x] êngg: dikêpah.
kêpeyuh: êngg. kn kêpoyuh.
kêpèk: kn ar. wadhah mawa tutup kang digawe kepang, wlulang lsp, (sok dianggo wadhah layang lsp); 2 pc. cathêtan; di-[x]-i pc dicathêti.
kêpenak: n. sakeca k 1 rasa ut. krasa sênêng (tmr. awak, pangrungu, ati); 2 ora rêkasa; sa-[x]-e: ora kalawan rêkasa; di-[x]-ake: digawe kêpenak, ditindakake sakêpenake; kc. enak.
kêpenakan: k kêponakan.
kêpene: êngg. pc karêbèn, bèn.
kêpencut: kn katut dening kêsêngsêm (kedanan); kc. pencut.
kêpènyok: êngg. pc kêpênyok.
kêpèngèn: êngg kêpengin.
kêpèngès: kn kiris ing lading lsp; kc. pèngès.
kêpengin: kn duwe pangarêp-arêp bisaa ngrasakake (ndarbèni lsp); di-[x]-i ak: dipèngini; kc. pengin.
kêpèpèd: kn kêdhêsêk nganti mèpèd bangêt (uga ent); kc. pèpèd.
kêpering: kn. ak 1 dumunung ing sisih, rada nisih ...; 2 ora pati digatèkake; kc. iring.
kêpès: êngg. pc kêmpès.
kêpesing: kn ngising ora kêjarag (kêbêlêt ngising).
kêpèt: êngg. kn nglêmpèt, ora njêbubug.
kêpetung: n. kêpetang k katut dietung; kc. etung, petung.
kêpeca: êngg. k kêpenak.
kêpêjah: êngg. k kêpati.
kêpêjahan: k kêpatèn.
kêpêjêng: êngg. ak kaku kêjêng; kc. pêjêng, kêjêng.
kêpêdhak: I (ut. [x]-an) êngg. ak kêpêthuk, pêthukan. II kn: 1 êngg. batur tukang rêrêsik (njaga); 2 ar. abdi-dalêm ut. abdining priyayi gêdhe.
kêpêdhotan: kn. ak kêntèkan; kc. pêdhot.
kêpêgan: kn kêna ing pêga.
kêpêksa: kn kudu tumindak dening dipêksa; kc. pêksa.
kêpêl: I kn 1 (sa-[x]) sagêdhening gêgêman tangan (tmr. sêga); 2 ut. [x]-an) pc. gêgêman tangan (dianggo njotos lsp); di-[x]: 1 (ut. di-[x]-i) diênêt-ênêt sarana digêgêm (tmr. sêga); 2 ditata kaya patrape nggêgêm (tmr. tangan); 3 dikuwasani; kc. pakêpêl. II kn: ar. wit sarta wohe.
kêpêlag: kn. ak kandhêg; kc. pêlag.
kêpêlèt: êngg. pc kêpêksa ut. kêpèpèd bangêt.
kêpêndir: kn kêpêksa nindakake ijèn; kc. pêndir, mêndir.
kêpêndhak: (-an) êngg. kn kêpêthuk, pêthukan; kc. pêndhak.
kêpênêr: ak kc. kêbênêr.
kêpêntut: kn ngêntut ora dijarag; kc. êntut.
kêpêntog: pc pantog ing; kc. pantog.
kêpêncil: kn kijènan (tanpa rowang); kc. pêncil, mêncil.
kêpênthuk: êngg. kn kêpêthuk.
kêpênthong: êngg. pc kêpaluh, kêblêsêk ing blêthok lsp.
kêpênyak, kêpênyèk: êngg. pc midak tlethong lsp.
kêpênyok: êngg. pc 1 kêpênyak; 2 kêpapag, kêpêthuk; 3 nêmahi, kêna ing.
kêpêngkêr: k kêpungkur.
kêpêngkok: kn kêpapag ing, kêtanggor ing, kêpèpèd; kc. pêngkok.
kêpêp: kn ora bisa olèh hawa (marga disumpêt lsp).
kêpêr: I êngg. kn girik, layang pajêg, lsp. II kn. ak kênir lawang.
kêpêrgo: êngg. ak kêpêrgok.
kêpêrgok: kn kêpêthuk karo.
kêpêsa: pc kêpêksa.
kêpêt: kn 1 bngs. tepas dianggo ngisisi awak; 2 (ut. [x]-an) kênir (èngsèl) lawang; di-[x]-i: disiliri nganggo kêpêt; [x]-an: 1 (ut. kêkêpêt ak) nyiliri nganggo kêpêt; 2 awangun kaya kêpêt; 3 peranganing cakran kang winatêsan ing lar sarta buwêngan.
kêpêthatan: kn. ak ([x] udan) sanalika ora ana udan; kc. pêthat.
kêpêthuk: kn kêtêmu karo, pêthukan karo; kc. pêthuk.
kêpiyambakên: k. ak kijènan.
kêpiye: n. pc kêpriye.
kêpik: I êngg. kn bngs. tenggok cilik; kc. kêpèk.
--- 212 ---
II kn. ar. kewan ibêr-ibêran ambune ora enak. III ora [x](-[x]) pc: ora kalong; kc. pik.
kêpilêng ~ kêpok.
kêpilêng: kn. ak kêbrêbêgên bangêt.
kêpilis: kn. ak kêna ing pilingane (sadhuwuring mata tmr. jago).
kêpinjal: kn. ak tuma asu (kucing, tikus); kc. pinjal.
kêpinyak: êngg. kn kêpidak ing.
kêping: êngg. pc gèpèng bangêt, kuru bangêt.
kêpinggirên: kn kêladuk ana ing pinggir; kc. pinggir.
kêpingin: êngg. pc kêpengin.
kêpingkêl-pingkêl: pc ngguyu nganti njungkêl-njungkêl.
kêpipit: kn kêpèpèd, kêplèpèd; kc. pipit.
kêpirêng: k krungu.
kêpis: kn wadhah iwak kang mêntas ênggone mancing lsp. (kang digawe nam-naman pring mawa bolongan ciyut); pundhak [x]: pundhak brojol.
kêpitut: kw katut mèlu; kc. tut.
kêpithing: kn yuyu sêgara.
kêpyak: I êngg. ak ar. rêricikaning gamêlan (nywara pyak-pyak). II ([x] pisan) êngg: 1 kang kawitan; 2 wiwit; di-[x]-ake: 1 pc. diumumake, diwratakake ing akèh; 2 dipitongtonake (tmr. wayang wong lsp); 3 digiyarake kanthi samuwa (tmr. têtêpan pangkat lsp); [x]-an: têtêpan pangkat. III êngg. kn: (wong desa) lumrah.
kêpyar: kn ambyar, ora dhêmpêl (tmr. sêga lsp); kc. kumêpyar.
kêpyêk: pc rame bangêt; kc. kêpyak.
(kêpyuk, kêpyok): di-[x](-ake) pc: dikêpyuk(-ake).
kêpyur:(-kêpyur) kn 1 kaanan sumirat ut. sumawuring banyu (grimis lsp); 2 pc. nratab, kagèt; di-[x]-i: 1 disirati banyu lsp; 2 disawuri bêras lsp; 3 pc. diwènèhi (dipitulungi) pangan sawêtara; kc. klêpyur, kumêpyur.
(kêpyok): di-[x](-i) kn. ak digêpyok(-i); kc. gêpyok, kêpyuk.
kêplajar: êngg. kêplajêng k kêplayu.
kêplayu: n. kêplajêng k. kèngsêr ki mlayu ngungsi (marga kalah pêrange); kc. playu.
kêplak: I mak [x] kn pêpindhan swaraning nabok, nampèl lsp.II malam [x] kn: malam lancêng.
kêplak-kêplik: kn. ak kucêm (tmr. polatan).
kêplantrah: kn. ak kêplantrang.
kêplantrang: kn kêtêrusan ênggone mlaku (ent. kêsasar).
kêplaur: êngg. kn kobêr.
kêplarad, kêplarak: êngg. kn katut dilarak.
kêplas: kn blas (katêranganing laku kang bantêr bangêt).
kêplacas, kêplathas, kêplathus: êngg. kn kêplantrang, kêbanjur.
kêplèh: êngg. kn têlês kêproh.
kêplèk: I mak [x] pc saèm. mak kêplak. II kn: 1 ar. mainan nganggo dhuwit bêdhèkan abang putih ut. krun Arab; 2 pc. ngabotohan.
kêplêre: kn. ak kêplèsêt.
kêplese, kêplèsèt: kn tiba marga sikile mletre; kc. plèsèt.
kêpletre: pc kêplèsèt.
kêplêk: êngg. kn 1 palsu (tmr. dhuwit); 2 gêblêg.
kêplêkikên: kn cêkikên, sêgunên.
kêplênthong: kn kêblêsêk ing blêthok lsp.
kêplênyok: kn 1 midak barang kang lèdrèg; 2 pc. kapusan; kc. kêpênyok.
kêplêng: bundêr [x] kn bundêr mêmêt (kaya bal lsp).
kêplêngkang: kn (tiba, mlèsèt) sikile mênga.
kêplêpêk: êngg. pc kêblêbêk.
kêplêpêkên: kn ora bisa ambêkan (ora olèh hawa) mêrga ditutup rapêt; kc. plêpêk.
kêplêpês: kn. ak 1 putung; 2 apês bangêt.
kêplêsit: kn kêpêncil adoh karo panunggalane; kc. plêsit, mlêsit.
kêplindhês: kn kêtlindhês; kc. plindhês.
kêplipis: kn 1 kêtlindhês, kêpèpèd bangêt; 2 br. kalah.
kêpluk: mak [x] pc pêpindhan swaraning nyampluk lsp; di-[x](-i) pc: digêmpuri (tmr. Prongkalan lêmah); kc. kêpruk, ngêpluk.
kêpluwang: kn. ak kêcêmplung ing luwangan; kc. pluwang.
kêploh: êngg. kn têlês kêproh.
kêplok: kn 1 nangkêbake tangan loro nganti nywara plok-plok; 2 pc. cocog (tmr. pètungan lsp); [x] ora tombok pc: mèlu bungah-bungah ora mèlu cucul wragat; di-[x]: diwanting (tmr. wasuhan); di-[x]-i: diwènèhi sasmita (dimantêpake atine lsp) sarana kêplok-kêplok.
kêplongor: êngg. kn kakèhan pagawean.
kêpu: kn katon bundêr lêmu (tmr. rai).
kêpuh: kn 1 pêprincèning lapak kang mbêndhol; 2 wiron têkukaning dodot ing bangkèkan (gêgêr); 3 ar. wit sarta wohe; gantung [x]: têrus dianggo bae ora tau salin (tmr. sandhangan).
kêpundhung: kn 1 êngg. unthuk, punthukan; 2 ar. wit sarta wohe; kc. pundhung.
kêpung: n. kêpang k padha ngadêg (linggih) ngubêngi; di-[x]: 1 diubêngi karo padha linggih (nalikane slamêtan lsp); 2 (di-[x] wakul binaya mangap) dikupêngi supaya ora bisa oncat (tmr. nêgara, bètèng lap); [x]-an: padha ngêpung slamêtan (kêndhurèn).
kêpungkur: n. kêpêngkêr k wis kliwat (wis kêlakon); kc. pungkur.
kêpus: kw klêbus, têlês.
kêputungan: kn. ak kêpêdhotan, kêkurangan, kêntèkan; kc. putung.
kêpojok: pc kêpèpèd bangêt (kêkurangan dhuwit lsp).
kêpodhang: kn ar. manuk ocèh-ocèhan.
kêpoh: êngg kêpuh.
kêpoyuh: kn nguyuh ora dijarag (kêbêlêt nguyuh).
kêpok: I êngg. kn 1 wungkusan, êmplèngan; 2 taningan kêtan. II êngg: kêplok. III kn: êntèk marga kêna ing pok (pungkasane); di-[x] ak: diantêm lsp. ing pok kuping; kc. pok.
--- 213 ---
kêpokok(-an) ~ kêrèt.
kêpokok:(-an) êngg. ak kuwajiban, kêblabak; kc. pokok.
kêpolosan: êngg. ak ucul, koncatan; kc. polos, lolos.
kêponakan: n. kêpenakan k anaking sêdulur.
kêponto: êngg. kn kêpèpèd (dening kêkurangan lsp).
kêponthal-ponthal: kn kèri bangêt ênggone mlaku (rêkasa ênggone nututi).
kêponthit-ponthit: pc kêponthal-ponthal.
kêpong: êngg. kn tlethong, tlêpong.
kêpopoh: (-an) kn. ak kêpêksa (kuwajiban) nindakake.
kêporit-porit: êngg. pc kêponthal-ponthal.
kêpotangan: kn duwe utang marang, kêdunungan (kabêcikan lsp); kc. potang.
kêprak: kn kêpyak (ing gamêlan ut. ing wayang).
kêpranan: kw kêkênan (atine); kc. prana.
kêpranggul: kn kêpêthuk, kêpapag, kêtêmu; kc. pranggul.
(kêpras): di-[x] kn 1 dipancas, dipapras; 2 pc. dicugag (dipêdhot) tmr. gunêman.
kêprèjèl, kêprojol: pc kêbrèjèl, kêbrojol.
kêprèh: êngg. pc têlês, kêproh.
kêprèhè, kêprèwè: n. kêprèhpun, kêprepun k. êngg: kêpriye.
kêprèk: (-an) êngg. kn rèmèh, ora mbêjaji.
kêprèmèn: êngg. n kêpriye.
kêprècèt: pc mêtu mrucut ora dijarag; pc. prècèt.
kêprèwèn: êngg. n: kêpriye.
kêprêt: pc mlayu bantêr; di-[x]-i pc: disêpèlèkake; kc. prêt, êmprêt.
kêpribè(n), kêprijè(n), kêprigè(n): êngg. kêpriye.
kêpriye: n. kados-pundi k (kêprèhpun, kêpripun êngg. k): pitakon nakokake caraning nindakake (pratingkah, sabab, pamikir, banjuring lêlakon lsp).
kêprimè(n), kêpriwè(n): êngg: kêpriye.
(kêpruk): di-[x](-i) kn: 1 dithuthuk nganggo barang atos supaya pêcah (tmr. krambil lsp); 2 ks. kanggo pamisuh; di-[x]-ake: dithuthukake ing êndhas lsp. (tmr. barang atos); [x]-an ak: kêrêngan (nganggo thuthuk-thuthukan lsp);kc. klêpruk, kumêpruk.
kêprungon: n. kêmirêngan k krungu.
kêprucut: pc kêbanjur (ora dijarag) mrucut; kc. prucut.
kêprojol: pc kêbrojol, kêprèjèl.
kêproh: pc têlês bangêt (sandhangan lsp).
kêprok: I êngg. kn kêplok. II êngg. kn 1 tanpa katêmahan, gêdhêg (pur); 2 ora bisa muni (tmr. bêdhil lsp), ora bisa mlaku (tmr. mêsin lsp); 3 ar. jêruk. III di-[x] êngg. kn: didadèkake siji, dirangkêp.
kêpwaing: êngg. kn dumadakan (kumudu-kudu) waing.
kêra: k kuru.
kêrab, ngêrab: kw katon uyêk-uyêkan akèh bangêt; kc. kêrap, kumêrab.
kêraban: êngg. ak kikiran kuningan (wêsi).
kêrah: (-an) kn tarung cokot-cokotan (tmr. asu, kucing lsp); di-[x]: dicakot.
kêrah-kêrèh: pc bêngak-bêngok.
kêrainan: kn. ak kêtungka têkaning rina; kc. kêrinan.
kêraya-raya: kn kanthi rêkasa bangêt (mêrlokake bangêt).
kêrak: kn 1 pc. tuwa lan garing bangêt (tmr. krambil lsp); 2 êngg. intip.
kêral: kw. ak rosa, kiyêng; kc. kral.
kêram: kn. ak kc. kram.
kêrana: n. kêrantên k. êngg sabab, jalaran; kc. karana, krana.
kêrang: kn 1 bngs. keyong; 2 (tamènganing) garan pêdhang.
kêrangkang-rangkang: kn. ak rêkasa bangêt nganti mbrangkang; kc. rangkang, rumangkang.
kêrap: kn. ak playu bantêr; ngêrak: mbandhang, mlayu banter; di-[x]-ake ak: diplayokake bantêr; [x]-an: balapan sapi (ing Madura).
kêrapan: êngg. kn kalirên, kêluwèn.
kêras: kn I ak. atos; 2 kêncêng (tmr. dhawuh lsp, sêrêng bangêt (tmr. wicara, gunêman); 3 êngg. cukat, rikat (tmr. tandang tanduk; 4 êngg. pc. bangêt (tmr. lêlara lsp), sêru (tmr. swara); 5 mandi bangêt (tmr. tamba), mêndêmi bangêt (tmr. inuman); 6 antêb bangêt (tmr. têmbako); 7 garing (tmr. klobot lsp); ora [x] yèn kêris pc: sênadyana ora gagah (sugih lsp) nanging sêmbada wêwatakane; di-[x]-i: ditindakake kalawan kêras, dikêncêngi, dikêrêngi.
kêrasa-rasa: kn susah bangêt.
kêrbèn: (e) n. pc cikbèn.
(kêrbêk): di-[x]-ake êngg. pc diblêbêkake ing banyu; kc. krêbêk.
kêrbil: I kn kayu sanggan blandar (pangêrêt) mencok ing saka. II pc: tuladha.
kêrbin: kn bêdhil cilik.
kêrdan: êngg. kn kêrêdan.
kêrdim: êngg. pc mori wiron rêrêngganing langse, krêndha lsp; di-[x] pc: direngga ing kêrdim.
kêrdayat: kw kagèt.
kêrja: êngg. kn 1 nyambut gawe; 2 pagawean; dikêrjakake êngg: dimêgawèkake
kêrjik: êngg. kn kikrik, kudu trêp bangêt.
kêrjut, kêrdut: pating [x] kn krasa (obah) sêndut-sêndut; kc. kêjut, kêdut.
kêrdhap: pating [x] kn. ak katon kêlap-kêlap.
kêrdhu: kn. ak bngs. wadhah kang digawe wlulang; kc. gêrdhu.
kêrdhus: (W) kn dluwang kandêl.
kêre: kn 1 êngg. gribig; 2 ak. baju bate (klambi wêsi praboting pêrang).
kêrèh: I kn kêbawah, diêrèh; kc. rèh. II [x]-[x] êngg. pc: bêngok-bêngok.
kêrèn: kn gampang kêrine; kc. kêri.
kêrèng:(-an) kn bngs. intip (ing roti, gula lsp).
kêrepotan: êngg. pc kêribêdan; kc. repot.
kêrèt: I êngg. kn bngs. sorok mawa unton-unton.
--- 214 ---
II di-[x] kn: 1 dilulus sarana ditarik mubêng; 2 diiris diklècèpi (tmr. klika lsp); 3 pc. didhaku, dipèk.
kêrêdan ~ kêrsa.
kêrêdan: kn gulu saêndhase (kewan kang dibêlèh) kang kawènèhake marang kaum; kc. kêrêt.
(kêrêk): di-[x] kn. ak digigit (dicokot) lan dimamah.
kêrêm: I kn kèrêm. II di-[x] êngg. kn: dikurung(-i); [x]-an êngg: 1 kang dikurung (disêngkêr); 2 k. kurungan. III di-[x] êngg: dingrêmi; kc. angrêm.
kêrên: kn luwêng kang digawe lêmah (saèm. anglo tanpa angsang).
kêrênik: êngg kn kapusan; kc. rênik.
kêrêng: kn kêras lan kêncêng (tmr.wêwatakan), cêpak nêpsune; di-[x]-i: dikêrasi, dikêncêngi (pangrêngkuhe); [x]-an: pêpadon (tukaran) kanthi maratangan.
kêrêp: kn 1 rêngkêd bangêt (ora arang); 2 ora antal (tmr. panabuhing gamêlan lsp); 3 lête ora suwe; di-[x]-i (-ake): 1 dirêngkêdake (antarane, panganame lsp); 2 dibladhêg, ditindakjake kêrêp bangêt.
kêrêt: I kn (sa-[x]) sairis (sakêthokan) tmr. têbu; di-[x]-i: digêthaki banjur diiris (dikêthok) tmr. barang kang gilig; kc. gêrêd, kêrêdan. II kn karat (murnining êmas, ukuraning intên).
kêrga: kn kc. karga, krêga.
kêri: kn 1 krasa griming-griming (kaya diithik-ithik); 2 ([x] kupinge) pc. rumangsan, ora tahan dening kêrêp disrêngêni (disêmoni lsp); [x] tanpa pinêcut pr: ora didakwa nyana didakwa.
kêrig: I kn kêrèt (bngs. sorok mawa unton-unton). II kn: 1 ak. ngêbut-ngêbutake klasa lsp. supaya ilang rêrêgêde; 2 padha mêtu (lunga) kabèh bêbarêngan (pêrlu nandangi pagawean lsp); 3 êngg. kang wajib nindakake pakaryan gugur-gunung (tmr. wong ing desa); [x] lampit: kabèh kêrik ora ana sing kari; di-[x](-ake): kabèh padha dikon tumandang (nglumpuk lsp); [x]-an: pakaryan aradan (kabèh dikon tumandang).
kêrik: di-[x] kn 1 dicukur sathithik sarta dipacak rêsik (tmr. alis, sinom lsp); 2 dikêrok saka sathithik nganggo lading lsp. (tmr. barang kang atos), diilangi (dibubrah) nganggo lading (tmr. tulisan); [x]-an: kang wis dikêrik, olèh-olèhane ngêrik; kc. ngêrik.
kêrinan: kn nganti awan bangêt (ênggone tangi turu); kc. rina.
kêring: I kn 1 ak. tuwa sarta garing bangêt; 2 (ut. [x]-an) roti lsp. kang garing; 3 êngg. rapak (godhong têbu garing). II êngg. kn: bngs. cethok.
kêris: n. dhuwung k. wangkingan ki: ar. gêgaman landhêp mawa wrangka lan ukiran; ora [x] yèn kêras pc: sênadyan ora sêmbada, nanging duwe gêlar ut. katon gagah; di-[x] ak: disuduk ing kêris; di-[x]-i n. dipundhuwungi k. diwangkingi ki: diwènèhi (diênggoni) kêris; [x]-an n. dhuwungan k: 1 (wangkingan ki) nganggo kêris; 2 têtironing kêris.
kêrkas: kn. ak wadhah pistul (kang digawe wlulang).
kêrkasa: kw seru (bantêr), kanthi karosan.
kêrkat, kêrkêt: kn 1 ak. grêgêt, kamêmpêngan; 2 niyat kêncêng (nêdya tumandang); kc. grêgêt, krêkêt.
kêrkèt-kêrkèt, kêrkit-kêrkit, kêrkot-kêrkot: pc pêpindhan swaraning pring mêntul lsp.
kêrkuhan: kn mbêkuh (sêsambat) lirih; kc. bêkuh.
kêrkut-kêrkut: pc swara kêroding untu.
kêrkop: (W) kn kuburan bangsa Eropah.
kêrlap, kêrthap: pating [x] kn padha katon sumorot gêbyar-gêbyar; kc. kêlap, kêrdhap.
kêrlip, kêrlop: pating [x] kn katon gêbyar-gêbyar (kêlip-kêlip); kc. kêlip.
kêrlip-kêrlipan êngg. pc dhêmênan.
kêrmi: kn bngs. cacing ing wêtêng; [x]-ên: lêlaranên ing wêtêng akèh kêrmine; kc. krêmi.
kêrmun: I kn. ak bngs. joli; kc. krêmun. II êngg. pc: grimis; kc. krêmun.
kêrmus-kêrmus: pc swaraning mamah; kc. krêmês, krêmus.
kêrnèt: êngg. pc kênèk.
kêrnik: kakèhan [x] pc kakèhan pratingkah, rèwèl.
kêrnuk: pating [x] pc padha lêlungguhan arêp-arêpan.
kêruh: êngg. kn buthêk.
kêruk: kn piranti dianggo ngêdhuk (ngurêki lsp); di-[x](-i): dicidhuk (dikêruki) nganggo kêruk; kc. kêrok, kumêruk, kêmêruk.
kêrungkêb: kn. ak tiba mêngkurêb; kc. rungkêb, krungkêb.
kêruron: kw kluron.
kêrut-kêrut, kêrot-kêrot: kn (pêpindhan swaraning) nggathukake untu digosokake.
kêroban: kw kêbanjiran, kêlêban; kc. rob.
(kêrod): di-[x](-i) kn: dikêsud; kc. kerod, kêrut.
kêrok: kn piranti dianggo ngrêsiki wulu (kulit) jaran; di-[x](-i): 1 dirêsiki nganggo kêrok (tmr. jaran); 3 digosok ing dhuwit lsp. (tmr. kulit, wong mangsuk angin); 4 disisriki malame (tmr. bathikan).
kêron: êngg. kn intip.
kêrpana: kw mêmêlas, mêlas-asih.
kêrpèk: I êngg. kn bngs. kranjang dianggo wêwadhah; [x]-an êngg: bakul ojogan: kc. kêpèk. II ut. kêrpin êngg: cikbèn.
kêrpis: êngg. kn: kan (bngs. teko porsêlin).
kêrpu: kn bngs. kristal dianggo mata ali-ali, têsbèh lsp.
kêrpus: I kn 1 bngs. kupluk (tutup êndhas); 2 wuwungan omah sing dilepa. II kn: ukuman ditutup (tmr. saradhadhu); di-[x]: diukum ditutup (tmr. saradhadhu).
kêrsa: ki 1 arêp; 2 karêp; 3 gêlêm; dikêrsani ki: dikarêpi; dikêrsakake ki: 1 dikarêpake; 2 dikon; kc. kêrsa.
--- 215 ---
kêrsil ~ kêsilêm.
kêrsil: kn cilik cêkêl-cêkêlane.
kêrta: (-kêrti) kw sarwa tata, ora rusuh.
(kêrta-aji): di-[x] kn. ak dikira-kira, ditêksir.
kêrtan: êngg. kn krungu (kabar).
kêrtarta: kw putus ing (kawruh lsp).
kêrtas: êngg. pc dluwang.
kêrta-wadana: kw pangarêp.
kêrtèp: pating [x] pc katon pating glêbyar (sumorot).
kêrtès: pating [x] pc padha nywara mak kêtès.
kêrtêp: êngg. kn timang dironyok intên.
kêrtiyasa: kw pintêr, linuwih.
kêrtu: n. kêrtos k dluwang kandêl pêsagèn cilik-cilik mawa gambaran dianggo main; [x] gêdhe: kêrtu Wlanda (cara Eropah); [x] lima: ar. mainan nganggo kêrtu cilik; [x] cilik: kêrtu wêton nêgara Cina; [x] pos: dluwang kandêl pêsagi dawa dianggo kirim layang.
kêrcap: pating [x] pc padha kêcap-kêcap; kc. kêcap.
kêrcip: pating [x] pc padha nywara kaya bocah nusu.
kêrthap, kêrthip: pating [x] pc padha katon gêbyar-gêbyar putih cilik-cilik (marga adoh); kc. kêthap, kêthip.
kêsabêgan: êngg. k warêg; kc. tuwuk.
kêsabêt: kn kêgitik, kêna ing sabêt; kc. kêsambêt.
kêsait: pc 1 katon gagah (bêcik sandhang panganggone lsp); 2 dikasihi; 3 rampung; kc. sait.
kêsayahan: kn. ak sayah bangêt.
kêsalaban, kêsalahan: êngg. pc kêluputan; kc. salab, salah.
kêsaladan: kn. ak kobongan kc. salad.
kêsaman: kn. ak kêpadhan; kc. sama.
kêsamaran: kn ora têrang pangêrtine (ora wêruh); kc. samar.
kêsampak: êngg. kn kêtêmu; kc. sampak.
kêsampar: kn disampar ora disêngaja; [x] kêsandhung: kêtêmu ut. olèh apa-apa ora disêngaja; kc. sampar.
kêsampe: kn kêna ing apa-apa kang kêmlawe lsp. kc. sampe.
kêsandhang: kn. ak dianggo, dilakoni (ditêmahi); lara [x] ak: lara ngênês marga kedanan; kêsandhangan setan ak: kêsurupan setan; kc. sandhang.
kêsandhung: kn 1 sikile nanggor watu lsp; 2 ent. kêna ing alangan, nandhang karibêdan; kc. sandhung.
kêsanggrêk, kêsanggrok: kn. ak kandhêg; kc. sanggrêk.
kêsangkut: kn 1 digubêd ut. dicanthèli lsp. (ora kêjarag); 2 katut ing prakaraning liyan; kc. sangkut.
kêsanglad: kn. ak kobongan, kêna ing kacilakan; kc. sanglad.
kêsangsaya, kêsangsara: kn. ak nandhang sangsara; kc. sangsaya, sangsara.
kêsangsang: kn sumangsang ing (ora kêjarag); kc. sangsang.
kêsapah: êngg. kn tela kaspa.
kêsaput: kw 1 dilimputi (ditutupi) ing; 2 ([x] ing wêngi) kêtungka têkaning wêngi; kc. sapu.
kêsar-kêsar: kn sar-saran atine; kc. kumêsar.
kêsarèn: ki kêturon; kc. sare.
kêsaru: kn dumadakan kêtêkan ing (dhayoh lsp); kc. saru.
kêsarug: kn saèm. kêsampar; kc. sarug.
kêsaruh: êngg. kn kisruh ut. bingung (dening swara rame lsp).
kêsasaban: kn. ak kêtutupan, disasabi; kc. sasab.
kêsasar: kn kliru dalane; kc. sasar.
kêsat: kn. ak garing (ora ngêmu banyu); kc. sat, asat.
kêsawaban: kn olèh sawab; kc. sawab.
kêsawe: êngg. kn tela kaspa.
kêsdik: êngg. kn tasdik, waskitha.
kêsdu: êngg. kn 1 ak. gêlêm; 2 arêp, duwe kêpengin arêp; di-[x] êngg. ak: dipèngini.
kêsèd: kn sungkan (ora gêlêm) tumandang ing gawe.
kêsegrok: pc kêsenggrok.
kêsenggol: kn disenggol ora kêjarag; kc. senggol.
kêsenggrok: kn kandhêg; kc. senggrok.
kêsèrènan: kn. ak kêdunungan ut. olèh apa-apa kang wis ditinggal lsp; kc. sèrèn.
kêsèrèt: kn katut disèrèt; kc. sèrèt.
kêsèsèk: pc wurung, cabar.
kêsèsi: kw cilaka,mêmêlas.
kêsêd: kn 1 ak. garing atos; 2 kêncêng, kukuh; 3 êngg. matêng; ora [x] êngg: ora bisa(-kêconggah); kc. kêsêt.
kêsêksan: kw mêmpêng.
kêsêl: kn sayah (tmr. tangan, sikil lsp).
kêsêlak, kêsêlêk: kn 1 enggal (dadakan) arêp ...; 2 êngg. dadakan watuk (marga ngombe lsp); kc. sêlak, sêlêk.
kêsêlan: I kn. ak gampang kêsêle; kc. kêsêl. II kn: disêlani ing: kc. sêla.
kêsêmbèt, kêsêmbir pc kêsangkut ing (prakaraning liyan); kc. sêmbir.
kêsêmbuh: kw ([x] ing busana) wuwuh endahe (dening panganggo); kc. sêmbuh.
kêsêmpèt: kn. ak katut digêpok (diarani ala lsp); kc. sêmpèt.
kêsêmpyok: kn 1 dikapyuk ing ombak lsp; 2 pc. kêsangkut ing (prakaraning liyan); kc. sêmpyok.
kêsênal: pc nêmahi kacilakan, rêkasa lakune marga kliru (tmr. main).
kêsêntor: kn kêna ing ilining banyu (angin); kc. sêntor.
kêsêng: êngg. kn pêthêl, srêgêp.
kêsêngsêm: kn 1 sênêng bangêt marang; 2 kedanan; kc. sêngsêm.
kêsêpèn: n. kêsêpênan k 1 kêkurangan (ora duwe); 2 sêpi bangêt; kc. sêpi.
kêsêrapan: k. ak kêsurupan.
kêsêrêtên: kn 1 sêrêt bangêt; 2 ora bisa kêpenak pangulune; kc. sêrêt.
kêsêron: kn sêru bangêt.
kêsêsa: k kêsusu.
kêsêsêr: kw kêplayu, kalah; kc. sêsêr.
kêsêt: kn garing lan atos, atos kiyal (tmr. grayangan); kc. kêsat, kêsêd.
kêsiyangên: k kawanên; kc. awan.
(kêsik): di-[x] kn digosok nganggo bubukan bata lsp. tmr. untu).
kêsilêm: kn. ak kêsilêp.
--- 216 ---
kêsilêp ~ kêtayuh.
kêsilêp: kn 1 amblês ing banyu (êmbêl lsp); 2 ora katut dietung, ora krungu ut. kêlêm tmr. swara; 3 ora dicungulake (lali); 4 wis ora dianggo (ora dipigunakake); kc. silêm, silêp.
kêsilip: kw kêlimpe, kapusan; kc. silip.
kêsinggihan: 1 ki. bênêr (mula iya bênêr); 2 êngg. pamit.
kêsingi: kn. ak kêbawah, kêwêngku ing; kc. sumingi.
kêsingsal: kn. ak 1 kontal (ilang) adoh; 2 pc. kêtriwal; kc. singsal.
kêsiram: pc katut disiram (kayut olèh bathi lsp); kc. siram.
kêsiring: kw rada kêtaton (kêna); kc. siring.
kêsirnan: kw kelangan; kc. sirna.
kêsisahan: kw kêsusahan.
kêsisipan: kn. ak 1 kliru (dalane); 2 kêluputan; kêsalahan; kc. sisip.
kêsit: kn ora gampang dicêkêl (kumudu lunga rikat, tmr. kewan).
kêskil: êngg. kn ndrêgil, srêgêp ing gawe.
kêskul: kn. ak kêba, kasang.
kêslamur: kn lali marang kasusahane lsp; kc. slamur.
kêslêku: êngg. pc kêtlêku.
kêslêmpêk: pc kêslêpêk.
kêslêmpit: kn sumlêmpit ora dijarag; kc. slêmpit.
kêslêpêk: ak. kêslêpêk kn wis ora ana ênggone (wêktune); kc. slêpêk.
kêslêsêp: kn. ak nlêsêp ora dijarag; kc. slêsêp.
kêsliyo: kn 1 mlèsèd athik-athikaning balunge; 2 ak. kliru têtêmbungane (basane).
kêslilitên: kn kêlêbon slilit ing untune; kc. slilit.
kêslimpêt: pc kêsrimpêt.
kêslira: kn. ak wis manuh; kc. slira.
kêsliring: kn 1 ak. kêsiring; 2 kêtaman saka ing iringan, kêna ing pasêmon; kc. sliring.
kêsliru: êngg. kn klèru.
kêslubuk, kêslobok: kn. ak kêblusuk; kc. slobok.
kêsluru: kn. ak kliru, kêlalèn.
kêslusuban: kn kêlêbon êri lsp. (ing sikil lsp); kc. slusub.
kêslomod: kn kêna ing gêni udud lsp; kc. slomod.
kêsmaran: kw kedanan, kêsêngsêm.
(kêsud): I di-[x] kn diulapi nganggo lap. lsp. II di-[x] êngg. ak: dilongo, dicilikake (uga ent.).
kêsuh: êngg. kn 1 lêsu, sêdhih; 2 ora tahan (ora kuwat).
kêsuhun, kêsuwun: êngg. ki nuwun (trima kasih).
kêsukon: kn. ak kakèhan mlaku.
kêsundhul: kn êndhase nyundhul ing.; [x]-an: isih nusoni wis duwe anak manèh; kc. sundhul.
kêsunggah, kêsunggan: êngg. kn sikile kêna ing bêling lsp.
kêsungsang: kn njungkir êndhase ana ing dhuwur; kc. sungsang.
kêsupèn: k kêlalèn.
kêsur: kn kêdhêsêk ênggone; kc. sur.
kêsurang-surang: kn. ak kêlunta-lunta.
kêsurupan: kn. ak 1 kêlêbon (disurupi) ing lêlêmbut; 2 kêtungka ing wayah surup; kc. surup.
kêsusahan: kn nandhang susah; kc. susah.
kêsusu: n. kêsêsa k rêrikatan (giri-giri) ênggone tumandang lsp.
kêsusul: êngg. kn kêtututan; kc. susul.
kêsusupan: êngg. kn kêsurupan; kc. susup.
kêsuwèn: n. kêdangon k: kêladuk suwene.
kêsuwun: êngg nuwun (trima kasih).
kêsuwur: kn. ak misuwur.
(kêsut, kêsot): kn. ak kc. kêsod, kêsud.
(kêsod, kêsud): [x]-an kn. ak wêtuning ambêkan.
kêsokan: kn kêwutahan wedang lsp; kc. sok.
kêsompok: kn. ak dumunung ing papan kang sompok (rupêk); [x]-an ak: kêslêpêk; kc. sompok.
kêsondhang-kêsandhung: pc kapinujon wêruh (nêmu lsp); kc. sandhung.
kêsorèn: n. kêsontênên k kasèp bangêt (nganti kêtungka wayah sore).
kêsosor: kn. ak kasoran, kalah; kc. kasor.
kêspur: (W) kn wêsi cringih-cringih ing tungkakaning sêpatu dianggo nggêbrag jaran; di-[x]: digébrag ing kêspur.
kêsrakat: kn nandhang kêmlaratan bangêt.
kêsrambah: kn kacakan (diambah, dianggo lsp); kc. srambah.
kêsrawo: kn. ak kêtawur.
kêsrèk, kêsrik: mak [x] pc pêpindhan swaraning barang gêgosokan. nisrik lsp; dikêsrik pc: dikêrik (disusuk) sathithik.
kêsrèmpèd: kn kêna sathithik; kc. srèmpèt.
kêsrimpêd: kn kêgubêd ing tali lsp. sikile; kc. srimpêd.
kêsrimpung: kn. ak kêsrimpêd: kc. srimpung.
kêsrumahan: êngg. kn kêsurupan (lêlêmbut).
kêstabêl:(-an) (W) kn. ak prajurit mriyêman.
kêstal: (W) kn. ak pèn waja; kc. sêtal-pèn.
kêstalan: kn gêdhogan.
kêstèl: (W) kn. ak prangkat, rakitan; kc. sêtèl.
kêstèn, kêstin, kêsting: êngg. ak kênèkêr.
kêstin, kêsting: kn ar. bakal saèm. sutra.
kêstiwêl: (W) kn. ak sêtiwêl.
kêstul: (W) kn pestul.
kêstroli: pc lênga jarak (dianggo urus-urus).
kêta: kw. ak rak, jêr. bok mênawa.
(kêtab): [x]-[x] kn nêpak-nêpak tambir lsp. supaya ilang rêgêde; di-[x]: digêbrag ing wêtêng (tmr. jaran supaya bantêr); di-[x]-ake: dikêtog-kêtogake (tmr. wadhah), dikêbut-kêbutake (supaya rêsik).
kêtail: kn. ak nêmahi cilaka.
kêtayuh: kn. ak katon ing sajroning impèn (tmr. sasmitaning lêlakon); kc. tayuh.
--- 217 ---
kêtak-kêtèk ~ kêtiban.
kêtak-kêtèk: êngg. pc bêngak-bêngok.
kêtaliban: kn. ak 1 kliwatan; 2 ([x] dina) ak. wis kêlêtan dina; kc. talib.
kêtaluh: êngg. kn kêpaluh.
kêtaman: kn kêna ing (gêgaman, daya lsp).
kêtablêm: êngg. kn kêbuntêtan (tmr. kalèn lsp).
kêtambuhan: n. kêtambêtan k. ak kêsamaran, kêkilapan; kc. tambuh.
kêtamian: êngg. k kêdhayohan.
kêtamuan: k kêdhayohan.
kêtamon:(-an) êngg. k kêdhayohan.
kêtampa, kêtampan: n. kêtampi, kêtampèn k wis ditampa; kc. tampa.
kêtampon: kn kêcipratan banyu udan; kc. tampu.
kêtan: n. kêtos k bngs. bêras (sêga) kang plikêt.
kêtandangan: pc dipilara; kc. tandang.
kêtandha: kn. ak kêbuktèn, têrang; kc. tandha.
kêtandhêgan: kn nandhêg nganti akèh; kc. tandhêg.
kêtandhog: kn. ak kêsanggrok, kandhêg.
kêtantilan, kêtantingan: pc montang-manting rêkasa.
kêtanggêlan: k kêtanggungan.
kêtanggung: kn 1 ar. prajurit (ing Ngayogya); 2 ak. bngs. manggung (budhaya); 3 ar. lurik.
kêtanggungan: n. kêtanggêlan k mung têngah-têngah, ora mbabar-pisani; kc. tanggung.
kêtanggor: kn nanggor ora kêjarag; kc. tanggor.
kêtapung: kn. ak dikagètake; kc. tapung.
kêtar-kêtir: kn tansah kuwatir (sumêlang).
kêtara: n. kêtawis k 1 ak. katon; 2 katon cêtha, katon têrang.
kêtaris: kn 1 katut ditarik; 2 ([x] saka): marga saka; kc. tarik.
kêtas-kêtis: pc cilik cêtha (tmr. swara).
kêtat: kn kaku sêmu plikêt.
kêtatal: (-an) kn wis têrang marga wis kêlakon; kc. tatal.
kêtaton: kn nandhang tatu; kc. tatu.
kêtawan: kn ditawan ing mungsuh; kc. tawan.
kêtawang: kn 1 ([x] ing srêngenge) matane kêna ing soroting srêngenge; 2 ar. gêgolonganing gêndhing; kc. tawang.
kêtawis: kn ora katon (kelangan lacak) marga campur ing wong akèh.
kête: pc kalah (main).
kêtebang-kêtebang: pc katon mlaku saka kadohan.
kêtèyèng-tèyèng: pc tansah nandhang cilaka.
kêtèkèng-kêtèkèng: pc tansah cilaka.
kêtela: kn têtuwuhan kang dipurih kênole (oyode).
kêtela gantung: êngg. kn katès.
kêtèlèng: pc kapitunan, kalah marga sêmbrana; kc. tèlèng.
kêtèlèr: ks kêsangkut ing prakaraning liyan; kc. tèlèr.
kêtèmpèlan: kn 1 ditèmpèli ora kalawan dijarag; 2 [x] setan) ak: kêsurupan; kc. tèmpèl.
kêtèmpêr: kw rada kalah.
kêtèmplèkan: pc kêtèmpèlan.
kêtèn: êngg. kn cancingan, cukat; kc. gêtèn.
kêtènggor: pc kêtanggor.
kêtèp: êngg. kn bundêran slaka lsp. cilik-cilik dianggo rêrênggan ing klambi lsp; kc. kêrtèp.
kêtèrèng-tèrèng: kn. ak ngolah-ngalih panggonan (marga kêmlaratan lsp).
kêtès: mak [x] pc pêpindhan swaraning nampêk lsp; [x]-[x] pc: cêtha bangêt tmr. gunêman.
kêtètèr: kn. ak wis ditètèr; kc. tètèr.
kêtèwèl: kn nangka ênom.
kêtêb: kn. ak uyêk-uyêkan akèh bangêt; kc. kêtêp.
kêtêbon: êngg. kn wit jagung lan godhonge (dianggo pakan kewan).
kêtêdhun: kn lara ing puyuhan.
kêtêg: ut. kêtêtêg kn obahing jêjantung.
kêtêkan: n: 1 [kêdu(mu)gèn k) kêlakon kang disêdya (kasêmbadan); 2 (kêdhatêngan k) ditêkani ing (ora dijarag); kc. têka.
kêtêkuk: pc nandhang kapitunan (kacilakan); kc. têkuk.
kêtêl: kn akèh bangêt (tmr. rambut, gêgodhongan lsp).
kêtêlah: kn kêbanjur lumrah diarani (dijênêngi).
kêtêlak: êngg. kn 1 kêlêlêgên; 2 ngêlak bangêt; kc. têkal, kêtêrakan.
kêtêlasan: k kêntèkan.
kêtêlêp: kn katut dianggo, dipèk têrus (tmr. barang silihan); kakèhan utang (nunggak akèh bangêt); kc. têlêp.
kêtêmbèn: êngg. kn lagi wiwitan (sapisanan); kc. têmbe.
kêtêmbing, kêtêmbir: kn. ak kêpinggirên; kc. têmbing.
kêtêmu: n. kêpanggih k 1 ditêmu manèh (tmr. barang ilang lsp); 2 kêpêthuk karo; kc. têmu, tinêmu.
kêtêmpuh: I kn. ak ditêmpuh; kc. têmpuh. II kn. ak: kêpêksa (kuwajiban) ngopèni lsp; kc. têmpuh.
kêtêndhagan: kn kêkurangan; kc. têndhag.
kêtênggêl: kn kêna ing têngah bênêr; kc. tênggêl.
kêtêp: kn. ak 1 kang pinggir dhewe (tmr. barisan lsp); 2 pinggiraning rambut (ing bathuk) kang dipapali; kc. kétêb.
kêtêpas-kêtêpus: pc sugih omong (umuk).
kêtêpu: êngg. kn katul rada kasar.
kêtêpusan: pc 1 kanthi rêkasa bangêt; 2 sugih omong (umuk).
kêtêr: kw gêtêr.
kêtêrak: kn. ak kêtrajang; kc. têrak.
kêtêtah: k kêtutuh.
kêtêwèlên: pc kakèhan (jujule dhuwit).
kêtib: (A) kn punggawa mêsjid karèrèhaning pangulu.
kêtiban: n. kêdhawahan k 1 kêna ing apa-apa kang tiba; 2 olèh (bêgja, giliran lsp); [x] daru: olèh kabêgjan; kêtiban
--- 218 ---
dhênggung: 1 (ut. [x] urak) tanpa giliran; 2 (ut. [x] dhong) kêna ing dakwa.
kêtiga ~ kêtuwan.
kêtiga: kn. (kêtigên êngg. k): mangsa ora ana udan: kc. kêtiga.
kêtiyon: êngg. kn katiyon.
kêtilêman: k kêturon.
kêtimaha: kn kayu timaha.
kêtimang: kn. ak timang.
kêtimbis, kêtimblis: kn. ak dijlogi saka ing dhuwur; kc. timbis.
kêtimun: kn. ak timun.
kêtimpah: kn. ak ditimpahi, dikurung ing mungsuh; kc. timpah.
kêtimpal-timpal, kêtimplak-timplak: kn. ak ngolah-ngalih panggonan (marga kêsasar ut. kêmlaratan); kc. timpal.
kêting: kn ar. iwak sêgara.
kêtinggi: kn. ak tinggi.
kêtinggor: êngg. kn kêtanggor.
kêtingsal: kn. ak kêsingsal.
kêtiplak, kêtiplèk: kn bngs. sandhal (cripu); 2 ks. batur.
kêtipung: kn kêndhang cilik.
kêtirahan: k kêturahan.
kêtir-kêtir: kn ngandhut sumêlang (kuwatir).
kêtis-kêtis: pc cilik cêtha (tmr. swara, gunêman).
kêtitik: kn konangan (kawêruhan) marga kasumurupan, titikane; kc. titik.
kêtiwang-tiwang, kêtiwar-tiwar: kn. ak kêlunta-lunta adoh.
kêtlajuk: n. kêtlajêng k. ak kêlajuk, kêlacutên.
kêcacah: kn. ak kalah, kasoran.
kêtlaluan: êngg. kêbangêtên.
kêtlampik: kn. ak kêna ing lêlandhêp lsp. ora disêngaja.
kêtlanjang, kêtlanjuk, kêtlanjur: n. kêtlajêng k. ak kêtlajuk.
kêtlanjêr: kn. ak ([x] ing lara) kang baku kêna lêlara.
kêtlangso: kn 1 ngluwihi watês; 2 kasèp ênggone mangan.
kêtlarak-tlarak: kn. ak tansah nandhang sangsara.
kêtlasab: kn. ak kliru nisih (ênggone mlêbu).
kêtlawur: kn. ak kêtawur, kêsrawo.
kêtledhon: kn. ak kliru, lali.
kêtlèyèk: kn. ak kalah, kasoran.
kêtlèdhonên: kn rêmbên (rêndhêt) bangêt; kc. tlèndho.
kêtlèsèk: kn. ak ora olèh-olèhan apa-apa, cabar.
kêtlêku: kn. ak 1 sikile kêtêkuk banjur tiba; 2 kliru wêtuning gunêm lsp.
kêtlimunan: kw kasaput ing pêpêtêng; kc. limunan.
kêtlindhês: êngg. kn kêplindhês.
kêtlingsut: êngg. kn ilang mung marga lali ênggone lsp.
kêtlingso: êngg. kn rada ora nggatèkake.
kêtliring: êngg. ak kêsliring.
kêtlisipan: êngg. ak kêsliring.
kêtlisiban: kn ora bisa pêthukan (marga seje dalan lsp); kc. slisiban.
kêtlisut: kn ilang; kc: kêtlingsut.
kêtliwar: kn. ak ilang, kêsasar.
kêtliwêng: kn 1 ak. kliru dalane, rada kliru panêmune; 2 êngg. lali.
kêtlusuban: kn kêslusuban ing êri lsp. (sikile).
kêtlonjok: kn. ak kêtlajuk, kêlajuk.
kêtlompèn: kn kurang prayitna, kurang rikat; kc. tlompe.
kêtlorok, kêtlorop: kn. ak kêcêmplung ing loropan; kc. lorop.
kêtlorong: kn ([x] ing srêngenge) kêna soroting srêngenge; kc. tlorong.
kêtujèh, kêtujês, kêtojèh, kêtojoh: êngg. kn kêna ing lêlandhêp.
kêtuju: (-ing ênu) kw kèbènêran kêtêmu (kêpêthuk) ing dalan; kc. tuju, pinuju, kapinujon.
kêtudhuk, kêtodhuk: êngg. ak kêpêthuk.
kêtug: I êngg têkan. II kw gludhug.
kêtuhon: kn. ak kênyataan, mula nyata; [x] (kêtuwon) têmên dene ak: cilaka têmên dene…; kc. tuhu.
kêtuyung-tuyung, kêtoyung-toyung: êngg. kn tansah cilaka; kc. tuyung.
kêtul: kn anak bulus (bulus cilik).
kêtula-tula: (-kêtali) kn. ak tansah nêmahi cilaka.
kêtular-tular: kn. ak tansah nular-nular mrana-mrana; kc. tular.
kêtumbar: kn tumbar.
kêtumusan: kn 1 kêna ing tumusing panas lsp; 2 kêlakon kaya kang katon ing impèn; kc. tumus.
kêtumpal-kêtampul: kn. ak tansah kampul-kampul.
kêtumpangan: kn kêtindhihan (ditumpangi); kc. tumpang.
kêtunan: kn nandhang tuna, kêkurangan; kc. tuna.
kêtunjang: kn ditumbuk (ditrajang) ora disêngaja; kc. tunjang.
kêtunjêl: kn ditunjêl (ora dijarag); kc. tunjêl.
kêtuntak: kn. ak wutah nuntak; kc. tuntak.
kêtunggak: kn. ak kêsandhung ing tunggak; [x]-an: duwe turahan utang (cicilan); kc. tunggak.
kêtunggèng, kêtonggèng: kn ar. kewan bngs. kala.
kêtungka: kn dumadakan kandhêg dening ditêkani lsp; kc. tungka.
kêtungkak: kn 1 kêna ing tungkake; 2 pc. lagi arêp mangkat wis ditêkani; kc. tungkak.
kêtungkul: kn nganti lali apa-apa dening mêmpangmêmpêng. nindakake pagawean lsp; kc. tungkul.
kêturahan: n. kêtirahan k ana turahane; kc. turah.
kêturuhan: kn 1 kêcuran ing banyu; 2 kêtularan; kc. turuh
kêturutan: kn kêtutugan, kêtêkan sasêdyane; kc. turut.
kêturon: n. kêtilêman k. kêsarèn k kêbanjur uru (ora dijarag).
kêtutugan: n. kêdugèn k kêturutan sasêdyane; kc. tutug.
kêtutuh: n kêtêlah k (mêntas nêmahi cilaka) kêna kacilakan manèh; kc. tutuh.
kêtuwukên: k. pc kuwarêgên.
kêtuwon: êngg. kn sêdhih bangêt; [x]-têmên [[x]-...]
--- 219 ---
[...têmên] dene ak: cilaka têmên dene; kc. kêtuhon.
(kêtog) ~ kêcêngkig.
(kêtog): I di-[x] kn dikêtabake lsp.; 2 ditog, ditogake; kc. tog, katog. II brêngos [x]-an kn: brêngos cêndhak.
kêtoyan: êngg. k kêbanyon (kobong).
kêtoyung-toyung: êngg. kn tansah cilaka; kc. kêtuyung-tuyung.
kêtomah: kn. ak 1 wis manuh ut. kulina; 2 manggon.
kêtombe: êngg. kn sindap.
kêton: êngg. ak: 2,50 rupiyah.
kêtonjok bêlok, kêtonjokan: êngg. pc kêpêngkok konangan.
kêtonto: kn 1 ak. wis kanggêp ut. katon (kapintêrane lsp); 2 êngg. kêtênta, kèmpi; kc. tonto.
kêtonggèng: kn ar. kewan bngs. kala.
(kêtopros) ngêtopros: êngg. pc omong umuk-umukan (goroh).
kêtorak-kêtarik: kn katut ditarik mrana-mrana.
kêtorang-torang, kêtoring-toring: kn. ak kêlunta-lunta.
kêtos: k kêtan.
kêtotog: kn 1 kêtanggor (kêpantog) ing; 2 ([x] ing prakara) ak. kêna ing prakara; kc. totog.
kêtowongan: kn. ak kêtêndhagan, kêntèkan; kc. towong.
kêtrajang, kêtrêjang: kn kêparag, kêsêrang; kc. trajang.
kêtrasên: kn kêjêron ênggone ngoncèki klikane lsp; kc. têras.
kêtrawang: (-ing srêngenge) êngg. kn kêtawang ing srêngenge.
kêtrênjang: êngg. kn kêtunjang.
kêtrênjêl:(-an) êngg. pc kêsêsêlan ing (wong liya lsp).
kêtrima: n. kêtrimah k 1 ditampa; 2 dianggêp bêcik, dialêm (diganjar) marga lêlabuhane lsp; kc. trima.
kêtrinèn: kn. ak ora timbang (kaya samêsthine).
kêtrial: (kêtriwêl êngg) kn ilang marga pisah karo panunggalane.
kêtrunjêl: êngg. kn kêtunjêl.
kêtrucut: kn kêbacut dikandhakake lsp.
kêtronggongan: kn. ak kapusan (kelangan) marga weya.
kêtrocoban: kn kêcampuran (kamoran); kc. trocob.
kêcah-kêcèh: pc dolanan ana ing banyu.
kêcah-kêcuh: pc tansah idu.
kêcai: kn ar. sayuran.
kêcak: êngg. kn gupak ut. kêna ing (tangane, sikile lsp).
kêcakan: kn. ak kêsrambah; kc. cak.
kêcakêt: kn disihi ing; kc. cakêt.
kêcakot: kn 1 dicakot ora kêjarag; 2 pc. katut kèmbèt ing prakaraning liyan; kc. cakot.
kêcambah: kn thikilan kacang ijo (dianggo lalab lsp).
kêcambil: êngg. k krambil.
kêcanthèl, kêcanthol: kn cumanthèl ora dijarag; kc. canthèl.
kêcangking: pc katut dicangking.
kêcap: kn mênga tumangkêbing cangkêm (yèn gunêman ut. mangan); sa-[x]: satêmbung; [x]-[x]: obah-obah lan nywara (tmr. mangan); pakêcapan.
kêcapah: I pating [x] pc pêpindhan swaraning kêkêcèh (mangan). II ut. kêcapu êngg. kn: tela kaspa.
kêcapi: êngg. kn bngs. clêmpung.
kêcara: kn. Ak wis dadi kalumrahan; kc. cara.
kêcas-kêcos: pc têrang bangêt (tmr.. gunêman); kc. gêcos.
kêcacah: kn. ak klêbu ing petungan, kêpetung; kc. cacah.
kêcacatan: pc gronjalan.
kêcacil: kn woh kêsambi.
kêcathêt: kn. ak wis dicathêti; kc. cathêt.
kêcathil: kn. ak: dijupuk (dilongi) sathithik; kc. cathil.
kêcèh: ut. kêkêcèh, [x]-an kn dolanan ing banyu; [x] dhuwit pc: sugih dhuwit.
kêce-kêce: êngg. kn kècèh-kècèh.
kêcèk: pc kêcrèk.
kêcelik: kn têmahan ora ana apa-apa (kang arêp didêlêng lsp).
kêcèlu: kn. ak kêsêngsêm bangêt marang; kc. kumacèlu.
kêcelung: kn kêmbang dhadhap.
kêcènèng: kn kêtarik; kc. cènèng.
kêcènthèl: pc kêcanthèl.
kêcèr: kn 1 ar. têtabuhan awujud kuningan lsp. bundêr têtangkêban; 2 (ut. [x]an ) slaga ut. topènganing krambil; diyan [x]-an êngg: diyan gantung nganggo krakap blèg bundêr.
kêcerit: kn ngêtokake sêsukêr sathithik.
kêcèt: êngg. pc kêncèt.
kêcècèr: pating [x] pc padha kècèr mrana-mrana.
kêcêbak-kêcêbuk: pc pêpindhan swaraning wong nyidhuk lsp.
kêcêbur: êngg. pc pêpindhan swaraning nyêmplung ing banyu.
kêcêgur: kn kêcêmplung ing banyu; kc. jêgur, cêgur.
(kêcêk): di-[x]-i pc dibombong (diajani) murih wani.
kêcêkapan: k kècukupan.
kêcêklik: êngg. pc pacêklik.
kêcêlèk: êngg. pc kêwêlèh, kêcêlik.
kêcêlik: kn kêcelik.
kêcêluk: éngg. kn kêlok, kondhang; kc. cêluk.
kêcêmal-kêcêmil: pc tansah mêmangan.
kêcêmang-kêcêmong: pc tansah omong (gêgorohan).
(kêcêmbong): ngêcêmbong kn mêmblêng (akèh) banyune; [x]-an ak: ngêndhong tmr. banyu.
kêcêmutan: kn rada mèsêm.
kêcêmplung: kn klêbu ing sumur lsp; kc. cêmplung
kêcênèn: êngg. ak kêwêlèh.
kêcênêng: kn.ak krasa kêncêng kaya ditarik (tmr. urat lsp).
kêcênthèt: kn. ak kêpêksa kandhêg ênggone mundhak gêdhe (marga lêlaranên lsp).
kêcênthok: kn 1 kêgêpok; 2 pc. dumadakan kêtêmu; kc. cênthok.
kêcêngkig, kêcêngkik: êngg. pc konangan (kêcandhak) sanalika.
--- 220 ---
kêcêngklak ~ (kêthapêl).
kêcêngklak: kn 1 lara gulune (gêgêre) marga ngayang lsp; 2 pc. kagol bangêt, nêmahi kacilakan.
kêcêngklèk: pc kêcêngklak.
kêcêpak-kêcêpik: (-kêcêpuk) pc pêpindhan swaraning kêkêcèh ing banyu.
kêcêpit: kn kêplèsèd, dumunung ing antaraning barang loro; kc. cêpit, jêpit.
kêcêput: sêdina [x] êngg. ak sêdina muput.
(kêcêr): di-[x]-i kn dicuri nganggo apa-apa sing dipêrês; kc. kumêcêr.
kêcêt: êngg. kn kêrêp (bola-bali).
kêcêcêng: pating [x] pc padha katon kaku.
kêcêthik: (-an) kn. ak konangan; kc. cêthik.
kêcêthit: pc kêsliyo.
Kêcêthuk: êngg. pc kêpêthuk.
kêcik: I kn isi sawo. II êngg. kn: saèm. tanja dianggo ngrabuk (têbu); di-[x] êngg: dirabuk; kc. gêjig.
kêcilakan: kn nandhang cilaka.
kêcilikên: n. kalitên k kêladuk cilike.
kêcindhilên: êngg. kn masuk angin.
kêcincugan: kn rêkasa bangêt ênggone mlaku.
kêcing: I kn amis ut. pêsing bangêt. II êngg. kn: jirih, wêdèn.
kêcingkagan: kn. ak kêcincugan.
kêcingkrangan: kn kêkurangan, kêmlaratan; kc. cingkrang.
kêcipak-kêcipik: (-kêcipuk) kn. ak kêcêpak-kêcêpik.
kêcipuhan: pc kèwuhan (rêkasa) bangêt.
kêcipratan: kn 1 kêna ing banyu lsp. sing sumirat; 2 pc. katut diarani ala; kc. ciprat.
kêcirèn: kn wis dicirèni alane; kc. ciri.
kêcirit: êngg. kn kêcerit.
(kêcit): di-[x] pc disusu pênthile.
kêclap: kn 1 ([x]-[x]) tleram-tleram, gêbyar; 2 pc. pratingkah (solah tingkah) kang dadi telaking kêkandhutaning atine; kc. kumêclap.
kêclenthot: kn kliru têtêmbungane.
kêclethut, kêclethot, kêclithut: êngg. kn kêclèthot.
kêclup, kêclop: pc kaclêp ing banyu.
kêcukupan: n. kêcêkapan k sarwa cukup (sugih).
kêcumpon: kn. ak cukup; kc. cumpu.
kêcupêtan: kn kêkurangan; kc. cupêt.
kêcurat-kêcurut: kn malah akèh dhuwit kang ora tumanja (panganggone).
kêcurêsan: kn ([x] turun) kêntèkan turun; kc. curês.
kêcurut: kn. ak ora tumanja panganggone (dhuwit).
kêcus: mak [x] pc sanalika tumancêb; kc. cus, nyus.
kêcut: kn 1 rasa kaya dene rasaning asêm; 2 pc. pucêt kisinan.
kêcuthêlan: kln. ak wis êntèk; kc. cuthêl.
kêcuwan: kn cuwa (gêla) bangêt.
kêcodhèran: êngg. kn kêjodhèran, konangan.
kêcoh: ki idu; (pa-)[x]-an ki: paidon.
kêcokan: pc kacokan, kêcampuran.
kêcolok: kn matane kêna ing driji; kc. colok.
kêcolotan: pc olèh ujuran; kc. colot.
kêcombrangên: êngg. kn kêtimumulên (ing kukune).
kêcomprèngan: kn. ak kêkurangan; kc. comprèng.
kêconangan: êngg. kn konangan, kêwanguran.
kêconthal-conthal: kêconthalan pc enggal-enggalan (kanthi rêkasa) arêp nututi.
kêconthokan: êngg. kn kawêruhan, konangan.
kêconggah: kn kêduga (bisa) nindakake; kc. conggah.
kêcopak-kêcopak pc: swaraning mlaku ing banyu.
kêcorok: I kn. ak kelangan; kc. corok. II êngg. kn: diracun, kêna ing upas.
kêcos-kêcos: pc têrang lan blaka (tmr. gunêman); kc. gêcos.
kêcocog: kn kêna ing lêlandhêp; kc. cocog.
kêcocok: pc diêntèkake (dhisik, tmr. pamêtu lsp); [x] ing pangan pc: mangan pangan kang pancèn kudu disirik; kc. cocok.
(kêcocong): di-[x]-ake pc diajokake kêncêng (tmr. tangan, sikil lsp).
kêcocotan: ks kakehan omong; kc. cocot.
kêcowak: êngg. kn cowèk.
kêcowès: pc tatu kêna lading lsp.
kêcras, kêcrès, kêcrus, kêcros: mak [x] pc katêrangan tumamaning gêgaman.
kêcrèk: I (kêcrik, kêcruk, kêcrok) mak [x] pc pêpindhaning swara (katêrangan) tumamaning gêgaman (pacul lsp). II di-[x] êngg. ak: disosoh (tmr. bêras). III kn: blênggu; di-[x]: diblênggu.
kêcrit: mak [x] pc katêranganing idu sathithik.
kêcrucut: êngg. kn: kêtrucut.
kêcrocoban: êngg. pc kêtrocoban.
kêthaha: kn kumudu olèh akèh (murka).
kêthak: I mak [x] pc pêpindhan swaraning nothok lsp. II êngg. kn: tuwa; kc. kumêthak. III êngg. kn: 1 gula kang ora dadi (gula kêthok); 2 ampas lênga kacang, intiping lênga klêntik. IV [x]-e kn: nyatane, satêmêne; di-[x] êngg. pc: ditêtêpake; kc. gathak.
kêthakalan, kêthakaran: êngg. pc kêdhakalan.
kêthaklik: pating [x] pc katon oklak-aklik ora kukuh.
kêthap-kêthap: kn katon kêlap-kêlap ana ing kadohan.
(kêthapêl): ngêthapêl kn ngrangkul sikile digubêdake.
--- 221 ---
kêthar ~ kêthuwêtan.
kêthar: mak [x] pc katêrangan swaraning nothok êndhas lsp.
kêtharak-tharak: kn. ak sangsara bangêt.
kêthathar: pating [x] kn. ak pating jlêmprah ora tata; kc. kêthèthèr.
kêthathêl: mak [x] pc kadung (sajak cupêt).
kêthawe: pating [x], [x]-an kn. ak tangane padha kumlawe; kc. klawe.
kêthawèl: pating [x] pc alot lan ora silah tmr. gunêman).
kêthawil: pating [x] pc tangane padha obah-obah.
kêthawit: pating [x] kn. ak ukêl-ukêlan ngrawit.
kêthèk: kn (êngg. k) ar. kewan bngs. munyuk, lutung lsp; [x] saranggon pr: gêgrombolaning wong laku ala (wis golong); tangan [x] pc: cengkre; rampèk-rampèk (ngrampèk) [x] pr: ngrampèk wong ala mêsthi bakal mialani.
kêthèk: (g) mak [x] pc saèm. mak thèk; [x]-an pc: cipowah.
kêthekaran, kêthekoran: kn. ak kêthakalan, kêthakaran.
kêthèkèran, kèthèkèrên: kn munggah kanthi rêkasa; kc. kêthakaran.
kêthèklèk: kn. ak thèklèk, gapyak.
kêthèl: kn landha karo lênga jarak (dicampur bumbu liyane) dianggo nggarap lawon kang arêp dibathik; di-[x]: digarap (diwarna) nganggo kêthèl; [x]-an: warna abang tuwa lsp, digarap nganggo kêthèl (tmr. bathikan).
kêthèn: kn pirang-pirang kêthi.
kêthèpèlan: kn. ak kêthèkèran.
kêthèplèk, kêthêplèk: kn. ak kêthiplak.
kêthèprèh: pating [x] pc pating klèmbrèh (ênggone bêbêdan).
kêthèr: mak [x] pc pêpindhan swara saèm. thèr.
kêthèrèk-kêthèrèk: êngg. kn kêsusu bangêt.
kêthere-there, kêthèrèng-thèrèng: kn. ak kêdharang-dharang mênyang êndi-êndi.
kêthèthèr: pating [x], [x]-an kn 1 pating klèmbrèh ora tata (tmr., mênganggo sandhangan); 2 ak. pating jlêmpah, padha buyar (tmr. barisan lsp).
kêthêk: I êngg. kn kêthak. II di-[x](-i) kn: disasmitani (digirèkake lsp) sarana nywara thèk-thèk (ilat dipadalake ing sadhuwuring untu).
kêthêkan: ki janggut.
(kêthêkêr): ngêthêkêr êngg. pc linggih ijèn ora lunga-lunga; [x]-an: tansah cêk-cêkan tumandang.
kêthêklak-kêthêklik: kn mlaku nganggo thèklèk (têkên lsp).
kêthêklak-kêthêkluk: pc dhêklak-dhêkluk marga ngantuk).
(kêthêkul): ngêthêkul êngg. pc linggih ndhungkluk (tumungkul).
kêthêkur: I pêpindhan pambêkuring dêruk lsp. II nganggur ngêthêkur pc: ora nyambut gawe babar pisan.
kêthêm: êngg. kn tanggêm, supit pandhe; di-[x] êngg: digêgêm kêncêng, dicêkêthêm.
kêthêmêk-kêthêmêk: pc mlaku alon ciyut jangkahe.
kêthêmil-kêthêmil: pc ngêmplok (mangan) saka sathithik.
kêthêng-kêthêng: kn. ak puguh (wangkod); kc. kênthêng.
kêthêpêk, kêthêpês: mak [x] pc katranganing linggih srêg (sila).
kêthêpêk, kêthêprêk: pc pêpindhan swaraning lakuning jaran.
kêthêplèk: êngg. kn thèklèh, gapyak.
kêthêr: kn rêgêd (jênês), kêmproh.
kêthi: sa-[x] kn. ak satus èwu (100.000).
(kêthiyêng, kêthiyu): ngêthiyêng, ngêthiyu pc katon mêmpêng (têmên-têmên) ênggone tumandang.
kêthik: I ki: pasah (pangur). II di-[x] kn dikandhani (diwangsit) kalawan dhêdhêmitan.
kêthikaran: kn. ak kêthèkèran.
kêthikar-kêthikir, kêthikiran: kn. ak ubêg tumandang ing gawe.
kêthiklèk: kn. ak thèklèk, gapyak.
kêthikrukan: pc mlaku kanthi rêkasa.
kêthilang: kn: ar. manuk; kc. thilang, kuthilang.
kêthilêng: kn ar. têtuwuhan.
kêthimik-kêthimik: pc mlaku alon.
kêthingan: êngg. kn slamêtan bocah cilik mêdhun lêmah sapisanan lsp.
(kêthingkrang):ngêthingkrang pc êmoh tumandang ing gawe marga gumêdhe.
kêthip: I [x]-[x] kn 1 pc. mêrêm mêlèk matane; 2 ora bisa-bisa turu; 3 ak. kêlip-kêlip, kêthap-kêthap; kc. kêlip. II kn: dhuwit slaka 10 sèn.
kêthipêl-kêthipêl: kn mlaku kanthi rêkasa (katon abot); kc. gêdibêl.
kêthiplak, kêthiplèk: kn kc. kêtiplak.
kêthiplik: pating [x] pc padha iplik (ênggone mlaku, tumandang).
kêthiwul: kn ar. panganan kang digawe tela kaspa.
kêthu: kn 1 bngs. kupluk kang dianggo diubêdi sêrban; 2 êngg. pc. topi; [x] udhêng êngg. pc: ikêt blangkon.
kêthuh: kn kêmproh, ora rêsik.
kêthuyuk-kêthuyuk: kn mlaku wungkuk (tuwa bangêt).
kêthuk:I kn ar. rêricikaning gamêlan saèm. kênong cilik; di-[x] ak: dithuthuk: di-[x]-i pc: diiyani, dicocogi. II êngg: panyêluk marang bocah wadon. III ([x] cupar) êngg. kn: (wêwatakan) ora pracaya marang sing wadon ênggone nyêkêl bale pomahan; kc. cupar.
kêthul: kn 1 ora landhêp; 2 ent. kurang gathekan (tmr. pikiran).
kêthumuk-kêthumuk: kn mlaku alon.
kêthut: I di-[x] kn. ak dimamah. II êngg. kn: alod; kc. kêthot, kothot.
kêthuwak-kêthuwik: pc tansah uwak-uwik.
kêthuwal-kêthuwil: pc tansah obah-obah tangane (uwal-uwil).
kêthuwèl: pating [x] pc wèl-wèlan (ndhrodhog).
kêthuwêlan: kn ngukêl tangan (ing jogèd).
kêthuwêng: mak [x] pc sanalika mubêng (mingêr); kc. kêdhuwêng.
kêthuwêtan: pc kêdhuwêlan.
--- 222 ---
kêthoh ~ kiyu.
kêthoh: pc kêthuh.
kêthok: I di-[x] kn 1 ditugêl (tmr. barang kang dawa); 2 dipancêt tmr. rêrêgan); ngêthok: krasa pêgêl tmr. sikil, (tangan). II sa-[x] cilik êngg. ak 4 dhuwit; sa-[x] gêdhe êngg. ak: 8 dhuwit. III kn: (gula [x]) gula kang ora dadi ora kêna dititis; kc. kêthak.
kêthon: kn nganggo kêthu.
kêthop-kêthop: pc kêlop-kêlop.
kêthoprak: kn ar. tontonan saèm. sandiwara (tonil) nganggo jogèd.
kêthoproh: pating [x] pc pating klèmbrèh (gêdhobroh).
kêthot: êngg. pc 1 wulêd, kothot; 2 tamban, rêmbên (lakuning jaran lsp); kc. kêdhot.
kêthothor: pating [x] pc pating klèmbrèh (tmr. mênganggo).
kêwahya: kw kêwêtu, kêlair; kc. wahya.
kêwayon: kn. ak wis kêlawasên; kc. wayu.
kêwangkungên: kn. ak kêsuwèn bangêt ênggone ngêntèni (ngarêp-arêp).
kêwanguran:kn. ak konangan.
kêwanuhan: kn. ak pawong mitra; kc. wanuh.
kêwangwang: kw katon ing pangangên-angên; kc. wangwang.
kêwarga: kn. ak wis dianggêp (manjing) dadi sanak; kc. warga.
kêwêdal: k kêwêtu.
kêwêdèn: n. kajrihên k kêladuk wêdi; kc. wêdi.
kêwêdhêngan: kw judhêg, kodhêng.
kêwêkèn: I kw kèwuhan. II êngg. kn: kêturutan (pangarêp-arêpe).
kêwêlas-asih (-ayun, arsa): kw mêmêlas, mêsakake.
kêwêlèh: kn konangan ênggone goroh lsp; kc. wêlèh.
kêwêntar: kw misuwur.
kêwêngèn: n. kêdalon k kasèp nganti wêngi, kêtungka ing wêngi.
kêwêtu: n. kêwêdal k mêtu ora kêjarag, kêlair; kc. wêtu.
kêwêton: n. kêwêdalan k. ak kêmêton.
kêwêwêl: (ên) êngg. kn ora bisa têrus.
kêwibuhan, kêwimbuhan: kw kêwuwuhan; kc. wimbuh.
kêwijil, kêwiyos: kw kêwêtu.
kêwidhêngan: êngg. kn bingung, kodhêng, lali.
kêwilang: kn. ak kêpetung; kc. wilang.
kêwilis: kw kêpetung, kêwilang.
kêwlakang: kn. ak kêtaman (kêna) ing wlakange; kc. wlakang.
kêwlantrah: kn. ak kêwêntar, misuwur, mratah.
kêwudan: kn. ak wuda (tanpa panganggo).
kêwung: êngg. kn kuwung, jêgong.
kêwuron: k kêndêman.
kêwowogên: kn. ak. kakèhên bangêt nganti jêlèh (ora êntèk).
ki: I kn. ak. sêsêbutaning wong tuwa ut. kang diajèni; kc. kaki, kyai. II pc. iki.
kibik: pc. dhadhon; kc. kubuk.
kibir: (A) kn. bangêt ngêndêl-êndêlake kaluwihane (mêsthèkake yèn mênang lsp).
kidam: (A) kn. ak. kang ora tinitahake; kc. kadim.
kidang: kn. ar. kewan bngs. mênjangan; [x] kêncana ak: wayang cilik-cilik (kabèh pradan); lumpat [x]: blênjat-blênjat; ngaturake [x] lumayu pr: nuduhake kamelikan kang angèl kênane; mburu [x] lumayu pr: melik marang apa-apa kang nglêngkara kênane.
kidèn: (-an) kn. ak. olèh idi (palilah); kc. idi.
kidêran: kn. ak. diubêngi; kc. idêr, kèdêran.
kidib: kn. ak. goroh, selak; kc. kijat.
kidih-kidih: kn. ak. kipa-kipa, ngatonake yèn ora sudi (ênêk).
kidul: kn. ar. keblat kb. lor.
kidung: êngg. kn. 1 têmbang, rêrêpèn; 2 karangan (rumpakan) kang diikêt ing têmbang; ngidung: 1 nêmbang; 2 ngarang kidung.
kidon: kn. kêna ing idu (diidoni) ora kêjarag; kc. idu.
kijab: (A) kn. ak. wrana, kêlir, ent. pasuryaning Pangeran.
kijat: (A) êngg. ak. selak, mukir.
kijènan: kn. (kêpiyambakan k): tanpa kanca; kc. ijèn.
kijing: I kn. bngs. keyong ut. kece. II kn. sêkaran ki: watu lsp. diwangun pêsagi dawa kanggo tutuping kuburan; di-[x] (disêkar ki): ditrapi kijing.
kidhal: kw. kedhe.
kidhe: êngg. kn. kedhe.
kidhik: êngg. k. sathithik.
kidhung: kn. ora prigêl.
kih: êngg. kiye.
kiyai: kn. kyai.
kiyak-kiyukan: pc. diracak padha; kc. kiyuk.
kiyal: kn. atos wulêd (tmr. daging).
(kiyam): di-[x] kn. 1 ak. dijajal, dicoba, diicipi; 2 êngg: dipilih (tmr. lurah desa); [x]-an êngg: pilihan (lurah desa).
kiyamat: (A) kn. pungkasaning jaman (jagat saisine sirna).
kiyambak, kiyambêk: êngg. k. dhewe.
kiyanat: (A) kn. ak. cidra; gawe [x] ak: ngapusi, nyidrani.
kiyangkaban: êngg. kn. kyayaban.
kiyas: (A) kn. ak. cocoging nalar karo panglimbang-limbang (bab anggêr-anggêr wêwatoning agama Islam); di-[x]: 1 ak. digathuk-gathukake sarana panglimbang nalar; 2 ak. dirèmèhake; 3 ak. diselaki (dipadoni) sarana katêrangan kang tinêmu ing nalar.
kiyat:. 1 kn. ak. rada kaku; 2 k kuwat.
kiye: pc. n. punika k. iki.
kiyèk, kiyên, kiyi: pc. kiye, iki.
kiyêng: kn. 1 kêncêng lan kuwat (tmr. pawakan); 2 êngg. mêmpêng lan srêgêp ênggone nyambut-gawe; kc. ngiyêng.
kiyêr-kiyêr: kn. mêrêm-mêrêm sathithik (matane); di-[x]-ake: diêrêmake sathithik.
kiyi-kiyi, kiyih-kiyih: êngg. pc. katon kringêtên gumrobyos (marga pêpanas lsp).
kiyik: pc. piyi, piyik.
kiyip-kiyip: kn. ak. mêrêm-mêrêm matane.
kiyu: kn. krasa kêju (ngêthok) tmr. tangan ut. sikil.
--- 223 ---
(kiyuk) ~ kinawêdèn.
(kiyuk): di-[x] pc. dirajuk, katut dipèk (dirangkêp lsp); kc. kiyak-kiyuk.
kiyokan: êngg. kn. main(-kêrtu).
kiyoman: kn. ak. kayoman; kc. ayom, iyom.
(kiyong): kêkiyong êngg. kn. kêmiri (ing sikil); kc. keyong.
kik:, mak [x] pc. pêpindhan swaraning cêkikên.
kakiyat: (A) kn. ak. crita, dongèng.
kikib: I ut. kikip êngg. ak. rapêt diubêngi (dipagêri lsp). II kn. ak: ora blaka, ora gêlêm barès; di-[x]-i ak: ora dikandhakake sanyatane, ora diblakakake.
kikid: êngg. ak. cêthil, gêmi bangêt.
kikik: I kn. mêstak (tmr. kathok), kèlèkan (tmr. klambi, kêbayak).
kikil: I kn. 1 iwak ing sikil wêdhus (sapi lsp); 2 ak. ukuran jêmbaring sawah (½ jung). II ngikil pc: tansah watuk bae.
kikir: I kn. piranti dianggo matar ut. ngêlus kang digawe waja gêrêt-gêrêt; di-[x]: digosok (dipatar, diêlus) nganggo kikir. II ut. [x]-[x] kn. ak: cêthil bangêt; kc. kikid.
kikis: I êngg. kn. 1 ak. pinggir, kang têpi; 2 watês; di-[x]: ak: diliwati pinggire; [x]-an ak: watêsan, wangênan. II êngg. kn. bngs. tenggok takêran bêras; di-[x] êngg: ditakêr nganggo kikis (tmr. nêmpur). III êngg. kn: bngs. pacul.
kiklak: êngg. pc. biblak, dhidhal.
kikmat: kn. ak. ikmat, kêmat.
kikuk: êngg. pc. kidhung.
kikrik: kn. sarwa bêcik (tmr. garapan lsp); 2 êngg. angèl ladèn-ladènane (panjaluke, pamilihe lsp).
kilah-kilah: kn. katon sumorot bêning (tmr. banyu kêsorotan srêngenge lsp).
kilayu: kn. ak. klayu.
kilak:. 1 kn. ak. takêran bêras; 2 k. kulak.
kilan: kn. sadawaning jênthik(-manis) têkan ing jêmpol kang dibênggang; di-[x]-i: 1 diukur dawane nganggo kilan; pc. disêpèlèkake, dipêsthèkake yèn mêsthi ora bisa, diina.
kilang: kn. godhogan lêgèn (pêrêsan têbu).
kilap: I êngg. kn. kilat. II 1 k: êmbuh; 2 kn. ak. kliru; kc. kêkilapan.
kilat: kn. gêbyaring thathit (blêdhèg).
kilèn: I k. kulon. II kn. ak: diilèni banyu ora kêjarag; kc. ili.
kilêm: êngg. k. turu; [x]-an êngg. k: turon.
kilêng-kilêng: kn. katon nglênga gilap.
kili: I kn. wulu lsp. kang digawe ngêrèkake kuping, jangkrik lsp; 2 (sunduk [x]) saèm. pantèk ing sanggan blandar; dikilèni: 1 dikêrèkake lsp. nganggo kili; 2 pc. digêgasah, diajan-ajani. II kw: pêndhita wadon (wong suci).
kiling:, sa-[x] êngg. kn. sabêntèl (tmr. pari).
kilingan: êngg. kn. kitiran.
kilyan: kw. kulon; kc. kilèn.
kilung: êngg. kn. mbodhoni, mitambuhi.
kilusuh: kw. 1 alum; 2 nglumpruk tanpa daya.
kilo: I pc. gilo II kn: sèwu (tmr. ukuran gram, mètêr lsp).
kilong-kilong: pc. katon mlolo matane.
kilwak: pc. sêkilwak.
kima: kn. bngs. kece gêdhe (ing sêgara).
kimapi: kw. ak. luwih-luwih, apa-manèh.
kimat: êngg. k. kumat.
kimawon: êngg. k. bae; kc. kemawon.
kimono: pc. bngs. klambi dawa (klambine wong Jêpang).
kimpès: êngg. pc. kêmpès.
kimplah-kimplah: pc. katon kêbak sarta bêning kilah-kilah (tmr. banyu).
kimplang-kimplang, kimplêng-kimplêng: êngg. kn. 1 kilêng-kilêng; 2 katon kilah-kilah.
kimpling-kimpling: pc. katon bêning rêsik (banyu ing gêndul lsp).
kimpul: I kn. ar. têtuwuhan kang bonggole kêna dipangan. II êngg. pc: tas cangkingan (wadhah dhuwit lsp).
kimpurusa: (S) kw. ak: buta.
kimput: kn. ak. isin, klicutan; kc. klimputan.
kina: k. kuna.
kinabêktèn: kw. diurmati, diajèni; kc. bêkti.
kinajrihan: k. kinawêdèn.
kinah: kn. wit kang klikane digawe kênini.
kinakadang: kw. dianggêp kadang, disanak; kc. kadang.
kinalis: (-ake) br. diluputake ing; kc. kalis.
kinalulut: (-an) br: diluluti: kc. lulut.
kinaluwa gêtih: br. diurab ing gêtih; kc. kluwa.
kinamaru: kn. ak. dimaru; kc. maru.
kinamulèn: kw. dimêmule, dimulyakake; kc. mule.
kinangaya: br. dikaniaya; kc. aniaya, kaniaya.
kinantên: k. kinaruh.
kinanthèn: br. dikanthèni; kc. kanthi.
kinanthi: 1 kw. digandhèng, dibarêngi; 2 ar. têmbang maca-pat; kc. kanthi.
kinang: kn. suruh saadune (dianggo ngabang lambe); nginang: mamah kinang; (pa-)[x]-an: wadhah kinang.
kinapengin: (an) br. dipèngini; kc. kêpengin.
kinar: durung [x] êngg. pc. durung karuwan; kc. kinaruh.
kinarilan: br. dililani; kc. rila.
kinaruhan: n. kinantên(-an) k. ak: karuwan; kc. kinawruhan.
kinasih: (-an) br. (kang-) dikasihi; kc. kasih.
kinati-nati: kw. disungga-sungga, diajèni bangêt.
kinathik: kw. dipracaya bangêt (tmr. mitra); kc. kathik.
kinawasa: kw. kuwasa bangêt; kc. kawasa, kuwasa.
kinawêdèn: n. kinajrihan k. ak. diwêdèni, dièringi; kc. wêdi.
--- 224 ---
kinjêng ~ kirim.
kinjêng: kn. ar. kewan bngs. kêndhêla.
(kinjik): ora [x]-[x] êngg. pc. ora katon têka (ora ngaton-ngaton).
kinjiri: (A) kn. ak. cèlèng.
kinèn: k. kinon.
kinèringan: kw. dièringi, diwêdèni; kc. ering.
kinêban: kn. ([x] lawang) ora bisa olèh lawang marga wis diinêb; kc. inêb.
kinêr-kinêr: êngg. pc. êmpuk mêndal kaya gudir.
kinêrsakake: ki. dikon.
kinira: n. kinintên k. dikira, dianggêp kaya; kc. kira.
kinuswa: kw. diambung; kc. kuswa.
kinon: n. kinèn k. ak. dikon; kc. kon.
kintaka, kintèki: kw. layang.
kintêl: I kn. bngs. kodhok kang bisa mlêmbung. II êngg. kn: pasah; di-[x] êngg: dipasah.
kintên: k. kira.
kintun: k. kirim.
kinca: êngg. kn. juruh (nganggo santên).
kincang: I êngg. kn. 1 rewang, wong kang nyambut gawe ing prabot desa; 2 suwiwining prau (kang digawe pring lsp. dianggo timbangan murih ora ngglewang); [x]-an êngg: prau kang nganggo kincang. II kn. ak: obahing alis (minangka sasmita); di-[x]-ake alise: alise diobahake (dianggo sasmita lsp).
kincêr: kn. matane sasisih diêrêmake (kaya yèn ngincêng lsp); ngincêr: 1 ngêrêmake matane sasisih (ngincêng lps);lsp. 2 pc. mindêng, melik bangêt marang.
kincih-kincih: êngg. ak. bêcik bangêt (menginake bangêt).
kincip, kinclip, kinclup, kincup: kn. ak. durung mêgar; kc. kuncup.
kincit: (S) kw. ak. sathithik.
kinclap-kinclap, kincling-kincling: êngg. kn. katon bêning gilap ut. mawa cahya (tmr. banyu lsp).
kinclong-kinclong: kn. katon bêning sumorot (tmr. banyu, mata).
kinthil: kn. tansah tut-buri; di-[x]: tansah ditut-buri.
kinyih-kinyih, kinyis-kinyis, kinyit-kinyit: pc. 1 katon nglênga enak bangêt (tmr. panganan); 2 ent. tmr. wong wadon ayu bangêt.
kinyir-kinyir: pc. êmpuk nglênga (tmr. iwak lsp).
king: êngg. pc. saking, sangking.
kinggatan: kn. ak. koncatan, diinggati; kc. inggat, minggat.
kinggilên: k. kêdhuwurên.
kingkin, kingking: kw. 1 kangên bangêt; 2 sêdhih; 3 bangêt kêsêngsêm.
kingsèp: kn. mari abuh, mari mlêmpung.
kipa: I [x]-[x] kn. êmoh (ora sudi) bangêt. II êngg. kn: pipa.
kipayah: kn. ak. 1 bukti katêrangan kang nyukupi; 2 nipkah, panguripan.
kiparat: (A) kn. ak. dhêndhan marga nêrak laranganing agama Islam.
kipas: êngg. pc. tepas, kêpêt.
(kipat): di-[x]-ake kn. 1 dibuwang sarana dibabitake (ut. diantingake); 2 pc. diselaki, ora diakoni, dilembatake marang liyan.
kipat-kipit: pc. tansah obah-obah buntute; kc. kipit.
kipe: kn. ak. ipe.
kipêr: I kn. kêpêr (ar. bakal). II (inggris) kn: kang njaga gul (tmr. dolanan bal-balan.).
kiping: kn. ak. 1 pinggir; 2 panjawat (tmr. barisaning wadya-bala).
kipit: êngg. kn. tepas (kêpêt) cilik; [x]-[x]: obah-obah buntute.
kipyah-kipyah: kn. ak. kiprah-kiprah.
kipu: ut. kêkipu kn. 1 adus lêmah mbludhuk ana ing lêgokan lsp. (tmr. pitik, manuk); 2 pc. krasan (jênak) bangêt.
kiprah: (-kiprah) kn. jingklak-jingklak jêjogêdan (bungah bangêt).
kipsao: (C) êngg. teko.
(kir): di-[x] (W) kn. dipriksa kawarasaning badane ut. ala bêcike.
kira: n kintên k. panyana, panduga; [x]-ku: saka pandugaku; [x]-ne: bok mênawa; sa-[x]: 1 mênawa kira-kira (bisa lsp); 2 sawêtara (sathithik), up. rada cilik sa-[x] ora dadi ngapa; [x]-[x]: 1 br. rancangan (jangka, mangsud); 2 mung miturut panduga bae, kurang luwih; klêbu ing [x]-[x]: dinyana; ora [x]-[x] pc: bangêt, kêluwih-luwih; ora nganggo [x]-[x] pc: tanpa duga prayoga; di-[x]-[x]: diduga-duga, ditêksir, diwêtara.
kirab: I ut. kêkirab kn. ak. ngêbêt-ngêbêtake (sampur, rambut lsp) di-[x]-ake: 1 dikêbêt-kêbêtake (tmr. rambut, wulu, sampur lsp); 2 ak. dikipatake (diselaki, dilembatake). II kn. ak: mêtu barêng arak-arakan (tmr. wadya-bala lsp); di-[x]-ake ak: dibudhalake bêbarêngan (tmr. wadya-bala lsp).
kirana: (S) kw. sorot, cahya.
kirang: k. kurang.
kirangan: êngg. k. êmbuh.
kirat: kw. kilat, sorot.
kirata: kw. gêrma; kc. kerata.
kirda: kw. sênêng-sênêng (ulah lambang-sari); kc. kridha.
kiri: êngg. kn. kiwa, kedhe.
kirig-kirig: kn. 1 ngêrog-êrog awak (tmr. kewan, kaya upamane asu sing mêntas diêdusi); 2 krasa mrindring awake marga jijik lsp; 3 pc. êmoh bangêt, kipa-kipa; kc. mêngkirig.
(kirih): kêkirih kn. ak. 1 ngrêsiki kalèn(an) ilèn-ilèn banyu mênyang sawah; 2 golèk santolan; di-[x](-i) ak: 1 dirêsiki; 2 disimpangake iline (tmr. kalènan); 3 dipêpiringi murih bêcik; kc. irih.
kirik: kn. anak asu, asu cilik; rindhik [x] digitik pc: banjur agahan tumandang lsp. (marga wis kêpengin ing sadurunge).
kirim: n. kintun k. mènèhi (sarana dititipake) marang wong kang adoh panggonane, [x] donga: ndongakake, nyêmbahyangake; di-[x]: 1 diêtêri (pangan lsp) saka ing omah (tmr. wong mêgawe lsp); 2 dipêpêtri sarana disajèni kêmbang lsp. (tmr. kuburan); 3 pc. dibayar anakane supaya ora lêbur (tmr. gadhèn); di-[x]-i: diwènèhi apa-apa kang dikirimake; [x]-an: 1 apa-apa [apa-...]
--- 225 ---
[...apa] kang dikirimake; 2 udan ing mangsa kêtiga.
kiring ~ (klabak).
kiring: kn. krambil tuwa (garing); cêngkir kêtindhihan [x] pr: arêp laki (rabi) kêpalang dening sêdulure tuwa durung omah-omah.
kiris: I kn. kêpèngès, diiris ora kêjarag; kc. iris. II kw: gilap, mawa cahya.
kirna: I kn. ak. 10 wurda (1.000.000 yuta): kirnan: pirang-pirang kirna (akèh bangêt). II pala [x] kn: wowohan ing wit-witan pakêbonan (nangka, pêlêm lsp).
kirpus: êngg. kn. kêrpus.
kirta, kirti: kw. pagawean, panggawe; kc. makirta.
kirtya: kw. kirta.
kisa: I kn. nam-naman blarak dianggo nggawa jago lsp. II (S) kw. ak: kêthèk.
kisang: êngg. k. gêdhang.
(kisapu): angisapu kw. ak. mangku.
kisas: ukuman [x] kn. ukum pati; diukum [x] (ut. di-[x]: diukum pati.
kisat: I êngg. kn. garing, kêsat. II di-[x]-ake kw: dibabitake, dikipatake.
kisèn: (-an) kn. klêbon (isi) ora kêjarag; kc. isi.
kisi: kn. ikal-ikalan lawe ing pangantihan; ula [x]: ar. ula cilik; iwak [x]: iwak ing kempol (sapi, kêbo); randha [x]: randha sing duwe anak lanang (dadi wajib kêna ing aradan gugur gunung lsp).
kisik: I di-[x] kn. ak. diisik-isik; kc. isik. II êngg. kn: 1 palêmahan walêdan; 2 pasisir; kc. gisik.
kisinan: kn. nandhang isin; kc. isin.
kisma: (S) kw. lêmah.
kismis: kn. ar. isèn-isèn roti.
kisut: kn. alum sarta padha nglinthing (tmr. kulit).
kisruh: kn. bingung ora karuwan (pangetunge lsp); di-[x]-i: digidhuhi.
kit: kn. papan adol candu.
kita: 1 kw. aku lan kowe kabèh; 2 êngg. aku, -ku.
kitab: (A) kn. layang (babagan agama Islam, Kristên); [x] Suci: kitab torèt lan Injil.
(kitêng): di-[x](-i) kn. dijlumati (tmr. jala).
kitêr: ut. kêkitêr kn. 1 mubêng kêkalangan; di-[x]-i ak. diubêngi, dikupêngi, dikêpung; di-[x]-ake: diplayokake mubêng (tmr. jaran).
(kiting): di-[x] êngg. kn. ditututi, dioyak.
kitir: kn. 1 godhong cilik ing gantilaning woh lsp; 2 layang (wujud dluwang sasuwèk surasane cêkak), girik; di-[x]-i ak: dikirimi kitir, ditêngêri layang sasuwèk; kc. kumitir.
kitiran: kn. 1 obèngan sing diubêngake ing angin (ut. banyu); 2 ak. pêrkutut.
kitrah: (A) kn. ak. (jaman [x]) jaman nalikane ora ana nabi.
(kitrang): [x]-[x], kêkitrang kn. mlaku mrana-mrana ora karuwan polahe (dening bingung bangêt lsp).
kitri: I êngg. kn. 1 têtêngêr ing babadan; 2 pusaka kang turun-tumurun. II kn: wit-witan ing pakarangan kang ngêtokake woh.
kicah-kicih: êngg. pc. kêkêcèh ing banyu (ut. ing jêblogan).
kicak: I kn. ak. kêpidak; kc. icak. II kn: ar. panganan (bngs, jadah diurab gula krambil).
kicat-kicat: kn. krasa panas bangêt (marga ndumuk ut. midak kang panas).
kice, kicèng: êngg. kn. pece.
kicêr: pc. kincêr.
kicih: kc. kicah-kicih.
(kicik): di-[x] kn. 1 dikècèk; 2 disantêni lan digodhog nganti sat (tmr. iwak); kc. kècèk.
kicir: I ut. kêkicir kb. ak. mancur-mancur (tmr. tatu lsp). II êngg. ak: icir.
kitha: k. kutha.
kithal: kn. kurang lancar sarta kaku (tmr. gunêman, basa), ora luwês (tmr. pratingkah, tatakrama).
kithêr-kithêr: pc. katon ngyiyid.
kithik: êngg. ki. tuma.
kithing: kn. mlungkêr sarta dhèmpèt (tmr. driji).
kithung: kw. kidhung, kau.
kiwa: kn. 1 kb. têngên; 2 sêpi, ora adhakan (tmr. panggonan lsp); 2 ala (tmr. wêwujudan); ngiwa: 1 nyênyêkêl lsp. nganggo tangan kiwa; 2 (ut. mêngiwa) ngênêr mênyang ing kiwa; 3 mênyang ing panggonan kang kiwa; 4 (ut. laku ngiwa) laku sèdhèng (tmr. wong wadon); dikiwakake: 1 disisihake (didokokake lsp) ing kiwa; 2 (ut. dikiwani ak) ora diopèni (dirêmbug), dilirwakake; 3 ak. disingkirake, didhêlikake; kc. pakiwan.
kiwal: kn. ak. cowal, kêtaton; kc. kewal.
kiwat: kn. ak. kc. kewat.
kiwe: êngg. kn. kiwa.
(kiwi): kêkiwi kw. lêrêb ing, dêdunung ing; kc. kuwu.
kiwih-kiwih: pc. anyar bangêt.
kiwil: kn. 1 êngg. bundhêt (tmr. rambut); 2 kakehan cacadan, angèl ladèn-ladènane.
kiwir-kiwir: kn. kawir-kawir.
kiwul: ut. kêkiwul kw. malês; 2 nêmpuh, nanggulang.
kyai: kn. 1 sêsêbutaning wong tuwa kang diurmati (guru ngèlmu, dhukun, pangulu lsp); 2 sêsêbutaning pusaka (wêsi aji lsp); 3 guru ngèlmu kabatinan; 4 pc. panyêluk marang Cina singkèk; kyaine pc: macan.
kyayaban: ak. kyangkaban êngg. kn. yab-yaban, byayakan.
kyambak: êngg. k. dhewe.
kyanapatih: kw. bêndara patih.
kyangkangan, kyêngkêngan, kyongkongan: êngg. kn. mlaku alon-alonan.
kyat: I kw. dumadakan, enggal. II ut. kyati kw: misuwur. III br: kiyat.
kyèyèt-kyèyèt: pc. aras-arasên ênggone tumandang; ngyèyèt pc: kuru ringkih.
kyuyus: pating [x] pc. padha klêbus kodanan.
(klabak): [x]-[x], [x]-an kn. 1 njêmpolak-njêmpalik [njêmpolak-...]
--- 226 ---
[...njêmpalik] (kaya pitik dibêlèh lsp); 2 ent. bingung ora karuwan polahe, rêkasa bangêt; nglabak ak: nglubuk.
klabang ~ klasutan.
klabang: kn. bngs. babak salu; [x] nyandêr: ar. dhapuring omah (omah kampung dawa); di-[x]: diênam ulêt-ulêtan dawa (tmr. rambut): [x]-an: rambut kang diklabang.
klabang-ayam: kn. ar. mainan bngs. dhadhu.
klabar: êngg. kn. papan kang cêthèk, punthukan wêdhi ing sêgara.
(klabèt): di-[x]-ake kn. ak. diklèbètake.
klabêt: I êngg. k. klawu. II kn: ar. êmpon-êmpon ambune sêdhêp.
klabut: êngg. ak. klêbut.
kladuk: pc. kêladuk.
klajuk: pc. kêlajuk.
klagan, klayan: êngg. karo, lan.
klair: pc. kêlair.
klairan: pc. kêlairan.
(klayab): nglayab, [x]-an pc. lunga mrana-mrana (tanpa jujug).
klayaran: pc. klayaban.
klayu: I (klajêng êngg. k) kn. 1 kumudu-kudu mèlu; 2 ak. kèlu; diklayoni: ditututi arêp diiloni; kc. layu. II kn: ar. wit sarta wohe (bngs. wuni).
klakah: êngg. kn. sigaran pring ditata jèjèr-jèjèr (dianggo payon, mepe blêng, pagêr lsp).
klakêp: mak [x] pc. sanalika mingkêm (mênêng); [x]-an pc: tansah angop.
klalar: I kn. bolot, dhangkal; di-[x]: dirêsiki sarana digosok ing tangan (tmr. klalar); kc. lalar. II pating [x] ak: katon padha nlosor (nggrêmêt) mrana-mrana.
klalèn: pc. kêlalèn.
klamad, klamat: kn. sawang omah kêmangga (kêmlandhingan lsp).
klamar: kn. 1 êngg. tali (tampar) dipanthêng dianggo gawar lsp; 2 tali ing kala, tampar (tali) ing lawangan bêkungkung; 3 ak. klamad; di-[x]-i: 1 ak. dipêpêti (digawari) ing klamar; 2 digawe wadi.
klambèn: n. ngangge rasukan k. nganggo klambi; kc. klambi.
klambi: n. rasukan k. ar. sandhangan kang minangka tutuping awak (wujud lan arane warna-warna); malik [x] pc: mbalik ngiloni mungsuh; diklambèni n. dipun-rasuki k: diênggoni klambi.
klambu: kn. gubah (gêbêr) tutup paturon.
(klambrang): nglambrang, [x]-an kn. lunga saparan-paran.
klambrèh: kn. ak. klèmbrèh.
(klamêd): [x]-[x], [x]-an kn. obah-obah lambene lan ilate (kaya nalikane mêntas mangan kang enak-enak).
klamit: êngg. kn. amit.
(klamud): di-[x]-i kn. dipangan sarana diamudi (tmr. mangan pêlêm lsp).
klamuk-klamuk, klamut-klamut, klamun-klamun: kn. ak. katon sumamar ora cêtha (marga kêsaput ing pêdhut); kc. lamuk.
klamun: kw. yèn.
klampêt:, pêt [x] pc: banjur ora tau ngaton-ngaton.
klampok: kn. ar. jambu.
(klampra): nglampra kn. nglambrang, lunga saparan-paran.
klamprahan: kn. ak. 1 nglèmbrèh kangsrah ing lêmah; 2 ora kopèn.
klanangan: êngg. k. palanangan.
klanjêr: kn. 1 êngg. planjêr; 2 tuking idu, prênthilan ing brutu kang ngêtokake lênga.
klandhing: kn. woh gêbang.
klandhungan: êngg. k. konthol.
klantih: kn. ak. kasèp ênggone mangan nganti kêluwèn.
klantur: pc. kêlantur.
klancêng: kn. bngs. tawon cilik-cilik kang nganakake malam; kc. lancêng.
klancopan: êngg. kn. kakèhan, kêbangêtên.
(klanthang): di-[x] kn. dipepe ana ing panasan; kc. glanthang.
klanthe: kn. tali kang dianggo nggandhèng bênik (ing gulon lsp).
klanthung: kn. 1 ak. ora cêkêl gawe apa-apa (tmr. abdi-dalêm, sêntana lsp, mung kapatah seba); 2 êngg. tungguk ing dalême priyayi gêdhe.
klanyum: mak [x] pc. sanalika êntèk (ilang).
klangênan: êngg. ki. 1 kasênêngan; 2 sêlir.
klangkèt: pc. kuru bangêt.
klangkling: êngg. kn. wira-wiri mlaku.
klangkrang: êngg. kn. rangrang.
klangla: êngg. kn. ngliga (sêpi).
klangso: êngg. kn. kasèb, lungse.
klangsrah: kn. kumlèmbrèh kambah ing lêmah.
klaungan: êngg. pc. tansah mbaung (tmr. asu).
klapa: k. krambil.
klapês-klapês: pc. kapês-kapês, gabês.
klaput-klaput: pating [x] pc. katon rêgêd gluput.
klaprut-klaprut: êngg. ora kandêl.
klarah: pating [x] kn. sumèlèh sumêbar mrana-mrana; [x]-an: ora kopèn, ora karuwan dununge (tmr. wong).
klarang: êngg. kn. sêmut abang.
klarap: kn. ak. clèrèt gombèl; kc. larap.
klaras: kn. 1 godhong (gêdhang) garing; 2 êngg. klobot.
klari: êngg. kn. blarak.
klarinèt: (W) kn. bngs. suling.
klas: kn. kc. kêlas.
klasa: n. gêlaran k. nam-naman mendhong, pandhan lsp. dianggo lèmèk linggih (turu lsp); [x] bangka: klasa kang kasar; [x] pasir: klasa kang alus; [x] pacar: klasa mawa corak gêgambaran; nglungguhi [x] gumêlar pr: mung kari nêmu kapenake bae (kabèh wis sumêkta lsp); kc. kumlasa.
klasi: kn. ak. mantrus, punggawa prau.
klasir: mantri [x] (W) kn. priyayi kang pinatah ngukur bumi (mantri ukur); di-[x]: diukur sarta ditêmtokake pajêge (tmr. sawah).
klasutan: êngg. kn. kulit kêndhangan (ing êndhog lsp).
--- 227 ---
klacèn ~ klèru.
klacèn: kn. lêgokan (kalenan) dawa.
klacir: pating [x] pc. katon dhuwur-dhuwur lancip; kc. kacir.
klathak: I mak [x] pc. pêpindhan swaraning nothok lsp. II [x]-an kn: lêmah garing ing sapinggiring kali. III êngg. kn: gorèngan mlinjo.
klawe: pating [x], [x]-an pc. padha obah tangane kaya ngawe-awe; kc. awe, kumlawe.
klawen: pc. kalawan.
klawèr: pating [x], nglawèr, [x]-an êngg. kn. katon dawa nglèmbrèh (tmr. tali, tampar lsp); kc. klèwèr.
klawêr: I [x]-[x] kn. rêrêgêd ing banyu lsp, kang katon dawa-dawa; ora ana [x]-[x]-e pc: ora kangèlan (gampang bangêt). II wong [x] pc: wong kang sênêng badhutan (sêmbranan). III (W) kn: ar. kêrtu gêdhe.
klawir: pating [x] pc. pating klawèr.
klawu: kn. warna kaya warnaning awu (sêmu biru).
klawung-klawung: pc. krasa jêlèh (marga nganggur bangêt).
klebat: mak [x] kn. katon sadhela (malika mlaku lsp); sa-[x]-an: satleraman ing nalikane mlaku; kc. kumlebat.
(klèbèk): pating [x], [x]-[x], [x]-an pc. pating klabak, klabakan.
klèbèt: [x]-[x] kn. obah kumitir (gêndera kêna ing angin lsp); di-[x]-ake; diobahake kumitir (tmr. gêndera lsp); kc. kumlèbèt.
kleja: kn. ar. kêrtu cilik.
klèjêm: kn. ak. ([x]-e) sêmuning praèn kaya ...; kc. kèjêm.
klejok: êngg. pc. kledhok.
kledhang-kledhang: kn. lêledhang dolan-dolan, nglèncèr; di-[x]-i pc: diklèncèri.
klèdhèk: êngg. kn. tlèdhèk.
klèdhêng: êngg. kn. kêlalèn, kliru.
kledhok: êngg. pc. kledhon.
klêdhon: kn. ak. kliru ut. kêlalèn (pamilange lsp).
kledhong: kn. ar. wit sarta woh.
klegok: êngg. pc. kledhon.
klèhèn: êngg. geneya, kêpriye.
kleyang: I pating [x], [x]-[x] kn. mêdhun (tiba) kabur nglayang (tmr. godhong lsp); 2 ak. godhong garing (kang wis tiba); [x] kabur kanginan pr: lunga mrana-mrana (ora karuwan jujuge); ngleyang ak: tiba nglayang; [x]-an ak: lunga ngulandara.
klèyèkan: pc. klayaban.
kleyos: êngg. kn. mbacut, lunga bablas.
klekab: kn. ak. kc. klekap.
klekap: pating [x] kn. katon padha nglèthèk (coplok) kulite; di-[x]-i(-ake) pc: dioncèki, dibukak tutupe (kulite).
klekar: mak [x] pc. têturon sanalika; nglekar, [x]-an pc: têturon.
klèkèh: mak [x] pc. katêrangan swaraning nyêmbêlèh; kc. klèkèk.
(klèkèk): di-[x] pc. disêmbêlèh; kc. paklèkèk.
klèkèp: pc. klekap; di-[x]-i, -ake) pc: diklekapi(-ake).
klelad-klèlèd: I kn. ak. melad-mèlèd ilate. II kn: katon aras-arasên (marga ngêlih, patagihan lsp).
klèlèt: kn. wêka angusing candu (ing bêdudan).
klemas: kn. ar. gêdhang.
klemat: I [x]-e pc. sêmune kaya arêp ...; klèjême. II kn. ak: gilap; di-[x]: digilapake sarana digosok ing kuwuk (tmr. jarit).
klèmbar-klèmbar: êngg. kn. katon kledhang-kledhang; kc. kumlembar.
klèmbrèh: pating [x], [x]-an kn. katon mêngisor kangsrah (tmr. jarit lsp).
klèmèn: êngg. geneya, kêpriye.
klèmêngan: êngg. k. lali, kêlalèn.
klemprak: pating [x], [x]-an kn. sumèlèh (disèlèhake) saênggon-ênggon (ora kopèn); nglemprak ak: linggih saênggon-ênggon.
klenan: kn. ak. kurang prayitna; kc. lena.
(klenang): dianggo [x]an pc. dianggo tabokan.
klènjèr: pc. lêledhang, nglèncèr.
klendho: êngg. kn. blondho.
klèntu: k. klèru.
klèntrèngan: kn. mlaku mrana-mrana nggêgolèki.
(klèncèr): [x]-[x], [x]-an, nglèncèr kc: 1 kledhang-kledhang, lêledhang; 2 klèbèt-klèbèt; di-[x]-i: dikledhangi.
klenthang: kn. woh kelor.
(klènthèk): di-[x] êngg. kn. disèsèt, diklèthèk (tmr. godhong têbu garing).
klènthèng: I êngg. kn. blandar. II pating [x] pc: padha nywara thèng-thèng (gêntha lsp).
klenyam: mak [x] kn. sanalika nglècèp kulite; kc. klènyèm.
(klènyèm): di-[x] kn. disèsèt (diklècèp) kulite.
klengkam: kn. ak. ar. bakal kang sinulam ing bênang mas.
klèngkèng: kn. ar. wit sarta woh.
klèngkèngan: kn. 1 nywara ngèngkèng (tmr. asu); 2 ks. nêmbang, ura-ura.
klepak: I mak [x] kn. ak. mak klèpèk; kc. klèpèk. II [x]-an êngg. kn: diwalik gêglebagan (tmr. panggaraping sawah).
klepat: mak [x] kn. lunga rêrikatan; kc. kumlepat.
klèpèk: mak [x], [x]-an molak-malik mumbul-mumbul (iwak ing pêntasan).
klèpèn: êngg. geneya, kêpriye.
klèpètan: pc. katut kêtularan (ala lsp); kc. lèpèt.
klepyan: êngg. k. lali, kêlalèn.
klepun: êngg. k. klèhèn.
klepos: pating [x] pc. katon padha turu.
klerap: pating [x] kn. ak. katon pating glêbyar tmr. banyu.
klèrèhan: kn. karèrèhan, sor-soran.
klèrêk: (W) kn. juru tulis.
klèru: n. klèntu k. 1 diganti (dilironi) kang dudu mêsthine ora disêngaja; 2 salah, lupuh;luput. 3 kêlalèn; kc. liru.
--- 228 ---
klesa ~ klêndi.
klesa: kw. rêgêd, ciri; kc. kalesa.
(klèsèd): nglèsèd kn. linggih (têturon) tanpa daya; [x]-an: 1 ngglangsur-ngglangsur; 2 têturon ngosèk marga krasa lara awake, sayah bangêt lsp.
(klesod): nglesod pc. linggih ndheprok ora mingsêd-mingsêd.
kleca: kn. ar. wit sarta woh.
klècam-klècêm: pc. pasêmoning praèn sêmu mèsêm; mak klècêm pc: sanalika mèsêm.
klecan: êngg. k. lali, kêlalèn.
(klecap): di-[x] kn. ak. diklèthèk diilangi kulite.
(klècèk, klècèp): di-[x] pc. diklecap.
(klècèt): di-[x] êngg. kn. diklecap.
klecok: êngg. ak. cocoh kinang.
klethak-klèthèk: pc. tansah nywara mak klèthèk.
klèthèk: I mak [x] kn. pêpindhan swaraning watu lsp. tumiba ing barang atos. II êngg. kn: thèklèk, gapyak. III êngg. kn: garing ut. digaringake (tmr. jambe, krambil); [x]-an: 1 êngg. palêmahan (ut. pawinihan) kang garing; 2 pc. kêkuraangan, mlarat; kc. klathakan. IV di-[x] kn: disèsèt kulite, diklecap (tmr. apa-apa kang krakêt).
klèthi: êngg. kn. bngs. pênthung wêsi.
klethot: êngg. pc. mlethot, kliru.
klewa-klewa: kn. pratingkah kang ngatonake yèn ora sênêng; diklewani ak: diewani; kc. ewa.
klewah:mak [x] pc. sanalika sigar.
klewang: kn. bngs. pêdhang cêndhak; di-[x]: ditamani klewang.
klewas: mak [x], [x]-[x], [x]-an kn. lunga (nolèh) marga ewa bangêt (isin ut. ora sudi).
klèwèr: pating [x], [x]-an kn. kumlèmbrèh dawa (tmr. tali lsp); di-[x]-ake: diklèmbrèhake dawa (tmr. tali lsp); kc. kumlèwèr.
klêbak-klêbik: pc. tlêbak-tlêbik.
klêbêk-klêbêk, klêbêkan: pc. klabak-klabak, klabakan.
klêbês: kn. ak. klêbus.
klêbêt: k. klêbu.
klêbu: n. klêbêt k. 1 kêbanjur mlêbu, mlêbu ora dijarag; 2 kêpetung, kêgolong ing; 3 pc. dianggêp kaya, dipigunakake; kc. lêbu, mlêbu.
klêbus: kn. têlês marga kodanan.
klêbut: kn. kayu cithakan kuluk (blangkon lsp); di-[x]: dicithak (ditrap) ing klêbut.
klêbon: n. klêbêtan k. dilêboni ora kêjarag; kc. lêbu.
klêjing-klêjing: êngg. pc. 1 têka (lunga tanpa nggêgawa ut. tanpa kanthi; 2 (lunga) kêwirangan, isin bangêt.
klêdhar: pating [x] kn. pating klêdhèr.
klêdhèr: pating [x] kn. katon ora ditata lan ora disimpêni.
klêdhêk: pating [x] kn. ak. pating krêdhak.
klêdhing-klêdhing: êngg. pc. klêjing-klêjing.
klêgon: kn. ak. kêjibah malês bêcik; kc. lêgon.
klêk: mak [x] pc. sanalika mandhêg.
klêkêb: êngg. kn. apêk.
klêkêb, klêkêp: mak [x] pc. sanalika tumutup (mingkêm) rapêt; di-[x] pc: didêkêp, ditutup rapêt.
klêkêk: mak [x] pc. nywara kik (marga ditêkak).
klêkêr: I pating [x], [x]-[x] kn. padha katon njingkrung (turu) ut. lêlêkêran (tmr. ula). II [x]-[x] pc: êrak ut. gêrok (tmr. swara).
klêkêt: kn. ak. kêrkat.
klêlêdên: êngg. kn. klolodên.
klêlêgên: kn. ana kang mandhêg ing gurung (nalikane mangan).
klêlêng: mak [x] pc. têrus lunga tanpa pêpoyan.
klêlêr: pating [x], klêlar-klêlêr kn. nggrêmêt alon; 2 pc. katon aras-arasên; 3 pc. krasa griming-griming kaya kêri.
klêmad-klêmêd: pc. alon pamangane sajak enak bangêt.
klêmah-klêmèh: pc. klêmak-klêmèk.
klêmak-klêmèk: kn. 1 alon ora lancar (tmr. gunêman); 2 mêmangan sajak kêmba (ora pati doyan).
klêmbak: kn. ar. têtuwuhan oyode digawe jamu, wur lsp.
klêmbêngan: êngg. kn. royoman, bêbarêngan (mangan, omong-omongan lsp).
klêmbungan: êngg. kn. plêmbungan.
klêmbrèh: pating [x] pc. pating klèmbrèh.
klêmbrêt: pating [x], nglêmbrêt kn. katon wis kaya gombal (tmr. jarit lsp); [x]-an: gombal(-an).
(klêmèh, klêmèk): kc. klêmak-klêmèk.
klêmèr: êngg. kn. ringkih bangêt (tmr. bocah cilik).
klêmêdan, klêmodan: êngg. pc. klamêdan. klomad-klamêd.
(klêmêk): nglêmêk pc. ora garing kumrisik.
(klêmêng): [x]-[x], nglêmêng kn: krasa ajêg panas (marga mêndhung lsp).
klêmêr-klêmêr: pc. ora sigrak, sarwa alon.
(klêmir): nglêmir kn. tipis bangêt (tmr. bakal lsp).
klêmis: êngg. pc. klimis.
klêmuk: kn. bngs. êmpluk gêdhe dianggo wadhah lênga lsp.
klêmun-klêmun: kn. katon pêtêng kêsaput ing pêdhut (lamuk).
klêmpak: k. klumpuk.
klêmpas-klêmpus: kn. kêmpas-kêmpus napase.
klêmpêr: êngg. ak. sêmaput.
klêmpuruk: pating [x] kn. ak. padha nglumpruk têtumpukan; nglêmpuruk: nglumpruk, ngêndhuruk.
(klêmpus): nglêmpus pc. turu ora nglilir-nglilir; kc. klêmpas-klêmpus.
klêmpon: êngg. kn. kêturon.
klêmprak-klêmprêk: pc. kêrêp ambruk (têturon lsp) tanpa daya.
klêmprang: pating [x] kn. ak. padha nywara crang (têmpuking gêgaman lsp).
klêmprang-klêmprêng: kn. ak. mlaku alon kaya ana kang dirasak-rasakake.
klêndi: êngg. kêpriye.
--- 229 ---
klêndhah ~ kliyas-kliyus.
klêndhah: êngg. krambil.
klêndhah-klêndhèh: pc. alon-alonan (ênggone mlaku).
klêndhak: êngg. kn. bngs. klênthing wadhah banyu.
klêndhang: I pating [x], [x]-[x] kn. padha ngyiyid rêgêd (mata lsp). II [x]-[x] êngg. kn: katon blênjat-blênjat; kc. kumlêndhang.
klêndhang-klêndhong: pc. padha ngêndhêlong.
klêndhang-klêndhêng: êngg. kn. klêndhang-klêndhang.
klêndhêt: êngg. kn. rêndhêt, rêmbên. II [x]-ing atine êngg. pc: krêntêging atine.
klêndhok: êngg. kn. kuwali; kc. gêndhok.
klênèngan: kn. uyon-uyon nabuh gamêlan ora mrabot.
(klênêng): nglênêng pc. antêng lakune (tmr. banyu lsp).
klênik: pating [x] pc. kakèhan prakara kang dianggo wadi; ngèlmu [x] pc: ngêlmu rasa, paguron kang pamêjange digawe wadi; kc. glênik.
klênis: pating [x] pc. pating klêthis (ênggone mangan); kc. kumlênis.
klêntik: kn. (lênga [x]) lênga krambil; di-[x]: 1 digawe lênga klêntik (tmr. krambil); 2 êngg. pc. diapusi, dirimuk.
klêntit: k. itil.
(klêntrêng): [x]-[x], nglêntrêng pc. mlaku alon (katon kaya tanpa kêrkat).
klêncar, klêncèr: pating [x] pc. padha murub kabèh (tmr. diyan).
klênthang-klênthung: pc. dolan-dolan, mlaku-mlaku.
klênthar: pating [x] kn. ak. padha sumèlèh ora kopèn; nglênthar: ora nêtêpi wajib (nggarap lsp); di-[x]-ake ak: ora diopèni, diênêngake bae, dilêmparakake.
(klênthe): [x]-[x], nglênthe pc. mlaku alon ora nggêgawa apa-apa.
klênthèng: kn. omah pasêmbahyangan (tmr. Cina).
klênthêng: kn. isi randhu; [x]-an: ar. mainan nganggo bumbungan cilik têlu dianggo nutupi klénthêng (dibêdhèk êndi kang isi); di-[x] êngg. pc: diapusi.
klênthing: kn. saèm. jun cilik; [x] wadhah masin pr: isih kêtara tabêting kalakuane kang ora bêcik.
(klênthung): [x]-[x], nglênthung pc. tanpa nggêgawa apa-apa, ora olèh-olèhan.
klênthusên: êngg. kn. padha abuh (bèri-bèri).
klênyam-klênyêm: pc. ênggone mangan alon sêmu enak bangêt.
klênyêr: pc. gurih; kc. klênyir.
klênyêm: êngg. pc. 1 ar. panganan gêthuk digorèng; 2 bngs. lêncèg; kc. klênyam-klênyêm.
klênyêng-klênyêng: pc. 1 krasa rada mumêt (ngêlu); 2 rada edan.
klênyêr: mak [x] pc. krasa rada griming-griming kêpenak (tmr. badan lsp).
klênyir, klênyis: êngg. kn. gurih bangêt (kaya rasaning krambil).
klênyit: pc. 1 rada mambu (sarta ayid, tmr. jangan lsp); 2 rada gêndhêng; pating [x] pc: rasa campuran warna-warna sarta ora enak; [x]-an pc: 1 sêmbranan, kerasan; 2 lirih-lirihan (tmr. panabuhing gamêlan).
klêngêr: kn. ora eling, sêmaput.
klêngkang-klêngkêng: mak [x] pc. sanalika ngglethak mati.
klênguk: pating [x] pc. padha linggih lênguk-lênguk.
klêpèh: êngg. pc. têlês kêproh.
klêpêk: I mak [x] pc. mak klêkêk. II pating [x], [x]-[x] pc: kêkablak ut. kêkêbêt suwiwine; kc. klabak, klapak, klèpèk.
klêpêr: pating [x], [x]-[x], [x]-an kn. padha katon mabur (bola-bali, wira-wiri, uyêk-uyêkan).
klêpyar: pating [x] pc. padha ambyar, kumêpyar; kc. kêpyar.
klêpyur: pating [x] pc. katon kêpyur-kêpyur (ing pandêlêngan).
klêpus: (klêpas-klêpus) êngg. pc. 1 ngêtokake kêbul akèh (nalikane udud); 2 umuk, sugih omong.
klêpoh: êngg. pc. kêproh.
klêpon: kn. 1 ar. panganan glêpung kêtan diglindhingi diisèni gula; 2 prênthilan ing kanthongan wadhah bayi (tmr. kewan).
klêprèh, klêproh: êngg. pc. têlês kêproh.
klêpruk: pating [x] pc. padha nywara pruk-pruk (kêpruk-kêprukan).
klêrêk-klêrêk: pc. nywara êrak (gêrok).
klêsêd: mak [x] pc. 1 sanalika obah mingsêd; 2 sanalika mulur banjur kaku (mati).
klêsik: pating [x], klêsak-klêsik, [x]-an kn. padha gunêman lirih (bisik-bisik).
(klêtêr): nglêtêr pc. alus lan bêcik bangêt (ênggone njogèd).
klêtik: êngg. kn. (lênga [x]) lênga klêntik.
klêting: kn. ikalan lawe kang dilêbokake ing tropong (piranti panênunan); di-[x] ak: dicokol (diombèni jamu).
klêci: kn. bngs. kênthang.
klêcing: êngg. kn. kêcing.
klêcir: pating [x] pc. pating krêncil.
(klêcis): nglêcis pc. tansah udud, karêm udud.
(klêthak): di-[x] kn. dicakot (dijapit) ing untu bam tmr. barang kang atos.
klêthêk: (-klêthêk) kn. 1 nywara thêk-thêk (ing kothak, lêmari lsp); 2 ([x] ing ati) ak. krêntêging ati, niyat; nglêthêk pc: ngundhêr, tansah tumandang ing gawe; [x]-an pc: tansah tumandang ing gawe.
klêthês: mak [x] pc. sanalika pèndèng (kêtlindhês lsp).
klêthik: mak [x] pc. pêpindhan swaraning panganan kang gêtas dimamah; [x]-an: panganan kang garing-garing.
klêthir: pating [x], klêthar-klêthir kn. ak: saka sathithik, thar-thir.
klêthis: pc. kc. klêthik.
klêthuk: mak [x] pc. swaraning barang atos dimamah (diklêthak); di-[x] pc: diklêthak.
(klêthus): di-[x] pc. diklêthak, dipangan (dimamah).
klidhêng: (-an) êngg. klèdhêng(an).
kligane: êngg. kêbênêran, tujune.
kliyang: kn. ak. kleyang.
kliyas-kliyus: êngg. kn. kisinan, kêwirangan.
--- 230 ---
(kliyêk) ~ klulur.
(kliyêk): [x]-[x] kn. lunga mlaku-mlaku sadhela; ngliyêk, [x]-an: tansah lunga mrana-mrana.
kliyêng-kliyêng: kn. 1 krasa ngêlu (mumêt); 2 pc. rada edan.
klika: kn. kuliting wit (kayu).
klikatên: êngg. kn. likatên, gringgingên.
kliki: kn. (lênga [x]) lênga jarak.
klikik: pating [x], klikak-klikik kn: 1 swara ing wêtêng nalikane ngêlih; 2 nywara kik-kik (cêkikên);' nglikik pc: ngêlih bangêt, kalirên; kc. kumlikik.
klikip: (-an) kn. guthêkan mawa tutup ing pêthèn (pêthi, grobog, wadhah kinang lsp).
klilan: pc. kalilan.
klilapan: êngg. pc. 1 kêliwatan; 2 kêlalèn; 3 kêkilapan.
kliling: êngg. pc. 1 ing sakubênge; 2 mubêng-mubêng, nganglang (rondha, mriksa lsp); 3 mandhor; di-[x](-i): 1 ak. dijaga; 2 êngg. pc: dinganglangi, dirondhani, diubêngi; [x]-an êngg. pc: layang idêran.
klilingan: êngg. ak. jênthik manis.
klilip: kn. 1 rêrêgêd kang mlêbu ing mata; 2 ent. apa-apa kang njalari ora sênêng (mungsuh, cacad lsp); [x]-ên: kêlêbon rêrêgêd ing matane.
klimah: kn. ak. têtêmbungan; kc. kalimah.
klimêngan, klimunan: êngg. k. lali, kêlalèn.
klimis: kn. 1 alus sarta gilap; 2 pc. katon rada bêcik, rada lêmu.
klimpe: pc. kêlimpe.
klimputan: kn. ak. kêwirangan; kc. limput, kalimputan.
klindhên: kn. tali jantra pangantihan (kang dianggo ngubêngake).
klinik: (W) kn. papan dianggo mulasara wong lara.
klinu: kn. ar. wit.
klintang-klinting: I kn. mlaku-mlaku tanpa tuju; kc. klintingan. II pc: gêgulungan; kc. glinting.
klintar-klintêr: kn. tansah têka (mlaku) sêmu ana kang diarah; kc. klintêr.
(klintêr): di-[x]-i kn. ditêkani (diubêngi) bola-bali (kanthi sêdya ala); [x]-an: tansah têka (mubêng-mubêng) kanthi ana sing diarah.
klintingan: I kn. tansah lunga (mlaku-mlaku) tanpa tuju. II pc: gêgulungan.
klintong-klintong, klintongan: êngg. pc. mlaku-mlaku, mlancong.
klintrêk-klintrêk: pc. katon kênthêl kêmpêl.
klincir: êngg. kn. têlês kêbês.
klincuran: kn. ak. klincutan.
klincutan: kn. klicutan.
klinthang-klinthing: kn. tansah nywara thing-thing (gêntha lsp).
klinthang-klinthung, klinthungan: êngg. kn. mlaku-mlaku tanpa tuju.
klinthing: I kn. gêntha cilik, bèl; di-[x](-i): diwèhi sasmita sarana klinthing. II pating [x] kn: padha njêngkêrud têtêkukan. III kn: woh gadhung kang ana ing dhuwur.
(klinyêm): di-[x] pc. diklenyam, diklècèp.
klinyit: pc. katon gilap akèh lêngane.
klingking: kw. jênthik.
klingkung: kn. ak. klèru, kêlalèn.
klingsènên: êngg. kn. lungse, kasèp.
klingsi: êngg. kn. klungsu.
klipyan, klipcan: êngg. k. lali, kêlalèn.
klirak-klirik: kn. tansah nglirik; kc. lirik.
kliru: n. klintu k. ak. klèru.
klisa: kn. ar. oyod-oyodan (ing wit rumambat) kang kêna dipangan.
(klisik): nglisik kn. obah alihan (tmr. wong turu); [x]-an: tansah obah alihan (ngosèk) ora bisa turu kêpati.
klicatan: pc. kumudu-kudu lunga (marga ora jênak, isin lsp).
klicèt: êngg. kn. dudul klambi lsp.
(klici): di-[x] pc. dilus digilapake.
klicir: pating [x], [x]-[x] pc. pating klacir.
klicit: kn. katon gilap nglênga.
klicutan: kn. ak. ora wani mandêng (menga-mengo) marga isin lsp.
klithah-klithih: kn. tansah mlaku wira-wiri (sêmu nggêgolèki, bingung lsp).
klithihan: kn. tansah mlaku-mlaku sêmu nggêgolèki, bingung golèk butuh lsp.
klithik: êngg. kn. klinthing cilik; mak [x]: nywara mak thik; kc. kumlithik, wayang klithik.
klithikan: kn. bakul (dodolan) kabutuhan padinan warna-warna kayata: bolah, lading, sabun lsp.
kliwa: (S) kw. ak. kêdhi.
kliwat: n. (kê)langkung k. wis liwat, wis luwih; [x]-an n kêlangkungan k: wis diliwati, ora kêpetung; kc. liwat.
kliwêng-kliwêng: kn. ak. kliyêng-kliyêng.
kliwêr: pating [x], [x]-[x], [x]-an pc. 1 tansah katon (têka lsp); 2 katon dawa-dawa ana ing banyu; kc. kumliwêr.
kliwon: kn. 1 ar. dina pasaran kang kapisan; 2 êngg. lurah desa; 3 êngg. lurah ing padhukuhan (sangisoring lurah desa); 4 ar. pangkat sangisoring bupati.
kluban: êngg. pc. kuluban.
klubuk: pating [x], [x]-[x], [x]-an kn. 1 êngg. pc. ngêbêt-ngêbêtake suwiwine arêp ucul (tmr. pitik, manuk lsp); 2 njêmpolak-njêmpalik ut. klèpèkan (ana ing banyu tmr. iwak lsp).
(kluyu): di-[x] kn. ak. diwêdêl manèh (tmr. lurik kang wis masêm lsp); kluyon: 1 êngg. lurik lsp. kang dikluyu; 2 êngg. pawinihan.
kluyugan: êngg. pc. gluyuran.
(kluyur): [x]-[x], ngluyur, [x]-an êngg. pc: kloyongan, gluyu.
kluyon: kn. 1 lurik lsp. kang diklunyu; 2 êngg. pawinihan; kc. kluyu.
klukak-klukuk: pc. tansah nywara kluk-kluk (ing wêtêng lsp).
(kluku): di-[x] kn. ak. diêkum ing banyu, banyune banjur dianggo tamba (tmr. jimat lsp); banyu klukon ak: banyu kang wis dikumi jimat lsp, dianggo tamba
klukuk: kn. pipa ing tênggoke nganggo wadhah banyu.
klulur: pating [x], [x]-[x] kn. mlaku alon sajak kurang kêkuwatan.
--- 231 ---
klulut ~ klonthong.
klulut: kw. kang diluluti, kêkasih; di-[x]-i kw: diluluti, ditrêsnani; kc. lulut.
klumah: pc. tiba mlumah; kc. lumah, mlumah.
klumbruk: pating [x] kn. têtumpukan ora tata (tmr. barang sêmbêt); di-[x]-ake: disèlèhake bae (tmr. barang sêmbêt).
klumud: kn. rêgêd bangêt (gupak lêmah lsp).
(klumuh): di-[x]-i kn. ak. ditanduki (diêmong) kanthi sabar; kc. lumuh.
klumur-klumur: pc. rêmbên bangêt lakune.
klumus: êngg. kn. klubus, têlês bangêt.
klumpêngan: êngg. kn. kêjudhêgan.
klumpuk: n. klêmpak k. ([x]-i) gunggunge, kabèh dadi siji; [x]-[x], kêklumpuk: nglumpukake apa-apa saka sathithik didadèkake siji; di-[x]-ake: dikumpulake dadi siji, didadèkake siji; (kê-)[x]-an: 1 olèh-olèhane nglumpukake; 2 kumpulan padha patêmon; 3 padha ngumpul (nglumpuk).
klumprak-klumpruk: pc. katon kaya tanpa daya; kc. klumpruk.
klumpruk: pating [x] kn. padha têtumpukan ora tata, ent. padha ambruk tanpa daya; nglumpruk: ambruk tanpa daya.
kluntrung: pating [x] êngg. pc. padha lunga sêmu ora kêduga.
klunthangan: êngg. kn. ugal-ugalan, kurang ajar.
klunthuh-klunthuh: pc. ora gagah lan ora sigrak (lakune lsp).
klunthung: I [x]-[x], pating [x] pc. nywara thung-thung (gêntha sapi lsp); kc. klonthong. II êngg. kn. cumplung (êndhas). III di-[x] kn. ak: digulung, dilunthung; kc. lunthung.
klunyatan: kn. kurang ajar, murang tata.
(klunyum): di-[x] pc. diklènyèm, diklonyom.
klunyut: êngg. pc. klêbus.
klungsu: kn. isi asêm.
klungsur: kn. rada kêmpot (tmr. pipi).
kluruk: kn. swara ut. nywara sêru (tmr. jago, ing wayah esuk, arêp tarung lsp. uga dianggo ent).
kluron: kn. nglairake bayi kang durung mangsane.
klusad-klusud: mak klusud pc. katêranganing mlèsèd ut. mletre.
klucèh-klucèh: êngg. kn. cêbêlèh, kurang cahya (tmr. warna lsp).
klucut, klocut: kn. klêbus (marga kodanan).
kluthak-kluthêk pating kluthêk, kluthêkan: pc. tansah nywara thak-thêk.
kluthak-kluthuk: pc. tansah nywara thuk-thuk.
kluthuk: I mak [x] pc. nywara thuk. II êngg. kn. 1 gêntha kayu (ing gulu sapi); 2 pêthèn kayu, glêdhêg; 3 glodhog; 4 bngs. ting awujud kothakan kayu; 5 bngs. grobag cilik. III kn: ar. jambu lan gêdhang (mawa isi). IV pc: 1 tulèn, tanpa campuran; 2 barès, pêsaja.
kluwa: kn. godhogan tela lsp. nganggo santên; di-[x]: diolah kluwa.
kluwak: kn. woh pucung kang wis tuwa lan wis diolah (dianggo bumbu).
kluwar: êngg. pc. mêtu.
kluwas: êngg. kn. kluron.
kluwat: kn. jugangan kuburan.
kluwèn: kn. ngêlih, kêluwèn; kc. luwe.
kluwêk: êngg. kn. kluwak.
kluwêng: mak [x] pc. katêranganing menggok ut. mubêng.
kluwêr: mak [x] pc. sanalika menggok (mubêng).
kluwuk-kluwuk: pc. kluwus-kluwus.
kluwung: kn. 1 wêwujudan mlêngkung ing langit mawa warna biru, abang lsp. kêdadean saka pêcahing sorot; 2 êngg. bngs. kêmangga; 3 kayu urung kêndhang lsp.
kluwus-kluwus: kn. katon rêgêd sêmu klawu (tmr. klambi putih lsp).
klobak-klobak, klobakan: kn. ak. klubuk-klubuk, klubukan.
klobot: kn. lêmbaran buntêling jagung (sok digawe rokok).
kloyong-kloyong, kloyongan: êngg. pc. 1 mlaku-mlaku; 2 sênggoyoran, gloyoran.
kloyoran: pc. gloyoran.
kloko: mak [x] pc. sanalika kêndho ut. ucul.
klokop: pating [x] kn. katon padha mêngkab-mêngkab (tmr. klika lsp); di-[x]-i: disèsèt ut. dijupuk kulite (klikane).
klokor: I mak [x] pc. mak kloko; nglokor pc: kêndho, udhar. II [x]-[x] pc: gêdhe sêmu gêrok (tmr. swara).
klokro: mak [x] pc. mak klokro; nglokro pc: kêndho, udhar, ent. wis êntèk pangarêp-arêpe.
klolodên: kn. klêlêgên barang kang êmpuk alod (iwak koyor lsp).
klolor: pating [x], [x]-[x] pc. pating tlolor.
klomah-klamèh: pc. klêmak-klêmèk.
klombèran: êngg. kn. kalènan.
klombyar-klombyor: pc. glombyar-glombyor.
klombot: êngg. kn. klobot.
klombroh: nglombroh, [x]-an kn. kêlandhungên lan kêgêdhèn (tmr. klambi lsp).
klomod: êngg. pc. klamud, klumud.
klomoh: kn. gupak lênga lsp. wrata kabèh; di-[x](-i): ditêlêsi nganggo lênga lsp. nganti wrata; 2 êngg. pc. diapusi, diblithuk.
kloncèr: pating [x] pc. katon dawa-dawa kaya koncèr.
klonthang, klonthèng: kn. pêpindhan swaraning gêntha lsp; pating [x], [x]-[x], [x]-an: nywara klonthang (klonthèng).
klonthangan: kn. ak. badhut, banyolan.
klonthang-klanthung: kn. ak. lêgèh ora nggêgawa apa-apa, nganggur.
(klonthok): di-[x] pc. diklothok, diklokop; [x]-an pc: klothokan.
klonthong: I kn. 1 (ut. [x]-an) ar. têtabuhan [têtabuh...]
--- 232 ---
[...an] (unèn-unèn) dianggo dolanan ut. têngara nawakake dodolan; 2 (Cina [x]) (Cina) bakul idêr-idêr barang-barang. II [x]-an kn: 1 apa-apa kang ing jêrone growong (tanpa isi); 2 kang wis kothong (tmr. êndhog, rèk lsp); kc. slonthongan.
klonyo ~ (kuya).
klonyo: (W) kn. ar. lênga wangi.
klonyom: mak [x] pc. sanalika thèthèl (tmr. kulit lsp); di-[x] pc: diilangi kulite.
klongkang-klongkong, klongkongan: pc. 1 nangis sêru; 2 ks. ura-ura.
klop: (W) pc. cocog petungane.
klopak: pating [x], [x]-an kn. ak. klubukan.
klopod: êngg. kn. rêgêd, glumut.
(klopok): di-[x] pc. dibakar ut. dipanggang (tmr. iwak lsp); kc. kropok.
klorèh: (-an) kn. ak. nglantrah bangêt, ngandhar-andhar.
(klosod): nglosod, [x]-an kn. ak. linggih ora lunga-lunga; kc. klèsèd.
klotor: êngg. kn. bngs. kreta arodha papat.
klocut: pc. klêbus kodanan; kc. klucut.
(klocok, klocop): di-[x](-i) pc: diklècèp, diilangi kulite.
klothak: mak [x], pating [x], [x]-an pc. pêpindhaning swara saèm. klèthèk.
klothèk: pc: saèm. klothak.
klothok: I di-[x](-i) pc. diklèthèk, diklokop, diklocop. II êngg. kn. tulèn; kc. kluthuk.
klowang-klawung: kn. krasa jêlèh dening nganggur bangêt.
klowoh: êngg. kn. êmpuk gêdhe dianggo paidon lsp; nglowoh pc: mlongo, ndlongop.
klowong: I mak [x] kn. ak. 1 mangun mlêngkung (bundêran); 2 sanalika ngêndhêlong (kêndho); [x]-an: 1 bundêran; 2 alèn-alèn, gêlangan; 3 ak. klonthongan (tanpa isi); kc. kluwung. II di-[x]-i kn: 1 dibathik cêngkorongane (durung nganggo isèn-isèn); 2 didokoki lowahan ing layang lsp, kang bakal diisèni; kc. lowong, nglowong.
klowos: pating [x] kn. ak. padha kothong (bolong); nglowos ak: ora olèh-olèhan, lêgèh bae.
ku: n. -kula k. sêsulih pandarbe utama-purusa.
kubalan: kn. ak. kêna ing ubaling gêni lsp; kc. ubal, mubal.
kubandha: kw. ak. buta.
kubang: êngg. kn. blumbangan.
kubêk: kn. ak. diubêk; kc. ubêk.
kubêng: kn. watêsing lumah kang ngubêngi; di-[x](-i): dikupêng ing; kc. ubêng.
kublêg: êngg. kn. bngs. lumpang kayu.
kubuk: kn. 1 trêp dawa lan ambane, awangun pêsagi (tmr. kacu lsp); 2 êngg. kacu; 3 pêsagèn; 4 awangun dhadhon (dawa, amba lan dhuwure padha); 5 ak. kurup, sumbut; 6 (ut. [x]-an) ar. dolanan mawa totohan nganggo kêcik dibyukake banjur ditutupi tangan dibêdhèk cacahe ut. gathèt ganêpe; di-[x]-ake: 1 didadèkake pêsagi; 2 ak. dikurupake, disumbutake.
kubul: kn. ak. palanangan.
kubur: (-an) kn. pasarean ki: pêndhêman mayit, jaratan; di-[x] n. dipunpêtak k. disarèkake, sumare ki: dipêndhêm (tmr. mayit).
kubut: kn. ak. ditutupi (dikrukup) bukut.
kubon: kn. ak. kêbon.
kubra: kiyamat [x] (A) kn. kiyamat gêdhe (ing pungkasaning jaman).
kuda: kw. (êngg. k): jaran; [x]-[x] kn. 1 ak. jagrag; 2 kayu sanggan andêr.
kudandapan: kn. ak. 1 ak. digadhang-gadhang ing têmbe bisaa dadi ...; 2 dialêmbana lan dibêbungah atine sarana pangalêm lsp. (tmr. bocah cilik); 3 pc. diujar-ujari, disrêngêni; (ke-)[x]-an ak: 1 têtêmbungan (pangalêm, panggadhang) kang dianggo ngudang; 2 panjaluk ut. kasaguhan; 3 br. jênêng.
kudu: n. kêdah k. 1 ak. dêrênging ati tansah arêp (nindakake lsp); 2 (ora kêna ora) mêsthi wajib ditindakake (dilakoni lsp); 3 mêmpêng bangêt arêp ... kc. kumudu, kudon, parikudu.
kudur: (-an) kn. kawajiban mitulungi nggarap sawahing lurah (tanpa buruhan mung disuguh pangan lsp); di-[x]-ake: disambatake marang kuli (tmr. panggaraping sawah).
kudus: (A) kn. ak. suci.
kudon: kn. 1 êngg. pêrlu bangêt; 2 ak. pêpadon, udur-uduran.
kudrat: (A) kn. ak. panguwasa; kc. kodrat.
kujana: kw. 1 wong ala; 2 nêpsu, muring; kc. kunjana.
kujang: êngg. kn. kudhi.
(kujiwat): ngujiwat kw. mlerok, mbalang liring.
kudhampêl: kw. ngêthapêl, nèmplèk.
kudhandhangan: kw. kêpengin (kangên) bangêt; kc. dhandhang.
kudhar: êngg. kn. udhar, ucul; [x]-an ak: kêwudan; kc. udhar, wudhar.
kudhas-kudhis: kn. kadhas-kudhis.
(kudhêk): di-[x] êngg. diudhak, diudhêk.
kudhi: kn. bngs. arit ing têngah nganggo blêndhuk mèmpêr pêthèl; [x] pacul singa landhêpa pr: (padha dene pintêr lsp) mung kari adu bêgja.
kudhis: kn. ak. kadhas-kudhis.
kudhu: kn. ar. oyod dianggo ngabang jarit lsp; di-[x]: diabang ing kudhu.
kudhung: kn. 1 êngg. tutup; 2 êngg. caping; 3 (ut. kêkudhung, [x]-an) nganggo tutup ut. aling-aling (slendhang lsp) ing êndhase; [x] indhing (tapih) pc: (wong lanang) kalah bangêt karo kang wadon; [x] lulang macan br: nganggo jênênging panggêdhe ut. wong kang kuwasa.
kudhup: kn. 1 tlakupaning kêmbang nalikane durung mêgar; 2 kuncup; 3 pc. rada suthup (tmr. mata).
kuhaka: (S) kw. ak. durjana, wong ala.
kuhana: b(S) kw. ak. ora barès, cidra.
(kuya): di-[x]-[x] kn. tansah dioyak-oyak (dikon lunga lsp).
--- 233 ---
kuyu-kuyu ~ kulkul.
kuyu-kuyu, kuyus-kuyus: kn, ak. dlèwèran tmr. kringêt lsp.
kukama: (A) kn. ak. (para [x]) para ahli kukum, para hakim.
kukang: êngg. kn. ar. kewan satêngah kêthèk.
kukap: kw. 1 kêbul, mega; 2 dupa.
kukarma: (S) kw. ak. tindak ala.
kukila: kw. manuk.
kuku: kn. kanaka ki. tutuping pucuk driji sikil ut. tangan; sa-[x] irêng pc: sathithik bangêt; di-[x]: dicuwêk lsp. ing kuku.
kukub: kn. ak. krukub, tutup (rai lsp) di-[x](-i) ak: dikrukub, dikrodhongi; [x]-an êngg. ak: wêwêngkon, tlatah; kc. kukup, krukub.
kukud: kn. 1 mbubrah-mbubrahi (dhasarane lsp. arêp lèrès); 2 ak. mati; di-[x](-i): dibubrahi lan diklumpukake (tmr. dagangan kang didhasarake).
kukuh: n. kêkah k. 1 sêntosa, ora gampang rusak (tmr. omah lsp); 2 kêncêng ut. puguh kêkarêpane (panêmune); di-[x]-i: 1 diugêmi, digêgêgi (tmr. panêmu lsp); 2 ditêtêpi têmênan (tmr. kasaguhan lsp); kc. pikukuh.
kukuk: êngg. ak. nywara dianggo nggêgiro cèlèng lsp. kang diburu.
kukul: kn. pruntus-pruntus ing rai saèm. kutil; [x]-ên: ana kukule (ing rai).
kukum: (A) kn. ak. putusan (ing pangadilan); kc. ukum.
kukumah: (A) kn. ak. 1 têksiran, kira-kira; 2 putusan, pancasan.
kukumullah: (A) kn. ak. pancasaning Allah.
(kukup): di-[x] kn. 1 dirakup nganggo tangan loro (diklumpukake ut. dibuwang); 2 diwêlasi lan diopèni (tmr. bocah kapiran, wong kêsrakat lsp), diêpèk mantu kanthi disangga sawragat kabutuhane; ora ngukup: ora olèh-olèhan, wis ora kêna dipèk pigunane; tanpa [x]-an ak: ora olèh apa-apa.
(kukur): [x]-[x] kn. nggaruk-nggaruk nganggo kuku (ing peranganing awak kang gatêl); di-[x]: 1 digaruk ing kuku; 2 êngg. ak: diparud, dikikir, dilus.
kukura: kw. kura.
kukus: kn. 1 kêbul; 2 uwab (ing banyu kang digodhog); 3 suwur, pawarta; dhuwur [x]-e ak: kêwêntar, misuwur; di-[x](-i): dimatêngake sarana sumubing wedang; [x]-an: piranti dianggo ngukus bêras ing nalikane adang (awujud nam-naman pring diwangun kaya conthong); kc. kumukus.
kuksi: (S) kw. ak. wêtêng.
kul: I kn. ar. bngs. keyong; [x] buntêt: keyong buntêt (sok dianggo jimat); kc. kulkul. II di-[x] kn: disiya-siya sarta disapèlèkake. III (W) kn: kobis; [x] bandhang: ar. wit.
kula: I k: 1 aku, -ku; 2 dak-, tak-; 3 wangsulan yèn diundang. II (S) kw: darah, trah, turun, sanak-sêdulur.
kulaja: (S) kw. ak. trah luhur.
kulagotra: (S) kw. sanak sêdulur.
kulah: I êngg. kn. gupak, kêkuthah. II di-[x] êngg: diulêd, dicampur. III kn: wadhah banyu dimêstèr dianggo padusan.
kulak: I kn. êngg. ak. takêran bêras; 2 n. kilak k. (ut. kêkulak, [x]-an) tuku dagangan arêp diêdol manèh; [x] warta adol prungon pr: ngrungok-ngrungokake pakabaran; di-[x]: dituku arêp diêdol manèh; di-[x]-ake: diêdol marang bakul; [x]-an: (rêrêgan ut. barang) ênggone kulak.
kula-kuli: kn. ak. manuh, kulina.
kulala: (S) kw. ak. kundhi.
kulam, kulêm: kn. ak. blumbang, kulah.
kula-mitra: kw. sanak lan kanca-kanca.
kulanthe: kn. 1 kc. klanthe; 2 ar. têmbang têngahan.
kular: êngg. kn. bolah ular-ular.
kula-sêntana: (-wanda, -wangsa, -warga) kw. sanak sêdulur.
kulawu: kn. ar. wuku kang kaping 28; kc. klawu.
kuldi: kn. ar. kewan bngs. jaran cilik.
(kule) ma-[x] kw. ak. turu.
kulègèn, kulèhe, kulèhèn, kulêmên: n. kulepun k. êngg: geneya, kêpriye.
kulemat: kn. ak. mori alus.
kulèn: pc. sawah kang digadhuhake marang kuli.
kulêd: kw. rêmbên, ora gancang.
kulêm: I kw. 1 bêngi, wêngi; 2 turu; kc. kilêm.
kulhu: (A) kn. pêpucuking surah ing kurän (kalumrah dianggo bêbuka yèn ngaji lsp).
kuli: kn. 1 wong ing desa (kang ora cêkêl gawe); 2 wong kang bêburuh (angkat junjung lsp); [x] kêncêng ([x] baku, [x] kuwat, [x] ngarêp, [x] nomêr siji, [x] pokok): wong tani(-desa) kang baku duwe sêsanggan pagawean desa sarta olèh bagean sawah; [x] buri ([x] gamblok, [x] gandhok, [x] kêndho, [x] satêngah kêncêng): wong tani kang ora olèh wêwênang bagean sawahing desa.
kulib: (A) kn. ak. kirik.
kulihan: n. kantukan k: diulihi; kc. ulih, mulih.
kulihi, kuliyên: êngg. geneya?
kuliling: kn. ak. mubêng; kc. kliling.
kulina:. 1 (S) kw. ak. trah, sanak; 2 kn. wis wanuh bangêt, wis manuh; dikulinakake: digêgulang supaya manuh (kulina).
kulintên: êngg. k. kulina.
kulingling: kn. ak. mubêng; kc. kliling.
kulisa: (S) kw. ak. wadung, kampak.
kulit: kn. 1 buntêl lapisan kang jaba (tmr. kewan, wong, têtuwuhan, woh lsp); 2 wlulang; 3 klika; [x]-an: 1 kang digawe kulit (ing pring tmr. gêdhèg lsp); 2 pc. rupaning kulit; kc. pakulitan.
kulita: kw. kulina bangêt, supêkêt (tmr. mêmitran).
kulit-ayam: kn. 1 kulit kang tipis bangêt (ing dhuwur dhewe); 2 glabat, kêndhangan.
kulit-daging: pc. sanak sêdulur; di-[x]: dianggêp sanak.
kulkul: êngg. ak. bngs. kênthongan kayu.
--- 234 ---
kulkum ~ kumêbêt.
kulkum: (A) kn. ak. kala-mênjing.
kulmak: kn. wong kang pinatah nampani dhayoh (ing nalikane duwe gawe dadi gêgêntine kang duwe gawe).
kulnèl: kn. ak. kolonèl.
kulu: I kn. ar. iwak loh. II kn. ak: katut diulu ora kêjarag; kc. ulu. III [x]-[x] kn. ak: katon rêgêd bangêt akêh blêduge.
(kulub): di-[x] kn. digodhog (tmr. jêjanganan); [x]-an: jêjanganan kang digodhog.
kuluh-kuluh: kn. rêgêd bangêt akèh blêduge (klambi lsp).
kuluk: I kn. makutha, panunggul ki: bngs. kêthu agême para priyayi yèn pinuju pasowanan grêbêgan lsp; [x]-an: nganggo kuluk. II (A) kn: pêgatan saka panjaluke kang wadon.
kuluma: kn. ar. iwak loh.
kulumur: kw. ak. kuthah gêtih lsp.
kulung: I êngg. kn. 1 garan, apan-apan (ing ani-ani); 2 ak sampil kêbo. II êngg. kn: wêsi pipa dalan banyu, kalènan.
kulung-ati: kn. ak. pulung-ati
kulup: (A) kn. 1 ak. ikut, ora têtak; 2 br. thole, ênggèr.
kulur: pc. kolur.
kulon: n. kilèn k. ar. keblat kb. wetan; [x]-an: kang kaprênah (asal lsp) saka kulon, êropah.
kulwan: kw. kulon.
(kum): di-[x] kn. dicêmplungake lan dirêndhêm ing banyu lsp; kc. kungkum.
kumadama: kw. (ngrumangsani ut. api-api) bodho, asor.
kumayu: kn. kênès bangêt, ambêk ayu; kc. ayu.
kumakaruh: kn. ak. sumanak kaya wis wanuh bangêt; kc. karuh.
kumaki: kn. anbêk pintêr, kaya wong tuwa; kc. kaki.
kumala: kw. intên; ngumala kw. kaya intên, sumorot, bêcik bangêt.
kumala-kala: kn. (jaka [x] umur-umuraning bocah lanang kira-kira 14 - 16 taun.
kumalanda: kn. ak. duwe sêngguh kaya Wlanda.
kumalancang: kn. ak. lancang bangêt; kc. lancang.
kumalasa: kn. ak. (watu [x]) watu kang alus wrata (dianggo linggihan).
kumalikih: kn. ak. sêngguh, sumangkeyan.
kumalungkung: kn. ak. ambêk luhur (-luwih), pambêkan.
kumalot: kn. ak. kumpul-kumpul, ora nyilêm; kc. kambang.
kumambang: kn. kampul-kampul, ora nyilêm; kc. kambang.
kumampul: kn. kampul-kampul, kumambang.
kumampo: kn. wis mèh matêng (tmr. pêlêm); kc. ampo.
kumanak: kn. kc. kêmanak.
kumanan: kn. ak. komanan.
kumandêl: kn. ak. gêdhe pangandêle, ngandêl bangêt; kc. andêl.
kumandhang: kn. swara tundha (pambaliking swara); ngumandhang: ngêtokake kumandhang (nywara tundha).
kumantil:(-kantil) kn. tansah gumantung, trêsna bangêt marang; kc. kantil, kanthil.
kumancing: kn. ak. tumutup sarana dikancing; kc. kancing.
kumanthil:(-kanthil) kn. kumantil(-kantil).
kumanyangan: kw. ak. kêmayangan.
kumanggang: kn. ak. kêmanggang; kc. panggang.
kumara: kw. 1 bocah, jêjaka; 2 intên; 3 jiwa, roh; kc. kêmara, kumala.
kumaruk: kn. ak. kêmaruk.
kumat: kn. angot lara manèh (ent. angot nglakoni ala).
kumatal: kn. ak. mèh garing ana ing wit; kc. kêmatal.
kumatus: kn. ak: lara watuk gêtih; kc. kêmatus.
kumacèlu: kn. kêpengin (adrêng) bangêt.
kumacêri: kn. ak. cumeri-ceri, ora sênêng bangêt; kc. cêri.
kumawani: n. kamipurun k. ambêk wani, kumandêl.
kumawasis: kn. ak. kumintêr.
kumawas-awas: kn. ak. ambêk awas (sidik).
kumawatir: n. kumawatos k. kuwatir, sumêlang.
kumawawa, kumawawi: kw. ambêk kuwat, ambêk bisa.
kumawi-kawi: kn. ak. duwe ambêk kaya pujangga; kc. kawi.
kumawula: kn. ak. ngabdi marang, rumakêt anggone ngabdi; kc. kawula.
kumawon: k. êngg. bae.
kumawruh: kn. ak. sêngguh dening sugih kawruh.
kumba: (S) kw. 1 jun, klênthing; 2 êndhas; didu [x], di-[x]: didikêprukakedikêprukake. êndhas karo êndhas.
kumbah: ut. makumbah kw. tukang masuhi (wêwilanganing wong nistha); di-[x] kn: diwasuh; [x]-an: wasuhan.
kumbaya: I kw. jun, klênthing. II kw: gêmbaya.
kumbakara: (S) kw. ak. kundhi.
kumbala: 1 kw. saèm. jêbêng awangun kêkêmbangan dianggo rêrênggan; 2 ki. ak. jenggot, brêngos.
kumbandha: (S) kw. ak. buta.
kumbang: I êngg. kn. kombang. II angin [x] êngg. Brêbês lsp; angin saka kidul ing mangsa kêtiga.
kumbi: kn. ora gêlêm ngaku (selak nggêgêgi darbèking liyan lsp); dikumbèni: digêgêgi, diaku darbèke dhewe.
kumbu: kn. ar. panganan.
kumbuhan: kn. ak. wis (mèh) mati (tmr. kewan kang dibêdhil, diburu lsp).
kumendho: kn. isih ênom tmr. krambil (nêdhênge diolah kendho).
kumèpèt: kn. ak. isih ênom (tmr. gêdhang).
kumèrèn: kn. ak. kêmèrèn; kc. mèri.
kumeron: kn. ak. kêmeron.
kumewat: êngg. ak. kênès, pambêkan.
kumêbêt: kn. ak. kêbêt-kêbêt (suwiwine); kc. kêbêt.
--- 235 ---
kumêbul ~ kumlebat.
kumêbul: kn. ak. mêtu kêbule; kc. kêbul.
kumêbut: kn. ak. ngêbut-ngêbutake; kc. kêbut.
kumêd: kn. 1 gêmi bangêt, cêthil; 2 ([x] lambe) êngg. pc: amêm, ora sênêng gunêman; 3 ([x] daging) pc. ora bisa lêmu.
kumêdah: k. kumudu; kc. kudu.
kumêdul: kn. ak. mêndul-mêndul (mêmbal-mêmbul).
kumêdut: kn. obah kêdut-kêdut; kc. kêdut.
kumêjut, kumêjot: êngg. kn. kagèt; kc. kêjut, kêjot.
kumêdhèp: kn. kêdhèp matane; [x] kasèp pc: yèn ora enggal-enggalan (kurang prayitna) bakal ora olèh gawe; [x] kaca pc: mêndêlik pamandênge; kc. kêdhèp.
kumêgilan: kn. ak. gila bangêt.
kumêl: êngg. ak. 1 sarèh; 2 wis ngrantang (tmr. jarit lsp); 3 ora sigrak, ora bingar.
kumêlap: kn. 1 katon mak kêlap, gumêbyar; 2 ([x] atine) uwas, sumêlang; kc. kêlap.
kumêlar: kn. ak. ambêk kuwat, sarwa kuwagang; kc. kêlar.
kumêlèp: pc. panas bangêt.
kumêlip: kn. ak. katon kêlip-kêlip; kang [x] br: titah kang urip; kc. kêlip.
kumêlun: kn. mumbul katon gêgulungan (tmr. kêbul lsp); kc. kêlun.
kumêmbêng: kn. ak. 1 ora bisa mili; 2 mênggêng, ora cêtha têgêse; kc. kêmbêng.
kumêmping: kn. lagi wiwit mêntês (tmr. pari, enak-enake diêmping).
kumêmprang: kn. ak. nywara mak kêmprang.
kumêndham: (W) kn. panggêdhening bètèng (saradhadhu).
kumêndhir, kumêndhur: (W) kn. panggêdhe kang ngabani saradhadhu; dikumêndhiri: diabani, dipanggêdhèni (tmr. saradhadhu).
kumêndhung: I (-kêndhung) kn. ak. têtumpukan mundhung-mundhung. II kn. ak: umuk, pambêkan; kc. gêndhung.
kumênom: kn. ak. ambêke kaya wong ênom.
kumênclang, kumênclèng, kumêncling, kumêncrang, kumêncrèng, kumêncring: kn. nywara (muni) mak kênclang(-kênclèng, -kêncling, kêncrang, -kêncrèng, kêncring).
kumênthus: kn. ak. umuk, gumêdhe, kumêndêl lsp); kc. kênthus.
kumênyal: kn. ak. mêndat mak kênyal.
kumênyar: kw. sumorot; kc. kênyar.
kumênyus: kn. ak. tumancêb jêro; kc. kênyus.
kumênyut: kn. ([x] atine) krasa kêkênan atine; kc. kênyut.
kumêpyar: kn. krasa sêgêr kêpenak (mari ngantuk, marga ngombe wedang bubuk panas lsp); kc. kêpyar.
kumêpyur: kn. 1 kêpyur-kêpyur; 2 ([x] atine) ak. sumêlang, trataban; kc. kêpyur.
kumêpyur pulut: kn. ak. rakêt bangêt (ora tau pisah).
kumêplak: kn. ak. nywara mak kêplak; kc. kêplak.
kumêpruk: kn. nywara mak kêpruk; kc. kêpruk.
kumêrab: kw. katon uyêk-uyêkan akèh bangêt.
kumêrak: kn. ak. garing bangêt; kc. kêrak.
kumêrud, kumêrug: kn. ak. gumrudug akèh bangêt.
kumêruk buntut: kn. isih ênom bangêt (tmr. dêgan).
kumêsar: kn. ak. sar-saran atine (kuwatir); kc. kêsar.
kumêtèp: kn. krasa panas bangêt ut. pêdhês bangêt.
kumêtir: kn. 1 wong kang dikuwasakake mriksa lsp; 2 lêlurahing mandhor.
kumêcap: kn. gunêman; kc. kêcap.
kumêcêr: kn. kêpengin bangêt (nganti idune mêtu); kc. kêcêr.
kumêcit: kn. ak. nywara, nyabawa.
kumêcus: kn. ak. kumintêr; kc. pêcus.
kumêthak: pc. gumêdhe bangêt, ngêdir-êdirake.
kumêthip: kang [x] br: titah kang urip; kc. kumêlip, kêthip.
kumidhi: (W) kn. tontonan mitongtonake ulah kaprigêlan, kewan-kewan lsp; [x] sêtambul: tontonan saèm. sandiwara (tonil) ngango basa Mlayu.
kumilat-kilat: kw. gumêbyar kaya kilat; kc. kilat.
kumini: I kn. kumintêr (tmr. bocah wadon). II [x] suci kn: roti tanpa ragi kang wis disucèkake (RK).
kumintêr: kn. ambêk pintêr; kc. pintêr.
kumingsun: kw. gumêdhe, umuk.
kumis: êngg. ak. brêngos; kc. komis.
kumisaris: (W) kn. 1 juru nupiksa (tmr. pakumpulan); 2 panggêdhe pulisi.
kumisèn: kn. (pa-)nitipriksa; [x] worêng: mriksa rêsiking omah; kc. kumisi.
kumisi: (W) kn. 1 panitipriksa, nitipriksa, kang pinatah nitipriksa; 2 (jual [x]) pc: ngêdolake barang daganganing liyan; 3 pc. ujuran ênggone ngêdolake baranging liyan; di-[x], dikumisèni: 1 dititipriksa, dipriksa, 2 pc. diêdolake sarana kumisi.
kumitir: kn. 1 kumlèbèt gêtêr (gêndera kanginan lsp); 2 ([x] atine) ak. kêtir-kêtir atine, kuwatir; kc. kitir.
kumyus: kn. ak. gumrobyos (tmr. kringêt), ndlêdêg (tmr. gêtih lsp).
kumkuman: kn. kang diêkum(-i); kc. kum, kungkum.
kumlabèt: kn. ak. kumlèbèt.
kumlamar: kn. ak. ora katon cêtha; kc. sumamar.
kumlambi: kn. ak. grimis kang wis kêrêp.
kumlanda: kn. pambêkane kaya Wlanda.
kumlancang: kn. ak. lancang bangêt.
kumlancur: kn. lagi wiwit mêtu lancure (tmr. jago).
kumlare: k. gumocah (kaya bocah).
kumlasa: kn. ak. kc. kumalasa.
kumlathak: êngg. pc. atos bangêt; kc. klathak.
kumlawe: kn. obah mak klawe (tangane); kc. awe, klawe.
kumlawèr: kn. dawa nglawèr; kc. klawèr.
kumlebat: pc. katon mak klebat.
--- 236 ---
kumlèbèt ~ kumrêbêt.
kumlèbèt: kn. klèbèt-klèbèt (tmr. gêndera lsp).
kumlèmbar: pc. katon sumèlèh ing.
kumlènthèng: pc. nywara sêru cêtha (tmr. wong wadon); kc. klènthèng.
kumlewa: kn. ak. katon ewa (klewa-klewa).
kumlewah: kn. ak. (tatu, kêtaton) amba kaya sigar.
kumlèwèr: kn. ak. gumantung dawa; kc. klèwèr.
kumlêkêrên: kn. ak. kêmlêkêrên.
kumlêndhang: kn. ak. kumlêndhêng; kc. klêndhêng.
kumlêndhêng: kn. katon nggêmbulêng (tmr. kêbul lsp): ora ana [x] ak: ora ana bênène (ora katon apa-apa).
kumlênis: pc. kumlêthis.
kumlênyêr: pc. krasa klênyêr-klênyêr.
kumlêthak: pc. nglêthak; kc. klêthak.
kumlêthik, kumlêthis: kn. gêtas rênyah (tmr. panganan lsp); kc. klêthik, klêthis.
kumliya: kn. ora sumanak; kc. liya.
kumlikih: kw. umuk, gumêdhe.
kumlikik: (-ên) kn. nywara klikik-klikik wêtênge (marga ngêlih lsp).
kumlimpad: kn. ak. ambêk pintêr (ambêk luwih); kc. limpad.
kumlinthing: kn. nywara mak klinthing.
kumlingking: kn. ak. garing bangêt.
kumlithik: I kn. nywara klithik-klithik. II êngg. tansah thik-thikan.
kumliwêr: kn. ak. katon sadhela; kc. kliwêr.
kumluhung, kumluwung: kw. luwung, angur; kc. luhung.
kumlunthu, kumlunthus: kn. ak. kumintêr, kumênthus.
kumlunthung: kn. 1 ak. nglunthung; 2 pc. sarèh, kêndho (tmr. hawa napsu lsp); kc. klunthung.
kumlungkung: kn. kc. kumalungkung.
kumluwih: kn. ak. ambêk luwih tinimbang sapêpadhane.
kumud: kn. santên kanil; [x]-[x] pc. klumud, rêgêd.
kumuda: 1 kw. kêmbang tunjung (putih); 2 kn. ak: godhong kêmladheyan (yèn arêp digawe têtamba).
kumukus: kn. 1 mêtu kukuse; 2 ar. bumbon crakèn; 3 ar. lintang.
kumupak: kw. gumludhug.
kumur-kumur: kn. ak. (ajur [x]) ajur mumur (nganti lêmbut bangêt).
kumurêb: kn. ak. mêngkurêb; kc. kurêb.
kumutug: kn. murub lan kumêlun (tmr. mênyan lsp); kc. kutug.
kumucing: pc. sulak (kêbut wulu).
kumucup: kw. nêmpuh, nrajang.
kumucur: kn. ak. mancur; kc. kucur.
kumuwat-kuwat: n. kumiyat-kiyat k. ak. tindak-tanduke kaya wong rosa (kuwat).
kumotos: kn. ak. tètès, kotos-kotos.
kumocab: br. kocak (tmr. sêgara, alun); kc. kocak.
kumocor: kn. mili banjur tètès (tmr. idu lsp) kc. kumêcêr.
kumpa: pc. pompa.
kumpe: êngg. kn. (wedang [x]) wedang tèh komboran.
kumpêni: kn. 1 V.O.C. (Verenigde Oost-indische Commpagnie) yaiku pakumpulan dagang ing nêgara Wlanda jaman biyèn kang nancêb pangawasa ing Indhiya kene; 2 saradhadhu; mlêbu [x]: dadi saradhadhu; [x] cilik ak: Ned. Handelmiy.
kumplang-kumplang: êngg. kn. kêbak banyu; kc. komplang.
kumplit: pc. komplit.
kumplitan: kn. ak. rombakan pranatan bab sawah lungguh(-gadhuhan).
kumpul: n. kêmpal k. tunggal dadi siji (ora pisah-pisah); ngumpul: nglumpuk, nunggal dadi siji; di-[x]-i pc. dirakêti ênggone sêsrawungan; di-[x]-ake: diklumpukake, didadèkake siji; [x]-an pc: 1 kêklumpukan sarasehan lsp; 2 pirukunan; kc. pakumpulan.
kumpra: êngg. ak. (wong [x]) wong asor.
kumpris: pc. anak kang bakal nggêntèni pangkating bapa.
kumprung: kn. ak. bodho bangêt.
kumrayap: kn. ak. katon uyêk-uyêkan akèh bangêt; kc. rayap.
kumrakêt: kn. ak. rakêt bangêt (pamitrane, sumanak); kc. krakêt.
kumram: kw. 1 sumilak padhang; 2 têrang bangêt, sumorot.
kumrambut: kn. wis mèh kênthêl (tmr. glali, kilang digodhog); kc. rambut.
kumramyas: kn. ak. kumranyas.
kumranyas: kn. krasa mak kranyas (pêdhês, panas).
kumrangga: kn. wis mèh umob (tmr. lênga).
kumrangsang: kn. 1 nywara ngarêpake umob (tmr. wedang lsp); 2 ak. nggrangsang bangêt); kc. grangsang, krangsang.
kumrapak: kn. garing ngrapak. kc. rapak.
kumrapyak: pc. nywara krapyak-krapyak (ilining banyu lsp).
kumrasak: kn. 1 nywara krasak-krasak (ilining banyu, tibaning udan lsp); 2 nywara krêsêk-krêsêk (godhong garing lsp); kc. krasak.
kumratu-ratu: kn. ak. nggugu karêpe dhewe (kaya ratu, umur-umuraning bocah ± 4 taun).
kumracak: kn. ak. nywara kracak-kracak (tibaning banyu mancur lsp).
kumrawak: kn. gumrojog (grojogan lsp).
kumrawan-prawan: kn. ak. ambêke kaya isih prawan tulèn.
kumrèncèng: kn. nywara cèng-cèng.
kumrèngkang, kumringkang: kn. ak. gumregah tangi; kc. krèngkang.
kumrèsèk: kn. nywara krèsèk-krèsèk (godhong garing lsp).
kumrèwèk: pc. tansah crèwèt.
kumrêbêt, kumrêbut: kn. ak. 1 nywara krêbêt-krêbêt; 2 laku bangêt (tmr. bakulan, dêdagangan); kc. krêbêt, kumrubut.
--- 237 ---
kumrêkês ~ Kunut
kumrêkês: kn. ak. tumama mak krês (lading kang landhêp lsp); kc. krêkês.
kumrêkêt: kn. ak. nggêgêt alon-alonan; kc. krêkêt.
kumrêmês, kumrêmus: kn. ak: êmpuk gêtas mamah-mamahane; kc. krêmês.
kumrênyês: kn. ak. rêmuk.
kumrêngsêng: kn. nywara krêngsêng-krêngsêng ngarêpake umob )tmr. wedang); kc. krêngsêng.
kumrêpês: kn. êmpuk kapês-kapês mamahane lsp.
kumrêsêk: kn. ak. 1 ak. nywara krêsêk-krêsêk; 2 rame ênggone gunêman.
kumrêtêk: kn. ak. nywara krêtêk-krêtêk (wot pring lsp).
kumrêcêk: pc. rame bangêt ênggone omong.
kumriyak: kn. ak. kriyak-kriyak mamah-mamahane.
kumriyêg: kn. ak. katon uyêk-uyêkan akèh bangêt.
kumriyêk: kn. ak. rêmuk; kc. kriyêk.
kumrincing: kn. nywara krincing-krincing.
kumrinyis: pc. nywara krinyis-krinyis (iwak digorèng lsp).
kumringêt: kn. mêtu kringête.
kumringsing: pc. garing bangêt.
kumripik: kn. êmpuk gêtas mamah-mamahane.
kumrisik: kn. 1 nywara krisik-krisik; 2 ak. sigrak, ora lêmês (tmr.pawakan).
kumritig: pc. êlur (irit-iritan) akèh bangêt; kc. kritig.
kumricik: kn. nywara kricik-kricik.
kumriwik: kn. mili sarta nywara (kalènan lsp); kc. kriwik.
--- 238 ---
kunta ~ kurban.
kunta: kn. ak. bngs. tumbak cêndhak (ditlorongake).
kuntan: pc. kontan.
(kuntêk): di-[x] êngg. kn. disuntak.
kuntên: êngg. k. kuli.
kuntul: kn. ar. manuk bngs. blêkok; kc. kontul.
kunca: kn. klèmbrèhing pojoking dodot.
(kuncang): di-[x] kw. dibuncang, dibabitake.
kuncara: kw. misuwur bangêt (katon luhur).
kuncèh: êngg. kn. pipa dawa (Cina).
kunci: I kn. ar. êmpon-êmpon. II kn: 1 êngg. pc. sosi, sogok; 2 gêmbok; di-[x]: dikancing, digêmbok.
kuncir, kuncit: êngg. kn. kucir.
kuncung: kn. 1 rambut (saèm. jambul) ing dhuwur bathuk; 2 ak. isih nganggo kuncung (tmr. bocah cilik); 3 pojoking ikêt kang nyongat ing sadhuwuring bathuk; 4 omah cilik sangarêping pêndhapa; wiwit [x] nganti gêlung pc: wiwit cilik nganti gêdhe; ngunjung, [x]-an: nganggo kuncung; di-[x]-i: 1 didokoki kuncung; 2 pc. wis mati.
kuncuk: (kunclup êngg) kn. 1 durung mêgar (tmr. kêmbang); 2 êngg. kudhup; [x]-ing asta br: tangkêbing tangan (nalikane nyêmbah).
kunthara: kw. 1 pratingkah, reka, kalakuan; 2 ar. windu kang kapindho.
kunthèt: êngg. kn. kunthing.
kunthing: kn. orabisa mundhak gêdhe (tansah cilik bae).
kunthiwiri: êngg. kn. tansah bali bae, wira-wiri.
kunyik: êngg. kn. unyik: kunyikan pc: olèh (dadi, tiba) unyik.
kunyit: êngg. kn. kunir.
kunyuk: êngg. kn. munyuk.
kunyur-kunyur: pc. katon êmpuk bangêt (tmr. iwak daging).
kung: I kw. 1 sêdhih; 2 kêsêngsêm, kedanan, trêsna. II pc: pêpindhan swaraning pêrkutut.
kungas: kc. kongas.
kungkang: kn. ak. kodhok gêdhe.
kungkulan: kn. diungkuli (ora kêjarag), kalah unggul; kc. ungkul.
kungkum: kn. (adus, linggih lsp) ana ing sajroning banyu.
(kungkung): di-[x] kn. dikurung ora olèh lunga-lunga, diêlud (tmr. dolanan bengkat lsp).
kupa: (S) kw. sumur, sumbêr, bêlik.
kupang: 1 êngg. 4 dhuwit (± 3½ sèn); 2 kw. 100.
kupat: kn. sêga dibuntêl ing janur nam-naman diwangun pêsagi, maju têlu lsp; [x] luwar: bêras kuning dibuntêl janur kaya kupat yèn didudut udhar (dianggo srana ngluwari ujar).
kupêng: kn. 1 (sa-[x]-e) ak. sakubênge; 2 (dirubung lsp) awangun kalangan têpung (kaya dikêpung); 3 pucuke mèh têpung (tmr. wanguning sungu); di-[x](-i): dikubêngi, dikêpung.
kupêr: êngg. kn. cilik mblungkêr (tmr. kuping); [x]-an ak: tanpa suwêng ut. tanpa uwêr (tmr. kuping).
kupi: I kn. ak. bngs. gêndul gêdhe awangun pêsagi (wadhah jênèwêr). II (ut. kupiya) kn: layang ngèngrèngan karangan lsp. kang dianggo têdhakan (arêp dicap lsp).
kupiya: kn. 1 kupi; 2 conto, tuladha; 3 ak. têdhakan, turunan; 4 lêlakon kang wis dialami (dianggo tuladha lsp).
kupik: kw. ak. kêplok.
kupina: (S) kw. cawêt, kathok.
kuping: kn. talingan ki: pirantining pancadriya kang dianggo ngrungokake; sipat [x]: (mlayu) bantêr bangêt; [x] budhêg dikoroki pc: wis ora krungu (êmoh ngrungokake) mêksa dirungoni; [x]-an: wêsi kolongan ing kiwa têngêning wajan, pêthi lsp. (dianggo cêkêlan).
kupyah: kn. bngs. kêthu.
kupluk: I êngg. kn. kupyah. II di-[x] êngg, kn: diongklok lan dicarub.
kupu: kn: ar.kewan ibêr-ibêran asal saka ênthunging ulêr; [x] tarung: lawang kang inêbe loro (tangkêban).
kupur: I êngg. kn. pupug, papak. II kn. ak: (wong [x]) wong kang ora pracaya ing Allah; kc. kapir.
kupon: I kn. têtiron (gambaran lsp) kupu. II kn: girik (layang) kang mawa pangaji (kêna diijolake barang lsp).
kur: I êngg. kn. mung. II pc: sabawa ngundang pitik; di-[x]-[x]-i pc: diundang sarana muni kur-kur (tmr. pitik).
kura: kn. bngs. bulus gêdhe.
kurah: kn. ak. kêmu ngrêsiki gorokan; di-[x](-i) êngg. ak: dikuras(-i); kc. gurah, kuras.
kurakah: kw. jagal.
kur'an: (A) kn. Kitab Suci pêpakêming agama Islam.
(kuranti): dikurantèni kw. dicandhêt, dipênggak.
kurantil: kn. ar. wuku kang kaping pat.
kurang: n. kirang k. 1 isih kêsêthithikên, durung cukup(-ganêp); 2 pc. ora (-pati), up. [x] pantês; 3 isih durung tumêka ing papan (waktu) kang ditêmtokake, up. [x] 5 dina, [x] 5 pal; 4 ([x] saka) luwih sathithik tinimbang karo; 5 pc. suda; [x] ajar ([x] sogok êngg); ora ngêrti tata-krama, cênthula; [x] têrang: 1 ora pati têrang (samar); 2 (kirang priksa êngg. pc. k) êmbuh; [x]-[x] (bêgjane lsp) pc: mênawa ora bêgja mêshi ...; di-[x]-i: disuda; ngêngurangi: nyuda saka sathithik (pasa, nyênyirik lsp) kc. kêkurangan.
kurap: êngg. kn. kadhas.
(kuras): di-[x] kn. 1 dirêsiki sarana disêntor ut. digojagi ing banyu (tmr. wadhah, kulah lsp); 2 pc. disat, diêntèkake kabèh (dhuwit lsp); kc. koras.
kurasi: kn. ar. bakal warnane abang (kuning) kêkêmbangan.
kurban: (A) kn. 1 apa-apa kang diunjukake marang Allah minangka tandhaning sungkêm lan angakoni kuwasaning Allah; 2 ent. bêbantên; di-[x]-ake: diunjukake [diun...]
--- 239 ---
[...jukake] ing Allah kanggo kurban (uga ent).
kurda ~ kucapah.
kurda, kurdaka: kw. nêpsu bangêt.
kurès: I êngg. pc. 1 dicukur isih durung rêsik; 2 kc. kuris. II (A) kn. ak: ar. bangsa ing tanah Arab.
kurêb: kn. perangan kang lêgok ut. kang dumunung ingisor (tmr. wadhah lsp. kang disèlèhake) kb. lumah: sa-[x]-ing langit br: kabèh kang tinutupan ing langit (jagat); di-[x]-i: dirungkêpi, diantêpi bangêt; di-[x]-ake: disèlèhake lumahe kang dhuwur didokok ingisor; kc. mangkurêb.
kurên: I êngg. kn. 1 kw. jodho; 2 wong lanang kang wis diwasa (ut. wis duwe bojo); ma-[x] kw: jêjodhoan, sanggama. II di-[x] êngg. kn: disuguh.
(kurih): di-[x] êngg. kn. diusap(-i), dilapi.
kurimên: êngg. kn. lêlaranên bae (tmr. pitik).
(kuris): I di-[x]-i êngg. kn. dicukur (dikêrik nalikane dipaèsi). II nguris kn. ak: kêwirangan, kasoran.
kurma: I (S) kw. bulus gêdhe. II kn: ar. wit sarta woh bngs. palêm (kang akèh ing tanah Arab).
kurmat: (A) kn. urmat: di-[x]-i: diurmati; kc. urmat.
kuru: n. kêra k. sathithik daginge, kb. lêmu.
kurug: kw. kêre, tamèng dhadha.
kurulut, kuruwêlut: kn. ar. wuku kang kaping 17.
kurung: I kn. 1 ak. apa-apa kang ginawe magêri (ngrudhungi) supaya brukut; 2 ar. têtêngêr ing tulis: (...); damar [x] ak: ting, lêntera; klambi [x]: klambi ing ngarêp tanpa bêdhahan; ma [x] [...];Huruf Jawa: angka 5. sawan [x]: ar. lêlaraning bocah cilik; wringin [x]: wringin kang dipagêri mubêng (ing têngahing alun-alun); di-[x]: 1 kn. didokoki têtêngêr kurung; 2 (n. dipunsêngkêr k) dipagêri mubêng, dilêbokake ing kurungan; 3 pc. dipiyara ora olèh lunga-lunga (tmr. tlèdhèk lsp); [x]-an n. sêngkêran k: 1 piranti dianggo ngurung manuk (pitik lsp); 2 kang dikurung, kb. umbaran. II êngg. kn: lunga mênyang panggonan liya buruh dêrêp (tmr. wong wadon); [x] munggah lumbung pr: batur dipèk bojo.
kurup: I pc. sumbut, timbang karo kangèlane; kc. urup, korup. II (A) kn. ak: 1 aksara Arab; 2 aksara petungan taun (ing pananggalan).
kursèn: kn. padha linggih ing kursi.
kursi: kn. piranti dianggo linggih (mawa lendhehan).
kursus: (W) kn. 1 wulangan; 2 pc. layang katêrangan tamat sêkolah; 3 pc. tamat sêkolah.
kursut: kn. kayu palangan dianggo nggaris kayu lsp. (piranti tukang kayu).
kusa: I (S) kw. ak. (ar) sukêt. II di-[x] kw. ak: 1 ditarik, digosok; 2 dirangkul; 3 diambung.
kusala: kw. 1 bêcik, utama; 2 pintêr; 3 waras, slamêt.
kusan: êngg. kn. kukusan.
kusi: êngg. kn. rêgêd mbêsisik.
kusik: I ut. a-[x]-an kw: ora jênjêm, ora tata. II kn. ak: lading cilik nyanthuk kanggo mbolong wrangka.
kusika: kw. kulit.
kusir: (W) I kn. tukang nglakokake kreta; di-[x]-i: dilisi (tmr. jaran rakitan ing kreta) II êngg. kn: kucir.
kusuk: I (A) kn. ak. kêncêng bangêt ênggone nglakoni agama (piandêle) tmr. Islam. II di-[x]-i êngg. kn: dikosoki.
kusuma: (S) kw. 1 kêmbang; 2 ent. endah bangêt (putri); 3 trah luhur.
kusumawicitra: (S) kw. (kêmbang warna-warna) ar. têmbang gêdhe.
kusung-kusung: kn. kalawan rêrikatan sarta sajak wigati bangêt (gita bangêt).
kusur: tanpa [x] kn. ak. tanpa pangrêmbug(-pikiran, -dunung).
kusus: (A) kn. ak. 1 wis rampung, wis ditêtêpake (dianggêp bênêr); 2 mligi, mung tumrap prakara sawiji (ora umum); di-[x]-ake ak: dimligèkake.
kusut: (kusud ak) kn. ak. 1 surêm, katon sêdhih; 2 ruwêd; 3 isin, suda kaluhurane; ngusut ak: 1 diwirangake; 2 diruwêdake.
kusta: (S) kw. lara budhug.
kustim: êngg. k. panganggo dhinês.
(kuswa): di-[x] kw: diambung.
kutah: êngg. kn. mawut, wutah.
kutang: kn. ak. kotang.
kutbah: (A) kn. sêsorah (mulang ana ing mêsjid lsp).
kutil: I kn. bngs. kukul mlênthing; [x]-ên: nandhang lara kutil. II di-[x] êngg. kn: diutil (ing bajingan).
kutis: I êngg. kn. 1 ar. kewan bngs. kuwawung irêng; 2 ks. palanyahan. II kn: githok jaran, suri jaran.
kutkutan: êngg. kn. kêsusu ênggone arêp mangan lsp.
kutu: I [x]-[x] (wong) walang ataga kw: sakèhing titah (kewan) kabèh. II kn. ar. têtuwuhan godhonge enak dikêla.
kutub: (A) kn. ak. 1 pul (pungkasane indhênging jagat); 2 luhur (suci) bangêt.
kutuba: (A) kn. ak. para kêtib.
kutub janubi: (A) kn. ak. pul kidul.
kutub syamali: (A) kn. ak. pul lor.
kutug: kn. 1 dupa (ratus ut. mênyan kang diobong); 2 (ut. kêkutug) ngobong dupa; di-[x]-i: dikêbuli ing dupa.
kutuk: kn. ar. iwak loh; [x] marani sunduk pr: nêmaha marani bêbaya; [x] nggendhong kêmiri pr: nyandhang mrabot lêlungan ngambah dalan kang gawat.
kutut: pc. pêrkutut.
kucah: ut. kêkucah, [x]-an kn. 1 êngg. ak. turahaning pangan lsp. kang wis dipangan; 2 br. sih pêparing, pawèwèh.
kucai: (C) kn. bngs. brambang.
kucapah: pating [x] kn. ak. katon padha mêmpêng ênggone mangan.
--- 240 ---
(kucêk) ~ kuwasa.
(kucêk): di-[x] êngg. kn. diucêk.
kucêm: kn. tanpa cahya (ora sumringah), pucêt (dening kêwirangan); di-[x]-ake ak: diwirangake, dikusutake.
kucing: I kn. ar. kewan klêbu bngs. macan (sok diingu); pis [x], [x]-an: ar. têtuwuhan; ngucing pc: (kaya kucing) melik bangêt marang. II pc: pêndhukuling daging ing lêngên (marga diantêm lsp); di-[x] pc: dipijêt lsp. supaya mêtu kucinge.
kucir: kn. rambut kang diturahake njênthar mêmburi; di-[x]-i: ditrapi kucir.
kucira: kw. kuciwa; ngucira kw: nguciwani (kalah, mlayu saka ing paprangan).
kuciwa: kn. ak. 1 kalah, rada asor (têtimbangane); 2 cacad, ana cacade; 3 kurang saka sapantêse; nguciwani: njalari kuciwa (ora pantês).
kucu: kn. ak. 1 pêncu (ing gong, tutup teko lsp); 2 cucukan ing kayu, klasa lsp; 3 gêgêman tangan kang drijine panunggul ditêkuk munggul; dikuconi: 1 ak. didokoki kucu (pêncu); 2 dikumbah (diucêk-ucêk) mung ing papan kang rêgêd (tmr. jarit, kacu lsp).
kucumbi: kw. bojo (somah); kc. kuthumbi.
kucur: I êngg. kn. banyu kang mancur (saka ing pancuran lsp); kêkucur ak: raup (adus lsp) ing pancuran; kc. kumucur. II kn: 1 ak. talènan ing pucuk ut. bontoting ulês mayit lsp; 2 ar. panganan kang digawe glêpung bêras.
kutha: I n. kitha k. 1 ak. pagêr bata mubêng, bètèng; 2 nêgara (gêgrombolaning pakampungan, kb. desa); kêkutha ak: bêbètèng, gawe nêgara; dikuthani ak: dibètèngi, didêgi kutha. II kw: makutha.
kuthagara: kw. gapura, regol.
kuthah: ut. kêkuthah kn. ak. rêgêd gupak (gubras).
kuthaka: (S) kw. ak. tlethong, sêsukêr.
kuthamara: êngg. kn. bngs. sajèn ing papan kang kramat (saka panjênênganing ratu).
kuthara: (S) kw. ak. wadung, kampak.
kuthasaksi: kw. 1 sakwi palsu; 2 asèndhèn paturaning saksi.
kuthawara: (S) kw. ak. kutha gêdhe.
kuthèh: êngg. kn. rêgêd gupak (gubras); kc. kuthah.
kuthèt: êngg. kn. kunthing; kc. kunthèt.
kuthila: (S) kw. 1 ak. wungkuk, kengkong; 2 ora barès, julig.
kuthilang: kn. ar. manuk.
kuthilêm: kw. ak. ora barès, julik; kc. kuthila.
kuthip: kw. nistha bangêt.
kuthu-baru: kn. tangkêbing klambi ing dhadha nganggo bênik.
(kuthuh): nguthuh pc. mblubut, ora idhêp isin.
kuthuk: I kn. pitik cilik; kc. nguthuk. II êngg. pc. 1 tutut, ora giras; 2 bêcik bêbudène; 3 tansah ana ing omah (ora sênêng lunga). III êngg. kn: takêran bêras.
kuthumbi: kw. 1 bojo (laki); 2 (ut. kuthumbini) bojo (somah).
kuthung: kn. ak. 1 pruthul, bujêl, tanpa tangan; 2 ent. bodho, kurang kawruh; klambi [x]-an: klambi lêngênane cêndhak; kc. kathung, kothung.
kuthong: êngg. kn. kothong.
kuwadean: kn. bêbakulan jarit lsp; kc. wade.
kuwadonan: n. kawèstrèn k. badhong ki: pawadonan.
kuwajiban: kn. prakara kang kudu dilakoni; kc. wajib.
kuwadhe: êngg. kn. palinggihaning pangantèn kang ditêmokake.
kuwaga: kn. cêndhak sêmu bengkong (tmr. tangan).
kuwagang: kn. ak. kêlar, kêconggah.
kuwah: êngg. kn. jangan.
kuwaha: (S) kw. ak. palanyahan.
kuwahyon: kn. ak. olèh wahyu.
kuwaya: I kn. banyu pêru (ing wêtêng). II dikuwayani kn. ak: dikawekani.
kuwayangan: kn. ak. (kalingan-)wêwayangan; kc. wayang.
kuwayon: kn. ak. kêsuwèn; kc. wayu.
kuwaka: (S) kw. wong ala.
kuwal: kn. peranganing kayu antaraning galih karukaro. kulit.
kuwaleyan, kuwalèn, kuwalian: kn. ak. jaman (ut. turuning) para wali.
kuwalèn: êngg. kn. kuwali.
kuwalêdan: kn. ak. kêtandhêgan pambayaran (nunggak akèh); kc. walêd.
kuwali: kn. ak. wadhah dianggo nggêgodhog, kêlan lsp.
kuwalik: n. kuwangsul k. kang ing dhuwur (ingarêp) kliru ana ing isor (ing buri); kc. walik.
kuwalon: kn. (anak [x], bapa [x] lsp) dudu anak, bapakne lsp. dhewe.
kuwanda: kw. awak, bangke.
kuwanèn: n. kapurunan k. kakêndêlan; kc. wani.
kuwangan: ora [x] pc. ora duwe dhuwit; kc. wang.
kuwangkungên: kn. krasa bosên (gêla) dening kêsuwèn nganggur (kijènên).
kuwanguran: kn. ak. konangan.
kuwangsul: k. 1 kuwalik; 2 êngg. kuwali.
kuwangwung: kn. bngs. ampal (ama krambil).
kuwaos: k. kuwasa.
kuwara: kw. misuwur, kawruhan ing akèh.
kuwarasan: n. kasarasan k. kaananing awak kang waras; kc. waras.
kuwarêgên: n. kêtuwukên k: pc. warêg bangêt.
kuwarisan: kn. ak. tansah sarwa kêbênêran (bêgja); kc. waris.
kuwas: kn. 1 bngs. sikat dianggo ngêcèt, nyungging lsp; 2 jêmbul rêrênggan; 3 ar. ombèn-ombèn (nganggo banyu jêruk).
kuwasa: kn. (kuwaos k): 1 ak. kadunungan [kadu...]
--- 241 ---
[...nungan] kakuwatan (karosan, kasêktèn lsp) kang linuwih; 2 pc. kêlar, kuwat; 3 panguwasa; 4 duwe wênang mungguh ing ...; 5 kang diwênangake (dipitaya) ngurus padagangan lsp; dikuwasani: diwêngku (dirèh lsp) dening; dikuwasakake: 1 diwènèhi wêwênang mungguhing…; 2 dipasrahake marang.
kuwat ~ kojud.
kuwat: n. kiyat (kuwawi ak) k. 1 kêlas, kêconggah, kuwagang; 2 rosa; 3 êngg. bisa tahan, awèt; 4 duwe kadayan (karosan) bisa nindakake; 5 êngg. pc. sêntosa, kukuh; di-[x]-i n. dipunkiyati, dipunkuwawèni k: 1 disêntosani; 2 disangga sakabutuhane, dipitulungi pambayare lsp; di-[x]-[x]-ake: diudi ing sabisa-bisane supaya bisa kuwat (tahan); kc. kakuwatan.
kuwatir: n. kuwatos k. sumêlang ut. wêdi (dening nggagas kacilakan kang bakal kêlakon); di-[x]-i(-ake): disumêlangi(-ake).
kuwawa: I kw. kuwat, kêlar. II êngg. kn: ulu-ulu (kang pinasrahan mranata banyu); kc. tuwawa.
kuwawi: k. kuwat, kuwawa.
kuwewung: êngg. kn. kuwangwung.
kuwe: n. punika k. pc. iku.
kuwènên: êngg. kn. lara kuku.
kuwèni: kn. bngs. pêlêm.
(kuwêk): di-[x](-i) kn. dicublêsi nganggo kuku, dikruwêki.
kuwêl: kn. 1 ak. gêlut, ulêt-ulêtan; 2 (sa-[x]) sacêmolan tmr. têmbako; kc. uwêl, kruwêl.
kuwêlèh: kn. 1 konangan ênggone goroh lsp; 2 êngg. bosên, jêlèh; kc. walèh, wêlèh.
kuwên: êngg. pc. kuwe.
kuwi: n. punika k. pc. iku.
kuwih: kn. ar. panganan (ana warna-warna).
(kuwik): di-[x] êngg. pc. dicuwik, diuwik(-uwik).
(kuwil): di-[x] pc. diobahake drijine (nalikane cewok).
kuwiran: êngg. kn. pari dêrêpan kang dadi pandumane kang duwe sawah, kb. bawon.
kuwirangan: pc. kêwirangan.
kuwu: I kêkuwu kw. manggon ing, mêsanggrahan; kc. pakuwon. II êngg. kn. 1 lurah desa; 2 gêbayan.
kuwuk: kn. 1 bngs. kucing alasan; 2 bngs. kece gêdhe; di-[x]: diêlus sarana digosok ing kuwuk (tmr. kuluk, jarit lsp).
kuwung: I kn. 1 jêgong mlêngkung (kaya wanguning wajan lsp); 2 êngg. glodhog ut. bolongan (pasangan glathik lsp). II kn: 1 (ut. [x]-[x] ) êngg. kluwung; 2 (ut. kêkuwung) ak. teja sorot; nguwung, ngênguwung ak: sumorot, mawa sorot. III kw: manuk mêrak.
kuwur: kn. bingung ut. gorèh.
kuwut: kn. ar. têtuwuhan.
kuwong, kuwwang: kw. manuk mêrak.
kuwowogên: êngg. ak. jêlèh marga wis kakèhan bangêt.
ko-: n. 1 êngg. kowe; 2 atêr-atêr madyama purusa, up. ko-gawa.
koak-kaèk: pc. bêngak-bêngok.
kobak: I êngg. kn. misuwur. II êngg. kn. lobak.
kobar:(-an) êngg. kn. kobong(-an): kc. obar.
kobèk-kobèk, kobik-kobik: êngg. pc. tansah ngrêkasa (kêkurangan lsp).
kobèt: kn. ora rupak, ora sêsak (isih lowah ut. jêmbar), isih turah papan (uga ent).
kobêd: kn. kodhêng, judhêg.
kobêng: kn. ak. 1 mumêt; 2 kodhêng, judhêg; kc. ubêng.
kobêr: I kn. duwe wêktu dianggo nênindakake; di-[x]-ake: dikaurake, dipêrlokake. II bêras [x] ak: saèm. bêras wuluh (ora bisa putih).
kobis: kn. ar. sayuran.
koblok: êngg. kn. goblog.
kobok: ut. kêkobok kn. ak. nyêmplungake sikil (tangan) ing banyu diobah-obahake; di-[x]-ake: dicêmplungake ing banyu (wadhah isi banyu, tmr. tangan, sikil); [x]-an: 1 manci lsp. kang dianggo wisuhan; 2 banyu kang dikoboki.
kobol-kobol: êngg. pc. kalah akèh bangêt, kelangan dhuwit akèh.
kobong: I n. kêbêsmi k. 1 (rusak dening) kêtaman urubing gêni; 2 (ut. [x] atine) pc. manasi bangêt (tmr. ngabotohan), muring bangêt dening diwaduli lsp; [x]-an n. kêbêsmèn k: nandhang kapitunan dening omahe kobong; kc. obong. II êngg. [x]-an kn: 1 êngg. sênthong; 2 ak. sênthong têngah.
kobot: êngg. kn. klobot.
kobra: I kn. ak. sumêbar kawruhan ing akèh; 2 ora dadi, tanpa kawusanan; dikobrakake ak: 1 dikandhakake mrana-mrana; 2 diwurungake. II kiyamat [x] (A) kn. ak: kiyamat gêdhe; kc. kiyamat.
kodag: ora [x] êngg. ora bisa.
kodal: kn. bisa kontal; ora [x] pc: ora tumama (ora ndayani apa-apa), panggah bae.
kodanan: n. kêjawahan k. kêna ing udan.
kodo: êngg. kn. 1 rada lamur; 2 durung ngêrti tata-krama; 3 bodho; 4 ora sabaran. gampang nêpsune.
kodrat: (A) kn. 1 ak. panguwasa karsaning Allah; 2 ak. dhasar (ing watak lsp); 3 alam saisine lan sakaanane; di-[x] ak: ditakdirake, dipêsthèkake ing karsaning Allah.
koja: kn. sudagar bangsa Indhu ut. Mur; mênthung [x] kêna sêmbagine pr: rumangsane ngapusi nanging sajatine kapusan.
kojah: êngg. kn. 1 ak. crita; 2 kandha, gunêman, ndongèng; di-[x]-i êngg: 1 dikandhani; 2 dicritani; di-[x]-ake êngg: 1 dikandhakake; 2 dicritakake.
kojar: kw. kacrita, kocap; kc. ujar.
kojat: kw. kondhang, misuwur.
kojèk-kojèk, kojèl-kojèl: pc. 1 kogèl-kogèl obah; 2 ngrêkasa bangêt.
kojud: êngg. pc. ([x]-e) minangka pambayare; [pamba...]
--- 242 ---
[...yare;] di-[x]-i êngg. pc: dibayari awujud ...; kojudan êngg. pc. 1 wêwujudan; 2 ana wujude.
kojur ~ kokot-bolotên.
kojur: kn. nêmahi cilaka, sangsara.
kojutan: êngg. kn. slamêtan, kêndhurèn.
kojong: I sa-[x] kn. (bêras lsp) kèhe padha karo tangan loro digathukake sarta èpèk-èpèke dicêkodhongake; sajimpit sa-[x] pc: ora adil (ênggone ngêdum ut. wèwèh). II kn: krodhong bayi kang digawe sêtrimin lsp. (supaya ora dicokot lêmud); di-[x]: dikrodhongi nganggo kojong.
kojor: I êngg. kn. 1 lonjoran (kayu obong); 2 (sa-[x]) satumpukan sungsun-sungsun (tmr. gula arèn). II ut. kêkojor kn. ak: papan andhoking prajurit (dibètèngi); kutha [x] ak: bètèng. III êngg. kn: kaku ora kêna ditêkuk (tmr. sikil, tangan).
kojrat: pc. kodrat.
kodhak: pc. piranti motrèt.
kodhe: ngodhe êngg. kn. bêburuh; [x]-an êngg: buruhan, panggawean.
kodheyalan: kn. ak. jêmpalikan, klèbèkan.
(kodhèk): kêkodhèk êngg. kn. bngs. solèt; di-[x]-i êngg: dikorèki.
kodhèn: kn. 1 pirang-pirang (ut. pangetunge sarana) kodhi; 2 pc. para, dudu adèn-adèn.
kodhèng: kn. 1 judhêg, ora pati mangêrti; 2 êngg. kera.
kodhi: kn. 20 kêbar (tmr. jarit lsp); kc. kodhèn.
kodhik: êngg. kn. ciyut.
kodhun: kn. ak. médhun (ora kêjarag).
kodhok: kn. ar. kewan bngs. bancèt, kongkang lsp; [x] ijo: 1 bngs. kodhok ing gêgêr ijo (kêna dipangan); 2 pc. dhuwit kêrtas; ngodhok pc: 1 mlaku ndharat; 2 ngundhuh suruh kang dumunung ingisor (tanpa mènèk); [x]-an: 1 têtironing kodhok (ent. dhepok, cilik); 2 (suruh [x]-an) suruh olèh-olèhane ngodhok.
kodhok-ngorèk: kn. ar. gamêlan.
kodhok-ula: kn. ar. mainan saèm. dhadhu.
(kodhol): I kêkodhol kn. ak. tut-buri saka ing kadohan (nédya mbegal lsp); di-[x]: ditut-buri saka ing kadohan. II êngg. kn. kêthul.
kodhor: êngg. kn. omah kajang.
ko'ên: êngg. kowe.
kogèl-kogèl: (kogèt-kogèt pc) kn. obah-obah tmr. ula lsp; kc. ogèl.
kogêl: kn. ora wêntala (-têgêl, -tega).
kogug: kn. ak. ora doyan dening krasa ênêg (jijik).
kogung: kn. manuh diugung (tmr. bocah cilik).
koh: êngg. saèm. kok.
kohên: êngg. kowe.
kohir: (W) kn. 1 layang katêrangan bab panariking pajêg; 2 pc. nomêr urut (bab pajêg), girik pajêg; 3 êngg. bubuhan nggarap palêmahan (gawe lubang têbu lsp).
koho: êngg. kn. mêngko.
kohong: êngg. kn. sêpi; kc. kowang.
koyah: kn. ar. panganan; kc. taoyah.
koyal-kayil: êngg. kn. ogal-agil (tmr. untu lsp).
koyan: kn. bobot 27 - 30 dhacin.
koyang-kayingan: kn. ak. moyang-maying (ora ngaso-ngaso).
koyar-kayir: êngg. kn. obah kawir-kawir.
koyèk: kb. 1 êngg. munyuk (kênyung); 2 pc. rèmèh, sêpele.
koyuhan: kb. kêna ing uyuh.
koyuk: (C) kn. bngs. plèstêr tamba gudhig lsp.
koyup: pc. 1 katut diuyup; 2 katut diênggo (tmr. dhuwit).
koto: (C) kn. koyuk.
koyok: I kn. 1 êngg. maling bêbarêngan wong akèh (saèm. kècu); 2 lêlakèn; di-[x] êngg: ditêkani ing koyok. II kn. koyuk.
koyong: êngg. kaya.
koyor: kn. alot (tmr. iwak, alot lsp); [x]-an: iwak koyor.
kok: I pc. ko (madyama-purusa). II kn. 1 katêrangan mratelakake kagèt, gumun lsp; 2 kanggo ngantêbake surasa; 3 pc. yèn, mênawa; kc. têka.
kokap: kw. 1 kêbul, mega; 2 dupa; kc. kukap.
kokar: kb. saèm. ciri-murni nganggo pita.
kokèhan, kokèhên: n. kêkathahan, kêkathahên k. pc: kakehan, kakèhên.
koki: (W) kn. tukang olah-olah.
kokila: kw. manuk.
kokis: kn. ar. roti saèm. apêm.
koklok:. 1 êngg. ks. mangan; 2 pc. bosok mlênyok (tmr. gudhig lsp).
kokum: kn. ak. kêna ing ukuman (diukum).
koko: I êngg. mêngko. II êngg: ko- (madyama-purusa), di-[x]: diajak gunêman nganggo têmbung kowe (ngoko); kc. ngoko.
kokoh: I kn. mangan sêga karo jangan dicampur; di-[x], [x]-an: sêga karo jangane dicampur (tmr. mangan); ninggal [x]-an ak: ninggal pagawean sing durung rampung; tunggal [x]-an ak: tunggal pagawean. II kn: 1 êngg. manggrok; 2 ak. kukuh.
kokok: I pc. 1 kêncêng ngotot (tmr. gulu lsp); 2 lêlurahing maling (kècu lsp); 3 pintêr bangêt (nglakoni ala). II êngg. kn: bumbung cilik (wadhah banyu); klambi [x] êngg: klambi cêndhak (anggone wong wadon).
kokok-bêluk: kn. ar. manuk saba bêngi.
kokok-kikik: kakehan [x] kn. kakehan pratingkah (rèwèl).
kokol: êngg. kn. bngs. kênthongan kayu.
kokop: I kn. bêlang ut. gripis-gripis ing saubênging cangkêm (tilas pathèk). II di-[x] kn: 1 diombe sarana cangkême diclupake (kaya pangombene kewan); 2 ks. diombe.
kokosan: kn. bngs. dhuku.
kokot: kn. 1 ak. rakêt ut. kèkèt bangêt; 2 canthèlan kancing bênik, kawat canthelan, tali kêcèr.
kokot-bisu: kn. nêpsu bangêt banjur nggêgêt (mênêng bae).
kokot-bolotên: kn. akèh bolote (ing awak).
--- 243 ---
kokrok ~ komite.
kokrok: kn. bngs. pênjalin.
kol: I di-[x] kw. 1 dirangkul; 2 ak. dipulêt, digubêd. II sa-[x] êngg. ak: salintingan dluwang dhuwit kêrtas lsp). III slamêtan [x] kn: slamêtan taunan pangeling-eling marang wong kang wis ajal. IV êngg. pc: kobis; kc. kul.
kolah: êngg. kn. kulah.
(kolah-kolèh): di-[x] êngg. kn. diolag-oligake (tmr. gorèngan lsp).
kolak: I êngg. kn. saèm. wrangka (tmr. arit lsp); kc. kulak. II kn: saèm. kluwa (gêdhang, tela pêndhêm lsp: di-[x] êngg: dikluwa.
kolam: kn. ak. blumbang, kulah.
kolang-kaling: kn. woh arèn.
kolèd-kolèd: kn. mlaku menggak-menggok (tmr. ula).
kolèhan: n. kangsalan k. ak. bisa olèh (rêjêki lsp).
kolèhe, kolèhên, kolihe: êngg. geneya, kapriye.
kolèk: I êngg. kn. nyambut-gawe golèk rêjêki. II ut. [x]-an êngg. kn: ar. prau layar.
kole-kole: kn. ak. kolèd-kolèd.
kolèktur: (W) kn. priyayi kang pinatah nglumpukake pajêg.
kolerah: (W) kn. lara mutah ngising.
kolèr-kolèr: êngg. kn. kolèd-kolèd.
kolêd: kw. 1 rêmbên, rindhik; 2 lêlêd, suwe bangêt.
kolêg-kolêg: êngg. kn. wis warêg (jêlèh) bangêt, milêg-milêg.
kolêk: I êngg. kn. kolak (bngs. kluwa). II kn. ak: kêna (tumiba ing) ulêkan; kc. ulêkan.
kolêm: I êngg. ak. blumbang, kulah; kc. kolam. II kn: klowongan ing layang sêtat-sêtat lsp; [x]-an: 1 godhagan kang diisèni (ing layang sêtat lsp); 2 godhagan ing layang kabar. III di-[x] êngg. ak: ditahan ing kunjara; [x]-an: tahanan.
koli: (W) kn. buntêlan (pak-pakan lsp) kang dikirimake (ing sêpur lsp).
kolik: I kn. ar. manuk saba bêngi (tuu wadon); ngolik pc: ngincêng bangêt marang kamelikan. II êngg. kn: nyambut-gawe golèk rêjêki; kc. kolèk.
kolir: pc. 1 kalah (tmr. main); 2 nandhang kacilakan.
kolmak: pc. kang dikuwasakake (wêwakil); kc. kulmak.
kolu: kn. 1 katut diulu; 2 bisa klêbu; 3 pc. têgêl, ora tampikan; kc. ulu.
kolug, kolog: kw. kuciwa, ora marêmake.
kolur: kn. bisa lan gêlêm mêmènèhi; kc. ulur.
koloh: I (ut. [x]-an) kn. ak. (banyu [x], soga [x]) banyu ut. soga kang wis dianggo (ngumbah, nyoga); di-[x] ak: dikum lan dicêncêm ing (banyu warangan, tmr. kêris, banyu soga tumr. bathikan). II di-[x] kn. ak: dilêbokake ing cangkêm lam diêmut (tmr. driji lsp).
kolok: êngg. kn. 1 bngs. kluwa; 2 bngs. wrangka; kc. kolak.
kolom: kn. kc. kolêm; [x]-e êngg: kawilang ..., kêpetung ...
kolon: I kn. 1 têgêlan; 2 mung ngrêmbug butuhe dhewe (arêpan); kc. kolu. II kn: 1 pilar; 2 barisan prajurit.
kolonèl: (W) kn. ar. pangkat panggêdhe saradhadhu.
koloni: (W) kn. tanah jajahan.
kolontara: pc. kalamtara.
kolong: I (ut. [x]-an) kn. 1 alèn-alèn (gêlangan) wêsi lap; 2 blêngkêran wêsi lsp; 3 sindhêtan ing kala lsp; 4 êngg. bolongan; 5 (sa-[x]) satêkêm (antaraning driji panuding karo jêmpol digathukake). II êngg. kn: longan (ing omah panggung).
kolor:(-an) kn. talining kathok; di-[x]-i ak: ditrapi kolor.
kolot: êngg. pc. 1 ngotot, wulêd bangêt; 2 nggêgêgi tata-cara kuna, kuna.
(koma): [x]-[x] kn. nganggo têpa-têpa (kanthi kawêlasan).
komah: (W) kn. pada ...
komak: êngg. kn. ar. têtuwuhan rambat (bngs. kacang).
komala: (S) kw. alus, sarèh; kc. kumala.
komaran: êngg. kn. sajèn marang lêlêmbut (kêmbang, panganan lsp).
kombak-kombul: kw. munggah-mudhun katut ing ombak (tmr. prau lsp).
kombang: I kn. bngs. tawon gêdhe; macan [x]: ar. macan warnane irêng; di-[x]-[x]-i pc: digrênêngi, digrumung. II [x]-[x] kn: komplang-komplang (kêbak banyu).
kombang-anglèng: kn. ak. ambrung (tmr. swaraning gamêlan).
kombang-mara: kn. ar. gêndhing.
kombar-kombar: pc. akèh bangêt duduhe (banyune).
kombèrên: kn. ombèr bangêt.
kombul: kn. ak. 1 katut mumbul ing awang-awang; 2 misuwur bangêt; kc. umbul, mumbul.
(komboh): di-[x]-ake êngg. diclupake, diblêbêgake.
kombolên: kn. kêkêrêpên, kakèhên; kc. ombol.
kombong: êngg. ak. pranjèn (pitik, bèbèk).
kombor: I kn. landhung lan amba (tmr.kathok). II di-[x] kn: 1 dipakani ing cacahan sukêt dicampur karo tètès lan dhêdhak (tmr. jaran); 2 pc. diuja pangane; [x]-an: 1 (wedang [x]-an) wedang tèh (kopi) sing wis bêningan; 2 cacahan sukêt dicampur karo dhêdhak lan tètès ut. banyu (dianggo makani jaran).
kombot: êngg. kn. klobot.
komêt: kn. mumêt bangêt.
komêtir, komêtèr: êngg. pc. kumêtir (lêlurahing mandhor).
komidhi: kn. kumidhi.
koming: I kn. gêgulungan ana ing lêmah (tmr. jaran lsp). II pc: kunthing.
komis: (W) kn. saèm. juru-tulis.
komisaris: (W) kn. kc. kumisaris.
komisi: (W) kn. kc. kumisi.
komite: (W) kn. bêbadan ing pakumpulan
--- 244 ---
lsp. kang tinanggênah ngrancang ut. nindakake sawijining bab.
komuk ~ kontribisi.
komuk: êngg. ak. kondhang, misuwur.
komuni:(-suci) kn. roti tanpa ragi kang disucèkake (R.K.).
komod-komod: êngg. ak. kumud-kumud.
komoh: êngg. kn. 1 têlês kêbês, klomoh; 2 ar. panganan.
komor-komor: kn. ak. komod-komod.
kompa: pc. pumpa.
kompèk: êngg. kn. ar. wadhah (saèm. tenggok mawa tutup); kêmpèk.
kompèrên: pc. kalah (kari) karo panunggalane.
kompêr, kompor: (W) kn. anglo mawa diyan (oncor lênga gas).
komplah-komplah: êngg. kn. suwèk (tatu) amba.
komplang: I kn. lowok (lowong) tmr. pangkat. II [x]-[x] pc. kêbak banyu akèh, kombang-kombang.
komplèh: êngg. kn. kèplèh (tmr. kuping asu).
komplèkan, komplètan: kn. ak. kumplitan.
komplit: (W) I pc. ganêp, pêpak, mrabot. II [x]-an kn. ak: kumplitan; kc. kumplit.
komplo: êngg. kn. bodho, gêndhêng.
(komplong): ngomplong pc. mlongo, ndlongop (ora gunêman).
komplot: (W) pc. 1 grombolaning wong sumêdya laku ala; 2 mitra thing.
kompol: êngg. kn. bngs. kanthong kang digawe nam-naman goni lsp.
kompolan: kn. diompoli (diuyuhi ing nalikane turu); kc. ompol.
kompra: wong [x] êngg. ak. wong urakan.
komprang: êngg. kn. bngs. kathok kombor.
komprèng: kn. anak kidang.
komprèngsi: (W) kn. pakumpulan sarasèhan (para pangrèh praja).
komprès: (W) kn. ès dibuntêl ing kacu lsp. dianggo nyêp-nyêp êndhas lsp;
kompromis: (W) kn. prajanjian bêdhamèn
komprontasi: (W) kn. nggathukake paturaning saksi karo dakwa.
komram: kw. 1 sumorot padhang; 2 têrang, cêtha.
kon: di-[x] n. dipunkèn k. (ing) andikake, dikêrsakake, didhawuhi ki. dipurih nindakake, dikudokake supaya; kc. akon.
konang: kn. 1 ar. kewan saèm. lalêr ing wêtêng ana pêlik-pêlike; 2 (ut. kêkonang) ak: kêpyur-kêpyur ing pandêlêngan (nalika arêp sêmaput lsp); [x]-ên: kêpyur-kêpyur pandêlênge.
konangan: kn. kawêruhan, kêwanguran.
konang-onang: kw. misuwur, kondhang.
kondangan: kn. ak; mèlu kêndurèn (ngêpung ambêngan ing nalikane slamêtan).
kondul: êngg. kn. bali mutah (tmr. apa-apa kang diulu).
kondur: ki. mulih.
konjalan: êngg. kn. têka ing panggonane wong duwe gawe (njagong, nyumbang).
konjêm ing siti: kw. êndhase nganti mèpèt ing lêmah (urmat bangêt nalikane nyêmbah).
konjuk: ki. katur.
(konjong): kêkonjongan êngg. kn. kêsusu.
kondhang: I kn. misuwur, kêlok. II kw: 1 wuwuhan; 2 rewang. III êngg. kn: susukan (kali, kanal).
kondhe: kn. ar. gêlungan.
kondhèktur: (W) kn. punggawa sêpur (bis) kang pinatah mriksa karcis..
kondhisi: kn. kc. kundhisi.
kondhong: êngg. kn. 1 guthêkan; 2 sênthong.
kondhor: I kn. ak. ora bisa kênthêl (tmr. jênang, wedang tèh lsp). II (ut. [x]-ên) kn: impêsing puyuhan mêdhun.
konus: kn. ak. diunus.
kono: n. riku k: 1 panuduh panggonan kang rada adoh prênahe; 2 (ut. konone) pc. kowe; 3 (ut. konone) pc. dhèwèke; di-[x]-[x] engg. pc. disingkrang-singkrang, dikon lunga.
konok: I si[x](-onggrok) pc. wong kaya mêngkono kuwi. II di-[x]-ake n. dipun-katênakên k. pc: ditindakake kaya mêngkono. III êngg. k: êmbuh.
konon: êngg. n. mêngkono.
konta: kn. ak. kunta.
kontab: kw. misuwur, kondhang; kc. untab.
kontak: (W) kn. gathuk (tmr. listrik); [x]-an: gathukan ing listrik.
kontal: I kn. ak. katut diulu; kc. untal. II kn. kentas (kèngêr mundur lsp) marga didhosok lsp.
kontan: (W) pc. kêncèng (pambayare).
kontang-kanting: kn. ak. montang-manting.
kontap: kw. gadug, tutug, têkan; kc. untap.
kontêlir: pc. kontrolir.
kontên: I k. lawang; kc. kori. II kapal [x] k. ak: jaran kore.
kontit: kn. kalah, ora tandhing(-timbang karo jodhone), kari bangêt.
kontul: kn. ar. manuk bngs. cangak putih; [x] nglayang ak: ar. gêlaring baris.
kontung: kn. 1 ak. kapitunan, kêcilakan; 2 kw. bêgja; kc. untung.
konto: (C) kn. bngs. pêncak.
kontra: I kw. katon ing akèh, misuwur. II (W) pc. 1 mêmungsuhan, lêlawanan karo; 2 mungsuh.
kontrag: kn. 1 oyag bangêt (tmr. lêmah lsp); 2 br. orêg, gègèr.
kontrak: I êngg. kn. misuwur. II (W) kn: 1 prajanjian (nyambut-gawe, dagang lsp); 2 têgal [x] êngg. palêmahan kang ditanduri wit jati manèh (sawise ditêgori kang tuwa); 2 dikon nyambut gawe sarana kontrak; [x]-an êngg. pc: nyambut gawe buruhan (tanpa ingon).
kontrang-kantring:(-an) kn. ak. montang-manting, ora jênjêm.
kontribisi: (W) kn. dhuwit urunan marang pakumpulan.
--- 245 ---
kontrolê ~ kopyok.
kontrolê: di-[x] pc. diawat-awati, dipriksa.
kontrolir: (W) kn. 1 juru mriksa lan ngawat-awati; 2 priyayi pangrèh praja bangsa Wlanda karèrèhane asistèn-residhèn.
konca: kn. ak. kunca.
koncar-kancir: êngg. kn. mloka-mlaku.
koncatan: kn. 1 dioncati ing; 2 kelangan, ditinggal ing; kc. oncat.
(konce): di-[x] kn. diklabang lan didokoki kêmbang (tmr. suri jaran); kc. once.
koncèkan: kn. ak. ([x] wadine) konangan wadine; kc. oncèk.
koncèn: kn. suri klabangan; kc. konce.
koncèr: kn. 1 apa-apa kang kumlawèr dawa (dianggo rêrênggan, pajangan lsp); 2 sinthingan (ing ikêt); 3 rêrênggan kang kumlèwèr ing sumping; kc. oncèr, moncèr.
konclak, konclang: kn. ak. 1 kabuncang mumbul; 2 misuwur; kc. onclang.
koncong: I êngg. kn. kojong (krodhong bayi). II di-[x] kn. ak. diêlih ing kukusan manèh banjur dimatêngake (tmr. bêras karon).
koncrat: êngg. pc. kontrak.
konthal-kanthil: kn. tansah kumanthil.
konthèng:(an) êngg. kn. kêdhot (atos, digdaya, kêndêl).
konthèt: êngg. kn. kunthing, kunthèt.
konthing: êngg. kn. ar. prau cilik.
konthol: kn. plandhungan ki. kanthonganing pringsilan; di-[x](-i) êngg: didhudhuki dijupuk oyode (kênole) nanging wite dilêstarèkake (tmr. tela kaspa lsp).
konthong: êngg. kn. sênthongan (guthêkan); kc. kondhong.
konyak: kn. ar: minuman kêras.
konyal-kanyil: pc. katon kênès pratingkahe.
konyar-kanyir: pc. monyar-manyir.
konyas-kanyis: pc. manis nyênêngake (gunêmane).
konyoh: ki. borèh.
konyor-konyor: pc. lunyu gampang diulu; kc. kênyar, kênyêr, klênyêr.
kongah-kongèh: (-an), kongah-kongih(-an) kn. kanthi rêkasa bangêt (ent. ora jênjêm atine).
kongak: kn. ak. diungak, katon; kc. ungak.
kongang: êngg. kn. 1 kêlar, kuwat; 2 bisa; di-[x]-i êngg. diidini.
kongas: kw. 1 sumêrbak ambune; 2 misuwur bangêt.
konggrès: (W) kn. pakumpulan gêdhe.
kongkal:(-an) kw. 1 kêsongkèl, diingsêr; 2 kêwalahan, kalah.
kongkang: kn. kodhok gêdhe.
kongkih: kn. ak. kèngsêr saka ênggone; kc. ungkih.
kongkil: kw. kc. kongkal.
kongking: kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik.
kongkirèn: (W) pc. jor-joran (rêbut murah lsp).
kongkulan: kn. ak. kalah dhuwur (luhur lsp); kc. ungkul.
kongkon: n. kèngkèn k. ngutus ki. akon mênyang ing; di-[x] n. (diutus ki) dikon mênyang ing ... (nglantarake pakon, têtuku lsp); [x]-an n kèngkèn(-an) k. utusan ki: 1 wong kang dikongkon; 2 kongkon marang; 3 prakara kang dilantarake sarana kongkonan; kc. kon.
kongkrus: (W) kn. adu kaluwihan bab gêndhing (nêmbang lsp).
kongsèn: I kn. 1 êngg. darbèking wong sadesa (tmr. sawah lsp); 2 (pari [x]) ak. pari kang ditandur ing têgal têmbako (kang wis diundhuhi (darbèking kabudidayan); 3 gadhuhan, silihan (tmr. omah lsp); 4 êngg. panganggo dhinês, kc. kongsi. II kn. ak: palilah, idin.
(kongsèng): di-[x] kn. 1 diwolak-walik (tmr. apa-apa kang digorèng; 2 dikosèk (tmr. lading lsp).
kongsèp: (W) pc. ngèngrèngan karangan, layang lsp.
kongsêb: kn. tiba krungkêb (raine kêna lêmah).
kongsi: I pc. n. ngantos k: nganti. II (C) kn: pakumpulan dagang (lmr. tmr. bangsa Cina); 2 êngg. gudhang ut. kantor dagang (Cina).
kongsul: I kn. kêsliyo, kèngêr. II (W) kn: wêwakiling praja ngamanca marang nêgara manca (ngurus dêdagangan lsp).
(kop): I di-[x] kn. diwêtokake gêtihe sarana cangkir lsp. ditèmplèkake ing badan ing jêrone diobongi dluwang lsp. II di-[x] êngg. pc: ditadhahi (dibijig) ing êndhas (tmr. bal).
kopah-kopah: kn. ak. têlês kêbês (gupak gêtih).
kopak: êngg. kn. pêpanthan, golongan, perangan.
kopan: ora [x] êngg. ora tampikan; kc. kaopan.
kopang: kw. 100; kc. kupang.
kopar: kn. ak. kapir, kupur.
kopat-kapit: kn. obah-obah buntute.
kopèk: kn. dawa ora mêntêr-mêntêr (tmr. susu); kc. karang kopèk.
kopèn: I kn. diopèni (dirêmbug, dipiyara); kc. opèn. II êngg. pc: kêbon kopi; 2 ak. wong desa kang diwajibake nandur kopi.
kopèt: kn. 1 durung cewok (sabakdane bêbanyu); 2 sêsukêr kang kari ing dubur.
kopêr: (W) kn. bngs. pêthi wlulang lsp. dianggo wadhah sandhangan.
kopi: I kn. ar. wit lan wohe digawe wedang bubuk; [x] bêras; kopi las-lasan; [x] lêlês, [x] luwak: kopi kang katut ing sêsukêring luwak. II kn: gêndul gêdhe pêsagi; kc. kupi. III (W) kn: ngèngrèngan karangan (capcapan lsp); kc. kupi, kupiya.
kopik: I ora [x] êngg. pc: ora kalong ora suda. II êngg: ar. mainan nganggo kêrtu cilik. III pc: mêngko dhisik.
kopina: (S) kw. cawêt, kathok.
kopyah: kn. kêthu, kupluk.
kopyok: I di-[x](-[x]) kn. 1 dikumbah ing banyu kanthi diobah-obahake (tmr. sukêt
--- 246 ---
lsp); 2 diocak-ocak ana ing wadhah (tangan ditangkêbake lsp. supaya carub); 3 êngg. diundhi, dilotre; [x]-an êngg. lotrèn; kc. opyok. II kn: ar. mainan nganggo dhuwit dikopyok ing tangan. III [x]-an êngg.kn: rame bangêt (gumêdêr); kc. obyok.
kopyor ~ kosod.
kopyor: kn. 1 putihan lan kuningane campur (tmr. êndhog); 2 isine ngglombyar (tmr. krambil, sêmangka lsp).
kopkopan: I pc. sarwa kêsusu pangombene; kc. kokop. II kn: dikop; kc. kop.
koplak: I kn. 1 isine wis gonggang karo kulite (tmr. kêmiri lsp); 2 pc. kocak. II [x]-an pc: palèrènan lan panginêpan (grobag, bakul lsp).
koplo: kn. 1 (ut. [x]-[x]) kêpu sarta kêndho (tmr.pipi); 2 pc. bodho, gêndhêng.
koploh: kn. kèplèh.
koplok: I kn. 1 sigaran pring tangkêban yèn didudut muni plok (dianggo mêdèni manuk); 2 (lawang [x]) êngg. lawang jêplakan; ngoplok. ndhrodhog wèl-wèlan (marga wêdi bangêt lsp). II pc. wis lawas bangêt (tmr. jarit lsp). III êngg. kn: kupluk.
koplos: êngg. kn. koploh, kèplèh.
kopo: êngg. kn. kupu.
kopoh: (ut. [x]-an) kn. gombal ditêlêsi dianggo ngêlap lsp; di-[x](-i): ditêlêsi ing banyu (tmr. gombal lsp), dirêsiki nganggo kopoh; [x]-an: jarit têlêsaning wong duwe anak (dianggo lèmèk gêtih).
kopok: kn. 1 nanah saka ing kuping; 2 (ut. [x]-ên) lara kupinge ngêtokake nanah; 3 êngg. budhêg.
kopong: kn. 1 tanpa isi (tmr. wowohan lsp); 2 pc. bodho, kurang kawruhe.
kopor: kn. kopêr.
kopos: pc. kopong, kc. kropos.
koprah, koprak: kn. krambil cukilan kang digaringake.
koprak, koprèk: êngg. pc. 1 goprak, koplak; 2 wrangkaning arit lsp; di-[x] êngg. pc: digusah, diburu.
kopral: (W) kn. ar. pangkating saradhadhu.
koprasi: (W) kn. pakumpulan pirukunan dagang lsp.
koprat-kaprèt: pc. rame gunêman (tmr. wong wadon).
koprèk: êngg. pc. kc. koprak.
koproh: êngg. pc. kêmproh.
kopros: êngg. kn. kêtêl ora kopèn (tmr. brêngos).
koprot-koprot: kn. 1 mêtu gêtihe akèh bangêt (kêtaton); 2 pc. kalah (kapitunan) akèh bangêt.
kor: kn. tuma cilik.
korad-karèd: pc. kêkurangan bangêt; kc. korèd.
korah: sa-[x] kn. ak. akèh bangêt.
korak:. 1 kw. misuwur, kêwêntar; 2 êngg. swara rame; [x]-an êngg: 1 wrangka kudhi (arit lsp); 2 gêntha kayu (ing gulu sapi).
koran: (W) pc. layang kabar; di-[x]-ake pc: dikabarake.
kor'an: (A) kn. kitab suci Islam; kc. kur'an.
korang-karèng: pc. êntèk babar pisan.
korap: sa-[x] kn. ak. akèh bangêt.
koras: kn. ak. peranganing buku ana salêmpitaning lêmbaran (lumrahe 8 kaca); di-[x] ak: dijilid.
kore: kn: (jaran [x]) jaran saka ing Sumba, Bima.
korèd: êngg. kn. bngs. arit; di-[x]-i: dirêsiki kêkèrène kang ana ing wadhah (sarana disèndhoki lsp); [x]-an: 1 olèh-olèhane ngorèdi; 2 pc. turahan, kang kari dhewe.
korèh: êngg. kn. cêcèkèr.
korèk: êngg. kn. 1 cethok; 2 ([x] kuping) piranti dianggo ngrêsiki curêg; 3 rèk gêrètan; 4 rèk; 5 wong ngêmis; di-[x]: 1 dirêsiki nganggo korèk; 2 dicorèk; 3 diurêki; 4 pc. diudhal-udhal wadine; kc. orèk, ngorèk.
(korèksi): di-[x] (W) kn. dibênêrake lupute (tmr. tulisan lsp).
korèng: kn. tatu kang dadi mêmala; [x]-ên: nandhang lara korèng.
korèp: I kn. mêmalaning kulit (gudhig, kadhas-kudhis); [x]-ên: nandhang lara korèp. II di-[x]-i êngg. kn: dikorèdi.
korèspondhèn: (W) kn. juru ngabarake ing layang kabar.
kori:. 1 êngg. k. lawang; 2 (lawang [x]) kn. lawang ing regol, lawang kayu; 3 kn. ak: punggawa pradata kang pinasrahan nêkani wong kang kêna prakara.
koripan: kw. kaananing urip, panguripan; kc. urip.
kornèt: (W) kn. kênèk montor.
korud: kw. kuru bangêt; [x] kamane: kêmêton kamane.
korugan: kn. diurugi ora kêjarag; kc. urug.
korup: I kn. 1 ak. sumbut, urup; 2 êngg. pantês, patut. II kn. ak: ora tuhu.
korog: I êngg. kn. payon alang-alang; kc. mêngkorog. II di-[x] êngg. kn: diorog, dioyog.
korok: kn. saèm. jêgul mawa garan (dianggo ngrêsiki bêdhil, mriyêm, sêmprong lsp); di-[x]-i: 1 dirêsiki jêrone (tmr. barang kang wangun wuluhan); 2 (-kupinge) pc. dikandhani, dituturi.
koros: kn. ar. ula.
kosala: kw. kc. kusala.
kosèk: I êngg. kn. ora lurus kaya samêsthine; 2 kisruh, ruwêt (tmr. petungan, panêmu, rêrêmbugan lsp); ngosèk: klisikan mubêng-mubêng (tmr. turu). II di-[x] kn: 1 diasah digosokake ing wlulang lsp. (tmr. lading lsp); 2 dipususi supaya putih rêsik tmr.bêras lsp); 3 êngg. dirêsiki sukête lsp.
(kosèr): [x]-[x] kn. ak. ngglangsur maju; di-[x]-ake ak: diklangsrahake ing lêmah; [x]-an êngg: godhong têmbako kang ngisor dhewe.
kosi: êngg. nganti; kc. kongsi.
kosik: kn. ak. kèlingan; kc. osik.
(kosya): di-[x] kw. diambung.
kosus: kn. ak. kusus.
kosod: (ut. kêkosod) kn. nggosok-nggosokake awake (tmr. kewan lsp);
--- 247 ---
di-[x]-i: digosok-gosok ing awak (kewan); [x]-an: 1 cagak lsp. kang dianggo kêkosod; 2 gêgosokan, ent. adu panêmu.
kosok ~ kowèn.
kosok: kn. 1 sênggrènging rêbab (biola): 2 gosok; di-[x]-i: diilangi rêrêgêde(dhangkale) sarana digosok: [x]-an: nggosok awake supaya rêsik (nalikane adus).
kosok-bali: n. [x]-wangsul k. têtimbangan kang lêlawanan kaanane, kc: gêdhe karo cilik, dawa karo cêndhak.
kosong: kn. 1 êngg. kothong, suwung; 2 ora ana sing nunggang (tmr. kreta sewan lsp); 3 êngg. andhong, kreta arodha papat; [x]-an: êngg. pc: lowahan, lowongan, sêla-sêla.
koswa:, bala [x] kw. wadya bala.
kotaka: (S) kw. ak. 1 rêrêgêd; 2 kang ala dhewe.
kotaman: kw. kautaman; kc. utama.
kotang: kn. 1 entrok; 2 klambi tanpa lêngênan.
kotbah: (A) kn. ak. sêsorah; kc. kutbah.
kotbuta: kw. muring bangêt.
kotèng-kotèng: kn. kompèrên.
kotèsan: kn. anak kutuk.
(kotên): dipun-[x]-akên êngg. k. dimêngkonokake.
kotus: kw. dikongkon; kc. utus.
kotok ayam: êngg. kn. lamur.
kotol: kn. kêpêlan sêga dicampuri dhêdhak (pakan jago).
kotol-kotol: pc. ketol-ketol.
kotor: êngg. kn. rêgêd.
kotos-kotos: kn. 1 padha tètès banyune; 2 êngg. anyar bangêt; kc. kètès.
kotrèg, kotrèk: kn. piranti dianggo nyopot gabus tutup gêndul.
kocak: kn. 1 obah-obah tmr. barang cuwèr ing wadhah (banyu krambil lsp); 2 ak. obah dening ombak (tmr. sêgara); 3 bêning blalak-blalak (tmr. mata); 4 êngg. bêcik bangêt; di-[x]. diocak-ocak supaya campur (banyu lsp. ing gêndul); kc. acak.
kocak-kacik: kn. tansah kocak arêp wutah.
kocap: kn. diucapake, dicritakake; 2 êngg. pc: samangsa, anggêr (mênawa); [x]-a br: kacrita; kc. ucap.
kocar-kacir: kn. padha cicir, padha kècèr.
kocèh: êngg. kn. gupak.
(kocèk): di-[x]-i êngg. kn. dioncèki.
koci: kn. ak. sêkoci (prau cilik).
kocing: êngg. kn. kucing.
kociwa: êngg. kn. kuciwa.
koclak: êngg. kn. kocak.
koclok: I êngg. kn. kocak. II êngg. kn. ar. mainan nganggo dhadhu.
(kocoh): di-[x] êngg. kn. dicêngèsi, dianggo sêmbranan.
kocok: I êngg. kn. bngs. tenggok (bojog). II di-[x] kn: 1 diocak-ocak supaya campur; 2 dikasud (tmr. kêrtu); 3 êngg. pc. digrujug ing ujar.
kocolan: kn. ar. iwak cilik.
kocor: I kn. ak. 1 banyu kang dianggo mbanyu jago tarung; 2 banyu dianggo ngumbah mêmala lsp; apêm [x]: apêm kang diclup ing juruh; di-[x](-i): 1 dikêcêri banyu (tmr. jago kang diêdu); 2 êngg. disirami, dioncori; [x]-an: 1 nyêp-nyêp ing nalikane ngaso (tmr. jago kang diêdu); 2 êngg. ilèn-ilèn banyu dianggo ngoncori tanduran; kc. kumocor. II [x]-an êngg. kn: ditêgor sanalika (tmr. wit, tanpa digaringake); 2 alang-alang kang digaringake (kanggo payon).
kocrat-kacrèt: (-kacrit) êngg. pc. wutah mawut-mawut.
(kocrok): di-[x] êngg. pc. dikocok.
kocrot: kn. 1 kêdhokan (petakan) ing sawah; 2 saèm. pêthi gêdhe (wadhah wayang lsp); 3 êngg. pêthi mayit; 4 êngg. wadhah kinang; di-[x]-[x]: dipetak-petak, digodhagi pêsagèn; [x]-an: 1 godhagan, pêsagèn-pêsagèn; 2 petakan; 3 kothak cilik.
kothal: êngg. kn. bngs. jêmbaran.
kothang-kathung: kn. ak. tansah padha ngathung; kc. athung.
(kothèh): kêkothèh kn. gubras, rêgêd; di-[x]-i ak: digupaki.
kothèk: (-an) kn. têtabuhan nganggo lêsung.
kothèr: kn. ak. kèthèr.
kothi: (S) kw. kêthi.
kothung: êngg. kn. putung, kuthung.
kothok: I kn. ar. jangan; di-[x]: 1 digodhog dikênthêlake (tmr. candu lsp). diluluh ing kowi (tmr. slaka lsp); 2 dikêla kothok. II si [x] onggrok pc: si konok onggrok. III di-[x]-ake pc. n. dikonokake; kc. mêngkono.
kothong: kn. 1 ora ana isine (tmr. wadhah lsp); 2 pc. tanpa kawruh, bodho, rèmèh; di-[x]-i(-ake): 1 ora diisèni; 2 dilowongi, disuwungake; [x]-an: tanpa isèn-isèn.
kothor: êngg. kn. kèthèr.
kothosên: êngg. kn. rêgêd.
kothot: kn. alod bangêt (tmr. iwak).
kowah: I êngg. kn. bngs. manci gêdhe (cuci-mukak) II kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik.
kowak: I kn. gudhig (tatu) kang amba; di-[x](-i) êngg. pc: dikrowak(i), dicowali; kc. krowèk. II [x]-[x] êngg. kn. bêngok-bêngok.
(kowal): di-[x]-i êngg. pc. dicowali, dicowèli.
kowan: êngg. kn. lêgog-lêgog, ora olèh-olèhan apa-apa.
kowang: I kari [x]-[x] pc. kari (ditinggal) ijèn. II [x]-[x] pc: mbaung (tmr. asu). III [x]-an kn: bngs. bibis (manggon ing banyu). IV [x]-an êngg: bngs. caping bèbèk.
kowar: kn. 1 ak. ora kawruhan têrang (kang duwe lsp); 2 ora têrang bapakne (anake wong dhêmênan).
kowar-kawir: êngg. pc. kawir-kawir.
kowe: I n. sampeyan, panjênêngan k: panyêbut marang wong kang diajak wawan gunêm. II kn: anak lutung.
(kowèk): di-[x]-i êngg. pc. dicowèli (dikrowok lsp).
kowèn: kn. 1 ak. jêmbaran dianggo umbah-umbah lsp; 2 jugangan dianggo nyampur lepa (plêstèr lsp), jugangan pambuwangan tlethong lsp; kc. kowi.
--- 248 ---
kowèng-kowèng ~ kranthil.
kowèng-kowèng: êngg. kn. mbaung (tmr. asu).
kowên: êngg. kowe.
kowi: kn. wadhah piranti nglêbur slaka lsp.
kowung: êngg. kn. kuwung.
kowok: kn. ar. mainan nganggo kêrtu gêdhe; kc. krowok, ngowok.
krabah: kn. ar. iwak sêgara.
krabang: pating [x] kn. padha katon abang-abang (tmr. kulit lsp).
krabat: I (A) êngg. kn. sanak sêdulur. Ii [x]-[x] êngg. kn: lamat-lamat.
krabyakan: pc. sarwa kêsusu (sêmu bingung).
krabu: êngg. pc. sawung cilik (cêplik).
krajan: kn. 1 ak. nêgara kang kabawah ing raja, wêwêngkoning raja; 2 desa kang diênggoni ing lurah; 3 ak. nêgara kang didunungi panggêdhening tlatah; 4 ak. pakarangan gadhuhan marang abdi-dalêm; kc. raja.
kraèk: pating [x] pc. padha bêngok-bêngok.
kraèng: kn. sêsêbutaning priyagung Bugis.
krah: I kw. ak. akèh bangêt; kc. kumêrah. II (W) pc: gulon kandêl (pisah karo kêmejan).
krahang: êngg. kn. murka, ngangsa-angsa.
krai: kn. bngs. timun.
krainan: êngg. kn. kêrinan.
krak: a-[x], ma-[x] kw. mbêngok, nggêro, nêpsu bangêt.
kraka: êngg. kn. godhong garing (kang wis tiba).
krakab: kn. 1 larab tutuping lapak; 2 ak. krodhong, tutup; di-[x](-i) ak: dilarabi, ditutupi (dikrukub).
krakad: kn. jaring gêdhe; di-[x]: dijaring nganggo krakad.
krakah: êngg. kn. pomahan; kc. rangkah.
krakal: I kn. 1 watu kang rada gêdhe; 2 êngg. watu gamping; 3 pc. (ukuman [x]) ukuman dikon nggarap dalan lsp; di-[x]: 1 diurug ing krakal (tmr. dalan lsp); 2 pc. diukum dikon nggarap dalan lsp; [x]-an: dalan lsp. kang dikrakal. II di-[x] êngg. kn. diwluku (tanpa diêlêbi); [x]-an êngg: tanpa diêlêbi (tmr. pawinihan lsp).
krakas-krakas: pc. kasar, agal (tmr. wêdhi lsp).
krakêt: kn. tumèmplèk ora kêna diklèthèk; kc. rakêt.
(krakup): di-[x] pc. dirakup.
(krakot): di-[x]-i kn. dicokoti saka sathithik; kc. brakot, krikit.
kral: kw. rosa, kuwat, kêlar.
kram: I kw. sorot, cahya; kc. kumram. II kn: paku canthelan. III kn: kran, pancuran.
krama:. 1 kw. pratingkah, patrap; 2 kw. tata-pranata kang bêcik, suba-sita; 3 kw. watak, sipat; 4 kn. têmbung pakurmatan (ing unggah-ungguhing basa); 5 ki. laki, rabi; 6. kw. bojo; kaum [x] pc: wong cilik, buruh; ngapus [x] pc: ngapusi sarana alus; nyangga [x] pr: ngêpenaki rêmbug; ngungkak [x] pr: nêrak tata-krama; dikramani: dibasani (dijak gunêman nganggo têmbung krama); dikramakake: 1 ditêmbungake krama; 2 ki. diomah-omahake (dirabèkake, dikalèkake).
krama desa: (n. [x] dhusun k): têmbung krama kang ora kaprah (ênggon-ênggonan).
krama inggil: kn. têmbung krama kang urmat bangêt.
kramakala: kw. sore, wêngi.
kraman: I kn. (wong-wong kang) nglawan ut. mblela marang panguasa (nêgara); ngraman: mblela nêdya ngrêbut panguwasa. II êngg. kn: 1 sawah darbèking desa; 2 sawah lungguh (ing prabot desa). III kw: kêtêmuning pangantèn; kc. krama.
kramaniti: kw. tata-krama, patrap kang bêcik.
kramas: kn. jamas ki. rêrêsik rambut sarana disiram ing landha lsp; di-[x]-i (dijamasi ki)dirêsiki rambute nganggo landha lsp.
kramat: (A) kn. 1 ak. kaluhuran, pakurmatan; 2 (duwe-) kasêktèn (tmr. para suci, kuburan lsp); 3 (ut. [x]-an kuburane wong kang suci; [x]-an êngg: jaratan, kuburan.
krambang: pating [x] kn. padha katon kumambang; kc. kambang, rambang.
krambil: n. (êngg. k) klapa k (êngg. n): ar. wit sarta wohe (dianggo olah-olahan warna-warna).
krambyang: pating [x] kn. ak. pating krambyang: [x]-an, ngrambyang: 1 nglambrang; 2 pc. kuwur, bingung (pikirane).
kramean: kn. tontonan lsp. kasênêngan; kc. rame, karamean.
krami: k. ak. krama.
kramyang-kramyang: êngg. pc. rêmêng-rêmêng, ngramyang; kc. ramyang.
kramyas: pating [x] kn. pating kranyas.
kramun-kramun: êngg. kn. rada grimis.
(krampyang): di-[x] pc. disrêngêni (diujar-ujari) sêru.
krampul: pating [x] kn. padha katon kumampul; kc. kampul.
kran: (W) kn. pancuran ing bumbungan banyu lsp.
krana: kn. ak. jalaran, sabab; [x] alus: ora kanthi pêksan (ora kasar-kasaran); [x] Allah: atas karsaning Allah; [x] bêcik ak: kanthi bêcik (tanpa pêpadon lsp); [x] ngapa ak: kêna apa, sabab apa.
kranjang: kn. ar. wadhah kang digawe pring nam-naman kasar (arang).
kranji: kn. 1 pranjèn, kurungan jago; 2 peranganing nam-naman.
kranjingan: kn. kêsurupan setan; kc. anjing, manjing.
krandhah: êngg. kn. krabat, sanak sêdulur.
krantèn: kn. ar. têtuwuhan ing sêgara.
krantên: êngg. k. krana.
kranthêng: pating [x] kn. 1 pating grancêng (tali lsp. dipanthêng); 2 padha nganthêng (ora tumandang); kc. kanthêng, kênthêng.
kranthil: pating [x] kn. 1 padha kumanthil, katon kanthil-kanthil akèh; 2 êngg. ora mbiyêt (mung katon pating prênca tmr. woh); kc. kanthil.
--- 249 ---
kranthuk ~ krètèg.
kranthuk: pating [x] kn. padha manthuk; kc. anthuk.
kranthul: pating [x] kn. ak. pating kranthil.
kranyas: pating [x] kn. krasa pêdhês (panas).
kranyuk: pating [x] pc. padha manyuk-manyuk; kc. anyuk.
krang: êngg. kn. kêrang.
krangan: pc. kran.
kranggèh: pating [x], [x]-an kn. padha kumlawe arêp ngranggèh; kc. ranggèh.
krangkat: kn. ak. angot, kumat.
krangkèng: kn. kandhang kewan galak (dipagêri rajêg wêsi).
kranglah: êngg. kn. kêcingkrangan.
krangrang: êngg. kn. rangrang, ngangrang.
(krangsang): I [x]-an kn. ak. mumpal-mumpal (umob); c.kc. kumranagsang. II [x]-an kn: ngrangsang, ngangsa bangêt; kc. rangsang.
kraos: k. 1 krasa; 2 krasan.
krapa: I kêkrapa kn. golèk krowodan (pangan lsp) mênyang ing alas; kc. ngrapa. II êngg. kn: rewanging juru misaya iwak.
krapak: pc. rapak; [x]-an pc: garing.
krapês-krapês: pc. kapês-kapês, gabês.
krapyak: I kn. ak. pêpindhan swara têmpuking tumbak lsp. II kn: pagêring papan kang dianggo ngingu kidang mênjangan; di-[x]: dipagêri mubêng.
kraras: kn. ak. klaras.
kras: pc. kêras.
krasa: n. kraos k. kêtaman ing rasa, bisa ngrasakake; kc. rasa.
krasak-krasak: kn. pêpindhan swaraning godhong garing disasak, banjir lsp; kc. kumrasak.
krasan: n. kraos k. wis krasa sênêng kaya ana ing omahe dhewe.
krasikan: kn. ar. panganan.
krastala: kw. kuwasa, sêkti.
krastin: kn. ak. kêsting.
kratak: I [x]-[x] kn. pêpindhan swaraning barang kang mêntul lsp. II [x]-an êngg. kn: bêkakrakan arêp ngêndhog (tmr. babon).
kratu: (S) kw. ak. sajèn.
kratok: êngg. kn. bngs. kacang rambat.
kraton: kn. 1 kang diêrèh ing ratu, pangrèhing ratu; 2 dalêming ratu; kc. ratu.
kracak: I êngg. kn. tracak. II [x]-[x] kn. pêpindhan swaraning banyu mancur lsp.
kracan: kn. ar. dhapuring tumbak.
kracung: pating [x] kn. padha ngacung; kc. acung.
krathung: pating [x] kn. padha ngathung; kc. athung.
krawak-krawak: kn. pêpindhan swaraning banyu mili ing grojogan lsp.
krawangan: kn. rangrangan, bakal kang sumrawang.
(krawat): di-[x], [x]-an kn. ditalèni ing kawat lsp. supaya aja kêbanjur pêcah (tmr. teko lsp) kc. kawat.
krawitan: kn. 1 kagunawalus;kagunan alus. 2 ar. gêndhing.
krawyada: (S) kw. ak. kewan galak.
(krawu): di-[x] kn. diurab lan dicampur karo barang kang lêmbut; di-[x] ampas pc: diujar-ujari.
(krawus): di-[x] kn. disrêngêni kanthi diujar-ujari.
kre: êngg. kn. kêre.
krèbèt: wayang [x] ak. wayang bèbèr.
kreyab: pating [x] kn. padha reyab-reyab rambute; kc. reyab.
krèyèng: êngg. kn. cikrak, wadhah uwuh lsp. kang dipikul; 2 ks. palanyahan.
kreyok: pating [x] pc. padha muni keyok-keyok (pitik).
krekalan: kn. tiba kêdhakalan (arêp tangi manèh).
krèkèl: I êngg. kn. gaplèk. II [x]-an kn: kêthèkèlan, mènèk kanthi rêkasa.
krèkèsan: I pating [x] êngg. pc. 1 pating krompyang; 2 pating slêmbrèh. II êngg. kn: blabag lsp. têkên.
krenah: êngg. kn. 1 panggawe (sarana) kang dianggo (mialani lsp); 2 rêmbug; 3 pangapus; di-[x] êngg: 1 direka-reka; 2 dipialani sarana krenah, diguna-gawe: 3 diapusi.
krendha: êngg. kn. rêmbug, reka; kc. krenah.
krèndhèt: pc. kêbarut; kc. rèndhèt.
krèncèng-krèncèng: kn. pêpindhan swaraning banyu mancur ing èmbèr lsp.
krèng: pc. pêpindhan swaraning klinthing pit lsp.
krengga: kn. 1 durung mangsane matêng wis gogrog (tmr. wowohan); 2 pc. salah kêdadèn, ora dadi.
krenggak: pating [x] kn. ak. padha enggak ana ing banyu; kc. enggak.
krenggok: pating [x] kn. ak. padha menggak-menggok; kc. enggok.
krengkangan: kn. tiba klumah nyêkangkang.
(krèngsèng): di-[x] kn. digawe lênga sarana digorèng (tmr. gajih lsp).
krèpès: pc. trèpès, tipis.
krepyak: kn. 1 (mak [x]) kêtêrangan tibaning gêdhèg lsp; 2 blabag tutup(ing) krêtêg); 3 tutup jêndhela lsp. kang digawe blabag tinata mirang rantap; 4 êngg. klothak (gêntha kayu).
krèpyèk: mak [x] pc. mak krepyak.
krepo: êngg. pc. tanpa karosan (asor bangêt, ala bangêt); kc. repo.
krese: kn. iwak loh cilik-cilik sing digaringake.
krèsèk: I êngg. kn. krese. II [x]-[x] kn: pêpindhan swaraning godhong garing dipidak lsp; kc. krêsêk. III kakehan [x] pc: kakehan pratingkah.
kreta: kn. ar. têtunggangan mawa rodha papat digèrèt ing jaran; [x] montor ak: montor.
krete: kn. anak baya.
krètèg: I ngrètèg kn. 1 padha rontog (gogrog) godhonge lsp; 2 pc. saya suda kasugihane (dadi mlarat); [x]-an êngg: 1 pari kang disêbar garingan (tanpa diêlêbi); 2
--- 250 ---
pari kang gampang gogroge saka ing wulèn. II pating [x] êngg. kn: pêpindhaning swara saèm. kracag-kracag.
krècèk ~ krêngêng.
krècèk: I kn. 1 irisan wlulang didang banjur digaringake (yèn garing bisa mlêmpung digawe lawuh); 2 ar. panganan gorèngan. II êngg. kn: jrangkong (raganganing wong lsp). III [x]-an êngg. kn: têbu kang ora bisa thukul (sêmi). IV di-[x] kn. ak: diprinci-princi pangetunge. V [x]-[x] kn. ak: pêpindhan swaraning blèg gathuk lsp.
krewal: pating [x], [x]-an kn. ak: pating grewal, grewalan; kc. grewal.
krèwèdan: kn. ak. turahan (bêbathèn) sathithik.
krèwèk: kn. krowok (krowak) sathithik.
krèwèng: kn. 1 êngg. pêcahan bêling lsp; 2 wingka (pêcahan grabah): ora duwe [x] êngg. pc: ora duwe dhuwit.
(krêbak, krêbêk): di-[x]-ake kn. ak. diblêbêgake ing banyu supaya kêbak (tmr. kêndhi lsp).
krêbat-krêbêt: kn. tansah nywara krêbêt-krêbêt.
krêbêt: I pating [x], [x]-[x] kn. pêpindhan swaraning jarit lsp. nalikane katêmpuh angin (mlaku lsp). II êngg. kn. ribut ênggone tumandang (cêcawis lsp).
krêbut: pating [x] kn. ak. saèm. pating krêbêt; kc. krêbut.
krêdan: êngg. kn. iwak ing gulu; kc. kêrdan.
krêdut: pating [x] kn. padha obah kaya kêdut; kc. kêdut.
krêdyat: kw. kagèt; kc. kêjot.
krêjèt: pating [x] kn. ak. padha krêjèt-krêjèt.
krêjêt: (-ing ati) pc. krêntêging ati (marang pêpenginan lsp); ngrêjêt: 1 obah krugêt-krugêt; 2 rada urip (tmr. dêdagangan lsp).
krêdhah-krêdhih: ora [x] kn. ak. ora prêduli marang.
krêdhak: pating [x] kn. padha sumèlèh ora ditutupi ut. ora disingkir-singkirake (wadhah kang mêntas dianggo lsp.
krêdhêk: êngg. kn: (rêmbulan [x]) anggone ndhadhari wis lingsir wingi.wêngi.
krêdhuh: pating [x] kn. ak. padha sêsambat adhuh.
krêga: kn. ak. ar. wadhah kang digawe wlulang.
krêgêng: êngg. kn. kêsêl, sayah.
krêkalasa: (S) kw. ak. kadhal, bunglon.
krêkas: kn. wadhah pistul; kc. kêrkas.
krêkêb: mak [x] pc. sanalika tumutup (tumangkêb, mêngkurêb); kc. kêkêb.
krêkêl: pating [x] kn. padha mêndhêkêl (nglêkêr).
krêkês-krêkês: I kn. krasa adhêm njêkut; kc. kêkês. II kn: nywara krês-krês.
krêkêt-krêkêt: kn. swaranswara. kêroting untu lsp.
krêkuh: pating [x] pc. pating brêkuh; kc. bêkuh.
krêkut-krêkut: kn. saèm. krêkêt-krêkêt.
krêmah: kn. ar. têtuwuhan.
krêmbah: kn. ar. macan.
krêmbès: pating [x] êngg. kn. padha mêtu (tmr. kêbul, kukus lsp).
krêmbêng: êngg. kn. rêmbêng, rombong.
krêmbik: pating [x] kn. ak. padha (arêp) nangis; kc. kêmbik, mêmbik.
krêmbyah: pating [x], [x]-[x] kn. pating srawe ora tata (tmr. rambut lsp); kc. rêmbyah.
krêmbyang: pating [x] kn. ak. pating krêmbyah; kc. rêmbyang.
krêmbos: pating [x] êngg. kn. pating krêmbès.
krêmês: I [x]-[x] kn. katêrangan pamamahing panganan kang êmpuk. II êngg. kn: ar. panganan kang digawe tela kaspa.
krêmi: kn. cacing ing wêtêng kang lêmbut-lêmbut.
krêmin-krêmin: êngg. kn. lamat-lamat (tmr. pangrungu).
krêmya-krêmya: kn. ora kêtêl, arang-arang.
krêmun: I êngg. kn. bngs. tandhu gandhul. II [x]-[x] êngg. pc: grimis kêpyur-kêpyur; kc. kêrmun.
krêmus: kn. saèm. krêmês; kc. kêrmus.
krêmpêl: pating [x]. [x]-an kn. padha kêmpêl dadi siji; ngrêmpêl: kumpul (nggrêmbêl) dadi siji; kc. kêmpêl.
krêmpis: pating [x] pc. padha kêmpis-kêmpis; kc. kêmpis, mêmpis.
krêmpyag: pating [x], [x]-an kn. ribêt bangêt dening kakehan gawan lsp.
krêmpyêng-krêmpyêng: pc. 1 mbêngêngêng; 2 ent. rame (tmr. pasar lsp).
krêndha: I êngg. kn. 1 pêthi mayit; 2 bandhosa. II (ut. krêndhawa) kw: bèbèk..
krêndhi: kw. mênjangan(-tutul).
krênêng: kn. 1 wadhah kang digawe nam-naman pring arang-arang (dianggo wadhah woh-wohan lsp); 2 nam-naman pring dianggo mbrongsong wowohan; di-[x]-i: diwadhahi (dibrongsong) ing krênêng.
krênis: pating [x] pc. padha kêmayu; kc. kênès.
krênuk: pating [x] pc. padha lêlinggihan adu bathuk..
krêntès: pating [x] kn. ak. padha tètès.
krêntêg: kn: (-ing ati) prêntuling sêdya ing ati.
(krênca): di-[x] êngg. kn. diukur (nganggo tali lsp).
krêncal:(-an) pc: kroncalan.
krêncang, krêncèng: pating [x] pc: padha ditalèni (dipanthêng) kêncêng.
krêncil: pating [x] kn. mung saka sathithik (ora bêbarêngan)..
krênthêng: pating [x] pc. pating krêncang(-krêncêng).
krênthil: pating [x] pc. pating krêncil.
krênyah-krênyoh: pating krênyoh pc. padha mamah; kc. kênyoh.
krênyap, krênyêp: pating [x] kn. ak. padha katon gilap sumorot; kc. rênyêp.
krênyês: mak [x] pc. sanalika rêmuk.
krêngêng: pating [x] kn. ak. padha nywara mbrêngêngêng.
--- 251 ---
krêngês ~ Kristên.
krêngês: pating [x], [x]-[x] pc. pating krêkêt, krêkêt-krêkêt.
krênggos: pating [x], [x]-an kn. (padha-) mênggèh-mênggèh napase.
krêngkab:, pating [x] pc. padha mêngkab-mêngkab.
krêngkèt, krêngkit, krêngkot: pating [x] kn. pêpindhan swaraning pikulan lsp. mêndat.
krêngus-krêngus: pc. krêmus-krêmus.
krêngsêng-krêngsêng: kn. nywara ngarêpake umob (tmr. wedang lsp).
krêpana: (S) kw. ak. 1 mêmêlas; 2 kêcingkrangan, cilaka.
krêpêk: mak [x] pc. sanalika pêcah (rêmêk); di-[x]: dipêcah, dirêmuk; kc. krêpyêk.
krêpês: mak [x] kn. salikasanalika. rêmuk pêpês.
krepyak-krêpyêk: pc. katêranganing tumandang bêbarêngan.
krêpyêk: I mak [x] kn. mak grêpyêk (swaraning athik-athikan ditêkuk). II [x]-[x] pc: krêcêk-krêcêk.
krêpluk: pating [x] pc. muni (nywara) pluk-pluk; kc. kêpluk.
krêpu: kn. ak. kc. kêrpu.
krêpus: kn. ak. kêrpus.
krês: mak [x] pc. katêrangan swaraning ngiris lsp.
krêsa: (êngg. k) ki. arêp; kc. karsa, kêrsa.
krêsêk: I [x]-[x] kn. 1 swaraning godhong garing lsp. dipidak lsp; 2 swara lirih êrak. II di-[x]-i pc: dirigoni ing swara; kc. rêsêk, kumrêsêk.
krêsês: pating [x] pc. padha nywara sês-sês; kc. ngêsês.
krêsna: (S) kw. 1 irêng; 2 wage.
krêsnapaksa: (S) kw. panglong (sawise tanggal 15).
krêstin: kn. ak. kêsting.
krêta: kw. tata, têntrêm; kc. kêrta.
krêtagna: (S) kw. ak. tanpa panarima.
krêtayasa, krêtakirtya: (S) kw. ak. misuwur.
krêtayuga: (S) kw. ak. jaman (alam) kang kapisan.
krêtala: kw. ar. gêgaman.
krêtanjali: (S) kw. ak. nyêmbah, mbêbana.
krêtapunya: (S) kw. ak. bêgja bangêt.
krêtapradana: (S) kw. ak. linuwih.
krêtarta: (S) kw. ak. 1 kêlakon, kasêmbadan; 2 putus (ing ngèlmu).
krêtès: pating [x] pc. padha nywara mak kêtès.
krêtêg: I mak [x] (-krêtêg) pc. pêpindhan swaraning kayu arêp putung lsp; kc. kumrêtêg. II kn: wot gêdhe lan amba (ing kali lsp); di-[x]: ditrapi krêtêg.
krêtêp: kn. timang ditrètès intên.
krêtês: pating [x] pc. swaraning bêras lsp. dimamah.
krêti: kw. panggawe, tindak, pratingkah.
krêtu: kn. ak. kêrtu.
krêtobaya: (S) kw. ak. rukun, bêdhami, prajanji.
krêtya: (S) kw. (pang-)gawe, tindak.
krêcêk-krêcêk, krêcik-krêcik: kn. ak. pêpindhan swaraning udan, gathuking tumbak lsp; kc. kumrêcêk.
(krêwês): di-[x] êngg. kn. dikruwês.
krêwikan: êngg. kn. cuwilan.
kridha: (S) kw. 1 ak. dolanan, sênêng-sênêng; 2 ulah sacumbana; 3 nggêgulang, nindakake; 4 tumindak, panggawean.
krigaji: kn. ak. ar. pajêg marang lurah tabon (katur panjênênganing ratu).
krigan: êngg. ak. kêrigan.
kriya: kn. 1 ak. pakaryan, pagawean (kaya dene kêmasan, pandhe lsp); 2 tukang (kêmasan, pandhe lsp); 3 (têmbung [x]) têmbung kang mratelakake solah (tandang, tindak).
kriyak-kriyak: kn. swaraning mamah timun lsp.
kriyèk, kriyik: pating [x] pc. padha nywara tmr. kuthuk lsp.
kriyêk, kriyês: mak [x] pc. sanalika rêmuk (ditindhês lsp).
kriyin: êngg. kn. 1 dhisik; 2 biyèn.
kriyip-kriyip: kn. kêrêp kêdhèp sarta ciyut (tmr. mata).
kriyuk: I kn. cèrèt lêmah (gawean Cina). II [x]-[x] pc: saèm. kriyak-kriyak.
kriyung: mak [x] pc. sanalika kêbak (kêndhi lsp. kang diblêbêgake ing banyu); di-[x] pc: dikukup kabèh totohane.
krikil: kn. watu cilik-cilik; di-[x]: diurug ing krikil: [x]-an: papan kang diurug krikil, tumpukan krikilan.
(krikit): di-[x]-i kn. dicokoti saka sathithik.
krimi: (S) kw. ak. ulêr, cacing.
kriminil: (W) kn. prakara kang ginantungan ing paukuman.
krinan: pc. kêrinan.
krinjang: êngg. kn. kranjang.
krincing: pating [x], [x]-[x] kn. pêpindhan swaraning dhuwit lsp.
krincungan: kn. ak. mlaku mandhêg tumolih, mangu-mangu.
krinyis-krinyis: pc. nywara nyis-nyis (iwak digorèng lsp).
kring: I pc. 1 pêpindhan swaraning bèl pit lsp; 2 klinthing pit. II (W) pc: wêwêngkon, kukuban.
kringêt: kn. riwe ki. banyu mêtu saka ing kulit (ing awak); [x]-ên kn. riwènên ki: mêtu kringête.
kringêt buntêt: kn. pruntus-pruntus abang ing kulit.
kringgêk: pating [x] pc. padha obah kolèt-kolèt (menggak-menggok).
kringik: pating [x]: padha nangis lirih; kc. ringik.
kringkêl: pating [x] kn. padha rêringkêlan (ngringkêl); kc. ringkêl.
kringsing-kringsing: pc. garing bangêt.
kripik: kn. (ut. [x]-[x] gêtas gampang cuwil-cuwilane; 2 ar. panganan; 3 pc. ora pêngkuh (gampang bubrahe); kc. kumripik.
kris: br. kêris.
krisik: I [x]-[x] kn. 1 saèm. krêsêk-krêsêk; 2 pc. ora aras-arasên, sarwa cukat; kc. kumrisik. II [x]-an êngg. kn: klêsik-klêsik.
kristal: (W) kn. barang kang kênthêl maujud kaya bêling.
Kristên: kn. ar. agama yasane K.N. Ngisa.
--- 252 ---
kritig ~ kruwis-kruwis.
kritig: I [x]-[x] pc. padha mlaku êlur irit-iritan; kc. kumritig. II pating [x] pc: pêpindhan swaraning rambut diobong lsp. III (ut. kritik) (W) kn: panacad, panyampah; di-[x]: dicacad (diwaoni tindak-tanduke lsp), diudhar patrape lsp. ana ing layang kabar.
kriting: êngg. kn. brintik.
kricak: kn. bubukan watu.
kricik: pating [x] kn. pêpindhan swaraning dhuwit gathuk, ilining banyu lsp.
kriwidan: pc. dhuwit kang diwêtokake saka sathithik (bècèran).
(kriwik): [x]-[x] pc. pêpindhan swara ilining banyu kalènan lsp; [x]-an: kalènan cilik; [x]-an dadi grojogan pc: prakara cilik dadi prakara gedhe.
kriwil: I pating [x], [x]-[x] pc. pating cruwil. II kn: obènganingubênganing. pancadan kêna diundurake (tmr. pit).
kriwis-kriwis: êngg. kn. arang-arang.
(krubêng): di-[x] êngg. kn. dikubêng.
krubyuk: mak [x] pc. pêpindhan swaraning nyabrang ing banyu; ngrubyuk: nyabrang ing banyu.
krubut: I pating [x], [x]-[x] pc. padha nywara krêbêt-krêbêt (mlaku rikat lsp). II di-[x] kn: ditêmpuh lan dikroyok bêbarêngan; kc. kumrubut. III êngg. pc: brukut.
krudhuk: kn. 1 pc. tutup êndhas; 2 êngg. mêkêna (tutup êndhas); 3 êngg. tutup gulu.
krudhung: pc. kudhung, krodhong.
krugat-krugêt: kn. obah-obah.
krugêt: pating [x] kn. padha obah tmr. kewan cilik-cilik; kc. ugêt.
kruhun: kw. dhisik, biyèn.
kruya: êngg. kn. wit prih.
kruyak-kruyuk, kruyuk-kruyuk: pc. têka bêbarêngan nggrudug; kc. kroyok.
(kruyuk): di-[x] pc. dikrubut, dikroyok.
krukub: kn. 1 jarit lsp. kang dianggo nutupi (ngêmuli); 2 nganggo kêmul (tutup) jarit lsp; di-[x](-i): dikêmuli (ditutupi) ing jarit lsp.
(krukud): di-[x] kn. dikukudi kabèh; [x]-an: ngaya-aya tumandang ing gawe (ing wayah esuk).
(krukup): di-[x] pc. dikrukud.
kruma: kn. kewan lêmbut kang ana ing gudhig lsp.
krumpyang-krumpyang: êngg. ak. pêpindhan swaraning dhuwit lsp.
krumpyung: I kn. 1 (ut. [x]-[x]) pc. mbrêngêngêng, krêmpyêng-krêmpyêng; 2 bngs. angklung dilaras kaya gamêlan; di-[x] pc: 1 digrudug, dikrubut; 2 digrumung, dikrawus.
krun: (W) kn. (gambaran ut. pajangan, rêrênggan awujud) makutha.
krumpris: (W) kn. 1 pangeran adipati; 2 kang calon nggêtèni.
kruntêg: pating [x] pc. padha untêg-untêgan; [x]-ing ati pc: thukuling pangrasa (gagasan ing ati); kc. untêg, muntêg.
kruntêl: pating [x] pc. padha untêl-untêlan; kc. untêl, muntêl.
kruncilan: pc. kang cilik-cilik (tmr. wowohan lsp).
kruncung: pating [x] pc. tansah padha runtung-runtung.
krunyus-krunyus: pc. saèm. krinyis-krinyis.
krungkêb: kn. tiba mêngarêp (mêngkurêb); kc. rungkêb.
krungu: n. kêpirêng k. 1 tampa swara lantaran pangrungu; 2 kêna dirungu; kc. rungu.
krungsung-krungsung: pc. mèh umob; kc. krêngsêng-krêngsêng, kumrungsung.
krupyuk: mak [x] pc. pêpindhan swaraning dhuwit akèh ana ing kanthong; di-[x] pc: dirauk (tmr. dhuwit); kc. kropyok.
krupuk: kn. ar. lawuh gorèngan (kang digawe glêpung dicampur blêng, urang lsp).
krura: (S) kw. galak, bêngis, nggêgirisi bangêt.
krusak-krusêk: pc. tansah nywara krusêk-krusêk.
krusêk: pating [x], [x]-an pc. pêpindhan swara saèm. krêsêk-krêsêk.
krusuhan: pc. bingung, kuwur; kc. rusuh.
krusuk: I pating [x], [x]-[x], [x]-an pc. saèm. krêsêk-krêsêk. II di-[x] pc: 1 disasak (disusupi); 2 dibênêm, dikropok. III êngg. kn: bngs. wadhah kang digawe blarak dinam.
krustin: (W) kn. 1 pipa dalan kêbul (ing pabrik lsp); 2 pc. pipa, blombongan.
krutil: pc. rèmèh sapele; kc. krucil.
krutug: mak [x] kn. tibaning watu lsp. akèh bêbarêngan, di-[x]: 1 dibalangi (dibêdhili lsp); 2 (-ing ujar) pc. disrêngêni, diujar-ujari.
krutuk-krutuk: pc. saèm. rêkêtêk-rêkêtêk.
krucil: kn. ak. cilik(-an); wayang [x]: wayang cilik; [x]-an: kang cilik-cilik (tmr. wowohan lsp).
krucuk-krucuk: kn. pêpindhan swaraning banyu mancur lsp.
kruwad-kruwêd: pating kruwêd kn. pating sliwêr.
kruwat: êngg. pc. kluwat.
(kruwêk): di-[x] kn. dikêrok, digraut nandhês; kc. krowok.
kruwêl: pating [x] pc. padha uwêl-uwêlan; kc. kuwêl, uwêl, muyêl.
kruwês: mak [x] pc. katêranganing nêkuk (mungkus lsp) rêrikatan; di-[x]: ditêkuk (diwungkus, dipèjèt lsp) rêrikatan.
kruwik: I êngg. kn. goci (wadhah jênèwêr). II di-[x] pc: dicuwik.
kruwil: pating [x] pc. pating cruwil (ora wutuhan).
kruwing: kn. dhêmpul dianggo ngrapêtake bolongan lsp. ing prau; di-[x]: dirapêtake nganggo kruwing (bolongan ing prau lsp).
kruwis-kruwis, kruwit-kruwit: kn. ak. arang-arang (tmr. rambut, tanduran lsp).
--- 253 ---
kruwuk ~ ksodra.
kruwuk: pating [x], [x]-[x] kn. nywara pating klukuk (tmr. wêtêng lara).
kruwun-kruwun: kn. ak. arang-arang (tmr. rambut lsp).
kruwung: mak [x] pc. katêranganing nyidhuk ing banyu lsp.
kruwut-kruwut: kn. ak. krubyuk-krubyuk; ngrobyok ak: ngrubyuk; di-[x]-ake ak: dikobokake.
(krobyok): di-[x] kn. ak. digrubyug, dinunuti.
(krobok): di-[x]-ake kn. ak. dikobokake (sikile).
(krobong): di-[x](-i) kn. ditutupi (dilêtlêti) ing klambu lsp; [x]-an êngg: 1 sênthongan; 2 sênthong têngah; 3 papan kang dikrobongi (dianggo nêtaki lsp); kc. krodhong.
(krojong): di-[x]-i kn. ak. dirojongi, dirujuki; kc. rojong.
krodha: (S) kw. nêpsu bangêt, muring.
krodhèn: (W) êngg. pc. gêbêr, gubah.
krodhong: kn. gêbêr (klambu lsp) kang dianggo tutup; [x] bayi: klambu tutup bayi turu (kojong); [x] diyan: tutup diyan (kang digawe sutra lsp); di-[x]-i: ditutupi ing krodhong.
krogèl: pating [x] kn. padha mogèl-mogèl (kolèt-kolèt); kc. mogèl.
kroya: engg. kn. wit prih.
kroyag: pating [x] pc. padha oyag-oyag (ora kukuh).
kroyok: êngg. kn. koyok (bngs. kècu); di-[x]: 1 ditêmpuh bêbarêngan wong akèh, dikrubut; 2 ditandangi wong akèh; [x]-an: 1 kêrêngan lsp. krubutan; 2 bêbarêngan tumandang; 3 sawah lsp. kang digarap wong akèh.
krokèt: (W) kn. cacahan iwak lsp. dicampur kênthang.
(krokos): di-[x] pc. digêrtak, dipak lan disêpèlèkake.
krokot: I kn. ar. têtuwuhan. II di-[x](-i) êngg. pc: dibrakoti.
(kromyos): di-[x] pc. dinyunyuk ing gêni (tmr. lêmud lsp); kc. kumromyos.
kromohan: êngg. kn. 1 gombalan (momohan); 2 rèmèh, ora ana ajine.
kromong: êngg. kn. ar. gamêlan saèm. bonang.
krompal: pating [x] pc. padha amoh (klambi lsp).
krompang: pating [x], [x]-[x] pc. wis padha rompang (rusak); kc. rompang.
krompyang: mak [x] kn. pêpindhan swaraning bala-pêcah lsp. tiba.
krompyong: mak [x] kn. mak krompyang.
krompol: pating [x], [x]-[x], kêkrompolan kn: padha ngumpul dadi siji; ngrompol: ngumpul dadi siji.
kronjo, kronjot: êngg. kn. kranjang gêdhe.
krondhah: pating [x], [x]-an pc: rêkasa ênggone nggawa (barang kang dawa lsp).
krondho: êngg. kn. kronjo.
kronèhan: kn. klorèhan, kakehan rêngkèg.
kronong: êngg. kn. 1 gêlang kroncong; 2 gêntha sapi.
kroncal: pating [x], [x]-an kln. pating gronjal, gronjalan.
kroncong: I kn. 1 gêlang sikil; 2 gêlang tangan têtumpukan sapirang-pirang. II kn: ar. têtabuhan (binarêngan ing lêlagon Mlayu); [x]-an: padha kasukan nabuh kroncong. III di-[x] kn. ak: disokake ing kukusan (tmr. bêras); kc. kroncong.
kronyos: mak [x] pc. nywara mak cos (iwak digorèng lsp).
krongkongan: êngg. kn. gorokan.
krongsi: êngg. kn. kursi.
kropak: kn. 1 godhong lontar(tal); 2 layang (kuna) kang tinulis ing lontar.
kropyak: mak [x] pc. katêrangan swaraning kayu lsp. têmpuk.
kropyok: kn. 1 (pating [x]) pating krupyuk (dhuwit ing kanthong lsp); 2 (dibayar [x]) dibayar kêncèng.
kropok: I êngg. pc. 1 gropok, gapuk; 2 ora kukuh. II di-[x] kn: dibênêm (dibakar); kc. kumropok. III di-[x] êngg. kn. dikrubut, dikroyok.
kropos: kn. gropok tanpa isi, kopong, ora padhêt.
krorèhan: kn. ak. krorèhan.
krosa: (S) kw. ak. mbêngok, nggêro.
krosak: mak [x] kn. pêpindhan swaraning godhong garing kêtiban watu lsp.
krosi: êngg. pc. kursi.
kroso: kn. bngs. kranjang kang digawe nam-naman blarak.
krosok: kn. 1 (mak [x]) saèm. krusuk, krosak; 2 êngg. pc. kang kasar ut. agal (tmr. wêdhi lsp); 3 godhong têmbako kang digaringake (kang ora pati bêcik).
kroto: I kn. 1 êndhog ngangrang; 2 kêmbang so. II êngg. kn: bngs. kreta dianggo momotan.
krotog-krotog: kn. ak. padha gogrog (tiba) bêbarêngan; kc. krutug.
kroco: kn. 1 bngs. keyong cilik; 2 pc. nistha, tanpa aji.
(krocok): di-[x] êngg. pc. 1 ditumbaki (disuduki wong akèh; 2 dikroyok (tmr. panggawean).
krowak: pc: cowal amba.
krowal: pating [x], [x]-[x] kn. growal-growal, wujud gêgêmpalan; 2 pc. kasar (tmr. têtêmbungan, gunêman).
krowèk: pc. krowak, krèwèk.
krowodan: kn. wowohan lan janganan (kyt. tela, jlegor lsp); ngrowod: sêsirik mung mangan krowodan.
krowok:I kn. cowal akèh, ing têngah growong; di-[x]: 1 dibolong ing têngah, dicowal; 2 pc. dilongi, dicowok. II [x]-[x] kn: pêpindhan swara tibaning banyu mancur lsp.
ksaya: (S) kw. ak. rusak, sirna.
ksama: (S) kw. ak. pangapura.
ksana: (S) kw. ak. sanalika, sadhela; kc. saksana.
ksatriya: (S) kw. ak. satriya.
ksema: (S) kw. ak. rahayu, têntrêm.
ksira: (S) kw. ak. pêrêsan (puhan).
ksiti: (S) kw. ak. lêmah.
ksodra: (S) kw. ak. madu.
--- 254 ---
kwa ~ lajita.
kwa: kw. ak. mêngkono.
kwaga: kn. ak. kuwaga.
kwagang: kn. ak. kêlas, kuwat; kc. kuwagang.
kwaya: kn. ak. kuwaya.
kwalahên: kn. ak. kuwalahên.
kwalèn: êngg. kn. kuwali.
kwalipikasi: (W) kn. katêrangan wêwijangane.
kwalitèt: (W) pc. kaanan dhasaring barang lsp.
kwan: kw.. kon.
kwantitèt: (W) pc. kèhe.
kwasa: pc. kuwasa, kawasa.
kwatir: n. kwatos k. pc. kuwatir.
kwaci: (C) kn. asinan wiji sêmangka.
kwawa: kn. ak. kuwawa.
kwèh: kw. akèh.
kwèni: kn. bngs. pêlêm.
kwitansi: (W) pc. layang pratandha wis tampa dhuwit.
kwolu: kn. ak. kawolu.
kwowogên: pc. kuwowogên.
kwoworan: kn. ak. kaworan, kêcampuran.


