NG
ngababi: kn. ndamoni; kc. abab.
ngadad: kn. ak. ngambar wangi.
ngabah-abahi: kn. 1 ngêtrapi abah-abah; 2 ngrampyang, nyrêngêni; kc. abah.
ngabani: kn. ndhawuhi, nggirèkake; kc. aba.
ngabang: n. ngabrit k. ngêcèt lsp. abang.
ngabang bironi: pc. nganti sêmu biru raine (marga sêdhih lsp).
ngabar: I kn. ilang (êntèk) dayane; kc. abar. II kn: ngagag-agagi arêp ngabruk (tmr. jago); kc. abar. III [x]-ake kn: martakake; [x]-i: mènèhi kabar; kc. kabar.
ngabas: kn. ak. ngawag, ngawur.
ngabdasi: kn. ak. muloni (rêrêsik ngarêpake sêmbahyang); kc. abdas.
ngabdi: ki. ngèngèr; kc. abdi.
ngabèhake: n. nyêdayakakên k. nganggo (ngatutake lsp) kabèh; kc. kabèh.
ngabèhi, ngabèi: kn. 1 ar. sêsêbutaning priyayi; 2 êngg. kêpala pulisi.
ngabèli: kn. ak. njalari kabèlên; kc. kabèlên.
ngabêkti: kn. sumungkêm ngurmati (nyêmbah dhêngkul); dingabêktèni: disêmbah (diambung) dhêngkule tandha pakurmatan.
ngabên: k. ngadu; kc. abên, adu.
nyabêrakengabêrake. : kn. marakake (njalari, agawe) abêr; kc. abêr.
ngabid: kn. ak. wêkêl ênggone nglakoni agama.
ngabiwada: kw. ngurmati, nyungga-nyungga; kc. abiwada.
nyabyag: (-i),ngabyag(-i). ngabyak(-i) pc. ngampyak.
ngabyantara: (-nata) kw. ingarsaning (ratu).
ngablah-ablah: pc. têturon mlumah, mênga amba.
ngablak: I kn. 1 mênga amba cangkême; 2 pc. gunêman; kc. ablak. II [x]-ake suwiwi: ngêbêt-ngêbêtake suwiwi; [x]-i ak: nantang; kc. kablak.
ngabuh-abuhi: kn. wiwit abuh; kc. abuh.
ngabuk: I kn. ndhaku (ngêpèk) kalawan ora sabênêre; kc. abuk. II êngg. kn: mbubuk; kc. abuk. III [x]-i êngg. kn: ngrabuki; kc. abuk.
ngabul-abul: êngg. kn. ngudhal-udhal (mbuwangi, mratakake lsp) mênyang êndi-êndi; kc. abul, mabul.
ngabuli, ngabulake: kn. ak. 1 nglêksaninglêksanani. panuwun (sêmbahyang); 2 ngandhakake tujuning slamêtan; kc. kabul.
ngaburi: kn. ak. mabur mênyang ing; ngaburake: nguculake supaya mabur; kc. abur.
ngabor: êngg. kn. omong, sêsongaran.
ngabotake: n. ak. ngawratakên k. nganggêp abot (pêrlu); kc. abot, êbot, bot.
ngabotohan: kn. 1 totohan; 2 main, kêplèk; kc. botoh.
ngabrit: (-i) k. ngabang(-i); kc. abang, abrit.
ngabruk: (-i) kn. nladhung (nyabut) ing suwiwi; kc. kabruk.
ngabrut-abrut: pc. 1 ngudhal-udhal; 2 ngêcèh-êcèh; kc. abrut.
ngabsahake: kn. ak. nganggêp (nêtêpake) absah; kc. absah.
ngada-ada: kn. ak. ngadani; kc. ada.
ngadam: (A) kn. ak. ora ana, ora madêg.
ngadani: I kn. miwiti nindakake (yasa) gawe ada-ada; kc. ada. II êngg. kn: 1 ngawat-awati, ngrigênake pagawean lsp; 2 ngladèni; kc. adan.
--- 373 ---
III kn. ak: ngelingake (nyêmbahyangake) sarana adan; kc. adan.
ngadang ~ ngaglah.
ngadang: I kn. ak. nyanak, nganggêp kadang; kc. kadang. II [x]-ake ak: ngliwêtake adang; kc. adang.
ngadat: (A) kn. ak. kalumrahah, padatan; kc. adat.
ngadèk: (-adèk)-ake kn. 1 dianggêp adèn-adèn (barang kang adi); 2 ak. dibêcik-bêcikake; ngadèn-adèni ak: 1 ngaji-aji bangêt; 2 nggêmatèni bangêt; 3 êngg. ngugung; kc. adi.
ngadêg: kn. jumênêng ki. njêjêr jêjêg (ora rubuh); [x]-i (njumênêngi ki): nunggoni; [x]-ake: 1 ngêdêgake; 2 (njumênêngakên ki) nêtêpake (ngangkat) dadi ...; kc. adêg.
ngadi-adi: kn. 1 ak. ngaji-aji, ngêmi-êmi; 2 pc. ugungan bangêt; kc. adi.
ngadi busana: ([x] raga, [x] warna) kw: macak.
ngadil: (A) kn. ak. adil; [x]-i: mriksa prakara; kc. adil.
ngadilaga: kw. (ing) paprangan.
ngadu: n. ngabên k. narungake; kc. adu, êdu.
ngaduki: kn. ak. ngluwihi, ngêkèhi bangêt; kc. kaduk.
ngadul: (-adul)-i, ngadulake kn. wadul marang; kc. adul, wadul.
ngadoh: n. nêbih k. nglungani adoh; kc. adoh.
ngadolake: n. ak. nyadèkakên k. ngêdolake; kc. adol, êdol.
ngadon-adoni: n. ngabên-abêni k. 1 njantoni, mbumboni; 2 ngojok-ojoki supaya padu; kc. adu.
ngados-ados: êngg. k. ngadi-adi.
ngadrèsi: kn. nulisi adrèse; kc. adrès.
ngajagi: kn. nêsêli (nyêlani, nylundhingi) tanduran liya; kc. ajag.
ngajahake: êngg. kn. ngajari nyandêr; kc. ajah.
ngajaib: (A) kn. ak. anèh bangêt; kc. ajaib.
ngajak: kn. akon mèlu; kc. ajak.
ngajal: kn. ak. mati; kc. ajal.
ngajani: kn. akon (ngojok-ojoki) supaya nindakake ala; kc. aja.
ngajang: I kn. gawe kajang; kc. kajang. II [x]-i kn: nyêdhiyani papan dianggo pakumpulan lsp; kc. ajang.
ngajap: (-ajap) kn. ngarêp-arêp (mujêkake) supaya; kc. ajap.
ngajar: kn. mulang, nggêgulang; kc. ajar.
ngajati: kn. ak. niyati, kêpengin; kc. ajat, kajat.
ngajèk: êngg. kn. ngajak; kc. ajèk.
ngajèkake: kn. nyêmbahyangake wong mati sarana ngaji; kc. ngaji.
ngajèni: n. ngaosi k. 1 ngrêgani; 2 ngurmati; kc. aji.
ngajèr: (i) êngg. kn. ngêjuri; kc. ajèr.
ngajêgi: kn. nindakake kalawan ajêg; kc. ajêg.
ngajêng: k. (ing)arêp; ngajêng-ajêng k: ngarêp-arêp; [x]-i k: 1 ngarêpi; 2 ngajoni; [x]-ake k: 1 ngarêpake; 2 ngajokake; kc. ajêng, arêp, aju.
ngaji: I kn. maca kitab kur'an. II [x]-aji n. ngaosi k. nyuhun-nyuhun ki: mundhi-mundhi, ngurmati bangêt; kc. aji.
ngaji pumpung: kn. nguja karêpe.
ngajum: kw. nata; kc. êjum.
ngajur: kn. ak. ngêjur; kc. ajur.
ngajogake: kn. njalari kajog atine; kc. ajog.
ngajokake: I n. ngajêngakên k. nggawa (njalari, agawe) maju; kc. aju. II êngg. kn: nggumunake; kc. kaju, kajo.
ngajon-ajoni: kn. muwuhi totohane; kc. ajon-ajon.
ngajoni: n. ngajêngi k. maju mênyang ing; kc. aju.
ngajrihi: k. mêdèni; kc. ajrih, wêdi.
ngadhag-adhag: kn. ak. ngênthak-ênthak ora katutupan; kc. adhag.
ngadhahi: pc. madhahi; kc. adhah, wadhah.
ngadhal mêtêng: kn. ing têngah mblêndhuk; kc. kadhal.
ngadhang: kn. ngêntèni têkane (ana ing dalan lsp); kc. adhang.
ngadhèhake: kn. nglakokake adhèhan; kc. adhèhan.
ngadhèni: kn. ak. ngganti anyar; kc. adhi.
ngadhèt: êngg. kn. ngutil, mbajing; kc. kadhèt.
ngadhêmi: ak. ngadhêmake n. ngasrêpi k. ak: ngasrêpakên k: marakake (agawe, muwuhi lsp) adhêm; kc. adhêm.
ngadhêp: kn. 1 (ut. [x]-ake) ngarêpake ing; 2 seba marang; [x]-i: seba (linggih) madhêp marang; kc. adhêp, madhêp.
ngadhi: kn. nyêbut (kaprênah) adhi.
ngadhu: êngg. kn. nggadhu; kc. gadhu.
ngadhuh: (-adhuh) kn. sêsambat adhuh.
ngadhuk: kn. maculi mbludhukake lêmah; kc. adhuk.
ngadhul-adhul: kn. ngudhal-udhal lan ngawut-awut; kc. adhul, madhul.
ngadho: êngg. kn. 1 ngêtrapake, masang; 2 nata, mranata; kc. adho.
ngaèn: êngg. kn. kang wis mêsthi (nyata); [x]-ake êngg: nyatakake, mêsthèkake; kc. aèn.
ngaèngake: kn. ak. nganggêp aèng; kc. aèng.
ngaèsi: kw. maèsi, macak; kc. aès, paès.
ngagag-agagi, ngagar-agari: kn: ngacungi gêgaman lsp. kaya arêp ditamakake; kc. agag, agar.
ngagak-agak: kn. ora turu-turu marga akèh sing dirasakake; kc. agak.
ngagak-agaki: êngg. kn. ngagag-agagi, ngancam; kc. agak.
ngagal: kn. ngasari; kc. agal.
ngagar: kn. gawe gêni sarana kayu digosokake; kc. agar.
ngagèt: kn. kalawan dadakan; [x]-i, [x]-ake: njalari kagèt; kc. gèt, kagèt.
ngagêm: ki. nganggo; kc. agêm, anggo.
ngagêngakên: k. nggêdhèkake; kc. agêng.
ngagir: êngg. kn. têturon mêngkurêb êndhase njêngèngèk; kc. agir.
ngagla: êngg. kn. ora nggêgawa apa-apa.
ngaglag-aglag: êngg. ks. mangan.
ngaglah: pc. linggih mêpêti dalan, katon cêtha.
--- 374 ---
ngagul-aguli ~ ngaku.
ngagul-aguli: kn. ak. magoli, ngalang-alangi; kc. gul.
ngagumi, ngagumake: kn. ak. njalari kagum; kc. kagum.
ngagungake: kw. nggêdhèkake; kc. agung.
ngagol-agoli: kn. ngalang-alangi, njalari kagol; kc. kagol.
ngagor-agori: kn. swarane lagi agor; kc. agor.
ngagru-agru, ngagro-agro: pc. ngrusuhi, mbêbeda, ngganggu gawe; kc. agru.
ngah: I kn. ak. rada wêgah; kc. êngah. II di-[x]-i êngg: diwènèhi.
Ngahad: kn. dina kang kapisan.
ngahlèkake: kn. ak. ngulinakake; kc. ahli.
ngain: êngg. kn. ngaèn.
ngait: êngg. kn. ndudut, nyingkirake; kc. ait.
ngait: (-ake) rêmbug kn. ak. njanji, sêmayan; kc. sêkait.
ngaya-aya: kn. nindakake (nggarap) kanthi rêkasa; kc. aya.
ngayabi: êngg. kn. matun; kc. ayab.
ngayadake: kn. ak. ngawadake, sêngadi; kc. sayad.
ngayah: I êngg. kn. nindakake ayahan; kc. ayahan. II kn. ak. ngawag, ngawur, nindakake sakarêpe; kc. kayah.
ngayah-ngayuh: kn. nindakake dibarêng (dicampur); kc. kayah.
ngayaki: I kn. nyaring nganggo ayakan; kc. ayak. II êngg. kn. ngundang (nglumpukake) akon nyambut gawe; kc. ayak.
ngayak-ngayuk: pc. ngayah-ngayuh.
ngayam-ayam: kn. ak. ngarêp-arêp bangêt; kc. ayam.
ngayam-alas: (-wana) kw. lunga nusup-nusup (dhêdhêmitan) kaya ayam alas.
ngayani: kn. mènèhi kaya; kc. kaya.
ngayang: I kn. ndhêngklak gêgêre nêkuk (banjur mlaku); 2 ngêtog (ngêpêng) karosan; 3 pc. nyêngka bangêt; 4 pc. bêcik bangêt, kc. kayang. II êngg. kn: nulungi, mbantu; kc. ayang.
ngayangan: kw. mênyang ing kayangan.
ngayap: kw. linggih ngadhêpi; kc. ayap.
ngayar: 1 êngg. kn. nyuwir-nyuwir (godhong); 2 nganam (mendhong lsp); 3 mepe pari dijèrèng; kc. ayar. II êngg. kn. ndêkêp (nyathok) manuk.
ngayas: êngg. kn. ngracun, ngapusi; kc. kayas.
ngayati: 1 kw. mênthang gêndhewa; 2 kn. ak: nyrêmpêng, ngêtog; 3 êngg. miwiti, ngadani; kc. ayat.
ngayawara: kn. gunêman tanpa têgês, tanpa kanyataan.
ngayêg-ayêg: pc. 1 adoh bangêt; 2 akèh (abot) bangêt.
ngayêm-ayêm: kn. ngenak-enak (katon ayêm atine); ngayêm-ayêmi(-ake): agawe ayêming ati; kc. ayêm.
ngayêng-ayêng: êngg. kn. mayêng-mayêng; ngayêngi êngg: nganglangi, ngubêngi; kc. ayêng.
ngayêr: I êngg. kn. ngawat-awati; kc. ayêr. II êngg. pc: 1 ngadêg nganyêr; 2 muni (manggung) nggantêr.
ngayu: I n. ngajêng k. kaya kayu, dadi kayu; kc. kayu. II [x]-ayu kn. ak. mbêbêcik, macak supaya ayu; kc. ayu.
ngayu-alakake, ngayu-walakake: kn. ak. nganggêp ala, nyênyamah, nyarang; kc. kayu.
ngayub-ayub: kn. ak. golèk pangeyuban.
ngayubagya: kw. ngrujuki, nayogyani.
ngayuh: I kn. 1 ak. ngranggèh; 2 kw. ngrangkul; 3 ngêdolake baranging liyan; kc. gayuh, kayuh. II êngg. kn: mêlahi; kc. kayuh.
ngayuk, ngayut: kn. ak. njupuk kabèh.
ngayumi: êngg. kn. nyulami (mbênakake) jala, jaring lsp; kc. ayum.
ngayun: kw. ngarêp; [x]-ayun kw: ngarêp-arêp; kc. ayun.
ngayur-ayur: pc. katon dhuwur cilik.
ngayuti, ngayutake: kn. nggayut, mbrayut; kc. kayut.
ngayuwara: kn. ak. gunêman tanpa têgês.
ngayom: kn. ngeyub, njaluk pangayoman; [x]-i: ngeyubi, mitulungi; [x]-an ak: ing pangayomaning ...; kc. ayom.
ngayoni: kn. 1 ngambali nakêr (nyurupi); 2 êngg. nêdya nglawan, nyoba arêp nêmpuh (madoni, lsp); kc. ayo, ayon.
(ngak): di-[x]-ake pc. diwêngakake; kc. wênga.
Ngakad: kn. ak. Ngahad.
ngakahi: kn. 1 nglangkahi kadunungake ing sêla-sêlaning sikil; 2 êngg. nggagahi, nguwasani, ndhaku; kc. kakah.
ngakak: kn. 1 nywara kak-kak (tmr. ula); 2 ngguyu sêru; kc. cêkakakan.
ngakal: kn. ak. akal; [x]-i: 1 ngrekani, ngapusi; 2 pc. nyanggama; kc. akal.
ngakal-bakal: kn. ak. cakal-bakal; kc. akal-bakal.
ngakang: kn. nyêbut (kaprênah) kakang.
ngakasa: kw. (ing-, mênyang ing-) langit ut. awang-awang; kc. akasa.
ngakèh: n. ngakathah k. (ing-) mungguhing wong akèh; [x]-i n. ngathahi k: ngundhaki kèhe; kc. akèh, kèh.
ngakèk: êngg. kn. nyêbut (kaprênah) kakèk; kc. kakèk, kaki.
ngakèn: k. ngakon.
ngakèni: kn. ak. ngukur sarana kaki.
ngakerat: kn. alam sawuse pati.
ngakên: I k. ngaku; kc. akên, aku. II [x]-akên k: ngakokake; kc. kakên, kaku.
ngakêp: kn. nglêbokake ing cangkêm banjur diingkêmi (rokok lsp); kc. akêp.
ngaki: êngg. kn. nyêbut (kaprênah) kaki.
ngakik: êngg. pc. bungkik, julig.
ngakingake: kn. ak. nggaringake; kc. aking.
ngakirake: kn. ak. nyumênèkake, ndunungake ing akir; kc. akir.
ngak-ngak: kn. nywara kak-kak (tmr. bèbèk, banyak).
ngak-ngèk: pc. tansah nangis (tmr. bocah-cilik).
ngaku: I n. ngakên k. 1 ndhaku, nganggêp ndarbèki; 2 ngrumangsani kaya; 3 (ut. ngakoni) blaka ngandhêmi kaluputane lsp; kc. aku.
--- 375 ---
II n. ngakên k. ak: njarag kaku; kc. kaku.
ngakungaku dosa. ~ ngambali.
ngaku dosa: n. ngakên dosa k. walèh dosane marang imam sarta duwe niyat têtêp ora bakal nglakoni manèh (tmr. Agama Katulik).
ngakurake: kn. ngrujukake, nocogake; kc. akur.
ngakokake: I n. ngakênakên k. ak. akon ngaku marang; kc. aku. II n. ngakênakên k: agawe (njalari) kaku; kc. kaku.
ngakon: n. ngakèn k. ak. akon nindakake; kc. akon, kon.
ngakrakake: kn. nyuwèkake; kc. kakrak.
ngala: kn. njirêt nganggo kala; kc. kala.
ngala-ala: n. ngawon-awon k. ngrasani ala; kc. ala.
ngalabi: kw. ngêlêbi, mbanjiri; kc. alab.
ngalah: (-i) n. ngawon(-i) k: trima kalah; kc. kalah.
ngalakake: n. ngawonakên k. ngarani (nganggêp, njalari) ala.
ngalalake: kn. nganggêp (ngarani) kalal; kc. kalal.
ngalam: kn. ak. donga, jagat; [x]-i: mênangi, nglakoni dhewe; kc. alam.
ngalamat: kn. ak. 1 tandha bakal ananing lêlakon; 2 adrès; kc. alamat.
ngalani: n. ngawoni k. nindakake ala marang; ngalan-alani n. ngawon-awoni k: njalari ala; kc. ala.
ngalang: kn. 1 ak. ngêpung, ngupêngi; 2 êngg. (mlaku) ora têrus ngênêr kang dituju; kc. kalang.
ngalang-alangi: êngg. ak. mènèhi ujuran; kc. alang-alang.
ngalangi: 1 (n. mambêngi k) mêpêti, nyêgah; 2 kn. mêlani cicilan lsp; kc. alang.
ngalang sapisan: kn. ak. kaluputan kang sapisanan.
ngalap: kn. ak. njupuk, ngêpèk; kc. alap.
ngalap ati: kn. ak. ndhêmênakake, nyênêngake.
ngalap bêrkah: kn. nunut supaya katut olèh bêrkah.
ngalap-dho: kn. ak. ngrangkêp guru(-bojo, bêndara).
ngalap-gang: kn. ak. mbegal.
ngalap gawe: ([x] damêl k) êngg. ak. golèk panggawean.
ngalap-nyaur: kn. 1 njupuk dagangan sawise payu dianggo nyaur banjur njupuk dagangan manèh; 2 pc. pucêt bangêt (marga sêdhih lsp).
ngalap opah: kn. (mung marga) golèk opahan.
ngalap pulih: kn. ak. nêdya malês (mialani, matèni lsp).
ngalar: kn. 1 nguluri tali (tampar lsp); 2 ak. nguja hawa lsp; 3 ora ngopèni marang kang wadon (nanging durung dipêgat); kc. kalar.
ngalasake: kn. ak. ndadèkake alas.
ngalèki: kn. ak. nglunggèni; kc. kalèk.
ngalèn-alèni: kn. ak. ngêtrapi alèn-alèn (ali-ali).
ngalèni: kn. ndokoki kalèn(-an); kc. kalèn.
ngalêk: êngg. kn. mulêk (tmr. ambu).
ngalêm: kn. nyêbut kabêcikane (kaluwihane lsp) kc. alêm.
ngalêmbana: kw. ngalêm; kc. alêmbana.
ngalih: I n. pindhah k. ganti ênggon; kc. alih. II k: ngaro, ngloro, ngrong; kc. kalih.
ngalik-alik: kn. ak. galik-galik (tmr. swara).
ngalim: I (A) kn. ak. pintêr, ahli kawruh; [x]-ake ak: ngudi kawruh lsp; kc. alim. II [x]-i kn. ak: ngapura; [x]-an êngg: aja dadi atimu! (kanggo mangsuli yèn ora bisa wèwèh lsp).
ngaling: êngg. kn. mukir, selak; [x]-([x])-i: nutupi; kc. aling.
ngalisi: kn. ak. nyingkiri, nyimpangi; kc. kalis.
ngalitakên: k. nyilikake; kc. alit.
ngalualah: kn. ak. sêsambat.
ngalualam: kn. ak. dondoman kang alus.
ngaluamah: kn. ak. murka, ngangsa-angsa.
ngalub-alubi: kn. nggodhog janganan lsp. supaya êmpuk; kc. alub.
ngaluk-aluk: kn. adoh bangêt.
ngalum-alumi: kn. padha alum godhonge (tmr. têtuwuhan); kc. alum.
ngalun: kn. ak. ngombak, kaya alun; kc. alun.
ngalungi: kn. nangsangi ki. ngênggoni kalung; kc. kalung.
ngalup: kn. mbaung lsp. ngajap ora bêcik; kc. alup.
ngalurake: kn. ak. ngandharake urut-urutaning lêlakon lsp; kc. alur.
ngalo-alo: êngg. kn. kêpengin bangêt; kc. alo.
ngalok-aloki: êngg. kn. mbêngok ngelikake; kc. alok, êlok.
ngalon-aloni: kn. ak. kalawan alon ênggone nindakake; kc. alon.
ngalong: I êngg. kn. manjurung, nyumbang wong duwe gawe; kc. along. II tapa [x] kn. ak: tapa mung mangan wowohan; kc. kalong.
ngalor: n. ngalèr k. mênyang ing lor; [x]-ngidul pc: kosok balèn, akèh bedane; kc. lor.
ngam: (A) kn. ak. wong akèh (kang lumrah, umum).
ngamah-amah: kn. ak. kêpengin bangêt; kc. amah.
ngamal: I kn. 1 ngrêndhêm ing uyah (tmr. êndhog); 2 marêmi, mopok kang abuh; kc. amal. II (A) kn. ak: 1 panggawe bêcik; 2 ([x] kadonyan) bandha, kasugihan; [x]-i ak: ndanani; [x]-ake ak: nindakake panggawe bêcik.
ngamandaka: kw. gunêman gêgorohan.
ngamang-amangi: êngg. kn. ngagag-agagi; kc. amang.
ngamanca: kn. ak. manca nêgara.
ngamasake: êngg. ak. nyêmantakake; kc. kamas.
ngamat-amati: pc. namatake, ngulatake; kc. amat.
ngamati: kn. ak. maedahi, migunani; kc. amat, mat.
ngambah: kn. 1 tumapak ing; 2 ngliwati lsp. ing; kc. ambah.
ngambak-ambak: kw. gêgolongan ing êndi-êndi; kc. ambak.
ngambali: êngg. kn. nindakake manèh (kang kaping pindho); kc. ambal.
--- 376 ---
ngambani ~ ngampuni.
ngambani, ngambakake: n. miyari, miyarakên k. muwuhi (ngundhakake) amba.
ngambang: kn. 1 kumambang ing, mêncungul kumambang; 2 pc. ngaton; 3 (ut. [x]-ake) agawe kumambang; 4 ora ditêmêni; kc. kambang.
ngambar: kn. 1 sumêrbak wangi; 2 br. misuwur bangêt (jênênge); kc. ambar.
ngambara: 1 kw. mabur (ngambah) ing awang-awang; 2 kn. ak. lunga mrana-mrana; kc. ambara.
ngambat: (-i) êngg. kn. nyêndhal, narik; kc. ambat.
ngambèri: kn. ak. nglubèri, ngêlêbi; kc. ambèr.
ngambêki: kn. ambêk marang; kc. ambêk.
ngambêni: kn. ngêtrap ambên ing; kc. ambên.
ngambêngi: 1 k. ak. ngalangi; 2 ngêpung, ngupêngi; kc. ambêng, kambêng.
ngambêt: k. ngambu; kc. ambêt, ambu.
ngambil: kw. njupuk, ngêpèk; kc. ambil.
ngambili: ki. ak. ngabah-abahi, nglapaki; kc. kambil.
ngambyah-ambyah: kn. ak. dumunung ana ing êndi-êndi; kc. ambyah, ngêbyah.
ngambyang-ambyang: pc. byang-byangan mrana-mrana.
ngambyuri: kn. ambyur ing; kc. ambyur.
ngambyong: kn. ak. bêbarêngan nggrombol (ambyuk lsp).
ngamblah-amblah: pc. ngablah-ablah.
ngamblêgake: kn. ak. njalari (agawe) amblêg; kc. amblêg.
ngambu: n. ngambêt k. ngrasakake ambuning kêmbang lsp. sarana irung; kc. ambu.
ngambuhi: kn. ak. njalari kambuhan; kc. kambuh(-an).
ngambul: I (ut. [x]-i) kn. mèlu tumandang; kc. ambul, kambul. II êngg. kn. ora bingar, rèwèl; kc. ambul.
ngambung: kn. ngaras ki. nèmpèlake irung ing pipi lsp; kc. ambung.
ngambur: I kn. ak. ngambus; kc. ambur. II êngg. kn: nyêbar wiji ing pandhêdhêran; kc. ambur.
ngambus: kn. ngambu-ambu (tmr. asu lsp); kc. ambus.
ngambo: êngg. kn. masang lan mbèbèr layar; kc. ambo.
ngamboni: n. ngambêti k. 1 njalari mambu; 2 (ut. ngambokake) akon ngambu; kc. ambu.
ngambra-ambra: kn. 1 ak. wrata ingêndi-êndi, sumêbar; 2 nglantrah lan rowa bangêt; kc. ambra.
ngambrah-ambrah: êngg. kn. sumrambah, sumêbar; kc. ambrah.
ngambrêg-ambrêg: pc. akèh bangêt (ora tata).
ngame: kn. ak. tansah gunêman ngucapake kang dipengini; kc. ame.
ngamèk: pc. golèk, njupuk, ngêpèk; kc. amèk.
ngamêl-amêl: pc. mangan enak bangêt.
ngamêng-amêngi: ki. ndolani; kc. amêng-amêng.
ngamêr: kn. ak. têrus lumintu; [x]-amêr(-i) kw: ngenaki gunêm, (kalawan alus); kc. amêr.
ngamik-amik: êngg. pc. jajan; kc. amik-amik.
ngamikake: êngg. pc. ngêmungake; kc. mik.
ngamini: kn. muni amin, ngiyani; kc. amin.
ngamingake: êngg. pc. ngêmungake; kc. aming.
ngamis-amisi: kn. njalari amis; kc. amis.
ngamu-amu: kw. ngundhat-undhat; kc. amu.
ngamud: I (ut. [x]-i) kn. nglêbak-nglêbokake ing cangkêm; kc. amud. II êngg. kn: njupuk, ngêpèk; kc. kamud.
ngamuk: kn. nêmpuh (nrajang lsp) ora prêduli apa-apa; kc. amuk.
ngamuk-amuk: êngg. kn. nyamuk-nyamuk.
ngamus: kn. mangsak wlulang; kc. kamus.
ngamohake: kn. nyuwèkake jarit lsp; kc. amoh.
ngamongi: êngg. kn. nyugoni gêni; kc . among.
ngampad: kn. 1 mayat, njlampar; 2 nyawatake lsp. njlampar; kc. ampad.
ngampah: I êngg. kn. ngare. II kn: nyandhêt (hawa nêpsu); kc. ampah.
ngampak: kn. 1 namakake kampak; 2 maling bêbarêngan; kc. kampak.
ngampangake: kn. 1 ak. ngina, ngènthèngake, ngrèmèhake; 2 njalari ampang; kc. ampang.
ngampar: kn. ak. ngampad, njlampar, nyambêr; kc. ampar.
ngampêh: kw. ngampah.
ngampêli: kn. nêsêli (nèmplèki) urub-urub; kc. ampêl.
ngampêr: kn. 1 pc. mbalangake watu ing; 2 nguncalake bata lsp. ditampani wong liya; kc. ampêr.
ngampêt: kn. mêkak ambêkan lsp; kc. ampêt.
ngampil: 1 kn. (ngiringake) nggawa upacara lsp; 2 ak. ngrênggêr (pangkat lsp); 3 ki. nyilih, utang; kc. ampil.
ngamping-ampingi: kn. 1 ngayomi, njaga yèn ana pakewuh; 2 ngiringake kiwa têngên; kc. amping.
ngampiri: kn. mampir ing; kc. ampir.
ngampyak: kn. 1 ak. nêmpuh ora prêduli apa-apa; 2 ngênani lsp. sakênane bae; kc. ampyak.
ngamplèk: kn. cilik (tmr. klambi lsp); kc. amplèk.
ngamplèng: êngg. kn. nyêngkêlit kêris lsp; ing iringan; kc. amplèng.
ngamplêng: kn. ngantêm êndhas; kc. kamplêng.
ngamplik: êngg. kn. mung tumumpang ing pinggir; kc. amplik.
ngamplok: kn. nèmplèk ngêthapêl; kc. amplok.
ngamplopi: kn. nglêbokake ing amplop; kc. amplop.
ngampu-ampu: kn. ak. mêksa, nyawiyah-wiyah; kc. ampu.
ngampuh: pc. tansah mênang bae (tmr. ngabotohan); kc. ampuh.
ngampul: kn. ngambang; kc. kampul.
ngampuni: êngg. pc. ngapura; kc. ampun.
--- 377 ---
ngamput ~ ngantêp.
ngamput: êngg. kn. nglakèni; kc. amput.
ngamput-amputi: ora [x] ak. ora paja-paja mèmpêr; kc. amput.
ngampo: kn. gawe ampo; kaya warnane ampo; kc. ampo.
ngamprêng: êngg. kn. mêdhayoh sadhela.
ngamprêt: pc. cêkak bangêt (tmr. kathok lsp).
ngamrih: pc. mamrih, amrih.
ngana: n. ngatên k. pc. mêngkono, mêngkana.
ngana, nganah: êngg. mrana; kc. kana.
nganak: kn. nyêbut (kaprênah) anak; [x]-i n. nyarêmi k: mènèhi anakan (ngrèntêni); kc. anak.
nganal: pc. mlaku rikat.
nganam: kn. gawe gêdhèg lsp; kc. anam.
nganan: I pc. kanggo ngantêbake têtêmbungan ngêmu surasa wêlas, mêsakake lsp. II êngg. kn: nêngên; kc. kanan.
nganani, nganakake: n. ngwontêni, ngwontênakên k. mujudi, nyêdhiyakake; kc. ana.
ngandak: êngg. kn. andak iya!
ngandêl: I kn. 1 ngakoni yèn pancèn nyata; 2 pracaya, pitaya; kc. andêl. II [x]-i, [x]-ake kn. 1 marakake kandêl; 2 nguwatake; kc. kandêl.
ngandik: I kn. ak. mênthêlêng; kc. andik. II ngandik-andik pc: nangis ora mênêng-mênêng.
ngandika: ki. kandha, clathu; kc. andika.
ngandul: kn. mbandul njêngkangake (dilinggihake ing dhêngkul); [x]-andul: ngombak tmr. swara; kc. andul.
ngandonake: kn. ak. ngajêgake, nganggo padinan; kc. andon.
ngandrawina: kn. mangan enak; kc. andrawina.
nganja-anja: kn. 1 ak. mlaku njungkir tangane tumapak; 2 sênêng-sênêng; 3 êngg. sêngit; kc. anja.
nganjang-anjangi: kn. ngêtrapi anjang-anjang.
nganjati: êngg. kn. 1 mènèki; 2 nyrêmpêng. ngêpêng; kc. anjat.
nganjèni: kn. ak. nglakèni; kc. anji, lanji.
nganjèng: êngg. kn. lunga njagong; kc. anjèng.
nganjêlake: êngg. kn. ngajokake; kc. anjêl.
nganji: I kn. ak. nglakèni; kc. anji, lanji. II kn. nyêkuli nganggo kanji.
nganjingake: kn. nglêbokake ing; kc. anjing, manjing.
nganjir: pc. kaya anjir (ngadêg njêjêr); kc. anjir.
nganjlogi: kn. anjlog ing; kc. anjlog, jlog.
nganjuk: êngg. kn. tuku mbayar kèri; kc. anjuk.
nganjung: kn. ak. numpuk, ngundhung-undhung; kc. anjung, manjung.
nganjogake: kn. nêkakake ing; kc. anjog.
ngandhan-andhan: kn. ngombak (tmr. rambut).
ngandhani: n. nyriyosi k: nuturi, kandha marang; kc. kandha.
ngandhap: k. ngisor; ngandhap-andhap k. ak: ngasor-asor; [x]-i k: ngudhuni; [x]-akên k: 1 ngêdhunake, ngudhunake; 2 ngêndhèkake; kc. andhap.
ngandhar-andhar: kn. nglantrah bangêt (tmr. crita lsp); ngandharake: nyritakake kalawan rowa; kc. andhar.
ngandhas: kn. ak. têkan ing dhasar; kc. kandhas.
ngandhati: êngg. ak. nyandhati; kc. kandhat, sandhat.
ngandhêg: I kn. ak. ngêndhêg; kc. andhêg, êndhêg. II kn: 1 ak. ora pambêngan (ora nggarap banyu); 2 mêtêng.
ngandhêmi: kn. 1 ngakoni kalawan dhadhag; 2 ngantêpi; kc. andhêm.
ngandhih: kw. ngalahake; kc. êndhih.
ngandhug-andhug, ngandhuk-andhuk: êngg. kn. sumèlèh (nyèlèhake) têtumpukan.
ngandhungake: kn. nyimpên lsp. dianggo tandhon; kc. andhung.
ngandhut: kn. 1 nggawa (nyimpên) dilêbokake ing sabuk lsp; 2 ngrêndhêm sajroning ati; 3 ak. mêtêng; kc. kandhut.
ngandhok: pc. andhok ing; kc. andhok.
ngandhong: I kn. nunggang andhong; kc. andhong. II [x]-i êngg. kn: mbanjêli, nyulihi; kc. andhong.
ngane: pc. ngana (kanggo ngantêpake surasa).
nganèh-anèhi: kn. ora lumrah; kc. anèh.
nganêm-têngah: kn. ak. sabên (siji-sijine) kanêm têngah (5½).
nganiaya: kb. 1 milara; 2 nyiya-nyiya; kc. aniaya, kaniaya.
ngani-ani: kn. ak. ngênèni pari; kc. ani-ani.
nganu, nganoni: kn. nggêrtak; kc. anu.
nganut: kn. ak. manut, miturut; kc. anut, tut.
nganorake: kw. ngasorake (awak); kc. asor.
nganta-anta: kw. kêpengin bangêt (kumudu malês lsp); kc. anta.
ngantak-antak: kn. ak. kêpengin bangêt; kc. antak.
ngantang: êngg. kn. narang, nggantang; kc. antang.
ngantar-antar: kw. murub mubyar-mubyar; kc. kantar.
ngantarani: I n. ngantawisi k. ngêlêti; ngantarakake n. ngantawisakên k: nêtêpake kalawan kira-kira; kc. antara. II n. ngantawisi k: mratandhani yèn bakal; kc. antara.
ngantèk: êngg. pc. nganti, kongsi; [x]-ake n. ngantosakên k. ak: nyrantèkake; kc. kanti.
ngantèn: pc. pangantèn.
ngantèrake: kn. ak. njalari (agawe) antèr.
ngantêb: kn. ak. antêb.
ngantêg-antêg: kn. ak. nganti suwe; kc. antêg.
ngantêm: kn. 1 êngg. nyongkol, njotos; 2 pc. ngêntèkake kabèh, mblithuk; kc. antêm.
ngantênakên: êngg. k. nyrantèkake; kc. antên.
ngantêp: kn. nakoni têmên lan orane; [x]-i: ngukuhi panêmune (pasuwitane lsp); kc. antêp.
--- 378 ---
ngantêr ~ nganggur.
ngantêr: êngg. pc. ngêtêrake; kc. antêr.
nganti: I n. ngantos k. 1 ak. ngêntèni; 2 kongsi, tumêka (têkan, tutug) ing. II [x]-anti n. ngantos-antos k: ngarêp-arêp (ngêntèni) bangêt; kc. anti.
ngantih: kn. gawe lawe; kc. antih.
nganting: (i) êngg. kn. nimbang (bobot) nganggo traju; kc. anting.
ngantu-antu: kw. nganti-anti; kc. antu.
ngantuk: kn. kumudu-kudu arêp turu.
ngantukakên: k. ngulihake; kc. antuk.
ngantun: 1 kw. ninggal; 2 k. ngari; kc. antun, kantun.
ngantup: kn. namakake antup.
ngantoli: kn. ak. 1 ndokoki (ngêtrapi) antol; 2 êngg. nyangga, nyuwak; kc. antol.
ngantos: k. nganti.
ngantru: kn. nyongkèl nganggo antru; kc. antru.
ngantrogake: kn. ak. 1 ngoyog; 2 njalari kantrog; kc. êntrog.
ngantya: kw. nganti.
ngancab: kn. nyêrang kalawan kawanèn; kc. ancab.
ngancam: (-ancam) kn. bakal milara (midana;sp); kc. ancam.
ngancan-ancani: êngg. kn. nglêgakake waktu lsp. dianggo cêcawis lsp; kc. anca, ancan.
ngancang-ancang: kn. cêcawis duwe gawe lsp; ngancang-ancangi: nata jangkah (mundur) arêp mlumpat; kc. ancang.
ngancarani: kn. mbagèkake dhayoh; kc. ancara.
ngancari: I kn. ak. nojoh ing tumbak lsp; kc. ancar. II pc: ngancarani.
ngancas: 1 kw. nasak ngênêr; 2 nêdya ngênêr; kc. ancas.
ngancêngi: êngg. kn. nata nyênyawisake; kc. ancêng.
ngancêr: êngg. kn. ngadêg jêjêg, nganjir; ngancêr-ancêri: mènèhi (ndokoki) ancêr-ancêr; kc. ancêr.
ngancik: kn. ak. wiwit tumapak (ngambah) ing; kc. ancik.
ngancing: kn. nyindik (ngunci lsp) supaya ora kêna dibukak; kc. kancing.
nganclang: êngg. kn. têrus mlaku bantêr.
ngancug, ngancuk: êngg. ks. nyanggama; kc. ancug, ancuk.
ngancur: kn. ngrakêtake nganggo ancur; kc. ancur.
ngantha: kw. mêtha, nggantha; kc. kantha.
nganthal: êngg. kn. mlaku bantêr.
nganthèk: êngg. kn. dadi anthèk.
nganthèkake: kn. 1 (ut. nganthèni) ndadèkake kanthi; 2 nggamblokake ing; kc. kanthi.
nganthèk: (-i) kn. 1 njilidi buku lsp; 2 nguntingi, mbêntèli dadi ombyokan; kc. kanthèt.
nganthêng: kn. suwe ora obah-obah (nunggoni lsp); kc. anthêng.
nganthêr: kn. ak. nganyur (ngadêg).
nganthi: kn. 1 nganggo rewang; 2 nggandhèng; kc. kanthi.
nganthil: êngg. kn. 1 ora mbayar (nyaur) saperanganing pambayaran; 2 ak. gumantung ing; [x]-i: ndokoki kanthilan; kc. kanthil.
nganthing-anthing: pc. kathing-kathing.
nganthuki: kn. manthuk nyasmitani (naklimi); kc. anthuk.
nganthoki: kn. ndokoki anthok; kc. anthok.
nganthong: I êngg. kn. ngêmis; [x]-ake êngg: ngacungake tangan; kc. anthong, athung. II [x]-anthong kn. ak: nganthêng. III [x]-i kn: nglêbokake ing kanthong; kc. kanthong.
nganthor: êngg. kn. ngadêg nganyur.
nganyag: kn. mlaku têrus bae (murang tata); kc. anyag.
nganyaki: kn. ak. miwiti; kc. anyak.
nganyang: n. ngawis k. njaluk suda saka tawane; kc. anyang, ênyang.
nganyari: n. ngenggali k. nganggo lsp. kang kawitan; nganyar-anyari n. ngenggal-enggali k: duwe pratingkah lsp. beda karo adat sabêne; kc. anyar.
nganyèh-anyèh: êngg. kn. kakèhan rèwèl.
nganyêlake: kn. marakake anyêl; kc. anyêl.
nganyêng: êngg. kn. narik; kc. anyêng.
nganyêr: êngg. pc. ngadêg njêjêr (murang tata).
nganyi(h)-anyi(h): kn. kakèhan rèwèl.
nganyur: êngg. pc. nganyêr.
nganyut: kw. ngèli; nganyut-anyut kw: nênarik ati; kc. anyut.
nganyut jiwa: ([x] urip, [x] tuwuh) kw: nglalu.
nganyor, nganyot: êngg. pc. nganyêr.
ngangah-angah: kn. kêpengin (ngarêp-arêp) bangêt arêp mêmangan lsp; kc. angah.
ngangahi: êngg. mènèhi.
ngangasi: kn. nggêrtak marang; kc. angas.
ngangèli: kn. njalari angèl; kc. angèl.
ngangên-angên: kn. nggagas marang; kc. angên-angên.
ngangêni: kn. 1 marahi kangên; 2 kangên marang; kc. kangên.
ngangêt:(-i) kn. manasi supaya angêt.
nganggaki: êngg. kn. 1 ngagag-agagi; 2 anggak marang; kc. anggak.
nganggalake: êngg. ngènthèngake momotan lsp; kc. anggal.
nganggang-anggang: kn. nyêkêl lsp. ora diênêtake; kc. anggang.
nganggar: I kn. nggawa kêris ing anggar; kc. anggar. II kn. 1 nyilih (utang) dhuwit sadhela, nyêbrak; 2 êngg. tuku ora mbayar; kc. anggar.
ngangge: k. nganggo.
nganggêl: kn. mbêndung; kc. anggêl.
nganggêp: kn. 1 ngrêngkuh kaya (sêdulur lsp), ngarani yèn pancèn nyata lsp; 2 nganggokake (ngajèni) bêciking pasuwitane lsp; kc. anggêp.
nganggêr-anggêri: kn. nglarangi; kc. anggêr-anggêr.
nganggit: kn. 1 ak. ngronce kêmbang; 2 mujudake ana ing gagasan, ngreka-reka; 3 êngg. nggagas; 4 ngarang (layang lsp); kc. anggit.
ngangglah: pc. ngaglah.
nganggur: kn. ora tumandang ing gawe (nyambut gawe); 2 ora dianggo; kc. anggur.
--- 379 ---
nganggo ~ ngapêkir.
nganggo: n. ngangge k. 1 (ngagêm ki) migunakake; 2 (ngagêm ki) ngêtrapake ing awak (sandhangan lsp); 3 nglingkuhake dhuwit lsp; 4 (mawi k) mawa sarana: ora nganggo n. botên mawi k: tanpa; kc. anggo.
nganggon: (-anggon)i n. nganggèn(-anggèn)i k: ngêtrapake panganggo ing; kc. anggo.
nganggrah-anggrahi: kn. mêpêti nganggo anggrah-anggrah; kc. anggrah.
nganggrak: kn. nggêrtak, ngancam; kc. anggrak.
nganggrang: pc. dumunung ing papan kang dhuwur; kc. anggrang.
nganggras: kn. nggêrtak mêdèni; kc. anggras.
nganggrêg-anggrêgi: kn. ak. njalari ora bisa têrus; kc. anggrêg.
nganggrêng: êngg. kn. mênêng bae.
nganggrik-anggrik: pc. kuru bangêt.
ngangin-angin: kn. ak. 1 ngisis; 2 br. ngrungok-ngrukokake pawarta; kc. angin.
ngangka, ngangkani: êngg. ngangkah k. ngarah; kc. angka, arah.
ngangkal: êngg. kn. ngalang-alangi; kc. angkal.
ngangkani: kn. nyirèni angka; kc. ngangka, angka.
ngangkang: kn. nywara sêru (tmr. gamêlan).
ngangkas-angkas: kw. 1 mindêng, mênêng; 2 nggêgadhang; kc. angkas.
ngangkat: kn. 1 njunjung; 2 narik ngunggahake (jangkar lsp); 3 êngg. momot barang-barang; 4 ngunggahake pangkat; 5 (ut. [x]-i) ak: wiwit, miwiti; [x]-ake: mbudhalake; kc. angkat.
ngangkên: êngg. k. ngaku; kc. aku.
ngangkêri: kn. ak. nglarangi mlêbu; kc. angkêr.
ngangklèk: êngg. kn. nganggar kêris; kc. angklèk.
ngangklêng: êngg. kn. suwe bangêt ênggone ngêntèni lsp.
ngangklik-angklik: (ake) pc. nyèlèhake ing papan kang dhuwur; kc. angklik.
ngangklung: kn. ngunèkake angklung.
ngangkuh: kn. ak. ngrêngkuh; kc. angkuh.
ngangkus: (i) êngg. kn. ngganthol, ngêcis; kc. angkus.
ngangkod: êngg. kn. ngangkrok wit.
ngangkrang: êngg. kn. ngangrang.
ngangkrêng: pc. mêthêngkrêng; kc. angkrêng, êngkrêng.
ngangkrik-angkrik: kn. 1 mangklik-mangklik; 2 dhiri, pambêkan; 3 pc. mangkring (larang bangêt tmr. rêrêgan lsp); kc. angkrik.
ngangkruk-angkrukake: pc. nglinggihake lsp. ing papan kang dhuwur; kc. angkruk.
ngangkrok: kn. mènèk sikile mêthakol; kc. angkrok.
ngangkrong-angkrongake: êngg. nyèlèhake ing papan kang dhuwur; kc. angkrong.
nganglang: kn. ak. rondha, ngubêngi.
nganglèngake: kn. nilingake; kc. anglèng.
nganglêsake: kn. ak. njalari (agawe) anglês.
ngangluh, ngangloh: êngg. kn. sêsambat; kc. angluh.
ngangloh: êngg. kn. ora nganggo (nindakake) apa-apa.
nganguk-anguki: kn. ngungak arêp mêtuk;mêthuk. kc. anguk.
ngangus: kn. 1 ngirêng nganggo angus; 2 mêtu anguse; kc. angus.
ngangrang: I (ut. [x]-anI kn. rangrangan (tmr. tênunan). II kn. bngs. sêmut abang gêdhe.
ngangrêmake: kn. ak. nêtêsake êndhog; kc. angrêm.
ngangsa:(-angsa) kn. murka kumudu olèh akèh; kc. angsa.
ngangsab: pc. ngasab; kc. asab.
ngangsahake: kw. ngajokake pêrang; kc. angsah, mangsah.
ngangsalakên: k. ngolèhake; kc. angsal, olèh.
ngangsang-angsang: kn. ak. nggrangsang.
ngangsar: kn. angsar.
ngangsèk, ngangsi: pc. nganti.
ngangsêg: kn. maju nêsêg; kc. angsêg.
ngangslah: kn. narik pajêg; kc. angslah.
ngangslèkake: kn. ak. nyumurupi asline; kc. asli.
ngangslupake: kn. nglêbokake; kc. angslup.
ngangsu: kn. 1 golèk banyu; 3 ent. golèk kawruh (mêguru); kc. angsu.
ngangsul-angsuli: êngg. 1 mangsuli; 2 k. ngulih-ulihi; kc. wangsul.
ngangsur: I [x]-i kn. ak: mènèhi utangan (êmpingan); kc. angsur. II [x]-angsur kn. rêkasa bangêt ênggone ambêkan; kc. angsur.
ngangso: pc. ngaso; kc. angso.
ngangsokake: I kn. ngangsu kanggo ing liyan; kc. angsu. II pc: ngasokake; kc. angso.
ngangsoni: kn. ngangsu ing; kc. angsu.
ngangsrahake: I kn. ak. nglèmbrèhake lsp. kambah ing lêmah; kc. kangsrah. II êngg. pc: masrahake; kc. srah.
ngaub: kn. ak. ngeyub, ngayom; kc. aub.
ngauli: kn. nadari bakal midhang lsp; kc. kaul.
ngauningani: kw. wêruh; kc. uninga.
ngao: êngg. kn. gunêman ngoko.
ngaos: I k. ak. ngaji. II [x]-i k: ngajèni; kc. aji.
ngaoti: k. ngacèki; kc. kaot, kacèk.
ngapa: I êngg. pc. apa. II êngg: ana apa, geneya.
ngapakake: n. munapakakên k. nindakake kapriye; kc. apa.
ngapal: kn. mêtu kapale; kc. kapal.
ngapalake: kn. 1 nyinau (nggêgulang) nganti apal; 2 êngg. ngucapake wacan lsp. tanpa ndêlêng buku; kc. apal.
ngapan-apan: kn. wangun trapesium; kc. apan-apan.
ngapani: êngg. kn. nglapaki; kc. kapa.
ngapas: kn. nanduri kapas; kc. kapas.
ngapèl: kn. ak. ngulur prakara; kc. apèl.
ngapèn-apèni: kn. ak. rewang wong duwe gawe lsp; kc. apèn.
ngapêkir: kn. ak. ora nganggokake; kc. apêkir.
--- 380 ---
ngapêsake ~ ngasag.
ngapêsake: kn. njalari (agawe) apês; kc. apês.
ngapikake: kn. mbêcikake; kc. apik.
ngapilakên: k. ak. ngapalake; kc. apal.
ngapirani: n. ngapintêni k. njalari kapiran; kc. kapiran.
ngapit: kn. 1 nandhingi tikêl lorone (tmr. totohan); 2 (ut. ngapit-apit) ngiringake kiwa têngên; kc. apit.
ngapyuk: kn. nyiramake banyu lsp. ing rai; kc. kapyuk.
ngapkir: kn. ora nganggokake; kc. apkir.
ngaplak: I kn. ak. tuwa bangêt; kc. kaplak. II pc: nywara plak-plak (tmr. kêndhang). III pc: ngaprak.
ngaplik: pc. mung cilik (sathithik).
ngapluk: kn. mabluk.
ngapu: k. ngênjêt; kc. apu, ênjêt.
ngapur: êngg. kn. ngênjêti, nglabur; kc. kapur.
ngapura: n. ngapuntên k. mènèhi pangapura; kc. apura.
ngapurancang: kn. (linggih) tangane ditangkêbake; kc. kapurancang.
ngapus: I kw. 1 nalèni; 2 ngarang layang lsp; kc. apus. II [x]-i kn: nggorohi, mblithuk; kc. apus.
ngapokake: kn. ngajar lsp. supaya kapok; kc. kapok.
ngaprahake: kn. nglumrahake; kc. kaprah.
ngaprak: pc. mlayu bantêr.
ngaprès: pc. gabrès; kc. kaprès.
ngaprêt: kn. cêndhak (cêkak) bangêt tmr. lêngênan klambi lsp.
ngarab-arab: kw. murub mubyar-mubyar; kc. arab.
ngarad: kn. ak. 1 ngglandhang, nggèrèd; 2 mêksa akon nyambut gawe; kc. arad.
ngarag-aragi: kn. 1 milihi kang agal-agal (tmr. krikil lsp); 2 ngrêsiki sawah lsp; kc. arag.
ngarah: I n. ngangkah k. 1 mêndêng, nêdya; 2 njangka supaya bisa olèh (kêlakon lsp); kc. arah, êrah. II [x]-arah kn. (ngangkah-angkah k) ngati-ati; kc. arah. III êngg. kn: têka mêngkono!
ngarah apa: pc. mêngkono bae rak wis prayoga lsp.
ngarah ora: pc. gêlêm ora-ora.
ngarah pati: br. nêdya matèni.
ngarak: kn. ngêtêrake bêbarêngan wong akèh; kc. arak.
ngaral: (A) kn. alangan; kc. aral.
ngaramake: kn. nganggêp karam; kc. karam.
ngarani: n. mastani k. 1 nyêbut, njênêngi; 2 nganggêp, ndakwa; kc. aran.
ngarang: I n. ngawis k. 1 êngg. padha rontog godhonge; 2 (ut. ngarang-arangi) suda, dadi arang; kc. arang. II kn: 1 êngg. ak. ngira-ira; 2 nganggit layang lsp; kc. karang.
ngarangulu: kn. ak. ngêpèk tilas bojoning sêdulur; kc. karangulu.
ngaras: I ki. ngambung; kc. aras. II (A) kn. ak: dhamparing Allah; kc. aras.
ngare: kn. palêmahan rata, kb. pagunungan.
ngarèkake: n. ngantunakên k. 1 ninggal. ndokok ing buri; 2 nurahake; ngarèni n. ngantuni k. ak: dumunung ing buri; kc. kari.
ngarèt: I kn. mbusêk nganggo karèt. II kn: nglancipi potêlot.
ngarêm-arêmi: kn. agawe marêm; kc. arêm.
ngarêmi: kn. ak. karêm marang; kc. karêm.
ngarêng: kn. agawe arêng.
ngarêp: I n. ngajêng k. ngarsa ki. 1 ing papan kang diadhêpake, kb. ing buri; 2 kang dhisik; kc. arêp. II ngarêp-arêp n. ngajêng-ajêng k: ngêntèni (kalawan pamuji) supaya olèh (kêlakon); [x]-i n. ngajêngi k. ngarsani ki: gêlêm (arêp) ngêpèk lsp; kc. arêp.
ngari: n. ngantun k. njarag kari; kc. kari.
ngarih-arih, ngarihi: ak. kn. mêmiringi (ngarah-arah) kalawan alus supaya gêlêm nurut lsp; kc. arih.
ngaring-aring: kn. ak. dolan-dolan ngenggar-enggar ati; ngaring-aringi: ngênêng-ênêngi bocah nangis lsp; kc. aring.
ngaripi: (-ake) kn. njalari karipan; kc. arip.
ngarit: kn. golèk sukêt nganggo arit; kc. arit.
ngaryakake: kw. nggawèkake; kc. karya.
ngaru: kn. ngudhêg lan nyiram banyu (tmr. bêras kang diêdang); [x] napung pr: nindakake pagawean (nêmu rêribêd) bêbarêngan; kc. karu.
ngaru-biru: kn. ngrusuhi, ngganggu gawe; kc. aru-biru.
ngarug: kn. 1 kw. natoni; 2 mbludhukake lêmah kang kêmpêl; kc. arug.
ngaruhake: kn. nggênahake, nyatakake; kc. karuh.
ngaruh-aruhi: kn. ngajak gunêman; kc. aruh.
ngaruhara: kw. 1 njalari gègèr; 2 sêsambat; kc. ruhara.
ngarung: I kn. nuntun jaran (wong loro) kiwa têngên; kc. karung. II kn: madhahi ing karung; kc. karung. III êngg. kn. mênyang ing warung (têtuku); kc. warung.
ngarusi: êngg. kn. migunani, nindakake bêcik; kc. arus.
ngaron: pc. pangaron.
ngaroni: n. ngalihi k. ngêbut loro; kc. karo.
ngarot: êngg. kn. slamêtan ngarêpake nggarap sawah.
ngarsa: ki(kw). ngarêp; kc. arsa.
ngarsa-arsa, ngarsi-arsi: kw. ngarêp-arêp; kc. arsa.
ngartani: k. ak. ndhuwiti; kc. arta.
ngarti: n. ngartos k. ak. ngêrti.
ngartika: kw. nggagas (ngunandika).
ngas: kn. as.
ngasa: êngg. kn. apèk, golèk, arêp ngêpèk.
ngasab: I kn. nggosok nganggo barang kang kasar; [x]-i, ngasapi ak. nindakake kalawan kasar, gunêman kasar; kc. asab, kasab. II [x] pati br: ngajap pati.
ngasag: kn. golèk turahan pari kang mêntas diênèni; kc. asag.
--- 381 ---
ngasah ~ ngathok.
ngasah: kn. nglandhêpake lading lsp. sarana digosokake ing wungkal lsp; [x]-i: ngumbah (ngrêsiki) piring lsp; kc. asah.
ngasak: êngg. kn. ak. nggosok; kc. kasak.
ngasalake: kn. ak. nggênahake asale; kc. asal.
ngasar: I (ut. [x]-i) kn. nindakake (gunêman) kalawan kasar; kc. kasar. II êngg. kn: sêmbahyang ing wayah asar; kc. asar.
ngasatake: kn. ak. njalari (agawe) asat; kc. asat, sat.
ngasèk, ngasi: êngg. pc. nganti.
ngasèpake: kn. 1 njalari (agawe) kasèp; njarag supaya kasèp; kc. kasèp.
ngasih-asih: kn. ngrêrêpa kanthi têmbung manis; ngasihi: nrêsnani; kc. sih, asih, kasih.
ngasili: kn. ak. migunani; kc. asil, kasil.
ngasin: kn. ngrêndhêm ing uyah supaya asin; kc. asin.
ngasir-asir: êngg. kn. ngambu-ambu; kc. asir.
ngaskayani: kn. ak. mènèhi kaskaya; kc. kaskaya.
ngaslèkake: kn. ak. ngasalake; kc. asli.
ngasmani: ki. pc. nèkêni; kc. asma.
ngasmarani: kw. nêngsêmake; kc. asmara.
ngasngasan: êngg. kn. gasgasan.
ngasu: I êngg. kn. ngangsu. II [x]-asu pc: kêrêp ngadêg (lèrèn).
ngasungake: kw. mènèhake; kc. asung.
ngasut: kn. nguyêg (nata kartu); kc. kasut.
ngaso: kn. lèrèn, anggong; kc. aso.
ngasor:(-asor) kn. andhap asor; ngasorake: 1 agawe asor; 2 ngalahake; kc. asor, kasor.
ngasrahake: kn. ak. masrahake; kc. asrah.
ngasrêp: êngg. kn. nglakoni nyirik uyah; [x]-akên k: ngadhêmake; kc. adhêm, asrêp.
ngasta: ki. nyêkêl; kc. asta, cêkêl.
ngastawa, ngastuti: kw. ngalêm, mêmuji, nyêmbah.
ngatag: kn. akon (ngelingake) supaya tumandang; kc. atag.
ngatamake: kn. maca (korän) nganti katam; kc. katam.
ngatani: êngg. kn. nyandhêt, mênggak; kc. kata.
ngatap: kn. ak. têtumpukan rantap, sarwa tata; kc. tap.
ngatas: kn. ak. nêrang (munggah) marang dhêdhuwuran; kc. atas.
ngatèl: pc. jênak bangêt; kc. katèl.
ngatèn-atèni: kn. ak. mêmpêngake (ngêndêlake); kc. ati.
ngatèni: n. ngatosi k. nimbangi nganggo katèn; kc. kati.
ngatèri: (-ake) êngg. kn. ak. ngantèrake; kc. atèr.
ngatêkake: êngg. pc. ngatogake, nutugake nganti katog; kc. katêk.
ngatên: k. pc. ngene, ngono.
ngatêngi: kn. ak. ngratêngi; kc. atêng.
ngatêp: kn. mayu nganggo atêp.
ngatêr: (-ake) êngg. kn. ngêtêrake, nggawa (-mulih pari); ngatêri êngg: ngêtêri (mènèhi apa-apa marang); ngatêr-atêri: 1 nuduhake dalane; 2 ndokoki atêr-atêr; kc. atêr.
ngati-ati: n. ngatos-atos k. kanthi wêweka, ora sêmbrana; kc. ati.
ngatir: êngg. kn. ak. ora timbang ut. ora padha (pangêtrape lsp); kc. katir.
ngatirah: kw. abang (tmr. mata, nêpsu); kc. katirah.
ngatulake: kn. ngulinakake; kc. atul.
ngatur: I êngg. kn. nata, mranata; kc. atur. II [x]-i: 1 kn. ngundang, nyuruhi (kalawan ormat); 2 (ut. [x]-ake) ngunjukake, nyaosake ki: mènèhi, mènèhake; kc. atur.
ngaturi priksa: ([x] uninga) kn. awèh wêruh (kalawan ormat).
ngatut: kn. njarag katut; kc. katut.
ngatogake: kn. nindakake lsp. nganti katog; kc. katog.
ngatok: pc. ngaton; [x]-ake: ngatonake; kc. katok, katon.
ngaton: n. ngatingal k. mêtu lsp. nganti kêna didêlêng; [x]-i: katon marang (tmr. lêlêmbut lsp); kc. katon.
ngatosake: kn. agawe atos; kc. atos.
ngatos-atos: k. ngati-ati.
ngatosi: k. ngatèni; kc. kati, katos.
ngacaki: kn. ak. miwiti nindakake; kc. cak.
ngacang: kn. nanduri kacang.
ngacapara: êngg. kn. gunêman sêmbrana.
ngacar: I êngg. kn. 1 ngancab, nrajang; 2 ngancang-ancangi; 3 numbuk; kc. acar. II kn: olah acar.
ngacarani: kn. (ngancantêni k. ak) mbagèkake dhayoh; kc. acara.
ngacèki: n. ngaoti k. mènèhi kacèke (ora digawe padha); kc. kacèk.
ngacêng: kn. kaku (tmr. palanangan).
ngacip: kn. nyigar lsp. nganggo kacip.
ngacir: kn. katon dhuwur mung siji (tmr. wit lsp); kc. kacir.
ngacuk: êngg. kn. katon dawa maju (tmr. palanangan).
ngacung: kn. awèh sasmita sarana driji dicongatake; kc. acung.
ngaco: êngg. kn. 1 gunêman tanpa têgês; 2 goroh.
ngathah-athah: pc. têturon mlumah.
ngathahi: (-akên) k. ngakèhi(-ake); kc. kathah, akèh.
ngathak-athaki: kn. ndokoki athak-athak.
ngathang-athang: kn. têturon mlumah.
ngathar: I êngg. kn. mlayu bantêr. II pc: nguyuh (ngadêg).
ngathe-athe: êngg. pc. tata bêcik.
ngathêr: pc. sêmu ngadêg (tmr. palanangan).
ngathik: I kn. ak. nganggo rewang lsp; kc. kathik, pakathik. II [x]-athik kn: ngreka-reka, ngrumpaka; kc. athik.
ngathing-athingake: kn. ak. manggang lsp. ing; kc. athing.
ngathuh: pc. ngadhuh.
ngathuk: êngg. pc. gathuk.
ngathung: kn. ngulungake tangan (arêp nampani lsp); kc. athung.
ngathur: pc. ngadêg njêjêr, nganyur.
ngathok: pc. mung nganggo kathok; [x]-i: ngênggoni kathok.
--- 382 ---
ngathong ~ ngèjlègi.
ngathong: êngg. ngathung.
ngawadake: kn. ak. nyêngadèkake; kc. awad.
ngawag: kn. ngawur, mung kira-kira bae; kc. awag.
ngawahi: kn. ak. ngambani, ngombèri; kc. kawah.
ngawaki: kn. nyarirani ak. nylirani ki. nandangi lsp. dhewe; kc. awak.
ngawal: I kn. nyirig bantêr (tmr. jaran). II [x]-i kw: 1 ndaga, nêdya wani; 2 nanggulangi; kc. kawal. III [x]-i kn. ak: ngombèri; kc. kawal. IV [x]-i kn: nindakake lsp. awal bangêt; kc. awal.
ngawani: n. nyiyangi k. ak. nindakake lsp. ing wayah awan; kc. awan.
ngawang-awang: br. mênyang (ngambah) ing awang-awang.
ngawaril: (A) kn. ak. alangan.
ngawasake: kn. namatake; kc. awas.
ngawasani: kn. ak. nguwasani; kc. kawasa, kuwasa.
ngawat-awati: kn. ngamping-ampingi lan namatake; kc. awat.
ngawe: kn. awèh sasmita (ngundang lsp) sarana tangan kumlawe; kc. awe.
ngawèhi: kn. ak. mènèhi; kc. awèh.
ngawekani: kn. mrayitnani; kc. weka.
ngawèr: kn. ak. saèm. nglawèr, nglèwèr.
ngawètake: kn. ak. njalari (agawe) awèt; kc. awèt.
ngawêl-awêl: êngg. ks. mangan.
ngawêng: (-i) kn. ak. ngubêngi; kc. kawêng.
ngawêr-awêri: kn. ndokoki awêr-awêr; kc. awêr.
ngawêt: I kn. ak. nggubêd. II kn: buntute ditêkuk ing sêla-sêlaning sikil buri; [x] lambene: lambene digêgêt (nêpsu); kc. kawêt.
ngawi: kw. ngarang têmbang; kc. kawi.
ngawigake: kw. ak. ngrêmitake gêgarapan; kc. awig.
ngawiyat: kw. awang-awang, langit.
ngawikani: kw. nyumurupi, mêruhi; kc. wikan.
ngawil: kn. ak. njawil; kc. kawil.
ngawin: I kn. 1 nyêkêl pitik kang dibêlèh; 2 ak. nggawa tumbak lsp; kc. awin, kawin. II kn: ningkahan karo; kc. kawin.
ngawing: kn. ak. nggawing.
ngawir-awir: kn. ak. kawir-kawir.
ngawis: I ak. ngawis-awisi k. ngarang-arangi; kc. arang, awis. II k: 1 nganyang; 2 êngg. ngarah; [x]-i k: nglarangi; kc. awis.
ngawiti: kn. miwiti; kc. awit, kawit.
ngawu-awu: I kn. ak. tansah têtakon marang asal-usule lsp. II êngg. kn. nyêbar wiji ing pandhêdhêran tanpa diêlêbi; kc. awu.
ngawud-awud, ngawut-awut: kn. 1 njuwing-juwing, ngudhal-udhal; 2 nyêbar mrana-mrana; kc. awud.
ngawug: êngg. kn. ngadhuk lêmah; kc. awug, mawug.
ngawug-awar: ngaub-(g)awar pc. ngawag, ngawur.
ngawul-awul: kn. ngudhal-udhal kapuk lsp; kc. awul.
ngawula: kn. ngabdi; kc. kawula.
ngawula-wisuda: kw. ngunggahake (njunjung) pangkat.
ngawuningani: kw. nyumurupi, mêruhi; kc. wuninga.
ngawur: kn. ngawag; kc. awur.
ngawur-awur: kn. nyawur-nyawurake; kc. wur, uwur.
ngawusake: kn. ak. ngapokake; kc. kawus.
ngawon: k. ngalah; kc. kalah, kawon.
ngawoni: I k. ngalani; kc. awon, ala. II k: ngalah; kc. kalah, kawon. III kn. ak: ndokoki awu; kc. awu.
ngaworake: kn. ak. nyampur karo; kc. awor, wor.
ngawrati: k. ngêboti; ngawratakên k: ngêbotake; kc. awrat, abot, bot.
ngawruhi: kw. nyumurupi; kc. kawruh, wêruh.
ngebahakên: k. ngobahake; kc. ebah, obah.
ngebarake: kn. ak. 1 ngatonake kapintêrane lsp; 2 nyêmantakake marang; kc. ebar, kebar.
ngebat-ebati: (-ake) kn. ngeram-eramake bangêt; kc. ebat.
ngèbègi: kn. ak. ngêtrapi èbèg (ing lapak); kc. èbèg.
ngèbèr: kn. ngêdolake panganan lsp; kc. èbèr.
ngèbêki: kn. ak. ngêbêki, ngêbaki; kc. èbêk.
ngeblat: kn. ak. ngênêr marang; kc. keblat.
ngèblègi, ngèblèki: êngg. kn. ndokoki èblèg.
ngeblong: pc. ngalah; kc. keblong.
ngêbor: (-i), ngeborake kn. 1 nyidhuki banyu dianggo ngêlêbi sawah; 2 golèk êmas ing kali lsp; kc. ebor.
ngebrakake: kn. njalari (agawe) ebra; kc. ebra.
ngèbrèk: pc. mlayu bantêr.
ngèbrèk-èbrèk: êngg. kn. nyuwèk-nyuwèk.
ngèbrèt: pc. wrata mrana-mrana (tmr. ambu kang ora enak lsp).
ngedab-edabi: kn. ak. ngebat-ebati, nggumunake; kc. ebad.
ngedan: kn. ethok-ethok edan; [x]-i: kedanan marang; kc. edan, kedanan.
ngede-ede: êngg. kn. ngiwi-iwi, ngece-ece; kc. ede.
ngèdèd: pc. sêmu ngulèt (tmr. gêgêr).
ngèdèk-èdèkake: pc. ngrêngkuh lsp. kaya dene kang èdi; kc. èdi.
ngèdêr: kn. ngera; kc. kèdêr.
ngèdêri: kn. ak. ngubêngi, kc. idêr.
ngeja: I kn. ak. nêdya, niyat; kc. eja. II kn: nyêbutake siji-sijining aksara ing tulisan; kc. eja.
ngejawantah: kw. katon mawujud (tmr. dewa).
ngèjèg: kn. 1 mlaku bantêr jangkahe ciyut; 2 bola-bali têka; kc. èjèg.
ngèjèk: êngg. kn. ngajak; kc. jèk.
ngèjès: êngg. pc. bêcik bangêt.
ngèjlègi: kn. bola-bali nêkani (nagih lsp); kc. èjlèg.
--- 383 ---
ngejrah ~ ngèmbèt(-èmbèt).
ngejrah: êngg. ak. ngetung, milang; kc. ejrah.
ngedhe: kn. ak. ngiwa (nganggo tangan kiwa); kc. kedhe.
ngèdhèl: êngg. kn. mbêdhèl; kc. èdhèl.
ngèdhèng: kn. katon ngêblak, mblakakake; kc. èdhèng, ngêdhèng.
ngèdhèr: I kn. ak. ngèdhèng, ngêdhèng; kc. èdhèr. II kn. ak: dolan-dolan. mlaku-mlaku; kc. kèdhèr.
ngèdhêp: kw. têluk, sungkêm marang; kc. èdhêp, kèdhêp.
ngedhumi: kn. ak. ngeyubi; kc. edhum.
ngegah-eguh: êngg. kn. ngigah-iguhake; kc. eguh.
ngegal-egolake: kn. ngobahake megal-megol; kc. egol.
ngegla: kn. katon cêtha; kc. egla.
ngegle, ngèglèh, ngèglèg, ngèglèng: pc. ngegla, katon cêtha.
ngeguh: (-ake) êngg. kn. ngiguhake; kc. eguh.
ngeguh: (-eguh)i kw. njalari owah; kc. keguh.
ngegoh: (-ake) êngg. ngiguhake.
ngegolake: kn. ngobahake bokong lsp; kc. egol, megol.
ngegosake: kn. ak. nyèlèhake lsp. megos; kc. egos, megos.
ngègrèk-ègrèk: pc. 1 nggraji lsp. nganti nywara grèk-grèk; 2 nyogoki, ngogrok-ogrok; kc. ègrèk.
(ngèh): di-[x]-i êngg. diwènèhi.
ngeyang: ki. ngêmbah; kc. eyang.
ngeyang-ngeyong: kn. ak. meyang-meyong (swaraning kucing).
ngèyèg: êngg. kn. mlaku-mlaku mrana-mrana (ngubêngi).
ngèyèk-èyèk: kn. ak. mèyèk-mèyèk (tmr. gêgêr).
ngèyèl, ngèyèng: êngg. pc. ngrèngkèl, nekad nggugu bênêre dhewe; kc. èyèl.
ngèyèn: êngg. kn. awèh, mènèhi.
ngèyèng: I êngg. pc. ngèyèl. II [x]-èyèng kn. nggotong royom, nggawa lsp. wong akèh; kc. èyèng.
ngeyub: kn. ngaub ing; kc. eyub.
ngeyog: pc. 1 nywara mak keyok (tmr. pitik kang kalah); 2 trima kalah; kc. keyok.
ngeyong: kn. ak. meyong (swaraning kucing).
ngeyor: kn. nywara sêru (tmr. kucing).
ngèk: I êngg. duwèk. II di-[x]-i êngg. 1 diwènèhi; didokoki. III pc: karêbèn. IV [x]-[x] pc: tansah nangis.
ngekadasa, ngeka-eka: êngg. ak. ngreka-ngreka, ngathik-athik; kc. eka.
ngekahi: kn. nylamêti kekahan; kc. kekah.
ngèkèk: I pc. ngguyu cêkakakan. II [x]-i pc: mènèhi. III [x]-èkèk êngg. pc: ngiris kaya sacaraning nggraji (marga alot); kc. èkèk.
ngèkèl-èkèl: êngg. kn. nggêgiro, mêmêdèni.
ngèkèn: (i) êngg. awèh, mènèhi.
ngèkèr-èkèr: êngg. pc. nyèkèr-nyèkèr; kc. èkèr.
ngèkès: kn. nggègès (watuke).
ngèkèt: kn. ak. krakêt, lèngkèt; kc. kèkèt.
ngèkêr: kn. ndêlêng nganggo kèkêr.
ngèki: êngg. mènèhi; kc. ngèk.
ngeklasake: kn. nglilakake kalawan eklas; kc. eklas.
ngèklèk:êngg. kn. ngguyu sêru; kc. ngèkèk, ngèkrèk.
ngèklèkake: pc. njalari kèklèk (marang mata); kc. kèklèk.
ngekrali: kn. ak. nêrangake; kc. ekral.
ngèkrèk: I (-èkrèk) kn: ngiris nyuwèk; kc. kèkrèk. II êngg. kn. ngguyu sêru; kc. ngèklèk.
ngèksi: kw. ndêlêng, nonton; kc. èksi.
ngèl: kw. sayah, kêsêl, rêkasa.
ngelah: êngg. pc. ngalah.
ngelang: kn. ak. nggodhog kilang; kc. kilang.
ngèlèdake: kn. ngêtokake ilat; kc. èlèd, mèlèd.
ngèlèg: (-èlègi) êngg. kn. 1 mbêbeda, mbêbêngèk; 2 ngiming-imingi; kc. èlèg.
ngèlèkake: kn. mbuwang ing kali lsp. supaya kèli; kc. kèli.
ngèlèk-èlèki: pc. n. ngalan-alani; kc. èlèk.
ngèlèr: I êngg. kn. nggaringake têmbako dijèmbrèng; kc. èlèr. II (ut. [x]-i) êngg. kn: nakêr krikil lsp. nganggo kothak; kc. kèlèr.
ngèlêbi: kn. ak. ngêlêbi; kc. êlêb.
ngèlêm: kn. ak. mblêdhês ing banyu; kc. kêlêm.
ngèlês: êngg. kn. ngilês, ngidak; kc. ilês.
ngèli: kn. ngatut ilining banyu; kc. kèli.
ngelikake: kn. mênging; ngeliki: elik marang; kc. elik.
ngeling-eling: n. ngèngêt-èngêt k. nggagas supaya bisa kèlingan; ngelingi n. ngèngêti k: eling marang; kc. eling.
ngèlmu: kn. (ngèlmi k): 1 kawruh (sêsurupan) mungguh ing sawijining bab; 2 kawruh kasampurnan (kawicaksanan); [x] basa: kawruh babagan basa; [x] alam: kawruh babagan kodrat; [x] bumi: kawruh babagan tanah-tanah lan kaanane; [x] kewan: kawruh bab kewan-kewan; [x] pamisah: kawruh bab jasad-jasad asal lsp; [x] têtuwuhan: kawruh bab tanêm tuwuh; [x] tuwa: ngèlmu kasampurnaning ngaurip; [x] wangun: kawruh bab pangetung jêmbaring lumah gêdhening wujud lsp; kc. 'ilmu.
ngèlu: kn. ak. mung manut bae; kc. èlu.
ngelo: kn. ak. ngulèt (tmr. kayu).
ngelok-eloki: kn. ak. nganèh-anèhi; kc. elok.
ngeloni: I kn. ak. ngiloni, mèlu ngrewangi; kc. èlu. II kn: ngukur nganggo elo.
ngemah-emahakên: k. ngomah-omahake; kc. omah-omah. ngeman: (-eman) kn. ngowêl; ngêmi-êmi; kc. emah.
ngemba: (-emba), ngembak êngg. kn. niru; kc. emba.
ngembali: êngg. k. ngopahi; kc. embal.
ngèmbèl-èmbèli: kn. ak. muwuhi; kc. èmbèl-èmbèl.
ngèmbèt: (-èmbèt) kn. ngatut-ngatutake, [ngatut-ngatut...]
--- 384 ---
[...ake,] nyangkut ing prakara; kc. èmbèt.
ngembong ~ ngengkrangake.
ngembong: êngg. kn. nangguli; kc. embong.
ngèmbrèh: pc. kangsrah ing lêmah; kc. èmbrèh.
ngèmbrèt: êngg. kn. lêlungan nyewa kreta lsp; kc. èmbrèt.
ngèmèl: pc. karêm bangêt, enak bangêt pamangane.
ngèmèn: êngg. awèh.
ngèmêngi: kn. ak. njalari bingung; kc. èmêng.
ngemut-emut: k. ngeling-eling; kc. eling, emut.
ngèmpèri: kn. ndokoki èmpèr; kc. èmpèr.
ngèmpêr-èmpêr: kn. arêp madhani, madhak-madhakake; ngèmpêri: mèmpêr karo; kc. èmpêr.
ngèmplèk-èmplèki: kn. ndokoki èmplèk-èmplèk; kc. èmplèk.
ngèmplok: pc. ngamplok ing; kc. èmplok.
(ngèn): dipun-[x] k. dingon; kc. angon.
ngenak-enak: n. ngeca-eca k. kalawan sakapenake; ngenaki sarak ak: nggampangake pêpacuhing anggêr-anggêr; kc. enak.
ngendahake: kw. ngurmati, nggatèkake, nggugu; kc. endah.
ngèndêlakên: k. 1 ngêndhêgake; 2 nglèrènake; kc. kèndêl, lèrèn êndhêg.
ngèndêli: k. nglèrèni; kc. kèndêl, lèrèn.
ngendrawila: (-wilis) kw: irêng gilap (tmr. rambut).
ngenjang, ngenjing: k. êngg. ngesuk; kc. esuk.
ngènjêpi: êngg. kn. ngèncêpi; kc. ènjêp.
ngènji: êngg. ak. nganji; kc. kanji.
ngenjiki: êngg. kn. niliki, marani; kc. kenjik.
ngenjingi: k. ngesuki; kc. enjing, esuk.
ngendhani: kn. endha nginggati; kc. endha.
ngendhangake: ki. (ngukum) mbuwang; kc. kendhang.
ngendhangi: êngg. kn. niliki, mriksa; kc. endhang.
ngèndhèl: ak. 1 kêkinthil, tutburi; 2 dadi tukang ngêdohake; [x]-èndhèl ak: ngèmbèl-èmbèli; kc. èndhèl.
ngèndhèr: pc. ngojahake, ngudhal-udhal wadi; kc. èndhèr.
ngendhut: êngg. pc. ngandhut; kc. kandhut.
ngendhong: êngg. kn. niliki (wong lara); kc. endhong.
ngene: I n. ngatên, ngètên k. pc. mêngkene. II ut. ngènèh êngg: mrene.
ngènèhi: êngg. mènèhi.
ngènèkake: n. ngatênakên, ngètênakên k. pc. nindakake kaya mêngkene; kc. kene, mangkene.
ngènèl: pc. mlaku rikat.
ngènèng-ènèng: êngg. pc. nyènèng ngiwa nêngên; kc. ènèng.
ngèni-èni:pc. ngêmi-êmi bangêt; kc. èni.
ngentasake: kn. ak. mbuwang bablas; kc. kentas.
ngèntên: I êngg. k. ngèri; kc. kèri. II [x]-i k. pc: nganakake, nganani; kc. èntên, ana.
ngentukake: êngg. pc. ngolèhake; kc. entuk, olèh.
ngèntunakên: k. ngèrèkake; kc. kèntun, kèri, kari.
ngentra: kn. ak. mêtha, ngentha; kc. entra.
ngèntrèsi: kn. nganaki dhuwit; kc. èntrès.
ngèncèk-èncèk: I êngg. kn. napèni; kc. èncèk. II kn. ak: ngèyèng-èyèng; kc. èncèk.
ngèncèng-èncèng: ngênêrake mèncèng; kc. èncèng, mèncèng.
ngèncèrake: kn. nyuwèrake; kc. èncèr.
ngèncès: êngg. kn. mèncèng; kc. èncès.
ngèncêpi: kn. mèncêp ewa marang; kc. èncêp.
ngencoki: kn. mencok ing; kc. encok.
ngencong: kn. nylêmpitake pucuking wiron ing sabuk; [x]-ake: nata mèncèng; kc. encong, kencong.
ngèncos: kn. ngiris lsp. mencong; kc. mèncos, èncos.
ngentha: (-entha) kn. 1 mêmêtha kaya, ngentra kaya; 2 nggagas-gagas; kc. entha.
ngènthèngake: kn. 1 agawe ènthèng; 2 pc. nganggêp ènthèng; kc. ènthèng.
ngènyèg: pc. mlaku rikat.
ngènylèg: pc. mlaku rikat.
ngenyutake: kn. ak. njalari (agawe) kenyut; kc. kènyut.
ngèngèhi, ngèngèhake: kn. 1 êngg. mènèhi; 2 nurahake kanggo sêdhiyan wong liya; ngèngèhan: turahan sêdhiyan wong liya.
ngèngèki: êngg. 1 mènèhi; 2 ndokoki.
ngèngèk-èngèk: kn. ngèkèk-èkèk; kc. èngèk.
ngèngèr: kn. ngabdi ki. mèlu marang wong liya dadi batur; di-[x]-i: diiloni.
ngèngès: pc. ngiris, mèngès; kc. èngès.
ngèngêt-èngêt: k. ngeling-eling.
ngengga-engga: êngg. kn. 1 ngangên-angên; 2 ngentha-entha; 3 nggagas marang; kc. engga.
ngenggalake: kn. ngrikatake; kc. enggal.
ngenggali: k. nganyari; kc. anyar, enggal.
ngenggar-enggar: kn. dolan-dolan nyênêngake ati; kc. enggar.
ngenggokake: kn. mutêr menggok; kc. enggok.
ngengingi: k. ngênani; kc. kenging, kêna.
ngèngkèkakên, ngèngkèn: (akên) k. ngongkokake, ngongkon(ake); kc. kongkon.
ngèngkèk-èngkèk: pc. rêkasa bangêt uripe; kc. èngkèk.
ngèngkèl: kn. nggêgêgi panêmune dhewe; kc. èngkèl.
ngèngkèl-èngkèl: pc. ora bisa obah (mlaku lsp); kc. èngkèl.
ngèngkèng: kn. 1 tansah njugug (tmr. asu); 2 ent. tansah nangis bae (bocah).
ngèngklèk: êngg. kn. nganggar kêris lsp; ngèngklèk-èngklèk: tansah nyangklèk (ngêmban bocah); kc. èngklèk.
ngengko: pc. nindakake bêbarêngan, sêkaitan; kc. engko.
ngengkolake: pc. ngenggokake gunêm lsp; kc. engkol.
ngengkongake: êngg. kn. ngenggokake, nêkuk; kc. èngkong, ingkong.
ngengkrangake: pc. ngunggahake sikil kang siji (nalikane linggih); kc. engkrang.
--- 385 ---
ngèngkrèg ~ ngèthèg.
ngèngkrèg: pc. cukat ênggone tumandang; kc. èngkrèg.
ngèngkrèng-èngkrèngake: kn. nyèlèhake ing pinggir; kc. èngkrèng, mèngkrèng.
ngènglèngake: kn. nisihake mènglèng; kc. ènglèng, mènglèng.
ngengoni: kn. ak. mengo ngênêr ing; kc. engo, mengo.
ngengosi: pc. mengo êmoh ngingêtake; kc. engos.
ngèngrèng: kn. 1 mbathik sasisih; 2 ngrancang layang lsp; kc. rèngrèng.
ngèngsêmi: êngg. pc. ngèsêmi.
ngèngsêrake: kn. 1 ngêlih, ngingsêd; 2 njalari kèngsêr; kc. ingsêr, kèngsêr.
ngèngsrèng: pc. tansah nganggo dandanan kang bêcik; kc. èngsrèng.
ngepahi: k. ngopahi; kc. epah, opah.
ngepang: kn. gawe kepang; [x]-i: ngêtrapi kepang; kc. kepang.
ngèpèhi: kn. èpèh marang.
ngèpèki: kn. ndokoki èpèk.
ngèpèt: kn. ak. namakake gêgêring tangan (sikil) ing; kc. kèpèt.
ngèpi-èpi: êngg. ak. ngimpi-impi; kc. èpi.
ngèplèh: kn. ora njêgragake kuping; kc. kèplèh.
ngepon: kn. ak. njêngêr, njêglêg; kc. kepon.
ngèprèt: pc. mlayu bantêr.
ngaprèti: êngg. kn. nyiprati; kc. kèprèt.
ngera: kn. ndêlêng kaya kera; kc. kera.
ngeram-erami, ngeram-eramake: kn. nggumunake bangêt; kc. eram.
ngerang-erang: êngg. kn. nyrêngêni sarta nyênyampahi; kc. erang.
ngeras: kn. 1 nêmbungake kanthi pêpindhan (upama); 2 nêmbungake nganggo têmbung kerasan; kc. keras.
ngerata: kn. nyurasa têgêsing têmbung; kc. kerata.
ngere: kn. dadi (kaya) kere.
ngèrèd: êngg. pc. nggèrèd; kc. èrèd.
ngèrèg-èrègi: êngg. kn. ngglêmbuk; kc. èrèg.
ngèrèk: kn. ngunggahake nganggo kerekan; kc. kèrèk.
ngèrèkake: I êngg. pc. n. ngantunakên k. ninggal; kc. kari, kèri. II kn. ak: ngunèkake (nganggêp) kaya kere; kc. kere.
ngèrèki: kn. ngubêngi (tmr. jago); kc. èrèk.
ngèrèni: êngg. pc. n. ngantuni k: têka lsp. kari; kc. kari.
ngèrèng: I kn. 1 ngêngkrik sêru; 2 pc. nangis sêru; 3 pc. nywara sêru; 4 pc. gunêman sajak nantang. II êngg. kn: 1 bêcik bangêt; 2 enak bangêt tmr. klêmbak lsp. III [x]-èrèng kn. ak: ngambah (ana ing) èrèng-èrèng.
ngèrèpi: kn. ak. ering marang; kc. èrèp.
ngèrès: êngg. kn. ngiris; kc. èrès.
ngèrèt: kn. nyilih; [x]-i: 1 nyilihi; 2 êngg. nyuda saka sathithik; kc. èrèt.
ngèrêmake: kn. njalari (agawe) kèrêm.
ngèri: I n. ngèntun k. êngg. pc: njarag kari; kc. kari. II êngg. kn: ngiwa; kc. kèri.
ngeringake: kn. ak. nisihake; kc. kering.
ngeringi: kn. ering marang; kc. ering.
ngerudake: kn. ak. ngèlèkake, njalari kerud; kc. kerud.
ngerul: kn. ak. mèncèng.
ngesahi: k. nglungani; kc. lunga, kesah.
ngèsèdi: kn. kêkèsèd ing; kc. kèsèd.
ngèsèr: (ake) kn. ak. nglèmbrèhake (ngangsrahake) mêmburi; kc. kèsèr.
ngèsès: pc. sarwa bêcik (enak).
ngèsêmi: kn. mèsêm marang; kc. èsêm, mèsêm.
ngèsi-èsi: kw. nyiya-nyiya; kc. èsi.
ngèslèm: êngg. pc. bêcik bangêt.
ngesuk: n. ngenjing k. êngg: esuk; [x]-i: têka lsp. ing wayah esuk; kc. esuk.
ngesod: kn. mlaku bokonge kambah lêmah; kc. kesod.
ngèstu pada: kw. nyêmbah ngabêkti; kc. èstu.
ngèstokake: kn. nggugu pitutur lsp; kc. èstu.
ngèstrèni: I k. madoni (sênêng ut. kaya wong wadon). II kw: nêkani (nunggoni, njênêngi); kc. èstri.
ngèstri: k: madon (sênêng wong wadon).
ngèstri pada: kw. nyêmbah, ngabêkti; kc. èstu.
ngèstha: kw. mêtha, ngentha-entha; kc. istha.
ngèsthi: kw. mêlêng, mikir marang; kc. èsthi.
ngetak: I êngg. ngetung; kc. etak. II êngg: ngidak; kc. etak.
ngetan: kn. mênyang ing wetan.
ngetang: (-i) k. ngetung(-i); kc. etang, etung.
ngete-ete: pc. mete-mete.
ngètèg: êngg. ak. ngatag; kc. ètèg.
ngètèk-ètèkake: pc. ngêtokake mete-ete; kc. ètèk.
ngètênakên: k. pc. mêngkènèkake; kc. kètên.
ngetung: (-i) n. ngetang(-i) k. milang; kc. etung.
ngetut: kn. ak. ngatut; kc. ketut.
ngetok: pc. n. ngatingal k. ngaton; kc. ketok, katon.
ngetol: kn. ak. katon rêkasa lakune; kc. ketol.
ngeton: pc. ngaton.
ngeca-eca: k. ngenak-enak; kc. eca, enak.
ngecak: êngg. kn. ngidak; kc. ecak.
ngecani: k. ngenaki; kc. eca, enak.
ngece-ece: kn. ngatonake ewa lan nyêpèlèkake; kc. ece.
ngècèk: I kn. gawe kècèk. II [x]-ècèk êngg. kn. nantang; kc. ècèk.
ngècèr-ècèr: kn. mbuwang mrana-mrana; ngècèri: mènèhi sathithik; ngècèrake: adol saka sathithik; kc. ècèr.
ngècu: kn. maling (wong akèh) kanthi pêksa; kc. kècu.
ngècok: êngg. kn. ngapusi; kc. kècok.
ngecom: êngg. kn. gunêman dhewe, clêmongan.
ngèthèg: pc. tansah miring, bering (tmr. layar, layangan lsp).
--- 386 ---
ngèthèh-èthèh ~ ngêbuk.
ngèthèh-èthèh: pc. têturon mlumah; ngèthèh-èthèhake pc: ngaton-ngatonake; kc. èthèh.
ngèthèk-èthèk: êngg. katon cêtha.
ngèthèkake: pc. mêngkènèkake; kc. kèthèk.
ngèthèng: I kn. ngèngkèl nggêgêgi panêmune dhewe. II [x]-èthèng êngg. pc: katon cêtha; kc. èthèng.
ngèthèr-èthèr: êngg. pc. nggawa mrana-mrana; kc. èthèr.
ngèthèrake: kn. njalari (agawe) kèthèr; kc. kèthèr.
ngèthèti: pc. mbèthèti.
ngethokake: kn. 1 ngatonake methok; 2 pc. nganggo tanggungan; kc. ethok, methok.
ngewahi: k. ngowahi; kc. ewah, owah.
ngewak: kn. 1 awangun jobinan (maju pat mleyok); 2 ak. agawe wangun pojok lancip.
ngewak-ewakake: kn. (pratingkahe) njalari ewa; kc. ewa.
ngewal: kn. 1 êngg. pc. mingêr, ngubêngake; 2 ngingêr kêris; kc. kewal.
ngewani: I kn. ewa marang; kc. ewa. II kn. ak: (tindake) kaya kewan; kc. kewan.
ngewangi: êngg. pc. ngrewangi; kc. ewang.
ngewas: kn. ak. ngênêr mèncèng.
ngèwèg-èwèg: êngg. kn. 1 tansah nggawa (mèlu nggawa); 2 ngèyèng-èyèng; kc. èwèg.
ngèwèhi: êngg. mènèhi.
ngèwèk-èwèk: kn. ak. ngèwèng-èwèng.
ngèwèl: kn. ak. ndhrêdhêg, wèlwèlan.
ngèwèng-èwèng: kn. nggèrèd (nyènèng) ngiwa nêngên; kc. èwèng.
ngèwèr-èwèr: kn. 1 nglèmbrèhake kèwèr-kèwèr; 2 ninggal kang wadon nanging ora dipêgat; 3 pc. ngomongake mrana-mrana; kc. èwèr, kèwèr.
ngèwès: pc. 1 tansah mili; 2 tansah omong.
ngèwêd-èwêd: (-i) k. ngewuh-ewuh(i); kc. èwêd, ewuh.
ngèwêg-èwêg: kw. ngewuh-ewuh.
ngewuh-ewuh: n. ngèwêd-èwêd k. agawe ewuh (kangèlan); ngewuh-ewuhi: ngrigoni, ngalang-alangi; kc. ewuh.
ngewok: kn. ak. ngewak.
ngewokake: kn. nglêbokake ing golongan; kc. èwu, ewon.
ngewrani: kw. ngrigoni, ngribêdi; kc. kewran.
ngêbabi: kn. ak. ndokoki bab; 2 (ut. ngêbabake) nêrangake sêbabe; kc. bab.
ngêbayan: (-i) kn. ak. dadi kêbayan.
ngêbak: I êngg. kn. dolanan ing banyu (langèn). II êngg. kn: ngrêsiki, ndhangir; kc. bak. III kn: nganggo bak (mangsi cina); kc. bak. IV [x]-i kn: ngisèni nganti kêbak; kc. kêbak.
ngêbali: kn. ngêpaki; kc. bal.
ngêban: (-i) kn. ngêtrap ban; kc. ban.
ngêbang: I n. ngabrit k. ak. ngabang; kc. abang. II kn: saguh bakal ngganjar; kc. êbang. III [x]-ake kn: nyimpên lsp. ing bang; kc. bang.
ngêbas: I (ut. [x]-i) êngg. kn. ngrêsiki sarana dikêbuti; kc. kêbas. II kn: 1 nêbas garapan; 2 mborong; kc. bas. III [x]-i pc: nglurahi (dadi bas); kc. bas.
ngêbat: I kn. ak. 1 ngrêsiki, ngêbutake; 2 nyirnakake; 3 nyolong, njupuk; mocot; kc. kêbat. II [x]-ake kn. ak: mbantêrake, ngrikatake; kc. kêbat.
ngêbèki: êngg. pc. ndhaku, nganggêp duwe hak; kc. bèk.
ngêbèri: pc. mêmènèhi marang; kc. bèri.
ngêbèti: kn. ak. nggraji tipis-tipis; kc. kêbèt.
ngêbêb: pc. tansah têrus nyêrèt.
ngêbêki: êngg. ak. ngêbaki; kc. kêbêk.
ngêbêsi: kn. nêlêsi; kc. kêbês.
ngêbêtake: kn. nyêblakake suwiwi; kc. kêbêt.
ngêbihi: kn. nampakake sakramèn pangakuning dosa (RK); kc. bih.
ngêbiri: n. ngêbincih k. ngilangi pringsilan supaya ora bisa nurunake; kc. kêbiri.
ngêbis: kn. nunggang montor bis; [x]-ake: 1 nunggangake montor bis; 2 nyêmplungake layang ing bis; kc. bis.
ngêbyah: kn. ak. ngêndi-êndi ana.
ngêbyak: kn. 1 (ut. [x]-ake) ngêngakake amba, mbiyak amba; 2 nyabrang, nasak; 3 ak. ngiris (nyigar); kc. byak.
ngêbyar: pc. têkan ing wayah byar (nganti esuk); [x]-ake pc. ngêngakake (tangan, mata); kc. byar.
ngêbyuk: (-i) kn. ambyuk bêbarêngan ing; kc. byuk.
ngêbyung: pc. mibêr byung-byungan; kc. byung.
ngêbyur: pc. 1 (ut. [x]-i) ambyur ing; 2 nggawe byur, ngrata; [x]-i, [x]-ake pc: ngêpyuri, ngêpyurake; kc. byur.
ngêbyok: (-i) kn. ngilangi malam bathikan (babaran); kc. kêbyok.
ngêblad: kn. 1 nulis nganggo blad (dluwang garisan); 2 pc. nurun; kc. blad.
ngêblag: kn. mênga amba (lawang); [x]-ake: 1 ngêngakake amba; 2 ent. mbukak wadi; kc. êblag.
ngêblak: I pc. mênga amba (ora ditutup); kc. blak. II kn: mbêdhahi klambi lsp. nurun êblake; kc. êblak.
ngêblasake: pc. mbablasake.
ngêblègi: pc. madhahi ing blèg.
ngêblêgi: kn. nibani nganggo watu lsp; ngêblêgake: 1 nibakake (tmr. barang kang antêb); 2 mblêsêkake; kc. blêg, êblêg. II pc: ngêplêki (padha rupane).
ngêblêsake: pc. mblêsêkake; kc. blês, êblês.
ngêbluk: I kn. ngudhêg lan nyampur jladrèn lsp; kc. kêbluk. II pc. kêsèd; kc. kêbluk.
ngêblong: êngg. kn. lowah, suwung; kc. blong, êblong.
ngêbuhake: kn. mbubuhake pagawean; kc. buh, êbuh.
ngêbuk: I kn. nêpak (nggêbug) nganggo tangan diêgarake; kc. kêbuk. II [x]-ake kn: ngêdol lsp. supaya buk; kc. buk, êbuk. III [x]-i kn: nglêbokake (nyathêti) ing buku; kc. buk, êbuk.
--- 387 ---
ngêbuli ~ ngêjèri.
ngêbuli: kn. ngênakake kêbul ing; kc. kêbul.
ngêbun-êbunake: kn. nyèlèhake lsp. ing jaba ing wayah esuk supaya kêna ing bun; ngêbun-êbun esuk, ngudan-udan sore br: nakokake bocah wadon (nglamar); kc. bun, êbun.
ngêbung: kn. kaya bung, mêtu bunge; kc. bung.
ngêbur: I kn. ngudhêg sêru; kc. kêbur. II kn: njara nganggo bur; kc. bur. III [x]-ake kn: 1 ngêburake (barang gadhean lsp); 2 pc. nglilakake (wis êmoh nganggo lsp); kc. bur. IV [x]-ake pc. ngaburake; kc. abur, mabur.
ngêbut: I pc. ngrubut, ngruyuk; kc. but, êbut. II [x]-i kn: nepasi, ngangini; kc. kêbut.
ngêbo: pc. 1 kaya kêbo (sarwa aras-arasên, kêsèd lsp); 2 mbruwah mangan apa-apa (tmr. wong mêtêng); [x] pêlèn pc: nggugu sasênênge dhewe; kc. kêbo.
ngêbodi: kn. ngêsahi utang; kc. bod, êbod.
ngêbog: I pc. 1 nêbas; 2 mborong; kc. êbog. II [x]-ake pc: nibakake; kc. bog.
ngêbom: (-i) kn. namakake bom ing.
ngêbon: I kn. nênandur ing kêbon; [x]-ake ak: nyingkirake bojo; kc. kêbon. II kn: 1 têtuku mbayar kèri; 2 pc. lêngganan ing layang kabar lsp; kc. bon.
ngêbongake: êngg. nurokake bocah cilik.
ngêbor: kn. nulis ing bor.
ngêbos: kn. njêblug nywara mak bos.
ngêboti: n. ngawrati k. 1 muwuhi abote; 2 (ut. ngêbot-êboti) njalari (agawe) abot ut. rêkasa; kc. bot, abot, êbot.
ngêbrak-êbrak: kn. suwèk amba.
ngêbrèh: (-êbrèh) kn. mbuwang dhuwit tanpa tanja, boros; kc. êbrèh.
ngêbrêgi: kn. 1 pc. ngêblêgi; 2 pc. ngênggoni, ngandhoki; 3 (-sapapane) tuku (adol) omah sapakarangane; kc. brêg, êbrêg.
ngêbrês: pc. sanalika udan dêrês; kc. brês.
ngêbrug: kn. madhêtake lêmah lsp. nganggo brug.
ngêbruki: kn. ngrubuhi, ambruk ing; kc. bruk, ambruk.
ngêbrok: pc. 1 manggon (linggih) ora lunga-lunga; 2 bêbanyu; 3 bêbanyu manggon (marga lara lsp); [x]-i: 1 ngênggoni; 2 tuku (adol) omah sapakarangane; kc. brok, êbrok.
ngêdabul, ngêdablu: êngg. pc. omong gêgorohan.
ngêdak: (-i) kn. 1 êngg. ngidak; 2 ak. dak-mênang marang; kc. dak, êdak.
ngêdalakên: k. ngêtokake; ngêdali k. pc: ngêtoni; kc. mêtu.
ngêdalake: kn. ngucapake têtêmbungan; kc. kêdal.
ngêdandap: pc. gêdandapan.
ngêdang: n. mbêthak k. ngliwêt nganggo dandang; kc. adang, dang.
ngêdebag: pc. nggulung ngglebag; kc. gêdebag.
ngêdèbrèl: ks. omong.
ngêdèndèng: pc. mlaku solahe digawe-gawe.
ngêdêbus: pc. omong gêgorohan; kc. gêdêbus.
ngêdêgi: pc. nunggoni, nêkani (wong duwe gawe lsp); kc. adêg.
ngêdên: kn. nyêngkakake wêtuning sêsukêr (uyuh) sarana ngampêt napas; kc. êdên.
ngêdêng: êngg. kn. têturon; kc. kêdêngan.
ngêdêr-êdêr: kn. ak. adrêng bangêt; kc. kêdêr.
ngêdindang: kn. ak. mlaku sêmu lincak-lincak.
ngêdir: (-êdir)ake kn. ak. umuk (pambêkan) dening kaluhurane lsp; kc. êdir, dir.
ngêdu: n. ngabên k. narungake, nggathukake; kc. adu, êdu, du.
ngêdugani: n. ngêdugèni k. ak. kêduga (sênêng) marang; kc. kêduga.
ngêdul-êdul: pc. mêndul-mêndul; kc. kêdul.
ngêdum: kn. mbage wrata; kc. dum, êdum.
ngêdumêl: kn. grênêngan; kc. kêdumêl.
ngêdus: kn. nglapis ing mas (slaka); [x]-i: ngguyang; kc. dus, adus.
ngêdut: pc. sêndut-sêndut; kc. kêdut.
ngêduwêl: kn. mubêng ngluwêr (ilining banyu).
ngêduwul: kn. ak. grênêngan.
ngêduwungi: kn. ak. nggêtuni; kc. kêduwung.
ngêdobrol: pc. omong gêgorohan (umuk-umukan).
ngêdohi: n. nêbihi k. nglungani, nyingkiri; kc. adoh, doh.
ngêdol: n. nyade k. adol apa-apa (marang); kc. dol, adol.
ngêdomi: kn. ak. ndondomi; ngêdom-êdom ak: golèk katêrangan; kc. dom.
ngêdrèg: êngg. kn. ndondomi klambi lsp. (nganggo mêsin); kc. drèg.
ngêdrèl: (-i) kn. 1 mbêdhili (kanggo pakurmatan); 2 pc. njaluk lsp. adrêng bangêt; 3 pc. nyêrèt; kc. drèl.
ngêdrig, ngêdrik: pc. ngêcap (buku lsp); kc. drik.
ngêjabakake: n. ngêjawèkakên k. ora ngatutake kêpetung; kc. kêjaba.
ngêjak: pc. ngajak; kc. ajak.
ngêjanake: êngg. ak. ngakokake yèn nyata hake ...; kc. Jan.
ngêjani: kn. ngrêgani.
ngêjarake: êngg. kn. nguja, ngênêngake bae; kc. jar, êjar.
ngêjawa: n. ngêjawi k. br: mênyang ing tanah Jawa.
ngêjawèkakên: k. ngêjabakake; kc. kêjaba, kêjawi.
ngêjègi: êngg. kn. ngênggoni papaning liyan (ngêsur lsp); kc. jèg.
ngêjèk: (-i) êngg. ngajak; kc. jèk.
ngêjèkake: pc. ngijènake; kc. ijèn.
ngêjèn: kn. awangun kaya kêjèn.
ngêjèni: I pc. ngijèni; kc. ijèn. II pc: ngajèni; kc. aji.
ngêjèpi, ngêjêpi: kn. nyasmitani sarana kêdhèping mata; kc. kêdhèp.
ngêjèr: kn. 1 ngluluh; 2 )ut. [x]-i) ngêjur sarana banyu; kc. jèr, ajèr.
ngêjèri: kn. ak. ngêjèpi.
--- 388 ---
ngêjibake ~ ngêgorake.
ngêjibake: kn. ak. mêsthèkake yèn mêsthi bakal kêlakon lsp; kc. wajib.
ngêjihake: pc. nanjihake; kc. jih, tanjih.
ngêjlègi: pc. ngêjègi; kc. jlèg.
ngêjlêgi, ngêjlogi: kn. anjlog ing; kc. jlog, anjlog.
ngêjujur: pc. ngêjojor.
ngêjum: (-i) kw. 1 nata; 2 mbênakake; kc. jum, êjum.
ngêjur: I kn. 1 ngrêmuk nganti ajur; 2 (ut. [x]-i) ngêjèri; kc. ajur, jur. II [x]-ake pc: 1 ngênêngake bae, nguja; 2 ngujurake; kc. jur.
ngêjojor: pc. nggêjojor.
ngêjogi: kn. 1 ngimbuhi (ngisèni lsp) kang wis êntèk; 2 pc. nalangi (mbayari) dhisik; kc. jog, êjog.
ngêjogakengêjohake. : êngg. pc. njojohake; kc. joh.
ngêjokake: pc. ngajokake; kc. aju.
ngêjor: I (ut. [x]-ake) êngg. kn. nguja, ngênêngake bae; kc. jor. II [x]-i kn: nandhingi wani tuku luwih larang ut. ngêdol luwih murah; kc. jor.
ngêjrak: pc. anjrak ing.
ngêjrus: pc. nancêbake; kc. jrus, êjrus.
ngêdhabyah: pc. nggêdhabyah.
ngêdhag-êdhag: kn. ak. ngêblak ora tinutupan; ngêdhagake: 1 ngêblakake; 2 nglowongake pagawean lsp; kc. dhag. êdhag.
ngêdhakakên: êngg. k. ngudhunake; kc. udhun.
ngêdhangkrang: kn. linggih ing papan kang dhuwur; kc. gêdhangkrang.
ngêdhangsul: êngg. k. ngêdhêle; kc. kêdhêle.
ngêdhap: I kn. 1 nyiruk, nylorot (tmr. layangan); 2 pc. nggragap, rada wêdi. II [x]-i ki: ngicipi; kc. kêdhap, icip.
ngêdhaplang: kn. ak. ndhaplang.
ngêdharake: pc. mêdharake; kc. wêdhar.
ngêdhasih: kn. ak. muni kaya manuk kêdhasih.
ngêdhaton: br. bali (mlêbu) ing kadhaton.
ngêdhèdhèr: pc. dawa nglèmbrèh; kc. kêdhèdhèr.
ngêdhèm: (-i) êngg. kn. ngêdhèp, ndhèdhèki; kc. dhèm.
ngêdhèng: kn. ngêblak, ngèdhèng; kc. èdhèng, êdhèng.
ngêdhèngkrèng: pc. mêthèngkrèng, ngêdhangkrang.
ngêdhèp: I pc. ngêdhèm, ndhèdhèki; kc. dhèp. II pc: nahan (layang lsp). III [x]-i kn: awèh sasmita sarana kêdhèp.
ngêdhèr: kn. ak. ngêblak, ngêdhèng; kc. ngèdhèr, ngèdhèng.
ngêdhêg: (-ê)dhêgi kn. njalari dhêg-dhêgan.
ngêdhêkêl: pc. mêndhêkêl.
ngêdhêkês: kn. linggih mlipis (urmat bangêt).
ngêdhêle: kn. nanduri kêdhêle.
ngêdhêm: I kn. ak. ora lunga-lunga (ngalih-ngalih). II ut. [x]-ake n. ngasrêp(akên) k: agawe adhêm; kc. adhêm, dhêm.
ngêdhêmêk: kn. mlaku alon; kc. kêdhêmêk.
ngêdhêng: êngg. kn. têturon; kc. kêdhêngan.
ngêdhêngkrêng: pc. linggih ora lunga-lunga (obah-obah).
ngêdhêp: kn. ak. ngadhêp.
ngêdhêpêk, ngêdhêpês, ngêdhêprêk: kn. ak. linggih ngêdhêkês.
ngêdhêrake: kn. ak. njalari (agawe) kêdhêr.
ngêdhêt-dhêt: pc. ndhêdhêt saka sathithik.
ngêdhinake: êngg. pc. mènèhake (ndhinêsake) marang; kc. dhin.
ngêdhingkring: pc. saèm. ngêdhèngkrèng.
ngêdhuk: I kn. 1 êngg. pc. ndhudhuk; 2 njupuk sêga saka ing kêndhil (mêntas diliwêt); kc. kêdhuk. II [x]-ake pc: ngudhunake.
ngêdhunake: n. ngandhapakên k. pc. ngudhunake.
ngêdhung: kn. dadi (awangun) kêdhung.
ngêdhungkrung: kn. ak. linggih tumungkul (wungkuk).
ngêdhur: pc. têrus bae; kc. dhur.
ngêdhuwêng: kn. 1 mingêr; 2 menggok; kc. kêdhuwêng.
ngêdhuwêt: pc. tansah kêdhuwêtan.
ngêdhobyah: pc. dawa nglèmbrèh; kc. gêdhodhor.
ngêdhog: kn. matèni rajakaya (nyêmbêlèh); kc. dhog.
ngêdhok: I êngg. pc. andhok ing; kc. dhok. II êngg. kn: buruh nggarap (lan nanduri sawah); kc. kêdhok. III êngg. ak. nganggo (mbarang) topèng; kc. kêdhok.
ngêdhongkrong: kn. linggih mbungkuk; kc. kêdhongkrong.
ngêgak: I èngg. kn. nggêrtak; kc. agak. II êngg. pc. 1 ngira; 2 ngrèmèhake, mêsthèkake yèn mêsthi bisa. III [x]-ake pc: 1 mènèhake; 2 nggawakake; kc. gak.
ngêgangi: kn. 1 êngg. ak: nglowahi; 2 nglowongi; 3 merang-merang dadi gêgolongan (gang-gangan); kc. gang.
ngêgarake: kn. ngêbyakake payung (tangan lsp); kc. êgar, mêgar.
ngêgas: (-i) êngg. kn. nggêrtak (mêdèni).
ngêgèk: êngg. pc. gawe; [x]-ake êngg. pc: nggawèkake; kc. gèk.
ngêgèt: I kn. kalawan dadakan; ngêgèt-gèti: njalari kagèt; kc. gèt, kagèt. II [x]-i êngg. kn: nggolèki; kc. gèt.
ngêgêngakên: k. pc. nggêdhèkake; kc. gêdhe.
ngêglègake: pc. njêglègake.
ngêguk: pc. ngambung (têtêmbunganing bocah cilik); kc. guk.
ngêgulake: kn. nglêbokake bal ing gul.
ngêgul-êguli: kn. ak. nanggrok, magoli; kc. êgul.
ngêgungake: kn. 1 mbêndung supaya banyune mêgung; 2 ngunggul-unggulake (kaluwihane lsp); kc. gung, êgung, mêgung.
ngêgoh: pc. ngrogoh; kc. êgoh.
ngêgol: kn. 1 nyongkèl lsp. nganggo gol; 2 nggarap lêmah (diwalik); ngêgol-goli pc: njalari kagol, ngêndhêg-êndhêgi; kc. gol.
ngêgong: kn. nabuh gong; [x]-i: ngiyani; kc. gong.
ngêgopi: êngg. kn. lèrèn ênggone nggêgarap; kc. êgop.
ngêgorake: êngg. kn. nglêmparakake (têtanduran); kc. gor.
--- 389 ---
ngêgrès ~ ngêluh.
ngêgrès: êngg. kn. ngiris (nêtaki); kc. grès.
ngêgrêg-êgrêgi: pc. njalari mandhêg; kc. grêg.
ngêgrokake: pc. ngêgarake payung lsp; kc. êkrok.
ngêyêm-êyêmi: kn. ak. agawe ayêming ati; kc. yêm, ayêm.
ngêyog: kn. ngoyag-oyag wit supaya wohe lsp. gogrog; kc. yog, êyog.
ngêkad: kn. ak. ing watês; kc. kd.
ngêkahi: k. ngukuhi; kc. kêkah, kukuh.
ngêkap: k. ak. ngukup.
ngêkasi: pc. nyrêmpêng; kc. kas, êkas.
ngêkèhi, ngêkèhake: n. ngathahi, ngathahakên k. ngundhaki kèhe; kc. kèh, akèh.
ngêkèki, ngêkèni: êngg. n. mènèhi.
ngêkèn: k. ngêkon; kc. êkèn, êkon, kèn, kon.
ngêkêl: pc. gumuyu nganti kaku wêtênge; [x]-ake: matêngake sêga nganti punêl; kc. kêkêl.
ngêkêp: kn. 1 ak. ana ing sênthong lsp. ora lunga-lunga; 2 ngrangkul kapêtêkake ing dhadha; kc. kêkêp.
ngêkêr: (-i) kn. 1 nampar supaya kêkêr; 2 ak. nyimpên wadi lsp; kc. kêkêr.
ngêkês: I kw. nyimpên, nyinggahake; kc. kêkês. II [x]-i, [x]-ake kn: njalari kêkês.
ngêkir: kn. mriksa kasarasane lsp; kc. kir.
ngêkitan: kn. ak. pacandon; kc. kit.
ngêkul: kn. ngrèmèhake bangêt; kc. kul, êkul.
ngêkum: kn. ngrêndhêm ing banyu lsp; kc. kum, êkum.
ngêkur: (kur)i kn. ngundang pitik nywara kur-kur.
ngêkol: I kw. ngrangkul; kc. kol. II ut. [x]-i) kn: nylamêti wong mati mbênêri gêblage; kc. kol.
ngêkon: n. ngêkèn k. ngêndikakake ki. pc. akon; kc. kon.
ngêkop: I kn. ak. njupuk gêtih rêgêd sarana kop; kc. kop. II pc: mbijig bal; kc. kop.
ngêkrokake: pc. ngêgarake payung lsp; kc. êkrok, mêkrok.
ngêla: I kn. olah ut. nggodhog jêjanganan; kc. kêla. II [x]-êla kw: namakake têmbung manis; kc. êla.
ngêlab: kn. obah ngombak (mumbal-mumbul ing banyu); kc. kêlab.
ngêlah: (ake) kn. nggugatake; kc. kêlah.
ngêlak: I kn. krasa kumudu ngombe; [x]-i: njalari ngêlak. II (ut. [x]-i) kn: nganjingake lsp. nganggo lak.
ngêlam: kn. ngukuhake sarana kêlam.
ngêlapake: êngg. pc. ngilangake; kc. lap.
ngêlap-gang: kn. ak. ngalap-gang.
ngêlapi: kn. ngrêsiki nganggo lap.
ngêlar: I kn. ngambakake, njêmbarake; kc. êlar, mêlar. II kn. ak: kaya lar; [x] (-êlar)i ak: ndokoki lar (swiwi); kc. êlar. III [x]-i n. nguwawèni k. ak: nguwati; kc. kêlar. IV [x]-ake êngg. pc: ngrampungake; kc. kêlar.
ngêlat: I êngg. ak. narik wit (kang ditêgor) nganggo kêlat. II êngg. kn: ngêlèti; kc. kêlat, kêlèt. III [x]-i kn. ak: nglowongi; kc. êlat. IV [x]-ake kn: ngasèpake wêktune; kc. êlat.
ngêlèbi: kn. 1 nglubèri; 2 êngg. ngêsahi kabèh, nglunasi; kc. lèb.
ngêlèh: I êngg. pc. ngêlih ênggone; kc. lih, êlih. II êngg. kn: ngêlih.
ngêlèki: kn. mêlèk nunggoni wong lara lsp; ngêlèkake: ngêngakake mata; kc. lèk, êlèk, mêlèk.
ngêlèng: I kn. 1 mlêbu ing lèng; 2 ak. bolong kaya êlèng; kc. lèng. II [x]-i ks: ngandhani (nuturi); kc. kêlèng.
ngêlèr: kn. nyèlèhake wrata (ora tinutupan); kc. êlèr, lèr, anglèr.
ngêlès: I kn. ak. ngincêng (ngênakake) ing; kc. lès. II kn. ak: anglès. III [x]-i kn. ngêndhalèni, ngêlisi; kc. lès.
ngêlèt:I êngg. kn. ngrakêtake; kc. kêlèt. II ([x]-i) kn: 1 êngg. nyigar; 2 ngilangi kulite; kc. kêlèt.
ngêlêb: I êngg. kn. nginêb lawang; kc. lêb. II ([x]-i) kn: mbanyoni (ngêlêm, ngilèni) sawah, tanduran lsp; kc. lêb, êlêb.
ngêlêd: kn. 1 ngulu; 2 ks. mangan; kc. lêg. êlêg.
ngêlêm: I kn. 1 nyilêm ing; 2 ngêlêb; kc. kêlêm. II pc: ngalêm.
ngêlêng: I kn. 1 mêdêl jarit (digawe kêlêngan); 2 ngirêng kêris (tanpa pamor); kc. kêlêng. II [x]-ake pikiran: ngênêrake (mindêng) marang; kc. lêng, êlêng.
ngêlêr: I kn. ak. nduduti saka saêlêr; [x]-i: mbathik corak galêran; kc. lêr, êlêr. II [x]-êlêr êngg. kn. mangan, ngêlêg.
ngêlêt: kn. nyewa bêkakas (wluku, sapi lsp); [x]-i: ndokoki lêt, ngantarani; kc. lêt, êlêt.
ngêlidake: kn. nêrangake surasaning crita; kc. lid, êlid.
ngêlih: I n. mindhah k. nggawa ngalih, ngganti ênggon (jênêng lsp); kc. lih, êlih. II êngg. pc: luwe.
ngêlik: kn. sêru lan dhuwur (tmr. swara).
ngêlin: kn. mlipid; kc. kêlin.
ngêling: kn. 1 nganjingake wêsi sarana digêmblèng; 2 namakake kêling; kc. kêling.
ngêlirake: kn. nglirwakake, ora nggatèkake marang dhawuh lsp; kc. êlir.
ngêlis: I (ut. [x]-i) kn. ngêtrapi lis. II [x]-i kn: ngêndhalèni; kc. lis, êlis.
ngêlu: kn. puyêng ki. mumêt, lara êndhase.
ngêlub-êlub: pc. ngêlob-êlob.
ngêlud: I (ut. ngêlod) êngg. ak. ngoyak, nututi; kc. lud, anglud. II [x]-i kn: ngrêsiki nganggo kêlud; kc. kêlud.
ngêluh: I êngg. ak. sêsambat; kc. angluh. II [x]-i kn: masangi kêluh ing irung (rajakaya); kc. kêluh.
--- 390 ---
ngêluk ~ ngêmbus-êmbus.
ngêluk: kn. mbêngkêlukake; kc. êluk.
ngêlun: I kn. ak. 1 ngombak, gumulung kaya ombak; 2 nglumpukake (ngirup) wong-wong; 3 ngrampas, nêlukake; kc. lun, êlun. II [x]-ake ala: misuwurake yèn ala; kc. lun, kêlun.
ngêlungi: pc. ngulungi; kc. êlung, ulung.
ngêlur: pc. ngulur; kc. êlur.
ngêlus: kn. 1 nggosok supaya alus; 2 nindakake kalawan alus; [x]-êlus: ngusap-usapake tangan ing; kc. lus, êlus, alus.
ngêlus dhadha: kn. ngusap dhadha (marga krasa wêlas, mêsakake lsp).
ngêlob-êlob: pc. katon pucêt.
ngêlod: êngg. ak. ngêlud (ngoyak).
ngêlog: pc. ngêlêg, ngulu; kc. log.
ngêloh: I êngg. ak. sêsambat; kc. ngêluh. II [x]-ake kn: agawe supaya loh.
ngêlokake: kn. 1 ngarani yèn; 2 alok (mbêngok) yèn ana maling lsp; kc. lok, alok.
ngêloni: I kn. têturon nyandhing (ngêkêp) bocah lsp; kc. kêlon. II kn. ak; njalari ngêlu.
ngêlon: (ê)lon(-i) kn. nindakake kalawan alon; kc. lon, alon, êlon.
ngêlong: (-i) kn. nyuda, ngurangi; kc. long, êlong, kalong.
ngêlos: kn. ak. nguja; [x]-i: 1 ak. nglolosi; 2 ngijoli (nyauri) utang nganggo barang; kc. los, êlos.
ngêlot: kn. nyipat nganggo lot.
ngêma-êma: kn. ak. ngêmi-êmi bangêt, nguthun-uthun; kc. êma.
ngêmah: kn. mamah; kc. kêmah.
ngêmak-êmak: kn. ak. ngrayanginggrayangi. ngêlus-êlus; kc. êmak.
ngêmal: I êngg. pc. ngêntèkake darbèking liyan; kc. êmal. II kn: 1 mola; 2 ak. ngetung-etung, ngira-ira; kc. mal, êmal.
ngêmalo: kn. nglapis nganggo kêmalo.
ngêmanak: kw. awangun (nywara) kaya kêmanak.
ngêmandhahake: kn. ngêlih mênyang ing; kc. kêmandhah.
ngêmandhang: pc. nywara kaya kumandhang; kc. kêmandhang.
ngêmanyu: kn. ak. mbiru bathikan lsp; kc. kêmanyu.
ngêmar-êmari: kn. ak. 1 krasa samar; 2 nyumêlangi, mbêbayani; kc. êmar.
ngêmaruki: kn. kumudu mangan akèh marga mêntas lara; kc. kêmaruk.
ngêmas: I kn. nyêbut mas. II [x]-ake kn. ak: nyêmantakake; kc. kamas.
ngêmasi: kw. mati.
ngêmat: I kn. ak. nênung, namakake kêmat; kc. kêmat. II [x]-i kn. ak: migunani; [x]-ake: ngrasakake têmênan; kc. amat, mat, êmat.
ngêmbah: kn. ngeyang ki. nyêbut (kaprênah) êmbah.
ngêmbak-êmbak: êngg. kn. ngrêmuk; kc. bak, êmbak.
ngêmbako: pc. nêmbako (nanduri têmbako); kc. bako.
ngêmbal: êngg. k. ngêmbul.
ngêmban: kn. 1 nggawa ing bangkekan nganggo slendhang; 2 kw. nglantarake (dhawuh); [x]-i: ak. momong; 2 nyulihi nindakake (marga kang wajib nindakake durung mangsa); 3 ngrewangi (mitulungi) wong prakaran; kc. êmban.
ngêmbani: I kn. ak. njalari kêmba; kc. kêmba. II kn: ndokoki êmbanan; kc. ngêmban, êmban.
ngêmbang: n. nyêkar k. 1 ak. kaya kêmbang; 2 (ut. [x]-i) ngrêngga lsp. nganggo kêmbangan; [x]-paèsi: mêtu kêmbange kang kawitan; [x]-i br: ngantarani, njlajati; kc. kêmbang, sêkar.
ngêmbar: kn. 1 ak. madhakake (barang loro); 2 nusoni dibarêng diombèni puhan; [x]-i: 1 madhani; 2 nandhingi; kc. kêmbar.
ngêmbara: pc. ngambara.
ngêmbat: kn. 1 mênthang (gêndhewa), ngayati arêp namakake tumbak lsp; 2 ngêntul-êntul pikulan (nyoba kuwat lan orane); 3 ent. ngrêmbug; kc. êmbat.
ngêmbèk: kn. 1 nywara êmbèk (wêdhus); 2 pc. ngalah; kc. êmbèk.
ngêmbèl: pc. katon padha nèmplèk lsp. akèh bangêt.
ngêmbêk: pc. akèh bangêt; kc. kêbak, kêbêk.
ngêmbêl: kn. dadi êmbêl.
ngêmbêni: kn. ngênggoni kêmbên; kc. kêmbên.
ngêmbêng: kn. ngêmot (kêbak) ing banyu; [x]-i, [x]-ake ki: ngêmoni, ngêmokake; kc. kêmbêng.
ngêmbêr: kn. rêmbês, mêtu banyune; kc. êmbês.
ngêmbil: êngg. kn. 1 njupuk; 2 mêthik, ngundhuh; kc. êmbil.
ngêmbyah-êmbyah: êngg. pc. 1 nindakake barêng; 2 nyampur, ngrampêd; kc. êmbyah.
ngêmbyak: kn. ak. nasak, nrajang; kc. êmbyak.
ngêmbyang-êmbyang: pc. ora têntrêm, ngambyang.
ngêmbyong-êmbyong: pc. mênganggoni sarwa bêcik.
ngêmblèg-êmblèg: kn. 1 ngêmpêl-êmpêlake lêmpung lsp; 2 pc. ngêmbyong-êmbyong; kc. êmblèg.
ngêmblog-êmblog: pc. marêmi (mupuri, mopok lsp); kandêl; kc. êmblog.
ngêmbuhake: pc. ngêbuhake marang.
ngêmbuhi: n. ngilapi k. ak. nyelaki, mitambuhi; kc. êmbuh.
ngêmbuk-êmbuk: kn. katon pucêt lan ora kêsêt pakulitane (marga mêntas lara lsp); kc. êmbuk.
ngêmbul: (ngêmbal k. ak) ngêmbuli kn. mèlu ngumpuli. ent. mèlu pêrang (kêrêngan lsp); [x]-ake êngg: nyampurake; kc. kêmbul.
ngêmbun: kw. 1 nyunggi, mundhi lsp; kc. êmbun.
ngêmbur-êmbur: pc. êmpuk gêmbur-gêmbur.
ngêmbus-êmbus: pc. ngêmbuk-êmbuk.
--- 391 ---
ngêmbut-êmbut ~ ngêmpot.
ngêmbut-êmbut: kn. ngêmpukake supaya mêmbut; kc. êmbut, mêmbut.
ngêmbok: kn. nyêbut êmbok.
ngêmbong: kn. ngêlêb ing banyu; kc. kêmbong.
ngêmbrah: pc. ingêndi-êndi ana.
ngêmbrêg: pc. akèh bangêt.
ngême: pc. mepe, ngêpe; kc. me.
ngêmèk: êngg. pc. 1 ngêpèk; 2 (ut. [x]-êmèk) ndumuk, nggrayangi; kc. mèk, êmèk.
ngêmèl: I kn. nglapurake marang; kc. êmèl. II [x]-ake kn: ngucapake donga lsp; kc. mèl, êmèl.
ngêmèni: êngg. mènèhi.
ngêmèrèni: ak. ngêmèrèkake kn. mèri marang; kc. mèri.
ngêmèt: êngg. ngêpèk, njupuk; kc. mèt.
ngêmêk-êmêki: kn. nyêkêl lan ngêlus-êlus; kc. êmêk.
ngêmên-êmênake: kn. mêrlokake bangêt (têmên-têmên); kc. êmên, têmên.
ngêmêndhir: (-i) kn. ngabani, manggêdhèni; kc. kêmêndhir.
ngêmêng: kn. ak. 1 ngêpèk (ora gêlêm mènèhake); 2 ora cêtha, ora gamblang; kc. kêmêng.
ngêmi-êmi: kn. ngeman-eman bangêt, nggêmatèni bangêt; kc. êmi.
ngêmik: pc. ngombe, nusu (têtêmbungan bocah); [x]-i pc. nusoni; kc. êmik.
ngêmil: (-i) kn. 1 mangan ditandho ing kêmilan (ut. ing wang); 2 ut. ngêmil-êmil) mangan saka sathithik; kc. êmil, kêmil.
ngêmin: kn. ak. 1 ngêpèk, ngêdhèp; 2 mèlu nganggo; kc. êmin.
ngêmingakên: k. pc. ngêmungake.
ngêmis: kn. njaluk dana; kc. êmis, kêmis.
ngêmiti: kn. njaga ing wayah bêngi; kc. kêmit.
ngêmu: kn. 1 ngêmot, isi (nanah lsp); 2 br. kêbak ing (ent. nandhang prihatin lsp); kc. kêmu.
ngêmud: kn. nglêbokake ing cangkêm; kc. êmud.
ngêmudhèni: kn. 1 mranata ênêring prau sarana kêmudhi; 2 ngêrèh; kc. kêmudhi.
ngêmulakake: kw. nyritakake saka kawitan; kc. kamulan.
ngêmuli: kn. nyingêbi ki. nutupi, ngênggoni kêmul; kc. kêmul.
ngêmum: pc. nunut njaluk bêrkah; kc. êmum, umum.
ngêmungake: kn. mligi mung; kc. mung.
ngêmuri: kn. masang mur ing.
ngêmut: kn. nglêbokake ing cangkêm; kc. mut, êmut.
ngêmohake: pc. nyuwèkake; kc. êmoh.
ngêmohi: I pc. êmoh, nampik; kc. êmoh. II kn: awoh akèh bangêt; kc. woh.
ngêmonah: kn. ak. 1 mangunah; 2 ngreka murih kêtêkan sêdyane; kc. kêmonah.
ngêmoni: kn. ngêmbêngi ki. kêmu (nganggo); kc. kêmu.
ngêmong: kn. momong, among; kc. mong.
ngêmor: (ake) kn. ak. 1 (ut. ngêmori) nyampuri; 2 nunggalake, nyampur; ngêmori(-turu): nyanggama; kc. mor, êmor, wor.
ngêmos-êmos: pc. ngêntèk-êntèkake darbèking liyan; kc. mos.
ngêmot: I n. ngêwrat k. 1 momotake ing; 2 ngisèkake ing (layang lsp); 3 pc. momot, isi (tmr. layang lsp); kc. mot, êmot. II êngg. kn: ngêmut.
ngêmpakake: kn. 1 ndumukake gêni ing, ndumukake ing gêni; 2 namakake gêgaman lsp; kc. êmpak, êmpan.
ngêmpal: k. ngumpul; kc. kêmpal, kumpul.
ngêmpani: êngg. kn. makani; kc. êmpan.
ngêmpèk: êngg. kn. 1 njupuk, ngêpèk; 2 nunut; [x]-êmpèk: 1 njêjaluk kanthi mêlas asih; 2 ngasih-asih; kc. êmpèk.
ngêmpèng: kn. nunut nusu (wong liya); [x]-i: nusoni anaking wong liya; kc. êmpèng.
ngêmpèsake: kn. njalari (agawe) kêmpès.
ngêmpêl: I kn. ak. padha rakêt akêmpêl; kc. kêmpêl. II [x]-i êngg. kn: ngampêli gêni; kc. êmpêl.
ngêmpêlu: pc. ngrêmpêlu.
ngêmpêt: pc. ngampêt; mlayu [x] pc: mlayu bantêr.
ngêmping: kn. njaluk êmpingan buruhan lsp; kc. êmping.
ngêmpir-êmpir: kn. cilik bangêt (tmr. wêtêng, marga ngêlih).
ngêmpit: kn. 1 nggawa dipèpèt ing cangklakan, mèpèt ing pupu; 2 pc. ngopèni, ngayomi; 3 ngêdolake wade lsp; kc. kêmpit.
ngêmpyangi: kn. mèlu ngombyongi; kc. kêmpyang.
ngêmpyèg: êngg. kn. mèlu ngênèni (ora mèlu nandur).
ngêmplah-êmplah: kn. ak. suwèk amba.
ngêmplak-êmplak: pc. mluwa ora ditanduri apa-apa.
ngêmplang: I kn. 1 ak. ngglanthang ing panasan; 2 êngg. pc. ora gêlêm nyauri utange; kc. kêmplang. II êngg. kn: ngêngakake amba (lawang); kc. êmplang.
ngêmplêp: kn. ngêpèk (ngingkêmi) darbèking liyan; kc. êmplêp.
ngêmplok: kn. (mangan) nglêbokake ing cangkêm; kc. êmplok.
ngêmplong: I (ut. [x]-i kn. nuthuki lawon lsp. supaya alus; kc. kêmplong. II êngg. kn: ngêngakake ngêblak (tmr. lawang).
ngêmpu: kn. awujud (dadi) êmpu.
ngêmpuk: pc. nglêmbuk; [x]-ake: njalari (agawe) êmpuk.
ngêmpul: kn. nabuh kêmpul.
ngêmpuni: k. pc. nguwisi; kc. êmpun, wis.
ngêmpus: pc. ndamu, nyêbul; kc. kêmpus.
ngêmput: (-i) kn. ak. nganti tutug (kêmput); kc. kêmput.
ngêmpog: pc. nganggo sandhangan ora ganti-ganti (nganti lawas); kc. êmpog.
ngêmpok: kn. ngêntut diambokake ing liyan; kc. êmpok.
ngêmpor: I kn. kumêbul (udud). II pc: nggêmbor.
ngêmpos: kn. ngêtokake napas; kc. kêmpos.
ngêmpot: êngg. kn. nyêrot rokok; kc. êmpot.
--- 392 ---
ngêmprah ~ ngênèmi.
ngêmprah: kn. ora sêtiti, mung sakêpenake bae; kc. êmprah.
ngêmprak-êmprak: kn. padha bênthèt.
ngêmprang-êmprang, ngêmpring-êmpring: kn. ak. mlayu rikat.
ngêmprèt: I (ut. ngêmprêt): nywara prêt-prêt (ngrèmèhake lsp); kc. êmprèt. II (ut. ngêmprêt) pc: mlayu bantêr. III kn: nywara prèt-prèt (tmr. gajah).
ngêmprok-êmprok: pc. ngêmprak-êmprak.
ngêmpros: êngg. pc. umuk, sugih omong gorohan; kc. kêmpros.
ngênak-ênik: pc. nata (ngetung lsp) kanthi ngati-ati; kc. ênak-ênik.
ngênakake: n. ngengingakên k. 1 nuju nganti kêna; 2 kêna ing, namakake ing; kc. kêna.
ngênali: I kn. ak. nêsêli ênal. II êngg. pc: nêpungi; kc. kênal.
ngênam: pc. nganam; kc. anam.
ngênani: n. ngengingi k. kêna ing, tumama ing.
ngênar-ênari: kn. ak. njalari ênaring ati; kc. ênar.
ngênasi: pc. muni nas.
ngêndap-êndip: êngg. pc. mêndap-mêndip.
ngêndat-êndat: êngg. pc. mêndat-mêndat.
ngêndèhake: êngg. ora nggape.
ngêndèli: êngg. kn. mêndèli; kc. êndèl, pêndèl.
ngêndêl: I kn. ngandêl marang, pracaya; kc. andêl, êndêl. II [x]-i kn. ak: manèni; kc. kêndêl.
ngêndêmi: kn. ngombèni lsp. supaya mêndêm; kc. êndêm, mêndêm.
ngêndêpake: pc. nylundêpake; kc. êndêp.
ngêndi: (ing-[x]) n. (ing-)pundi k. pitakon nggênahake panggonan; [x] ana n. pundi wontên k: mokal anane; (ing-)[x]-êndi: ing sabên panggonan; kc. êndi.
ngêndika: ki. kandha, clathu; ngêndikani k: ngandhani; kc. andika, kandha, clathu.
ngêndon: I ing-[x] kw. ing pungkasane, ing wasana; kc. êndon. II [x]-ake kn: nganggo padinan; kc. andon.
ngênjah-ênjah: êngg. kn. njlajahi; kc. ênjah, jajah.
ngênjak-ênjak: êngg. kn. ngidak-idak; kc. ênjak.
ngênjêti: kn. ngusari lsp. ênjêt.
ngênjir: pc. nganjir.
ngênjlogake: kn. ngudhunake; kc. anjlog.
ngênjong-ênjong: kn. ak. nglêlithing bocah; kc. ênjong.
ngênjot: kn. nggênjot; kc. ênjot.
ngêndhahi: pc. naklimi; kc. dhah.
ngêndhayah, ngêndhayur: kn. ak. gêdhe mblontrong (tmr. wêtêng).
ngêndhak: (ake) kn. 1 marèni (kamanuhan lsp), ninggal (pagawean); 2 nyandhêt (kanêpson lsp); kc. êndhak, mêndhak, kêndhak.
ngêndhal: kn. ana kêndhale.
ngêndhalèni: kn. 1 ngêtrapi kêndhali; 2 ak. ngapusi; kc. kêndhali.
ngêndhani: kn. mari mêmpêng; kc. mêndha.
ngêndhanu: kw. nggandhul apêtêng (tmr. mêndhung).
ngêndhang: kn. nabuh kêndhang.
ngêndhangsuli: k. ak. ngêndhalèni.
ngêndharati: kn. ak. nancang nanggonganggo. tampar; kc. kêndharat.
ngêndhari: êngg. kn. ngandhani, nyritani; kc. andhar.
ngêndhat: I kn. nglalu; [x] tali murda br. nglalu sarana nggantung. II [x]-i kn: nglowongi; kc. kêndhat.
ngêndhe-êndhe: kn. ak. suwe anggone ngêntèni (ngarêp-arêp).
ngêndhèg-êndhèg: kn. ak. ngêmblèg-êmblèg (lêmpung lsp).
ngêndhèh: kw. ngalahake, ngundurake; kc. êndhèh.
ngêndhèkake: n. ngandhapakên k. nyêndhèkake; kc. êndhèk.
ngêndhèrèh: pc. nglèmbrèh.
ngêndhèrèk: kn. njêbèbèh mêgar (tmr. suwiwi); kc. kêndhèrèk.
ngêndhêg: kn. akon mandhêg; kc. andhêg, êndhêg.
ngêndhêki: êngg. kn. mêndhak ngurmati; kc. andhêk.
ngêndhêlong: pc. 1 kêndho mlêngkung (tmr. tali, tampar lsp); 2 ent. gêla, cuwa; kc. kêndhêlong.
ngêndhêm: kn. nyimpên (wadi, nêpsu); kc. êndhêm.
ngêndhêng: I kn. dawa bêbanjêngan (tmr. gunung); kc. kêndhêng. II [x]-êndhêng êngg. kn: katon akèh bangêt.
ngêndhêrêk: kn. nglumpruk, kurang sigrak.
ngêndhêt: êngg. pc. ngênthêt; kc. êndhêt.
ngêndhih: kw. 1 ngundurake; 2 ngalahake, ngasorake; kc. êndhih, kêndhih.
ngêndhil: kn. 1 growong awangun kaya kêndhil; 2 pc. nglumpuk; kc. kêndhil, êndhil.
ngêndhiti: kn. nyabuki nganggo kêndhit.
ngêndhuyuk: kn. ak. mbungkuk kabotan gendhongan.
ngêndhuk-êndhuki: kn. njontrot pitik supaya mara (sarana diathungi padha pitik); kc. êndhuk.
ngêndhukur: pc. katon têtumpukan akèh.
ngêndhuruk: kn. katon nglumbruk (nglêmpuruk); kc. kêndhuruk.
ngêndhut: kn. awujud êndhut.
ngêndho: kn. suda kakêncêngane; kc. kêndho.
ngêndhog: n. nigan k. 1 ngêtokake êndhog; 2 kaya êndhog.
ngêndhokake: I êngg. nyèlèhake, mapanake; kc. dhok. II ut. ngêndhoni kn: agawe kêndho.
ngêndhong: kn. ak. 1 nandho, nyandhêt; 2 nglêmparakake (nunggak) pagawean; 3 nandhêg (ora disahi, dibayari); 4 mambêg banyune; kc. êndhong, kêndhong.
ngêndhori: êngg. kn. ngêndhoni, ngêndhokake; kc. kêndhor.
ngêndhorok: êngg. kn. ngêndhuruk.
ngênèhi: pc. mènèhi.
ngênèk: I pc. dadi kênèk. II [x]-ake pc: ngênakake; kc. kêna. III [x]-i pc: mènèhi.
ngênèmi, ngênèmakên: k. ngênomi, ngênomake; kc. nom.
--- 393 ---
ngênèni ~ ngênthit.
ngênèni: kn. ngundhuh pari; kc. êni, panèn.
ngênèngake: pc. ngênakake; kc. kêna.
ngênèt: I pc. 1 nulis kang bêcik; 2 pc. macak bangêt; kc. ênèt. II [x]-i êngg. kn: ngênèki; kc. kênèk. III [x]-ênèt pc: mènèt.
ngênêb: I kn. 1 (ut. [x]-ake) nyarèhake supaya mênêb; 2 ent. nyarèhake ati (supaya mari nêpsu); kc. ênêb, mênêb. II pc: nginêb; kc. nêb, ênêb, inêb.
ngênêk-ênêki: kn. njalari ênêk (jijik); kc. ênêk.
ngênêm: kn. sabên (siji-sijine) ênêm.
ngênêngi: kn. mênêng ora mangsuli; ngênêng-ênêngi: ndolani bocah cilik supaya mênêng; ngênêngake n. ngèndêlakên k: 1 agawe mênêng; 2 ora gêlêm ngaruh-aruhi; kc. ênêng, mênêng.
ngênêr: kn. nuju; kc. ênêr, pênêr.
ngênês: kn. susah bangêt (sêdhih bangêt); [x]-ênêsi ati: marakake ngênês.
ngênêt: (ake) kn. mêtêkake supaya manêt; kc. ênêt, pênêt.
ngêni: I êngg. ak. ngênèni; kc. êni. II [x]-êni pc. ngèni-èni; kc. èni.
ngêningake: kw. mbêningake (pikiran lsp); kc. êning.
ngênis-ênis: êngg. kn. nggêbêg nganti mênis-mênis; kc. ênis, mênis.
ngênul: pc. nuthuk kêmiri kang diêdu; kc. kênul.
ngênut: êngg. kn. miturut, manut; kc. nut.
ngênomi: n. ngênèmi kaya wong ênom; ngênomake n. ngênèmakên k: 1 agawe ênom; 2 nganyarake (utang lsp); kc. ênom, nom.
ngênong: kn. nabuh kênong; [x]-i êngg: gawe kênongan sêga; kc. kênong.
ngênorake: kw. ngasorake (awak); kc. sor.
ngêntarani: n. ngêntawisi k. pc: ngêtarani; kc. kêtara.
ngêntas: (i) kn. 1 njupuk saka ing (banyu, anglo, pamemean lsp); 2 mitulungi saka ing (bêbaya, rêribêd); 3 ak. ngomah-omahake; kc. êntas, mêntas.
ngêntèk: I n. nêlas k. 1 tutug, têkan ing pungkasan; 2 pc. bangêt; [x]-ake: 1 ngrampungake (nganti êntèk); 2 ngatogake; kc. êntèk. II [x]-ake n. ngêntosakên k. nyarèhake supaya ngêntèni; kc. ênti.
ngêntèni: n. ngêntosi k. nunggu têkane; kc. ênti, anti.
ngêntih: kn. ngantih; kc. êntih, antih.
ngênting: pc. ngêntèk; kc. ênting.
ngêntul-êntul: kn. ngobahake mêntul-mêntul; kc. êntul, mêntul.
ngêntun: êngg. kn. nyèlèhake (ninggal); kc. êntun.
ngêntup: kn. namakake êntup; kc. êntup.
ngêntut: kn. sarib ki. ngêtokake êntut.
ngêntok, ngêntong: êngg. pc. ngêntèk.
ngêntol: kn. 1 êngg. ngêgol, nyongkèl (nganggo antru lsp); 2 api-api ora mènèhake supaya mundhaka panganyange; kc. êntol.
ngêntos: I êngg. kn. ngêntas. II [x]-i k: ngêntèni; [x]-akên k: ngêntèkake.
ngêntrag: kn. ak. ([x] kêndhali) nyêndhal-nyêndhal kêndhali.
ngêntrog: kn. ngoyog ngumbul-umbulake; kc. êntrog.
ngênca: êngg. kn. 1 matêsi; 2 ngrancang; kc. kênca.
ngêncang: kn. 1 êngg. pc. manthêng tali ngiwa nêngên; 2 nalèni (nêncang) kiwa têngên; kc. kêncang.
ngêncèng: kn. mbayar kropyok (ora utang); kc. kêncèng.
ngêncèti: kn. ngiris lsp. ing kêncèt; kc. kêncèt.
ngêncêbi: kn. ngugêmi panêmu lsp; kc. êncêb.
ngêncêng: kn. ak. mbênêr (lêncêng); [x]-i: 1 narik (nalèni lsp) kêncêng; 2 nindakake (nglarangi lsp) kalawan kêras (kêncêng); kc. kêncêng.
ngêncêpi: kn. ngugêmi panêmu lsp; kc. êncêp.
ngêncik: pc. tumumpang ing; [x]-i pc. numpangi (ngidak); kc. êncik.
ngêncit: I êngg. pc. ngêncit (nusu). II [x]-êncit êngg. kn. ngoyak-oyak; kc. êncit, uncit.
ngênclung: êngg. kn. nyêbar wiji pari ing lèlèran (tanpa didhêdhêr); kc. kênclung.
ngêncup: kn. 1 nyêkêl kinjêng lsp. nganggo driji loro; 2 pc. mbatang (cangkriman); kc. êncup.
ngêncong: êngg. pc. nutu pari; kc. kêncong.
ngêncot: kn. njêjêk lan ngênêtake (supaya mêndat lsp); kc. êncot.
ngêncrêt: êngg. pc. mlayu bantêr.
ngêncring: kn. ninthing dhuwit lsp; kc. kêncring.
ngênthahasa: kw. nyrêmpêng, ngêtog karosan.
ngênthak-ênthak: kn. mluwa tanpa têtanduran (tmr. palêmahan).
ngênthang: I kn. nanduri kênthang. II [x]-ênthang kn. 1 sumèlèh ora ditutupi (ora diopèni); 2 (padhang[x]) padhang jingglang; kc. ênthang.
ngênthar: I pc. nglênthar; [x]-ake êngg: nglêmparakake pagawean lsp; kc. ênthar, klênthar. II pc: mlayu bantêr; kc. nginthar.
ngênthèng: kn. nglêrêmake lalahan (sawah); kc. kênthèng.
ngênthès: kn. nuthuk nganggo kênthès.
ngênthêl-ênthêl: pc. kêklumpuk (nyèlèngi) saka sathithik; [x]-ake: 1 njalari (agawe) kênthêl; 2 ([x] rêmbug) ndadèkake (nggolongake) rêmbug; 3 pc. ndadèkake barang kang pangaji; kc. kênthêl.
ngênthêng: (-i) êngg. kn. ndokoki kênthêng.
ngênthêt: kn. 1 mathêt (nyuda) wêtuning swara; 2 pc. nyuda (ngêpèk) dhuwit kang pancèn kudu dibayarake kabèh; kc. ênthêt.
ngênthiyu: pc. nyrêmpêng bangêt.
ngênthik: kn. mêtu (ana) ênthike.
ngênthil: I pc. tansah nusu ora pisah-pisah saka ing pênthil. II êngg. kn: njupuk, nggawa lunga; [x]-ênthil pc: mbundhêli (diêmi-êmi); kc. ênthil, kênthil.
ngênthir: kn. nywara tmr. gangsir.
ngênthit: kn. ngêndhog sajabaning kandhang
--- 394 ---
(tmr. bèbèk); [x]-ênthit êngg. pc: 1 njupuk lsp. saka sathithik; 2 njolong barang kang cilik-cilik (ora pangaji); kc. ênthit.
ngênthu-ênthu ~ ngêpèl
ngênthu-ênthu: kn. mêrlokake têka (mrana lsp).
ngênthuyut: êngg. kn. kanthi rêrikatan.
ngênthul: êngg. kn. nglalu, nggantung.
ngênthung: kn. dadi ênthung (tmr. ulêr).
ngêntho-êntho: êngg. kn. ngoyak-oyak; kc. êntho.
ngênthong: I (ut. [x]-i) kn. nabuh kênthongan; kc. kênthong. II [x]-ênthong êngg. pc. padhang njingglang; kc. ngênthang.
ngênthos: kn. mêtu (ana) kênthose.
ngênyah-ênyah: pc. nyawiyah-wiyah.
ngênyak: (-ênyak) pc. ngidak(-idak); kc. nyak, cak.
ngênyami: kn. ngrasakake (ngicipi); kc. kênyam.
ngênyang: n. ngawis k. nganyang; kc. anyang.
ngênyèhi: kn. ngracik kinang; kc. kênyèh.
ngênyèk: (-ênyèk) kn. ngidak, mênyêt; 2 pc. ngrèmèhake; kc. ênyèk.
ngênyèt: pc. mènyèt, mênêt.
ngênyêt: kn. mênyêt; [x]-ênyêt: mijêti; kc. ênyêt, wênyêt.
ngênyit, ngênyut: pc. nusu; kc. kênyit.
ngênyu dênta: kw. kaya krambil gadhing (wanguning susu); kc. nyu.
ngênyuk: êngg. pc. nyunyuk.
ngênyung: êngg. kn. udud.
ngênyoh: I ki. êngg. 1 nyakot; 2 mamah; kc. kênyoh. II [x]-i êngg. kn. ngulungi (mènèhi); kc. ênyoh.
ngênyos: pc. nyiram gêni.
ngêng: kn. swara mbrêngêngêng.
ngêngahi: I kn. ak. wêgah marang; kc. ngah, êngah. II êngg: mènèhi.
ngêngani: pc. mêngani lawang; ngêngakake: mbukak lawang lsp; kc. wênga.
ngêngèhi: kn. 1 êngg. mènèhi; 2 ak. ngèngèhi.
ngêngèki: êngg. 1 mènèhi; 2 ndokoki.
ngêngèl-êngèl: kn. njalari angèl, agawe rêkasa; kc. angèl.
ngêngèn: k. ngêngon; kc. ngon.
ngêngêt: kn. nggodhog lsp. supaya angêt; kc. êngêt.
ngênggak-ênggak: kn. ak. tansah nggondhèli; kc. ênggak.
ngêngge: k. pc. ngênggo.
ngênggèn: k. ngênggon; [x]-i k: ngênggoni; kc. ênggon.
ngênggêng: kn. ngênêngake bae nganti suwe; kc. ênggêng.
ngênggêti: kn. 1 nyinggêt; 2 ndokoki ênggêt-ênggêt; kc. ênggêt.
ngênggihi: k. pc. ngiyani; kc. iya.
ngênggik-ênggik: pc. kuru bangêt; kc. ênggik, mênggik.
ngêngguh, ngênggoh: pc. nyêngguh, nganggêp; kc. êngguh.
ngênggo: n. ngêngge k. pc. nganggo; kc. anggo.
ngênggon: I n. ngênggèn k. ana ing ênggon (papan kono); [x]-i n. ngênggèni k: ndunungi, manggon ing; kc. ênggon. II [x]-ênggoni n. ngênggèn-ênggèni k. pc: nyandhangi; kc. anggo.
ngênggrêg-ênggrêgi: pc. njalari (marakake) mandhêg; kc. ênggrêg.
ngênggrik-ênggrik: pc. kuru bangêt.
ngêngik: kn. ak. nêrak; kc. êngik.
ngêngis-êngis: kn. nyênyênggring nyêrik-nyêrikake; kc. êngis.
ngêngkab: kn. mbukak, ngungkabi; kc. êngkab, mêngkab.
ngêngkêngi: pc. 1 nggujêngi; 2 ngukuhi, ngugêmi; kc. kêngkêng.
ngêngkir: (-i) êngg. kn. ngêntas (memean lsp); kc. êngkir.
ngêngklèk-êngklèk: kn. mbopong lsp. digawa mrana-mrana; kc. ngèngklèk-èngklèk.
ngêngkuk-êngkuk: kn. 1 nêkak-nêkuk gulu (gêgêr lsp. nalikane ndadah bayi); 2 pc. akon tumandang lsp. tanpa lèrèn, ngingêl-ingêl; kc. êngkuk.
ngêngkoh: êngg. kn. umuk, angkuh.
ngêngkoki: kn. 1 ak. ndhaku, ngaku; 2 ngakoni, ngugêmi; kc. êngkok.
ngêngkos: kn. ak. nggêrtak.
ngêngkrêng: pc. linggih mênêng bae; [x]-ake: numpangake cèrèt lsp. ing anglo (kêrên); kc. êngkrêng.
ngênglêng: kn. owah pikirane (gêndhêng) dening kedanan (kabotan ngèlmu); kc. lênglêng.
ngêngum: êngg. kn. ngêkum.
ngêngon: n. ngêngèn k. 1 angon (rajakaya lsp); 2 ent. ngulat-ulatake; kc. ngon, angon.
ngêngrêmi: kn. ndhêkêmi êndhog supaya nêtês; kc. angrêm.
ngêngrêng: kn. katon bêcik (nyênêngake).
ngêngsu: êngg. pc. ngangsu; kc. angsu.
ngêpah: kn. mamah disêsêp banyune; kêpah.
ngêpak: I pc. 1 ngêgak; 2 ngrèmèhake, nyêpèlèkake; kc. êpak, pak. II kn: mbuntêli; kc. pak. III kn. ak: 1 majêgi (candu); 2 nêbas. mborong kabèh; kc. pak, êpak.
ngêpal: I kn. 1 mêthèk bêgja cilakane (sarana kartu lsp); 2 pc. mêsthèkake yèn ora bisa, ngina, ngilani; kc. pal, êpal. II êngg. kn. nglakokake prau (layar) nungsung angin ngèncèng-èncèng.
ngêpalani: êngg. pc. nglurahi, manggêdhèni; kc. kêpala.
ngêpan: kn. manggang roti, lsp. ing pan; kc. pan.
ngêpang: I kn. cêcawangan, mêtu (ana) pange; kc. pang. II k: ngêpung; kc. kêpang, kêpung.
ngêpas: pc. trêp (têkane lsp); [x]-ake pc: notohake kabèh, ngêtrêpake; kc. pas.
ngêpat: n. nyêkawan k. sabên (siji-sijine) papat.
ngêpe: kn. mepe ing panasan; kc. êpe.
ngêpèh: êngg. kn. ngêpah; kc. kêpèh.
ngêpèk: I n. mêndhêt k. mundhut ki. 1 ndarbèni; 2 ndadèkake (anak, bojo lsp); kc. pèk, êpèk, apèk. II [x]-i pc: nyathêti; kc. kêpèk.
ngêpèl: kn. ngrêsiki nganggo gombal lap têlês; kc. êpèl.
--- 395 ---
ngêpèn ~ ngêrêm.
ngêpèn: kn. nulis nganggo pèn.
ngêpenakake: n. nyêkecakakên k. agawe kêpenak.
ngêpèncutake: kn. ak. nênarik ati; kc. kêpencut.
ngêpès: I kn. matêngake sarana dibuntêl ing godhong banjur dipanggang; kc. pès. II êngg. kn: ngrèmèhake, nyêpèlèkake, ngina.
ngêpêl: kn. nggêgêm (tangan), nyêkêl sêga lsp. digêgêm; kc. kêpêl.
ngêpêng: kn. nyrêmpêng, kalawan mêmpêng; kc. pêng, êpêng.
ngêpêp: kn. nutup rapêt (supaya ora kanginan); kc. pêp.
ngêpêti: kn. nepasi nganggo kêpêt.
ngêpik-êpik: pc. ngowah-owah (nganggo lsp); kc. êpik.
ngêpil: pc. kaya pil (kênini).
ngêpinjal: kn. mêncolot (kaya kêpinjal).
ngêpingake: I kn. nangkarake, ngambalake; kc. ping. II ut. ngêpingna êngg: ngêmungake.
ngêpiping: kn. ak. njêpiping (tmr. kuping).
ngêpipir: pc. gêtêr, nggêbibir.
ngêpir: pc. mêntul-mêntul (kaya pir).
ngêpisake: pc. ngrèmèhake (pitutur lsp); kc. pis.
ngêpithing: pc. njapit, mithing; kc. kêpithing.
ngêpyakake: I êngg. nggêbyag-nggêbyag (gêdhèg lsp); kc. kêpyak. II kn: 1 pc. ngumumake ing akèh; 2 nêtêpake kanthi sêmuwa; kc. kêpyak.
ngêpyuri: kn. 1 nyirami saka sathithik; 2 mènèhi pangan marang pitik lsp; 3 pc. ngingoni, nulungi pangan; kc. kêpyur.
ngêpyok: kn. ak. nggêpyok, nyampyuk; kc. kêpyok.
ngêplak: (i) pc. nabok(i); kc. kêplak.
ngêplang: I pc. nggantung (nyanthèlake) sandhangan ing; kc. plang. II êngg. kn: ngêblakake (lawang lsp); kc. plang, plong.
ngêplas: pc. lunga blas; kc. kêplas.
ngêplèk-êplèk: kn. mbanting (nyabêtake) ing lêmah; kc. kêplèk.
ngêplêki: (ngêplêngi, ngêplêsi pc) kn. madhani trêp; kc. plêk.
ngêpluk: I pc. nglêmbutake prongkalan lêmah; kc. kêpluk. II (ut. ngêplup) kn: gawe lêgokan ing blabak; kc. êpluk. III êngg. pc: kêsèd, ora idhêp isin.
ngêplok: I kn. manting wasuhan; [x]-i: mantêpake lsp. sarana kêplok. II êngg. pc: ngêmplok.
ngêplong: (-i) êngg. pc. mbolongi; kc. plong.
ngêpuh: I kn. 1 mêrês supaya apuh; 2 êngg. pc. mêrês puhan; kc. puh, apuh. II kn: nggathukake bata lsp; kc. êpuh.
ngêpuk: I kn. ak. mrèjèngi kayu; kc. puk. II êngg. kn: 1 (ut. [x]-êpuk) nêpak-nêpak lirih; 2 ngêpak, ngrèmèhake; kc. êpuk, puk.
ngêpuli: pc. ngumpuli; kc. pul.
ngêpun: êngg. kn. ngumpul.
ngêpung: n. ngêpang k. 1 linggih lsp. ngubêngi (ambêngan lsp); ([x] wakul) ngupêngi (bètèng, nêgara lsp); kc. kêpung.
ngêpurake: kn. 1 nganggêp (agawe) pur; 2 êngg. ngêsahi (utang); kc. pur.
ngêpus: pc. ngêmpus.
ngêpoh: êngg. kn. ngêpuh.
ngêpok: kn. 1 nêgor ing pok (tmr. wit); 2 ngantêm lsp. ing pok kuping; 3 pc. ngêntèkake babar pisan; kc. kêpok, êpok.
ngêpolake: êngg. pc. ngêntèkake lsp. nganti pol.
ngêporake: êngg. pc. nutugake, ngatogake nganti por; kc. por.
ngêpos: I êngg. kn. ngêmpus. II kn: lèrèn (ing pos); [x]-ake: ngirimake (nglêbokake layang) ing pos (kantor pos); kc. pos.
ngêpoti: kn. ak. nglowongi (pagawean lsp); kc. pot.
ngêprahake: kn. ngirimake barang ing sêpur; kc. prah.
ngêprak: kn. nabuh kêprak.
ngêpras: kn. 1 ak. mapras, mancas; 2 pc. nacad tindaking liyan kanthi têmbung kang pêdhês; kc. kêpras.
ngêprèk: pc. êntèk kakuwatane; kc. kêprèk.
ngêprès: kn. ngênêtake nganggo barang antêb; kc. près.
ngêprèt: (i), ngêprêt(-i) kn. 1 nywara prêt-prêt, ngêmprèt.
ngêpruk: kn. mêcah ut. nuthukake nganti sumyur; kc. kêpruk.
ngêprok: êngg. kn. ndadèkake siji, ngrangkêp; kc. kêprok.
ngêprot: pc. nyopot (mbukak) tutup gêndul lsp; kc. prot.
ngêrab: kw. kumêrab akèh bangêt.
ngêrad: kn. ngrêmbug ing rad; kc. rad, êrad.
ngêrah: I êngg. pc. ngarah; kc. arah. II kn: nyokot (tmr. kewan); kc. kêrah.
ngêrak: kn. garing bangêt (tmr. mangsa kêtiga); kc. êrak, kêrak.
ngêrap: kn. mlayu bantêr; [x]-ake: mlayokake bantêr; kc. kêrap.
ngêras: (-i) kn. ngêncêngi: kc. kêras.
ngêrbêkake: pc. nyilêmake (mblêbêkake) ing banyu; kc. kêrbêk.
ngêrbili: kn. masangi kêrbil.
ngêrjakake: kn. ak. akon nyambut gawe (minangka paukuman); kc. kêrja.
ngêre: kn. gawe kêre.
ngêrèb: kn. ak. ngêrab.
ngêrèh: kn. 1 mrentah, mbawahake; akon nindakake; kc. rèh, êrèh.
ngêrèkake: kn. nggosokake dimik ing rèk; kc. rèk.
ngêrèm: kn. ngêndhêgake sarana rèm.
ngêrèngi: kn. ngêtrapi rèng; kc. rèng.
ngêrès: I kn. ngiris, nêtaki; kc. rès, êrès. II kn: ngukum; kc. rès.
ngêrèt: kn. 1 mutêr ndudut; 2 ngoncèki klika lsp; kc. kêrèt.
ngêrêb: êngg. kn. ngiris; kc. êrêb.
ngêrêk: kn. ak. nyakot; kc. kêrêk.
ngêrêm: I êngg. kn. ngurung; kc. kêrêm. II êngg. kn: angrêm, ngêngrêmi; kc. kêrêm.
--- 396 ---
III [x]-ake kn. ak: ngèrêmake; kc. kèrêm. IV [x]-ake kn: nutup mata; kc. êrêm, mêrêm.
ngêrêng-êrêng ~ ngêspur.
ngêrêng-êrêng: êngg. kn. gêrêng-gêrêng, nggêrêng.
ngêrêngi: kn. ngêrasi, ngêncêngi; kc. kêrêng.
ngêrêpi, ngêrêpake: kn. 1 nata lsp. kêrêp (ora arang); 2 nindakake lsp. kêrêp; kc. kêrêp.
ngêrês: kn. 1 (yèn digrayang) krasa kaya ana wêdhine; 2 ([x] atine wêdi sarta sêdhih; kc. êrês, rês.
ngêrêti: kn. ngiris mubêng; kc. kêrêt.
ngêri: kn. 1 ana êrine; 2 awangun lancip-lancip kaya êri.
ngêrig: (ake) kn. akon tumandang ing gawe bêbarêngan; kc. kêrig.
ngêrik: I kn. 1 nyukur sathithik (tmr. alis); 2 ngêrok sathithik lading; kc. kêrik. II kn: nywara sêru (jangkrik lsp).
ngêris: i n. nduwung k. ak. nyuduk nganggo kêris; [x]-i: mènèhi (ndokoki) kêris; kc. kêris. II [x]-i êngg. kn: ndokoki watês; kc. ris, aris.
ngêrit:(-i) kn. mancas(-i) lsp. nganggo arit; kc. arit, êrit.
ngêrkatake: kn. mêmpêngake; kc. kêrkat.
ngêrug: I kw: ngrubuhake; kc. rug. II êngg. kn: ngadhuk lêmah; kc. rug, arug.
ngêruk: (-i) kn. nyidhuk (ngurêki) nganggo kêruk; kc. kêruk.
ngêrul: êngg. kn. ngêrol (ngundangi jênêngi wong-wong nyambut gawe).
ngêrut: kn. nalèni kêncêng; kc. êrut.
ngêrobi: kn. nglubèri, ngêlêbi; kc. rob.
ngêrod: (-i) êngg. kn. ngêsud (ngilangi) rêrêgêd; kc. kêrod.
ngêrog: kn. 1 oyag, ndhrodhog (marga lara kadhêmên lsp); 2 ngoyag-oyag wit lsp; kc. rog, êrog.
ngêrok: I (ut. [x]-i kn. 1 ngêrik (ngêruki) sêru; 2 ngrêsiki kulit jaran (nganggo kêrok); 3 nggosok nganggo dhuwit lsp. (wong kang mangsuk angin); 4 nisriki malame (tmr. bathikan); kêrok. II kw: nêmpuh ngrukêt; kc. rok.
ngêrol: kn. 1 ak. ngalurake (ngadili) ing pangadilan rol; 2 êngg. ngêrul, ngundangi jênênging wong-wong kang nyambut gawe; kc. rol.
ngêrong: kn. mlêbu ing rong.
ngêros: kn. têkan ing ros; kc. ros.
ngêrotake: (-untu) kn. nggathukake untu nganti nywara; kc. kêrot.
ngêrpus: kn. ngukum kêrpus; kc. kêrpus.
ngêrsa: ki. pc. ngarêp; ngêrsani ki: ngarêpi; ngêrsakake ki: ngarêpake; kc. arêp, kêrsa, ngarsa.
ngêrta-aji: kn. ak. nêpsir, ngira-ira; kc. kêrta-aji.
ngêrtakake: êngg. kn. martakake, ngabarake.
ngêrti: n. ngêrtos k. 1 pc. têgês, maksud; 2 nyakup (nyumurupi) surasane; di-[x], dingêrtèni: diwêruhi (disumurupi) kang dadi surasane; dingêrtèkake: ditêrangake, dituturi; kc. êrti, mangêrti.
ngês: kn. ngrêsêpake (nênarik, nrênyuhake) ati.
ngêsab: êngg. kn. ngêngêt (digodhog manèh).
ngêsah: I kn. ngrêsula, sêsambat. II pc: ngasah; kc. asah. III [x]-ake kn: 1 ngabsahake; 2 (ut. ngêsahi) nyaur utang nganti sah; 3 ak. nganggêp bênêr (tmr. piwulang lsp); 4 ak. nyêmantakake; kc. sah, êsah.
ngêsak: I êngg. pc. nglêbokake ing sak (kanthongan); kc. sak. II [x]-ake ak: nyêrikake; kc. sak-sêrik.
ngêsapi: kn. ak. ndokoki sap-sapan; kc. sap.
ngêsar-sari: kn. njalari sar-saran atine.
ngêsat: kn. nawu nganti asat; kc. asat, sat.
ngêsèd: kn. ora gêlêm tumandang; kc. kêsèd.
ngêsèng: (-i) êngg. kn. ngajak; kc. sèng.
ngêsêk-êsêki: êngg. pc. njalari sêsak.
ngêsêlake: kn. njalari (agawe) kêsêl.
ngêsêl-êsêl: pc. ngungsêl-ungsêl.
ngêsês: I kn. nywara sês-sês. II k: 1 ngudud; 2 nyêrèt; kc. sês, esês.
ngêsihi: kn. asih marang, nrêsnani; kc. sih, asih.
ngêsik: kn. nggosok untu; kc. kêsik.
ngêsiri: kn. ngêdhèp melik ndarbèni kc. sir.
ngêsitake: kn. njalari kêsit.
ngêslupi: pc. nglêboni bolongan lsp; kc. slup, angslup.
ngêsud: I kn. ngilangi rêrêgêd lsp, nganggo gombal lsp; kc. kêsud. II êngg. kn: 1 nggosok (ngasah); 2 nyuda sathithik; kc. kêsud.
ngêsuhi: kn. ndokoki (ngêtrapi) suh; kc. suh, êsuh.
ngêsuk: kn. ndhêsuk, ngêsur ênggone; kc. êsuk, suk.
ngêsum: kn. mlipid; kc. sum.
ngêsungake: kw. mènèhake; kc. sung, asung.
ngêsur: I kn. 1 êngg. nggêdhèkake urube (tmr. diyan lsp); 2 ndhêsêk gênti ngênggoni (ngrêbut pangkat lsp); [x] tanah: nylamêti wong kang mêntas mati; kc. sur, surtanah. II [x]-i, [x]-ake ak: ngêcuri, ngêcurake; kc. sur.
ngêsutake: kn. nggêgasah asu (nyandêrake); kc. sut, êsut.
ngêsog: I (ut. [x]-ake) êngg. kn. nyèlèhake; kc. sog, êsog. II [x]-êsog kn: nggraut-nggraut rambut (sêmu disêndhal-sêndhal supaya mari ngêlu); kc. êsog.
ngêsok: (ake) kn. 1 ngiling diwutahake; 2 mbayar (pajêg lsp); kc. asok, êsok, sok.
ngêsol: êngg. kn. ngêsur, ngêsuk; [x]-ake; ngrubuhake wit; kc. sol, êsol.
ngêsong: kn. dadi (awangun) song.
ngêsop: kn. olah sop.
ngêsorake: kw. 1 ngasorake; 2 ngalahake; kc. sor, asor.
ngêsori, ngêsorake: êngg. kn. ngêcuri, ngêcurake; kc. sor.
ngêsotake: I êngg. kn. nguculake; kc. sot. II kw: nyupatani; kc. sot, êsot.
ngêspur: kn. nggêbrag jaran nganggo kêspur.
--- 397 ---
ngêsrahi ~ ngêcègake.
ngêsrahi, ngêsrahake: kn. ak. masrahi, masrahake; kc. srah.
ngêsrèk, ngêsrik: pc. ngêrik (nusuk) sathithik; kc. kêsrèk.
ngêsrêpi: k. ngêdhêmi; kc. adhêm.
ngêsruk: êngg. kn. ngêsuk, nlusup ing.
ngêsrogake: pc. nyèlèhake; kc. srog.
ngêstalake: kn. nglêbokake ing kandhang; kc. kêstal.
(ngêt): I di-[x]-i êngg. di-[x]-ake kn. ditonton, didêlêng. II di-[x] pc: dipanasi, digodhog manèh; kc. angêt.
ngêtab: kn. nggêbrag jaran (nganggo tungkak); kc. tab.
ngêtag: pc. ngatag; kc. tag, atag.
ngêtahakên: k. ngutuhake; kc. wutuh.
ngêtang: kn. mutêr nganggo tang.
ngêtap: (ake) kn. ak. nata rantap; kc. tap.
ngêtarani: n. ngêtawisi k. 1 njalari katon têrang (cêtha); 2 (ut. ngêtarakake) ngatonake (mratandhani) yèn; kc. kêtara.
ngêtèg: I (ut. [x]-ake) kn. ak. ngêtogake. II êngg. ak: ngatag.
ngêtege, ngêtègèr, ngêtêgêr: pc. mênêng bae (ora prêduli apa-apa).
ngêtègès: pc. bisa tahan.
ngêtèhake: pc. 1 nêrangake; 2 mitêrang; kc. tèh.
ngêtèki: kn. ngetung; kc. tèk.
ngêtèl: kn. saèm. nyirig (lakuning jaran).
ngêtela: kn. nanduri kêtela.
ngêtèng: (-i) kn. nyilihake lêngênan klambi lsp. sarana didondomi; kc. tèng.
ngêtepang: kn. ak. nyirig-nyirig.
ngêtèprès: kn. omong ora lèrèn-lèrèn.
ngêtêgi: êngg. pc. nêtêgi; kc. têg, têtêg.
ngêtêkake: pc. nguja, ngênêngake bae; kc. têk.
ngêtêm: kn. ak. mèlu nyrêmpêng.
ngêtêngi: I pc. ngratêngi, matêngake; kc. êtêng, matêng. II kn: 1 ks. njalari mêtêng; 2 ngisèni patrum ing bêdhil; kc. wêtêng, mêtêng.
ngêtêp: (-i) kn. minggiri; kc. kêtêp.
ngêtêpês: pc. linggih (sila) mlipis.
ngêtêpus: pc. omong tanpa têgês.
ngêtêr: (ake) kn. nggawa mara marang, ngirid mênyang ing; kc. têr, êtêr.
ngêtig: kn. nulis nganggo mêsin tulis.
ngêtiging: êngg. kn. mlaku (mlayu) bantêr.
ngêtim: kn. nggodhog ing wadhah kang disumpêt; kc. tim.
ngêtingal: k. ngaton; kc. katon.
ngêtipake: pc. nitipake; kc. tip, titip.
ngêtipêl: kn. ak. mlaku sajak rêkasa (marga kêlêmon lsp).
ngêtir: kn. ngirêng lsp. nganggo tir.
ngêtlopi: kn. nyauri utang sarana barang; kc. tlop.
ngêtngêtan: I pc. rada angêt, apa-apa kang dingêt. II pc: padha dene ngingêtake; kc. ngêt.
ngêtugake: pc. nêkakake ing, ngêtêrake; kc. tug, kêtug.
ngêtugur: êngg. kn. tansah mênêng bae (têturon lsp).
ngêtuk: kn. mêtu banyune; kc. tuk.
ngêtulake: pc. ngatulake, ngulinakake; kc. atul.
ngêtum: (-i) êngg. kn. mungkus lan nggodhog; kc. tum.
ngêtumbar: kn. awangun bundêr-bundêr (tmr. tulisan); kc. kêtumbar.
ngêtunggèng: kn. ak. nêkuk munggah (tmr. buntut); kc. kêtunggèng.
ngêtup: I pc. ngêntup; kc. êntup. II [x]-ake pc: nutupake ing; kc. tup, tutup.
ngêtus: (ake) kn. nuntasake supaya atus; kc. tus, atus.
ngêtut: kn. ak. ngênut, tutburi: [x]-ake [ndhèrèk(ake) ki]: tutburi; kc. tut.
ngêtut-buri: n. ngêtut-wingking k. ([x]-wuntat, [x]-wuri kw): mèlu mlaku ing buri; kc. tutburi.
ngêtog: kn. 1 ak. ngêtabake tenggok lsp; 2 nyrêmpêng bangêt (nganti katog kakuwatane); 3 nanting têmênan (gêlêm utawa ora); [x]-i êngg: mborong kabèh; [x]-ake: 1 nyrêmpêng nganti katog; 2 ngênêngake bae, nguja; kc. tog, kêtog, katog.
ngêtohi: kn. notohi, mbotohi; kc. toh.
ngêtokake: n. ngêdalakên k. nggawa mêtu, nglairake; kc. wêtu.
ngêtol: pc. notol bangêt.
ngêtom: kn. nanduri tom.
ngêtomahake: kn. ak. manuhake, ngulinakake; kc. kêtomah.
ngêtoni: n. ngêdali k. mêtu mêthukake lsp; kc. wêtu.
ngêtonggèng: kn. ak. ngêtunggèng; kc. kêtonggèng.
ngêtongi: kn. madhahi ing tong.
ngêtoprès: êngg. kn. tansah omong.
ngêtor: I êngg. kn. nêgor wit; kc. tor, êtor. II [x]-ake pc. ak: nguja; kc. tor, êtor.
ngêtrap: (ake) kn. masang ing; [x]-i ak: mènèhi paukuman marang; kc. trap.
ngêtrès: I (ut. [x]-i) pc. nggêrêti (nggêthaki) wit. II [x]-ake kn. ak: nyulihake marang.
ngêtrêpi: kn. 1 ngêdêgi omah lsp; 2 trêp karo, madhani; kc. trêp.
ngêtriwalake: kn. ak. ngilangake; kc. kêtriwal.
ngêtrog-trog: pc. ngêntrog-êntrog; kc. trog.
ngêcaki: kn. miwiti nindakake (pagawean), ngalami nindakake; ngêcakake êngg. pc: 1 nindakake (pagawean lsp); 2 numrapake ing; kc. cak, êcak.
ngêcam: I êngg. ak. ngetung, metung (ngira-ira); kc. cam, êcam. II kn. ak: nyuwèrake; kc. cam, êcam.
ngêcambah: kn. gawe kêcambah; kc. kêcambah.
ngêcap: I kn. 1 ndokoki ciri cap; 2 mbathik nganggo cap; 3 ngêdrik (layang lsp); kc. cap. II [x]-i pc: mangan kalawan kêcap; kc. kêcap.
ngêcapi: êngg. kn. nabuh kêcapi.
ngêcasi: kn. 1 ak. mancêd (rêrêgan); 2 êngg. mêsthèkake, nêtêpake (yèn mêsthi bakal kêlakon); 3 êngg. kandha sanyatane; kc. cas.
ngêcèbrès: êngg. pc. gunêman tanpa têgês.
ngêcègake: I êngg. pc. 1 ngêsahi (utang); 2 nocogake panêmu lsp; kc. cèg. II kn: ndadèkake cèg; kc. cèg.
--- 398 ---
ngêcèh-êcèh ~ ngêthèthèr.
ngêcèh-êcèh: kn. mbêboros (ora ditanjakake); kc. êcèh.
ngêcèk: I kn. nglêmbutake gêmpalan lêmah (sarana diidak-idak lsp). II [x]-i kn: ngetung dhuwit pêcah dijèntrèk-jèntrèk; kc. cèk.
ngêcèngi: pc. nglangkahi; kc. cèng.
ngêcèp: êngg. pc. ngêdhèp (ndèkèki).
ngêcèprès: kn. gunêman tanpa têgês.
ngêcèr: kn. nabuh kêcèr.
ngêcès: pc. tumètès ilêre.
ngêcèt: I kn. marna nganggo cèt. II [x]-i êngg. kn: ngoncèki; kc. cèt.
ngêcêbake: I pc. nancêbake ing lêmah lsp; kc. cêb. II (ut. ngêcêb-cêbake) pc: ngisèni nganti kêbak mêncêb.
ngêcêk: kn. 1 nywara cêk-cêk (tmr. jangkrik lsp); 2 ut. [x]-i) pc. ngajan-ajani, nggêgasah; 3 (ut. [x]-i( pc. tansah ndakwa; kc. cêk, êcêk, kêcêk.
ngêcêmbang: ak. ngêcêmbong kn. tansah ana banyune (ora asat-asat).
ngêcêmil: pc. tansah mêmangan.
ngêcêmut: pc. rada ngguyu (mèsêm); kc. kêcêmut.
ngêcêng: (-candu) kn. nyuthiki candu (ing bêdudan); kc. cêng.
ngêcêpoh, ngêcêprèh, ngêcêproh: pc. têlês kêbês.
ngêcêri: kn. nètèsi nganggo jêruk lsp. kang dipèjèt; kc. kêcêr.
ngêcês: pc. nywara cês.
ngêcêcêng: kn. kaku kêncêng.
ngêcêcês: ([x] atine) pc. angluh, anglês rasaning atine.
ngêcibris: êngg. kn. ngêcipris.
ngêcing: êngg. pc. ngundurake; 2 nyêngiti bangêt; kc. cing.
ngêcipi: êngg. kn. ngicipi.
ngêciput, ngêcipir, ngêciprat, ngêciprèt: pc. lunga (mlaku) bantêr.
ngêcipris: kn. tansah omong (gunêman).
ngêcis: kn. namakake cis.
ngêcit: I kn. nusu, ngênyut; kc. kêcit. II pc: nywara cit-cit. III êngg. kn: mlayu bantêr.
ngêciwis: êngg. kn. ngêcipris.
ngêclap: pc. katon satleraman; kc. kêclap, kumêclap.
ngêclêpake: êngg. pc. nyublêsake; kc. clêp.
ngêcubung: kn. ngêndêmi nganggo kêcubung.
ngêculi: kn. 1 pc. nguculi; 2 (ut. ngêcul(ake) nguculake; kc. cul.
ngêcungi: pc. 1 ngacungi, nudingi; 2 ngagag-agagi; kc. cung, acung.
ngêcuri: kn. ngiling banyu lsp. ing; kc. cur.
ngêcusi: kn. nyiram gêni nganggo banyu; kc. cus.
ngêcut: I pc. nusu, ngêncut. II [x]-ake kn: njalari (marakake) kêcut.
ngêcucung: êngg. ak. saèm. ngêcêcêng (tmr. tangan lsp).
ngêcuwèh: pc. tansah gunêman.
ngêcuwit: pc. 1 nywara cuwit-cuwit; 2 (ut. ngêcuwis) gunêman; kc.cuwit.
ngêcogi: pc. 1 cocog karo; 2 (ut. [x]-ake) ngêsahi utang lsp; 3 (ut. [x]-ake) nocogakake,nocogake. madhakake; kc. cog.
ngêcogmol: kn. ndakwa (ngarani) ala (tanpa dipêpiringi); kc. cogmol.
ngêcohi: ki. ngidoni; kc. kêcoh, idu.
ngêcokcok: kn. ngêprokprok wasuhan.
ngêcombang, ngêcomblang: kn. ak. ngêcêmbong (ora asat-asat).
ngêcombar: pc. akèh duduhe (banyune).
ngêcomèl: pc. tansah gunêman.
ngêcong: (i) êngg kn. 1 (ut. [x]-ake) ngêsok ing, ngilingi; 2 pc. nggadhang, ngêbang, saguh mènèhi; kc. cong.
ngêcopak: pc. nywara kêcopak (ing banyu).
ngêcopi: pc. mlêbu ing (bolongan); kc. cop.
ngêcoprès: pc. tansah omong (umuk-umukan).
ngêcor: kn. 1 ngêsokake luluhan timbêl lsp. ing cithakan lsp; 2 (ut. [x]-i) êngg. pc. ngêcuri, ngêsoki, ngoncori têtanduran; 3 (ut. [x]-i) pc ngêjogi banyu (supaya suda kêrase lsp); kc. cor.
ngêcot: pc. lunga, nglungani.
ngêcocong: kn. ngêcucung.
ngêcrahake: kn. njalari (agawe) crah.
ngêcrèk: I êngg. ak. 1 nosoh (bêras); 2 (ut. ngêcrik) macul lsp. ing lêmah; kc. kêcrèk. II kn: mblênggu; kc. kêcrèk.
ngêcrèt: pc. mêtu mancrut; kc. crèt.
ngêcrêti: kn. ak. nyiprati; kc. crêt.
ngêcriwis: êngg. kn. tansah gunêman.
ngêcruk, ngêcrok: kn. macul ing lêmah; kc. kêcruk.
ngêcruti: kn. nyiprati nganggo lênga wangi lsp; kc. crut.
ngêcrokcrok: pc. ngêprokprok wasuhan.
ngêcrop: kn. nosrop, mangan disêrot (disruput); kc. crop.
ngêcroti: kn. saèm. ngêcruti; kc. crot.
ngêthahani: kn. ak. kêthaha marang; kc. kêthaha.
ngêthak: êngg. pc. nêtêpake; kc. kêthak.
ngêthakrah: pc. akèh sarta rowa.
ngêthapêl: kn. ngamplok sikile mêthakol; kc. kêthapêl.
ngêthathar: kn. ak. sumèlèh ora tata; kc. kêthathar.
ngêthathêl: pc. sêmu kadung (ênggone nguncalake); kc. kêthathêl.
ngêthawe: pc. kumlawe (tangane).
ngêthawêng: kn. katon mlêngkung bêcik.
ngêthawit: kn. ak. ngrawit, cilik alus.
ngêthèk: kn. kaya kêthèk.
ngêthèkèr: kn. munggah kanthi rêkasa; kc. kêthèkèr.
ngêthekor: pc. linggih nungkuli pangane.
ngêthekrak: pc. linggih ora tata.
ngêthèl: kn. 1 mutih lawon nganggo kêthèl; 2 pc. rêgêd bangêt; kc. kêthèl.
ngêthèngkrang, ngêthèngkrong: pc. linggih mêthèngkrèng.
ngêthèpèl: êngg. kn. ngêthapêl; kc. kêthèpèl.
ngêtheprak: pc. mêthuthuk akèh (tmr. sêsukêr).
ngêthèr: I pc. nyabêtake pêcut lsp. nganti nywara thèr. II pc: mêlar, mêthèr.
ngêthèthèr: kn. 1 pating slêmbrèh (tmr. sandhangan); 2 ak. bosah-basih.
--- 399 ---
ngêthêk(-i) ~ ngijo gawe.
ngêthêk: (-i) kn. nywara thêk-thêk (sarana obahing ilat).
ngêthêkêr: kn. ora mingsêd-mingsêd (tumandang ing gawe lsp).
ngêthêkul: pc. tumungkul (tumandang ing gawe).
ngêthêkur: pc. linggih ora obah-obah.
ngêthêkrêk: kn. sêsirigan.
ngêthêkrus: pc. ngêthêkur.
ngêthêm: êngg. kn. nggêtêm; kc. kêthêm.
ngêthêmêk-ngêthêmêk: kn. mlaku alon-alon.
ngêthêmil: kn. mêmangan saka sathithik.
ngêthêngkrêng: kn. linggih ora obah-obah.
ngêthêngkruk, ngêthêngkrus: pc. mêthêngkrus (linggih ora obah-obah).
ngêthêpêl: êngg. kn. ngêthapêl.
ngêthêprèk, ngêthêprêk: kn. sêsirigan (nywara kêthêprêk-kêthêprêk)..
ngêthêr: I kn. ora rêsikan; kc. kêthêr. II kn: nywara thêr-thêr.
ngêthêthêr: kn. ndhrêdhêg marga kadhêmên (kodanan lsp).
ngêthiyu: kn. nyrêmpêng ênggone tumandang.
ngêthik: kn. ngandhani (mêling) dhêdhêmitan; kc. kêthik.
ngêthikar: kn. ak. kêthèkèlan.
ngêthikrak: pc. nglumpruk, ora tata.
ngêthil: êngg. kn. njupuk; kc. thil.
ngêthimik-ngêthimik: kn. mlaku rindhik; kc. kêthimik.
ngêthing-êthing: pc. ndêdama, nglêlithing; kc. thing, êthing.
ngêthingi: êngg. kn. mbancaki (bocah cilik); kc. kêthing.
ngêthingkrang: pc. umuk, pambêkan.
ngêthingkrik, ngêthingkring: pc. 1 linggih ing papan kang dhuwur; 2 umuk, dhiri.
ngêthipil: ak. ngêthiplik kn. mlaku iplik.
ngêthiplêng: pc. mlayu bantêr.
ngêthiprèt: pc. mlayu bantêr.
ngêthithir: pc. ndhrêdhêg kadhêmên (kodanan).
ngêthiwul: pc. tanpa wigah-wigih (ênggone mangan).
ngêthuh: I pc. rêgêd; kc. kêthuh. II pc: ngadhuh.
ngêthuyuk: pc. wungkuk sarta rêkasa (tuwa bangêt lsp).
ngêthuk: I kn. nabuh kêthuk. II [x] (-êthuk)ake kn: nggathuk(-gathuk)-ake; kc. thuk.
ngêthulake: kn. njalari (agawe) kêthul.
ngêthumuk-ngêthumuk: kn. mlaku alon-alonan.
ngêthungake: pc. ngathungake; kc. athung, êthung.
ngêthungkruk, ngêthungkrung: pc: linggilinggih. sêmu wungkuk (ndhungkluk).
ngêthupruk: pc. tansah omong (gunêman).
ngêthuri, ngêthurake: kn. ngêcuri, ngêcurake; kc. thur.
ngêthut: I kn. ak. nggêgêt. II êngg. kn: wulêd, mêmpêng ora lèrèn-lèrèn; kc. kêthot.
ngêthuthur: êngg. ak. njêbèbèhake suwiwi.
ngêthuwêl: kn. ngukêl tangan.
ngêthuwêng: pc. menggok mubêng; kc. ngêdhuwêng.
ngêthuwêt: pc. ngêdhuwêt.
ngêthuwik: pc. tansah uwak-uwik.
ngêthog, ngêthok: kn. nothok meja lsp; kc. thok.
ngêthok: kn. 1 nugêl; 2 mancêd (rêrêgan); 3 krasa kêsêl (sikil lsp); kc. kêthok.
ngêthok-lèh: pc. mongorake, ndakwa ing sapangarêpan uga; kc. thok-lèh.
ngêthongkrong: pc. saèm. mongkrong, mêthongkrong.
ngêthoprak: kn. 1 nywara kêthoprak-kêthoprak; 2 mbarang (dadi) kêthoprak.
ngêthopro, ngêthoproh: pc. nglèmbrèh ora tata (panganggo).
ngêthothor: kn. njêbèbèh nglèmbrèh (tmr. suwiwi).
ngêwèhi: êngg. pc. mènèhi.
ngêwohi: kn. ak. awoh; kc. woh.
ngêwrat: k. ngêmot; kc. wrat.
(ngi): di-[x] kn. ak. diadhêmake (sarana ditepasi, tmr. sêga); kc. angi.
ngibadah, ngibadat: (A) kn. nglakoni agama; kc. ibadah.
ngibarat: (A) kn. (surasaning) pêpindhan; kc. ibarat.
ngibêki: kw. ngêbaki; kc. ibêk.
ngibêri: kn. mibêr ing; kc. ibêr, mibêr.
ngibing: êngg. kn. njogèdi tlèdhèk; kc. ibing.
ngibu: kn. nyêbut (kaprênah) ibu.
ngidah: (A) kn. ak. idah.
ngidak: kn. napakake (ngênakake) sikil ing; kc. idak.
ngidang: kn. kaya kidang (tapa lsp).
ngidèni: kn. nglilani; kc. idi.
ngidêk: êngg. ak. ngidak.
ngidêri: kn. ngubêngi, mlaku ngubêngi; kc. idêr.
ngidid: kn. midid (tmr. angin).
ngidin: êngg. kn. lah rak têmênan.
ngidini: kn. ngidèni; kc. idi, idin.
ngidu: kn. ak. kêcoh ki: ngêtokake idu; kc. idu.
ngidul: kn. mênyang ing kidul.
ngidulfitri: (-pitri, -pitir) (A) kn. pungkasaning pasa (lêbaran).
ngidulkorban: (A) kn. riyaya munggah kaji (Bêsar).
ngidung: êngg. ak. 1 nêmbang; 2 ngarang têmbang; kc. kidung.
ngidoh: êngg. kn. ngidu; kc. idu.
ngidoni: kn. ngêcohi ki. idu ing (ditamakake ing); kc. idu.
ngijabahi: kn. ak. ngidèni, nglilani.
ngijabahake: kn. ningkahake; kc. ijab.
ngijab-ijabi: kn. ak. ngedab-edabi, nggumunake; kc. ijab.
ngijati: kn. ak. nyelaki; kc. kijat.
ngijèhake, ngijihake: pc. n. ngisihake; kc. isih.
ngijèni: kn. (miyambaki k. ak): nandangi lsp. ijèn; kc. ijèn.
ngijêm: k. ngijo; kc. ijo, ijêm.
ngijing: kn. nyêkar ki: ngêtrap kijing ing kuburan; kc. kijing.
ngijir: (-i) êngg. pc. 1 njupuki saka sathithik; 2 metung; kc. ijir.
ngijo: n. ngijêm k. 1 marna ijo; 2 tuku pari sadurunge diênèni; kc. ijo.
ngijo gawe: êngg. kn. nindakake pakaryan desa (dadi calon kuli kêncêng).
--- 400 ---
ngijodi ~ ngilèni.
ngijodi, ngijoti: êngg. ngijoli.
ngijokake: n. ngijêmakên k. adol pari sadurunge panèn; kc. ijo.
ngijoli: n. nglintoni k. nglironi, ngganti; kc. ijol.
ngijon: kn. tuku ut. adol nganggo êmpingan; ngijoni: mènèhi êmpingan (sadurunge panèn); kc. ijo, ijon.
ngidham: kn. kumudu kêpengin mêmangan (wowohan lsp, nalikane mêtêng); kc. idham.
ngidhêp: (-i) kw. sumungkêm (ormat, bêkti) marang; [x]-ake pc: mêruhake; kc. idhêp.
ngidhunake: êngg. pc. n. ngudhunake; kc. idhun, midhun.
ngidhupi: êngg. pc. nguripi; kc. idhup.
ngidhopi: êngg. kn. ngijoli; kc. idhop.
ngigèhake, ngigihake: êngg. pc. n: ngisihake; kc. isih.
ngigêl: kn. 1 njêgrag sarta mbèbèr buntut (tmr. mêrak); 2 ngukêl tangan (tmr. njogèd).
ngigit-igit: kn. muring bangêt sarta ngincim-incim; kc. igit.
ngiglag: kn. ak. katon ngegla.
ngiglig: êngg. pc. mlaku iplik (kêpenak).
ngigling: êngg. kn. lêgèh, ora nggêgawa, nganggur.
ngiguhake: kn. awèh pratikêl, nindakake kanthi pratikêl; kc. iguh.
ngihtiyari, ngihtiyarake: pc. nggolèkake sarana; kc. ihtiyar, sêtiyar.
ngiyag-iyagake: êngg. pc. nggiri-nggiri, ngenggalake.
ngiyak-iyak: êngg. pc. nyak-nyakan (mlaku lsp) murang tata-krama.
ngiyak-ngiyuk: pc. 1 ngrayuk, ngêpèk; 2 ngracak (nyaruk) rêrêgan, olèh sakaro-karone; kc. kiyak-kiyukan, kiyuk.
ngiyam: kn. 1 ak. nyoba, njajal, ngicipi; 2 êngg. milih (lurah desa); kc. kiyam.
ngiyambaki: êngg. pc. k. ndhèwèki; kc. kiyambak, dhewe.
ngiyan: kn. ak. ngêlèr lan ngêngi sêga ing iyan; kc. iyan.
ngiyani: n. nginggihi k. mangsuli iya, nyanggêmi; kc. iya.
ngiyangake: êngg. ak. masokake (pajêg lsp) marang; kc. iyang, miyang.
ngiyas: kn. 1 nggathuk-nggathukake surasa sarana panglimbanging nalar; 2 ak. ngrèmèhake; 3 ak. madoni (nyelaki) sarana katêrangan; kc. kiyas.
ngiyasani: kn. ak. gawe apa-apa ing; kc. iyasa.
ngiyat: I kn. mbukak (kêrtu); kc. iyat. II [x]-i k: nguwati; kc. kiyat, kuwat.
ngiyèk, ngiyèh: kn. mbêngok tmr. kewan.
ngiyèn: êngg. mènèhi; kc. iyèn.
ngiyêg-iyêg: kn. ak. katon abot bangêt; kc. iyêg.
ngiyêk-iyêk: pc. 1 ngringkêl-ringkêl; 2 ngêkul (nyawiyah) bangêt.
ngiyêm: êngg. kn. nganyêpake murih ora ngrapak (têmbako lsp); kc. iyêm.
ngiyêng: kn. tansah nangis ora mênêng-mênêng; kc. iyêng, kiyêng.
ngiyêr: kn. ngêrêmake mata sathithik; kc. kiyêr.
ngiyik-iyik: êngg. pc. ngêkul, nyawiyah; kc. ngiyêk-iyêk.
ngiyip: kn. 1 mêrêm-mêrêm matane (dening kêpenak lsp); 2 pc. sênêng bangêt; kc. kriyip.
ngiyuk: pc. ngrayuk, ngêpèk; kc. kiyuk.
ngiyod:(-iyod), ngiyud(-iyud) kn. ngoyag-oyag (supaya mêntul lsp); kc. iyod, iyud.
ngiyog: kn. ngêyog; kc. iyog.
ngiyom: kn. ak. ngayom, ngaub; kc. iyom.
ngik: I mak [x] pc. pêpindhan swaraning napas sêsêg lsp. II di-[x] êngg. kn: diilês (tmr. pari); kc. angik.
ngikal: êngg. kn. ngubêd-ubêdake (bolah lsp) ing; [x] basa: ngubad-ubêdake têtêmbungan; [x] gada br: ngobat-abitake gada; kc. ikal.
ngikêt: I kw. 1 nalèni; 2 ngarang, ngrumpaka; kc. ikêt. II [x]-ikêti kn. ndhêsthari ki: ngênggoni ikêt; kc. ikêt.
ngikibi: kn. ak. nyelaki; kc. kikib.
ngikidi: êngg. ak. nggêmèni; kc. kikid.
ngikik: kn. gumuyu jêgigikan.
ngikil: kn. tansah watuk bae.
ngikir: kn. nggosok nganggo kikir.
ngikis: I kn. ak. 1 matêsi; 2 mêtu ing kikis; kc. kikis. II êngg. kn. nêmpur nganggo takêran kikis.
ngiklasake: kn. ak. nglilakake; kc. iklas, eklas.
ngiklik: êngg. kn. ngikik.
ngikut: êngg. kn. njupuk, ngêpèk; kc. ikut.
ngikrali: kn. ak. nêksèni, nêrangake; kc. ikral.
ngiktiyari, ngiktiyarake: kn. ak. ngihtiyari, ngihtiyarake; kc. iktiyar, sêtiyar.
ngiladuni: kn. ak. nindakake ngèlmu iladuni.
ngilak: I k. ngulak; kc. kilak, kulak. II [x]-ilak kn: katon jêmbar bawera; kc. ilak.
ngilani: I ki. nyapih; kc. ila, sapih. II kn: 1 ngukur nganggo kilan; 2 ([x] dhadha) pc. ngina; kc. kilan.
ngilang: I n. ngical k. ora ngaton; kc. ilang. II kn: gawe kilang (nggodhog lêgèn); kc. kilang.
ngilapati: kn. ak. mratandhani, ngalamati; kc. ilapat.
ngilapi: k. ngêmbuhi; kc. êmbuh, kilap.
ngilar: I (ut. [x]-i) êngg. kn. 1 mbabadi (bêbondhotan lsp); 2 nyirik; kc. ilar. II [x]-i êngg. kn: golèk, nggolèki; kc. ilar. III [x]-ilar êngg. ak: ngilak-ilak, gilar-gilar.
ngilat: kn. ak. gumêbyar kaya kilat; kc. kilat.
ngilèkake: I kn. agawe mili; kc. ili. II kn: ngungsèkake mênyang ing; kc. ili, ngili.
ngilèn: k. ngulon; kc. kilèn, kulon.
ngilèni: I êngg. ak. ngilèkake banyu ing; kc. ili. II kn: 1 ak. nêmpuhi; 2 tuku wowohan
--- 401 ---
lsp. ana ing pakarangan; kc. ili, ilèn-ilèn. III kn: 1 ngêrèkake lsp. nganggo kili; 2 pc. nggêgasah, ngajan-ajani; kc. kili.
ngilêb(ilêb)i ~ ngintir(-intir)ake.
ngilêb: (-ilêb)i kn. ak. ngêlêbi; kc. ilêb.
ngilêmakên: êngg. k. nurokake; kc. kilêm, turu.
ngilêpake: kn. ak. nyilêpake ing banyu; kc. ilêp.
ngilêr: kn. 1 mêtu ilêre; 2 pc. kêpengin bangêt (kumêcêr); 3 sêmu ngyiyid (tmr. sêga wayu lsp); kc. ilêr.
ngilês: (-ilês) kn. 1 ngidak-idak (wasuhan, pari lsp); 2 br. ngalahake, nyiya-nyiya; kc. ilês.
ngilêtakên: êngg. k. ngilèkake; kc. ilêt, ili.
ngili: kn. lunga ngungsi; kc. ili.
ngilik: I êngg. kn. tilik, ngungak; kc. ilik. II [x]-ilik kn. ngithik-ithik; kc. ilik. III [x]-ake êngg. ngelikake; kc. elik.
ngiling: I kn. nyuntak (ngêsokake) saka ing wadhah kang tanpa cucuk; kc. iling. II [x]-ilingi kn: ndêlêng namatake; kc. iling.
ngilir: I êngg. kn. milihi (wulèn); kc. ilir. II [x]-i kn: nepasi (ngêbuti) nganggo ilir. III [x]-ake kn: nglakokake prau milir; kc. ilir.
ngilmu: pc. ngèlmu.
ngilu: kn. 1 mêtu ilune; 2 ks. omong umuk-umukan; kc. ilu.
ngilut: kn. nyokot; kc. gilut.
ngilo: kn. 1 nonton wujude ing pangilon; 2 ak. namatake, nyawang; 3 br. ngangên-angên, nggagas (nglimbang-limbang); kc. ilo.
ngilokake: I (ut. ngiloki) êngg. ngelikake; kc. ilok. II n. numutakên k. ndhèrèkake ki. ak: 1 akon mèlu marang; 2 (ut. ngilok-ilokake) ak. nganggêp (ngarani) yèn mèlu (ngrewangi lsp) ing liyan; kc. ilu, ilon.
ngiloni: kn. mèlu ngrewangi; kc. ilon.
ngilong: pc. katon amba (tmr. mata); kc. kilong.
ngimah-imahakên: k. pc. ngomah-omahake; kc. omah.
ngimami: (ngimani) kn. mêngarêpi wong sêmbahyang (dadi imam); kc. imam.
ngiman: (ake) êngg. ak. nindakake (nuhoni) marang pituduh lsp; kc. iman.
ngimba: (-imba) êngg. ak. niru, nulad; kc. emba.
ngimbahi: êngg. k. ngumbahi; kc. kumbah.
ngimbalake: kn. nglantarake (dhawuh lsp); kc. imbal.
ngimbalakên: k. ak. ngumbalakên; kc. umbal.
ngimbangi: kw. ngira-ira, naksir; kc. imbang.
ngimbar: I êngg. k. ngumbar; kc. umbar. II kn. ak: nyumpah; kc. imbar.
ngimbir: I kn. ak. rada niru (nulad); [x]-imbir(-i) ak: 1 ngêlong-êlongi saka sathithik; 2 ngurubake saka sathithik. II [x]-imbir kn. ak: ngambah lsp. saka ing pinggir; [x]-imbiri tuwa: wis mèh tuwa.
ngimbu: kn. (ngimbêt êngg. k): nyimpên wowohan lsp. supaya matêng; kc. imbu.
ngimbuhi:. 1 kw. muwuhi, ngundhakake; 2 n. ngimbêti k. nanduki ki. mènèhi imbuh (tmr. mangan); kc. imbuh.
ngimêl: kn. mangan sajak enak bangêt.
ngiming-iming: (-i) kn. mêmengin; kc. iming.
ngimit-imit: kn. ak. ngiwit-iwit, nggêmèni; kc. imit.
ngimuk: kn. ak. ngrimuk, ngglêmbuk; kc. imuk.
ngimur: kw. nglipur, ngrêrapu; kc. imur.
ngimpês: kn. matèni; kc. impês, mimpês.
ngimpi: n. supêna k. wêruh (rumasa ngalami) lêlakon ing sajroning turu; kc. impi.
ngimplêng: kn. 1 êngg. ndingkik; 2 pc. mandêng; kc. implêng.
ngimpu: kn. 1 nglumpukake (keceran bêras lsp); 2 br. nglumpukake (kawruh); kc. impu.
ngimpun: (-i) kw. nglumpukake; kc. impun.
ngina: kn. ngrèmèhake, nyapèlèkake; kc. ina.
nginahi: kn. ak. mènèhi inah; kc. inah.
nginang: kn. (nggantèn k): mamah kinang.
ngindêl: êngg. kn. nggodhog (wedang); kc. indêl.
ngindêngake: kn. ak. nglandêngake; kc. indêng, mindêng.
nginjên: (nginjêng êngg) kn. ndêlêng saka ing bolongan lsp; kc. injên.
nginjiki: êngg. kn. têka niliki; kc. kinjik.
ngindhaki: k. ngundhaki; kc. indhak, undhak.
ngindhani: kn. nyingkiri (ngoncati); kc. indha.
ngindhêkosake: pc. mondhokake; kc. indhêkos.
ngindhêpake: êngg. kn. nginêbake (lawang); kc. indhêp.
ngindhêt: kw. nyandhêt, ngêndhêt.
ngindhik: (-indhiki) kn. marani alon-alonan arêp ndêkêp (nyêkêl); kc. indhik.
ngindhit: kn. nggawa (klênthing lsp) ing bangkekan; kc. indhit.
ngindhung: I êngg. kn. mêdhayoh, tilik sanja; kc. indhung. II kn: mondhok, nunut manggon; kc. indhung.
nginêb: (ake) êngg. ak. nutup (lawang lsp); kc. inêb.
nginêp: n. nyipêng k. nyare ki. turu ana ing omah ut. panggonan liya (ing sajroning lêlungan); kc. inêp.
nginum: êngg. kn. ngombe; kc. inum, minum.
nginte: kw. nginjên, nêlik, ndingkik; kc. inte.
ngintên: k. ngira; kc. kintên, kira.
ngintêri: kn. milah-milahake gabah karo bêras lsp. diubêng-ubêngake ing tampah (tambir); kc. intêr.
nginting-inting: êngg. kn. nantang, ngincim-incim; kc. inting.
ngintip: I kn. nginjên, ndingkik; kc. intip. II kn: mêtu intipe; kc. intip.
ngintir: (-intir)ake kn. 1 nyugoni gêni supaya mintir urube; 2 (ngintiri ak) mènèhi saka sathithik; kc. intir.
--- 402 ---
ngintir-intir ~ ngipatake.
ngintir-intir: kn. krasa ngêlih bangêt; kc. intir.
ngintun: k. ngirim; kc. kintun, kirim.
ngincak-incak, ngincêk-incêk: kn. 1 ak. ngintêri; 2 êngg. ngidak-idak (ent. ora ngajèni); kc. incak.
ngincangake alis: kw. ngobahake alis; kc. kincang.
ngincati: êngg. k. ngoncati; kc. oncat.
ngincêng: kn. 1 mandêng; 2 mandêng (namatake) ngênêr ing, nyipat; kc. incêng.
ngincêr: kn. 1 ak. mandêng marang (ent. melik bangêt marang); 2 ngêrêmake matane sasisih ing nalikane ngincêng; kc. incêr, kincêr.
ngincih: kn. kêpengin (melik) bangêt marang darbèking liyan; kc. incih.
ngincim-incim: kn. sumêdya malês (milarani lsp); kc. incim.
ngincipi: êngg. kn. ngicipi; kc. incip, icip.
ngincup: êngg. kn. nyêkêl nganggo driji panuding karo jêmpol; kc. incup.
ngincrit-incrit: kn. saka sathithik ênggone mènèhi lsp; kc. incrit.
ngintha: (intha) êngg. kn. ngentha-entha; kc. entha.
nginthar: kn. mlayu bantêr; kc. inthar.
nginthik: pc. agahan mlaku (marani).
nginthil: I kn: mlaku tutburi; kc. kinthil. II pc: mêtu inthile; kc. inthil.
nginthit-inthit: pc. ngincrit-incrit; kc. inthit.
nginyak-inyak: pc. ngidak-idak, ngicak-icak.
nginyani: kn. nusoni momongane; kc. inya.
nginyig: (nginjlig pc) kn. mlaku rikat ciyut jangkahe.
nging: pc. nanging.
ngingah: I k. ngingu; kc. ingah, ingu. II êngg. kn: manuh ora bêcik (tmr. bocah).
ngingêl-ingêl: kn. ak. nêkuk-nêkuk gulu (diungsêb-ungsêbake); kc. ingêl.
ngingêr: (ake) kn. 1 ([x] kêris) ngingsêd saka ing gêgêr mênyang ing bangkekan; 2 ngowahi ênêre (adhêpe); 3 mutêr (rêmbug lsp); kc. ingêr.
ngingêtake: (ngingêti êngg) kn. ndêlêng marang; kc. ingêt.
nginggahi: k. ngunggahi; kc. inggah, unggah.
nginggahake: êngg. kn. nyinggahake; kc. inggah.
nginggalake: êngg. kw. ngenggalake; kc. inggal.
nginggar-inggar: êngg. ak. ngenggar-enggar ati; kc. enggar.
nginggati: kn. 1 nglungani; 2 ngoncati; nginggatake: nggawa minggat; kc. inggat, minggat.
nginggêng: I êngg. kn. nginjên, ngintip; kc. inggêng. II êngg. pc: ngênggêng; kc. ênggêng.
nginggihi: k. ngiyani; kc. inggih, iya.
nginggilakên: k. ndhuwurake; kc. inggil, dhuwur.
nginggit-inggit: kn. ngigit-igit, mangkêl bangêt nêdya malês lsp; kc. inggit.
nginginake: êngg. mengingake,menginake. mèngini.
ngingingi: pc. ngênani; kc. kêna.
ngingip: (-ingip)ake kn. nyungulake pucuke sathithik; kc. ingip, mingip.
ngingisake: kw. ngatonake (untune lsp); kc. ingis, mingis.
ngingis-ingis: êngg. kn. nyênyênggring; kc. ingis.
ngingkêdi: kn. ak. nyingkiri (ora nuhoni lsp); kc. ingkêd, mingkêd.
ngingkêl-ingkêl: kn. ak. ngingêl-ingêl; kc. ingkêl.
ngingkêmi: kn. 1 nutup cangkêm; 2 ak. ngugêmi (kasaguhan); 3 ngêpèk (barang kang dititipake lsp); kc. ingkêm, mingkêm.
ngingkirake: pc. nyingkirake; kc. ingkir, singkir.
ngingkis: kn. ak. mingkis; kc. wingkis.
ngingklik-ingklik: pc. sumèlèh (nyèlèhake) ing papan kang dhuwur.
ngingkling: I êngg. kn. manggul; kc. ingkling. II [x]-ingkling êngg. kn: 1 nggawa mrana-mrana; 2 ngadon-adoni supaya pasulayan; kc. ingkling.
ngingkud: kn. 1 êngg. nyiyutake; 2 ngringkês (ênggone mbuntêl lsp); 3 ak. ngêbèki (nyandhêt); kc. ingkud.
ngingkung: I êngg. kn. nêkani ngalang (arêp mbêdhil bêburon). II kn: olah ingkung; kc. ingkung.
ngingkupake: kn. nutup ditangkêbake, kb. ngêgarake; kc. ingkup, mingkup.
ngingkusi: kn. ak. ngingkupake sathithik; kc. ingkus, mingkus.
ngingkrang: (ake) kn. ngunggahake (sikil) ing nalikane linggih.
ngingkrik-ingkrik: kn. kikrik; ngingkrik-ingkrikake: 1 ([x] rêgane) ngunggahake (nglarangake); 2 pc. ngugung; kc. ingkrik.
(nginglang): di-[x] kn. ak. dilelang.
nginglari: kn. ak. nyelaki, ora ngakoni; kc. inglar, minglar.
nginglêpake: kn. ak. nglêbokake (apa-apa kang maune mêncungul); kc. inglêp, minglêp.
nginglung: kw. ngênglêng, lilung.linglung.
ngingu: n. ngingah k. ngopèni sarta miyara (kewan lsp); kc. ingu.
nginguk: kn. ngungak; kc. inguk.
ngingus: pc. ngingêtake; kc. ingus.
ngingoni: n. ngingahi k. mènèhi pangan (marang wong kang rewang lsp); kc. ingu, ingon.
ngingsêd: (ake) kn. ngêlih (ngingsêr) sathithik; kc. ingsêd.
ngingsêk-ingsêk: pc. mingsêk-mingsêk.
ngingsêp: kn. ak. nyêrot; kc. ingsêp.
ngingsêr: (ake) kn. ngêlih ênggone; kc. ingsêr, mingsêr.
ngingslêpake: kn. nginglêpake; kc. ingslêp, mingslêp.
ngingsor: n. ak. ingisor.
ngipahi: I êngg. k. ngopahi; kc. opah. II kn: ndokoki ipah.
ngipak-ipak: kw. ngombak-ombak.
ngipasi: êngg. pc. nepasi, ngêbuti; kc. kipas.
ngipatake: kn. mbuwang sarana dibabitake; kc. kipat.
--- 403 ---
ngipat-ipati ~ ngiwa.
ngipat-ipati: kw. nyupatani, ngêsotake; kc. ipat.
ngipi: êngg. kn. ngimpi.
ngipik-ipik: êngg. kn. ngirit-irit, nggêmèni.
ngiplêng: êngg. kn. ndingkik, ngintip; kc. iplêng.
ngiplik: kn. mlaku iplik.
ngipuk: I kn. 1 êngg. ngunthuk-unthuk, ngurug; 2 ndhêdhêr ing pawinihan; kc. ipuk. II kn: ngrimuk; kc. ipuk.
ngiponi: pc. tansah nunggoni; kc. kipu.
ngira: n. ngintên k. 1 nyana, nyêngguh, ndakwa; 2 (ut. [x]-ira) nduga, nêksir; kc. kira.
ngirabake: I kn. 1 ngubêt-ubêtake (wulu lsp); 2 ak. ngipatake (nglembatake, nyelaki); kc. kirab. II kn. ak: mbudhalake (wadyabala); kc. kirab.
ngiradati: kn. ak. nyranani (ngihtiyari) murih owah saka kodrate (kaanane); kc. iradat.
ngirangi: k. ngurangi; kc. kirang, kurang.
ngiras: kn. 1 ak. nigas, nugêl; 2 nindakake (nglakoni) bêbarêngan; 3 jajan dipangan ing ênggon, mangan (ngombe) têrusan saka ing wadhahe; kc. iras.
ngiras-ngirus: pc. nindakake (nyambi) bêbarêngan.
ngirat: (-i) kn. nyêbiti pring lan disisiki; kc. irat.
ngirêng: n. nyêmêng k. marna irêng; kc. irêng.
ngiri: (-iri) kn. ak. ngatag akon tumandang; kc. iri.
ngirib: (-i) kn. ak. mirib, mèmpêr karo; kc. irib.
ngirid: kn. 1 ak. nggèrèd; 2 ngêtêrake mênyang ing (sowan panggêdhe lsp); kc. irid.
ngirih: (-i) kn. ak. ngrêsiki; 2 nyimpangake iline; 3 mêmiringi murih bêcik; kc. irih, kirih.
ngirik-iriki: pc. ndhèdhèki (ngêsiri) arêp ngêpèk lsp; kc. irik.
ngirim: n. ngintun k. 1 ngêtêrake pangan marang (wong kang lagi nyambut gawe lsp); 2 mêmêtri sarana nyajèni kêmbang ing kuburan; 3 pc. mènèhi (mbayar) anakaning gadhèn; kc. kirim.
ngiring: I (ut. [x]-ake) kn: ngêtêrake (ngêtutake) pangantèn lsp; kc. iring. II [x]-ake kn: nyèlèhake lsp. miring; kc. iring, miring.
ngiringan: (ing [x]) kn. ing sisih kiwa ut. têngên (ora methok); kc. iring.
ngiris: (-i) kn. ngêthok (natas lsp) nganggo lading; kc. iris.
ngirit: (-irit) kn. nggêmèni (wêtuning dhuwit lsp); kc. irit.
ngirup: (-i) kn. 1 êngg. ak. ngumpulake wong-wong (diajak ngraman lsp); 2 misaya iwak ing rumpon; kc. irup.
(ngis): di-[x]-[x] pc. diêngis-êngis.
ngisa: kn. waktu sêmbahyang ing wayah sore (jam 7.30).
ngisab-isabake: kn. ngisin-isini, mirangake; kc. isab.
ngisas: (-i) kn. ak. ngukum pati; kc. kisas.
ngisat: I êngg. kn. ngêsat; kc. kisat, sat. II kw: mlayu (nglungani); [x]-ake kw: ngipatake, mbuncang.
ngisbatake: kn. ak. ngupamakake ing pêpindhan; kc. isbat.
ngisèni: kn. nglêboni isi, nglêbokake ing; ngisèn-isèni ak: nggêgasah amrih pasulayan; kc. isi.
ngisêp: kn. 1 ak. nyêrot; 2 br. ngambu, ngambung; kc.isêp.
ngisi: êngg. kn. ngisèni; kc. isi.
ngisihake: n. naksihakên k. ak. nurahake; kc. isih.
ngisik-isik: kn. ngêlus-êlus; kc. isik, kisik.
ngisin-isin: kn. mêmoyoki lsp, supaya isin; ngisin-isinake: mêmirang, njalari isin; kc. isin.
ngising: n. bêbanyu k. bobotan ki: ngêtokake sêsukêr; kc. ising.
ngisis: I kn. 1 ngangin-angin supaya isis; 2 (ut. [x]-i) ngêtokake ing jaba supaya kanginan; 3 br. ngatonake (siyunge lsp); kc. isis. II kw: mlayu (marga kalah).
ngislamake: kn. 1 martobatake dadi Islam; 2 nêtakake; kc. islam.
ngisuhi: pc. misuhi; kc. isuh, wisuh.
ngisruhake: kn. agawe (njalari) kisruh.
ngistiyari, ngistiyarake: kn. nggolèkake sarana; kc. sistiyar, sêtiyar.
ngitêng: (-i) kn. mbênakake (jala, jaring lsp).
ngitêri: kn. ak. ngubêngi, ngêpung; kc. kitêr.
ngitik-itik: kn. ngopèni (nggulawênthah) wiwit cilik; kc. itik.
ngiting: êngg. kn. nginthil, tutburi.
ngitiri: kn. ak. ngirimi kitir (layang); kc. kitir.
ngitung: êngg. ak. ngetung.
ngicak-icak, ngicêk-icêk: êngg. ak. ngidak-idak, nginyak-inyak; kc. icak.
ngical: k. ngilang; kc. ical, ilang.
ngicêl: kn. ak. nggêcêl (ndadah); kc. kicêl.
ngicêr: pc. ngincêr.
ngicik: kn. gawe kicik(-an); kc. kicik.
ngicir: (-icir)-i êngg. pc. ngècèri sathithik-sathithik; kc. icir.
ngicis: êngg. kn. ngisis.
ngicuk-icuk: kn. mbêbujuk; kc. icuk.
ngiculi: êngg. pc. nguculi; kc. icul, ucul.
ngicrit-icrit: pc. ngincrit-incrit.
ngithalake: kn. ak. njalari (agawe) kithal.
ngithar: kn. ak. nginthar.
ngithi: (ng)-ithi(ng) pc. ngugung bangêt; kc. ithing.
ngithik-ithik: kn. ngêrèkake (agawe kêri); kc. ithik.
ngithing: kn. ak. njêngkêrutake tangan kaya kithing; kc. kithing.
ngithoni: kn. ribut tumandang; kc. ithu.
ngiwa: pc. 1 mênyang ing kiwa; 2 laku ora barès; kc. kiwa.
--- 404 ---
ngiwad-ngiwud ~ nglakokake.
ngiwad-ngiwud: kn. ak. nyênyêkêl sacandhak-candhake; kc. iwud.
ngiwak: kn. ak. ngewak.
ngiwas: kn. ak. ngewas.
ngiwat: kn. nggawa lunga (wong wadon); kc. iwat.
ngiwêt-iwêt: pc. nyiwêli (pupu lsp).
ngiwi-iwi: kn. ngisin-isin tuwin nyênyênggring; kc. iwi.
ngiwir-iwir: kn. njèmbrèng saka sathithik (têmbako lsp); kc. iwir.
ngiwit-iwit: kn. nggêmèni supaya awèt; kc. iwit.
ngiwud: kn. ak. nyandhak (nyêkêl) saolèhe; kc. iwud.
ngiwul-iwul: pc. ngawul-awul; kc. awul.
ngiwung: kw. ngamuk ora prêduli apa-apa.
ngyai: kn. ak. nyêbut kyai; 2 dadi kyai; kc. kyai.
ngyakinake: kn. ak. nyatakake dhewe; kc. yakin.
ngyambaki: êngg. pc. k. ndhèwèki.
ngyasakake: kn. nggawèkake; kc. yasa.
ngyatrani: k. ndhuwiti; kc. dhuwit, yatra.
ngyèyèt: pc. cilik (lêncir) kuru.
ngyêyês: pc. 1 tansah udan (krasa njêkut); 2 ora bingar atine.
ngyêktèni: kw. ngyêktosi k. nitèni; ngyêktèkake kw. ngyêktosakên k: nyatakake; kc. yêkti.
ngyiyid: pc. (kaya) ana yiyide; kc. yiyid.
ngyuyus, ngyiyis: pc. klêbus, têlês kêbês.
ngyungyuni: kw. 1 kêyungyun marang; 2 njalari kêyungyun.
ngyodyod: kn. ngiyod-iyod; kc. yod.
ngyogyog: pc. ngêyog-êyog; kc. yog.
nglabak: kn. 1 ak. jêmpalikan; 2 pc. rêkasa bangêt; kc. klabak.
nglabang: kn. nata rambut kaya ditampar; kc. klabang.
nglabètake: kn. ak. nglèbètake; kc. klabèt.
nglabêti: I kn. ak. 1 ninggali (mènèhi têtilas); 2 ninggal kabêcikan marang; kc. labêt. II k: nglabuhi; kc. labêt.
nglabuh: I kn. ak. mbuwang panganggo lsp. minangka sajèn (ing sêgara, gunung lsp); kc. labuh. II [x]-i êngg. kn: miwiti; kc. labuh. III kn. (nglabêti k): mèlu labuh (sangsara lsp) marang; kc. labuh.
nglabur: kn. mutih nganggo labur; kc. labur.
nglabrag: kn. 1 nggarap gawe kasar-kasaran; 2 êngg. pc: milara; 3 pc. ngujar-ujari, nglantak; kc. labrag.
ngladaki: kn. mêmoyoki njalari nangis (muring); kc. ladak.
ngladèni: n. ngladosi k. 1 nyawisake (ngaturake) apa-apa marang; 2 nuruti apa sing dikarêpake ing liyan; kc. ladi.
ngladuki: kn. ak. muwuhi akèh; kc. laduk, kêladuk.
ngladosi: k. ngladèni; kc. lados, ladi.
ngladrag: êngg. kn. nggluyur kaya palanyahan; kc. ladrag.
ngladrêg: êngg. pc. nggladrah.
nglajar: êngg. k. ngluku.
nglajêngakên: k. mbanjurake; kc. lajêng, laju.
nglajêngi: êngg. k. nglayoni; kc. klayu.
nglaju: I êngg. kn. nglajo. II kn. nguja; kc. laju.
nglajur: I kn. agawe (nata lsp) lêlajuran; kc. lajur. II êngg. ak: nglaju (nguja); kc. lajur.
nglajo: I kn. 1 mênyang ing panggonan (nyambut gawe) tulak; 2 êngg. sanja; kc. lajo. II êngg. ak: nglaju (nguja).
nglajokake: êngg. kw. mbanjurake; kc. laju.
ngladhèni: êngg. ngladèni.
ngladhug: ks. nyanggama; kc. ladhug.
nglagani: êngg. ak. 1 ngladèni; 2 mitulungi; kc. lagan.
nglagar: kn. 1 ngobong sukêt (alang-alang lsp) ing alas; 2 nunggang jaran tanpa lapak; kc. lagar.
nglagokake: kn. nêmbangake nganggo lagu; kc. lagu.
nglaha: I êngg. kn. dipagêri ing laha (pasangan iwak ing sêgara). II kn: lêgèh, tanpa gawan; kc. laha.
nglahan: kn. ak. nglaha, ora olèh-olèhan.
nglairake: kn. 1 mêdharake (têtêmbungan, panêmu lsp); 2 ngêtokake jabang bayi; kc. lair.
nglaya, nglêlaya: kw. lêlungan mrana-mrana; kc. laya.
nglayab: ks. lunga (dolan lsp); kc. klayab.
nglayad: (-i), nglayat(-i) kn. tilik marang wong kasusahan lsp; kc. layad.
nglayakake: kn. ak. ngêlih gêni ing layan; kc. layan.
nglayani: kn. 1 nglawan, nanduki, nimbangi; 2 nggarap (ngrêmbug) klawan têmên-têmên; kc. layan.
nglayang: I kn. 1 mabur tanpa kêbêt-kêbêt; 2 br. nglaya; kc. layang. II [x]-i n. nyêrati k. ak: ngirimi layang.
nglayari: kn. 1 lêlayaran ing; 2 êngg. mênyang ing panggonan liya arêp njêjaluk (njêjupuk); kc. layar.
nglayati: kn. nglayadi.
nglayêg: pc. tansah tumandang.
nglayub: kn. ak. katon kaya ngantuk (tmr. mata).
nglayung: kn. ak. pucêt marga sêdhih ut. lara; kc. layung.
nglayoni: kn. 1 nututi arêp mèlu; 2 nêbus gadhèn; kc. klayu, layu.
nglakah: êngg. kn. nyigar pring; kc. klakah.
nglakani: kn. ak. ora awoh ut. mung sathithik wohe (tmr. krambil).
nglakari: kn. ak. mbakali (mrèjèngi) balok lsp; kc. lakar.
nglakèni: ks. 1 ngêpèk bojo (laki); 2 nyanggama; nglakèkake ks: njodhokake (wong wadon); kc. laki.
nglakêp: kn. mangap, mênga amba.
nglakokake: n. nglampahakên k. 1 akon (agawe) supaya mlaku; 2 ngangkatake, mbudhalake, kongkonan; 3 nindakake, ngêcakake; 4 nganakake dhuwit; kc. laku.
--- 405 ---
nglakoni ~ nglantur.
nglakoni: n. nglampahi k. 1 mlaku ngambah ing; 2 nindakake (pagawean lsp); 3 nandhang (paukuman lsp); 4 ak. ngêngurangi mangan, turu lsp; kc. laku.
nglala: kn. ak. ngêla-êla; kc. êla.
nglalabi: kn. ak. nêsêli paju lsp. ing; kc. lalab.
nglalar: I kn. 1 ngosoki supaya ilanga dhangkale; 2 niti priksa; kc. klalar, lalar. II êngg. kn: mlaku-mlaku mrana-mrana.
nglalèkake: n. nyupèkakên k. ak. njarag supaya lali; kc. lali.
nglalêr: kn. ak. kaya lalêr (tansah ngolah-ngalih).
nglalêr mencok: kn. brêngos sing pucuke kiwa têngên rada kandêl ing têngah tipis.
nglali-lali: n. nyênyupe k. ak. nyênyamur supaya ora kelingan; kc. lali.
nglalisi: kw. matèni; kc. lalis.
nglalu: kn. 1 kêntèkan akal; 2 njarag mati, ngêndhat; kc. lalu.
nglamaki: kn. ak. madhani, mapaki; nglamakake ak: 1 madhakake karo; 2 ngrèmèhake; kc. lamak.
nglamar: I kn. 1 nakokake wong wadon arêp diêpèk bojo; 2 njaluk supaya diwènèhi pagawean; kc. lamar. II [x]-i kn. 1 ndokoki klamar; 2 mingit, nyidhêm wadi; kc. klamar.
nglamati: kn. ak. mratandhani; kc. lamat, ngalamat.
nglambangi: êngg. k. ngijoli; kc. lambang.
nglambari: kn. nglèmèki, ndokoki lambaran; kc. lambar.
nglambèni: n. ngrasuki k. ngênggoni klambi.
nglambung: kn. ak. nêmpuh saka ingiringan; kc. lambung.
nglamboni: I êngg. kn. nyampuri. II kn. ak: ngêtrapi klambu.
nglambrang: kn. lunga saparan-paran.
nglambrèh: kn. ak. nglèmbrèh; kc. klambrèh.
nglamèkakên: k. nglawasake; kc. lami, lawas.
nglamêdi: kn. ndilati lambe (mêntas mêmangan); kc. klamêd.
nglamisi: kn. ak. nanduki lsp. kalawan lamis; kc. lamis.
nglamlami: kn. ak. nggumunake, nêngsêmake; kc. lamlam.
nglamudi: kn. ngamudi pêlok lsp; kc. klamud.
nglamuki: kn. njalari surêm (ana lamuke); kc. lamuk, klamuk.
nglamun: I kn. ak. katon surêm. II êngg. pc: nggagas kang ora-ora.
nglamuri: kn. 1 (ut. nglamurake) nyalari ut. marakake lamur; 2 pc. nêdhêng-nêdhênge lamur (tmr. iwak loh ing wayah sore). nêdhêng-nêdhêng birahi (tmr. jêjaka); kc. lamur.
nglamus: kn. ak. 1 mangsak (wlulang); 2 ngububi; kc. lamus.
nglamong: kw. ndlêming, ngame; kc. lamong.
nglampahi: k. nglakoni; kc. lampah, laku.
nglampêt: kn. mampêt, nutup bêndungan lsp; kc. lampêt.
nglampiri: kn. ndokoki lampiran; kc. lampir.
nglampu: kn. aluwung ...; kc. lampu.
nglampus: (-i) kw. matèni; kc. lampus.
nglampra: kn. lunga saparan-paran; kc. klampra.
nglambrah: kn. ak. nglèmbrèh(ake), nglangsrah(ake); kc. klamprah.
nglanangi: kn. 1 kaya sipate wong lanang (kêndêl, gumêdhe); 2 solah tingkahe kaya wong lanang; kc. lanang.
nglandani: kn. tindak-tanduke lsp. kaya Wlanda (wong Eropah); nglandakake n. nglandèkakên k: 1 ndadèkake Wlanda; 2 nyalin ing basa Wlanda; 3 ak. nyewakake marang kabudidayan (tmr. palêmahan); kc. landa, wlanda.
nglandêng: kn. 1 ajêg ora suda-suda (tmr. urub, kukus, ganda); 2 olèh kabêgjan ajêgan, ora suda-suda kasugihane; kc. landêng.
nglandrat: kn. mriksa prakara ing pangadilan landrat; kc. landrat.
nglanja: kn. ak. lunga sanja marang tangga kang adoh; kc. lanja.
nglanjak: kn. 1 nglojok, ngluwihi wêwangên (watêse); 2 êngg. nyewa sawah ing sawatara mangsa; kc. lanjak.
nglanjari: I kn. mènèhi lanjar; kc. lanjar. II kn: ndokoki lanjaran; kc. lanjar, lanjaran.
nglanjêr: I pc. mrongkol ing lakang lsp; kc. klanjêr. II ak: nganjir.
nglanji: kn. ak. nyoba arêp nyumurupi trêp lan orane (sindik lsp); kc. lanji.
nglanjuk: êngg. kn. ngranggèh, nglanjak; kc. lanjuk.
nglanjut: êngg. kn. nglajo; [x]-ake êngg: mbanjurake, nutugake; kc. lanjut.
nglanjo: kn. ak. nglajo; kc. lanjo.
nglanjrat: kn. ak. nglandrat; kc. landrat.
nglandha: kn. ngumbah nganggo landha.
nglandhak: kn. mbabah dawa, gawe trowongan (bolongan); kc. landhak.
nglandhèhi: kn. ak. ngêtrapi landheyan.
nglandhêpi: kn. muwuhi (agawe luwih) landhêp; kc. landhêp.
nglandhêsi: kn. ndokoki landhêsan; kc. landhês.
nglandhungi: kn. muwuhi (agawe) landhung (lêngênan klambi lsp); kc. landhung.
nglantak: pc. nglarag, nglabrag; [x]-i: ndudul nganggo lantak; kc. lantak.
nglantari: kn. njalari, marakake; nglantarake: 1 nêkakake rêmbug marang; 2 mbacutake (mbanjurake, nêrusake) marang; kc. lantar.
nglantèh: êngg. ak. nglantih.
nglantih: kn. nggêgulang, manuhake; kc. lantih.
nglanting: kn. 1 nyêkêli apa-apa tangane diacungake; 2 nyêkêli wong ajar nglangi (nyabrang ing kali); 3 pc. nglagani, mitulungi; kc. lanting.
nglantun: êngg. k. nglari; kc. lari.
nglantur: kn. mbanjur bae nganti kliwat wêwangêne; kc. lantur, kêlantur.
--- 406 ---
nglantra ~ nglaruhi.
nglantra: êngg. kn. nglantrah.
nglantrah: I pc. dawa (rowa) bangêt tmr. crita lsp; kc. lantrah. II pc: lumrah, kaprah.
nglancangi: kn. 1 êngg. nyêtut ndhisiki; 2 nindakake apa-apa ndhisiki prentah; kc. lancang.
nglancari: kw. nglêpasi gêgaman; kc. lancar.
nglancêng: kn. ndokoki lancêng.
nglancipi: kn. agawe supaya lancip.
nglancuri: kn. ak. nglurahi (dadi lêlancur); kc. lancur.
nglancong: pc. mlancong.
nglanthang: I kn. mepe ing panasan; kc. klanthang. II kn: mlaku (mlayu) ora nolèh-nolèh; kc. lanthang.
nglanthung: I pc. nglênthung. II [x]-i kn. ak: nyulihi (mbanjêli); kc. klanthung.
nglanyahake: pc. ngudi amrih lanyah; kc. lanyah.
nglanyak: kn. ak. nranyak, ora urus; kc. lanyak.
nglangak: kn. ndhangak, tumênga; kc. langak.
nglangês: kn. kumêlun mêtu langêse; kc. langês.
nglangga: I kn. ak. ngombe sarana diêcurake saka ing kêndhi tinadhahan cangkêm; kc. langga. II kn. ak: nyuduk (njotos) wêtêng; kc. langga.
nglanggar: kn. 1 nêrak, nrajang; 2 êngg. numbuk, nabrak, nyêrang; 3 êngg. nyêtut ndhisiki; kc. langgar.
nglanggati: kn. 1 ak. nimbangi, nglayani; 2 nanggapi wong sing njawat lsp; kc. langgat.
nglanggêngake: kn. ak. nglêstarèkake; kc. langgêng.
nglanggur, nglanggor: êngg. kn. milihi wiji pari; kc. langgur.
nglanggrang: pc. nganggrang; kc. anggrang.
nglangi: kn. kumambang (nyilêm) ing banyu banjur obah maju; kc. langi.
nglangit: kn. ana langite (tmr. jênang lsp); kc. langit.
nglangkahi: kn. 1 njangkah ngungkuli; 2 ngliwati (tmr. maca lsp); 3 nglancangi, ndhisiki (tmr. laki rabi); kc. langkah.
nglangke: kn. ak. mung mèlu-mèlu bae.
nglangkèt: pc. kuru bangêt.
nglangkêpi: êngg. k. nggênêpi; kc. langkêp.
nglangkib: kn. 1 nêkuk lêmbaraning buku lsp, nêkuk klasa lsp; 2 nyidhêm palêmahan (sing dipundhut ing nêgara); kc. langkib.
nglangkungi: k. 1 ngliwati; 2 ngluwihi; kc. langkung, liwat, luwih.
nglanglang: kw. nganglang; kc. langlang.
nglangut: kn. 1 katon adoh bangêt; 2 sêdhih bangêt; kc. langut.
nglangsar: kn. ak. ngingsêd, nyèrèt apa-apa sing klangsrah ing lêmah; kc. langsar.
nglangse: kn. masang gubah (langse) ing; kc. langse.
nglangsêng: kn. ngukus nganggo langsêng; kc. langsêng.
nglangsir: kn. nata sêpur; kc. langsir.
nglangsur: kn. ngglangsur; kc. langsur.
nglangsrah: pc. kambah ing lêmah.
nglaup, nglaop: pc. mbêngok sêru.
nglaut: I kn. ak. mbuwang (sajabaning sêgara); kc. laut. II [x]-ake pc. ak. mbubarake wong nyambut-gawe; kc. laut. III [x]-ake êngg. pc: 1 nggèndèng, nggèrèd; 2 nêbus (gadhèn); kc. laut.
nglapaki: kn. ngêtrapi lapak; kc. lapak.
nglapali: kn. ndongani nganggo lapal; kc. lapal.
nglapani: kn. ak. masani (nglakoni pasa murih kêlakon kang disêdya); kc. lapa.
nglapati: êngg. pc. ngalamati; kc. lapat, ilapat.
nglapis: (-i) kn. ndokoki lapisan; kc. lapis.
nglapurake: kn. 1 ngandhakake prakara marang; 2 mratelakake marang; kc. lapur.
nglaprut: pc. rêgêd pating klaprut.
nglara ati: pc. sêrik atine; kc. lara.
nglarabi: kn. ak. nutupi nganggo larap; kc. larab.
nglarad: kn. ak. dhadhal (tmr. bêndungan), larud, suda; kc. larad.
nglarag: kn. nglurug, nglantak mênyang ing panggonaning mungsuh; kc. larag.
nglarah: I kn. nglari, lunga nggêgolèki barang ilang lsp; kc. larah. II kn: katon nglumbruk ana ing lêmah; kc. klarah, larah.
nglarak: kn. nggèrèd kanthi pêksa; kc. larak.
nglarakake ati: n. nyakitakên manah k. nyêrikake ati; kc. lara.
nglarani: n. nyakiti k. 1 milara, njalari lara; 2 krasa lara ngarêpake nglairake jabang bayi; kc. lara.
nglarangi: n. ngawisi k. ngelikake ora kêna nindakake; kc. larang.
nglarap: kn. niyup nylorot; kc. larap.
nglaras: I kn. 1 ngruntutake (mbênêrake) larasing gamêlan; 2 nêgêsi (nyurasa) diruntutake kêpenake; 3 ngrêruntut, nata, mêmangun; kc. laras. II (ut. [x]-laras) kn: thênguk-thênguk nggagas; kc. laras. III êngg. kn: lunga nggolèki; kc. laras. IV kn: garing, dadi klaras; kc. klaras.
nglarèkake: kn. ak. ngêsokake jèrjèran timah lsp. ing; kc. lari.
nglari: kn. nglacak, nglarah; kc. lari.
nglarih: (ake) kn. ngisèni minuman kêras tumuli kaladèkake; [x]-i: 1 mènèhi minuman kêras; 2 br. nyuduk, natoni; kc. larih.
nglarik: kn. 1 nata lêlarikan; 2 ngalèni, njugangi lêlarikan; kc. larik.
nglarisi: kn. njalari (marakake) laris; kc. laris.
nglarlari: kn. ndokoki larlaran.
nglaru: I êngg. kn. gawe arêng; kc. laru. II êngg. kn: ngisruhi; kc. laru.
nglarud: (ake) kn. nyirnakake, ngentasake; kc. larud.
nglarug: kn. 1 nyarug-nyarug lêmah; 2 êngg. nggarap mung kasar-kasaran; kc. larug.
nglaruhi: êngg. pc. ngaruh-aruhi, nuturi; kc. laruh, aruh.
--- 407 ---
nglarung ~ nglendhung.
nglarung: kn. ak. nglabuh mayit lsp. ing banyu (kali, sêgara); kc. larung.
nglasah: êngg. pc. nglari, nglacak; kc. lasah.
nglasir: kn. nêtêpake pajêging sawah (têgal); kc. klasir.
nglatak, nglatêk: kn. ak. mêtu (ana) latake; kc. latak.
nglacak: kn. nggolèki nurut lacak, nglari; kc. lacak.
nglaci: kn. nglêgoki nggalêr (tmr. kayu), ngalèni (tmr. sawah); kc. laci.
nglacir: pc. katon dhuwur (tanpa godhong) tmr. wit; kc. klacir.
nglacutake: pc. mbanjurake, nêrusake; kc. lacut.
nglatha: kn. ak. maèsi pangantèn; kc. latha.
nglathak: êngg. kn. atos garing (tmr. lêmah).
nglawad: êngg. ak. layad; kc. lawad.
nglawan: kn. nêmpuh (nanggulang); [x]-i: mitulungi; kc. lawan.
nglawasake: n. nglamèkakên k. ngundurake nganti lawas; kc. lawas.
nglawatake: kn. 1 ngaburake dara (supaya kalangan, dianggo balapan); 2 pc: nglilakake somahe nglakoni ala; kc. lawat.
nglawe: I pc. kumlawe (tangane); kc. klawe. II kn. ak: nggantung (njirêt) nganggo lawe; kc. lawe.
nglawèhi,nglawihi: kn. 1 ngganjêli (kêrên); 2 mitulungi supaya bisa ngadêg (mlaku); kc. lawèh.
nglawèr: kn. gumantung dawa; kc. klawèr.
nglawêd: kn. 1 ngulêd barang lêmbut nganggo banyu; 2 mluku sing kapindho; kc. lawêd.
nglawuhi: kn. 1 ndokoki adon-adon; 2 ndokoki lawuh; kc. lawuh.
nglawung: I kn. ak. bosên; kc. klawung. II [x]-ake kn: ngumbar (kêbo) ora dimêgawèkake; kc. lawung.
nglèbètake: kn. mbèbèr (gêndera lsp) supaya kumlèbèt; kc. klèbèt.
nglebotake: êngg. kn. ngliyêrake (ngijolake) panggawean; kc. lebot.
nglebrag: pc. katon jêmbar, ngglodhag; kc. lebrag.
nglèdrèk: pc. jêmèk lèdrèk.
nglèjêmi: kn. ak. nyasmitani, nyêmoni; kc. lèjêm.
ngledhangi: pc. lêledhang ing, nglèncèri; kc. ledhang, kledhang.
nglèdhèk: pc. dadi lèdhèk; kc. lèdhèk, tlèdhèk.
ngledhoni, ngledhokake: kn. njalari kledhon; kc. kledhon.
nglègèg: pc. linggih ndêgèg.
nglègèr: êngg. pc. wuda.
nglèhèh: êngg. pc. nglèyèh.
nglèhèm: pc. linggih sakêpenake.
ngleyang: kn. tiba nglayang (tmr. godhong); kc. kleyang.
nglèyèg, nglèyèng: pc. lunga (mlaku) mrana-mrana; kc. klèyèg.
nglèyèh: kn. linggih sendhenan (mêmburi); kc. lèyèh.
nglèyèk: pc. dhoyong; kc. lèyèk.
ngleyodi: pc. 1 nggandhuli, nggondhèli; 2 ndhêlik ing; kc. leyod.
ngleyok: pc. ndulit; kc. leyok.
nglekapi: pc. ngoncèki, mbukak kulite (tutupe); kc. klekap.
nglekar: kn. turu (têturon) satiba-tibane; kc. klekar.
nglèkèk: pc. nyêmbêlèh; kc. klèkèk.
nglèkèpi: pc. nglekapi.
nglekor: pc. nglekar.
nglela: I kn. ak. ngegla. II [x]-lela kn: nênuru (ngênêng-ênêngi) bocah sarana diurak-urakake; kc. lela.
nglelah, ngleloh: kn. peloh, tanpa kêkuwatan; kc. lelah-leloh.
nglelang: kn. 1 tuku barang lsp. kang dilelangake; 2 (ut. [x]-ake) ngêdol sarana lelang; kc. lelang.
nglèlèd: kn. katon aras-arasên (marga ngêlih lsp).
nglèlèh: pc. têturon aras-arasên.
nglèlèr: I êngg. kn. nggaru ndadèkake leleran; kc. lèlèr. II kn: nggosok êmas ing watu uji (arêp nyumurupi murnine); kc. lèlèr.
nglèlès: êngg. kn. 1 grèsèk-grèsèk, golèk kècèran pari lsp; 2 njêjaluk; kc. lèlès.
nglèlèt: I kn. 1 njupuki (mangan, nyêrèt) klèlèt; 2 pc. mêtu klèlète, wis manuh udud; kc. klèlèt. II [x]-i kn: 1 nggupaki sarana driji kadulitake; 2 pc. njalari katut ala; kc. lèlèt.
nglelur: kn. aras-arasên (tanpa daya); kc. lelur.
nglemat: kn. nggilapake (jarit) sarana digosok ing kuwuk; kc. klemat.
nglèmbak: kn. ngombak lembak-lembak; kc. lembak.
nglembang: êngg. kn. ngiling ing wadhah liya; kc. lembang.
nglembar, nglembat: pc. ngalih ing panggonan liya; [x]-ake pc: nundhakake (pagawean lsp) marang wong liya; kc. lembar, lembat.
nglemboni: kn. lagi sênêng-sênênge turu; kc. lembon.
nglèmbrèh: pc. mêngisor kangsrah ing lêmah (jarit lsp); kc. klèmbrèh.
nglèmèki: kn. ndokoki lèmèk; kc. lèmèk.
nglèmèt: pc. 1 tipis (ora kandêl tmr. brêngos); 2 sathithik bangêt; 3 êngg. nglelur; kc. lèmèt.
nglemun: kn. ak. ngilang.
nglempar: êngg. pc. mbuwang; kc. lempar.
nglemprak: pc. linggih (sumèlèh) satiba-tibane; kc. klemprak.
nglèmprèh: kn. nglayang (mabur) ora dhuwur.
nglèndor: êngg. kn. turu.
nglènjèr: kn. ak. nglèncèr; kc. kènjèr, klènjèr.
nglèndhèh: pc. ngaku, ngakoni (kaluputane); [x]-i: linggih sumendhe ing; kc. lèndhèh.
nglèndhèti: êngg. pc. nglèndhèhi.
nglendhung: kn. ak. ngayom, nglindhung.
--- 408 ---
nglendhoti ~ nglêgêsêr.
nglendhoti: êngg. kn. nglèndhèhi; kc. lendhot.
nglèntab: êngg. kn. nular (tmr. gêni), ngurubake; kc. lèntab.
nglèntur: pc. nglèlur marga ngêlih.
nglèntrèng: kn. 1 katon dawa lêlarikan; 2 mènyèt-mènyèt supaya tipis lan amba; kc. lèntrèng.
nglentroh: kn. katon tanpa daya, ora sigrak; kc. lentroh.
nglèncèr: kn. dolan-dolan, lêledhang; kc. klèncèr.
nglèncokake: êngg. kn. ngêlih mênyang panggonan liya; kc. lèncok.
nglènthèk: êngg. kn. nglèthèk; kc. klènthèk.
nglènthèng: pc. tansah mlaku; kc. klènthèng.
nglenyam, nglènyèm: kn. nèsèt (nglècèp) kulit; kc. klenyam, klènyèm.
nglèngèk, nglèngèr: pc. nglangak, ndangak; kc. lèngèk, lèngèr.
nglènggor: êngg. kn. milihi wiji pari; kc. lènggor.
nglèngkèng: pc. nywara sêru (tmr. asu. ks. ura-ura); kc. klèngkèng.
nglèngkok-lèngkok: pc. ngenggak-enggokake; kc. lèngkok.
nglèngkong: kn. ak. têtikungan; kc. lèngkong.
nglèngkot: pc. mbekot (ora kêduga, êmoh).
nglèngsèr: kn. ngingsêd, nglorod (piring lsp); kc. lèngsèr.
nglepa: kn. 1 mopok nganggo lepa; 2 pc. nutupi murih ora katon ala; kc. lepa.
nglepak: kn. ak. nglèpèk; kc. klepak.
nglepat: kn. sanalika lunga; kc. klepat.
nglèpèk: kn. molak-malik ut. mumbul-mumbul (tmr. iwak ing pêntasan); kc. klèpèk.
nglèpèti: kn. 1 ngrêgêdi, ndlêmoki, nglèlèti; 2 njalari alaning liyan; kc. lèpèt.
nglepus, nglepos: pc. turu kêpati.
nglèprèh: kn. nglèmprèh.
nglerap: kn. katon lerap-lerap (banyu kêsorotan); kc. lerap, klerap.
nglèrèg: kn. sumingkir nisih (ngendhani); [x]-ake: nyodhokake, ngingsêt; kc. lèrèg.
nglèrèhi: kn. ak. 1 nyarèhi, ngêlon-êlon; 2 mocot, nglèrèni; kc. lèrèh.
nglèrèkake: pc. nyorèkake apa-apa mangun corak dawa; kc. lèrèk.
nglèrèni: n. ngèndêli k. 1 ak. lèrèn ênggone (tumandang lsp); 2 mocot; kc. lèrèn.
nglerob: (-i) kn. nyidhuki umpluk lsp; kc. lerob.
nglerodi: êngg. pc. ngêsudi, ngorèdi; kc. lerod.
nglerongi: kn. ak. nylorèngi; kc. lerong.
nglèsèd: kn. linggih (têturon) tanpa daya (mingsad-mingsêd); kc. klèsèd.
nglèsèh: kn. nyèlèhake (sumèlèh) ing lêmah; kc. lèsèh.
nglèsèr: êngg. kn. narik, nyèrèd; kc. lèsèr.
nglesus: pc. turu kêpati.
nglesod: pc. nglosod.
nglètèr: kn. 1 ngrata (supaya lètèr); 2 êngg. nglêtêr (tmr. njogèd), ngglèntèr (tmr. bocah cilik); kc. lètèr.
nglètêri: kn. ndokoki (nyirèni) lètêr.
ngletre: ak. nglètrèk kn. ngêlèr jênang lsp. diwratakake; kc. letre.
nglecap: kn. ak. nglèthèk (ngilangi) kulite; kc. klecap.
nglècèk, nglècèp: pc. nglècèt êngg. kn. nglecap.
nglècêm: pc. mèsêm; kc. klècêm.
nglecun: pc. ngapusi; kc. lecun.
nglecok: kn. nocoh kinang; kc. lecok.
nglethak: pc. kuru bangêt.
nglèthèh: pc. rêgêd jêmèk.
nglèthèk: kn. 1 nèsèt (kulit), nglecap; 2 (ut. nglethak) pc. kuru bangêt; kc. klèthèk.
nglethoki: pc. nglèlèti; kc. lethok.
nglewa: kn. ak. nglewani; kc. klewa.
nglewah: kn. sigar (nyigar) amba; kc. klewah.
nglewani: kn. klewa-klewa marang; kc. klewa.
nglewang: kn. namakake klewang.
nglewas: kn. ak. mlengos; kc. klewas.
nglèwèh: pc. nglewah.
nglèwèng: pc. nylèwèng.
nglèwèr: kn. nglawèr; kc. klèwèr.
nglèwès: kn. ak. nglewas, mlengos.
nglêbarake: kn. 1 mbubarake, njugarake; 2 nglêmparakake (ora ngrêmbug marang); 3 ngrampungake, nganggêp sah (utang piutang); kc. lêbar.
nglêbêk: kn. ak. nglabak; kc. klêbêk.
nglêbêng: kn. 1 ngoncori tanduran nganti warêg bangêt; 2 nguja pangan marang kewan lsp. supaya lêmu; kc. lêbêng.
nglêbês: kn. ak. nglêbus; kc. klêbês.
nglêbêt: (ing [x]) k. ing jêro; [x]-akên k: 1 nglêbokake; 2 njêrokake; kc. lêbu, jêro.
nglêbuh: êngg. kn. mbuwang; kc. lêbuh.
nglêbur: kn. 1 ngêjur, ngluluh; 2 nyirnakake; 3 ngapura (dosa); kc. lêbur.
nglêbus: kn. njarag (udan-udan) klêbus; kc. klêbus.
nglêbut: kn. masang ing klêbut.
nglêboni: n. nglêbêti k. mlêbu ing; kc. lêbu.
nglêjar: (ake) kn. ngarêm-arêmi ati, nglêlipur supaya lêjar; kc. lêjar.
nglêdhèr: kn. pating klêdhèr.
nglêgani: kn. agawe lêga (marêm) ing liyan; nglêgakake: njalari lêga, marêmake; kc. lêga.
nglêgandir: kn. ak. gondar-gandir.
nglêgarang, nglêgorong: kn. ak. katon malang.
nglêgawani: kn. ak. mêmènèhi kanthi lila, kc. lêgawa.
nglêgèyèh: kn. linggih lèyèh-lèyèh; kc. lêgèyèh.
nglêgèni: (nglêgèkake ak) kn. muwuhi lêgi; kc. lêgi.
nglêgewa: kn. duwe panyana (mangêrti) marga nyumurupi tingkahing liyan; kc. lêgewa.
nglêgêg: kn. ak. njêngêr; kc. lêgêg.
nglêgêna: kn. 1 wuda; 2 pc. barès tanpa apa-apa; kc. lêgêna.
nglêgêr: pc. nglêgêg.
nglêgêsêr: kn. ak. mingsêd (mlaku) alon-alonan.
--- 409 ---
nglêgêsês ~ nglênthe.
nglêgêsês: êngg. pc. turu anglêr (kêpenak bangêt).
nglêguyur, nglêgoyor: kn. ak. sênggoyoran (lakune).
nglêgutakake: kn. ak. manuhake, ngulinakake; kc. lêguta.
nglêgoni: kn. ak. mbungahake atining liyan; kc. lêgu.
nglêgongsor: kn. ak. ngglongsor, ngglungsar.
nglêka: kn. ana lêkane; kc. lêka, wêka.
nglêkasi: kn. miwiti; kc. lêkas.
nglêkêb, nglêkêp: pc. 1 sumpêg; 2 ndêkêp, nukup; kc. klêkêb.
nglêkêr: kn. 2 mbulêt (ngruwêl) mangun bundêran (tmr. ula lsp); 2 ks. turu ngringkêl; 3 (ut. [x]-lêkêr) nêkuk (tampar lsp) bêbulêtan; kc. lêkêr.
nglêksanani: kn. nuruti (panjaluk lsp); kc. lêksana.
nglêlaga: kn. al. ngiming-iming, mêmengin; kc. laga.
nglêlaya: kw. lunga (lêlungan) mrana-mrana.
nglêlana: kn. ak. lêlana.
nglêlara: n. nyênyakit k. ak. agawe laraning (awak lsp); kc. lara.
nglêlèdhèk: kn. mbêbeda; kc. lèdhèk.
nglêlêgi: pc. njalari klêlêgên; kc. klêlêg.
nglêlêmu: n. nglêlêma k. agawe lêmu; kc. lêmu.
nglêlêng: pc. lunga (tanpa pamit lsp); kc. klêlêng.
nglêlêpake: kn. nyilêmake (mblêbêgake); kc. klêlêp, lêlêp.
nglêlêr: pc. 1 mlaku alon-alonan; 2 ora sigrak; 3 krasa klêlêr-klêlêr (ing awak); kc. klêlêr.
nglêlês: kn. 1 mlintir duk (sêpêt lsp) nganggo lêlês; 2 pc. mangan nganti êntèk; 3 nglulusi saka sathithik; kc. lêlês.
nglêlêt: I kn. 1 mlintir (tali); 2 êngg. nglinting (rokok); kc. lêlêt. II êngg. kn: nyewa rajakaya (dianggo mêgawe); kc. lêt, lêlêt.
nglêlipur: kn. nyênêng-nyênêngake ati; kc.lipur.
nglêluri: kn. nindakake padatan (tata-cara) kaya kang linakonan ing para lêluhur; kc. luri.
nglêmak: êngg. pc. nggajih; kc. lêmak.
nglêmakakên: k. nglêmokake; kc. lêma, lêmu.
nglêmbana: kw. ngalêmbana; kc. lêmbana.
nglêmbara: êngg. ak. lunga mrana-mrana; kc. lêmbara.
nglêmbarah, nglêmbèrèh: kn. ak. nglèmbrèh.
nglêmbêrêk, nglêmbrêk: kn. ak. nglumpruk, nglêmprêk.
nglêmbiring: êngg. kn. wigah-wigih, minggrang-minggring.
nglêmbur: kn. 1 nyambut-gawe (nggarap) ing wayah bêngi; 2 pc. nyatur ala; kc. lêmbur.
nglêmburah: êngg. kn. pating blengkrah.
nglêmburuk: pc. nglêmpuruk.
nglêmbut: n. nglêmbat k. ak. nindakake kalawan alus; [x]-ake: agawe lêmbut; kc. lêmbut.
nglêmbrêt: pc. ora kaku ut. katon lawas (tmr. jarit lsp).
nglêmèh, nglêmèk: pc. klêmak-klêmèk (gunêman, mêmangan).
nglêmèni: kn. ngrabuki; kc. lêmèn.
nglêmêng: I pc. ajêg panase; kc. lêmêng. II kn: 1 ngratêngi panganan (sêga) ing lêmêng; 2 ngimbu têmbako ing bumbung; kc. lêmêng.
nglêmêr: pc. ora cukat (tandang-tanduke); kc. klêmêr-klêmêr.
nglêmêsi: kn. ak. nanduki (nindakake) kalawan kaprigêlan; kc. lêmês.
nglêmir: kn. tipis alus (tmr. bakal lsp).
nglêmisake: êngg. pc. nglimisake; kc. klêmis.
nglêmokake: n. nglêmakakên k. agawe (njalari) lêmu; kc. lêmu.
nglêmpak: k. nglumpuk; kc. klêmpak, klumpuk.
nglêmpara: kn. ak. 1 lunga saparan-paran dening ora kopèn; 2 pating bêsasik (marga dening ora kopèn); 3 ngayawara, nglêngkara; kc. lêmpara.
nglêmperak: pc. linggih ora tata.
nglêmprèt, nglêmpir: pc. cilik (tmr. wêtêng).
nglêmpêng: pc. mbênêr; kc. lêmpêng.
nglêmpêrêk, nglêmprêk: pc. nglumpruk (ora sigrak).
nglêmpis: pc. (nganti) kêmpis-kêmpis (ambêkane).
nglêmpit: kn. 1 nêkuk (jarit lsp) dirangkêp-rangkêp; 2 nylingkuhake; kc. lêmpit.
nglêmpuh: êngg. kn. kêsêl bangêt.
nglêmpuruk: kn. nglumbruk.
nglêmpus: êngg. pc. turu kêpati.
nglêmpong: êngg. kn. mblasukake, mblithuk; kc. lêmpong.
nglêmprèh: êngg. nglêmprêng kn. ak. nglêntrêng (tmr. mlaku).
nglênjêr, nglênjir: pc. saèm. nganjir; kc. lênjêr.
nglêndhang: kn. ak. ngyiyid rêgêd; kc. klêndhang.
nglêndhèh: pc. 1 rêndhêt, rêmbên; 2 sarèh; kc. lêndhèh.
nglêndhêt: êngg. kn. rêndhêt, rêmbên; kc. lêndhêt.
nglêndhung: êngg. pc. mlêndhung.
nglêndhong: pc. ngêndhêlong.
nglênêng: pc. antêng lakune (banyu lsp); kc. klênêng.
nglêntere: kn. nglumpruk tanpa daya (marga ngêlih lsp).
nglêntik: kn. 1 gawe lênga klêntik; 2 pc. ngapusi; kc. klêntik.
nglêntuk: pc. tansah ngantuk bae.
nglêntrak: kn. ak. nglêntruk.
nglêntrèh: êngg. ak. alon sêmu aras-arasên (lakune).
nglêntrêng: kn. mlaku alon (sakêpenake) kc. klêntrêng.
nglêntrih: êngg. ak. nglêntrèh.
nglêntruk: kn. ora sigrak (sêdhih, aras-arasên); kc. nglêntrak.
nglênthar: pc. 1 ninggal (pagawean lsp); 2 ora kopèn (garapan); kc. lênthar.
nglênthe: pc. mlaku sêmu aras-arasên; kc. klênthe, lênthe.
--- 410 ---
nglênthêng ~ nglimbang.
nglênthêng: êngg. pc. ngapusi; kc. klênthêng.
nglênthu, nglênthuk: êngg. kn. 1 nggêmbêl (mênthung); 2 mblithuk, ngapusi; kc. lênthu.
nglênthuk: pc. nglêntuk; kc. lênthuk.
nglênthung: pc. bali (mulih) ora nggêgawa apa-apa; kc. lênthung, klênthung.
nglênyêd, nglênyêr: pc. krasa kêpenak (enak); kc. klênyêr.
nglênyêm: pc. enak bangêt (ênggone mangan); kc. klênyam-klênyêm.
nglênyêng: pc. rada mumêt, rada gêndhêng; kc. klênyêng.
nglênyêp: kw. ilang; kc. lênyêp.
nglênga: n. nglisah k. katon ana lêngane; nglêngani: ndokoki lênga; kc. lênga.
nglêngêri: kn. ak. njalari klêngêr; kc. lêngêr, klêngêr.
nglênggahi: k. nglinggihi; kc. lênggah, linggih, lungguh.
nglênggak: kn. ndhangak nolèh; kc. lênggak.
nglênggarak: êngg. ks. mangan; kc. lênggarak.
nglênggarang: êngg. kn. katon njênggarang, katon gêdhe malang; kc. lênggarang.
nglêngge, nglênggèk: pc. gulune nglênggak (tanpa daya); kc. lênggèk.
nglênggeke, nglênggoko: êngg. ak. nglumpruk.
nglênggêr: kn. ora obah-obah sarta mênêng bae (ngarêpake mati); kc. lênggêr.
nglênggêrêk: pc. katon gêdhe ngêndhuruk.
nglênggirik: pc. katon mbrênjul (nggalêr) nggêgilani; kc. lênggirik.
nglêngin: pc. nglênging kn. ak. cilik bangêt (tmr. gulu lsp).
nglêngkèh: kn. ak. ngêndhêlong (tmr. gêgêring kewan lsp(; kc. lêngkèh.
nglêngkèt, nglêngkèd: pc. gêgêre ngêndhêlong wêtênge ramping; kc. lêngkèd.
nglêngkur: êngg. kn. nalèni nggubêd; kc. lêngkur.
nglêngkong: pc. ora njêmbluk (tmr. wêtêng, ngêlih); kc. lêngkong.
nglêpasi: I kn. namakake (panah lsp); kc. lêpas. II êngg. kn: ngrucati abah-abah; kc. lêpas.
nglêpatakên: k. ngluputake; kc. lêpat, luput.
nglêpèh: kn. 1 ngêtokake mamahan (sêpah); 2 nampik, ngêmohi; kc. lêpèh.
nglêpêk: kn. ak. kêkêbêt; kc. klêpêk.
nglêpêr: kn. ak. mabur kêkêjêr; kc. klêpêr.
nglêpis: kn. tansah udud.
nglêpus: êngg. kn. tansah udud.
nglêrah: êngg. k. kuru.
nglêrêbake: kn. 1 nglèrènake, ngasokake; 2 nglêrêmake, nyirêp; kc. lêrêb.
nglêrêk: kn. ak. katon aras-arasên.
nglêrêmake: kn. agawe (njalari) lêrêm.
nglêrês: ak. mbênêr; [x]-i k: mbênêri; kc. lêrês, bênêr.
nglêsêd: pc. obah mingsêd; kc. klêsêd.
nglêsêrakên: êngg. k. mbênêrake; kc. lêsêr.
nglêsês: pc. kêpenak bangêt.
nglêsik: kn. ak. gunêman klêsik-klêsik.
nglêsoni: kn. isih tansah krasa lêsu (mêntas lara); kc. lêsu.
nglêstarèkake: n. nglêstantunakên k. 1 nêtêpake ajêg kaya maune; 2 nglanggêngake; kc. lêstari.
nglêtêr: êngg. pc. njogèd suwe (kêpenak).
nglêting: kn. ak. nyokol (ngombèni jamu); kc. klêting.
nglêci: êngg. nglêcis kn. tansah udud.
nglêcir: pc. pating klêcir.
nglêthak: kn. nyakot (njapit) ing untu bam (tmr. barang kang atos); kc. klêthak.
nglêthêk: kn. nywara klêthak-klêthêk, tansah nyambut gawe.
nglêthik, nglêthis: kn. nyokot barang kang rada atos; kc. klêthik.
nglêthuk: pc. saèm. nglêthak; kc. klêthuk.
nglêthus: pc. mangan barang kang rada atos; kc. klêthus.
nglêwari: êngg. kn. ngluwari, nêbus; kc. lêwar.
ngliga: kn. 1 ora klambèn, ora tinutupan; 2 tanpa wrangka (tmr. kêris lsp); kc. liga.
ngligêr:(ake) kn. ngliyêrake utang marang liyan; kc. ligêr.
ngliya: pc. karo wong liya (nglakoni ala); ngliyakake: mènèhake (ngêdol) marang wong liya; kc. liya.
ngliyani: kn. ak. liyan (kêna) ing; kc. liyan.
ngliyangi: kn. ak. nyèndhèni; kc. liyang.
ngliyar: êngg. kn. njênggarake (ngêlih) têtanduran; kc. liyar.
ngliyêk: kn. tansah lunga (dolan lsp); kc. kliyêk.
ngliyêp: pc. turu sadhela (ngêrêmake mata); kc. liyêp.
ngliyêr: kn. 1 nggênti nggadhe (nyêkêl); 2 ngingsêr, ngêlih pangkat (pagawean); kc. liyêr.
nglikik: kn. nywara klikik-klikik (tmr. wêtêng kang ngêlih).
nglilahi, nglilani: kn. ngidini; kc. lilah.
nglilakake: kn. mènèhake kanthi lila; kc. lila.
nglilihake: kn. agawe (njalari) lilih.
nglilin: kn. ngusar lsp. nganggo lilin.
ngliling: I kn. 1 namatake kalawan satiti; 2 nyawang raining bayi karo ngajak gêguyon; kc. liling. II kn. ak: njaga, ngrondhani; kc. kliling.
nglilipi: kn. mlêbu ing mata; kc. klilip.
nglilir: kn. mêlèk saka turu; 2 wiwit thukul (tmr. winih); kc. lilir.
nglilit: êngg. kn. mulêt, muntir, nglinting; kc. lilit.
nglima: n. nggangsal k. sabên (siji-sijine) lima.
nglimalasi: n. nggangsalwêlasi k. nandhingi tikêl 1½ (tmr. ngabotohan), mbalèkake dhuwit utangan tikêl 1½.
nglimani: n. nggangsali k. 1 ak. ngganêpi dadi lima; 2 ngêbut lima; 3 nylamêti wong mêtêng limang sasi.
nglimangsukoni: pc. wani mbayar akèh.
nglimbang: kn. 1 ngiling banyu lsp. kang mawa campuran supaya campurane pilah; 2 ngrambang mata; 3 nênimbang, nggagas-nggagas; kc. limbang.
--- 411 ---
nglimisake ~ nglulur(-i).
nglimisake: kn. agawe (njalari) klimis.
nglimuti: kw. nglimputi; kc. limput.
nglimpahi: kw. mutahi, nglubèri (sih, ganjaran lsp); kc. limpah.
nglimpe: kn. namakake gêgaman (ngantêm, nyolong lsp) nalikane kang bakal kêtaman ora wêruh; kc. limpe.
nglimputi: kn. nutupi, ngêmuli; kc. limput.
nglimprêk, nglimpruk: pc. lêmês tanpa daya, nglumpruk.
nglimrahakên: k. nglumrahake; kc. limrah, lumrah.
nglindur: kn. gunêman ing nalikane turu; kc. lindur.
nglinjik: êngg. kn. têka niliki.
nglindhung: kn. ak. ngayom marang; kc. lindhung.
nglining: kn. ngiris, nyigar (wowohan lsp); kc. lining.
nglintah: kn. ak. napêlake ing lintah.
nglintangi: êngg. k. 1 ngliwati; 2 ngluwihi; kc. lintang.
nglintêri: kn. tansah mara ngubêngi; kc. klintêr.
nglinting: kn. nggulung (gawe) rokok; kc. linting.
nglintir: (ake) êngg. ak. masrahake (pangkat lsp) marang liyan; [x]-i ak: lintir marang (mènèhake pangkate marang); kc. lintir.
nglintoni: k. nglironi, ngijoli; kc. lintu.
nglincak: kn. 1 mêncolot mlumpat; 2 alihan ênggon cêdhak-cêdhakan; kc. lincak.
nglincak gagak: pc. ngolah-ngalih ênggon.
nglincati: kn. ak. nyidrani (janji); kc. lincat.
nglincipi: kn. nglancipi; kc. lincip.
nglincut: kn. ak. isin, kisinan; kc. klincutan.
nglinthing: I kn. ngunèkake klinthing. II kn: nêkuk sathithik, njêngkêrut; kc. linthing, klinthing.
nglinyèm: pc. nglenyam, nglènyèm; kc. klinyèm.
ngling: kw. clathu, gunêman; kc. ling.
nglingga: kn. numpuk bata; kc. lingga.
nglinggari: kn. ak. nglungani; kc. linggar.
nglinggihi: n. nglênggahi k. linggih ing; kc. linggih.
nglingkab: kn. mênga tutupe (kêbiyak); kc. lingkab.
nglingkis: pc. mingkis (lêngênan lsp); kc. lingkis.
nglingling: kn. ak. ngliling; kc. lingling.
nglingsêmi: k. 1 ngisin-isini; 2 mêmirang; kc. lingsêm.
nglipur: kn. ngrêrapu supaya lipur atine; kc. lipur.
nglir: kw. kaya; kc. lir.
nglirake: kw. nglirwakake; kc. lir.
nglirig: êngg. kn. nggiring (sapi lsp) mulih; kc. lirig.
nglirih: I (ut. [x]-i) êngg. kn. nggusah (ngubêr) kewan; kc. lirih. II [x]-i kn. ngalusi, ora kasar-kasaran; kc. lirih.
nglirik: kn. mandêng nisih; kc. lirik.
ngliring: kw. ngingêtake sakêplasan; kc. liring.
ngliru: ak. nglironi n. nglintu ak. nglintoni k. ngijoli, ngganti; kc. liru.
nglirwakake: kn. ora ngêmên-ngêmênake; kc. lirwa.
nglisahi: k. nglêngani; kc. lisah, lênga.
nglisik: kn. ora jênjêm ênggone turu; kc. klisik.
nglicèp: pc. nglecap, nglècèp.
nglici, nglicin: êngg. pc. nggilap, ngêlus; kc. lici, licin.
nglithih: pc. tansah klithihan.
nglithik: pc. kuru bangêt.
nglithing: kn. ak. ngêmi-êmi, ndama-dama; kc. lithing.
ngliwati: n. nglangkungi k. liwat ing; kc. liwat.
ngliwêd: kn. ak. ngaton sadhela; kc. kliwêd.
ngliwêng: kn. ak. bingung; kc. kliwêng.
ngliwêr: kn. ak. ngaton sadhela; kc. kliwêr.
ngliwêt: n. bêthak k. nggodhog bêras ing kêndhil; kc. liwêt.
nglubèri: kn. lubèr ing, ngêlèbi;ngêlêbi. kc. lubèr.
nglubuk: kn. polah mumbul-mumbul (iwak, pitik lsp); kc. klubuk.
nglujêng: I k. pc: mluku; kc. lujêng. II [x]-i k. pc. nylamêti; kc. slamêt, lujêng.
ngludhah: êngg. pc. idu, ngidu.
ngludhang: êngg. kn. ngêntas (wuwu); kc. ludhang.
ngludhêsi: kn. ak. nyirnakake; kc. ludhês.
nglugas: kn. ak. ora nganggo pacakan; kc. lugas.
nglugèk: êngg. kn. nyogok; kc. lugèk.
nglugur: pc. sumèlèh malang; kc. klugur.
nglugut: kn. ana lugute, nggatêli; kc. lugut.
nglugokake: kn. mutuhake (ora ngowah-owah); kc. lugu.
ngluhuri: kw. ngungkuli; ngluhurake: ngurmati, mulyakake; kc. luhur.
ngluyu: kn. ak. mêdêl (jarit lsp. kang wis lawas); kc. kluyu.
ngluyug, ngluyur: êngg. pc. lunga (dolan) saparan-paran; kc. kluyug.
nglukari: ki. 1 nguculi; 2 ngudhari (gêlungan); 3 êngg. mudani; kc. lukar.
nglukat: êngg. kn. ngruwat, mbadharake; kc. lukat.
nglukis: kw. nggambar, ngrumpaka; kc. lukis.
nglukita: kw. ngrumpaka, ngarang; kc. lukita.
ngluku: I kn. ak. ngêkum jimat lsp. ing banyu; kc. kluku. II pc: mluku; kc. wluku.
nglukuk: pc. nywara klukuk-klukuk.
nglulu: kn. mènèhi luwih saka kang dijaluk; kc. lulu.
ngluluh: kn. 1 njêmèkake (ngêjèr) sarana dipanasi; 2 gawe jladrèn lêmpung kang arêp digawe bata lsp; 3 ak. nutuh; kc. luluh.
nglulun: kw. ngêlun, nggulung, nglumpuk(ake); kc. lulun.
nglulur: (i) kn. ak. nggosok nganggo lulur.
--- 412 ---
nglulus ~ nglolor.
nglulus: kn. nglolos; [x]-i: mènèhi layang lulusan; [x]-ake ak: nglêstarèkake; kc. lulus.
ngluluti: kn. lulut karo; kc. lulut, klulut.
nglumahake: kn. nyèlèhake lsp. mlumah; kc. lumah.
nglumba: kn. njola ngadêg dening kagèt; kc. lumba.
nglumbruk: kn. sumèlèh ora tata (tmr. barang sêmbêt); kc. klumbruk.
nglumuhi: kn. 1 ngalahi tumandang awit lumuh padon; 2 nyingkiri apa-apa sing ora dadi panujuning atine; kc. lumuh, klumuh.
nglumur: pc. nglêmêr; kc. klumur.
nglumut: kn. kêthukulan lumut.
nglumpati: kn. mlumpat ing; kc. lumpat.
nglumpuk: n. nglêmpak k. ngumpul dadi siji; kc. klumpuk.
nglumpruk: kn. 1 nglumbruk; 2 rubuh tanpa daya; kc. klumpruk.
nglumrahake: n. nglimrahakên k. ngumumake, ngaprahake; kc. lumrah.
nglunasi: 1 kn. ngêsahi (utang); 2 kw. matèni; kc. lunas.
nglunjak: kn. 1 mumbul arêp nyengklak (ngranggèh); 2 ks. kurang ajar; kc. lunjak.
ngluntak: kn. ak. nyuntak; kc. luntah.
ngluntakake: kn. nundhakake; kc. lunta.
nglunturi: kn. 1 luntur ngênani; 2 ak. ngilèni (mili ing); kc. luntur.
ngluncup: kn. awangun lancip.
nglunthung: kn. 1 nêkuk nggulung (dluwang lsp); 2 ([x] atine) wis mari mêmpêng; kc. klunthung, lunthung.
nglunyat: kn. ak. kurang ajar; kc. klunyat.
nglunyum: pc. nglonyom, nglènyèm.
nglung: kw. kaya lung; kc. lung, anglung.
nglungake: pc. ngulungake; kc. lung, ulung.
nglungani: n. ngesahi: lunga nyingkiri (dhayoh lsp); nglungakake: nundhung, akon lunga; kc. lunga.
nglunggèni: kn. 1 mènèhi luwihan dianggo lunggèn; 2 nyumênèkake, mènèhi inah; kc. lungge.
nglungguhi: n. nglênggahi k. ak. 1 lungguh ing; 2 nêtêpi (wêwaton lsp); 3 nindakake (tumindak) kaya samêsthine; kc. lungguh.
nglungka: kn. 1 kaya lungka (prongkolan lêmpung lsp); 2 wangkod; kc. lungka.
nglungsar: pc. ngglungsar.
nglungsur: kn. 1 ak. nglorod (pangkat); 2 ngêpèk panganggo lsp. sing wis dianggo ing liyan; [x]-i: mènèhi lungsuran; kc. lungsur.
ngluputake: n. nglêpatakên k. 1 nyalahake; 2 mbebasake saka; kc. luput.
nglurahi: kn. ak. manggêdhèni (dadi lêlurah); kc. lurah.
ngluri: kn. ak. nglêluri; kc. luri.
ngluru, ngluroni: kn. ak. nglêmêsake mas lsp. sarana diobong; kc. luru.
nglurubi: êngg. kn. nutupi ing lurub; kc. lurub.
nglurug: kn. mangkat pêrang, mênyang ing panggonaning mungsuh; kc. lurug.
ngluruh: êngg. ak. 1 (ut. [x]-i) ngaruh-aruhi; 2 nggolèki; kc. luruh.
ngluruk: (-i) kn. nantang lsp. sarana kluruk; kc. kluruk.
ngluronake: kn. ak. njalari kluron; kc. kluron.
nglus: br. ngêlus; kc. lus.
nglusud: êngg. pc. mrucut.
nglucut: kn. ak. nglêbus (kodanan); kc. klucut.
ngluthêk: pc. tansah ana ing omah bae.
ngluthik: kn. ndulit nganggo luthik; kc. luthik.
ngluwa: kn. olah kluwa.
ngluwangi: kn. ak. mituturi (sarana kupiya); kc. luwang.
ngluwari: kn. 1 mardikakake, mbebasake; 2 nêtêpi apa kang dadi nadare; kc. luwar.
ngluwat: kn. ak. tapa ana ing jugangan; kc. kluwat.
ngluwêng: I kn. ak. mbuwang ing luwêng. II [x]-ake kn: mlêngkungake (nikung) awangun buwêngan; kc. kluwêng.
ngluwêr: I kn. mubêng, mingêr mubêng; kc. kluwêr. II [x]-ake kn. nêkuk diuwêrake; kc. luwêr, kluwêr.
ngluwihi: n. nglangkungi k: 1 mènèhi luwihan; 2 ak. ngungkuli; 3 ak. bangêt; kc. luwih.
ngluwuk: pc. ngluwus kn. katon rêgêd (irêng sêmu putih); kc. kluwuk.
ngluwung: I kn. kaya kluwung. II kn. ak: nywara mbêngung tmr. angin. III [x]-ake pc: nganggêp wis luwung; kc. luwung.
nglobong: pc. ndolop sarana ngalahi dhisik (tmr. main); kc. lobong.
nglobot: kn. gawe klobot.
nglodok: kn. nyogok nganggo driji; kc. lodok.
nglojèh: kn. ak. nojoh, nojèh; kc. lojèh.
nglojok: kn. 1 kêladuk maju; 2 luwih saka mêsthine; kc. lojok.
nglodhag: pc. ngglodhag.
nglogati: kn. ak. nêrangake (têgêse); kc. logat.
nglogog: êngg. kn. lêgêg-lêgêg.
nglogok: pc. nyogok; kc. logok.
nglogro: kn. 1 dadi kêndho (ora kêncêng, lobok); 2 ak. mari mêmpêng; kc. logro.
ngloyong: pc. mlaku-mlaku; kc. kloyong.
ngloyop: pc. katon ngantuk.
ngloyor: kn. ngumbah ing landha (tmr. lawon); kc. loyor, kloyor.
ngloko, nglokor, nglokro: kn. ak. nglogro.
nglokop: (-i) kn. nèsèti kuliting wit; kc. klokop.
nglokor: kn. nywara klokor-klokor.
nglolodi: kn. ak. nglêlêgi; kc. klolod.
ngloloh: kn. makani manuk lsp. dilêbokake ing cangkêm; kc. loloh.
nglolor: I êngg. kn. 1 nglolos, njupuk saka ing untingan; 2 katon dawa; kc. lolor.
--- 413 ---
II pc: nlosor; kc. klolor.
nglolos ~ ngubur.
nglolos: kn. nyopot, nglulus, narik; kc. lolos.
nglombo: êngg. kn. ngapusi; kc. lombo.
nglombok: kn. ngusari ing lombok.
nglombroh: kn. kêgêdhèn tmr. klambi; kc. klombroh.
nglombrot: pc. nglêmbrêt.
nglomoh: kn. 1 ngusari lênga nganti klomoh; 2 êngg. pc: ngapusi; kc. klomoh.
nglomproh: pc. nglombroh.
nglontop: pc. 1 nyuduk nganggo lontop; 2 nyogok; kc. lontop.
nglontor: êngg. ks: mangan, ngombe; kc. lontor.
nglontrong: kn. lunga karo nêpsu (mrêngut); kc. lontrong.
ngloncèng: kn. nabuknabuh. (ngunèkake) loncèng.
ngloncok: êngg. kn. nglonjok; kc. loncok.
ngloncom: (ake) êngg. pc. mblasukake.
ngloncong: pc. 1 nglojok; 2 ([x]-ake) êngg. mblasukake; kc. loncong.
nglonthang: i kn. nywara klonthang-klonthang. II kn. ak: ora nggêgawa apa-apa; kc. lonthang, klonthang.
nglonthe: ks. dadi lonthe, royal karo palanyahan; kc. lonthe.
nglonthèngi: kn. nylonèhi, nylorèngi; kc. lonthèng.
nglonthok: pc. nglèthèk, nglothok.
nglonthong: i kn. 1 ngunèkake klonthongan; 2 bêbakulan kaya Cina klonthong; kc. klonthong. II kn. ak: tanpa isi (nggronggong); kc. klonthongan.
nglonyom: kn. nglènyèm, nglenyam; kc. klonyom.
nglong: kw. nyuda, ngurangi; kc. long, anglong.
nglonggari: êngg. pc. 1 nglowahi; 2 mènèhi kalonggaran; kc. longgar.
nglonggor: (-i) êngg. kn. milihi wulèn (dianggo winih); kc. longgor.
nglongkangi: kn. 1 nglowahi (ndokoki longkangan); 2 nglowongi; kc. longkang.
nglongkong: ks. 1 nangis; 2 ura-ura; kc. klongkong.
nglongok: êngg. kn. ndangak manglung (ungak-ungak); kc. longok.
nglopa: kn. ak. mènèhi rêruba, mbêsêli; kc. lopa.
nglopak: kn. ak. nglubuk (ana ing banyu); kc. klopak.
nglopok: pc. mbakar (nggarang) iwak lsp; kc. klopok.
nglorèhake: kn. ak. ngandharake; kc. klorèhan.
ngloro: n. ngalih k. sabên (siji-sijine) loro.
nglorod: kn. 1 njupuki (ngundurake) turahaning pisuguh; 2 nglungsur panganggo lsp; 3 ngudhunake pangkat; 4 ngilangi malaming bathikan (babaran) sarana dikêbyok ing wedang; kc. lorod.
nglorog: (ake) kn. nyodhokake maju; [x]-i: nyauri utang sarana barang; kc. lorog.
nglorohi: êngg. pc. ngaruh-aruhi; kc. loroh.
ngloropake: kn. mblasukake marang kacilakan lsp; kc. lorop.
nglosod: pc. linggih ing lêmah (ora mingsêd-mingsêd); kc. klosod.
nglotis: kn. olah lotis.
nglotre: kn. ngundhi; kc. lotre.
ngloco: pc. 1 nguwêd-uwêd; 2 ngasud kartu; kc. loco.
nglocok: I kn. nèthèl (nèsèd) kulit; kc. klocok. II kn: 1 nglêmbutake ing bumbung; 2 ks. nyanggama; kc. locok.
nglocop: pc. nglocok, nglothok.
nglothak: pc. kuru bangêt; kc. klothak.
nglothèk: I pc. nywara klothèk-klothèk. II [x]-i kn: ndulit nganggo lothèk, ngusari; 2 êngg. ndulang bayi sarana sêga diulêg; kc. lothèk.
nglotho: êngg. nglothong kn. ak: ngothong; kc. lotho.
nglothok: pc. nglocok, nglocop.
nglowahi: kn. ndokoki lowahan; kc. lowah.
nglowèh: pc. mawa bolongan.
nglowoh: pc. katon sêla (tanpa isi).
nglowoki: kn. nyêlani. mêlani, nglowongi; kc. lowok.
nglowong: I kn. pasa ora mangan apa-apa; [x]-i: ngothongi, mêlani; kc. lowong. II [x]-i kn: mbathik klowongan (cêngkorongan); kc. klowong.
nglowos: kn. ak. ora ênggagawa,nggêgawa. kothong; kc. klowos.
ngubadir: êngg. kn. mubadir.
ngubayani: n. ngubanggèni k. ak. nyaguhi, njanjèni; kc. ubaya.
ngubak: kn. ngudhak (banyu lsp); kc. ubak.
ngubal: kn. mlintir (lawe); [x]-ake: 1 nggêdhèkake lsp; kc. ubal, mubal.
ngubêd-ubêdi: kn. nalèni (mblêbêd) nganggo gombal lsp; ngubêdake: 1 nalèkake nggubêd; 2 ngiguhake murih cukup; kc. ubêd.
ngubêk: êngg. ak. ngubak; kc. ubak, ubêk.
ngubêl-ubêli: kn. 1 nêsêli nganggo gombal lsp; 2 ngubêd-ubêdi kacu lsp. (ing êndhas lsp); kc. ubêl-ubêl.
ngubêng-ubêng: kn. tansah nyêmayani (tmr. ditagih), mangsuli ora cumêplos; ngubêngi: ngliwati mubêng, ngitêri; kc. ubêng.
ngubêr: êngg. kn. ngudhak, ngubak ngubêr-ubêr kn. ak: tansah ngoyak-oyak; kc. ubêr.
ngubin: êngg. kn. ngracak; kc. ubin, ngobin.
ngubyarake: kn. ak. ngurubake mubyar; kc. ubyar, mubyar.
ngubyungi: kn. ngancani (ngrujuki) ênggone nindakake kang ora bêcik; kc. ubyung.
ngublak: kn. ngubak lan nyampur (jladrèn lsp); kc. ublak.
ngublêk: êngg. pc. ngublak.
ngububi: kn. ngangini nganggo ububan; kc. ubub.
ngubukake: kn. 1 ndadèkake pêsagi; 2 ak. ngurupake, nyumbutake; kc. kubuk.
ngubungi: êngg. ak. ngubyungi.
ngubur: I n. mêtak k. nyarèkake ki. mêndhêm mayit; kc. kubur.
--- 414 ---
II [x]-ubur, [x]-i êngg. kn: ndokoki obong-obongan mêrang lsp. supaya ilang lêmude; kc. ubur.
ngubut ~ nguyuh.
ngubut: i êngg. kn. tansah têrus (tumandang, mlaku); kc. but. II [x]-i pc: nutupi; kc. kubut. III [x]-ubut kn. ak; maling ing wayah esuk; kc. ubut.
ngubral-ubral: êngg. pc. mbêbècèr, mbêboros; kc. ubral.
ngubrêg: pc. mlêtêr ing pitakon; kc. ubrêg.
ngubrês: kn. nglari (nggolèki) ana ingêndi-êndi; kc. ubrês.
nguda-uda: kn. ak. 1 ngêngurangi, nyuda-nyuda; 2 ngira-ira; kc. uda.
ngudag-udag: êngg. kn. ngoyak-oyak; kc. udag.
ngudakara: n. ngudakawis k. ak. ngira-ira; kc. udakara.
ngudal-udal: kn. ak. ngêtuk mudal; kc. udal, mudal.
ngudamamahi: kn. ak. kêpenak diucapake (ditêmbangake); kc. udamamah.
ngudan-udan sore: n. njêjawah sontên k. ws: nglamar.
ngudanèni: kw. wêruh, mangêrti; kc. udani.
ngudani: n. njawahi k. ngrutug (ing panah lsp; kc. udan.
ngudang: kn. 1 ak. nggadhang-gadhang ing têmbe bisaa dadi ...; 2 ngalêm lan mbêbungah ati (marang bocah); 3 pc. ngujar-ujari, nyrêngêni; kc. kudang.
ngudara: kw. (mabur lsp) ingawang-awang.
ngudarasa: kw. mikir, nggagas; kc. udarasa.
ngudi: kn. 1 marsudi kanthi têmên-têmên; 2 njaluk (nakoni) kanthi têmên-têmên; kc. udi.
ngudubilahi: kn. 1 sabawa mratelakake gumun lsp; 2 ks. bangêt, kêbangêtên.
ngudud: kn. (ngêsês k): udud.
ngudung: kn. ak. mangkêl bangêt, wangkod (nggugu karêpe dhewe).
ngudurake: I kn. pêpadon prakara ...; kc. udur. II kn: nyambatake marang kuli (tmr. nggarap sawah); kc. kudur.
ngudokake: n. ngêdahakên k. ak. mêsthèkake yèn kudu (nglakoni lsp); kc. kudu.
ngudrug: kn. ak. ngodrog.
nguja: kn. ngêtogake (mituruti) ing sakarêpe; kc. uja.
ngujanèni: kn. ak. mènèhi opahan (marang dhukun); kc. ujani, wêjani.
ngujar-ujar: (-i) kn. ngunèk-unèkake; kc. ujar.
ngujêg: (-ujêg) kn. tansah njaluk (nagih); kc. ujêg.
nguji: kn. ak. nglèlèr (êmas); kc. uji.
ngujiwat: (-i) kw. nglirik, mlerok(-i); kc. ujiwat.
ngujubake: kn. nêrangake (ngandhakake) tujuning slamêtan; kc. ujub.
ngujudi: kn. ak. nganani, mujudi; kc. ujud, wujud.
ngujungi: kn. ujung (ngabêkti) marang; kc. ujung.
ngujur: êngg. kn. 1 mluku mujur; 2 njaluk ujuran; [x]-i: mènèhi ujuran; kc. ujur, mujur.
ngudhak: kn. 1 ngubak; 2 ngobah-obah nganggo sendhok, irus lsp; kc. udhak.
ngudhal-udhal: kn. 1 nguculi lan mbukak buntêlan lsp; 2 ngudhari lan miwir-miwir (têmbako lsp); 3 ent. miyak (ngandhak-ngandhakake) wadi; kc. udhal.
ngudhar: br. ngudhari kn. nguculi (tali, gêlungan lsp); kc. udhar, wudhar.
ngudhèt-udhèt: kn. nyoblos banjur disuwèk; kc. udhèt, sudhèt.
ngudhêg: pc. ngubêk.
ngudhêk: êngg. pc. ngudhak.
ngudhêl-udhêl: kn. 1 sêpêt sêrak (kaya rasane jambu mete); 2 krasa sêbah (tmr. wêtêng); 3 ora karuwan (tmr. pikiran); kc. udhêl.
ngudhêng-udhêngi: kn. ngikêt-ikêti; kc. udhêng.
ngudhi: kn. namakake kudhi.
ngudhikake: kn. nglakokake prau mudhik; kc. udhik, mudhik.
ngudhik-udhiki: kn. ak. nyêbari dhuwit dianggo dana; kc. udhik-udhik.
ngudhili: kn. ak. mikolèhi, migunani.
ngudhis-udhis: kn. nggrêmêti; kc. udhis.
ngudhu: kn. ngabang nganggo kudhu.
ngudhuni: n. ngandhapi k. 1 mudhun ing; 2 nguruni; kc. udhun.
ngudhungi: kn. ngênggoni kudhung; kc. kudhung.
ngudhup: kn. 1 mêtu kudhupe; 2 kaya kudhup; kc. kudhup.
ngudhoni: kn. ak. nguruni; kc. udhu.
ngugal: êngg. kn. 1 nganyarake; 2 nganggo wantahan; kc. ugal.
ngugêg-ugêg: kn. ngobah-obahake arêp nyopot (kancing lsp); kc. ugêg.
ngugêm: êngg. kn. mêca sarana layang primbon; [x]-i: nggêgêgi panêmu (kasaguhan lsp); kc. ugêm.
ngugêr: kn. nancang (nalèni) ing pathokan; [x]-i ak: ngrungokake paturan (katêranganing saksi); kc. ugêr.
ngugung: kn. ngêla-êla lan nguja ing sapanjaluke; kc. ugung.
ngugrag-ugrêg: kn. ngoglèg-oglèg arêp dibukak; kc. ugrag-ugrêg.
nguyab: pc. njambak (rambut); kc. uyab.
nguyahake: pc. nyandêrake (asu).
nguyahi: n. nyarêmi k. 1 mbumboni nganggo uyah; 2 nganaki (dhuwit); nguyahi-asêmi, nguyah-asêmi kn: kêladuk ênggone ngalêm; kc. uyah.
nguyak: kn. ak. ngoyak; kc. uyak.
nguyang: kn. ak. lunga tuku pari (bêras); kc. uyang.
nguya-uya: kn. tansah ngoyak-oyak (akon lunga lsp) kc. kuya.
nguyêg: (-uyêg) kn. ngusêk-usêk (musus lsp) kêrtu lsp. supaya campur; kc. uyêg, muyêg.
nguyêl-uyêl: kn. tansah ngêkêp (nyêkêli, ngêlus-êlus lsp); kc. uyêl.
nguyu-uyu: kn. gêgêndhingan nabuh gamêlan (nalikane duwe gawe); kc. uyu.
nguyuh: n. toyan k. turas ki. ngêtokake uyuh; kc. uyuh.
--- 415 ---
nguyun-uyun ~ ngulungi.
nguyun-uyun: kw. nggêmatèni bangêt, ngrêksa tuwin ngayomi; kc. uyun.
nguyungake: kn. ak. njalari wuyung; kc. wuyung.
nguyup: kn. 1 ngombe (sêmu disêrot); 2 ak. ngêpèk kabèh; kc. uyup.
nguk: pc. angur, aluwung.
ngukarakake: kn. ak. ndadèkake ukara.
ngukèh: êngg. kn. ngukih.
ngukêb: êngg. ak. nutupi rapêt.
ngukêl: 1 êngg. ak. ngikal (lawe lsp); 2 nyêkêl rambut banjur ditêkuk lan disêndhal; 3 ki. nggêlung; kc. ukêl.
ngukih: kn. ak. ngundurake (ngalahake, ngoyak); kc. ukih, ungkih.
ngukir: I kn. natah (kayu, gadhing lsp) diwangun lung-lungan lsp; ukir. II [x]-i pc: nyelaki; kc. mungkir.
nguku: kn. nyuwèk lsp. nganggo kuku.
ngukub: I (ut. [x]-i) kn. ak. ngrukub (nutup) rai lsp; kc. kukub. II kn: 1 êngg. ngungkêb; 2 ak. ngêbuli jarit lsp. supaya wangi; kc. ukub, ukup.
ngukud: I (ut. [x]-i) kn: mbubrahi lan nglumpukake (dagangan lsp); kc. kukud. II (ut. ngukut) kn. ak: adhêm bangêt.
ngukuhi: n. ngêkahi k. 1 ngugêmi, nggêgêgi; 2 nêtêpi têmênan; kc. kukuh.
ngukuk, ngukung: pc. gumuyu sêru; kc. kukuk.
ngukum: kn. niksa, midana, mènèhi paukuman; kc. ukum.
ngukup: kn. 1 ngrakup nganggo tangan loro; 2 mêlasi lan ngopèni (bocah kapiran lsp); kc. kukup, ngukub.
ngukur: I kn. nyumurupi sapira dawane (gêdhene lsp); kc. ukur. II kn. 1 nggaruk nganggo kuku; 2 êngg. ak. marud, ngikir; kc. kukur.
ngukus: kn. 1 mêtu kukuse; 2 ngratêngi sarana kukus; kc. kukus.
ngungkruk: kn. ak. linggih tumungkul.
ngula: n. nyawêr k. ak. kaya ula; kc. kc. ula.
nguladara: kn. ak. ngulandara.
ngulah: I kn. 1 ak. nindakake; 2 br. marsudi, ngudi; 3 ak. ngolah; kc. ulah. II êngg. kn: ngulêd, nyampur; kc. kulah. III kn: ngêtrapi kulah.
ngulak: n. ngilak k. nuku arêp didol manèh; kc. kulak.
ngulama: kn. (ngulami k): 1 ahli babagan agama (Islam); 2 pc. wong kang nglakoni agama (Islam) kanthi têmên-têmên; kc. ulama.
ngulandara: kn. lunga saparan-paran.
ngulang: kn. 1 ak. golèk; 2 êngg. tuku iwak mênyang pasisir; kc. ulang.
ngulapi: kn. ngilangi (rêrêgêd lsp. kang tumèmplèk); kc. ulap.
ngulap-ulap: kw. nyawang (saka kadohan); kc. ulap.
ngulari: êngg. kn. nggolèki, golèk.
ngular-ulari: kn. 1 ndondomi (ngrapêtake) jarit lsp. suwèk; 2 mbukani, mènèhi pêpucuk (tmr. rêmbugan lsp); 3 ak. miwiti; kc. ular.
ngulati: kn. 1 br. ngingêtake, nyawang; 2 êngg. nggolèki; ngulati ala pc: mlêruki, masang ulat ala; ngulat(-ulat)-ake: ngawasake sapari-polahe, namatake; kc. ulat.
ngulat-ngulèt: pc. tansah ngulèt.
ngulawêntah: kn. ak. nggula-wênthah.
ngulawisudha: kn. njunjung (ngunggahake) pangkat; kc. kulawisudha.
ngulèni: kn. 1 mênyêd-mênyêd wasuhan, parudan lsp; 2 pc. nyêthoti; kc. uli.
ngulèt: kn. 1 ngulur anggotaning awak (mêntas tangi turu lsp); 2 mlêngkung mulur (tmr. kayu lsp).
ngulêd: kn. ak. ngulêt.
ngulêg: kn. nglêmbutake nganggo ulêg-ulêg; kc. ulêg.
ngulêk-ulêk: kn. ak. 1 nguthêk-uthêk; 2 pc. tansah nyrêngêni; kc. ulêk.
ngulêmi: I kn. ngundang (nyuruhi); kc. ulêm. II kw: nuroni (ngêwori turu); kc. kulêm.
ngulêng: kn. ak. 1 ngrukêt (nalikane padu); 2 (ut. [x]-ulêng) tansah ngrukêt (ngrangkul lsp); kc. ulêng.
ngulêr: kn. ak. kaya ulêr; [x] kambang ws: satitahe (alon-alonan); [x] kilan ak: mblandhang mlumpat-mlumpat (tmr. jaran); kc. ulêr.
ngulêsi: kn. 1 nutupi nganggo ulês; 2 mbuntêl mayit; kc. ulês.
ngulêt: kn. nyampur sarana diudhak lan diwênyêd-wênyêd; kc. ulêt.
nguli: I kn. bêburuh dadi kuli; kc. kuli. II [x]-uli kn: ngulèni; kc. uli.
ngulig: (-ulig) kn. ngginyêr-ngginyêr wêtêng (supaya mari lêlarane); 2 nggarap (jago, kêmiri lsp) supaya patohan; kc. ulig.
ngulihi: n. ngantuki k. ak. mulih mênyang ing, mbalèni (bojo kang dipêgat); ngulihake n. ngantukakên k. ngondurake ki: 1 nggawa (ngêtêrake) mulih; 2 mbalèkake; kc. ulih.
ngulih-ulihi: kn. ak. mènèhi ulih-ulih marang; kc. ulih-ulih.
ngulik-ulik: êngg. ak. nguthik-uthik; kc. ulik.
ngulinani: kn. kulina marang; ngulinakake: manuhake; kc. kulina.
ngulir: êngg. ak. 1 mutêr, ngubêngake (sêkrup lsp); 2 nyopot nganggo kotrèk; kc. ulir.
ngulir budi: pc. mikir, ngêtog pikiran (golèk reka).
ngulu: I kn. ak. ndokoki sandhangan ulu; kc. ulu. II kn: ngêlêg (pangan); [x] ambêkan pc: nglalu ngampêt ambêkan; [x] idu pc: clêgukan (kêpengin bangêt); kc. ulu.
ngulub: kn. nggodhog jêjanganan; kc. kulub.
ngulukake: I kn. 1 êngg. ngumbulake (layangan); 2 mbêdhil munggah; nguluk-uluki: ngunèkake bêdhil (mêrcon) kanggo ngurmati; kc. uluk. II êngg. kn. ngulungake; kc. uluk.
nguluk ningkah: kn. mêgat; kc. kuluk.
nguluki salam: kn. mbagèkake lsp. sarana uluk salam.
ngulungi: kn. mènèhi sarana diathungake tangane; ngulungake: 1 ngacungake
--- 416 ---
mêmènèhi; 2 nglilakake, mènèhake, masrahake; kc. ulung.
ngulur(ake) ~ ngundhamana.
ngulur: (ake) I kn. nyêbar wiji (ing tanjan); nguluri: nyêbari wiji; kc. ulur. II kn: 1 ndawakake, ngalar (tali lsp); 2 ngunggahake (prakara) marang pangadilan kang luwih dhuwur; nguluri: mitulungi (pangan lsp); kc. ulur.
ngulon: I n. ngilèn k. mênyang ing kulon. II [x]-i kn: tansah ngulu; kc. ulu. III [x]-i kn. ak: ndhisiki; kc. ulu.
ngumadama: kw. mbodho; kc. kumadama.
ngumah-umahake: n. ngemah-emahakên k. êngg. ak. ngomah-omahake; kc. umah, omah.
ngumala: kw. (sumorot) kaya intên; kc. kumala.
ngumani: kn. mènèhi bagean; kc. uman.
nguman-uman: kn. ngundhat-undhat, ngunèk-unèkake (nyênyampahi); kc. uman.
ngumbah: (i) kn. masuh(i); kc. kumbah.
ngumbak: êngg. kn. ngombak.
ngumbal: êngg. ak. nyewa (rajakaya lsp); kc. umbal.
ngumbang-umbang: êngg. kn. nguman-uman, ngundhat-undhat; kc. umbang.
ngumbar: kn. nguculake (nguja) ing sakarêpe; kc. umbar.
ngumbara: I kn. ak. lunga saparan-paran. II kw. mabur.
ngumbe: êngg. kn. ngombe.
ngumbèni: kn. kumbi marang; kc. kumbi.
ngumbyungi: kn. ak. ngubyungi, ngombyongi; kc. umbyung.
ngumblug: pc. mumpluk; kc. umblug, mumblug.
ngumbuk: (-ngêruk) kn. ak. têtumpukan akèh bangêt; kc. umbuk.
ngumbulake: kn. ngulukake, ngunggahake mumbul; kc. umbul, mumbul.
ngumbrêng: kn. ak. 1 mbrêngêngêng; 2 nggrumung; kc. gumbrêng.
ngumbruk: pc. têtumpukan akèh bangêt; kc. umbruk.
ngumêd-umêdake: pc. ngobahake cangkêm; kc. umêd.
ngumêdi: kn. kumêd marang; kc. kumêd.
ngumêl-umêli: kn. nggrênêngi; kc. umêl.
ngumêt-umêtake: kn. ak. 1 ngubêngake ngganjrêt; 2 njalari mumêt; kc. umêt, mumêt.
ngumik-umik: kn. obah-obah cangkême (kaya ndongani); kc. umik.
ngumisi, ngumisèni: kn. niti priksa, mriksa; kc. kumisi.
ngumyang, ngumyêng, ngumyung: kw. gêdêr arame; kc. kc. umyung.
ngumuki: kn. ak. umuk marang; kc. umuk.
ngumulun: kw. ngabdi, ngèngèr; kc. ulun.
ngumum: kn. ak. umum; ngumumake: mratakake ing umum, nglumrahake; kc. umum.
ngumur: kn. ak. umur. ngumobake: kn. nggodhog nganti umob; kc. umoh.
ngumor-umori: kn. ak. njalari umor.
ngumpa: pc. ngompa, mompa; kc. kumpa.
ngumpah-umpah: kn. ak. nguman-uman, ngundhat-undhat; kc. umpah.
ngumpak: kn. ngonggrong, ngalêm; [x]-i: ndokoki umpak; kc. umpak.
ngumpal-umpal: kn. mumpal-mumpal.
ngumpamakake: n. ngumpamèkakên k. êngg. ngupamakake; kc. upama.
ngumpêl: pc. ora mêtu-mêtu; kc. umpêl, mumpêl.
ngumpêt: (ake) kn. ndhêlikake, nyidhêm; kc. umpêt.
ngumplèh: kn. ak. amba nggandhul (tmr. lambe).
ngumplit, ngumplèt: kn. ngrombak tatanan sawah gadhuhan; kc. kumplitan.
ngumpuk-umpuk: kn. ak. nênumpuk, ngundhung-undhung; kc. umpuk.
ngumpul: n. ngêmpal k. nglumpuk, nunggal dadi siji; kc. kumpul.
ngumprêng: pc. nggumbrêng.
ngumprukake: pc. ngumbrukake; kc. umbruk.
ngumrês: pc. ngubrês; kc. umrês.
ngunandika: kw. gunêman sajroning ati.
ngundang: kn. 1 akon mara, nyêluk; 2 nyêbut; 3 ngulêmi; kc. undang.
ngundêri: kn. ak. ndokoki ciri undêran; kc. undêr.
ngundur: kn. ak. 1 nyuwak (pangkat, sêsêbutan); 2 mocot; 3 nyumênèkake; [x]-i: 1 mungkur nyingkiri; 2 nunjang lsp. nalikane mundur; 3 ngêmohi, nyèlèhake (pakaryan lsp); 4 mèh têkan ing (wayahe lsp); kc. undur, mundur.
ngundur-undur: kn. ak. ngêngurangi (nyuda) saka sathithik; kc. undur.
ngunjal: kn. 1 êngg. nyinggahake pari (panènan); 2 gawe susuh; [x] ambêkan (napas): nyêrot ambêkan; ngunjal-unjal êngg: nggotong, ngusung; kc. unjal.
ngunjar: kn. ak. ngumbar (ora diblênggu tmr. pasakitan); kc. unjar.
ngunjara: kn. ak. nglêbokake kunjara (mblui); kc. kunjara.
ngunjêl-unjêl: êngg. kn. ngêsuk-êsuk; kc. unjêl.
ngunjuk: I ki. ngombe; [x]-i ki: 1 ngombèni; 2 nusoni; kc. unjuk. II [x]-i uninga ki: ngaturi priksa; [x]-ake ki: ngaturake; kc. unjuk, konjuk.
ngunjung: (-unjung)ake: numpuk munjung-munjung; kc. unjung, munjung.
ngundha: kn. 1 ak. ngumbulake; 2 ngulukake (layangan), ngaburake manuk dicêncang ing bolah; kc. undha.
ngundha-usuki: kn. ak. ora akèh bedane karo; kc. undha-usuk.
ngundhagèni: kn. ak. pintêr mungguhing; kc. undhagi.
ngundhaki: n. ngindhaki k. muwuhi akèh; kc. undhak, mundhak.
ngundhamana: kn. ak. nyrêngêni kanthi ngundhat-undhat; kc. undhamana.
--- 417 ---
ngundhangi ~ ngungang.
ngundhangi: kn. ak. ndhawuhi (sarana undhang); kc. undhang.
ngundhat-undhat: kn. ngundhamana kaluputane kang wis-wis; kc. undhat.
ngundhêr: pc. ora ngolah-ngalih (mêtu-mêtu); kc. undhêr.
ngundhi: I kn. nglotre; kc. undhi. II kn: gawe grabah; kc. kundhi.
ngundhili: kn. ak. ngudhili.
ngundhuh: kn. 1 mêthik (wowohan lsp), njupuk (susuh lsp); 2 nêkakake pangantèn; kc. undhuh.
ngundhuki: kn. 1 ngrudhuki (diyan lsp) supaya suda padhange; 2 (ut. ngundhuk-undhuki) njontrot (pitik) supaya mara; kc. undhuk.
ngundhung-undhung: kn. ak. numpuk sungsun-sungsun; kc. undhung, mundhung.
ngunèn: (unèn)i ala n. ngungêl(ungêl)i awon k: ngujar-ujari; ngunèkake n. ngungêlakên k: 1 nabuh (gamêlan lsp), nyêbul (somprèt lsp); 2 nyulêd mrêcon lsp) supaya muni; 3 ngucapake (maca) layang lsp; 4 ngarani, nganggêp kaya; ngunèk-unèkake: ngujar-ujari ala; kc. uni.
ngunêk-unêki: kn. ak. njalari munêk-munêk; kc. unêk.
nguni: (-uni) kn. ak. biyèn; kc. uni.
nguningani: kw. wêruh; kc. uninga.
ngunir: kn. ak. kaya kunir (kuning).
nguniwèh: kw. luwih-luwih, samono uga.
ngunu: I êngg. ak. ngilèni (nyoroti) banyu (ing sawah); kc. unu. II êngg. kn. nglumpukake keceran bêras (pari); kc. unu, wunu.
ngunul: pc. mlaku (mlayu) rikat.
ngunus: kn. 1 êngg. nglolos (nguthut) pari lsp; 2 nglolos (narik) kêris lsp; kc. unus.
nguntal: I kn. 1 ngulu têrus (tanpa dimamah); 2 ks. mangan; kc. untal. II [x]-ake êngg: ndhêsêk lsp. nganti kontal; kc. untal, kontal.
nguntal ambêkan: kn. ak. nglalu ngampêt ambêkan.
nguntapake: kn. 1 ngêtêrake (nalikane mangkat, lunga); 2 ([x] pati) br. matèni; kc. untap.
nguntar-untar: kn. ak. 1 murub mubyar, panas bangêt; 2 br. muring-muring; kc. untar.
nguntarakake: pc. nitakake; kc. untara.
nguntarani: n. nguntawisi k. ak. ngantarani, mratandhani yèn; kc. untara, antara, watara.
nguntêk: êngg. kn. nuntak, nyuntak; kc. kuntêk.
nguntêl-untêl: kn. nggulung diuwêl-uwêl; kc. untêl, muntêl.
nguntili: êngg. ak. nguntingi kn. mbêntèli, nalèni sabêntèl-sabêntèl; kc. until, unting.
nguntir: kn. nyêkêl diputêr mubêng; kc. untir, puntir.
nguntug-untug: kn. ak. mangkêl bangêt.
nguntu-walang: kn. 1 nyambung (blèg lsp) ing gathukane sambungan mawa cringih-cringih cêcathokan; 2 nandur (nanja lsp) wujud rong larik blênjat-blênjat; kc. untu-walang.
nguntungi: pc. njalari untung.
nguntupake: kn. 1 ngatonake pucuke sathithik; 2 ent. nglairake (mahyakake) sathithik (tmr. panêmu lsp); kc. untup.
nguntut: kn. 1 mangan (barang kang mawur) saka sathithik; 2 êngg. ngirit-irit; 3 (ut. [x]-i) pc. mangan; kc. untut.
ngunton-untoni: kn. ak. ndokoki unton-unton.
nguntrêng, nguntrug, nguntrung: pc. lunga (mlaku) rêrikatan.
ngunca: br. gondhèlan kunca, tansah tut-buri; kc. kunca.
nguncali: kn. mbalangake ing; nguncalake: 1 nyawatake, nibakake ing; 2 nibakake (pancing lsp); 3 br. mbuncang, ngontalake; kc. uncal.
nguncang: kw. mbuncang, ngontalake; kc. uncang.
ngunce: kn. ak. ngonce; kc. once.
nguncêg: (i) kn. mbolong nganggo uncêg.
nguncêl: êngg. kn. nekad.
ngunci, nguncèni: kn. ngancing nganggo kunci.
nguncis: pc. katon kuru (pucêt).
nguncit-uncit: kn. 1 pc. tansah ngoyak-oyak; 2 ak. nyêndhal (njambak) rambut; kc. uncit.
ngunclang: êngg. kn. mbuncang, nguncalake.
ngunclug, ngunclung, nguncug: pc. mlaku rikat ora nolèh-nolèh.
ngunculake: kn. ngatonake, ngêtokake; kc. uncul, muncul.
nguncupake asta: kw. nangkêbake tangan (nyêmbah); kc. kuncup.
nguncrati: kn. muncrat kêna ing; kc. uncrat, muncrat.
ngunthêl-unthêl: pc. nggêlung mung dibêsuwêlake; kc. untêl.
ngunthêr: I êngg. kn. ngundhêr. II [x]-i kn: ndokoki (ngrêngga) unthêr-unthêr.
ngunthêt: kn. 1 ngêlongi (nylingkuhake) sathithik; 2 ent. nyidhêm (ora mblakakake); kc. unthêt.
ngunthili: êngg. ak. nguntingi.
ngunthuk: êngg. kn. umuk; kc. unthuk, munthuk.
ngunthul: pc. 1 dadi unthul; 2 mlayu njrunthul; [x]-i: mènèhi unthul (jangkrik lsp); kc. unthul.
ngunyari: êngg. kn. nguntingi pari (kira-kira satêkêm); kc. unyar.
ngunyêl-unyêl: êngg. kn. nguyêl-uyêl, nguyêk-uyêk; kc. unyêl.
ngunyêr: (-unyêr) kn. manggon (kang krasa lara); [x]-i: ndakwa; kc. unyêr, munyêr.
ngunylug, ngunyug: pc. têrus mlaku.
ngunyur: pc. tansah mlaku.
ngungak: kn. ndêlêng manglung; kc. ungak.
ngungalake: kn. nyungulake (sumbu diyan lsp), ndêgègake dhadha; kc. ungal.
ngungalakên: k. ak. ngunèkake; kc. ungal, ungêl, uni.
ngungang: kn. ak. manglung ing; kc. ungang.
--- 418 ---
ngungap-ungapi ~ nguprêt.
ngungap-ungapi: êngg. kn. ngungak-ungaki, nitipriksa ing sadurunge; kc. ungap.
ngungas-ungas: kw. ngambu-ambu, ngambus-ambus; ngungasake kw: ngumukake (kapintêrane lsp); kc. ungas.
ngunggabi: êngg. kn. ngungkabi; kc. ungkab.
ngunggahi: n. nginggahi k. 1 munggah ing; 2 madoni (rêmbug lsp); 3 (ut. ngunggah-unggahi) mara njaluk diêpèk bojo; kc. unggah.
ngunggah-ungguhake: kn. ak. nandukake unggah-ungguh.
ngunggar: êngg. ak. 1 njênggarake apa-apa kang kêmpêl (sêga lsp); 2 br. ngumbar, nguja (hawa lsp); kc. unggar.
ngunggêb: êngg. ak. ngungkêb; kc. unggêp, ungkêp.
ngungguli: kn. ak. ndhuwuri, ngungkuli; ngunggul(-unggul)ake ak: nyungulake (ngumbulake), ngaton-ngatonake; kc. unggul, munggul.
ngunggut-unggut: kn. ak. ngigit-igit.
ngungkabi: kn. 1 mbukak (tutup lsp); 2 br. ngatonake (kabisane lsp); kc. ungkab.
ngungkad: kn. ak. 1 nyidhuk banjur diwalik (godhogan tela lsp); 2 ent. nênangi (nêpsu kang wis lêrêm lsp), nyungulake manèh (prakara kang wis sirêp lsp); kc. ungkad, mungkad.
ngungkak krama: kn. ninggal tata krama (kurang ngajêni); kc. ungkak.
ngungkal: I kn. 1 ngasah ing wungkal; 2 ak. kaya wungkal; kc. ungkal, wungkal. II kn. ak: nyongkèl; kc. ungkal.
ngungkang: kn. ak. ngongkang.
ngungkêb: kn. nglêbokake ing kuwali lsp. ditutup rapêt; kc. ungkêb.
ngungkêg-ungkêg: kn. ngogak-ogak paku lsp. arêp dicopot; kc. ungkêg.
ngungkih: kn. 1 ak. nyènèng (nggèrèd) disingkirake; 2 êngg. ak. ngalahake, nêlukake; 3 ngêsur, ndhesuk; 4 êngg. ngudi, njangka; kc. ungkih.
ngungkil: kn. nyongkèl, njongkèng diwalik; kc. ungkil.
ngungkiri: pc. nyelaki; kc. mungkir.
ngungkuli: kn. nglangkahi (dumunung sadhuwure), ngluwihi (kèhe lsp); kc. ungkul.
ngungkuri: n. mêngkêri k. ora ngarêpake marang; ngungkurake: 1 ndokok ing saburine; 2 ngêtrap lsp. mungkur; 3 ent. nyingkur, ngêmohi; kc. ungkur, mungkur, pungkur.
ngungkrah-ungkrah: kn. ak. njupuki lsp. nganti pating blengkrah; kc. ungkrah.
ngungkrêd: kn. ngêlongi ut. ngurangi (dawane lsp); kc. ungkrêd.
ngungkruk: kn. ak. tumungkul (mbungkuk).
ngungun: kn. gumun bangêt.
ngungupake: kn. nyungulake sathithik; kc. ungup, mungup.
ngungrum: kw. namakake têmbung pamalat sih; kc. rungrum.
ngungsêb-ungsêbake: kn. nggangsur-gangsurake rai ing lêmah; kc. ungsêb.
ngungsêd: kn. ak. 1 ngudi bangêt bisane nggayuh (ngèlmu lsp); 2 njaluk kanthi adrêng; kc. ungsêd.
ngungsêl-ungsêl: kn. ndhrêsêli, nyrondholi; kc. ungsêl.
ngungsêng-ungsêngi: pc. ngusari lênga ing wajan lsp; kc. usêng.
ngungsêrake: kn. ak. ngubêngake ngganjrêt; kc. ungsêr, mungsêr.
ngungsi: kn. lunga nyingkiri bêbaya (banjir lsp); kc. ungsi.
ngungsil-ungsilake: kn. njaluk-njalukake supaya bisa olèh pagawean lsp; kc. ungsil, usil.
ngungsir: kn. 1 êngg. ak. nundhung; 2 kw. ngoyak; kc. ungsir, usir.
ngungsum: kn. ak. ungsum.
ngupa: kn. ak. ngrakêtake nganggo upa; [x]-upa êngg. ak: ndulang bocah (ngajari mangan sêga); kc. upa.
ngupaboga: kn. ak. golèk pangan.
ngupadi: kw. golèk; kc. upadi.
ngupadosi: k. ak. nggolèki.
ngupadrawa: kw. niksa, agawe sêdhih (susah); kc. upadrawa.
ngupa-jiwa: kn. ak. golèk pangan.
ngupagawe: n. ngupadamêl k. ak. nggarap gawe, ngupakara; kc. upagawe.
ngupahi: êngg. n. ngopahi; kc. upah, opah.
ngupaya: kn. ak. 1 br. ngreka, ngrenah; 2 golèk; kc. upaya.
ngupakara:. 1 kw.ak. ngrêrêngga, majang; 2 kn. nggarap (nandangi) kalawan bêcik, ngopèni kalawan têmên-têmên; kc. upakara.
ngupakat: pc. mupakat.
ngupaksama: kw. ak. ngapura; kc. upaksama.
ngupamani: kn. ak. mènèhi upama, nyanepani; ngupamakake n. ngupamèkakên k: mindhakake karo, madhakake karo; kc. upama.
ngupapati: kw. ak. mulang; kc. upapati.
nguparêngga: kw. ngrêngga, majang; kc. uparêngga.
ngupas: I pc. dadi upas. II [x]-i kn: misani; kc. upas.
ngupasanta: kw. ak. nglipur; kc. upasanta.
ngupasuba: kw. ngrêngga-rêngga, nyuba-nyuba; kc. upasuba.
ngupat: kn. 1 gawe kupat; 2 pc. kaya kupat.
ngupatani: kn. ak. nyupatani; kc. upata.
ngupacarani: kn. ak. mbagèkake lsp. kalawan upacara.
ngupèksa: (ni) kw. niti-priksa, nyumurupi; kc. upèksa.
ngupêksa: êngg. kn. ngujêg.
ngupêng: (i) kn. ak. ngubêngi, ngêpung; kc. kupêng.
ngupil: (-i) kn. 1 nglèlèti upil; 2 êngg. mipili (jagung); 3 êngg. ngopèli (cènggèr); kc. upil.
nguping: kn. 1 ak. kaya kuping; 2 pc. ngrungokake; kc. kuping.
nguplik: pc. 1 cilik bangêt (tmr. cangkêm); 2 ngamplik; kc. uplik.
ngupluk: êngg. kn. ngongklok, ngocak-ocak; kc. kupluk.
nguput-uput: êngg. ak. esuk umun-umun.
nguprêt: I pc. ngamprêt (cêkak bangêt).
--- 419 ---
II [x]-uprêt kn: ngubêr-ubêr, ngoyak-oyak; kc. uprêt.
ngur ~ ngutangi.
ngur: pc. angur.
ngura: (-ura) kn. ak. ngudhar-udhar, njênggarake; kc. ura.
ngura-ura: kn. ak. têtêmbungan sêru; kc. ura-ura.
ngurab: kn. ak. nyarub (nyampur) karo; kc. urab.
ngurag: kn. mati tuwa; kc. urag.
ngurah: (-i) êngg. ak. ngrêsiki wadhah lsp. nganggo banyu; kc. kurah.
ngurak-urak: êngg. ak. nundhung akon lunga; kc. urak.
ngurak-urakake: I kn. ak. ngudhar-udhar, njênggarake; kc. ura. II (ut. nguran-urani) kn: ngênêng-ênêngi (bocah lsp) sarana ura-ura; kc. ura-ura, uran-uran.
ngurantèni: kw. nyandhêt; kc. kuranti.
ngurangi: n. ngirangi k. nyuda; kc. kurang.
nguras: kn. 1 ngrêsiki (kulah lsp) sarana ditawu banyune; 2 pc. ngêntèkake kabèh; kc. kuras.
ngurat: I (ut. [x]-i) êngg. kn. mbage (sawah) manèh; kc. urat. II (A) kn. ak. palanangan, pawadonan.
ngurbanake: kn. 1 ngunjukake kurban; 2 ent. nglabuhake, dadi kurban; kc. kurban.
ngure: kw. ngudhar, ngore; kc. ure, ore.
ngurêbi: kn. ak. ngrungkêbi, nêtêpi (prasêtyane lsp); ngurêbake: nyèlèhake mêngkurêb; kc. kurêb.
ngurêk-urêk, ngurêki: kn. nguthêk-uthêk (ngêruki) nganggo driji; kc. urêk.
ngurên: êngg. kn. nyuguh; kc. kurên.
ngurêng: kn. 1 ngobong saka sathithik; 2 katon bolong jêro (tmr. gudhig lsp); kc. urêng.
ngurih: êngg. kn. ngusap(i), ngulap(i); kc. kurih.
nguriki: kn. 1 ngrowoki nganggo urik; 2 nyuthiki (ngrêsiki) bêdudan; 3 ngakali (ênggone dolanan); kc. urik.
nguring-uring: kn. tansah nyrêngêni; kc. uring, muring.
ngurip-urip: n. nggêgêsang k. ngopèni lsp. amrih lêstari urip; nguripi: mitulungi lsp. supaya urip, ora sida dipatèni; kc. urip.
nguris: pc. kuru bangêt.
ngurisi: êngg. kn. ngêrik (maèsi) pangantèn.
ngurit: (i) kn. nyeblokake wulèn pari (dhêdhêr); kc. urit.
ngurmati: kn. awèh pakurmatan marang; kc. urmat, kurmat.
ngurubake: kn. ndamoni lsp. supaya murub; kc. urub, murub.
ngurubi: êngg. pc. nglurubi; kc. lurub, urub.
ngurud: êngg. kn. nyuda, ngurangi; [x] banyu êngg: ngilèkake banyu; kc. urud.
ngurug: (urugi) kn. ngêsokake lêmah ing (luwangan lsp); kc. urug.
nguruh: pc. muruh, mumpluk; kc. uruh, muruh.
nguruk: êngg. ak. mulang; kc. uruk, wuruk.
nguruni: kn. mènèhi urunan; kc. urun.
ngurung: I n. nyêngkêr k. 1 nglêbokake ing kurungan; 2 pc. miyara, ngingu (tlèdhèk lsp); kc. kurung. II êngg. kn: lunga bêburuh ngênèni pari; kc. kurung. III [x]-urung kn. ngiringake njajari kiwa têngên; kc. urung.
ngurus: kn. niti priksa (prakara), nindakake (pakaryan lsp); kc. urus.
ngurus-urusi: kn. ngombèni jamu supaya murus; kc. urus, murus.
ngurut: kn. 1 (ut. nguruti) nêkêm (njapit) banjur ditlusurake supaya padha pêthil (tmr. godhong lsp); 2 (ut. [x]-ake) nata (nyritakake urut-urutan; 3 (ngginda ki) mijêti ditlusur-tlusur; kc. urut.
ngusadani: kw. nambani, njamoni; kc. usada.
ngusak-usêkake: kn. nggêgosokake ing; kc. usêk.
ngusap: (-usapi) kn. 1 nggosokake ing rai lsp; 2 ngulapi, ngrêsiki; kc. usap.
ngusar: (-usar)i kn. nglèlèdi diwratakake; kc. usar.
ngusêk: (-usêkake) kn. nêcêk lan nggosok-nggosokake (têgêsan rokok lsp); kc. usêk.
ngusêl-usêl: pc. ngungsêl-ungsêl.
ngusêng-usêngi: kn. ngusar-usari lênga ing wajan lsp; kc. usêng.
ngusêr-usêrake: kn. ak. ngubêng-ubêngake ngganjrêt; kc. usêr, ungsêr.
ngusi: kw. ak. ngoyak; kc. usi.
ngusik: kn. nggosok (jobin lsp) supaya alus; kc. usik.
ngusil-usil: kn. ak. ngungsil-ungsil; kc. usil, ungsil.
ngusir: I kn. 1 êngg. nundhung; 2 kw. ngoyak; kc. usir. II pc: dadi kusir; [x]-i: nglakokake kreta; kc. kusir.
ngusug: kn. 1 ak. nggosok ing parêm (sabakdane dipijêt); 2 njupuk keceran bêras; kc. usug.
ngusuki: I êngg. kn. ngosoki; kc. kusuk. II kn. ak: ngêtrapi usuk; kc. usuk.
ngusulake, ngusuli rêmbug: kn. nawakake (rêmbug, panêmu lsp) marang; kc. usul.
ngusum: kn. ak. usum.
ngusung: kn. nggawa ngalih (bêbarêngan wong akèh); kc. usung.
ngusus: pc. kaya usus (kêndho, ngloko); [x] pitik pc: ruwêd (tmr. tali); kc. usus.
ngusut: kn. ak. ngglobot (ora macak); [x]-ake, ngusudake ak: ngisin-isini, njalari kusut; kc. kusut.
ngusrêgake: kn. ak. njalari (agawe) kurang jênjêm; kc. usrêg.
nguswa: kw. ngambung; kc. kuswa.
ngutahake: êngg. kn. 1 mutahake; 2 ngêtokake apa-apa kang wis dipangan; kc. utah, wutah.
ngutamakake: n. ngutamèkakên k. ak. nganggêp luwih utama; kc. utama.
ngutangi: n. nyambuti k. nyilihi dhuwit; kc. utang.
--- 420 ---
ngutarakake ~ nguwori.
ngutarakake: kn. ak. ngandharake, nyritakake; kc. utara.
ngutêr: kn. 1 ak. ngiris (nggunting) kawangun bundêr; 2 êngg. mutêr (wit); kc. utêr, putêr.
ngutil: kn. nyolong sarana nglimpe; kc. util.
ngutis: êngg. pc. kaya kutis (ora idhêp isin).
ngutu: êngg. pc. 1 mlaku rikat tanpa ngingêtake kiwa têngên; 2 ngamuk, ngiwut; kc. utu.
ngutugi: kn. ngêbuli nganggo dupa; kc. kutug.
ngutuhake: n. ngêtahakên k. pc: mutuhake; kc. utuh, wutuh.
ngutus: ki. kongkon; kc. utus, kon, kongkon.
ngucal: êngg. k. 1 ngolah; 2 mulang; [x]-i êngg. k: ngulati (nggolèki); kc. ucal.
ngucap: kn. clathu, gunêman; kc. ucap.
ngucêk: (-ucêk) kn. 1 mênêt-mênêt mata (nganggo driji); 2 ngrêmêt-ngrêmêt (wasuhan lsp, supaya rêsik); kc. ucêk.
ngucêl-ucêl: kn. nyêkêl lan nguwêd-uwêd; kc. ucêl.
ngucêmake: kn. ak. njalari (marakake) kucêm; kc. kucêm.
ngucik(-ucik): kn. ngelingake lan njaluk (apa-apa kang wis disaguhake lsp); kc. ucik.
ngucing: I pc. melik bangêt; kc. kucing. II kn: mijêt lêngên nganti mêtu kucinge; kc. kucing.
ngucir: I pc. mlayu rikat (marga kalah lsp). II [x]-i kn. ak: ndokoki kucir.
ngucira: kw. ora sêmbada, nguciwani; kc. kucira.
nguciwani: kn. kurang sêmbada, njalari kuciwa; kc. kuciwa.
nguculi: kn. ngudhari tali lsp; kc. ucul.
ngucut: êngg. kn. nguthut, nglolos; kc. ucut.
nguconi: kn. ngumbah saperanganing jarit lsp. kang rêgêd; kc. kucu.
ngutha: kn. ak. kaya kutha (bètèng); mbêguguk [x] waton pr: mbangkang marang prentah; kc. kutha.
nguthahi: kn. ak. ngrêgêdi; kc. kuthah.
nguthani: kn. ak. ngêdêgake kutha ing; kc. kutha.
nguthèhi: êngg. kn. nguthahi, ngrêgêdi; kc. kuthèh.
nguthêk-uthêk, nguthak-uthêk: kn. ndumak-ndumuk nganggo driji; kc. uthêk.
nguthêl-uthêl: pc. kêcêndhakên (tmr. piranti lsp); kc. uthêl.
nguthik-uthik: kn. 1 êngg. ngulik-ulik (rambut lsp); 2 ndumuk-ndumuk nganggo driji lsp; kc. uthik.
nguthuh: pc. mblubut, ora idhêp isin.
nguthuk: pc. miyara kewan wiwit cilik; kc. kuthuk.
nguthun-uthun: kn. ngugung ut. ngêmi-êmi (bocah); kc. uthun.
nguthut: (-i) kn. 1 mbêsèti (nglolosi) godhong pari kang katut ing wulèn; 2 nyolong (mêthiki) pari ing sawah; 3 ngiyat, mbukak kêrtu (uga ent.) kc. uthut.
nguwayani: kn. ak. ngawekani; kc. kuwaya.
nguwakake: kn. ak. 1 êngg. nguwalake, nguculake; 2 nglêmparakake, ngêtogake bae; kc. uwa.
nguwalahi: kn. ak. malahi.
nguwalake: kn. nguculake saka; kc. uwal.
nguwalati: kn. ak. malati; kc. kuwalat, walat.
nguwalokake: kn. ak. ndadèkake anak kuwalon.
nguwar-uwarake: êngg. ngundhangake, mbiwarakake; kc. uwar.
nguwasani: kn. duwe kuwasa mungguh ing; kc. kuwasa.
nguwas-(u)wasi: kn. njalari uwas (sumêlang) ing ati; kc. uwas.
nguwati: n. ngiyati, nguwanèni k. nyangga ing sakabutuhane (wragade lsp); kc. kuwat.
nguwatiri: (nguwatirake ak) n. nguwatosi (nguwatosakên ak) k. nyumêlangi, kuwatir marang; kc. kuwatir.
nguwèhi, nguwèk, nguwèn(-i): êngg. ak. mènèhi, awèh.
nguwèk-uwèk êngg. pc. nyuwèk-nyuwèk; kc. uwèk.
nguwèt-(u)wèt: kn. ngati-ati panganggone supaya awèt; kc. awèt, uwèt.
nguwêd-uwêd: kn. nyêkêl lan ngêlus-êlus (gêmak lsp); nguwêdi: ngubêdi gangsingan; kc. uwêd.
nguwêk-uwêk: pc. ndulêg-ndulêg, ngêruki; kc. uwêk, kuwêk.
nguwêl-uwêl: kn. nguntêl-untêl (dluwang lsp); kc. uwêl.
nguwêng-uwêng: kn. nywara wêng-wêng (angin lsp).
nguwêri: kn. ak. ndokoki uwêr.
nguwik: (-uwik) kn. 1 nyuwik-nyuwik; 2 nguthik-uthik; kc. uwik, kuwik, nyuwik.
nguwil: pc. 1 nguwik; 2 ngrêsiki kopèt (nalikane cewok); 3 (ut. [x]-uwil) nyuwil(-nyuwil); kc. uwil, kuwil.
nguwir-uwir: kn. ak. kawir-kawir.
nguwisi: pc. ngrampungi, nglèrèni; kc. uwis.
nguwuh: kn. ak. 1 ngundang; 2 nyêbut, ngaruh-aruhi; kc. uwuh.
nguwuk: I kn. ak. nggosok (nggilapake) nganggo kuwuk. II [x]-ake kn. ak: murungake, njugarake; kc. uwuk.
nguwul:(-uwul)i kn. ak. muwuhi, ngundhaki; kc. uwul, wuwul.
nguwung: I pc. awangun kuwung. II ngênguwung kn: awangun mlêngkung; kc. kuwung, kluwung.
nguwur-uwuri: kn. nyêbari barang lêmbut; kc. uwur.
nguwurake: kn. njalari kuwur; kc. kuwur.
nguwusi: kn. ak. ngrampungi, nguwisi; kc. uwus.
nguwus-uwus: kn. ak. ngujar-ujari, ngunèk-unèkake; kc. uwus, wuwus, muwus.
nguwohi: kn. ak. awoh; kc. woh.
nguwongi: kn. ak. ngisèni (nyêdhiyakake) wong; kc. wong.
nguwori: êngg. ak. nyampuri, ngêwori; kc. wor, awor.
--- 421 ---
nguwot ~ ngoyong-oyong.
nguwot: kn. ngambah ing wot; kc. wot.
ngobahake: n. ngebahakên k. agawe supaya obah; kc. obah.
ngobat-abitake: kn. ngontang-antingake (pêdhang lsp); kc. obat-abit, mobat-mabit.
ngobèl: pc. mubêng megal-megol (tmr. rodha lsp); kc. obèng.
ngobèng: I pc. ngobèl. II kn: 1 buruh mbathik; 2 êngg. rewang (wong duwe gawe); kc. obèng.
ngobèti, ngobètake: kn. ak. nglowahi lsp. supaya kobèt; kc. kobèt.
ngobêrake: kn. mrêlokake supaya kobêr; kc. kobêr.
ngobin: kn. naksir sapira pamêtune (tmr. sawah); kc. obin.
ngobis: kn. nanduri kobis.
ngobyag-obyag: pc. nggobyag.
ngobyok-obyok: êngg. kn. ngumbah (sukêt) ing banyu; kc. obyok.
ngobyongi: pc. ngubyungi, ngombyongi; kc. obyong.
ngoblag, ngoblog: êngg. pc. ngoblah-oblah.
ngoblah-oblah: kn. 1 mênga amba; 2 katon amba sêla tanpa isi.
ngoblang, ngoblo: pc. nglonthe; kc. oblang, oblo.
ngoblug: êngg. kn. adang (ing dandang sablugan).
ngoblok-oblok: pc. nyrêngêni akèh-akèh.
ngoboki: kn. kêkobok ing; kc. kobok.
ngobong: n. mbêsmi k. 1 disulêd (dilêbokake) ing gêni; 2 manasi; kc. obong.
ngobor:(-i) êngg. ak. nggodhog; [x]-i: 1 nyuluh (mbrongot, madhangi) nganggo obor; 2 br. madhangake rêmbug; kc. obor.
ngobos: êngg. kn. kêmpros, ngobrol.
ngobrak-abrik: kn. ngrusak nganti pating blengkrah; kc. obrak-abrik.
ngobrakake: kn. ak. 1 mêrtakake mrana-mrana; 2 murungake, njugarake; kc. kobra.
ngobralake: kn. ngêdol murah-murahan; kc. obral.
ngobrogake: pc. nganggo padinan; kc. obrog.
ngobrok: êngg. ks. bêbanyu; kc. ngêbrok.
ngobrol: êngg. pc. omong gêgorohan; [x]-obrol êngg: ndhudhah ngudhal-udhal; kc. obrol.
ngobrot-obrot: êngg. pc. ngudhèt-udhèt wêtêng; kc. obrot.
ngododake: kn. ndudut supaya modod; kc. odod, modod.
ngodor: êngg. kn. adrêng bangêt.
ngodrat: kn. ak. mêsthèkake, nakdirake; kc. kodrat.
ngojahi: kn. ak. nyritani, ngandhani; kc. kojah.
ngojari: êngg. kn. wêling tuku.
ngojèh: êngg. kn. nyuwèk; kc. ojèh.
ngojèlake: êngg. kn. ngucik-ucik, nênangi; kc. ojèl, kojèl.
ngojudi: êngg. pc. mujudi; kc. kojud, wujud.
ngojurake: pc. njalari kojur.
ngojog: pc. njojog, mlayu; kc. ojog.
ngojok-ojoki: kn. ngajani ala; kc. ojok.
ngojong: I kn. ngêmban ojong; kc. ojong. II [x]-i kn: nutupi nganggo kojong.
ngodhal-adhil: kn. 1 ndhudhah diadhul-adhul; 2 miyak lan ngandhak-ngandhakengandhak-ngandhakake. wadi; kc. odhal-adhil.
ngodhe: êngg. kn. 1 lêgèh, nganggur; 2 buruh nggarap; kc. odhe.
ngodhèg: êngg. kn. nggadhug, têkan ing; [x]-ake: ngogak-ogak; kc. odhèg.
ngodhèki: êngg. kn. ngorèki; kc. kodhèk.
ngodhèt-odhèt: kn. nyoblos (nyuwèk) wêtêng njupuki jêroane; kc. odhèt.
ngodhêngi, ngodhêngake: kn. ak. njalari kodhêng; kc. kodhêng.
ngodhogake, ngodhokake: êngg. kn. nyodhokake; kc. sodhog, sodhok.
ngodhok: pc. mlaku alon (sakêpenake), ora nênunggang (tmr. lêlungan); kc. kodhok.
ngodhol: kn. ngêtutake; kc. kodhol.
ngodhol-odhol: kn. ngudhal-udhal, ngudhèt-udhèt; kc. odhol.
ngodhori: êngg. kn. ngêtrapi kodhor.
ngogak-ogak, ngogak-agik, ngoglak-aglik, ngoglak-oglèk: pc. ngoyag-oyag (ngobahake) ngiwa nêngên supaya copot; kc. ogak.
ngogèlake: kn. ngobahake mogèl; kc. ogèl, mogèl.
ngoglèng: (-oglèngake) kn. ak. nyêngkêlit kêris sêmu dicongatake; kc. oglèng, moglèng.
ngogung: êngg. kn. ngugung.
ngogok-ogok: kn. nyogoki (lèng lsp); kc ogok.
ngogok-ogokake: êngg. pc. nyèlèhake (sajak ora dirêmbug); kc. ogok, mogok.
ngograh-ograh, ngogrèh-ogrèh, ngogro-ogro: êngg. kn. ngisruhi, ngganggu.
ngogrèg-ogrèg: pc. ngogak-ogak kunci lsp. supaya mênga; kc. ogrèg.
ngogrok-ogrok: pc. nyogoki (lèng lsp) nganggo gèntèr lsp; kc. ogok.
ngoyag-oyag: kn. ngobahake (wit, cagak lsp) miyut-miyut; kc. oyag.
ngoyahake: kn. nyandêrake (asu); kc. oyah.
ngoyah-ngayuh, ngoyat-ngayut: pc: koyah-kayuhan, ngiyak-ngiyuk.
ngoyak: (-oyak) kn. 1 mblêdig, mburu; 2 tansah nagih; kc. oyak.
ngoyang-oyong: êngg. pc. nggawa mrana-mrana; kc. oyang-oyong.
ngoyod: kn. mêtu oyode; 2 ent. wis bêbranahan akèh, wis lêlêmahên; kc. oyod.
ngoyog: (-oyog) kn. 1 nyêkêl lan ngobahake (wong turu lsp); 2 ngobahake supaya bali jêjêg (tmr. cagak) ut. supaya amot akèh (tmr. goni lsp); kc. oyog.
ngoyok: I (ut. [x]-oyok) kn. 1 êngg. ngoyak, mburu; 2 pc. ngruyuk, ngrubud; kc. oyok. II êngg. kn: maling bêbarêngan wong akèh; kc. koyok.
ngoyol-oyol: ks. nguyêl-uyêl (susu lsp); kc. oyol.
ngoyong-oyong: êngg. pc. nggawa mrana-mrana; kc. oyong.
--- 422 ---
ngoyos ~ ngomprès.
ngoyos: I êngg. kn. matun; kc. oyos. II êngg. kn: nglêbus, nglocut.
ngoyot: (-i) êngg. kn. ngirati lan nisiki (pring); kc. oyot.
ngokèhi: pc. n. ngakèhi; kc. akèh.
ngokèni: I êngg. mènèhi. II pc: kaya olah-olahane koki (enak bangêt); kc. koki.
ngokèr-okèr: pc. nyokèr-nyokèr; kc. cokèr.
ngoklèk-oklèk: pc. nyoklèk-nyoklèk; kc. oklèk.
ngoko: kn. tanpa tata-basa (pakurmatan) tmr. unggah-ungguhing basa (têtêmbungan); dingokokake: ditêmbungake ngoko; kc. koko.
ngokog: pc. nywara kog-kog (tmr. pitik).
ngokoh: kn. mangan sêga akèh duduhe (jangane); kc. kokoh.
ngokoli: kn. nggagahi, miyagah; kc. okol.
ngokop: kn. 1 ngombe cangkême diclup ing wadhah; 2 ks. ngombe; kc. kokop.
ngokot: êngg. kn. nekad, nggêgêgi; kc. kokot.
ngolag: -(ng)alig(ake) kn. ak. ngolak-alik; kc. olag-alig.
ngolah: kn. 1 br. nindakake; 2 êngg. ak. nggarap (sawah); 3 ngratêngi panganan lsp; kc. olah.
ngolah-ngalèh: êngg. kn. ngêlih-êlih; kc. kolah.
ngolah-ngalih: kn. tansah (kêrêp) ngalih.
ngolak-alik: kn. molak-malik; kc. wolak-walik.
ngolan-olan: kn. ak. awangun dawa (kaya ula).
ngolang: -(ng)aling kn. jêmpalikan (marga lara lsp).
ngolang-olang: êngg. kn. golèk; kc. olang.
ngolèdake: pc. ngêtokake (ilat lsp); kc. olèd, kolèd.
ngolèhi: êngg. ak. kalêksanan, kêturutan; ngolèhake n. ngangsalakên k: 1 ngudi nganti bisa olèh; 2 nggathukake karo (nêncang lsp); 3 njodhokake karo (tmr. laki rabi); kc. olèh.
ngolèh-olèhi: (-ake), ngangsal-angsali(-akên) pc. ngêtokake mole-mole; kc. mole.
ngolèt: êngg. kn. golèk; kc. olèt.
ngolêk: êngg. kn. gawe kolak; kc. kolak.
ngolêm: pc. ngulêmi sarana diidêri lis; kc. kolêm.
ngolik: pc. kaya manuk kolik.
ngoling: kn. ak. nggoling, jêmpalikan; kc. oling.
ngolod-olod: kn. kêpengin bangêt; kc. olod.
ngoloh: I kn. ak. ngêkum lan nêncêm ing (banyu warangan lsp); kc. koloh. II [x]-ake kn. ak: nglêbokake ing cangkêm; kc. koloh.
ngolok-olok: kn. ngundhat-undhat prakara kang uwis-uwis; kc. olok.
ngolongi: kn. ndokoki kolongan; kc. kolong.
ngolor: êngg. kn. 1 ngalar; 2 ngulur; kc. olor.
ngolot: pc. cara kuna; kc. kolot.
ngomahi: n. nggriyani k. mènèhi omah, ngênggoni; kc. omah.
ngomah-omahi: kn. ngromahi; ngomah-omahake n. ngemah-emahakên k. mikramakake ki: ngrabèkake, nglakèkake; kc. omah-omah.
ngomani: êngg. kn. ngumani; kc. oman, uman.
ngombak: kn. mêndhak mêndhukul (kaya ombak); kc. ombak.
ngombal: êngg. ak. ngumbal; kc. umbal.
ngombal-ambil: êngg. pc. ngolok-olok; kc. ombal-ambil.
ngombang: kn. ak. mbrêngêngêng (kaya kombang); [x]-ombang, ngombèng-ombèng êngg: grundêlan, nggrundêli; kc. kombang.
ngombe: kn. ngunjuk ki. nglêbokake ing cangkêm (tmr. barang cuwèr); kc. ombe.
ngombèri: kn. mènèhi papan, nglunggèni wêktu; kc. ombèr.
ngombyoki: kn. nalèni nganti dadi ombyokan; kc. ombyok.
ngombyongi: kn. ak. ngubyungi, ngubungi; kc. ombyong.
ngombyong-ombyong: kn. nyandhangi (nganggon-anggoni) sarwa bêcik; kc. ombyong.
ngombohake: êngg. kn. mblêbêgake (nyilêmake) ing banyu lsp; kc. komboh.
ngombol: êngg. kn. dicêmplungake ing tanjan akèh (tmr. wiji); kc. ombol.
ngombor: kn. makani jaran nganggo cacahan sukêt karo tètès lsp; kc. kombor.
ngombrokake: pc. ngumbrukake; kc. ombrok.
ngomèhi: êngg. kn. nyrêngêni; kc. omèh.
ngomèk: pc. amèk, golèk, njupuk.
ngomèl: ks. gunêman tanpa têgês; kc. omèl.
ngomisi, ngomisèni: kn. ak. ngumisi, nitipriksa; kc. kumisi.
ngomyang: ks. ndlêming, omong; kc. omyang.
ngomukake: êngg. ak. ngumukake, ngunggulake; kc. umuk.
ngomong: êngg. kn. nggunêm, ngojahake; kc. omong.
ngompa: pc. mompa; kc. kompa.
ngompak: pc. ngonggrong, ngalêm; kc. ompak, umpak.
ngompyong-ompyong: pc. ngombyong-ombyong.
ngomplangi, ngomplangake: kn. ak. nyuwungake; kc. komplang.
ngomplèh: kn. saèm. ndoblèh (tmr. lambe).
ngomplèt: kn. ngumplit; kc. kumplit.
ngomplo: pc. mlongo (ora olèh apa-apa).
ngomplong: pc. 1 bolong (mênga) amba; 2 ngomplo, mlongo.
ngomplot: pc. sêkuthon, sêkaitan; kc. komplot.
ngompol: kn. 1 nguyuh ing nalikane turu; 2 ak. ngêmu banyu (tmr. lêmah); kc. ompol.
ngompot: kn. ak. ndhêlik, umpêtan; kc. ompot.
ngomprèng: pc. cêkak bangêt (tmr. klambi lsp); kc. comprèng.
ngomprès: kn. ndokoki komprès.
--- 423 ---
ngomprot-omprot ~ ngongkrah-angkrèh.
ngomprot-omprot: êngg. kn. nyêbar pating tlècèk; kc. omprot.
(ngon): di-[x] n. dipunngèn k. 1 diumbar supaya mangan (tmr. kewan); 2 diulat-ulatake; kc. angon.
ngonang: I kn. ak. gêbyar-gêbyar kaya konang. II [x]-i kn: nyumurupi maling lsp. ing nalika iku uga; kc. konang.
ngonarake: êngg. pc. gawe onar; kc. onar.
ngonjoni: kn. ak. ngluwihi panganyange lsp; kc. onjo.
ngonjot: kn. 1 êngg. nutugake nggawa (mikul lsp) sabakdane lèrèn sadhela; 2 ngubêr wangênaning (kontrak lsp); [x]-i: mènèhi onjotan; kc. onjot.
ngondhani: êngg. ak. mènèhi wêktu dianggo ngaso; kc. ondhan.
ngondhangi: kn. ak. ngundhangi; kc. kondhang, undhang.
ngondhe: kn. nggêlung kondhe.
ngondhok-ondhok: êngg. kn. mangkêl (susah) bangêt ora kêwêtu; kc. ondhok.
ngondhol: ks. ngoyak-oyak wong wadon; kc. ondhol.
ngondhor: I pc. ngandhar-andharake, ngrasani ala; kc. ngandhar. II [x]-ake kn. ak. njalari (agawe) kondhor.
ngono: I n. ngatên k. pc. mangkono. II (ut. ngonoh) êngg: mrono.
ngontalake: kn. mbuncang lsp. nganti kontal; kc. kontal.
ngontan: pc. mbayar kêncèng; kc. kontan.
ngontang-antingake: kn. diobat-abitake; kc. ontang-anting.
ngontèl: êngg. kn. kinthil, tut-buri.
ngontêni, ngontênakên: k. pc. nganani, nganakake; kc. ontên, ana.
ngontitake: kn. ak. njalari (agawe) kontit.
ngontog-ontog: pc. nêpsu lan mangkêl bangêt.
ngontong: pc. kaya ontong gêdhang; kc. ontong, montong.
ngontor: I êngg. kn. ngglontor, nyêntor; kc. ontor. II [x]-ontor kn. ak: 1 ngurubake mubyar; 2 nêpsu bangêt; kc. ontor, montor.
ngontragake: kn. ngorêgake, agawe kontrag; kc. ontrag, kontrag.
ngontrak: kn. tuku (mburuhake, masokake lsp) sarana kontrak; kc. kontrak.
ngoncati: kn. oncat saka, nyingkiri; kc. oncat.
ngonce: kn. ak. ngronce (kêmbang lsp); kc. once, konce.
ngoncèk: (-i) kn. ngilangi kulite; kc. oncèk.
ngoncèng-oncèng: pc. ngoyak-oyak; kc. oncèng.
ngoncèri: kn. ndokoki koncèr; kc. koncèr, oncèr.
ngoncèt: (-i) êngg. kn. ngoncèki.
ngoncit-oncit: pc. ngoyak-oyak; kc. oncit, uncit.
ngonclang: (-onclangake) kn. ak. ngumbul-umbulake (gêgaman lsp); kc. onclang.
ngonclong: pc. têrus mlaku.
ngoncogi: êngg. kn. nêkani, njujug; kc. oncog.
ngoncong: kn. ak. mbalèkake sêga karon ing kukusan; kc. koncong.
ngoncori: I kn. nyoloki nganggo oncor; kc. oncor. II kn: 1 ak. ngancarake tumbak lsp. ing; 2 ngêlêbi (sawah lsp); 3 ngonjoni, ngêjuri; kc. oncor.
ngonthèl: I kn. ora kêmbênan (susune dikatonake). II [x]-i kn. ngombèni jamu (bocah cilik) nganggo onthèl; kc. onthèl.
ngonthol: (-i) êngg. kn. ngêdhuk tela lsp. wite ora dirubuhake; kc. konthol.
ngonyar-nganyur: pc. ngodag-ngadêg ora tata; kc. nganyur.
ngonylog, ngonyog, ngonyor: pc. têrus mlaku.
ngonyohi: ki. mborèhi; kc. konyoh.
ngonyok-onyokake: kn. nawak-nawakake (satêngah mêksa); kc. onyok.
ngong: kw. aku, -ku, dak-.
ngongak: êngg. kn. ngungak; kc. ungak.
ngongangi: êngg. kn. nglilani; kc. kongang.
ngonggak-anggèk: pc. ngongkak-angkèk.
ngonggèr: êngg. kn. ngunggar; kc. onggèr, unggèr.
ngonggo-onggo: kn. jibêg bangêt atine; kc. onggo.
ngonggor: êngg. kn. ngêlak.
ngonggrèh-onggrèh: kn. ngowah-owah, ngingsêd; kc. onggrèh.
ngonggrokake: êngg. pc. nyèlèhake (tanpa diopèni); kc. onggrok.
ngonggrong: kn. 1 ak. numpuk lan diganjêl dhuwur; 2 ngumpak, ngalêm kang kêladuk; kc. onggrong.
ngongkak-angkèk: pc. 1 nêkak-nêkuk bangkekan; 2 mlêtêr ing gawe, ngrêkasakake; kc. ongkak-angkèk.
ngongkal: (ake) kw. nyongkèl (barang kang abot); kc. ungkal, kongkal.
ngongkang: kn. 1 cêdhak bangêt lan ngarêpake ing; 2 êngg. lowah, longkang; 3 (atine [x]) êngg. gêla bangêt dening kecuwan; kc. kc. ongkang.
ngongkèk: kn. mikul nganggo ongkèk; [x]-ongkèk êngg. ngogak-ogak; kc. ongkèk.
ngongkèl: kn. ak. nyongkèl, ngungkil; kc. ongkèl.
ngongklèh: kn. ak. saèm. moglèng.
ngongklèng-ongklèng: pc. ngêngèl-êngèl; kc. ongklèng.
ngongkloh, ngongklong: êngg. kn. aras-arasên marga ngêlih bangêt.
ngongklok: kn. ngêntrog-êntrog (godhogan kênthang lsp); kc. ongklok.
ngongkog: kn. 1 ak. njunjung sathithik; 2 wiwit bisa njunjung awake (kaya arêp mbrangkang) tmr. bocah cilik; 3 êngg. ak. ngumpak, ngonggrong; kc. ongkog.
ngongkok: êngg. pc. ngêntol (rêrêgan); kc. ongkok.
ngongkon: n. ngèngkèn k. êngg. ak: akon, kongkonan marang; kc. kongkon.
ngongkong: êngg. kn. lowah.
ngongkosi: êngg. kn. mragadi, mbayari; kc. ongkos.
ngongkrah-angkrèh: kn. ngêlihi (ngowah-owah) [(ngowah-...]
--- 424 ---
[...owah)] pating blengkrah; kc. ongkrah-angkrèh.
ngongkrag-ongkrag ~ ngosok-osokake.
ngongkrag-ongkrag: êngg. kn. ngoyag-oyag, ngogak-ogak.
ngongkrong-ongkrongake: pc. nyèlèhake ing papan kang dhuwur; kc. ongkrong, mongkrong.
ngongod-ongod, ngongoti: kn. ngirisi (nisiki) pucuke; kc. ongot.
ngongsèng: kn. nggorèng diwolak-walik; kc. kongsèng.
ngongsêb-ongsêbake: kn. ngungsêb-ungsêbake; kc. ungsêb, kongsêb.
ngongsil-ongsilake: pc. ngungsil-ungsilake.
ngongslah: pc. mocot; kc. ongslah.
ngongsrong: êngg. kn. mênggèh-mênggèh ambêkane.
ngopahi: n. ngepahi k. mènèhi opahan; kc. opah.
ngopak: kn. gawe opak.
ngopat-apitake: kn. ngobah-obahake (buntut); kc. kopat-kapit.
ngopèk: pc. dawa kêndho (tmr. susu); kc. kopèk.
ngopèli: kn. 1 êngg. mêthili, mipil (jagung lsp); 2 ak. ngirisi cènggèr jago (diwangun); 3 ngunthêt, mbathi; 4 ks. nêtaki; kc. opèl.
ngopèni: kn. 1 êngg. ngrukti; 2 nggêmatèni; kc. opèn.
ngopès: êngg. kn. ngoncèki; kc. kopès.
ngopèt: pc. bêbanyu ora cewok; kc. kopèt.
ngopêr: kn. 1 ngêlih mênyang panggonan liya; 2 masrahake marang; 3 nggêntèni (tuku); kc. opêr.
ngopi: kn. 1 nanduri kopi; 2 êngg. ngombe wedang kopi; kc. kopi.
ngopyahi: kn. ngênggoni kopyah.
ngopyak: (-opyak)-i kn. ndhawuhi lsp. sêru bangêt; 2 (ut. ngopyak-opyak) nundhung akon lunga kanthi swara sêru; kc. opyak.
ngopyok: (-ake) kn. nêlêsi nganggo gombal lsp; kc. opyok.
ngopyok-apyokngopyok-opyok. : kn. 1 ngrêsiki sukêt lsp. ing banyu; 2 ngocak-ocak wadhah (kang isi banyu lsp); 3 êngg. nglotre, ngundhi; kc. kopyok.
ngoplakake êndhas: pc. njalari mumêt (tmr. mikir lsp); kc. koplak.
ngoplèti: êngg. pc. nggatèkake marang, ngopèni; kc. oplèt.
ngoplok: pc. ndhrodhog; kc. koplok.
ngopoh: (-i) kn. ngêlapi nganggo gombal lsp. têlês; kc. kopoh.
ngopok-opok: (ake) kn. ak. ngopyok(ake); kc. opok.
ngopor: kn. olah opor; kc. opor.
ngoprak-oprak: kn. 1 nggusah kanthi swara rame; 2 pc. ngatak, akon tumandang; kc. oprak.
ngoprèk: êngg. kn. ngoprak-oprak.
ngoprès: pc. omong tanpa têgês.
ngoprok: kn. 1 pc. sumèlèh (nglumbruk); 2 ngising ngêbrok; kc. oprok.
ngor: êngg. kn. saèm. mbêkèr (tmr. kucing).
ngorag-orag: êngg. kn. ngoyag-oyag; kc. orag.
ngorak-arik: kn. nyokèr-nyokèr; kc. orak-arik.
ngorani: n. mbotêni k. ak. mangsuli ora; ngorakake ak: mokalake, maido; kc. ora.
ngoranake: pc. ngabarake ing koran; kc. koran.
ngoras: kn. ak. njilid buku; kc. koras.
ngore: kn. ngudhar rambut (ora digêlung); kc. ore.
ngorèdi: kn. ngrêsiki kêkèrène kang ana ing wadhah (sarana disendhoki lsp); kc. korèd.
ngorèg: pc. gatêl bangêt.
ngorèk: I kn. ngrêsiki nganggo korèk, nyapu; 2 ngurêki; 3 ngudhal-udhal wadi; kc. korèk. II [x]-orèk pc: nyorèk-nyorèk; kc. orèk. III kn: nywara sêru (tmr. kodhok nalikane udan). IV pc: ribut nyambut gawe.
ngorèksi: pc. nitipriksa lan mbênêrake kang salah; kc. korèksi.
ngorèng: kn. dadi korèng.
ngorèpi: êngg. kn. ngorèdi; kc. korèp.
ngorès: êngg. kn. golèk turahan pari (ing panènan).
ngorêgake: kn. ak. njalari orêg (gègèr); kc. orêg.
ngorupake: kn. ak. njalari korup; kc. korup.
ngorodake: êngg. pc. nglorodake (sandhangan lsp); kc. orod, morod.
ngorog: (-orog) kn. 1 êngg. ngoyag-oyag; 2 ngoyog-oyog; kc. orog.
ngorok: I kn. nywara sênggur-sênggur (nalikane turu). II [x]-i kn: 1 ngrêsiki ing jêroning wuluhan bêdhil lsp; 2 ([x] kuping) pc. ngandhani, nuturi; kc. korok.
ngorong: I kn. 1 ngêlak bangêt; 2 ak. kêpengin (ngarêp-arêp) bangêt. II [x]-orong êngg. kn. nangis gorang-garong; kc. orong-orong.
ngorot-orot: êngg. ak. mbêboros, ngêcèh-êcèh; kc. orot.
ngosak-asik: I kn. nggêgolèki sarana dilengkabi (dicokèri lsp); kc. osak-asik. II [x]-ake êngg. ak: ngelingake, ngosikake; kc. osik.
ngosèk: I kn. 1 mingsad-mingsêd klisikan (tmr. turu); 2 rumangkang mêntas (tmr. baya); kc. kosèk. II kn: ngasah (lading lsp) digosokake ing wlulang lsp; 2 mususi (bêras lsp) supaya rêsik; 3 êngg. ngrêsiki sukêt; 4 êngg. nggêgolèki, nglari; kc. kosèk.
ngosèr: I kn. ngglangsur maju; kc. kosèr. II [x]-(osèr)-i kn: ngusar-usarake lênga lsp. ing wajan lsp; kc. osèr.
ngosikake: kn. ngelingake ing sajroning ati; kc. osik.
ngosya, ngoswa: kw. ngambung; kc. kosya.
ngoso: (-oso) kn. namakake têmbung sêngol (sêntak); kc. oso.
ngosodi: kn. kêkosod ing; kc. kosod.
ngosog: êngg. kn. ngêlapi; kc. osog.
ngosoki: kn. nggosok ngilangi rêrêgêde (dhangkale lsp); kc. kosok.
ngosok-osokake: kn. nêpsu mbanting bala pêcah lsp; kc. osok.
--- 425 ---
ngosongake ~ ngrayud.
ngosongake: pc. myuwungake, ngothongake; kc. kosong.
ngotangi: kn. ngênggoni klambi kotang.
ngotès: pc. gunêman, omong.
ngotên: pc. ngono, mêngkono.
ngot-ngotan: kn. kala mangsa kumat; kc. angot.
ngoto: pc. nunggang montor (oto).
ngotong-otong: kn. ak. nggotong; kc. otong.
ngotot: kn. 1 ak. mêtu (katon) otote; 2 êngg. puguh; kc. otot.
ngotrèg, ngotrèk: kn. ak. nyopot nganggo kotrèg.
ngocak: (-ocak), ngocakake kn. ngobah-obahake mawali-wali (tmr. wadhah isi banyu, krambil lsp); kc. kocak, ocak.
ngocal: êngg. k. ngolah; kc. olah, ocal.
ngocar-acir: kn. ak. ngècèr-ècèr; kc. kocar-kacir.
ngocèh: kn. 1 muni (tmr. manuk); 2 ks. gunêman; kc. ocèh.
ngocèki, ngocèli: êngg. kn. ngoncèki; kc. ocèk.
ngocèm: êngg. kn. ngucapake (apalan).
ngocoh: êngg. kn. nyêngèsi; kc. kocoh.
ngocok, ngocrok: êngg. pc. 1 ngocak-ocak; 2 ngasud kêrtu; kc. kocok.
ngocor: (ake) êngg. kn. ngilèkake banyu; ngocor(i): ngêcêri banyu (tmr. jago); 2 êngg. nyirami, ngoncori; kc. kocor.
ngothak: pc. wangun pêsagi; [x]-i pc: nggodhagi pêsagi-pêsagi; kc. kothak.
ngothak: (-othaki) êngg. kn. ngrucati (sandhangan, abah-abah jaran); kc. othak.
ngothak-athik: I pc. nyopot sarana dioklak-aklik; kc. othak. II (ut. [x]-ake) pc: ngathik-athik; kc. othak-athik.
ngothak-othak: kn. nggusah lsp. nganggo gèntèr lsp; kc. othak.
ngothèh-othèh: pc. nyidhak-nyidhuk jangan lsp; kc. othèh, kothèh.
ngothèki: kn. nggamêli (nyasmitani lsp) sarana kothèkan; kc. kothèk.
ngothok: I kn. nggodhog; kc. kothok. II [x]-ake n. ngatênakên k. pc: mêngkonokake; kc. kothok.
ngothongi: ak. ngothongake kn. nglowongi, ora ngisèni; kc. kothong.
ngothong-othong: kn. 1 nggawa disangga ing tangan loro dilumahake; 2 pc. ngêla-êla; kc. othong.
ngowad-awud: kn. ak. agawe mawud; kc. awud.
ngowah:êngg. ngowahi n. ngewahi k. 1 ngganti (nyalini lsp); 2 mbênêrake (tulisan); kc. owah.
ngowak-awik: kw. ngamuk ngrusak apa-apa.
ngowak: (-i) êngg. pc. ngrowaki, nyowèli; kc. kowèk.
ngowani: kn. 1 mblenjani (janji), ngoncati; 2 ora cocog (tmr. petungan, timbangan).
ngowe: kn. nyêbut kowe.
ngowèh: pc. 1 ngilêr; 2 sugih omong, ngobrol.
ngowèk: kn. 1 ks. mutah, mukok; 2 mbêngah (tmr. kêbo); 3 êngg. pc: sêsambat ut. grênêngan; [x]-i pc: ngrowoki; kc. kowèk.
ngowèl: kn. ak. ndhrodhog, wèl-wèlan.
ngowêl: kn. ngeman, kc. owêl.
ngowi: kn. kaya kowi (wangune); kc. kowi.
ngowoh: êngg. pc. mênga amba, mlowoh.
ngowok: pc. katon lêgok (tmr. mata).
ngowol-owol: êngg. pc. nyêmoli; kc. owol.
ngraba: (-raba) êngg. kn. nggrayangi, ngêmèk-êmèk; kc. raba.
ngrabas: êngg. kn. maprasi (ngrampasi) têtuwuhan; kc. rabas.
ngrabasa: kw. ngrusak; kc. rabasa.
ngrabi: êngg. ak. ngrabèni kn. nggarwa ki. ngêpèk bojo; ngrabèkake ak: njodhokake (bocah lanang); ngrabèkake mata pc: nyawang wong wadon; ngrabèkake sikut (tangan) pc: ndumuk-ndumuk ut. nyikut-nyikut (tmr. jêjaka karo prawan); kc. rabi.
ngrabuk: (-i) kn. 1 ndokoki rabuk (ing têtanduran); 2 êngg. ak. nyampuri wur (wêwangi) tmr. têmbako; kc. rabuk.
ngrabut: êngg. kn. nyabut, mbêdhol (jangkar); kc. rabut.
ngradin: k. ngrata; kc. rata.
ngradon: kn. ak. ngrêbda, ngêndi-êndi ana.
ngraja-raja: kw. ngaji-aji bangêt; kc. raja.
ngrajang: kn. 1 ngirisi (têmbako lsp) tipis-tipis; 2 êngg. nggarisi (ngalèni, mluku lsp) malang; kc. rajang.
ngrajêgi: kn. ak. magêri nganggo rajêg; kc. rajêg.
ngrajug: êngg. kn. kagèt bangêt.
ngrajut: kn. ak. nutup (nadhahi lsp) nganggo rajut.
ngraèni: kn. ak. 1 nggambari lsp. rai ing; 2 gawe raèn ing balok lsp; kc. rai.
ngraga-raga: br. ngêndêl (mracaya) marang batur lsp. kaya marang awake dhewe; kc. raga.
ngragadi: kn. mbandhani, ngongkosi; kc. ragad, wragad.
ngraga-suksma: kw. nguwalake sukma saka bêbandaning badan.
ngragèni: kn. nyampuri karo ragi.
ngragil: kn. ak: (wis [x]) wis ora duwe anak manèh; kc. ragil.
ngragum: I êngg. ak. nalèni pring ing êmpyak katata rêngkêd; kc. ragum. II kn. ak: 1 nyatur, nggunêm; 2 ngrancang, ngrantam; kc. ragum.
ngragok: pc. katon dhuwur kuru.
ngrahabi: kn. ak. rahab bangêt marang.
ngrayah: (-i) kn. njarah, ngrêbut; kc. rayah.
ngrayang-ruyung: (-royong) êngg. kn. nandangi bêbarêngan; kc. rayang.
ngrayap: kn. ak. (tumandang, mêtu) bêbarêngan wong akèh; kc. rayap, kumrayap.
ngrayati: kn. ak. mènèhi kaya (kabutuhan); kc. rayat.
ngrayud: I (ngrayut) kn. ak. 1 nggayut; 2 ndhaku; kc. rayud. II êngg. kn: mbiyèt akèh bangêt (tmr. woh).
--- 426 ---
ngrayuk ~ ngrantan.
ngrayuk: pc. ngrauk, njupuk tanpa nêmbung; kc. rayuk.
ngrayung: kn. ak. katon cilik mêrit tmr. driji; kc. rayung.
ngrakab: kn. ak. nutupi ing krakab; kc. krakab.
ngrakad: kn. golèk iwak nganggo krakad.
ngrakal: I kn. 1 ngurug lsp. nganggo krakal; 2 pc: ngukum (sarana dikon ndadanindandani. dalan); kc. kc. krakal. II êngg. kn. mluku tanpa diêlêbi; kc. krakal.
ngrakèn: êngg. kn. nglakoni ora mangan sêga karo uyah.
ngrakêti: kn. nyêdhaki kalawan rakêt, rumakêt ing (marang); ngrakêtake: 1 ak. nèmplèkake krakêt; 2 nyêdhakake karo; 3 ngrukunake; kc. rakêt, krakêt.
ngrakit: kn. 1 ak. nyadhiyakake; 2 masang, ngêtrap; 3 mranata; kc. rakit.
ngrakud: êngg. pc. 1 ngrayuk, ngrauk; 2 adhêm njêkut; kc. rakud.
ngrakup: kn. ngukup banjur digêgêm; kc. rakup, krakup.
ngrakut: kn. ak. njêkut bangêt; kc. ngrakud
ngrakoti: kn. mangan sêmu dicakot; kc. krakot.
ngramakake: 1 kn. ndadèkake ing têmbung krama; 2 ki. ak. ngomah-omahake; kc. krama.
ngraman: kn. mblela sumêdya ngrêbut panguwasa; kc. kraman.
ngramani: kn. ngaruh-aruhi nganggo têmbung krama (alus); kc. krama.
ngramasi: kn. njamasi ki: ngrêsiki rambut (nganggo landha lsp); kc. kramas.
ngrambahi: kn. ngambali, mbalèni; kc. rambah.
ngrambang: I kn. 1 nyèlèhake wadhah lsp. ing banyu (ut. dhasare didokoki banyu); 2 nyèlèhake kayu (pari lsp) ing banyu; 3 ngêdusi jangkrik (jago) dikambangake ing banyu; 4 ngumbah mata diêkum ing banyu; kc. rambang, krambang.
ngrambati: kn. rumambat ing; kc. rambat.
ngrambêt: êngg. kn. matun; kc. rambêt.
ngrambyang: kn. ak. ngrambrang;ngrambang. kc. krambyang.
ngrambu: kn. ak. nglari barang ilang, golèk sisik mêlik; kc. rambu.
ngambut: pc. kaya rambut.
ngramèkake: i kn. njalari (agawe) rame; kc. rame. II ki. ak: ngomah-omahake; kc. krama, ngramakake.
ngramêsi: êngg. kn. ngrêti; kc. ramês.
ngramyang: kn. ak. ora cêtha, rêmêng; kc. ramyang, rumamyang.
ngramu: êngg. ak. ngglandhang kanthi pêksa, njarah, ngrujag; kc. ramu.
ngramuhi: kn. ak. motha-motha, ngrujag; kc. ramuh.
ngramut: êngg. kn. ngingu, ngopèni; kc. ramut.
ngramoni: kn. ak. milara bêbarêngan wong akèh; kc. ramon.
ngrampa, ngrêrampa: kn. ak. ndhabyang (ngotong-otong) wong sêmaput lsp; kc. rampa.
ngrampad: kn. ak. nata lêlawuhan ing piring lsp; kc. rampad.
ngrampaki: (-ake) kn. ak. agawe rampak; kc. rampak.
ngrampali: kn. nyêmpali pang lsp; kc. rampal.
ngrampas: I kn. 1 nutuhi (nêgori) têtuwuhan, mapak apa-apa kang moncol (mbrênjul); 2 êngg. mêthiki godhong têmbako kang wêkasan; kc. rampas. II kn: ngrêbut kanthi pêksa, mbêslah; kc. rampas.
ngrampèk: kn. nyanak-nyanak golèk atining liyan; kc. rampèk.
ngrampès: ora [x] pc. ora ngrèwès.
ngrampêd: êngg. kn. ngatutake kabèh (tanpa pilih-pilih); kc. rampêd.
ngrampês: kw. ngrajang; kc. rampês, rampas.
ngrampid: kn. 1 êngg. natab prau (nganggo prau liya); 2 nyêrang, nêmpuh (bètèng lsp); kc. rampid.
ngrampingake: kn. agawe ramping (ngalusake, mbêcikake); kc. ramping.
ngrampyang: I pc. nyrêngêni, ngujar-ujari; kc. krampyang. II êngg. kn. lunga bêburuh ani-ani.
ngrampungi: kn. 1 (ut. ngrampungake) nggarap nganti rampung; 2 br. matèni; 3 mutusi (prakara); kc. rampung.
ngrampo: I êngg. kn. wiwit sêmi (tmr. wit sing ngarang); kc. rampo. II ([x] awu) pc: ngrawus, ngujar-ujari.
ngrampog: kn. 1 ngrocok ing gêgaman bêbarêngan wong akèh; 2 ngècu, nêmpuh bêbarêngan nêdya njarah-rayah; kc. rampog.
ngranapi: êngg. kn. ngalami, wis tau nglakoni; kc. ranap.
ngranjam: kn. mbandhêmi ing watu; kc. ranjam.
ngranjangi: kn. madhahi ing kranjang; kc. kranjang.
ngranjap: kn. ak. murak, mothèng-mothèng burukan lsp; kc. ranjap.
ngranji: êngg. kn. mènèhi pancèn gawean; kc. ranji.
ngranjing: êngg. pc. nganjingake balungan omah lsp. dianggo nyoba; kc. ranjing.
ngrandhatake: kn. njalari (agawe) randhat.
ngrandhing: êngg. pc. njajal ngêtrap, nglanji; kc. randhing.
ngranêh: êngg. kn. saya bangêt, ngranuhi.
ngranuhi: kw. saya bangêt (tmr. lara lsp).
ngranupada: kw. sumungkêm, ngabêkti.
ngranta, ngrantan: kn. ak. sêdhih dening tansah kèlingan prakara kang nyêdhihake; kc. ranta, kêranta-ranta.
ngrantabi: kn. gogrog ngênani (tmr. barang sing lêmbut); kc. rantab.
ngrantam: kn. 1 ngrancang apa-apa sing arêp linakonan; 2 ngrancang bakal wêtuning wragad lsp; 3 êngg. nggagas-nggagas nêdya maeka (mialani); kc. rantam.
ngrantan: I êngg. kn. nguculi (ngudhari) bêbondhotan; kc. rantan. II kn. ak: ngranta; kc. ranta.
--- 427 ---
ngrantas ~ ngrawang.
ngrantas: kn. ak. mêdhot nganti rantas; kc. rantas.
ngrante: kn. nalèni nganggo rante, mblênggu; kc. rante.
ngrantêg: kn, ak. tansah nangis (sêsambat, ngêsah).
ngrantun: kn. ak. 1 tansah tut-buri, nututi; 2 tansah mondhag-mandhêg; 3 nata rampadan (kang arêp diwêtokake); kc. rantun.
ngrancab: kn. ak. 1 ngasah; 2 ngrangsang, nêmpuh; kc. rancab.
ngrancag: (ake) kn. ngenggalake rampunge; kc. rancag.
ngrancahi: êngg. kn. nggaru; kc. rancah.
ngrancak: êngg. kn. ngêthoki ut. nglumpukake rèncèk kayu; kc. rancak.
ngrancaka: kw. sêdhih, nyêdhihake; kc. rancaka.
ngrancana: kw. nata, nganggit, ngarang; kc. rancana.
ngrancang: kn. 1 nggathuk-nggathukake lan nata rèngrèngan, cêngkorongan lsp; 2 ngrancam; kc. rancang.
ngrancas: (-i) êngg. kn. mancasi, maprali; kc. rancas.
ngrangap: kn. ak. katon lancip landhêp-landhêp; kc. rangap.
ngranggèh: kn. nggêjojorake tangane arêp nyêkêl (nggayuh lsp); kc. ranggèh.
ngranggèni: êngg. k. ngranggoni.
ngranggon: I kn. manggon ing ranggon. II [x]-i (lupute) kn. ak: ngakoni (lupute); kc. ranggon.
ngrangin, ngrêrangin: kn. alus kêpenak dirungokake (tmr. gamêlan).
ngrangkadake: kn. ak. nggawa lunga (wong wadon); kc. rangkad.
ngrangkahi: kn. ak. magêri nganggo rangkah.
ngrangkaki: pc. mênthêng-mênthêng atos (tmr. susu).
ngrangkani: n. nyarung k. ngêtrapi wrangka; ngrangkakake n. nyarungakên k. nglêbokake ing wrangka; kc. rangka, wrangka.
ngrangke: êngg. kn. nata nggathuk-nggathukake ragangan (balungan omah lsp); kc. rangke.
ngrangkèl: êngg. kn. ngèngkèl, ngèyèl.
ngrangkèni: kn. ak. ndokoki lawuh, ndokoki rêrangkèn; kc. rangkèn.
ngrangkèng: kn. ak. nglêbokake ing krangkèng; kc. krangkèng.
ngrangkèt: êngg. kn. mala, nggêbugi, milara; kc. rangkèt.
ngrangkêp: kn. 1 rong lêmbar didadèkake siji; 2 nindakake pakaryan warna loro; kc. rangkêp.
ngrangki: êngg. kn. ngrangke; kc. rangki.
ngrangkud: (-i) kn. ngukudi (barang-barang) tumuli digawa lunga; kc. rangkud.
ngrangkul: kn. nyikêp gulu; kc. rangkul.
ngrangkung: kn. ak. dhuwur lêncir (tmr. pawakan).
ngrangkus: kn. nyêkêli kêndhali lsp. nganggo tangan siji, nlikung; kc. rangkus.
ngrangkok: pc. kuru bangêt.
ngrangu, ngrêrangu: kw. tansah ngeling-eling, kangên (kanthi sêdhih); kc. rangu.
ngrangsang: kn. 1 ngranggèh, nggayuh; 2 nêmpuh bètèng lsp; kc. rangsang.
ngrangsêg: kw. nêmpuh, nyêrang; kc. rangsêg.
ngrauk: kn. njupuk sarana dikukup; kc. rauk.
ngraupi: kn. nyuryani ki. ngrêsiki rai; kc. raup.
ngraup-pada: (-suku) kw. nyungkêmi sikil, ngabêkti.
ngrauti: êngg.kn. ngongoti; kc. raut.
ngraos: k. ak. ngrasa; kc. rasa.
ngrapa: kn. ak. nglakoni mung mangan krowodan; kc. krapa.
ngrapak: I kn. garing; kc. kumrapak, krapak, rapak. II [x]-ake kn: nglapurake marang pangulu; kc. rapak.
ngrapêti: kn. 1 nutup rapêt; 2 pc. ngêsahi utanging liyan; kc. rapêt.
ngrapih: êngg. ak. nyapih, nglilihake wong nêpsu; kc. rapih.
ngrapyak: kn. magêri nganggo krapyak.
ngrapu, ngrêrapu: kn. ak. nyapih, ngrapih; kc. rapu.
ngraponi: êngg. kn. ngênêng-ênêngi, ngopèni; kc. rapu.
ngrarabi: kw. ngrantabi, nètèsi; kc. rarab.
ngraras: I kw. nglaras; kc. raras, laras. II [x]-raras kw: nggagas, ngangên-angên; kc. raras.
ngrasa: n. ngraos k. ak. ngênyami (nanggapi) rasa, kadunungan rasa; ngrasani n. ngraosi k: 1 nggunêm marang; 2 nyatur; kc. rasa.
ngrasanake: n. ngraosakên k. mêmanuh supaya krasan; kc. krasan.
ngrasèhakên: kn. ak. njalukake rêmbug, nyêmantakake; kc. sarèh.
ngrasuk: kn. 1 br. mênganggo (sandhangan); 2 br. mlêbu agama; 3 ak. ngrabèni ipe; kc. rasuk.
ngrasulake: kn. slamêtan mêmule K. N. Rasul (Muhamad); kc. rasul.
ngrata: n. ngradin k. ngrampak, agawe supaya rata; ngratakake: mbage wrata; kc. rata, wrata.
ngratêngi: kn. ngolah (lêlawuhan); kc. ratêng.
ngratu: kn. ak. 1 kaya ratu; 2 nganggêp ratu marang; kc. ratu.
ngratus: kn. ngutugi nganggo ratus.
ngratoni: kn. jumênêng ratu ing, ngêrèhake; kc. ratu.
ngracak: (ake) kn. madhakake kabèh; kc. racak.
ngracik: kn. 1 ngadoni jamu lsp; 2 nata lêlawuhan lsp; 3 ngrancang, ngrantam; 4 pc. njêjaluk nganggo ngarani warna-warna; kc. racik.
ngracuk: kn. nyêkêl racuk (ngigah-iguhake lakuning grobag); kc. racuk.
ngracun: kn. misani; kc. racun.
ngracut: (-i) kn. 1 nyuwak, ngudhari, nguculi; 2 ndadèkake siji, ngringkês; kc. racut.
ngrawang: pc. mawa krawangan.
--- 428 ---
ngrawat ~ ngrêdon.
ngrawat: I kn. nalèni lsp. ing kawat (tmr. bala pêcah sing arêp pêcah lsp); kc. krawat. II (ut. [x]-i) kn: 1 nyinggahake, nyimpêni, ngrumati; 2 nata mrênahake apa-apa sing mêntas kanggo; kc. rawat. III (ut. [x]-i) êngg. kn: ngusapi, nyapu; kc. rawat.
ngrawis: êngg. kn. ngrajang; kc. rawis.
ngrawit: kn. alus bangêt; kc. krawit.
ngrawu: I kn. ngurab (nyampur) karo parudan krambil; kc. krawu. II pc. ngrawus kn: ngujar-ujari, ngrampyang; kc. krawus.
ngrawud: êngg. ak. nêkêm sukêt lsp. banjur dijêbol; kc. rawud.
ngrawuhi: ki. nêkani; kc. rawuh, têka.
ngrawuk: pc. ngrauk, nggayut; kc. rawuk.
ngrawun: êngg. kn. ngurub-urubi nganggo uwuh; kc. rawun.
ngrebang: (-i) êngg. kn. ngrewangi nggarap (têtulung lsp); kc. rebang.
ngrèbèt: I kn. kumlèbèt, kumrêbêt; kc. krèbèt. II [x]-ake kn. ak: nurahake sathithik; kc. rèbèt.
ngrèbêdi: êngg. kn. ngribêdi; kc. ribêd.
ngredhoni: êngg. kn. ngribêdi, ngisruhi; kc. ridhu.
ngrègèk: pc. kuru.
ngregol: êngg. kn. dadi badhut; kc. regol.
ngregoni: kn. ngribêdi, ngrigoni; kc. rigu.
ngrèh: kw. ngêrèh; kc. rèh.
ngreyab: kn. ora digêlung (tmr. rambut); kc. reyab, kreyab.
ngreyal: kn. ak. ndhuwit, mbayar; kc. real.
ngrèyèng: ks. nglonthe; kc. krèyèng.
ngrèyèng-rèyèng: êngg. pc. nyiya-nyiya; kc. rèyèng.
ngreyod: êngg. kn. oyag-oyag; kc. reyod.
ngreyog: kn. dadi reyog; kc. reyog.
ngreyoh: kn. ak. ngêkul, siya-siya; kc. reyoh.
ngreyok: kn. nyidhuk nganggo cidhuk gêdhe; kc. reyok.
ngreyom: êngg. kn. ngayom, njaluk pitulungan; kc. riyom.
ngrekani: kn. ngakali, ngapusi; kc. reka.
ngrèkèl: I kn. 1 munggah (mènèk) kêthèkèlan; 2 ak. arêp nggayuh (ngranggèh); kc. krèkèl. II êngg. kn: ala atine (watake).
ngrèkès: pc. njêjaluk (ngêmis); kc. krèkès.
ngrèkên: kn. ngetung, milang; kc. rèkên.
ngrembak: k. ngrombak; kc. rembak, rombak.
ngrèmbèti: pc. nulari, mrambat ing; kc. rèmbèt, mrèmbèt.
ngrembyak: kn. ak. ngrêmbyah (tmr. rambut); kc. krêmbyah, rembyak.
ngrembyong: kn. katon rembyong-rembyong; kc. rembyong.
ngrèmèhake: kn. nganggêp rèmèh, nyêpèlèkake; kc. rèmèh.
ngrèmpyang, ngrèmpyong: pc. katon pating krêmbyah (pating trèmplèk) akèh.
ngrèmpong: kn. ak. pincang, ora bisa têrus.
ngrenah: êngg. ak. 1 nyranani; 2 ngapusi, ngrekani; kc. krenah.
ngrenda: kn. ngêtrapake (gawe) renda.
ngrèndhèt: (ake) kn. nyangkol sarta mbarut; kc. rèndhèt.
ngrèntèng: (-i) kn. nggandhèngi (nyunduki lsp); rêrentengan; kc. rèntèng.
ngrèntèsake: kn. ak. ngandharake, njlèntrèhake; kc. rèntès.
ngrèntênake: kn. nganakake dhuwit; kc. rèntên.
ngrencangi: k. ngrewangi; kc. rencang, rewang.
ngrèncèk: (-i) kn. ngêthoki pang (kayu); kc. rèncèk.
ngrèncèng: kn. nywara krèncèng-krèncèng.
ngrèngkak: kn. ak. aras-arasên, sêmplah-sêmplah; kc. rèngkak.
ngrèngkang: kn. (tiba lsp) arêp ngadêg kanthi rêkasa; kc. krèngkang.
ngrèngkèl: êngg. kn. ngèngkèl.
ngrèngrèng: kn. 1 mbathik lagi sasisih (durung ditêrusi); 2 ngrantam, nyêngkorongi; kc. rèngrèng.
ngrèngsèng: kn. nggawe lênga srana digorèng (tmr. gajih lsp); kc. krèngsèng.
ngreok: êngg. kn. ngreyok, nyidhuk; kc. reok.
ngrepoti, ngrepotake: êngg. pc. njalari rêkasa; kc. repot.
ngrèrèhi: êngg. kn. ngrêgêdi; kc. rèrèhan.
ngrètèg: kn. 1 êngg. nyêbar wiji garingan; 2 pc. ora kêrêp (tmr. tanduran lsp); kc. krètèg.
ngrècèk: I kn. ak. metung, milang siji-sijine; kc. krècèk. II kn: 1 ak. gawe krècèk; 2 êngg. pc. ora klambèn (katon kulite); kc. krècèk.
ngrewal, ngrèwèl: kn. ak. nggêmpal; kc. krewal.
ngrewangi: n. ngrencangi k. mitulungi; kc. rewang.
ngrèwèd: kn. mili ndlèwèr; kc. rèwèh.
ngrèwèk: kn. ngrowok sathithik; kc. krèwèk.
ngrèwèli: kn. rèwèl marang, njalari rèwèl; kc. rèwèl.
ngrèwèng, ngrêrèwèng: kn. ak. ngèwèng-èwèng; kc. rèwèng, èwèng.
ngrèwès: êngg. pc. mêrduli, nggape; kc. rèwès.
ngrèwêdi, ngrèwêgi: kn. ak. ngribêdi, ngrigoni; kc. rèwêd.
ngrewoti: êngg. kn. ngrigoni, ngribêdi; kc. rewot.
ngrêbab: kn. ngunèkake rêbab.
ngrêbakake: kn. ak. ngrêbêkake; kc. rêbasa, rabasa.
ngrêbat: k. ngrêbut; kc. rêbat, rêbut.
ngrêbatang: kn. ak. kaya rêbatang.
ngrêbda, ngrêda: kn. mundhak-mundhak, saya njênggar; kc. rêbda.
ngrêbut: n. ngrêbat k. njupuk (ngêpèk, ndhaku) kanthi pêksa; kc. rêbut.
ngrêda: kn. ngrêbda.
ngrêdon: kn. ak. akèh bangêt, ngêndi-êndi ana.
--- 429 ---
ngrêjakake ~ ngrêngih.
ngrêjakake: kn. ak. agawe (njalari) rêja.
ngrêjèt, ngrêjot: pc. obah kêjèt-kêjèt; kc. kêjèt, krêjèt.
ngrêjêg: êngg. pc. nggrêjêg, ngroyok; kc. rêjêg.
ngrêjêk: kn. ak. ngidak, ngrêmuk; kc. rêjak.
ngrêjêkèni: kn. njalari olèh rêjêki, njalari bêgja; kc. rêjêki.
ngrêjêng: kn. nggujêngi kêncêng; kc. rêjêng.
ngrêjêt: pc. obah, mingsêd; kc. krêjêt.
ngrêgani: n. ngrêgèni k. 1 nêtêpake rêgane; 2 êngg. ngajèni; kc. rêga.
ngrêgancang: kn. katon gêdhe sarta gagah.
ngrêgêdi: kn. njalari rêgêd; kc. rêgêd.
ngrêgêm: kn. 1 nanggêm, njêpit; 2 nggêgêm, mêngku, nguwasani; kc. rêgêm.
ngrêgêmêng: kn. katon gêdhe ngrênggunuk (ing papan kang sumamar).
ngrêgêp: kn. 1 br. nyêkêl (asikêp) gêgaman; 2 tumanggap kanthi sênêng; kc. rêgêp.
ngrêgiyêng, ngrêgiyêg: kn. ak. rêkasa bangêt panggawane (panjunjunge); kc. rêgiyêng.
ngrêguyung: kn. ak. ngrêmbuyung (tmr. wit-witan).
ngrêgunuk: kn. katon gêdhe mêmêdèni (ana ing papan kang sumamar).
ngrêgung: kn. ak. lêdhung-lêdhung (tmr. têtuwuhan).
ngrêkasakake: n. ngrêkaosakên k. ak. njalari rêkasa.
ngrêkatake: kn. ak. marakake duwe krêkat; kc. krêkat.
ngrêkêkêl: ak. ngrêkêl kn. 1 nglêkêr; 2 pc. mbadhêl, atos (tmr. sêga); kc. krêkêl.
ngrêkês: I pc. krasa adhêm krêkês-krêkês. II kn: nywara krês-krês; kc. krêkês.
ngrêksa: kn. ak. njaga; kc. rêksa.
ngrêmat: êngg. kn. ngrêmit; kc. rêmit.
ngrêmbag: k. ngrêmbug.
ngrêmbayak: kn. ak. ngrêmbaka.
ngrêmbaka: kn. akèh godhonge (tmr. têtanduran).
ngrêmbang: kn. nêgori têbu; kc. rêmbang.
ngrêmbat: k. mikul; kc. pikul, rêmbat.
ngrêmbyah, ngrêmbyang: kn. ak. krêmbyah-krêmbyah (tmr. rambut lsp).
ngrêmbyung: kn. ak. ngrêmbuyung.
ngrêmbug: I n. ngrêmbag k. nggunêm sawijining prakara; kc. rêmbug. II kn. ak: nyaput, ngusapake ing rai; kc. rêmbug.
ngrêmbuyuk, ngrêmbuyung: kn. ak. akèh godhonge (tmr. têtuwuhan).
ngrêmbun: kw. sêmi, thukul; kc. rêmbun.
ngrêmbuwas: êngg. kn. mêncungul.
ngrêmêd: kn. nggêgêm banjur diwênyêd (diêjur); kc. rêmêd.
ngrêmêk: kn. ak. ngrêmuk; kc. rêmêk.
ngrêmih, ngrêrêmih: kn. ak. namakake têmbung manis; kc. rêmih.
ngrêmit: kn. ak. alus (lêmbut-lêmbut) bangêt; kc. rêmit.
ngrêmuk: kn. 1 ngêjur nganti rêmuk; 2 ngrusak, nyirnakake; kc. rêmuk.
ngrêmus: pc. mangan (mamah); kc. krêmus.
ngrêmpa, ngrêrêmpa: kn. ak. ngrêrêpa.
ngrêmpah: kn. olah rêmpah.
ngrêmpayak: kn. ak. akèh godhonge, ngrêmbayak.
ngrêmpak, ngrêmpêk: kw. ngrêmuk, ngrusak; kc. rêmpak.
ngrêmpêl: kn. kumpul (nggrêmbêl) dadi siji; kc. krêmpêl.
ngrêmpêlas: kn. ngêlus nganggo rêmpêlas; kc. rêmpêlas.
ngrêmpêlu: pc. ngimpi ing wayah awan (ent. ngira, nyana); kc. rêmpêlu.
ngrêmpu, ngrêmpuh: kw. ngrêmuk, ngêjur; kc. rêmpu.
ngrêmpoyok: kn. ak. ngumpul (nggrêmbêl, nèmplèk) akèh.
ngrêmponi: êngg. kn. nggaru; kc. rêmpon.
ngrênani: kn. ak. nyênêngi; kc. rêna.
ngrêndêm, ngrêndhêm: êngg. pc. ngêkum ing banyu; kc. rêndhêm.
ngrênjah, ngrênjak: kn. ak. ngidak, midak; kc. rênjak.
ngrêndhèh-ngrêndhèh: pc. njêjaluk ngasih-asih.
ngrêndhe-rêndhe: kn. ak. nyênyuwe; kc. rêndhe.
ngrênêngi: kn. madhahi ing krênêng.
ngrênik: êngg. kn. ngapusi; kc. rênik.
ngrêntang: kn. ak. tansah sêsambat.
ngrêntahakên: k. ngruntuhake; kc. runtuh.
ngrêntêgake: (ati) kn. ak. nuwuhake krêntêg ing ati; kc. krêntêg.
ngrêntêtake: kn. agawe rêntêt; kc. rêntêt.
ngrêncak: kn. ngêdum-êdum kewan burukan (ut. dibêlèh); kc. rêncak.
ngrêncaka: kw. susah, sêdhih; kc. rêncaka.
ngrêncana: kw. ngrancana; kc. rancana.
ngrêncangake: kn. ak. njalari (agawe) rêncang; kc. rêncang.
ngrêncil: kn. saka sathithik (ora bêbarêngan); kc. krêncil.
ngrênthil: pc. mrênthil.
ngrênyak, ngrênyêk: kn. ngrêmuk, nglêmbutake; kc. rênyak.
ngrênyuk: kn. ak. ngrêmuk; kc. rênyuk.
ngrêngan: kn. ak. gêrêng-gêrêng (marga lara lsp).
ngrêngat: kn. ak. mêcah; kc. rêngat.
ngrêngêng-rêngêngi: (-ake) kn. ngênêng-ênêngi bocah sarana rêngêng-rêngêng; kc. rêngêng.
ngrêngês: kn. nywara krêngês-krêngês (mamah lsp); kc. krêngês.
ngrêngga: kn. 1 macak (majang) murih katon endah; 2 nyandra, ngrumpaka; 3 ngopèni, njaga; kc. rêngga.
ngrênggeto, ngrênggoto: êngg. kn. kabotên gêgawan, rêkasa bangêt.
ngrênggêp: kw. nyêkêl, nyandhak; kc. rênggêp.
ngrênggês: I kn. ngicuk-icuk, mbujuk; kc. rênggês. II êngg. kn: ngobongi têtuwuhan ing bubakan anyar; kc. rênggês.
ngrêngguyung: kn. ak. ngrêmbuyung.
ngrênggut: kn. 1 mbubut, njabut, njêboli sukêt lsp; 2 kw. njambak, nyêbrak, narik; kc. rênggut.
ngrêngih, ngrêrêngih: kw. ngrêrintih, mbêbana mêmalat sih; kc. rêngih.
--- 430 ---
ngrêngkuh ~ ngrisèni.
ngrêngkuh: kn. nganggêp kaya dene; kc. rêngkuh.
ngrêngus: pc. mamah nywara krêngus-krêngus.
ngrêngoni: kw. nêpsoni, rêngu marang; kc. rêngu.
ngrêpa, ngrêrêpa: kn. njaluk ngasih-asih; kc. rêpa.
ngrêpak: kw. ngrupak, nêmpuh sarta nêsêk; kc. rêpak.
ngrêpèpèh: kn. linggih ngêdhêkês andhap asor; kc. rêpèpèh.
ngrêpêk, ngrêpyêk: kn. nêkuk (athik-athikan lsp) muni mak krêpyêk.
ngrêpês: kn. nyoklèk lsp. nywara mak krêpês.
ngrêpi, ngrêrêpi, ngrêpèni, ngrêrêpèni: kw. 1 nêmbang(-ake); 2 nganggit têmbang; kc. rêpi, rêrêpi.
ngrêpotake: êngg. kn. nglapurake; kc. rêpot.
ngrêramu: kn. ngglandhang kanthi pêksa, njilat; kc. ramu.
ngrêrampa: kn. ndhabyang (ngotong-otong) wong sêmaput lsp; kc. rampa.
ngrêranta: kw. nyêdhihake (ati); kc. ranta, kêranta-ranta.
ngrêrangu: kw. tansah ngeling-eling, kangên; kc. rangu.
ngrêrapu: kn. nglêlipur; kc. rapu.
ngrêrêmpa: ak. ngrêrêpa kn. njaluk ngasih-asih; kc. rêpa.
ngrêrêngih: kw. ngrêrintih, mbêbana, mêmalat sih; kc. rêngih.
ngrêrêpi: kw. nêmbang; kc. rêpi, rêrêpi.
ngrêrês: kn. ak. ngêrês.
ngrêsa: pc. ngrêksa.
ngrêsahi: k. ngrusuhi.
ngrêsaya: n. ngrêsados k. êngg. pc. njaluk tulung; kc. rêsaya.
ngrêsak: êngg. k. ngrusak; kc. rusak.
ngrêsêki: (-ake ak) kn. ora nyênêngake mungguhing pandêlêng ut. pangrungu; kc. rêsêk, krêsêk.
ngrêsêpi: kn. sênêng marang; ngrêsêpake: nyênêngake; kc. rêsêp.
ngrêsiki: kn. agawe supaya rêsik; kc. rêsik.
ngrêsmèni: kw. sacumbana; kc. rêsmi.
ngrêsula: kn. sêsambat marga rêkasa lsp; kc. rêsula.
ngrêspatèni: kw. nyênêngake; kc. rêspati.
ngrêtakake: êngg. kn. mêrtakake, ngabarake; kc. rêta.
ngrêtêg: kn. 1 liwat ing krêtêg; 2 ngêtrapi krêtêg.
ngrêti: n. ngrêtos k. bisa nyandhak (nyakup) ing dalêm pamikir; kc. rêti.
ngrêcèh: kn. tansah udan (grimis).
ngrêwês: êngg. kn. ngruwês; kc. krêwês.
ngribêdi: kn. njalari ribêd; kc. ribêd.
ngrijigi: êngg. kn. njaga supaya tansah rêsik (bêcik); kc. rijig.
ngridhu: kn. ak. nggodha, ngganggu; kc. ridhu.
ngrigên: êngg. ak: mranata; [x]-ake êngg. ak: ngiguhake; kc. rigên.
ngrigoni: êngg. kn. ngribêdi, ngrèwêgi; kc. rigu.
ngriyak: I kn. ngêtokake riyak. II kn: mamah; kc. kriyak.
ngriyalati: kn. ak. mrihatinake sarana cêcêgah; kc. riyalat.
ngriyêk: (ut. ngriyês pc) kn. 1 nggilês, ngilês; 2 ngrêmêd (dluwang lsp); kc. riyêk, kriyêk.
ngriyini: êngg. k. ndhisiki; kc. riyin, dhisik.
ngriyip: pc. kriyip-kriyip (matane).
ngriyuk: pc. mamah; kc. kriyuk.
ngriyung: I êngg. pc. ngrauk kabèh; kc. kriyung. II êngg. kn: mèlu kêndhurèn.
ngriyom: kn. ak. ngayom; kc. riyom.
ngrik: kw. ngêrik.
ngrika: (ing [x]) k. ing kana.
ngrikatake: kn. mbantêrake; kc. rikat.
ngrikati: êngg. kn. ngukudi; kc. rikat.
ngriki: (ing [x]) k. ing kene.
ngrikil: kn. ndokoki krikil.
ngrikit: (-i) kn. nyokoti sathithik-sathithik; kc. krikit.
ngriku: (ing [x]) k. ing kono.
ngrikuhi: kn. ak. rikuh marang.
ngrikrik: êngg. kn. matun; kc. rikrik.
ngrilakake: êngg. ak. mènèhake kanthi lila; kc. rila.
ngrimat: (-i) k. ngrumat(-i); kc. rumat.
ngrimbag: kn. 1 nyithak; 2 mangun têtêmbungan; kc. rimbag.
ngrimbas: kn. ak. mrèjèngi glondhongan kayu diwangun pêsagi; kc. rimbas.
ngrimuk: kn. mbêbujuk; kc. rimuk.
ngrimpili: êngg. kn. mêthili, mutungi rèncèk lsp; kc. rimpil.
ngrimpus: kn. ak. nyrimpung sikil; kc. rimpus.
ngrinakake: n. ngrintênakên k. ak. malêm ing (dina candhake); kc. rina.
ngrindhikake: kn. nglakokake lsp. rindhik.
ngrintih: kn. gêrêng-gêrêng lirih; kc. rintih.
ngrinciki: pc. ngrèncèki.
ngrinthing: êngg. kn. nglinthing.
ngringèkake: êngg. ngrungokake.
ngringêt: kn. 1 ak. mêtu kringête; 2 kumringêt, kaya mêtu kringête; kc. kringêt.
ngringgit: k. 1 mayang; 2 nlèdhèk; kc. wayang, tlèdhèk, ringgit.
ngringik: kn. nangis lirih; kc. ringik.
ngringin: pc. turu ora mêrêm dhipêt.
ngringkêl: kn. têturon njintêl (nglêkêr); ngringkêl-ringkêl: nêkuk-nêkuk rêringkêlan; kc. ringkêl.
ngringkês: kn. 1 nyêkak, nyilikake; 2 agawe supaya ora rowa; 3 ora nganggo karamean tmr. duwe gawe; 4 nyidra, matèni dhêdhêmitan; kc. ringkês.
ngringkuk: pc. ngrungkuk; kc. ringkuk.
ngringkus: pc. mringkus, ora mbêgagah; kc. ringkus.
ngringring: (-i) pc. ngayêm-ayêm supaya aring; kc. aring, ringring.
ngripak: êngg. k. ngrupak; kc. rupak.
ngripik: pc. gêtas, gampang pêcahe; kc. kripik.
ngrisak: k. ngrusak; kc. rusak.
ngrisèni: kn. njalari risi; kc. risi.
--- 431 ---
ngritig ~ ngrutug(-i).
ngritig: kn. nacad, maoni; kc. kritig.
ngricik: êngg. kn. 1 merang-merang; 2 metung; kc. ricik.
ngriwêdi, ngriwêgi: êngg. ak. ngribêdi; kc. riwêd.
ngriwik: pc. nywara kriwik-kriwik (tmr. banyu).
ngriwil: kn. ak; rèwèl, angèl ladèn-ladènane; kc. riwil.
ngriwuki: ak. ngriwoni êngg. kn. ngrigoni; kc. riwuk.
ngruba, ngrubani: kn. ak. mbêsêli; kc. ruba.
ngrubagini, ngrubaginèkake: kn. ak. ngundhakake rêrêgan; kc. rubagini.
ngrubeda: kn. ak. makiwuhi, nggodha, ngalang-alangi; kc. rubeda.
ngrubêng: êngg. kn. ngubêngi; kc. kubêng, krubêng.
ngrubyuk: kn. nyabrang ing banyu; kc. krubyuk.
ngrubuhi: n. ngrêbahi k. rubuh kêna ing; kc. rubuh.
ngrubung: kn. nggrombol tarap ngubêngi; kc. rubung.
ngrubut: kn. nandangi bêbarêngan wong akèh; kc. krubut.
ngrujad: kn. mbujadi, ngrusak; kc. rujad.
ngrujag: I êngg. kn. 1 ak. ngrubut, nggrujug; 2 mêksa wong wadon; kc. rujag. II kn: mbathik têrusan bae; kc. rujag.
ngrujak: kn. olah rujak.
ngrujit: kw. nyuwèk-nyuwèk, nyuwir-nyuwir, ngrajang; kc. rujit.
ngrujuk: I kn. mbalèni bojo kang wis dipêgat; kc. rujuk. II [x]-i kn: mupakati, nayogyani; kc. rujuk.
ngrugèni: êngg. pc. mitunani; kc. rugi.
ngrugêt: kn. obah krugêt-krugêt.
ngruhunakên: êngg. k. ak. ndhisikake; kc. ruhun.
ngrukub: (-i) kn. nutupi, ngêmuli; kc. krukub.
ngrukud: kn. ngukudi; kc. krukud.
ngrukun: I kn. 1 ngajak bêcik (bêdhami); 2 pc. mbêsêli; kc. rukun. II [x]-i êngg. kn: nyêpaki, nyêdhiyani; kc. rukun.
ngrukup: pc. ngrukud.
ngruksa: kw. ngrusak; kc. ruksa.
ngrukti, ngruktèni: kn. 1 ngrumat, mulasara; 2 ngopèni, nyêpaki; kc. rukti.
ngrumabi: êngg. pc. kumat, angot; kc. rumab.
ngrumantèni: n. ngrumantosi k. nyêpaki, nyêdhiyani; kc. rumanti.
ngrumangsani: n. ngrumaosi k. wis rumangsa; kc. rumangsa, rasa.
ngrumat: n. ngrimat k. êngg. ak. ngopèni (njaga) murih aja ilang; kc. rumat.
ngrumiyini: k. ndhisiki; kc. rumiyin, dhisik.
ngrumil: êngg. kn. ndrêmimil njêjaluk; kc. rumil.
ngrumpak, ngrumpêk: kw. ngrusak nglêbur; kc. rumpak.
ngrumpaka: kn. 1 nyandra kalawan kêkidungan; 2 nganggit têmbang; kc. rumpaka.
ngrumpyung: pc. nggrudug, ngrubut; kc. krumpyung.
ngrumpuk: (-i) êngg. kn. numpuk, nungsun; kc. rumpuk.
ngrunah: kw. 1 ngrusak; 2 nusahake; kc. runah.
ngrunjah: kn. ak. njola-njola (tmr. jaran); kc. runjah.
ngrunjak: êngg. kn. mumbul ngranggèh; kc. runjak.
ngrunjang: kn. nrajang, nêmpuh; kc. runjang.
ngrundhing: êngg. pc. ngrêmbug.
ngrundhuk: kn. mlaku (marani) alon-alon nêdya nyêkêl lap; kc. rundhuk.
ngruntagake: kn. ngorêgake, nggorèhake; kc. runtag.
ngruntahi: êngg. kn. ngrêgêdi; kc. runtah.
ngrunting: kw. nyuwèk, nyuwir-nyuwir; kc. runting.
ngruntuh: I kn. ngrintih. II [x]-i n. ngrêntahi k. ak: nibani, ent. mènèhi (sih lsp); kc. runtuh.
ngruntutake: kn. nglarasake, nata supaya runtut; kc. runtut.
ngruncat: kn. ak. ngrucat.
ngrungkad: (-i) êngg. [x]-ake kn. ngêmbrukake wit saoyode; kc. rungkad.
ngrungkêb: kn. 1 têturon (linggih) raine ungkêb-ungkêb; 2 êngg. tungguk (caos) mblandrêng nganti 2 dina ut. luwih; kc. rungkêb.
ngrungkup: êngg. kn. ngampak ut. ngècu.
ngrungu: n. mirêng k. krungu apa-apa; kc. rungu.
ngrungrum: kw. ngungrum.
ngrupak: kn. nyiyutake (jajahaning liyan); kc. rupak.
ngrupakake: n. marnèkakên k. ak. nganakake, mujudake, nyêpaki; kc. rupa.
ngrupeya: êngg. kn. mêrduli, ngrèwès, cawe-cawe; kc. rupeya.
ngrupyuk: kn. ngrauk dhuwit; kc. krupyuk.
ngrupuk: kn. nggorèng krupuk.
ngrurah: kw. nêmpuh; kc. rurah.
ngruru: kw. golèk, nggolèki; kc. ruru.
ngrurubi: kw. nglurubi; kc. rurub.
ngruruh, ngruroh: êngg. ak. golèk, nggolèki; kc. ruruh.
ngrusak: n. ngrisak k. mbubrah, agawe rusak; kc. rusak.
ngrusêgi: êngg. pc. njalari rusêg.
ngrusuhi: n. ngrêsahi k. 1 êngg. ngrêgêdi; 2 agawe rusuh, ngganggu; kc. rusuh.
ngrusuk: I êngg. kn. nlusup ing; kc. krusuk. II êngg. pc: nglopok (bakar); kc. krusuk.
ngrutug: (-i) kn. mbalangi (mbêdhili lsp); kc. krutug.
--- 432 ---
ngrucat ~ ngwadhèhake.
ngrucat: kn. 1 nguculi (nguwali), nyopot; 2 nglèrèhi, mocot; kc. rucat.
ngrucêk: kn. ak. njalari (agawe) rucêk.
ngruwag: êngg. kn. ngrucat, nyêmploki; kc. ruwag.
ngruwat: kn. ak. 1 nyarati murih luwar saka panênung lsp; 2 ngluwarake bêbênduning dewa sarana slamêtan lsp; 3 matèni kewan lsp. sing mbêbayani; kc. ruwat.
ngruwèg: kn. reyab-reyab ora tata; kc. ruwèg.
ngruwêdi: kn. ngisruhi, njalari bingung; kc. ruwêd.
ngruwêk: kn. ngêruk (nggraut) nandhês; kc. kruwêk.
ngruwêl: kc. nêkuk lêlêkêran (ula lsp); kc. kruwêl.
ngruwês: kn. nêkuk (mungkus, mèjèt lsp) rêrikatan; kc. kruwês.
ngruwik: (-i) pc. nyuwik(-i); kc. kruwik.
ngruwil: pc. cêthil bangêt.
ngruwing: kn. nambal nganggo kruwing.
ngruwis, ngruwit: kn. katon jriwut-jriwut (alus, ngrawit, arang-arang); kc. kruwit, ruwit.
ngruwun, ngruwut: kn. ak. ngruwis.
ngruwungake: pc. nyidhukake siwur lsp; kc. kruwung.
ngrobèt: êngg. kn. mbage-mbage manèh (sawah lsp); kc. robèt.
ngrobyok: I kn. ngrubyuk (ing banyu); kc. krobyok. II kn. ak: mèlu nggrubyug.
ngrobyong: (-robyong) kn. ndokoki gêgodhongan lsp; kc. robyong.
ngrobong: (-i) kn. nutupi nganggo krobong (gêbêr lsp); kc. krobong.
ngroda: (-pari)pêksa kn. mêksa, njiyat; kc. roda.
ngrodon: kn. ak. akèh bangêt.
ngrojèng: êngg. kn. mbabadi pari ing sawah (nyolong); kc. rojèng.
ngrojong: (-i) kn. njurungi, mupakati, ngombyongi; kc. rojong.
ngrogak: êngg. pc. ngrogok.
ngrogèl: kn. obah kogèl-kogèl; kc. krogèl.
ngrogoh: kn. nglêbokake tangan ing kanthongan lsp. arêp njêjupuk; kc. rogoh.
ngrogok: pc. kuru lêncir (tmr. pawakan).
ngrogrog: pc. ngêrog; kc. rogrog.
ngroyok: kn. 1 nêmpuh bêbarêngan wong akèh; 2 ngêbut, ngrubut; kc. kroyok.
ngroyom: kn. ngrubung; kc. royom.
ngroyong: kn. ngangkat (ngusung) bêbarêngan wong akèh; kc. royong.
ngrokok: êngg. pc. 1 nglinting rokok; 2 udud; kc. rokok.
ngrokos: I êngg. pc. nggronggong, ora padhêt (tmr. watu lsp). II pc: nggêrtak, nyêpèlèkake; kc. krokos.
ngrokot: (-i) êngg. pc. ngrakot; kc. krokot.
ngrolis: kn. 1 ngundangi jênênge wong-wong kang arêp nyambut-gawe; 2 êngg. pc. nacahake kèhe; kc. rolis.
ngromahi: kn. nglowahi, ndokoki romahan; kc. romah.
ngromal: êngg. kn. mlarat bangêt.
ngrombah: êngg. kn. golèk iwak ing sêgara bêbarêngan wong akèh; kc. rombah.
ngrombak: kn. mbubrah; kc. rombak.
ngromèd, ngromèh: êngg. kn. gunêman clêmongan.
ngromèsi: êngg. pc. ngrèwès; kc. romès.
ngromyang: êngg. kn. ngramyang.
ngromyos: pc. nyunyuk ing gêni; kc. kromyos.
ngromos: êngg. kn. nglopok, mbênêm.
ngrompal: pc. pating srêmpal (tmr. sandhangan).
ngrompang: êngg. kn. padha gogrog godhonge (tmr. wit-witan); kc. rompang.
ngrompyoh: kn. ak. kêtêl bangêt (tmr. gêgodhongan, rambut); kc. rompyoh.
ngrompol: kn. nggrombol, kêkumpulan; kc. krompol.
ngronjati: êngg. kn. nglunjak, mêncolot ing; kc. ronjat.
ngronje: kn. ak. lêncir kuru (tmr. pawakan).
ngrondhah: kn. ak. njalari rêkasa; kc. krondhah.
ngrondhani: kn. nganglangi; kc. rondha.
ngrontogi: kn. 1 rontog nibani; 2 ngoyag-oyag lsp. supaya rontog; kc. rontog.
ngroncal: kn. nggronjal; kc. kroncal.
ngronce, ngroncèni: kn. 1 nganggit kêmbang lsp; 2 nyritakake, ngandharake; kc. ronce.
ngroncong: kn. ak. ngêsokake bêras ing kukusan; kc. kroncong.
ngronyok: kn. ak. ndokoki mata intên akèh; kc. ronyok.
ngronyos: pc. ngêcos; kc. kronyos.
ngrongkob: kn. krêmbyah-krêmbyah nutupi; kc. rongkob.
ngrongrong: êngg. kn. nêgori (wit-witan lsp).
ngropeka: êngg. kn. ngrupeya.
ngropèk: pc. ringkih.
ngropyak: pc. nywara mak kropyak.
ngropyani: êngg. kn. ngopèni; kc. ropyan.
ngropyok: pc. mbayar jrèng (kontan); kc. kropyok.
ngropohi: êngg. kn. nyangkrahi, ndokoki ropoh; kc. ropoh.
ngropok: I kn. gropok, garing; kc. kropok. II kn: nglopok, mbakar; kc. kropok. III êngg. kn: ngroyok, ngrubud.
ngrosani: kn. nindakake (mêksa lsp) kanthi karosan; kc. rosa.
ngroso: (ni) kn. madhahi ing kroso.
ngrocok: êngg. pc. 1 numbaki bêbarêngan wong akèh; 2 nandangi bêbarêngan; kc. krocok.
ngrowak, ngrowèk: pc. nyowèl lsp. nganti krowak; kc. krowak.
ngrowakake: kn. agawe rowa; kc. rowa.
ngrowal: kn. ak. nggêmpal; kc. krowal.
ngrowod: kn. ak. nglakoni mung mangan krowodan; kc. krowod.
ngrowok: (-i) kn. mbolong(-i) lsp. nganti krowok; kc. krowok.
ngwajibake: kn. ak: majibake, nêtêpake yèn dadi wajibe; kc. wajib.
ngwadhèhake: kn. ak. mblakakake, njalari wadhèh; kc. wadhèh.
--- 433 ---
ngwayani ~ ngwor(ake).
ngwayani: kn. ak. ngawekani, migatèkake; kc. kuweya.
ngwayangake: kn. ak. nglakokake wayang (ut. kaya wayang); kc. wayang.
ngwayungyung: kw. nlikung, ngêrut; kc. wayungyung.
ngwakake: pc. nguwakake; kc. wak, uwak.
ngwakilake: êngg. pc. makilake; kc. wakil.
ngwak-wik: pc. nguwak-uwik; kc. uwik.
ngwalati: kn. ak. malati; kc. walat.
ngwalik: kn. ak. malik; kc. walik.
ngwaluyakake: kw. marèkake, nambani, mbênêrake; kc. waluya.
ngwalokake: pc. nguwalonake, nguwalokake; kc. kuwalon.
ngwanèni: n. muruni k. ak. wani karo; kc. wani.
ngwanuhake: kn. nêpungake; kc. wanuh.
ngwantahake: kn. mbarèsake; kc. wantah.
ngwantoni: kn. ak. nyampuri, mbumboni; kc. wantu.
ngwang: kw. aku, -ku.
ngwangwang: kw. nyawang, mawang; kc. wangwang.
ngwarakake: êngg. kn. nglêmparakake, ora ngrêmbug; kc. wara.
ngwarasake: n. nyarasakên k. agawe waras, marèkake; kc. waras.
ngwara-warakake: kn. ngundhangake, martakake ing layang kabar lsp; kc. wara-wara.
ngwarisake: kn. ak. ninggali marang; kc. waris.
ngwarnakake: n. ngwarnèkakên k. ak. mujudi, nganani; kc. warna.
ngwartakake: n. ngwartosakên k. ak. ngabarake; kc. warta.
ngwasake: êngg. pc. ngawasake; kc. awas.
ngwasiyatake: kn. ak. mènèhi wasiyat marang; kc. wasiyat.
ngwaspadakake: n. ngwaspaosakên k. ak. maspadakake, namatake; kc. waspada.
ngwatiri: n. ngwatosi k. pc. nguwatiri; kc. kuwatir.
Ngwawasakaengwawasake. : kn. ak. namatake; kc. wawas.
ngwawuhake: kn. nêpungake manèh; kc. wawuh.
ngwawratakên: k. mêtêngake; kc. wawrat.
ngwèhi: ak. (ngwèhan, ngwèhin, ngwèhèni, ngweyan, ngrèyèn, ngwèkèni êngg.) n. nyukani k: awèh, mènèhi; kc. wèh.
ngwekani: êngg. kn. ngawekani; kc. weka.
ngwètake: pc. ngawètake; kc. awèt, wèt!
ngwèwèhi: kn. ak. mêmènèhi marang; kc. wèwèh.
ngwêk-wêk: pc. nguwêk-uwêk; kc. uwêk.
ngwêtokake: n. ngwêdalakên k. ak: ngêtokake; kc. wêtu.
ngwêwahi: k. ngwuwuhi; kc. wêwah.
ngwêwani: n. mêmurun k. ak. nggêgasah lsp. supaya wani; kc. wani.
ngwêwêtah: k. ngwêwutuh.
ngwêwirang: kn. ak. gawe wirang.
ngwêwutuh: n. ngwêwêtah k. agawe supaya wutuh; kc. wutuh.
ngwidi, ngwidèni: kn. ak. 1 milang manèh; 2 kw. maringi sih (tmr. dewa); kc. widi.
ngwidik-widik: kn. ak. namatake, ngira-ira; kc. widik.
ngwijèni: kn. 1 nyêbari wiji; 2 njalari; 3 nurunake; kc. wiji.
ngwidhe: kn. ak. golèk iwak nganggo widhe.
ngwiyak: kn. ak. miyak, mbukak; kc. wiyak.
ngwiyarakên: k. ngambakake; kc. wiyar.
ngwik-wik: pc. nguwik-uwik.
ngwilujêngi: k. ak. nylamêti; kc. wilujêng, slamêt.
ngwirangake: kn. ak. agawe wirang; kc. wirang.
ngwisi: pc. nguwisi; kc. wis, uwis.
ngwisesa: kn. ak. mêksa, niksa; kc. wisesa.
ngwiwekani: kn. ak. mrayitnani; kc. wiweka.
ngwujudi: kn. ak. nganakake wujude: kc. wujud.
ngwudhari: kn. ak. nguculi; kc. wudhar.
ngwudhoni: kn. nguruni; kc. wudhu.
ngwulêdake: kn. agawe (njalari) wulêd.
ngwuluh: kn. nggosok nganggo pring wuluh.
ngwuloni: kn. ak. ngrêsiki (kaya yèn arêp sêmbahyang); kc. wulu.
ngwuningani: êngg. kn. mêruhi, wêruh; kc. wuninga.
ngwungu: ki. nggugah; kc. wungu.
ngwungoni: ki. ngêlèki; kc. wungu.
ngwuri-wuri: kw. nglêluri; kc. wuri.
ngwuryani: kw. 1 mandêng, nyawang; 2 nata; kc. wuryan.
ngwuroni: ki. ngêndêmi; kc. wuru.
ngwurungake: n. nyandèkakên k. njalari wurung.
ngwursita, ngwurcita: kw. nyritakake; kc. wursita.
ngwutahake: kn. nyuntak lsp. nganti wutah; kc. wutah.
ngwutuhake: n. ngwêtahakên k. agawe wutuh.
ngwuwuhi: n. ngwêwahi k. ngundhaki; kc. wuwuh.
ngwuwur: (ake) kn. nyawur-nyawurake; kc. wuwur.
ngwongi: n. niyangi k. ak. nguwongi; kc. wong.
ngwor: (ake) kn. nyampurake; kc. wor.


