Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P)

Katalog:Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75
Sambung:
1.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 01: A). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #781.
2.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 02: B). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #782.
3.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 03: Kh). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #783.
4.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 04: D). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #784.
5.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 05: J) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #785.
6.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 06: Dh) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #786.
7.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 07: E) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #787.
8.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 08: Ê) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #788.
9.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 09: G) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #789.
10.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 10: H) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #790.
11.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 11: I) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #791.
12.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 12: Y) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #792.
13.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 13: K) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #793.
14.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 14: L) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #794.
15.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 15: M). Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #795.
16.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 16: N) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #796.
17.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 17: NY) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #797.
18.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 18: NG) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #798.
19.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 19: U) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #799.
20.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 20: O) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #800.
21.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 21: P) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #801.
22.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 22: R) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #802.
23.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 23: S) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #803.
24.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 24: T) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #804.
25.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 25: C) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #805.
26.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 26: Th) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #806.
27.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: W) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #807.
28.Bausastra Jawa, Poerwadarminta, 1939, #75 (Bagian 27: Z) . Bahasa dan Budaya | Kamus dan Leksikon #808.

P

pa: I pc. apa, sapa. II pc. bapa.

paat: kn. kc. pahat.

pabaratan, pabratan: kw. papêrangan.

pabeyan: kn. kantor mupu beya ing palabuhan; kc. beya.

pabên: k. padu.

paboyongan: kn. alih-alihan ênggon; kc. boyong.

pabongan: kn. ak. sênthongan; kc. kobongan.

pabrik: (W) kn. panggonan gawe gula lsp. sarana mêsin-mêsin.

pabrit: êngg. pabrik.

pada: I 1 (S) kw. sikil; 2 kn. ar. têtêngêr ing tulisan Jawa kanggo têtêngêr andhêging ukara utawa bêbukaning karangan (ukara), ar. pada andhap, madya, luhur, guru, lingsa, lungsi; 3 (ut. [x] gêdhe n. [x] agêng k) saandhêging têmbang; [x]-ning ulun kw: sampeyan dalêm; (durung, wis) [x] pc: (durung, wis) têrang ut. têtêp (tmr. rêrêmbugan);

--- 455 ---

di-[x]: 1 didèkèki têtêngêr pada; 2 pc. dicugag, dipungkasi. II (S) kw. ak: panggonan.

padagang ~ padha.

padagang: kn. ak. sudagar; kc. dagang.

padayantra: kn. ak. pit (sêpedhah).

padaka: kw. intên (rêrênggan).

padakathaka: (S) kw. ak. gêlang sikil.

(padal): di-[x] kn. 1 diênêtake (diduwa) nganggo sikil; 2 ak. diêmohi, ditampik, ora diturut (tmr. prentah); madal pasilan br: lunga saka ing pajagongan; madal sumbi: 1 ana kang mbrênjul (tmr. tênunan); 2 ent. ngrêndhêti rêmbug; madal tamba ak: wis ora kêna ditambani; madal wicara br: madoni rêmbug.

padalêman: kn. ak. omah (tmr. para luhur); kc. dalêm.

padam: kw. ak. diyan, damar.

pada-mandhala: kw. ak. jagat.

padamêlan: k. pagawean; kc. gawe.

padang: kn. ak. tukang adang.

padangan: êngg. ak. pawon.

padarakan: ut. pidak [x] kw. wong asor (nistha).

padaringan: kn. wadhah (simpênan) bêras.

padasan: kn. gênthong mawa pancuran dianggo wulu; kc. abdas.

padatan: kn. kamanuhan; [x]-e: lumrahe; kc. adat.

pada-wacana: kw. pasêmoning rai (praèn).

padesan: n. padhusunan k. kalumpukaning desa-desa.

padêmi: pc. padmi.

patgata: kw. ak. cilaka, cabar.

(padik): di-[x] kn. ditamat-tamatake (dititik) dhisik êndi kang prayoga; olèh [x]-an: olèh pandêngan (cong-congan); kc. widik.

padinan: n. padintênan k. kanggo ing sabên dina.

padma: (S) kw. kêmbang trate.

padmasana: (S) kw. dhampar.

padmi: (garwa [x]) êngg. kn. bojo kang baku (dudu sêlir); kc. padni.

padni, patni: (S) kw. bojo (somah).

padu: n. pabên k. 1 (ut. padon n. pabênan k) êngg. ak: gunêman, rêmbugan; 2 sulaya ing rêmbug padha gênti mangsuli (rêbut bênêr); 3 êngg. waton, anggêre; [x]-ne êngg. pc: mulane ... awit mula (pancèn) ...; dipadoni: dibantah, ora dirujuki; dipadokake êngg: dilantarake ênggone rêrêmbugan; padon (n. pabênan k); 1 êngg. gunêman, rêmbugan; 2 (ut. pêpadon) udur-uduran, tukaran; para padon br: wong kang dhêmên padu; kc. adu, du.

padudan: kn. ak. bêdudan.

padudon: kn. ak. padu, cêcongkrahan.

paduhan: kn. kakèrèning lara cacar (cangkrang) kang bisa njalari lêlara liyane.

paduka: 1 (S) kw. trumpah, sêpatu; 2 ([x] tuwan) kn. panjênêngan (urmat bangêt); 3 br. panjênêngan (kowe).

padunungan: kn. 1 ak. tlatah, palêmahan jêmbar; 2 panggonan kang didunungi; kc. dunung.

padupan: kn. wadhah (anglo) pangobongan dupa.

paduraksa, padurêksa: êngg. ak. pojoking omah kang jaba.

padusan: kn. 1 (pasiraman ki) papan (sêndhang lsp) kang dianggo adus; 2 dina ngarêpake pasa (padha adus, rêrêsik); kc. adus, dus.

paduwan: kn. kc. paduhan.

padon: I n. pabênan k. kc. padu. II kn: pojok.

padon-rêksa:(-rêsa) êngg. ak: pojoking omah kang jaba.

pados: k. golèk.

padwan: kw. padon.

padya: kw. ak. banyu, wisuhan.

padyut: kw. ak. obor, colok, diyan.

paja: ora [x]-[x] pc. ora ... babar pisan.

pajagan: n. pajagèn k. omah dianggo jaga.

pajagrama: êngg. ora paja-paja.

pajakrama: êngg. ora paja-paja.

pajal-ulihan: kn. ak. bali manèh (marang asale, panggonane).

pajalêran: k. palanangan.

pajamuka: kw. ora paja-paja.

(pajang): I di-[x] kn. dirêngga-rêngga (supaya katona asri); [x]-an: 1 rêrênggan (ing omah lsp); 2 êngg. ak. sênthong têngah (paturon); 3 (ut. pajang-pasisiran) ak. nglakoni ayahan nêgara mênyang sajabaning kutha. II (sapi) [x]-an êngg: sapi lanang kang dipurih nurunake; kc. wajang.

pajar: I (A) kn. 1 wayah bangun esuk; 2 êngg. padhang, rêsik; di-[x]-i êngg: dipadhangi. II êngg. k. kandha; dipun-[x]-i êngg. k: dikandhani; dipun-[x]-akên êngg. k: dikandhakake.

pajaratan: êngg. ak. kuburan.

pajar-jêro: (-gidib, -irêng) kn. wayah ngarêpake bangun esuk.

pajar-santun: êngg. k. padhang bulan.

pajar-sidik: kn. bangun esuk.

pajar-surya: êngg. k. padhang bulan.

pajatan: êngg. kn. kêndhurèn slamêtan ing desa.

pajêg: I kn. ak. 1 jêjêg; 2 ajêg; [x]-an êngg: tumpukan bantal (ing paturon, dianggo rêrênggan). II n. paos k: 1 dhuwit pundhutaning nêgara; 2 ak. dhuwit pasewaning lêmah kang kabayarake marang lurah patuh; [x] bumi(-sawah, -têgal, -desa): pajêg palêmahan (landrêntê); [x] pomahan: pajêging pakarangan kang didunungi; [x]-sirah(-kêpala): pajêging wong kang baku; di-[x]-i: dibayari pajêge. III di-[x]-i êngg. kn: diêkon ngênèni kang buruh nandur (kanthi bawon); [x]-an êngg: bawon marang wong kang buruh nandur.

pajêksan: kn. omah (kantor) jêksa.

pajêng: k. 1 payu; 2 êngg. payon; 3 êngg. payung; 4 êngg. paju.

pajêrat: êngg. kn. pacêklik, pailan.

paju: kn. wêsi (kayu) gèpèng dianggo mbiyak sigaring kayu; di-[x]: dibyarake nganggo paju.

pajung: kn. ar. iwak loh.

paju-pat:(-têlu) ak. maju-pat(-têlu).

pajut: kw. diyan, colok, pêpadhang.

padha: n. sami k. 1 tunggal (trêp) kaanane; 2 ([x] karo) ora beda karo; 3 kanggo panêrang [panê...]

--- 456 ---

[...rang]

nelakake akèh, up. padha mangan sêga: [x] dene n. sami dening k: 1 padha kaanane (bangête lsp) karo; 2 timbang, padha; [x] mayan êngg: dumadakan, ing nalika iku banjur; [x] sadhela n. sami sakêdhap k: sanalika iku uga; [x] sanalika(-sakala br): ing nalika iku uga; pêpadha n. sêsami k: kang padha karo (pangkate, kaanane, uripe); [x]-[x]: 1 ora ana bedane (kacèke); 2 timbang, padha wangsulane (kaanane lsp); di-[x]: digawe padha karo; dipadhani: 1 dikêmbari padha karo; 2 ak. ditimbangi, ditandhing;ditandhingi. dipadhakake: dianggêp (diarani, digawe) padha karo, diupamakake padha karo (kaya); kc. kêpadhan.

padhahi ~ paguyon.

padhahi: kw. ak. têtabuhan gamêlan.

padhak: I êngg. kn. papan dianggo gawe uyah. II madhak kw: marak, nyêdhak; ing [x]-an ak: ing papan kang cêdhak (adhakan).

padhalangan: kn. kawruh (kagunan, crita lsp) kang gêgayutan karo dhalang ing wayang.

padhang: I kn. 1 ora pêtêng; 2 êngg. wis dibabadi (tmr. palêmahan); 3 ak. rêsik, tanpa was-sumêlang; 4 pc. têrang, cêtha (tmr. pangêrti, prakara, pandêlêng); 5 ([x] atine, [x] langite) ora sêdhih, katon sênêng; [x] bulan(-sasi) n. [x] wulan k: pinuju rêmbulan nêrangi alam; wêruh [x] hawa: lair (mêtu saka ing guwa-garba); pêpadhang: apa-apa kang njalari padhang; di-[x]-i: disoroti supaya padhang; di-[x]-ake atine(-pikire): dilipur supaya mari susah, ditêrangake supaya mangêrti. II di-[x] êngg: dipangan; [x]-an êngg: panganan.

(padhar): di-[x] êngg. kn. dipepe ana ing sawah (tmr. pari kang mêntas diênèni).

padharan: ki. wêtêng.

padhas: kn. lêmah kang atos saèm. watu; [x] blêndhi, [x] kapur, [x] krokos, [x] pasir, [x] lêmpung: bngs. padhas sing êmpuk; [x] karang, [x] curi: padhas kang atos ing sêgara (pasisir, gunung).

padhas-pèrèng: êngg. pc: pamêtu mirunggan.

padhati: n. padhatos k. êngg. bngs. grobag.

padhawangan: kn. ak. bngs. bulus gêdhe: bêdhawangan.

padhe: tan [x] kw. ak. ora padha karo.

padhepokan: kw. papan patapan; kc. dhepok.

padhêk: êngg. kn. cêdhak.

padhêm: êngg. k. pati, mati; dipun-[x]-i êngg. k: dipatèni.

padhêpan: ing [x] êngg: ingarêpan.

padhêt: kn. têtêl bangêt (kaya upamane lêmah diênêt-ênêt).

padhidhing: kn. ak. mangsa adhêm; kc. bêdhidhing.

padhiyan: kn. ak. bêdhiyang.

padhilan: sapi [x] êngg. sapi pajangan.

padhung: êngg. kn. bngs. dhingklik kayu.

padho: kn. layar ngarêp kang kapindho (prau layar).

padhola mangambak-ambak: kw. orêg gonjing (tmr. bumi).

pae: êngg. ak. beda, seje; ora(tan) [x] ak: ora beda.

paedah: kn. piguna; maedahi: migunani, ana gunane.

(paeka): di-[x](-ni) kn. diapusi (dipialani) sarana krenah; paekan ak: krenah, rêrekan dianggo mialani.

paelan: êngg. kn. pacêklik (larang pangan).

(paèlu): di-[x] kn. digatèkake, diturut.

paèran: kw. padusan.

paès: (ut. pêpaès) kn. ak. 1 rêrênggan; 2 rêrênggan gambaran ing bathuk (tmr. pangantèn lsp); 3 macak (rambut ut. rai); 4 ent. samudana; di-[x]-i: 1 ak. dirêngga, dipacak; 2 dikêrik sinome lan alise, banjur dipidih diêtrapi cênthung (tmr. pangantèn wadon).

paèsan: I kn. 1 pacakaning bathuk kang dipaèsi; 2 (kaca [x]) ak. bngs. pangilon dianggo ngilo yèn pinuju dandan; kc. paès. II êngg. kn: maesan, maejan.

paèstrèn: kn. ak. sawah ing têpining kali; kc. pawèstri.

paethe: êngg. kn. pacêklik, larang pangan.

paewahan: k. ak. paowahan (owah-owahan).

paga: kn. saèm lincak. sungsun-sungsun dianggo wadhah abrag pawon.

pagajagan: kn. ak. kasar-kasaran, groboh.

pagajih: kn. ak. palêmahan walêd (saka ing kali).

pagadhean:(pagadhèn ak. ) n. pagantosan k. papan nampani barang kang digadhèkake.

pagagan:(pagagèn êngg. k) kn. palêmahan kang ditanduri pari gaga.

pagah: kw. panggah.

pagak: kn. ak. pogogan pang; kc. magak, pragak.

pagandhangan: êngg. kn. têmbang; kc. gandhang.

(pagang): di-[x] êngg. kn. diadhang.

pagas: ut. di-[x] kn. dipancas pucuke (tmr. pang lsp); [x] sarat br: ngiris gulu minangka tandha sêtya; [x]-an: pancasan.

pagègèran: kn. ak. dahuru, gègèr.

pagemu: êngg. ya gene, sêbab apa.

pagêblug: kn. ngungsum lêlara nular.

pagêdhongan: kn. 1 critaning dhalang nalikane wayange durung dipitongtonake; 2 ent. pêpakêm, paugêran.

pagêh: kw. panggah, kukuh, sêntosa.

pagêlaran: kn. paseban ing sitinggil.

pagêr: kn. 1 aling-aling ut. êlêt-êlêting pakarangan (têtanduran lsp); 2 ([x] gêdhèg) gêdhèg dianggo mbrukuti omah; [x] bata (-banon k), [x] tembok: pagêr kang digawe bata; [x] wayang: pagêr ing padesan; [x] salira br: ora pasah ing gêgaman; [x] mangan tandur pr: dipracaya rumêksa, malah ngrusak (nganggo) rêrêksane; ungak-ungak [x] arang pr: nêdya njajagi kapintêran ut. kasugihaning liyan; kêpêngkok [x] suru pr: kêna ing rêribêd ut. pakewuh; ngrusak [x] ayu pr: ndhêmêni bojoning liyan; di-[x]-i: dipasangi (ditrapi, dialing-alingi) ing pagêr; kc. magêr.

pagêring: kn. ak. pagêblug.

pagir: êngg. kn. gigiring gunung.

paguyuban: êngg. kn. pirukunan, pakumpulan.

paguyon: n. pagujêngan k. ak. gêguyon; kc. guyu.

--- 457 ---

pagulingan ~ pak.

pagulingan: kw. paturon.

pagunêman: n. paginêman k. gunêman, pacalathon; kc. gunêm.

pagunungan: n. parêdèn k. palêmahan kang akèh gununge.

pagupon: kn. ak. gupon (omah dara).

paguron: kn. 1 piwulang (babagan kasampurnaning urip); 2 panggonaning guru; kc. guru.

pagustèn: êngg. kn. sêsêbutaning bupati ngamanca; kc. gusti.

pagut: I kw. têmpuk, pêthuk, têmpuh; 2 êngg. tumêka ing umur sêlapan dina (tmr. tandur, winih pari); di-[x] kw: ditêmpuh, dipêthuk(-ake); kc. magut.

pago: êngg. kn. bngs. dhingklik.

(pagol): di-[x]-i kn. diêgol-êgoli (dialang-alangi, diênggrêg-ênggrêgi) lakune; di-[x]-ake: dikênakake ing apa-apa supaya ora mlèsèd (ora têrus lakune); [x]-an: apa-apa kang magoli (ent. alangan, rêribêd).

pagon: kn. 1 êngg. têtêp, kukuh, kêncêng; 2 ak. sanggan (ganjêl) kang kukuh; di-[x]-i êngg: ditêtêpake, disanggêmi; kc. magon.

pagongan: kn. ak. papan gamêlan (nalikane ditabuh); kc. gong.

pagowong: kn. pêtêng ing wayah awan (marga grahana).

pagriyan: k. ak. pomahan.

pahal: êngg. ak. pagawean, panguripan.

pahala: kw. piguna, paedah, ganjaran.

paham: êngg. pc. 1 ngêrti bangêt marang salah sawijining bab; 2 panêmu, pangêrti; di-[x]-ake êngg. pc. dingêrtèkake têmênan.

pahambanan: kw . pangabdi, pangawula; kc. hamba.

(pahat): I di-[x] êngg. kn. didèrès, ditêrês dijupuk banyune (tmr. oyod lsp). II di-[x] kn: dipupulake dadi barang cuwèr (tmr. uwab, gawe lênga wangi); [x]-an: olèh-olèhane mahat, wis dipahat.

pahêman: kw. 1 pirêmbugan; 2 gêgolonganing wong kang padha awèh rêmbug.

pahim: êngg. k. paham.

pahyas: kw. paès.

pahuman: kw. 1 sanggar palanggatan; 2 pakumpulan.

pai: êngg. pc. beda; kc. pae.

(paibên): k. paido.

paidah: kn. ak. piguna; kc. paedah.

(paido): di-[x] n. dipunpaibên k: 1 ora diandêl (kandhane, omonge); 2 êngg. pc. disrêngêni, disalahake.

paidon: kn. (pa-)kêcohan ki. wadhah idu; kc. idu.

paila: êngg. kn. pacêklik (larang pangan).

pailan: kn. ak. pacêklik (larang pangan).

pailit: pc. jatuh (tmr. dêdagangan lsp).

paimpunan: kw. paklumpukan; kc. impun.

paing: kn. ar. dina pasaran kang kalima.

paingan: êngg. kn. têrang bangêt, mêsthi.

pait: I kn. 1 rasa kaya dene rasaning bratawali; 2 ar. inuman kêras (jênèwêr); 3 ([x] wèwèh) ora loma, angèl dijêjaluki; 4 pc. ora enak, ora nyênêngake. II di-[x]-i kn: dipawiti (diwènèhi pawitan); [x]-an: pawitan.

pait-juruh: (-gula, -kilang, -madu) kn. lêgi (manis) bangêt.

pait-gêtir: kn. ak. rêkasa, kangelan (prakara sing ora nyênêngake).

paya: I kw. sarana; di-[x] ak: digolèki; kc. upaya. II (S) kw. ak: banyu.

payadan: kn. ak. pawadan.

payah: êngg. kn. 1 salah, kêsêl bangêt; 2 pc. rêkasa, angèl.

payang: kn. 1 (jaring [x]) bngs. jaring gêdhe; 2 (prau [x], payangan ar. prau rada gêdhe dianggo misaya iwak ana ing sêgara; kc. mayang.

payu: I n. pajêng k. 1 wis dituku (ent. wis ana kang gêlêm ngêpèk bojo tmr. prawan); 2 diêdol kanthi rêga ...; 3 kêna dilirokake (ditukokake) tmr. dhuwit; 4 pc. akèh kang nggugu (ngandêl, nganggo lsp) tmr. rêmbug, panêmu; dipayokake: diêdol, diijolake supaya payu (tmr. dhuwit palsu); kc. payon. II di-[x] n. dipunpajêng k. êngg: ditrapi payon; kc. payon.

payudan: kw. papêrangan; kc. yuda.

payudara: kw. susu.

(payung): di-[x]-ake kn. ak. rada didhoyongake; kc. mayug.

payun: kw. ak. payon.

payunan: êngg. ak. bandulan; kc. iyun, yun.

payung: kn. songsong ki. eyub-eyub udan (panas) kêna diêgarake lan diingkupake; di-[x]-i: diaubi ing payung; 2 diayomi, dijangkung; [x]-an: 1 (ut. pêpayungan) nganggo payung; 2 motha diemba payung dianggo anjlog saka ing balon lsp.

payung agung: kn. payung gêdhe nganggo dikrodhongi ing jingga lsp. (klêbu upacara).

payung bèbèk: kn. eyub-eyub kang digawe blarak diênam kawangun bundêr mawa cagak siji.

payung kalong: (-lawa, -motha) kn. payung kang digawe bngs. motha (lumrahe irêng).

payung sungsun: kn. payung kang sungsun têlu ut. luwih (klêbu upacara).

payung cina: kn. payung kang digawe dluwang dilapis ing bngs. lênga.

payus: kn. pucêt kurang caya.

payo: êngg. ak. ayo!; mèlu [x]-[x] pc: mung mèlu ombyak ing akèh; nèk ana [x]-[x] pc: nèk ana apa-apa.

payodara: (S) kw. susu.

payoman: kw. 1 papan kang eyub; 2 pangayoman, pangauban.

payon: I n. pajêngan k. dagangane payu; kc. payu. II kn: krakab tutuping omah (kang digawe atêp, gêndhèng lsp); kc. payu.

payowaha: (S) kw. ak. mêndhung

pak: I pc. 1 bapa, bapak; 2 panyêluk marang wong lanang kang rada asor pangkate; [x] gêdhe êngg. 1 êmbah lanang; 2 uwa lanang; [x] cilik ([x] alit k): paman; [x] tuwa ([x] sêpuh k) êngg: uwa lanang. II di-[x] kn: 1 diêpuk-êpuk, ditêpak- [ditêpak...]

--- 458 ---

[...-] têpak; 2 dirèmèhake, diina; kc. pak-pak. III pc: buntêlan, bêngkêkan dhus lsp; di-[x](-i): dibuntêli, dibêngkêki (tmr. dhus lsp). IV ([x] apyun, [x] gadhe) kn. ak: majêgi marang nêgara supaya kêna adol apyun ut. bukak gadhean; di-[x]: 1 dipajêki; 2 ditêbas, diborong.

pakabaran ~ pakra.

pakabaran: kn. pawarta; kc. kabar.

pakah: kn. mawa pang ut. cawang (tmr. lajêring wit); kc. makah.

pakakas: kn. ak. piranti-piranti; kc. bêkakas.

pakakèn: kn. 1 ak. sikilan diyan ut. lilin; 2 ukuran dawa wêwaton kaki; kc. kaki.

pakal: I êngg. kn. dhêmpul, kruwing lsp. kang dianggo nyumpêt bolongan (rênggangan) ing prau; di-[x] êngg: disumpêt (didhêmpul, dikruwing). II êngg. kn: panggaotan, pagawean.

pakan:(-an) kn. 1 pangan ut. ingon (tmr. kewan); 2 apa-apa sing dilêbokake ing (gêni, gilingan lsp); 3 kang dipasangake supaya dipangan (tmr. pancing lsp); 4 kang dianggo isèn-isèn malang (tmr. tênunan, nam-naman); di-[x]-i: 1 diwènèhi pakan, diingoni; 2 dilêboni pakan; dipakakake: 1 diwènèhake supaya dipangan; 2 dilêbokake ing (gêni, tênunan, nam-naman).

pakang: êngg. kn. pang gêdhe.

pakangkang: pating [x] kn. ak. padha tiba pating gloso.

pakangsal: k. ak. pakolèh.

pakaulan: kn. papan dianggo ngluwari ujar (kaul).

pakardi, pakaryan, pakarti: kw. panggawe, pagawean.

pakarangan: (pakawisan êngg. k. ) kn. pomahan, palêmahan kang diênggoni.

pakarêman: kn. kang dikarêmi bangêt; kc. karêm.

pakatul: kn. ak. (bê-)katul.

pakathik: êngg. kn. batur (tukang nuntun jaran).

(pake): dipakèhi kn. 1 ditrapi abah-abah (tmr. jaran); 2 pc. diênggoni; [x]-an (pakeyan): 1 sandhangan cara Eropah (clana karo jas); 2 abah-abah jaran.

pakèhan, pakeyan: kn. (ing) kumpulan wong akèh.

(pakèkèh): di-[x]-ake kn. dijangkahake nisih (tmr. sikil); kc. pèkèh.

pakèl: I kn. 1 bngs. pêlêm; 2 êngg. pêlêm ênom. II êngg. kn: kèlèk.

pakeling: kw. eling.

pakèn: k. pakon.

(pakèngkèng): di-[x]-ake kn. ak. dibênggang sikile.

pakering: kn. ak. ering, wêdi urmat; di-[x]-i ak: diwêdèni, dieringi.

pakewuh: n. pakèwêd k. 1 rêribêd, alangan: 2 apa-apa sing njalari rêkasa (kangelan); 3 nandhang ribêd, ewuhaya; 4 nandhang kangelan (rêkasa); di-[x]-i: diribêdi, dialang-alangi; kc. ewuh.

pakêbonan: kn. palêmahan jêmbar ditanduri wit-witan.

pakêh: kw. ak. paku, ugêr-ugêr.

pakêkêran: kn. ak. papan kang disinggêt (dikêkêr); kc. kêkêr.

pakêm: kn. layang wêwaton (crita padhalangan, anggêr-anggêr lsp); di-[x]-i: dicathêti (didadèkake wêwaton); kc. makêm.

pakên: êngg. k. paku.

pakêna: kw. ak. piranti, sarana.

pakênira: kn. ak. kowe (ratu marang kawula), kowe (basa kêdhaton).

pakênêng: pating [x] kn. padha kêncêng otote; kc. bêkênêng.

pakêpêl: êngg. ak. (panganan lsp) pawèwèh marang dhêdhuwuran (ing nalikane slamêtan desa lsp).

pakêrti: kw. 1 panggawe, pagawean; 2 watak.

pakêcapan: kn. caraning ngucapake wanda ut. têmbung.

pakêcohan: ki. paidon.

pak gadhe: êngg. kn. pagadhean.

pak glèdhèg: êngg. kn. bngs. grobag.

pakhis, pakès: (W) êngg. pc. gudhang uyah.

pakinangan: kn. wadhah kinang.

pakir: kn. pandhita ngêmis; kc. fakir, pêkir.

pakis: kn. ar. têtuwuhan.

pakis-aji: kn. ar. têtuwuhan bangsa pakis.

pakiwan: kn. panguyuhan (W. C. ).

pakiwèn: êngg. k. pakuwon.

paklaring: n. paklantun k. êngg. layang katêrangan.

paklèkèk: kn. ak. pajêg nyêmbêlèh rajakaya.

paku: kn. bngs. pantèk ut. sindik cilik kang digawe wêsi ut. kuningan, dene arane; [x] jamur, [x] idêp, [x] kêling, [x] rèng lsp; di-[x], dipakoni: dipantèk nganggo paku.

pakuburan: kn. jaratan; kc. kubur.

pakudhung: kn. ak. layang turunan piagêm, pêpancasing pangadilan lsp.

pakulèn: kn. sawah darbèking desa (umum); kc. kuli.

pakundhèn: kn. panggonan gawe grabah; kc. kundhi.

pakuncèn: kn. omahe (panggonane) juru-kunci.

pakungkung,: [x] kn. padha sumèlèh mbêngkêluk gêgêre.

pakupon: pc. gupon.

pakurmatan: kn. pratandhaning ngajèni (ngurmati); kc. kurmat.

pakuwon: êngg. ak. 1 palêrêban ing sawêtara mangsa; 2 omah ut. palêmahaning kuwu (lurah desa); kc. kuwu.

pakojan: kn. kampung koja.

pakolèh: (pakolih êngg) n. pikantuk k. 1 ak. olèh, entuk; 2 oleh-olehan, katêmahane; 3 ana gunane, bisa olèh; 4 mapan bangêt. cocog (pantês); kc. olèh.

pakon: n pakèn k. dhawuh ki. pituduh supaya nindakake; kc. akon, kon.

pakongkong: pating [x] kn. padha linggih (ngadêg) mbêngkuk.

pakopèn: kn. kêbon (tanduran) kopi.

(pak-pak): di-[x] kn. 1 ditêpak-têpak (êndhase); 2 dirèmèhake, jina.

pak-pakan: pc. lurahing palanyahan; kc. bapak, pak.

pakra: ora [x] pc. ora mèmpêr (aji, -apik).

--- 459 ---

paksa ~ palilah.

paksa: I kn. ak. panjilat; kc. pêksa. II (S) kw. ak: paro, sisih, iringan, swiwi; cs. 2.

paksama: (upaksama) kw. ak. pangapura.

paksi: I êngg. k. ak. manuk. II (upaksa) kw. ak; wêruh.

pak siyêr: êngg. kn. bngs. dhokar.

pakta: êngg. kn. uwa (lanang).

pal: I di-[x] kn. 1 ak. diwêca (sarana petungan kêrtu lsp); 2 pc. dipêthèk, mêsthi ora bisa, diina. II kn: ukuran dawa (1507 m).

pala: I (S) kw. 1 woh; 2 ent. piguna, pakolèh, lêlabuhan. II kn: ar. woh sarta wite (dianggo bumbon crakèn). III di-[x] kn. ak: digitiki, digêbugi.

palabuhan: kn. papan kang dianggo labuh prau.

pladèn: kn. tukang ngladèni (ing nalikane pista lsp).

paladhu, paladho: êngg. kn. 1 mangsa ungsum banjir; 2 mangsa rêrêgan mudhun; kc. ladhu.

palagan: kw. papêrangan; kc. laga.

palagara: êngg. ak. pawèwèh marang lurah (dhêdhuwuran) ing nalikane mantu lsp.

pala-gumantung: (-kirna) kn. woh-wohan kang gumandhul ing wit.

palairan: kn. ak. cathêtan bab lair.

palak, palakiyah: (ngèlmu [x]) ngèlmu palintangan.

palakarta: kw. ak. rampung.

palakêrti: kw. prabot-prabot, uba-rampe.

pala-kêpêndhêm: kn. wowohan sing kêpêndhêm ing lêmah (tela lsp).

pala-kêsimpar: kn. wowohan kang wite rumambat (bêsusu, timun lsp).

(palaki): dipalakèkake kn. ak. dilakèkake (diomah-omahake).

palakitri: kn. ak. woh ut. têtanduran ing pakarangan.

palaku: I êngg. ak. 1 gêbayan ing desa; 2 wong kang dianggo kongkonan; 3 opahane wong kang dikongkon. II (n. palampah k) kw: panjaluk; kc. laku.

pala-krama: (-krami) kw. 1 pakurmatan, taklim; 2 bêbojoan, rabi (laki).

palal: (A) kn. ak. kamurahan ut. sih (ing Allah).

palamarta: kw. wêlas-asih bêbudène.

palambang: kn. ak. pralambang.

palana: kn. ak; lapak gajah.

palanangan: n. pajalêran k. kalam ki. wêwadining wong lanang.

palandan: n. palandèn k. ak. palêmahan; kc. landa.

palandang: êngg. kn. juru ladèn pangantèn (ut. nayuban).

palang: kn. 1 kayu (pring lsp) kang malang; 2 (ut. palangan) ak. peranganing krêtêg (kursi lsp) kang dianggo cêkêlan ut. lendheyan tangan; 3 (ut. pêpalang, palangan) ak. alangan, rêribêd; 4 êngg. ak. sêsêbutaning glondhong (lurahing lurah); 5 êngg. sêsêbutaning pulisi desa; di-[x]-i: 1 dipasangi (didèkèki, ditrapi) palang; 2 ak. dicandhêt, dipênggak; di-[x]-ake ak: dialangake; kc. alang, malang, kêpalang.

palanggaran: kn. babagan nêrak anggêr-anggêr; kc. langgar.

palanggatan: kw. sênthong (pamujan lsp).

palaur: kn. ak. plaur.

palapuran: kn. 1 katêrangan katur marang pulisi (panggêdhe); 2 andharan (cathêtan) prakara kang dirêmbug (ing pakumpulan lsp); 3 katêrangan bab wêwijangan panganggoning dhuwit lsp; kc. lapur.

(palar): di-[x] êngg. ak. 1 dijupuk sarta dianggo (tmr. wiji); 2 dijaluk; di-[x]-i ak: dijaluki tulung.

palar-pinulir: kn. ak. tulung-tinulung.

palara-lara: kn. ak; 1 para nyai isih ênom (ing kraton); 2 sêlir kang durung diningkah.

palarapan: kw. bathuk; kc. larap.

palarasan: kw. (lunga) dhêdhêmitan; kc. laras.

palastra: kw. mati.

palastha, palêstha: kw. 1 rampung; 2 êntèk.

palacidra: kw. ora tuhu, cidra.

pala-wija: I kn. 1 tanêm-tuwuh kang ditandur ing sawah (têgal) saliyane pari; 2 ak. pisungsung marang ratu wujud wowohan, têtuwuhan, bêkakak, sajèn lsp. II kn: abdi-dalêm kalangênan wujud wong-wong kang cacad. kyt. picak, bucu, bêngkuk lsp.

paljayan: êngg. kn. palonthèn.

lalèlèrpalèlèr. : êngg. ak. pawèwèh marang batur wujud sandhangan.

palèn: êngg. kn. bakul(-an) klithikan.

palèran: kn. 1 ak. lêlapisan kang jumèrèng; 2 êngg. leleran (sawah kang wis kari nanduri); kc. lèr.

palèrènan: n. pakèndêlan k. papan kang dianggo lèrèn; kc. lèrèn.

palêm: (W) kn. 1 ar. têtuwuhan ut. wit bngs. krambil kang cilik-cilik dianggo tamanan; 2 ak. 1 dm.

palêmahan: n. pasitèn k. 1 (wujud, jinis) lêmah; 2 êngg. pakarangan, lêmah kang jêmbar; kc. lêmah.

palêng: êngg. kn. lara ngêlu.

palênggahan: k. palinggihan.

palêson: kn. ak. papan dianggo ngaso (têturon); kc. lêso, lêson.

palêstrèn: kn. ak. paèstrèn.

palêstha: kw. 1 rampung; 2 êntèk.

pali, pêpali: kn. ak. larangan (pêpacuh) saka wong tuwa-tuwa turun-tumurun; jarit [x]: jarit lurik ciyut corake malang sok dianggo sarat sarana ut. uba-rampening sasrahan.

palibaya: kw. sanak (uga dianggo atêgês kowe).

palih: k. paro.

palihan, paliyan: sêdulur [x] ak. sêdulur tunggal susu.

(palihara): di-[x] kw. ak. disikara, diganggu, ditêmpuh.

paliyas:(-an) kw. panulak.

palikrama: kw. pakurmatan, taklim; kc. palakrama.

palilah: kn. idin.

--- 460 ---

paliman ~ pambêdhil.

paliman: br. pangapura; kc. alim.

palimarma, palimirma: kw. sih kawêlasan, wêlas marang; di-[x]: diwêlasi, dipurih bêcik; kc. pirma.

palimêngan: kw. pêpêtêng, papan kang pêtêng; kc. limêng.

palimunan: kw. pangilangan, ora katon.

palindhukan: kn. ak; papan pandhêlikan; kc. lindhuk.

palindhungan: kn. ak; pangungsèn, pangayoman.

palintangan: kn. (ngèlmu [x]) kawruh babagan lintang-lintang.

paling: êngg. kn. pangling.

palinggihan: kn. papan kang dianggo linggih.

(palir): di-[x] kn. dikêruk (didokoki cluwokan) nggalur; [x](-an): lêgokan dawa, cluwokan dawa.

paliran: êngg. kn. dalan cilik.

paliwara: 1 kw. pawongan, cèthi; 2 kw. kongkonan, pawarta; 3 êngg. ak. kongkonan, pulisi.

palyas: kw. panulak; kc. paliyas(-an).

palu: kn. gandhèn wêsi (pukul bêsi); tapak [x]-ning pandhe br: gêgaman; di-[x]: dithuthuk ing palu;palon: kang wis (ênggone) malu.

palud: kn. bngs. kayu gabus.

palujêngan: êngg. k. basuki.

palugon: 1 kw. pêrang, papêrangan; 2 kn. ar. têmbang têngahan.

paluh: êngg. kn. blêthokan, jêblongan; [x]-an êngg. palêmahan walêd (ing pasisir).

palulusan: kn. ak; palilah; kc. lulus.

palung: kn. ar. iwak sêgara; cangkêm [x] ks: drêmba, dhêmên mêmangan.

palungan: n. pakesahan k. ak. lungan, lêlungan; kc. lunga.

palungguh: n. palênggah k. ak. (sang [x]) pandhita, ajar.

palungguhan: n. palênggahan k. êngg. palinggihan.

palupi: kw. 1 pola, tuladha; 2 layang, tulisan.

palupu: kw. ak. kidung, rêrêpèn.

paluruhan: êngg. kn. pawuhan.

paluwanu, palowanu: kw. dhampar.

paloncèngan: kn. jagragan (mênara lsp) panggonan loncèng.

palonthèn: kn. panggonan lonthe.

palsu: (ut. palson) kn. dudu sing tulèn (lmr. tmr. dhuwit); di-[x]: dilironi (disêdul lsp) kang tiron.

palwa: kw. prau.

palwaga: kw. kêthèk.

palwa-udara: kn. ak. kapal mabur.

pama: pc. upama.

pamade: I k. ak. pangêdol. II (ut. pamadya) kw: panêngah; kc. madya.

pamajêgan: n. pamaosan k. ak. palêmahan kang disewa (dipajêgi); kc. pajêg.

pamajikan: êngg. kn. lêlurah (kang mènèhi pagawean).

pamagangan: kn. 1 êngg. papan pêtêmpukaning wong dol-tinuku (ing pinggir dalan); 2 pasebaning para magang (ing kraton).

(pamah): di-[x] kn. digilut ki. ak. dimamah; kc. mamah.

pamahatan: kn. piranti (tukang) mahat.

pamahyan: kw. wêtuning (-ginêm lsp); kc. wahya.

pamayangan: êngg. kn. bngs. prau dianggo misaya iwak ing sêgara; kc. payang.

pamayung: kn. ak. tukang mayungi (nggawa payung).

pamalêm: kn. ak. pawèwèh saka bêkêl marang lurah patuh ing mangsa pasa.

pamalês: kn. ênggone malês, wêwalês; kc. walês.

pamali: kn. ak. pêpali; kc. pali.

pamalik rai: kn. ak; bngs. pajêg (pawèwèh) marang wong kang nyewakake lêmah ing nalikane ana owah-owahan.

pamaling: n. pamandung k. ak. prakara colong-jupuk.

paman: kn. 1 êngg. adhining bapa ut. biyung (pak cilik); 2 ak. panyêbut marang wong kang rada asor pangkate sarta umur-umurane satêngah umur.

pamanah:(-an) k. pamikir.

pamanjang: k. pandakwa.

pamancak: jago(jaran) [x]. jago (jaran) kang dipurih turune.

pamancal: kn. ak; dhuwit kawènèhake marang wong wadon nalikane arêp dipêgat; kc. pacal.

pamancana: kw. panggodha, pangrenah; kc. bancana.

pamangan: n. panêdha k. ênggone mangan; kc. pangan.

pamanggih: k. panêmu.

pamara: kn. 1 ênggone mara (mbage); 2 cacah kang dianggo mara; kc. para.

pamardi: kn. ênggone mardi, panggulawênthah; kc. pardi, pêrdi.

pamarentah: kn. kang marentah nêgara, gupêrmèn.

pamarsudi: kn. pangudi.

pamarta: kw. kang agawe rahayu slamêt (Sang Kristus).

pamasa, pamase: kw. ratu.

pamasaran: kw. ak. kuburan.

pamatungan: êngg. kn. patikèn (pacandon); kc. patung.

pamawang: kn. ak. pamikir, pangira; kc. wawang.

pamawas: kn. pandêlêng, panêmu; kc. wawas.

pambage: kn. ênggone mbage; kc. bage.

pambagya: kw. 1 pambage; 2 ênggone mbagèkake, pakurmatan.

pambayun: kw. 1 pambarêp; 2 susu.

pambalang: kn. 1 ênggone mbalang; 2 (sa-[x]) dohe padha karo tibaning watu kang dibalangake.

pambadharan: kn. ak; pabeyan (ing plabuhan).

pambantu: kn. wong kang (ut. ênggone) mbantu.

pambaon: kn. kayu palang panggantungan layar (ing prau); kc. bau.

pambarêp: n. pambajêng k. kang dhisik dhewe (ênggone lair).

pambêdhil: kn. 1 anggone mbêdhil; 2 (sa-[x]) dohe padha karo tibaning mimis kang dibêdhilake.

--- 461 ---

pambêkan ~ pamulang.

pambêkan: kn. 1 watak, bêbudèn; 2 êngg. umuk, sêngguh; kc. ambêk.

pambêkta: k. panggawa.

pambêlah: kn. tukang mêlahi, tukang nyabrangake; kc. bêlah.

pambêng: k. alangan; dipun-[x]-i k: 1 dialang-alangi; 2 dipalangi; [x]-an k: 1 alangan; 2 êngg. lagi nggarap sari.

pambêsmèn: k. pangobongan.

pambêsmi: k. pangobong.

pambudi: kn. 1 pangêrti, bêbudèn; 2 ênggone ngudi; kc. budi.

pambuntut, pambontot: êngg. kn. wuragil; kc. buntut, bontot.

pamburi: n. pawingking k. 1 ak. kang dumunung ing buri (rada asor pêpangkatane); 2 ([x]-ne) têmahane, kang bakal kêlakon ing têmbe; kc. buri.

pambuwangan: n. pambucalan k. 1 papan dianggo mbuwang rêrêgêd lsp; 2 pawuhan; 3 papan dianggo ngukum wong kang dibuwang; kc. buwang.

pamedan: kw. palataran, alun-alun.

pamèk: kn. golèk; kakehan [x] pc: kakehan lêlewa (panjaluk).

pamemean: êngg. pamepean kn. papan lsp. kang dianggo mepe; kc. pe, pepe.

pamèr: kn. mitongtonake (ngumukake) kabagusane ut. barang panganggone; di-[x]-i: dituduhi barang lsp. kang bêcik (anèh); di-[x]-ake: dipitongtonake (diumukake) marang; [x]-an: apa-apa kang dipamèrake, sandhangan kang dianggo yèn pinuju ana gawe.

pamèsêm: kn. ak; èsêm.

pamètan: êngg. kn. ilèn-ilèn banyu.

pamêdal: k. pamêtu.

pamêgat: kn. ak. (layang [x]) layang pêgat (talak).

pamêkak: kn. ak. 1 ênggone mêkak; 2 bngs. sabuk dianggo ningsêtake bangkekan; kc. pêkak.

pamêkas: kn. ak. 1 (ut. pamêling) wêlingan, wêkasan; 2 kang kari (ênom) dhewe; kc. wêkas.

pamêksa: kn. (layang [x]) layang mratelakake kudu mbayar pajêg; kc. pêksa.

pamêksi, pamêsi: kn. dhuwit kawènèhake marang wong kang duwe hak lêmah (ut. desa) supaya olèh wêwênang nganggo palêmahan mau.

pamêlikan: kn. lêmah kang didhudhuki dijupuki pêlikane; kc. pêlik.

pamêncana: kw. panggodha.

pamênthangan: kn. 1 pring ut. kayu kang dianggo mênthang; 2 salib; kc. pênthang.

pamênggak: kn. larangan; kc. pênggak.

pamêngkang: kn. 1 ak. lêlowahan, antara; 2 êngg. pakarangan kang ditanduri; 3 dalan ing kiwa têngêne sitinggil; kc. wêngkang.

pamêngku: kn. kasabaran; kc. wêngku.

pamêsthi:(-an) kn. ak. bagean, buruhan (opahan); kc. pêsthi.

pamêtara: n. pamêtawis k. pangira-ira; kc. watara.

pamêtêngan: êngg. kn. ak. jaga malêm, pulisi; kc. pêtêng.

pamêtu: n. pamêdal k (pamijil, pamiyos k. ak): 1 wulu wêtuning palêmahan; 2 dhuwit olèh-olèhane nyambut-gawe; kc. wêtu.

pami: k. pc. upami.

pamiarsa: kw. pangrungu; kc. piarsa.

pamidikan: kw. langgar, papan sêmadi; kc. padik, widik.

pamijèn: kn. kang dipiji ut. dipijèkake kanggo; kc. piji.

pamidhangan: I kw. pundhak.

pamidhangêt: ki. ak. pangrungu.

pamiyara: êngg. kn. babagan miyara raja kaya lsp; kc. piyara.

pamikara: kw. tindak sawênang-wênang; kc. wikara.

pamikir: n. pamanah n. panggalih k. 1 panêmu, pikiran; 2 pangrêmbug marang; kc. pikir.

pamilang: n. pamical k. ênggone ngetung (milang); kc. wilang.

pamili: (W) êngg. pc. kula-warga, kadang.

pamilih: kn. ênggone milih; kc. pilih.

pamiluta: kw. pambujuk, têmbung manis; kc. pilut, piluta.

paminangkêrti: kw. cinthung, tênung; kc. pinangkêrti.

pamindhah: êngg. k. pamêgat; kc. pindhah.

paminta: kw. panjaluk; kc. pinta.

paminggir: kw. klangênan (sêlir); kc. pinggir.

pamipitan: kn. piranti dianggo mipit (gawe lênga kacang lsp); kc. pipit.

pamirasa: n. pamiraos k. ak. ênggone nggothak-gathukake surasa; kc. wirasa.

pamirêng: k. pangrungu.

pamirma: kn. ak. ênggone nggumatèni (wêlas, owêl lsp) marang; kc. pirma.

pamirsa: kn. ak. pandêlêng, kawruh; kc. pirsa.

pamit: kn. 1 palilah (arêp lunga, mulih, ora mlêbu nyambut gawe lsp); 2 njaluk palilah arêp mulih, lsp; di-[x]-i: dijaluki palilah arêp pisah (lunga, nglowongi pagawean lsp); di-[x]-ake: dijalukake pamit marang; [x]-an: 1 njaluk pamit marang; 2 padha pamit arêp pêpisahan.

pamitran: kn. 1 têtêpungan, kêkancan; 2 pc. kanca; kc. mitra.

pamicara: kn. 1 têtêmbungan, gunêm; 2 ênggone pintêr gêgunêman; kc. wicara.

pamicis: kn. (mantri [x]) priyayi kapatah nglumpukake (nariki) pajêg.

pamiwal:. 1 kw. luwar, uwal; 2 kn. ak. dhuwit kawènèhake marang wong lanang supaya gêlêma awèh layang pêgat; kc. wiwal.

pamlukon: kn. ak. kang dianggo mluku; kc. wluku.

pamuja: kn. ak. sêmbahyang marang dewa; kc. puja.

pamujan: kn. papan dianggo mêmuja (sêmbahyang); kc. puja.

pamuji: kn. 1 pandonga; 2 pangarêp-arêp supaya slamêt lsp; kc. puji.

pamuk: kw. 1 ênggone ngamuk; 2 gêgêdhuging prajurit; kc. amuk.

pamulang: kn. ak. cara lsp. ênggone mulang; kc. wulang.

--- 462 ---

pamulangan ~ panas-jêro.

pamulangan: kn. papan dianggo mêmulang, sêkolahan; kc. wulang.

pamulasara: kn. cara lsp. ênggone mulasara; kc. pulasara.

pamulu: kw. wujuding praèn.

pamungkas: kw. kang pungkasan; kc. pungkas.

pamupu: kn. ak. cara lsp. ênggone mupu; kc. pupu.

pamuragil: kw. wuragil.

pamurih: kn. ak. pamrih, mangudi supaya; kc. purih.

pamurung: kn. ak. sarana kang dianggo murungake; kc. wurung.

pamursita, pamuwus: kw. gunêm, têtêmbungan; kc. wursita, wuwus.

pamutihan: n. pamêthakan k. 1 panggonane tukang mutih (ngumbahi); 2 kampung padunungane para ngulama Islam; kc. putih.

pamoyok: kn. ak. pêpoyok.

pamondhokan: kn. papan dianggo mondhok (numpang, nginêp); kc. pondhok.

pamong: kn. ak. wong kang ngêmong; kc. mong.

pamor:. 1 kw. campuran, ênggone amor, nunggal dadi siji; 2 waja putih kang digêmblèng ing kêris, tumbak lsp. mujudake gêgambaran warna-warna; pêcah [x]-e pc: wis wiwit diwasa (tmr. bocah lanang ut. wadon); kc. wor.

pamotan, pamomotan: kn. ak. papan dianggo momot, momotan; kc. momot.

pamotong: (pajêg [x]) kn. pajêg nyêmbêlèh rajakaya; kc. potong.

pampêt: kn. wis mari mili (tmr. gêtih); di-[x]: ditutup (dibuntu) supaya ora mili.

pampus: kn. ak. bngs. sêpatu tanpa tungkakan.

pamprang: kn. ak. iwak loh.

pamrayoga: n. pamrayogi k. pitutur (rêmbug) murih prayogane.

pamrih: kn. 1 tujuan (karêp) murih ...; 2 kamelikan.

pamwit: kw. ak. pamit.

pan: I kw. 1 jêr; 2 rak; 3 ananging. II wis [x] êngg: 1 wis ana; 2 wis mangêrti. III (W) kn: panggorengan kuwih ut. roti; di-[x]: digaringake ing pan.

pana: kw. 1 ilang, êntèk, putus; 2 uwal saka bêbandaning badan (pancadriya); 3 têrang pangêrtine, putus pamawase; 4 pc. pintêr bangêt.

panabda: kw. gunêm, clathune; kc. sabda.

panabur, panambur: kn. ak. mimis cilik-cilik.

panadaran: kn. ak. dianggo ngluwari nadar (kaul).

panajung:(-an) kn. ak. ar. pangkating priyayi kang sawahe sajung.

panagan: êngg. kn. tumpukan pari ing sawah (kang mêntas diênèni).

panagihan: kn. ak. layang lsp. mratelakake nagih utang lsp.

panah: n. jêmparing k. ar. gêgaman mawa bedhor dilêpasake sarana gêndhewa; di-[x]: dilêpasi panah; [x]-an: 1 (n. jêmparingan k) lêlangên kasukan panah; 2 kn. ar. manuk.

panaiban: kn. ak. omah (padunungane) naib.

panayagan: êngg. kn. niyaga.

panakawan: kn. abdi pandhèrèk; kc. parêpat.

panakrama: kw. pakurmatan, pambage slamêt.

panaksi: êngg. kn. dhuwit saksi.

panalawe: kn. ak. ar. pangkating priyayi rèrèhane salawe.

panalika: kw. pandêlêng, pamandêng; kc. talika.

panambang: kn. wanda kang kawuwuhake ing lingganing têmbung, kyt: -an, -i, -ake; kc. tambang.

panambangan: kn. papan ut. prau dianggo nambangake; kc. tambang.

panambeyan, panampeyan: êngg. k. kowe; kc. sampeyan.

panambur: kn. 1 tukang nabuh tambur, 2 ak. mimis cilik-cilik.

panampa: n. panampi k. 1 ênggone nampa; 2 ak. opahan ênggone mupu pajêg; 3 panêmu, pangrasa (sawise dikandhani lsp); kc. tampa.

panampan: kn. 1 ak. bngs. talam (tembor) wadhah sandhangan kang arêp dianggo; 2 êngg. dina padusan (ngarêpake pasa).

panandhon: I kn. ak. tukang mikul tandhu. II kn. ak. sawah pasangoning putrining ratu kang ditrimakake.

panantang: kn. layang lsp. mratelakake nantang; kc. tantang.

panancang: kn. ak. cara lsp. ênggone nancang, apa-apa kang dianggo nancang; kc. cancang.

panancangan: kn. cagak lsp. dianggo nancang; kc. cancang.

pananggalan: kn. 1 almênak; 2 ak. (dibayar) sabên sasi; 3 êngg. dhuwit kang kawènèhake marang wong kang dilindhungi (sabên sasi); kc. tanggal.

pananggap: kn. 1 èmpèring pêndhapa; 2 ak. juru mupu pajêg; 3 dhuwit opahing mupu pajêg; kc. tanggap.

pananggung: n. pananggêl k. ênggone nanggung, wong kang nanggung; kc. tanggung.

panangkilan: kw. papan palênggahaning ratu kang sinewaka; kc. tangkil.

panarik: kn. ênggone narik (pajêg lsp); kc. tarik.

panarima: n. panarimah k. panuwun ki. rasa ngrumangsani (ngakoni) kabêcikan ut. kaluhuraning liyan; kc. trima.

panas: n. bêntèr k. 1 kb. adhêm; 2 lara awake krasa sumlêngêt; 3 ak. njalari cilaka (tmr. pakarangan, omah lsp); 4 ([x] atine) muring lan mèri marang liyan; pêpanas: dhedhe, dolanan lsp. ana ing papan kang panas; di-[x]-i: digênèni lsp. supaya panas; 2 dijaili (dinêpsoni) marga kêmèrèn; di-[x]-ake: disèlèhake ana ing papan kang panas, didadèkake panas; [x]-an: 1 papan kang panas; 2 sênêng manasi liyan.

panasar:. 1 ki. susur; 2 kn. ar. canthing dianggo nembok bathikan.

panasaran: kn. kawruh (ngèlmu, agama) kang ora nyata; kc. sasar.

panasbaran, panasbranan: kn. ak. brangasan, nêpson, panastèn.

panas-jêro: n. (-lêbêt k): lara panas nanging awake ora krasa panas (tipês).

--- 463 ---

panas-pêrih ~ panjêr.

panas-pêrih: kn. rêkasa lan kangèlan (susah).

panastèn: kn. ak. sênêng panasi liyan marga kêmèrèn; di-[x]-i ak: dipanasi.

panastis: kn. lara kadhêmên banjur panas (Malariah).

panata: kn. ak; 1 cara lsp. ênggone nata; 2 wong kang nata; kc. tata.

panataran: kn. ak. unggah-unggahan, undhak-undhakan; kc. plataran, tatar, patar.

panatas tali: kn. ak. dhuwit pituwas dibayarake nalika tuku omah lsp; kc. tatas.

panatus: êngg. kn. lurah desa.

panacad: kn. panyedha; kc. cacad.

panacahan: kn. ak; 1 cara (srana lsp) ênggone nacahake (ngetung); 2 piranti dianggo nacah; kc. cacah.

panawa: kn. ak. panawar; kc. tawa.

panawar: kn. sarana dianggo nawar wisa lsp; kc. tawar.

panawèn: (sa-) kn. sakojong (tmr. bêras).

pandadar: kn. 1 panyoba nyumurupi murni lan orane (nglèlèr êmas lsp); 2 (ut. pandadaran) ak. èksamên; [x]-an: piranti (watu) dianggo nglèlèr mas lsp; kc. dadar.

pandaya: kw. 1 juru misaya iwak; 2 piranti.

pandak: pc. (ora [x]) (ora) bêtah, (ora) bisa tahan.

pandakwa: kn. patrap (têtêmbungan lsp) ndakwa marang; kc. dakwa.

pandam: kw. pêpadhang, diyan.

pandamêl: k. panggawe.

pandamêlan: k. panggawean.

pandangon: I kn. minggu kang suwene 9 dina. II ki: pitakon.

pandarakan: kw. wong asor; kc. padarakan.

pandawa: n. pamanjang k. ujur, sisih kang dawa.

pandêk: êngg. kn. 1 têtêp; 2 kuli kang têtêp ngladèni prabot desa; kc. pandak.

pandêl: (W) kn. bngs. gêndera.

pandêlar: kn. ak. ajug-ajug lilin.

pandêlêng: n. paningal k. 1 kang dianggo ndêdêlêng (mata); 2 (sa-[x]) dohe padha karo dohe barang kang didêlêng nganti lamat-lamat; kc. dêlêng.

pandêlik: pating [x], [x]-an kn. matane padha diwêngakake amba, di-[x]-i: dipanthêlêngi.

pandêlo: pating [x] kn. matane padha katon amba kaya mêtu.

(pandêng): di-[x] kn. didêlêng mripate ora kêdhèp-kèdhèp; [x]-an: 1 ak. apa-apa kang dipandêng (marga bêcik lsp); 2 ent. tujuan, ênêr; 3 êngg. kang diincêng, sipatan, sawangan; 4 êngg. ak. papan dianggo mapanake raja-kaya (dijaga aja nganti ucul).

pandêpun: kn. plipidan ing pinggir.

pandika: kw. têtêmbungan, gunêm; kc. andika.

pandirang: pating [x],, [x]-an kn. matane julalatan marga kagèt lsp.

panduk: kw. tanduk (tumindaking pakaryan), cak-cakan; di-[x] kw: kêna ing, ditamani; kc. tanduk.

panduka: êngg: paduka.

pandulu: kw. pandêlêng.

pandum: kn. 1 bagean; 2 br. pêpêsthèn (bêgja-cilaka); di-[x] ak: diêdum, dibage; di-[x]-i ak: diwènèhi bagean; [x]-an ak: bagean; kc. dum.

pandunungan: êngg. bêndara, lêlurah; kc. dunungan.

pandung: k. 1 ak. pangling; 2 maling.

pandom:(-an) kn. piranti dianggo nyumurupi keblat; kc. dom.

pandon: kw. 1 tanduk, cak-cakane; 2 panglantih; 3 wasana, pungkasan; kc. don.

pandonga: kn. pamuji supaya slamêt lsp; kc. donga.

pandriya: kw. ati, panca-driya.

panja:. 1 kn. têkênan dianggo gawe cluwokan kang arêp diisèni wiji (jagung lsp); 2 k. ak: jalu; di-[x]: 1 dicluwoki nganggo panja; 2 êngg. diêlih saka pawinihan (tmr. wiji pari); 3 pc. dipialani; kc. tanja.

panjajap: êngg. kn. ar. prau cilik.

panjaga: kn. 1 wong kang jaga; 2 patrap lsp. ênggone njaga.

panjait: êngg. kn. grêji.

panjak: êngg. wk. 1 anthèk ing pandhe; 2 niyaga.

panjalin: n. panjatos k. ar. têtuwuhan wite digawe dandanan warna-warna.

panjalma: kn. ênggone manjalma dadi manungsa, sipat wêwujudan manungsa kadadean saka lêlêmbut lsp; kc. jalma.

panjaluk: n. panêdha k. 1 (panyuwun ki) kang dijaluk, patrap lsp. ênggone njaluk; 2 kang kudu ditêtêpi; kc. jaluk.

panjang: I k. dawa. II (-giri, -piring, -putra, -watu) kn: ar. piring gêdhe.

panjangan: êngg. kn. punjungan.

panjang-ilang: kn. janur diênam diwangun kaya panjang.

panjang kidung: br. (dadi-) misuwur, dadi ojating akèh.

panjangka: kn. kang dijangka; kc. jangka.

panjara: (S) kw. kunjara, bluwi; di-[x] kw: dikunjara.

panjarwa: kw. makna, têgês; kc. jarwa.

panjatos: k. panjalin.

panjawat: kn. 1 ak. wulu ing suwiwi kang pinggir; 2 prajurit ing barisan kang pinggir; kc. jawat.

panjêl: êngg. kn. banjêl.

panjêlut: pating [x] kn. krasa kaya dipuntir-puntir wêtênge.

panjênêngan:. 1 ki. têkên; 2 ([x] dalêm, [x] sampeyan) ki. kowe; 3 pêpangkatan kang luhur, paprentahan (pamarentah).

panjêr: I di-[x] kn. 1 diêdêgake (ditancêbake) bae (tmr. gêndera, tumbak lsp); 2 diulukake banjur dipanthêng bae (tmr. layangan); 3 ora dipatèni (tmr. diyan, ting lsp); [x]-an bêndera: garan gêndera; diyan [x]-an: diyan kang ora tahu dipatèni (tansah diurubake). II kn: dhuwit kang dianggo pakêncênging têtuku (sadurunge dibayar sah); di-[x]-i: diwènèhi panjêr; kc. manjêr. [manjêr...]

--- 464 ---

[....]

panjêr-esuk ~ panêmbung.

panjêr-esuk: n. (-enjing k): ar. lintang kang katon ing wayah esuk.

panjêr-sore: n. (-sontên k): ar. lintang kang katon ing wayah sore.

panji: 1 kw. gêndera; 2 kn. ar. sêsêbutaning darahing ratu; 3 kn. ar. pangkat (lêlurahing prajurit); 4 kn. ak. ar. pangkat saèm. wêdana.

panjidhur: kn. jidhur.

panji-klanthung: pc. wong kang nganggur.

panjilma: kn. ganti wujud, panjalma.

panjing: kw. anggone manjing; kc. anjing, manjing.

panji-panji: kn. ar. clana (irêng ut. biru) ing dhêngkul nganggo bênik.

panjudhi, panjodhi: êngg. kn. wong kang pinracaya (nampani dhayoh lsp).

panjul: êngg. kn. lêlurah, jêjênggul.

panjunan, panjonan: êngg. kn. palonthèn.

panjurung: kn. 1 pamuji, pandonga; 2 sumbangan; kc. jurung.

panjut, panjuta: kw. pêpadhang, diyan.

panjutu, panjoto: pating [x] kn. padha katon abuh mlêmpung.

panjuwalan: kn. papan dianggo adol candu ut. uyah.

panjor: kw. dhêdhasaring wêwaton.

panjorangan: êngg. kn. ugal-ugalan.

panjoto: kn. kc. panjutu.

panjrah: kw. sumêbar wrata; kc. jrah.

pandhadha: kn. anak kang katêlu.

pandhak: kn. ak. cebol.

pandhalungan: kn. ak. gunêman ora karuwan unggah-ungguhe; kc. gêndhalungan.

pandhan: kn. ar. têtuwuhan wite saèm. nanas.

pandhapa: kn. omah ingarêp kang lumrah adhapur limasan.

pandhapi: k. ak. pandhapa.

pandhara: êngg. kn. bêndara.

pandharat: êngg. ak. 1 kêndharat, tampar; 2 juru ladèn; kc. kêndharat.

pandhatos: k. êngg. 1 cikar; 2 dhokar; kc. pêdhati.

pandhe: kn. tukang gawe dandanan wêsi; di-[x]: digêmblèng.

pandhega: 1 kw. lêlurah, pangarêp; 2 kn. ak. panjak, anthèking pandhe; 3 kn. ak. punggawa prau; dipandhegani kw: dipanggêdhèni, dikêpalani.

pandhekar: kw. wong kang pintêr ulah gêgaman (pêdhang lsp).

pandhèrèk: kn. pangiring, wong kang ndhèrèkake.

pandhêdhêpan: kn. papan kang diênggo ndhêdhêpi; kc. dhêdhêp.

pandhêdhêran: kn. papan dianggo ndhêdhêr wiji.

pandhêkêl: pating [x] kn. krasa kaya ana kang ngganjêl (ing gulu lsp).

pandhêlikan: kn. papan dianggo ndhêlik.

pandhêlis, pandhêlus: pating [x] kn. padha katon mêncungul sarta katon gilap.

pandhêlong: mak [x] kn. ak. sanalika kêndho (tmr. tali lsp).

(pandhêm): di-[x] kw. dibandhêm.

pandhêmèn: (W) kn. bêbatur ut. têtalêsing omah kang dipêndhêm.

pandhês: kn. (dikêthok, ditêgor) nganti têkan ing dhasare, (dicukur) nganti mêpêt bangêt.

(pandhi): di-[x] kn. ak. dipanggul kasèndhèkake ing pundhak (tmr. gada lsp).

pandhik: kn. ak. ar. piranti dianggo misaya iwak.

pandhikil: pating [x] kn. padha mbrênjul cilik-cilik.

(pandhing): di-[x](-i) êngg. kn. ditandhing(-i).

pandhiran: êngg. kn. omong-omongan.

pandhisil, pandhèsèl: pating [x] kn. padha mbrênjul mêtu.

pandhita: (S). 1 kw. wong kang putus ing kawruh; 2 wong ahli tapa, guru ngèlmu kasampurnan; 3 kn. ngulama Kristên Protèstan; [x] êndhog(antêlu) pr: wong kang sumuci-suci.

pandhuk: I kn. 1 ak. pêthukan, kêtêmu; 2 êngg. têpung manèh (mari sulaya). II (ut. [x]-an) kn: tanpa nganggo tambahan (tmr. liron), tanpa tukon ut. pawèwèh liyane (tmr. jêjodhoan).

pandhukul, pandhokol: pating [x] kn. padha pating brênjul.

pandhulus: pating [x] kn. saèm. pandhêlis nanging luwih gêdhe.

pandhusul, pandhosol: pating [x] kn. padha katon mbrênjul sêmu mêtu.

(pandhuwur: n. panginggil k) sa-[x]; kabèh kang kawêngku ing golongan ing dhuwur; di-[x]-ake: diunggahake, diingsêr luwih dhuwur tinimbang maune.

(pandho): mandho kn. mulungake tangan karo pisan kaya patrake wong arêp nênampani.

pandhoga: kn. woh pandhan.

pandhok: êngg. pc. ênggon, padunungan kang têtêp; kc. andhok.

pandhosa: kw. bandhosa.

pane: êngg. kn. layah, lèmpèr.

(panèk): di-[x] êngg. kn. dipènèk.

panèkêt: kn. ak. ar. pangkating priyayi.

panèn: kn. (mangsa) ngundhuh pari; [x] mata pc: mung bisa nyawang (ndêlêng) bae.

panèwu: kn. 1 ar. pangkat kang rada dhuwur; 2 ak. asistèn-wadana.

panêdah: k. panuduh.

panêdya: kw. sêdya, niyat.

panêdha: k. 1 panjaluk; 2 pamangan; 3 ak. panarima.

panêgar: kn. tukang ngajari jaran tunggangan; kc. têgar.

panêkar: kn. ak. gêbayan, pulisi ngiras kêpala kampung.

panêkuk: I kn. ênggone nêkuk; kc. têkuk. II (W) kn: ar. kuwih (roti).

panêksi: êngg. kn. dhuwit saksi; kc. saksi, sêksi.

panêlah: kw. jênêng, aran; kc. têlah.

panêlawe: kn. ak. ar. pangkat.

panêluhan: kn. ak. donga ut. kawruh bab têluh.

panêmbahan: kn. ak. sêsêbutaning wong luhur (pandhita, tilas ratu).

panêmbangan têbu: kn. ak. mangsa ngrêmbang têbu; kc. têmbang.

panêmbung: kn. 1 ak. panjaluk; 2 ar. pêprincèning gamêlan; kc. têmbung.

--- 465 ---

panêmbrama ~ pantang.

panêmbrama: kn. têmbang dianggo mbagèkake ut. ngurmati; di-[x]: dikurmati (dibagèkake) sarana têmbang.

panêmu: n. pamanggih k. 1 rêrekan olèh-olèhane nggagas (mikir); 2 gagasan, angên-angên; 3 pangira; kc. têmu.

panêngah: kn. ak. (anak) kang têngah dhewe.

panêngên: kn. 1 kang kagolong ing sisih têngên; 2 ent. piwulang ngèlmu lsp. kang bênêr; kc. têngên.

panêngêran: kw. 1 têtêngêr, tandha; 2 unyêng-unyêngan; 3 jênêng; kc. têngêr.

panênggah:(-an) kw. jênêng, sêsêbutan.

panênggak: ki. panggulu; kc. tênggak.

panênggèk, panênggik: kn. ak. pacêklik.

panêpèn: kn. ak. papan dianggo nênêpi (sêmadi lsp); kc. sêpi.

panêrus: kn. 1 pungkasan ut. sambunganing êmpyak (payon); 2 (bonang [x], gêndèr [x], saron [x]) bonang gêndèr, saron rangkêpan (larase luwih cilik tinimbang sisihane); kc. têrus.

panêrpas: pc. panêmu; kc. têrpas.

panhis: êngg. pc. pagadhean.

pani: I kn. piranti dianggo ngulur lawe ing panênunan. II (S) kw. ak: tangan.

panibasampir: kw. pawèwèh pangantèn lanang marang pangantèn wadon.

panida: kw. ênjêt.

paniganan: kn. ak. wadhah kinang; kc. nigan.

panil: (W) kn. ar. peranganing lawang.

panili: (W) kn. ar. têtuwuhan kang wohe arum bangêt ambune.

panimbal: kn. palu kang kapindho; kc. timbal.

panimpang: êngg. kn. blumbang dianggo ngingu iwak, tambak.

panindak: kn. ênggone nindakake (ngêcakake); kc. tindak.

panindhês: kn. ênggone nindhês (siya-siya marang); kc. tindhês.

paninisan: kn. ak. papan dianggo ngisis; kc. ninis.

paningal: k. pandêlêng.

paningalan: ki. ak. pangilon.

paningrat: kw. èmpèr; kc. panirat.

paningron: kn. ar. dina paringkêlan kang kalima.

paningsêt: 1 ki. sabuk; 2 kn. pawèwèhe calon pangantèn lanang marang calon pangantèn wadon minangka pakêncêng; kc. singsêt.

panirat: kn. ak. èmpèr.

panitah: kw. ênggone nitahake; kc. titah.

paniti: I (-priksa) kn. ênggone niti-priksa; [x] petung: ênggone nggênahake panganggone dhuwit. II kn: bngs. dom nganggo rêrênggan dianggo nangkêpake blêdhèhan klambi (tmr. wong wadon).

panitih: kn. ak. kang ana ing dhuwur dhewe, kang nunggang; kc. titih.

panitisan: kn. 1 cithakan gula krambil (arèn); 2 ngèlmu lsp. bab nitis (urip manèh angslup marang wong lsp); 3 pangincêngan ing bêdhil; kc. titis.

panitra, panyitra: kn. juru nyathêti, sèkrêtaris.

panitya: kn. komisi (ing pakumpulan).

panicil: kn. ênggone nicil; kc. cicil.

panithikan: kn. ak. watu dianggo gawe gêni; kc. thithik.

panu: kn. ar. lêlaraning kulit wujud putih-putih pating blêntong.

panuduh: kn. 1 ak. kang nuduhake, ênggone nuduhake; 2 (driji [x]) driji kang kapindho saka ing jêmpol; kc. tuduh.

panuju: kn. ak. 1 ênggone nuju; 2 cocoging ati; 3 pinuju; kc. tuju.

panujuman: kn. ngèlmu pêthèk sarana lintang lsp.

panuhun: kn. ak. panarima.

panukang: êngg. kn. wong desa kang tampa ayahan ana ing prabot desa lsp.

panuku: n. panumbas k. dhuwit kang dianggo tuku.

panukma, panuksma: kw. titisan; kc. sukma.

panulad: kn. ak. caraning nulad; kc. tulad.

panulak: kn. sarana ut. cara ênggone nulak; kc. tulak.

panuli: kn. piranti dianggo nyungging.

panulisan: n. panyêratan k. (meja [x]) meja piranti dianggo nulis.

panumbak: kn. 1 ênggone numbak; 2 prajurit kang nggawa tumbak.

panunu: kw. pangobong; kc. tunu.

panunuk:,pating [x] êngg. pc. katon pating pathuthuk.

panuntun: kn. 1 caraning nuntun (nuduhake); 2 wong kang nuntun, pangarêping pakumpulan ut. pêrgêrakan; kc. tuntun.

panunggalane: n. panunggilanipun k. kang tunggal (sajinis) kaanane; kc. tunggal.

Panunggal Suci: kn. Roti tanpa ragi kang wis malih dadi date slira Dalêm Sang Kristus (Agama Katulik).

panunggul: kn. 1 (driji [x]) driji kang têngah; 2 intên kang ditrap ing têngah (tmr. ali-ali lsp); 3 ki. kuluk; 4 ar. laras ing gamêlan.

panungkul: kn. ak. caraning nungkul (têluk), pisungsung tandha yèn wis têluk; kc. tungkul.

panutan: kn. 1 panuntuning agama kang diênut (Nabi); 2 kang diturut, pangarêp; 3 ak. anak pèk-pèkan (dianggo sarat supaya bisa duwe anak dhewe).

panutup: kn. kang dianggo nutup (pungkasan), pungkasaning wawasan lsp; kc. tutup.

panutur: kw. dêdalan, sarana.

panuwun: 1 kn. êngg. molo; 2 ak. panjaluk; 3 ki. panarima; kc. suwun.

panon: kn. ak. pandêlêng; kc. ton.

panontonan: kn. ak. papan dianggo mitongtonake ut. nonton; kc. tonton.

panongsong: kn. tukang nggawa payung (mayungi, tmr. para luhur).

panrima: n. panrimah k. panuwun ki. kc. panarima.

pansiyun: (W) kn. bayar minangka pituwasing lêlabuhan kang wis dilakoni; di-[x]: dibayar ora susah nyambut gawe.

pantaka: kw. pati, mati.

pantang: êngg. pc. larangan, sirikan.

--- 466 ---

pantara ~ pancongol.

pantara: kw. 1 (patawis k) wong kang nglantarake; 2 nganti, kongsi; kc. antara.

pantaran: kn. mèh padha umur-umurane (mèh barêng laire).

pantat: êngg. ks. jubur.

pante: kw. pasisir, pinggiring kali; kc. tambang.

pantèg: êngg. kn. wantèg.

pantèk: kn. sindik gêdhe dianggo ngêncêngake sambungan kayu lsp; di-[x]: ditrapi pantèk.

pantekostah: kn. riyaya tumurune Hyang Roh Suci (agama Kristên).

pantèn: kn. ak. 1 anggèr, thole; 2 kowe.

pantesawa: kw. bandosa.

pantêlung: kn. tumungkuling pang; di-[x]-ake: ditiyungake (tmr. pang).

pantês: 1 k. patut; 2 kn. ora nguciwani, wis prayoga (bêcik); 3 êngg. pc. layak bae, ora nggumunake yèn; di-[x] ak: digawe supaya pantês, dipatut.

panti: kw. omah panggonan.

pantis: êngg. kn. sob, surud (tmr. banyu).

pantun: k. pari.

pantog: kn. 1 anjog ing; 2 wis ora bisa têrus (tmr. mlaku lsp) pungkasan.

pantos:, botên [x] êngg. k. ora pati.

pantya: br. panti.

panca: (S) kw. lima.

pancabaya: kn. bêbaya warna-warna.

pancabakah: kw. pasulayan, kêrêngan.

(pancad): di-[x](-i) kn. 1 sikile ditapakake lan diênêtake (arêp mènèk); 2 ent. diwiwiti; [x]-an: 1 apa-apa kang dipancadi (untu andha, undhak-undhakan lsp); 2 kang minangka wiwitan (tmr. sinau, ngrênggêp pangkat lsp).

pancadriya: kn. 1 piranti ngrêrasakake ing angganing manungsa (pandêlêng, pangambu, pangrasa, pangrasa ilat, pangrungu); 2 kw. hardaning karêp marang rasa kawadhagan.

(pancah): di-[x](-i) kn. diwancahi.

(pancak): I di-[x] kn. 1 êngg. ditampani (ditadhahi); 2 êngg. ditêpak (tmr. walang lsp). II di-[x] kn. ak: dilakèni (tmr. raja-kaya).

pancaka: kw. pangobongan mayit.

panca-kaki: êngg. kn. pinituwa ing desa.

pancakan: êngg. kn. anyaran.

pancakara: kw. pêrang, kêrêngan.

pancak-suji: kn. pagêr kang digawe wêsi nganggo adêg-adêg bata.

pancal: I [x] donya kn. mati; di-[x]: 1 dijêjak lan diênêtake ngêgèt; 2 ak. dipêgat dening kang wadon sarana mènèhi dhuwit; kc. kêpancal, mancal. II kn: mawa ulês putih ing sikile (tmr. jaran lsp).

pancalang: kn. 1 ak. kongkonan kang ndhisiki laku; 2 êngg. ak. pulisi; kc. pacalang.

pancama: (S) kw. ak. kang kalima.

pancanaka: (S) kw. kuku lima.

pancaniti: kw. palênggahaning ratu yèn pinuju rêrêmbugan.

pancarian: êngg. pc. panggaotan, pagawean.

pancaruba, pancawora: kw. prahara, angin gêdhe.

(pancas): di-[x] kn. dikêthok mayat (tmr. pang lsp); di-[x]-i ak: dirampungi; [x]-an ak: putusan, katêtêpan, karampungan.

pancasuda: kn. ar. petungan pasatuan.

pancasona: kn. ar. aji-aji njalari luput ing pati.

pancawala: kw. bocah lêlima.

pancawara: kn. ar. japa-mantra dianggo nyranani murih enggale lairing jabang bayi lsp; di-[x]: didongani pancawara.

pancèn: kn. kc. panci.

pancèrèt:, pating [x] kn. katon gilap sumunar.

pancêd: kn. ak. ora owah-owah, wis têtêp; di-[x] ak: wis ditêtêpake (tmr. rêrêgan lsp).

(pancêlèk): di-[x]-ake kn. disilakake tutupe (tmr. palanangan lsp).

pancêngès, pancêngis:, mak [x] pc. dumadakan ngguyu mringis.

pancêr: kb. 1 lajêr, oyod lajêr; 2 ([x] lanang, [x] wadon) aluran turun saka (-lanang, -wadon); 3 kang dadi baku, undêraning prakara; 4 kang dadi ugêraning panuthuk (tmr. nabuh gamêlan); 5 ([x]e marang) ak. ênêre têrus marang; 6 (jênêng [x]) jênêng kang baku, jênêng miturut kulawargane; di-[x] ak: diincêng, diincêr.

pancêrêng:, pating [x] kn. padha pandêng-pandêngan matane katon sêrêng.

panci: I êngg. (ut. pancèn) kn. 1 bagean kang wis dipêsthi; 2 ak. pêpêsthèn (bêgja cilaka); 3 mula wis mêngkono, bênêre mula mêngkono; 4 wis sabênêre bae; 5 wis gênah, têtêp, têrang; di-[x]: ditêtêpake bageane (pangane, pamêtune lsp); dipancèni: dibubuhi, dipatah, dingèngèhi pangan lsp; dipancèkake: dipêsthèkake, dijagakake; pancèn: 1 (ut. [x]-e) bênêre kudu ...; 2 (ut. pêpancèn) wong kang dipatah nindakake pakaryan ana ing prabot desa lsp. II kn: bokor ut. kuwali wêsi dilapis email.

(pancik): di-[x]-i kn. ak. dianggo ngadêg; kc. ancik, mancik.

pancilak:, pating [x], [x]-an kn. matane katon mêncêrêng.

pancing: kn. ar. piranti misaya iwak wujud dom lsp. mbêngkuk dicancang ing kênur diolèhake walêsan; di-[x]: 1 diwisaya nganggo pancing (tmr. iwak); 2 pc. dijontrot, didolop.

pancingên: kn. lara ing gorokan yèn dianggo ngêngulu krasa slêngkring-slêngkring.

(pancud): di-[x] kn. ak. digawe sêmu lancip; kc. mancud.

pancuhan: êngg. kn. pathokan ing bêndungan.

panculat: kn. mlêtik mêncolot.

pancungul:, mak [x] kn. sanalika ngaton (êndhase, pucuke munggah).

(pancur): di-[x]-ake kn. ak. diilèkake mancur; kc. mancur, cur.

pancuran: kn. banyu kang mancur.

pancurat: kn. sumirating banyu.

(panco): di-[x] êngg. kn. diwaoni, diwancahi.

pancolot: kn. mlumpat ngêgèt.

pancono: pating [x] pc. padha mênyonyo ...

pancong: êngg. kn. bngs. cethok gêdhe garane cêndhak.

pancongol: kn. saèm. pancungul.

--- 467 ---

pancorong ~ Pangangsalan.

pancorong: kn. wêtuning pêpadhang (sorot).

pancorot: kn. wêtuning sorot.

pantha: ut. pêpanthan kn. 1 golongan; 2 grombolan; di-[x]: 1 (ut. di-[x]-[x]) dibage-bage gêgolongan; 2 (ut. di-[x] garwa) kw. dipèk bojo; pêpanthan: gêgolongan.

panthalèt, panthalit:, pating [x] kn. padha pêpulêtan.

(panthang): di-[x]-i êngg. pc. dilarangi.

panthangulan: kn. ak. ora duwe isin.

pantheyot-pantheyot, panthèyètan: êngg. pc. mlaku rêkasa bangêt dening kabotan gêgawan lsp.

panthelangan: kn. ak. ugal-ugalan.

panthèngèl: mak [x] kn. sanalika êndhase mêncungul.

panthêlêng: pating [x] kn. padha ngêngakake matane; di-[x]-i: dipandêng karo manthêlêng.

(panthêlèt): di-[x]-ake kn. dilêmpètake wêtênge.

(panthêng): di-[x] kn. êngg. ditarik kêncêng (tmr. tali lsp); kc. manthêng.

panthêngil: mak [x] kn. ak. sanalika mêncungul.

panthingil: pating [x] kn. padha katon mêtu (tmr. wiji lsp).

panthungul: kn. saèm. pancungul.

panthuran: êngg. kn. pancuran.

pantholos:, pating [x] kn. padha gundhul klimis.

panthongol: kn. saèm. pancongol.

panyaban: êngg. kn. panggonan dianggo sêsaba; kc. saba.

panyade: k. pangêdol.

panyadranan: kn. 1 kiriman kêmbang ing kuburan; 2 papan kang dianggo nyadran; kc. sadran.

panyak: pc. wiwit tumandang.

panyakit: kn. lêlara.

panyamah: kn. têtêmbungan lsp. kang ngasorake; kc. camah.

panyampah: kn. pêpoyok; kc. campah.

panyana: kn. gagasan, pangira; kc. nyana.

panyatur: n. panyantên k. ak. ênggone nggunêm (nyatur); kc. catur.

panyènyèh:, pating [x] pc. padha ngêmu banyu tmr. tatu, gudhig.

panyènyèngan: pc. gêmbèlèngan kurang ajar.

panyêkêl: n. panyêpêng k. cara lsp. ênggone nyêkêl; kc. cêkêl.

panyêlanan: kn. ak. kang dianggo sêla-sêla (lêt-lêt); kc. sêla.

panyêlak: k. panyêdhak.

panyêndhak: n. panyêlak k. alange, ukurane kang cêndhak.

panyinyang-panyinying: pc. rada jiguh, rada wêdi.

panyukuran: kn. (lading [x]) lading kang dianggo nyukur; kc. cukur.

panyumplêng: kn. ak. saèm. pajêg kêpala (pajêg omah).

panyuwun: ki. panjaluk.

panyonyo:, pating [x] pc. padha bênjut.

pang: kn. cawang ing wit.

pangabaran: kn. ak. aji kanggo mêpêr kadigdayaning mungsuh; kc. abar.

pangabdèn: kw. sajroning dadi abdi.

pangabêkti: kn. sêmbah sungkêm (pakurmatan).

pangadêg: kn. (sa-[x]) saanggon, saprangkat (tmr. panganggo); kc. adêg, dêdêg.

pangadilan: kn. 1 putusaning kukum; 2 bêbadan pagaweane mutusi prakara; kc. adil.

pangadolan: n. panyadean k. ak; papan dianggo adol; kc. adol, dol.

pangadon, pangaduan: n. pangabênan k. ak. papan diangggo adu-adu.

pangajaran: kn. ak. piwulang; kc. ajar.

pangajêng: k. pangarêp.

pangajêng-ajêng: k. pangarêp-arêp.

pangaji: I n. pangaos k. êngg. ênggone ngaji; kc. aji. II n. pangaos k. êngg: 1 aji; 2 rêga, rêrêgan; dipangajèni êngg. dirêgani; kc. aji.

pangagêm: ki. panganggo.

pangagêman: ki. panganggon.

pangagêng: k. panggêdhe.

pangayunan: kw. (ing) pangarêpan; kc. ayun.

pangayoman: kn. 1 ak. papan kang ayom, eyuban; 2 pitulungan sarta panjaga; 3 wong kang ngayomi; kc. ayom.

pangaksama: kè. pangapura.

pangala-ala: n. pangawon-awon k. gunêm ut. têtêmbungan ngala-ala marang liyan; kc. ala.

pangalapan: kn. ak. papan kang angkêr (lêlêmbute sok ngalap wong, kewan lsp).

pangalasan: kw. ar. pangkat abdi; kc. alas.

(pangalor: n. pangalèr k) sa-[x]: kabèh kang kalêbu ing sisih lor; di-[x]-ake: diingsêt (diêlih) mêngalor; kc. lor.

pangambu: n. pangambêt k. panca driya kang dianggo ngambu, cara lsp. êngone ngambu.

pangan: n. têdha k. dhahar ki. 1 rêjêki (sêga, lêlawuhan lsp); 2 ak. sêga; 3 pc. sarananing urip; 4 êngg. pc. bayar, pamêtu; di-[x]: 1 dilêbokake ing cangkêm banjur dimamah lan diulu; 2 ditrajang ing (gêni, ama lsp); 3 pc. dilêbokake ing ati (tmr. piwulang, lsp); 4 êntèk dianggo (dipigunakake; [x]-an n. têtêdhan k. dhaharan ki. 1 lêlawuhan; 2 kuwih-kuwih lsp.

pangandêl: kn. 1 êngg. ak. kapracayan, iman; 2 (kang dianggo) tanggungan; kc. andêl.

pangandika: ki. kandha, clathu; kc. andika.

panganjur: kw. pangarêp, panggêdhe.

panghandhap: k. pangisor.

panganiaya: kn. patrap lsp. ênggone nganiaya.

pangantèn: kn. wong kang lagi diningkahake (ditêmokake dadi jodho); [x]-an: 1 sih-sinihan; 2 dolanan cara pangantèn.

panganti-anti: n. pangantos-antos k. ak. (dadi) pangarêp-arêp, tansah diêntèni.

pangantyan: kw. pangantèn.

panganyang: n. pangawis k. (rêrêgan, patrap lsp) ênggone nganyang.

panganggo: n. pangangge k. pangagêm ki. 1 cara (patrap lsp) ing nganggo ut. migunakake; 2 sandhangan (êngg. uga rêrêngganing badan); kc. anggo, ênggo.

pangangguran: kn. 1 sajroning waktu nganggur; 2 pc. wong-wong kang padha nganggur (ora duwe pagawean); kc. anggur.

pangangsalan: êngg. k. Pêkalongan.

--- 468 ---

pangangson ~ panggang.

pangangson: kn. 1 papan kang diangsoni; 2 ent. kang dianggo pitakonan, kang diguroni (diangsu kawruhe); kc. angsu.

pangapêsan: kn. ak. cacad lsp. kang njalari apês.

pangapuntên: k. 1 pangapura; 2 êngg. êmbuh; kc. apuntên.

pangapura: n. pangapuntên k. lunase paukumaning panggawe ala (-dosa); kc. apura.

pangarah: n. pangangkah k. 1 niyat, sêdya; 2 pamrih arêp melik, panêmpuh ngarah; di-[x]: diudi supaya, dimelik (ditêmpuh arêp dimelik ...); kc. arah.

pangarak: kn. 1 ak. anggone ngarak, arak-arakan; 2 mata intên kang jèntrèk ngubêngi panunggul; kc. arak.

pangaran: kw. jênêng, aran; dadi pangaran-aran br: dadi ojating akèh, akèh wong kang ngarani ala. .

pangarang: kn. 1 wong kang ngarang; 2 cara (patrap lsp) ênggone ngarang; kc. karang.

pangarasan: ki. pipi; kc. aras.

pangarètan:, lading [x] ak. lading cilik dianggo ngêrik tulisan mangsèn.

pangarêm-arêm: kn. (sawah [x]) sawah digadhuhake bêkêl kang wis lèrèn (minangka pènsiun).

pangarêp: n. pangajêng k. kang ana ingarêp, panuntun; di-[x]-i: dituntun ing, dipanggêdhèni; di-[x]-ake ak: diajokake; kc. arêp.

pangarêp-arêp: n. pangajêng-ajêng k. kang diarêp-arêp; di-[x] ak: diarêp-arêp; kc. arêp.

pangargya: kw. pakurmatan.

pangaribawa: kw. prabawa, daya.

pangarih: kn. ak. wong wadon kang dadi kanthining pangantèn wadon; kc. arih.

pangaruh: kn. daya (pangawasa) kang ndayani.

pangaron: kn. kuwali gêdhe dianggo ngaru lsp.

pangarsa: kn. pangarêp, presidhèn.

pangarsa-arsa: kw. pangarêp-arêp.

pangasahan: kn. kang dianggo ngasah ut. ngasahi.

pangasih: kn. wiron jarit kang ana ing jêro (ingiringan).

pangasihan: kn. aji (donga lsp) supaya disihi; kc. asih.

panga(ng)silan: kn. pamêtu, olèh-olèhane nggaota; kc. asil.

pangason: kn. papan kang dianggo ngaso.

pangaturan: êngg. pc. tatanan, aturan.

pangastawa, pangastuti: kw. pamuji, pangalêm, pangabêkti.

pangawak: kn. mawa sipat wêwatakan, up. [x] setan.

pangawasa: kw. panguwasa.

pangawat: kn. ak. 1 panjawat; 2 pangirit.

pangawikan: kw. kawruh, sêsurupan.

pangawin:(-an) kn. ak. bngs. tumbak dianggo ngarak ut. ngiring.

pangawula:(n) kn. pangabdi marang; kc. kawula.

pangawon-awon: k. pangala-ala.

pangawruh: kn. ak. kawruh, sêsurupan.

pangde: kw. ak. panggawe.

pangèdhêpan: kw. aji kanggo nêlukake mungsuh; kc. èdhèp.

pangèksi: kw. pandêlêng.

pangeling-eling: n. pangèngêt-èngêt k. sarana lsp. kang dianggo ngeling-eling.

pangemut-emut: k. ak. pangeling-eling.

pangèmpêr: kn. ak. pêpadhan, têtimbangan; kc. èmpêr.

pangèn: k. pangon; [x]-an k: pangonan.

pangèngèran: kn. pangabdi marang; kc. ngèngèr.

pangeran: kn. 1 Gusti (panyêbut marang Allah); 2 ak. bêndara (panyêbut marang pandhita); 3 ([x] arya, [x] putra, [x] sêntaya)sêntana. sêsêbutaning darah luhur (putraning ratu, sêntana kang diangkat putra lsp). di-[x]: dipundhi-pundhi kaya dene Allah.

pangeran adipati arya: kn. sêsêbutaning Mangkunagaran lan Pakualaman.

pangeran adipati anom: kn. sêsêbutaning putrane ratu kang bakal gumanti nata.

pangeran pati: kn. kc. pangeran adipati anom.

pangeran angabèhi:(-bèhi) kn. sêsêbutaning putraning ratu kang sêpuh dhewe (miyos saka garwa ampeyan).

pangèstu: kn. bêrkah, pandonga.

pangetan: sa-[x] kn. kabèh kang kalêbu golongan wetan; di-[x]-ake: diingsêt (diêlih lsp) mêngetan; kc. wetan.

pangewan-ewan: kn. (dadi [x]) dadi akèh wong kang padha ewa.

pangêban: kn. pangayoman, pandhêlikan.

pangêbang: kn. ak. ganjaran kang bakal diwènèhake; kc. bang.

pangêdol: n. panyade k. ênggone adol, olèh-olèhane adol.

pangêla-êla: kn. patrap, têtêmbungan lsp. manis; kc. êla.

pangêlêt: êngg. ak. sewan.

pangêndhang: kn. niyaga kang nabuh kêndhang.

pangêpean: kn. ak. pamepean.

pangêrèn: kn. ak. papan kang akèh êrine.

pangêrêt: kn. ar. peranganing balungan omah wujud balok (kayu) pambêngganging cagak.

pangêrta: êngg. k. dhuwit.

pangêrti: n. pangêrtos k. pathining surasa (têgês); kc. êrti.

pangêcapan: kn. papan kang dianggo ngêcap.

panggah: êngg. kn. 1 kukuh sêntosa; 2 ora owah gingsir; di-[x]-i ak. dikukuhi, disêntosani.

panggayuh: kn. patrap lsp. ênggone nggayuh, apa-apa kang digayuh.

panggal:(-an) êngg. kn. gangsingan; [x]-an êngg: dolanan gangsingan; kc. kêpanggalan.

panggalih:(-an) ki. ati, pikir(-an); di-[x] ki: dipikir.

panggampe: êngg. kn. èmpèr (-tambêlan), omah cilik.

panggantungan: kn. papan ut. piranti kang dianggo ngukum gantung.

panggang: kn. kang diratêngi (diolah) sarana digaringake ing gêni, up. roti [x]; di-[x]: digarang, dipanasi (digaringake) sarana katumpangake ing gêni; [x]-an: 1 kang wis dipanggang, ênggone manggang; [mang...]

--- 469 ---

[...gang;] 2 pc. piranti dianggo manggang, garangan.

panggape ~ pangkêluk.

panggangpe: kn. èmpèr (-tambêlan), omah cilik.

panggaota:(-n) kn. pagawean, panggawean.

panggawa: n. pambêkta k. 1 patrap lsp. ênggone nggawa; 2 ([x] saka) wis gawan saka sabab dening dhasaring wêwatakan (kaanan); kc. gawa.

panggawangan: êngg. kn. gawangan (dianggo mbathik).

panggawe: n. pandamêl k. 1 cara lsp. ênggone gawe, patraping gawe; 2 ak. kalakuan, tindak-tanduk; 3 ak. srana ut. donga kanggo mialani liyan (gawe lara lsp; di-[x]: disranani (dimantrani lsp) supaya lara, edan lsp; kc. gawe.

panggawean: n. pandamêlan k. apa-apa kang ditindakake kanggo panggaotan; kc. gawe.

panggenan: k. panggonan.

panggèndèng: kn. (daya [x]) daya panarik; kc. gèndèng.

panggêdhe: n. pangagêng k. lêlurah, kang dadi pangarêp, dhêdhuwuran; dipanggêdhèni: dilurahi, dipangarêpi; kc. gêdhe.

panggêh: kw. panggah.

panggêl: kn. 1 cêndhak kaya gondhokên (tmr. gulu); 2 tangane diukêl banjur disawang (patraping jogèd).

panggêndèr: kn. niyaga kang nabuh gêndèr.

panggêng: êngg. kn. 1 ora owah gingsir; 2 lêstari (ora owah-owah); kc. langgêng.

panggêsangan: k. panguripan.

panggih: k. têmu; dipun [x] k: ditêmu.

panggil: I pêpanggil kn. ak. panjaluk (ing bocah wadon nalikane dilamar lsp). II (layang) [x]-an pc: (layang) pangundang.

panggilingan: kn. papan ut. piranti nggiling.

(panggya): kw. têmu.

panggugat: n. panggigat k. gugat, kêlah.

(pangguh): ke-[x] kw. kêtêmu.

(panggul): di-[x] kn. digawa katumpangake ing pundhak.

panggulawênthah: kn. cara ut. pratikêle nggula wênthah.

panggulu: kn. anak kang kapindho; kc. gulu.

panggung:(-an) kn. 1 omah kang dhuwur (nganggo lotèng); 2 mênara; 3 omah-omahan cagake dhuwur gladhage (jrambahe) ora kambah lêmah; 4 êngg. kêlir kang wis tinata dianggo wayangan; 5 êngg. gantangan manuk.

panggunggung: kn. 1 ak. pangalêm; 2 ênggone nggunggung; kc. gunggung.

panggok: I êngg. kn. gubug nganggo panggungan. II di-[x]-i pc: diênggrêg-ênggrêgi, dipagoli; kc. kêpanggok, manggok.

panggonan: n. panggènan k. papan, padunungan; kc. ênggon.

panggorèngan: kn. wajan lsp. dianggo nggêgorèng.

panggorohan:. 1 gunêman kang ora nyata, prakara kang ora nyata; 2 êngg. pc. gugun-tuhon;gugon-tuhon. kc. goroh.

panggorokan: kn. ak. (graji [x]) graji tanganan.

panggota:(-n) pc. panggaota(-n).

panggrajèn: kn. papan kang dianggo nggraji; kc. graji.

panggraita: kn. angên-angên; kc. graita.

panggrayang: kn. pangrasa nalika nggrayangi; [x]-an: 1 rasa (nalika digrayangi); 2 pandakwa ala; kc. grayang.

panggrêsah: kn. pasambat.

pangidul: sa-[x] kn. kabèh kang klêbu ing wêwêngkon kidul; di-[x]-ake: diingsêt (diêlih lsp) mêngidul.

pangidhupan: êngg. pc. panguripan.

pangilèn: I kn. ilèn-ilèn banyu; kc. ili, mili. II kn: pangungsèn; kc. ili, ngili. III k: pangulon; kc. kulon.

pangilon: kn. paningalan ki. kaca piranti dianggo ngilo.

pangimaman: kn. sênthongan ing mêsjid papane imam sêmbahyang.

pangimanan: pc. pangimaman.

pangimbaran: kn. papan sangarêping mimbar ing mêsjid.

pangimpèn: kn. (ing [x]) ing sajroning ngimpi.

panginang: sa-[x] kn. ak. sasuwene wong nginang.

pangindhung: kn. wong kang ngindhung ing pomahaning liyan lsp; kc. indhung.

panginêpan: n. panyipêngan k. omah (papan) dianggo nginêp; kc. inêp.

panginggil: k. pandhuwur.

pangirid: kn. 1 ak. kewan kang nggèrèd grobag lsp; 2 wong kang ngirid, panuntun;kc. irid.

pangirim: n. pangintun k. 1 wong kang kirim (ngirimake); 2 barang kang dikirimake; kc. kirim.

pangiring: kn. wong kang ngiring, abdi; kc. iring.

pangiritan: kn. mangsa lsp. ngirit (nggêmèni).

(pangisor: n. pangandhap k. ) sa-[x]: kabèh kang kalêbu golongan ingisor; di-[x]-ake: diudhunake; kc. sor.

pangiwa: kn. 1 kang kalêbu ing sisih kiwa; 2 kawruh lsp. kang nyimpang saka karsaning Allah; 3 êngg. gêbayan desa.

pangiwal: kn. pamancal.

(pangkal): di-[x]-i êngg. kn. dialang-alangi; [x]-an: 1 alangan; 2 êngg. babagan (saèm. palabuhan).

pangkarag: mak [x] kn. sanalika njêgrag wulune.

pangkat: I kn. 1 (ut. pêpangkatan ak) perangan, golongan; 2 kalungguhan, drajat; 3 kêlas; 4 (a-[x]) duwe kalungguhan ut. drajat; di-[x] ak: diwènèhi pangkat; di-[x]-[x] ak: diperang-perang pêpangkatan. II kn: 1 ênggone mangkat; 2 êngg. mangkat.

pangkat desa: êngg. prabot (punggawa) desa.

pangkèng: pangking (C) êngg. kn. sênthong paturon.

pangkêlang-pangkêlung: kn. ak. ora lêmês, atos.

pangkêluk: kn. plêngkungan (tmr. garis

--- 470 ---

lsp); pating [x]: padha mbêngkêluk; di-[x]-ake: dibêngkuk, dibêngkêlukake.

pangkêlung ~ pangowêl.

pangkêlung: kn. ak. pantêlung (ing pang lsp); di-[x]-ake ak: ditêlungake, dipantêlungake.

pangkêrêdan: kn. tansah mêngkêrêd.

pangkirig: mak [x] kn. sanalika njêgrik wulune (marga wêdi lsp).

pangkling: êngg. pc. pangling.

(pangku): di-[x] kn. 1 dilinggihake (disèlèhake) ana ing sadhuwuring pupu (ing nalikane linggih); 2 ak. dirèhake lan dikuwasani; 3 ak. disangga (dijaga) ing sakabutuhane, diajangi (tmr. wong duwe gawe mantu lsp); kc . mangku, pangkon.

(pangkuk): amangkuk kw. ak. ndhodhok.

(pangkul): di-[x] êngg. kn. dirangkul, digawa.

pangkur: kn. 1 ar. têmbang macapat; 2 ar. iwak sêgara.

pangkon: kn. 1 sadhuwuring pupu sakarone (tmr. wong linggih); 2 (sa-[x]) sarancak (tmr. gamêlan); 3 pc. patèn (...);Huruf Jawa: pangkon. kc. pangku.

pangkorog: mak [x] kn. sanalika njêgrag wulune.

(pangkring): di-[x] pc. diunggahake (diundhakake) rêgane; kc. plangkring.

panglah: kw. pasambat.

pang-lap: pc. landhêp (mandi) bangêt.

panglari: êngg. kn. blandar.

panglarisan: kn. ak. srana (sarat) njalari laris.

panglangkung: êngg. k. panglawe.

panglawe: kn. ak. ar. pangkating priyayi.

panglèkèk: êngg. kn. pajêg mragad raja-kaya; kc. klèkèk.

panglèlèran: kn. (watu [x]) watu dianggo nglèlèr mas.

panglêng: kw. panyawang marang.

panglima: kw. ak. senapati.

panglimunan: kn. aji murih bisa ngilang (pangilangan).

panglindhungan: kn. ak. pandhêlikan, pangauban, pangungsèn.

pangling: I kn. lali rupane (wujude); ora [x]: ngêrti têmênan marang, ora kêsamaran, isih kèlingan wujude (rupane); manglingi: njalari pangling. II kw: anggone clathu; kc. ling.

panglipur: kn. kang njalari lipuring ati.

pangliwêt: kn. 1 ak. ênggone ngliwêt; 2 (sa-[x]) ak. sasuwene wong ngliwêt; kc. liwêt.

pangluh: kw. pasambat; kc. angluh.

panglus: kn. ak. piranti dianggo ngêlus.

(pangloh, pangluh): di-[x] êngg. diundhamana.

panglong: kn. ora katon wutuh (tmr. rêmbulan).

pangloropan: kn. kang dianggo ngloropake; kc. lorop.

panglocita: kw. gagasan, pangrasaning ati.

pangu: sa-[x] kw. sadhela.

pangudakara: n. pangudakawis k. ak. pangira.

pangudarasa: n. pangudaraos k. kw. gagasan, pangrasaning ati.

pangudasmara: kw. gagasan, pangrasaning ati.

pangukan: êngg. kn. pangungakan; kc. ungak.

pangukuman: kn. ak. piranti ut. panggonan dianggo ngukum.

pangul: kn. pongol, watu ut. karang kang mongol.

pangulu: I kn. 1 ([x]-ning agama) pangarêping agama, imam; 2 panggêdhening punggawa mêsjid; 3 ([x] landrat) warganing pangadilan landrat kang binubuhan nyumpah lsp. II kn. ak: anggone ngulu; kc. ulu.

pangulu banyu: êngg. ak. ulu-ulu.

pangulon: I kn. omah ut. kantoraning pangulu. II n. pangilèn k. sa-[x]: kabèh kang kalêbu wêwêngkon ing kulon; di-[x]-ake: diingsêt (diêlih lsp) mêngulon; kc. kulon.

pangungakan: kn. papan (ing bètèng lsp) dianggo ngungak.

pangungapan: kn. ak. pangungakan.

pangungun: kn. rasa gumun; kc. ngungun.

pangungrum: kn. wêtuning têtêmbungan manis mratelakake sih.

pangungsèn: kn. papan lsp. kang dianggo ngungsi.

pangupaboga: kw. panggawean, panggaotan.

pangupajiwa: kw. panggawean, panggaotan.

pangupaya: kw. ênggone golèk; kc. upaya.

pangupakara: kn. cara lsp. ênggone ngupakara.

pangupaksama: kw. pangapura.

panguparêngga: kw. asrèn-asrèn lan rêrênggan.

pangur: êngg. kn. 1 tatah cilik; 2 pasah; di-[x]-i êngg: dipasahi (untune).

panguripan: n. panggêsangan k. 1 kang njalari urip; 2 panggaota, pagawean; kc. urip.

pangus lêngus: kw. brangasan, nêpson; kc. lêngus.

pangusungan: kn. kang dianggo ngusung; kc. usung.

pangucap: kn. ak. gunêm, têtêmbungan; kc. ucap.

pangucalan: êngg. k. pamulangan.

panguthik-uthik: êngg. kn. bngs. lading mbêngkêluk pucuke.

panguwasa: kn. wêwênang nguwasani.

pangobèng: kn. wong kang buruh ngobèng.

pangobong: n. pambêsmi k. ênggone ngobong; [x]-an n. pambêsmèn k: papan, piranti lsp. kang dianggo ngobong; kc. obong.

pangombèn: kn. pangunjukan ki. wadhah, gêlas lsp. kang dianggo ngombe.

pangon: n. pangèn k. wong kang angon rajakaya lsp; [x]-an: palêmahan kang dianggo ngêngon rajakaya lsp.

pangongangan: kn. ak. pangungakan.

pangot: kn. bngs. lading pucuke lancip.

pangowêl: kn. rasa eman; kc. owêl.

--- 471 ---

pang-pèl ~ parah.

pang-pèl: êngg. kn. pang kang mung tumancêb ing kulit.

pang-pung: êngg. kn. pang garing.

pangran: kw. pangeran.

pangrantunan: kn. 1 wêktu ngaso lan mangan; 2 papan kanggo nata pangan kang diladèkake (nalika pista).

pangrasa: n. pangraos k. 1 rasa rumasa ênggone ngrasakake; 2 pangira, panêmu mungguh ing; kc. rasa.

pangrasak: êngg. kn. bêbungah marang kaum lsp. (nalikane ngijabake).

pangrèh: kn. 1 cara lsp. ênggone ngêrèhake; 2 kang ngêrèh, kang mangarêpi pakumulan lsp.

pangrèh agung: kn. pangrèhing palumpulan kang baku (dudu pangrèhing cabang).

Pangrèh Luhur: kn. pamarentah (Gupêrmèn, nêgara).

pangrèh praja: kn. priyayi kang ngêrèh wong cilik (B. B. ).

pangrêbab: kn. niyaga kang nabuh rêbab.

pangrêmbe: (bumi [x]) kn. ak. sawah (palêmahan) kagunganing ratu; abdidalêm [x] ak: ar. priyayi abdidalêm kraton; garwa [x] ak: sêlir, klangênan.

pangrêngkuh: kn. anggone ngrêngkuh; kc. rêngkuh.

pangrêsaya: êngg. pc. panjaluk tulung.

pangrik: kw. ênggone nywara ngêrik (jaran lsp).

pangrungrum: kw. kc. pangungrum.

pangrungu: n. pamirêng k. 1 pancadriya kang dianggo ngrungu; 2 ênggone ngrungu; 3 ana kang dirungu (dirungokake); kc. rungu.

pangsi: (C) kn. sutra Cina.

pangsit: (C) kn. ar. lêlawuhan Cina.

pangwasa: kw. panguwasa.

paugêran: kn. wêwaton, pathokan; kc. ugêr.

pauyuhan: kn. ak. wadhah uyuh.

pauk-pauk: êngg. kn. mbêngok njaluk tulung; di-[x]-i êngg: dibêngoki.

paukuman: kn. pidana saka ing pangadilan; kc. ukum.

paul: êngg. kn. biru ênom.

paung-paung: êngg. kn. tansah ngolah-ngalih; kc. kêpaung.

Paus: (Kangjêng [x]) kn. Raja Pandhita ing Rum (agama Katulik).

pausur: kn. ak. ar. pajêg.

paut: êngg. 1 kn. cocog, patut; 2 (sampun [x]) k. wis tau.

pao:(-pao) (C) êngg. kn. kanthongan wadhah dhuwit (têmbako lsp).

paok: êngg. kn. bodho, ora aji.

paolan: kn. ak. palilah ora nindakake.

paoman: kw. sanggar pamujan.

paos: k. 1 pajêg; 2 êngg. dawa; 3 êngg. pae (beda).

papa: I (S) kw. 1 nistha, ala, 2 cilaka, sangsara. II ora [x] pc: ora apa-apa.

(papag): di-[x](-i) kn. dipêthuk; di-[x]-i ak: dilêksanani (tmr. pangarêp-arêp, panjaluk); di-[x]-ake: dipêthukake; [x]-an: pêthukan.

papah: kn. gaganging godhong gêdhang (blarak lsp).

papahan: êngg. kn. paga.

papak: I kn. 1 ora lancip; 2 wrata ora ana kang nyongat (mbrênjul); 3 ent. babag, lamak, padha karo; kc. mapak. II di-[x] kw. ak. diarih-arih, dirêrêmih.

papal: I ut. di-[x] kn. dikêthoki dicêndhakake (tmr. rambut lsp). II di-[x]-i êngg. ak . dipadoni (tmr. dhawuh, prentah), dialang-alangi (diwurungake, tmr. rêmbug lsp).

papaka: (S) kw. ak. grêma.

papan: I kn. 1 panggonan, ênggon; 2 êngg. pc. blabag; 3 blabak lsp. pêsagi dianggo dolanan dham-dhaman lsp; 4 êngg. blabag digambari (ditulisi) cathêtan bab mangsa, tanggal lsp; di-[x]-ake: didunungake ing; kc. mapan. II kw: tamèng.

papar: êngg. ak. papak, wrata; di-[x]-i: dirata.

(papas): di-[x] kn. 1 ak. dipunggêl, dikêthok pucuke; 2 disirnakake, dirusak; 3 dipêdhot (tmr. gunêman lsp).

papasan: kn. ar. têtuwuhan lan wohe, ar. manuk.

papat: n. sakawan k. wilangan 4; kc. pat.

papeka: kw. sêmbrana (ora ngati-ati).

papon: kn. wadhah ênjêt (ing wadhah kinang); kc. apu.

(papral): di-[x] êngg. kn. dipapal.

paprangan: kn. papan kang dianggo pêrang; kc. prang.

(papras): di-[x] êngg. kn. dipapas.

paprêman: kw. paturon.

papriman: kn. ak. ngêmis; kc. priman.

papringan: kn. panggonan kang akèh pringe.

par: êngg. kn. pèrès (papak) karo; kc. papar.

para: I kn. panêrang kang mratelakake akèh, up. [x] bupati; [x] (kang) ...: wong-wong kang ... II kn: (-têlu, -pat, -lima, -nêm lsp): 1/3, 1/4, 1/5, 1/6 lsp; di-[x] (-têlu, -papat lsp): dibage (diperang) (dadi 3, 4 lsp); di-[x]-[x] (pêparanan ak): diperang-perang, diprinci-princi; kc. paran. III kn: ora adèn-adèn, ala jinise, up. piring [x]. IV pêpara kw: lêlungan midêr-midêr (mbêbêdhag, cangkrama lsp); diparani n. dipunpurugi k. ditêdhaki ki: dicêdhaki, ditêkani; kc. paran, mara. V kw: kowe, -mu; kc. pakênira. VI pc: rada ...; kc. kêpara. VII kn: bakul ngêdolake mas-intên lsp; pêpara: bêbakulan mrana-mrana. VIII êngg. kn: paga.

(parab): pêparab kn. ak. jênêng; di-[x]-i: 1 êngg. diwènèhi jênêng liya; 2 br. dijênêngi, diarani; [x]-an êngg. jênênge liya (jênêng pêpoyok lsp).

parajaya: (S) kw. kalah, kasoran; kc. prajaya.

parag: kn. ak. trajang, têrak; ke-[x]: kêtrajang ing (ama lsp).

parah: I êngg. kn. bngs. tenggok dianggo takêran. II di-[x] kw: disigar. III [x]-[x] (ut. pêparah) kn. ak: 1 nganggo dipikir (êmpan papan); 2 walak-walak, miturut kaanane.

--- 472 ---

parahita ~ pari.

parahita: (S) kw. ak. trêsna asih marang pêpadha.

parak: I êngg. pc. ênêr, arah; di-[x]-ake n. dipunpurugakên k: 1 digawa mênyang ing; 2 diênêrake marang; 3 dijalari, disêbabake; kc. paran. II di-[x] kn. diadhêp (disowani) ing wong wadon; kc. kêparak.

parakan: êngg. kn. blumbangan dianggo ngingu iwak.

parakasak: kn. ak. pangrasak.

parakirna: kn. ak. palakirna.

parakrama: kw. 1 kakêndêlan; 2 pakurmatan; 3 laki-rabi; kc. palakrama.

parama: (S) kw. ak. kang pinunjul (-pêrlu, -linuwih).

paramakawi: (S) kw. 1 pujangga linuwih; 2 putus ing kawruh basa (kêkarangan).

paramarta: (S) kw. 1 ak. luhur panjangkane; 2 ambêk wêlasan, bêcik bêbudène.

paramasastra: (S). 1 kw. ak: kawruh luhur (linuwih); 2 kn. wêwaton bab panulis sarta tatananing têtêmbungan ing basa.

paramastuti: (S) kw. ak. pamuja, panyêmbah.

paramarêsi: (S) kw. ak. pandhita linuwih.

paramatatwa: (S) kw. ak. kanyataan luhur.

paramean: kn. ak. kasênêngan, kasukan; kc. rame.

paramèng basa: kw. putus ing babagan basa.

paramèng kawi: kw. kc. paramakawi.

paramèswara: (S) kw. ak. ratu.

paramèswari: (S) kw. ak. ratu putri, garwaning ratu.

paramèsthi: kw. dewa linuwih.

paramita: kn. juru rêmbug; kc. paranpara.

paran: I kw. 1 apa; 2 kapriye. II n. purug k: 1 (ing [x]) ing sajroning lêlungan, papan kang dianggo lêlungan; 2 ([x] marang) ênêring laku mênyang ing; di-[x]-i: ditêkani, dicêdhaki; kc. para, parak. III kn: etungan bab mara; pêparan: olèh-olèhane mara. IV br: pangeran.

paran-baya: kw. apa baya, gèk apa ta.

parandene: n. parandosipun k. ak. ewadene mêksa, suprandene.

paranpara:. 1 kw. panuntun, pangirid; 2 kn. juru rêmbug; kc. parampara.

paran tutuh:(-an) pc: (dadi [x]) ditutuh ing wong akèh.

paranyai: kn. abdi-wadon (tmr. para luhur).

parang: I êngg. kn. karang, wadhas ing sêgara. II êngg. kn: pathèk; [x]-ên êngg: pathèkên. III êngg. kn: bêndho. IV ([x] rusak, [x] kêncana lsp) kn: ar. coraking bathikan.

parangmuka: kw. mungsuh.

parapadu: n. parapabên k. ak: pêpadon, pasulayan.

parapèn: kn. luwêng gêni ing kêmasan, pandhe lsp; kc. api

paras: I di-[x]-i kn: 1 br. dikêthok (êndhase); 2 dipêcèli (dioncèki) sêpête kang dhuwur disêdhiyakake yèn arêp diombe banyune (tmr. dêgan). II ki: cukur; [x] suci kn: cukur dianggo sarat yèn arêp dadi imam (Katulik). III [x]-[x] kw. ak: lading. IV êngg. kn: padhas.

parasdya: kw. niyat, karêp (maksud).

parasu: (S) kw. 1 wadung; 2 bangke.

parastra: kw. mati.

parat: I kn. bngs. patri. II ks: kêparat.

paratantang: kn. ak. sênêng kêkêrêngan.

paratra: kw. pati, mati.

paracampah: kn. ak. sênêng nyênyampahi.

paracidra: kw. sênêng laku cidra, ora nêtêpi jangji.

parawadulan: kn. ak. sênêng wêwadul.

parawan: kn. ak. prawan.

parawantên: êngg. kn. sajèn.

parawasa: (ka-[x]) kw. katawan ing mungsuh, kalah.

parbata: kw. gunung.

(pardi): di-[x] kn. ak. dipêrdi; kc. pêrdi.

pardika: kw. 1 aran; 2 têgês, makna: dipardikani kw: ditêgêsi, ditêrangake maknane; kc. pêrdikan.

parji: (A) kn. ak. pawadonan.

pare: kn. (-alas, -ayam, -ula, -wêlut) ar. têtuwuhan rambat sarta wohe saèm. bêstru.

pare-anom: kn. ijo lan kuning (coraking gêndera lsp).

pare karantan: kn. ar. gêlungan pucuke diklèwèrake.

parentah: kn. ak. 1 panguwasa, pangrèh; 2 dhawuh, pakon; kc. prentah.

parèsan: êngg. ak. 1 papan kang dianggo ngukum, kunjara; 2 wong kang diukum.

paresidhènan: kn. tlatah kang kabawah ing residhèn.

parewanan: pc. (nênindakake) ora kalawan têmên-têmên.

parêdèn: k. pagunungan.

parêk: êngg. kn. cêdhak; kc. marêk.

parêkan: kn. paranyai (ing kraton).

parêm: kn. bêbakan bêras kêncur lsp. dianggo mblonyo awak; di-[x]-i: diblonyo ing parêm.

parêmas: kw. sinulam ing bênang mas.

parêng: I kw. barêng; [x]-an kn. ak: kêbêrêran, pinuju; pêparêngan ak: pantaran; marêngi: mbênêri, bêbarêngan karo. II ([x] ing ngarsa) kn: lêga, sênêng; yèn [x] pc: yèn olèh (awèh, kêna); di-[x]-i ak: dililani, olèh; di-[x]-ake: olèh, dililani; kc. kêparêng.

parêpat: kn. 1 ak. batur; 2 ([x] desa) tangga desa; kc. panakawan.

parêpatan: kn. pakumpulan (srasehan).

parêpotan: êngg. kn. palapuran; kc. rêpot.

parêsikan: kn. ak. bêrsihan.

pari: n. pantun k. ar. têtuwuhan kang wohe ditutu dadi bêras; [x] jêro(-dalêm): pari kang tuwane luwih saka nêm sasi; [x] gaga: pari kang tinandur tanpa

--- 473 ---

diêlêbi banyu; [x] genjah: pari kang enggal awoh lan enggal tuwa; nandur [x] jêro pr: gawe kabêcikan marang liyan kanthi pangarêp-arêp bisaa olèh wêwalês.

paribasan ~ pasa.

paribasan: kn. têtêmbungan ut. ukara saèm. saloka nanging têgêse wantah dudu pêpindhan; diparibasani ak: ditrapi ing paribasan; diparibasakake: ditêmbungake nganggo paribasan.

paribawa:. 1 kw. panyamah, pangapêsan; 2 (ka-[x]) kw. kalah, kasoran; 3 kw. daya, prabawa, pangaruh.

paributa: (S) kw. ak. disêwiyah, dicêcamah.

paridan: kn. kerekan layar.

pariga: kw. gada, kênthès.

parigraha: (S) kw. ak. 1 nggêpok; 2 jodho, bojo; 3 ênggon.

parihasa: kw. ak. cêcampah, pêpoyok.

(parik): [x]-[x] êngg. ak. lêlarikan, jèjèr-jèjèr.

parikan: kn. 1 sêsindhenan ut. têmbangan mung rong ukara nganggo purwakanthi swara, up. abang-abang ora lêgi, tiwas magang ora dadi; 2 ukara nganggo têtêmbungan wangsalan, up. ora ngapêm landa (ora ngrêti, roti); sugih [x]-an pc: sugih reka, sugih ada.

parikêna, sêmbranan: [x] kn. arêp olèh apa-apa panêmbunge kanthi sêmbranan (kaya ora têmênan).

parikudu: n. parikêdah k. ak. kumudu-kudu, kudu.

parikrama: (S) kw. 1 mubêng-mubêng, midêr; 2 kalawan tatanan, ngênggoni subasita.

pariksa: kn. ak. kc. priksa.

(paril): di-[x] êngg. kn. wis pinêsthi.

parimana: (S) kw. 1 ukuran, takêran; 2 watês, wangênan.

parimarma, parimirma: kw. kawêlasan; kc. palimarma.

paring: (ut. pêparing) ki. 1 pawèh; 2 wèwèh; di-[x]-i(-ake) ki: diwènèhi(-ake).

paripadu: n. paripabên k. ak. pêpadon.

paripaos: êngg. k. paribasan.

paripêksa: kw. pamêksa, pêksa.

paripih: I di-[x]. 1 kw. dilipur sarana ditamani têmbung manis; 2 êngg. ditakoni lsp. kanthi alus asarèh; kc. pripih. II jimat [x] kw: jimat awujud têmbaga (mas, slaka lsp) blebekan ana kang mawa tulisan [...]Huruf Jawa: nga, pasangan da, wulu.

paripuja: (S) kw. pakurmatan, pangaji-aji.

paripurna: (S) kw. 1 wutuh, ganêp; 2 rampung; 3 mari; kc. sampurna.

paripolah: kn. ak. solah tingkah, tindak-tanduk.

paris: I di-[x]-i êngg. kn. diirisi (tmr. krambil); [x]-an êngg. k: lading. II kn. ak: bngs. tamèng.

paritustha: (S) kw. bungah (marêm) bangêt.

paritrana: (S) kw. ak. pitulungan, pangayoman.

paricara:(-ka) (S) kw. ak. batur.

paricari: (S) kw. ak: batur wadon.

pariwada: kn. ak. panyampah, pêpoyok.

pariwara: I kw. wara-wara, pitutur. II (S) kw: batur, pandhèrèk.

paryangka: kw. ak. palungguhan.

parman: kw. sih kawêlasan (ing Allah).

parnah: kw. prênah, ênggon; di-[x] kw: didokokake, didunungake.

parnèl: pt. planèl.

paru: kn. kêbuk, maras.

parud: kn. piranti dianggo nisir krambil. lsp; di-[x]: disisir nganggo parud; [x]-an: kang wis diparud.

paruh: kw. cucuk.

paruk: êngg. kn. bngs. pêngaron.

parukunan: kn. ak. cocoging rêmbug; kc. rukun.

parul: kn. ak. parol.

parung: I kn. 1 jurang kang ora pati jêro; 2 êluking kêris; ke-[x] ak: kêcêmplung ing parung (jurang). II di-[x] êngg. kn: dibênêm, dibakar (tmr. tela lsp).

(parupuh): di-[x] kw. 1 digêbugi; 2 dipaprasi; kc. pupuh.

(parusa, parosa): di-[x] kn. ak. dipêksa; kc. prusa.

parusya: (S) kw. ak. kasar, (têmbung) bêngis.

paro: n. palih k. perangan kang sasisih (tmr. barang kang disigar lsp. dadi loro); di-[x]: 1 disigar (dibagi, diperang) dadi loro; 2 siji-sijine tampa saparo; diparokake: diêkon nanduri sawah lsp. pamêtune saparo edhang; kc. maro, paron.

parol: (W) kn. têtêmbungan kang dianggo patêmbayan.

paron: I kn. wêsi landhêsan (dianggo nggêmblèng). II n. palihan k: 1 kang wis diparo; 2 (ut. paron-paron) padha dene olèh saparo; kc. paro.

(parot): di-[x]-i êngg. kn. disimpêni, diumpêtake.

parotèn: kn. ak. panggonan tukang gawe roti.

parpat: br. parêpat.

parsada: kw. ak. kc. prasada.

parsudi: kn. ak. kc. pêrsudi, prasudi.

parswa: (S) kw. (lambung-, sikil-) gunung.

partidesa: êngg. kn. bêrsih desa.

partikêlir: (W) kn. dudu yêyasan nagara, dudu dhinês; [x]-an: cara lumrah (ora dhinês).

partisara: kw. piyagêm, layang katêrangan (dhiploma).

partiwa: (S) kw. ratu, mantri.

parwa: I (S) kw. ak. perangan, bab ing layang. II kw: paro.

parwan: kw. paron.

parwata: (S) kw. gunung.

pas: I ut. pasan êngg. kn. banjur, nuli. II (W) kn: layang olèh idin lêlungan, ngingu bêdhil lsp. III (W) kn: 1 trêp, ora kurang ora luwih; 2 cocog. IV kw. ak: bulus.

pasa: I n. siyam k. 1 ora mangan lan ora

--- 474 ---

ngombe; 2 sasi Ramêlan; kc. puwasa. II (S) kw. ak: kala, jirêt.

pasaban ~ pasèk.

pasaban: kn. papan kang dianggo sêsaba (kêrêp ditêkani).

pasabinan: k. pasawahan.

pasabrangan: kn. ak. papan kang dianggo nyabrang.

pasadon: kw. regol, gapura; kc. sadu.

pasadranan: kn. ak. 1 sêsaji ngirim kêmbang ing kuburan lsp; 2 papan kang suci (dianggo nyadran); kc. sadran.

pasaja: kn. 1 barès, tanpa rêrênggan lsp; 2 blaka; dipasajani kn: diblakani.

pasaji: kn. ak. sajèn.

pasadharan: êngg. kn. pasamuwan.

pasagèn: kn. kang wangun pasagi.

pasagi: kn. 1 wangun maju-pat; 2 êngg. pc. wis tata.

pasagi mbata [x] dawa n. ([x] mbanon, panjang k). lumah (raèn) pêsagi kang alang lan ujure ora padha.

pasagi miring: kn. raèn (lumah) pêsagi kang pojoke ora mangun 90º.

pasagi kubuk: kn. kang awangun dhadhon.

pasah: I kn. 1 bisa tumama (tmr. tamba, ent. tmr. wêwadul), bisa rumasuk karo wedange (tmr. tèh, kopi lsp); 2 (ora [x]) (ora-) têdhas ing (gêgaman lsp); 3 ar. piranti dianggo ngêlus kayu awujud kaya tatah kêlêbokakekalêbokake. ing undhuk; 4 (kêthik ki) ngêlus untu sarta dipapak pucuke; di-[x]: diêlus nganggo pasah; di-[x]-i: diêlus lan dipapak untune. II kw: pisah, pêgat. III kn: pêgatan kang dipêgatake dening pangulu lsp. marga saka panjaluke sing wadon.

pasak: kn. ak. 1 padhêt; 2 ajêg, têtêp ora owah; kc. pasêk.

pasakitan: kn. wong kang diukum (ut. kang kêna ing dakwa).

pasaksi: kn. ak. pasêksèn.

pasal: kn. bab (ing layang anggêr lsp).

pasalatan: kn. papan sêmbahyang, kawruh bab caraning salat (sêmbahyang).

pasalin: n. pasantun k. ak. pawèwèh awujud sandhangan sapangadêg isih anyar; kc. salin.

pasamiran: kw. paturon.

pasamunan: kn. papan kang sêpi.

pasamuwan: kn. 1 pakehan, paklumpukaning wong-wong sawêtara; 2 ak. pista mangan enak; 3 ak. kumpulan, srasehan; 4 gêgolonganing wong-wong kang padha tunggal agama (Protèstan), greja; 5 ([x] suci) Pakumpulan yasane Sang Kristus kang dipangarsani Kangjêng Paus ing Rum (Katulik).

pasanakan: pc. sêsanakan, sanak sêdulur; kc. prasanakan.

pasanjan: kn. papan kang disanjani; kc. sanja.

Pasantênan: êngg. k. Pathi.

pasantrèn: kn. 1 êngg. langgar; 2 pondhok kanggo sinau ngaji lan sinau agama Islam; kc. santri.

pasang: kn. 1 nata, atrap, ngêtrapake; 2 (ut. pasange) êngg. sêmune, katone kaya; di-[x]: 1 diêtrap(-ake), dirakit, ditata ing; 2 êngg. diêdêgake (tmr. omah lsp), ditata, disulêd (tmr. diyan lsp); 3 diunèkake (tmr. mriyêm lsp), dirakit (tmr. sapi, jaran lsp); di-[x]-i: ditrapake (ditata) dianggo srana maeka ut. mêngarah. II (sa-[x]) kn: sajodho (tmr. sêpatu lsp), sarakit (tmr. sapi lsp). III êngg. kn: rob, banjir.

pasang aliman tabe: br. pakurmatan mbagèkake (ing padhalangan).

pasangan: kn. 1 rakitan, tatanan; 2 angkul-angkul ing gulu sapi lsp. (kang dianggo nggêgèrèd); 3 piranti dianggo masangi tikus lsp); 4 êngg. pc. bata kang ditrap digawe tembok, bêbatur lsp; 5 aksara Jawa kang matèni wanda ngarêpe (dhuwure).

pasangan kosongan: (-kothongan) kn. bata (watu) kang dipasang tanpa diplêstèr.

pasang angkuh: pc. umuk, pambêkan.

pasang bêndera: kn. 1 ngêdêgake bêndera; 2 ent. nêdya ngraman, nêdya wani.

pasanggiri: kw. 1 sayêmbara nganggo ginantungan ganjaran; 2 pêpanggil.

pasanggrahan: kn. 1 omah sajabaning nêgara (kanggo palêrêpan panjênênganing nata ut. para agung); 2 omah panginêpan sadhiyan para priyayi kang lagi nindakake ayahan pêpriksa lsp.

pasang liring: br. mbalang liring (mlerok, nglirik).

pasang grahita: (-cipta) br. sumadhiya supaya bisa mangêrti.

pasang ulat:(-sêmu) kn. ngatonake ulate (sêmuning praèn) supaya dingêrtènana karêpe.

pasangon: kn. dhuwit sanguning lêlungan; kc. sangu.

pasang-rakit: kn. 1 (ut. pasang-wangun) tata pangrakiting gêgawean lsp; 2 pc. sêmuning praèn, katone.

pasang walat: kn. ngêtrapake walate marang.

pasapon: kn. bngs. pajêging wong dodolan ing pasar ut. warung (minangka opahaning nyaponi).

pasar: n. pêkên k. 1 papan kang dianggo dol tinuku barang-barang; 2 (sa-[x]) 5 dina; pêpasar kn. ak: mênyang ing pasar; [x]-an: 1 dina kang kèhe ana lima (Lêgi, Paing, Pon, Wage, Kliwon); 2 mangsa (dina) ing pasar mbênêri rame; 3 dolanan dol tinuku.

pasar-malêm: kn. karamean nganggo tontonan lsp. (ing wayah bêngi).

pasarean: ki. 1 paturon; 2 pakuburan (kramatan); kc. sare.

pasatan: kn. jarit dianggo têlêsan nalikane adus; kc. asat.

pasatowan: kn. petungan nyumurupi bêgja cilakane wong kang bakal dijodhokake lsp.

pasawahan: n. pasabinan k. kêklumpukane sawah-sawah.

paseba: n. pasowan k. ak. têka ngadhêp marang; paseban n. pasowanan k: 1 ayahan seba marang; 2 panggonan kang dianggo seba.

pasèh: kn. cêtha lan bêcik (ênggone ngucapake têmbung Arab, ngaji lsp).

pasèhat, pasèkat: kn. gunêman (ngaji lsp) bêcik.

pasèk: (A) kn. ak. tanpa agama.

--- 475 ---

pasendhean ~ pastur.

pasendhean: kn. ak. kang dianggo sendhean; kc. sendhe.

pasèran: êngg. kn. bngs. wadhah mawa payonan dianggo nggaringake kopi lsp.

pasèt, gosokan: [x] kn. ar. gosokan intên.

pasetran: kn. ak. papan pambuwangan mayit; kc. sedra.setra.

pasewakan: kw. paseban; kc. sewaka.

pasewan: kn. ak. sewan; kc. sewa.

pasêgahan: k. pasuguhan.

Pasêdhahan: êngg. k. Pasuruhan.

pasêk: kn. ak. padhêt; 2 ajêg, ora owah; di-[x] êngg: 1 diênêtake; 2 diurugi lêmah banjur dipadhêtake (tmr. sumur mati, bolongan lsp); 3 ks. dipêndhêm, dikubur, dipatèni.

pasêksèn: kn. 1 tandha yêkti, bukti katêrangan; 2 (ut. pasêksi) dhuwit minangka opahaning saksi (ning wong dol tinuku lsp); kc. sêksi.

pasêmon: kn. 1 wanguning praèn, polatan; 2 solah tingkah ut. têtêmbungan kang dianggo nyêmoni (awèh sasmita); 3 crita lsp. kang dianggo pêpadhan (upama); kc. sêmu.

pasêpèn: kn. ak. papan kang sêpi.

pasêpiran: êngg. kn. kunjara; kc. sêpir.

pasêr: kn. 1 ak. bngs. tumbak cêndhak ing buntare nganggo wulu yèn namakake ditlorongake; 2 dom (lêlandhêp) bongkote nganggo kapuk (wulu) dilêpasake sarana tulupan; 3 saèm. panah cêndhak ing cêdhak bedhor mawa bandhul dilêpasake sarana dibalangake; 4 êngg. ak. jarum jam; di-[x]: ditamani ing pasêr; [x]-an: dolanan pasêr (nganggo totohan).

pasêtrèn: kn. ak. paèstrèn.

pasih: êngg. kn. ajaran, juringan (ing wowohan).

pasihan: kn. lagi padha sih-sinihan (tmr. pangantèn anyar); 2 ak. kêkasih; 3 tandhaning sih; kc. asih, sih.

pasiyar: kn. ak. bêsiyar.

pasiyun: pc. pansiyun, pènsiyun.

pasik: kn. tanpa agama; kc. pasèk.

pasikon: kn. 1 ak. sikon; 2 ki. wêdhung; 3 êngg. pc. wanguning praèn; kc. siku.

pasilan: I kn. ak. linggih sila, pajagongan; kc. sila. II pc: pangasilan; kc. asil.

pasimpênan: kn. kang disimpên ut. kang kanggo nyimpên.

pasinaon: kn. 1 piwulang; 2 babagan sinau, kursus; kc. sinau.

pasindhèn: kn. wong kang nyindhèni gamêlan; kc. sindhèn.

pasingèn: kn. ak. papan nyithak (nyingi); kc. singi.

pasingidan: kn. ak. pandhêlikan; kc. singid.

pasir: kn. 1 wêdhi; 2 (ut. pêpasir) êngg. lêmah wêdhi, pawêdhèn (gunung wêdhi).

pasirah: kn. 1 ak. panggêdhe (lurah); 2 (pajêg [x]) pajêg kêpala.

pasiran: 1 (êndhog-) kn. (êndhog-) bulus sêgara; 2 êngg. k. gambir.

pasir-awukir: kw. mawa gumuk lan gunung-gunung.

pasiraman: ki. padusan.

pasisir: kn. 1 (palêmahan) pinggir sêgara; 2 tanah-tanah kang cêdhak karo sêgara; 3 tanah-tanah saurute sêgara Jawa (sêgara sisih lor); 4 pc. wêwêngkon sajabaning tanah kêjawan.

pasisiran: kn. nindakake ayahaning parentah mênyang sajabaning kutha.

pasitèn: k. palêmahan.

Paskah:(-an) kn. riyaya wungune Sang Kristus (agama Kristên).

(paskuwèl): di-[x] kn. ak. didakwa ala, ditibani layang budhêg.

pasu: I kn. balung ing poking irung (antaraning mata). II êngg. kn: palsu. III (S) kw. ak: kewan (sapi lsp).

pasujudan: kn. (lèmèk, panganggo lsp) kang dianggo sêmbahyang; kc. sujud.

pasugatan: kn. ak. pasuguhan, sêsuguh.

pasuguhan: n. pasêgahan k. ak. apa-apa kang disuguhake marang dhayoh; kc. suguh.

pasuk: kw. ak. lumêbu, lêbu; sa-[x]: sawêwêngkon, kang kalêbu ing; di-[x]-i kw: dilêboni, dianjingi.

pasukêtan: kn. palêmahan kang kathukulan sukêt.

pasulayan: kn. cêcongkrahan; kc. sulaya.

pasuluhan: kn. ak. suluhan.

pasumbang: kn. ak. sumbangan; kc. sumbang.

pasunatan: kn. ak. lading kang dianggo nêtaki (nyêmbêlèh).

pasung: I kn. 1 balung irung, poking irung; 2 ([x]-an) êngg. awangun kaya kukusan; 3 êngg. ar. panganan. II kw: pawèwèh, pisungsung; kc. asung.

pasungsung: kn. ak. pisungsung.

pasuryan: ki. 1 rai; 2 praupan.

pasucèn: (pasucian êngg. ) kn: papan dianggo sêsuci (wulu).

paso: êngg. kn. bngs. jêmbangan gêdhe (wadhah banyu lsp).

pasobatan: pc. pamitran, mitra.

(pasog): di-[x]-i kn. dijogi dagangan lsp.

pasogan: I êngg. kn. pasimpênan; kc. sog. II kn. ak: papan dianggo nyoga; kc. soga.

pasok: kn. asok (mbayar) marang; di-[x]-i (-ake): dibayarake marang (tmr. pajêg lsp); [x]-an: bayaran pajêg lsp; kc. asok, sok.

pasokan: êngg. kn. bngs. jêmbangan.

pasowan: k. paseba; pasowanan k: paseban.

pasrah: kn. 1 mènèhake apa-apa marang; 2 ([x] pati-urip) wis kari sumarah marang; di-[x]-i: diwènèhi apa-apa dikon njaga lsp, dibubuhi nindakake, dikon ngrumati lsp; di-[x]-ake: diwènèhake (dibubuhake) marang; kc. asrah, srah.

pasrah ngalah: pc. pasrah ing Allah (sumarah marang takdir).

pasraman: 1 kw. patapan; 2 padununganing para pandhita Kristên (Katulik).

pasrangkara: kw. aruh-aruh (gunêman) kanthi sumèh.

pasrèn: kn. 1 rêrênggan; 2 êngg. ak. pajangan (sênthong têngah); kc. asri.

pastil: kn. ar. panganan (kuwih).

pastur: (W) kn. ngulama pamomonging wong-wong Katulik; [x]-an: omah panggonaning pastur.

--- 476 ---

pascima ~ patikèn.

pascima: kw. kulon.

pasthi: kn. ak. pêsthi.

pat: n. (sa-) kawan k. 4; kc. papat, patang.

pata: êngg. kw. supata, upata.

patadhahan: kn. bngs. tembor wadhah sandhangan lsp.

patagihan: kn. 1 panagih; 2 kumudu-kudu kêpengin mangan lsp. marga wis manuh (kulina); kc. tagih.

patah: I kn. ([x]-e) pancèn wis dhasare; di-[x]: dipiji dikon nindakake, ditanggênah. II kn: bocah wadon (-lanang) didandani cara pangantèn dianggo kêkanthining pangantèn. III kw: tugèl; di-[x] kw: ditugêl, diputung.

pataka: kw. 1 piala, duraka; 2 bilahi, bêbaya, kacilakan; 3 gêndera.

patakon:(-an) n. patakèn(-an) k. ak. pitakon(-an).

pataksi: kw. patakon.

patala: (S) kw. (alam sangisoring) bumi.

patalunan: êngg. kn. babadan ing pagunungan; kc. talun.

patamanan: kn. pakêbonan kang ditanduri kêkêmbangan; kc. taman.

patanèn: I kn. ak. babagan têtanèn; kc. tani. II kn: sênthong têngah.

patani: kw. paturon; kc. patanèn.

patang: n. kawan k. 4 (dianggo ing sangarêping têmbung aran, ut. ugêring wilangan), up. patang puluh, patang atus, patang sèn, patang rupiyah lsp.

patang-aring: kn. aling-aling singgêtaning sênthong têngah.

patangèn: kn. ak. ênggone tangi.

pataunan: êngg. kn. riyaya taunan ing desa.

patapan: kn. papan kang dianggo tapa (papaning pandhita); kc. tapa.

patar: I kn. bngs. kikir gêdhe; di-[x]: digosok (dilus) nganggo patar. II ut. [x]-an êngg. kn: tataran.

patarana: kw. palungguhan.

patarangan: kn. tenggok lsp. didokoki mêrang lsp. dianggo ngêndhog (tmr. pitik); kc. tarang.

patarèn:(-an) n. patarosan k. ak. juru rêmbug; kc. tari.

patatri: kw. ak. 1 manuk; 2 panah.

patbêlas: n. kawan-wêlas k. 14.

patèhan: kn. 1 bintang, teko lsp. praboting ngombe wedang tèh; 2 papan dianggo nyêdhiyakake wedang (tèh lsp); 3 ak. kêbon tèh.

patèk: I êngg. kn. pantèk. II ora [x](-na) pc: ora pati. .

patekah: kn. ar. bab kang kapisan ing kuran.

patèn: I 1 n. pêjahan k. ora kêna dibukak (dicopot, diowah-owah lsp) tmr. anjing-anjingan lsp, ditutup ut. ditingkêm (tmr. layang); 2 kn. ar. têtêngêr ing tuliasan Jawa; dianggo (digawe) [x]: dianggo bêbantên; kc. pati. II (W) kn: kang wis diayomi ing anggêring nêgara ora kêna ditiru lsp, tamba [x].

pateta-patete: kn. katon kumênthus (kumintêr).

patete: mak [x] pc. sanalika mêtu molèr; kc. mete.

patètèng-patètèng: (patèntèng-patèntèng) kn. solah tingkahe katon gumaib.

patêbon: kn. palêmahan kang ditanduri têbu.

patêdhan:. 1 k. ak. pangan (bayar, panguripan); 2 ki. ak. pawèwèh (marang sorsoran); dipatêdhani ki. ak: diwènèhi; kc. paring.

patêlêsan: kn. 1 pasatan (kang dianggo adus); 2 pc. jarit kang dianggo padinan.

patêmbaya:(n) kw. sêmayan; kc. têmbaya.

patêmbayatan: kn. ak. rêrukunan.

patêmbungan: kn. ak. têtêmbungan, pitêmbungan.

patêmon: n. pêpanggihan k. padha kêtêmu (kaklumpukan) omong-omongan; kc. têmu.

patêr: I kw. gludhug, blêdhèg. II kn. ak: (-gadhe, -pyun lsp) wong kang ngêpak gadhean, apyun lsp.

pati: I n. pêjah k. seda ki. 1 pisahing nyawa (sukma) saka ing badan wadhag; 2 ak. tanpa, ora nganggo, up. [x] diyan, [x] rasa; 3 ([x]-ning tanggal, -sasi) êntèking tanggal (-sasi); di-[x] n. dipunpêjah k: 1 br. dipatèni; 2 ak. (ditalèni, dikancing, ditutup lsp) têtêp ora bisa diowah-owah; dipatèni: 1 disirnakake uripe, digawe mati; 2 disirêp (tmr. gêni, diyan lsp); 3 ak. (ditalèni, dikancing, ditutup lsp) têtêp ora bisa diowah-owah; 4 disumpêt, dibuntu ditablêg (tmr. bolongan, kalèn, dalan, sumur, tuk. lsp); 5 dicorèk (tmr. tulisan), ora dikanggokake (tmr. tulisan cathêtan lsp); 6 disigêg (tmr. aksara); dipatèkake: 1 digawe mati, diênêngake (diêntèni) nganti mati; 2 ditêtêpake ora diganti-ganti; 3 diênêngake bae, ora dikatutake; kc. kêpatèn, mati, patèn. II ora [x] n. botên patos k: 1 ora ... bangêt, mung rada; 2 (ut. ora [x]-[x]) ora bakal ... (yèn ora ...); [x]-[x] br: bangêt-bangêt; kc. kêpati. III (S) kw: ratu.

pati bogor: (diêdol [x]) êngg. diêdol têrus (ora kêna ditêbus).

patibrata: (S) kw. ak. sêtya ing bojo.

patiganan: kn. ak. wadhah kinang; kc. tigan.

patigawe: êngg. dhuwit minangka gêgêntining pagawean gugur-gunung lsp.

pati-gêni: n. pêjah latu k. 1 tanpa nganggo karamean lsp (tmr. mantu lsp); 2 nglakoni ora mangan ora ngombe ana ing sênthong bae (7 dina ut. luwih).

patih: (ut. pêpatih) kn. 1 priyagung kang nindakake paprentahaning nêgara (êmbaning ratu); 2 ar. pangkat sangisoring bupati.

patihah, patikah: (A) kn. ar. bab ing bêbukaning kitab kur'an.

patik: I kw. 1 abdi, batur; 2 kawula(aku). II kn. ak: plêtik, dlêmok; bêras [x]: bêras putih kang kacampuran bêras abang; di-[x] (ing intên) br: ditrapi mata intên; kc. kapatik, pinatik. III êngg. kn: pating.

patik-aji: kw. 1 abdining ratu; 2 kawula(aku).

patikbra: kw. kawula-dalêm (aku).

patikèn: kn. ak. kantor (panggonan) adol candu; kc. tike.

--- 477 ---

patikêlintên ~ pacak gulu.

patikêlintên: êngg. k. partikêlir.

patikêlir: êngg. pc. partikêlir.

patil: kn. lêlandhêp ing siwaring lele; di-[x]: 1 dicocok ing patil; 2 dilakèni (tmr. jaran).

patilasan: kn. papan (omah lsp) tilas kraton, patapan lsp. ing jaman biyèn; kc. tilas.

patilêman: k. paturon.

patiman: kn. piranti dianggo ngêtim; kc. tim.

pating: kn. têtêmbungan kanggo ana ing sangarêping têmbung kang atêgês pratingkah ut. kaanan ut. kang mawa sêsêlan l, r, mratelakake: 1 kabèh padha kadunungan kaanan (nindakake), up. [x] brêkuh, [x] glimpang; 2 babar pisan padha ... ut. bangêt, up. [x] sruwèk, [x] jluwog.

patinggi: êngg. kn. lurah desa.

patiurip: n. pêjah gêsang k. babagan mati tuwin urip.

patirahan: kn. papan kang dianggo tirah.

patirtan: kw. padusan; kc. tirta.

patita: (S) kw. ak. tiba.

patitis: kn. cêtha lan têrang (tmr. têtêmbungan, gunêman lsp); di-[x]-ake pc: 1 ditamatake têmênan; 2 ditimbang-timbang, ditandhing; kc. titis.

patlikur: n. kawan-likur k. 24.

patlum: pc. patrum.

patlop, patlot: êngg. pc. potêlot.

patuh: I di-[x]-ake kn. dimanuhake, dikulinakake; kc. kêpatuh, matuh. II kn: 1 êngg. (sêsanggan, pagawean lsp) kang wis ditêtêpake, wong kang ajêg nindakake; 2 (lurah [x]) ak. lurah tabon.

patuk: kn. 1 ak. cucuk; 2 êngg. tatah; di-[x]: 1 ak. dicucuk; 2 ak. ditêmpuh, ditrajang; 3 êngg. ditatah.

patukangan: kn. babagan pagawean tangan; kc. tukang.

patuku: n. patumbas k. ak. panuku.

patukon: n. patumbasan k. ak: tukon., panuku; kc. tuku.

(patung): di-[x]-i êngg. ak. diiloni bathon têtuku (dêdagangan); [x]-an êngg. ak: bathon têtuku (dêdagangan); kc. matung.

patungkas: êngg. k. piwêling; kc. pitungkas.

paturan:. 1 kn. (layang lsp) kang diaturake marang dhêdhuwuran; 2 kn. gunêm kang katur marang; 3 êngg. ki. êmban-êmban; kc. atur, matur.

paturasan: ki. panguyuhan.

paturon: n. patilêman k. pasarean ki. (sênthong, ambèn lsp) kang dianggo turu.

patusan: êngg. kn. ilèn-ilèn (kalènan) banyu; kc. atus.

patut: kn. 1 (ut. pêpatutan) ak. rujuk, mupakat; 2 cocog, salaras karo; 3 pc. pantês, bêcik (prayoga); 4 mèmpêr karo kaanane (wujude); 5 (ut. patute, patutane) êngg. layak bae yèn, ayake; di(pê)[x]: 1 dicocogake karo, dilarasake supaya patut; 2 ak. ditata (dipacak, didandani) supaya bêcik; [x]-an: 1 sarwa patut (yèn mênganggo); 2 duwe anak karo, ênggone jêjodhoan duwe anak; kc. pantês, tut.

patuwas: kn. ak. pituwas (pêpulih gantining kangelan ut. rêkasa kang dilakoni); kc. tuwas.

patobat: kn. tandhaning tobat ut. kapok.

patohan: kn. 1 angèl dikalahake, mênangan; 2 pc. bangêt, kêluwih-luwih.

patoman: kn. têgal tom.

patontong, patotong: pating [x] pc. padha katon mêtu molèr dawa.

patopan: I êngg. kn. omah (ut. papan) dianggo ngabotohan. II kn. ak: prahara gêdhe; kc. topan.

patorongan: êngg. kn. patarangan.

patos, botên: [x] k. ora pati.

patoto: mak [x] pc. sanalika mêtu molèr dawa.

patra: I (S) kw. 1 godhong; 2 layang; anirna [x] pr: nyelaki prajanjian lsp. kang tinulis; ngreka [x] pr: malsu layang prajanjian lsp. II lênga (n. lisah k) [x] êngg. lênga pitroli.

patrajurit, patrayuda: kw. pêrang.

patralalita: kw. ar. têmbang gêdhe.

patraliyun: êngg. kn. (lênga [x]) lênga pitroli.

patramanggala: kw. ar. têmbang gêdhe.

patrap: kn. 1 tindak-tanduk, solah tingkah; 2 caraning nindakake (nggarap); 3 pc. cak-cakan ênggone nganggo (migunakake); 4 ak. wiwit tumindak (tumandang); di-[x] ak: diêcakake, ditindakake; di-[x]-i paukuman ak: diukum; di-[x]-ake ak: dicakake marang (tmr. paukuman lsp); [x]-an ak: ukuman; kc. trap.

patrasèli: kn. ar. kêmbang bngs. kênikir.

patrèn: kn. kang dipatri.

patrêm: kn. bngs. cundrik (kêris cilik).

patri: kn. campuran logam kang dianggo ngrakêtake logam (blèg, slaka lsp); di-[x], dipatrèni: dirakêtake nganggo patri.

patrum: (W) kn. jubungan isi obat lan mimis.

patrol: (W) kn. 1 (ut. patroli) nganglang njaga; 2 êngg. ak. rondha ing pakampungan (padesan); 3 (ut. patrolan) êngg. gêrdhu pajagan.

patros: êngg. k. patri.

patwa: (A) kn. ujaring ngulama ahli kitab.

paca: êngg. kn. sida.

pacak: kn. 1 (ut. [x]-an) solah-tingkah kang ginawe bêcik; 2 êngg. ak. wiwit, miwiti; 3 ([x]-e) pc. sêmune kaya; pêpacak) 1 wêwaton kang kudu diturut; 2 tatanan, larangan; 3 (pojok, sisih lsp) kang digawe wêwaton gawe maju têlu (tmr. ngèlmu wangun ut. ngèlmu ukur); di-[x]: 1 disèlèhake kanthi tata, ditata bêcik; 2 didandani (diênggoni rêrênggan lsp) supaya bêcik; 3 diêmot (disêbutake) ana ing (layang kabar, anggêr-anggêr lsp); 4 ditrap ana ing, didèkèk ing; di-[x]-i: 1 êngg. diparasi (tmr. dêgan); 2 dilarangi, dianggêr-anggêri; [x]-an: 1 kang dipacak; 2 rêrênggan; 3 êngg. pc. mênganggo sarwa bêcik; kc. macak, pancak, pacêk.

pacak baris: kn. tata baris arêp nêmpuh ut. nanggulang mungsuh.

pacak gulu: kn. nglenggokake gulu (ing jogèd).

--- 478 ---

pacal ~ pathethah-pathèthèh.

pacal: kn. ar. iwak loh; 2 êngg. bngs. patar.

pacalang: n. pacambêng k. 1 ak. prajurit kang ndhisiki lakuning baris; 2 êngg. ak. bngs. pulisi ing desa; kc. calang.

pacandon: kn. ak. panggonan adol candu.

pacanthèlan: êngg. dhukuh.

(pacang): di-[x]-[x] kn. ak. digadhang-gadhang; di-[x]-ake: digadhang bakal dijodhokake (didadèkake bojo); [x]-an: calon bojo.

pacar: (-banyu, -cina, -kuku) kn. ar. têtuwuhan (pacar kuku sok dianggo ngabang kuku); di-[x]: diabang nganggo pacar kuku (tmr. kuku).

pacara: br. upacara.

pacar-wutah: kn. gotri (mimis) akèh dilêpasake barêng; di-[x]: dibêdhil nganggo pacar-wutah.

(pacas): di-[x] êngg. dipancas.

pacaton: êngg. kn. sawah kang digadhuhake minangka bayar; kc. caton.

pacawis: k. pacara.

pace: I kn. ar. wit sarta wohe. II êngg: pacak; kc. mace. III di-[x] pc: diapusi, diblithuk.

pacèran: êngg. kn. pacêrèn.

pacèt: êngg. kn. ar. dolanan bocah nganggo kêmiri.

pacètan: êngg. kn. pacitan.

paceca-pacece: kn. sajak kumênthus.

pacêh: kw. ak. gumuyu latah-latah.

pacêk: I êngg. kn. bngs. pathokan, sindik gêdhe; [x]-an: bngs. tumbak cilik; kc. pamacêk. II êngg. kn: 1 oyod lajêr; 2 aluran (ing turun). III [x]-ên êngg. kn. lara ing dhadha pating slêngkrang. IV pêpacêk êngg. kn: pêpacak; di-[x]-i êngg: dipacaki (dilarangi, dipacuhi); kc. pacak. V êngg. kn: pacêt (bngs. lintah).

pacêklak: ak. pacêklik kn. mangsa larang pangan.

pacêl: kn. 1 pantèk (sindik) gêdhe; 2 pc. sêntosa, patohan; di-[x]: dipantèk, disindik nganggo pacêl; di-[x]-ake êngg: dilêbokake ing.

pacêlathon, paclathon: n. pawicantênan k. pagunêman; kc. clathu.

pacêncêngan: êngg. kn. pathênthêngan.

pacêngès, pacêngis: mak [x] kn. ak. sanalika ngguyu mringis.

pacêrèn: kn. jogangan lsp. pambuwangan banyu rêgêd.

pacêt: kn. 1 bngs. lintah cilik; 2 ar. lêlara; 3 gacuke tiba lêt sapêcak karo gasangane (tmr. dolanan bèngkat).

pacima: kw. kulon.

pacina: kn. ak. jaman pêrang (kraman) Cina ing Kartasura.

pacing: kn. ar. têtuwuhan bngs. glagah nanging wite êmpuk bangêt.

pacingkaran: êngg. kn. mênjila, misah.

pacir: kc. pocar-pacir.

pacira: êngg. kn. èmpèr.

paciri: kn. ak. ciri, têngêr.

pacitan: kn. nyamikan (panganan kang dipangan nalikane wedangan lsp); dianggo [x] omong pc: dianggo sambèn omong.

pacical-pacicil: kn. pandêlak-pandêlik matane.

(pacuh): pêpacuh kn. larangan, wêwalêr; di-[x]-i: dilarangi, diwalêri.

pacuk, pacok: êngg. pc. congkok (tukang ngrêmbugake wong kang arêp jêjodhoan); di-[x]-i êngg. pc: dilantarake ênggone rêrêmbugan dol tinuku lsp; di-[x]-ake: disêmbranani dipacangake.

pacul: kn. 1 ar. piranti dianggo ngadhuk lêmah lsp. awujud wêsi pêsagèn landhêp digarani doran; 2 êngg. cucuk dhandhang; di-[x](-i): dikêdhuk lsp. nganggo pacul.

pacul bawak: kn. pacul kang wêsine nganggo urung kayu.

pacul jêjêg:(-unêt) êngg. kn. lêncèg, klênyêm.

pacul-gowang: kn. kang sasisih lowah ora tinutupan (tmr. wanguning omah, tudhung).

pacul kolong:(-slandhok) kn. pacul kang digawe wêsi sakolongane pisan.

paculan: (wong [x]) êngg. wong kang bêburuh gawe jugangan lsp.

pacumplêng: kn. ak. ar. pajêg omah.

(pacung): di-[x]-ake kn. ak. dituduhake marang, dipatah; kc. acung, macung.

pacuri: êngg. kn. pakarangan; kc. cêpuri.

pacuca-pacucu: kn. cangkême tansah mêcucu.

pacuthat: pating [x] kn. padha masêlat adoh

pacok-pacokan: pc. gênti macokake; kc. pacuk.

pacrabakan: kw. pamulangan.

patha: (S) kw. gêbêr ginambaran; kc. pêtha.

pathak: kn. 1 balung cumplung (tmr. kewan); 2 ks. êndhas; di-[x] pc: dibalang êndhase (nganggo barang atos).

pathakilan: kn. ak. tansah arêp mêmènèk (brangkangan).

pathangkrèk, pathangkrik, pathangkring, pathangkruk, pathangkrok, pathangkrong: pating [x] kn. padha linggih lsp. ana ing dhuwur (ing pang lsp).

pathangthang, pathanthang: pating [x] kn. padha linggih sikile dialangake.

pathathus: pating [x] pc. padha linggih njathus.

pathèk: kn. ar. lêlara kulit saèm. gudhig êmplèk-êmplèkan; [x]-ên: nandhang lara pathèk.

pathekol, pathêkêl: pating [x] kn. mawa daging atos kiyêng (tmr. lêngên lsp).

pathèngkol: pating [x] kn. ora lêncêng (tmr. pang lsp).

pathèngkrèkan: kn. linggih (ngadêg) ana ing papan kang dhuwur sêmu murang tata.

pathèngkrèng: pating [x] kn. padha linggih ing papan kang dhuwur (murang tata); di-[x]-ake: disèlèhake ing papan kang dhuwur.

pathèngthèngan, pathènthèngan: kn. umuk (kumêndêl, nantang lsp) tangane malang kêrik.

pathethah-pathèthèh: kn. ak. (linggih) sikile dijênggarake.

--- 479 ---

pathèthèk ~ pèdhêk.

pathèthèk: mak [x] kn. ak. linggih sikile sanalika dijênggangake.

pathêk: êngg. kn. pathok(-an).

pathêkêl: kn. kc. pathekol.

pathêngkukan: kn. ak. (linggih) mbungkuk.

pathêngkrêng: pating [x] kn. mung tansah padha linggih bae (ora tumandang).

pathênthêng: pating [x] pc. padha abuh mênthêng-mênthêng; [x]-an: katon mêmpêng bangêt.

pathês, dêrês: [x] êngg. pc. dêrês bangêt (tmr. udan).

pathêt: I di-[x] kn. 1 ditarik kêncêng (ora diulur); 2 ak. dicandhêt, dipênggak, ora diuja; 3 êngg. dicêndhakake, dilongi. II kn: dhasar dhuwuring larasing swara gamêlan.

pathêtên: kn. ora bancar wêtune (tmr. wong nggarap banyu).

pathêthêk: pating [x] kn. katon pêpunthukan akèh.

pathi: kn. 1 (glêpung) kênthêlan pêrêsan tela (garut, sagu, onggok lsp); 2 êngg. santên krambil; 3 ak. sari, perangan kang alus, kênthêlaning surasa lsp; di-[x]: didadèkake pathi, dijupuk pathine.

pathingkrang, pathingkrik, pathingkring: pating [x] kn. padha linggih ing papan kang dhuwur murang tata. .

pathingthing, pathinthing: pating [x] kn. padha katon kêncêng (singsêt).

pathir: kc. pothar-pathir.

pathis: êngg. kn. gathuk adhamis, trêp; kc. mathis.

pathithil: kn. ak. cêthil (gêmi bangêt).

pathu: di-[x] kn. dikênani ing gangsingan kang diubêngake.

pathuk: kn. ak. pojok tikungan (ing kali, gunung lsp).

pathungkruk, pathungkrung: pating [x] kn. ak. padha linggih njingkrung.

pathungthung, pathunthung: pating [x] kn. padha mlênthung akèh.

pathok: kn. 1 kayu, pring lsp. kang ditancêbake dianggo ugêr-ugêr, têtêngêr lsp; 2 êngg. pc. têtêp ora owah (ora kêna diênyang lsp); 3 êngg. papan paklumpukaning wong-wong rondha; 4 êngg. sawah bagean kang baku; 5 êngg. anggêr, waton; 6 êngg. pc. wong sing dadi srayaning bakul dodolan supaya olèh panganyang akèh (ethok-ethok ngêjori panganyang lsp); di-[x](-i): 1 didokoki pathok; 2 ditêtêpake, dipancêd ora kêna diênyang, dikurangi lsp; 3 diwatoni, diugêri; [x]-an: 1 pathok; 2 êngg. têtêp, ora-owah-owah; 3 wêwaton, paugêran; kc. mathok.

pathok-bangkrung: (-bangkrong) kn. 1 pc. têtêp, ora bisa owah; 2 wis ditêtêpake ora kêna diênyang.

pathokol: pating [x] kn. ak. pating pathekol.

pathol: I di-[x]-i êngg. kn. dithotholi, dicucuki. II êngg. kn: jêjênggul (ing kêrêngan lsp). III pc: pathèk; [x]-ên pc: pathèkên.

pathola: (S) kw. bngs. cindhe (sutra alus).

pathon: kn. dolanan gangsingan; kc. pathu.

pathongkrong: pating [x] kn. padha linggih ing papan kang dhuwur (sêmu mbêngkuk).

pathothok: pating [x] kn. padha njênggar sikile, lakange lsp.

pawadan: kn. 1 santolan, ethok-ethok; 2 gunêm; kc. awad.

pawadonan: n. pawèstrèn k. wêwadining wong wadon.

pawayangan: n. paringgitan k. ak. papan kang dianggo mitongtonake wayang (antarane pandhapa karo omah).

pawaka: (S) kw. gêni; cs. 3.

pawakan: kn. dêdêg-pangadêg, wanguning badan; kc. awak.

pawana: (S) kw. angin, cs. 5.

pawar: êngg. kn. gêbayan ing desa; kc. uwar.

pawarsakan: kw. pananggalan, almanak.

pawarta: n. pawartos k. kabar; kc. warta.

pawat: kw. ak. pawèwèh.

pawaton: kn. ak. palêmahan kang awujud watu.

pawèh: kn. ak. pawèwèh.

pawèstri: kw. (wong) wadon.

pawèstrèn: kn. 1 padununganing wong wadon; 2 papan sêmbahyang ing mêsjid mligi tumrap wong wadon; 3 k. ak. pawadonan.

pawèstrènan: k. pawadonan.

pawèwèh: kn. apa kang diwènèhake; kc. wèh, wèwèh.

pawêdhèn: kn. tumpukan (panggonan) wêdhi.

pawijènan: kn. ak. pawinihan pari; kc. wiji.

pawiyatan: kw. pamulangan, sêkolahan.

pawinihan: kn. pandhêdhêran wiji ing sawah.

pawingking: k. pamburi.

pawira: (S) kw. ak. tumbak; kc. prawira.

pawitan: kn. dhuwit lsp. kang dianakake (dianggo bêbakulan lsp).

pawitra: (S) kw. suci, bêning, rêsik.

pawicantênan: k. pacêlathon.

pawuhan: kn. jugangan lsp. pambuwangan uwuh.

pawukon: kn. petungan bab wuku, tanggal lsp; kc. wuku.

pawohan: kn. ak. wadhah kinang.

pawon: kn. 1 êngg. luwêng; 2 omah (papan) kang dianggo olah-olah; kc. awu.

pawong:(-an) kn. ak. batur wadon, para-nyai.

pawong-mitra:(-sanak) kn. ak. mitra (kanca) kang cakêt.

pe: I kn. ar. kewan sêgara kulite kaya kikir. II di-[x] kn: digaringake ana ing panasan; kc. pepe.

mpean: êngg. k. 1 kowe; 2 êmbuh.

pèang: êngg. kn. mbêndhul, njêndhul (tmr. êndhas).

pedah: kn. ak. paedah.

pedokan: kn. ak. panggonane wong wedok.

pedon: êngg. kn. padon, pojok.

(pèjèt): di-[x](-i) kn. diênêtake nganggo jêmpol; [x]-an: (cênil, sêmprot lênga wangi, lsp) kang dipèjèt.

pedhak, pedhêk, pêdhak, pêdhêk: êngg. kn. cêdhak.

pedhal: kn. pancadan ing obèngan pit.

pèdhèt:(-ên) kn. bithêt ing tlapukaning mata kang dhuwur.

pèdhêk: êngg. kn. cêdhak.

--- 480 ---

pèdhês ~ pènmès.

(pèdhês): di-[x] êngg. pc. dipithês, diplindhês.

(pègès): di-[x] kn. diiris mayat (mèncèng); kc. pagas.

pegin: êngg. kn. isih.

pego: kn. ora lumrah ênggone ngucapake basa Jawa (kaya cara Bagêlèn).

pegon: kn. 1 êngg. ora mligi cara Jawa (modhèl campuran); 2 basa Jawa ditulis nganggo aksara Arab; 3 êngg. dhokar.

(pegos): di-[x] kn. digawe ut. diênêrake mayat (ngèncèng-èncèng); kc. megos.

pèh: I kn. impês ing puyuhan. II êngg. kn: kalenan sidhatan, ilèn-ilèn ing tanggul lsp. III êngg. kn: 1 ora aji; 2 kêndho, ora sigrak; kc. èmpèh. IV pc: dupèh, dumèh. V dadi pèhan pc: dadi tutuhan.

pehak: êngg. pc. 1 ênêr; 2 sisih, golongan (parte).

pèhcun: (C) kn. riyaya Cina (ing sasi Juni).

pèi: (C) kn. ar. mainan nganggo kêrtu cilik.

peyat-peyot: êngg. pc. pating jluwog.

pèyèk-pèyèk: êngg. pc. dhèyèk-dhèyèk.

peyuban: kn. ak. papan kang eyub.

peyok: I pc. pesok. II pc: swaraning pitik dipêndèl (wis kalah lsp).

peyor: I êngg. kn. anak macan. II êngg. ak: mleyor, ora jêjêg (-kukuh).

(pèk): I di-[x] n. dipunpêndhêt k. dipundhut ki. 1 didadèkake darbèke; 2 (-anak, -mantu lsp); 3 êngg. dijupuk; kc. apèk, pèk-pèkan. II êngg. karêbèn; [x]-e êngg: karêbène. III [x] ngonoa, [x]-none n. (pèknotêne k) êngg: mula nyata têmênan.

peka: I pêpeka kw. sêmbrana, ora nggatèkake. II dipekani êngg. kn: dipaeka.

pèkèh: di-(êmban) [x] kn. diêmban ing bangkekan sikile dikêthapêlake; kc. mèkèh.

pekoh: kn. mlaku sikile mênga sêmu medong-medong.

pekong: pc. têpekong.

pèk-pèkan: kn. 1 sing mênang ngêpèk (tmr. adu jago lsp); 2 (anak [x]) anak ênggone ngêpèk, anak pupon.

pèl: I kn. gombal lsp. ditêlêsi dianggo ngrêsiki jobin lsp; di-[x]: dirêsiki nganggo pèl. II kn: 1 wilangan lêmbaran dluwang; 2 dluwang kang dianggo nggaringake tulisan mangsèn; di-[x]: digaringake nganggo dluwang pèl. III (ut. pèl-pulisi) pc: pulisi sing manganggo cara sêrdhadhu.

pela, pelah: kn. ak. tênunan sêrat dianggo sabuk.

(pela): dipelani êngg. diopèli.

pelad: êngg. kn. celad, cedhal.

pelag: kw. bêcik (bagus, ayu).

pelah, pèlêh: pc. blêngkêran rodha (pit, montor lsp).

pelan: kn. ar. manuk.

pela-pèlu: I kn. ak. banyu yiyid (tmr. wong manak, jaran, sapi manak). II êngg. kn: bngs. cathak.

pelas: I kn. ar. lêlawuhan kang digawe kêdhêle karo parudan krambil; kc. tangkêp pelas, cathok pelas. II êngg. kn: 1 sapele, rèmèh; 2 imbuh (tmr. têtuku).

pèlèt: kn. 1 mawa corak lorèng-lorèng (tmr. kayu, pênjalin lsp); 2 (lênga [x]) lênga iwak dhuyung dianggo nggunani; di-[x]: 1 dilèlèti lênga pèlèt (digunani, didhuyung); 2 êngg. dilepa (tmr. tembok).

(pelih): di-[x] êngg. dipilih.

peling: kn. 1 ak. pitutur ngelikake; 2 br. sing ngati-ati, sing eling; 3 pc. imbuh (sabên 10 ... 1, dianggo ngeling-eling nalikane ngetung lsp); pêpeling ak: pitutur ngelikake; di-[x]-i: 1 ak. dipituturi, dielikake; 2 pc. diwènèhi peling (imbuh); kc. eling, pèngêt.

pelut: ora [x] êngg. ks. ora bisa.

pelo: kn. ora cêtha pakêcapane tmr. gunêman (kaya bocah cilik, wong lara bangêt lsp).

pelog: kn. ar. larasing gamêlan.

peloh: kn. lêmês miyar-miyur, ora kaku.

pelor: êngg. pc. mimis.

pelot: kn. ak. bengkong mbêngkêluk (tmr. lading, kêris lsp); kc. melot.

pèlpulisi: (W) kn. pulisi kang mênganggo cara sêrdhadhu.

pema: k. ak. poma.

pemahan: k. pomahan.

pèmès: (W) kn. lading gapit.

pemut: k. ak. peling.

pemutan: k. ak. cathêtan.

pèn: (W) kn. waja lsp. lancip dianggo nulis sarana diclupake ing mangsi.

penah: kn. ak. pèn kang digawe gagang wulu.

penak: pc. kapenak.

penakan: k. êngg. pc. ponakan; kc. kaponakan.

penal: kn. ak. 1 thèthèl, dhidhal kulite; 2 têngêran (ciri) ing gêgêr ing kêrtu (dianggo ciri yèn arêp nggadhung lsp).

penang: kn. ak. sabrayat, saturunan ut. sapranakan (tmr. pitik lsp).

pendah: kw. beda, seje; tan [x] kaya kw: ora beda kaya, padha karo; lir [x] kw: saèmpêr, kaya dene; kc. mendah.

pèndèng: kn. gèpèng (marga dipènèt).

pèndêl: kn. bngs. lênga wangi.

pènjol: kn. ora bundêr kêplêng (ana kang mênjoto).

pèndhèk, pêndhèk: êngg. pc. 1 cêndhèk; 2 cêkak, cêndhak; pèndhèke, pèndhèkên êngg. pc: cêkake.

(pènèk): di-[x](-i) kn. diunggahi sarana dipancad lan diangkrok (tmr. wit lsp); kc. mènèk.

(pènèt, pênèt): di-[x] kn. diênêtake nganti gèpèng.

pènêng: (W) kn. saèm. dhuwit dianggo têtêngêr, ciri, kalung lsp.

pèni: kn. bêcik lan arang anane (akèh rêgane); [x]-[x] br: barang barang kang pèni (raja brana).

pènmès: êngg. kn. lading gapit.

--- 481 ---

pènsiyun ~ petak.

pènsiyun: (W) kn. pansiyun.

pèntil: (W) kn. bngs. pipa karèt dianggo nglêbokake angin ing ban, bal lsp.

pèncèng: kn. ora pênêr; kc. mèncèng.

(pènclok): [x]-an êngg. kn. pencokan; kc. menclok.

(pencut): mencutake kn. njalari kêsêngsêm, menginake bangêt; kc. kêpencut.

(pencok): di-[x]-i kn. diencoki; [x]-an: kang diencoki; kc. mencok.

pencong: kn. 1 pèncèng; 2 êngg. bngs. cethok.

pencor: kn. pêpês sarta muntir siji (tmr. sikil).

pencos: pc. pencong, pèncèng.

penthong: kn. bengkong muntir (tmr. sikil).

pènyèt: êngg. kn. pèndèng (diênêtake); di-[x] êngg: dipênèt.

(pèngès): di-[x] kn. dipègès; ke-[x]: kiris (tangane lsp).

pèngêran: durung wêruh [x] br. durung pêcah nalare (isih bocah).

pèngêt: kn. 1 peling; 2 sing eling marang; di-[x]-i: dicathêti; [x]-an: 1 cathêtan; 2 pangeling-eling.

pèngèl: êngg. kn. (sa-[x]) sakênong (tmr. sêga).

(pengin): di-[x]-i kn. dikarêpake lan diarêp-arêp bangêt; dipêpengin: digawe kêpengin; [x]-an: 1 ak. gampang kêpengin marang; 2 ut. pêpenginan) apa-apa kang dipèngini; kc. kêpengin.

pengkal: I di-[x] kn. disepak nganggo sikil buri (tmr. jaran). II kn: ar. sandhangan ing aksara Jawa (...)Huruf Jawa: pengkal.

pengkolan: kn. ak. têkukan kang bêngkêluk; kc. mengkol.

pèngkrang: êngg. kn. pincang.

pènglèh: êngg. pc. peloh, sèngklèh.

pengo-pengo: êngg. kn. menga-mengo dening mambu sing ora enak lsp.

(pengos): di-[x] pc. dipègès, dipegos.

pengot: êngg. kn. pangot.

pepe: kn. ak; seba dhedhe ana ing alun-alun pêrlu nyuwun pangadilan (ing panjênênganing nata); di-[x]: diêpe; [x]-an: 1 apa-apa kang diêpe; 2 piranti mepe; kc. pe.

(pèpèd): di-[x]-i kn. dicêdhaki, didhêsuk nganti ndhèmpèl; di-[x]-ake: didhêsêk (diênêtake) nganti mèpèd; kc. kêpèpèd, mèpèd.

(pèpèh): di-[x] kn. ak. dithuthuki supaya dadi lèmpèngan (tmr. mas).

pepeka, pêpeka: kw. sêmbrana, kurang ngati-ati.

(pèpèl): di-[x]-i pc. dicuwili; kc. papal, pipil.

pèpèr: kn. 1 ngrêsiki wêwadi (dubur) mung sarana dikêsud (tanpa banyu); 2 gombal, dluwang lsp. kang dianggo ngrêsiki wêwadi (dubur); di-[x]-i: dirêsiki sarana dikêsud ing dluwang lsp (tmr. wêwadi, dubur).

(pèpès): di-[x] êngg. kn. dipès; [x]-an: lêlawuhan kang dipès.

pèpèt: êngg. kn. kèpèt.

(pèprèk): di-[x]-i êngg. kn. diplupuh, dipupuh (digêbugi).

(pèprèl): di-[x]-i pc. dicuwili, dipêcahi; kc. mèprèl.

pèr: I êngg. kn. babag, padha; kc. par. II êngg. kn. kreta arodha loro (bngs. dhokar); kc. pir.

perak: I êngg. kn. 1 slaka; 2 rupiyah. II ut. di-[x] êngg. kn: pisah, dipêgat; [x]-an êngg: pisahan, pêgatan.

peran: kn. ak. Pangeran.

(perang): di-[x](-[x]) kn. diprinci-princi, didadèkake bêbagean; [x]-an: 1 pêprincèn; 2 ak. bagean; 3 ak. pêpanthan (golongan) kang kaping(-têlu, papat lsp).

pere-pere: êngg. pc. ora tanja, mubadir, tanpa aji; kc. kêpara-kêpere.

pèrèdan: êngg. kn. ikêt-ikêtan wirone cilik mlipis.

pèrèng: kn. palêmahan kang mayat ing lambung gunung ut. bambing kali.

pèrès: kn. kêbak wrata karo lambene ut. bambinge (tmr. wadhah, takêran, kali).

pèrèt: êngg. kn. 1 pangêlusan grabah nalikane digawe (kang lumrah sing digawe pandhoga); 2 pethak têkan ing irunge (tmr. sapi lsp); [x]-an êngg: ikêt-ikêtan wirone tinata alus; kc. mèrèt.

pèrêk, pêrêk: êngg. cêdhak.

pèrêmas: kw. bngs. cindhe (sutra).

pèrês: (W) kn. 1 pangêcapan layang kabar lsp; 2 layang kabar.

pèrês-dhêlik: (W) kn. kaluputan marga ngarang ing layang kabar kang surasane mbêbagus, ngala-ala lsp.

pèron: (W) kn. 1 èmpèring sêtasiyun; 2 (karcis-[x]) karcis mlêbu ing peron.

(perong): di-[x] êngg. kn. diclonèhi.

perot: kn. 1 mèncèng ora sipat (tmr. cangkêm, wange ngisor nisih); 2 penjol, ora pênêr.

pès: I di-[x] kn. dibuntêl ing godhong banjur dipanggang (tmr. iwak loh lsp). II êngg. kn: 1 ora olèh-olèhan, ora olèh gawe; 2 ora dadi, wurung; di-[x] êngg: diina, dirèmèhake. III (W) kn: ar. lêlara nular.

pèsèk: kn. dhêmpok (ora mbangir) tmr. irung.

pèsèr: êngg. kn. bribil.

(pesing): ke-[x] kn. kêbêlêt ngising.

peso: êngg. kn. lading.

pesok: kn. dhêkok, lêgok (tmr. topi, kuluk lsp).

pèsta: kn. ak. pista.

pèt: I di-[x] kn. 1 êngg. dipèk; 2 ak. dijupuk, disuprih, dianggêp kaya; kc. amèt, mèmèt. II (W) kn: topi mawa tèbèng ingarêpe (kaya kang dianggo priyayi pangrèh praja yèn dhinês). III kn: (lênga [x]) lênga pitroli.

petak: I êngg. kn. bngs. lalêr gêdhe sok ngrubung kêbo lsp. II êngg. kn: guthêkan, lowahan kang disinggêt-singgêt; 2 (omah-[x]) omah gêdhe kang diguthêk-guthêk sêsênthongan dianggo

--- 482 ---

sewan; di-[x]-[x] êngg: diguthêk-guthêk.

petan ~ pêkir.

petan: kn. ulik ki. golèk tuma srana dibiyaki rambute; di-[x]-i kn. diulik ki: 1 digolèki tumane; 2 pc. dijlimêt, dititi-priksa têmênan.

petang: (-an) k. petung(-an).

(petar): di-[x] kn. ak. dibendrongi nganggo mriyêm.

petung: n. petang k. 1 (ut. [x]-an) wilangan, cacah (kèhe); 2 êngg. gêmi bangêt (kabèh digênahake lan tietung); di-[x]: 1 dietung, dicacahake; 2 dilêbokake ing petungan; 3 pc. kêlêbu ing wêwilanganing ...; kc. etung.

petor: êngg. ak. 1 priyayi pangrèh praja bangsa Wlanda (Gêzaghêbbêr); 2 asistèn residhèn.

pecak: I êngg. kn. picak. II di-[x] êngg. kn: disepak (ing jaran).

pece: kn. picak sasisih.

(pècèl): di-[x](-i) êngg. kn. dipêcèl(-i).

pèci: kn. 1 topi pèt; 2 kupluk.

pècis: êngg. kn. pèci.

pecok: kn. 1 bngs. wangkil; 2 êngg. bngs. wadung; 3 êngg. bngs. pacul cilik.

pethak: kn. corak putih ing bathuk ut. êndhas (tmr. jaran).

pèthèk: I kn. 1 bngs. cakil ut. canthèlan sanggan êmpyak lsp; 2 rambut kaya gombak ing iringan (liyane dicukur); di-[x]: 1 diulukake (diumbulake) nalikane arêp diundha (tmr. layangan); 2 ak. dicukur diturahake kaya gombak ing iringan. II kn: ar. iwak sêgara sok digawe gêrèh.

(pèthèl): di-[x]-i êngg. kn. disêmpali (tmr. pang); kc. prèthèl.

petho: êngg. kn. kêthul.

pethot: pc. melot.

pêda: kn. gêrèh iwak kêmbung.

pêjah: k. 1 pati; 2 mati.

pêjah-kêlir: êngg. k. patukêlir.

(pêjang, pêjêng): di-[x] êngg. ak. digujêngi, dicêkêli kêncêng.

pêjuh: ks. 1 kama, 2 anak.

pêdhaya: êngg. kn. tlèdhèk; kc. bêdhaya.

pêdhak, pêdhêk: êngg. cêdhak.

pêdhang: kn. ar. gêgaman landhêp bngs. klewang; di-[x]: ditamani pêdhang.

pêdhang suduk: kn. pêdhang kang lêncêng.

pêdhang warangan: kn. pêdhang nganggo pamor.

pêdhati: n. pêdhatos k. êngg. bngs. grobag.

pêdhèt: kn. anak sapi (sapi cilik).

pêdhês: kn. 1 rasa kaya dene rasaning lombok, mrica lsp; 2 pc. rasaning kulit kaya yèn dipêcut lsp; 3 pc. nylêkit, nyêrikake bangêt (tmr. têtêmbungan lsp); pêpêdhês: lêlawuhan lsp. kang rasane pêdhês.

pêdhês-pêrih: pc. kangelan sarta rêkasa (sakèhing kasusahan).

pêdhidhing: kn. ak. bêdhidhing.

pêdhut: kn. 1 uwabing banyu kang katon kandêl kaya mega; 2 ent. kasusahan; di-[x]-i êngg: ditutupi pêdhut.

pêdhot: kn. 1 tugêl tmr. tali, sambungan, dalan lsp; 2 kanggêg (lakune, crita lsp); 3 kalah (tmr. jago, ngabotohan lsp); 4 uwal (tmr. mêmitran, sêsanakan lsp); 5 pêgat, pisah (tmr. bêbojoan); ora (tan-) ak: tansah; di-[x]: ditugêl (tmr. tali lsp), ora ditutugake (tmr. crita lsp), dipisah (tmr. mêmitran lsp), dimarèni (tmr. pakarêman ala lsp); [x]-an: 1 apa-apa kang wis pêdhot (dipêdhot); 2 kang wis kalah (tmr. jago, wong kêrêngan lsp); 3 andhêging napasan ing sabên sapadan (tmr. têmbang macapat); kc. pêgat, mêdhot.

pêga: kn. 1 êngg. sumpêg; 2 kêbul, kêluk.

pêgat: kn. 1 ak. pêdhot; 2 pêpisahan, talak (tmr. bêbojoan); ora (tan-) [x] tansah; di-[x]: 1 ak. dipêdhot; 2 ditugêl (êndhase); 3 diwènèhi talak (wis ora didadèkake bojo); di-[x]-i: 1 pc. dicêgati; 2 ak. dicêgat ing dalan, dialang-alangi, diadhangi; di-[x]-ake: dikon pêgatan; [x]-an: 1 pêpisahan (tmr. bêbojoan); 2 pisah.

pêgat mati: kn. bêbojoan pisahan marga salah sijine mati.

pêgat urip: kn. pêgatan sarana layang pêgat (isih padha urip).

pêgat-pêgat: br. pêdhot-pêdhot (ênggone gunêman lsp).

pêgawan: kn. ak. bagawan.

pêgêl: kn. 1 krasa kêmêng kaku (tmr. boyok, athik-athikan lsp); 2 êngg. kêsêl bangêt; 3 ([x] atine) anyêl, mangkêl bangêt.

(pêgêng): di-[x]: 1 kn. ak. diampêt (tmr. napas); 2 ki. disapih (ênggone nusu); kc. mêgêngan.

pêgogok: pc. bêgogok.

pêgot: êngg. kn. pêdhot.

pêhan: kw. ak. puhan.

pêyik: êngg. kn. piyik.

pèk: mak [x] kn. katêrangan ut. sabawaning napuk lsp.

pêkah: kn. 1 pc. kayaning wong lanang marang bojone; 2 êngg. pamêtu, pikolèh, piguna; kc. nipkah.

(pêkak): di-[x] kn. 1 dicandhêt supaya ora mbandhang (tmr. jaran); 2 dicandhêt (tmr. hawa nêpsu).

pêkakas: êngg. pc. bêkakas.

pêkangkang: pating [x] pc. padha linggih lsp. sikile mênga.

pêkara: I êngg. sampeyan. II n. pêkawis k. pc: prakara.

pêkatul: kn. ak. bêkatul.

pêkèkèh: pating [x] pc. padha ngadêg lsp. sikile mênga; kc. pèkèh.

(pêkèngkèng): di-[x]-ake pc. dibênggang sikile; kc. bêkèkèng.

pêkèt: kn. tungguk, jaga.

pêkewuh: n. pêkèwêd k. pc. pakewuh.

(pêkêk): di-[x] êngg. kn. dipêkak.

pêkên: k. pasar; [x]-an k: pasaran.

pêkênêng: pating [x] kc. padha katon kêncêng otote; kc. bêkênêng.

pêkêngkêng: pating [x] kc. padha linggih lsp. katon kaku; kc. bêkêngkêng.

pêkih: (A) kn. 1 ngulama ahli anggêr-anggêr; 2 kawruh bab anggêring agama.

pêkik: kw. bagus.

pêking: kn. 1 ar. manuk êmprit cilik; 2 (saron [x]) saron kang cilik (pênacah); [x] abuntut mêrak pr: prakara cilik tundhone dadi prakara gêdhe.

pêkir: I kn. pandhita pêpriman; [x] miskin: pandhita pêpriman lan wong-wong mlarat.

--- 483 ---

II pc: wis ora kanggo (marga wis lawas, wis rusak lsp).

pêklaring ~ pêndhêm.

pêklaring: êngg. pc. (pêklantun êngg. k): 1 katêrangan; 2 prosèspêrbal.

(pêkul): di-[x] kw. dirangkul.

pêkungkung: pating [x] pc. padha sumèlèh gêgêre mbêngkuk.

pêkok: pc. 1 lêgok, dhêkok; 2 ks. budhêg bangêt; 3 ks. bodho bangêt.

pêkongkong: pating [x] pc. padha mbêngkuk (linggih lsp).

(pêkrok): di-[x]-ake kn. diêgarake (tmr. suwiwi lsp); kc. mêkrok.

pêksa: kn. panjiyat supaya tumindak; 2 ak. kumudu-kudu; di-[x]: dijiyat, dikudokake tumindak (tumandang); pêksan: 1 kang dipêksa; 2 gêlême marga kêpêksa; kc. kêpêksa, mêksa.

pêksa wani: br. kêndêl bangêt.

pêksi:. 1 k. manuk; 2 kn. sindik kang tumancêb ing ukiraning kêris.

pêkti: br. upêkti.

pêla: êngg. rêmpêla.

pêlag: êngg. kn. palangan êlêt-êlêt (singgêtan); di-[x]-ake êngg: dialangake ing antarane; kc . kêpêlag.

pêlak: I di-[x] êngg. ak. digêlak, dienggalake. II kn: anak iwak kakap.

pêlana: kn. ak. lapak gajah.

pêlat: (W) kn. blebekan kuningan lsp, piringan gramopon; kc. plat.

pêlèn: kêbo [x] êngg. ak. kêbo lanang.

pêlêg: êngg. ak. kêbak bangêt, têtêl; kc. mêlêg.

pêlêk: I ut. [x]-an êngg. ing pungkasan (waktu lsp). II di-[x] êngg¨digêlak; kc. pêlak.

pêlêm: kn. ar. wit sarta wohe.

pêlêng: kw. èsthi (ênêr) ing pamikir; di-[x]: 1 diênêr (dituju) sarana nyawijèkake pikiran; 2 ak. disawijèkake; kc. mêlêng, pamêlêngan.

pêli: ks. palanangan.

pêlik: sa-[x] kn. 1 sathithik (tmr. pangangahing gêni); 2 sapêthil (tmr. kêmbang); pêpêlik êngg. anting-anting nganggo intên, cêplik; [x]-[x] pc: apa-apa kang gumêbyar mawa cahya (intên lsp); di-[x]: 1 ak. dirêsiki (tmr. intên, mas lsp); 2 didhudhuk dijupuki (tmr. logam, intên lsp); [x]-an: 1 apa-apa kang kadhudhuk saka sajroning lêmah (mas, intên, lsp); 2 ak. batur bocah; kc. mêlik, pêrlik.

pêling: pc. bêcik bangêt; kc. pling, kêmpling.

pêlit: êngg. êntèk-êntèkan.

pêluh: kn. ora bisa kaku (tmr. palanangan).

pêluk: sa-[x] kn. ak. saprangkul; di-[x] ak: dirangkul.

pêlung: kn. ar. manuk.

pêlur: I ut. pêluru kn. ak. mimis. II (W) kn: jrambah (jogan) kang dijobin.

pêlus: kn. 1 bngs. wêlut gêdhe; 2 êngg. bngs. lintah; 3 ks. palanangan.

pêloh: êngg. pc. pêluh.

pêlok: kn. isi (wiji) pêlêm, kwèni lsp; kc. mêlok.

(pêlong): [x]-[x] kn. 1 (-matane) pc. katon amba (matane); 2 mawa corak bundêran, cêplok lsp. kang gêdhe-gêdhe (tmr. bathikan); kc. mêlong, plong.

pêlpèn: (W) pc. gagang pèn mawa isi mangsi.

pêna: êngg. sampeyan (kowe).

pênak: kn. sêga digolong (ut. diênêt-ênêt) dibuntêl ing godhong.

pênapa, pênapi: k. ak. apa.

pênat: kw. kêsêl, sayah.

pênatu: kn. (pênatos êngg. k) tukang sêtrika.

pênatus: êngg. kn. lurah desa; kc. panatus.

pênacah: kn. (saron [x]) saron pêking.

pêndara: êngg. kn. 1 bêndara; 2 sêtagèn.

pêndèl: I êngg. ak. 1 palu; 2 saèm. kampak. II di-[x](-i) kn: 1 dicucuk(-i) lan dikabruk(-i); 2 diajak padu, dipadoni.

pêndêlik: pating [x], [x]-an kn. matane padha diwêngakake amba; di-[x]-i: dipênthêlêngi.

pêndêlo: pating [x] pc. matane padha katon amba kaya mêtu.

(pêndêng): di-[x] kn. dipêlêng, dipindêng; kc. mêndêng, pêndêng.

pênding: kn. sabuk kang digawe blebekan slaka lsp.

(pêndir): di-[x] kn. ak. diwènèhi pagawean kang abot (rêkasa).

pêndirang: pating [x], [x]-an kn. matane julalatan marga kagèt lsp.

pêndiringan: pc. mrinding dening wêdi.

pêndul: I kn. 1 kandêl kaya abuh (tmr. mata); 2 kêmbang pête, kêdhawung lsp; kc. mêndul. II di-[x]-i êngg. kn: diadhuk, dipaculi (tmr. lêmah).

pênjait: êngg. kn. grêji (tukang gawe klambi lsp).

pênjalin: n. pênjatos k. ar. têtuwuhan rambat wite digawe dandanan.

pênjawat: kw. suwiwi; kc. panjawat.

pênjete, pênjutu, pênjoto: pating [x] pc. padha katon abuh (mlênte) mêtu.

pênjorangan: êngg. ugal-ugalan.

pêndhak: kn. 1 êngg. sabên ing (dina, sasi lsp), sabên-sabên; 2 ing dina (sasi, taun lsp) kang padha karo saiki; [x] pisan, [x] pindho: slamêtan wong mati ing sataun (2 taun) sabakdane; [x]-[x] ak: kêrêp; di-[x]-i: dislamêti pêndhak pisan (-pindho); kc. mêndhak.

pêndhalungan: kn. ak. gunêman ora karuwan unggah-ungguhe.

pêndhapa: kn. (pêndhapi k): omah ingarêp kang lumrah adhapur limasan.

pêndharat: êngg. kn. kêndharat, tampar (dianggo nêncang); kc. pandharat.

pêndhatos: êngg. k. 1 cikar; 2 dhokar.

pêndhega: êngg. kn. 1 anthèking pandhe; 2 punggawa prau; kc. pandhega.

pêndhèk: êngg. cêndhèk, cêndhak.

pêndhêlis, pêndhêlus: pating [x] kn. padha katon mêncungul sarta katon gilap.

pêndhêlong: mak [x] pc. sanalika kêndho; kc. kêndhêlong.

pêndhêm: kn. 1 kang tumancêb (dumunung) sajroning lêmah (tmr. cagak lsp); 2 (ut. [x]-an) ak. kuburan; di-[x]: 1 didokok ing sajroning lêmah (diurugi); 2 ks.

--- 484 ---

dikubur; [x]-an: apa-apa kang dipêndhêm; kc. mêndhêm.

(pêndhêt) ~ pênthêlêng.

(pêndhêt): dipun-[x] k. 1 dijupuk; 2 dipèk.

pêndhêtan: êngg. k. Parakan.

pêndhikil: pating [x] pc. padha mbrênjul cilik-cilik.

pêndhil: êngg. kn. kêndhil.

pêndhisil: pêndhèsèl, pating [x] pc. padha mbrênjul mêtu.

pêndhita: kc. pandhita.

pênjulus: pating [x] pc. saèm. pating pêndhêlis.

pêndhusul, pêndhosol: pating [x] pc. padha katon mbrênjul sêmu mêtu.

pêndhok: n. kandêlan k. srasah urunging gandar kêris (kang digawe slaka, êmas lsp); golèk [x] pc: golèk alêm.

pênèkêr: êngg. kn. kênèkêr.

(pênèt): di-[x] êngg. dipênêt.

pênêd: êngg. ak. 1 bêcik, tata; 2 endah; kc. pênêt.

pênêk: êngg. kn. pênak.

pênêr: kn. 1 ênêr, arah; 2 bênêr ing, tumuju ing; kc. ênêr, kêpênêr.

(pênêt): di-[x](-ake) kn. diênêtake, dipêtêk.

pêniti: kn. kancing klambi ngiras rêrênggan.

pênuh: kw. kêbak, jêjêl akèh bangêt.

(pêntal): di-[x] êngg dikontalake.

pêntas: ora [x] êngg ora bisa.

pêntasan: kn. 1 papan padusan ing kali lsp; 2 ing papan kang ora ana banyune; 3 papan kang dianggo wiwit (tmr. dolanan bengkat lsp); kc. êntas, mêntas.

pêntèl: êngg. kn. pênthil.

pêntêlung: pc. pantêlung.

pêntil: kn. woh kang isih cilik.

pênting: êngg. pc. pêrlu bangêt.

pêntog: pc. notog ing; kc. kêpêntog, pantog.

pêncak: kn. main selat (tangkis-tinangkis).

pêncalang: êngg. kn. pulisi desa; kc. pacalang.

pêncar: I kn. sumêbar wrata (dadi akèh); di-[x]-ake: 1 disêbar diwratakake, didadèkake akèh; 2 ditandur diwratakake (tmr. wiji lsp); kc. mêncar. II sa-[x] êngg. kn: saunting (tmr. pari kang mêntas diênèni).

pêncarian: êngg. pc. panggaotan, pagawean.

pêncar-karang: kn. ak. wis gawe omah dhewe ora têtunggalan karo wong tuwane (tmr. pangantèn anyar, anak kang wis omah-omah).

(pêncas): di-[x] pc. dipancas.

pêncèrèt: pating [x] pc. katon gilap sumunar; kc. mêncèrèt.

(pêncèt): di-[x] êngg. kn. dipijêti.

pêncêlat: pating [x] pc. padha mêncolot adoh; kc. mêncêlat.

(pêncêlèk): di-[x]-ake kn. diwêngakake (ikute lsp); kc. mêncêlèk.

pêncêngès, pêncêngis: mak [x] pc. sanalika ngguyu mringis.

pêncêrêng: pating [x] kn. matane padha mênthêlêng.

pêncig: êngg. kn. dlamakane sikil kang siji nggêjojor (lakune pincang).

(pêncil): di-[x] pc. dipêthukake (diajak kêrêngan lsp) nalikane kêtêmu padha ijèn; kc. képêncil, mêncil.

pêncilak: pating [x], [x]-an kn. matane katon amba mêncêrêng; di-[x]-ake ak: dicilakake, diambakake.

pêncinat: êngg. kc. pêncilak.

pêncing: êngg. kn. 1 ujuran; 2 dhuwit rêruba, bêsêl; di-[x] êngg: dijaluki ujuran; di-[x]-i êngg: 1 diwènêhi ujuran; 2 dibêsêli.

(pêncir): I di-[x] êngg. kn. dithothok lirih; kc. mêncir. II di-[x]-i kn. ak: diwuwuhi (diimbuhi) sathithik (supaya mundhak bêcik lsp).

pêncit: kn. ak. puncak kang dhuwur dhewe, pucuk; kc. mêncit.

(pênclok): di-[x] êngg. dipêncok.

pêncu: kn. 1 pêndhukul ing gong, kênong lsp; 2 êngg. awangun brunjungan (tmr. omah); kc. mêncu.

(pêncug): di-[x] êngg. kn. 1 ditugêl, dijugag; 2 dijupuk (dijujug) ing têngah (tmr. apa-apa kang pancène kudu urut-urutan).

pênculat: kn. mlêtik mêncolot.

pêncungul: mak [x] kn. sanalika ngaton (êndhase, pucuke munggah); kc. mêncungul.

pêncurat: kn. sumirating banyu; pating [x]: padha sumirat.

(pêncok): I di-[x] êngg. kn. dibacok dipancas. II kn: 1 ar. lêlawuhan; 2 bngs. pilis (mata).

pêncolot: kn. mlumpat ngêgèt.

pêncongol: mak [x] kn. sanalika mêncungul; kc. mêncongol.

pêncono: pating [x] pc. padha abuh.

pêncorong: kn. 1 pêpadhang kang sumorot; 2 (sa-[x]) sasasi; pating [x]: padha sumorot mblêrêngi; kc. mêncorong.

(pêncos): di-[x] êngg. pc. dipêncas, dipancas, dipêncok.

pêncrit: êngg. pêncit.

pênthalèt, pênthalit: pating [x], [x]-an kn. padha pêpulêtan.

(pênthang): di-[x] kn. 1 dibêndhèng ditarik (tmr. gêndhewa), ditarik ngiwa nêngên (tmr. mepe wlulang lsp); 2 disalib, diukum ing pamênthangan; kc. pamênthangan.

pênthangulan: kn. ora duwe isin (kumintêr lsp).

pêntheyat-pêntheyot, pênthèyètan: êngg. pc. katon rêkasa dening kabotan momotan.

pênthelangan: kn. ak. ugal-ugalan.

(pênthèng):di-[x] kn. dibêndhèng, dipênthang; kc. mênthèng.

pênthèngèl: mak [x] pc. sanalika mênthungul êndhase.

pênthèr: I kn. 1 têrang ut. padhang (mari mêndhung); 2 ent. mari sêdhih (-susah); di-[x]-ake atine pc: dibêbungah. II di-[x]-ake kn. ak: dijèrèng, diandharake.

(pênthès): di-[x] êngg. pc. ditêmênani (dikêrasi) ênggone mulang muruk lsp.

pênthèt: I kn. ar. manuk. II di-[x] êngg. kn: diincup; kc. pêthèt.

(pênthèlèt): di-[x]-ake wêtênge pc. dilêmpètake wêtênge; kc. mênthêlèt.

pênthêlêng: pating [x] pc. padha ngêngakake [ngêngak...]

--- 485 ---

[...ake] matane; di-[x]-i: dipandêng kanthi sêrêng; kc. mênthêlêng.

pênthêngil ~ pêpêt.

pênthêngil: mak [x] pc. sanalika mêncungul.

pênthiyètan: êngg. pc. pênthèyètan.

pênthil: kn. mundri ki. cênil ing pucuking susu; di-[x]: diunyêr-unyêr (digiyêr) pênthile.

pênthingil: pating [x] pc. padha mêtu nyongat cilik-cilik.

pênthul: kn. ak. pênthol, bêndhul; kc. mênthul.

pênthung: kn. kayu gilig dianggo nggêbug lsp; di-[x]: 1 digêbug ing pênthung; 2 pc. diblithuk, diapusi, dibathi akèh.

pênthungul: mak [x] pc. mak pêncungul.

pênthol: kn. 1 peranganing têkên, bêdudan lsp. kang awangun bundêr; 2 êngg. jêjênggul, pangarêp (ing kècu lsp); 3 êngg. kc. wong bodho; [x]-an: kang mbêndhul; kc. mênthol.

pêntholos: pating [x] pc. padha nggundhul; kc. mêntholos.

pênthongan: êngg. kn. kênthongan.

pênthongol: pating [x] pc. padha mêncungul êndhase.

(pênyak): di-[x] kn. ak. dipidak.

pênyakit: êngg. pc. 1 lêlara; 2 ks. wong ala.

pênyanyakan: kn. ak. biyayakan ora tata.

pênyènyèng: pating [x] pc. padha kumênthus kurang ajar; kc. mênyènyèng.

(pênyèt): di-[x] pc. dipènyèt.

pênyinyang-pênyinying: pc. minggrang-minggring.

pênyu: kn. 1 bngs. bulus; 2 thothoking kewan kasêbut (digawe jungkat lsp).

(pênyuk): di-[x] êngg. pc. 1 dipidak (tmr. barang kang jênês); 2 diblusukake (dicampurake) ing prakara kang ora prayoga.

pênyunyangan: pc. ndhugal, clinthisan; kc. mênyunyang.

(pênyok): di-[x] êngg. pc. dipênyuk.

pênyon: ora [x] êngg. pc. ora bisa.

pênyonyo: pating [x] pc. padha abuh (tilas diantêmi lsp); kc. mênyonyo.

pêng: I mak [x] (kupinge): krasa sumiyut ing kuping (marga ditabok lsp). II di-[x] êngg. pc: ditindakake (digarap lsp) kalawan têmên-têmên; kc. mêmpêng, pêng-pêngan.

pêngak: kn. ak. saèm. sêngak.

pêngangah: kn. crêmomonging gêni mawa; kc. mêngangah.

pêngar: kn. ambu kang sumêgrak (kaya lobak).

pêngaron: kn. saèm. jêmbangan cilik.

(pênggak): di-[x] kn. dicandhêt, dielikake supaya aja mbanjurake tindake kang ora bêcik.

pênggang: êngg. kn. bênggang, rênggang; di-[x] êngg: dibênggang.

(pênggêl): di-[x] êngg. kn. didum-dum (diperang-perang).

pênggik: kn. ak; perangan kang mênggik; kc. ênggik, mênggik.

(pênging): di-[x] kn. dielikake (dilarangi) murih aja nglakoni.

pêngkangan: êngg. kn. lowahan; kc. pamêngkang.

pêngkarag: mak [x] pc. sanalika njêgrag wulune (marga wêdi lsp).

pêngkêlang-pêngkêlêng: pc. atos kaku (tmr. sêsukêr, têtêmbungan).

pêngkêluk: pc. bêngkêluk, têkukan; pating [x] pc: padha mbêngkêluk; di-[x]-ake: ditêkuk, dibêngkêlukake.

pêngkêlung: kn. ak. pêntêlung (ing pang lsp); di-[x]-ake: ditêlungake.

pêngkêr: êngg. k. buri; dipun-[x]-i(-akên) k: diungkuri(-ake); ke-[x] k: kêpungkur; [x]-an k: 1 pungkuran; 2 ki. gêgêr.

pêngkêrêd: mak [x] pc. sanalika dadi cêndhak.

pêngki: êngg. kn. bngs. kranjang uwuh.

pêngkirig: mak [x] pc. sanalika njêgrig wulune (marga wêdi lsp).

pêngkuh: kn. 1 kukuh ora gampang rusake (tmr. dandanan, pawakan lsp); 2 santosa, kuwat (ent. tmr. bêbudèn);di-[x]-i ak: dikukuhi disêntosani.

(pêngkuk): di-[x](-ake) pc. dibêngkuk, dibêngkêlukake.

(pêngkul): di-[x] kw. dirangkul; kc. pêkul.

(pêngkok): di-[x] (-ake) kn. 1 ak. dipêthukake, dicêgat; 2 dipapagake (dipèpètake) nganti ora bisa oncat (ent. tmr. rêrêmbugan ut. pêpadon); kc. kêpêngkok.

pêngkorog: mak [x] pc. sanalika njêgrag wulune.

pêngkrêdan: pc. tansah mêngkêrêd.

pênguk: kn. ambu kaya dene ambuning têmbako lawas.

pêngulu: pc. pangulu.

pêngung: 1 kw. suwung, kothong; 2 êngg. sumpung; 3 (kumprung [x]) ak. bodho bangêt.

pêngur: kn. prêngus.

pêngus: kn. ak. prêngus.

pêngong: êngg. kn. bodho bangêt; kc. pêngung.

pêng-pêngan: êngg. pc. 1 kang dipêng bangêt; 2 bêcik (santosa, pintêr lsp) bangêt, kang bêcik dhewe; kc. pêng, mêmpêng.

(pêp): di-[x] kn. disumpêt nganti ora kêna hawa.

pêpak: kn. 1 (ut. [x]-an) kabèh wis ana (ora ana kêkurangane); 2 wis ganêp (ora ana kang kari, kang cicir); di-[x]-i (di-[x]-ake ak): diwuwuhi (diganêpake) supaya pêpak.

pêpeka: kw. sêmbrana, ora ngati-ati; kc. peka.

(pêpêg): di-[x] kn. ak. dipêkak (tmr. kêndhali lsp).

pêpêr: I kn. 1 suda landhêpe (tmr. lading lsp); 2 ent. suda kadigdayane lsp; di-[x] ak: 1 disuda landhêpe; 2 dilêrêmake (nêpsune), dikêndhakake. II di-[x] kw: dilacak, ditakon-takoni.

pêpês: kn. 1 ilang kakuwatane (tmr. anggotaning badan lsp); 2 ent. tanpa krêkat, ilang dayane; di-[x](-ake) ak: diilangake dayane (kakuwatane, kaluwihane); kc. mêpês, mlêpês.

pêpêt: kn. 1 buntu ora têrus (tmr. dalan lsp); 2 ora bisa têrus mili (tmr. kalenan

--- 486 ---

lsp); 3 ([x] atine) judhêg bangêt, ora bisa mêmikir; 4 ak. jêjêl riyêl ora kêna dipiyak (tmr. gêgrombolaning wong); 5 (ut. ulu [x] ak) ar. sandhangan ing sastra Jawa (...);Huruf Jawa: pepet. di-[x]: 1 (ut. di-[x]-i) dibuntu, diadhangi nganti ora bisa têrus; 2 didokoki sandhangan pêpêt.

pêpêthan ~ pêrlak.

pêpêthan: kn. wêwujudan kang minangka gambaran (têtiron); kc. pêtha.

pêra: kn. akas ora plikêt (tmr. sêga lsp); ora dhêmbêl (tmr. lêmah, rambut, lawe lsp).

pêrak: kn. cêdhak.

pêrak-esuk: n. (-enjing k) êngg: wayah ngarêpake bangun esuk.

pêrang: I di-[x] êngg. kn. dibacok, ditêgor; ke-[x]: kiris. II adu gêgaman (kakuwatan) arêbut mênang; di-[x]-i: 1 ak. ditêmpuh (dimungsuh); 2 dipadoni, dilawan; kc. prang.

pêrang brubuh: kn. pêrang amuk-amukan akèh pêpati.

pêrang dharat: kn. pêrang ana ing dharatan.

pêrang dhêmit: kn. ak. sêsatron kang disamun.

pêrang laut: kn. pêrang ana ing sêgara.

pêrang lèrès: kn. pêrang dhêdhêlikan sarana nglimpe.

pêrang ngarêp: kn. pêrang adu arêp ora limpe-linimpe.

pêrang sabil: kn. pêrang karana agama Islam; kc. sabil.

pêrang tandhing: kn. parapêrang. padha ijèn.

pêras: êngg. kn. sajèn.

pêrasaan: êngg. pc. pangrasa, rasa rumangsa.

pêrbal: kn. cathêtan papriksaning prakara kang bakal katur marang pangadilan; di-[x]: dicathêti prakarane (bakal dilapurake marang pangadilan).

pêrban: (W) kn. blêbêd (gudhig, lêlara lsp); di-[x]: diblêbêd.

pêrbatang: kn. ak. kayu (wit) kang wis rubuh.

pêrbêng-pêrbêng: kn. katon abang raine arêp nangis (marga susah lsp).

pêrbil: I pc. tuladha, conto. II pc: kêrbil.

(pêrdi): di-[x] kn. 1 diwulang-wuruk amurih bêcike, dimanuhake nindakake tatapranata kang bêcik; 2 ak. dipêrsudi, diudi.

pêrdikan: kn. kaluputake ing pajêg (tmr. desa, pasantrèn, lsp).

pêrduli, pêrdulèn: pc. mèlu ngrêmbug marang (prakaraning liyan).

pêrduntên: êngg. k. pêrduli.

pêrdondi: kn. ak. pêpadon, sulaya.

(pêrjaya): di-[x] kw. dikalahake, dipatèni.

pêrjanjian: pc. prajanjian.

(pêrjit): di-[x]-[x] pc. diperang-perang, didum-dum.

perjiwatan: kw. sih-sinihan.

pêre: êngg. kn. ringkih, apêsan; kc. mêre.

pêrèh: êngg. pc. pêrih.

pêrèk-pêrèk: êngg. pc. bêngok-bêngok; kc. bêrèk.

pêrêd: kn. ora lunyu, ora gampang mletre.

pêrêk: êngg. cêdhak.

pêrêng: kn. ak. gêsêng, gosong; kc. porong.

(pêrêp): di-[x]-i kw. dicêdhaki; kc. prêp.

(pêrês): di-[x] kn. 1 diwênyêt (dipijêt-pijêt lsp) supaya apuh; 2 dipuh lsp (tmr. sapi lsp); 3 ak. dipêsu ngluwihi kakuwatane (tmr. pamikir lsp), diplindêr ing pagawean (murih ngêtokake hasil akèh); siram [x] ki. ak: adus wuwung; [x]-an: 1 olèh-olèhane mêrês, kang dipêrês; 2 ak. puhan (sapi lsp); 3 (sapi [x]-an) sapi kang dijupuk puhane.

pêrêt: pc. pêrêd.

pêrgêdèl: pc. ar. lêlawuhan kang digawe iwak cacahan karo kênthang lsp.

pêrgigah-pêrgigih: pc. agahan arêp tumandang.

(pêrgul): di-[x], [x]-an kn. disêpuh ing êmas ut. slaka.

pêrguruan: êngg. pc. paguron.

pêrguwa: êngg. kn. gêdhe dhuwur (kaya buta).

(pêrgogok): di-[x]-ake pc. disèlèhake; kc. bêrgogok.

pêri: I kn. ar. lêlêmbut wadon ayu rupane (bngs. widadari). II dipêrèkake êngg: diupamakake, dipadhakake.

pêrih: kn. 1 krasa lara kaya dene kiris; 2 krasa ngêlih (tmr. wêtêng); 3 br. sêdhih, susah, kasusahan, rêkasa; kc. prihatin.

pêrkakah: pating [x] pc. padha mbapang njênggar (tmr. pang lsp).

pêrkakas: pc. bêkakas.

pêrkangkang: pating [x] pc. padha mêkangkang.

pêrkatak, pêrkètèk: pating [x] pc. 1 padha nywara krètèk-krètèk; 2 padha katon kuning-kuning (tmr. pari lsp).

pêrkèkèh: pating [x] pc. padha mbêgègèh sikile.

(pêrkèngkèng): di-[x](-ake) kn. dibêkèkèng, dibêgagahake sikile.

pêrkewuh: n. pêrkèwêd k. pc. pakewuh.

pêrkênêng: pating [x] pc. pating pêkênêng.

pêrkênêngan: pc. bêkênêngan.

pêrkêngkêng: pating [x] pc. padha katon kaku (kêncêng).

pêrkêtêk: mak [x] pc. nywara krêtêk-krêtêk.

pêrkinding, pêrkinting: pating [x] pc. krasa pating prinding.

pêrkis: kn. ak. cilik bêcik.

pêrkisong: ut. dhop pêrkisong kn. bumbungan patrum bêdhil.

pêrkitik: pating [x] pc. padha nywara kritik-kritik.

pêrklaring: (W) kn. (layang) katêrangan.

pêrkul: kn. bngs. pêthèl.

pêrkungkung: pating [x] pc. padha mêkungkung.

pêrkutuk: I pating [x] pc. katon brontok (tmr. kulit). II di-[x] kn. ak. dipêksa, dijiyat.

pêrkutut: kn. ar. manuk.

pêrkongkong: pating [x] pc. padha linggih mêkongkong.

parkotok: pating [x] pc. 1 padha nywara krotok-krotok; 2 padha brontok (kulite).

pêrlaya: êngg. kn. pagêblug; kc. pralaya.

pêrlak: (W) kn. cita kang linapis sabangsa karèt.

--- 487 ---

pêrlambang ~ (pêsa).

pêrlambang: kn. ak. pralambang.

pêrlawanan: pc. pasulayan, mêmungsuhan.

pêrlègên: ora [x] êngg. pc. ora isin, ora wêdi.

(pêrlèng): di-[x] êngg. pc. diulur, diundur (wêktune lsp).

pêrlik: pating [x] pc. katon padha kêrlip-kêrlip.

pêrlip: (-pêrlipan) êngg. pc. dhêmênan.

pêrlu: (A) kn. 1 kudu ditindakake (yaiku nglakoni sêmbahyang 5 waktu tmr. Islam); 2 pc. nindakake salat; 3 kudu; 4 butuh migunakake (nganggo); 5 wigati; 6 ak. atas saka dhêdhuwuran; ana [x]: ana prakara kang kudu ditindakake (dilakoni); duwe [x] pc: duwe gawe (mantu lsp); [x] kanggo: gunane dianggo; dipêrlokake: 1 dianggêp pêrlu; 2 ditindakake kalawan têmên-têmên.

pêrlup: êngg. pc. 1 pêpacangan; 2 wis ora sêrêd (tmr. sêkrup, ajing-anjingan lsp).

pêrlok: pating [x] pc. padha katon gilap-gilap.

pêrlop: (W) kn. 1 sawatara dina (sasi) ora nyambut gawe; 2 dilèrèni marga saka panjaluke dhewe.

(pêrlos): di-[x] kn. ak. 1 dilèrèni, dicopot; 2 diuwali, diluwari.

pêrmadani: kw. babud; kc. prangwêdani.

permainan: êngg. pc. dolanan.

pêrmana: kn. ak. cêtha tamat pandêlênge; kc. pramana.

pêrmati: kn. kalawan bêcik (panjagane, panyimpêne lsp).

pêrmèl, pêrmil: kn. kayu plêngkungan dianggo sanggan (cithakan) pagêr bata kang mlêngkung (buk lsp).

pêrmèn: kn. 1 kêmbang gula kang sumriwing; 2 (lênga [x]) lênga sumriwing dianggo têtamba.

pêrmili: êngg. kn. sanak sêdulur, kadang.

pêrminil: êngg. pc. 1 kriminil; 2 pêrlu, wigati.

pêrmingsi, pêrmisi: (permiyos k) êngg. pc. 1 pamit; 2 idin, palilah; 3 lèrèn saka panggawean.

pêrmumuh: pating [x] pc. katon padha ngêmu banyu (tmr. gudhig).

pêrmomong, pêrmongmong: pating [x] pc. padha katon murub mêngangah.

pêrnah: kn. 1 dunung, ênêring ênggon, up. [x] kulon; 2 wis dumunung (sumèlèh) ing papan kang prayoga; 3 gêgayutaning saduluran kapênêr, up. [x] kakang; 4 êngg. wis krasan; di-[x]-ake: didunungake ing, disèlèhake ing papan kang prayoga; kc. kapêrnah.

pêrnèng-pêrnèng: êngg. kn. katon sumorot; kc. mêrnèng.

pêrnès:(-an) kn. 1 têtêmbungan ut. pratingkah kang ginawe-gawe (lumrahe ngêmu rasa miluta, mêmencut); 2 êngg. pêrdulèn marang, kumudu-kudu wêruh.

pêrnis: (W) kn. bngs. cèt gilap; di-[x]: dicèt gilap.

pêrngangah: kn. ak. abanging urubing gêni; pating [x]: 1 padha katon mêngangah; 2 padha katon abang sumorot (tmr. praèn lsp).

pêrngèngès, pêrngingis: mak [x] pc. mak cêngèngès(-cêngingis).

pêru: êngg. kn. rêmpêlu.

pêrung: ut. di-[x] kn. diilangi godhohe (tmr. kuping).

pêrut: kn. padha njêkêthut (tmr. kuping).

pêron: kn. ar. têtuwuhan rambat.

(pêrpak): di-[x]-i kw. dicêdhaki, diparani.

pêrpat: kn. ak. pangiring, batur; kc. parêpat.

(pêrpêk): di-[x]-i kw. dicêdhaki, diparani.

pêrplèstêr: (W) kn. wong wadon kang mulasara wong lara (ing dhoktêran).

pêrpondhêng, pêrpondhing: (W) kn. pajêg bale pomahan.

pêrsabên: pc. 1 kandha marang, awèh wêruh; 2 êngg. pamit, njaluk palilah; kc. prasabên.

pêrsah, pêrsak: pc. krasa ngêrês (kurang rêsik).

pêrsanakan: pc. prasanakan.

pêrsandha: kw. supata, sumpah, niyat ora bakal nglakoni.

pêrsèn: I (W) kn. 1 ganjaran, pawèwèh mirunggan; 2 opah, bêbungah; di-[x]-i: diwènèhi pêrsèn. II (W) kn: praatus ( % ). III (W) kn: ana.

pêrsendhean: êngg. kn. sendhean ing.

pêrsêkot: pc. êmpingan (bayar, sewan lsp).

pêrsikan: kn. ak. bêrsihan.

pêrsil: (W) kn. bumi nêgara kang disewa 75 taun.

pêrsis: pc. trêp bangêt, mèmpêr bangêt.

pêrslah: pc. palapuran.

(pêrsudi): di-[x] kn. diudi murih, ditêmênani.

pêrsobatan: êngg. pc. mêmitran.

pêrsonil: (W) kn. 1 punggawa; 2 (pajêg [x]) ar. pajêg.

(pêrtal): di-[x] pc. disalin ing basa liya; [x]-an pc: salinan ing basa liya.

pêrtapan: pc. pratapan.

pêrtelan: pc. pratelan.

(pêrti): I dipêrtèni êngg. pc. diopèni kanthi bêcik.

pêrtidesa: II êngg. kn. bêrsih desa.

pêrtingkah: pc. pratingkah, tingkah.

pêrtingsing: kakehan [x] pc. kakehan santolan.

pêrcados: êngg. k. pracaya.

pêrcadosan: êngg. k. prajangjian.

pêrcaya: pc. pracaya.

pêrcat-pêrcèt: mak pêrcèt pc. lunga tanpa sraba-sraba.

pêrcêt: mak [x] pc. 1 sanalika lair (mêtu); 2 ks. lair.

pêrcil: kn. kodhok cilik.

pêrcumah: êngg. pc. 1 lêlahanan; 2 tanpa guna.

pêrcobakan: pc. jajalan, pacoban.

pêrwande: n. pêrwandos k. êngg. wis mêsthi.

(pêrwasa): di-[x] êngg. kn. dikaniaya; kc. prawasa.

(pêrwinci): di-[x] êngg. kn. diprinci-princi.

pês: mak [x] pc. sanalika kimpès.

(pêsa): di-[x] pc dipêksa.

--- 488 ---

pêsaja ~ pêcêrèn.

pêsaja: pc. pasaja.

pêsagi: pc. pasagi.

pêsan: pc. pêksan.

pêsat: kn. 1 wilah ut. pring jêpataning lawangan bêkungkung, pasangan tikus lsp; 2 jêpatan; 3 ak. pir jam; di-[x] (-ake): dijêpatake; kc. bêsat, mêsat.

pêsêng: êngg. kn. pasang.

pêsi: I ancêring lading, kêris lsp. kang manjing ing garane. II k. pc: manuk; kc. pêksi.

pêsiyar: kn. ak. bêsiyar.

pêsing: I kn. ambu kaya dene ambuning uyuh. II ut. pêpêsing kn: pawèwèh (lumrahe wujud jarit) saka pangantèn lanang marang êmbane (êmbahne) pangantèn wadon; kc. pêcing.

pêsisir: kn. pasisir.

pêsmèn: pc. pasêmèn.

(pêsu): di-[x] kn. diudi (diêtog) kalawan têmên-têmên (tmr. badan, budi lsp).

(pêsud): di-[x] êngg. kn. diusap, dibêsud.

(pêsus): di-[x]-i êngg. kn. dipususi (tmr. bêras).

pêsut: kn. ar, iwak loh.

pêrtangan: êngg. kn. sapu-tangan (kacu).

pêstil: pc. pastil.

pêstul: pc. pistul.

pêstrèn: pc. paèstrèn (sawah pinggir kali).

pèsthi: kn. 1 (ut. pêpêsthèn) lêlakon kang wis ditêmtokake (ing kêrsaning Allah); 2 ak. kudu kêlakon (ora kêna ora); 2 ditêtêpake kèhe (wêktune lsp), dicumpi; dipêsthèkake: dijagakake, dianggêp wis mêsthi; kc. mêsthi.

pêt: kn. 1 (mak [x]) pc. sanalika ilang padhange; 2 êngg. trêp têkan ing; 3 êngg. samangsa, wiwit saka.

pêtak: I kn. ak. pambêngok, pênggêrtak; mêtu [x]-e pc: ngêtokake kamêmpêngane (kadigdayane); lindhu [x] br: lindhu kang nggênjot; di-[x]-i êngg: digêtak, dibêngoki digusah (tmr. cèlèng lsp). II dipun-[x] k. ak: dipêndhêm, dikubur.

pêtasan: êngg. kn. mrêcon.

pête: kn. ar. woh sarta wite.

pêtèk-pêtèk: pc. pêpindhan swaraning pitik.

pêtèntèng: pating [x] pc. padha katon umuk.

pêtengge: pating [x] pc. padha linggih ana ingarêp.

pêtete: mak [x] pc. sanalika mulur-mêtu.

pêtete-pêtete: pc. solah tingkahe katon kumênthus.

pêtètèng: pc. kc. pêtèntèng.

pêtêk: I di-[x]: 1 kn. ak. diênêtake; 2 (ut. di-[x]-i) ki. dipijêt(-i); 3 (ut. di-[x]-ake) pc. dikudokake nglakoni (tumindak). II êngg. kn: bngs. sabuk. III di-[x] êngg: dipêndhêm; kc. pêtak.

(pêtêl): di-[x] kn. diênêtake; di-[x]-ake pc: dikudokake tumandang (nglakoni).

pêtêng: kn. 1 ora padhang; 2 ora têrang (tmr. prakara lsp); 3 ora absah ut. ora miturut anggêr-anggêr (tmr. barang colongan, slundupan, sêkongkêlan lsp); 4 bunêg ut. susah (tmr. ati, pikiran); 5 katon mrêngut (tmr. polatan); di-[x]-i: dialing-alingi (ditutupi lsp) nganti pêtêng; [x]-an: 1 papan kang pêtêng; 2 kêbênêr ora ana rêmbulan (tmr. wayah bêngi); 3 pc. jaga-malêm; kc. kapêtêngan.

pêtêng ndhêdhêt:(gagap ak) kn. pêtêng bangêt.

pêtik: kn. ak. (pam-)bêngok; di-[x]: dibêngoki (nèmpèl ing kuping, tmr. wong ora eling lsp); dadi [x]-an ak: sumaput, ora eling.

pêtinggi: êngg. kn. lurah desa.

pêtis: kn. kênthêlan duduh iwak (urang lsp).

pêt-klampêt: pc. banjur ora tau ngaton.

pêtung: kn. ar. pring gêdhe.

pêtok: (-pêtok) pc. pêpindhan swaraning babon.

pêtontong, pêtotong: pating [x] pc. 1 padha mêtu ndolèr dawa; 2 padha umuk-umukan.

pêtoto: mak [x] pc. sanalika mêtu moto-moto.

pêt-pêtan: kn. krasa pêtêng pandêlênge (marga sumaput lsp).

pêtrèk-pêtrèk: kn. bêngok-bêngok ngundang (tmr. wong wadon).

(pêtri): dipêpêtri kn. 1 diopèni bangêt; 2 diajèni bangêt (tmr. kuburan lsp).

(pêca): di-[x] kn. ak. diwêca.

pêcah: kn. 1 rusak (rêmuk) pisah-pisah tmr. cangkir, piring lsp; 2 pisah-pisah dadi perangan cilik-cilik; 3 ent. pisah-pisah tmr. pamitran, sêduluran, pakumpulan lsp; 4 ([x] nalare) bisa mikir lan migunakake nalare; 5 konangan ing akèh (tmr. prakara wadi); di-[x]: diperang (dirêmuk lsp) supaya pêcah; di-[x]-ake: ditibakake lsp. nganti pêcah; [x]-an: 1 apa-apa kang wis pêcah; 2 cacah kang kurang saka sawutuh; kc. mêcah.

pêcak: I kn. 1 (sa-[x]) sadawaning sikil ditapakake (saka tungkak têkan driji); 2 ([x] pisan) ak. lagi wiwitan, lagi wiwit nindakake; di-[x]-i: diukur dawane nganggo pêcak. II êngg. kn: jaring cilik nganggo palangan cawangan. III êngg. kn: ar. bumbu (gula, asêm, kêtumbar) dianggo mbumboni iwak.

pêcal: êngg. k. sawah.

pêcalang: n. pêcambêng k. êngg. bngs. pulisi; kc. pacambêng.

(pêcat): di-[x] kn. ak. 1 dicopot, dirucat; 2 dilèrèni saka pagawean; 3 diuculi; mêcati: sêkarat ngarêpake mati.

pêcat mati: pc. nganti tumêka ing pati.

pêcat sawêd: kn. (wayah) nguculi sawêding sapi kang dimêgawèkake.

pêcèh: êngg. kn. rèmbès (matane).

(pêcèk): di-[x](-i) kn. dibacoki dicuwil-cuwil.

pêcèran: êngg. kn. pacêrèn.

pêceca-pêcece: kn. solah tingkahe katon kumênthus.

pêcêl: kn. ar. lêlawuhan kang digawe jêjanganan karo sambêl.

pêcêncêngan: êngg. pc. pêthênthêngan.

pêcêngès, pêcêngis: mak [x] pc. sanalika mringis.

pêcêrèn: pc. pacêrèn.

--- 489 ---

pêcil ~ pêthithil.

pêcil: êngg. k. anak.

pêcing: I kn. 1 ak. ambu kang bangêr; 2 gombal diclup ing uyuh lsp. ditancêbake ing sawah dianggo nulak ama (cèlèng lsp); luput [x] pr: ora kêna dipalangi kêkarêpane. II ut. pêcingan êngg. kn: ujuran; di-[x] êngg: dijaluki ujuran; kc. pêncing.

pêcical-pêcicil, pating pêcicil, pêcicilan: kn. matane pêndêlikan (marga nêpsu lsp).

pêcuk: kn. 1 (ut. pêcruk) ar. manuk pakanane iwak loh; 2 (Landa [x]) êngg. ks. Landa pranakan (asor); 3 êngg. pecok, kc. mêcuk.

pêcus, pêcrus: ora [x] pc. ora bisa.

pêcut: kn. cêmêthi garane dawa; di-[x](-i): 1 disabêt(-i) ing pêcut; 2 pc. digirèkake supaya mêmpêng.

pêcuca-pêcucu: pc. cangkême maju mundur (marga ora sênêng lsp).

pêcoh, pêcroh: kn. 1 cucuk-cucukan; 2 pc. pêpadon; di-[x]-i: dicucuki, dipêndèl; 2 ent. dipadoni, tansah dibêbeda.

(pêcok): di-[x](-i) kn. dikêthok(-i), dipancas(-i) nganggo arit lsp. (tmr. pang lsp).

pêcot: êngg. kn. copot; kc. pêcat, copot, pocot.

pêcruk: kn. ar. manuk pakanane iwak loh; kc. pêcuk.

pêcroh: kn. cucuk-cucukan; kc. pêcoh.

pêtha: kn. êngg. ak. gantha, wêwujudan; 2 (ut. pêpêthan) wêwujudan têtironing barang; 3 ak. cêngkorongan, karêp; 4 ak. caraning tumindak; di-[x]: 1 ak: diwangun, diwujudake; 3 digambar (diwujudi) kaya dene; kc. pêpêthan.

pêthak: k. putih.

pêthakan: êngg. k. 1 slaka; 2 mori.

(pêthakil): di-[x]-ake kn. digubêdake ing (tmr. sikil); [x]-an: 1 sikile tansah dipêthakilake; 2 pc. sugih reka kang ala.

pêthal: kn. uwal sarta pisah; di-[x]: 1 diuwalake lan dipisah; 2 (ut. di-[x]-i) dipaculi (tmr. pojokaning sawah sing ora katut (diwluku).

pêthangkrèk, pêthangkrik, pêthangkring, pêthangkruk, pêthangkrok, pêthangkrong: pating [x] pc. padha linggih ana ing papan kang dhuwur.

pêthangthang, pêthanthang: pating [x] pc. linggih sikile dibêgagahake.

(pêthar): di-[x]-ake kn. ak. diêlar diambakake (tmr. ali-ali lsp); kc. pêthèr.

pêthat: I kn. 1 pêdhot pisah (ora gêlêm campur manèh); 2 ak. lèrèn mari udan (tmr. mangsa rêndhêng); di-[x]: dipisah diuwalake (kanthi pêksa); kc. bêthat, pêthèt. II ki: jungkat.

pêthathak: pating [x] pc. padha linggih sikile mbêgagah (tmr. wong wadon).

pêthathus: pating [x] pc. padha njathus.

pêthèk: kn. pambadhe, pamêca; di-[x]: 1 diwêca, dibadhe lêlakone kang bakal kêlakon; 2 pc. dibêdhèk, dibatang.

pêthekol: pating [x] pc. lêlêkêran kiyêng (tmr. lêngên).

pêthèl: kn. wadung cilik nganggo sangkal; di-[x](-i): tamani pêthèl.

pêthèn: kn. pêthi cilik.

pêthèngkol: pating [x] pc. pating prenggok (tmr. pang lsp).

(pêthèngkrèng): di-[x]-ake pc. disèlèhake ing papan kang dhuwur.

pêthèngthèngan, pêthènthêngan: pc. padha katon umuk tangane mêthènthèng.

(pêthèr): di-[x]-ake kn. diêlar diambakake (tmr. ali-ali lsp); kc. mêthèr.

(pêthès): di-[x] kn. dikêrêngi têmênan (ênggone mulang muruk).

pêthèsèl: pating [x] pc. katon cilik-cilik nanging kiyêng.

pêthèt: I di-[x](-i) kn. diêlih ditandur (ing tamanan lsp); [x]-an: têtuwuhan kang dipêthèt (lumrahe tamanan). II êngg. kn: jungkat; kc. pêthat. III di-[x]-i pc: dicêthèti ing biting lsp. tmr. gangsir sing diêdu.

pêthethah-pêthèthèh: pc. linggih sikile njênggar.

pêthèthèk: pating [x] pc. dhêngkule mênga (linggih, mêmènèk lsp).

pêthethe-pêthethe: pc. pating pêtèntèng.

pêthêkêl: pating [x] pc. lêlêkêran kiyêng (tmr. lêngên).

pêthêl: kn. tumêmên tabêri ing gawe; di-[x]-i: ditabêrèni.

pêthêngkukan: pc. (padha) linggih mbungkuk.

pêthêngkrêng: pating [x] pc. padha linggih mênêng bae.

(pêthêt): di-[x](-i) kn. dikêthok (diiris) pucuke sathithik.

pêthêthêk: pating [x] pc. padha têtumpukan ora tata (tmr. panganan lsp).

pêthi: kn. wadhah wangun pêsagèn mawa tutup.

pêthik: I kn. 1 ak. piranti dianggo ngulir sêkrup; 2 êngg. palu cilik, tatah. II di-[x](-i) kn. 1 dipêthil saka ing gagange (tmr. kêmbang, godhong lsp); 2 dicuplik diêmot ing layang (koran) liya tmr. karangan; 3 dipilihi; (pê-)[x]-an: 1 cuplikan saka layang (koran) liya; 2 pilihan.

pêthil: I kn. uwal saka ing gantilane; di-[x]: 1 diuwalake saka ing gantilan; 2 êngg. dipirid, dipêthik, dicuplik; 3 dijupuk (dituku) sasêle (tmr. barang gêgandhokan); 4 dipilih dipatah nindakake; [x]-an: 1 kang wis pêthil, kang dipêthil; 2 crita mung saperangan (tmr. wayang lsp). II kn: palu cilik (kêmasan).

(pêthing): di-[x] kn. ak. dipilih (dianggêp) kang bêcik dhewe; pêpêthingan: pêpilihan kang bêcik dhewe.

pêthingkrang, pêthingkrik, pêthingkring: pating [x] pc. padha linggih ana ing papan kang dhuwur.

pêthingthing, pêthinthing: pating [x] pc. katon kêncêng singsêt (tmr. nganggo sandhangan).

pêthit: kn. perangan kang pungkasan (tmr. buntut ula, têkên, gambang lsp); kc. mêthit.

pêthithil: pc. cêthil bangêt.

--- 490 ---

pêthuk ~ pikarêpan.

pêthuk: I kn. ak. gathuk, kêtêmu, cocog karêpe; di-[x]: dipapag; di-[x]-ake: dipapagake; [x]-an: 1 kêtêmu gathuk; 2 barang-barang lsp. kang mêthuk (pangantèn lsp); kc. kêpêthuk. II ut. [x]-an êngg. kn: buntêlan; di-[x] êngg: dibuntêl. III kn: layang katêrangan ut. kwitansi (pajêg lsp).

pêthungkruk, pêthungkrug: pating [x]: pc: padha linggih gêgêre mbungkuk.

pêthungthung, pêthunthung: pating [x] pc. padha abuh mlêmpung.

pêthut: kn. wong kang kêndêl sarta atos, jêjênggul.

pêthuthuk: pating [x] pc. padha umpuk-umpukan; di-[x]-ake pc: disèlèhake umpuk-umpukan.

(pêthok): I di-[x]-i êngg. kn: dithuthuki (tmr. slarak kandhang, sindik, ganjêl lsp, supaya manjing); lênga [x]-an êngg. ak: lênga klêntik lsp. kang dipipit. II êngg. pc: layang pêthuk.

pêthokol: pating [x] pc. pating pêthekol.

(pêthol): di-[x]-i êngg. kn. diidak-idak lsp. supaya lêmbut (tmr. gêmpalan lêmah kang atos ing sawah ut. têgal).

pêthongkrong: pating [x] pc. padha linggih ana ing papan kang dhuwur.

(pêthot): di-[x](-i) kn. 1 dibêthot, diuwalake kanthi pêksa; 2 dipisah (disapih) kanthi pêksa; kc. bêthot, pêthat.

pêthothok: pating [x] pc. pating pêthathak.

piadu: kw. pêpadon, padu.

piagêm: kn. layang pratandha prajanjian (pikêncêng lsp).

piala: n. piawon k. tindak kang ala; dipialani: digawe cilaka; kc. ala.

piandêl: kn. 1 ak. tanggungan; 2 prakara kang diandêl; kc. andêl, pangandêl.

pianjur: kw. pangarêp; kc. panganjur.

pianggêp: kw. gagasan, panganggêp; kc. anggêp.

piangkah: kw. maksud, pangangkah; kc. angkah.

piangkuh: kw. umuk; kc. angkuh.

pi-api: kn. api-api (ethok-ethok).

(piarsa): dipiarsakake kw. dirungokake; kc. miarsa.

piatu: êngg. kn. bocah lola.

piblik, publik: êngg. pc. wong umum.

pidak: I di-[x] kn. diidak; [x]-an ak: kêmiri adon. II wong [x] (-padarakan) kw: wong asor.

pidana: kw. siksa, paukuman; di-[x]: diukum, disiksa.

pidari: kw. 1 lêrêb, palêrêban; 2 palêmahan.

pidèh: êngg. pc. pidih.

pidêksa: kn. gêdhe lan dhuwure timbang (tmr. pawakan, pangadêg).

pidih: I di-[x] kn. 1 diênêtake ing jêmpol ut. driji; 2 ent. dikêrasi, diplindêr; 3 êngg. ak. dipêsu. II kn: malam dicampuri lênga, godhong dhandhang-gula lsp. dianggo ngirêng alis, maèsi lsp; di-[x]: diirêng nganggo pidih.

pidikan: kw. langgar, sanggar pamujan.

piduwung: kn. ak. rasa gêtun; kc. kêduwung.

pidosa: kw. kaluputan, dosa; kc. dosa.

pijana: kw. taman, patamanan.

pijar: I êngg. kn. mokal, nglêngkara. II êngg. kn: pijêr (tansah).

pijêr: I kn. tansah. II kn: bngs. ganda-rukêm dianggo ngadoni patri. III kn: plêtikan (cuwilan) wêsi kang digêmblèng. IV kn: kupu cilik-cilik.

pijêt: kn. pêtêk ki. diênyêt-ênyêt badane supaya mari sayah lsp; di-[x]: 1 diênêtake nganggo driji, dipèjèt; 2 (ut. di-[x]-i) diênyêt-ênyêt badane supaya mari sayah.

pijêtan: kn. langsêb.

piji: I di-[x] kn. dipatah (ditanggênah) nindakake sawijining pagawean. II kn: ar. wit bngs. jambe.

(pijig): di-[x] êngg. ak. dipiji.

(pijir): di-[x](-[x]) kn. ak. dietung tliti bangêt; kc. ijir.

(pijrah): di-[x] kn. ak. dipijir; kc. ijrah.

(pidhangêt): di-[x]-ake ki. ak. dirungokake.

pigêgêl: êngg. kn. tandha-mata, tandha pangeling-eling; kc. gêgêl.

pigujêngan: k. ak. gêguyon.

pigurah, pigorah: êngg. kn. wêngku gambar potrèt lsp.

piguna: kn. ak. paedah, guna; migunani: maedahi.

pih: êngg. kn. kalenan; kc. pèh.

pihak: êngg. pc. pehak.

(piyagah): di-[x] kn. ak. ditindakake miturut sasênênge dhewe; kc. wiyagah.

piyayi: n. piyantun k. pc. priyayi.

piyak: kn. sumisih ngiwa nêngên; di-[x]: 1 disisihake ngiwa nêngên; 2 ak. dibukak (wadine lsp); kc. wiyak.

piyambak: k. dhewe.

piyambêk: êngg. k. dhewe.

piyantên: êngg. k. piyara.

piyapat: kn. ak. kawruh, wirasat.

(piyara): di-[x] êngg. kn. 1 diingu; 2 diopèni lan dipêpêrti.

(piyarsa): I dipiyarsakake kw. dirungokake. II di-[x] êngg. ak: didêlêng, ditonton; kc. pirsa.

piyas: êngg. kn. biyas.

piyatu: êngg. kn. bocah lola.

piye: pc. kêpriye.

piyèk-piyèk, piyik-piyik, piyêk-piyêk: pc. pêpindhan swaraning pitik cilik.

(piyêk): di-[x] kn. ak. dipidak, ditindhês.

piyik: kn. dara ut. manuk ênom.

piyul: (W) kn. bngs. rêbab wêton Eropah.

pik: I di-[x]-[x] pc. diowah-owah (dianggo, diêlongi). II pc: ping. III pc. dhisik. IV êngg. pc: mung.

pikajêngan: k. pikarêpan.

pikalah: n. pikawon k. ak. ênggone kalah.

pikandêlan: kn. ak. pracaya, ngandêl.

pikantuk: k. pakolèh.

pikang: êngg. kn. pukang.

pikangsal: êngg. k. ak. pakolèh.

pikarêpan: n. pikajêngan k. ak. kang dikarêpake (maksud, pêpenginan).

--- 491 ---

pikat ~ pinanggawe.

pikat: kn. 1 manuk kang dianggo njontrot manuk liyane; 2 golèk manuk sarana pasangan; di-[x]: 1 dicêkêl (dipasang) ing pikat; 2 ent. dijontrot.

pike: kn. ar. cita.

pikèt: I (W) kn. tungguk, jaga; kc. pêkèt. II (W) kn: pathokan (dianggo têtêngêr lsp).

pikêr: êngg. kn. cikêr.

pikir:(-an) n. pamanah(-an) k. panggalih(-an) ki. 1 gagasan; 2 kakuwatan batin dianggo nglêlimbang, nggothak-nggathukake pangrêti; di-[x] n. dipunmanah k. digalih ki: dilimbang-limbang sarana pikiran; 2 dirêmbug, digatèkake.

piklah, pikne: êngg. cikbèn, karêbèn.

pikudhung: kn. ak. layang têdhakan (turunan) layang kêkancingan putusan lsp.

pikukuh: n. pikêkah k. ak. layang pratandha bab kontrak, dol tinuku, têtêpan pangkat lsp.

pikul: I n. rêmbat k. 1 gêgawan kang panggawane nganggo pikulan; 2 (wong [x] ut. pêpikul ak) jagul, kuli; 3 (wong [x]) êngg. wong desa kang baku mèlu duwe sawah sarta sanggan; di-[x]: 1 digawa nganggo pikulan; 2 disangga (wragade, lsp); [x]-an n. rêmbatan k: 1 gêgawan kang dipikul; 2 sêsanggan; 3 pring ut. kayu kang dianggo mikul (sarana ditumpangake ing pundhak, gawane digandhulake); 4 êngg. sawah sangganing wong sadesa. II (-dhacin) kn: 100 kati (61,761 kg).

pikun: kn. (tuwa [x]) jêmpo, tuwa bangêt.

(pikut): di-[x] kn. ak. dicêkêl, dicandhak.

pikuwat: kn. sarana kang dianggo nguwatake.

pikolèh: n. pikantuk k. pakolèh.

pikrama: n. pikramèn kw. ijab, ningkah, laki-rabi.

piksa:. 1 atur [x]: awèh wêruh, kandha marang; 2 êngg. k. êmbuh.

piksir: (W) kn. didadèkake gambar (tmr. potrèt).

pil: (W) kn. glintiran tamba (lumrahe kênini).

pilag: kw. bagus, ayu; kc. pelag.

pilah: kn. pisah karo panunggalane; di-[x](-[x]), di-[x]-ake: 1 dipisah didhèwèkake, ora dicampur; 2 ak. dipisah.

pilakon: n. pilampahan k. ak. lêlakon, kalakuan; kc. laku.

(pilala): di-[x] kn. 1 diêthing-êthing, diaji-aji; 2 diopèni (digulawênthah, dipiyara) kalawan têmên-têmên; 3 digolèki (dipilih) dening dianggêp aji bangêt.

pilalah: ut. di-[x] kn. ak. aluwung, angur; kc. plalah.

pilalan: kn. kang dipilih (dipilala).

pilalu: ut. di-[x] êngg. kn. aluwung, angur.

pilampu: ut. dipilampu, lampu êngg. kn. aluwung, angur.

pilang: kn. ar. wit.

pilang-pilang: kn. wis bêgja dene ..., wilang-wilang.

pilaur: ut. di-[x] kn. ak. aluwung, angur.

pilapilu: kw. yiyid.

pilapuran: kn. ak. palapuran.

pilar: I di-[x] kn. disigar mujur (tmr. kayu pring lsp); [x]-an: (kayu lsp) sigaran. II (W) kn: saka gêdhe kang digawe tembok.

pilara: n. pisakit k. ak. ênggone gawe lara; di-[x]: digêbugi lsp. nganti lara.

pilas:(-an), pilasi, pilasèn êngg. pc. luwihan kang ora kêpetung.

pilèh: di-[x] êngg. pc. dipilih.

pilèk: êngg. ks. anak.

pilêg: kn. lara irunge tansah ngêtokake umbêl.

pilênggah: k. pilungguh.

pilênggahan: kn. ak. padha jagongan.

pilêrên: kn. lara ngilêr (tmr. pitik).

(pilês): di-[x] êngg. kn. 1 diuntir (tmr. tali lsp); 2 diulêd (tmr. lêmpung lsp); kc. ilês.

pilêt: êngg. k. pilih.

pilih: I kn. 1 (ut. [x]-[x]) mbedakake êndi kang dadi panujuning ati; 2 êngg. aluwung; 3 (ut. [x]-[x]) êngg. pc. walak-walak, gumantung marang; ora [x]: ora nganggo mawang; di-[x]: 1 (ut. di-[x]-i) dijupuki êndi kang dadi panujuning atine; 2 ditêtêpake dadi (lurah, pangarsa lsp); [x]-an: 1 caraning milih; 2 kang dipilih; 3 pinunjul tinimbang panunggalane. II ut. pilih-pilih kn. ak: arang-arang, ora sabên, up. [x] jalma kang udani. III kw: 1 yèn, mênawa; 2 bilih.

pilih asih: (-kasih) kn. ora adil, ana salah siji kang diêsihi.

pilih bobot: (-tandhing) kn. ak. arang-arang kang bisa nandhingi.

pilih-lalab: ora [x] pc. kabèh dirampêd padha bae.

pilingan: kn. lêkokan ingiringaning êndhas sangarêping kuping.

pilis: I kw. pilingan; kc. kêpilis. II kn: tamba kang dilarikake (ditèmplèkake) ing bathuk ut. ing pilingan; di-[x]-i: dilariki pilis. III êngg. kn: imbuh saluwihing takêran; kc. ilis.

pilulusan: kn. ak. idin, palilah; kc. lulus.

pilungguh: n. pilênggah k. ak. 1 dêdunung ing, manggon ing; 2 ak. bngs. pisungsung tandha bêkti (saka priyayi kang mêntas diangkat); di-[x](-ake): diaturake marang (tmr. prakara, panyuwunan lsp); kc. lungguh, palungguh.

pilus: kn. ar. panganan.

(piluta):di-[x] kw. digêgèndèng atine supaya sih lsp.

pilong: êngg. kn. picak; kc. pithong.

pilpèn: kn. gagang pèn mawa isi mangsi.

pin: kn. lêt wirama panuthuking gamêlan.

pinadu, pinadonan: br: dipadu, dipadoni.

pinal: kn. penal.

pinandamêl: k. ak. pinanggawe.

pinandhita: Sang [x] kw. Sang Pandhita.

pinang: I kn. ak. sagrombol, sabrayat (tmr. pitik lsp). II êngg. kn: jambe; di-[x] kw: dilamar.

pinangantèn: Sang [x] br. Pangantèn.

pinangeran: Sang [x] br. Pangeran, bêndara.

pinanggawe: n. pinandamêl k. ak. dipanggawe (digunani lsp).

--- 492 ---

pinanggih ~ pinggan.

pinanggih: k. tinêmu (kêtêmu).

pinangka: I kn. asal, sangkan. II dipinangkani kn. dianani (dituruti) kang dadi panjaluke lsp.

pinara: kn. 1 dipara; 2 cacah kang dipara; kc. para.

pinarak: ki. linggih.

pinarbutan: kw. dirêbut ing akèh; kc. rêbut.

pinarêk: êngg. ki. linggih.

pinarêmas: kw. dirêngga ing êmas (tmr. panganggo); kc. parêmas.

pinarigi: kw. ditrapi tambak watu; kc. prigi.

pinaringan: br. diparingi (diwènèhi).

pinarsada: kw. dicandhi, ditumpuk; kc. prasada.

pinarwasa: kw. dipêksa, dikalahake; kc. prawasa.

pinasthi: br. wis dipêsthi.

pinasthika: kw. kang pinunjul dhewe.

pinatèn:(-an) n. pinêjahan k. br. dipatèni.

pinatik: kw. dirêngga ing (intên lsp); kc. patik.

(pindêng): di-[x] êngg. kn. dipêlêng; kc. pêndêng.

(pindêr): di-[x] kn. diplindêr; di-[x] liring br: tansah disawang.

(pindi): di-[x] kn. ak. 1 diênêtake (tmr. kapuk ing pangantihan); 2 tansah digêjêg (ing pitakon lsp).

pinjal: kn. 1 tuma asu, kucing lsp; 2 ciprataning banyu udan; [x]-an: panuthuke lêt lan mlumpat (tmr. nabuh gamêlan).

pinjêman: êngg. pc. silihan, utangan.

pinjung:(-an) kn. tapihan kang poncode kang dhuwur dilangkip dianggo nutupi susu (tmr. prawan cilik); kari [x] pc: nganti mlarat bangêt (ênggone nglabuhi sing lanang).

pindha: kw. mèmpêr, kaya; di-[x](-[x]) kw: dièmpêr kaya, diwangun kaya; pêpindhan kw: têtiron.

pindhah: I [x]-an k. ak. pêgatan. II dipun-[x]-i êngg. k: dipilihi. III k: ngalih; dipun-[x] k: diêlih. IV (babar [x]) k. ak: (babar) pisan; sa-[x] k. ak: sapisan. V [x] wulan(-taun) êngg. ak: ganti sasi (-taun).

pindhang: kn. ar. lêlawuhan.

pindhang wutah: pc. duwe gawe (mantu) wis sumêkta sanalika ora sida (marga pangantène lunga lsp).

pindho: (ut. ping [x]) n. kaping kalih k: 1 ambal ping loro; 2 urut-urutan kang ping lorone; 3 ping loro; di-[x] ak: dipindhoni n. dipunkapingkalihi k: diambali manèh, dibalèni nganti ping loro; pindhon kn: 1 kang dibabar manèh (tmr. bathikan); 2 kang wis tau kanggo; kc. mindho.

pine: kc. kapine.

pinèrêmas: kw:dirêngga ing êmas (tmr. panganggo).

pinis: (W) kn. bngs. paku jamur.

pinèt: kw. diêpèk, dipurih; kc. pèt.

pinêjahan: k. pinatèn.

pinêksa: br. dipêksa.

pinêsthi: br. dipêsthi.

pini: kc. kapini.

pinidana: kw. diukum; kc. pidana.

piniji: br. dipiji.

pinihan: pc. pawinihan.

pinilala: br. dipilala.

pinilara: br. dipilara.

pinilih: br. 1 dipilih; 2 kang dipilih, pilihan.

piniluta: kw. dipiluta.

pinitaya, pinitados: br. (kang) dipitaya.

pinituwa: n. pinisêpuh k. 1 (ut. pinikolot, piniwayah êngg) wong kang dianggêp tuwa dadi juru rêmbug lsp; 2 pangarêping gêgolongan wong agama Protèstan.

pinuju: kn. lagi kêbênêr; kc. panuju, tuju.

pinunjul: br. linuwih; kc. punjul.

pinupus: br. dipupus (ditrimakake).

pinurba, pinurwa: kw. 1 diwiwiti; 2 digawe, dikuwasani; 3 ([x] tanpa dosa asal) dilairake tanpa dosa asal (R. K. ).

pinusus: udan lir [x] kw. udan kaya barêng angin diputêr (prahara); kc. pusus.

pinutra-putra: br. dilêlithing kaya anake (dianggêp anak).

pinrawasa: kw. dikalahake, dipêksa; kc. prawasa.

pinrêp: kw. ditêmpuh; kc. prêp.

pinrih: kw. dipurih.

pinta: I di-[x](-[x]) kn. dipanci (dicawisi) sapira kang kudu digarap (dianggo lsp); pêpintan ak: pêpancèn. II di-[x] kw: dijaluk.

pintèn: kn. ar. têtuwuhan.

pintên: k. pira.

pintêr: kn. 1 sugih kawruh lan panêmu apa dene bisa ngêcakake; 2 wasis, julig, sugih reka; di-[x]-i: direkani, diapusi.

pinti: êngg. kn. tali, kênur (pancing lsp).

pintu: êngg. pc. lawang.

pintu air: kn. gêjligan ing kalenan.

pintu angin: kn. lawang mawa tutupan sungsun-sungsun.

pintu monyèt:(-an) kn. lawang tutupane paron.

pinton: kn. barang kang dianggo conto (arêp diêdol lsp); di-[x]-i: dituduhi apa-apa dijaluki rêmbug; di-[x]-ake ak. dipintokake: dituduhake marang (pêrlu dijalukake rêmbug).

(pincad): di-[x](-[x]) êngg. ak. dipilah-pilah.

pincang: kn. 1 ora jêjêg; 2 jonjang (ênggone mlaku); 2 ent. ora timbang, ora ganêp, kurang.

pincuk: kn. godhong gêdhang ditêkuk sarta dibitingi ingisor lancip (dianggo wadhah sêga lsp); di-[x]: digawe pincuk (tmr. godhong), diwadhahi ing pincuk.

(pinyak): di-[x] pc. dipidak; kc. pênyak.

(pinyêt): di-[x] pc. dipênyêt.

ping: kn. 1 (-têlu, -pat lsp) katêlu, kapat lsp; 2 ambal ut. tikêl; di-[x]-ake: ditangkarake, ditikêlake (tmr. cacah).

pinge, pinghe: kw. putih.

pinggahan: k. ak. punggahan.

pinggala: (S) kw. ak. 1 abang tuwa; 2 julig.

pinggan: êngg. kn. ar. wadhah saèm. mangkok gêdhe.

--- 493 ---

pinggang ~ pisah.

pinggang: kw. bangkekan.

pinggêl: I di-[x] êngg. kn. diperang-perang (ditugêl-tugêl). II kw: gêlang; kc. binggêl.

pinggêt: kn. 1 gêrêt ut. lêkik marga dijiwit, ditalèni lsp. (tmr. kulit); 2 ([x] atine) pc. sêrik, lara atine; [x]-an atèn pc: laran atèn, gampang sêrike.

pingging: kw. bodho.

pinggir: kn. 1 têpi; 2 têpining kali lsp; di-[x]-ake: dilakokake lsp. mênyang ing pinggir; kc. minggir, paminggir.

pingil: I (A) kn. ak. 1 tindak-tanduk, kalakuan; 2 kasil (panguripan). II kn. ak: petungan.

(pingit): di-[x] kn. dikêkêr ut. disimpên kanthi prêmati (tmr. bocah wadon lsp); [x]-an: kang dipingit.

(pingkêl): kc. kêpingkêl-pingkêl.

pingul: I di-[x](-i) kn. ditegos (dipapras) lingirane (tmr. dandanan kayu); [x]-an: lingir kang dipingul. II kw: putih.

ping-ping: n. kaping-kaping k. pc. kêrêp bangêt.

ping-pingan: kn. tangkaran.

pingsêng: êngg. kn. 1 pisêk (irunge); 2 bindhêng.

piutang: kn. utang.

pipa: kn. sambungan rokok, srutu lsp; 2 wuluhan wêsi, gêlas lsp; 3 blombongan dalan kêbul ing pabrik, sêpur lsp.

pipi: kn. pangarasan ki: peranganing rai ing sadhuwuring wang; [x] lawang: pinggiraning lawang.

pipih: I kn. 1 (ut. pipèh, pipihan êngg) gombal; 2 indhing kêmpitan (tutup pawadonan yèn pinuju nggarap-sari). II di-[x] kn. ak: dithuthuki (tmr. arit, pacul lsp. supaya landhêp manèh).

(pipik): di-[x]-ake pc. dipilihake dianggo nalangi; kc. mipik.

pipil: I di-[x] kn. 1 dithithili (dicoploki) saka sauntu (tmr. jagung); 2 pc. dijupuki (digarap lsp) saka sathithik; 3 ditabuh ora dicaruk (tmr. nabuh crêmpung); [x]-an: 1 olèh-olèhane mipil; 2 ora carukan (tmr. nabuh crêmpung). II êngg. kn: girik ut. pêthuk (pajêg).

pipilika: (S) kw. ak. sêmut.

pipir: êngg. kn. 1 pinggir; 2 cêdhak; kc. mlipir.

pipis: I êngg. kn. ar. panganan diwungkus ing godhong banjur digodhog. II di-[x] kn: didhêplok (dilêmbutake) nganggo gandhik ana ing pipisan (tmr. tamba, jamu lsp); [x]-an: watu pêsagi piranti dianggo mipis.

pipit: kn. rapêt tanpa sêla (tmr. wong jèjèr-jèjèr lsp); di-[x]: 1 diênêtake (diplèpèt) nganggo watu tangkêban lsp. (tmr. gawe lênga kacang lsp); 2 pc. ditindhês, diplindêr ing pagawean, digapit; [x]-an êngg. pc: piranti dianggo mlèpèt.

pir: (W) kn. 1 wilahan waja tipis lan mêndal (ing rodha kreta, uwêr jam lsp); 2 (ut. cikar [x]) kreta arodha loro; 3 êngg. plênthong listrik.

pira: n. pintên k. 1 (pirang n. sangarêping têmbung aran) pitakon nakokake kèhe, cacahe, ukurane, rêgane, wêktune lsp); 2 (ut. pira-pira) pc. wis luwung (bêgja) dene ...: 3 (ut. pira-pira) pc: sênadyan sathithik (bangêt lsp); ora piraa pc: ora bangêt, ora mingsra; kc. mira, sapira.

pirabara, pirangbara: n. pintên banggi k: 1 pancène luwih prayoga yèn ...; 2 mêngkono kuwi wis jênêng lumayan, tinimbang ora ...

pira bêtahan: pc. apa bêtah (kuwat).

pirail: ilmu [x] (A) kn. ak. bab andum warisan; kc. prail.

pirak: êngg. kn. pisah, pêgat; di-[x] êngg: dipisah, dipêgat; [x]-an êngg: pisahan, pêgatan.

piralagi:(yèn) êngg: luwih-luwih yèn.

pirampungan: êngg. kn. pungkasan, karampungan; kc. rampung.

piranti: n. pirantos k. 1 prabot (dianggo ...); 2 abrag, bêkakas; 3 ak. srana, gunabisa; dipirantèni: dicawisi, dicêpaki disadhiyani prabot-prabote; kc. pranti.

pirang: n. pintên k. pira dianggo ing sangarêping têmbung aran); [x]-[x] pc: akèh bangêt.

pirangbara: n. pintên banggi k. kc. pira bara.

pirasat: kn. ak. wirasat.

(pire): dipirèkake kn. ak. disimpangake, disisihake; kc. mire.

pirêmbugan: n. pirêmbagan k. pangrêmbug, rêrêmbugan; di-[x]-ake ak: dirêmbugake.

pirêna: kn. ak. sênêng; kc. rêna.

(pirêng): dipun-[x]-akên k. dirungokake; kc. mirêng, rungu.

(pirid): di-[x] kn. 1 ak. diurut, dipêrês sarana diurut; 2 ditulad, diturut; 3 dipêthik (tmr. karangan lsp); 4 dijupuk surasane (tmr. piwulang lsp); di-[x]-i ak: ditamatake, digatèkake; (pê-) [x]-an: 1 tuladan (kang dijupuk surasane); 2 pêthikan (tmr. kêkarangan); 3 kang pantês ditulad (ditiru); kc. mirid, plirit.

(pirik): di-[x] êngg. kn. dijangka, dièsthi, dimelik.

piring: I kn. cawan gêdhe dianggo wadhah sêga, lêlawuhan lsp; [x]-an: 1 padha diwadhahi ing piring; 2 kang wangune kaya piring (plat gramopon lsp). II di-(pê-)[x]-i kn. ak: dipituturi (dingrêtèkake) sarana alus, disêmoni; kc. iring.

pirit: kn. ak. kc. pirid.

pirma: kn. ak. kawêlasan; di-[x], dipirmakake: dieman(diwèhi rêmbug lsp) murih bêcike.

pirmah: êngg. pc. pakumpulan dagang kang wargane padha mèlu tanggung jawab.

pirus: (A) kn. intên ijo.

piroga: kw. lêlara.

pir-piran: kn. nganggo pir.

pirsa: pc. kc. wêruh.

pis: pc. sabawa nggusah kucing lsp; 2 sabawa ngêlokake bocah waing; di-[x]-ake pc: ora dipaèlu, dirèmèhake bae.

pisah: kn. ora ut. mari gandhèng (-kumpul, -sambung); di-[x]: 1 dipilah supaya ora gandhèng (-kumpul, -sambung); 2 ditêngahi [di...]

--- 494 ---

[...têngahi] supaya mari padu (-kêrêngan); (pê-)[x]-an: 1 mari kumpul (-barêngan); 2 pêgatan; kc. misah.

pisah ~ pitrah.

pisah kêbo: kn: bêbojoan ora tunggal saomah (marga pasulayan ut. purik).

pisaid: kn. ak. pasêksi, pasêksèn.

pisak: kn. ak. pisêk.

pisalin: n. pisantun k. ak. pawèwèh awujud sandhangan sapangadêg.

pisan: kn. 1 (ut. sapisan) sarambahan, ambal ping siji; 2 kabèh dikatutake (dibarêngake), up. sêgane panganên pisan; 3 sanalika bêbarêngan; 4 pc. mêsthi bae, up. lara [x] lah wong kok thuthuk; kc. misan.

pisang: k. gêdhang.

pisarat: kn. ak. sarat, srana.

pisaca: (S) kw. ak. (wong-) cebol.

pisêk: kn. pèsèk, dhêkok (tmr. irung).

pisêr: kn. ak. mimis; di-[x] ak: diplintir, dipuntir (tmr. bolah, tampar kênur lsp).

pisin, pising: êngg. kn. piring cilik, cawan (lèpèk).

pisita: (S) kw. ak. daging.

piskucing: kn. ar. têtuwuhan.

pisuh: kn. têmbung kasar ut. pêpoyok kang saru; di-[x]-i: diujar-ujari têmbung saru (kasar).

pisuka: kn. ak. panujuning ati; kc. suka.

pisuna: (S) kw. panyambah, pangala-ala; kc. wisuna.

pisungsung: kn. pawèwèh (marang dhêdhuwuran) minangka tandhaning pakurmatan; di-[x]-ake: diaturake marang.

pispot: (W) kn. wadhah sêsukêr (-uyuh).

pista: kn. 1 riyaya gêdhèn; 2 (ut. pistan) êngg. tayuban; 3 kasukan mangan enak bêbarêngan wong akèh.

pistul, pistol: (W) kn. bngs. bêdhil cilik lan cêndhak.

piston: kn. obat ing patrum ut. ing panithiking bêdhil.

pit: I kn. panuli cina (dianggo ing mangsi bak). II (W) kn: sêpedhah; [x] kêblak êngg. pitmotor: pit dilakokake mêsin montor.

pita: I (S) kw. kuning. II (S) kw. ak: bapa. III (Prt) kn: cita ciyut dawa (mawa warna).

pitaya: n. pitados, pitajêng k: 1 ngandêl marang; 2 pracaya ut. masrahake pakaryan lsp. marang; 3 wong kang dipracaya (dipasrahi nindakake); 4 ak. kukuh, sêntosa, kêna diandêlake; di-[x]: diandêl, dipracaya (nindakake, ngrêksa lsp); dipitayani: dipasrahi nindakake apa-apa; mitayani: kêna dipitaya, kukuh; dipitayakake: dipasrahake (dikon ngrêksa lsp) marang.

pitak, pitêk: êngg. kn. cathak, petak.

pitakon: n. pitakèn k: 1 (pandangon ki) apa kang ditakokake, cara ênggone takon; 2 ak. takon marang; di-[x]-i ak: ditakoni; [x]-an: wong kang ditêtakoni (dijaluki rêmbug lsp); dadi [x]-an pc: isih durung têrang; kc. takon.

pitara: (S) kw. ak. para lêluhur.

pitawa: kn. ak. putusaning para ahli anggêr-anggêr (agama).

pitêdah: k. pituduh.

pitêdhan: ki. ak. pawèwèh; kc. patêdhan.

pitêkur: kn. ak. linggih ngêningake cipta (nggagas prakara gaib).

pitêmbung: kn. ak. panêmbung.

pitêmbungan: kn. 1 têtêmbungan; 2 ak. kaklumpukane têmbung-têmbung.

pitênah: (A) kn. 1 panggawe ala kang dianggo maeka ing liyan; 2 panguman-uman, panyamah; di-[x] 1 dipanggawe, dipialani (sarana gunabisa, reka lsp); 2 dicamah, diala-ala, dirusak jênênge.

(pitêrang): mitêrang kn. njaluk katêrangan, nêrang marang; di-[x]-ake ak. dijalukake katêrangan marang; kc. têrang.

pitik: 1 êngg. kuthuk; 2 n. (ayam k) bngs. kewan iwèn; [x] trondhol dibubuti pr: wong mlarat dirog dhuwite (barang darbèke); [x] trondhol diumbar ing padaringan ( -saba ing lumbung) pc: wong kêkurangan dipasrahi nyêkêl dhuwit lsp.

pitu: kn. 7; dipitoni: 1 diganêpi dadi pitu; 2 dislamêti ing nalikane mêtêng pitung sasi.

pituduh: n. pitêdah k. 1 kang dituduhake; 2 pitutur.

(pituhu): di-[x], dipituhoni kn. ak. digugu lan dilakoni (sabarang dhawuhe lsp); kc. tuhu.

pitulas: kn. 17.

pitulung:(-an) kn. srana kang dianggo nulung; di-[x]-i: ditulungi; kc. tulung.

pituna: kn. ak. karugian; mitunani: njalari tuna, ora migunani.

pitung: kn. 7 (dianggo ing sangarêping têmbung aran); [x] puluh: 70; [x] atus: 700 lsp.

pitungan: kn. ak. petungan.

pitungkas: kn. ak. wêkas; di-[x]-i ak: diwêkas.

piturut: kn. ak. mbangun-turut; di-[x] ak: digugu, diturut; kc. turut. miturut.

pitutur: kn. 1 (awèh) piwulang kabêcikan; 2 (awèh) pêpeling sarta pamrayoga (supaya ora nindakake kang ora pantês); di-[x]-i: 1 diwulang kabêcikan; 2 dikandhani supaya tumindak kang bêcik; kc. tutur.

pituwah: I kn. ak. 1 kasil ut. wohing pakaryan lsp. kang migunani (ut. kang aji bangêt); 2 êngg. tandha pangeling-eling; 3 pusaka; 4 kang tuwa, wiwit kuna mula. II kn. ak: pitutur (babagan agama).

pituwas: kn. 1 opahan lsp. kang dianggo lêliruning kangelan; 2 (sawah [x]) ak. sawah digadhuhake marang bêkêl kang wis lèrèh minangka pansiyun.

pituwi, pituwin: kw. tur, lan uga.

pitobat: kn. ak. pamartobat, tandhaning tobat.

(pitongton, pitonton): di-[x]-ake kn. dikebarake supaya ditonton.

pitrah: (A) kn. 1 dana wujud bêras lsp. lumantar marang kaum sabên lêbaran; 2 (sa-[x]) kèhing bêras lsp. satangan ditangkêbake lan dicêkodhongake; di-[x]-i: dijakati pitrahe (anak, bojo lsp).

--- 495 ---

pitrang ~ (planggêr).

pitrang: êngg. ak. bngs. kala.

pitroli: êngg. pc. lênga patra (-latung).

picak: kn. matane karo pisan ora kêna dianggo ndêdêlêng; di-[x]-ake ks: dianggêp picak, dianggêp ora wêruh.

pice: êngg. kn. pece.

picêk: êngg. kn. picak.

picik: êngg. pc. rupêk (kurang jêmbar kawruhe).

picis: I êngg. kn. 1 dhuwit; 2 pc. kêtip (10 sèn). II di-[x] kn. ak: diukum kisas sarana diiris saka sathithik.

(pithat): I di-[x] kn. ak. dipilah, didhèwèkake. II di-[x]-i kn. ak: dipilihi kang bêcik.

(pithês): di-[x] kn. 1 dijapit ing driji lan dipênêt (tmr. irung); 2 dipênêt ing driji (tmr. kewan cilik-cilik).

pithêt: I di-[x] êngg. kn. dipithês, dipênêt. II êngg. kn: bithêt.

pithi: kn. 1 bngs. kranjang (tenggok) cilik (dianggo takêran, wadhah bumbu lsp); 2 ar. tikus; 3 ar. kêrtu cilik.

pithil: kn. pêthil perangane; kc. prithil.

pithing: pc. kêpithing; di-[x] pc: dijapit nganggo pupu.

pithut: pc. kandêl sarta ciyut (tmr. mata).

pitho, pithong: êngg. pc. 1 pece; 2 ks. picak.

piwadul: kn. ak. wêwadul.

piwalês: kn. 1 pamalês; 2 wêwalês ala; kc. walês.

piwêlas: kn. ak. kawêlasan.

piwêling: kn. ak. wêling, wêlingan.

piwulang: kn. pitutur, wêwarah, pangajaran; kc. wulang.

piwucal: êngg. k. piwulang.

pyah: mak [x] pc. sanalika pêcah sigar lsp.

pyayama: kw. matur, kandha.

pyayi: n. pyantun k. pc. priyayi.

pyak: mak [x]: sanalika pilah (biyak); kc. piyak.

pyambak: k. pc. dhewe; kc. piyambak.

pyan: kn. 1 plangitan; 2 kepang rangkêpan payon.

pyang-pyangan, pyang-pyêngan: pc. kumudu lunga bae.

pyang-pyèng: pc. pêpindhan swaraning kêmpyang lsp.

pyèk, plêk: mak [x] pc. katêranganing apa kang tumangkêp.

pyuh: I mak [x] pc. sanalika tiba pêcah. II rêmuk [x] kn. ak: 1 rêmuk ajur; 2 kagèt bangêt.

pyuk: mak [x] pc. katêranganing ngapyuk, têmpuk lsp; kc. gapyuk, kapyuk.

pyung: mak [x] pc. sanalika padha lunga bêbarêngan (kaya lalêr, tawon lsp); [x]-[x]-an: padha mabur gêgrombolan akèh (tmr. lalêr, lêmud lsp).

pyur: mak [x] pc. katranganing kumêpyur ut. sumawur; di-[x]-i pc: disawuri; kc. kêpyur.

pyur-pyuran: pc. dhêg-dhêgan atine (kumêpyur).

pyoh: mak [x] pc. sanalika pêcah (tiba) banyune mêtu.

pyok: mak [x] pc. pêpindhan swaraning dhuwit diopyok-opyok lsp.

plajêng: k. playu.

plaga: kw. ak. kêthèk; kc. plawaga.

plak: I mak [x] pc. sabawaning nabok lsp; kc. kêplak. II êngg. pc: padha trêp, jiblès; kc. plêk. III di-[x](-i) pc: ditèmplèki.

plakangan: êngg. kn. wlakang.

plak glèdhèg: êngg. kn. bngs. cikar.

(plakên): di-[x]-i n. dipunplampahi k. ak. dijaluki, dikon; kc. palaku, mlaku.

plak-plêk: pc. sabawaning nênabok, ngantêm, nèmplèkake lsp.

(plaksana): di-[x] kw. 1 diroda-pêksa (dikaniaya lsp) pêrlu dianggo tuladha supaya wong liyane aja tumindak mêngkono; 2 diukum.

plaksègêl: (W) kn. sègêl dianggo pikêncêng nalikane tampan-tinampan dhuwit lsp.

plak siyêr: êngg. kn. dhokar arodha karèt.

plaksik: pating [x] êngg. pc. pating bêsasik.

(plala): di-[x] kn. ak. dipilala.

(plalah): di-[x] kn. ak. dipilalah, dilampu.

plalu: êngg. ak. luwung, pilalu.

plamar: kn. ak. tampar (tali) dipanthêng; kc. klamar.

plampitan: êngg. kn. pipitan lênga; kc. pipit.

plana: kn. ak. lapak.

planangan: n. pajalêran k. kalam ki. wêwadining wong lanang.

(plandang): di-[x] kn. ak. ditêmpuh; kc. wlandang.

(plandêr): di-[x] êngg. pc. 1 diowahi (tmr. tulisan); 2 dicorèk.

planjêr: kn. prêngkêlan daginging wlakang ut. gulu (marga lara).

plandhèn: êngg. kn. bngs. kerekan layar.

plandhungan: ki. konthol.

(plantrah): di-[x]-ake kn. ak. diplantrangake.

(plantrang): di-[x]-ake kn. 1 ditêrusake nganti kêladuk; 2 disasarake, dilorobake; kc. kêplantrang.

planca: êngg. kn. ambèn.

plancur: pating [x] kn. ak. padha katon sumurat.

plancoh: êngg. kn. pathokan dinggo uwat-uwat wit, cancangan prau lsp.

(plancong): mlancong kn. lunga plêsir-plêsir; [x]-an: dolan-dolan mlaku-mlaku, plêsiran.

planthangan: kn. 1 pring lsp. kang ditrap malang (dianggo mepe têmbako lsp); 2 bngs. ukuran kang digawe pring; kc. klanthang, mlanthang.

planthasan: pc. gundhul plonthos.

planthingan: pc. kurang ajar, ugal-ugalan.

(planthir): di-[x] kn. dikêdhuki digawe kalenan; [x]-an: kalenan.

planyahan: kn. lonthe.

plang: pc. 1 blabag (dianggo nyênyèlèhake lsp); 2 blabag lsp. tèkên (jênênging wong, desa lsp).

planggangan: kn. ak. planggrangan.

planggaran: kn. kaluputan bab nêrak anggêr (undhang); kc. langgar.

(planggêr): di-[x]-i kn. ak. diwatoni, ditêtêpake ing undhang-undhang (dilarangi); [x]-an êngg: têtêp, maton, mêsthi; 2 wêwaton, pêpacak; ora [x]-an êngg: ora mêsthi, ora ajêg.

--- 496 ---

(planggrang) ~ plèrèh.

(planggrang): di-[x]-ake kn. ditumpangake ing jagrag, sanggan lsp; [x]-an: jagrag, sanggan (dianggo mlanggrangake), ganjêl apa-apa sing digarang.

planggrok:(-an) êngg. pc. papan ut. gubug palerenan (pajagan).

planggrongan: kn. gubug lsp. ing wit. witan ut. nganggo cagak (dianggo njêjêpi buron alas lsp).

plangi: kn. sutra mawa corak kêkêmbangan (dianggo kêmbên, slendhang lsp).

plangitan: kn. êpyan, tutup têmpat tidhur (kreta lsp).

plangka: kn. kacampuran plonthang putih (tmr. ulêsing jaran, sapi lsp).

plangkah: kn. pawèwèh (wujud sandhangan lsp) marang sadulur tuwa kang dilangkahi ênggone omah-omah.

plangkan: kn. 1 ak. dhampar, palinggihan; 2 jagragan sanggan kêndhang, payung, tumbak lsp).

plangki, plangkèn: kn. ak. bngs. joli.

(plangkring): mlangkring kn. 1 mencok ing pang lsp. (tmr. manuk); 2 pc. ngundhakake rêga (marga sing tuku katon sênêng); [x]-an: wilah (kayu) dianggo pencokan manuk (ing kurungan); kc. pangkring.

plangkrong: pating [x] kn. padha linggih ana ing pang lsp.

plang-plêng: pc. 1 diantêmi lsp. bola-bali; 2 tansah lunga.

plaur: ut. di-[x] kn. aluwung, dilampu.

plapah: êngg. kn. bumbu olah-olahan.

plapat: kn. ak. ngalamat, ilapat; di-[x] êngg: dingalamati, oleh ilapat.

plapuran: kn. kc. palapuran.

(plara): di-[x] ak. dipilara.

(plarah): di-[x] êngg. kn. digrayangi.

plas: mak [x]. lumêpas bantêr; kc. blas.

plas-plasan: pc. tansah lunga.

plasa: kn. ar. wit.

plat: (W) kn. 1 blebekan (lêmbaran) singsèng. lsp; 2 blèg lsp. ditulisi ciri angka, jênêng lsp. (ing montor, kreta lsp); 3 piringan gramopon.

plataran: I êngg. kn. undhak-undhakan; kc. tatar. II kn: palêmahan jêmbar sangarêping omah; kc. latar.

platuk: I kn. 1 ([x] bawang) ar. manuk; 2 tukang nêgor wit krambil; di-[x]: 1 ak. dicucuk; 2 ditêgor (tmr. glugu); 3 ks. disanggama; di-[x]-i ak: dijampangi dijangkung. II ut. [x]-an ak: panithiking pistoning bêdhil.

platun: kn. ak. kopral; kc. plêton.

plato: (W) kn. palêmahan wrata ing pagunungan.

platok: êngg. kn. platuk.

placêk: êngg. kn. pathokan jèjèr-jèjèr (ing sawah).

plathas: êngg. kn. dolan-dolan, plancongan; [x]-an êngg: tansah dolan-dolan, plancongan; kc. kêplanthas.

(plathok): di-[x]: disigar (tmr. barang kang atos, kayu lsp).

plawaga: kw. kêthèk.

plawahan: êngg. kn. jugangan jêro; kc. blawah.

plawangan: kn. ak. wong kang jaga lawang.

plawangga: kw. kêthèk.

plawungan, plawongan: kn. planggrangan wadhah tumbak lsp.

pledhang: êngg. kn. tukang patri kang idêr-idêr.

pledhungan: êngg. kn. plegungan.

(plegung): di-[x]-ake kn. dilèrènake ana ing eyuban (tmr. sapi lsp); [x]-an: pangasoning sapi lsp. ing eyuban.

pleyak-pleyok: kn. ora kukuh.

pleyat-pleyot: kn. 1 pleyak-pleyok; 2 pc. miyar-miyur, melat-melot.

plèyèk: pating [x] pc. tansah padha nêkuk mayat; kc. lèyèk.

plèk: I mak [x] pc. sanalika tumèmplèk. II pc: pêpindhan swaraning nyablèk lsp. III êngg. pc: blêntong rêgêd ing klambi lsp.

plekat: kn. sarung tênunan lirik-lirik.

plèkèk: êngg. kn. paklèkèk (pajêg nyêmbêlèh rajakaya).

plèlèh: êngg. pc. sambêl mung lombok karo uyah.

plèlèr: êngg. ak. pawèwèh wujud sandhangan marang batur; kc. lèlèr.

plendho: mak [x] pc. jêbul ora nuhoni jangji (ora nêrusake garapane, ora ndayani).

(plènèt): di-[x] pc. diênêtake nganti pèndèng (gèpèng).

(plèntèk): di-[x] êngg. kn. ditakok-takokake (digolèki) mênyang êndi-êndi.

plencang-plèncèng: pc. tansah nylèwèng (ora pênêr).

(plèncèng): di-[x]-ake pc. dienggokake ênêre, diblasukake; kc. mlèncèng, pèncèng, plencong.

(plencong): di-[x]-ake kn. ak. dienggokake ênêre, disèwèngake;dislèwèngake. kc. mlencong.

plenthas: kn. gundhul plonthos; kc. plethas.

plenga-plenge: pc. tansah ngguyu mangap.

plengah-plèngèh: pc. tansah ngguyu.

plenggrongan: êngg. kn. planggrongan.

plengkok: pating [x] pc. padha têtêkukan ora kêncêng.

(plengkrang): di-[x]-ake pc. (sikile) ditumpangake ing dhuwur.

plengos: mak [x] kn. (sanalika) mengo êmoh ngingêtake (marga ora sênêng).

plèngsèngan: êngg. kn. plèrèdan watu ing tanggul dalan sêpur lsp.

plèsèd: kn. wilah (kayu) tangkêban dianggo njapit supaya gèpèng ut. rêmuk (kanggo adu kêmiri lsp); di-[x]; 1 dijapit lan diênêtake (kêmiri diêdu lsp); 2 didhêsêk saka kiwa têngên.

plerah: mak [x] pc. mak plèrèh.

plerak-plerok: kn. tansah mlerok.

pleran: êngg. kn. leleran, lalahan; kc. lèr, paleran.

plera-plere: kn. tansah mletre ngolah-ngalih; kc. lera-lere.

plèrèd:(-an) kn. 1 dronjongan dalan banyu ing bêndungan ut. ing pintu air; 2 dronjongan dianggo mlorod.

plèrèh: I ut. [x]-an êngg. kn. palèrènan; kc. lèrèh. II mak [x] pc: sanalika katon abang (gêtih lsp).

--- 497 ---

plèrènan ~ plêncut.

plèrènan: n. pakèndêlan k. papan kang dianggo lèrèn.

(plero): dipleroni kn. ak. dipleroki.

(plerok): mlerok kn. ngèncèngake ênêring mata (marga ewa lsp); di-[x]-i: diingêtake panyawange mlerok.

plès: I mak [x] pc. sabawaning napuk, nabok lsp. II êngg. pc: gêndul.

(plèsèd): mlèsèd kn. 1 mletre, mlere (marga lunyu); 2 ora pênêr, nyimpang saka ênêre; 3 pc. luput, ora nêtêpi, ora kêlakon kaya kang diarêp-arêp; di-[x]-ake: 1 diplètrèkake; 2 dikewal têtêmbungane; [x]-an kn: gêgunêman kewalan.

plèsèh: kn. padha gumluntung ing lêmah (wong mati lsp); kc. lèsèh.

plèstêr: I (W) kn. tamba tatu; di-[x]; ditambani ing plèstêr. II ut. plêstèr, plèstêr êngg. kn: campuraning wêdhi, gamping, sêmèn lsp. dianggo nglapis jrambah, jogan lsp; di-[x]: dilapis ing plêstèr (tmr. jrambah lsp); kc. mêstèr.

pleta-plete: êngg. pc. sêmbrana, gêguyon.

pletra-pletre: pc. tansah mlorod (mletre).

pletre: mak [x] pc. sanalika mlèsèd (mlorod) marga lunyu.

(plètrèk): di-[x]-ake kn. diplorodake sathithik (mudhun).

(plècèt): di-[x](-i) kn. dioncèki (diilangi) kulite (tmr. kacang, cangkok lsp); 2 pc. diblèjèti, diwudani sandhangane; kc. mlècèt.

(plèthès): di-[x] êngg. kn:ditutu diilangi kulite (tmr. kopi lsp).

(plèthèt): di-[x](-i) kn. dipèjèt (dipênêt lsp) supaya mêtu isine (tmr. wowohan lsp); kc. mlèthèt, plothot.

plethot: pating [x] pc. padha bengkong têtêkukan (tmr. kêris, lsp); kc. pethot.

plèwèhan, plèwèkan: pc. bolongan, blèwèhan.

(plêbêk): di-[x]-ake pc. diblêbêkake.

plêbuhan: êngg. kn. pawuhan.

plêdhing: pating [x] pc. padha katon bokonge; di-[x]-i pc: 1 diathungi bokong kang dibukak; 2 ks. ora dipaèlu, dirèmèhake, diisin-isin.

plêgak-plêguk, plêgukan: pc. ora lancar (gunême).

plêk: kn. 1 pc. pêpindhan ut. katêranganing ngantêm lsp; 2 nyamlêng (ora kurang ora luwih); 3 padha trêp, jiblès; di-[x]-i: dipadhani trêp.

plêkah: pating [x] kn. padha rêngka (tmr. lêmah lsp); kc. mlêkah.

plêkak-plêkèk:(-plêkuk) êngg. kn. mungkag-mungkug arêp mutah.

plêkara: êngg. pc. prakara.

plêkat: I êngg. kn. alun-alun. II kn. ak: wara-wara, undhang-undhang.

(plêkak-plêkok): di-[x]-ake kn. dibêndhèng diwêngakake (mêcah durèn lsp).

plêkèt: êngg. kn. tungguk, caos; kc. pêkèt, pikèt.

plêkikên: kn. klêlêgên ênggone ngulu.

plêkrok:, pating [x] pc. padha katon mêkrok; kc. mêkrok.

(plêksana): di-[x] kw. diukum; kc. plaksana.

plêlang:-plêlêng pc. tansah mandêng.

(plêlêng): di-[x](-i) kn. dipandêng, dipênthêlêngi.

plêlu: êngg. pc. prêlu.

plêmbas-plêmbis:(-plêmbus) êngg. pc. tansah katon umpluke.

plêmbir: êngg. kn. blèg lsp. kaêtrap ing pit, grobag lsp. tandha yèn wis mbayar pajêg.

plêmbung: pating [x] kn. padha mlêndhung (kisèn angin); di-[x]-ake: disêbul (diisèni angin lsp) supaya mlêndhung; [x]-an: 1 kêndhangan wadhah uyuh (ing puyuhan); 2 êngg. têlih, gondhok; 3 balonan (karèt lsp); 4 umpluk sabun kang mlêndhung (dolanan bocah); kc. mlêmbung.

plêmbung-anginên: kn. 1 lara masuk angin ing wêtêng, krasa kêmplung-kêmplung wêtênge marga kakehan ngombe; 2 kulite padha mlêmpung (tmr. pitik).

plêmpas-plêmpus: pc. umuk, umbag.

plêmpêng: kn. bumbungan dalan banyu.

plêmpung: pating [x] pc. padha abuh kulite; kc. mlêmpung.

plêndak-plêndèk: pc. 1 ora ndêmênakake ênggone mangan (sajak ora doyan); 2 ora kêncêng kêkarêpane.

plêndèk: mak [x] pc. sanalika mandhêg ora nêrusake niyate, jêlèh.

(plêndêr): di-[x] êngg. kn. diplêndir.

(plêndir): di-[x] kn. dipêksa dikon nindakake pagawean kang abot (ngungkuli liya-liyane).

(plêndrêng): di-[x] êngg. kn. diplêndir.

plêndhing: pc. blêndhing.

plêndhung): di-[x]-ake kn. saèm. diplêmbungake; [x]-an êngg. pc: plêmbungan.

(plênèt): di-[x] pc. diplènèt.

plênêt: mak [x] pc. sanalika mêtu (sêsukêr); [x]-an ks: sêsukêr.

plênik: pc. tutul cilik.

plênis: pating [x] pc. katon cilik-cilik klimis (wowohan lsp).

plêncar: pating [x] kn. ak. padha pêncar ana ing êndi-êndi.

plêncat: [x]-[x], pating [x] kn. ora ajêg antarane, ora urut-urutan, padha mrênca; di-[x]-ake: 1 ak. dipênculatake; 2 (ut. di-[x]-[x]) disèlèhake mrênca (ut. ora diurutake); [x]-an (atine): ora jênjêm, ora têtêp atine.

plêncat-plêncut: pc. 1 bola-bali lunga; 2 ora ajêg, gonta-ganti ênggon (ut. gagasan); kc. plêncut.

plêncing: I mak [x] pc. lunga dadakan; [x]-an êngg: dolan-dolan nunggang pit; kc. mlêncing. II êngg. kn: 1 anak warak; 2 pêntil randhu.

plêncung: kn. 1 wilah lsp. dianggo mbalangake blêthok (gêmpalan lêmah); 2 ar. lêlagon suluking dhalang; di-[x](-i): dibalangi nganggo plêncung; di-[x]-ake (diplêncutake êngg): dibalangake (dilêpasake) mlêsat bantêr.

plêncut: pating [x] pc. padha mlêsat;

--- 498 ---

di-[x]-ake êngg: diplêncungake; mlêncuti: wis ana sawêtara kang mêtu wulène (tmr. pari ing sawah).

plênthas-plênthus ~ plêthok.

plênthas-plênthus: pc. umbag sugih omong.

(plênthèt): di-[x]-ake (wêtênge) pc. dijêngkêrutake wêtênge (sarana ngêdên).

plênthi: mlênthi pc. katon cilik nyêmpli.

plênthing:(-ên) lara cacar; kc. mlênthing.

plênthu: pating [x] pc. padha katon kaya pêncu.

plênthuk: kn. ak. ar. wadhah bêling mblêndhuk ingisor (wadhah inuman).

plênthung: kn. prênthilan ing kulit isi nanah ut. arêp dadi wudun; pating [x] pc: padha mlênthung; kc. mlênthung.

plênthus: mak [x] pc. sanalika mundhak gêdhe (tmr. wêtêng).

plênthon: kn. ak. wêwangunan kang bundêr; kc. plênthu.

plênthong: êngg. kn. 1 bundêran cilik; 2 bundêran bêling ing diyan listrik; kc. kêplênthong.

plênyak-plênyèk: pc. katêranganing midak barang kang jêmèk.

plênyèk: mak [x] pc. sanalika jêmèk; kc. mlênyèk.

plênyok: mak [x] pc. saèm. mak plênyèk; kc. kêplênyok, mlênyok.

plêng: mak [x] kn. 1 sanalika lunga mak lêng; 2 mak clêng (rasaning kuping ut. êndhas); 3 katêranganing ngantêm; kc. cês-plêng.

plêngah-plêngèh: pc. plengah-plèngèh.

plêngak-plêngok: pc. thingak-thinguk (marga gumun).

plêngang-plêngong: kn. ak. thingak-thinguk katon bodho.

plêngèh: mak [x] pc. sanalika ngguyu.

plênggang-plênggong: kn. katon gêla ut. cuwa.

plênggong: mak [x] pc. sanalika gêla (cuwa); kc. mlênggong.

(plêngkang): mlêngkang kn. ngadêg sikile mbêgagah; kc. kêplêngkang.

plêngkuk: pating [x] pc. padha mbêngkêluk (bengkong); di-[x]-ake pc: dibêngkêlukake.

plêngkung: I ut. [x]-an kn. 1 wêwangunan kaya saparoning buwêngan (kang ngadêg); 2 tembok kang wangun saparoning buwêngan (gapuraning kutha lsp); 3 gapura pakurmatan; di-[x]-ake: dibêngkêlukake awangun plêngkungan; kc. mlêngkung.

(plêp): di-[x] pc. diêmplêp.

plêpah: êngg. k. plupuh; kc. mlêpah.

plêpak-plêpêk: pc. 1 tansah mlêbu (tmr. barang cuwèr, umbêl lsp); 2 tansah (kêrêp) ngombe.

plêpêk: I [x]-[x] pc. ora bisa ambêkan kalawan kêpenak; kc. kêplêpêkên. II di-[x]-ake pc: diblêbêkake, diblêdhêsake ing banyu.

plêpêr: mak [x] pc. sanalika mabur; kc. blêbêr, mlêpêr.

plêpuh: pating [x] pc. padha mlênthing.

plêpuk-plêpuk, plêpus-plêpus: êngg. kn. mêtu prêntilaning umpluk (tmr. wedang umob).

plêrak-plêruk: (-plêrêk ak). katon pêtêng ulate.

plêrêk: mak [x] pc. sanalika pêtêng ulate; kc. mlêrêk.

plêruk: pating [x] pc. padha katon pêtêng ulate; di-[x]-i pc: diingêtake kanthi ulat kang pêtêng; kc. mlêruk.

plês: mak [x] pc. sanalika amblês (-lunga, ilang).

plêsat: pating [x] kn. padha lumêpas adoh; kc. mlêsat, pêsat.

plêsir:(-an) pc. mlancong, dolan-dolan.

(plêsit): mlêsit kn. ak. mêncil, mênjila; kc. kêplêsit.

plês-plêsan: pc. trêp bangêt, cukup; kc. cèplês.

plêsta: êngg. k. rampung; kc. palastha.

plêstèran: kn. dilapis (disrasah) ing campuraning wêdhi, gamping, sêmèn lsp. (tmr. jrambah, jogan); kc. plèstêr.

(plêtêr): di-[a] kn. 1 dioyak; 2 (-ing gawe) tansah dikon nyambut gawe; 3 3 diujêg, digêjêg ing panjaluk.

plêtik: kn. 1 pêliking gêni kang mênculat; 2 plênik putih ing têlênging mata; [x]-[x], pating [x]: 1 padha mênculat gênine (mêtu plêtike); 2 padha ana plênike putih (tmr. mata, rambut); di-[x]-i: kêna plêtiking gêni; kc. mlêtik.

plêtuk: pating [x] kn. ak. katon putih marga akèh plênik-plênike putih (tmr. rambut lsp); kc. mlêtuk.

plêtun: kn. gêgolonganing prajurit (saradhadhu); kc. platun.

plêton: kn. tembok sêmèn; kc. bêton.

plêca-plêcu: pc. tansah mêcucu cangkême; kc. mlêcu.

plêcas-plêcus: pc. sugih omong ora ana kanyataane.

(plêcèk): di-[x]-ake pc. dilangkip (di-bukak) kulite.

plêcèt: mak [x] pc. sanalika lunga tanpa pamit, sanalika bali.

plêcis: mak [x] pc. têmahan ora nyata.

(plêcit): di-[x] kn. dioyak têrus, diplêtêr.

(plêcu): mlêcu pc. cangkême mêcucu.

plêcus: mak [x] êngg. pc. têmahan ora nyata; [x]-an pc: sugih umbag ora nyata.

plêcut: pating [x] êngg. pc. pating plêncut; kc. plêncut.

plêthèk: I kn. 1 (ing srêngenge) wêtuning srêngenge; 2 ([x] sasi, [x] tanggal) wiwitaning sasi (-tanggal); 3 ent. wiwitaning panggarap (tumindak); kc. mlêthèk. II mak [x] pc: pêpindhan swaraning gêdhah pêcah lsp.

(plêthês): di-[x] pc. 1 ditindhês; 2 dipatèni; kc. mlêthês.

plêthêt: mak [x] pc. mak plênêt.

plêthik: mak [x] pc. saèm. mak plêthèk nanging luwih lirih; kc. mlêthik.

plêthis: mak [x] pc. sanalika copot (-lêpas); kc. mlêthis.

plêthus, plêthos: mak [x] pc. sanalika njêblug (-pêcah); kc. mlêthus, mlêthos.

plêthok: kn. pêpindhan swaraning mrêcon lsp; kc. mlêthok.

--- 499 ---

pliyasan ~ plompang-plompong.

pliyasan: kw. panulak.

plikan: pc. pêlikan.

plikêt: kn. jêmèk krakêt.

plikplikêr: pc. juru ngrêksa wong lara (ing hospital).

plikplok: êngg. pc. plokplik.

plilahan: pc. kanthi palilah (idin).

(plilis): di-[x] êngg. kn. dilêlês, ditampar.

plilit: pating [x] kn. krasa kaya dipuntir-puntir (ing wêtêng); di-[x] êngg: dilêlês, ditampar, diplintir.

plilitan: kn. tansah obah mubêng (tmr. wong linggih).

plim: kn. lis (kayu, marmêr lsp) ing tembok kang ngisor.

(plimping): di-[x](-i) kn. ak. 1 dikêsrik (diiris lsp) turut pinggir; 2 ent. dipêpiringi, dituturi kanthi pasêmon ut. kanthi alus; [x]-an: 1 pinggiran (kang diglamit, wilahan lsp); 2 pasêmon.

(plindêr): di-[x] pc. diplêndêr; kc. kêplindêr, mlindêr.

(plindhês): di-[x] kn. ditindhês (ing kreta, montor lsp).

plindhukan: kn. papan pandhêlikan (ing durjana lsp); kc. lindhuk.

plindhungan: kn. ak. pangungsèn; kc. lindhung.

plintangan: pc. ngèlmu palintangan.

(plintir): di-[x] kn. diuntir (diplilit) tmr. tali, bolah lsp; [x]-an pc: plilitan.

plincutan: pc. klicutan.

plinthas: pc. plenthas.

plinthêng:(-an) kn. 1 wilah lêmês dianggo nglêpasake krikil sarana diêmbat dijêpatake; 2 ([x] karèt) saèm. bandhil nganggo karèt diulur dilêpasake; di-[x]: dilêpasi krikil lsp. kang dilêpasake sarana plinthêng(-an); kc. mlinthêng.

pling:(-mandarakan) êngg. pc. bêcik bangêt; di-[x]-[x] pc: dilêlithing, diêmi-êmi.

plingak-plinguk: pc. lingak-linguk nggêgolèki (ut. ora wêruh).

plipid:(-an) kn. pinggiran kang didondomi nggligir; di-[x](-i): didondomi pinggirane.

plipir: kn. ak. pinggir; di-[x]-i: dicêdhaki (diliwati) turut pinggir; kc. mlipir.

(plipis): di-[x] kn. ak. dipênêt; kc. mlipis.

plirak-plirik: pc. (matane) mêndêlik ngingêtake kiwa têngên; kc. mlirik.

(plirid): di-[x] kn. 1 diurut lan diênêtake supaya mêtu isine (tmr. usus lsp); 2 ent. digêmèni bangêt.

plisêr: kn. ak. brintik.

plisir: kn. apa-apa sing ditèmplèkake minangka pinggiran (dianggo rêrênggan); di-[x](-i): didèkèki plisir.

plistur: êngg. pc. plitur.

plitur: kn. bngs. cèt dianggo nggilapake meja, kursi lsp; di-[x], [x]-an: dicèt ing plitur.

(plithês): di-[x] pc. diplindhês, dipithês.

pluk: mak [x] pc. 1 pêpindhan swaraning nyampluk lsp; 2 swaraning barang kêcêmplung banyu lsp.

plikokan: êngg. pc. blukèrên arêp mutah.

plumpung: kn. 1 bngs. wit glagah (ing rawa-rawa); 2 kuning sêmu putih (tmr. ulêsing jaran).

plunan: êngg. kn. anak kaponakan.

pluntah: mak [x] êngg. pc. mak dlodok.

(pluntir): di-[x] kn. ak. diplilit, dipuntir; kc. plintir.

pluntur: kn. tali (tampar) dianggo nggantung ut. nyangga rêricikaning gamêlan; kc. luntur, palunturan.

pluncar: pating [x] kn. ak. padha katon sumorot (sumurat); kc. puncar, muncar.

plunthêr: pating [x] pc. padha punthêr (puthêr).

plung: mak [x] pc. katêranganing apa-apa kang kêcêmplung ing banyu lsp.

plungsungan: êngg. kn. wlungsungan (ula lsp).

plupuh: kn. 1 sigaran pring kang digêpuki (dianggo tabag lsp); 2 êngg. galar, sasak jogan; di-[x]: dithuthuki (tmr. sigaran pring); kc. mlupuh.

plurikan: kn. ak. bakul lurik.

pluruhan, pluruwan: êngg. kn. pawuhan.

plus: pc. plêk (padha rupane, trêp); kc. cêplus.

plusut: êngg. pc. kayu nganggo palangan kanggo gawe garitan ut. ciri ing pinggiraning kayu (piranti tukang kayu).

(pluta): di-[x] kn. dirangkêp dadi sakêcap (tmr. aksara up. salawat-slawat); plutan: aksara kang dipluta.

plucu: mak [x] pc. sanalika ngliga (wuda); kc. bluju.

pluthas-pluthus: pc. bludhas-bludhus.

pluwang: kn. ak. luwangan, jugangan; kc. luwang.

(pluwèk): di-[x]-ake pc. diwêngakake (tmr. tatu lsp); kc. mluwèk.

(pluwok): pc. kc. pluwèk; mluwok.

pluwêr: pating [x] pc. padha awangun bêbuwêngan.

pluwit: kn. sêmpritan ing sêpur lsp.

plodra-plodro: êngg. pc. tansah mlotrok (ênggone tapihan lsp).

ployok: pating [x] pc. pating pleyok padha rusak (tmr. omah lsp).

plok: I mak [x] pc. 1 pêpindhan swaraning riyak lsp. tumiba; 2 katêranganing nemplok. II kn: ar. dolanan bocah. III ut. sa-[x](-e) êngg. pc: wiwit ing nalikane. IV di-[x] êngg. pc: diêmplok.

plokah: êngg. pc. ar. modhèling potongan rambut.

plokplik: kn. sêmburan (ar. dolanan bocah sing digawe bêling disêbul bisa muni).

plok-plokan: pc. 1 êmplok-êmplokan, tansah arêp ngêmplok; 2 ngoplok (ndhrodhog); 3 dolanan nganggo dluwang diplêmbungake banjur diidak nganti nywara mak plok.

plola-plolo: pc. tansah ngingêtake matane diambakake; kc. mlolo.

plombir: kn. blèg, pèning lsp. dianggo tandha yèn wis mbayar pajêg (tmr. pit, kreta lsp).

plompang-plompong: pc. tansah ndomblong.

--- 500 ---

plompong ~ (pukir).

plompong: pating [x] pc. 1 padha bolong; 2 padha ndomblong; [x]-an êngg: lompongan, bolongan.

plonos: pating [x] pc. katon gêdhe bundêr-bundêr (tmr. wowohan).

plontèr: (W) kn. 1 mèlu dhinês nêgara saka karêpe dhewe (saèm. magang); 2 bngs. kadhèt (calon opsir).

plonco: kn. 1 pêntil sêmangka; 2 ent. pc. isih ênom, durung duwe kupiya; 3 êngg. pc. gundhul plonthos; 4 êngg. pc. Wlanda pranakan.

ploncon: êngg. kn. 1 saèm. gawangan kayu mawa bolongan dianggo wadhah tumbak, payung lsp; 2 kayu bundêr dianggo nyithak ikêt, kuluk; kc. klêbut.

plonconan: pc. 1 gundhulan; 2 tanpa sandhangan (mèh wuda).

plonthang: êngg. kn. kêcampuran corak putih (tmr. ulês, warna).

plontho: êngg. pc. palanyahan.

plonthos:(-an) kn. 1 gundhul dicukur kabèh; 2 êngg. ikêt-ikêtan tanpa dikatonake jèbèhane.

plonyo: pc. lênga dhêklonyo.

plonyoh: mak [x] pc. sanalika ilang kulite (marga disiram wedang lsp); kc. mlonyoh.

plong: pc. 1 bolong, bolongan; 2 (mak [x]) sanalika banjur lêga atine, têrang pangêrtine; 3 (picak [x]) picak babar pisan; di-[x](-i) êngg: dibolongi; kc. complong.

plongak-plongok: pc. lingak-linguk ora ana kang dipikir; kc. mlongok.

plonga-plongo: pc. (ndêdêlêng, ngingêtake) cangkême tansah mênga; kc. mlongo.

plongoh: mak [x] pc. sanalika ngguyu cangkême amba; kc. plêngèh.

(plongor): di-[x]-[x]-ake êngg. kn. diunèk-unèkake sarta diundhat-undhat sakatoge.

plopor:(-aèr) kn. jaran rakitan kang ngarêp (tmr. rakitan 6,8); [x]-an êngg: gêbayan ing desa; kc. mlopor.

ploposan: êngg. kn. gunêman umbag, umuk.

plorak-plorok: pc. saèm. plirak-plirik nanging matane luwih amba; kc. mlorok.

(plorod): di-[x]-ake kn. diudhunake sarana mletre; [x]-an: dolanan mudhun saka ing dhuwur mletre; kc. mlorod.

plosnong: mak [x] êngg. pc. luput.

plota-ploto: êngg. pc. sugih omong kang umuk; kc. mloto.

plotra-plotro, plotrak-plotrok: pc. tansah mlotrok; kc. mlotro, mlotrok.

(plocot): di-[x] êngg. kn. diklocop kulite (tmr. gudhig lsp); kc. plècèt.

(plothot): di-[x] pc. diênêtake supaya mêtu isine (tmr. woh lsp).

pu: kw. ak. êmpu.

pudyastuti: kw. pangaji-aji, panêmbah; kc. puja, astuti.

puja: (S) kn. pangaji-aji, panêmbah, donga; di-[x]: 1 dipêpundhi, dikurmati bangêt (tmr. marang dewa, ent. tmr. kang kinasihan); 2 br. dianakake sarana cipta (sêmadi); dipujakake ak: didongakake, dipujèkake; pujan br: dadine (anane) sarana dipuja; pêpujan br: 1 sêsêmbahan, kang diaji-aji (dewa); 2 kang kinasih bangêt.

pujabrata: kw. pangaji-aji, panêmbah.

pujakrama: kw. pangaji-aji, panêmbah.

pujangga: kn. wong kang pintêr (bab kêkarangan, layang-layang, basa).

pujastuti: kw. pangaji-aji, panêmbah, pandonga.

puji: kn. 1 sêmbahyangan, donga; 2 pc. pangarêp-arêp supaya ...; 3 êngg. pc. pangalêm, di-[x]: 1 ak. dipêpuji, diaji-aji; 2 (ut. dipujèkake) didongakake, disêsuwun supaya kêlakona; [x]-an: donga pangalêmbana (panuwun) sarana dilagokake (tmr. Islam); kc. muji.

pudhak: I kn. 1 kêmbang pandhan; 2 (sêmut [x]) sêmut putih cilik-cilik; [x] satêgal: ar. sumping; [x] sinupit ak: dodotan kang sisih têngên sadhuwuring dhêngkul. II êngg. kn: batur;kc. budhak.

pudhat: êngg. kn. pundhat.

pudhot: êngg. kn. dhudha.

pugag: êngg. kn. ilang pucuke (marga dikêthok, dipunggêl lsp); kc. pogog.

pugal: kn. ak. ora manutan (lmr. tmr. kewan).

pugas: êngg. kn. rampung; [x]-[x]-e êngg: ing wasanane; kc. pungkas.

pugêran: kn. ak. 1 pikukuh; 2 pathokan, wêwaton; kc. ugêr.

pugês: êngg. kn. punthês, curês, pêdhot têkan oyode pisan.

puguh: kn. 1 ak. têtêp, kukuh; 2 ora gêlêm miturut (ngukuhi panêmune dhewe); 3 êngg. mêsthi.

pugut: kn. 1 lading ani-ani; 2 tugêl pucuke (perangane kang lancip) sathithik.; di-[x]: ditugêl (dikêthok) pucuke ut. lancipe sathithik; dipun [x] êngg. k: didêrêp, diênèni.

(puh): di-[x] kn. 1 dituntasake banyune (sarana dipêrês lsp); 2 êngg. pc. dipêrês (tmr. sapi lsp); kc. apuh.

puhan: kn. 1 ak. pêrêsan (banyu susu sapi); 2 (klapa [x]) êngg. krambil kopyor; kc. puh.

puhara: kw. wasana, pungkasan, jalaran.

puhawang: kw. ak. nakoda.

(puhung): di-[x] kw. dipuwung.

puyêng: ki. (êngg. kn). ngêlu.

puyêngan: kw. ubêng-ubêngan, bingung.

puyêr: kn. tamba bubukan (aspirin lsp).

puyuh: k. gêmak.

puyuhan: kn. plêmbungan wadhah uyuh ing wêtêng.

puyut: kw. buyut.

puk: I mak [x] pc. sabawaning barang tiba lsp. II (sa-[x]) saêmblog.

pukah: kn. ak. pokah, punggêl.

pukaha: (A) kn. ak. ahli ngèlmu pêkih (kitab-kitab).

pukang: I kn. pupu (tmr. kewan). II kn: ar. kewan satêngah kêthèk.

(pukêt): di-[x] êngg. kn. ditalèni, digubêd, dirut; kc. mukêt.

puki: êngg. ks. pawadonan.

(pukir): pêpukiran kw. sêsipataning praèn (pawakan).

--- 501 ---

pukul ~ pulut.

pukul: I ([x] bêsi) kn. palu; di-[x]: 1 êngg. digêbug; 2 br. ditêmpuh, disêrang (ing prang); 3 êngg. dikênakake pajêk lsp; 4 pc. diapusi, diblithuk; di-[x]-ake êngg: ditangkarake, ditikêlake. II êngg. kn. ut. k: jam (mratelakake wayah).

pukul-rata: ut. di-[x] êngg. diracak, digêbyah uyah.

pukulun: kw. 1 gusti (bêndara) kawula (atêgês: panjênêngan); 2 aku.

(puk-puk): di-[x] kn. dicablèk-cablèk pundhake lsp.

puk-pukan: kn. pirang-pirang puk (êmblog).

pukrul: kn. ak. pokrul.

pul: I pc. rakêt bangêt pamitrane; di-[x]-i pc: dirakêti, dikumpuli. II (W) kn: 1 kutub (ing jagat); 2 pungkasaning wêsi brani (tuking daya panggèndèng).

pulang: I kw. 1 pulih, gathuk, amor karo; 2 disaput ing, ditutup ing; di-[x](-i) ak: dicampuri, dimori, dikumpuli. II êngg. pc: 1 mulih; 2 bali.

pulangan: kn. blabag sanggan tiyang (-prau).

pulang-asmara: (-gati, -hyun, -lulut, -sari, -sih, -raras, -rêsmi) kw. sacumbana, wor-salulut.

pulang-gêni: kw. ratus, dupa.

pulang-lêbu: kw. kasaput (kêbak) ing lêbu.

pulang pêgi: êngg. pc. mênyang mulih (tmr. nyêpur lsp).

pulang-rah: kw. kêkuthah gêtih.

pulas: kn. cèt warna-warna (cèt banyu, lênga, lsp) dianggo nyungging; di-[x]: 1 dicèt lsp. supaya bêcik, disungging; 2 ent. ditutupi murih katon bêcik, dirêrêngga (dipêpacak) murih katon bêcik (sajatine ora bêcik); [x]-an: 1 kang dipulas; 2 ora sanyatane, laire bêcik, palson.

(pulasara): di-[x] kn. 1 diopèni kanthi bêcik (tmr. wong lara lsp); 2 êngg. dipiyara, diingu; 3 êngg. digarap (tmr. palêmahan lsp); 4 pc. digêbugi, diajar (tmr. bocah cilik).

pulasari: kn. ar. bumbon crakèn dianggo tamba (jamu).

pulastha: kw. 1 rampung; 2 êntèk; kc. palastha.

pulawaras: kn. pulasari (yèn pinuju dianggo tamba, jamu).

pule: kn. ar. wit (babakane kêna digawe tamba, jamu).

pulèh: êngg. pc. pulih.

pulên: kn. 1 ak. pul bangêt (pamitrane), rakêt bangêt; 2 êmpuk sarta kumrakêt ora pêra (tmr. sêga lsp).

pulês: I di-[x] kn. 1 êngg. dipuntir (diuntir) lan disingsêtake (tmr. tampar, tali); 2 diujêg-ujêg, dijaluki kanthi bangêt; kc. mulês. II (turu [x]) êngg. pc: turu kêpati.

(pulêt): di-[x](-i) kn. 1 digubêd (ing ula lsp); 2 ak. digulêt, dirangkul; 3 ak. diraja-darbe, dibêslah; pêpulêtan: gêgubêdan, ulêt-ulêtan; kc. mulêt.

puli: kn. bngs. lêgêndar (ar. panganan).

pulih: kn. 1 bali kaya kaanane kang sakawit; 2 ([x] gêtih) bali barang darbèke, nêdya malês; 3 ([x] gêtih) buk (ora kalah ora mênang); pêpulih: 1 wêwalês, piwalês; 2 nêdya malês; 3 apa-apa kang diwènèhake minangka gêgênti ênggone agawe sêrik lsp; 4 mêmènèhi (ngaturake) apa-apa minangka gêgênti ênggone agawe sêrik lsp; di-[x]-ake: dibalèkake kaya kaanane sakawit; pêpulihan ak: pulih manèh, têpung manèh, mari pasulayan; kc. mulih, ulih.

pulihan: êngg. kn. (bumi [x]) palêmahan kang asal saka walêding kali.

pulir: I kw. mubêng, munyêr; di-[x] kn: dicêthot (dijèwèr) banjur diuntir; kc. ulir. . II (ut. puliyêr ak) kn: ar. pangkating pulisi (saradhadhu).

pulisi: (W) kn. 1 kang pinatah ing nêgara njaga tata-têntrêm; 2 punggawa nêgara (desa) kang njaga tata-têntrêm; dipulisèkake pc: dilapurake marang pulisi.

pulisi-agèn: kn. punggawa pulisi njaga dalan lsp.

pulisi-dinar: kn. ak. pulisi kang asikêp gêgaman kaya saradhadhu.

pulisi-pèdhêl: pulisi-pèl kn. ak. pit.

pulitik: (W) kn. 1 babagan iguhan ngêrèh praja; 2 pc. rêrekan kajuligan; di-[x] pc: direkani, diapusi.

pulya: br. pulih.

pulmak: kn. ak. wêwakil; kc. kulmak.

pulu: kêmbang [x] kn. ar. têtuwuhan kang dianggo nguning.

puluh: I sa-[x], rong [x] lsp. n. sadasa, kalih dasa lsp. k: 10,20 lsp; [x]-an: 1 ajine sapuluh, 2 pirang-pirang puluh. II kn: sênadyan, up. [x] kotangisana iya ora bakal bali.

puluh-puluh: kn. kêpriye manèh, wis kêpêksa nrima lah wong ...

puluk:(-an) kn. kèhing cêkêlan (sêga kang arêp diêmplok); nampèl [x] pr: nyênyongah wong kang nêmu kabêgjan; di-[x]: 1 dicêkêl arêp diêmplok (tmr. sêga); 2 êngg. pc. dipangan.

puluk dhêkêm: pc. puluk gêdhe.

pulunan: êngg. kn. kaponakan.

pulung: I kn. 1 wahyu, lintang kang tumiba marang wong mracihnani yèn bakal olèh pangkat (kabêgjan); 2 kabêgjan; kêtiban [x] pc: olèh kabêgjan; (pangkat lsp). II di-[x] êngg. kn: 1 digèdhèngi (ditalèni) tmr. pari kang mêntas diênèni; 2 dilêbokake (ut. diêntas) tmr. pari kang diêpe. III di-[x] kw: 1 diklumpukake, dijupuk dipèk; 2 dijupuk (ing dewa), dibanjut nyawane.

pulung-ati: n. (-manah k. ak, -galih ki. ak): lêgokan ing sangisoring dhadha (kang pênêr jantung).

pulur: êngg. kn. atèn-atèning wit.

puluran: êngg. kn. panganan.

pulus: pc. dhuwit.

pulut: kn. tlutuh kang plikêt; di-[x]: 1 diusari pulut; 2 dipasangi pulut (tmr. manuk lsp); 3 ent. dijontrot, dipêpencut sarana dhuwit lsp.

--- 502 ---

pulo ~ punggêl.

pulo: I kn. tanah kang kinubêngan sêgara. II êngg. kn: dangu (kêmbang durèn).

pulon: kn. pêpêthan (têtironing) pulo.

puman: (S) kw. ak. wong lanang.

pumpa: kn. ak. pompa.

pumpêt: pc. pampêt, buntu.

pumpung: êngg. kn. mumpung.

pun: I k. si. II k. pc: wis; kc. sampun. III k. pc: aja; kc. sampun. IV pc: di-; kc. dipun. V kn: wadhah tèh. VI kn: bobot ½ kg.

punagi: kn. ak. 1 kaul, nadar; 2 (ut. punagènan) duwe kaul nêdya; dipunagèni ak: dikauli, yèn kêlakon bakal dikauli.

punah: kw. sirna, rusak; di-[x] kw: disirnakake, dirusak, dipatèni.

punakawan: êngg. kn. panakawan.

punakèplèk: pc. batur; kc. panakawan.

punang: kw. ingkang (kanggo panêrang).

punapa: k. apa.

punapi: k. ak. apa.

punar: sêga [x]. sêga kuning dianggo slamêtan.

punas: êngg. kn. lunas.

pundêlikan: kn. ak. pandêlikan.

pundi: k. êndi.

pundirangan: kn. ak. pandirangan.

punjêr: I êngg. ak. 1 oyod lajêr; 2 oyod; kc. pancêr. II di-[x] êngg. kn: dipanjêr (tmr. layangan, gêndera lsp).

(punji): di-[x] êngg. kn. dipanggul (tmr. bocah, wong lsp).

punjul: 1 ([x] ing apapak) kn. luwih tinimbang pêpadhane; 2 n. langkung k. luwih (turah sathithik); 3 kn. drijine luwih siji (dadi 6); di-[x]-i n. dipunlangkungi k. ak: diluwihi, diwuwuhi sathithik; [x]-an n. langkungan k: luwihan.

punjung: kw. dhuwur; di-[x] kn: diwènèhi apa-apa saka karèrèhane (anak putune lsp); [x]-an: pawèwèh (panganan lsp) saka karerehan (anak putu); kc. munjung.

pundhah: êngg. kn. bajing.

pundhak: kn. pamidhangan ki: antaraning gulu karo bau; di-[x]: dicêkêli (dilèndhèhi) pundhake.

pundhamèn, pundhêmèn: kn. ak. dhêdhasar; kc. pandhêmèn.

pundhat: kn. sah tmr. cicilan, pajêg lsp; di-[x]-i: disahi, dilunasi.

pundhèh: kn. ak. wis kulina, pintêr; kc. pondhèh, pundhuh.

(pundhèn): pêpundhèn kn. 1 barang kang dipundhi-pundhi (sêsêmbahan); 2 papan kang dipundhi-pundhi (kuburan, patilasan lsp); kc. pundhi.

pundhês: kn. 1 purês, curês; 2 êntèk babar pisan.

pundhi: I êngg. kn. tampang jala (kang digawe bngs. grabah). II di-[x] kn: 1 êngg. ditampani (disangga, dijunjung) ing tangan loro kaumbulake sadhuwuring êndhas (tandha urmat bangêt, tmr. nampani layang, dhawuh lsp); 2 (ut. di-[x]-[x]) diaji-aji bangêt; kc. mundhi, pundhèn.

pundhuh: kn. 1 wis kulina nindakake, kulina; 2 êngg. mitra, kawanuhan; 3 wong kang dipasrahi nggarap; 4 grêma, tuwa-buru; 5 ak. sarèh, tatag.

pundhung: (ut. pêpundhung) kn. 1 unthuk (sêmut lsp); 2 ak. pundhuk, gumuk; [x]-an êngg: punthukan (galêngan) ing antaraning lubangan (patêbon).

(pundhut): I di-[x] ki. 1 dijupuk; 2 dijaluk; 3 dipèk; 4 dituku. II (pê-)[x]-an kw: pasuguh, suguhan.

pundhong: kn. ar. sukêt.

punêl: êngg. kn. pulên.

punika: k. ika (kae), iki (kiye), iku (kuwi).

punikaên: êngg. k. ika (kae), iku (kuwe).

puniki: k. ak. iki, kiye.

punikiên: êngg. k. iki, kiye.

puniku: k. ak. iku.

punis: kn. ak. putusaning pangadilan; kc. ponès.

punuk: kn. 1 daging mêndhukul ing githok (tmr. sapi lsp); 2 daging mêndhukul ing pundhak (tmr. wong).

puntên: êngg. k. 1 aja dadi atimu; 2 êmbuh; kc. apura.

puntên-dalêm: êngg. ki. êmbuh.

puntiyanak: êngg. kn. ar. mêmêdi (wewe).

punting: êngg. kn. kêcilikên sikil kêgêdhèn awak.

(puntir): di-[x] kn. dicêkêl lan diuntir; kc. untir, muntir.

(puntu): di-[x] kn. ak. 1 (ut. punton) diplintir (lan diusari lilin lsp. tmr. bolah, lawe); 2 (ut. punton) sabuk lsp. nam-naman lawe lsp; 3 ak. dipikir kanthi têmên-têmên (dipikir); 2 wasana (pungkasaning) rêmbug (nalar); kêtuwan punton pc: ambêke kaya wong tuwa.

punton: kn. kc. puntu.

puncak: êngg. kn. pucak (ing gunung lsp).

puncêt: kn. ak. pucuking tumpêng.

puncit: êngg. kn. kang pucuk dhewe; kc. pêncit, buncit.

(puncu): di-[x] kn. ak. dicongatake, diancarake (tmr. gêgaman); kc. muncu.

(puncon): pêpuncon kn. ak. pucak (ing gunung).

puntêr: kn. ak. putêr.

punthês: pc. 1 curês, purês; 2 êntèk babar pisan; kc. puthês.

punthuk: (ut. pêpunthuk) kn. 1 palêmahan kang dhuwur; 2 gumuk; 3 (ut. [x]-an) pc. pundhungan lêmah; kc. munthuk.

pung: pc. pêpindhan swaraning bêndhe lsp; kc. mung.

(punggah): di-[x]-i n. dipunpinggahi k. ak: diunggahi; [x]-an n. pinggahan k: 1 ak. dalan munggah; 2 ak. unggah-unggahan (pangkat lsp); 3 dina ngarêpake pasa (ing sasi Ramêlan).

punggal: kn. ak. punggêl.

punggawa: 1 kw. pangarêp, abdi-dalêm kraton kang monjo (senapati lsp); 2 kn. wong kang nyambut gawe ing kantor, sêpur lsp; 3 prabot desa.

punggêl: kn. 1 tugêl pucuke; 2 ent. cugag, ora têrus lêlakone (ênggone rêrêmbugan [rê...]

--- 503 ---

[...rêmbugan] lsp); di-[x]: 1 ditugêl (dicoklèk) pucuke; 2 dipêdhot ênggone rêrêmbugan lsp, diwurungake, dicugag; [x]-aning rêmbug ak: kênthêling rêmbug, pungkasaning rêmbug.

punggês ~ purêk.

punggês: ut. di-[x] êngg. dipunggêl, dikêthok, ditugêl.

punggung: I kn. ak. bodho, busuk; ngamuk [x]: ngamuk nekad bangêt. II sa-[x] kw: sairis.

(punggur): di-[x] kn. dipugag, dikêthok pucuke ut. kang dhuwur (tmr. wit).

pungka: kw. ak. lêgokan, lêdhok.

(pungkas): di-[x]-i kn. dirampungi, dirampungake, dilèrèni; [x]-an: kang kari dhewe, êntèk-êntèkan, wêkasan.

(pungkir): di-[x]-i êngg. pc. diselaki; kc. mungkir.

pungkur: n. pêngkêr k. pc. kang wis kêlakon, up. Sênèn [x]; di-[x](-ake) ak: 1 wis diliwati (wis kêlakon); 2 diungkurake; [x]-an ak:1 mungkur, ungkur, kêpungkur.

punglu: kn. ak. mimis cilik (glintiran lêmpung ing tulup).

punglor: kn. ar. manuk.

pungun-pungun: kw. lêgêg-lêgêg sêdhih (tangi turu).

(pungut): di-[x] êngg. pc. ditarik ing (pajêg, kontribisi lsp).

pungpung: kn. ak. ing nalikane lagi mbênêri (nêdhêng-nêdhênge); kc. mumpung.

(pungsêng): di-[x] kn. ak. digolèki mênyang ing êndi-êndi; kc. mungsêng.

pungsêr: I pc. pusêr. II di-[x]-ake kn. ak: diubêngake ngganjrêt; kc. mungsêr.

pupak: kn. dhaut ki. 1 ompong; 2 ganti untu (tmr. bocah cilik); di-[x]-i ak: dicêthili untune.

pupak pusêr: ak. puput (-pusêre).

pupu: I kn. wêntis ki. sikil ing antarane dhêngkul karo wlakang. II di-[x] kn: 1 diopèni diêpèk anak; 2 êngg. ditarik ing beya, sapon lsp; 3 êngg. dipêthik, dikukup; kc. pupon, kêpupu.

pupug: êngg. kn. punggêl, pugag (tanpa pucuk); di-[x] êngg: dipugag, diilangi pucuke; [x]-an: payon wêlit (rapak) kang wis kanggo (pucuke wis ora ana).

pupuh: I kw. 1 gêbug, panggêbug; 2 pêrang, kêrêngan; di-[x] kw: digêbug, digitik. II êngg. kn: têmbang. III kn. ak: tamba mata kang ditètèsake; di-[x]-ake ak: ditètèsake ing mata (tmr. tamba mata).

pupuk: I kn. 1 tamba pipisan (mamahan lsp) kang nyêmêk-nyêmêk ditèmplèkake ing êmbun-êmbunan; 2 intên rêrênggan ing pêthèn lsp; 3 êngg. pc. kalah kang dhuwur (tmr. adu kêcik, kêmiri lsp); di-[x]-i: 1 ditèmplèki pupuk êmbun-êmbunane; 2 diwuwuhi lapisan banjur disêpuh (tmr. arit lsp. kang wis lawas), diusari (dilapis) manèh.

pupuk-bawang: kn. mèlu dolanan nanging ora katut dipetung (ora bisa dadi lsp).

pupul: kw. kumpul tunggal dadi siji, nglumpuk.

pupung: kn. ak. pungpung, mumpung.

pupur: I kn. tasik ki. 1 bubukan bêras lsp. dicampur wêwangi dianggo mutih rai; 2 ak. parêm, wêdhak; 3 nganggo pupur; [x] sadurunge bênjut pr: ngawekani prakara kang durung kêlakon; di-[x]-i (ditasiki ki): disaput (diusari) pupur; [x]-an (tasikan ki): nganggo pupur. II kn. ak: punggêl, tugêl pucuke; mupuri: ganti sungu (tmr. mênjangan), ganti gadhing (tmr. gajah). III di-[x] êngg. kn: dipipili (tmr. jagung).

pupus: I kn. godhong kang ênom ing pucuk (tmr. gêdhang). II kn: pucuking jala; di-[x]: ditarik lan diurut dijupuk iwake (tmr. jala sing wis ditibakake). III di-[x] kn: atine disèlèhake (digawe nrima) marang lêlakon kang tinêmah); [x]-an ak: panrimaning ati; kc. mupus. IV êngg. ak: mati.

puput: I kn. ak. 1 wis têkan ing pungkasan; 2 pantog ing; 3 pungkasan, wêkasan; 4 ent. pati, mati; di-[x]-ake ak: ditêrusake nganti têkan wungkasan,pungkasan. dirampungake; kc. muput. II ([x] pusêr) kn: pusêre wis coplok (tmr. bayi); di-[x]-i ak: dislamêti nalikane puput-pusêr; [x]-an: slamêtan ing nalikane puput-pusêr.

pupon: I kn. ak. sikilaning kathok; kc. pupu. II kn: anak pèk-pèkan (kang dipupu).

pur: kn. 1 padha dene kalah (ora ana kang mênang); 2 pc. jumbuh warnane; 3 (ut. di-[x]-ake) êngg. lunas, sah.

pura: I (S) kw. kêdhaton, kraton. II di-[x]-[x] kn: disawiyah-wiyah, dirèmèhake. III di-[x] kn. ak: diapura.

puraya: kw. kêdhaton, kraton.

(purak): I di-[x] kn. disêmbêlèh lan diprêjit-prêjit (tmr. raja-kaya kang mati, iwak gêdhe kentas lsp). II [x]-[x] êngg. pc: 1 ethok-ethok; 2 pawadan. II di-[x]-[x] êngg. kn: disawiyah-wiyah, dirèmèhake.

puran: êngg. pc. saparoning kewan kang dibêlèh.

purana: (S) kw. layang crita.

purantara: kw. kêdhaton, kraton.

purasaba: (S) kw. kêdhaton, kraton.

purasani: kn. ar. wêsi kang bêcik.

purba: kw. wiwitan, kuna; di-[x] kw: 1 diêrèh lan diwêngkoni, dikuwasani; 2 diwiwiti (dianakake, dititahake); 3 dièsthi, dipindêng; kc. murba, murwa, purwa.

purba-nagara: kn. ar. kêmbang (kêmbang srêngenge).

purba wisesa: kw. panguwasa; purba wisesa ana ing: gumantung marang ..., kang wênang nguwasani (nêtêpake) ...

purdrah: (W) kn. sêsorah.

purêk: êngg. ak. cêkak, punggêl.

--- 504 ---

purêngên ~ putêk.

purêngên: pc. nêpsu bangêt; kc. curêng.

purês: kn. ak. êntèk (ilang) kabèh; kc. curês.

purêt: I kn. 1 bungkêr, ora bisa mundhak gêdhe (tmr. tanduran lsp); 2 pc. mati. II êngg. pc: ayo têrus!

puri: I (S) kw. 1 kêdhaton, kraton; 2 ak. bètèng. II di-[x]-[x] êngg. kn: dipundhi-pundhi.

(purih): I di-[x] kn. 1 diarah, dipamrih, kapurih, murih. II kn. ak: sampil.

purik: kn. lunga saka ênggone bojone (wong tuwane) marga pasulayan.

puring: kn. ar. têtuwuhan (sok dianggo tamanan).

puringisan: kn. ak. pringisan.

purir: kn. puliyêr.

purisa: (S) kw. ak. tlethong, sêsukêr.

purna: (S) kw. 1 ak. ganêp, wutuh; 2 pulih, mari; 3 ak. rampung; [x] jati ([x] waluya jati): pulih kaya kang sakawit (mari).

purnam: (W) kn. 1 jênêng kang baku (dudu jênênging krabat); 2 aksara cêkakaning jênêng kang dumunung ingarêp.

purnama: (S) kn. rêmbulan wutuh (nêdhêng bundêr).

purnamasidi: kn. ak. rêmbulan wutuh tanggal 14, 15 (gunggunging nêptuning dina lan pasarane iya samono).

purnami: br. purnama.

purnacandra: (S) kw. purnama.

puru: kn. 1 (lêmah [x]) bngs. lêlara kulit.

purug: k. paran; dipun-[x]-i k: diparani.

puruhita: (S) kw. 1 pandhita kraton, guru; 2 mêguru, nggêguru.

purun: k. 1 gêlêm; 2 wani.

purus: I kn. 1 dalan uyuh ing palanangan; 2 urat sangisoring konthol têrus ing palanangan; 3 ks. palanangan. II kn: ancêring saka kang manjing bolongan ompak (ut. kayu liyane, pangêrêt lsp).

purusa: (S) kw. 1 (wong-) lanang; 2 ak. kuwasa, kakêndêlan; kc. prusa.

purusa-lingga: kw. palanangan.

purusotama: (S) kw. (prajurit, wong) linuwih.

purut: kn. 1 (jêruk [x]) ar. jêruk kulite pating pruntus; 2 (asu [x]) ks. asu gudhigên.

purwa: (S) kw. 1 wiwitan, kang dhisik; 2 ([x] kala) jaman kuna, wiwit ing kuna mula; 3 wetan; di-[x] kw: diwiwiti, digawe; kc. wayang-purwa, murwa.

purwa-duksina: kw. wetan karo kidul (wiwitan lan pungkasan); ora eling [x] br: bingung, kuwur, sêmaput.

purwaganda: pc. propagandhah.

purwaka: (S) kw. 1 ak. biyèn, dhisik, wiwitan; 2 bêbuka (layang, sêsorah lsp); dipurwakani: diwiwiti, diwènèhi bêbuka.

purwakanthi: kn. têtêmbungan kang padha swarane ut. kang padha aksarane.

purwa-madya-wusana: kw. wiwitan (-têngahan) lan pungkasan (wiwitan têkan pungkasan).

purwaning dumadi: kn. (wiwitaning tumitah) ar. kitab suci (Kristên).

purwarês: (W) pc. kang maju ingarêp (tmr. bal-balan).

pusa: êngg. kn. ora ana pamêtune (tmr. sawah lsp); diêdol [x] êngg: diêdol têrus (ora kêna ditêbus manèh).

pusak: kn. unyêng-unyêngan kang ana ing êmbun-êmbunan (cakêt bathuk).

pusaka: kn. 1 barang warisan ut. tinggalan kang dipundhi-pundhi; 2 êngg. sawah warisan (dudu duwèking desa); 3 (layang [x]) ak. layang piwêkas awujud pitutur lsp; dipusakani ak: diwènèhi (ditinggali) pusaka; dipusakakake: ditinggalake (diwarisake) marang.

pusang: pusêng kw. bingung, kuwur, kodhêng.

pusara: kw. tali, rante, pangikêt; [x]-ning praja: (têtali ut. kêndhalining nêgara) pangrèhing nêgara; di-[x](-an) kw: ditalèni, dibanda, dirante.

pusêk: ut. [x]-an kw: kisruh, kuwur, bingung.

pusêng: I kw. bingung, kuwur, kodhêng. II di-[x] kn. ak: diubrês (ditlêsihake, digolèki) mênyang êndi-êndi; kc. mungsêng.

pusêr: I kn. tuntunan ki. êngg: 1 usus kang nggandhèng wudêl (tmr. bayi); 2 wudêl. II kn: titik (ing cakran) kang têngah; 2 ent. undêran, pancêr; [x]-an: undêran, buwêngan (ing kayu, banyu); kc. musêr, mungsêr. III kn: ar. ulêr.

pusing: I êngg. pc. bingung, kuwur, kodhêng; kc. pusang, pusêng. II di-[x] êngg. kn: dibêbeda, diganggu-gawe.

puslir: (W) kn. saradhadhu lumrah.

pusuh: I ut. [x]-an kn. ak: gulungan kapas sing wis dirêsiki bakal diantih. II ut. [x]-[x] êngg. kn: maras.

(pusus): di-[x]: 1 kn. diuyêk-uyêk lan diwênyêt ing tangan loro ditangkêbake; 2 kw. diubêngake; di-[x]-i: dikumbah lan dikosèk (tmr. bêras lsp).

puspa: (8) kw. kêmbang.

puspa-kajang: kn. ar. ula.

puspa-lembong: kn. ar. têtuwuhan bngs. kimpul.

puspanjali: kn. ar. têmbang gêdhe.

puspanyidra: kn. bngs. kimpul.

puspita: (S) kw. kêmbang.

pustaka: (S) kw. layang, buku.

(pusthi): I di-[x] kw. dicêkêli (tmr. gêgaman). II di-[x] kw: dièsthi, dipindêng.

pusthika: kn. ak. bngs. watu kang ana dayane; kc. musthika.

putat: kn. ar. wit.

putbal: (W) bn:kn. bal-balan.

putbalbon: (W) kn. pakumpulan bal-balan.

putèh: êngg. pc. putih.

putêk: kn. ak. judhêg bangêt (nganti tanpa pikiran).

--- 505 ---

putêr ~ pog-pogan.

putêr: I ut. [x]-[x] kn. 1 mubêng-mubêng, kliling; 2 nênunggang kreta lsp. mubêng mênyang êndi-êndi; di-[x]: 1 diubêngake (obèngan motor, jam lsp); 2 dienggokake bali (tmr. kreta, montor lsp); 3 diêlih ditandur (dipêndhêm) ing panggonan liya (tmr. wit, kuburan); 4 dibabitake (tmr. pêdhang); 5 didongani supaya bali (tmr. wong minggat lsp); 6 br. diêrèhake, dikuwasani (tmr. jagat, nêgara); kc. putêran. II kn: ar. manuk bngs. dara (kalumrah diingu).

putêran: kn. piranti kang dianggo mutêr (jam, mêsin, montor, diyan lsp); 2 tanduran lsp. kang diputêr.

putêr-giling: kn. ar. donga (aji) dianggo mutêr (mbalèkake) wong kang lunga; di-[x]: didongani (disranani) supaya bisa bali (tmr. wong minggat lsp).

putih: n. pêthak k. 1 warna kaya dene warnaning kapuk; 2 ([x] atine) suci, utama; di-[x]: 1 dikêthèl lan disêkuli supaya putih (tmr. mori lsp); 2 digilapake (tmr. gêgaman); 3 didadèkake putih; [x]-an: 1 kang wis diputih (tmr. mori lsp); 2 pc. tanpa nganggo warna; kc. mutihan.

putih mulus: n. pêthak [x] k. kabèh warnane putih (tmr. ulêsing kewan).

putih mêmplak: n. pêthak [x] k. putih bangêt.

putu: kn. wayah ki. anaking anak.

putung: kn. 1 tugêl tmr. barang kang dawa (têkên, gèntèr lsp); 2 [x] atine) ent. êmoh mèlu rêrêmbugan lsp; di-[x](-ake): dicoklèk (tmr. barang kang dawa); [x]-an: 1 barang kang wis putung: 2 (-atèn) gampang nêpsu banjur ora gêlêm cawe-cawe; kc. kêputungan, mutung.

putus: kn. 1 ak. pêdhot, 2 wis rampung (pangrêmbuge), wis ditêtêpake (tmr. prakara); 3 wis tamat (tmr. sinau), wis ngêntèk ut. pintêr; 4 olèh ênggone mèlu lotre; di-[x]: 1 br. dipêdhot; 2 ditêtêpake (tmr. rêrêmbugan), dipancasi (tmr. prakara); di-[x]-i ak: diadili dêtêtêpakeditêtêpake. sapa kang salah; [x]-an: karampunganing rêmpug,rêmbug. pancasaning pangadilan, katêtêpan; kc. kaputusan.

putusan: ki. ak. kongkonan; kc. utus.

putra: ki. anak; pêputra ki: anak-anak.

putraka: kw. putu.

putra sêntana dalêm: kn. anak lan sanak saduluring ratu.

putrèn: kn. 1 ak. golèk, anak-anakan; 2 jagung ênom.

putri: 1 kn. anaking ratu (para luhur) kang wadon (lumrahe ing crita); 2 ki. wadon.

pucak: kn. perangan kang dhuwur ut. pucuk (tmr. gunung lsp).

pucang: kn. wit jambe; kc. mucang.

pucat: pucêt kn. katon putih ora sumringah (tmr. rai lsp).

pucu: êngg. pc. 1 kucu; 2 pêncu.

pucuk: kn. 1 perangan kang kaprênah ing dhuwur ut. kang mêrit (tmr. barang kang dawa ut. lancip); pêpucuk: 1 ak. kang kawitan, kang dadi jalaran; 2 pangarêp(ing baris); 3 (layang [x]) ak. layang panantang pêrang; di-[x]-i: ak. diwiwiti, dibukani; [x]-an: perangan kang pucuk; kc. mucuk.

pucung: I kn. wiji kluwak; bapak [x]: ar. kewan ibêr-ibêran. II kn: ar. têmbang macapat.

putha: (S) kw. ak. lêmpitan.

puthangkring: kn. pêthangkring.

puthêl: êngg. pc. tugêl pucuke.

puthêr: kn. mbêngkêluk nêkuk (tmr. driji, pang lsp).

puthês: I êngg. pc. punthês, curês, ludhês. II di-[x] êngg. kn: dipunthês.

puthu: kn. ar. panganan (kang dicithak); kc. puthon.

puthuk: êngg. kn. punthuk.

puthul: kn. ak. pruthul.

(puthun): di-[x]-[x] kn. ak. diuthun-uthun.

puthut: kn. andêl-andêling pandhita (guru).

puthon: kn. 1 awangun kaya saparoning bundêran kêplêng (tmr. mas, slaka kang diluluh); 2 dhasare awangun bundêr mlênthu (tmr. kêndhil lsp).

(puwa): [x]-[x] kn. ak. ambêk siya, sawênang-wênang.

puwadhe: êngg. kn. palinggihan kang pinajang-pajang dianggo linggih pangantèn.

puwan: kn. ak. puhan, pêrêsan.

puwantên: k. puwara.

puwara: (n. puwantên k. ) kw. pungkasan, wasana, têmahan.

puwas: êngg. kn. 1 rampung; 2 jêlèh, marêm; 3 coba kaya ngapa!

puwasa: êngg. ak. pasa.

puwêr: êngg. kn. sampil.

(puwung): di-[x] kn. ditrimakake (dianggêp wis prayoga) marga ora bisa olèh kang luwih prayoga; [x]-an: mung trima lowung.

poak: êngg. kn. buthak.

pojar: kn. 1 ak. gunêm, ujar; 2 êngg. ak. kandha; [x]-an ak: gunêman; kc. ujar.

pojok:(-an) kn. lowahan ingantarane (sajrone, sajabane) garis (lumah lsp) kang têmpuk; di-[x]-i: digarap pojoke (tmr. sawah, bathikan); kc. mojok, kêpojok.

podhang: kn. ar. manuk; kc. kêpodhang.

podhèn: êngg. kn. turahan; kc. podhi.

podhêng: (W) kn. ar. panganan.

podhi: kn. ak. intên las-lasan.

poèl: kn. 1 ompong ganti untu (tmr. jaran lsp); 2 pc. ks. ompong, wis tuwa.

pog: kn. 1 êngg. katog, êntèk; 2 pc. wis sah; 3 pc. ajêg bae (ora mundhak ora suda); di-[x] pc: dicugag (tmr. gunêm lsp. ).

pogêran: êngg. kn. wêwaton, pathokan; kc. paugêran.

pogog:(-an) kn. tunggakan wit (isih ngadêg nanging tanpa pang).

(pogok):di-[x] kn. ak. ora diturut (parentah lsp); [x]-an: lèrèn êmoh nyambut gawe; kc. mogok.

pogot: êngg. kn. gothot, kiyêng.

pog-pogan: I kn. 1 êngg. pungkasan, têmahan, wêkasan; 2 pc. padha dene ngêsahake (buk-bukan).

--- 506 ---

II kn. ak: kang dianggo padinan (tmr. sandhangan lsp); kc. êmpog.

poh ~ pondhok.

poh: I êngg. kn. 1 pêntil pêlêm; 2 pêlêm. II di-[x] êngg: dipuh.

pohan: êngg. kn. puhan, pêrêsan.

pohung: kn. (kêtela [x]) kêtela kaspa.

pohot: êngg. kn. kilang têbu, tètès.

poyan: êngg. kn. 1 kandha, ngandhani; 2 pamitan.

poyang-paying:(-an) kn. ak. kontrang-kantringan dening bingung (susah bangêt).

poyuhan: êngg. pc. puyuhan.

(poyok): pêpoyok kn. têtêmbungan panacad (pangala-ala); di(-pê-)[x]-i: disêbutake cacade ut. sipate kang kurang prayoga; (pê-)[x]-an: 1 padha dene moyoki; 2 têtêmbungan surasane moyoki; 3 moyoki sarana têtêmbungan (tmr. bocah jothakan lsp); 4 jênêng pêpoyok.

pok: I mak [x] pc. katêranganing woh lsp. tiba. II kn: perangan kang pungkasan (tmr. apa-apa kang tumancêb ut. kang gandhèng karo liyane), up. [x]-ing ilat (-kuping, -wit); di-[x] pc: 1 ditugêl (dipêdhot lsp) ing pok; 2 diêntèkake kabèh. III pok-punêng êngg: êntèk kabèh, wis ora bisa mundhak; kc. pog.

pokah: kn. sêmpal ing pok (tmr. pang); di-[x](-ake): disêmpal poke (tmr. pang).

pokak: kn. (wedang [x]) wedang srêbat.

pokal: I kn. anaking wit gêdhang (kang ditandur). II (ut. [x] gawe) kn: pratingkah ut. akal kang ora bêcik.

pokèk: kn. (clana [x]) kathok cêndhak.

pokik: poko ks. mati.

pokil: pc. reka ênggone golèk kamelikan (kauntungan).

pokiran: êngg. kn. paukiran.

poklèk: kn. ak. coklèk.

poklot: êngg. pc. potêlod.

pok-o, pok-oping: kn. bngs. lênga pêrmèn kang sumriwing.

pokung: êngg. kn. tela kaspa.

pokok: kn. 1 pok ut. lajêring wit; 2 êngg. pc. asal; 3 êngg. pc. baku(ning rêmbug lsp); 4 wong kang baku (dêdunung, nganggo lsp); 5 pawitan (kang dianggo makarya, dêdagangan lsp); 6 pc. kang bêcik dhewe; di-[x]-i: 1 dibakoni; 2 dipawiti.

pokol: kn. 1 socaning wit (kang mbêndhol, tilas pang); 2 êngg. dhangkèl (ing têtuwuhan).

pokrul, pokrol: (W) kn. juru mbombong (ngêmbani) prakara ana ing pangadilan; di-[x]-i pc: diêmbani (prakarane); 2 dibêbaluhi, dipangarêpi; di-[x]-ake pc: dijalukake rêmbug marang pokrul.

pukrul bambu: pc. 1 pokrul kang ora wêton pamulangan luhur; 2 pokrul mung ngapusi.

pokrul-jendral: (W) kn. pangarêping bêbadan ing pangadilan luhur.

pol: I êngg. pc. êmpol. II (W) pc: 1 kêbak; 2 sah, lunas; 3 wis katog, wis têkan kang akèh dhewe.

pola: kn. 1 ak. tuladha, conto; 2 gambar bathikan ing dluwang dianggo blak bathikan.

polah: kn. 1 obahing angganing badan; 2 êngg. obah-obah badane (nêdya uwal, marga lara lsp); 3 pc. cara, pratikêl; kakehan [x] pc: kakehan pratingkah (reka); di-[x]-ake ak: diobahake; kc. molah, ulah, solah.

polatan: kn. praèn, wujuding rai; jêmbar [x]-e: jêmbar wawasane, ent. sugih kawruh; kc. ulat.

poldhan: (W) pc. sah, lunas.

polèng: kn. 1 êngg. ar. lurik; 2 coraking bathikan lèrèk dhamdhaman.

polèt: kn. très, sêtrip ing lêngênan.

polèksrat: (W) pc. rad kawula.

polêntèr: pc. plontèr.

polih: tan [x] kw. ora olèh.

polir: poliyêr kn. puliyêr.

politik: (W) kn. 1 babagan iguhing ngêrèh nêgara; 2 pc. reka kang ora barès.

poluk: êngg. kn. puluk.

polo: kn. utak, utêk.

polok: kn. kêmiri sikil.

polong: kn. 1 woh cêngkèh; 2 bngs. kacang, kapri lsp.

polor: kn. ak. atining wit.

polos: I êngg. kn. alus ut. lunyu tanpa gêrêt-gêrêt tanpa tatahan (tmr. dhuwit, pêndhok lsp). II kn: bngs. cindhe mawa corak lirik-lirik.

pol-polan: pc. sah-sahan, têkan sakatoge; kc. pol.

poma:(-poma) kn. ak. mratelakake pakon (piwêling) kang kalawan bangêt; di-[x](-[x]) ak: sing têmênan.

pomahan: n. pemahan k. pakarangan kang diêdêgi omah; kc. omah.

pompa: (W) kn. piranti dianggo nyêmprotake banyu (angin); di-[x]: disêmprot (diisèni) sarana pompa.

pon: I kn. ar. dina pasaran kang katêlu. II kn. ak: pun (½ kg).

ponakan: n. penakan k. êngg. pc. kaponakan.

ponang: kw. kang; kc. punang.

ponjèn: kn. ak. kanthongan wadhah jamu-jamu (bumbon crakèn); tumplak [x]: 1 sasrahane anak ragil, mantu anak ragil; 2 pc. nganti êntèk kabèh, êntèk-êntèkan; di-[x]-i ak: 1 dilêbokake ing ponjèn; 2 ent. dilêbokake ing ati (tmr. kawruh).

ponjol: kn. ak. saèm. penjol.

pondhèh: êngg. kn. 1 ak. pundhuh, kulina; 2 pc. pintêr; 3 wis cukup, bosên.

pondhêmèn: kn. ak. kc. pandhêmèn.

pondhoh: kn. 1 peranganing wit krambil, pênjalin lsp. kang pucuk (êmpuk sarta lêgi); 2 (sêga [x]) ar. panganan kang digawe bêras; di-[x]: ditindhik, dicublês godhohe bakal dadi lèng pasuwêngan (tmr. bayi).

pondhok: I kn. ak. buntêlan ut. wungkusan (panganan lsp); di-[x]: diwungkus, dibuntêl (ing godhong, tapas lsp). II kn: 1 omah kang diênggoni ing mangsa kala, gubug (ing alas lsp); 2 (ut. [x]-an) omah pasantrèn dianggo sinau ngaji (muride padha manggon ana ing kono); 3 (ut. [x]-an) omah panginêpan, omah

--- 507 ---

sadhiyan bocah sêkolah lsp. (kang adoh panggonane); di-[x]-i: dinunuti manggon (nginêp); di-[x]-ake: diinêpake ing.

pondhok gamblok ~ poros.

pondhok gamblok: (-glongsor, -kringkêl, -ringkuk, -slusup, -sumpêl, -tlosor) kn: wong kang nunut manggon ing omahing liyan.

pondhok karang: (-rompok, -tèmpèl) kn. wong kang ngindhung ana ing pomahaning liyan.

pondholan: kn. ak. cêkokan ing ikêt.

(pondhong): di-[x] kn. ak. 1 saèm. dibopong katèmpèlake ing dhadha (panggawane pangantèn wadon dening sing lanang); 2 diboyong mênyang ing panggonan liya; [x]-an: 1 digawa sarana dipondhong; 2 boyongan.

pondhong-pikul: kn. ak. 1 nindakake pagawean kang abot; 2 ak. ar. pajêg ing jaman biyèn (katur panjênênganing ratu).

ponès, ponis: pc. pêpancasaning pangadilan.

ponponane: ak. ing wasanane (têmahane) mêksa.

poncol:(-an) pc. pojok (pongol) kang nglojok; [x]-an êngg: 1 cêkokan, mondholan (ikêt); 2 kurang ajar; kc. moncol.

poncot: kn. 1 êngg. pojok, pongol; 2 klèmbrèhing tapih lsp; di-[x]: digawa (diwadhahi, dibundhêli) ing poncoting tapih, kêmbên lsp.

ponthang: kn. mawa warna sêlang-sêling (tmr. cêmêthi, pêdhang, tumbak lsp).

ponthêng: êngg. kn. ponthang.

ponyol: kn. ak. pinggiran (wêngku) kang mongol.

pong: pc. pêpindhan swaraning kênong japan; kc. pong-pongan.

pongah: kn. ak. bodho; di-[x] êngg: diapusi.

pongah-pangih:(-an) kw. ngolang-ngaling (ngosèk) nalikane turu.

pongge: kn. isi durèn.

ponggok: êngg. ak. mogok, mandhêg.

ponggol: sa-[x] êngg. sakênongan sêga.

pongkongan: pc. wong wis tuwa.

pongkor: êngg, kn. bumbung (pandèrèsan).

pongkrang: gêrang [x] pc. wong wis tuwa.

pongo: I kn. ak. mlongo, plonga-plongo. II di-[x]-[x] pc: dipangan (êmut) banjur disêmbur-sêmburake (marga kêpanasên).

pongol: kn. 1 wadhas, watu lsp. kang mangul (moncol); 2 êngg. dharatan kang nglojok ing sêgara, tanjung; kc. mongol.

(pongor): di-[x]-[x](-ake) pc. diunèk-unèkake kalawan diwêlèh-wêlèhake.

pongpok: êngg. kn. tutup keyong (ing omah kampung).

pong-pongan: kn. 1 ar. kewan sêgara saèm. yuyu nanging mawa cangkok kaya keyong; 2 êngg. ngabotohan bêdhèk-bêdhèkan cirining dhuwit (krun, Arab).

pongponggi: kn. ar. têtuwuhan.

po-o, poping: pc. pok-oping.

po-ot: êngg. kn. kilang têbu, tètès.

(popo): di-[x] kn. ak. kêpêksa ora dilakoni dening ora kêconggah; kc. mopo.

popog:(-an) êngg. kn. 1 buk (tanpa bathi); 2 ajêg bae ora mundhak (tmr. rêrêgan lsp); kc. pog.

popogan: êngg. kn. saèm. kêpala kampung (karerehaning lurah).

popok: êngg. kn. gagah, mêmpêng; kc. kêpopoh.

popok: I di-[x] kn. 1 ditèmplèki apa-apa kang jêmèk (tamba, blêthok lsp); 2 dilepa ing lêmah ut. lêmpung (tmr. galêngan); di-[x]-i pc: 1 ditutupi (pialane, supaya katon bêcik); 2 diwuwuhi kakurangane; di-[x]-ake: ditèmplèkake (dilepakake) ing; [x]-an: lepa. II kn: lèmèk ut. tapihing bayi (suwèkan jarit lsp); di-[x]-i: dilèmèki (ditapihi nganggo popok. III pc: poprok.

popol: kn. gapuk sarta padha cêpot (tmr. kayu); di-[x] pc: dikêthok dicêndhakake (tmr. rambut); kc. papal, mopol.

popor: kn. 1 kayu dianggo madal (nyodhog), kayu garaning bêdhil; 2 (prang [x]) br. pêrang amuk-amukan; kc. por.

poprok: kn. 1 nglumpruk dening kêsêl bangêt (ora bisa mbanjurake lakune); 2 pc. bobrok, rusak (tmr. omah lsp); 3 pc. bangkrut, jatuh (tmr. dêdagangan); 4 kêpêksa nyèlèhake pangkate, hake lsp. marga kêmlaratan ut. sèkèng; [x]-an êngg: sawah ora ana sing duwe (marga wis ditinggal karo sing duwe dening ora bisa nêtêpi sêsanggane lsp); kc. moprok.

poprol: kn. padha popol; kc. mopol.

por: I êngg. pc. 1 wis katog (ênggone nguja, nganggo lsp); 2 bêcik bangêt (ora ana sing ngungkuli); di-[x] pc: diuja sakatoge; di-[x]-ake pc: dikatogake. II kn: kayu lêgok dianggo lendhehan wong kang nênun sarta manthêng kang ditênun (piranti panênunan). III êngg. kn: wis sayah (tmr. sapi lsp); kc. apor, kaporan.

pora, poran: êngg. karêbèn.

pora:(-jana) kw. kawula (wong ing nêgara).

porang: kn. krêmi ing jêroning raja-kaya; [x]-ên: lara marga akèh porange (tmr. kêbo lsp).

porèspondhèn: (W) kn. juru pakabaran (ing koran).

porêt: kn: (anggur [x]) ar. anggur (minuman).

porod: êngg. kn. suda, larud; kc. morod, plorod, porot.

porok: kn. 1 garpu; 2 ([x] pit) pc. wêsi kang njapit rodha ngarêp (têrusane sêtang); 3 êngg. ks. tangan.

porong: I êngg. 1 gosong bangêt; 2 pèlèt ut. dlêmok tutul irêng (ing pênjalin lsp); di-[x] ak: digawe tutul-tutul irêng (tmr. pênjalin, kayu lsp) sarana dislomoti lsp. II kn: bngs. teko, nyo, kan (dianggo gawe wedang tèh). III kn: klèmbrèhing sampur kang diubêdake ing bangkekan.

poros: sa-[x] kn. saconthongan suruh kang wis dipêthêti; di-[x]-i, [x]-an: dipêthêti sarta ditata ing conthong ut. ing wadhah kinang (tmr. suruh).

--- 508 ---

porot ~ praba.

porot: kn. sêmprot dianggo nyêbul gêni (piranti kêmasan); di-[x] ak: dirêsiki sarana disêmprot gêni (tmr. mas kang diluluh); kc. porod.

por-poran: pc. ujan-ujanan, katog-katogan; kc. por.

portêpèl: (W) kn. bngs. èblèk wadhah layang lsp.

portrèt: kn. ak. potrèt.

pos: I mak [x] pc. pêpindhan swaraning ndamu lsp; di-[x] êngg: didamu, disêbul; kc. kêmpos. II (W) kn: 1 ak. omah palerenan ing dalan (dianggo sadhiyan ganti jaran lsp); 2 ukuran adoh; dohe ana 5 pal (7½ km); 3 (kantor pos) kantor panglantaring layang kiriman lsp; di-[x]-ake pc: dilêbokake ing kantor pos (ut. ing bis) tmr. layang.

posah-pasihan: kn. lagi trêsna-tinrêsnan (tmr. pangantèn anyar).

posbode: (W) kn. opas pos (palayangan).

posing: I (C) kn. ar. mainan. II êngg. pc: mumêt, buyêr; gawe [x] êngg: gawe kangelan (rêkasa).

posit, poso: ks. mati.

(poso): di-[x]-[x] êngg. kn. disêntak-sêntak, dioso-oso.

posol: êngg. kn. jagung ênom.

posong: êngg. kn. bngs. icir (piranti dianggo misaya iwak).

pospakèt: (W) kn. barang kiriman mêtu ing pos (kantor pos).

poswisêl: (W) kn. kiriman dhuwit mêtu ing pos.

pot: I kn. ak. 1 kandhêg; 2 têndhag, têlag; ora [x] ak: ora kêndhat, tansah; di-[x]-i ak: dilowoki. II (W) kn: 1 jêmbangan wadhah tamanan; 2 udhu, totohan kang dianggo rakit (ut. lotre); 3 ar. dolanan kênèkêran nganggo totohan.

potang: kn. 1 ak. panagihing utang; 2 (pagawean) nganakake dhuwit; [x] kabêcikan: awèh jasa marang; di-[x]-i ak: 1 diutangi dhuwit lsp; 2 dibêciki dening; di-[x]-ake ak: diutangake marang; kc. utang.

potêlod: kn. pènsil.

potlop, potlot: kn. potêlot, pènsil.

(potok): di-[x] kn. ak. 1 disambung manèh (tmr. jarit sing wis sigar lsp); 2 disambung (tmr. gandar karo wrangka); [x]-an: êngg. tugêlan (kêthokan) kayu; 2 sambungan (tmr. jarit); 3 sambungan (tmr. wrangka).

potong: êngg. pc. 1 (sa-[x]) satugêl, sairis; 2 (sa-[x]) siji (tmr. barang bêstèlan lsp); 3 ([x] rambut) cukur; 4 ([x] Bandhung, -Cina lsp) caraning bêdhahan klambi; di-[x]: 1 êngg. dikêthok (tmr. têbu lsp); 2 ditêgor (tmr. pring lsp); 3 êngg. dibêlèh; 4 dicukur (tmr. rambut); 5 pc. dicowok, disuda; 3 (ut. di-[x]-i) dibêdhahi (tmr. klambi lsp); [x]-an: 1 êngg. kêthokan, rêmbangan (têbu lsp); 2 bêdhahan (klambi lsp); 3 pc. wanguning praèn; 4 caraning nyukur, panggonane tukang cukur; 5 pc. cowokan, sudan.

potong ayam: kn. sumpah (supata) cara Cina.

potong gurung: êngg. kn. (pajêg [x]) pajêg nyêmbêlèh raja-kaya.

potra: (S) kw. ak. prau.

potraka: (S) kw. ak. putu.

potrèk: I (ut. potrèg) kn. kotrèk (piranti dianggo nyopot gabus gêndul). II pc: kc. potrèt.

potrèt: (W) kn. 1 gambar wong; 2 gambar kang panggambare sarana piranti nganggo surya-kantha; 3 digambar sarana piranti; di-[x]: digambar sarana piranti mawa suryakantha.

pocapan: kn. 1 gunêman; 2 omong-omongan; dadi [x]: dadi loking wong akèh (akèh wong kang padha nggunêm); kc. ucap.

pocar-pacir: êngg. kn. pothar-pathir.

(pocèl): di-[x]-i êngg. kn. dipipili (tmr. jagung).

poci: êngg. pc. bngs. nyo.

pocuk: êngg. kn. pucuk.

pocung: kn. ar. têmbang macapat; kc. pucung.

(pocok): I di-[x] êngg. kn. dibacok, ditêgor, dikêthok. II di-[x]-ake êngg. kn. dikon nggarap wong liya ing sawêtara mangsa (tmr. pagawean); [x]-an: 1 pagawean kang dipocokake; 2 êngg. wong nyambut gawe kang mung mocok; kc. mocok.

pocol:(-an) êngg. kn. bandhol, ugal-ugalan.

pocong: I ki. bokong. II sa-[x] kn: sabêntèl (tmr. pari); di-[x]-(-i): 1 dibêntèli (tmr. pari); 2 dibontoti, dibongkoki (tmr. têbu); 3 dibuntêl ing ulês (tmr. mayit).

pocongan: êngg. kn. pilihan lurah desa.

pocot: kn. 1 êngg. ak. copot, coplok; 2 êngg. ak. dibukak (tutupe, topine lsp); 3 dilèrèni ênggone dadi priyayi lsp. marga kaluputan; kc. copot.

(potha): di-[x]-[x] kw. dipêksa-pêksa dijak sacumbana (tmr. wong wadon).

(pothah): di-[x] kw. dirèwèli (ing anake lsp).

pothar-pathir: êngg. kn. 1 pating bêcècèr, pating slêbar; 2 bingung.

pothèk: êngg. pc. pothèl.

pothèl: êngg. ak. pothol.

pothèng: kn. ak. pêpilahan panêmune (pangrasane); di-[x](-[x]): diperang-perang sarana disêmpal-sêmpal peranganing awake (lumrahe tmr. pitik).

pothès: êngg. pc. pothol.

pothèt: êngg. kn. kunthèt.

potho: kn. 1 lêlaraning raja-kaya.

pothok: kn. 1 êngg. pc. pathok (wis ditêtêpake rêgane lsp); 2 êngg. kêncêng lan rosa (kuwat) tmr. pawakan; kc. kêpothok.

pothol: kn. prothol.

powak: êngg. kn. buthak.

powan: kn. ak. puhan, pêrêsan.

powèl: pc. poèl.

pra: plutane. para.

praba: (S) kw. 1 sorot, cahya; 2 gambar pêpêthaning sorot (cahya) kang ngupêngi êndhas (ut. saburining gêgêr); 3 rêrênggan wayang ing saburining gêgêr (saèm. gambar suwiwi).

--- 509 ---

prabayasa ~ prakara.

prabayasa, prabayêksa, prabasuyasa: kn. dalêm gêdhe ing kraton.

prabakara: (S) kw. srêngenge.

prabancana: kw. angin.

prabangkara: kw. srêngenge.

prabaswara: (S) kw. ak. sumorot bangêt.

prabata: I kw. gunung. II (S) kw: esuk.

prabatang: kn. ak. kayune wit gêdhe kang wis rubuh.

prabawa: kn. 1 kw. kaluhuran, kasêktèn, panguwasa; 2 daya kang mêtu saka kaluwihan (kaluhuran); diprabawani: didayani.

prabeda: kw. beda, kacèk.

prabeya: kn. ak. 1 wragad; 2 pajêg; kc. beya.

prabu: (S) kw. 1 ak. bêndara, panggêdhe; 2 ratu, panyêbut marang ratu; kc. kaprabon.

prabu-anom: kw. pangeran adi-pati.

prabusèt (-mata): kn. ar. kêmbang.

prabot: kn. 1 apa-apa kang dadi kabutuhaning nindakake up. [x]-ing pêrang; 2 peranganing barang kang prêlu ana, up. [x]-ing kêris (yaiku pêndhok lsp); 3 êngg. abah-abah; 4 êngg. pc. piranti; 5 ak. bêbakaling dandanan; 6 êngg. punggawa desa andhahane lurah; di-[x]-i: 1 diwènèhi prabot, dipirantèni; 2 êngg. diabah-abahi; kc. mrabot.

prada: n. praos k. bubukan êmas (slaka) dianggo nyungging wayang lsp; di-[x]: 1 disungging ing prada; 2 pc. dialêm kang ngluwihi kanyatane, ditutupi alane.

pradan: n. praosan k. kang diprada.

pradana: I (S) kw. pangarêp, panggêdhe. II kw: pawèwèh, darma; kc. dana.

pradandanan: n. pradandosan k. ak. padha dandan cumêpak.

pradangga: kw. gamêlan.

pradanggapati: kw. srêngenge.

pradapa: kw. lung ênom, pupusing godhong.

pradata: kn. pangadilan.

pradikan: kn. ak. tanah kang ora dikênakake pajêg; kc. pêrdikan.

pradikês: kw. pintêr, trampil; kc. pratingkês.

pradin: êngg. kn. rampung.

pradipta: kw. pêpadhang, diyan.

praduli: n. praduntên k. ak. mèlu ngrêmbug (migatèkake) prakaraning liyan; kc. pêrduli.

pradondi, pradongdi: kn. ak. pasulayan, pêpadon.

pradulan: kn. ak. sênêng wadul.

pradon, praduan: kw. paturon.

praja: kw. 1 kraton; 2 krajan; 3 nêgara; 4 ak. kêdhaton.

(prajaya): di-[x] kw. dikalahake, dipatèni.

prajaka: kw. kongkonan.

prajanji, prajangji: kn. ak. saguh sumêdya ...; [x]-an: 1 padha dene nêtêpake kasaguhan; 2 mupakating rêmbug kinanthèn kasaguhan; kc. janji.

praji: êngg. kn. dhukun bayi.

prajurit: kn. wong kang maju pêrang, saradhadhu; [x]-an: panganggo sacaraning maju pêrang (akathok panji-panji, bêbêdan supit urang).

pradhah: I kn. loma, dhêmên nyênyuguh, dhadhag bangêt; di-[x]-i ak: didhadhagi, digagahi. II di-[x] kw: diukum didadèkake mujangan (batur tukon).

praèn, praean: kn. ak. wanguning rai, pasêmon; kc. rai.

pragad: êngg. ak. rampung; di-[x] êngg: 1 ak. dirampungake; 2 disêmbêlèh.

pragak: kn. pang gêdhe cêcawangan.

pragalba: (S) kw. 1 galak, ambêk wani; 2 macan; kc. mragalba.

(pragas): di-[x] kn. ak. dipagas.

pragèn: I kn. wadhah uyah sarta bumbu. II êngg. kn: pantaran. III êngg: wis mrabot; kc. pragi.

pragene: êngg. kn. manawa, yèn.

pragêdèl: êngg. ak. cacahan iwak.

pragi: êngg. kn. prabot, piranti.

pragiwaka: (S) kw. ak. pamisah, jaksa.

pragnya:(na) kw. 1 kawicaksanan, kawruh; 2 pintêr; 3 waspada, ngati-ati.

praguwa: êngg. kn. gêdhe bangêt.

(pragol): di-[x]-ake pc. dipagolake.

pragola rukêt: kw. pêrang rukêt (gêlut).

prah: I mak [x] pc. tiba ut. sumèlèh; kc. êmprah. II êngg. kn: lumrah; kc. kaprah. III salawe [x] ak: 24. IV (W) kn: (barang [x]) barang kang dikirimake ing sêpur; di-[x]-ake: dikirimake ing sêpur.

prahara: kn. angin gêdhe awor udan dêrês.

praharana: (S) kw. pambengkas, gêgaman.

prahoto: (W) kn. montor momotan barang-barang.

prahpun: k. ak. kêpriye.

prahtekên: (W) kn. tandha pitakon (?).

prail: kn. babagan ngêdum warisan; di-[x]: dibage (tmr. warisan), ent. diperang-perang, didum.

praya: I kw. niyat, sêdya, karêp. II kn. ak: cahya (tmr. jaran); nyuda [x] pc: nyuda kaluhuraning liyan.

prayagung: kn. ak. priyayi gêdhe.

prayayi: n. prayantun k. ak. priyayi.

prayangan: kn. lêlêmbut (dhêmit).

prayatna: kn. ak. prayitna.

prayetna: kn. ak. prayitna.

prayig: pating [x] pc. padha oyag-ayig.

prayitna: kn. awas sarta ngati-ati; diprayitnani: dikawekani.

(prayut): di-[x] pc. dibrayut.

prayojana: (S) kw. sêdya, karêp, niyat.

prayoga: n. prayogi k. 1 (ut. duga-[x]) ak. panglimbang kang bêcik; 2 bêcik ut. pantês (dianggo, ditindakake lsp); di-[x] ak: dipêpantês (ditata, dituturi lsp) murih bêcik; diprayogakake: 1 dimupakati, dianggêp wis prayoga; 2 diwènèhi rêmbug murih prayoga.

prak: pc. pêrak.

prakampa, prakêmpa, prakampita: kw: lindhu, orêg, gonjing.

prakara: n. prakawis k. 1 kang dadi rêmbug (pasulayan, padudon lsp); 2 bab, kang dirêmbug (diomongake lsp); 3 apa-apa kang kêlakon; 4 pasulayan lsp. kang diadili ing pradata; kêna [x] (di-[x] ak) kêsangkut ing prakara pangadilan (dikêlahake, [(di...]

--- 510 ---

[...kêlahake,] digugat lsp); tanpa [x]: tanpa sêbab; diprakarakake: dikêlahake marang pangadilan, didadèkake prakara (pangadilan).

prakaran ~ praupan.

prakaran: n. prakawisan k. pasulayan lsp. kang diadili ing pangadilan.

prakarana: (S) kw. perangan.

prakasa: (S) kw. 1 misuwur, kaloka; kc. prakosa.

prakasita: (S) kw. misuwur.

prak-ati: kn. ak. mrak-ati.

prakatha: kw. suwara gumuruh arame.

prakawis: k. prakara.

prakêmpa: kw. kc. prakampa.

prakosa, prakoswa: kw. 1 rosa, bakuh, panggah; 2 kuwasa; di-[x] ak: dipêksa, dirosani.

prak-prakan: kn. tansah lunga (ora jênjêm).

praksana: kaca [x] kn. ak. 1 kèkêr; 2 mikroskup.

praktik: (W) kn. tumindake, panindak, cak-cakane.

pralabda: kw. lêbda, pintêr.

pralaga: kw. pêrang.

pralagi: kw. biyèn, dhisik.

pralaya: (S) kw. 1 ak. rusak, kiyamat; 2 mati.

pralambang: kn. têtêmbungan (crita lsp) minangka upama (sasmita); di-[x]-i: disêmoni, diwènèhi pralambang.

pralambi: kw. pralambang, pasêmon.

pralampita: kw. pralambang, pasêmon.

pralena, pralina: kw. mati.

pralenan: kn. pakumpulan nglumpukake dhuwit dianggo sumbang-surung yèn ana sripah.

pralêbda: kw. lêbda, pintêr.

prama: plutan. parama.

pramada: (S) kw. ak. weya, sêmbrana.

pramana: I (pramanêm k. ak) têrang ut. awas (pandêlênge); 2 pandêlêng; dipramanakake: ditamatake têmênan, didêlêng kalawan têrang.

pramanêm: k. pramana, nyidhêm [x] pr: nyidhêm tandha-yêkti kang wis têrang.

pramati: kn. ak. 1 bêcik dhewe, pêthingan; 2 kanthi têmên-têmên pangrumate (panyimpêne).

prambayun: ki. ak. susu.

pramean: pc. paramean.

pramega: kw. prabot, mênganggo.

prameya: kw. linuwih, tanpa timbang.

Pramèsthi: Hyang [x] kw. Dewa kang linuwih.

pramèswara: kw. ratu.

pramèswari: kw. garwaning ratu.

pramèsthian: kn. ak. pêpancèn, buruhan; kc. pêsthi.

pramila: k. ak. mula.

pramudita: (S) kw. ak. bungah, bêgja; jagad [x] kw: jagat kabèh (saindênging jagat).

pramugari: kw. pangarêp, panuntun.

pramuka: kw. pangarêp, lêlurah.

pramoda: (S) kw. 1 ak. bungah, kabungahan; 2 (ut. Sang pramodèng puri) ratu.

prampang: kn. garing dening panasing srêngenge, krasa panas (marga panasing srêngenge); kc. prêmpêng.

prampuhan: kn. ak. byuk-byukan têkane.

prana:. 1 kw. ak. ambêkan, napas, dayaning urip; 2 kw. pangrasa, ati; 3 ki. itil; dipranani: dituju (dikênani) atine; kc. kêpranan, saprana, mrana.

pranada: kw. palinggihan, klasa, lèmèk.

pranaja: kw. dhadha.

pranakan: kn. 1 êngg. wadhah bayi; 2 jinis (tmr. jaran lsp); 3 turunan seje bangsa (tmr. Cina, Landa); 4 (klambi [x]) êngg. saèm. klambi kurung (klambine wong lanang, abdidalêm kraton Ngayogya).

prananta, pranantika: (S) kw. pati, mati.

pranata: I (S) kw. 1 tumungkul, têluk; 2 sêmbah, nyêmbah. II di-[x] kn: ditata miturut pêpacak (dhawuhing dhêdhuwuran).

pranata-mangsa: kn. petungan bab mangsa (kasa, karo lsp).

pranatan: kn. 1 pêpacak kang wis didhawuhake (ditêtêpake); 2 tatanan, aturan; 3 (lênggahan [x]) êngg. jagongan dhinês ênggone padha linggih miturut pêpangkatane.

pranawa: kw. 1 padhang; 2 waspada, waskitha.

prandane: êngg. prandene.

prandene: n. prandosipun k. ak. ewa dene mêksa; kc. suprandene.

pranji, pranjèn: êngg. kn. kandhang pitik; kc. kranji.

pranèl: kn. ar. bakal.

pranêm:(-an) kn. 1/6.

prani: (S) kw. ak. urip, napas; kc. prana.

pranili: êngg. kn. panili.

praniti: kn. ak. paniti priksa.

(prantas): di-[x]-i êngg. pc. 1 dirampungi, dirampungake; 2 dipathok rêgane.

prantasan: êngg. pc. 1 karampungan; 2 sêmayan; kc. rantas.

prantean: kn. wong ukuman; kc. rante.

pranti: n. prantos k. 1 ak. piranti; 2 êngg. ambèn; [x]-ne êngg: adate.

prantunan: kn. 1 meja gêdhe dianggo nata olah-olahan; 2 bipèt.

prantos: k. pranti.

prang: kn. kc. pêrang.

(pranggal): I di-[x] kn. 1 dikabruk êndhase (tmr. pitik tarung); 2 pc. dibantah, disêndhu. II di-[x] kn. ak: dipronggol, dipancas (tmr. pang lsp).

(pranggul): mrangguli kn. wêruh (kêtêmu) ora kalawan sêngaja.

prangkat: sa-[x] kn. saanggon, sasêtèl.

prangkul: sa [x] kn. gêdhene padha karo antarane tangan dirangkulake.

prangwadani: kn. ak. babut kang bêcik.

prau: n. baita k. têtunggangan dianggo ngambah sêgara ut. kali; dipraoni: 1 diambah ing prau (dilayari); 2 (ut. dipraokake) diêmot (digawa) ing prau; praon: 1 sênêng-sênêng nunggang prau (cilik); 2 têtironing prau, awangun kaya prau.

praupan: 1 kn. ak. paraèn, rai; 2 (pasuryan ki) wadhah banyu piranti dianggo raup.

--- 511 ---

praos ~ (pracondhang).

praos: k. 1 prada; 2 êngg. pc. prasa.

prapal: ut. di-[x](-i) kn. dikêthoki dicêndhakake (tmr. rambut lsp), disêmpali (tmr. pang); kc. papal.

prapanca: (S) kw. 1 ak. pangapus, alangan; 2 bingung, ora jênjêm.

prapasan: êngg. kn. dalan, trabasan.

prapat: I sa-[x] (n. saprasakawan k): 1 ¼; 2 ak. 2½ dhuwit; di-[x]: 1 diperang (dibagi) papat; 2 dicorèk cawangan; [x]-an: 1 corèk cawangan (gambar salib); 2 têmpukane dalan loro kang nratas; 3 garis trajangan; 4 kang dipara papat. II (prasakawan k. ak): (tangga desa-) kang ngupêngi; di-[x]-ake: disêksèkake lsp. marang tangga (desa) kang ngupêngi. III kn. ak: pangiring, batur; kc. parêpat, panakawan.

prapèn: kn. wadhah gêni (luwêng) ing pandhe (kêmasan).

prapiton: sa-[x] kn. 1/7.

prapta: (S) kw. têkan, tutug, têka.

prapti: br. prapta.

prartana: (S) kw. ak. panjaluk, pangarêp-arêp, kasaguhan.

prasa: n. praos k. êngg. pc. pangrasa.

prasaan: êngg. pc. pangrasa, rumangsa.

prasabên: kn. ak. 1 kandha marang, pamit; 2 pawarta marang; di-[x]: dikandhani ing sadurunge (têka lsp); di-[x]-ake: dikandhakake marang, dipamitake; kc. pêrsabên.

prasada: I (S) kw. candhi, gêdhong, kêdhaton. II (S) kw. ak: sih, kawêlasan.

prasadu: kn. ak. prasabên.

prasaja: kn. pasaja.

prasama, prasami: kw. padha.

prasanakan: kn. 1 sanak; 2 pc. kawanuhan, têpungan; 3 saduluran, sanakan.

prasandha: I kn. ak. pratandha. II kw: saguh, mupakat, cocog.

prasangan: sa-[x] kn. 1/9.

prasapa: kw. supata, sumpah nêdya ora nglakoni (nindakake).

prasasat: êngg. pc. kaya dene; kc. sasat.

prasasya: (S) kw. bêcik bangêt.

prasasta: (S) kw. layang lsp. kêkancingan (piagêm).

prasatya: kw. ak. prasêtya.

prase: kn. ak. (mangsa [x]) mangsa akèh buron alas (ent. akèh durjana).

prasêtya: kn. saguh bakal sêtya tuhu.

prasida: (S) kw. kêlakon dadi, sida.

prasmèn: pc. pasêmèn.

prasu: êngg. pc. palsu.

(prasudi): di-[x] kn. ak. diudi kalawan têmên-têmên; kc. pêrsudi.

prasupta: (S) kw. turu.

prasuti: (S) kw. dhawuh, pakon.

prasobatan: êngg. pc. mêmitran.

prasoda: kw. kc. prasada.

prastarana: (S) kw. kasur.

prastawa: kw. waspada, waskitha; diprastawakake kw: diwaspadakake.

prastha: (S) kw. gêgêr, githok.

prata: (S) kw. kaluwihan, kamisuwuran.

pratala: kw. bumi, lêmah; kc. patala.

pratama: (S) kw. kang kapisan (-kawitan), kang bêcik dhewe, linuwih.

pratandha: kn. 1 têngêran, ciri; 2 mracihnani, nêrangake yèn; 3 (layang [x]) layang katêrangan (bab utang lsp); kc. tandha.

pratangga: (S) kw. srêngenge.

pratanggakara: (-pati) kw. srêngenge.

pratapa: (S) kw. ak. sorot, kaluhuran.

pratapan: kn. ak. papan kang dianggo tapa.

pratela: kn. ak. awèh wêruh marang; dipratelani ak: dikandhani, diwèhi wêruh; dipratelakake ak: disêbutake.

pratelan: kn. cathêtan katerangan, daptar.

pratêlon: n. pratigan k. 1 (sa-)(sa-[x]). 1/3; 2 (dalan [x]) dalan simpangan têlu.

pratignya: kw. prasêtya, saguh bakal nglakoni (nindakake).

pratihata, pratiyata: kw. ora gingsir (sêntosa, sêkti).

pratik: pc. praktik.

pratikêl: kn. 1 sarana dêdalaning pamarsudi (pangudi); 2 reka caraning nindakake; 3 pirêmbug, pituduh (rekaning tumindak); 4 ak. pakumpulaning para warganing pangadilan; dhêndha [x] ak: dhêndha marga ora sowan ing pangadilan; di-[x] ak: dipriksa prakarane, diadili; di-[x]-i ak: disranani murih bisa kêlakon kang disêdya; di-[x]-ake: diwènèhi pratikêl, dituduhake reka-rekane.

pratima: (S) kw. 1 rêca; 2 golèk.

pratinggi: êngg. kn. lurah desa.

pratingkah: kn. 1 solah tingkah; 2 saradan; kc. tingkah.

pratingkês: kw. prigêl, pintêr.

pratipa: kw. 1 mrêngkang, ndaga; 2 prahara.

pratisara: (S) kw. 1 tali, tampar; 2 diplomah, kêkancingan.

pratistha: (S) kw. 1 dêdunung, manggon; 2 linggih.

pratita: (S) kw. misuwur, kaloka.

pratitis: kn. ak. patitis.

pratiwa: kw. pangarêping prajurit, senapati.

pratiwanda: kw. pakewuh, bêbaya, alangan.

pratiwi: kw. bumi, lêmah.

pratuwin: kw. lan uga; kc. tuwin.

(pratok): di-[x]-i êngg. diêntèni.

pratyaksa: (S) kw. têrang, katon cêtha, pramana.

pratyangga: (S) kw. 1 badan; 2 gêgaman.

pratyeka: (S) kw. wijang-wijangan.

pracados: êngg. k. pracaya.

pracaya: n. pitados k. 1 pitaya marang; 2 pangandêl, iman; 3 ngandêl marang; kc. pitaya.

pracalita: kw. gêlap, thathit.

pracandha: (S) kw. prahara, angin gêdhe.

pracara: (S) kw. laku ala, urakan.

(praceka): di-[x] kw. diathik-athik, dianggit-anggit (digawe-gawe); pracekan kw: pangathik-athik, anggitan.

pracere, pracore: kw. wong asor (urakan).

pracihna: kw: pratandha, katêrangan.

pracik: kala [x] kn. kala kang digawe bobat.

pracima: (S) kw. kulon.

pracoda: kw. cêmêthi.

(pracondhang): di-[x] kw. 1 dikênani, ditatoni; 2 dikalahake.

--- 512 ---

prathola ~ prêmpul.

prathola: kêndhi [x] kn. ak. kêndhi mawa rêrênggan.

prawa: wayang [x] êngg. wayang purwa.

prawaha: (S) kw. ak. banjir, rob.

prawan: kn. 1 bocah wadon kang wis mangsane omah-omah; 2 durung omah-omah (tmr. bocah wadon); 3 êngg. batur wadon (kang durung omah-omah); [x] gêndhor pc: prawan wis lungse; [x] kêncur (-sunthi): prawan cilik (kang durung nggarap-banyu).

prawantu: êngg. kn. ing sarèhne; kc. wantu.

prawara: kw. prajurit. (prawasa): di-[x] kw. 1 ditêmpuh, ditrajang; 2 êngg. disiyasat, sipilara.

prawata: kw. gunung.

prawatan: kn. pasimpênan; kc. rawat.

prawatya: kw. bêgja, bêrkah.

(praweda): di-[x](-ni) kw. dipindêng, dièsthi.

prawedyarini: kw. dhukun bayi.

prawira: kw. kêndêl.

prawita: I kw. wiwitan, jalaran. II kw: mêguru; kc. purohita.

prèbiyèt: pc. karcis lêngganan (ing sêpur lsp).

(prèjèng): di-[x](-i) kn. 1 dipêcèli diwangun pêsagi (tmr. kayu dêlêgan); 2 ent. diwangun kang prayoga; [x]-an: 1 kayu kang diprèjèngi; 2 ak. wanguning pawakan (praèn).

prèèn: pc. liburan; kc. prèi.

prègès: pc. êntèk godhonge (marga dipangan ulêr lsp).

pregol: pating [x] pc. padha megal-megol.

pregolan: kn. omah ing regol.

prèh: êngg. kn. ar. wit bngs. wringin.

prèhpun: êngg. k. ak. kapriye.

prèi: I (W) pc. 1 libur, lèrèn ora sêkolah (nyambut gawe lsp); 2 ora dikênakake ukuman (dhêndha, dhuwit, lsp); 3 lêlahanan.

preyalan: kn. tukang ngijoli dhuwit wutuh.

prekal-prekol: êngg. kn. padha bengkong.

prèk-prèkan: êngg. pc. tansah gunêman bae.

prema: (S) kw. sih kawêlasan, pangeman; di-[x] êngg: dieman, dipirma.

preman: (W) kn. 1 êngg. ora diwajibake nindakake (pakaryan desa lsp); 2 êngg. wis mari dhinês (tmr. saradhadhu, upas lsp); 3 êngg. ak. partikêlir, dudu amtênar nêgara; 4 dudu sadhiyan wong akèh, mung dianggo dhewe (tmr. kreta, montor lsp); 5 kuli bayaran (ing patêbon lsp).

premi: (W) kn. ganjaran, pangêbang.

(prene): sa-[x] n. sapriki k. tumêka saiki; diprènèkake n. dipunprikèkakên k: diparakake mrene.

prentah: kn. 1 pangrèh; 2 (dhawuh ki) pakon, akon; 3 ([x] desa) êngg. warganing pangrèh desa; di-[x]: 1 dirèh, dikuwasani; 2 ent. di-[x]-i) kn. didhawuh(-i) ki: dikon, dikon nindakake.

(prèntèk): di-[x]-i pc. katut kobong lsp; kc. mrèntèk.

prèngas-prèngès, pating prèngès: pc. tansah padha nyênyêngès.

prèngêtan: êngg. pc. pangeling-eling, cathêtan; kc. èngêt.

prenggok: pating [x] pc. padha menggak-menggok.

(prèpèd): di-[x] kn. ak. diplèpèd.

prèpun: êngg. k. ak. kapriye.

près: (W) kn. piranti dianggo mlèpèd (ngênêtake), pipitan; di-[x]: dinêtake (nganggo mêsin lsp).

presa: pc. priksa.

prèt: mak [x] pc. pêpindhan swaraning slomprèt lsp.

preta: (S) kw. 1 roh, jiwa; 2 mêmêdi, dhêmit.

prèt-prètan: kn. solah tingkahe kênès bangêt.

prècèh: êngg. kn. rèmbès (matane).

prècèl: di-[x]-i pc. dipêcèli cilik-cilik.

(prècèt): I di-[x] pc. diplècèt. II êngg. kn: kayu amba.

prèthèl: pc. prithil, prothol; kc. mrèthèli.

prethot: pating [x] pc. padha bengkok pating bêngkêluk.

prewangan: kn. dhukun kang kapanjingan ing lêlêmbut; kc. rewang.

prewe: êngg. kapriye.

prêbêl: mak [x] pc. sanalika mili mêtu (luhe, gêtihe).

prêbêng-prêbêng: kn. abang raine arêp nangis (dening kêpranan lsp).

prêdêng-prêdêng: kn. krasa kêncêng wêtênge (arêp bêbanyu lsp); kc. mrêdêng, prodong.

(prêjit): di-[x]-[x] pc. diperang-perang, dibagi-bagi.

prêgêdèl: kn. cacahan iwak, ar. lawuh.

prêgog: êngg. kn. bngs. slendhang dianggo kudhung (makêna).

(prêgok): di-[x]-i êngg. kn. diprangguli; kc. kêprêgok.

prêk: mak [x] pc. sanalika rêmuk (tiba).

prêkara: pc. prakara.

prêkis: êngg. kn. cilik bêcik.

prêkul: êngg. kn. wadung cilik.

prêkutut: kn. ak. ar. manuk; kc. pêrkutut.

prêkoto: pc. prahoto.

prêl: mak [x] pc. sanalika pêcah, gêmpil lsp.

prêlu: kn. ak. pêrlu.

prêm: kw. turu.

prêmana: pc. pramana.

prêmati: kn. bêcik panyimpêne (panjagane); kc. pramati.

prêmbayun: ki. susu.

prêmbe: pc. 1 warung (barang rosokan); 2 papan dianggo adol candu pêtêng.

prêmbèh-prêmbèh, prêmbèhan: kn. katon kaya arêp nangis (tmr. bocah cilik).

prêmbik-prêmbik: pc. mbribiki.

prêmpêng: (ut. prêmpang-prêmpêng) kn: sanalika abang raine (ut. krasa panas, dening nêpsu); di-[x] ak: disrêmpêng.

prêmpul: pating [x] kn. 1 pating plêmbung (tmr. wêtuning banyu saka ing tuk); 2 pating plênthung.

--- 513 ---

prênah ~ (princi).

prênah: kn. ak. dunung, ênggon; kc. pêrnah.

prênding: pating [x] pc. wis mèh padha pêdhot (tali lsp); kc. mrênding.

prênjak: kn. ar. manuk cilik.

prênès: kn. ak. kc. pêrnès.

prêntul: pating [x] pc. saèm. pating prêmpul.

prênda: pating [x] kn. ora dadi saênggon; di-[x](-[x]): digolong-golong mêncar (ora nunggal saênggon).

prêncu: pating [x] pc. padha mawa pêncu.

prênthêl: pating [x] kn. saèm. pating clêkênthung (tmr. rambut); kc. mrênthêl.

prênthêng: pating [x] pc. padha abuh pating pêthênthêng.

prênthil: pating [x] kn. padha bundêr cilik-cilik; kc. pênthil.

prênthul, prênthol: pating [x] pc. saèm. pating prênthil nanging luwih gêdhe; kc. pênthul, pênthol.

(prêp): di-[x] kw. 1 diantêm, digêbug, digitik; ditêmpuh ing prang; kc. pêrêp.

prêpat: pc. batur, pangiring; kc. parêpat, prapat.

(prêpêk): di-[x]-i kw. dicêdhaki, diparani; [x]-an kn. dina ngarêpake karamean (lumrahe ngarêpake lêbaran); kc. mrêpêk.

prêpêt: mak [x] kn. 1 sanalika pêtêng (suda padhange marga mêndhung); 2 (ut. [x]-[x]) sanalika pêtêng pandêlênge.

prêpotan: êngg. kn. palapuran.

prês: mak [x] pc. sanalika pêcah rêmuk lsp; kc. pêrês.

prêsah, prêsak: pc. ngêrês, pêra.

prêsan: kn. puhan; kc. pêrês.

prêsèn: pc. pêrsèn.

prêsidhèn: kn. pangarsaning pakumpulan (pangadilan lsp).

prêsis: pc. trêp, sarwa tata.

prêt: mak [x] pc. pêpindhan swaraning lambe didhèmêsake banjur disêbul (marga ewa, ora sudi lsp); di-[x]-i: ut. diprèti pc: sirèmèhake,dirèmèhake. ora diandêl (dipaido).

prêtana: (S) kw. barisan, prajurit.

prêtèk, prêtok: pating [x] pc. padha nywara pêtok-pêtok (pitik).

(prêtêk): di-[x] kn. ak. dipêtêkake.

prêtu: (S) kw. ak. apyun, madat.

prêcèt: mak [x] pc. sanalika lunga tanpa pamit.

prêcêt: mak [x] pc. sanalika mêtu (lair).

prêcil: kn. kodhok cilik.

prêtana: (S) kw. ak. lajuran, barisan, larikan.

priangga, pribadi: kw. 1 dhewe; 2 ijèn.

(pribu): di-[x] kw: ditêmpuh, disêrang.

pribe, pribèn: êngg. kapriye.

pribumi: kn. (wong [x]) wong asal ing tanah kono.

prige, prigèn: êngg. kapriye.

prigêl: kn. 1 cukat sarta trampil; 2 rigên, pintêr; [x]-e êngg: bok mênawa, ayake.

prigi: kn. 1 êngg. saèm. tanggul kang digawe watu tumpukan; 2 ak. bêlik, sêndhang, tuk.

prigis: kn. êntèk godhonge (marga dipangan ulêr lsp).

prih: I pc. pêrih. II kn: ar. wit bngs. wringin.

prihambak, prihawak: kw. dhewe, ijèn.

prihatin: n. prihatos k. susah ut. sêdhih marga ngrasakake kasèkèngane, lêlakone lsp; di-[x]-i ak. di-[x]-ake: 1 disusahake; 2 prihatin mungguh ing.

prihpun: êngg. k. ak. kapriye.

priya: (S) kw. (wong-) lanang.

priyagung: kn. ak. priyayi gêdhe.

priyayi: n. priyantun k. 1 wong kang ngrênggêp pangkat (ing kraton); 2 wong kang isih darahing ratu; 3 ak. sêsêbutane saliring para gêdhe (ut. ratu).

priyambada: (S) kw. têmbang pangungrum (pangarih-arih); di-[x] kw: dingungrum.

priyantun: k. 1 priyayi; 2 pc. panyêbut marang wong kang arêp têtuku lsp. (tmr. wong dodolan).

priyang-priyang: kn. krasa panas ut. gêrah (tmr. badan).

priyangga: kw. 1 dhewe; 2 ijèn.

priyarana: (S) kw. prajurit.

priyat: êngg. k. rampung.

priyawakya: (S) kw. ak. têmbung pangasih-asih.

priyawiyoga: (S) kw. ak. pisah karo kang tinrêsnan, sêdhih.

priyawiraha: (S) kw. ak. sêdhih.

priye: pc. kapriye.

priyêmbada: kw. kc. priyambada.

priyuk: êngg. kn. bngs. teko ut. kan (nanging kêna dianggo nggêgodhog); kc. kriyuk.

priyoga: n. priyogi k. pc. prayoga.

priyos: I êngg. k. mrica. II dipun-[x] êngg: dipriksa.

prika: sa-[x] k. saprana; dipunprikakakên k: dipranakake.

prikanca: kn. ak. kanca tunggal pagawean.

priki: sa-[x] k. saprene; dipunprikèkakên k: diprènèkake.

priksa: 1 kn. ndêlêng lan nyatitèkake (tumindaking pakaryan lsp); 2 ki. wêruh; di-[x]: didêlêng lan disatitèkake; dipriksani ki: diwêruhi, didêlêng, ditonton; dipriksakake: 1 kn. dikon nitipriksa; 2 ki. diwêruhake.

pril: mak [x] pc. sanalika gêmpil.

priman: ut. pêpriman êngg. ak. ngêmis (lumrahe tmr. santri); di-[x]-i ak: diêmisi.

primbêtan: êngg. k. primbon.

primbon: kn. layang kang ngêmot petungan, pêthèk lsp.

prime, primèn: êngg. kapriye.

primpên: kn. disimpên (didhêlikake) kalawan prêmati.

(primpi): diprimpèni kn. dikètoki lêlêmbut (wong sing mati lsp) ing sajroning pangimpèn.

prindang-prinding: kn. krasa adhêm kêkês; kc. mrinding.

printis: pating [x] kn. padha mlênthing cilik-cilik; kc. mrintis.

(princi): di-[x](-[x]) kn. 1 dietung kalawan dipilah-pilah, 2 diperang-perang, diwijang-wijang; pêprincèn: wêwijangan.

--- 514 ---

pring ~ prosès-pêrbal.

pring: n. dêling k. ar. wit dêlêge digawe dandanan warna-warna, dene arane; [x] pêtung (-ori, apus, wulung, lsp).

pringas-pringis, pating pringis: pc. tansah ngatokake untune (marga lara lsp); kc. mringis.

pringêtan: êngg. pc. pangeling-eling, cathêtan.

pringga: kw. bêbaya, pakewuh; nganglang [x] pr. tansah ngawekani yèn ana pakewuhe; dipringgakake ak: 1 (ut. dipringgani) dikawekani, dijaga ut. diprayitnani; 2 (-bêcik) dipirmakake murih bêcike.

pringgitan: kn. omah antarane pêndhapa karo omah gêdhe; kc. paringgitan.

pringkêlan: kn. ak. petungan bab apêsing titah ing dina; kc. ringkêl.

pringkil: sa-[x] kn. saglintiran cilik, sablindhi; kc. mringkil.

(pringkus): di-[x]-ake kn. dicilikake (diciyutake) tmr. ragangan, dhadha lsp; kc. mringkus.

pripean: kn. ipene sêdulur.

pripih: kn. kc. paripih.

pripitan: kn. plipidan; kc. mripit.

pripun: êngg. k. kapriye.

pris: (W) kn. ganjaran (ing lotre, lsp).

prit: pc. êmprit.

priti: (S) kw. 1 bungah, sênêng; 2 rukun, mitra.

prituwin: kw. lan uga; kc. tuwin.

prithil: kn. pêthil gogrog; di-[x]-i: dipêthili, disêmpali cilik-cilik.

priwe, priwèn: êngg. kapriye.

(prugul): di-[x] kw. dirodapêksa; kc. prunggul.

prugus: kn. êntèk godhonge (tmr. sukêt lsp).

pruk: mak [x] pc. pêpindhan swaraning ngêpruk lsp.

prukah: êngg. kn. rowa bangêt (tmr. duwe gawe).

prumpung: kn. ak. plumpung.

prunan: kn. ak. kaponakan.

prundhan: êngg. kn. 1 ak. giliran rundha; 2 gêrdhu, patrolan.

pruntahan: êngg. kn. kranjang uwuh.

pruntus: pating [x] kn. pating prêntul (plênthing) cilik-cilik.

(pruncah): di-[x] êngg. kn. diprêjit-prêjit, ditugêl-tugêl.

prunthêl: pating [x] pc. padha pating kluwêr (tmr. rambut lsp).

prung: mak [x] pc. sanalika padha lunga kabèh.

prunggu: I kn. campuraning têmbaga karo sing (lumrahe digawe gamêlan). II tata [x] kn. ak: unggah-ungguh panganggoning basa (ut. aksara murda).

(prunggul): di-[x] kn. 1 dipunggêl, dikêthok; 2 dipêdhot (disêlani) tmr. wong gunêman; 3 dipêksa.

(prungu): diprungoni pc. dikabari, dirungoni.

prungon: kn. ak. pangrungu; kc. rungu, kêprungon.

prungsang: kn. krasa panas (tmr. badan).

(prupuh): di-[x] kn. ak. dikêthok (tmr. wit lsp).

(pruput): di-[x] êngg. kn. ditêkani (digarap lsp) wayah esuk bangêt; kc. mruput.

pruputan: êngg. kn. carukan.

prus: mak [x] pc. sanalika pêcah.

(prusa): di-[x] kn. dipêksa, dijiyat, dipiyagah.

prusah: pc. aras-arasên.

prusan: kn. pêksan, piyagahan; kc. prusa.

prusi: kn. têtaining kuningan ut. têmbaga; di-[x]: ditambani lsp. nganggo prusi.

pruslin: kn. bngs. bêling (digawe piring lsp).

(prusuh): di-[x](-i) êngg. kn. ditutu; kc. mrusuh, tlusuh.

(prutah): di-[x] êngg. kn. diprêjit-prêjit, diperang-perang; [x]-an êngg: bagean, perangan.

(prucah): di-[x] êngg. kn. diprutah.

prucah-prucèh: pc. rucah, ora aji.

prucat-prucut: pc. tansah mrucut; kc. kêprucut, mrutut.mrucut.

prucul: kn. tanpa sungu.

pruthul: kn. ilang pucuke.

pruwa: êngg. ak. kuna; kc. purwa.

pruwita: kw. mêguru; kc. purohita.

(probol): di-[x]-ake êngg. dibrojolake, diprojolake.

prodong-prodong: pc. 1 ngêtog kamêmpêngan, nyrêmpêng; 2 êngg. lunga karo nangis sênggruk-sênggruk.

(projol): di-[x]-ake pc. diwêtokake saka ing bolongan; kc. mrojol, brojol.

progèl: pating [x] pc. pating krogèl (padha mogèl).

progoh: sa-[x] kn. padha karo dawaning tangan dirogohake.

(progol): di-[x](-i) pc. dipronggol.

progos: pc. prugus.

prok: mak [x] pc. 1 pêpindhaning barang tiba pêcah lsp; 2 katêranganing linggih (sila lsp).

prol: I mak [x] pc. sanalika cêpol, gêmpal. II kn: ar. panganan (bngs. roti).

prombèng: kn. bakul barang-barang sing wis kanggo; di-[x]-ake pc: diêdol marang prombèngan; [x]-an: bêbakulan barang sing wis kanggo.

promosi: (W) pc. munggah pangkat.

promotor: (W) pc. kang ada-ada.

prompang: pating [x] pc. padha ompong (tmr. jungkat, untu).

prondhan: êngg. kn. prundhan.

(prono): dipronokake n. dipunprikakakên k: digawa (diênêrake mrono).

(pronggol): di-[x](-i) kn. dipunggêli (dikêthoki) pucuke (tmr. têtuwuhan). .

prongkal, prongkol: sa-[x] kn. sacuwilan (gêmpalan lêmah lsp) gêdhe; kc. mrongkol.

prop: kn. 1 (topi [x]) topi gabus; 2 gabus (tutup gêndul).

propagandha: (W) kn. nyêbar panêmu (bab pulitik lsp) supaya kang padha ngrungokake gêlêm mèlu; dipropagandhakake: ditular-tularake (disêbar) tmr. panêmu (pulitik lsp).

propesor: (W) kn. maha-guru (guru ing pamulangan luhur).

pros: êngg. k. prasa.

(prosa): di-[x] kn. alk. diprusa.

prosès-pêrbal: (W) kn. cathêtan katranganing prakara.

--- 515 ---

prot ~ raja-kaputran.

prot: mak [x] pc. mak cêprot.

protèn: kn. panggonan gawe roti.

protès: (W) kn. nglairake rasa ora lêga ora lila.

protèstan: (W) kn. ar. sêmpalaning agama Kristên.

protong-protong: êngg. kn. 1 mlaku sênggoyoran (gêmbèlèngan); 2 lunga karo nangis; kc. prodong.

procot: êngg. ks. lair; kc. kêprocot, mrocot.

prothol: kn. saèm. pruthul.

pwa: kw. ak. lah, ta, rak, jêr.

pwangkulun, pwakulun: kw. ak. pukulun.

pwakênira: kw. ak. kowe; kc. pakênira.

pwasa: kw. pasa; kc. puwasa, pasa.