Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Primbon Jawa Pawukon, Tanaya, 1972, #608

Katalog:Primbon Jawa Pawukon, Tanaya, 1972, #608
Sambung:-

Primbon Djawa Pawukon

--- 0 ---

[Grafik]

Dening R. Tanojo

Penerbit: T.B. PELADJAR Sala.

--- 1 ---

Primbon Djawa PAWUKON

Bêbudèning Kapribadèn Manusa Kiniyas ing pasêmon dalah pardikane ing dalêm sapêpaking rangkèn PAWUKON

Kaimpun dening R. Tanojo 1972

Gambar-gambar pakirtyane R.M. Sulardi. Penerbit: T.B. "PELADJAR " Surakarta

--- 2 ---

Copyright by T.B. Peladjar Surakarta

--- 3 ---

PAMBUKA

Nuwun wiyose, Primbon Jawa, Pawukon iki dijênêngake "Bêbudèning Kapribadèn Manusa" amratelakake aslining watak-watak tumrap sawiji-wijining wong, kang kagawa saka daya prabawaning waktu ing nalika laire. Anadene waktu kang gêdhe daya prabawane tumrap palairaning manusa iku yèn miturut kawruh Jawa disêbut wuku.

Wuku iku araning waktu kang suwene saminggu utawa pitung dina. (Kang ditêmbungake dina iku, wis mêsthi bae kalêbu rina lan wêngine, kang lumrahe disêbut sadina sawêngi utawa sawêngi sadina, kang suwene 24 jam). Miturut petungan Jawa kawitaning dina iku kapetung wiwit mlêthèking srêngenge, dadi wiwit saka ing rinane nganti tumêka ing wêngine. Nanging kawitaning tanggal kapetung wiwit katoning rêmbulan ing nalikane tanggal sapisan, dadi gampange wiwit saka ing wêngine nganti tumêka ing rinane.

Kawitaning waktu kapetung wiwit ing dina Ahad nganti tumêka ing dina Sabtu kang suwene saminggu utawa pitung dina mau. Mangka kèhing wuku-wuku iku ing dalêm sadhapur wuku (sagrombolaning waku-wuku)wuku-wuku. ana 30 wuku, kang sawiji-wijining wuku suwene 7 dina mau, dadi yèn ing dalêm sadhapur wuku utawa 30 wuku, suwene ana 7 dina x 30 = 210 dina.

Sawiji-wijining wuku ana arane dhewe-dhewe nganggo araning lintang kang têlung puluh kèhe, kaya ta: kang kawitan arane Sinta, sabanjure nganti tumêka kang wêkasan arane Watugunung.

Wuku têgêse: wiji, iya ijèn-ijèning watak-watake sawiji-wijining wong kang kagawa wiwit lair mula. Ing dalêm Pakêm Pawukon anggêlarake watak-wataking manusa, kapantha-pantha dadi têlung puluh pantha, ing dalêm sapantha-panthane dijênêngake wuku ing dalêm sawuku mau mêngku sapanthaning watak camboran warna-warna, kang banjur kaprinci pilah-pilahe. Mungguh anggone anggêlarake parincèning watak mau, kajupukake pêpiridan saka watak-wataking kaanan warna-warna, mula gêlarane iya anggambarake pêpêthaning kaanan warna-warna.

Ing kunane pêpêthaning kaanan kang warna-warna mau amujudake padewan lan upacarane, nanging dhèk samana durung kinanthèn pardikaning karêpe, karana panyurasane marang pêpêthaning kaanan mau isih winadi lan mung ginêbêng ana ing dalêm batine para ajar bae, dene panarbukane mung miturut kawicaksanane para ajar dhewe-dhewe.

Lagi dhèk awale abad 17 Masèhi, ana sawênèhing wicaksana kang kaparêng mèngêti pawukon iku ing dalêm pakême, kanthi pinardika surasane, iya iku nganggo katêrangake kapriye mungguh karêpe pêpêthaning kaanan mau, dene wêwatoning pangudhale iya sarana nalusur sukasaka. surasaning kaananankaanan. dalah pakartininepakartine. pêpêthan mau.

Ora mung anglogati karêping padewan lan upacarane iku bae, malah banjur kaparêng muwuhi bab kabilaèn lan tulak slamêtane, kang amratelakke mungguhing pamêca marang jalaran tibaning kabilaèn kang mangkono iku, uga ana têtulake sarana nindakake slamêtan kang wujude miturut pituduh

Wiwit ing akhire abad 18 Masèhi ana para wicaksana kang kaparêng muwuhi pacandran lan pralambang apadene pangruwat.

Anadene pacandran iku bakune anyandra gunggunganing watak-watak kang kasêbut ing dalêm padewan lan upacarane, mung ginêlêngake dadi sacandra bae, kalayan pasêmon kang ditêmbungake ing basa panyandra. Ing sakawit pacandran mau durung kanthi têgas,têgês. nanging ing akhire ana wong wicaksana manèh kang kaparêng nêgêsi saasanesurasane. panyandra mau.

--- 4 ---

Anadene pralambang utawa para lambang iku bakune malambangi apa kang kasêbut ing dalêm kabilaèn, dilambangi kalayan pasêmon kang ditêmbungake ing basa pralambang. Ing sakawissakawit. pralambang mau uga durung kanthi têgês, nanging ing akhire iya banjur ana wong wicaksana liyane kang kaparêng nêgêsi surasane palambang mau.

Malah iya banjur ana sawijining wong wicaksana kang kaparêng muwuhi bab pangruwat, iya iku pangruwating kabilaèn kang wis winêca, kêna rinuwat sarana sêsaji arupa apa bae miturut pituduhe, kang banjur disidhêkahake.

Ing sajrone abad 19 Masèhi, ana sawênèhing wong wicaksana kang kaparêng muwuhi bab tamba lêlara tumrap sawijining wuku iya iku amratelakake wong kang palairane ing wuku anu, yèn lara tambane anu.

Ana manèh ing awale abad 20 Masèhi, ana wong wicaksana manèh kang kaparêng muwuhi bab sarat pangupajiwa, iya iku amratelakake wong kang palairane ing wuku anu, yèn nuju rêkasa anggone golèk sandhang pangan, murih pakolèhing pangupajiwa, sarate nyambut gawe sarana anu.

Wiwit têngah-têngahane abad 19 Masèhi, wis ana para wong wicaksana kang kaparêng mèngêti bab wariga ana ing dalêm pakêm wariga, kang amratelakake tumindaking wuku sawiji-wiji kang 30 kèhe iku, bêbarêngane karo tumindaking dina pitu, pasaran, paringkêlan, padewan, pangadon,padangon. lan liya-liyane kang nunggal dadi rangkène.

Mungguh kaanane petung wariga kang digêmêtake, kang banjur disêbut petung wariga gêmêt iku ganêpe ana 3 perangan, gênahe kaya kang kapratelakake ing ngisor iki.

1. Kang saperangan amratelakake salarasing waktu kang prayoga kanggo nindak samubarang gawe kang tinamtu, lan ora salarasing waktu kanggo nindakake samubarang gawe kang tinamtu liyane, ing sabên sajrone waktu sawuku.

2. Kang saperangan manèh, amratelakake tumindaking dina pitu ing dalêm pitung dina, sajrone wuku ing sabên sawuku-wukune sarta prayoga lan ora prayogane kanggo nindakake samubarang gawe kang tinamtu.

3. Kang saperangan manèh, amratelakake pamanggoning kala utawa kala wuku sawênèh ingaran jambung wuku utawa kalajaya bumi, sajrone sawuku, ana ing prênah miturut lakuning wuku, sarta wêwalêr aja nganti marani ênggoning kala.

Wasana manawa arêp maos sapêpaking pawukon sarangkène, kaya kang kapratelakake ana ing bab candhake pambuka iki.

Cukup samene bae pambukane Primbon Jawa Pawukon iki.

Juru pangimpun Primbon

R. Tanoyo.

--- 5 ---

PAMBUKA PAMIJANGING PAWUKON

Samêngko prêlu nêrangake pamijanging pawukon. Mungguh sawiji-wijining wuku iku ngêmot andharan limang perangan, iya iku:

1. Padewan lan upacarane. | 2. Kabilaèn lan tulak slamêtane. | 3. Pacandran lan pralambange apadene pangruwate. | 4. Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara. | 5. Wariga gêmêt sajroning wuku sawiji.

RêningkêsaningRêringkêsaning. katêrangan kaya ing ngisor iki.

Perangan padewan lan upacarane.

Ngêmot araning dewa lan watake. Sarta ngêmot upacaraning dewa iku, kaya ta: manuk, gêdhong, umbul-umbul, banyu, candhi, gunung, gêgaman, dalah watak-watake.

Perangan kabilaèn lan tulak slamêtane

Ngêmot sababing bilai. Sarta ngêmot kaananing barang slamêtane kang minangka kanggo panulake bilai iku.

Perangan pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Ngêmot kaananing wêwatakan kang tinêmbungake kalawan basa panyandra.

Sarta ngêmot sababing bilai kang tinêmbungake kalawan basa pralambang.

Apadene ngêmot kaananing sarana kang minangka kanggo pangruwating bilai.

Perangan sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

Ngêmot kaananing sarat murih pakolèhing pangupajiwa. Sarta ngêmot kaananing tamba murih waluyaning lara.

Perangan wariga gêmêt sajroning wuku sawiji.

Ngêmot pratelaning wariga gêmêt sajroning sêminggu nindakake pakarti apa kang sakira bisa tinêmu bêcik? lan ora nindakake pakarti apa kang sakira bakal tinêmu ala?

Ngêmot pituduh pamanggoning kala wuku ing dalêm sêminggu. Ngêmot dina pitu ing dalêm saminggu, sarta bêbarêngane karo tumindaking pasaran, kadewan, padangon, paringkêlan, paarasan,

--- 6 ---

pancasuda lan kamarrokam. Apadene kapinujone karo tibaning dina sêngkan turunan, taliwangke, samparwangke, sarik agung, dhungulan lan kaladite. Apa manèh kapinujone karo tibaning dina kawitaning masa wuku.

Sabanjure ngêmot pêprincèning wariga gêmêt sadina-dinane ing dalêm pitung dina, kang pêrlu kanggo ancêr-ancêr pamilihing waktu kang prayoga tumrap nindakake samubarang gawe.

Samêngko banjur wiwit mariksanana andharaning pawukon.

SAPÊPAKING PAWUKON SARANGKÈNE

1. WUKU SINTA

[Grafik]

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Yamadipati, watake butarêpan, gêdhe kanêpsone, ora sarantan kêrêp katiwasan, lêmbut budine, cupêt pangandêl enak rinungu wicarane. Amundhi umbul-umbul, ana kamuktène. Sikile kêkobok ing banyu, parentahe panas ngarêp adhêm ing buri. Kayune Kandhayaan, dadi pangaubane wong lara sangsara lan wong minggat. Manuke Gagak, awèt anom kêbat sabarang gawe, wêruh ing wangsit. Gêdhonge ana ing ngarêp, ngatokake dunyane, pradhah nanging ora sarju.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine wayah sêtêngah tuwuh ora drêman. Tulak slamêtanana: sêga pulên dangdangan, bêras sapitrah, iwaking kêbo tukon 21 kèthèng tanpa nganyang diolah pindhang, salawate 4 kèthèng, dongane tulak bilai.

--- 7 ---

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane Endra janma nastapa, watake prihatinan lan gêdhe piangkuhe, tur mandhita karêm tapa ana ing gunung.

Lambange patine wong awig, têgêse bilai rada akèh laline.

Ruwate sarana sêsaji gêdhang saba kang suluh satundhun, lan sakèhing ares-aresan, iya iku pala kapêndhêm, pala kasimpar lan pala gumantung, saliyaning dagingan lan wohing dami, tindhihe 21 picis. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana andèrès.

2. Yèn lara tambane godhong luntas, utawa godhong waluh lan asêm.

Wariga gêmêt sajroning wuku Sinta.

Kang bêcik: ngusadani, nênumbali, gawe sarat supaya murah udan, mêmantu, masang pangasihan.

Kang ala: ulah kawruh, nênandur, ngadan-adani, bêbakal pakarangan.

Kala ana ing lor wetan marêp mangidul ngulon, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Paing, Sri, Dangu, Tungle, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, nuju pati, byathara, rahayu sabarang gawe bêcik slamêt tur dinunung.

2. Sênèn Pon, Indra, Dangu, Aryang, aras tuding, sumur sinaba, kala tinantang, samparwangke (ringkêl jalma). Wêca rahayu, mbêbêdhaga mbêburua olèh buron.

3. Sêlasa Wage, Guru, Dangu, Wurukung, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Ala aja lunga-lunga kawêlèh ing paran, lola kelangan guru, kang bêcik masanga wêlah ing sawah.

4. Rêbo Kliwon, Yama, Dangu, Paningron, lakuning srêngenge, lêbu katiyub angin, nuju padu. Rahayu lêlungana slamêt.

5. Kêmis Lêgi, Rudra, Jagur, Uwas, lakuning lintang, satriya wibawa, sanggar waringin. Ala ayu nambanana mata waras, lan suwitaa bisa kandêl kinasihan.

6. Jum'at Paing, Brama, Gigis, Mawulu, lakuning srêngenge, [srênge...]

--- 8 ---

[...nge,] tunggak sêmi, mantri sinaroja, sumêngkaning asu ajag. Ala ringkêl manuk, mung mikata manuk gêlis olèh.

7. Sabtu Pon, Kala, Kerangan, Tungle, lakuning banyu, wasesa sagara, nuju pati, sapi gumarang tumurun ing kandhang. Aja lunga-lunga katadhahan ing kala.

2. WUKU LANDÊP

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Mahadewa, bagus warnane tur ayu garwane, drêman anak, padhang atine, dhêmên samadi. Sikile kang buri kêkobok ing banyu jêmbangan, parentahe panas ngarêp adhêm ing buri. Kayune Kandhayakan, dadi pangaubaning wong lara sangsara lan wong minggat. Manuke Atat-kêmbang, dadi ingon-ingoning wong agung, wrêdine yèn ngawula kanggêp. Gêdhonge ana ngarêp, ngatokake kasugihane, pradhah nanging ora sarju, gêdhe budine, akèh bêgjane.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine karubuhan kêkayon. Tulak slamêtana: tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwak mênjangan kinalak ginêcok bakar, salawate 4 kèthèng, dongane kabula.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane surat-sirating srêngenge, watake padhang atine, tur elingan samubarang, bisa sabarang gawe lan bisa madhangake atining liyan.

--- 9 ---

Lambange iwak kuwatir mati, têgêse bilai kurang panarima. Ruwate sarana sêsaji maja 30 iji, lan ares-aresan, tindhihe 4 picis. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhe pangupajiwa sarate sarana andèrès.

2. Yèn lara tambane godhong luntas, utawa kêmbang pulu.

Wariga gêmêt sajroning wuku Landêp.

Kang bêcik: anjabung pêdhang, nalèni pagêr, gawe wisaya iwak sapanunggalane.

Kang ala: ngalih panggonan, mêmantu barusahan, gawe kori.

Kala ana kulon bênêr marêp mangetan bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Wage, Uma, Nohan, Aryang, lakuning angin, satriya wibawa, kala tinantang. Rahayu têmên, yèn tuku uwong nêbusa uwong olèh gawe, lan ngupaya pawèstri gêlis olèh.

2. Sênèn Kliwon, Sri, Wogan, Wurukung, aras kêmbang, satriya wirang, macan katawan. Rahayu rêjêki pari têka.

3. Sêlasa Lêgi, Indra, Tulus, Paningron, lakuning gêni, wasesa sagara, nuju padu. Ala ayu, nanging andhudhukana lêmah ginawe sumur adrês êtuke.

4. Rêbo Paing, Guru, Wurung, Uwas, lakuning banyu, wasesa sagara, sanggar waringin, taliwangke. Ala aja lunga-lunga, nanging gawea sèsèr bronjong bêcik.

5. Kêmis Pon, Yama, Dadi, Mawulu, lakuning srêngenge, satriya wirang, macan katawan. Ala barang gawe, nanging gawea sumur rahayu, kêbak banyune.

6. Jum'at Wage, Rudra, Dangu, Tungle, aras pêpêt, sumur sinaba, nuju pati, sumêngkaning cèlèng têmbalung. Rahayu masanga palantih piwulang olèh buron.

7. Sabtu Kliwon, Brama, Jagur, Aryang, lakuning bumi, tunggak sêmi, sanggar waringin, kuthilapas tumurun ing lêsung. Ala poma aja lunga-lunga.

18. WUKU WUKIR3. WUKU WUKIRBold.

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Mahayêkti, watake ora kêna tinangguh bêbudène, pradhah bèr bojakramane. Sikile mancik ing gunung, saênggon-ênggon bisa angrèh.

--- 10 ---

[Grafik]

Angadhêp banyu ing jêmbangan, andhap asor bêbudène. Umbul-umbule ana ngarêp ing têmbe ana kamuktène. Kayune Nagasari, bagus warnane, mungguh uwong arum wicarane, kanggêp pangawulane, manuke Manyar ora kêna kaungkulan sapadhane, bisa sabarang gawe. Gêdhonge ana ngarêp, angatokake kadonyane, pradhah nanging ora sarju.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kinaniaya.

Tulak slamêtana: sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik putih sawayahe, linêmbarang kuluban warna 5, salawate 4 kèthèng, dongane rajukna.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane gunung katon saka ing kadohan watake yèn sinawang saka kadohan atine katon bêcik, mung yèn cinêdhakan katon ala sungil lan angèl bêbudène, gampang ing jaba ing jêro pakewuh, nanging pradhah pangan, tur rila ing lair batin, tur pintêr marang kagunan lan kasusastran.

Lambange sato alas lêsu, têgêse sabên taun bilai kasusahan.

Ruwate sarana sêsaji krambil satabone 4 gluntung, lan ares-aresan tindhihitindhihe. 5 picis. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana undhagia.

2. Yèn lara tambane godhong pakis binakar.

Wariga gêmêt sajroning wuku Wukir.

Kang bêcik: mêmantu, dandan-dandan samubarang rusak, mêmitran tulus.

(kêtêrangan gambar: kudune sikil mancik gunung).

--- 11 ---

Kang ala: têtirah, mênambaninênambani. lêlara, nênumbali, ngadêgake omah sapanunggalane.

Kala ana ing kidul wetan marêp mangulon ngalor, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Lêgi, Kala, Gigis, Wurukung, aras pêpêt, sumur sinaba, macan katawan, sumêngkaning srigati. Rahayu ngunggahna pari maring lumbung bêcik.

2. Sênèn Paing, Uma, Kerangan, Paningron, lakuning lintang, bumi kapêtak, nuju padu. Rahayu barang gawe bêcik, mbêbêdhaga mbêburua olèh gampang, gawe sumur kêbak banyune.

3. Sêlasa Pon, Sri, Nohan, Uwas, aras pêpêt, satriya wibawa, sanggar waringin. Rahayu têmên barang gawe bêcik, lêlungan nêmu rêjêki ora suwe.

4. Rêbo Wage, Indra, Wogan, Mawulu, aras tuding, satriya wibawa, macan katawan. Ayu barang gawe bêcik.

5. Kêmis Kliwon, Guru, Tulus, Tungle, lakuning banyu, bumi kapêtak, kala tinantang. Rahayu, lêlungana kêtêmu kêkasihe tur amiranti, bocah lair akèh rêjêkine.

6. Jum'at Lêgi, Yama, Wurung, Aryang, aras tuding, satriya wirang, sanggar waringin. Rahayu mêmarangana bêcik, têgêse rêmbug arêp bêbesanan.

7. Sabtu Paing, Rudra, dadi, Wurukung, lakuning gêni, satriya wibawa, macan katawan, asu ajag tumurun ing pawon. Ala aja lunga-lunga katadhahan ing kala bocah lair ana rêjêkine.

4. WUKU KURANTIL

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Langsur, bisa amèt atining liyan, anarima ing satitah, ora duwe kanêpson, nanging puguh budine, amandhi umbul-umbul, ing têmbe ana kabêgjane. Kayune Ingas, ora kêna diaubi amarga saka panastèn. Gêdhonge gumuling ana ngarêp, lèrwèh ora bisa sêsimpên. Manuke Slindhitan, satibane kangelan nanging diasihi wong agung. Angiwakake banyu ing jêmbangan, sabarang karêpe rada ngiwa.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine tiba saka mêmènèk.

--- 12 ---

[Grafik]

Tulak slamêtana: tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik sawayahe, dipêcêl, salawate 7 kèthèng, dongane rajukna.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane wowohan pala gumantung, watake miturut kalamasane, nuli sugih nuli mlarat.

Lambange Dhandhang angurag, têgêse bilai kapitênah ing wong agung.

Ruwate sarana sêsaji nanas sakuncunge 7 iji, lan ares-aresan tindhihe 7 picis. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana daganga.

2. Yèn lara tambane godhong terong.

Wariga gêmêt sajoningsajroning. wuku Kurantil.

Kang bêcik: golèk pawèstri gêlis olèh.

Kang ala: mêmantu, nglumpukake wong ora bisa kumpul, mêmitran sulaya ing têmbe, nênandur ora tuwuh.

Kala ana ing ngisor marêp mandhuwur, sajroning pitung dina aja tumurun mangisor.

1. Ahad Pon, Dangu, Paningron, lakuning lintang, bumi kapêtak, nuju padu, sumêngkaning sapi gumarang. Ala, nanging ngupaya wong wadon gêlis olèh.

2. Sênèn Wage, Kala, Jagur, Uwas, lakuning gêni, wasesa sagara, sanggar waringin. Ala, yèn lêlungan ora tumêka ing paran, kang bêcik ambêbêdhaga.

3. Sêlasa Kliwon, Uma, Gigis, Mawulu, aras tuding, sumur sinaba, nuju pati, Anggara Kasih kawite masa wuku kalima

--- 13 ---

utawa Dhêstha. Ala aja lunga-lunga katrapan lara agung, lan sabarang gawe pinuju tiba ala.

4. Rêbo Lêgi, Sri, Kerangan, Tungle, aras tuding, sumur sinaba, kala tinantang, sarik agung. Rahayu, barang gawe bêcik têmên, ngupaya sandhang pangan gêlis olèh.

5. Kêmis Paing, Indra, Nohan, Aryang, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Ala têmên, pangadhanganing satru, asrang pati, aja lunga-lunga.

6. Jum'at Pon, Guru, Wogan, Wurukung, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, macan katawan. Ala aja lunga-lunga anêmu kala, lan kalaran ana ing paran.

7. Sabtu Wage, Yama, Tulus, Paningron, lakuning lintang, satriya wirang, nuju padu, cèlèng têmbalung tumurun ing latar. Rahayu marangana bêcik sabarang gawe bêcik uga, lan misaya iwak bêcik.

5. WUKU TOLU

[Grafik]

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Bayu, kukuh bakuh pambêkane mintir budine lugu wicarane. Kayune Walikukun, kukuh wulêd tur kanggo ing prajurit, tatag budine. Manuke Branjangan, watake ora bisa sarèh ririh, kêbat cukat yèn ana gawe, lan bêtah mêlèk ing wêngi. Gêdhonge ana angarêp, angatokake dunyane pradhah, nanging ora sarju. Umbul-umbule kawuri, ing têmbe ana kabêgjane, lan kamuktène.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilai kasungu utawa kasiyung.

--- 14 ---

Tulak slamêtana: sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik linêmbarang, salawate 3 kèthèng, dongane kabula.

Pacandran lan pralambange.

Candrane kaluwung, watake angkuh tur ambadhidhig, nanging ora langgêng dhêmên doracara suprandene akèh rêsêp kang padha mulat.

Lambange pasarehan sakèhing wuku, têgêse bilai awit saka kakehan kang dipikir. Ruwate sarana sêsaji sêmangka wutuhan 7 iji, lan ares-aresan, tindhihe 3 picis. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana ngingu bèbèk.

2. Yèn lara tambane babakan suwêg, utawa kunci lan kêncur binakar.

Wariga gêmêt sajroning wuku Tolu.

Kang bêcik: lunga golèk pangupajiwa nambani wong lara, nênandur, ngalih panggonan, duwe gawe mantu sapanunggalane.

Kang ala: nyidra, lêlungan, ngabotohan, ngêngundhuh sabarang palakirna.

Kala ana ing lor kulon marêp mangidul ngetan, sajroning pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Kliwon, Rudra, Wurung, Uwas, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja, sumêngkaning kuthilapas. Ala aja lunga-lunga, kang bêcik nênandura pala brungkah tulus.

2. Sênèn Lêgi, Brama, Dadi, Mawulu, lakuning angin, tunggak sêmi, nuju pati, srigati tumurun ing desa Tulyan anjujug ing pawon. Rahayu nandura pala brungkah dadi.

3. Sêlasa Paing, Kala, Dangu, Tungle, aras kêmbang, satriya wibawa, kala tinantang. Ala turuning tuju têluh têragnyana ngadhang, aja lunga-lunga barang gawe ala.

4. Rêbo Pon, Uma, Jagur, Aryang, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja. Rahayu sabarang gawe bêcik.

5. Kêmis Wage, Sri, Gigis, Wurukung, aras kêmbang, tunggak sêmi, nuju pati. Rahayu, amêmundhuta padha suka ing marga.

--- 15 ---

6. Jum'at Kliwon, Indra, Kerangan, Paningron, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, kala tinantang. Rahayu têmên, mêtu kang urip.

7. Sabtu Lêgi, Guru, Nohan, Uwas, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja. Rahayu, nambanana wong lara waras, lan nambani mata iya waras uga.

6. WUKU GUMBRÊG

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Cakra, bisa ngungkuli sapêpadhane, ujar sapisan tur patitis, rila karana rai. Sikile ngarêp kêkobok ing banyu, parentahe adhêm ngarêp panas ing buri. Kayune Waringin, dadi pangaubaning kadang wargane. Manuke Ayam-alas, kêsit budine, tur pinilala ing wong agung, manis arum wicarane juwèh akèh rêsêp kang mulat, kanggêp pangawulane, luhur piangkuhe, lan gêdhe daulate. Gêdhonge kakiwakake ana ing buri, rila ing donyane ora nganggo karana rai.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kabalabak utawa kêcêmplung ing banyu.

Tulak slamêtana: sêga pêra dangdangan bêras sapitrah, lawuhe pitik barumbun kang lumancur dipindhang, kuluban warna 9, salawate 4 kèthèng, dongane rajukna.

--- 16 ---

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane gêtêr patêr ing sabumi, watake sugih kojah, lan sugih ilmu, atine sumuci-suci, nanging ora sumurup marang wêkasane, dadi tumrap marang ilmu têmahan wigar anggagar.

Lambange patining kêkayon, têgêse bilai amarga saka binêndhon ing wong agung, ruwate sarana sêsaji bênêman gêmbili 10 iji, lan ares-aresan, tindhihe 4 picis. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana ngukir-ukira.

2. Yèn lara tambane babakan suwêg, utawa godhong suwêg.

Wariga gêmêt sajroning wuku Gumbrêg.

Kang bêcik: bêbesanan, anggaota kauntungan.

Kang ala: nênandur kitri, ngadêgake omah, ngadan-adani samubarang, lêlungan. Kala ana ing kidul bênêr marêp mangalor bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Paing, Yama, Wogan, Mawulu, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, nuju pati, sumêngkaning asu ajag. Ala barang gawe, aja lunga-lunga kasêngkala ing paran.

2. Sênèn Pon, Rudra, Tulus, Tungle, aras tuding, sumur sinaba, kala tinantang. Ala ringkêl gula sasigar, aja lunga-lunga kalaran ing paran.

3. Sêlasa Wage, Brama, Wurung, Aryang, lakuning bumi, lêbu katiyup angin, mantri sinaroja. Ala, nanging tukua pitik iwèn bêcik, lan nambanana wong edan waras.

4. Rêbo Kliwon, Kala, Dadi, Wurukung, lakuning srêngenge, lêbu katiyub angin, nuju padu. Rahayu, mêmarangana padha suka sugih anak.

5. Kêmis Lêgi, Umu,Uma. Dangu, Paningron, lakuning lintang, satriya wibawa, sanggar waringin. Rahayu têmên, sabarang gawe sida, lêlungana salamêt ing paran.

6. Jum'at Paing, Sri, Jagur, Uwas, lakuning srêngenge, tunggak sêmi, mantri sinaroja. Barang gawe bêcik. Lêlungana padha suka ing paran.

--- 17 ---

7. Saptu Pon, Indra, Gigis, Mawulu, lakuning banyu, wasesa sêgara, nuju pati. Rahayu barang gawe, rêjêki pari têka bukti têka wuwuh-wuwuh.

7. WUKU WARIGALIT

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Asmara, bagus warnane, dadi kêkêmbanging pasamuwan, kêrêp rabi, darêngki gêdhe butarêpane, ewuh kêkarêpane, lumuh marang pajagongan. Kayune Sulastri, bagus warnane akèh kang dhêmên lan rêsêp kang mulat. Manuke Kapodhang, butarêpan, ora rêna kumpul ing akèh. Angarêpake candhi, karêm saba ing asêpi, mungguh dadi pandhita ana darajate, dhêmên mangun samadi, nanging prihatinan.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine diêmbêt.

Tulak slamêtana: sêga ura dangdangan bêras sapitrah, iwak kêbo ranjapan, tukon brandon, diolah gêcok, salawate 8 kèthèng, dongane tulak bilai.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane kayu Kamladheyan, watake saênggon-ênggone bisa dadi, nanging cacade ora lana.

Lambange janma mati, têgêse bilai amarga saka lalèn.

--- 18 ---

Ruwate sarana sêsaji gêdhang garaita kang suluh satundhun, lan ares-aresan, tindhihe 4 picis. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolêhing pangupajiwa sarate sarana magunaa.

2. Yèn lara tambane kapas sawit, utawa godhong kapas binênêma.

Wariga gêmêt sajroning wuku Warigalit.

Kang bêcik: têpung prasanakan, mêmule marang lêluhur, ngilèkake banyu, lunga sanja.

Kang ala: pagawean laku silib, lêlungan adoh, mangsah prang.

Kala ana ing dhuwur marêp mangisor, sajrone pitung dina aja sumêngka mandhuwur.

1. Ahad Wage, Guru, Kerangan, Tungle, lakuning angin, satriya wibawa, kala tinantang, sumêngkaning cèlèng têmbalung. Ala sarik, nanging mbêbêdhaga olêh, lan amèta sarat bakal pamisaya sato dibêdhola.

2. Sênèn Kliwon, Yama, Nohan, Aryang, aras kêmbang, satriya wirang, macan katawan, kuthilapas tumurun ing lumbung, sampar wangke (ringkêl jalma). Rahayu, mêmundhuta guntur omah padha suka, lan amèta guru omah bêcik.

3. Sêlasa Lêgi, Rudra, Wogan, Wurukung, lakuning gêni, wasesa sagara, nuju padu, sumêngkaning srigati. Rahayu gawea sumur bêcik, kêbak ing paturon.

4. Rêbo Paing, Brama, Tulus, Paningron, lakuning banyu, wasesa sagara, sanggar waringin. Rahayu bêcik barang gawe ana bukti têka padha suka.

--- 19 ---

5. Kêmis Pon, Kala, Wurung, Uwas, lakuning srêngenge, satriya wirang, macan katawan, taliwangke. Ala aja lunga-lunga, pangadhanging satru, diprayitna aja lena.

6. Jum'at Wage, Uma, Dadi, Mawulu, aras pêpêt, sumur sinaba, nuju pati. Rahayu slamêt saanak putune kêtêmu urip, lêlungan becik, dina pamindhahan malaekat.

7. Sabtu Kliwon, Sri, Dangu, Tungle, lakuning bumi, tunggak sêmi, sanggar waringin. Ala ayu, nanging lêkasa tarak olèh cahya, sabarang karêp olèh, pamindhahan dunya.

8. WUKU WARIGAGUNG

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Maharêsi, abot sanggane, lan akèh kamelikane. Kayune Cêmara, rame wicarane manis arum, kèdhêp lamun aparentah. Manuke Bèthèt, wantêr budine, bisa ngupaya pangan. Gêdhonge loro ana ngarêp lan ana ing buri, rilane pêparon. Umbul-umbule kawuri, bêgjane kêtêmu ing buri.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kabêndon ing pra sanake.

Tulak slamêtana: sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwak bèbèk putih diolah gêgurihan, lan kuluban warna 5, salawate 5 kèthèng dongane rasul.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane kêtug lindhu, watake sugih guna ora katara, nanging linyok sajroning ati. Lambange iwak mati têgêse bilai sabab saka kapêdhotan sih ingkang [ing...]

--- 20 ---

[...kang] awèh sandhang pangan.

Ruwate sarana sêsaji uwi ingêdang wêwutuhan, lan ares-aresan, tindhihe 5 picis. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana sabarang gawe têmên.

2. Yèn lara tambane kapas sawit, utawa godhong kapas binakar.

Wariga gêmêt sajroning wuku Warigagung.

Kang bêcik: ngadêgake omah, nênandur, bêbesanan, anggêguru pangawikan.

Kang ala: lêlungan, laku anênamur, ngalih panggonan, amilala ingon-ingon.

Kala ana ing lor bênêr marêp mangidul bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Lêgi, Indra, Jagur, Aryang, aras pêpêt, sumur sinaba, macan katawan, kala Dite. Rahayu, gawea sêsuwuk tumbal ama, lan lêkas masang piranti, gawea susug saha gawe tumbak bêcik.

2. Sênèn Paing, Guru, Gigis, Wurukung, lakuning lintang, bumi kapêtak, nuju padu, asu ajag tumurun ing pakiwan. Rahayu, mundhuta guntur omah lêstari ing paran.

3. Sêlasa Pon, Yama, Kerangan, Paningron, aras pêpêt, satriya wibawa, sanggar waringin, sumêngkaning sapi gumarang. Masanga pirantining omah panawaning sêsirêp rahayu, saha gawe tumbak lan tumbal.

4. Rêbo Wage, Rudra, Nohan, Uwas, aras tuding, satriya wibawa, macan katawan. Rahayu gawea sumur bêcik, barang gawe bêcik.

5. Kêmis Kliwon, Brama, Wogan, Mawulu, lakuning banyu, bumi kapêtak, kala tinantang. Ala aja lunga-lunga pangadhanganing satru diprayitna.

6. Jum'at Lêgi, Kala, Tulus, Tungle, aras tuding, satriya wirang, sanggar waringin. Rahayu barang gawe bêcik, lêlungana padha suka ing paran.

7. Sabtu Paing, Uma, Wurukung, Aryang, lakuning gêni, satriya wibawa, macan katawan. Rahayu suwitaan ing wong agung, olèh kawiryan.

--- 21 ---

9. WUKU JULUNGWANGI

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Sambu, sabarang gandane ngambar, lire sabarang karêpe durung nganti kalakon uwis kajuwara ing akèh. Amandhi umbul-umbul, bêgjane aparêk. Angarêpake banyu ing jêmbangan pradhah budine rilan, nanging kudu kinatonêna pawèwèhe. Manuke Kutilang, rècèh wicarane tur ginugu sabasane, kanggêp pangawulane. Kayune Cêpaka, manis arum wicarane, kinasihan mring wong akèh.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine tinêbak ing macan.

Tulak slamêtana: sêga kabuli dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik abang winor ing sêga, salawate kucing, dongane tulak bilai.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane kêmbang sumêbar, watake arum manis pamicarane, sarwa bisa ing sabarang gawe lan bisa gawe mêmanis, ananging sajroning ati bosênan lan amrih dudu.

Lambange banthèng lumpuh, têgêse bilai sabab saka atine gêdhe nanging ora kasêmbadan. Ruwate sarana sêsaji durèn 7 glundhung, lan ares-aresan, tindhihe arupa kucing. Banjur kasidhêkahake.

--- 22 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adol timah.

2. Yèn lara tambane kêmangi sawit, utawa godhong sêre.

Wariga gêmêt sajroning wuku Julungwangi.

Kang bêcik: lunga tirakat olèh wahyu, ambubak lêmah, nênandur, angêlar kawruh ginugu.

Kang ala: lêlungan adoh, ngalih panggonan, duwe gawe, ngadêgake samubarang, anggaota pangupajiwa, nambani anak.

Kala ana ing kidul kulon marêp mangalor ngetan, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Pon, Sri, Dangu, Wurukung, aras kêmbang, bumi kapêtak, nuju padu. Ala samubarang gawe, aja lunga-lunga.

2. Sênèn Wage, Indra, Dangu, Paningron, lakuning gêni, wasesa sagara, sanggar waringin, cèlèng têmbalung tumurun ing taman. Rahayu dungdumadunduma. dunya palane ingidhêp.

3. Sêlasa Kliwon, Guru, Jagur, Uwas, aras tuding, sumur sinaba, nuju pati, sumêngkaning kuthilapas, Anggara Kasih kawitane masa wuku kanêm utawa saddha. Aja lunga-lunga kalaran ana ing paran, lan kasêngkala dening ula, miwah singa nyawa dadi sêngkala kabèh.

4. Rêbo Lêgi, Yama, Gigis, Mawulu, aras kêmbang, sumur sinaba, kala tinantang, srigati tumurun ing desa Mêdhangwangi anjujug paturon. Bêcik nandura pala brongkah lan pala kirna sarta gêdhang, lan rangkata bêcik.

5. Kêmis Paing, Rudra, Kerangan, Tungle, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Masanga tumbal wurungan bêcik, krana wurungan tunggal, amèta wêlah tijap, lan gawe wêlit gawe tumbak bêcik.

6. Jum'at Pon, Brama, Nohan, Aryang, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, macan katawan. Rahayu têmên, mentara nagih potang olèh tur padha suka.

7. Sabtu Wage, Kala, Wogan, Wurukung, lakuning lintang, satriya wirang, nuju padu. Ala barang gawe, uwas pangantèn.

--- 23 ---

10. WUKU SUNGSANG.

[Grafik]

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Gana, watak pêtêngan atèn, kuwat rosa angkat junjung. Kayune Tangan, anggalidhig ora bisa nganggur, kêras budine, karêm marang darbèking liyan. Manuke Nori, luwih boros tarabas, lan adoh bêgjane, murka pambêkane marang panggawe kang ora patut. Gêdhonge malumah ana ing buri, rila ing donyane nanging ora karana rai.

Kabilaèn lan tulak slametane.

Bilaine kawêsèn.

Tulak slamêtana: sêga mêgana dangdangan bêras sapitrah, iwake bèbèk lan pitik, sakarêpe kang olah, lan janganan warna 9, winor ing sêga mêgana mau, salawate 10 kèthèng, dongane kabula.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane kêmbang wora-wari bang, watake gêdhe kanêpsone nanging kêna dipalangi.

Lambange jaka wuru tiba, têgêse bilai sabab saka bingung atine amarga kêrêp anyidrani ing sapadhane.

Ruwate sarana sêsaji jagung 40 ontong, lan ares-aresan, tindhihe 10 picis. Banjur kasidhêkahake.

(kêtêrangan gambar: tanpa gambar banyu ing jêmbangan).

--- 24 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana klithika.

2. Yèn lara tambane têmu sawit, utawa bonggol gêdhang.

Wariga gêmêt sajroning wuku Sungsang.

Kang bêcik: golèk pangupajiwa, ngalih panggonan, gawe prasanakan, bêbasanan,bêbesanan. ambêbara, nênandur.

Kang ala: mêmènèk, nêgor kitri, lêlungan adoh, suka-suka, rame-rame, mangsah prang, iku ala kabèh.

Kala ana wetan bênêr, marêp mangulon bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Kliwon, Uma, Tulus, Paningron, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Ala aja lunga-lunga kalaran ing dalan lan nêmu wirang.

2. Sênèn Lêgi, Sri, Wurukung, Uwas, lakuning angin, tunggak sêmi, nuju pati. Masanga piranti utawa gawe tumbal sawah lan masanga tumbal wurungan, ora tumêka kang sêdya ala.

3. Sêlasa Paing, Indra, Dadi, Mawulu, aras kêmbang, satriya wirang, kala tinantang, sumêngkaning asu ajag. Ringkêl buron, anjaringa olèh buron, ala uga barang gawe.

4. Rêbo Pon, Guru, Dangu, Tungle, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja, sapi gumarang tumurun ing kandhang. Rahayu barang gawe bêcik, tanggal purnama siddhi, lêlungana saka ing paran.

5. Kêmis Wage, Yama, Jagur, Aryang, aras kêmbang, bumi kapêtak, nuju pati. Rahayu kidang suka, rangkata bêcik, lan kapracaya marang sanake kabèh.

6. Jum'at Kliwon, Sudra, Gigis, Wurukung, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, kala tinantang. Ana rêjêki picis pari têka bocah lair ana sandhang rêjêkine, pamindhahan dunya.

7. Sabtu Lêgi, Brama, Kerangan, Paningron. lakuning rêmbulan, tunggak sêmi, mantri sinaroja. Ala barang gawe pamindhahan malaekat.

--- 25 ---

11. WUKU GALUNGAN

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Kamajaya, bagus luruh ora lemeran, bisa amrih ajèring prihatin. Anungkuli banyu ing bokor, tansah adêdana ing badane, ora bisa gêmi, sathithik rêjêkine. Manuke bidho, gêdhe kanêpsone, karêm marang darbèking liyan. Kayune Tangan, anggalidhig ora bisa nganggur, kêras budine.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine atêtukaran.

Tulak slamêtana: sêga dangdangan bêras sapitrah, iwak wêdhus saulês-ulêse, lan pitik irêng mulus sawayahe, dipindhang, sêlawate sakèthèng dongane slamêt pina.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane manuk ana ing luhur, watake anggone golèk asil sarana nênungkul, waranane sarana gora-godha.

Lambange pring anggagar, têgêse bilai awit larang anak, lagi arêp olèh sih nuli kacanjèkan ing bêbaya.

Ruwate sarana sêsaji jêruk gêdhe 4 gluntung, lan ares-aresan, tindhihe 9 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 26 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhe pangupajiwa sarate sarana jagala.

2. Yèn lara tambane laos sawit.

Wariga gêmêt sajroning wuku Galungan.

Kang bêcik: lunga tirakat, sêsanja ora adoh, anggêguru pangawikan.

Kang ala: nandur pring, lêlungan adoh, nambani wong lara, mêmantu, dadi priyayi, ngadêgake omah.

Kala ana lor wetan marêp mangidul ngulon, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Paing, Kala, Nohan, Uwas, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, nuju pati, kala Dhungul. Sabarang gawe ala, nanging gawe tumbal bêcik, lan masanga tumbal wurungan bêcik uga, miwah sêsirêp.

2. Sênèn Pon, Kala, Wogan, Mawulu. aras tuding, sumur sinaba, kala tinantang, kala Dhungul. Ala, nanging mbêburua prayoga.

3. Sêlasa Wage, Kala, Tulus, Tungle, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja, kala Dhungul, sumêngkaning cèlèng têmbalung. Bêcik, sidhêkaha rahayu.

4. Rêbo Kliwon, Uma, Wurung, Aryang, lakuning srêngenge, lêbu katiyub angin, nuju padu, kuthilapas tumurun ing sêndhang, sarik agung. Rahayu, rangkata bêcik, lêkasa tarak antuk idi.

5. Kêmis Lêgi, Sri, Dadi, Wurukung, lakuning lintang, satriya wibawa, sanggar waringin, sumêngkaning srigati. Ala ayu, alane yèn lêlungan kasêngkala ing dalan, kang bêcik angunggahake pari maring lumbung.

6. Jum'at Paing, Idra,Indra. Dangu, Paningron, lakuning srêngenge, tunggak sêmi, mantri sinaroja. Luwih bêcik, sungsung-sungsung guyu padha suka, lêlungan rahayu, kasinungan ing paran, guntur omah bêcik.

7. Sabtu Pon, Guru, Jagur, Uwas, lakuning banyu, wasesa sagara, nuju pati. Bêcik, angulatana wong minggat kêtêmu ora suwe.

--- 27 ---

12. WUKU KUNINGAN

[Grafik]

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Endra, andarbèni kaluwihan, enak rinungu wicarane, lan ambêg kumingsun, kayune Wijayakusuma, luwih adi ing warnane, nanging sumingkir ing paramean lan slamêt pênggalihe, watak angkuh nanging nastiti. Manuke Urang-urangan sabarang gawe kêbat trampil, cugêtan atèn tur isinan, gêdhonge minêp kawuri, watake kumêt.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kaamuk.

Tulak slamêtana: sêga punar dangdangan bêras sapitrah, iwak kêbo ranjapan, digorèng, salawate dhuwit anyar 11 kèthèng, dongane kabula.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane banyu garojogan, watake rame wicarane, lan akèh gorohing ati, yèn tinunjêl ora bisa.

Lambange godhong parutul, têgêse bilai sabab saka tininggal ing batur lan busana.

Ruwate sarana sêsaji gêdhang êmas satundhun, lan ares-aresan tindhihe 6 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 28 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola êmas.

2. Yèn lara tambane kunir winor jamu, utawa êmpu kunir.

Wariga gêmêt sajroning wuku Kuningan.

Kang bêcik: golèk sanak, anggaota, mitulungi uwong.

Kang ala: nênandur, mayu omah, duwe gawe mantu lan sapanunggalane.

Kala ana ing kulon bênêr marêp mangetan bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Wage, Yama, Gigis, Mawulu, lakuning angin, satriya wibawa, kala tinantang. Rahayu udan mas, adaaja. nandur têmbako ala, bocah lair sugihan ora wêruh ing kadang.

2. Sênèn Kliwon, Rudra, Kerangan,Tungle, aras kêmbang, satriya wirang, macan katawan. Tulunga wong lara waras, nambanana wong elik dadi atut, golèk pangan bêcik.

3. Sêlasa Lêgi, Brama, Nohan, Aryang, lakuning gêni, wasesa sagara, nuju padu. Rahayu nagiha potang gêlis olèh ora suwe.

4. Rêbo Paing, Kala, Wogan, Wurukung, lakuning banyu, wasesa sêgara, sanggar waringin, asu ajag tumurun ing jogan. Bêcik, ngulatana wong minggat kêtêmu ora suwe.

5. Kêmis Pon, Uma, Tulus, Paningron, lakuning srêngenge, satriya wirang, macan katawan, sumêngkaning sapi gumarang. Ala, angrêbuta bêbancang kajabêl, lan diprayitna.

6. Jum'at Wage, Sri, Wurung, Uwas, aras pêpêt, sumur sinaba, nuju pati, taliwangke. Masanga tumbal wurungan cacap, gawe tumbal bêcik, ngêtrap tumbak maring landheyan bêcik, yèn nêmu pakewuh keringan.

7. Saptu Kliwon, Indra, Dadi, Mawulu, lakuning bumi, tunggak sêmi, sanggar waringin. Rahayu, nagiha potang olèh tur padha suka.

--- 29 ---

13. WUKU LANGKIR

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Kala, anyakot baune dhewe, watake gêdhe kanêpsone, ora ngeman ing ragane, kang padha miyat wêdi giris, candhala wangkot budine, murka akèh larangane. Kayune Ingas, lan Cêmara sol. Kayu Ingas, panastèn, watake ora kêna cinêdhakan ing wong, saka kang cêdhak lonyoh têgêse katularan ing wêwatakane. Kayu Cêmara sol, ora kêna ingauban, arame wicarane. Manuke Gêmak, prajurit pambêkane, bèr kawanèn, ora mawang marang wong.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kadurjanan lan têtukaran.

Tulak slamêtane: sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwak wêdhus lan iwak loh linêmbarang, janganan kang pêpak, salawate 5 kèthèng, dongane slamêt pina.

[Grafik]

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane gunung gumaludhug, watake sakèh swarane kaya-kaya anyilikake ati, ananging ora ngapaa.

Lambange banthèng wani, têgêse bilai sabab saka anggone gawe prakara dhewe.

Ruwate sarana sêsaji bendha 6 glintir, lan ares-aresan, tindhihe 6 picis. Banjur kasidhêkahna.

--- 30 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola krowodan.

2. Yèn lara tambane godhong cabe sawit utawa bêngle sawit.

Wariga gamêtgêmêt. sajroning wuku Langkir.

Kang bêcik: nênandur, lêlungan, bêbesanan, marangi gêgaman, nambani lêlara.

Kang ala: nyidra, nandukake prakara, pancakara, lan sapanunggalane.

Kala ana ing kidul wetan marêp mangalor ngulon sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Lêgi, Guru, Dangu, Tungle, aras pêpêt, sumur sinaba, macan katawan. Nandura pala kirna bêcik lan sabarang kang tinandur bêcik kabèh, ambukti palane.

2. Sênèn Paing, Yama, Jagur, Aryang, lakuning lintang, bumi kapêtak, nuju padu, sampar wangke (ringkêl jalma). Lêlungana ana rêjêki têka, bocah lair ana rêjêkining ati, lire iku wignya.

3. Sêlasa Pon, Rudra, Gigis, Wurukung, aras pêpêt, satriya wirang, sanggar waringin. Lêlungana ana rêjêki anganti lan angadhang, bocah lair ana sandhange.

4. Rêbo Wage, Brama, Kerangan, Paningron, aras tuding, satriya wibawa, macan katawan, cèlèng têmbalung tumurun ing sêndhang. Lêkasa tarak olèh cahya, lire wong cêgah pangan anênêdha ing Allah katarima.

5. Kêmis Kliwon, Kala, Nohan, Uwas, lakuning banyu, bumi kapêtak, kala tinantang, sumêngkaning kuthilapas. Rahayu ambanguna urip raharja, ngurita pari bêcik, pamindhahan malaekat.

6. Jum'at Lêgi, Uma, Wogan, Mawulu, aras tuding, satriya wirang, sanggar waringin, srigati tumurun ing desa Karanglêgi anjujug ing padaringan. Rahayu mêmarangana olèh gawe, nandura padha kabrungkah bêcik pamindhahan dunya.

7. Sabtu Paing, Sri, Tulus, Tungle, lakuning gêni, satriya wibawa, macan katawan. Rahayu, mêmarangana bêcik, awèha pangan wong patang puluh padha suka.

--- 31 ---

14. WUKU MANDHASIYA

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Brama, rosa kêras pambêkane, panasbaranan, nanging ana duryate, adhêm parentahe. Kayune Asêm, watake kukuh lan diluluti ing wong akèh, dadi pangaubaning wong kawêlas-asih. Manuke Platuk-bawang, rosa budine, ora sarantan barang karêpe. Gêdhonge minêp ana ngarêp, gêmi marang arta, lan akèh rêjêkine.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kêna ing gêni.

Tulak slamêtana: sêga ambêng dangdangan bêras abang sapitrah janganan bayêm bang, iwak pitik abang dipindhang, among-amongane kêmbang sataman kang sarwa abang, salawate picis anyar, kang putih 40 kèthèng, dongane slamêt pina.

[Grafik]

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane watu itêm ana ing paturon, lan kêkayon gêdhe jêro pancêre, watake kaliwat sabar ing ati, nanging yèn wis mêtu nêpsune sok nêmêni.

Lambange iwak tininggal ing banyu, têgêse bilai sabab saka rinêngon ing wong agung.

Ruwate sarana sêsaji jambu kluthuk 100 iji, lan ares-aresan, tidhihe 10 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 32 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pikolèhing pangupajiwa sarate sarana crakiya.

2. Yèn lara tambane bawang, utawa godhong jambe.

Wariga gêmêt sajroning wuku Mandhasiya.

Kang bêcik: amêmitran, nambani lêlara, duwe gawe mantu sapanunggalane.

Kang ala: lêlungan, golèk pangupajiwa, gawe sumur, bêbakal pakarangan.

Kala ana ing ngisor marêp mandhuwur, sajrone pitung dina aja tumurun mangisor.

1. Ahad Pon, Indra, Wurung, Aryang, aras kêmbang, bumi kapêtak, nuju padu. Ala aja lunga-lunga pangadhanganing satru akèh.

2. Sênèn Wage, Guru, Dadi, Wurukung, lakuning gêni, wasesa sagara, sanggar waringin. Rahayu, gawea kawisayan jala sêsêr bêcik tur padha suka.

3. Sêlasa Kliwon, Yama, Dangu, Paningron, aras tuding, sumur sinaba, nuju pati, Anggara Kasih kawitane masa wuku kasa utawa kapitu. Ala pangadhanganing satru diprayitna.

4. Rêbo Lêgi, Rudra, Jagur, Uwas, aras kêmbang, sumur sinaba, kala tinantang. Rahayu, mundhuta omah guntura omah bêcik.

5. Kêmis Paing, Brama, Gigis, Mawulu, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja, sumêngkaning asu ajag. Rahayu, mêmundhuta tumêka tur padha suka.

6. Jum'at Pon, Kala, Kerangan, Tungle, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, macan katawan, sapi gumarang tumurun ing têgal. Rahayu, mbêndunga dhawuhan katambak pêpêt, kaduluran Sri, lan wong sêsanjan bêcik.

7. Sabtu Wage, Uma, Nohan, Aryang, lakuning lintang, satriya wirang, nuju padu. Barang gawe bêcik, kukuh kinawêdèn lan sabarang gawe bêcik, marangana bêcik, yèn prang mênang.

--- 33 ---

15. WUKU JULUNGPUJUD

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Guretna, kaduk mênêng, yèn nêpsu kotbisu, bêcik pocapane, lan ana kawisayane. Kayune Rêmbuyuk, bagus rupane tanpa ganda, saênggon-ênggone diupaya. Manuke Emprit johan, gêdhe karêpe, arêmit budine. Angarêpake gunung, tandha gêdhe karêpe, tur lumuh kaungkulan sabarang karêpe.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine katêluh lan kataragnyana.

Tulak slamêtana: sêga tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik abang, kapanggang, kulubane warna 9, salawate 30 kèthèng, dongane balasrèwu lan kunut.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane prau ana ing lautan, watake ngalor ngidul anggone ngupaya pangan, mulane ora kêkurangan rêjêki.

Lambange akèh lara sambang-rimpung, têgêse bilai sêbab saka kêna pocapan ala, amarga sok nyidrani janjine dhewe.

Ruwate sarana sêsaji gêdhang bêcici kang suluh satundhun, lan ares-aresan tindhihe 6 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 34 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana malandanga.

2. Yèn lara tambane alang-alang lan kêmangi winor ing jamu, utawa godhong sêre.

Wariga gêmêt sajroning wuku Julungpujud.

Kang bêcik: golèk pangupajiwa, amilala rajakaya, nandur pala kirna.

Kang ala: ngadan-adani, sêsanja.

Kala ana ing lor kulon marêp mangidul ngetan, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Kliwon, Sri, Wogan, Wurukung, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Rahayu, gawea mitra pawong sanak padha asih, lan amèta simpênaning guru bêcik.

2. Sênèn Lêgi, Indra, Tulus, Paningron, lakuning angin, tunggak sêmi, nuju pati. Rahayu, ngupayaa pawèstri gêlis olèh, nêbusa wong sanak bêcik.

3. Sêlasa Paing, Guru, Wurung, Uwas, aras kêmbang, satriya wibawa, kala tinantang. Rahayu lêlungana ana rêjêki ngadhang, krana rêjêkine lagi têka, barang gawe sarwa bêcik.

4. Rêbo Pon, Yama, Dadi, Mawulu, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja. Rahayu sabarang gawe bêcik.

5. Kêmis Wage, Rudra, Dangu, Tungle, aras kêmbang, tunggak sêmi, nuju pati, sumêngkaning cèlèng têmbalung. Ala sabarang gawe, aja lunga-lunga, arêp anêmu kala.

6. Jum'at Kliwon, Brama, Jagur, Aryang, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, kala tinantang, kuthilapas tumurun ing taman. Ala uga, aja lunga-lunga.

7. Sabtu Lêgi, Kala, Gigis, Wurukung, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja, sumêngkaning srigati. Rahayu, ngunggahana pari maring lumbung brêkat, kaparêng Sri tumêka.

--- 35 ---

16. WUKU PAHANG

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Tantra, paksa luwih pangucape, waton para tantang, lan angluhurake kasujanane. Amandhi lêlandhêp, sugih yitna, lanas pangucape, tur panastèn. Manuke Cocak, juwèh wicarane, kayune Kandhayakan, dadi pangaubaning wong kawêlas-asih lan wong minggat. Angiwakake banyu ing jêmbangan, dhêmên ngiwa pambêkane. Gêdhonge malumah, luwih boros, lan rila ing dunyane.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kinaniaya.

Tulak slamêtana: sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik putih mulus linêmbarang, kuluban warna 11, salawate 9 kèthèng, dongane rasul.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane pulo katon saka ing kadohan, watake misuwur sabarange, ing jaba suci nanging ing jêro agung prihatin.

Lambange akèh manuk kêna, têgêse bilai sabab saka kêna ing pasangan. Ruwate sarana sêsaji jambu klampok 100 iji, lan ares-aresan, tindhihe 7 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 36 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola palawija.

3.2. Yèn lara tambane woh kudhu, utawa godhong pace, woh dhuku, durèn.

Wariga gêmêt sajroning wuku Pahang.

Kang bêcik: nambani lêlara, nandur sabarang, ngarah pawèstri.

Kang ala: lêlungan adoh, golèk pangupajiwa, ngadan-adani.

Kala ana ing kidul bênêr marêp mangalor bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Paing, Uma, Kerangan, Paningron, lakuning rêmbulan, wasesa sêgara, nuju pati. Ala uga, aja lunga-lunga katiban tangan, pamindhahan malaekat.

2. Sênèn Pon, Sri, Nohan, Uwas, aras tuding, sumur sinaba, kala tinantang. Uga ala, aja lunga-lunga kajawat tangan, pamindhahan malaekat.

3. Sêlasa Wage, Indra, Wogan, Mawulu, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Ala bangêt, aja lunga-lunga mati ana ing paran, patine jalaran saka rêjêki, pamindhahan dunya.

4. Rêbo Kliwon, Guru, Tulus, Tungle, lakuning srêngenge, lêbu katiyub angin, nuju padu. Wêca rahayu wiwita sawah bêcik, saha barang gawe bêcik.

5. Kêmis Lêgi, Yama, Wurung, Aryang, lakuning lintang, satriya wibawa, sanggar waringin. Rahayu ringkêl manuk, ngupaya barang manuk gêlis olèh.

6. Jum'at Paing, Rudra, Dadi, Wurukung, lakuning srêngenge, tunggak sêmi, mantri sinaroja, asu ajag tumurun ing latar. Luwih ala, aja lunga-lunga katêluh ing dalan mundhuta guntur omah bêcik.

7. Sabtu Pon, Brama, Dangu, Paningron, lakuning banyu, wasesa sagara, nuju pati, sumêngkaning sapi gumarang. Rahayu, nambanana sakaliring lara waras tur slamêt sakabèhe.

--- 37 ---

17. WUKU KURUWÊLUT

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Wisnu, prayitna mantêp ing gawe, wingit wicarane, dhêmên angungasake kawruhe, anggraita atine.

Amandhi cakra, karêm ing kaprajuritan, slamêt rêsik panggalihe, manuke Sêpahan, kêsit budine, lêmbut barang karêpe. Kayune Parijatha, dhêmên marang sêsanake, lan rada prihatinan, gêdhonge ana ing ngarêp, ngatokake donyane, pradhah nanging ora sarju, gêdhe budine, akèh bêgjane.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine susah lan kinaniaya.

Tulak slamêtane: wêdhus tujah, têgêse wêdhus kang putih sikile ngarêp, kaolah kang pêpak, salawate 100 kèthèng, dongane slamêt kabula.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane banyu banjir bandhang, watake anglêluwihi wicarane, kaya andhadhal-ndhadhalna, nanging ora tèyèng wigati, malah anggêgawa kang akèh-akèh. Lambange kapas agring, têgêse bilai sabab saka kinaniaya ing durjana.

Ruwate sarana sêsaji têbu irêng 4 lonjor, lan ares-aresan, tindhihe 6 picis.

--- 38 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana dadia carik.

2. Yèn lara tambane bligo winor jamu, utawa godhong bligo lan oyode.

Wariga gêmêt sajroning wuku Kuruwêlut.

Kang bêcik: nontoni, ngrancang bakal omah.

Kang ala: lêlungan, dandan-dandan, nambani lêlara, nandur jujutan.

Kala ana ing dhuwur marêp mangisor, sajrone pitung dina aja sumêngka mandhuwur.

1. Ahad Wage, Kala, Jagur, Uwas, lakuning angin, satriya wibawa, kala tinantang, kala Dite. Uwas pangantèn, masanga piranti wurungan tumbal bilai, padha bêcik, lan masang wêlah ing sawah bêcik.

2. Sênèn Kliwon, Uma, Gigis, Mawulu, aras kêmbang, satriya wirang, macan katawan. Rahayu mêmarangana bêcik, mêtu dunya palane.

3. Sêlasa Lêgi, Sri, Kerangan, Tungle, lakuning gêni, wasesa sagara, nuju padu. Ala, aja lunga-lunga kalaran gêdhe.

4. Rêbo Paing, Indra, Nohan, Aryang, lakuning banyu, wasesa sêgara, sanggar waringin. Ala, dina iki lakuning banyu iring, têgêse kalane akèh wong mêtokake banyu wiring, diprayitna.

5. Kêmis Pon, Guru, Wogan, Wurukung, lakuning srêngenge, satriya wirang, macan katawan. Rahayu, mundhuta guntur omah.

6. Jum'at Wage, Yama, Tulus, Paningron, aras pêpêt, sumur sinaba, nuju pati, cèlèng têmbalung tumurun ing têgal. Masanga tumbal wurungan bêcik, lan masanga rajêg luwang bêcik.

7. Sabtu Kliwon, Rudra, Wurung, Uwas, lakuning bumi, tunggak sêmi, sanggar waringin, sumêngkaning kuthilapas, taliwangke. Ala, masanga jêjirêt palantih, kala bancang paluwang, padha bêcik, lan masang wêlah bêcik.

--- 39 ---

18. WUKU MARAKÈH

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Surènggana, watake rada sinung kaelingan, saguh gumolong wicarane, lan wani ing pakewuh, kayune Trêngguli, ora kalap uwohe, têgêse ora ana gawene. Ora duwe manuk, ora kêna dikongkon adoh, amêsthi kêna ing bêbaya.

Umbul-umbule malik, cêpak kamuktène. Gêdhonge pinandhi, angatokake pasihaning dewane.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kabalabak.

Tulak slamêtana: sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik putih mulus, linêmbarang, lan juwadah warna-warna, salawate 100 kèthèng, dongane tulak bilai.

[Grafik]

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane kêmbang sêtaman kinurungan, watake kumêt nanging manis arum wicarane lan yèn tinunjêl ing rêmbug banjur anjalomprongake murih dudune ing sapadha-padha.

Lambange godhong akèh sêmpal, têgêse bilai awit saka dialakake ing wong akèh, lan kêrêp diapusi.

Ruwate sarana sêsaji kêmiri 100 iji lan ares-aresan, tindhihe 100 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 40 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana nandura gêdhang.

2. Yèn lara tambane lêri bungkak, utawa brambang lan kunci.

Wariga gêmêt sajroning wuku Marakèh.

Kang bêcik: nênandur, masang tumbal, andadaniandandani. omah, mangun pakarangan.

Kang ala: anggaota, asih-asihan, alih-alihan.

Kala ana lor bênêr, madhêp mangidul bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Lêgi, Brama, Dadi, Mawulu, aras pêpêt, sumur sinaba, macan katawan, srigati tumurun ing desa Kalimarga anjujug ing taman. Rahayu, nandura pala brungkah lan pala kirna.

2. Sênèn Paing, Kala, Dangu, Tungle, lakuning lintang, bumi kapêtak, nuju padu. Barang gawe bêcik, lan angguntur omah bêcik uga, purnama siddhi.

3. Sêlasa Pon, Uma, Jagur, Aryang, aras pêpêt, satriya wibawa, sanggar waringin. Aja lunga-lunga kalaran ing paran.

4. Rêbo Wage, Sri, Gigis, Wurukung, aras tuding, satriya wibawa, macan katawan, sarik agung. Rahayu ana wong dêdana, tur agung rêjêkine, nanging lêlungan ala, uring-uringên watake.

5. Kêmis Kliwon, Indra, Kerangan, Paningron, lakuning banyu, bumi kapêtak, kala tinantang, mêmundhuta rahayu ing dalan, nambani wong lara waras, guntur omah bêcik.

6. Jum'at Lêgi, Guru, Nohan, Uwas, aras tuding, satriya wirang, sanggar waringin. Masanga piranti, bancang rajêg piwulang bêcik kabèh.

7. Sabtu Paing, Yama, Wogan, Mawulu, lakuning gêni, satriya wibawa, macan katawan, sumêngkaning asu ajag. Lêlungana rahayu slamêt.

--- 41 ---

19. WUKU TAMBIR

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Siwah, watake ing tata lair seje lan batine. Manuke Prênjak, gêgêndhungan bêbudène kumalungkung lan dhêmên gawe warta pangeram-eram, tur wêruh ing wêwadi lan wêruh ing wangsit. Kayune Upas, ora kêna ingauban, kumênyas barang wicarane. Gêdhonge têlu minêp kabèh, kumêt, onêng asih ing dewane.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kêna ing pasangan.

Tulak slamêtana: sêga pulên dangdangan bêras sapitrah, iwake bèbèk lan pitik, dipindhang duduh putih lan duduh abang, nganggo ambêngan timun watang 25 iji, salawate pangot waja lan dom siji, dongane slamêt pina.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane gajah mêta ana ing cancangan, watake gêdhe prabawane, lan gedhe nêpsune, nanging akèh pêpagêre ing awake.

Lambange awak lêsu, têgêse bilai awit saka tininggal ing sandhang pangane.

Ruwate sarana sêsaji timun 25 iji, lan ares-aresan, tindhihe dom 100 iji lan pangot waja sarakit. Banjur kasidhêkahake.

--- 42 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana ngunggahna bunyu.banyu.

2. Yèn lara tambane sunti winor jamu, utawa godhong ranti.

Wariga gêmêt sajroning wuku Tambir.

Kang bêcik: lunga dagang, golèk pangupajiwa, nandur pala kirna, nancêbake turus.

Kang ala: lunga tirakat, anggêguru pangawikan, mangsah prang.

Kala ana ing kidul kulon marêp mangalor ngetan, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Pon, Rudra, tungle, aras kêmbang, bumi kapêtak, nuju padu, sapi gumarang tumurun ing sawah. Ala barang gawe, aja lunga-lunga, anêmu kala.

2. Sênèn Wage, Brama, Wurung, Aryang, lakuning gêni, wasesa sagara, sanggar waringin, sampar wangke (ringkêl jalma). Wêca rahayu, bêgjane têka sadina iki, cêpak ing rêjêki arta lan bêras pari.

3. Sêlasa Kliwon, Kala, Dadi, Wurukung, aras tuding, sumur sinaba, nuju pati. Anggara Kasih kawitane masa wuku karo utawa kawolu. Rahayu, nandura pala gumantung lan ambêburua gêlis olèh, pamindhahan malaekat.

4. Rêbo Lêgi, Uma, Dangu, Paningron, aras kêmbang, sumur sinaba, kala tinantang. Ala, aja lunga-lunga tinut buri ing lara agung, pamindhahan dunya.

5. Kêmis Paing, Sri, Jagur, Uwas, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Ala, nanging lêkasa ngurit gadhu bêcik lan winiha ambêdhah sawah bêcik.

6. Jum'at Pon, Indra, Gigis, Mawulu, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, macan katawan. Rahayu, lêlungana sinung cêpak rêjêkine, lan lulut boga paringe.

7. Sabtu Wage, Guru, Kerangan, Tungle, lakuning lintang, satriya wirang, nuju padu, sumêngkaning cèlèng têmbalung. Wêca rahayu sêngkuta barang gawene, awèh pangan padha suka, purnama siddhi.

--- 43 ---

20. WUKU MÊDHANGKUNGAN

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Basuki, putus ing pamicara, narima ing titah, mantêp budine. Manuke Pêlung, dhêmên saba ing banyu, pikire katêmu ing buri. Kayune Plasa, dadi kêmbanging alas, yèn ana ing nagara ora ana gawene. Gêdhonge ana ing dhuwur, angluhurake kadunyane.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kacidra ing wayah bêngi, sarana kasuduk.

Tulak slamêtana: sêga punar dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik wiring kuning lan jênang abang, kawêtokake pinuju barêng lan wêtone, salawate 5 kèthèng, dongane umur.

Pacandran lan pralambange.

Candrane Brêkutut mencok pucaking gunung, watake ngungasake tadhane, ing satêmah dadi nistha, lan atine rêrênggi, amarga ora sukuran atine.

Lambange baya ngurag, têgêse bilai saka ênggone mada kawongan têmah anêmu papa.

Ruwate sarana sêsaji klayu satampah, lan ares-aresan, tindhihe 10 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 44 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola kayu.

2. Yèn lara tambane jae winor jamu, utawa jae lan sunthi.

Wariga gêmêt sajroning wuku Mêndhangkungan

Kang bêcik: alakirabi, saha ngadêkake omah, lêlungan, golèk sarana.

Kang ala: nandukake parapadu, anyidra.

Kala ana ing wetan bênêr, marêp mangulon bênêr, sajroning pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Kliwon, Yama, Nohan, Aryang, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja, kuthilapas tumurun ing sêndhang. Masanga wisaya, lan tumbal wurungan sêsirêp, padha becik, tuwin ambêburua bêcik.

2. Sênèn Lêgi, Rudra, Wogan, Wurukung, lakuning angin, tunggak sêmi, nuju pati, sumêngkaning srigati rahayu, ngunggahna pari maring lumbung brêkat, srigati mandhuwur.

3. Sêlasa Paing, Brama, Tulus, Paningron, aras kêmbang, satriya wirang, kala tinantang. Masanga tumbal lan sasanga tumbak bêcik, myang masanga tumbal sawah bêcik.

4. Rêbo Pon, Kala, Wurung, Uwas, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja. Ala barang karya, pitnah têka, beda ujar pinajarake.

5. Kêmis Wage, Uma, Dadi, Mawulu, aras kêmbang, tunggak sêmi, nuju pati. Rahayu lêlungana ana boga ngadhang dalan.

6. Jum'at Kliwon, Sri, Dangu, Tungle, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, kala tinantang. Ala, lurua upas mandi, lan angadoni upas bêcik.

7. Sabtu Lêgi, Indra, Jagur, Aryang, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja. Rahayu, guntur omah bêcik, amêmundhuta padha suka.

--- 45 ---

21. WUKU MAKTAL

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Sakri, bantêr atèn-atène mantêp ing sabarang, kayune Nagasari luwih bagus warnane, arum wicarane, tur pinilala ing wong agung. Manuke Ayam-alas, kinasihan ing wong agung, kêsit budine, arum manis wicarane, kanggêp pangawulane, luhur piangkuhe, gêdhe daulate. Gêdhonge tinumpangan umbul-umbul, sugihe barêng lan kasinggihane.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine têtukaran.

Tulak slamêtana: sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwak pitik lan bèbèk, diolah warna loro, pinindhang lan linêmbarang, ujube mêmule gusti rasul, salawate 4 kèthèng, dongane rasul.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane gunung guntur, watake wicarane siya marang sapadha-padha, nanging ing têmbe yèn wis tuwa kasinungan bêcik atine.

Lambange macan lupa, têgêse bilai awit sinaèng ing wong agung.

Ruwate sarana sêsaji manggis 30 iji, lan ares-aresan, tidhihe 6 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 46 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola salaka.

2. Yèn lara tambane talês winor jamu.

Wariga gêmêt sajroning Wuku Maktal.

Kang bêcik: duwe gawe amêmantu, nêkakake wong sambatan dandan-dandan amuja katarima.

Kang ala: lêlungan, ngalih panggonan, amantokake.

Kala ana ing lor wetan marêp mangidul ngulon, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Paing, Guru, Gigis, Wurukung, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, nuju pati, asu ajag tumurun ing sawah. Ala aja lunga-lunga kaparag lumpuh.

2. Sênèn Pon, Yama, Kerangan, Paningron, aras tuding, sumur sinaba, kala tinantang, sumêngkaning sapi gumarang. Ala ayu, aja lunga-lunga, nanging dandan-dandan singa pagawean lêlimpèn kanan.

3. Sêlasa Wage, Rudra, Nohan, Uwas, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Ala aja lunga-lunga, ana gêring nututi, lan pangadhanganing satru, awake kabèh dadi kala.

4. Rêbo Kliwon, Brama, Wogan, Mawulu, lakuning srêngenge, lêbu katiyub angin, nuju padu. Rahayu marangana padha suka akèh palane.

5. Kêmis Lêgi, Kala, Tulus, Tungle, lakuning lintang, satriya wibawa, sanggar waringin. Ala ayu, yèn lêlungan ala, wêkasan lara ing paran.

6. Jum'at Paing, Uma, Wurung, Aryang, lakuning srêngenge, tunggak sêmi, mantri sinaroja. Ala, aja lunga-lunga, tukaran ana ing dalan.

7. Sabtu Pon, Sri, Dadi, Wurukung, lakuning banyu, wasesa sagara, nuju pati. Rahayu marangana padha suka.

--- 47 ---

22. WUKU WUYE

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Kuwera, bisa ambêbungah atining wong, kêncêng anggawokake wicarane, tambuh ing rame, lan karêm ing kaprajuritan, parentahe awor cugêtan, putungan atèn, nanging ora lana, lan awas marang panggawe rahayu. Amasang kêris ligan ing dagan, prayitna tur landhêp atine. Gêdhonge malumah ana ing ngarêp, rila ing kêkasihane, barang darbèke marang kang dadi karujukane wis ora nganggo dièngêtake luwih rilane sarta pracayane, nanging sok mutung. Kayune Tal, dawa umure, gêdhe daulate, luwih butarêpane, ora karêm ing karamean.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine katêluh lan kataragnyana.

Tulak slamêtana: tukon pasar sawarnane, lan sakèhing juwadahan, pangaji satak sawe, êntèkna kabèh, kang tinuku dhisik madu bakal ginawe salawat, dongnedongane. tulak bilai.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane bêdhil muni kukus awor lan nal, watake rada pakewuh, angèl bêbudène tanpa dadi ênggone pêrang pamikir.

Lambange pasangane manuk, têgêse bilai saka kêgêdhèn pangaruh.

Ruwate sarana sêsaji kacang dundungan 6 têkêm, lan ares-aresan, tindhihe 7 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 48 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate ado'aadola. salaka.

2. Yèn lara tambane bayêm winor jamu.

Wariga gêmêt sajroning wuku Wuye.

Kang bêcik: golèk manuk, nênandur, mêmule kaduluran, lungaa golèk rêjêki.

Kang ala: lêlungan adoh, angapus-apusi.

Kala ana ing kulon bênêr, marêp mangetan bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Wage, Indra, Dangu, Paningron, lakuning angin, satriya wibawa, kala tinantang, cèlèng têmbalung tumurun ing sawah. Wêca rahayu, mitoni bocah luwih bêcik, awèh pangan wong patang puluh yêkti katarima.

2. Sênèn Kliwon, Guru, Jagur, Uwas, aras kêmbang, satriya wirang, macan katawan, sumêngkaning kuthilapas, taliwangke. Ala, aja lêlungan anêmu wirang ing paran, lan ana kala têluh.

3. Sêlasa Lêgi, Yama, Gigis, Mawulu, lakuning gêni, wasesa sagara, nuju padu, srigati tumurun ing desa Bèji anjujug ing kandhang. Nandura pala kêpêndhêm gêlis kabukti uwohe, srigati ana ing ngisor.

4. Rêbo Paing, Rudra, Kerangan, Tungle, lakuning banyu, wasesa sêgara, sanggar waringin. Rahayu agawea wisaya, jala sèsèr sapanunggalane, sarta gawe tumbal sawah bêcik.

5. Kêmis Pon, Brama, Nohan, Aryang, lakuning srêngenge, satriya wirang, macan katawan. Bêcik, anjaringa angraguma, lan ngupaya manuk gêlis olèh, lêlungan ana rêjêki mara.

6. Jum'at Wage, Kala, Wogan, Wurukung, aras kêmbang, sumur sinaba, nuju pati. Rahayu, ngadonana upas bêcik, sidhêkaha padha suka, pamindhahan malaekat.

7. Sabtu Kliwon, Uma, Tulus, Paningron, lakuning bumi, tunggak sêmi, sanggar waringin. Rahayu angguntura omah bêcik, lan gawe ragi manis kaduluran, pamindhahan dunya.

--- 49 ---

23. WUKU MANAIL

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Citragotra, angluhurake awake, pintêr ngumpuli ing rame, nanging angkuh, agung jaga-jaga, bela tanpa pambêkane. Mangku tumbak ligan, prayitna landhêp atine. Kayune Têgaron, mung angrêgêngi alas, sathithik gawene, nanging wulêd bêbudène. Manuke Sêpahan, akêsit budine, tur lêmbut barang pikire, akêdhik pangane. Angungkurake banyu ing jêmbangan, andhap asor parentahe, nanging ora nganggo pangkat.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kêna ing gêgaman.

Tulak slamêtana: sêga liwêt bêras sapitrah, pitik sawayahe, lan iwak loh, janganan kang pêpak, sambêl gèpèng, salawate 9 kèthèng, dongane slamêt tulak bilai.

[Grafik]

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane lintang awor lan mêndhung, watake angucira ing gawe, cat katon cat ora, sok srêgêp sok kêsèd. Lambange wiji kapapas, têgêse bilai lagi bêcik awake nuli katêkan bilai.

Ruwate sarana sêsaji kapundhung satampah, lan ares-aresan, tindhihe 9 picis banjur kasidhêkahake.

--- 50 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola pêdhang kêris.

2. Yèn lara tambane kacang winor jamu.

Wariga gêmêt sajroning wuku Manail.

Kang bêcik: lunga golèk tamba utawa sarat, gawe bêndungan, bêbakal kuburan, nindakake parapadu.

Kang ala: nibakake wiji, apèk wiji, mêmantu, anggaota.

Kala ana ing kidul wetan marêp mangalor ngulon, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Lêgi, Sri, Wurung, Uwas, aras pêpêt, sumur sinaba, macan katawan. Uwas pangantèn, ambêburua anjaringa gêlis olèh.

2. Sênèn Paing, Indra, Dadi, Mawulu, lakuning lintang, bumi kapêtak, nuju padu, sumêngkaning asu ajag. Lêlungana êndi kang sinaba mawuh, lan nandur kêmbang pulu dadi.

3. Sêlasa Pon, Guru, Dangu, Tungle, aras pêpêt, satriya wibawa, sanggar waringin, sapi gumarang tumurun ing ara-ara. Ala, aja lunga-lunga anêmu kala.

4. Rêbo Wage, Yama, Jagur, aras tuding, satriya wibawa, macan katawan. Rahayu, ngupaya sandhang pangan bêcik, lan nandur cikal bêcik.

5. Kêmis Kliwon, Rudra, Gigis, Wurukung, lakuning banyu, bumi kapêtak, kala tinantang. Gawea cundhik utawa kabuwanan, cahya murka rahayu.

6. Jum'at Lêgi, Brama, Kerangan, Paningron, aras tuding, satriya wirang, sanggar waringin. Lêlungana ana rêjêki ngadhang ing dalan, mentara aja suwe rêjêkine ngadhang.

7. Sabtu Paing, Kala, Nohan, Uwas, lakuning gêni, tunggak sêmi, macan katawan. Rahayu, nandura gêdhang, uwi, gêmbili, kimpul, kênthang panuju bêcik kabèh.

--- 51 ---

24. WUKU PRANGBAKAT

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Bisma, kakon-atèn anggarêgut, watake trangginas ing gawe, tur isinan, angatokake wataking prajurit lumaku tinuduh aprang, sabarang budi ora ana kang dipakewuhake, kêncêng pangkat pamicarane. Sikile kang têngên kêkobok banyu ing jêmbangan, parentahe adhêm ngarêp panas ing buri. Kayune Tirisan, dawa umure, cukup lumintu sandhang pangane, kukuh bakuh piangkuhe. Manuke Urang-urangan, kêbat sabarang gawe.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine saka mêmènèk utawa saka polahe dhewe. Tulak slamêtana: sêga tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwak sapi diolah jêjatah (sate) bumbu manis, janganan kang pêpak, salawate pacul, dongane slamêt pina.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane wêsi katên purasari, watake isinan puguh kaku, drêman ing ilmu tur alus suci atine.

Lambange waringin sêmpal dening prahara, têgêse bilai jalaran dialakake ing sanak kancane.

Ruwate sarana sêsaji rambutan satampah, lan ares-aresan, tindhihe wêsi galigèn. Banjur kasidhêkahake.

--- 52 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana ahlia mêmarang.

2. Yèn lara tambane bênguk winor jamu.

Wariga gêmêt sajroning wuku Prangbakat.

Kang bêcik: anggaota samaran, rawat ing pasimpênan, mêminta padagangan, matrap paukuman.

Kang ala: lêlungan, ngadêgake omah, nandur kitri, golèk pagawean, nambani wong lara.

Kala ana ing ngisor marêp mandhuwur, sajrone pitung dina aja tumurun mangisor.

1. Ahad Pon, Uma, Wogan, Mawulu, aras kêmbang, bumi kapêtak, nuju padu. Ala, aja lêlungan arêp katêmpuh ing gêring.

2. Sênèn Wage, Sri, Tulus, Tungle, lakuning gêni, wasesa sagara, sanggar waringin, sumêngkaning cèlèng têmbalung. Rahayu, ing dina iki têkaning rêjêki, mas picis padha adulur, bocah lair bêcik sugih.

3. Sêlasa Kliwon, Indra, Wurung, Aryang, aras tuding, sumur sinaba, nuju pati, kuthilapas tumurun ing têgal, Anggara Kasih kawitane masa wuku katiga utawa kasanga. Ala aja lunga-lunga, kandhêg dening lara gêdhe, mung ngundhuh pala bêcik.

4. Rêbo Lêgi, Guru, Dadi, Wurukung, aras kêmbang, sumur sinaba, kala tinantang, sumêngkaning srigati. Rahayu ngunggahna pari maring lumbung bêcik, srigati mandhuwur.

5. Kêmis Paing, Yama, Dangu, Paningron, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Ala aja lunga-lunga pangadhanganing satru.

6. Jum'at Pon, Rudra, Jagur, Uwas, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, macan katawan. Ala uga, aja lunga-lunga kalaran ing paran.

7. Sabtu Wage, Brama, Gigis, Mawulu, lakuning lintang, satriya wirang, nuju padu. Rahayu, ana bêgja gêdhe têka, sinung cukup picis lan rêjêki, lêlungana kêtêmu kang pinaran.

--- 53 ---

25. WUKU BALA

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Bathari Durga, karêm agawe gora-godha, kêkês giris miris kang krungu, watak jail, karêm angubungi ing kadursilan, ora ana kang dikeringi, luwih rosa yèn lumaku silib.

Kayune Cêmara, rame wicarane, ora kêna ingauban, panas parentahe nanging kèdhêp. Manuke Ayam-alas, kêsit budine, tur cêdhak maring wong agung, luhur piangkuhe, akèh daulate, lan kanggêp pangawulane. Gêdhonge ana ing ngarêp, angatokake kasugihane.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine katêluh lan kêna ing upas.

Tulak slamêtana: tumpêng dangdangan bêras sapitrah, janganan warna 7, iwake panggang pitik irêng mulus salawate 40 kèthèng, dongane rajukna.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane udan salah masa, watake ora kêna tinangguh bêbudène salah candhak ênggone ngupaya pangan, malah lara kasurang-surang.

Lambange pandhita angluwe, têgêse bilai yèn kawiyak wadine.

Ruwate sarana sêsaji kara satampah, lan ares-aresan, tindhihe 7 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 54 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola sêga.

2. Yèn lara tambane wijèn sawit winor jamu.

Wariga gêmêt sajroning wuku Bala.

Kang becik: tilik misan mitra, amèt saraya mirukunake pawong, rêrêmbugan sabiyantu.

Kang ala: mêdharake pangawikan, ambabar pangajaran, dandan-dandan.

Kala ana ing lor kulon marêp mangidul ngetan, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Kliwon, Kala, Kerangan, Tungle, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Bêcik uga, ngulatana wong minggat kêtêmu.

2. Sênèn Lêgi, Uma, Nohan, Aryang, lakuning angin, tunggak sêmi, nuju pati, sampar wangke (ringkêl jalma). Rahayu lêlungana ana bêgja bukti ngadhang ing dalan, sarta gêlis têkane.

3. Sêlasa Paing, Sri, Wogan, Wurukung, aras kêmbang, satriya wirang, kala tinantang, asu ajag tumurun ing têgal. Gawea bancang palantih, kawisayan landhêpan.

4. Rêbo Pon, Indra, Tulus, Paningron, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja, sumêngkaning sapi gumarang, sarik agung. Lêlungana nêmu bêgja bukti ngadhang ing dalan, pamindhahan malaekat.

5. Kêmis Wage, Gurit, Wurung, Uwas, aras kêmbang, tunggak sêmi, nuju pati. Marangana padha suka, gawe sumur gêlis kêbak banyune, pamindhahan dunya.

6. Jum'at Kliwon, Yama, Dadi, Mawulu, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, kala tinantang. Pangadhanganing satru aja lunga-lunga.

7. Sabtu Lêgi, Rudra, Dangu, Tungle, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja. Rahayu lêlungana slamêt ing paran.

--- 55 ---

26. WUKU WUGU

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Singajalma, ajêmbar budine, lêpas kawruhe, sugih barang pangawikan, nanging darbe budi rêrênggi, luwês mêmês andhap asor, nanging srèi, luwih prayitna ing lair nanging sajroning ati kurang sujana. Kayune Wuni, anêdhêng uwohe, singa ndulu kaya anyidham, nanging yèn wis kêlakon mangan ewa atine, nanging akèh rêjêkine. Manuke Kapodhang, luwih butarêpane, ora kêna kumpul ing êkèh, amarga mung mikir karêpe dhewe. Gêdhonge minêp ana ing buri, watake kumêt.

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kacakot ing ula.

Tulak slamêtana: sêga pulên dangdangan bêras sapitrah, lan juwadah sawarnane, tukon pasar, iwake bèbèk putih sajodho linêmbarang, salawate 10 kèthèng, dongane slamêt kabula.

[Grafik]

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane awang-uwung, watake ewuh kêkarêpane, nanging jêmbar budi lan jêmbar polatane.

Lambange kêluyu kêrah padha uwong, têgêse bilai jalaran tukar lan sanak kadange.

Ruwate sarana sêsaji kimpul satampah, lan ares-aresan, tindhihe 10 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 56 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana blantika jaran.

2. Yèn lara tambane têbu irêng winor jamu.

Wariga gêmêt sajroning wuku Wugu.

Kang bêcik: dandan-dandan omah, duwe gawe mantu, lunga golèk rêjêki, nandur pala kêpêndhêm.

Kang ala: amêmitran sulaya ing têmbe, arêrukunan golèk pangan.

Kala ana ing kidul bênêr marêp mangalor bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Paing, Brama, Jagur, Aryang, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, nuju pati, kala Dite. Ala, yèn lêlungan katêkan pitênah, dadi lara ana ing paran.

2. Sênèn Pon, Kala, Gigis, Warukung,Wurukung (dan di tempat lain). aras tuding, sumur sinaba, kala tinantang. Lêlungana ana bukti ngadhang ing dalan, tur gêlis têkane, tilawata bêcik.

3. Sêlasa Wage, Uma, Kerangan, Paningron, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja, cèlèng têmbalung tumurun ing ara-ara. Rahayu lêkasa winih ngurit bêcik.

4. Rêbo Kliwon, Sri, Nohan, Uwas, lakuning srêngenge, lêbu katiyub angin, nuju padu, sumêngkaning kuthilapas. Ala pangadhanganing satru, kêna tanpa malês.

5. Kêmis Lêgi, Indra, Wogan, Mawulu, lakuning lintang, satriya wibawa, sanggar waringin, srigati tumurun ing desa Boga anjujug ing lumbung. Nandura pala brungkah, lan pala kapêndhêm, iku bêcik, srigati mangisor.

6. Jum'at Paing, Guru, Tulus, Tungle, lakuning srêngenge, tunggak sêmi, mantri sinaroja. Rahayu, gawea sumur kêbak banyune, lêlungana marangana padha rahayu.

7. Sabtu Pon, Yama, Wurung, Aryang, lakuning banyu, wasesa sagara, nuju pati. Lêlungana bêcik, slamêt ing paran, lan guntur omah bêcik uga.

--- 57 ---

27. WUKU WAYANG

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Bathari Sri, yèn lanang bagus, yèn wadon ayu warnane, tansah prihatin, anggung nastapa, wêlasan pambêkane, pradhah ing bojakramane tur nastiti, arum manis adhêm parentahe, luwês amêmês sasolahe, akèh kayungyun kang mulat. Kayune Cêpaka, rêsêp kang andulu. Manuke Ayam-alas, pinilala ing wong agung, arum manis ujare, gêdhe daulate, kêsit budine. Banyu ing jêmbangan ana ing ngarêpe lan lungguh bayu ing bèji, rila ing dunya nanging kudu katingalake kabêcikane, murah sandhang pangane. Angrakit kêris ligan, prayitna landhêp atine, parentahe gampang ngarêp angèl ing buri.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kacidra.

Tulak slamêtana: tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwak wêdhus kêndhit diolah kang samêkta, juwadah kang prayoga, lan iwak pitik diolah kang samêkta, janganan kang pêpak, salawate 4 kèthèng, dongane bumi.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane damar murub ana ing bumi, watake bisa madhangake ati susah, rêsik tur suci ing budi, têmah yuwana sugih sarta têrang 'ilmune.

LambaneLambange. mega kang lumaku, lan patine banthèng alasan, têgêse bilai saka pêtêng atine, amarga kabeka sanak kadange.

Ruwate sarana sêsaji pêlêm kang manis-manis satampah, lan ares-aresan, tindhihe 8 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 58 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana dadia jogèd.

2. Yèn lara tambane kacipir.

Wariga gêmêt sajroning wuku Wayang.

Kang bêcik: golèk rêjêki anggêguru pangawikan, ulah kawignyan.

Kang ala: lunga tilik wong lara, ngadan-adani, mangsah prang.

Kala ana ing dhuwur marêp mangisor, sajroning pitung dina aja sumêngka mandhuwur.

1. Ahad Wage, Rudra, Dadi, Wurukung, lakuning angin, satriya wibawa, kala tinantang. Barang gawe bêcik, rahayu nanging doracara ala.

2. Sênèn Kliwon, Brama, Dangu, Paningron, aras kêmbang, satriya wirang, macan katawan. Ala aja lunga-lunga, ana kala ngadhang ing dalan gêdhe, dumadi kalaran.

3. Sêlasa Lêgi, Kala, Jagur, Uwas, lakuning gêni, wasesa sagara, nuju padu, taliwangke. Lêlungana ana bukti ngadhang ing dalan, sarta kêtêmu Sri. Kang sêtêngah ala aja lêlungan katiwasan, nanging gêlis rêjêkine.

4. Rêbo Paing, Uma, Gigis, Mawulu, lakuning banyu, wasesa sagara, sanggar waringin, sumêngkaning asu ajag. Rahayu, nanging lêlungan ala kêna lara ana ing paran.

5. Kêmis Pon, Sri, Kerangan, Tungle, lakuning srêngenge, satriya wirang, macan katawan, sapi gumarang tumurun ing alas. Rahayu, lêlungana ana bukti ngadhang ing dalan, tur ora suwe.

6. Jum'at Wage, Indra, Nohan, Aryang, aras pêpêt, sumur sinaba, nuju pati. Ala, ringkêl gulu sasigar, lan ringkêl wuku sasigar, aja lunga-lunga kalaran ing paran.

7. Sabtu Kliwon, Guru, Wogan, Wurukung, lakuning bumi, tunggak sêmi, sanggar waringin. Ala barang gawe, nanging masanga piranti tumbal bêcik.

--- 59 ---

28. WUKU KULAWU

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Saddhana, kukuh tatag pambêkane tur tanggon, watak wêlasan, bisa ambungahake sapêpadhane. Kayune Tal, dawa umure, gêdhe daulate, tur luwih kuwat. Manuke Nori, luwih boros tarabas ora bisa sêsimpên. Gêdhonge ana ing ngarêp, akèh bêgjane. Gêdhe budine, paradhah rila ing dunyane. Lungguh ing banyu satêpining bèji, watak ayêman, adhêm sabarang parentahe. Angungkurake lêlandhêp, rada kêthul atine, ananging barès ora darbe sigên.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kêna ing upas lan kacakot ing ula.

Tulak slamêtana: sêga golong dangdangan bêras sapitrah, iwake pitik lan bèbèk padha ulês abang, lan iwak loh, diolah sakarêpe, salawate 5 kèthèng, dongane kabula.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane bun tumètès ing sandhang, watake kawitane miskin nanging wêkasane dadi sugih.

Lambange rabia maning, têgêse awèt lamun wêwayuhan, kaya manuk Dewata sarumpule.

Ruwate sarana sesaji waluh loro ingêdang ing jêro ginulan, lan ares-aresan, tindhihe 4 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 60 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola dom.

2. Yèn lara tambane sabarang waluh.

Wariga gêmêt sajroning wuku Kulawu.

Kang bêcik: nambani wong lara, palakrama wêwayuhan, amêmitran rêrukunan.

Kang ala: lêlungan adoh, alih-alihan, ambukak alas.

Kala ana ing lor bênêr marêp mangidul bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Lêgi, Yama, Tulus, Paningron, aras pêpêt, sumur sinaba, macan katawan. Rahayu, nambanana wong lara waras, lan têtukua pitik iwèn bêcik.

2. Sênèn Paing, Rudra, Wurung, Uwas, lakuning lintang, bumi kapêtak, nuju padu. Rahayu, nambanana wong lara waras, mulya tur tijab, nambani sato lara waras.

3. Sêlasa Pon, Brama, Dadi, Mawulu, aras pêpêt, satriya wibawa, sanggar waringin. Ala, aja lunga-lunga, katêmpuh ing lêlara.

4. Rêbo Wage, Kala, Dangu, Tungle, aras tuding, satriya wibawa, macan katawan, sumêngkaning cèlèng têmbalung. Ala ayu, aja lunga-lunga diadhang ing satru, nanging amèta pawong mitra suka asih.

5. Kêmis Kliwon, Uma, Jagur, Aryang, lakuning banyu, bumi kapêtak, kala tinantang, kuthilapas tumurun ing alas. Ala uga, aja lêlungan pangadhanganing satru, kêna tanpa malês, nanging ngunggahake pari maring lumbung bêcik.

6. Jum'at Lêgi, Sri, Gigis, Wurukung, aras tuding, satriya wirang, sanggar waringin, sumêngkaning srigati. Rahayu, nandura pala kabrungkah mukti, srigati mangisor, pamindhahan dunya.

7. Sabtu Paing, Indra, Kerangan, Paningron, lakuning gêni, satriya wibawa, macan katawan. Barang gawe becik, lêlungana salamêt.

--- 61 ---

29. WUKU DHUKUT

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Baruna, wantêr kêras budine, watake prajurit, antêpan lan wasis panggalihe, ora pêgat ing kasujanane. Manuke Ayam-alas, pinilala ing wong agung, kanggêp pangawulane, arum manis wicarane, luhur piangkuhe, gêdhe daulate. Ngarêpake kêris ligan, prayitna landhêp panggraitae,panggraitane. barang katon kapengin. Kayune Pandhan-wangi, kiwa ênggone èpèh tan kêna pinarêkan. Angungkurake gêdhong, gêmi agung kasugihane, lan akèh wong asih.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine ana satêngahing paprangan.

Tulak slamêtana: tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwake panggang pitik putih mulus, lan pitik barumbun, salawate satak sawe kèthèng, dongane slamêt pina.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane tunggul asri sinêngkêr ing nata, watake bagus warnane, lan gêmi prawira ing lungid, nanging cacade wêdi lan isin ing paprangan.

Lambange kitri kang tinata, têgêse yèn tininggal ing gusti utawa wong tuwane, bilai malarat.

Ruwate sarana sêsaji pare wêlut wutuhan kinulup satampah, lan ares-aresan, tindhihe 6 picis. Banjur kasidhêkahake.

--- 62 ---

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola gêgodhongan.

2. Yèn lara tambane lampês sawit.

Wariga gêmêt sajroning wuku Dhukut.

Kang bêcik: dandan-dandan, mêmangun kitri, karang kirna golèk pawèstri, gawe tamba lan sarat.

Kang ala: lunga golèk pangupajiwa, anggêguru pangawikan.

Kala ana kidul kulon marêp mangalor ngetan, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Pon, Guru, Nohan, Uwas, aras kêmbang, bumi kapêtak, nuju padu. Rahayu, tukua kêbo sapi olèh tur bêcik, ambêburua gêlis olèh.

2. Sênèn Wage, Yama, Wogan, Mumulu,Mawulu. lakuning gêni, wasesa sêgara, sanggar waringin. Rahayu, lêlungana kawuwuhan rêjêki, bocah lair ana pangane, asunga pangan wong bêcik.

3. Sêlasa Kliwon, Rudra, Tulus, Tungle, aras tuding, sumur sinaba, nuju pati, Anggara Kasih kawitane masa wuku kapat utawa kasapuluh. Ala aja lêlungan kaadhang kala ana ing dalan, lan kajêmalan tangan, poma diprayitna.

4. Rêbo Lêgi, Brama, Wurung, Aryang, aras kêmbang, sumur sinaba, kala tinantang. Rahayu têmên, mundhuta guntur omah salamêt.

5. Kêmis Paing, Kala, Dadi, Warukung, lakuning bumi, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja, asu ajag tumurun ing sawah. Rahayu, mêmarangana padha suka, lan barang gawe bêcik.

6. Jum'at Pon, Uma, Dangu, Paningron, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, macan katawan, sumêngkaning sapi gumarang. Rahayu, padha ngurita wong tani, gênah olèhe pari.

7. Sabtu Wage, Sri, Jagur, Uwas, lakuning lintang, satriya wirang, nuju padu. Barang gawe ala, aja lunga-lunga.

--- 63 ---

30. WUKU WATUGUNUNG

Padewan lan upacarane.

Dewane Sang Hyang Anantaboga lan Sang Hyang Bathari Nagagini, Sang Hyang Anantaboga akèh karêpe tansah prihatinan, gung nantang catur lumuh kaungkulan. Sang Hyang Bathari Nagagini, kêmaron sih, lan angajab luputing uwong, gugon-tuhon tur manutan. Kayune Wijayakusuma, bagus warnane, sumingkir ing karameran,karamean. wingit wicarane. Manuke Gogik, gêdhe butarêpane, tambuh ing rame. Angarêpake candhi, karêm saba ing asêpi, mungguh amandhita ana darajate, dhêmên mangun samadi, nanging prihatinan.

[Grafik]

Kabilaèn lan tulak slamêtane.

Bilaine kapusara lan kinaniaya.

Tulak slamêtana: tumpêng dangdangan bêras sapitrah, lawuhane iwak buron dharat, buron mabur, lan buron lèng, kang padha khalal kabèh, wowohan, juwadah jênang kang pêpak, kuluban warna 7, salawate 19 kèthèng, dongane Mubarak.

Pacandran lan pralambange apadene pangruwate.

Candrane lintang lan wulan karainan, watake kasinungan cahya padhang atine. Lambange patining narendra yaksa, têgêse bilai kêna walat amarga saka tekade dhewe.

--- 64 ---

Ruwate sarana sêsaji gêdhang raja kang suluh satundhun, lan mundhu kang kuning satampah, sarta ares-aresan kang pêpak, sakèhing pala kapêndhêm, pala kasimpar lan pala gumantung, tindhihe satak sawe. Banjur kasidhêkahake.

Sarat pangupajiwa lan tamba lêlara.

1. Pakolèhing pangupajiwa sarate sarana adola bata.

2. Yèn lara tambane ranti sawit.

Warigagêmêt sajroning wuku Watugunung.

Kang bêcik: lunga golèk tamba, nandur sabarang, mêmitran bêbesanan dadi.

Kang ala: gawe pagêr pakarangan, sêsimpên ing parawatan.

Kala ana ing wetan bênêr, marêp mangulon bênêr, sajrone pitung dina aja marani ênggoning kala.

1. Ahad Kliwon, Indra, Gigis, Mawulu, lakuning lintang, lêbu katiyub angin, mantri sinaroja. Rahayu, tukua kêbo sapi jaran gêlis olèh.

2. Sênèn Lêgi, Guru, Kerangan, Tungle, lakuning angin, tunggak sêmi, nuju pati. Lêkasa ngurit, gênah olèhe pari.

3. Sêlasa Paing, Yama, Nohan, Aryang, aras kêmbang, satriya wirang, kala tinantang. Ringkêl jalma, aja lunga-lunga, kalaran ana ing paran.

4. Rêbo Pon, Rudra, Wogan, Wurukung, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja. Ala, poma aja lêlungan katiban tangan, aja pêpeka bumi pêpitu aras.

5. Kêmis Wage, Brama, Tulus, Paningron, aras kêmbang, tunggak sêmi, nuju pati, cèlèng têmbalung tumurun ing alas. Lêlungana tumêka ing paran tur slamêt, bocah lair ora kaêntèn sandhang pangan.

6. Jum'at Kliwon, Kala, Wurung, Uwas, lakuning rêmbulan, wasesa sagara, kala tinantang, sumêngkaning kuthilapas. Aja lunga-lunga, kalaran ing paran, aras sarupaning amun-amun.

7. Sabtu Lêgi, Uma, Dadi, Mawulu, lakuning rêmbulan, bumi kapêtak, mantri sinaroja, srigati tumurun ing desa Mêdhangwantu anjujug ing lêsung. Rahayu barang gawe bêcik, nandura pala kabrungkah mêtu.