Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Pawukon, Padmasusastra, 1903, #38

Katalog:Pawukon, Padmasusastra, 1903, #38
Sambung:-

--- 0 ---

Sêrat Pawukon

Saha panunggilanipun petang sanès-sanèsipun, kawêdalakên ing Pahêman Radyapustaka. Ingkang ngarang murih gampil sarta prayoginipun Ngabèi Wirapustaka taun 1833.

--- 1 ---

Windu

1. Ing ngandhap punika namaning windu sakawan sarta têgês, watêk tuwin lampahipun, kados ta:

Adi: têgêsipun linuwih, watêkipun: kathah wêwangunan enggal.

Kunthara: têgêsipun ulah, watêkipun kathah solahbawa anganyar-anyari.

Sêngara: têgêsipun: banjir, watêkipun: kathah toya utawi lèpèn agêng.

Sancaya: têgêsipun: sarawungan,watêkipun kathah tiyang saekapraya dados pawong mitra sae.

Ingkang lumampah salêbêtipun windu:

Adi: taun Alip ôngka: 1835 t/m 1842.

Kunthara: taun Alip ôngka: 1843 t/m 1850.

Sêngara: taun Alip ôngka: 1851 t/m 1858.

Sancaya: taun Alip ôngka: 1859 t/m 1866.

Mênggah lampahing windu wau ingkang kadamêl wiwit windu Adi kados ing nginggil punika, ing dalêm wolung taun gantos, wontên tanggal sapisan, wulan Sura taun Alip, makatên salajêngipun, bilih sampun kalampahan kawan windu utawi 32 taun, sampun sagêd tumbuk wangsul dhatêng windu Adi malih, botên wontên gèsèhipun,

--- 2 ---

saha sampun katêpangakên kalihan môngsa wuku, padewan, padangon, paringkêlan, sêngkan turunan, paarasan, pôncasuda, sarta wariga gêmêt, kalêbêtakên ing pawukon ugi, mênggah wariga gêmêt wau punika anggitipun para wali panjênênganipun Susuhunan Giri akalihan Susuhunan Kalijaga.

Taun

2. Ing ngandhap punika namaning taun sarta nêptunipun kangge ngupadosi dintên kalihan nêptuning wulan, pangetangipun bilih madosi dintên, kawiwitan saking dintên Rêbo, sarta bilih madosi pasaran, kawiwitan saking pasaran Wage, punika mênggah ing kurub Arbangiyah, kados ta:

Alip, nêptu 1-1 umur 354 dintên

Ehe, nêptu 5-5 umur 355 dintên

Jimawal, nêptu 3-5 umur 354 dintên

Je, nêptu 7-4 umur 355 dintên

Dal, nêptu 4-3 umur 354 dintên

Be, nêptu 2-3 umur 354 dintên

Wawu, nêptu 6-2 umur 354 dintên

Jimakir, nêptu 3-1 umur 355 dintên

--- 3 ---

Apalan kangge ngupadosi dintên = saptawara.

[Asmaradana]

Alip juga ngasmarani / Ehe gangsal nêptunira / Jimawal tri: Je saptane / Dal catur ing nêptunira / Be kêkalih nêptunya / Wawu nênêm kathahipun / Jimakir tri ing nêptunya //

Apalan kangge ngupadosi pasaran = pôncawara

[Mijil]

wijiling Alip nêptu sawiji / Ehe lima manggon / warsa Jimawal lima nêptune / Je catur: Dal nêptunipun katri / Be tri: Wawu kalih / Jimakir juga mung //

Purwaning Warsa

3. Ing ngandhap punika purwaning warsa (= Sura tanggal sapisan), salêbêtipun kurub Arbangiyah dhawah:

Alip, Rêbo Wage | Ehe, Ngahad Pon l Jimawal, Jumungah Pon | Je, Slasa Paing | Dal, Sêtu Lêgi | Be, Kêmis Lêgi | Wawu, Sênèn Kaliwon | Jimakir, Jumungah Wage

--- 4 ---

Sangaring Warsa

4. Ing ngandhap punika sangaring warsa (= Sura tanggal kaping 3) salêbêtipun kurub Arbangiyah dhawah:

Alip, Jumungah Lêgi l Ehe, Slasa Kliwon l Jimawal, Ngahad Kaliwon l Je, Kêmis Wage l Dal, Sênèn Pon l Be, Sêtu Lêgi l Wawu, Rêbo Paing l Jimakir, Ngahad Lêgi.

Kunarpaning warsa

5. Ing ngandhap punika kunarpaning warsa (= Bêsar tanggal kaping 29-30) salêbêtipun kurub Arbangiyah dhawah:

Alip, Sêtu Paing | Ehe, Kêmis Paing | Jimawal, Sênèn Lêgi | Je, Jumungah Lêgi | Dal, Rêbo Kliwon | Be, Ngahad Wage | Wawu, Kêmis Pon | Jimakir, Slasa Pon.

--- 5 ---

Pati uriping sasi (afd taun)

6. Ing ngandhap punika pêjah gêsanging wulan ing dalêm sawindu 1 t/m 8 têgêsipun, Alip, dumugi Jimakir utawi 1 t/m 12 têgêsipun, Sura dumugi Bêsar kados ta:

Têgêsipun: Alip 1 en 6. 11 punika wulan ingkang sae (= gêsang) salêbêtipun taun Alip, namung wulan Sura, sarta ingkang awon (= pêjah) namung wulan Siyam sarta Dulkangidah, sanèsipun wulan têtiga punika botên kacariyos, dados botên awon, botên sae, makatên sapiturutipun.

--- 6 ---

Anggara Kasih (afd taun)

7. Ing ngandhap punika wulan ingkang suwung Anggara Kasihipun, kados ta:

Alip, Jumadilakir sarta Bêsar

Ehe, Rêjêp

Jimawal, Sura sarta Ruwah

Je, Sapar sarta Ruwah

Dal, Mulud sarta Pasa

Be, Rabingulakir

Wawu, Rabingulakir sarta Dulkangidah

Jimakir, Jumadilawal

Apalanipun

[Dhandhanggula]

wulan ingkang tanpa Gara Kasih / Alip Jumadilakir lan Bêsar / Ehe Rêjêp Jimawale / Mukaram Sabanipun / Je: Sapar lan Ruwah kang sasi / Dal: Mulud lawan Pasa / taun Be: Rabingu / taun Wawu dhawah wulan: / Byangulakir lawan Dulkangidah nênggih: / Jimakir: Madilawal //

Watêking Taun

8. Ing ngandhap punika watêking taun satunggal-tunggal mênawi amarêngi dhawah ing tanggalipun sapisan santuning taun nuju dintên:

Sukraminakara:Sukraminangkara. taun urang, watêkipun, larang udan,

--- 7 ---

Tumpak menda = taun wêdhus wa: larang udan

Dite kalaba = taun kalabang, wa: larang udan

Soma wêrcita = taun cacing, wa: kèh udan

Anggara wrêstija = taun kodhok wa: kèh udan

Budha wiseba = taun kêbo, wa: kèh udan

Rêspati mintuna = taun mimi, wa: kèh udan

Sasi

9. Ing ngandhap punika namaning wulan sarta nêptunipun kangge ngupadosi dintên pasaran tanggalipun sapisan, kakumpulakên kalihan nêptuning taun, pangetangipun bilih madosi dintên, kawiwitan saking dintên Rêbo sarta bilih madosi pasaran, kawiwitan saking pasaran Wage, punika mênggahing kurub Arbangiyah, kados ta:

...

--- 8 ---

Apalan kangge ngupadosi dintên = saptawara

[Dhandhanggula]

Sura Sapta nêptuning artati / Sapar kalih Mulude têtiga / Rabingulakir limane / Jumadilawal nêmipun /Lebih satu suku kata: Madilawal nêmipun. Madilakir amung sawiji / Rejep kalih nêptunya / Ruwah nêptu catur / Pasa gangsal ing nêptunya / Sawal Saptu: Dulkangidah mung sawiji / Bêsar tri ing nêptunya //

Apalan kangge ngupadosi pasaran = pôncawara

[Sinom]

Sura Sapar nêptu lima / Mulud lan Rabingulakir / sami sakawan nêptunya / Madilawal Madilakir / têtiga nêptunèki / Rêjêp lan Ruwah ingetung / kêkalih nêptunira / Pasa Sawal nêptu siji / Dulkangidah Bêsar nêptune lêlima //

--- 9 ---

Naga Taun (afd sasi)

10. Ing ngandhap punika lampahing naga taun, kangge mênawi ngalih griya, tirah utawi kêkesahan, punapadene pados sandang pangan sêsaminipun, sampun ngantos amurugi panggenaning naga, mênggah lampahipun ajêg sabên tigang wulan ngalih panggonan, kados ta:

Bêsar l Sura l Sapar } wontên lèr

Mulud l Rabingulakir l Jumadilawal } wontên wetan

Jumadilakir l Rêjêp l Ruwah } wontên kidul

Pasa l Syawal l Dulkangidah } wontên kilèn

Kagathukna kalihan lampahing naga jatingarang.

Ingkang sayogi pados sêlanipun, mênawi nuju tumbuk Insa Allah botên kenging tinêrak, ambilaèni.

--- 10 ---

Naga Jatingarang (Afd sasi)

11. Ing ngandhap punika lampahing naga jatingarang kangge mênawi ngalih griya, tirah utawi kêkesahan punapadene pados sandhang pangan sêsaminipun, sampun ngantos amurugi panggenaning naga, mênggah lampahipun ajêg sabên tigang wulan ngalih panggenan, kados ta:

Sura l Sapar l Mulud } wontên wetan

Rabingulakir l Jumadilawal l Jumadilakir } wontên kidul

Rêjêp l Ruwah l Pasa } wontên kilèn

Syawal l Dulkangidah l Bêsar } wontên lèr

Kagathukna kalihan lampahing naga taun.

Ingkang sayogi pados sêlanipun, mênawi nuju tumbuk Insa Allah botên kenging tinêrak, ambilaèni.

--- 11 ---

Sirikan Dina Ala (afd sasi)

12. Ing ngandhap punika sirikaning wulan kangge lampahing pangantèn, kados ta:

Bêsar l Sura l Sapar } a mangetan, mangilèn

Mulud l Rabingulakir l Jumadilawal } b mangalèr, mangetan

Jumadilakir l Rêjêp l Ruwah } c = a

Pasa l Sawal l Dulkangidah } d = b

Ingkang sayogi lampahing pangantèn anyingkirana dintên sirikan kasêbut ing nginggil wau, rahayu ingkang pinanggih.

--- 12 ---

Larangan Dina Ala (afd sasi)

13. Ing ngandhap punika laranganing wulan salêbêtipun sataun, dhawahipun ajêg, kados ta,

Jumadilakir l Rêjêp l Ruwah } Jumungah

Pasa l Sawal l Dulkangidah } Sêtu sarta Ngahad

Bêsar l Sura l Sapar } Sênèn sarta Slasa

Mulud l Rabingulakir l Jumadilawa } Rêbo sarta Kêmis

Ingkang sayogi tiyang gadhah damêl anyingkirana dintên larangan kasêbut ing nginggil wau, rahayu ingkang pinanggih.

--- 13 ---

Sangaring Sasi

14. Ing ngandhap punika sangaring wulan salêbêtipun sataun, dhawahipun ajêg, kados ta:

Pasa l Sawal l Dulkangidah } Jumungah

Bêsar l Sura l Sapar } Sêtu sarta Ngahad

Mulud l Rabingulakir l Jumadilawa } Sênèn sarta Slasa

Jumadilakir l Rêjêp l Ruwah } Rêbo sarta Kêmis

Ingkang sayogi tiyang gadhah damêl anyingkirana dintên sangar kasêbut ing nginggil wau, rahayu ingkang pinanggih.

--- 14 ---

Naasing Para Nabi (afd sasi)

15. Ing ngandhap punika dintên naasing para nabi namung ametang tanggal, kados ta:

Sura tanggal 13 | Sapar tanggal - | Mulud tanggal 3 | Rabingulakir tanggal 16 | Jumadilawal tanggal 5 | Jumadilakir tanggal - | Rêjêp tanggal - | Ruwah tanggal - | Pasa tanggal 12 | Sawal tanggal - | Dulkangidah tanggal 24 | Bêsar tanggal 52

Ingkang sayogi tiyang gadhah damêl anyingkirana tanggal dhawahing sangaripun para nabi kasêbut ing nginggil wau, rahayu ingkang pinanggih.

--- 15 ---

Naasing Tanggal (afd sasi)

16. Ing ngandhap punika naasing tanggal sawulan sapisan saha kaping kalih, ing dalêm sataun dhawahipun ajêg, kados ta:

Ingkang sayogi têtiyang gadhah damêl anyingkirana naasing tanggal kasêbut ing nginggil wau, rahayu ingkang pinanggih.

--- 16 ---

Bangas (afd sasi)

17. Ing ngandhap punika petangan bangas (Ar = tangi saka ing pati) punika namung ametang tanggal, kados ta:

Sami-sami petangan, bangas punika awrat piyambak tinêrak, mila tiyang ahli petang, sanadyan sadaya pinanggih sae, ananging nuju bangas, inggih ajrih nêrak, dening amastuti ing rèhipun para nujum ingkang manggih petang wau punika.

--- 17 ---

Sasi Kanggo Adêging Samubarang

18. Ing ngandhap punika jumênêngan utawi kulawisudhan, sarta namakakên sêpuh: lare, punapadene angadêgakên griya sêsaminipun, ingkang sayogi amiliha wulan ingkang sae, kados ta:

Sura, punika namung jumênêngan panjênêngan nata ingkang sae, liyanipun, awon, tansah kasusahan, anggung kalaran, ora olèh tômba, nênandur ora tulus, pêpadon kalah.

Sapar, kêna ing wêlak: lara kêsandhang, nanging luput ing pati, nênandur: wiwitan wurung, wêkasaan dadi, nanging sok kelangan donya.

Mulud, anggung gêringan tarkadhang bojone mati, kêna ing dhêndha dening kaluputane, nênandur ora tulus.

Rabingulakir, samubarang kang dèn adêgakên: bêcik, antuk wahyu nugraha, kapenak parentahe, dadi sabarang karêpe, anênandur: tulus, pêpadon mênang, têkaning êmas picis rajabrana tan ana kêndhate, olèh supangate Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalei Wasalam, rinêksa ing Pangeran.

--- 18 ---

Jumadilawal, ala, agung prihatin, kêrêp kapêtêngan atèn, pêpadon kalah, kinurangan rijêkine, nênandur ora tulus.

Jumadilakir, akèh rijêki têka, ananging ora kobêr mangan, anggung kadhêndha dening kaluputan, utawa kêmalingan lan kêsayaban,kênayaban. sathithik sukane akèh dukane.

Rêjêp, arang bungah, kêrêp susah, tininggal ing anak, bawur angên-angêne, nênandur ora tulus.

Ruwah, luwih bêcik, akèh rijêki têka tur kalal, kèdhêp parentahe, olèh pitutur bêcik, barang kêkarêpane katêkan, antuk supangate Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalei Wasalam.

Pasa, tansah kangelan ing lair batin, kêna pangira-kiraning wong akèh, nênandur ora tulus.

Sawal, ala, nênandur ora tulus.

Dulkangidah, bêcik, nênandur tulus.

Bêsar, samubarang gawe bêcik, nênandur tulus.

--- 19 ---

Dina Pasaran

19. Ing ngandhap punika namaning dintên pasaran = sapta (pônca)wara, sarta nêptunipun kangge pamilihing dintên sae, sarta lampahing paarasan, kados ta:

Apalanipun supados botên supe,

[Dhandhanggula]

Pan alima Ngahad nyarkarani / Sênèn papat: Salasa têtiga / Rêbo pêpitu nêptune / Kêmis wolu puniku / apan nênêm Jumungahnèki / Sêtu nêptune sanga / Kaliwon wêwolu / Lêgi gangsal ing nêptunya / Paing sanga Pon pitu ing nêptunèki / Wage catur nêptunya //

--- 20 ---

Watêking Dina Pasaran

20. Ing ngandhap punika watêkipun dintên pasaran tumrapipun bayi lair kados ta:

Ngahad tê: samudana, wa: watak bêcik mung ing lair bae | Sênèn tê: samua, wa: kudu bêcik sabarang gawe | Slasa tê: sujana, wa: ora andêlan | Rêbo tê: sêmbada, wa: kudu pantês sabarang gawe | Kêmis tê: surasa, wa: kudu angrasak-rasakake | Jumungah tê: suci, wa: kudu rêsik sasolah-bawane | Sêtu tê: kasumbung, wa: dhêmên ngalêm kang sarwa bêcik

Watêking Pasaran

Kliwon tê: micara, wa: bisa anganggit basa | Lêgi tê: mêngku, wa: kudu saguh sabarang rèh | Paing tê: melikan, wa: dhêmên sabarang katon | Pon tê: pamèr, wa: dhêmên ngatokake donyane | Wage tê: kêncêng wicarane, wa: kakon atèn

tê: verk v. têgêsipun | wa: verk v. watêkipun.

--- 21 ---

Sangating Dina

21. Ing ngandhap punika sangating dintên mênawi mangkat prang barkah saking Bagendha Ngali, senapatining prang: Kangjêng Nabi Mukhamad Salalahu Ngalei Wasalam, mênawi mangkat prang dintên

...

--- 22 ---

Ing Sarat Lêlungan

22. Ing ngandhap punika isaratipun yèn kêkesahan,

Jumungah, akêkêmul sinjang sarta susur lampahipun Kangjêng Nabi Mukhamad. | Sêtu, ngandhut siti ing pusêre, lampahipun Kangjêng Nabi Adam. | Ngahad, asêsumping, lampahipun Nabi Yusuf. | Sênèn, natap lêlandhêp, lampahipun Sayidina Ngumar. | Slasa, manggang tangan ing latu, lampahipun Sayidina Abubakar. | Rêbo, akêkudhung sinjang, Lampahipun Nabi Yakup. | Kêmis, tumênga ing langit, tumungkul ing bumi, lampahipun Sayidina Ngali.

Naasing Dina

23. Ing ngandhap punika naasing dintên, kados ta:

Ngahad, malême sawêngi pisan | Sênèn, wayah têngange | Slasa, wayah esuk | Rêbo, wayah têngange | Kêmis, wayah lingsir wetan | Jumungah, wêktu ngasar | Sêtu, wayah lingsir wetan.

--- 23 ---

Palintangan (afd dina)

24. Ing ngandhap punika palintangan, lampahipun sabên jam ngalih.

...

--- 24 ---

Pati Uriping Dina

25. Ing ngandhap punika pêjah gêsanging dintên, kangge kêkesahan ngupados sandhang pangan kados ta:

...

--- 25 ---

Naga Dina sarta Rijalullah (afd dina)

26. Ing ngandhap punika lampahing naga dintên, sarta rijalullah, kangge mênawi kêkesahan, sampun ngantos amurugi panggenaning naga sarta rijal, mênggah lampahipun ajêg sabên dintên ngalih panggenan, kados ta:

Naga dina

Jumungah wontên wetan | Sêtu wontên kidul wetan | Ngahad wontên kidul | Sênèn wontên kidul kilèn | Slasa wontên kilèn | Rêbo wontên lèr kilèn | Kêmis wontên lèr en lèr wetan

Rijalullah

Ngahad wontên kidul | Sênèn wontên wetan | Slasa wontên lèr wetan | Rêbo wontên ing langit | Kêmis wontên lèr | Jumungah wontên kilèn | Sêtu wontên kidul kilèn.

--- 26 ---

Pal (afd dina)

27. Ing ngandhap punika pal lêlampahaning manungsa ingkang pinanggih, punika botên sagêd oncat saking wanci ingkang sampun katamtokakên, kados ta:

Jam

Ngahad, 6 - 7 - 11 - 1 - 5 | Sênèn, 8 - 10 - 1 - 3 - 5 | Slasa, 7 - 10 - 12 - 2 - 5 | Rêbo, 7 - 9 - 11 - 2 4 | Kêmis, 8 - 11 - 1 - 3 - 4 | Jumungah, 8 - 10 - 12 - 3 - 4 | Sêtu, 7 - 9 - 12 - 2 - 4.

Têrangipun saupami tiyang èstri badhe gadhah anak, utawi tiyang sakarat badhe pêjah sapanunggilanipun, bilih dhawah ing dintên Ngahad, amêsthi wontên jam 6, 7, 11, 1, 5 botên sagêd dhawah wontên jam 8, 9, 10, 12, 2, 3, 4, 6. Makatên sasaminipun dintên pêpitu wau.

--- 27 ---

Pranatamôngsa

28. Ing ngandhap punika namaning pranatamôngsa sarta ngumuripun, kados ta:

kasa = môngsa I (Kartika of Budha) umur 41 dintên, surya wiwit mangidul

karo = môngsa II (Pusa of Buja) umur 23 dintên

katêlu = môngsa III (Manggasri of Wedha) umur 24 dintên

kapat = môngsa IV (Sitra of Catur) umur 25 dintên

kalima = môngsa V (Manggakala of Gati) umur 27 dintên

kanêm = môngsa VI (Naya of Winayang) umur 43 dintên, surya pantog dumugi wêkas kidul,

--- 28 ---

kapitu = môngsa VII (Palguna of Biksuka) umur 43 dintên, surya wiwit mangalèr,

kawolu = môngsa VII (Wisaka of Basu) umur 26 of 27 dintên

kasanga = môngsa IX (Jita of Nanda) umur 25 dintên

kasapuluh = môngsa X (Srawana = of Boma) umur 24 dintên

dhêstha = môngsa XI (Padrawana) umur 23 dintên

sadha = môngsa XII (Asuji) umur 41 dintên, surya pantog dumugi pungkas lèr.

Gunggung 365 of 6 dintên sami kalihan taun surya

Apalanipun namung supados botên supe,

[Dhandhanggula]

kasa sadha: kawan dasa siki / karo dhêstha trilikur umurnya / katêlu kasapuluhe / sami ngumur patlikur / kapat lawan kasanga sami / ngumur salawe dina / kalima awolu / samyumursamyamur. nêmlikur dina / kanêm lawan kapitu umure sami / kawan dasa têtiga

--- 29 ---

Watêking Môngsa

29. Ing ndhapngandhap. punika watêking môngsa kalih wêlas ingkang tumrap ing bayi ikangingkang. sawêg lair, sagêd sumêrêp badhe kadadosanipun ing têmbe, kados ta:

kasa watêkipun wêlasan | karo watêkipun carobo | katêlu watêkipun kumêt | kapat watêkipun rêsikan | kalima watêkipun juwèh | kanêm watêkipun lantip atine | kapitu watêkipun cêngkiling | kawolu watêkipun madya | kasanga watêkipun barabah | kasapuluh watêkipun laran atèn | dhêstha watêkipun calimut | sadha watêkipun sêdhêng.

Apalanipun namung supados botên supe,

[Dhandhanggula]

kasa: wêlasan watêkirèki / karo carobo: kumêt katiga / kapat rêsikan: ma: juwèh / kanêm lantiping kalbu / kapitune tiba cêngkiling / kawolu tiba madya / kasanga barabuh / laran atèn kasadasa / dhêstha aca: limut ing têgêsirèki / sadha sêdhêng artinya //

--- 30 ---

Candraning Môngsa

30. Ing ngandhap punika candraning môngsa kalih wêlas

1, Sotya murca ing êmbanan, punika candranipun môngsa kasa = I mangsanipun gêgodhongan sami gogrog, kêkajêngan sami paruthul, têgêsipun: sotya murca ing êmbanan = sêsotya coplok saking ing êmbanan, gêgodhongan kaupamèkakên: sêsotya, uwit kaupamèkakên: êmbananipun.

2, Bantala rêngka, candranipun môngsa kalih = II têgêsipun: bantala rêngka = siti bênthèt, bantala = siti, rêngka = bênthèt, punika mangsanipun siti nêla.

3, Suta manut ing bapa, candranipun môngsa katiga = III têgêsipun: anak manut ing bapa, punika mangsanipun lung-lungan nurut lanjaran.

4, Waspa kumêmbêng jroning kalbu, candranipun môngsa sakawan = IV, têgêsipun: êluh kumêmbêng salêbêting manah, punika mangsanipun sumbêr pêpêt (= pêpêt sumbêr) êluh kadamêl upami: toya, manah: kadamêl upami: sumbêr.

5, Pancuran êmas sumawur ing jagad, candranipun môngsa gangsal = V, pancuran: kadamêl upami: jawah, sumawur: dhawahipun ing jawah.

--- 31 ---

6, Rasa mulya kasucian, candranipun môngsa kanêm = VI, mangsanipun wowohan nêdhêng.

7, Wisa kentar ing maruta, candranipun môngsa kapitu = VII, têgêsipun: wisa larut dening angin, punika mangsanipun kathah sêsakit.

8, Anjrah jroning kayun, candranipun môngsa kawolu = VIII, punika mangsanipun kucing gandhik.

9, Wêdharing wacana mulya, candranipun môngsa kasanga = IX, têgêsipun wêdaling wicantên linakung,linangkung. punika mangsanipun gangsir sami ngênthir, garèng sami ngêrèng.

10, Gêdhong minêb jroning kalbu, candranipun môngsa sadasa = X, punika mangsanipun sato kewan sami mêtêng.

11, Sotya sinarawèdi, candranipun môngsa dhêstha = XI, punika mangsanipun pêksi sami ngloloh, têgêsipun: sêsotya, kadamêl upami: anaking pêksi, sinarawèdi = pinulasara, punika ngibaratipun dipun loloh.

12, Tirta sah saking sasana, candranipun môngsa sadha = XII, têgêsipun: toya pisah saking panggenan, punika môngsa badhidhing, tirta punika ngibarat kringêt, sasana ngibarat badan, dados awis-awis tiyang kringêtên, amargi saking asrêpipun.

--- 32 ---

Môngsa Wuku

31. Ing ngandhap punika pratelaning môngsa wuku kados ta:

eka sapta ing Môndhasiya | dwi astha ing Tambir | tri nawa ing Prangbakat | catur dasa ing Dhukut | pônca dhêstha ing Kurantil | sad sadha ing Julungwangi.

têgêsipun: eka sapta ing Môndhasiya, môngsa satunggal (= kasa) kalihan môngsa kapitu, punika sami dhawah wuku Môndhasiya, dwi astha ing Tambir, môngsa karo kalihan kawolu sami dhawah Tambir, makatên sapiturutipun.

Apalanipun mêndhêt saking Sêrat Pawukon, zie blz. 50. 1. Ingkang kadamêl baku rumiyin uruting wuku, kados ta:

[Asmaradana]

pônca dêstha ing Kurantil / sad sadha ing Julungsêkar / kasapta Môndhasiyane / dwi astha ing Tambir ika / tri nawa ing Prangbakat / kacatur dasa ing Dhukut / môngsa wuku kinawruhan //

--- 33 ---

Namaning Wuku

32. Ing ngandhap punika namaning wuku tigang dasa, ingkang rumiyin wuku:

1 Sinta | 2 Landêp | 3 Wukir | 4 Kurantil | 5 Tolu | 6 Gumbrêg | 7 Warigalit | 8 Warigagung | 9 Julungwangi | 10 Sungsang | 11 Galungan | 12 Kuningan | 13 Langkir | 14 Môndhasiya | 15 Julungpujut | 16 Pahang | 17 Kuruwêlut | 18 Mrakèh | 19 Tambir | 20 Madhangkungan | 21 Maktal | 22 Wuye | 23 Manail | 24 Prangbakat | 25 Bala | 26 Wugu | 27 Wayang | 28 Kulawu | 29 Dhukut | 30 Watugunung

Supados botên supe mawi apalan sakengingipun:

[Dhandhanggula]

Sinta Landêp: Wukir lan Kurantil / Tolu Gumbrêg: Warigalit lawan / Warigagung Julungwangi / Sungsang Galunganipun / Kuuningan: Langkir Môndhasih / Julungpujut lan Pahang / Kruwlut Mrakèh Tambur / Madhangkungan Maktal Wuywa / Manail Prang: Bakat Bala Wugu Ringgit / Klawu Dhukut Selarga //

--- 34 ---

Candraning Wuku

33. Ing ngandhap punika côndra sarta watêking wuku tigang dasa, kados ta:

1, Sinta, candrane endra janma nastapa, watêke: mandhita karêm tapa, gêdhe piangkuhe, manggung prihatin.

2, Landêp, candrane: sumirate Sang Hyang Rawi, watêke padhangan atèn, elingan sarta wignya sabarang gawe.

3, Wukir, candrane: pangawak arga, watêke: yèn sinawang saka ing kadohan kados bêcik, nanging yèn pinarpêkan katon ala. Sungil, curi, tan kêna ingambah = angèl bêbudène, ing jaba gampang, ing jêro angèl, nanging paradhah marang pangan, lila ing lair batin, lan bisa marang kasusastran.

4, Kurantil, candrane: pala gumantung, watêke nuli sugih nuli mlarat.

5, Tolu, candrane: wangkawa kêkuwung, watêke: angkuh pambêkane, ora langgêng tur ambadhidhik, dhêmên doracara, nanging akèh kang rêsêp mulat.

6, Gumbrêg, candrane: gêtêr patêr sabumi, watêke: sugih kojah lan sugih ngèlmu, nanging ora sumurup wêkasane, têmahan wigar gagar, atine sumuci-suci.

7, Warigalit, candrane: kêmladheyan ngajak sêmpal, watêke: saênggon-ênggone tumèmpèl: dadi, [da...]

--- 35 ---

[...di,] nanging ora lana.

8, Warigagung, candrane: guntur kêtug ingkang lindhu, watêke: guna tan katara, nanging linyok jroning ati.

9, Julungwangi, candrane: sumêbare ingkang puspita, watêke: arum pamicarane, wignya sabarang karya, lan bisa gawe mêmanis, nanging sajroning ati: bosênan lan amrih dudu.

10, Sungsang, candrane: sêkar wora-wari bang, watêke: gêdhe kanêpsone, nanging ora ngapaa sarta kêna pinalangan.

11, Galungan, candrane: pêksi anèng luhuring langit, watêke: yèn amèk kasil tansah anênungkul, nganggo gora gadha.

12, Kuningan, candrane: banyu garojogan, watêke: rame wicarane lan akèh gorohe, yèn tinuncêltinunjêl. nora bisa.

13, Langkir, candrane: gunung nywara gumaludhug, watêke: sabarang calathune (swara) kudu nyilikake ati, nanging ora ngapaa.

14, Môndhasiya, candrane: watu itêm munggwing paprêman, utawa: wrêksa gung jêro pancêre, watêke: luwih sabar ing ati, nanging yèn nêpsu sok anêmêni.

15, Julungpujut, candrane: palwa anèng lautan, watêke: [watê...]

--- 36 ---

[...ke:] ngalor-ngidul dènnya ngupaya kasil, marma tan kurang rijêki.

16, Pahang, candrane: pulo katon saka ing kadohan, watêke: kasusra samubarange, angkuh pambêkane suci ing jaba, rêgêd ing jêro, manggung prihatên.prihatin.

17, Kuruwêlut, candrane: banyu gêdhe banjir bandhang, watêke: wicarane angluwihi rosa, kaya andhadhal-dhadhalna sètubanda, nanging tan tèyèng ing wigati, anggêgawa kang akèh-akèh.

18, Mrakèh, candrane: sêkatan pasêngkêran, watêke: kumêt nanging manis, pratitis pamicarane, parigêl solahbawane, yèn tinunjêla ing rêmbug anjêlomprongake murih duduning liyan.

19, Tambir, candrane: gajah ngamuk nèng wantilan, watêke: gêdhe prabawane lan gêdhe nêpsune, nanging akèh pêpagêring awake.

20, Madhangkungan, candrane: bêrkutut mencok ing Wukir, watêke: ngungasake kasurane, wusana dadi nistha lan sugih rêrênggi dening tan sukuran ing ati.

21, Maktal, candrane: gunung guntur ing wiyati, watêke: yèn micara siya mring sêsama, nanging besuk yèn wis tuwa kasinungan ati bêcik.

22, Wuye, candrane: unining bêdhil, pamoring nalannala lan. kukus,

--- 37 ---

watêke: rada pakewuhan atèn, angèl bêbudène, ora dadi barang pamikire.

23, Manail, candrane: mêndhung awor lan lintang, watêke: ngucira ing gawe, cat katon cat ora.

24, Prangbakat, candrane: wêsi katon purasani, watêke: isinan puguh, dêrman ing ngèlmune, tur alus budine, suci atine.

25, Bala, candrane: udan salah môngsa, watêke: tan kêna tinangguh ing budi, candhak kulak ênggone angupaya bukti, nanging malah kasurang-surang.

26, Wugu, candrane: awang-uwung, watêke: ewuh kêkarêpane, nanging jêmbar budine lan jêmbar polatane.

27, Wayang, candrane: damar murup anèng bumi, watêke: bisa madhangake atining liyan, rêsik atine, suci budine, têmah yuwana sugih, têrang ngèlmune.

28, Kulawu, candrane: bun tumètès ing sêndhang, watêke: wong mêskin kêlar sugih.

29, Dhukut, candrane: têtunggul asri kang sinêngkêr ing ratu, watêke: bagus rupane, nanging wani ing isin, ora ana wusanane.

30, Watugunung, candrane: lintang karainan sasi, watêke: sinung cahya padhang-ing ati.

--- 38 ---

Pralambanging Wuku

34. Ing ngandhap punika pralambanging wuku tigang dasa, mêthik saking sêrat Pawukon zie blz 48-2 v. o. Sampun kasêkarakên, kados ta:

[Asmaradana]

Sinta patine wong awig / Landêp mina pringga pêjah / Wukir lêsu wana sato / Kurantil dhandhang angurak / wuku Tolu linambang / paserehan kèhing wuku / Gumbrêge patining wrêksa //

Warigalit janma mati / Warigagung lodan pêjah / Julungwangi lumpuh banthèng / Sungsang jaka wuru tiba / Galungan pring anggagar / Kuningan lata paruthul / aja sira nandur wrêksa //

Langkire andaka wani / Môndhasiya pan linambang / mina tinilar ing warèh / Julungpujut lambangira / turun Sapi gumarang / akèh lara sambang rimpung / Pahang akèh manuk kêna //

Kuruwêlut kapas agring / marakèhnya: ron asêmpal / Tambir lêsu sarirane / Madhangkungan baya ngurak / Maktal macan alupa / Wuye pasanganing manuk / Manail wiji kêpapas //

Prangbakat kayu waringin / sêmpal dening aliwawar / Bala: pandhita anglunge / Wugu kaluyu akêrah / patine padha rowang / Wayang teja kang lumaku / patine andaka wana //

Kulawu rabia maning / awèt dènnya wêwaluhan / pêksi dewata kumpule / DhukukteDhukute. kitri tinata / Watugunung linambang / pagêra jaba puniku / patine yaksa narendra //

--- 39 ---

Padewan = Dewa Dina (afd wuku)

35. Ing ngandhap punika namaning padewan, utawi dewa dintên ingkang kalêbêt ing sêrat pawukon, kados ta:

1. Dèwi Sri, watêke: wêlasan, mupangate: anandura pari lan krambil.

2. Bathara Endra, watêke: angkuh sarta nastiti, mupangate: angajia samubarang kawruh gêlis pintêr.

3. Bathara Guru, watêke: dhêmên nyoba lan angganjar, mupangate: amasanga têtumbal.

4. Bathara Yamadipati, watêke: agung ngapura, mupangate: adagang layara.

5. Bathara Lodra, watêke: bèr budi murah bojakramane, mupangate: andèrèsa, agawea sumur lan wangan.

6. Bathara Brama, watêke: panasbaranan, nanging adhêm parentahe, manis arum wicarane, mupangate: ababata alas, anggaru malukua sawah

7. Bathara Kala, watêke: murka, candhala, dhêmên goroh, mupangate: agawea pêpacak

8. Dèwi Uma, watêke: asih marang wong kasusahan, mupangate: apêpagêra lan awêwatêsan pomahan.

--- 40 ---

Mênggah lampahing padewan, miturut lampahing wuku, wiwit wuku Sinta Ngahad Paing dewanipun dintên dhawah Dèwi Sri, Sênèn Pon lajêng Bathara Endra, sapiturutipun, namung bilih dhawah wuku Galungan, dewanipun, Kala ambaladhêg, 3 dintên, nama dhungulan.

Apalanipun:

[Dhandhanggula]

padewane sinawung artati / Bathari Sri watêknya wêlasan / Hyang Endra angkuh watêke / Hyang Guru nyobèng kalbu / dene Sahyang Yamadipati: / watêkipun ngapura / Hyang Lodra bèr kayun / Hyang Brama panasbaranan / Sang Hyang Kala watêke candhalèng budi / umanggung kasusahan //

Padangon (afd wuku)

36. Ing ngandhap punika namaning padangon ingkang kalêbêt ing sêrat pawukon, kados ta:

1 dangu tê: watu wa: mênêng mu: agawea tutup lan wadhah.

2 jagur tê: macan wa: rosa luwês, srèi mu: apêpagêra lawanging regol.

3 gigis tê: bumi wa: amot ala bêcik mu: anandura, amêmotangna.

4 kerangan tê: srêngenge wa: kêras, nastiti, ajêg mu: anjênêngake utawa ngulawisudha priyayi.

5 nohan tê: rêmbulan wa: owah gingsir sarta wêlasan [wê...]

--- 41 ---

[...lasan]

mu: adêdaganga utawa adodolana anèng dalan.

6 wogan tê: ulêr wa: mugên, antêpan mu: agawea praboting prang.

7 tulus tê: banyu wa: lêmbut budine, akèh karêpe mu: andêdèrèsa, agawea sumur lan wangan.

8 wurung tê: gêni wa: panasbaranan mu: ababata garumbul, anggaru malukua sawah.

9 dadi tê: kêkayon wa: lumuh kongkulan mu: anandura karang kitri.

tê: verk. v têgêsipun | wa: verk v watêkipun | mu: verk v mupangatipun.

Mênggah lampahing padangon, miturut lampahing wuku, wiwit suku Sinta Ngahad Paing padangonipun dhawah: dangu, nanging ambaladhêg kawan dintên, nyandhak Kêmis Lêgi lajêng jagur, sapiturutipun.

Apalanipun:

[Dhandhanggula]

dangu watu mênêng nyarkarani / jagur macan srèi watêkira / gigis lêmah mot watêke / kerangan Sang Hyang Banu / watêkira luwih nastiti / nohan lèk gung wêlasan / wogan ulêr tutut (= mugên) / tulus banyu watêk lêmbat / wurung gêni panasbaran watêknèki / dadi wit tan kongkulan //

--- 42 ---

Paringkêlan (afd. wuku)

37. Ing ngandhap punika namaning paringkêlan ingkang kalêbêt ing sêrat pawukon, kados ta:

1. Tungle, tê: gêgodhongan, wa: apês, saguh, kumbi, mu: amirangake, si: aja anênandur kang pinurih godhonge.

2. Aryang, tê: janma, wa: lalèn, mu: agawea upas, si: aja anikah utawa angadêgake omah

3. Wurungkung,Wurukung (dan di tempat lain). tê: sato, wa: kêlenan, mu: ambêburua, si: aja babat alas akèh bêbayane.

4. Paningron, tê: mina, wa: kênèng apus, dening melikan, mu: agawea wisaya, si: aja ngingu iwak.§ ing sêrat pawukon blz 38 r. 10. Paningron ringkêling pêksi.

5. Uwas, tê: manuk, wa: têkabur, mu: ambêdhila, amikata, si: aja gawe kurungan manuk.§ ing sêrat pawukon blz 38 r .12. Uwase ringkêling mina.

6. Mawulu, tê: wiji, wa: pangira-kira, mu: anggaru malukua sawah, si: taliwangke, si: aja anibakake wiji, bakal ora dadi

--- 43 ---

tê: verk. v. têgêsipun | wa: verk v. watêkipun | mu: verk. v. mupangatipun | si: verk.v. sirikanipun.

Apalanipun:

[Asmaradana]

paringkêlan ngasmarani / Tungle ringkêl tarulata / Aryang sujanma ringkêle / Wurungkung sato ringkêlnya / Paningron ringkêl mina / Uwase ringkêling manuk / Mawulu wiji ringkêlnya //

--- 44 ---

Sêngkan Turunan (afd. wuku)

38. Ing ngandhap punika lampahing sêngkan turunan ingkang kalêbêt ing sêrat pawukon, ingkang sakawan sami sabên salapan dintên sapisan tumurun sarta sumêngka, wontên ing dintên Sêtu akalihan Ngahad, nanging pasaranipun beda-beda, anglênggahi pasaranipun piyambak-piyambak, ingkang satunggal: dintên pitu dipun lênggahi sadaya, pasaranipun inggih namung anglênggahi pasaran satunggal, amurih têrangipun kawujudakên kados ta:

Apalanipun:

[Dhandhanggula]

sêngkan turunan pinurwèng kawi / sapi gumarang Pon pasarannya / kuthilapas Kaliwone / Wage cèlèng dêmalung / asu ajag tiba ri Paing / Sêtu Ngahad dinanya / sumêngka tumurun / nanging sri datan mangkana / dina pitu apan kabèh dèn lungguhi / Sarkara pasarannya //

--- 45 ---

Paarasan (afd wuku)

39. Mênggah lampahing paarasan botên miturut lampahing wuku, kapêndhêt saking nêptuning dintên pasaran, mênawi pinanggih:

7 lampahing bumi | 8 lampahing gêni | 9 lampahing angin | 10 aras pêpêt | 11 aras tuding | 12 aras kêmbang | 13 lampahing lintang | 14 lampahing rêmbulan | 15 lampahing srêngenge | 16 lampahing banyu | 17 lampahing bumi | 18 lampahing gêni.

Têgêsipun ôngka ingkang sakêdhik piyambak, 7 = 3. 4 = Salasa Wage, ingkang kathah piyambak, 18 = 9. 9 = Sêtu Paing, makatên sasaminipun.

Apalanipun:

[Sinom]

Paarasan roning kamal / lakuning bumi myang gêni / sarta lakuning maruta / aras pêpêt aras tuding / aras kêmbang gumanti / lakuning lintang mawêlu / lan lakuning rêmbulan / tuwin lakuning Hyang Rawi / sadasane yèku lakuning hèrnawa //

bali lakuning bantala / anuli lakuning gêni / sarta lakuning maruta / enz

--- 46 ---

Taliwangke (afd wuku)

40. Ing ngandhap punika petangan taliwangke salêbêtipun wuku tigang dasa ingkang wontên taliwangkenipun nênêm, sarta kawêngku wontên ing dintên Ngahad Wage, kados ta:

Apalanipun supados botên supe:

[Asmaradana]

taliwangkene winarni / kawêngku Ngad Wage samya / wiwit Sênèn wuku Wuye / Slasa Wayang Budandêpnya / Kêmis wuku Wariga / Jumungah Kuninganipun / Kuruwê Sêtu lutira //Sêtu Kuruwêlutira.

--- 47 ---

Samparwangke (afd wuku)

41. Ing ngandhap punika petangan ingkang nama samparwangke, punika dintên Sênèn ingkang anglêrêsi paringkêlan Aryang, ing dalêm wuku tigang dasa ingkang kadunungan samparwangke wuku gangsal, kados ta:

Sênèn Kliwon Warigalit | Sênèn Lêgi Bala | Sênèn Paing Langkir | Sênèn Pon Sinta | Sênèn Wage Tambir.

Mawi apalan supados botên supe:

[Asmaradana]

samparwangke ngasmarani / lakune sabên ri Soma / anuju Aryang ringkêle / Kliwon Wriga Lêgi Bala / Paing Langkir Pon Sinta / Wage Tambir jangkêpipun / lan ringkêl wa, ba, lang, si, ta //.

wa: verk. v. Warigalit | ba: verk. v. Bala | lang: verk. v. Langkir | si: verk. v. Sinta | ta: vêrk. v Tambir.

--- 48 ---

Dhêndhankukudan (afd wuku) = Dhungulan

42. Ing ngandhap punika petangan ingkang nama: dhêndhankukudan, utawi: dhungulan, punika lampahing dewa dintên bilih anglêrêsi wuku Galungan, ing dalêm tigang dintên, Ngahad, Sênèn, Slasa, punika dhawah: Kala, mungêl ing Sêrat Cênthini, kados ta:

[Dhandhanggula]

walêr sangkêr malih saprakawis / wuku satunggal nuju Galungan / nênggih dhungulan: wastane / tigang dintên punika /Guru lagu seharusnya 7u: tigang dintên puniku. Dite Soma Angara nênggih / Dewa Kala tri dina / ringkêl gung puniku / ringkêling para jawata / lamun nuju Galungan ing tigang ari / minggu tan ana obah //

sakyèhning jawata ngawiyati / miwah para jawatèng bantala / jawatèng samodra dene / dewaning kutu-kutu / walangtaga tan ana kari / ing dalêm tigang dina / sumênea minggu / ingaran: dhêndhankukudan / barang karya tan bêcik kêna ing sarik / pangapêsaning dewa //

--- 49 ---

Pôncasuda

43. Mênggah lampahing pôncasuda botên miturut lampahing wuku, kapêndhêt saking nêptuning dintên pasaran, kabucal pitu-pitu, nanging nêptuning dintên ewah ingkang gangsal, mila nama: pôncasuda, kados ta:

Mênawi kantun:

1. wasêsasêgara, watêkipun, sugih pangapura jêmbar bêbudine, bisa amot ujar ala bêcik, gêdhe prabawane.

2. tunggak sêmi, watêkipun: gung cêpak rijêkine, sanadyan pinapas, isih kudu thukul.

3. satriya wibawa, watêkipun: antuk kamulyan lan kaluhuran.

4. sumursinaba, watêkipun: dadi pangungsèning kapintêran.

--- 50 ---

5. satriya wirang, watêkipun: nandhang duka cipta sarta kawirangan.

6. bumi kapêtak, watêkipun: pêtêngan atèn, nanging tabêri ing gawe, bêtah lapa, rêsikan.

7. lêbu katiyub ngangin, watêkipun: nandhang papa cintraka, siyal sandhang pangane, tan dadi barang karêpe, kêrêp alih-alihan.

Isarat ingkang awon:

1, satriya wirang: angêdalakên rah | 2, bumi kapêtak: mêndhêm siti | 3, lêbu katiyub ngangin, ngawut-awut lêbu

--- 51 ---

Pôncasuda (rakam)

44. Ing ngandhap punika petangan ingkang winastan rakam (= pôncasuda), nêptuning dintên pasaran kadamêl urut, lajêng kakêmpalakên dados satunggal, kabucal nênêm, nanging ingkang kadamêl wiwitan saking dintên Jumungah, kados ta:

Jumungah nêptu 1 | Sêtu nêptu 2 | Ngahad nêptu 3 | Sênèn nêptu 4 | Slasa nêptu 5 | Rêbo nêptu 6 | Kêmis nêptu 7 | Kliwon nêptu 1 | Lêgi nêptu 2 | Paing nêptu 3 | Pon nêptu 4 | Wage nêptu 5.

Mênawi kantun

1, kala tinantang (kêrêp pabên) | 2, dêmang kandhuruan (kêrêp kasusahan) | 3, sanggar waringin (kênging ingauban) | 4, mantri sinaroja (sae) | 5, macan kêtawang (kajèn keringan) | 6, nuju pati (awon sangêt) | (ingkang pantês pinilih ôngka 3. 4.)

--- 52 ---

Pôncasuda

45. Ing ngandhap punika pôncasuda patakenan, mêndhêt wêdalanipun tiyang ingkang dipun pitakèkakên, kabucal tiga-tiga utawi sakawan-sakawan, punapadene pitu-pitu utawi wolu-wolu, mawi-mawi pêrlunipun, kados ta: yèn pitakèn:

Tiyang minggat, kabucal tiga-tiga, yèn kantun: 1, donya ilang kang minggat nora kêtêmu | 2, kêtêmu | 3, lêpas

Purugipun ingkang minggat, kabucal sakawan-sakawan, yèn kantun: 1, mangetan parane, lawas enggale kêtêmu | 2, mangulon parane | 3, mangalor parane | 4, mangidul parane.

Tiyang kêkesahan, dhatêng lan botênipun dening sampun lami, kabucal tiga-tiga, yèn kantun 1, ngalamat kasêngkala | 2, gêlis têka |

--- 53 ---

3, ora têka.

Tiyang sakit, saras lan botênipun, kabucal sakawan-sakawan, yèn kantun: 1, waras | 2, adhêm | 3, lara saka ing êjin | 4, lara saka ing têluh.

Mênawi dhawah ing sakit dintên Ngahad, yèn kantun: 1, waras tan awaras | 2, waras tan awaras | 3, mati.

Sênèn, yèn kantun 1, waras | 2, waras | 3, mati.

Slasa, yèn kantun 1, waras | 2, waras | 3, mati.

--- 54 ---

Rêbo, yèn kantun 1, waras | 2, adhêm | 3, mati.

Kêmis, yèn kantun 1, mati | 2, waras | 3, waras tan waras.

Jumungah, yèn kantun 1, waras | 2, tan waras | 3, mati.

Sêtu, yèn kantun 1, waras | 2, lawas |waras. 3, mati

Donya Ical, kapanggih lan botênipun, kabucal tiga-tiga, yèn kantun 1, ora kêtêmu | 2, kêtêmu | 3, ora kêtêmu banjur lara.

--- 55 ---

Jalêr èstrinipun ingkang nyolong, kabucal tiga-tiga, yèn kantun 1, lanang | 2, wadon | 3, lanang.

Warninipun ingkang nyolong, kabucal tiga-tiga, yèn kantun 1, irêng | 2, bambang awak | 3, sêmu putih.

Sintên ingkang nyolong, kabucal tiga-tiga, yèn kantun 1, padha rowang | 2, sajroning omah | 3, wong adoh.

Tiyang mêtêng, jalêr èstrinipun jabang bayi, kabucal tiga-tiga yèn kantun 1, lanang | 2, wadon | 3, ora dadi.

--- 56 ---

Jabang bayi, wêdaling sandhang panganipun, kabucal pitu-pitu yèn kantun 1, mêtu saka awake dhewe | 2, mêtu saka wong liya | 3, mêtu saka rabine | 4, tômpa saka waris | 5, mêtu saka pagaweane dhewe | 6, mêtu saka dagang layar | 7, mêtu saka ingon-ingone.

Jabang bayi lair, badhe kadadosanipun, kabucal wolu-wolu yèn kantun

1, kumba = anggêp angkuhe | 2, reka = akèh artine | 3, carana = sarwa patut | 4, cèthi = sarwa prigêl | 5, têrwili = sugih anak | 6, gêdhong = sugih rajabrana | 7, bêntoyong = sarwa kidhung tênagane | 8, pawon = sarwa wagu polatane.

--- 57 ---

Pôncasuda

46. Ing ngandhap punika pôncasuda ingkang katindakakên Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Ambangun Tapa, nêptuning dintên pasaran wêdalanipun lare jalêr èstri kakêmpalakên dados satunggal, lajêng kabucal pitu-pitu, bilih pinanggihing petang dhawah awon, kenging kabucal namung sadasa kemawon, kados ta: yèn kantun:

1, wasesa sêgara | 2, tunggak sêmi | 3, satriya wibawa | 4, satriya wirang | 5, sumursinaba | 6, bumi kapêtak | 7, lêbu katiyub ngangin

Dene mênawi nêptuning wêdalanipun kabucal sadasa taksih langkung saking pitu, kados ta: wêdalan Sêtu Paing = 18, punika botên kenging kabucal 10 awit taksih 8

Dados namung kêdah kabucal pitu-pitu kemawon kantun 4 dhawah satriya wirang, makatên malih bilih nêptuning wêdalanipun kirang saking 10, kados ta: Slasa Wage = 7 lah kados pundi pambucalipun sadasa, dados malah botên kabucal, namung cèplês pitu dhawah lêbu katiyub ngangin.

--- 58 ---

Sangat Nabi

47. Ing ngandhap punika sangat nabi sarta sangat tatal, pituwah saking Radèn Ngabèi Rônggawarsita, kangge pamilihing dintên sae bilih tiyang gadhah damêl mantu sêsaminipun, tuwin bilih alih-alihan utawi ngadêgakên griya punapadene kêkesahan têbih sarta ambêbêdhag dhatêng wana sapanunggilanipun.

...

--- 59 ---

Sangat nabi utawi sangat tatal ing nginggil punika waton tanggal, kados ta: tanggal 1 = 6 sarta tanggal kaping 2 = 7 sapiturutipun, saupami tanggal kaping 1 wau dhawah dintên Rêbo Wage, lajêng anyumêrêpana uruting ôngka 1 kalihan uruting aksara: Wage, ing ngriku dhawah: Ahmat, pangkalan, sapiturutipun gangsal godhag, kapiliha salah satungal ingkang sae, awit pênêring ôngka 1 Ahmat, pênêring Wage: pangkalan, punika lajêng kagathukna kalihan petangan rakam, mênggah petangan rakam wau, nêptuning dintên pasaran sarta pôncasuda kadamêl urut, kados ta:

Rakam, Dintên Pasaran

Jumungah nêptu 1 | Sêtu nêptu 2 | Ngahad nêptu 3 | Sênèn nêptu 4 | Slasa nêptu 5 | Rêbo nêptu 6 | Kêmis nêptu 7 | Kliwon nêptu 1 | Lêgi nêptu 2 | Paing nêptu 3 | Pon nêptu 4 | Wage nêptu 5.

--- 60 ---

Pôncasuda

1, pitutur | 2, dêmang kandhuruan | 3, mantri sinaroja | 4, sanggar waringin | 5, macan kêtawang | 6, nuju pati.

Sarèhning pinagihpinanggih. ing petangan dintên Rêbo Wage wau nêptunipun 6 + 5 = 11 Pôncasudanipun dhawah: macan kêtawang, awit saking ôngka 1-6 salajêngipun dhawah ôngka 5 = 11 inggih punika dhawah macan kêtawang.

Sanadyan pinanggihing petang dhawah dintên sae ananging botên prayogi bilih sêsarêngan kalihan dintên awon, inggih punika sangaring dintên pasaran, naas, bangasing tanggal dhawahipun ing wulan satunggal-tunggal, kados ta:

--- 61 ---

Dados sangaring dintên pasaran wau sampun kapathok wontên satunggal-tunggaling wulan, saupami dintên Rêbo Wage dhawah ing wulan Jumadilakir namung naas dintên kemawon, pasaran: botên, yèn Rêbo Pon, naas dintên pasaran, kalih pisan botên sae, sampun pinilih, langkung malih mênawi dhawah tanggal kaping 10 utawi kaping 14 nuju [nu...]

--- 62 ---

[...ju] bangas, saya botên sae, botên kenging tinêrak: ambilaèni. Lan malih anyingkirana naasing tanggal tuwin naasing para nabi punika ugi botên sae tinêrak.

Pasatowan

48. Ing ngandhap punika pasatowanipun salakirabi, namaning lare jalêr akalihan namaning lare èstri kapetang piyambak-piyambak, ananging namung kapêndhêt aksaranipun ngajêng kalihan wingking kemawon, kados ta nama: Suwarna = sa, na = 9 + 3 = 12, Suwarni id = 12, punika lajêng kabucal sanga-sanga, sarèhning cacah 12- 9 = 3 jalêr, cacah 12- 9 = 3 èstri dados dhawah 3, 3.

(tikêl) Zie ben mênggah nêptuning aksara satunggal-tunggal kados ta:

ha 1, na 3, ca 5, ra 7, ka 2, da 4, ta 7, sa 9, wa 1, la 1, pa 7, dha 3, ja 6, ya 5, nya 10, ma 4, ga 2, ba 4, tha 9, nga 10.

--- 63 ---

1 - 1 bêcik | 1 - 2 bêcik | 1 - 3 tukaran | 1 - 4 pêgat | 1 - 5 pêgat | 1 - 6 pêgat | 1 - 7 dadi satru | 1 - 8 tinggal | 1 - 9 dadi pangulu | 2 - 2 bêcik | 2 - 3 mati | 2 - 4 bêcik | 2 - 5 pêgat | 2 - 6 ala | 2 - 7 bola-bali | 2 - 8 tan pêgat nanging awèt | 2 - 9 bêcik | 3 - 3 tikêl | 3 - 4 ora dadi | 3 - 5 pêgat | 3 - 6 bêcik | 3 - 7 bilai | 3 - 8 pêgat | 3 - 9 bêcik | 4 - 4 jahat | 4 - 5 pêgat | 4 - 6 pêgat | 4 - 7 dadi satru | 4 - 8 dadi satru | 4 - 9 dèn ucap ala | 5 - 5 awan bilaine | 5 - 6 pêgat | 5 - 7 pêgat | 5 - 8 pêgat | 5 - 9 bêcik | 6 - 6 ala ora pêgat | 6 - 7 bêcik | 6 - 8 bêcik | 6 - 9 pêgat |

--- 64 ---

7 - 7 bêcik | 7 - 8 bêcik | 7 - 9 kajahatan | 8 - 8 bêcik | 8 - 9 sugih wêka: bilai | 9 - 9 pêgat tan pêgat

Pasatowan II

49. Ing ngandhap punika pasatowan tumrap tiyang gadhah damêl mantu tingkêban, têtakan sarta sunatan sêsaminipun, namung guru tanggal, 1 t/m 30 saking dintên pêpitu wiwitipun dhawah ing tanggal sapisan, sampun kapathok kados ta:

Jumungah

1, nêmu arja | 2, dadi satruning Allah | 3, nuju pati | 4, antuk bêgja | 5, olèh pawong sanak anyar.

Sêtu

1, tuna luput | 2, dadi satruning Allah | 3, kadadak nêpsu gêdhe | 4, nêmu arja | 5, antuk bêgja.

Ngahad

1, tuna luput | 2, nêmu arja | 3, nuju pati binuru ing wong gêdhe | 4, antuk bêgja lan nêmu arja |

--- 65 ---

5, olèh dosa gêdhe.

Sênèn

1, dadi satruning Allah | 2, nêmu arja | 3, kadadak kagèt | 4, antuk bêgja | 5, nandhang susah gêdhe.

Slasa

1, tuna luput | 2, dadi satruning Allah | 3, olèh dosa gêdhe | 4, nêmu arja | 5, nandhang susah gêdhe.

Rêbo

1, tuna luput | 2, nêmu arja | 3, nuju pati | 4, sukarêna | 5, kadadak kagèt.

Kêmis

1, tuna luput | 2, dadi satruning Allah | 2,3. nêmu arja | 4, dadi ugungan | 5, olèh dosa gêdhe.

Tanggal 1 = 6 en 2 = 7 enz)

--- 66 ---

Pasatowan III

50. Ing ngandhap punika pasatowan: ingkang botên mêndhêt saking nama, mêndhêt saking wicalaning wêdalanipun lare jalêr èstri, nêptuning dintên pasaran sarta nêptuning wulan taun, punapadene winêwahan kathahing wicalane tanggalipun kakêmpalakên dados satunggal lajêng karingkês kabucal sanga-sanga, petanganipun: wali, pangulu, pangantèn, yèn kantun:

1. 4. 7, wali, awon | 2. 5 .8, pangulu, sêdhêngan | 3. 6 .9, pangantèn, sae.

Pangetangipun: saupami wêdalaning lare jalêr èstri sami (= lair sarêng sadintên): ingkang kathah piyambak, 9. 9. 30. 7. 6. = 61 x 2 = 122 - 117 = 5. ingkang sakêdhik piyambak 3. 4. 1.1.1 = 10 x 2 = 20 - 18 = 2. utawi jalêr kapanggih 61 èstri 10 = 71 63 = 3 makatên sapiturute pangupadosipun, ngantos sagêd pikantuk dintên sae ingkang dhawah 3. 6. 9.

--- 67 ---

Pasatowan IV

51. Ing ngandhap punika pasatowan, ingkang kalampahakên ing Panjênêgan Dalêm Kangjêng Gusti Pangeran Arya Buminata, putra dalêm P.B. III mêndhêt saking nêptuning dintên pasaran, tuwin nêptuning wulan taun punapa dene winêwahan kathahing tanggalipun, kados ing nginggil wau (Pas . III) nanging kabucal tiga-tiga yèn kantun:

1 bêgja | 2 lara | 3 pati.

Pasatowan V (= Endrakusuma)

52. Ing ngandhap punika pasatowan ingkang katindakakên Sampeyan Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan P.B. VI Ambangun Tapa, wêdalanipun lare jalêr èstri kakêmpalakên dados satunggal, kabucal gangsal-gangsal, yèn kantun:

1. sri | 2. dana | 3. lara | 4. pati | 5. lungguh.

--- 68 ---

Pasatowan Tarub VI

53. Ing ngandhap punika pasatowan kangge tarub mantu, angupadosi dintên sae, wêwaton dhawah ing tanggal, 1 t/m 30 sampun kapathok kadamêl ajêg, kados ta:

Tanggal 1, kagunganing ratu, adat kêna rêncananing lêlêmbut sêmara bumi, sandhungane ora dadi,

Tanggal 2, nyeluman lanang, adat kibatkinêbat. kabêgjane manggung nandhang kêmlaratan, sarta sok kelang-kelangan.

Tanggal 3, nyeluman wadon, adat kinêbat kabêgjane manggung nandhang kêmlaratan, bedane mung rada suwe,

Tanggal 4, bêcik sêmpulur rijêkine,

Tanggal 5, pati lanang pati wadon.

(tanggal 1 = 6 en 2 = 7 en.)

--- 69 ---

Ala beciking dina (afd tanggal)

54. Ing ngandhap punika namaning dintên tigang dasa awêwaton saking tanggal, kados ta:

Tanggal 1 kuda, bêcik | 2 kidang, bêcik | 3 macan, ala | 4 kucing, bêcik | 5 sapi, ala | 6 kêbo, bêcik | 7 tikus, bêcik | 8 lêbu, bêcik | 9 asu, ala | 10 naga, bêcik | 11 kêmbang, bêcik | 12 mayang, bêcik | 13 gajah, ala | 14 singa, bêcik | 15 mina, bêcik | 16 malam, ala | 17 wulung, bêcik | 18 lepa, bêcik | 19 banthèng, bêcik | 20 antu, bêcik | 21 arêng, ala | 22 urang, bêcik | 23 sêgara, bêcik | 24 pare, ala | 25 madu, ala | 26 kala, ala | 27 ula, bêcik | 28 pari, bêcik | 29 ulêr, ala | 30 sada, ala.

--- 70 ---

Rajamuka (afd tanggal)

55. Ing ngandhap punika petangan rajamuka petanganing durjana ingkang amara sandi: nêmpuh griya, sanadyan petanganipun tiyang awon sayogi kinawruhan, môngka sarana panulaking bêbaya ingkang badhe pinanggih, wêwaton saking tanggal, kados ta:

Tanggal 1 kawon lêbêt | 2 kawon jawi | 3 kawon jawi | 4 kawon lêbêt | 5 sami wilujêng | 6 kawon lêbêt | 7 kawon jawi | 8 kawon lêbêt | 9 kawon lêbêt | 10 kawon lêbêt | 11 kawon jawi | 12 kawon jawi | 13 kawon lêbêt | 14 sami wilujêng | 15 kawon lêbêt | 16 kawon jawi | 17 kawon lêbêt | 18 kawon lêbêt | 19 kawon jawi | 20 kawon jawi | 21 kawon lêbêt | 22 sami wilujêng | 23 kawon lêbêt | 24 kawon jawi | 25 kawon lêbêt | 26 kawon lêbêt | 27 kawon jawi | 28 kawon jawi | 29 kawon lêbêt | 30 sami wilujêng.

--- 71 ---

Pal: sri sadana (afd. 1t/m 18)

56. Ing ngandhap punika petangan sri sadana, utawi pal, bêgja cilakaning tiyang sawancining umuripun 6 t/m 108 taun.

Wêdalan dintên pasaran 7 = Slasa Wage t/m = Sêtu Paing = 35 dagen

[Naskah rusak]

--- 72 ---

Pal, Bêgja Cilaka(afd 7 t/m 18)

57. Ing ngandhap punika petanganing bayi lair tuwin sanès-sanèsipun: bêgja cilakaning tiyang, mêndhêt saking nêptuning dintên pasaran wêdalanipun = 7 t/m 18, kados ta:

...

--- 73 ---

Manuk (afd 7 t/m 18)

58. Ing ngandhap punika petanganipun tiyang pados pêksi, nêptuning dintên pasaran kakêmpalakên dados satunggal, kabucal tiga-tiga yèn kantun:

1. gagal: ala | 2. gigis: sêdhêng | 3. gigol: bêcik.

Iwak Loh (afd. 7 t/m 18)

59. Ing ngandhap punika petanganipun tiyang pados ulam loh, nêptuning dintên pasaran kakêmpalakên dados satungal, kabucal sakawan, utawi sakawan-sakawan, yèn kantun:

1. otak:sêdhêng

2. iwak: bêcik

3. ubêng: ala

4. jôntra: ala.

--- 74 ---

Omah

60. Ing ngandhap punika petanganipun tiyang damêl griya sêsaminipun, ingkang kadamêl baku petanganing usuk ingkang kangge mêgêng ing griya, dene petanganipun: sri, kitri, gana, liyu, pokah, yèn dhawah:

sri, bêcik | kitri, bêcik | gana, sêdhêngan | liyu, ala | pokah, ala.

Ananging mênggah petanganipun abdi dalêm kalang botêmbotên. makatên, mawi-mawi kanggenipun, sanadyan dhawah sri, kitri, ingkang kaanggêp sae inggih sagêd dhawah awon ugi bilih dede anggènipun, kajênging petangan wau mawi êmpan papan manggèn ing petanganipun piyambak-piyambak, kados ta: petanganing griya botên sagêd nunggil kalihan petanganing pandhapa, griya kêdah dhawah sri, pandhapa dhawah kitri, makatên sapiturutipun, sarta bilih anêtêpi lênggahipun nama sae, kosokwangsulipun bilih botên anêtêpi lênggahipun nama awon, kados ta:dhawah: [ta:dhaw...]

--- 75 ---

[...ah:]

Sri: têgêsipun: pangan, rajabrana, kamulyan, kangge griya, ing pangajap, ingkang angênggèni karijêkèna, sugih rajabrana, manggih kamulyan.

Kitri: têgêsipun: tanduran = ayom of edhum, kangge pandhapa, (paringgitan griya pasanggrahan) ing pangajap ingkang ngênggèni amanggiha sêgêr kasarasan.

Gana: têgêsipun: gatra kangge gandhok (pawon, gêdhogan, kandhang) ing pangajap amanggiha isi barang saha rajakaya awit saking kasugihanipun ingkang ngênggèni.

Liyu: raosipun: lêsah, utawi: lêsu, saha gadhah têgês: larut, kangge regol (bangpal, pasowanan) ing pangajap ingkang malêbêt ing regol lajêng lêsah utawi lêsua manahipun, punapadene laruta kêkajênganipun.

Pokah: utawi: pakah, kangge lumbung sarta wêwadhah sanèsipun, ing pangajap ngantos pokah dening kêkêbakên isi pantun sarta sanèsipun, panapa dene sagêt amêncarakên badhe botên kêkirangan rijêki.

--- 76 ---

Kori

61. Ing ngandhap punika petanganipun tiyang damêl korining pemahan, katêpusa rumiyin lajêng katêkuk kabagi sanga, bilih kori majêng ngidul, petanganipun saking wetan, majêng mangilèn: saking lèr, majêng ngalèr: saking kilèn, sarta majêng mangetan: saking kidul, petanganipun: bumi, karta, kala, kali, mênawi dhawah:

bumi, sae | karta, sae | kala, awon | kali, awon

Sumur

62. Ing ngandhap punika petanganipun tiyang damêl sumur, kadhêpanana têbih cêlake saking trêping griyanipun têngah lêrês jogan, utawi jrambah, dene petanganipun: sri, dunya, arta, swarga, naraka, yèn dhawah:

sri: sêrêpan | donya: kêrêp kelangan | arta: asatan | suwarga: bêcik | naraka: sok kalêbon janma (kêcêgur).

--- 77 ---

Ambèn

63. Ing ngandhap punika petanganipun tiyang damêl ambèn kawicala saking kathah kêdhiking cacahipun dalika, (usuking ambèn) dene petanganipun dlika, wangke: wangkong, yèn dhawah:

dlika: gêringan kang darbe ambèn iku | wangke: kêrêp kêpatèn | wangkong: sêrêpan.

Ôndha

94.64.

Ing ngandhap punika petanganipun tiyang damêl ôndha kawicala saking kathah kêdhiking untunipun ôndha, dene petanganipun: ôndha, endhe, undhu, yèn dhawah:

ôndha: sêrêpan | endhe: sok ginawe mikul dhisin | undhu: gêringan kang darbe ôndha iku.

--- 78 ---

Adi

Alip Langkir

...

--- 79 ---

Adi

Ehe Langkir

...

--- 80 ---

Adi

Jimawal Langkir

...

--- 81 ---

Adi

Jê Langkir

...

--- 82 ---

Adi

Dal Langkir

...

--- 83 ---

Adi

Be Langkir

...

--- 84 ---

Adi

Wawu Langkir

...

--- 85 ---

Adi

Jimakir Langkir

...

--- 86 ---

Kunthara

Alip Kulawu

...

--- 87 ---

Kunthara

Ehe Kulawu

...

--- 88 ---

Kunthara

Jimawal Kulawu

...

--- 89 ---

Kunthara

Je Kulawu

...

--- 90 ---

Kunthara

Dal Kulawu

...

--- 91 ---

Kunthara

Be Kulawu

...

--- 92 ---

Kunthara

Wawu Kulawu

--- 93 ---

Kunthara

Jimakir Kulawu

...

--- 94 ---

Sêngara

Alip Langkir

...

--- 95 ---

Sêngara

Ehe Langkir

...

--- 96 ---

Sêngara

Jimawal Langkir

...

--- 97 ---

Sêngara

Je Langkir

...

--- 98 ---

Sêngara

Dal Langkir

...

--- 99 ---

Sêngara

Be Langkir

...

--- 100 ---

Sêngara

Wawu Langkir

...

--- 101 ---

Sêngara

Jimakir Langkir

...

--- 102 ---

Sancaya

Alip Kulawu

...

--- 103 ---

Sancaya

Ehe Kulawu

...

--- 104 ---

Sancaya

Jimawal Kulawu

...

--- 105 ---

Sancaya

Je Kulawu

...

--- 106 ---

Sancaya

Dal Kulawu

...

--- 107 ---

Sancaya

Be Kulawu

...

--- 108 ---

Sancaya

Wawu Kulawu

...

--- 109 ---

Sancaya

Jimakir Kulawu

...

--- 110 ---

Wuku Tigang Dasa

--- 111 ---

Sinta

Wuku Sinta dewane Bathara Yamadipati, watêke gêdhe nêpsune, kêrêp katiwasan, lêmbut budine. Sikile kêkobok banyu, adhêm parentahe lan ayêman, manuke gagak, watêke awèt nom, kêbat sabarang gawe, wruh ing wangsit, kayune gêndhayakan, watêke dadi pangaubaning wong prihatin kang minggat saka pangengeran, gêdhonge ana ngarêp, watêke ngatokake donyane, kapara gêdhe budine, akèh bêgjane, paradhah atine, nanging rada tan sarju. Umbul-umbule pinandhi ing dewane, angatokake kaprawirane, dhêmên sumbung sabarang solahe. Candrane: Endra, watêke dhêmên nastapa, gêdhe prihatine lan gêdhe piangkuhe, rada karêm marang laku kapandhitan, lambunge: patine wong ngawig, bilaine satêngah tuwuh, tandrêman karo rabine. Sidêkahe: sêga pulên dangdangan bêras sapitrah, iwake pindhang kêbo tukon salikur kèthèng tanpa nganyang, dongane tulak bilai wêkasan slamêt, wuku Sinta: kalajaya bumi ana lor wetan, pitung dina aja lunga ngarêpake kala, ora bêcik kang tinêmu.

--- 112 ---

Ngahad Paing: Sri Tungle dangu wasesa sêgara rêmbulan, wariga gêmêt, rahayu, samubarang gawe bêcik.

Sênèn Pon: Endra Aryang dangu sumursinaba aramaras. tuding rahayu ambêbêdhaga, ambêburua: olèh sato.

Sêlasa Wage: Guru Wurukung dangu lêbu katiyub ngangin, bumi ala, aja lunga kawêlèh ing paran, lola kelangan guru, kang bêcik masang wêlah ing sawah.

Rêbo Kliwon: Yama, Paningron, dangu, lêbu katiyub ngangin, sêngenge rahayu, lêlungana slamêt.

Kêmis Lêgi: Lodra Uwas, jagur satriya wirang, lintang, ala bêcik, nambanana mata lara: gêlis waras, yèn suwita bisa kandêl sarta kinasihan.

Jumungah Paing: Brama, Mawulu, gigis, tunggak sêmi srêngenge sumêngkaning asu ajag, ala, nanging yèn mêmikat olèhan.

Sêtu Pon: Kala, Tungle kerangan, wasesa sêgara, banyu turuning sapi gumarang, ala samubarang gawe, alêlungan katadhahan.

--- 113 ---

Landêp

Wuku Landêp dewane Bathara Mahadewa, bagus rupane rabi ayu tumêrah marang anake, padhang atine, dhêmên ulah sêmadi. Sikile kêkobok banyu, parentahe ngarêp kêncêng ing buri kêndho sarta akèh palamartane. Gêdhonge ana ngarêp, angatokake donyane. Kayune Gêndhayakan, dadi pangaubane wong lara, wong sangsara, wong minggat saka bale omahe sarta saka pagaweyane. Manuke atat kêmbang, dadi ingon-ingone wong gêdhe, yèn ngawula gêlis olèh sih. Ngungkurake gunung, watêke: saênggon-ênggone kudu ngêrèh. Candrane: surating raditya, watêke: elingan, padhangan atèn, pintêr marang samubarang gawe, bisa nglêjarake atining wong. Lambange: mina pêjah tan wrin pringga, bilaine karubuhan kayu, sidêkahe: tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwake mênjangan, kinalak, ginêcok lan binakar, slawate patang kèthèng, dongane kabula. Wuku Landêp, kalajaya bumi ana kulon marêp mangetan pitung dina aja marani ênggoning kala.

--- 114 ---

Ngahad Wage: Uma Aryang nohan, satriya wibawa angin, wariga gêmêt, rahayu têmên, ngupayaa wong wadon gêlis antuk.

Sênèn Kaliwon: Sri warungkung wogan, satriya wirang aras kêmbang, rahayu, samubarang gawe bêcik, ambêbêdhaga olèhan tur gampang, yèn gawe sumur akèh banyune.

Slasa Lêgi: Endra Paningron, tulus, wasesa sêgara gêni rahayu, alêlungana nêmu rijêki, ana ing dalan ora suwe, yèn gawe sumur dêrês ilining banyune.

Rêbo Paing: Guru Uwas, wurung wasesa sêgara banyu nuju tali wangke, ala samubarang gawe, aja lêlungan, ananging ana kang sayoga, agawea jala, sèsèk, utawa bronjong.

Kêmis Pon: Yama Mawulu dadi satriya wirang, srêngenge, ala samubarang gawe, mung yèn gawe sumur banyulebanyune. bêcik.

Jumungah Wage: Lodra Tungle dangu sumursinaba aras pêpêt, sumêngkaning cèlèng dêmalung. Rahayu, masanga pêlantih piluwang gêlis olèh buron.

Sêtu Kliwon: Brama, Aryang, jagur, tunggak sêmi, bumi tumuruning kuthilapas, ala: aja lêlungan.

--- 115 ---

Wukir

Wuku Wukir, dewane Bathara Mahayêkti, watêke prihatinan, banyu ing jêmbangan ana ngisor, watêke rada andhap asor bêbudène. Gêdhonge ana ngarêp, watêke angatokake donyane. Kayune nagasari, bagus rupane arum wicarane, kanggêp pangawulane, kinasihan ing gustine. Manuke manyar, watêke ora kêna kongkulan ing pêpadhane. Gununge kapering, watêke saênggon-ênggone kudu ngêrèh. Candrane: gunung katon, watêke: yèn dinohan katon bêcike yèn cinêdhakan katon alane tur sungil, watêke gampang jaba: angèl jêro, nanging pradhah bojakramane lan lila ing donyane, matêng ing kawignyane. Lambange: sato wana lêsu, bilaine kinaniaya, sidêkehe sêga wuduk, iwake pitik sawayahe: linêmbar, nganggo kêkuluban rupa lima, slawate patang kèthèng, dongane rajukna. Wuku Wukir jabung kalajaya bumi ana kidul wetan, pitung dina aja lunga amapagake arêping kala.

--- 116 ---

Ngahad Lêgi: Kala Wurungkung gigis, sumursinaba, aras pêpêt, sumêngkaning sri, wariga gêmêt, rahayu, angunggahna pari ing lumbung, bêcik.

Sênèn Paing: Uma Paningron, kerangan bumi kapêtak, lintang rahayu, samubarang gawe bêcik, nanging yèn gawe sumur bêbêg banyune.

Slasa Pon: Sri, Uwas nohan, satriya wibawa aras pêpêt rahayu samubarang gawe bêcik, lêlungana nêmu rijêki, ana ing dalan ora suwe.

Rêbo Wage: Endra, Mawulu wogan, satriya wibawa aras tuding rahayu samubarang gawe bêcik.

Kêmis Kliwon: Guru Tungle tulus, bumi kapêtak, banyu rahayu, lêlungana katêmu kêkasihe, jabang bayi lair antuk sandhang pangan ing têmbe.

Jumungah Lêgi: Yama Aryang wurungWurukung. satriwirangsatriya wirang. aras tuding rahayu, amêmarangi: bêcik, tegese: memarangi mikir arêp bêbesanan.

Sêtu Paing: Lodra WurungkungWurukung (dan di tempat lain). dadi satriya wibawa gêni tumuruning asu ajag, ala aja lêlungan katadhahan ing kala, lan nêmu kurda-kurda, nanging bayi lair: bêcik.

--- 117 ---

Kurantil

Wuku Kurantil, dewane Bathara Langsur, butêng atine. Angiwakake banyu, budi lan karêpe rada dhêmên laku ngiwa, asring kurang piyandêl ing ati lan kurang prasaja. Gêdhonge gumuling ing lêmah watêke lèrwèh ora bisa sêsimpên. Kayune ingas, watêke panastèn kêna ingauban. Manuke slindhitan, anggalidhig samubarang polahe. Umbul-umbule ana ngarêp, ing têmbe ana kamuktène. Candrane: wowohan, tan bisa ajêg rijêkine, sadhèla sugih sadhèla mlarat, lambange dhandhang angurag, bilaine tiba ênggone mêmènèk, sidhêkahe tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwake pitik lurik sawayahe pinêcêl, slawate pitung kèthèng, dongane pinalan rajukna, jabung kalajaya bumi ana ngisor, pitung dina aja dhudhuk-dhudhuk, akèh sêngkalane.

--- 118 ---

Ngahad Pon: Brama Paningron, dangu, bumi kapêtak, kêmbang sumêngkaning sapi gumarang, wariga gêmêt: ala samubarang gawe, nanging ngupaya wong wadon gêlis antuk.

Sênèn Wage: Kala Uwas, jagur wasesasagara gêni ala samubarang gawe, yèn lêlungan ora têkan ing paran, nanging yèn ambêbêdhag: bêcik

Slasa Kliwon: Uma Mawulu gigis sumursinaba aras tuding ala samubarang gawe, aja lêlungan, katrapan ing lêlara gêdhe, lan sabarang karêpe tumiba ing luput.

Rêbo Lêgi: Sri Tungle kerangan, sumursinaba aras kêmbang rahayu têmên, samubarang gawe bêcik, ngupaya sandhang pangan gêlis antuk.

Kêmis Paing: Endra Aryang nohan, lêbu katiyub ngangin bumi ala samubarang gawe, pangadhanging satru, nrajang pati, aja lêlungan

Jumungah Pon: Guru Wurungkung wogan lêbu katiyub ngangin lintang, ala sumbarang gawe, aja lêlungan, yèn tinêrak yêkti nêmu papa lan kalaran ana ing saba paran

Sêtu Wage: Yama Paningron, tulus, satriya wirang aras kêmbang tumuruning cèlèng dêmalung, rahayu samubarang gawe amêmarangana lan amisayaa iwak: bêcik.

--- 119 ---

Tolu

Wuku Tolu, dewane Bathara Bayu, watêke mintir atine, bisa angenaki ati wong, nanging yèn nêpsu ambilaèni, ora kêna sinayutan. Gêdhonge ana ngarêp, ngatokake donyane, sarta paradhah. Kayune Wijayamulya, bangêt wingit luhur piangkuhe, dhêmên gawe ayêming ati, manuke branjangan, watêke: ora sarèh. Umbul-umbule kaungkurake, bêgjane katêmu tuwa. Candrane: wangkawa, têgêse: kêkuwung, angkuh, bêdhidhig tan langgêng, dhêmên doracara. Lambange: paserean sakèhing wuku, bilaine: siniyung utawa sinungu, sidêkahe sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwake pitik wijah: linêmbar, slawate têlung kèthèng, dongane kabula, jabung kalajaya bumi ana lor kulon, pitung dina aja lunga mapagake kala.

--- 120 ---

Ngahad Kaliwon: Lodra Uwas, wuru,Wurukung. lêbu katiyub ngangin, lintang sumêngkaning kuthilapas, wariga gêmêt: ala, aja lêlungan, nandura pala brungkah: bêcit.bêcik.

Sênèn Lêgi: Brama Mawulu dadi tunggak sêmi angin, sri tumuruning pawon, rahayu nandura pala brungkah dadi wohe.

Slasa Paing: Kala Tungle dangu satriya wirang araskêmbang ala samubarang gawe, tumuruning tuju têluh taragnyana padha ngadhang, aja lêlungan.

Rêbo Pon: Uma Aryang jagur bumi kapêtak, rêmbulan, rahayu, samubarang gawe bêcik.

TêmisKêmis. Wage: Sri Wurungkung gigis, tunggak sêmi aras kêmbang rahayu, anjaluka padha lilane lan slamêt ing dalan.

Jumungah Kliwon: Endra Paningron kerangan wasêsasêgara rêmbulan, rahayu têmên mêtu kang urip.

Sêtu Lêgi: Guru Uwas, nohan, bumi kapêtak, rêmbulan, rahayu, nambanana wong lara bisa waras.

--- 121 ---

Gumbrêg

Wuku Gumbrêg, dewane Bathara Cakra, watêke ujar pisan, lilan tan nganggo warana. Sikile ngarêp kêkobok banyu, barang parentahe sarèh ngarêp, kêras ing buri. Gêdhonge ana ing buri, tôndha lila ing donyane tan nganggo warana mau. Kayune waringin, dadi pangauban lan pinisuka ing bêndara, wong kang mulat padha kacaryan, kumudu-kudu ngaub, manuke ayam alas, watêke pinilala ing wong gêdhe, tur micara manis arum pangucape, wong kang mulat padha dhêmên asih, kanggêpa ngawulane, pinitaya ing gawe, luhur piangkuhe, gêdhe daulate. Candrane gêtêr-patêr, sugih ngèlmu akèh kojahe, nanging tan wruh wêkasane, atine luwih sumuci-suci, têmahan wigar-anggagar kang padha nungsung ing ngèlmune. Lambange kayu mati, bilaine kalêbu ing banyu, sidêkahe sêga pêra dangdangan bêras sapitrah, iwake pitik brumbun pinindhang, kêkuluban warna sanga, slawate patang kèthèng, dongane rajukna. Jabung kalajaya bumi ana kidul, pitung dina aja lunga mapag adhêping kala.

--- 122 ---

Ngahad Paing: Yama Mawulu wogan, wasêsasêgara rêmbulan, sumêngkaning asu ajag, wariga gêmêt: ala samubarang gawe, aja lêlungan kasêngkala ing paran.

Sênèn Pon: Lodra Tungle tulus, sumursinaba aras tuding tumuruning sapi gumarang, ala: ringkêl gulu sasigar, aja lêlungan kêlaran ing paran.

Slasa Wage: Brama Aryang wuru lêbu katiyub ngangin, bumi ala, nanging tuku pitik iwèn: bêcik, lan nambani wong edan: bisa waras.

Rêbo Kliwon: Kala Wurungkung dadi lêbu katiyub ngangin, srêngenge rahayu, mêmarangana padha suka lan sugih sanak.

Kêmis Lêgi: Uma Paningron, dangu satriya wibawa lintang rahayu têmên, samubarang gawe sida, yèn lêlungan slamêt ing paran.

Jumungah Paing Sri Uwas, jagur, tunggak sêmi, srêsengesrêngenge. rahayu samubarang gawe bêcik, lêlungana antuk suka ana ing paran.

Sêtu Pon: Endra Mawulu gigis wasesa sêgara banyu rahayu samubarang sawegawe. bêcik, antuk kamurahan akèh, rijêki bêras pari, santhangsandhang. pangan têka wuwuh-wuwuh.

--- 123 ---

Warigalit

Wuku Warigalit, dewane Sang Hyang Asmara, bagus warnane, dadi kêmbanging pasamuan, [...]Naskah rusak. n, prihatinan, ewuh kêkarêpane, lumuh jêjagongan, kayune sulastri bêcik rupane, linulutan ing wong akèh. Manuke kapodhang, butarêpan, tan rêna kumpulan lan wong akèh. Ngarêpake candhi, tansah prihatin, anduwèni butarêpan, candrane kayu kêmladheyan ngajak sêmpal, watêke saênggon-ênggone bisa dadi. Lambange: janma mati, salokane andêrpati, watêke êndi kang wus dadi karêpe mantêp linabuhan pati, bilaine kèmbèt, sidêkahe sêga ura dangdangan bêras sapitrah, iwake rancapan, ginêcok lan kinalak, slawate patang kèthèng, dongane tulak bilai wêkasan slamêt, jabung kalajaya bumi ana dhuwur, pitung dina aja mêmènèk, akèh bekane.

--- 124 ---

Ngahad Wage: Guru Tungle kerangan, satriya wibawa angin, sumêngkaning cèlèng dêmalung wariga gêmêt, ala, nanging yèn ambêbêdhag antuk sato.

Sênèn Kliwon: Yama Aryang nohan, satriya wirang aras kêmbang tumuruning kuthilapas, rahayu, anjêjaluka manasuka, ambubrah omah, lan amèt guru omah: maguru: bêcik.

Slasa Lêgi: Lodra Wurungkung wogan, wasesa sêgara gêni sri sumêngka, rahayu, gawea sumur banyune kêbak.

Rêbo Paing: Brama Paningron, tulus, wasêsasêgara, banyu rahayu, samubarang gawe bêcik, anabêta têka padha suka.

Kêmis Pon: Kala Uwas, wurung satriya wirang srêngenge taliwangke. Alapa pangadhanging satru, aja lêlungan lan aja lena.

Jumungah Wage: Uma Mawulu, dadi sumursinaba, aras pêpêt, rahayu, slamêt, katêmu urip, lêlungana: bêcik.

Sêtu Kliwon: Sri Tungle dangu tunggak sêmi bumi ala ayu, nanging lêkas satarak antuk cahya, lan sabarang karêpe yêkti antuk.

--- 125 ---

Warigagung

Wuku Warigagung, Dewane Bathara Maha Yêkti watêke abot sanggane, gêdhonge ngarêp buri, watêke: lila ngarêp, eman buri. Kayune cêmara, rame wicarane, manis arum parentahe sarta kinêdhepan, watêke bantêr atine, bisa angupaya sandhang pangan. Umbul-umbule ana buri, bêgjane katêmu ing buri. Bilaine kabêndana dening prasanakane, sidêkahe sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwake bèbèk putih ingulah gêgurih, kêkuluban warna lima, slawate limang kèthèng, dongane rasul. Jabung kalajaya bumi ana lor, pitung dina aja lunga amapagake arêping kala.

--- 126 ---

Ngahad Lêgi: Endra Aryang jagur sumursinaba aras pêpêt, wariga gêmêt rahayu samubarang gawe bêcik, anyuwuk, anumbali ama, agawe sumur aya satumbak kêris: prayoga.

Sênèn Paing: Guru Wurungkung gigis bumi kapêtak, lintang tumuruning asu ajag. Rahayu, anjêjaluka padha sukane, ana ing saba paran lêstaria guntur: omah bêcik.

Slasa Pon: Yama Paningron, kerangan, satriya wibawa, aras pêpêt, sumêngkaning sapi gumarang. Rahayu, masang sêsêrêping wisalan sêsirêping maling: dadi tawar, kaya satumbak kêris: prayoga.

Rêbo Wage: Lodra Uwas, nohan, satriawibawa aras tadingtuding. rahayu samubarang gawe bêcik, gawe sumur akèh banyune.

Kêmis kaliwon Brama Mawulu wogan bumi kapêtak banyu ala pangadhanging satru, dèn prayitna aja lena.

Jumungah lêgi Kala Tungle tulus, satriawirang aras tuding rahayu samubarang gawe bêcik, lêlungana padha suka ing paran.

Sêtu Paing: Uma aryaAryang. wurung satriya wibayawibawa. gêni rahayu, suwitaa ing wong gêdhe antuk kawiryan.

--- 127 ---

Julungwangi

Wuku Julungwangi, dewane Bathara Sambu kuncara sabarang polah tingkahe, yèn duwe panggawe ala gêlis misuwur, luwih manèh yèn duwe panggawe bêcik. Banyu ing jêmbangan ana ngarêp watêke: lilan, ananging kudu kinetokêna mungguh ing kabêcikane saka sathithik, kayune cêmara, rame wicarane gawe mirise kang rumungu, manis arum parentahe sarta kinèdhêpan. Umbul-umbule ana ngarêp ana kamuktène, kinasihan ing dewane satasaka. ing gustine, candrane: kêmbang, arum wicarane, pintêr agawe mêmanis, nanging sajroning atine amrih dudu, lambange: banthèng lumpuh, sanadyan tinitah papa, katone isih mêdèni sarta isih rowa, bilaine tinêbak ing macan, sidêkahe sêga kabuli, iwake pitik abang winor ing sêga kang ginawe slawat: kucing, dongane tulak bilai wêkasan slamêt, jabung kalajaya bumi ana kidul kulon, pitung dina aja lunga mapagake arêping kala.

--- 128 ---

Ngahad Pon: Sri Wurungkung dadi bumi kapêtak, aras kêmbang wariga gêmêbgêmêt. samubarang gawe ala, aja lêlungan.

Sênèn Wage: Endra Paningron,dangu wasesa sêgara gêni tumurun ing cèlèng dêmalung rahayu, andundum madonnya, pahalane kinèdhêpan.

Slasa Kliwon: Guru Uwas janurjagur. sumursinaba aras tuding sumêngkaning kuthilapas, ala aja lêlungan, kasêngkala gêring ana ing paran sabarang kang mawa nyawa dadi sangkala kabèh.

Rêbo Lêgi: Yama Mawulu gigis, sumursinaba aras kêmbang sri tumurun ing paturon, nandura palakirna utawa gêdhang gêlis awoh, wong rangkat slamêt.

Kêmis Paing: Lodra Tungle kerangan lêbu katiyub ngangin bumi rahayu, masang tumbal, utawa tumbal wurungan tuwin gawe wêlah: bêcik.

Jumungah Pon: Brama Aryang nohan, lêbu katiyub ngangin lintang payu têmên, lunga nagih potang: olèh tan suwe satasarta. madha sukane.

Sêtu Wage: Kala Wurungkung wogan, satryiawirang lintang samubarang gawe ala, upas pangantan.

--- 129 ---

Sungsang

Wuku Sungsang, dewane Bathara Gana, watêke panasbaranan, pêtêngan atèn. Banyu jêmbangan ana ngarêp, watêké lilan, nanging kudu kinetokêna kabêcikane, gêdhonge ana buri, lila tan nganggo karana rai. Kayune tangan, watêke anggalidhig tan bisa nganggur, kêras budine, karêm marang darbèking liyan. Manuke bidho, kêras budine, bisa anamur laku, candrane: kêmbang wora-wari bang, gêdhe nêpsune, nanging kêna pinalangan, lambange: jaka wuru tiba, watêke yèn katiwasan tan ana kang têtulung, mung mandhêg wêlas. Bilaine: kawêsèn, sidêkahe sêga mêgana dangdangan bêras rong pitrah, iwake bèbèk lan pitik, janganane warna sanga winor ing tumpêng balaka, iwake jêjanganan sêsambêlan kang ganêp, kang sapitrah ginana, slawate sapuluh kèthèng, dongane slamêt kabula, jabung kalajaya bumi ana wetan, pitung dina aja lunga nungsung kala, watêke akèh pangkalane.sangkalane.

--- 130 ---

Ngahad Kaliwon: Uma Paningron, tulus, lêbu katiyub ngangin, lintang wariga gêmêt: ala aja lêlungan, kalaran lan angêmu wirang ana ing dêdalan, utawa ana ing paran.

Sênèn Lêgi: Sri Uwas wurung tunggak sêmi angin, bêcik, masang tumbal omah lan tumbal sawah: prayoga, kang sêdya ala tan tumêka.

Slasa Paing: Endra Mawulu dadi satriya wirang aras kêmbang sumêngkaning asu ajag, ala, ringkêl bêburon, nanging anjêjaring lan ambêbêdhil, akèh antuke.

Rêbo Pon: Guru Tungle dangu bumi.kapêtak, rêmbulan, tumuruning sapi gumarang, rahayu samubarang gawe bêcik, lêlungana suka ing paran

Kêmis Wage: Yama Aryang jagur tunggak sêmi aras kêmbang rahayu, kapracaya ing sanake kabèh, wong rangkat: slamêta.

Jumungah Kliwon: Lodra Wurungkung gigis, wasesa sêgara, rêmbulan, rahayu, jaba bayi lair lan rijêkine

Sêtu Lêgi: Brama Paningron kerangan bumi kapêtak rêmbulan, luwih ala mubarangsamubarang. gawe.

--- 131 ---

Galungan

Wuku Galungan, dewane Bathara Kamajaya, watêke tan lèmèran, bisa anglêjarake ati susah, asih marang panggawe bêcik adoh marang panggawe ala, mangku banyu ing wadhah, adêdana badan, nora gêmi, kayune tangan, anggalidhig tan bisa nganggur, kêras budine, karêm marang darbèking liyan, manuke nori, luwih boros tangarabas, rosa wicarane, lila ing donyane, tan nganggo karana rai, adoh bêgjane, muka budine, candrane, paksi anèng lunggur, watêke: yèn amèk asil anênungkul, sasabe gora-godha, lambange pring anggagar, watêke malarat, bilaine têtukaran, sidêkahe sêga adhêm dangdangan bêras sapitrah, iwake: wêdhus saulês-ulêse lan pitik irêng mulus sawayahe: pinindhang, dongane salamêt pina, slawate sangang kèthèng, jabung kalajaya tumibumi. ana lor wetan, aja lunga nungsung kala.

--- 132 ---

Ngahad Paing: Kala Uwas nohan, wasesa sêgara lintang wariga gêmêt, samubarang gawe ala nanging masang tumbal wurunging sêsirêp: bêcik.

Sênèn Pon: Kala Mawulu wogan, sumursinaba aras tuding rahayu, ambêburua olèh sato akèh.

Slasa Wage: Kala Tungle tulus, lêbu kayub ngangin, bumi sumêngkaning cèlèng- dêmalung, ringkêl baburon, anjajaringa lan ambêbêdhila antuk manuk akèh.

Rêbo Kliwon: Uma Aryang wurung lêbu katiyub ngangin srêngenge tumuruning kuthilapas, rahayu samubarang gawe bêcik, lêlungana suka ing paran.

Kêmis Lêgi: Sri Wurungkung dadi satriya wibawa lintang sumêngkaning srasri. ala bêcik lêlungan: ala, kasêngkala ing paran, ngunggahake pari ing lumbung: bêcik.

Jumungah Paing: Endra Paningron, dangu tunggak sêmi srêngenge luwih saka bêcik lêlungana suka ing paran, sabarang karêpe: antuk.

Sêtu Pon: Guru Uwas, jagur wasesa sêgara banyu anggolèki wong minggat bisa katêmu tan suwe.

--- 133 ---

Kuningan

Wuku Kuningan, dewane Bathara Endra, watêke: andarbèni kaluwihan lan kaluhuran, gêdhe darajate. Kayune wijaya kusuma, luwih adi lan luwih bagus, nanging tambuh ing paramean, manuke urang-urangan, kêbat sabarang gawe, nanging kumêt, candrane garojogan, rame wicarane, akèh gorohe, yèn tinunjêl wêkasane tan bisa. Lambange lata paruthul, watêke malaratan lan gêringan, bilaine kaamuk, sidêkahe sêga punar dangdangan bêras sapitrah, iwake ranjapan ginorèng, slawate picis anyar kang putih sawêlas kèthèng, dongane slamêt kabula. Jabung kalajaya bumi ana kidul, pitung dina aja lunga nungsung kala, akèh rêncanane.

--- 134 ---

Ngahad Wage: Yama, Mawulu gigis, satriya wibawa angin, wariga gêmêt rahayu udan mas, bali lair ing têmbe antuantuk. kasugihan, lan wêruh marang kadang.

Sênèn Kaliwon: Lodra Tungle kerangan, satriya wirang aras kêmbang rahayu: nyaratana wong elik bisa atut, têtulung wong apês dadi kuwat, golèk sandhang pangan gangsar.

Slasa Lêgi: Brama Aryang nohan wasesa sêgara gêni rahayu sugih nagiha potang: antuk tan asuwe.

Rêbo Paing: Kala Wurungkung wogan, wasesa sêgara banyu tumuruning asu ajag, angupaya wong minggat bisa katêmu tan asuwe.

Kêmis Pon: Uma Paningron, tulus, satriya wirang, srêngenge sumêngkaning sawigumarangsapi gumarang. ala dèn prayitna.

Jumungah Wage: Sri Uwas, wurung sumursinaba aras pêpêt, taliwangke, ala samubarang gawe: nanging masang tumbal wurungan cacab, gawe têtulak katarima.

Sêtu Kliwon: Endra Mawulu dadi tunggak sêmi bumi rahayu nagih potang olèh tur padha sukane.

--- 135 ---

Langkir

Wuku Langkir, dewane Bathara Berawa iya Bathara Kala, murka angkara budi, asring agawe rudah sarta rusaking liyan, ananging yèn laku marang kapandhitan, enggal sumurupe saka landhêping ati sabarang kang ginulangake gêlis bisa. Kayune ingas lan cêmara sol, kayu ingas têtêp panas tan kêna ingauban, satêmah agawe sêngsara lan panastèn, kayu cêmara sol, uga tan kêna ingauban sarta tan ana wong kang dhêmên, manuke gêmak, watêke candhala ing budi, bèr marang kuwanèn tan amawang janma utawa ora wêdi marang sapêpadhane karêm marang panggawe luput sikara niaya, tur gumunggung. Candrane gunung gumaludhug watêke sabarang wicarane anggêgirisi, bisa nyilikake atining wong, nanging tan ngapaa. Lambange andaka wani, watêke luwih kêndêl, nanging tan prayitna, bilaine kêkêrêngan, utawa laku kadurjanan, utawa jinailan, sidêkahe sêga wuduk, iwake wêdhus lan iwak loh linêmbar, janganane sapêpake dongane slamêt pina, kalajaya bumi ana kidul wetan, pitung dina aja lunga marani kala.

--- 136 ---

Ngahad Lêgi: Guru Tungle dangu sumursinaba aras pêpêt, wariga gêmêt: rahayu, nênandura mangan wohe.

Sênèn Paing: Yama Aryang jagur bumi kapêtak, lintang rahayu, lêlungana antuk rijêki, bayi lair ana bêgjane.

Slasa Pon: Lodra Wurungkung gigis, satriya wibawa aras pêpêt, rahayu, lêlungana rijêkine nganti, bayi lair ana bêgjane.

Rêbo Wage: Brama Paningron, kerangan, satriya wibawa, aras tuding, tumuruning cèlèng dêmalung. Rahayu, lêkasa tarak brata antuk cahya lan antuk idi katarima.

Kêmis Kaliwon: Kala Uwas, nohan, bumi kapêtak, bumi sumêngkaning kuthilapas, rahayu, lêkasa ngurid wiji bêcik dadi tulus.

Jumungah Lêgi: Uma Mawulu wogan, satriya wirang aras tuding sri tumuruning padaringan. Rahayu, marangana antuk gawe, nandur pala brungkah bêcik.

Sêtu Paing: Sri Tungle tulus, satriya wibawa gêni, rahayu, marangana padha sukane.

--- 137 ---

Môndhasiya

Wuku Môndhasiya, dewane Bathara Brama, watêke rosa budine, kêras tanpa pangapura marang wong kang kaluputan, yèn wis nêpsu tan kêna pinalangan. Gêdhonge kumunci ana ngarêp, watêke gêmi marang arta, yèn wèwèh lumaku kinetokake, rada angkuh gumunggung, lan kumingsun. Kayune asêm, watêke: kêna ingauban marang wong kamlaratan, lan wong kangelan, dumadi adhêming atine. Manuke platuk bawang, watêke rosa budine akèh kawêlasane lan akèh panggaweane. Candrane: watu itêm munggèng paprêman, lan wrêksa gêng jêro pancêre, luwih sabar nanging yèn wis mêtu nêpsune anêmêni, lambange: mina tinilar ing we, watêke kêrêp kasasara,kasangsara. bilaine siniyung lan jinailan. Sidêkahe sêga abang dangdangan bêras sapitrah, jangana mbayêm bang, iwake pitik abang, binumbonan pindhang, duduhing pindhang rinêmêdan bayêm bang, slawate picis anyar kang isih abang patang puluh kèthèng, dongane slamêt pina, jabung kalajaya bumi ana ngisor, pitung dina aja dhudhuk-dhudhuk.

--- 138 ---

Ngahad Pon: Endra Aryang wurung bumi kapêtak, aras kêmbang wariga gêmêt, ala aja lêlungan, pangadhanging satru kabèh.

Sênèn Wage: Guru Wurungkung dadi wasesasagara gêni rahayu, gawea wisaya jala, jaring, sundhit, sêrêpan

Slasa Kliwon: Uma Paningron dangu, sumursinaba, aras tuding ala pangadhanging satru, dèn prayitna aja lena.

Rêbo Lêgi: Lodra Uwas, jagur sumursinaba aras kêmbang rahayu, anjêjaluka padha sukane, guntur omah bêcik

Kêmis Paing: Brama Mawulu gigil,gigis. lêbu katiyub ngangin, bumi sumêngkaning asu ajag. Rahayu anjêjaluka padha sukane.

Jumungah Pon: Kala Tungle kerangan lêbu katiyub ngangin, lintang tumuruning sapagumarang.sapi gumarang. Rahayu, gawea bêndungan bisa pêpêt, kapupuran sari sêsanjan badhik.

Sêtu Wage: Uma Aryang nohan satriya wirang lintang luwih bêcik kukuh, kineringan, marangana padha sukane, yèn pêrang mungsuhe tintrim.

--- 139 ---

Julungpujut

Wuku Julungpujut, dewane Bathara Guritna, dhêmên ing rame bêcik ucapane, ana kawisayane, lan ana kalungguhane, kayune rêmbulut, bagus rupane tanpa gônda, nanging saênggon-ênggone ingupaya. Manukê êmprit jowan, ora sugih, nanging gêdhê karêpe. Gununge ana ngarêp, gêdhe karêpe, saênggon-ênggone kudu angrèh. Candrane: palwa anèng lautan, ngalor ngidul gone angupaya pangan, mulane ora kurang rijêki. Lambange sapi gumarang tumurun, watêke keringan, bilaine katuwak lan katêluh ing setan, sidêkahe tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwake pitik abang pinanggang lan uyah, kuluban warna sanga, slawate têlung puluh kèthèng, dongane Bala srèwu lan kunut, jabung kalajaya bumi ana lor kulon, pitung dina aja lunga mapagake arêping kala.

--- 140 ---

Ngahad Kaliwon: Sri Wurungkung wogan lêbu katiyub ngangin, lintang wariga gêmêt: rahayu, mêmitrana, bêcik, tur asih anggawa bêgja.

Sênèn Lêgi: Endra Paningron tulus tunggak sêmi angin, rahayu, ngupayaa wong wadon gêlis olèh.

Slasa Paing: Guru Uwas, wurung satriya wirang aras kêmbang rahayu, lêlungana antuk rijêki padhang tur padha sukane, samubarang gawe olèh pangan.

Rêbo Pon: Yama Mawulu, dadi, bumi kapêtak, rêmbulan, rahayu, samubarang gawe bêcik.

Kêmis Wage: Lodra, Tungle dangu tunggak sêmi aras kêmbang sumêngkaning cèlèng dêmalung, ala samubarang gawe yèn lêlungan nêmoni kala.

Jumungah Kliwon: Brama Aryang jagur wasesa sêgara rêmbulan tumuruning kuthilapas ala barang kang sinêdya dadi kala aja lêlungan.

Sêtu Lêgi: NalaKala. Wurungkung gigis bumi kapêtak rêmbulan sumêngkaning sri rahayu angunggahna pari marang lumbung: brêkat.

--- 141 ---

Pahang

Wuku Pahang, dewane Bathara Tôntra, watêke pêksa luwih pangucape, angiwakake banyu ana ing buri bêbudène dhêmên laku ngiwa. Gêdhonge malumah, luwih boros, amarga saka lilan marang ing donyane. Manuke cocak, watêke juwèh pangucape, sok rada calimut, lêlandhêpe kêris ligan pinandhi, watêke kaduk wani tanpa dêduga lanas pangucape lan panastèn, apara tantang, candrane pulo katon saking doh, watêke kasusra saparipolahe, suci ing jaba rêgêd ing jêro, pambêkane angkuh, tansah nandhang prihatin, kayune kêndhayakan, lambange pêksi kênèng wisaya, watêke susahan atèn, bilaine kênèng ngupas lan kênèng niaya, sidêkahe sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwake pitik putih mulus, linêmbar, kuluban warna sawêlas, slawate patang puluh kèthèng, dongane rasul, jabung kalajaya bumi ana kidul, pitung dina aja lunga anungsung kala, akèh beka rêncanane.

--- 142 ---

Ngahad Paing: Uma Paningron, kerangan, wasesa sêgara rêmbulan, wariga gêmêt, ala, aja lêlungan,asring katiban tangan.

Sênèn Pon: Sri Uwas, nohan, sumursinaba aras tuding ala, aja lêlungan.

Slasa Wage: Endra Mawulu wogan, lêbu katiyub ngangin, bumi ala aja lêlungan, kalaran ing dalan, ambruk ing paran.

Rêbo Kliwon: Guru Tungle tulus, lêbu katiyub ngangin srêngenge rahayu samubarang gawe bêcik, wiwita asêsawah: bêcik.

Kêmis Lêgi: Yama Aryang wurung satriya wibawa lintang rahayu, ngupayaa manuk gangsar.

Jumungah Paing: Lodra Wurungkung dadi tunggak sêmi srêngenge tumuruning asu ajag, luwih ala aja lêlungan, katêluhana ing dalan, nanging guntur omah, bêcik.

Sêtu Pon: Brama Paningron dangu wasesa sêgara, banyu sumêngkaning sapi gumarang, rahayu. Nambanana wong dadi waras.

--- 143 ---

Kuruwêlut

Wuku Kuruwêlut, dewane Bathara Wisnu, watêke prayitna mantêp ing gawe, nganggo cakra pratôndha yèn prajurit linuwih, parentahe panas kapara ngarêp, gedhonge ana ngarêp, watêke paradhah nanging tan sarju, rada ngatokake kadonyane, gêdhe budine akèh begjane, nanging kapara gêlêm nistha, wêkasane asor ing budi. Kayune parijatha, bêcik pinangkane, graita atine, nanging tansah sungkawa driyane. Manuke sêpahan, watêke bêcik sabarang gawene, lêmbut budine, sathithik pangane. Candrane banyu banjir, samubarang wicarane andhadhalake rêmbug, nanging tan tèyèng ing wigati, anggêgawa kang akèh-akèh. Lambange kapas agring, watêke kêrêp kasangra,kasangsara. bilaine sinulah lan kinaniaya, sidêkahe wêdhus tujah, tujah iku kang wuluning sikile ngarêp putih, slawate samas, dongane slamêt kabula, jabung kalajaya bumi ana dhuwur, pitung dina aja mêmènèk.

--- 144 ---

Ngahad Wage: Kala Uwas, jagur satriya wibawa angin, wariga gêmêt, upas pangantèn, nanging amasanga tumbal wurungan bilai: becik.

Sênèn Kaliwon: Uma Mawulu gigis, satriya wirang aras kêmbang rahayu, amêmarangana: bêcik, mêtu donya palane.

Slasa Lêgi: Sri Tungle kerangan wasesa sêgara gêni ala aja lêlungan kalaran gêdhe.

Rêbo Paing: Endra Aryang nohan, wasesa sêgara banyu ala aja lêlungan sadina mêngko.

Kêmis Pon: Guru Wurungkung wogan, satriya wirang srêngenge rahayu: simpên ngamal lan guntur omah: bêcik.

Jumungah Wage: Brama waningron,paningron. tulus, sumursinaba aras pêpêt tumuruning cèlèng dêmalung. Rahayu, amasanga tumbal wurungan: bêcik, tan tumêka kang duwe sedya ala.

Sêtu Kliwon: Lodra Uwas, wurung tunggak sêmi bumi, sumêngkaning kuthilapas sarta taliwangke. Ala samubarang gawe, mung gawe wêlah: bêcik, banjur pinasanga.

--- 145 ---

Mrakèh

Wuku Mrakèh, dewane Bathara Surènggana watêke narima satitah. Gêdhonge pinandhi, watêke angatokake pasihaning gustine, bagêt anarima ing pandum, kayune trêngguli, watêke ora dhêmên ana ing praja, lan rada andhewe pêpikirane. Umbul-umbule kêbalik, watêke rada cêpak kamuktène. Candrane sêkar sataman sinêngkêran, rada kumêt nanging manis wicarane, yèn tinunjêl pikir bêcik asring anjalomprongake amrih dudu. Lambange boros asêmpal, watake apêsan, bilaine kabalabak lan kêlêm ing banyu, sidêkahe sêga wuduk dangdangan bêras sapitrah, iwake pitik putih mulus linêmbar, lan juwadah warna-warna, apadene jêjanganan warna sanga, slawate satus kèthèng, dongane tulak bilai wêkasan slamêt, jabung kalajaya bumi ana lor, pitung dina aja lunga marani kala.

--- 146 ---

Ngahad Lêgi: Brama Mawulu dadi sumursinaba aras pêpêt, sri tumurunèng patamanan. Wariga gêmêt, rahayu, nandura pala kabrungkah.

Sênèn Paing: Kala Tungle dangu bumi kapêtak, lintang rahayu samubarang gawe bêcik, guntur omah prayoga.

Slasa Pon: Uma Aryang jagur satriya wibawa aras pêpêt, ala, aja lêlungan kalaran ing paran.

Rêbo Wage: Sri Wurungkung gigis, satriya wibawa, aras tuding rahayu nanging yèn lêlungan cêpak hawa nêpsune muring-muring ana ing paran

Kêmis Kaliwon: Endra Paningron, kerangan, bumi kapêtak, banyu rahayu, anjêjaluka padha sukane anênambanana wong lara: gêlis waras

Jumungah Lêgi: Guru Uwas, nohan, satriya wirang aras tuding amêmasanga barang piranti: bêcik, kayata: rajêg, luwang, jala, sèsèr sapanunggalane

Sêtu Paing: Yama Mawulu, wogan satriya wibawa, gêni sumêngkaning asu ajag. Rahayu, lêlungana nêmu slamêt.

--- 147 ---

Tambir

Wuku Tambir, dewane Bathara Siwah, watêke: laire bêcik batine ala angarêp-arêp kamelikan tan balaka sarta kudu olèh. Gêdhonge ana ing têngah, watêke gêgêndhungan budine, cumipta: sapa sugih singgih kaya aku, gumunggung tan bêcik atine. Kayune upas, watêke panas tan kêna ingauban, manuke prênjak, cilik minôngka gêdhene, tur kumalungkung, nanging sikat cancingan wêruh ing wangsit, candrane gajah mêta anèng pogêran gêdhe prabawane, amêdèni nanging ora anêmêni. Lambange sarira lupa, watêke kêndho barang gawene. Bilaine kêna ing pêpasangan, sidêkahe sêga pulên dangdangan bêras sapitrah, iwake bèbèk lan pitik, pinindhang duduh putih lan abang, slawate pangot waja lan êdom siji, dongane slamêt pina Kalajaya bumi ana kidul kulon, pitung dina aja lunga nungsung kala.

--- 148 ---

Ngahad Pon: Lodra Tungle tulus, bumi kapêtak, aras kêmbang tumuruning sapi gumarang, wariga gêmêt, ala aja lêlungan, nêmu kala watêke.

Sênèn Wage: Brama Aryang wurung wasesa sêgara gêni rahayu, lêlungana nêmu bêgja sadina mêngko.

Slasa Kliwon: Kala Wurungkung dadi sumursinaba aras tuding rahayu, nênandura pala gumantung: dadi.

Rêbo Lêgi: Uma Paningron, dangu sumursinaba aras kêmbang ala aja lêlungan tinut wuri ing lara gêdhe.

Kêmis Paing: Sri Uwas, jagur lêbu katiyub ngangin, bumi rahayu lêkasa ngurit wiji: bêcik.

Jumungah Pon: Endra Mawulu gigis, lêbu katiyub ngangin, lintang, rahayu lêlungana sinung cêpak rijêkine.

Sêtu Wage: Guru Tungle kerangan, satriya wirang, lintang sumengkaning cèlèng dêmalung. Rahayu purnamasidhi samubarang panggawe bêcik.

--- 149 ---

Madhangkungan

Wuku Madhangkungan, dewane Bathara Basuki, watêke putus ing pamicara, sabarang rèh anarima dumadi katarima. Gêdhonge anèng dhuwur, kang mulat padha dhêmên asih, putus ing wiweka, anarima ing satitahe, sarta anarima marang ing gustine. Kayune palasa, dadi kêmbanging alas, kang mulat akèh kang padha dhêmên, wêkasan tan ana gawene. Manuke pêlung, dhêmênane ana ing banyu, ora pati dhêmên kêkumpulan sarta sukan-sukan, dhêmênane ana panggonan sêpi, budine asring katêmu ing wuri. WandraneCandrane. prakutut mencok ana pucuking gunung, watêke angungasake sabarang rèh, laire ambêg pinandhita, batine tan sukur, atine tansah rêrênggi. Lambange baya angurak, watêke rada keringan, bilaine kênèng supata utawa kasamaran, tinulakan yèn nuju wêtone, dene sidêkahe sêga punar, iwake pitik wiring kuning ginorèng lan jênang abang, slawate picis lima, dongane ngumur lan Bala srèwu. Jabung kalajaya bumi ana wetan, pitung dina aja lunga anungsung kala.

--- 150 ---

Ngahad Kliwon: Yama Aryang, nohan, lêbu katiyub ngangin, lintang tumuruning kuthilapas, wariga gêmêt, ala amasanga tumbal wurungan lan sêsirês,sêsirêp. kang sêdya ala ora tumama.

Sênèn Lêgi: Lodra Wurungkung wogan, tunggak sêmi angin sumêngkaning sri rahayu, angunggahna pari ing lumbung brêkat.

Slasa Paing: Brama Paningron, tulus, satriya wirang aras kêmbang bêcik, amasang tumbal sarta angêtrap tumbak, prayoga.

Rêbo Pon: Kala Uwas wurung bumi kapêtak rêmbulan, ala samubarang gawe, pitênah têka, beka saka ujar tinuturake.

Kêmis wage: Uma Mawulu dadi tunggak sêmi aras kêmbang rahayu samubarang gawe bêcik, yèn lêlungan antuk boga ing dalan.

Jumungah Kliwon: Sri Tungle dangu wasesa sêgara, rêmbulan ala, angadonana upas bisa mandi.

Sêtu Lêgi: Endra Aryang jagur bumi kapêtak rêmbulan, bêcik, anjêjaluka padha sukane, apèk guntur omah rahayu.

--- 151 ---

Maktal

Wuku Maktal, dewane Bathara Sakri, watêke wantêr budine, rabi ayu tumêrah marang anak, lan bisa anurunake. Gêdhonge ana ngarêp katumpangan umbul-umbul, watêke sugih linuwih pinarêng lan piangkuhe. Kayune nagasari, bagus rupane arum pangucape, kanggêp pangawulane, kinasihan ing gustine. Manuke ayam alas pinilala ing wong gêdhe, manis arum pangucape, akèh dhêmên kang mulat, luhur piangkuhe, gêdhe daulate. Candrane gunung guntur, wicarane siya-siya marang sapêpadhane, nanging yèn wis tuwa bêcik atine. Lambange teja, watêke ari kasinungan wêruh obah osiking nagara, sabarang kang dadi solahbawane wong kang wêruh sok padha kagawokan, bilaine tukaran, sidêkahe sêga wuduk lan sêga pulên, iwake bèbèk lan pitik, ingolah rupa loro, pinindhang lan linêmbar, ujube amêmule andika nabi, lan slamêting awake, dongane nurbuwat, jabung kalajaya bumi ana lèr wetan, pitung dina aja lunga ngarêpake kala.

--- 152 ---

Ngahad Paing: Guru Wurungkung, gigis, wasesa sêgara, rêmbulan, tumuruning asu ajag, wariga gêmêt, ala aja lêlungan, kapapag ing lara lumpuh

Sênèn Pon: Yama Paningron kerangan, sumursinaba aras tuding sumêngkaning sapi gumarang. Ala bêcik, têgêse sêdhêngan.

Slasa Wage: Lodra Uwas, nohan, lêbu katiyub ngangin, bumi ala aja lêlungan, pangadhanging sato galak

Rêbo Kliwon: Brama Mawulu wogan, lêbu katiyub ngangin, srêngenge rahayu amarangana padha sukane akèh pahalane.

Kêmis Lêgi: Kala Tungle tulus, satriya wibawa lintang rahayu samubarang gawe nanging yèn lêlungan wêkasane nêmu ala anèng paran

Jumungah Paing Uma Aryang wurung tunggak sêmi, rêmbulan, ala aja lêlungan, tukaran anèng marga

Sêtu Pon: Sri Wurukung dadi wasesa sêgara banyu rahayu amarangana padha sukane.

--- 153 ---

Wuye

Wuku Wuye, dewane Bathara Kuwera watêke cugêtan lan putungan atèn, lan lana budine. Sikile karo pisan kêngkobokkêkobok. banyu watêke bisa nyiram utawa ngadhêmi atining liyan, awas sarta bêcik atine, nanging rada sok mutung. Gêdhonge malumah ana ngarêp, luwih boros lilan marang donyane, nanging rada sok sênêngan. Kayune tal watêke gêdhe daulate, dawa umure sarta luwih kuwat awake, kukuh tatag bêbudène. Manuke gogik, gêdhe butarêpane, anèh wêwatêkane, tambuh ing karamèn, kêris rinakit ing dagan, watêke landhêp atine. Candrane bêdhil muni kukus awor lan ênal, watêke ewuh atèn-atènane, wêkasan tanpa dadi padune. Bilaine kawêsèn lan katêluh ing taragnyana. Sidêkahe jajan pasar sawarnane, dhuwit sataksawe (= suwang saprapat) kang ginawe tuku, lan juwadah aja kari, slawate madu, dongane tulak bilai wêkasane slamêt, jabung kalajaya bumi ana kulon, pitung dina aja lunga nungsung kala.

--- 154 ---

Ngahad Wage: Endra Paningron, dangu satriya wibawa angin, tumuruning cèlèng-dêmalung. Wariga gêmêt, rahayu padha sukane, bocah lair prayoga.

Sênèn Kaliwon: Guru Uwas, jagur satriya wirang, aras kêmbang sumêngkaning kuthilapas sarta taliwangke, ala aja lêlungan nêmu wirang ing paran.

Slasa lêgi: Yama Mawulu gigis, wasesa sêgara gêni sri tumuruning kandhang. Rahayu samubarang gawe bêcik, nênandura pala kapêndhêm gêlis mangan wohe.

Rêbo Paing: Lodra Tungle kerangan, wasesa sêgara banyu rahayu, gawea sèsèr jala sêrêpan.

Kêmis Pon: Brama Aryang nohan satriya wirang srêngenge rahayu, lêlungana ana rijêkine.

Jumungah Wage: Kala, Tungle wogan sumursinaba aras pêpêt rahayu têmên ngadonana upas: bêcik.

Sêtu Kliwon: Uma Paningron, tulus tunggak sêmi bumi rahayu, gawea ragi manis kaduluran.

--- 155 ---

Manail

Wuku Manail, dewa Bathara Citragotra, watêke tansah jaga-jaga pakewuh, abela tômpa. Ngungkurake banyu, andhap asor parentahe, barang karêpe katêmu ing wuri. Kayune têgaron, watêke sathithik panggaweane, ora ana kang milala. Manuke sêpahan, watêke kêsit bêbudène, lêmbut atine, sathithik pangane. Tumbak pinangku ana ngarêp, watêke tansah jaga-jaga pakewuh sarta prayitna, angôngka-ôngka kang durung nyata, nanging landhêp atine. Candrane lintang awor mêndhung, watêke angucira marang panggaweaning ratu, cat katon cat ora. Lambange wiji kapapas, watêke ora bêcik, iwake jago sawayahe lan iwak loh, jaja nganan kang ganêp, sambêl gêpèng aja kari, slawate sapuluh kèthèng, dongane tulak bilai wêkasan slamêt, jabung kalajaya bumi ana kidul wetan, pitung dina aja wani lunga nungsung kala.

--- 156 ---

Ngahad Lêgi: Sri Uwas, wurung sumursinaba, aras pêpêt, wariga gêmêt, upas pangantèn, nanging anjaringa manuk gêlis olèh.

Sênèn Paing: Endra Mawulu dadi bumi kapêtak, lintang sumêngkaning asu ajag, rahayu, lêlungana êndi kang pinaran bêcik patrape, nandur kêmbang pulu tulus.

Slasa Pon: Guru Tungle dangu satriya wibawa, aras pêpêt tumuruning sapi gumarang. Ala aja lêlungan.

Rêbo Wage: Yama Aryang jagur satriya wibawa aras tuding rahayu saka sugih singgih nandura cikal tulus, golèk sandhang pangan gangsar.

Kêmis Kliwon: Lodra Wurungkung gigis, bumi kapêtak, banyu, ala aja lêlungan.

Jumungah Lêgi: Brama Paningron kerangan, satriya wirang aras tuding rahayu, lêlungana ana rijêkine, anèng marga tan suwe.

Sêtu Paing: Kala Uwas nohan, satriya wirang gêni rahayu samubarang gawe bêcik, nênandura tulus.

--- 157 ---

Prangbakat

Wuku Prangbakat, dewane Rêsi Warabisma, watêke kakon atèn, anggarêgut, tatag trêngginas sarta isinan. Sikile ngarêp kêkobok banyu, parentahe abêr ngarêp, kêras ing wuri. Kayune krambil watêke dawa umure, cukup lumintu sandhang pangane, kukuh bakuh piangkuhe, Manuke urang-urangan, watêke kumêt, kêbat samubarang gawe, candrane wêsi katon purasani, isinan, puguh, kaku, nanging drêman ing ngèlmu, suci atine. Lambange waringin sêmpal, katêmpuh ing maruta. Bilaine kêna pangupaya, sidêkahe sêga ambêngan dangdangan bêras sapitrah, iwake: sapi juwadah binumbu manis, janganan kang ganêp, ginudhang lan karambil, slawate: pacul, dongane slamêt pina, jabung kalajaya bumi ana ngisor pitung dina aja dhudhuk-dhudhuk, tan bêcik akèh bekane.

--- 158 ---

Ngahad Pon: Uma Mawulu wogan bumi kapêtak, aras kêmbang wariga gêmêt, aja lêlungan, satêmah sira anêmu gêring.

Sênèn Wagê: Sri tunglê tulus, wasêsasêgara gêni sumêngkaning cèlèng dêmalung. Rahayu têka rêjêkinê, bocah lair sugihan.

Slasa Kliwon: Endra Aryang wurung sumursinaba aras tuding tumuruning kuthilapas. Ala aja lêlungan, kandhêg ing dalan kênèng gêgêring, nanging lêlundhuh bêcik.

Rêbo Lêgi: Guru Wurungkung dadi sumursinaba aras kêmbang sumêngkaning sri, ngunggahna pari mring lumbung: brêkat.

Kêmis Paing: Yama Paningron dangu lêbu katiyub angin, bumi ala aja lêlungan, pangadhanging satru dèn prayitna.

Jumungah Pon: Lodra Uwas jagur lêbu katiyub ngangin, lintang ala aja lêlungan, kalaran nèng paran.

Sêtu Wage: Brama Mawulu gigis, satriya wirang lintang rahayu ana bêgja gêdhê têka tur suci, lêlungana kêtêmu kang pinaran.

--- 159 ---

Bala

Wuku Bala, dewane Bathari Durga, watêke karêm marang panggawe ala, ora wêdi ing sapadha-padha, rosa yèn duwe tindak silib, nanging bisa nglêgakake atining wong. Gêdhonge ana ngarêp, watêke pradhah lan ngatokake ing donyane, gêdhe budine akèh begjane, nanging rada tan sarju. Kayune cêmara, watêke rame pangucape, manis arum parentahe sarta kinèdhêpan, manuke ayam alas, pinilala ing wong gêdhe, luhur piangkuhe, gêdhe daulate, akèh kang dhêmên, antêpan atèn, candrane udan salah môngsa, candhak kulak gone ngupaya pangan, lara kasurung-surung.kasurang-surang.

Lambange pandhita angluh, têgêse pandhita susah, watêke tan bêcik. Bilaine dening gulune sidêkahe tumpêng, iwake pitik irêng mulus: pinanggang, jêjanganan warna pitu slawate sakupang, dongane rajuknalan tulak bilai, jabung kalajaya bumi ana lor kulon, pitung dina aja lunga angarêpake adhêping kala.

--- 160 ---

Ngahad Kaliwon: Kala Tungle kerangan lêbu katiyub ngangin, lintang wariga gêmêt: rahmat têka tur rahayu, ngulatana wong minggat gêlis kêtêmu.

Sênèn Lêgi: Uma Aryang nohan, tunggak sêmi angin, rahayu lêlungana antuk bêgja tur gêlis têka.

Slasa Paing: Sri Wurungkung wogan, satriya wirang aras kêmbang tumuruning asu ajag agawêa sabarang wisaya: bêcik.

Rêbo Pon: Endra Paningron, tulus, bumi kapêtak, rêmbulan, sumêngkaning sapi gumarang. Rahayu, lêlungana ana ngadhang dalan.

Kêmis Wage: Guru Uwas, wurung tunggak sêmi aras kêmbang samubarang karya bêcik, gawe sumur slamêt, marangana padha sukane.

Jumungah Kliwon: Yama Mawulu dadi wasesa sêgara rêmbulan, ala aja lêlungan, pangadhanging satru.

Sêtu Lêgi: Lodra Tungle dangu bumi kapêtak, rêmbulan, rahayu, lêlungana slamêt ing paran.

--- 161 ---

Wugu

Wuku Wugu, dewane Bathara Singajanma, watêke rada sugih akal, tur rêti sarta jêmbar budine. Gêdhonge minêb, ana ing buri, watêke kumêtan angkuh. Kayune wuni, sapa-sapa kang wêruh kapengin kudu mangan, ananging sawise mangan dadi nacad, lan ewa atine. Manuke kapodhang, rêrênggi butarêpan, rêna kêkumpulan lan wong akèh. Candrane awang-uwung, watêke jêmbar budine. Lambange kaluyu kêrah, bilaine padha rowang, patine tinêluh lan cinakot ing ula, sidêkahe sêga pulên dangdangan bêras sapitrah, iwake bèbèk putih sajodho: linêmbar, lan juwadah tuwin jajan pasar sawarnane, slawate sapuluh kèthèng, dongane slamêt kabula, jabung kalajaya bumi ana kidul, pitung dina aja lunga nungsung kala.

--- 162 ---

Ngahad Paing: Brama Aryang jagur wasesa sêgara rêmbulan, wariga gêmêt: ala aja lêlungan, katêkan pitênah sarta nêmu gêring nèng paran.

Sênèn Pon: Kala Wurungkung gigis, sumursinaba aras tuding rahayu, lêlungana ana bêgja ngadhang dalan, tur gêlis têkane.

Slasa Wage: Uma Paningron, kerangan, lêbu katiyub ngangin, bumi tumuruning cèlèng dêmalung, rahayu lêkasa ngurit wiji gêlis mangan.

Rêbo Kliwon: Sri Uwas, nohan, lêbu katiyub ngangin, srêngenge sumêngkaning kuthilapas, ala pangadhanging satru kêna ing pamalês.

Kêmis Lêgi: Endra Mawulu wogan, satriya wibawa lintang sri tumuruning lumbung, bêcik, anênandura: tulus.

Jumungah Paing: Guru Tungle tulus, tunggak sêmi srêngenge rahayu: amarangana bêcik, gawe sumur kêbak banyune, lêlungan slamêt.

Sêtu Pon: Yama Aryang wurung wasesa sêgara banyu rahayu amêmundhuta, guntur omah, lêlungan bêcik kabèh.

--- 163 ---

Wayang

Wuku Wayang, dewane Bathari Sri, watêke kadunungan sandhang pangan akèh, tur paradhah, bêkti nastiti, adhêm parentahe, linulutan ing wong akèh. Banyu ing jêmbangan ana ngarêp, lan linggih ing banyu, ayêm matur luwih sabar. Murah sandhnag pangane, nanging kudu kinatokêna. Kayune cêpaka, watêkê tan ana kang gêthing, gêdhe cilik padha asih lulut, manuke ayam alas, pinilala ing wong gêdhe, manis arum parentahe, sêdhêp pangucape, akèh dhêmên kang mulat, kanggêp pangawulane, kinasihan ing gustine, luhur piangkuhe, gêpah ulate. Angungkurake gêgaman, watêke: budi lan parentahe gampang ngarêp angèl ing buri. Candrane damar murub, bumi langit, watêke yuwana tur sugih ngèlmu, lambange têja lumaku, watêke dadi penginan, bilaine kênèng sarik, lan kasudukan, sidêkahe wêdhus kêndhit, ingolah warna-warna, lan juwadah kang prayoga, kinêpunga wong patangpuluh, dongane ngumur. Jabung kalajaya bumi ana ing dhuwur, pitung dina aja mêmènèk.

--- 164 ---

Ngahad Wage: Lodra Wurungkung dadi satriya wibawa angin, wariga gêmêt, bêcik samubarang gawe, yèn wong dora cara: ala.

Sênèn Kliwon: Brama Paningron, dangu satriya wirang aras kêmbang ala aja lêlungan, gêringan ana ing paran lan ana kala ngadhang dalan

Slasa Lêgi: Kala Uwas, jagur wasesa sêgara gêni taliwangke, ala bangêt yèn lêlungan katiwasan nèng paran.

Rêbo Paing: Uma Mawulu gigis, wasesa sêgara gêni sumêngkaning asu ajag samubarang gawe: bêcik, nanging yèn lêlungan: ala.

Kêmis Pon: Sri Tungle kerangan, satriya wirang srêngenge tumuruning sapi gumarang rahayu samubarang karya, masang tumbal: bêcik

Jumungah Wage: Endra Aryang nohan, sumursinaba aras pêpêt, ala aja lêlungan, kalaran nèng paran.

Sêtu Kliwon: Guru Wurungkung wogan, tunggak sêmi bumi ala samubarang gawe, nanging masang tumbal: bêcik.

--- 165 ---

Kulawu

Wuku Kulawu, dewane Bathara Sadana, watêke kukuh tatag bêbudène, gêdhe daulate. Banyu ing jêmbangan ana ngarêp, gêdhe budine akèh bêgjane, nanging pêtêngan atèn, gêdhonge ana ngarêp, watêke ngatokakê donyane, pradhah nanging tan sarju. Manuke nori luwih boros sarta tarabas, lila ing donya tan nganggo karana rai, adoh bêgjane, murka atine. Angungkurake lêlandhêp, pikire katêmu ing wuri. Candrane bun tumètès ing sêndhang, purwa miskin, madya sêdhêng wusana sugih, lambange pêksi dewata kumpul, utawa apalakrama, watêke tulus sih-sinihan, bilaine kacuwik ing ula, sidêkahe sêga liwêt wantah, iwake bèbèk, pitik loh lan manuk, ingolah warna-warna, dongane kabula, jabung kalajaya bumi ana lor, pitung dina aja lunga amarani adhêping kala.

--- 166 ---

Ngahad Lêgi: Yama Paningron, tulus, sumursinaba aras pêpêt, wariga gêmêt: rahayu, tukua pitik iwèn: bêcik, nambanana wong lara: dadi waras.

Sênèn Paing: Lodra Uwas, wurung bumi kapêtak, lintang rahayu, nambanana wong lara dadi waras sarta istijab.

Slasa Pon: Brama Mawulu dadi satriya wibawa, aras pêpêt ala aja lêlungan, katêkan kala sarta lara.

Rêbo Wage: Kala Tungle dangu satriya wibawa aras tuding sumêngkaning cèlèng dêmalung, ala aja lêlungan pangadhanging satru, nanging amèta pawong mitra suka sugih.

Kêmis Kaliwon: Uma Aryang jagur bumi kapêtak, banyu tumuruning kuthilapas, ala pangadhanging satru, kêna tanpa bisa malês.

Jumungah Lêgi: Sri Wurungkung gigis, satriya wirang aras tuding sri sumêngka, rahayu, nênandura: bêcik.

Sêtu Paing: Endra Paningron, kerangan, satriya wibawa, gêni rahayu samubarang karya lêlungana nêmu slamêt.

--- 167 ---

Dhukut

Wuku Dhukut, dewane Bathara Sakri, watêke wantêr atine, rabi ayu tumêrah marang anak, tur bisa anurunake. Gêhonge pinanggung, watêke kumêt lan dhêmên laku ngiwa. Kayune pandhan surat, bêcik rupane nanging kiwa ênggone. Manuke ayam alas, pinilala ing wong gêdhe, manis arum pangucape. Kêris loro angapit kayu, landhêp atine nanging para penginan, candrane: tunggul asri: sêsêngkêraning nata, bêcik rupane, gêmi prawirèng lungit, têgêse jirih, lambange kitri tinata, watêke kukuh, bilaine anèng prana sidêkahe tumpêng dangdangan bêras sapitrah, iwake pitik brambun: pinanggang, utawa pitik putih mulus, slawate têlu têngah kèthèng, dongane slamêt pinalan bumi, jabung kalajaya bumi ana kidul kulon, pitung dina aja lunga marani adhêping kala.

--- 168 ---

Ngahad Pon: Guru Uwas, nohan, bumi kapêtak, aras kêmbang wariga gêmêt, rahayu têtukua kêbo sapi bêcik.

Sênèn Wage: Yama Mawulu wogan, wasêsasêgara gêni rahayu, lungguh rijêkine, bayi lair ana bêgjane.

Slasa Kliwon: Lodra Tungle tulus, sumursinaba, aras tuding ala aja lêlungan, poma dèn prayitna.

Rêbo Lêgi: Brama Aryang wurung sumursinaba, aras kêmbang rahayu amêmundhuta padha sukane, guntur omah slamêt.

Kêmis Paing: Kala Wurungkung dadi lêbu katiyub ngangin, bumi tumuruning asu ajag, rahayu samubarang karya bêcik, marangana padha sukane.

Jumungah Pon: Uma Paningron, lêbu katiyub ngangin, lintang sumêngkaning sapi gumarang. Rahayu wong ani-ani wong ngurit wiji bêcik, antuk pari akèh.

Sêtu Wage: Sri Uwas, jagur satriya wibawa lintang ala samubarang karya, aja lêlungan.

--- 169 ---

Watugunung

Wuku Watugunung, dewane Sang Hyang Ôntaboga, lan Dèwi Nagagini watêke Sang Hyang Ôntaboga karêm ulah nastapa lan karêm anèng jaban praja, Dèwi Nagagini amaron sih. Kayune wijayakusuma, gêdhe bratane, tambuh ing rame, manuke gogik, gêdhe butarêpane. Candhi ana ngarêp, anggung ulah nastapa, kêrêp prihatin, candrane lintang wulan karainan, padhanging ati nanging tan duwe cahya, bilaine kênèng pusara, sidêkahe sikil pat kang mulus, lan juwadah tuwin jêjanganan kang pêpak, apa dene pêpanganan kang lêgi gurih, iwak-iwakan kang pêdhês asin, lan kêcut pait, ujube mêmêtri awak, dongane barik, jabung kalajaya bumi ana wetan, pitung dina aja lunga marani adhêping kala.

--- 170 ---

Ngahad Kaliwon: Endra Mawulu gigis, lêbu katiyub ngangin, lintang wariga gêmêt, rahayu têtukua bangsaning suku pat: bêcik, lan dadi kabênêran.

Sênèn Lêgi: Guru Tungle, kerangan, tunggak sêmi, angin rahayu têmên, lêkasa ngurit wiji: bêcik.

Slasa Paing: Yama Aryang nohan, satriya wirang aras kêmbang, ala aja lêlungan, gêring nèng paran.

Rêbo Pon: Lodra Wurungkung wogan, bumi kapêtak, rêmbulan, ala aja lêlungan katiban tangan sira, karana bumi pêpitu arane

Kêmis Wage: Brama, Paningron, tulus, tunggak sêmi, aras kêmbang, tumuruning cèlèng dêmalung. Rahayu lêlungan slamêt, bocah lair tan kêdhat sandhang pangane.

Jumungah Kliwon: Kala Uwas, wurung wasêsasêgara rêmbulan, sumêngkaning kuthilapas, ala aja lêlungan, gêring anèng paran, bocah lair iya gêringan sarta sungkanan.

Sêtu Lêgi: Uma Mawulu dadi bumi kapêtak, rêmbulan, sri tumuruning lêsung, rahayu samubarang karya bêcik, nandura pala brukah:brungkah. mêtu.

Tamat.

--- 171 ---

INHOUD

ôndha, gawe ... blz. 77 | iwak loh, ngupaya ... blz. 73 | omah, yasa ... blz. 74 | ambèn, gawe ... blz. 77 | anggara kasih blz. 6 | naga dina blz. 25 | naga taun (afd sasi) blz. 9 | naga jatingarang (afd sasi) blz. 10 | nabi naasing ... (afd sasi) blz. 14 | nabi sangating ... blz. 58 | rijalullah blz. 25 | rajamuka 1 t/m 30 blz. 70 | Kuningan blz. 133 | kori, yasa ... blz. 76 | Kurantil blz. 117 | Kuruwêlut blz. 143 | Kulawu blz. 165 | dina pasaran blz. 19 | dina pasaran watêking ... blz. 20 | dina ala bêciking ... 1 t/m 30 blz. 69 | dina naasing ... blz. 23 | dina sirikaning ... (afd sasi) blz. 11 | dina sangating ... blz. 21 | dina laranganing ... (afd sasi) blz. 12 | dina pati uriping ... blz. 24 | dewa dina blz. 39 | taun blz. 2 | taun kunarpaning ... blz. 4 | taun sangaring ... blz. - | taun watêking ... blz. 6 | taun purwaning ... blz. 3 | Tolu blz. 119 | taliwangke blz. 46 | Tambir blz. 147 | tanggal naasing ... (afd sasi) blz. 14 | Sinta blz. 111 | sasi blz. 7 | sasi sangaring ... blz. 13 | sasi pati uriping ... (afd taun) blz. 5 | sasi jumênêngan ing ... blz. 17 | sumur, gawe ... blz. 76 | samparwangke blz. 47 | sêngkan turunan blz. 44 | Sungsang blz. 129 | windu blz. 1 | Warigalit blz. 123 | Warigagung blz. 125 | wuku 30 33 ên blz. 110 | wuku candraning blz. 34 | wuku pralambanging blz. 38 | wuku môngsa blz. 32 | Wukir blz. 115 |

--- 172 ---

Watugunung blz. 169 | Wuye blz. 153 | Wayang blz. 163 | Wugu blz. 151 | Landêp blz. 113 | lungan, isarating (afd dina) blz. 22 | lakirlangkir. blz. 135 | Pahang blz. 141 | pananggalan 4 windu 32 taun blz. 78 | pôncasuda blz. 49 | pôncasuda (rakam) blz. 51 | pôncasuda (patakonan) blz. 52 | pôncasuda (P. B VI) blz. 57 | pranata môngsa blz. 27 | paringkêlan blz. 42 | Prangbakat blz. 157 | padangon blz. 0 | pasaran zie dina pasaran blz. - | pasatowan I blz. 62 | pasatowan II blz. 7464. '| pasatowan III blz. 66 | pasatowan IV blz. 67 | pasatowan V blz. - | pasatowan VI (tarub) blz. 68 | pawukon zie wuku 30 no blz. 101 | pal umur (sri sadana) blz. 71 | pal tibana takdir blz. 26 | pal bêgja cilaka blz. 72 | palintangan (afd dina) blz. 23 | pangarasan blz. 45 | dhêndhan kukudan blz. 48 | Dhukut blz. 167 | Julungwangi blz. 127 | julungpujunJulungpujut.

blz. 139 | Manail blz. 155 | manuk ngupaya ... blz. 73 | Môndhasiya blz. 137 | Mrakèh blz. 145 | Maktal blz. 151 | Madhangkungan blz. 149 | môngsa, candraning ... blz. 30 | môngsa wuku blz. 32 | môngsa watêking ... blz. 29 | môngsa pranata ... blz. 27 | Galungan blz. 131 | Gumbrêg blz. 121 | bala blz. 159 | bangas (afd sasi) blz. 16 |

--- 173 ---

Verbeteringen.

6 less 9 blz 5-7

12 less 21 blz 14-7 v.o.

52 less 25 blz 14-4 v.o