Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kabudayan Paugeraning Taun Jawa, Tanaya, 1971, #616

Katalog:Kabudayan Paugeraning Taun Jawa, Tanaya, 1971, #616
Sambung:-

Kabudayan Paugêraning Taun Jawa

--- 0 ---

Kang bisa nyakup marang antarane: Kabudayan Jawa Asli, Kabudayan Hindhu lan, Kabudayan Arab

PAMBUKA WÊWADINING NÊPTU TAUN LAN SASI

Kawêdharake dening R. Tanaya

Surakarta 1971 Masèhi. Kagiyarake lagi tumrap kagêm kawigatène para kadang mitra trêsna budaya

--- 2 ---

Isi buku iki

KABUDAYAN PAUGÊRANING TAUN JAWA ...

Khuruf utawa Huruf ...

Abjad utawa Abujid ...

Nêptu utawa Noktah ...

Saptawara lan Pancawara ...

Dina Kawitane Windu Jawa ...

Pambuka Wêwadine Araning Taun Jawa sarta Nêptune ...

Pasaran Kawitaning Taun Jawa ...

Khuruf Alif Jam'iyah Lêgi ...

Khuruf Alif Kamsiyah Kliwon ...

Khuruf Alif Arba'iyah Wage ...

Khuruf Alif Salasiyah Pon ...

Pambuka Wêwadine Nêptune Sasi ...

Luwih Sampurna Pakartine sarana ingowahan asline…

Bab Owahing arane sasi 'Arab sawise dadi sasi Jawa ...

TAUN JAWA SARTA GÊGAYUTANE KARO:

Maulud Nabi Mukhammad s.a.w ...

Garêbêg Mulud taun Soma Wrêcita ...

Taun Soma Wrêcita wiwit kalingan pêpêdhut ...

Sumilaking pêpêdhut ...

KABUDAYAN TAUN JAWA PANYAKUPE MARANG BABAGAN WUKU LAN MASA-WUKU…

Sasi Jawa lan umure pirang dina ...

Taun Jawa lan umure pirang dina ...

Windu Jawa lan umure pirang dina ...

Taun lan Windu sarta Tumbuking Wuku ...

Tumbuking Wuku lan Masa-Wuku sarta Taun lan Windu ...

Laku-jantraning Masa-wuku ing dalêm 4 windu ...

PATHOKANE ANGGOLÈKI MASA-WUKU SARTA WINDU LAN TAUN JAWA ...

SANATU'LHIJRAT UTAWA TAUN HIJRAH ...

PANANGGALAN JAWA 120 TAUN KHURUF ALIP SALASIYAH PON ...

--- 3 ---

KABUDAYAN PAUGÊRANING TAUN JAWA

Kawêdharake dening R. Tanaya

Ing nusa Jawa wiwit sajroning abad 8 Masèhi, kasumurupan wis kêlaku tumindake angkaning tahun Saka kanggo titimasa, iya iku wiwit jaman Kêraton Jawa Hindhu, sabanjure nganti tumêka jaman Karajan Jawa Islam ing Mataram, alame Sri Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma.

Dene taun Saka iku awêwaton taun Syamsiyah, iya iku taun miturut petungan srêngenge, wiwit tumapake taun 1 Saka, kapetung wiwit jumênênge Nata Prabu Saliwagna ing tanah Hindhu, marêngi 14 Marêt 78 Masèhi, panjênêngane nata iku narendra bangsa Sakya, misuwure asmane nganti tumêka ing nusa Jawa kasêbut Sang Prabu Saka iya Sang Aji Saka.

Barêng tumêka jaman Karaton Jawa Islam ing Mataram, ing sajumênêng dalêm Sri Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, ana kêparênging karsa nata yasa paugêraning taun Jawa, awêwaton taun Kamariyah, iya iku taun miturut petungan rêmbulan, kang bisa nyakup antarane kabudayan Jawa, Hindhu lan Arab, kaya ta:

1. Panyakupe kabudayan Jawa: anggone bisa mêngku dina lan pasaran kang bisa tumbuk sabên sawindu, sarta bisa mêngku pawukon kang bisa tumbuk sabên rong windu, tuwin bisa mêngku masa wuku kang bisa tumbuk sabên patang windu.

2. Panyakupe kabudayan Hindhu: anggone nglêstarèkake tumindake angkaning taun Saka 1555 kang maune awêwaton taun Syamsiyah, banjur kadadèkake angkaning taun Jawa 1555 kang awêwaton taun Kamariyah.

3. Panyakupe kabudayan Arab: anggone migunakake wêwaton taun Kamariyah, nganggo sasi 12 miturut aran lan tatananing sasine taun Arab, kang wigati tumrap kanggo nindakake prêluning agama Islam.

--- 4 ---

Barêng yasan dalêm paugêraning taun Jawa iku wis kalakon kaanggit, kalayan mufakate para sujana sarjana ahlu'nnujum, banjur wiwit katindakake tumapake ana ing nusa Jawa lan Madura (kajaba ing Bantên kang ora kalêbu wilayah Mataram), marêngi ing taun Saka 1555.

Mungguh paugêraniung taun Jawa kang awêwaton taun Kamariyah, iku nganggo sasi 12, miturut aran lan tataning sasine taun Arab, kang uga sinêbut sanatu'lhijrat utawa taun Hijrah, ing dalêm sasasi-sasine kawiwitan umur 30 dina, gêntèn karo 29 dina.

Kasêbut ing ngisor iki, pratelane sasi 12, miturut aran lan tatananing sasine taun Arab, kang katulad lan banjur kadadèkake kanggo sasine taun Jawa.

1. Muharram umure 30 dina

2. Shafar umure 29 dina

3. Rabi'u'lawal umure 30 dina

4. Rabu'u'lakhir umure 29 dina

5. Jumadi'lawal umure 30 dina

6. Jumadi'lakhir umure 29 dina

7. Rajab umure 30 dina

8. Sya'ban umure 29 dina

9. Ramadlan umure 30 dina

10. Syawwal umure 29 dina

11. Zu'lkaedah umure 30 dina

12. Zu'lhijjah umure 29 dina

Yèn taun Wastu, gunggung 354 dina

Yèn taun Wuntu, umure sasi Zu'lhijjah wuwuh 1 dina

Gunggung yèn taun Wuntu 355 dina

Kaya kang kasêbut pratelan ing dhuwur iku, sabên 12 sasi utawa sataune umur 354 dina yèn nuju taun Wastu, utawa umur 355 dina yèn nuju taun Wuntu (kang umure sasi Zu'lhijjah dadi 30 dina).

--- 5 ---

Ananging paugêraning taun Jawa iku ora nganggo windu kang mêngku taun 30 kaya windune taun Hijrah, awit paugêraning taun Jawa iku anduwèni cara dhewe, nganggo windu kang mêngku taun 8, iya iku kang dadi sabab bedane taun Jawa karo taun Hijrah.

Sabên kawiwitan taun Jawa iku mêsthi sabên tanggal sapisan ing sasi kang sêpisan, dadi sabên salining taun mêsthi tumbuk tanggal lan sasine.

Sabên 8 taun diarani windu, sabên salining windu iku mêsthi tumbuk tanggal, sasi lan taune, sarta tumbuk dina lan pasarane.

Sabên wis kêlakon 2 windu, ngancike ing kawitaning windu kang kaping 3, iku mêsthi tumbuk wulane, kaya ing kawitaning windu kang sapisan.

Sabên wis kêlakon 4 windu, ngancike bali marang kawitaning windu kang sêpisan manèh, iku mêsthi tumbuk tanggal, sasi lan taune, sarta tumbuk dina lan pasarane, wuwuh tumbuk wuku lan masa wukune.

Dadi paugêraning taun Jawa iku nganggo windu 4:

1. Windu Adi.

2. Windu Kunthara.

3. Windu Sangara.

4. Windu Sancaya.

Sabên sawindune mêngku taun 8:

1. Taun kang sapisan, iku taun Wastu.

2. Taun kang kapindo, iku taun Wuntu.

3. Taun kang katêlu, iku taun Wastu.

4. Taun kang kapat, iku taun Wastu.

5. Taun kang kalima, iku taun Wuntu.

6. Taun kang kanêm, iku taun Wastu.

7. Taun kang kapitu, iku taun Wastu.

8. Taun kang kawolu, taun Wuntu.

Wondene wêwatone bab iki ora nulad kabudayan Arab, nanging tuwuh saka kabudayan Jawa dhewe.

--- 6 ---

Sabên sawindu Jawa (8 taun), mengku taun Wuntu 3, dadi ing dalêm 15 windu (120 taun) mêngku taun Wuntu 3x15 = 45.

Dene watone taun Hijrah, nganggo windu kang mêngku taun 30, sabên sawindu (30 taun) mêngku taun Wuntu 11, dadi ing dalêm 4 windu (120 taun) mêngku taun Wuntu 11 x 4 = 44.

Awit saka iku, murih petungan taun Jawa tansah ana salarase karo petungan taun Hijrah, sabên petungane taun Jawa wis kêlakon tumindak 15 windu (120 taun), banjur dikurangi 1 dina umure taun Wuntu kang wêkasan,ing sanalika kono mung kadadèkake taun Wastu bae.

Kalayan rêrigên mangkono, dadi nyababake salining dinane kang tinêngêran ing khuruf.

Sabên salin dinane kang tinêngêran ing khuruf, dina kawitaning windu (iya iku sabên tanggal 1 sasi Muharram ing taun kang kawitan kang akhire disêbut taun Alif) banjur mingsêr maju sadina, upama maune khuruf Alif Jam'iyah, mungsêre marang khuruf Alif Kamsiyah, dina kawitaning windu Jum'at mingsêr marang Kêmis.

Dene mingsêre khuruf Alif Kamsiyah marang khuruf Alif Arba'iyah, dina kawitaning windu Kamis mingsêr maju marang Rêbo. Mangkono uga mingsêre khuruf Alif Arba'iyah marang khuruf Alif Salasiyah, dina kawitaning windu Rêbo mingsêr maju marang Sêlasa.

Khuruf utawa Huruf

Têmbung khuruf iku asale saka têmbung 'Arab: huruf, têgêse: aksara. Mungguh urut-urutane aksara-aksara Arab iku unine: alif, ba, ta, tza, jim, lan sabanjure.

Abjad utawa Abujid

Ing kunane wong Arab migunakake aksara-aksarane uga kadadèkake angka, minangka têtêngêring wilangan, mungguh urut-urutane mangkene:

--- 7 ---

Alif kadadèkake angka 1

Ba (Be) kadadèkake angka 2

Jim kadadèkake angka 3

Dal kadadèkake angka 4

Ha (Ehe) kadadèkake angka 5

Wau (Wawu) kadadèkake angka 6

Zai (Je) kadadèkake angka 7 lan sabanjure.

Iku yèn kajupuk 4 aksara kang kawitan (alif ba jim dal = a b j d dadi muni: abjad utawa abujid, kang banjur dadi araning urut-urutane aksara-aksara kang kadadèkake angka, minangka têtêngêring wilangan mau.

Dadi basa "abjad" iku dhèk biyène kanggo nyêbut: urut-urutane aksara Arab kang kapigunakake kanggo angka, iya iku: alif ba jim dal, lan sabanjure. Ananging ing saikine uga kanggo nyêbut: urut-urutane aksara Arab: alif ba ta, lan sabanjure.

Dene basa "abujid", iku ing kunane atêgês: dina Sabtu, iya iku dina kawitan miturut etungan dina wong Islam. Ananging samêngkone dina Sabtu iku atêgês: dina lèrèn, utawa dina kang kapitu kapetung saka dina Akad dina kang sapisan.

Nêptu utawa Noktah

Nêptu utawa noktah iku iya asal saka têmbung Arab, têgêse: cêcêk. Tumrape ing kene cêcêk mau atêgês: atêr utawa ancêr urut-urutaning wilangan, kang banjur tinêngêran ing aksara (khuruf utawa huruf) miturut urut-urutaning abjad utawa abujid, kang aksara mau uga dadi angka minangka têngêring wilangan.

Uga tumrap ing kene, nêptu mau arupa angka, kang milang tibane ing dina pitu utawa tibane ing pasaran lima, ing kawitaning taun utawa kawitaning sasi. Karana sawiji-wijining taun utawa sasi iku padha anduwèni nêptu kang kanggo milang tibane ing dina pitu utawa tibane ing pasaran lima, ing kawitaning taun utawa kawitaning sasi mau.

--- 8 ---

Saptawara lan Pancawara

Wiwit ing kuna mula, wong Jawa wis migunakake petungan wêktu kang disêbut saptawara lan pancawara.

Saptawara, têgêse: dina kang pitu wilangane, dene arane sawiji-wiji kang asal saka Jawa dhewe mangkene: 1: Dite, 2: Soma, 3: Anggara, 4: Buddha, 5: Rêspati, 6: Sukra, 7: Saniscara utawa Tumpak. Akhire dirangkêpi aran kang asal saka Arab mêngkene: 1: Ahad, 2: Sênèn, 3: Sêlasa, 4: Rêbo, 5: Kêmis, 6: Jum'at, 7: Sabtu.

Pancawara, têgêse: dina kang lima wilangane, kang saikine lumrah sinêbut pasaran, dene arane sawiji-wiji asal saka Jawa dhewe mangkenè: 1. Lêgi, 2. Paing, 3. Pon, 4. Wage, 5. Kliwon, sarta ana rangkêpane aran mangkene: 1. Pêthakan, 2. Abritan, 3. Jênean, 4. Cêmêngan, 5. Mancawarna.

Dina Kawitane Windu Jawa

Dina kawitaning windu Jawa, iya iku tanggal 1 sasi Muharram ing taun kang kawitan kang akhire disêbut taun Alif, yèn tiba ing dina: disêbut:

Jum'at miturut Khuruf Alif Jam'iyah

Kêmis miturut Khuruf Alif Kamsiyah

Rêbo miturut Khuruf Alif Arba'iyah

Sêlasa miturut Khuruf Alif Salasiyah

Sênèn miturut Khuruf Alif Isnainiyah

Ahad miturut Khuruf Alif Ahadiyah

Sabtu miturut Khuruf Alif Sabtiyah

Wiwit Tumindake Taun Jawa

Wiwit tumindake taun Jawa nalika samana, marêngi ing dina Jum'at Lêgi, tanggal sapisan sasi Muharram ing taun kang kawitan (Alif), windu Kunthara, nuju wuku Kulawu, wuku masa Prangbakat, masa wuku Kasanga, angkaning taun Saka 1555 (kang maune nganggo petungan srêngenge), kalêstarèkake kanggo angkaning taun Jawa

--- 9 ---

1555 kang banjur kanggo petungan taun rêmbulan. Ing wêktu iku marêngi tanggal sapisan sasi Muharram sanatu'lhijrat (taun Hijrah) 1043, utawa marêngi surya kaping 8 Juli sanatu'lmiladiyah (taun Miladi utawa Masèhi) 1633.

Pambuka Wêwadine Araning Taun Jawa sarta Nêptune

Nalika samana, miturut petung: tanggale 1 sasi Muharram ing:

Taun kang kawitan, tiba ing dina Jum'at.

Taun kang kapindho tiba ing dina Sêlasa

Taun kang katêlu tiba ing dina Ahad

Taun kang kapat tiba ing dina Kêmis

Taun kang kalima tiba ing dina Sênèn

Taun kang kanêm tiba ing dina Sabtu

Taun kang kapitu tiba ing dina Rêbo

Taun kang kawolu tiba ing dina Ahad

Iya dina Jum'at (kawitaning taun kang kawitan) iku nalika samana kang dadi atêr kawitaning nêptu 1, banjur tinêngêran angka 1, miturut abjad arupa khuruf Alif, mula khuruf Alif iku uga banjur kadadèkake araning taun kang kawitan mau, aran taun Alif, nêptune 1.

Dene dina Sêlasa (kawitaning taun kang kapindho) iku yèn kawilang saka ing dina Jum'at, tiba ing atêr nêptu 5, banjur tinêngêran angka 5, miturut abjad arupa khuruf Ehe, mula khuruf Ehe iku banjur kadadèkake araning taun kang kapindho mau, aran taun Ehe, nêptune 5.

Dene dina Ahad (kawitaning taun kang katêlu) iku yèn kawilang saka ing dina Jum'at, tiba ing atêr nêptu 3, banjur tinêngêran angka 3, miturut abjad arupa khuruf Jim, mula khuruf Jim iku uga banjur kadadèkake araning taun kang katêlu mau, aran taun Jim, nêptune 3.

Dene dina Kêmis (kawitaning taun kang kapat) iku yèn kawilang saka dina Jum'at, tiba ing atêr nêptu 7, banjur tinêngêran angka 7, miturut abjad arupa khuruf Je, mula khuruf Je iku uga banjur kadadèkake araning taun kang kapat mau, aran taun Je,

--- 10 ---

nêptune 7.

Dene dina Sênèn (kawitaning taun kang kalima) iku yèn kawilang saka ing dina Jum'at, tiba ing atêr nêptu 4, banjur tinêngêran angka 4, miturut abjad arupa khuruf Dal, mula khuruf Dal iku uga banjur kadadèkake araning taun kang kalima mau, aran taun Dal, nêptune 4.

Dene dina Sabtu (kawitaning taun kang kanêm) iku yèn kawilang saka dina Jum'at, tiba ing atêr nêptu 2, banjur tinêngêran angka 2, miturut abjad arupa khuruf Be mula khuruf Be iku uga banjur kadadèkake araning taun kang kanêm mau, aran taun Be, nêptune 2.

Dene dina Rêbo (kawitaning taun kang kapitu) iku yèn kawilang saka ing dina Jum'at, tiba ing atêr nêptu 6, banjur tinêngêran angka 6, miturut abjad arupa khuruf Wawu, mula khuruf Wawu iku uga banjur kadadèkake araning taun kang kapitu mau, aran taun Wawu, nêptune 6.

Dene dina Ahad (kawitaning taun kang kawolu) iku yèn kawiwitan saka ing dina Jum'at, tiba ing atêr nêptu 3 banjur tinêngêran angka 3, miturut abjad arupa khuruf Jim, mula khuruf Jim iku uga banjur kadadèkake araning taun kang kawolu mau, aran taun Jim, nêptune 3.

Ing kene tinêmu ana taun loro kang tunggal nêptune 3, lan padha aran taun Jim, iya iku taun kang katêlu lan banjur ingaran taun Jimawal, têgêse taun Jim kang kawitan, dene taun kang kawolu banjur ingaran taun Jimakhir, têgêse taun Jim kang wêkasan.

Pasaran Kawitaning Taun Jawa

Nalika samana, miturut petung: tanggale 1 sasi Muharram ing

--- 11 ---

Taun Alif tiba ing pasaran Lêgi

Taun Ehe tiba ing pasaran Kliwon

Taun Jimawal tiba ing pasaran Kliwon

Taun Taub Je tiba ing pasaran Wage

Taun Dal tiba ing pasaran Pon

Taun Be tiba ing pasaran Pon

Taun Wawu tiba ing pasaran Paing

Taun Jimakhir tiba ing pasaran Lêgi

Iya pasaran Lêgi (kawitaning taun Alif) iku nalika samana kang dadi atêr kawitaning nêptu 1, mula pasarane taun Alif iku nêptune 1.

Dene pasaran Kliwon (kawitaning taun Ehe) iku yèn kawilang saka ing pasaran Lêgi, tiba ing atêr nêptu 5, mula pasarane taun Ehe iku nêptune 5.

Dene pasaran Kliwon (kawitaning taun Jimawal) iku yèn kawilang saka ing pasaran Lêgi, tiba ing atêr nêptu 5, mula pasarane taun Jimawal iku nêptune 5.

Dene pasaran Wage (kawitaning taun Je) iku yèn kawilang saka ing pasaran Lê, tiba ing atêr nêptu 4, mula pasarane taun Je iku nêptune 4.

Dene pasaran Pon (kawitaning tahun Dal) iku yèn kawilang saka ing pasaran Lêgi, tiba ing atêr nêptu 3, mula pasarane taun Dal iku nêptune 3.

Dene pasaran Pon (kawitaning taun Be) iku yèn kawilang saka ing pasaran Lêgi, tiba ing atêr nêptu 3, mula pasarane taun Be iku nêptune 3.

Dene pasaran Paing (kawitaning taun Wawu) iku yèn kawilang saka pasaran Lêgi, tiba ing atêr nêptu 2, mula pasarane taun Wawu iku nêptune 2.

Dene pasaran Lêgi (kawitaning taun Jimakhir) iku yèn kawilang saka ing pasaran Lêgi, tiba ing atêr nêptu 1, mula pasarane taun Jumakhir iku nêptune 1.

--- 12 ---

Khuruf Alif Jam'iyah Lêgi

Awit saka iku, nalika samana, miturut petung: tanggale 1 sasi Muharram ing

Taun ... Dinane ... Nêptu ... Pasarane ... Nêptu

Alif ... Jum'at ... 1 ... Lêgi ... 1

Ehe ... Sêlasa ... 5 ... Kliwon ... 5

Jimawal ... Ahad ... 3 ... Kliwon ... 5

Je ... Kêmis ... 7 ... Wage ... 4

Dal ... Sênèn ... 4 ... Pon ... 3

Be ... Sabtu ... 2 ... Pon ... 3

Wawu ... Rêbo ... 6 ... Paing ... 2

Jimakhir ... Ahad ... 3 ... Lêgi ... 1

Petung kasêbut ing dhuwur iku, dina kawitaning windu, iya iku tanggal 1 sasi Muharram ing taun Alif, tiba ing dina Jum'at Lêgi, mula banjur disêbut: miturut khuruf Alif Jam'iyah Lêgi.

Tumindake khuruf Alif Jam'iyah Lêgi iku, wiwit ing taun Alif 1555 nganti tumêka ing taun Jimakir 1674. (Dadi tumindak ing dalêm 120 taun).

Khuruf Alif Kamsiyah Kliwon

Barêng wiwit ing taun Alif 1675 nganti tumêka ing taun Ehe 1748, kang tumindak khuruf Alif Kamsiyah, (mung tumindak ing dalêm 74 taun). tanggal 1 sasi Muharram ing

Taun ... Dina lan ... Pasarane: ... Nêptune ajêg

Alif ... Kêmis ... Kliwon ... 1 - 1

Ehe ... Sênèn ... Wage ... 5 - 5

Jimawal ... Sabtu ... Wage ... 3 - 5

Je ... Rêbo ... Pon ... 7 - 4

Dal ... Ahad ... Paing ... 4 - 3

Be ... Jum'at ... Paing ... 2 - 3

Wawu ... Sêlasa ... Lêgi ... 6 - 2

Jimakhir ... Sabtu ... Kliwon ... 3 - 1

--- 13 ---

Pèngêtan ing dalêm primbon nyêbutake: Kala ing wêkasanipun taun angka 1748, saking dhawuh dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana V ing Surakarta, etanging taun kaewahan, sarana kalangkahakên sadintên, sawingkingipun dintên Kêmis tanggal kaping 29 wulan Bêsar taun Ehe angka 1748, lajêng kacandhakakên ngetang Jum'at tanggal 1 wulan Sura taun Jimawal angka 1749.

Sawênèhing sarjana ngêndikakake, yèn salining khuruf alif kamsiyah Kliwon marang Khuruf Alif Arba'iyah Wage, lagi kêlakon wiwit ing taun Jimawal 1749, iku satêmêne wis kasèp 2 taun, pancène wiwit ing taun Alif 1747 wis salin Khuruf Alif Arba'iyah Wage.

Khuruf Alif Arba'iyah Wage

Barêng wiwit ing taun Jimawal 1749 nganti tumêka ing taun Jimakhir 1866, kang tumindak Khuruf Alif Arba'iyah Wage, (tumindak ing dalêm 118 taun) tanggale 1 sasi Muharram ing

Taun ... Dina lan Pasarane ... Nêptune ajêg

Alif ... Rêbo Wage ... 1 - 1

Ehe ... Ahad Pon ... 5 - 5

Jimawal ... Jum'at Pon ... 3 - 5

Je ... Sêlasa Paing ... 7 - 4

Dal ... Sabtu Lêgi ... 4 - 3

Be ... Kêmis Lêgi ... 2 - 3

Wawu ... Sênèn Kliwon ... 6 - 2

Jimakhir ... Jum'at Wage ... 3 - 1

Dene salining Khuruf Alif Arba'iyah Wage marang Khuruf Alif Salasiyah Pon, miturut layang dhawuh Nagara Surakarta, kang wis kapacak ing layang Kabar Paprentahan, kang mêtu ing tanggal kaping 15 Dhesèmbêr 1935, angka 24, surasane kaya ing ngisor iki.

--- 14 ---

Golongan Sekrêtari.

Angka 1467 A/I.

Bab Salinipun Khuruf, Arba'iyah dados Salasiyah.

Dhawuhipun pêpatih dalêm, dhumatêng abdi dalêm Bupati ... paring sumêrêp, nagari nampèni palapuranipun pangarsaning pahêman Radyapustaka, mratelakakên salining Khuruf taun Jawi punika sampun kapathok sabên 120 taun majêng sadintên, sarta benjing Alif 1867 ngajêng punika kalêrês salining Khuruf, Arba'iyah dados Salasiyah. Kêjawi punika Nagari ugi nampèni nota saking kantor guprênuran katitimasan kaping 18 Dhesèmbêr 1934 angka A / 14312 / 29, mratelakakên, badhe salinipun Khuruf malih wontên ing taun 1746 + 120 = 1866, inggih punika taun Jimakhir 1866 punika botên kaangge taun wuntu, dados tanggalipun Sapisan Sura, Alif 1867 ngajêng punika lajêng majêng sadintên, kadhawahakên ing tanggal 24 Marêt 1936 (marêngi ing dintên Sêlasa Pon). Makatên wau pamanggihipun abdi-dalêm Pangulu, wêwaton pêpetanganipun abdi-dalêm ahli Falak sampun mrayogèkakên. Mênggah rêmbag badhe salining Khuruf wau, Papatih-dalêm sampun saos unjuk saandhap ing Sampeyan-dalêm Ingkang Wicaksana Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan, dhawuhing timbalan-dalêm sampun marêngakên. Awit saking punika lajêng kadhawuhan andhawuhakên waradin dhatêng wêwêngkon Kabupatèn ... supados sami sumêrêp.

Khuruf Alif Salasiyah Pon

Barêng wiwit ing taun Alif 1867 nganti tumêka ing besuk taun Jimakhir 1986, kang tumindak Khuruf Alif Salasiyah Pon, (kapetung bakal tumindak ing dalêm 120 taun), tanggale 1 sasi Muharram ing

Taun ... Dina lan ... Pasarane ... Nêptune ajêg

Alif ... Sêlasa ... Pon ... 1 - 1

Ehe ... Sabtu ... Paing ... 5 - 5

Jimawal ... Kêmis ... Paing ... 3 - 5

--- 15 ---

Je ... Sênèn ... Lêgi ... 7 - 4

Dal ... Jum'at ... Kliwon ... 4 - 3

Be ... Rêbo ... Kliwon ... 2 - 3

Wawu ... Ahad ... Wage ... 6 - 2

Jimakhir ... Kêmis ... Pon ... 3 - 1

Pambuka Wêwadine Nêptune Sasi

Cêcêkakaning têmbung-têmbung kang kapigunakake kanggo ngèngêt-èngêt Nêptuning Sasi, kêna kanggo waton salawase.

Petung Nêptuning Sasi iki prêlu kanggo metung Nêptuning Tanggal, kang atêgês Tanggal, iku dadi têtêngêring wilangan kang bisa nuduhake: dina lan pasaran tibaning tanggal sapisan ing sa-sasi-sasine, sajrone sataun utawa sawindu, pangetunge kawiwitan saka sawiji-wijining Khurufing Taun, iya iku dina lan pasaran kawitaning sasi Muharram ing sa-taun-taune, padha kanggo kawitaning pangetung Nêptuning Tanggal, ing ngisor iki pratelane:

1. Ram ji ji ... karêpe ... Muharram ... 1, 1

2. Far lu ji ... karêpe ... Shafar ... 3, 1

3. Ra-wal pat ma ... karêpe ... Rabi'u'lawal ... 4, 5

4. Ra-khir nêm ma ... karêpe ... Rabi'u'lakhir ... 6, 5

5. Ju-wal tu pat ... karêpe ... Jumadi'lawal ... 7, 4

6. Ju-khir ro pat ... karêpe ... Jumadi'lakhir ... 2, 4

7. Jab lu lu ... karêpe ... Rajab ... 3, 3

8. Ban ma lu ... karêpe ... Sya'ban ... 5, 3

9. Dlan nêm ro ... karêpe ... Ramadlan ... 6, 2

10. Wal ji ro ... karêpe ... Syawwal ... 1, 2

11. Dah ro ji ... karêpe ... Zu'lkaedah ... 2, 1

12. Jah pat ji ... karêpe ... Zu'lhijjah ... 4, ... 1

Angka ing sawurining sasi, angka ing ngarêp iku Nêptuning Dinane, dene angka ing buri iku Nêptuning Pasarane.

--- 16 ---

Sajroning tumindak Khuruf Alif Salasiyah Pon, yèn arêp ngupaya tibaning dina lan pasaran ing tanggal sapisan sa-sasi-sasine, yèn ing taun:

Alif kawiwitan saka ing Sêlasa Pon

Ehe kawiwitan saka ing Sabtu Paing

Jimawal kawiwitan saka ing Kêmis Paing

Je kawiwitan saka ing Sênèn Lêgi

Dal kawiwitan saka ing Jum'at Kliwon

Be kawiwitan saka ing Rêbo Kliwon

Wawu kawiwitan saka ing Ahad Wage

Jimakhir kawiwitan saka ing Kêmis Pon

Cêcêkakaning têmbung-têmbunge:

A sa pon karêpe Alif Sêlasa Pon

He tu ing karêpe Ehe Sabtu Paing

Wal mis ing karêpe Jimawal Kêmis Paing

Je nèn gi karêpe Je Sênèn Lêgi

Dal ngat won karêpe Dal Jum'at Kliwon

Be bo won karêpe Be Rêbo Kliwon

Wu had ge karêpe Wawu Ahad Wage

Khir mis pon karêpe Jimakhir Kêmis Pon

--- 17 ---

[Grafik]

Kang kasêbut ing sangisoring kolom angka 1, iku dina lan pasaran kawiwitan taun kang tinamtu, kang kanggo kawitaning pangetung, Dene kang kasêbut ing sangisoring kolom angka 2, 3, 4, saurute, iku dina lan pasaran tibaning tanggal sapisan ing sasi kang tinamtu miturut Nêptune, kang cocog karo Angkane ing kolom.

--- 18 ---

Dadi Luwih Sampurna Pakartine sarana ingowahan asline

Petung kasêbut ing dhuwur iku mau, kêna diarani petung kang asli, awêwaton khurufing taun kang 8 cacahe, sawiji-wijine Khurufing Taun padha dadi jêjêr kawitaning pangetung.

Dene petung kang kasêbut ing ngisor iki mêngko, kêna diarani petung kang wis owah saka ing asline, ananging dadi luwih sampurna pakartine, dening mung awaton siji Khurufing Windu bae (têgêse mung awaton Khurufing Taun Alif bae), kang kadadèkake jêjêr kawitaning pangetung.

Dene kang kasêbut: wis owah saka ing asline, iku mungguh katêrangane mangkene:

Nêptuning Taun kang kanggo ngetung dinane, wiwit taun Alif nganti tumêka ing taun Jimakhir, isih têtêp Nêptu: 1, 5, 3, 7, 4, 2, 6, 3.

Dene Nêptuning Taun kang kanggo ngetung pasarane, wiwit taun Alif nganti tumêka ing taun Jimakhir, padha dikurangi ajine siji-siji, mungguh carane ngurangi mangkene:

Alif Asline Nêptu 1+5 = 6-1 = 5

Ehe Asline Nêptu 5-1 = 4

Jimawal Asline Nêptu 5-1 = 4

Je Asline Nêptu 4-1 = 3

Dal Asline Nêptu 3-1 = 2

Be Asline Nêptu 3-1 = 2

Wawu Asline Nêptu 2-1 = 1

Jimakhir Asline Nêptu 1+5 = 6-1 = 5

Samêngko Nêptuning Sasi kang kanggo ngetung dinane, wiwit sasi Muharram ngantri tumêka ing sasi Zu'lhijjah, padha dikurangi ajine siji-siji, mungguh carane ngurangi mangkene:

--- 19 ---

Muharram Asline Nêptu 1+7 = 8-1 = 7

Shafar Asline Nêptu 3-1 = 2

Rabu'u'lawal Asline Nêptu 4-1 = 3

Rabi'u'lakhir Asline Nêptu 6-1 = 5

Jumadi'lawal Asline Nêptu 7-1 = 6

Jumadi'lakhir Asline Nêptu 2-1 = 1

Rajab Asline Nêptu 3-1 = 2

Sya'ban Asline Nêptu 5-1 = 4

Ramadlan Asline Nêptu 6-1 = 5

Syawwal Asline Nêptu 1+7 = 8-1 = 7

Zu'lkaedah Asline Nêptu 2-1 = 1

Zu'lhijjah Asline Nêptu 4-1 = 3

Dene Nêptuning Sasi kang kanggo ngetung pasarane, wiwit sasi Muharram nganti tumêka ing sasi Zu'lhijjah, uga padha dikurangi ajine siji-siji, mungguh carane ngurangi mangkene:

Muharram, Shafar Asline Nêptu 1+5 = 6-1 = 5

Rabu'u'lawal, Rabi'u'lakhir Asline Nêptu 5-1 = 4

Jumadi'lawal, Jumadi'lakhir Asline Nêptu 4-1 = 3

Rajab, Sya'ban Asline Nêptu 3-1 = 2

Ramadlan, Syawwal Asline Nêptu 2-1 = 1

Zu'lkaedah, Zu'lhijjah Asline Nêptu 1+5 = 6-1 = 5

Mungguh pratelane kang têtela, Nêptuning Taun lan Nêptuning Sasi kang wis ingowahan mau, matênge kaya kang kasêbut pratelan ing ngisor iki:

--- 20 ---

Taun ... Nêptune ... A ... B

Alif ... Nêptune ... 1 ... 5

Ehe ... Nêptune ... 5 ... 4

Jimawal ... Nêptune ... 3 ... 4

Je ... Nêptune ... 7 ... 3

Dal ... Nêptune ... 4 ... 2

Be ... Nêptune ... 2 ... 2

Wawu ... Nêptune ... 6 ... 1

Jimakhir ... Nêptune ... 3 ... 5

Sasi ... Nêptune ... A ... B

Muharram ... Nêptune ... 7 ... 5

Shafar ... Nêptune ... 2 ... 5

Rabi'u'lawal ... Nêptune ... 3 ... 4

Rabi'u'lakhir ... Nêptune ... 5 ... 4

Jumadi'lawal ... Nêptune ... 6 ... 3

Jumadi'lakhir ... Nêptune ... 1 ... 3

Rajab ... Nêptune ... 2 ... 2

Sya'ban ... Nêptune ... 4 ... 2

Ramadlan ... Nêptune ... 5 ... 1

Syawwal ... Nêptune ... 7 ... 1

Zu'lkaedah ... Nêptune ... 1 ... 5

Zu'lhijjah ... Nêptune ... 3 ... 5

Pigunane petung iki, saka karsane Sarjana kang nganggit sakawit, wigati kanggo nyumurupi tibaning dina lan pasaran, tanggale sêpisan ing sasi lan taun Jawa kang tinamtu.

Mungguh carane ngetung, kang dhihin kudu nyumurupi nêptuning taun kang kanggo ngetung tibaning dinane (A), lan tibaning pasarane (B); sarta nêptuning sasi kang kanggo ngetung tibaning dinane (A), lan tibaning pasarane (B), kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Kawitaning pangetung, nêptuning taun lan nêptuning sasi kang padha kanggo ngetung tibaning dinane (A), kinumpulake dadi siji, pira tinêmuning gunggungane? banjur kapetung wiwit angka siji nganti tumêka ing angka tinêmuning gunggungan.

Nuli nêptuning taun lan nêptuning sasi kang padha kanggo ngetung tibane pasarane (B), kinumpulake dadi siji, pira tinêmuning gunggungane? banjur kapetung wiwit angka siji nganti tumêka ing angka tinêmuning gunggungan.

Ana dene wiwitaning pangetung miturut Khurufing Windu (iya iku Khurufing Taun Alif) tumrap ing taun-taun kang dikarêpake.

--- 21 ---

Yèn kang dikarêpake ing taun-taun kang tumindak sajroning Khuruf Alif Jam'iyah Lêgi (kang tumindak wiwit ing taun Alif 1555 nganti tumêka ing taun Jimakhir 1674), dinane kapetung wiwit angka siji Jum'at, dene pasarane kapetung wiwit angka siji Paing (dadi mundur 1 saka ing Lêgi).

Yèn kang dikarêpake ing taun-taun kang tumindak sajroning Khuruf Alif Kamsiyah Kliwon (kang tumindak wiwit ing taun Alif 1675 nganti tumêka ing taun Ehe 1748), dinane kapetung wiwit angka siji Kêmis, dene pasarane kapetung wiwit angka siji Lêgi (dadi mundur 1 saka ing Kliwon).

Yèn kang dikarêpake ing taun-taun kang tumindak sajroning Khuruf Alif Arba'iyah Wage (kang tumindak wiwit ing taun Jimawal 1749 nganti tumêka ing taun Jimakhir 1866), dinane kapetung wiwit angka siji Rêbo, dene pasarane kapetung wiwit angka siji Kliwon (dadi mundur 1 saka ing Wage).

Yèn kang dikarêpake ing taun-taun kang tumindak sajroning Khuruf Alif Salasiyah Pon (kang tumindak wiwit ing taun Alif 1867 nganti tumêka ing besuk taun Jimakhir 1986), dinane kapetung wiwit angka siji Sêlasa, dene pasarane kapetung wiwit angka siji Wage (dadi mundur 1 saka ing Pon).

Upamane ngupadi tanggale sapisan sasi Rabi'u'lawal taun Dal sajroning tumindak Khuruf Alif Salasiyah Pon, tiba ing dina lan pasarane apa?

Iku pangupadine dinane mangkene: nêptuning taun Dal A 4, kinumpulake karo nêptuning sasi Rabi'u'lawal A 3, gunggune tinêmu 7; banjur kapetung wiwit angka 1 Sêlasa, 2 Rêbo, 3 Kêmis, 4 Jum'at, 5 Sabtu, 6 Ahad, 7 Sênèn.

Nuli pangupadine pasarane mangkene: nêptuning taun Dal B 2, kinumpulake karo nêptuning sasi Rabi'u'lawal B 9, gunggunge tinêmu 11; banjur kapetung wiwit angka 1 Wage, 2 Kliwon, 3 Lêgi, 4 Paing, 5 Pon, 6 Wage, 7 Kliwon, 8 Lêgi, 9 Paing, 10 Pon, 11 Wage.

--- 22 ---

Dadi tanggale sapisan sasi Rabi'u'lawal taun Dal Khuruf Alif Salasiyah Pon, iku mêsthi tiba ing dina lan pasaran: Sênèn Wage.

Mingangka kanggo cocogan utawa pasêksèn patitise kawruh petung kasêbut ing dhuwur, ing kono sinartan Pananggalan A Sa Pon kanggo 120 taun.

Bab Owahing arane sasi 'Arab sawise dadi sasi Jawa

Ora anèh yèn nalika jaman Karaton Jawa-Islam ing Mataram Kasultan-Agungan, wiwit migunakake petungan taun Hijrah kang wis kabangun dadi taun Jawa, awit wigati kanggo ancêr-ancêr nindakake prêluning agama Islam, sarta 'adat kang kêlaku ing tanah 'Arab, kaya ta:

1. Asyura, sabên tanggal kaping 10 Muharram; suwening-suwe sasi Muharram iku banjur katêlah diarani sasi Sura, ana ing bêbrayan Jawa, panindake slamêtan diarani Suran.

2. Maulud, sabên tanggal kaping 12 Rabi'u'lawal, suwening-suwe sasi Rabi'u'lawal iku banjur katêlah diarani sasi Mulud, ana ing bêbrayan Jawa, panindake slamêtan banjur diarani Muludan, garêbêge diarani Garêbêg Mulud. Apa manèh sasi Rabi'u'lakhir banjur diarani sasi Bakda Mulud, têgêse: sawise sasi Mulud.

3. Mi'raj, sabên tanggal kaping 27 Rajab.

4. Sajrone sasi Ramadlan, kaum agama Islam padha nglakoni pasa sa-sasi muput, suwening-suwe sasi Ramadlan iku banjur diarani sasi Pasa, ana ing bêbrayan Jawa.

5. Idu'l Fitri, sabên tanggal sapisan sasi Syawwal; garêbêge katêlah diarani Garêbêg Bakda Pasa, têgêse: garêbêg salêbare nglakoni pasa.

6. Idu'l Adha, sabên tanggal kaping 10 Zu'lhijjah; wêktu iku uga diarani Riyadin Bêsar, garêbêge katêlah diarani Garêbêg Bêsar, sasine kêtêlah sasi Bêsar.

--- 23 ---

Kajaba saka iku, ana manèh sasi 'Arab kang banjur kêtêlah diarani nganggo aran liyane, kaya ta:

1. Sasi Sya'ban, kêtêlah diarani sasi Arwah utawa Ruwah, awit ing sasi iku bêbrayan Jawa lumrah padha mêmule arwahe (arwah = roh = nyawa) para lêluhur kang wus ana ing 'alamu'l-arwah (= 'alaming roh), panindake slamêtan banjur diarani Ruwahan.

2. Sasi Zu'lkaedah, kêtêlah diarani sasi Sêla utawa sasi Apit, sababe kang mangkono iku, ana kang ngarani yèn sasi Zu'lkaedah iku: ingapit khutbah, têgêse: diapit-apit dening khutbah loro, iya iku khutbah Riyadin Idu'l Fitri (1 Syawwal) lan khutbah Riyadin Idu'l Adha (10 Zu'lhijjah); dene kang diarani khutbah iku: sêsorahe para imam (pangulu agama) ana ing mimbar sajroning masjid. Gênahe, sasi Sêla utawa Apit iku ana ing antarane (sa-sêlane utawa diapit-apit) sasi Syawwal karo sasi Zu'lhijjah.

Tumêkane samêngko, arane sasi 'Arab ana ing bêbrayan Jawa, wis owah dadi arane sasi Jawa, kaya kang kasêbut ing ngisor iki.

Sasi 'Arab ... Sasi Jawa

Muharram ... Sura

Shafar ... Sapar

Rabi'u'lawal ... Mulud

Rabi'u'lakhir ... Bakda Mulud

Jumadi'lawal ... Jumadi lawal

Jumadi'lakhir ... Jumadi lakir

Rajab ... Rêjêb

Sya'ban ... Ruwah

Ramadlan ... Pasa

Syawwal ... Sawal

Zu'lkaedah ... Sêla

Zu'lhijjah ... Bêsar

--- 24 ---

TAUN JAWA SARTA GÊGAYUTANE KARO MAULUD NABI MUKHAMMAD S.A.W.

Wiwit bab iki sabanjurê, panulisê araning taun lan araning sasi, nganggo ejan miturut pakêcapan utawa aran Jawa.

Taun Jawa kang tanggale Sapisan sasi Sura taun Alip tiba

Ing dina ... iku disêbut miturut

Ahad ... Khuruf Alip Ahadiyah

Sênèn ... Khuruf Alip Isnainiyah

Sêlasa ... Khuruf Alip Salasiyah

Rêbo ... Khuruf Alip Arba'iyah

Kêmis ... Khuruf Alip Kamsiyah

Jum'at ... Khuruf Alip Jam'iyah

Sabtu ... Khuruf Alip Sabtiyah

Sabên-sabên taun Jawa kang tanggale Sapisan sasi Sura sadhengah taune tiba ing:

Dina ... Iku disêbut taun

Ahad ... Dite Kênaba

Sênèn ... Soma Wrêcita

Sêlasa ... Anggara Rêkatha

Rêbo ... Buddha Maesa

Kêmis ... Rêspati Mintuna

Jum'at ... Sukra Mangkara

Sabtu ... Tumpak Menda

Nalika sajroning jaman isih tumindak khuruf Alip Jam'iyah, wiwit ing taun Alip 1555, nganti tumêka ing taun Jimakir 1674, tanggale Sapisan sasi Sura

Taun ... Tiba ing dina ... Disêbut taun

Alip ... Jum'at Lêgi ... Sukra Mangkara

Ehe ... Sêlasa Kliwon ... Anggara Rêkatha

Jimawal ... Ahad Kliwon ... Dite Kênaba

Je ... Kêmis Wage ... Rêspati Mintuna

--- 25 ---

Dal ... Sênèn Pon ... Soma Wrêcita

Be ... Sabtu Pon ... Tumpak Menda

Wawu ... Rêbo Paing ... Buddha Maesa

Jimakir ... Ahad Lêgi ... Dite Kênaba

Nalika sajroning jaman isih tumindak Khuruf Alip Kamsiyah, wiwit ing taun Alip 1675, nganti tumêka ing taun Ehe 1748, tanggale Sapisan sasi Sura

Taun ... Tiba ing dina ... Disêbut taun

Alip ... Kêmis Kliwon ... Rêspati Mintuna

Ehe ... Sênèn Wage ... Soma wrêcita

Jimawal ... Sabtu Wage ... Tumpak Menda

Je ... Rêbo Pon ... Buddha Maesa

Dal ... Ahad Paing ... Dite Kênaba

Be ... Jum'at Paing ... Sukra Mangkara

Wawu ... Sêlasa Lêgi ... Anggara Rêkatha

Jimakir ... Sabtu Kliwon ... Tumpak Menda

Nalika sajroning jaman isih tumindak Khuruf Alip Arba'iyah, wiwit ing taun Jimawal 1749, nganti tumêka ing taun Jimakir 1866, tanggale Sapisan sasi Sura

Taun ... Tiba ing dina ... Disêbut taun

Alip ... Rêbo Wage ... Buddha Maesa

Ehe ... Ahad Pon ... dite Kênaba

Jimawal ... Jum'at Pon ... Sukra Mangkara

Je ... Sêlasa Paing ... Anggara Rêkatha

Dal ... Sabtu Lêgi ... Tumpak Menda

Be ... Kêmis Lêgi ... Rêspati Mintuna

Wawu ... Sênèn Kliwon ... Soma Wrêcita

Jimakir ... Jum'at Wage ... Sukra Mngkara

Barêng sajroning jaman wis tumindak Khuruf Alip Salasiyah, wiwit ing taun Alip 1867, nganti tumêka ing besuk taun Jimakir 1986, tanggale Sapisan sasi Sura

--- 26 ---

Taun ... Tiba ing dina ... Disêbut taun

Alip ... Sêlasa Pon ... Anggara Rêkatha

Ehe ... Sabtu Paing ... Tumpak Menda

Jimawal ... Kêmis Paing ... Rêspati Mintuna

Je ... Sênèn Lêgi ... Soma Wrêcita

Dal ... Jum'at Kliwon ... Sukra Mangkara

Be ... Rêbo Kliwon ... Buddha Maesa

Wawu ... Ahad Wage ... Dite Kênaba

Jimakir ... Kêmis Pon ... Rêspati Mintuna

Maulud Nabi Mukhammad s.a.w.

Anane Garêbêg Mulud kang tiba ing tanggal kaping 12 sasi Mulud sadhengah taune, iku wigatine mèngêti Maulud Nabi Mukhammad, iya iku wiyosane Kangjêng Nabi Mukhammad s.a.w.

Miturut katêrangan kasêbut ing kitab Siratu'lkalabiyah, juz I, kaca 61-62, katêrangan saka ing Kayogaswaran, Pawarti Surakarta 1940.

Miturut katêrangane Pangarang kitab kasêbut ing dhuwur,

1. Kangjêng Nabi Mukhammad s.a.w. iku wiyosane ing dina Sênèn, masa Robik (Masa Sêmi), tanggal kaping 12 sasi Rabi'u'lawal (sasi Mulud), taun Fil (taun Gajah).

2. Tampane wahyu kajumênêngake Nabi Nayakaningrat, dina Sênèn ing sasi Rabi'u'lawal.

3. Hijrah utawa linggare saka ing Mêkah marang Madinah, dina Sênèn ing sasi Rabi'u'lawal.

4. Tumêkaning sedane uga tumiba ing dina Sênèn ing sasi Rabi'u'lawal.

Miturut katêrangan kasêbut ing dhuwur mau, mungguh bundhêlane kang prêlu, kêna kapangkat ing pamilah lan panunggale manèh dadi rong pangkat.

--- 27 ---

Pangkat I. Ing tanggal kaping 12 sasi Rabi'u'lawal, iku wis cukup kanggo mèngêti tingalan taun wiyosane Kangjêng Nabi Nukhammad s.a.w.; iku bisa katindakake ing sabên taun.

Pangkat II. Yèn ing tanggal kaping 12 sasi Rabi'u'lawal iku pinuju marêngi dina Sênèn, iku kêna diarani wêktu kang utama kanggo mèngêti Maulud Nabi, awit kajaba pinuju tingalan taun wiyosan kang tumbuk dinane, Sênèn uga marêngi dina Jumênênge Nabi Nayakaningrat, sarta marêngi dina hijrahe saka ing Mêkah marang Madinah, apa manèh uga marêngi dina sedane; dadi wêktu kang utama iku pantês yèn pinahargya kalayan pasamuwan gêdhe; iku mung bisa katindakake sabên sawindu sapisan (utawa 8 taun miturut petungan taun Jawa), yèn pinuju marêngi taun Soma Wrêcita, iya iku ing taun Je sajrone tumindak Khuruf Alip Salasiyah samêngko iki, wiwit nalika ing taun Alip 1867 nganti tumêka ing besuk taun Jimakir 1986; ananging uga ana masa-kalane bisa katindakake sabên sawindu kaping loro, manawa wis tumêka masa-kalane tumindak Khuruf Alip Sabtiyah, ing besuk wiwit taun Alip 2227 nganti tumêka ing taun Jimakir 2346, awit sajrone tumindak Khuruf Alip Sabtiyah iku, Sang Soma Wrêcita manggon ing taun Jimawal lan Jimakir; marêngi dina Sênèn Wage ing taun Jimawal, karo marêngi dina Sênèn Kliwon ing taun Jimakir.

Garêbêg Mulud taun Soma Wrêcita

Dina lan pasaran kawitaning taun, iya iku ing tanggal Sapisan sasi Sura, iku mêsthi tumbuk (padha) karo dina lan pasaran tibane Garêbêg Mulud, iya iku ing tanggal kaping 12 sasi Mulud, kang nunggal taune.

Nalika sajroning jaman isih tumindak Khuruf Alip Jam'iyah Lêgi, yèn pinuju ing taun Dal, iku tanggale Sapisan sasi Sura mêsthi tiba ing tanggal Sênèn Pon, tumêkane Garêbêg Mulud ing tanggal kaping 12 sasi Mulud uga mêsthi tiba ing dina Sênèn Pon,

--- 28 ---

karana wiwit tanggal Sapisan sasi Sura nganti tumêka tanggal kaping 12 sasi Mulud, iku petunge tiba tumbuk dina lan pasarane 2 lapan (35 dina x 2) trêp.

Soma Wrêcita iku sêsêbutaning taun kang akawitan dina Sênèn, iku taun kang utama kanggo mèngêti Maulud Nabi kalayan pasamuwan gêdhe, awit tibaning Garêbêg Mulud marêngi dina Sênèn tanggal kaping 1 sasi Mulud.

Dene taun Soma Wrêcita kang kawitan kanggo mèngêti Maulud Nabi kalayan pasamuwan gêdhe, iya iku nalika jaman Karaton Jawa-Islam ing Mataram "alame Sri Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, nalika samana marêngi dina Sênèn Pon tanggal kaping 1 sasi Mulud taun Dal 1559 Khuruf Alip Jam'iyah Lêgi.

Mungguh mula-bukane ana pahargyan mèngêti Maulud Nabi nganggo pasamuwan gêdhe, marêngi Garêbêg Mulud tanggal kaping 12 sasi Mulud ing taun Dal, pinuju dina Sênèn Pon, iku sanyatane mung kapinujon ing nalika sajrone tumindak Khuruf Alip Jam'iyah Lêgi bae, iya iku wiwit nalika Garêbêg Mulud taun Dal 1559, 'alame Sri Sultan Agung Anyakrakusuma ing Mataram, sabanjure ing sajrone tumindak Khuruf Alip Jam'iyah Lêgi; dene mungguh ing sabênêr-bênêre, kang kanggo paugêran: taun Soma Wrêcita, iya iku taun kang akawitan dina Sênèn.

Taun Soma Wrêcita wiwit kalingan pêpêdhut

Barêng petungane taun Jawa wis salin Khuruf Alip Kamsiyah Kliwon, kang tumindak wiwit ing taun Alip 1675 nganti tumêka ing taun Ehe 1748, Garêbêge Mulud taun Dal miturut petung wis mingsêr tiba ing dina Ahad Paing, ananging nalika samana tumrap ing Karaton Surakarta, isih ngarah murih Garêbêge Mulud taun Dal isih lêstari tiba ing dina Sênèn Pon, bisane kalakon mangkono, sarana ngowahi umure sasi Sapar ing taun Dal iku kang bênêre umur 29 dina kadadèkake umur 30 dina; dene minangka panyaure: umure sasi Mulud taun Dal iku kang bênêre umur 30 dina kadadèkake umur 29 dina.

--- 29 ---

Barêng petungane taun Jawa wis salin Khuruf Alip Arba'iyah Wage, kang tumindak wiwit ing taun Jimawal 1749 nganti tumêka ing taun Jimakir 1866, Garêbêge Mulud taun Dal miturut petung wis mingsêr tiba ing dina Sabtu Lêgi, ananging nalika samana tumrap ing Karaton Surakarta, isih ngarah murih Garêbêge Mulud Taun Dal isih lêstari tiba ing dina Sênèn Pon, bisane kalakon mangkono, sarana ngowahi wiwit umure sasi Bêsar ing taun Je kang bênêre umur 29 dina kadadèkake umur 30 dina, lan umure sasi Sapar ing taun Dal kang bênêre umur 29 dina kadadèkake umur 30 dina; dene minangka panyaure: umure sasi Mulud lan umure sasi Jumadilawal taun Dal kang bênêre padha umur 30 dina kadadèkake padha umur 29 dina.

Barêng petungan taun Jawa wis salin Khuruf Alip Salasiyah Pon, kang tumindak wiwit ing taun Alip 1867 nganti tumêka ing besuk taun Jimakir 1986, Garêbêge Mulud taun Dal miturut petung wis mingsêr tiba ing dina Jum'at Kliwon, ananging nalika samana tumrap Karaton Surakarta, ing sakawit isih ngarah murih Garêbêge Mulud taun Dal isih lêstari tiba ing dina Sênèn Pon, bisane kalakon mangkono, sarana ngewahi wiwit umure sasi Sawal lan umure sasi Bêsar ing taun Je, sarta umure sasi Sapar ing taun Dal kang bênêre padha umur 29 dina kadadèkake padha umur 30 dina, dene minangka panyaure: umure sasi Mulud, sasi Jumadilawal lan sasi Rêjêb kang bênêre padha umur 30 dina kadadèkake padha umur 29 dina. Tujune cara owah-owahan mangkono iku rupa-rupane kaya wis ora lêstari kabanjurake tumindake manèh. Saupama isih, saya kalantur-lanturake tumindake owah-owahan kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, sayêkti bakal mêtêngi Paugêraning Taun Jawa kang asli. Apa manèh manawa kalanture owah-owahan mau ing sadungkapan êngkas, nganti anggèsèr waktuning sasi Pasa, ing kono lagi kêbêntus ing bêbasan: amburu ucêng kelangan dêlêg.

--- 30 ---

Iya ing kono kang bakal nuduhake yèn: Paugêraning Taun Jawa kang asli iku satêmêne wis anggawa dhasar kang ora kêna dirusak.

Sumilaking pêpêdhut

Dene yèn nêdya nglêstarèkake mèngêti Maulud Nabi kalayan pasamuwan gêdhe, kang marêngi tiba ing dina Sênèn, tumrap petungan taun Jawa, sajrone tumindak Khuruf Alip Salasiyah Pon iki, cukup milih ing sabên taun Je Soma Wrêcita, kaya nalika ing taun Je 1902 Garêbêge Mulud tiba ing dina Sênèn Lêgi.

Dadi ora kudu tiba ing diba Sênèn Pon taun Dal, awit iku rak nalika sajrone isih tumindak Khuruf Alip Jam'iyah Lêgi biyèn. Samêngko wis salin tumindake Khuruf Alip Salasiyah Pon, Garêbêge Mulud kang gêdhe wis salin tiba ing taun Je marêngi dina Sênèn Lêgi, iya iku taun Je Soma Wrêcita.

--- 31 ---

KABUDAYAN TAUN JAWA PANYAKUPE MARANG BABAGAN WUKU LAN MASA-WUKU

Kang disêbut Wuku, iku minangka têngêraning waktu kang umure 7 dina, kapetung wiwit ing dina Ahad nganti tumêka ing dina Sabtu.

Miturut petung Jawa, kang disêbut Dina, iku kapetung wiwit mlêthèking srêngenge, dadi wiwit saka rinane banjur wêngine. Beda karo kawitane tanggal, iku kapetung wiwit katoning rêmbulan ing nalikane tanggal sapisan, dadi gampangane wiwit saka wêngine banjur rinane.

Sa-dhapur Wuku utawa sa-grombolaning wuku-wuku, iku cacahe ana 30 wuku, kang sawiji-wijining wuku umure 7 dina mau, dadi ing dalêm 30 wuku utawa sadhapur wuku umure 7 x 30 = 210 dina.

Wuku kang cacahe 30 iku ana arane dhewe-dhewe, wiwit wuku kang angka 1 arane wuku Sinta, sabanjure nganti tumêka wuku kang angka 30 arane wuku Watugunung.

Dene kang disêbut Masa-Wuku, iku têngêring waktu kang umure 35 dina, kapetung wiwit ing dina Anggara Kasih utawa Sêlasa Kliwon, nganti tumêka ing dina Sênèn Wage.

Sa-dhapur Masa-Wuku, iku cacahe ana 12 masa-wuku, kang sawiji-wijining masa-wuku umure 35 dina mau, dadi ing dalêm 12 masa-wuku utawa sadhapur masa-wuku umure 35 x 12 = 420 dina.

Ing ngisor iki kapratelakake arane lan urute Masa-Wuku, lan wiwit tumapake ing dina Anggara Kasih (Sêlasa Kliwon) sarta pinuju wuku apa?

Wiwit tumapake Masa-Wuku ... Ing dina Anggara Kasih pinuju wuku

1. Kasa / 7 Kapitu ... 14. Mandhasiya

2. Karo / 8 Kawolu ... 19. Tambir

3. Katêlu / 9 Kasanga ... 24. Prangbakat

4. Kapat / 10 Kasapuluh ... 29. Dhukut

5. Kalima / 11 Dhêstha ... 4. Kurantil

6. Kanêm / l2 Saddha ... 9. Julungwangi

--- 32 ---

Kasêbut ing ngisor iki, pratelan arane wuku kang 30 wilangane, kaurutake wiwit wuku angka 1, sabanjure nganti tumêka wuku angka 30, dalah tumindake wiwit ing dina Ahad pasaran apa? nganti tumêka ing dina Sabtu pasaran apa? sarta tibaning dina Anggara Kasih (Sêlasa Kliwon), kang dadi kawitane sabên masa-wuku kang tinamtu.

Wuku ... tumindake wiwit dina ... tumêka dina

1. Sinta ... Ahad Paing ... Sabtu Pon

2. Landêp ... Ahad Wage ... Sabtu Kliwon

3. Wukir ... Ahad Lêgi ... Sabtu Paing

4. Kurantil ... Ahad Pon ... Sabtu Wage

Anggara-Kasih ... masa-wuku 5 / 11

5. Tolu ... Ahad Kliwon ... Sabtu Lêgi

6. Gumbrêg ... Ahad Paing ... Sabtu Pon

7. Warigalit ... Ahad Wage ... Sabtu Kliwon

8. Warigagung ... Ahad Lêgi ... Sabtu Paing

9. Julungwangi ... Ahad Pon ... Sabtu Wage

Anggara-Kasih ... masa wuku 6 / l2

10. Sungsang ... Ahad Kliwon ... Sabtu Lêgi

11. Galungan ... Ahad Paing ... Sabtu Pon

12. Kuningan ... Ahad Wage ... Sabtu Kliwon

13. Langkir ... Ahad Lêgi ... Sabtu Paing

14. Mandhasiya ... Ahad Pon ... Sabtu Wage

Anggara-Kasih ... masa-wuku 7 / 1

15. Julungpujud ... Ahad Kliwon ... Sabtu Lêgi

16. Pahang ... Ahad Paing ... Sabtu Pon

17. Kuruwêlut ... Ahad Wage ... Sabtu Kliwon

18. Marakèh ... Ahad Lêgi ... Sabtu Paing

19. Tambir ... Ahad Pon ... Sabtu Wage

Anggara-Kasih ... masa-wuku 8 / 2

20. Mêdhangkungan ... Ahad Kliwon ... Sabtu Lêgi

21. Maktal ... Ahad Paing ... Sabtu Pon

22. Wuye ... Ahad Wage ... Sabtu Kliwon

--- 33 ---

23. Manahil ... Ahad Lêgi ... Sabtu Paing

24. Prangbakat ... Ahad Pon ... Sabtu Wage

Anggara-Kasih ... masa-wuku 9 / 3

25. Bala ... Ahad Kliwon ... Sabtu Lêgi

26. Wugu ... Ahad Paing ... Sabtu Pon

27. Wayang ... Ahad Wage ... Sabtu Kliwon

28. Kulawu ... Ahad Lêgi ... Sabtu Paing

29. Dhukut ... Ahad Pon ... Sabtu Wage

Anggara-Kasih ... masa-wuku 10 / 4

30. Watugunung ... Ahad Kliwon ... Sabtu Lêgi

Sasi Jawa lan umure pirang dina

Sasi Jawa kang 12 wilangane iku, sawiji-wijining sasi umure wiwit 30 dina gêntèn karo 29 dina, mung sasi kang wêkasan manawa pinuju taun Wuntu umure wuwuh sadina dadi 30 dina, iya iku yèn pinuju taun Ehe, Dal lan Jimakir.

Angka urut araninga sasi:

1. Sura ... umure 30 dina

2. Sapar ... umure 29 dina

3. Mulud ... umure 30 dina

4. Bakda Mulud ... umure 29 dina

5. Jumadilawal ... umure 30 dina

6. Jumadilakir ... umure 29 dina

7. Rêjêb ... umure 30 dina

8. Ruwah ... umure 29 dina

9. Pasa ... umure 30 dina

10. Sawal ... umure 29 dina

11. Sêla ... umure 30 dina

12. Bêsar ... umure 29 dina

Yèn taun Wastu, gunggung ... 354 dina

Yèn taun Wuntu, umure sasi Bêsar wuwuh 1 dina

Gunggung yèn taun wuntu, 355 dina.

--- 34 ---

Taun Jawa lan umure pirang dina

Taun Jawa kang 8 wilangane iku, sawiji-wijining taun yèn taun Wastu umure 354 dina, yèn taun Wuntu umure 355 dina. Dene katêrangane Wastu lan Wuntuning taun kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

Angka urut araning taun:

1. Alip taun Wastu umure 354 dina

2. Ehe taun Wuntu umure 355 dina

3. Jimawal taun Wastu umure 354 dina

4. Je taun Wastu umure 354 dina

5. Dal taun Wuntu umure 355 dina

6. Be taun Wastu umure 354 dina

7. Wawu taun Wastu umure 354 dina

8. Jimakir taun Wuntu umure 355 dina

Gunggung ing dalêm sawindu 2835 dina.

Windu Jawa lan umure pirang dina

Windu Jawa kang 4 wilangane iku, sawiji-wijining windu umure racak 2835 dina. Dene katêrangan araning windu lan umure kaya kang kapratelakake ing ngisor iki:

Angka unut araning windu:

1. Adi umure 2835 dina

2. Kunthara umure 2835 dina 2 windu 5670 dina

3. Sangara umure 2835 dina 3 windu 8505 dina

4. Sancaya umure 2835 dina 4 windu 11340 dina

Gunggung 4 windu 11340 dina

Taun lan Windu sarta Tumbuking Wuku

Taun Jawa

Sataun Wastu, gunggung dinane 354.

Sataun Wuntu, gunggung dinane 355.

--- 35 ---

Windu Jawa

Sawindune:

5 taun Wastu kang gunggung dinane 354 x 5 = 1770

lan 3 taun Wuntu kang gunggung dinane 355 x 3 = 1065

Dadi ing dalêm sawindu gunggung dinane 2835

Yèn 2 windu, diwuwuhi manèh 2835

Dadi ing dalêm 2 windu gunggung dinane 5670

Yèn 4 windu, diwuwuhi manèh 5670

Dadi ing dalêm 4 windu gunggung dinane 11340

Tumbuking Wuku lan Taun, kadadian sawise kalakon 2 windu, utawa 16 taun, utawa 27 dhapur wuku (1 dhapur wuku = 30 wuku = 210 dina), dadi yèn 27 dhapur wuku gunggung dinane ana 210 x 27 = 5670.

Tumbuking Wuku lan Taun sarta Windu, kadadian sawise kalakon 4 windu, utawa 32 taun, utawa 54 dhapur wuku kang gunggung dinane ana 210 x 54 = 11340, iku uga bêbarêngan karo Tumbuking Masa-Wuku.

Tumbuking Wuku lan Masa-Wuku sarta Taun lan Windu

Tumbuking Wuku lan Masa-Wuku sarta Taun lan Windu, iku uga kadadean sawise kalakon 4 windu, utawa 32 taun, kang gunggung dinane ana 11340. Utawa 54 dhapur wuku kang gunggung dinane 210 x 54 = 11340. Utawa 27 dhapur masa-wuku kang gunggung dinane ana 420 x 27 = 11340.

Sabên 30 wuku = 1 dhapur wuku, lawase 210 dina.

Sabên 12 masa-wuku = 1 dhapur masa-wuku = 420 dina, dadi padha lawase karo 2 dhapur wuku = 210 x 2 = 420 dina.

Sabên 1 windu iku mêngku 13,5 dhapur wuku ( = 210 x 13,5 = 2835 dina) utawa 6,25 dhapur masa-wuku (= 420 x 6,25 = 2835 dina).

Sabên 2 windu mêngku 27 dhapur wuku (= 210 x 27 = 5670 dina), utawa 13,5 dhapur masa-wuku (= 420 x 13,5 = 5670 dina).

Sabên 4 windu mêngku 54 dhapur wuku (= 210 x 54 = 11340 dina), utawa 27 dhapur masa-wuku (= 420 x 27 = 11340 dina).

--- 36 ---

Laku jantraning Masa-wuku ing dalêm 4 windu

Laku-jantraning Masa-Wuku sajrone tumindak Khuruf Alip Salasiyah, kajupuk sabên ing dina kawitaning windu.

1. Windu Adi kawiwitan ing tanggal 1 sasi Sura, taun Alip, tiba ing dina Sêlasa Pon, pinuju wuku 13 Langkir, iku isih tumindak Masa-Wuku kang kawitane ing dina Anggara-Kasih pinuju wuku 9 Julungwangi.

Barêng ing dina Anggara-Kasih wuku Mandhasiya, tanggal kaping 8 sasi Sura taun Alip windu Adi, iku wiwit tumapake Masa-Wuku Kasa.

2. Windu Kunthara kawiwitan ing tanggal 1 sasi Sura, taun Alip, tiba ing dina Sêlasa Pon, pinuju wuku 28 Kulawu, iku isih tumindak Masa-Wuku Kasanga, kang kawiwitan ing dina Anggara-Kasih pinuju wuku 24 Prangbakat.

Barêng ing dina Anggara-Kasih wuku 29 Dhukut, tanggal kaping 8 sasi Sura taun Alip windu Kunthara, iku wiwit tumapake Masa-Wuku Kasapuluh.

3. Windu Sangara kawiwitan ing tanggal 1 sasi Sura, taun Alip, tiba ing dina Sêlasa Pon, pinuju wuku 13 Langkir, iku isih tumindak Masa-Wuku Kanêm kang kawiwitan ing dina Anggara-Kasih pinuju wuku 9 Julungwangi.

Barêng ing dina Anggara-Kasih wuku 14 Mandhasiya, tanggal kaping 8 sasi Sura taun Alip windu Sangara, iku wiwit tumindak Masa-Wuku Kapitu.

4. Windu Sancaya kawiwitan ing tanggal 1 sasi Sura, taun Alip, tiba ing dina Sêlasa Pon, pinuju wuku 28 Kulawu, iku isih tumindak Masa-Wuku Katiga kang kawiwitan ing dina Anggara-Kasih pinuju wuku 24 Prangbakat.

Barêng ing dina Anggara-Kasih wuku 29 Dhukut, tanggal kaping 8 sasi Sura taun Alip windu Sancaya, iku wiwit tumapake Masa-Wuku Kapat.

Sawise tutug tumindake windu Sancaya banjur bali wiwit tumindak windu Adi manèh.

--- 37 ---

PATHOKANE ANGGOLÈKI MASA-WUKU SARTA WINDU LAN TAUN JAWA

Bêtuwahe Bagus Ngarfah

Pathokane anggolèki Masa-Wuku, iku mangkene: Nêptuning windu kagunggung karo nêptuning taun sarta nêptuning sasi kang katamtokake, kawuwuhan tanggaling sasi mau.

Nêptu mau rong warna, kang sawiji cacahing masa, sawijine cacahing dina.

Panggungune mangkene: cacahing dina karo cacahing masa kagunggung dhewe-dhewe, nanging cacahing dina mawa kawuwuhan tanggaling sasi. Sabanjure gunggunganing dina yèn luwih saka 35, kang 35 kaunggahake dadi masa 1; yèn luwih saka 70, kang 70 kaunggahake dadi masa 2; kawuwuhake marang gunggunging masa, kang katêtêpake gunggunging dina mung 35 sapangisor.

Gunggunganing masa yèn luwih saka 12, kang 12 kabuwang; yèn luwih saka 24, kang 24 kabuwang; kang katêtêpake gunggunganing masa iku mratelakake masa wuku kang digolèki, kaya ta: 1: iku masa Kasa, 2: masa Karo, 3: masa Katêlu, sapiturute nganti tumêka 12 iku masa Saddha.

Dene gunggunganing dina, iku mratelakake umuring masa-wuku kang katêmu mau wis pirang dina tumêka titi-masa kang tinamtokake.

Yèn pinuju taun Dal, iku kudu nganggo tanggal lugu, ora kêna nganggo tanggal owah-owahan saka Nagara.

Pathokan iki kanggo sajrone tumindak Khuruf Alip Arba'iyah, kang tumindak wiwit taun Jawa 1747 (Patitise: wiwit taun Jawa Jimawal 1749. R. Tanaya) tumêka 1866.

Besuk yèn salin Khuruf Alip Salasiyah, gunggunganing dina kudu kasuda 1, besuk Khuruf Isnainiyah kasuda 2, besuk Khuruf Alip Ahadiyah kasuda 3, sabanjure sabên salin Khuruf Alip panyudane mundhak siji-siji. Kosok-baline dhèk isih tumindak Khuruf Alip Kamsiyah, gunggunganing dina kudu kawuwuhan 1, dhèk Khuruf Jam'iyah kawuwuhan 2.

--- 38 ---

Ing ngisor ini pratelaning nêptu-nêptu mau.

Araning Windu karo Taun ... Nêptu Masa ... Nêptu Dina ... Araning Sasi ... Nêptu Masa ... Nêptu Dina

Windu Sangara ... 6 ... 0 ... Sura ... 0 ... 0

Windu Sancaya ... 3 ... 0 ... Sapar ... 0 ... 30

Windu Adi ... 12 ... 0 ... Mulud ... 1 ... 24

Windu Kunthara ... 9 ... 0 ... Bakda Mulud ... 2 ... 19

Taun Alip ... 0 ... 29 ... Jumadilawal ... 3 ... 13

Taun Ehe ... 10 ... 33 ... Jumadilakir ... 4 ... 8

Taun Jimawal ... 9 ... 3 ... Rêjêb ... 5 ... 2

Taun Je ... 7 ... 7 ... Ruwah ... 5 ... 32

Taun Dal ... 5 ... 11 ... Pasa ... 6 ... 26

Taun Be ... 3 ... 16 ... Sawal ... 7 ... 21

Taun Wawu ... 1 ... 20 ... Sêla ... 8 ... 15

Taun Jimakir ... 11 ... 24 ... Bêsar ... 9 ... 10

Katêrangan

Sêrat Pamuryan anggitanipun Radèn Ngabèi Ranggawarsita amratelakake: Dintên Anggara-Kasih wuku Mandhasiya, tanggal kaping 7 wulan Sura taun Alip windu Adi punika manjingipun masa-wuku: Kasa, dados nalika tanggal Sapisan Sura wau taksih masa-wuku Saddha, mila nêptuning windu Adi kadamêl masa 12.

Wiwitaning taun Alip (Khuruf Alip Arba'iyah) tamtu Rêbo Wage, etangipun saking Anggara Kasih 30 dintên, dados ingkang sampun kapêngkêr 29 dintên, mila nêptuning taun Alip kadamêl 29. Inggih punika ingkang katurut minangka uwit pandamêl sarta pangragumipun nêptu-nêptu punika, kapanggihipun satunggal-tunggaling nêptu sarana katindakakên mawi etangan Khronologie.

Pambabaring pathokan punika ing dintên Rêbo Wage tanggal kaping 4 wulan Zu'lkaedah taun Dal 1831, (Taksih salêbêtipun tumindak Khuruf Alip Arba'iyah). Bagus Ngarfah

--- 39 ---

Upamane arêp anggolèki masa-wuku ing dina Anggara-Kasih wuku Kurantil tanggal kaping 10 sasi Sêla taun Dal windu Sancaya. Dina Anggara-Kasih karo wuku Kurantil tumrape nggolèki masa-wuku ora kanggo apa-apa.

Ana dene kang pêrlu kanggo garan anggolèki masa-wuku iya iku: tanggal kaping 10 sasi Sêla taun Dal windu Sancaya. Pangetunge mangkene:

Nêptuning windu Sancaya Masa 3 Dina 0

Nêptuning taun Dal Masa 5 Dina 11

Nêptuning sasi Sêla Masa 8 Dina 15

Tanggaling sasi Sêla Dina 10

Gunggung Masa 16 Dina 36

Gunggung dadi Masa 5 Dina 1

Gunggunging masa ana 16. Gunggunging dina ana 36, Sarèhne 36 iku luwih saka 35, mula kasuda 35, kari 1, iya iku gunggunganing dina kang wis dadi, kawuwuhake marang gunggunganing masa kang 16 mau dadi 17. Sarèhne 17 iku luwih saka 12, mula kabuwang kang 12, kari 5, iya iku gunggunganing masa kang wis dadi. Mungguh gunggung dadi (5, 1) iku kudu kawaca mangkene: Masa Kalima lagi umur sadina.

Saiki kang digolèki wis katêmu: dina Anggara-Kasih wuku Kurantil tanggal kaping 10 sasi Sêla taun Dal windu Sancaya iku masa-wukune masa Kalima lagi umur sadina.

Pathokan anggolèki Windu Jawa, iku mangkene: angkaning taun Jawa kawuwuhan 6, banjur kapara 32.

Yèn turah 1 tumêka 8, iku windu Sangara.

Yèn turah 9 tumêka 16, iku windu Sancaya.

Yèn turah 17 tumêka 24, iku windu Adi.

Yèn turah 25 tumêka cèplês, iku windu Kunthara.

--- 40 ---

Upamane Sakalaning panggung Sanggabuwana: naga muluk tinitihan jalma, iya taun 1708, iku kawuwuhan 6, dadi 1714, banjur kapara 32, olèh 53, turah 18, sarèhne 18 iku kalêbu 17 tumêka 24, dadi têtela Sakalaning panggung Sanggabuwana taun 1708, iku windu Adi.

Pathokane anggolèki Taun Jawa, iku mangkene: angkaning taun Jawa kawuwuhan 6, banjur kapara 8.

Yèn turah 1, iku taun Alip.

Yèn turah 2, iku taun Ehe.

Yèn turah 3, iku taun Jimawal.

Yèn turah 4, iku taun Je.

Yèn turah 5, iku taun Dal.

Yèn turah 6, iku taun Be.

Yèn turah 7, iku taun Wawu.

Yèn cèplês, iku taun Jimakir.

Upamane Sakalaning panggung Sanggabuwana: panggung (pa agung, aksara Jawa kang dadi angka 8) luhur sangga buwana, iya taun 1708, iku kawuwuhan 6, dadi 1714, banjur kapara 8, olèh 214, turah 2, sarèhne turah 2, dadi têtela Sakalaning panggung luhur sangga buwana taun 1708, iku taun Ehe.

Tinulis tanggal kaping 4 sasi Zu'lkaedah taun Dal 1831. (isih sajrone tumindak Khuruf Alip Arba'iyah). Bagus Ngarfah.

--- 41 ---

SANATU'LHIJRAT UTAWA TAUN HIJRAH

Pathokane anggolèki Angkaning Taun Hijrah lan Jawa, iku mangkene: Manawa angkaning taun Jawa kasuda 512, iku dadi angkaning taun Hijrah. Kosok-baline: Manawa angkaning taun Hijrah diwuwuhi 512, iku dadi angkaning taun Jawa.

Upama: Nalika pangalihe karaton Kartasura marang karaton Surakarta, Sakalane: munggah gunung rasaning rat, angkaning taun Jawa 1670, iku bêbarêngane karo angkaning taun Hijrah pinuju taun angka pira?

Pangetunge mangkene: Angkaning taun Jawa 1670 kasuda 512

Cocoge karo taun Hijrah pinuju taun angka 1158

Kosok-baline: Ana sawijining masjid, nalika pangyasane tinêngêran angkaning taun Hijrah 1234, iku yèn ing taun Jawa pinuju angka pira?

Pangetunge mangkene: Angkaning taun Hijrah 1234 kawuwuhan 512

Cocoge karo taun Jawa pinuju taun angka 1745

Pangetunge taun Hijrah, iku awêwaton taun Kamariyah, iya iku taun miturut petungan Rêmbulan, nganggo sasi 12 kang ing dalêm sa-sasi-sasine ana 30 dina, gêntèn karo 29 dina, dene araning sasi-sasine kaya kang wis katulad kanggo sasi Jawa kasêbut ing ngarêp, iya iku wiwit sasi Muharram umure 30 dina, sabanjure nganti tumêka sasi Zu'lhijjah umure 29 dina, sabên 12 sasi utawa sêtaune umur 354 dina yèn pinuju sanat basitah (taun wastu), utawa umur 355 dina yèn pinuju sanat kabisat (taun wuntu), kang umure sasi Zu'lhijjah dadi 30 dina.

Kawitane Sanatu'lhijrat utawa taun Hijrah, iku kapetung wiwit linggare Kangjêng Nabi Mukhammad s.a.w. saka Mêkah marang Madinah, kapèngêtan ing dina Isnain sasi Rabi'u'lawal, ananging pangetunge Sanatu'lhijrat kawiwitan saka tanggal sapisan sasi

--- 42 ---

Muharram, dene kang murwani nganakake angkaning taun Hijrah iku, Sang Khalifah 'Umar, sawise kaangkat dadi Amiru'lmu'minin, iya iku sakabate Kangjêng Nabi kang asma "umar, akhire jumênêng Khalifah kang kapindho.

Petungane taun Hijrah, iku nganggo sarupa windu kang lawase sabên 30 taun urut-urutan, kang mêngku 19 sanat kabitah (taun Wastu), lan 11 sanat kabisat (taun Wuntu). Manawa arêp nyumurupi manggone taune Wastu lan taune Wuntu, iku carane metung mangkene: yèn turah: 1, 3, 4, 6, 8, 9, 11, 12, 14, 15, 17, 19, 20, 22, 23, 25, 27, 28, lan cèplês 30, iku padha taun Wastu kabèh, dene yèn turah: 2, 5, 7, 10, 13, 16, 18, 21, 24, 26, lan 29, iku padha taun Wuntu kabèh.

--- 43 ---

KATÊRANGAN

Nêptuning Dina lan Nêptuning Pasaran sarta Angka-uruting Wuku.

Nêptuning Dina ... Nêptuning Pasaran

3. Sêlasa ...

4. Sênèn ... 4. Wage

5. Ahad ... 5. Lêgi

6. Jum'at ...

7. Rêbo ... 7. Pon

8. Kêmis ... 8. Kliwon

9. Sabtu ... 9. Paing.

Angka-urutaning Wuku.

1. Sinta, 2. Landêp, 3. Wukir, 4. Kurantil, 5. Tolu, 6. Gumbrêg, 7. Warigalit, 8. Warigagung, 9. Julungwangi, 10. Sungsang, 11. Galungan, 12. Kuningan, 13. Langkir, 14. Mandhasiya, 15. Julungpujud, 16. Pahang, 17. Kuruwêlut, 18. Marakèh, 19. Tambir, 20. Mêdangkungan, 21. Maktal, 22. Wuye, 23. Manahil, 24. Prangbakat, 25. Bala, 26. Wugu, 27. Wayang, 28. Kulawu, 29. Dhukut, 30. Watugunung.

--- 44 ---

PANANGGALAN JAWA 120 TAUN

Khuruf Alip Salasiyah Pon

Lambang Wuku Kulawu ing sabên Kawitaning Windu

Angkaning Taun Jawa

Windu

Kunthara ... 1875 ... 1876 ... 1877 ... 1878 ... 1879 ... 1880 ... 1881 ... 1882

Sancaya ... 1891 ... 1892 ... 1893 ... 1894 ... 1895 ... 1896 ... 1897 ... 1898

Kunthara ... 1907 ... 1908 ... 1909 ... 1910 ... 1911 ... 1912 ... 1913 ... 1914

Sancaya ... 1923 ... 1924 ... 1925 ... 1926 ... 1927 ... 1928 ... 1929 ... 1930

Kunthara ... 1939 ... 1940 ... 1941 ... 1942 ... 1943 ... 1944 ... 1945 ... 1946

Sancaya ... 1955 ... 1956 ... 1957 ... 1958 ... 1959 ... 1960 ... 1961 ... 1962

Kunthara ... 1971 ... 1972 ... 1973 ... 1974 ... 1975 ... 1976 ... 1977 ... 1978

Taun ... Alip ... Ehe ... Jimawal ... Je ... Dal ... Be ... Wawu ... Jimakir

Sasi: Nêptuning Dina lan Pasaran sarta Angka-uruting Wuku ing tanggal 1 sabên sasine

Sura ... 3-7,28 ... 9-9,18 ... 8-9,9 ... 4-5,30 ... 6-8,20 ... 7-8,11 ... 5-4,2 ... 8-7,22

Sapar ... 8-7,2 ... 4-9,23 ... 9-9,13 ... 7-3,4 ... 5-8,25 ... 6-8,15 ... 3-4,6 ... 9-7,26

Mulud ... 6-9,6 ... 3-5,27 ... 5-5,18 ... 8-8,8 ... 4-4,29 ... 9-4,19 ... 7-7,10 ... 5-9,1

BakdaMulud ... 5-9,11 ... 8-5,1 ... 3-5,22 ... 9-8,12 ... 7-4,3 ... 4-4,24 ... 6-7,14 ... 3-9,5

Jumadilawal ... 4-5,15 ... 6-8,5 ... 7-8,26 ... 6-4,17 ... 8-7,7 ... 3-7,28 ... 9-9,18 ... 7-5,9

Jumadilakir ... 7-5,19 ... 5-8,10 ... 6-8,30 ... 3-4,21 ... 9-7,11 ... 8-7,2 ... 4-9,23 ... 6-5,13

Rêjêb ... 8-3,23 ... 4-4,14 ... 9-4,4 ... 7-7,25 ... 5-9,16 ... 6-9,6 ... 3-5,27 ... 9-8,17

Ruwah ... 9-8,17 ... 7-4,18 ... 4-4,9 ... 6-7,29 ... 3-9,20 ... 5-9,11 ... 8-5,1 ... 4-8,22

Pasa ... 5-4,2 ... 8-7,22 ... 3-7,13 ... 9-9,3 ... 7-5,24 ... 4-5,15 ... 6-8,5 ... 3-4,26

Sawal ... 3-4,6 ... 9-7,26 ... 8-7,17 ... 4-9,8 ... 6-5,28 ... 7-5,19 ... 5-8,10 ... 8-4,30

Sêla ... 7-7,10 ... 5-9,1 ... 6-9,21 ... 3-5,12 ... 9-8,2 ... 8-8,23 ... 4-4,14 ... 6-7,4

Bêsar ... 6-7,14 ... 3-9,5 ... 5-9,26 ... 8-5,16 ... 4-8,7 ... 9-8,27 ... 7-4,18 ... 5-7,9

--- 45 ---

KHURUF ALIP SALASIYAH PON

Wiwit Alip 1867 - Jimakir 1986

Lambang Wuku Langkir ing sabên Kawitaning Windu

Angkaning Taun Jawa ... Windu

1867 ... 1868 ... 1869 ... 1870 ... 1871 ... 1872 ... 1873 ... 1874 ... Adi

1883 ... 1884 ... 1885 ... 1886 ... 1887 ... 1888 ... 1889 ... 1890 ... Sangara

1899 ... 1900 ... 1901 ... 1902 ... 1903 ... 1904 ... 1905 ... 1906 ... Adi

1915 ... 1916 ... 1917 ... 1918 ... 1919 ... 1920 ... 1921 ... 1922 ... Sangara

1931 ... 1932 ... 1933 ... 1934 ... 1935 ... 1936 ... 1937 ... 1938 ... Adi

1947 ... 1948 ... 1949 ... 1950 ... 1951 ... 1952 ... 1953 ... 1954 ... Sangara

1963 ... 1964 ... 1965 ... 1966 ... 1967 ... 1968 ... 1969 ... 1970 ... Adi

1979 ... 1980 ... 1981 ... 1982 ... 1983 ... 1984 ... 1985 ... 1986 ... Sangara

Alip ... Ehe ... Jimawal ... Je ... Dal ... Be ... Wawu ... Jimakir ... Taun

Nêptuning Dina lan Pasaran sarta Angka-uruting Wuku ing tanggal 1 sabên sasine Sasi

3-7,13 ... 9-9,3 ... 8-9,24 ... 4-5,15 ... 6-8,5 ... 7-8,26 ... 5-4,17 ... 8-7,7 ... Sura

8-7,17 ... 4-9,8 ... 9-9,28 ... 7-5,19 ... 5-8,10 ... 6-8,30 ... 3-4,21 ... 9-7,11 ... Sapar

6-9,21 ... 3-5,12 ... 5-5,3 ... 8-8,23 ... 4-4,14 ... 9-4,4 ... 7-7,25 ... 5-9,16 ... Mulud

5-9,26 ... 8-5,16 ... 3-5,7 ... 9-8,27 ... 7-4,18 ... 4-4,9 ... 6-7,29 ... 3-9,20 ... Bakda Mulud

4-5,30 ... 6-8,20 ... 7-8,11 ... 5-4,2 ... 8-7,22 ... 3-7,13 ... 9-9,3 ... 7-5,24 ... Jumadilawal

7-5,4 ... 5-8,25 ... 6-8,15 ... 3-4,6 ... 9-7,26 ... 8-7,17 ... 4-9,8 ... 6-5,28 ... Jumadilakir

8-8,8 ... 4-4,29 ... 9-4,19 ... 7-7,10 ... 5-9,1 ... 6-9,21 ... 3-5,12 ... 9-8,2 ... Rêjêb

9-8,12 ... 7-4,3 ... 4-4,24 ... 6-7,14 ... 3-9,5 ... 5-9,26 ... 8-5,16 ... 4-8,7 ... Ruwah

5-4,17 ... 8-7,7 ... 3-7,28 ... 9-9,18 ... 7-5,9 ... 4-5,30 ... 6-8,20 ... 3-4,11 ... Pasa

3-4,21 ... 9-7,11 ... 8-7,2 ... 4-9,23 ... 6-5,13 ... 7-5,4 ... 5-8,25 ... 8-4,15 ... Sawal

7-7,25 ... 5-9,16 ... 6-9,6 ... 3-5,27 ... 9-8,17 ... 8-8,8 ... 4-4,29 ... 6-7,19 ... Sêla

6-7,29 ... 3-9,20 ... 5-9,11 ... 8-5,1 ... 4-8,22 ... 9-8,12 ... 7-4,3 ... 5-7,24 ... Bêsar