Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Primbon, Atmasupana II, 1850, #253

Katalog:Primbon, Atmasupana II, 1850, #253
Sambung:-

Primbon

Isarat warni-warni karanganipun Radèn Atmasupana kaping II ing Surakarta. Abdi dalêm panèwu kasêpuhan, pangarangipun kala ing dintên Sêtu Pon tanggal kaping 25 wulan Sura ing taun Alip, ôngka 1779. Kapisungsungakên dening ingkang wayah Radèn Ngabèi Karyarujita, abdi dalêm mantri gowong ing Surakarta, konjuk ing panjênêngan dalêm Bandara Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat IV, lajêng kaparingakên dhatêng kantor Radyapustaka, katata uruting dêntaywanjananipun sarta kawêwahan saking parimbon sanèsipun dening Ngabèi Wirapustaka. Nalika kaping 12 wulan Ruwah ing taun Jimawal, ôngka 1845

--- 1 ---

Anak

Tambane wong lanang ora nganaki.

1. Babakan dalima wantah, êndhoging jago kate, lênga wijèn, cangkanging êndhog. PinisPinipis. barêng tinetesan banyu uyah lanang sawatara, dèn urutake ing kawêt, wiwit saka silit kodhok tumêka ing dakar, sabên sare suruping srêngenge.

2. Nguntal planangan bajing gêndhung.

3. Cabe wungkuk kapêthêt ing bongkot sarta ing pucuk sapatute, pinipis lêmbut tanpa uyah, winor ing êndhog pitik kate têmbeyan, kaubêk banjur kaombe karo pincangan, sabên salapan dina: ajêjamu.

Encok

Godhong encok anduwèni racun.

Untu

Untu kang wis mati ora pasah disisigi, kagosoka ing arêng trasi (= trasi gosong)

--- 2 ---

bisa urip manèh kêna disisigi. Br. 1914. no 24.

Untu a

Untu supaya aja ogak Zie kamaning jago ben en untu b. Untu duwe wisa barêng lan wêtuning idu, Zie ben.

Intên buntêt

Ginawe ali-ali, kasiyate ngêdohake gêgaman landhêp, lêksana slamêt.

Intên biru = hèr laut

Hèr laut ana sing ngarani hèr weweyan, sawabe sapa kang simpên intên iku linulutan ing intên liyane.

Êndhas macan

Êndhas macan dipêndhêm ana sacêdhaking lawang capuri, amuwuhi prabawa sarta kajèn kèringan.

Êndhog kêbo

Wong duwe êndhog kêbo, kasiyate yèn kinandhut ginawa mangun yuda, sêkti môndraguna

--- 3 ---

têguh yuwana slamêt.

Êndhog baya

Êndhog baya sinirik aja kongsi dipangan, wong mangan êndhog baya yèn ana ing kali bangawan, sok gênti pinangan ing baya.

Injên-injênan

Godhong injên-injênan kêna ginawe sarana dadi têguh timbul, pinipis binorèhake ing awak, ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda.

Ênjêt

Ênjêt dadi panawane wong kêna ing antup, sabarang kewan kang mawa antup, kaya ta: kalabang, kalajêngking, kêtonggèng, tawon, kamitêtêp sapanunggalane, diusap-usapake ing tatuning antup.

Ari-ari kucing

Wong simpên ari-ari kucing, yèn ana wong

--- 4 ---

nglarani arêp duwe anak: suwe, utawa mêtuning ari-ari: suwe, diombènana kalun ing ari-ari kucing, enggal lair utautawa. mêtu ari-arine.

Hèr weweyan Zie intên biru.

Hèr laut Zie intên biru.

Asu

Wong dicakot asu edan, tatune dilèlètana angus, kiwa têngêning tatu disabêti papah gêdhang, insyaallah bisa mari, sarta ora katularan edan. Dj. I. 1916. no. 111.

Asêm

Yèn ana jaran kêrêp ambêngingèh, supaya bisa mari, dèn gêbêga asêm, lambe, untu lan kintêle, amasthi mari banjur mari ambêngingèh.

Iwak loh

--- 5 ---

Sadurunge diolah supaya ora buthuk, diwur-wuri bubukan kopi, anaa rong sendhok, iku kêna dirawati nganti pirang-pirang dina, luwih manèh marang daging liya-liyane saya luwih takat. Br. 1909 no 47.

Iwak loh a

Jamal Jamil alon muwus, wontên saratipun ugi, lamun nêdha ulam toya, samudra rawi bênawi, winiwitan saking sirah, mangandhap tan mutawatir. Tjent Pang.

Ula

Yèn ana wong cinakot ing ula, panawane tatune dikêcêri bako enak, cinêlup ing banyu dhisik.

Yèn wong cinakot ing ula mandi (mawa wisa) panawane diombèni pêrêsan bako enak saprapat sendhok, awake digangsura ing srêbèt sing nganti karasa panas, tabêting

--- 6 ---

tatu ditèmpèlana wêsi (lading, bêndho) saanane, waluya padha sanalika. Br. 1915 no 35.

Ula a

Wong cinakot ing ula mandi, tatune digosoka ing papah senthe kang nganti lênyu, gatêle banyuning papah senthe bisa nawa mandining upas, zie senthe. Dj. I. 1916 no 112.

Ulêr

Yèn wong kêna ing ulêr kang anggatêli diborèhi brambang (kapipis lêmbut), mari gatêl padha sanalika utawa diusêk-usêk ing kacu sutra tuwin disabêti laring mêrak bae iya bisa mari gatêl. Br. 1915 no 35.

Ulêr lulut

Ulêr lulut kêna ginawe tômba ambêcikake swaraning brakutut, zie brakutut Lett. C.

Uyah

Kasiyating uyah sinêbarake ing longan, utawa

--- 7 ---

ing batur saubênging omah, ora sinaba ing ula.

Oyod kang ana dayane, kaya ta:

Kuwalot, pulepandhak, cêrme, dlima.

Oyod mimang

Oyod mimang kêna ginawe jimat, marahi yuwana slamêt.

Êmas winor ing liwêtan, sêgane pinangan, dadi sarana ora bisa kêtularan pathèk karo wong pathèkên tunggal saomah.

Ampuh Zie Lênga cêndhana, gêtih pitik.

Abuh kêsliyo zie Kêsliyo.

Angin

a. Yèn ana angin gêdhe, bisa nisihake lakune ora tumêmpuh ing omah, sarana dikukusi gombal ingobong.

b. Yèn omah ing papan ngênthak-ênthak, ana

--- 8 ---

angin gêdhe, panulake gèntèr katancêbake ing latar, pucuke didokoki lowongan kaistha jirêt, wong desa ngarani: kala angin, angin sumilak ngiwa nêngên, Dj. I. 1916 no 109.

Ingas, wit ingaingas.

Wit ingas, rupane kaya wit lo, sarta nulutuh, wong utawa kewan kêna ing talutuh ingas, banjur gatêlên akêkerogan, yèn kokukur banjur lonyoh, wong kêna ing talutuh ingas panawane rada angèl, urang mêntah didhêplok, kinarya amborèhi kang kêna ing talutuh mari padha sanalika, Br. 1915 no 35.

Cindhe

a. Sabuk cindhe pitung ubêt, bisa ambalèkake gêgaman, gumadul ora bisa pasah, dening cindhe duwe daya pêrêt.

b. Cindhe kêna ginawe sarana wong kêna ing ulêr, kang karasa gatêl digosok ing cindhe ilang-ilangilang. [ilang-...]

--- 9 ---

[...ilang] gatêle. Lawe cindhe iku saka ulêr sutra, mèmpêr dadi panawaning ulêr ora bisa anggatêli, Zie Dj. I. 1916 no 109.

Cêmani

Pangandikane Kangjêng Nabi Sulaiman, pitik cêmani dalah wulune irêng mulus: binêlèh, matane pinipis winor ing lênga taun, sinungan wangi-wangi, kinarya pilis ing bathuk sinihan ing priya, (mungguh ing wong wadon), sinihan ing wanita, (mungguh ing wong lanang).

Gêtihe winor ing lênga wangi kinarya pilis, sinihan ing panjênêngan ratu.

Gajihe winor ing malam putih kinarya ngusapi dakar, ngundhakake kapenaking rasane cumbana, rêmpêlune kinarya pupuh dakar apês, bali dadi kuwat manèh.

Cakare linêbokake ing wuluh gadhing, tinindhihan kasur paturon, dadi sarana katêkan [katê...]

--- 10 ---

[...kan] barang kang kinarêpake, lan dadi panulak pitênah ing wong ala.

Lare kang isih kumêbung ingusap-usapake bathuk, linulutan ing sujanma.

Balunge kinaluku, diombe ing wong tuwa marahi kuwat.

Cêmbirit

Wit cêmbirit rupane kaya wit pule, wohe kaya kleca, thukul ing pagunungan, iku anduwèni daya kaya racun.

Cêmêthi wilah

Yèn jaran kêbluk, supaya dadi ringas, asarana dicêmêthi wilah, panggêbuge dikagètake, iku banjur mari kêbluk.

Cêguk

Godhong cêguk, anduwèni daya kaya racun.

Cabe = cabya km lada Mal

--- 11 ---

Cabe iku pêdhês kaya lombok, mulane kêna disambêl, aran: sambêl cabe, dene kang pakolèh ginawe jamu winoworan lêmpuyang, aran jamu cabe lêmpuyang, marahi kuwat.

Rawe

Yèn wong lumaku cêdhak wit rawe supaya ora gatêlên, munia kaya unining kêthèk, nguk-nguk. Rawe iku amêsthi tawa. Sanadyan pinêthik, banjur kinêla utawa ginudhang, ora anggatêli, Br. 1915 no 35.

Rayap

Saka pêndhêm sarta liya-liyane kang kêna karusak dening rayap, dhasar lan ubênging saka diurugana lêbu utawa lêmah garing kang mawur, diwori bungkil sacukupe, banjur disoki lênga kacang kang warata, tinungka disoki banyu ing ngêjun, iku banjur diomahi ing sêmut gatêl, karo mêmangan bungkil doyanane, yèn ana [a...]

--- 12 ---

[...na] rayap têka banjur dikroyok dimôngsa pisan, awit sêmut gatêl doyanane rayap, saka lêstari ora dipangan rayap, Dj. I. 1910 no 86.

Rambutan

Wit rambutan ora gampang awohe, kudu ana thukulan rambutan lanang wadon, dadi kayadene wuni, rambutan lanang mung kêmbang, banjur gogrog, barêng lan kêmbanging rambutan wadon, bisa dadi woh; dening sarining kêmbang lanang wadon ingisêp tawon andadèkake lambang sarining rambutan.

Ragi tape Zie Dhêdhak.

Kancil

a. Ati kancil

Yèn wong arêp titis pamanahe sarta pambalange, nganggoa sarana tangane dikanthili ati kancil sing wis dipe garing.

--- 13 ---

b. Gajih kancil

Gajih kancil yèn diusap-usapake ing dalamakan, ngêdohake lêlara.

c. Gêtih kancil

Gêtihing kancil kêna ginawe usada wong lara mripat.

Kêndhi

Kêndhi anyar ingisenan kêbak, ginantung ing pojok omah maju pat, dadi panulaking lêmut suda malêbu ing omah.

Kêndhali

Nyuda atining jaran bantêr, sarana kêndhaline kinècèk sarta kaaraha: kêna undure.

Kêcubung

Wong dikêcubung ing wong yèn durung kêbanjur mêndêm, diombèni banyu ênjêt, ora sida mêndêm.

--- 14 ---

Kucing

Bathang kucing dadi sarana ambiyêtake wowohan wit taun, dipêndhêm sacêdhaking wit mau.

Krambil

Krambil kiring dibuwang banyune, banjur dikêbaki kêmbang sataman, sarta banjur digantung nganti sawatara dina, yèn wis bosok dirêmêt ing tangan, tangan kambon bosokan krambil awor lan kêmbang, ginawe nyêkêl gêni mawa ora panas.

Kuku

Wong kang guyu kêkêl, yèn nonton kukune ing tangan, amêsthi mari angguyu, zie Kur'an 604. 5 v.o.

Katu

Godhong katu kêna ginawe tômba brakutut kang mati swarane Zie brakutut. Lett. a. b.

Katela gantung

Pangeram-eram, talutuh katela gantung yèn [yè...]

--- 15 ---

[...n] diusar-usarake ing jarik, jarik iku ora têdhas dèn obong, sanadyan kinarya sangan ginawe anggorèng kadhêle, iya kêna sarta ora kobong, kadhêlene matêng.

Kêtonggèng Zie ênjêt.

Kelor

Godhong kelor kinêla mênir winayokake sawêngi, banjur pinangan, dadi asarana ora bisa kêtularan pathèk karo wong pathèkên kang tunggal saomah.

Klèlèt

a. Disêsêlake sêlaning jêmpolan sikil, bêtah lumaku adoh; tikêl pat karo sabêne yèn ora sarana klèlèt.

b. Digawa lumaku liwat ing alas gêdhe, winêdèn ing sato galak macan, ula sapêpadhane, [sa...]

--- 16 ---

[...pêpadhane,] padha malayu kabarasak dening ora tahan ambune.

c. Diombèkake rajakaya kêbo sapi lara, klèlèt sakêcik bisa anggagasake sabêdhug, payu didol ing wayah esuk, bêcik aja mêngkono, iku kalêbu laku kadurjanan ngapusi; lara diakokake waras. Dj. I. 1916 no 105.

Kalajêngking

Yèn ana wong ingantup kalajêngking panawane Zie ênjêt.

Klampis

Godhong klampis kêna ginawe usada wong kêna ing godhong rawe sarana ginêpyok, mari gatêle. Br. 1942 no 24.

Kul buntêt

Kul buntêt kêna ginawe jimat, marahi yuwana slamêt.

--- 17 ---

Kalabang Zie Ênjêt en. Dhèndhèng mêntah.

Kalangan Zie Wungkal kalangan.

Kolang-kaling

Godhong kolang-kaling kêna ginawe angguyang brakutut pilêrên, Zie brakutut. Lett d.

Kapulaga

Jamune brakutut kêndhak swarane, kapulaga loro pinipis lêmbut, winor ing santên kanil, kinukusake dang, linolohake, banjur ingêdusan banyu krambil ijo.

Kêji

Kêji iku thêthukulan ing kêbon padhane latêng, kêji iku rupa loro:

a. Kêjibêling godhong sarta gagange ijo. Wong bisa mamah bêling banjur rênyah sarta ajur ora ambêlèr cangkêm, manawa disaranani mamah [ma...]

--- 18 ---

[...mah] godhong kêji dhisik.

b. Kêjiwêsi godhong sarta gagange sêmburat wungu, wong bisa mamah wêsi dadi êmpuk sarta pulên, ora nglarani untu, mênawa disaranani mamah godhong kêjiwêsi dhisik. Dj. I. 1914. no 12.

Kama

Amrih ora enggal wêtuning kama, ajêjamua kunir lanang, murmak daging, pinipis lêmbut, nganggo uyah lanang, banjur ingulêd karo lênga wijèn, binanyonan jêruk lilang: jam 7 sore kaombe Zie sanggama.

Kamaning pitik wajangan

Yèn jago wajangan karo babon, awasna, yèn kamane ana kang tètès, jupukên, ginawe gosok untu marahi kukuh.

Kamitêtêp Zie Ênjêt.

Kêmadhuh

--- 19 ---

Yèn wong kêna godhong utawa tlutuhing kêmadhuh, panawane diborèhi ing tempe bosok, (diulêg lêmbut) mari padha sanalika. Br. 1915 no 35.

Godhong kêmadhuh kêna ginawe tambane wong ngêrês linu.

Kêbo sapi

Kadurjanan balantik, kêbo sapi yèn ilate ditancêbi tugi pari, banjur ora doyan mangan, dening ilate krasa lara yèn ginawe mangan, kang duwe gugup, kewane tinarka lara, banjur didol murah, blantike kang ngêdolake.

Kang muni ing Dj. J. 1916 no 109 saranane godhong jati disêsêlake sangisoring ilat.

Kêthèk

Tangan kêthèk kinêthok nuju dina Anggara Kasih, banjur ingêpe kongsi garing, pinêtri ginôndawida jêbat kasturi, kinutugan sabên Jumungah, dadi

--- 20 ---

isarating kasugihan, yèn nyuwun maring Allah karo ngacungake tangan kêthèk iku.

Dara

Gêtih dara irêng mulus, kanggo tambane mripat lamur.

Durèn

Durèn iku enak, nanging mawa gônda andulêg, supaya ilanging gônda yèn wis mangan, diisarati wisuh ana kluwêkane durèn, gandaning tangan mambu durèn: ilang. Sarta yèn banyu wisuhan iku tahan ngombe, gandane durèn ing cangkêm iya ilang dalah yèn atop iya ora mambu durèn. Dj. I. 1914 no 12.

Dêgan krambil ijo

Ingombe dadi panawane wong kalêbon warangan, ora sida tiwas.

Tai basu

Wong kêcak tai basu enggal digêdrugna sikile [siki...]

--- 21 ---

[...le] karo muni: sicing. Insa Allah ora anggatêli. Dj. I. 1916. no 111.

Turu

Wong arêp turu karo maca kabar ora bêcik, bisa ngrusakangrusakake. mripat, dening angên-angên isih tumandang ing gawe, bêcik nontona gambar, tur padha bae bisa ngenggalake turu.

Trate putih

Wit trate putih kasigara ing têngah, nanging aja dibablasake. Dadi kotcuke (2 bongkot pucuke) isih wutuh. Panyigare sarana cuwilan watu kang landhêp, yèn ora olèh kêna nganggo pêthèl bae, linakonan dina Anggara Kasih utawa ing dina Jumungah, iku kêna kinarya jimat, marahi sêkti môndraguna.

Tike

Yèn jaran katoran mêntas ditunggangi lungan adoh [a...]

--- 22 ---

[...doh] katon sayah bangêt, supaya bisa mari sayahe padha sanalika, untalana tike pangaji sêtèng, lan kuping, bungur, sikile papat pisan wêdhakana jur-juran tike pêngaji sêtèng manèh, isa pulih kaya wingi uni.

Tikus

Nundhung tikus, jirit amoh diclubake ing lênga, steen oli banjur disèlèhake ing longan, tikuse ora kêlar ambune banjur padha lunga, yèn nganti kêcak ing lênga mau: mati. Br 1909 no 47.

Tukang

Mijil

murwèng sato muka kang linuwih / tukang winiraos / iku agung gawene ta dene / wus mutamat para nabi wali / ngulama myang mukmin / poma dèn lêstantun //

dèn agêmi aywage dèn wadi / yèn tan tunggal batos / tukang iku pinèta sirahe / sèlèhêna

--- 23 ---

bun-êmbunanèki / panganggone nênggih / lamun ana mungsuh //

dan têdhas ing sanjata deningKurang satu suku kata: datan têdhas ing sanjata dening. / utêke dèn uwor / barang lênga dene panganggone / ywana karya cinampur ing dhiri / watêk têguh nênggih / luput sanjatèku //

lambe ilat dèn go jimat nênggih / kalis gêlap nêmpoh / apan siyung kêlawan kukune / pan kinarya ngukur jalma guling / insyaallah mati / nênggih wong puniku //

utawa dèn kocokakên janmi / dadi kaku kang wong / dèn go sipat nênggih gêgêtihe / sapa ingkang aningali asih / lamun dèn wor warih / nênggih banyu susu //

nuli dèn usap-usapakên ing kêndhilLêbih dua suku kata: nuli dèn usapakên ing kêndhil. / ajuring pawartos / datan matêng nênggih liwêtane / wulunipun dèn sêbar ing panti / paidahe malih / durjana tan wêruh //

lawan manèh wêwudêlirèki / dèn go tômba kang wong / lara busung kang têngên matane / dèn [dè...]

--- 24 ---

[...n] wor lawan gêtih sêrut nênggih / lan luhe wong nangis / dinggo sipat iku //

insyaallah wong liya ningali / pasthi datan wêroh / lamun lungan pan dèn usapake / saka omah paidahe nênggih / tan kêna dèn ambil / duwèke wong iku //

mata kiwa dèn wor lan kasturi / miwah kapurbaros / lamun ingênggo insyaallahe / dèn kasihi janma jalwèstriKurang satu suku kata: dèn kasihi janma jalu èstri. / wus titi kikmati / sato muka luhung //

Tawon dhowan

Masang glodhog tawon dhowan, supaya sêrêpan nuli diênggoni, sajroning glodhog kinumbah ing banyu kumbahan iwak wêdhus Jawa.

Pratikêle ngundhuh tawon dhowan, supaya ora diantup, asarana godhong srikaya pinusus, utawa lêmpuyang pinipis kinarya borèh tangan.

Tawon

--- 25 ---

Zie Ênjêt.

Tawon dhowan

Tawon dhowan sakglodhoge kêna ginawe isarat marahi sugih dhayoh, dipêndhêm ana ing ngarêp lawang omah, sangisoring talang.

Têlèk pitik

Yèn murih lêgine woh jêruk, sabên esuk anglumpukna têlèk pitik ing kandhang, yèn wis akèh banjur dipêndhêm sacêdhaking wit jêruk, wohe amêsthi wuwuh lêgi.

Tlethong sapi

Tlethong sapi kêna ginawe jamune brakutut, supaya ajêg swarane.

Tlethong jaran

Tlethong jaran dadi panawane wong ingantup, utawa cinokot ing babaksalu kalabang irêng sarana ingusap-usap utawa binorehan ing talethong jaran mau.

--- 26 ---

Tlethong gajah

Tlethong gajah garing yèn winor ana ing patarangan pitik, kuthuke dadi kuthuk trondhol.

Tapakliman

Godhong tapakliman kêna ginawe sarana dadi têguh timbul, pinipis binorèhake ing awak, ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda.

Godhong tapakliman, thukul ing latar utawa ing kêbon, krakêt karo lêmah, ambane mung sadriji-driji, yèn ginawe kosokan adus utawa dianggo borèh, gêgaman landhêp ora bisa tumama (têdhas), mlurut kados dipun lisahi. Dj. I. 1914. no 12.

Timah

Nyêlubake dariji ing timah ajèr ora krasa panas Zie. Jarak cina.

Timaha

--- 27 ---

Kayu timaha dadi saranane wong misaya mina (= wong golèk iwak ing kali) nganggo piranti kayu timaha watêke sêrêpan, olêh iwak akèh.

Tangi turu

Yèn tangi turu, aja ngalih panggonan turu manèh, ora bêcik, ora marêm, malah kaya wong mêntas digêbugi, padhane wong anggranyah ora warêg, malah ngêlèh. Dj. I. 1916 no 112.

Senthe

Senthe yèn tinandur ing buri omah sandhing trêtêpan, oyode mrana-mrana, môngka omah iku dibabah ing maling, maling amêsthi kerogan gatêlên kêna banyuning oyod senthe kang tugêl ana ing babahan, ora kobêr ambabah pijêr kukur-kukur bae, wusana wurung pambabahe.

Nanging woh (= êmpu) senthe enak dipangan, digorèng banjur dibêsta, brètèn mung digodhog [digodho...]

--- 28 ---

[...g] bae: wis enak, sirikane ora kêna dikumbah. Dj. I. 1916 no 112.

Suruh

Kêmbang suruh yèn dianggo sumping dadi panawane wong nunggang prau ana ing bangawan, baya ora wani nyikara.

Srikaya

Godhong srikaya Zie Tawon dhowan.

Sawo manila

Babakan sawo manila pinipis ingadonan, adas pulawaras, kinarya tambane wong lara ngising gêtih umbêl, pinipis ingombe. Br. 1910 no 36.

Salira

Lênga salira dadi sarana tambane wong kêna ing gêni, wong kêsokan malam, utawa lênga sapêpadhane kêna ing panas, dilêngani ing lênga salira rasane adhêm, wusana mari.

Saluku bathok

--- 29 ---

Dolanan bocah sluku bathok, prasajane ngapusi bocah: ulah raga, nglêmêsake otot kaku, gawe sarasing badan. benijgem. Dj. I. 1916 no 112.

Siladan

Siladan ongotan kang pating prênthêl, yèn ginawe lambaran patarangan pitik, kuthuke bakal dadi pitik walik, kêtularan prênthêling siladan.

Salulup

Isarate bêtah salulup, malam lancêng putih diusap-usapake ing lomponganing irung, bisa ngalisake banyu ora malêbu.

Sêmora

Sêmora iku musthika gêbang kinarya jimat gêdhe kasiyate, yèn diluku banyune ingombe dadi tambane wong lara sabarang gêlis waras. [wa...]

--- 30 ---

[...ras.]

Simbar

Yèn ana simbar thukul ing glugu: wetan, kêna ginawe tômba kuwat, sarana ingêtim, duduhe diombe.

Sabun ijo. Zie Gudhig.

Sungu

Kêrikan utawa bubutan sungu kêna ginawe nundhung kodhok ing balumbang yèn nuju muni mêntas ana udan, kêrikan lan bubutan sungu mau dibyukake ing balumbang, kodhok ora kêlar ambune banjur padha minggat.

Sungu kêbo bule mati ngurag

Yèn simpên sungu iku gêdhe sawabe, ngêdohake sarap sawan, cacing racak.racêk (dan di tempat lain).

Sanggama

Amrih kuwating sanggama, oyod kakas,

--- 31 ---

sadawaning dakare, mrica, sunthi, cabe wungkuk pitu, uyah lanang, arêng jati, gula arèn saprapatan lirang, pinipis ana têngah latar, nuju têngange, pipisane rinajah kêlar? of kiyar ? yèn wis anglawêd mawa puji, sang dewa sanjata akas-akas, kurang ambagal wis akukuh, ora ana patine; jamu diglindhingi, nuli inguntal Zie Kama.

Woh

Kang kêna pinahat dadi lênga wangi, adas, waron, rêgulo? Br. 1914 no 66.

Wuni Zie Rambutan.

Warak

Lulang warak pinêndhêm ana ing bêndunganing kali sidhatan kang ngoncori sawah, dadi isarat tandure bakal lêmu-lêmu sarta kalis ing ama.

Warangan

Warangan iku wisa tinêmu dadi pêlikaning bumi, [bu...]

--- 32 ---

[...mi,] rupane abang nom mêlèng-mêlèng, ana sing wutuh prongkolan, ana sing kêmomoran walirang, têmbaga, wêsi lan liya-liyane; pamisah gampang bae, mung sarana diobong, uwabe banjur mêtu dening kambon gas (hawa) ambune kaya bawang, iku iya wisa, dene warangan mau yèn kêgêpok ing barang kang rasa adhêm, banjur salin sipat dadi putih kaya galêpung, diarani: warangan putih iku uga iya wisa.

Warangan putih yèn diwowori walirang bang, bisa dadi cèd lan obat kêmbang api.

Pêlikan warangan ing ngêndi-êndi ana, nanging kang akèh dhewe tanah Dhitslan. TP. 1912 no 90.

Warangan Zie Dêgan krambil ijo.

Wedang

Wong kang kêsokan wedang sumawah (panas bangêt) usadane diblonyo lênga petrolium, [pe...]

--- 33 ---

[...trolium,] rasane mari panas, suwe-suwe dadi adhêm, wusana mari.

Wit

Wit kang kêna pinahat dadi lênga wangi, sarana dipêthèli tipis-tipis, kaya ta: cêndhana, garu. Br. 1914 no 66.

Watu

Nyigar watu supaya sigar byak Zie Grinting.

Wulu

Wulu puhun (wulu jêmpolan sikil) yèn wong turu dibêdhol wulune puhun, sanadyan lembon, amêsthi tangi; dening larane.

Wuluh

Wuluh dikêthok sandhing rose, ditutupake ing wudêl, banjur disabuki, saka dayaning isarat mau dicakot ing sato galak, ora pasah.

Walirang

Walirang bisa dadi cèt yèn diwowori warangan [waranga...]

--- 34 ---

[...n] putih.

Walirang bang

Walirang bang gêdhe gawene kêna ginawe tambane wong nandhang tatu, utawa wong kêna ing wisa, apadene kêna dikluku kinarya bobok ginawe tômba sabarang lêlara.

Walang kapa

Pangandikane Kangjêng Nabi Suleiman, walang kapa gêdhe paidahe.

1. Êndhas lan suwiwine kinarya jimat.

a. Marahi sêgêr kawarasan

b. Linulutan ing panjênêngan ratu

c. Kinaluku banyune ingombèkake wong nglarani arêp duwe anak, enggal lair.

2. Pringsilane pinangan ing wong priya sawabe kinasihan ing wanita.

3. Pusêre pinangan, lakune ngluwat pitung dina pitung bêngi, bisa kasamaran sabarang paripolahe [pa...]

--- 35 ---

[...ripolahe] ora kadêngangan ing liyan.

4. Buntute kinêthok pinapara papat pinêndhêm pajupat ing pojok pomahan, watêke yèn kambah ing durjana, durjana banjur bingung, ora bisa lunga saka ing kono.

5. Walang kapa yèn nuju wajangan kêna kacêkêl, palanangane lan kuwadonane kakêthok kinarya jimat, yèn duwe anak mêtu lanang bagus, yèn mêtu wadon ayu.

Wêdhus

a. Wêdhus Jawa kang arêp dibêlèh, supaya ilang gandane pênguk, dipakani suruh dhisik sawatara lêmbar. Dj. I. 1914 no 12.

b. Panitike wêdhus wadon mêtêng ora, cangkêm irunge kabungkêm ing tangan watara samênit, manawa banjur nguyuh, iku pratandhane yèn mêtêng. Br. 1914 no 24.

Wungkal kalangan

--- 36 ---

Wungkal kalangan, wêton pulo Madura tanah Mêkasan, ing gunung Kalangan, kêtarane yèn wungkal wêton kono ana titikane bolong têrus, wungkal iku yèn ginawe mungkal gêgaman, ngabêrake wong têguh timbul, têdhas katiban gêgaman kang diwungkal, wungkal kalangan.

Landhak

Rêmpêluning landhak kêna ginawe sarana nambani mata lara, isi 2, disipatake ing tlapukan.

Lirang Zie Walirang.

Lèk

Marahi bêtah mêlèk, putihing êndhog pitik, sulur waringin, walang bêras lan walang watu, pinipis, winayokake sawêngi, kinarya sipat.

Latêng

--- 37 ---

Godhong latêng mawa wulu, yèn dinêmok anggatêli.

Lugut

a. Bung pring, bungkuse kang bakal dadi clumpring ing jaba ana lugute, bisa tumancêp ing awak, rasane lara sumêngkrang.

b. Papah arèn iya ana lugute, nanging alus, ora têdhas marang awak, mung anggatêli bae.

Lulangan

Sukêt lulangan kêna ginawe sarana dadi têguh timbul, pinipis binorèhake ing awak, ora têdhas tapak paluning pandhe sisaning gurinda.

Lamur Zie Dara.

Lêmut Zie Kêndhi bad Jarit, godhong gadhung; en Ngangrangan; ben.

Lêmpuyang

--- 38 ---

Zie Tawon dhowan.

Lênga

Lênga kang kêna inguntal dadi sarana têguh timbul, supaya ora bisa minggat sarana dikancing ing karingêt irung panjupuke tinutul ing jadah utawa curak binuntêl ing jadah banjur diuntal.

Lênga cêndhana

Yèn arêp gawe ampuhing gêgaman, sarana kalênganana ing lênga cêndhana kang kêrêp.

Lêngkang

Pangantèn wadon kang mêntas tinêmbe ing pangantèn lanang nganggo lêngkang, sunthi pinipis lan apyun bênggala, ana ing pipih.

Lingsang

Buntut lingsang kinêthok, pinêndhêm ana tulakaning sawah, dadi isarat tandure bakal lêmu-lêmu sarta kalis ing ama.

Atining lingsang kang mati ngurag, inguntal, dadi sarana [sara...]

--- 39 ---

[...na] têguh mêntala, sirikane: kêrêngan ana ing banyu dadi tawa, kringêtên adus, ilang kakuwatane.

Pari

Yèn ana jaran kêndho, supaya bisa kêras, angêkuma pari saagêm ing dalêm sawêngi, gêlise 6 jam, esuke pakakna amêsthi banjur kêras lakune.

Prusi Zie Dhêdhak, prusi, lombok jêmprit

Pare belungan

Godhong pare belungan kêna ginawe jamune brakutut, supaya ajêg swarane.

Petrolium

Lênga petrolium, kêna ginawe tômba wong kêsokan wedang sumawah Zie Wedang.

Pitik

Pitik turu dicêkêl ora muni keog-keog [keog-ke...]

--- 40 ---

[...og] Zie Brambang.

Pangapêsaning pitik, ana ing têlih, yèn têlèhe dipèpèdake manjêro, ora bisa muni keok-keok Dj. I 1916 no 109. Pitik Cêmani.

Palênthing

Yèn ana bocah lara panas arêp plênthingên, supaya mêtuning plênthing mung sathithik, sarta manggon kang bêcik, isarate diguyang ing banyu kêmbang sataman ana ing jêmbaran kang mêntas ginawe cewok bapa biyangne: mêntas cumbana, olèhe cewok dikobokake, dadi kaworan rêrêgêding pêrji, iku thukuling plênthing amêsthi mung siji loro, akèha iya arang-arang.

Palatuk bawang

Kinanthi

lah mirêngna radyan ulun / amarna sarèhing paksi / saking Jêng Nabi Suleman / nênggih ingkang anjarwani / kang paksi palatuk bawang / kèh manpangatnya winilis [winili...]

--- 41 ---

[...s] //

yekang rumiyin dinunung / cucukipun ingkang nginggil / kinarya sêpuh gêgaman / gêgaman sakalir-kalir / sawabipun datan ana / wong têguh tos pasah titis //

yèn tan pasah kang tinanduk / dadya sakit gêng dhatêngi / tan waras prapta ing pêjah / ilating paksi kinardi / dhinahar ingkang paidah / ing pamicara patitis //

netranira yèn ginantung / munggèng saluhuring kori / têbih saking duratmaka / wuluning murda kinardi / sumping rarywalit sawabnya / têbih sagunging sêsakit //

polo pan kinarya pupuh / ing netra pan datan kêni / ing lêlamur sawabira / jêjantungipun binukti / sawabipun sarwa gampang / sabarang ingkang kinapti //

lan kabuka ngèlmunipun / ampêrunipun upami / winor lan minum-minuman / miwah winor lawan jampi / sawabe rikat lumajar / pringsilanipun binukti //

kinasihan sawabipun / mring wanodya lawan malih / kinasihan mring pandhita / miwah marang para wali / dhadhaning paksi dhinahar / sawabipun lamun sakit //

enggal ing waluyanipun /

--- 42 ---

brotol binuktwèng pawèstri / sawabipun kinasihan / dyah ika marang ing laki / buntut winor lan gulunya / binasmi nulya binukti //

ing pawèstri sawabipun / linuwih samining èstri / laripun kinarya gêlang / elingan sabarang kardi / lawan malih ingkang êlar / winor ing sabuk prayogi //

kinasihan sawabipun / lamun suwitèng narpati / yèn sinèlèh soring bantal / patilêman sawabnèki / tiningalan sarwa endah / tur rinêksa ing Hyang Widhi //

sawabe ingkang bêbalung / akuwat yèn dèn simpêni / myang balung suwiwinira / sinèlèhakên ngisoring / pasarean datan liyan / sawabe akuwat malih //

atinipun pan ginantung / luhure dènira guling / sawabipun bêtah sahwat / yèn winor lisah kalêntik / myang wêwêdhak ingkang sahwat / sirna sagunging panyakit //

suku kalih sawabipun / lamun pinêndhêm ing sabin / sanggyaning kang têtanêman / tulus wohira andadi / lawan malih ingkang manah / ginêlangan ngastèki //Kurang satu suku kata: ginêlangan ngastanèki.

winasita sawabipun [sawabipu...]

--- 43 ---

[...n] / isining wisma sakalir / têbah saking ing lêlara / nênggih ati wau malih / ingusapakên ing dakar / bêtah sahwat sawabnèki //

ingkang ilat kinaryèku / jimat sawabe tan kenging / ing luwe bêtah alapa / lawan kulitipun nênggih / tinalèkakên padharan / yèku bêtah luwe malih //

kapalanira kang manuk / kinarya jimat ngajurit / ingajrihan maring mêngsah / yèn wontên wisma upami / panas tan kêna kanggonan / pinêndhêm êlarnèki //Kurang satu suku kata: pinêndhêman êlarnèki.

panjawat kang têngênipun / wolung lêmbar aja luwih / nèng pêpadon ing lor wetan / dadya tawa panasnèki / gêtih dèn akingkên ika / winor lawan bawang abrit //

lawan adas nulya kinum / ing toya nèng pinggan putih / karya jampi sakit netra / pinupuhakên tumuli / insyaallah dadya waras / yèn wontên sêsakit kuping //

pinupuhakên pan mantun / lamun arsa dèn kasihi / mring wong akèh myang yèn arsa / sugih lan yèn arsa dadi / sabarang kang tinanêman / puwasaa tigang ari //

--- 44 ---

dèn kadya puwasa agung / winatêka donganèki / punika mèle kang donga / alahuma barkat saking / gusti bagendha Suleman / mung iku tan ana malih //

kang pinangan atinipun / ingolah sakalir-kalir / yèn wus dènira puwasa / matak donga sarwi bukti / yèn apanggang myang ngajula / dèn têtêp ywa walangati //

kalamun arsa sirèku / sinihan wong kathah malih / ati ilat winor barang / olah-olahan binukti / lamun arsa matènana / ing wong durjana mêmaling //

ingkang kiwa tapakipun / sinundêp ing dhudhuk nênggih / insyaallah yêkti pêjah / lamun arsa sugih ngilmi / ati binukti lan uyah / gorèng wus titi kang paksi //

wirit saking Ratu Mas Trêngganasasi putrane Prabu Brawijaya wêkasan ing Majapait, wahdat tanpa krama mrênyanyang akayangan ana ing alas Bago (Majapait) marang R. Jayèngrêsmi (SègSèh (dan di tempat lain). Amongraga) Zie Tjent Purwaka.

--- 45 ---

Plasa

Godhong plasa kalap godhonge kanggo buntêl sêga pulên, dalah kang ênom kanggo buntêl bako, bisa ayêm ora ngilangake canduning bako, panjupuke kêna diprithili. Dj. I. 1916 no 114.

Plisa

Dhangkèling wit plisa angêndêmi.

Pupur gadhung Zie Gudhig.

Pathèk Zie Êmas, kelor, dhèdhès, gêrèh pèthèk, gêdhang mas.

Wong pathèkên, mulane ditutulana ing bumbu bêsêngèk, bisa ngilangake gatêl, yèn wis kalakon têlung sasi diombènana banyu dêgan krambil ijo winoran prusi sasogok têlik, pathèkè gogrog, ora thukul manèh lan ora duwe lêlara balung, ngêrês linu sapêpadhane.

--- 46 ---

Pangantèn

Jamune pangantèn wadon kang mêntas tinêmbe ing gati pangantèn lanang, dlima putih ingurêkan isine, banjur diisena ganthi, mêsoyi, pucuk, majakan, cêngkèh, kapulaga, isine cubung wulung, tinalenan ing lawe wênang mrapat, banjur pinipis, winoran pulasih irêng, jinan banyuning êmpon-êmpon pathining têmu giring, kawadhahan ing bêruk pajamon, dèn ombe.

Utamane dalima isine mau, ora dipipis, dimamah sing lanang, mulu saka ing lathi. Zie. Lêngkang.

Dhèndhèng mêntah

Dhèndhèng mêntah ginigit, idune dinulit banjur ingusapake tatune wong ingantup, utawa cinakot ing kalabang kang mawa upas, bisa waras.

Dhêdhak en Ragi tape

Yèn arêp gawe ampuhing gêgaman padha sanalika, [sana...]

--- 47 ---

[...lika,] gêgaman iku kinêbata ing dhêdhak, aja kongsi mambu lênga, nuli ingusapan ragi tape, padha asatan, yèn kinira wis rumêsêp, gêgaman iku wis dadi ampuh.

Dhêdhak en Prusi lombok jêmprit

Yèn arêp gawe ampuhing gêgaman, padha sanalika, gêgaman iku kinêbata ing dhêdhak, aja kongsi mambu lênga, karo gêrusan prusi sarta ulêgan lombok jêmprit, cinarup dadi siji, nuli ingusap-usapake ing gêgaman, nyata banjur dadi ampuh.

Dhèdhès

Yèn anak putu pathèkên, supaya ora bisa nular marang sadulur-sadulure kang nunggal paturon, bocah kang pathèkên mau awake digêbêga ing dhèdhès kang warata.

Dhangdhang Zie Gagak.

--- 48 ---

Dhayoh Zie Tawon dhowan bod

Johar

Pupus johar dipusus, dimori gêrusan jagung kang dibakar gosong, diulêd karo banyu banjur disaring ing srêbèd, nuli dikothok nganti anjêndhêl, awujud candu, ambune iya kaya candu sarta kêna disêrèt, kuciwane ora ngêndêmi. Br. 1914 no 24.

Jênu

Jênu kêna tinawa, sarana janur kuning lan sêga para dhinêplok, banjur ingêkum panggonan kang dijênu: dadi tawa.

Jênu digêcak runyah-runyah banjur dikècèk lênga klêntik, kêna ginawe tômba gudhig, patrape mêngkene:

Wong gudhigên sabên wayah surup srêngenge adus grujug nganti ambaludhuk, ora dikosoki [di...]

--- 49 ---

[...kosoki] banjur dikêsat ing jarit sarta banjur ditambani kecekan jênu mau kang warata, mêngko yèn turu ngalisêg, ora gatêlên, sorene manêh dipindho banjur diping têlu sabanjure, ora nganti lawas garing, wusana mari.

Jênèwêr enz

a. Wong ora bisa mêndêm ngombe jênèwêr akèh yèn didhasari ngombe lênga dhisik, sathithik.

b. Wong mêntas mêndêm bangêt, tangi turu banjur diombèni jênèwêr manèh sagêlas pait, amêsthi padha sanalika ilang êndême. Dj. I. 1916 no 109.

Jaran ciri nyantrik (ala)

Supaya ilang nyantrike ora ambilaèni dèn ingu, yèn jaran:

1. Abang, dèn obongake suwasa dinyunyukake ing unyêng-unyêngane.

2. Irêng, dèn obongake wêsi, id.

3. Putih, dèn obongake salaka, id.

--- 50 ---

4. Kuning, dèn obongake mas, id.

Jaran kêndho Zie Pari.

JaraJaran.

Jaran kêrêp ambêngingèh Zie Asêm.

Jaran kêbluk Zie Cêmêthi wilah.

Jaran dikênthus

Kadurjanane blantik jaran, anggawa kênthus digêgêm, banjur digosokake ing wuluning jaran, wulu iku banjur anjêgrig kaya jaran lara ora bisa nguyuh, kang duwe gugup, didol sapayu-payune.

Jaran sayah Zie Tike.

Jaran banêr Zie Kêndhali.

Jaran bandhol

1. Ngèdhêpake, nganggo ali-ali untu jaran kang

--- 51 ---

runtuh dhewe.

2. Mêdèkake, sarana simpên undhuk jaran, minôngka jimat; undhuk jaran iku ênggone ing sagara, bangsaning iwak, rupane kaya jaran.

Isarat nyumbokake jaran kêsit, sabên dina dipakani kêpêlan sêga, ing jêro didokoki gula krambil lan kêlalare kang duwe jaran, sabên esuk kupinge diusap-usap karo idu, irunge diêlus-êlus ing tangan mambu kringêt kèlèk, sajrone 3 Jumungah jaran iku amêsthi wis cumbu asih trêsna marang kang duwe: mari kêsit.

Yèn murih kawong yèn mêntas cumbana cewoka iras kakumbahana ing tlawah pangombèn.

Janur kuning

Ing pasisir kidul (Pacitan), wong golèk iwak mung sarana wisaya janur kuning sinambung-sambung kanggo klamar panggiring iwak, iwak wêdi nêrak kalamar plalah minggir, sing kêpèpèd banjur milar tiba ing

--- 52 ---

pêntasan, kari anjupuki bae. Dj. I. 1916 no 112.

Jarak

Jarak iku ana warna loro, thukul ing patêgalan sarta pakêbonan.

a. Ingaran jarak kêpyar godhonge wungu, wohe kêna ginawe damar.

b. Jarak Cina, godhonge ijo, wohe ora kalap, nanging tlutuhe kêna ginawe tômba untu lara, sarta kêna ginawe mampêt gêtih wong nandhang tatu, apa dene yèn tangan digabuli ing talutuh ginawe ngêmèk jèr-jèran timah ora panas. Dj. I. 1914 no 12.

Jarak Cina

a. Wong kêpêrang, kêtaton utawa kêna gêgaman ampuh, dilèlèti talutuh jarak Cina, tatune banjur mingkup sarta mari lara, ora lawas banjur mari.

b. Gêgaman bêngkung murih pulihe kang sarana ora mambu gêni, awit yèn mambu gêni ilang sêpuhe, disudukake [di...]

--- 53 ---

[...sudukake] ing wit jarak Cina, banjur dithuthuki ing ulêg-ulêg, bêngkunge bisa pulih, ora ilang ampuhe. R. D. 1909 no 82.

c. Godhong jarak Cina kinosokake ing sikil, ngambah ing pacêrèn, utawa ing banyu kalèn kang anggatêli: tawar.

d. Yèn kêpèpèd arêp liwat ing panggonan kang akèh kêthèke, supaya slamêt lakune ora dimunasika, anyêmpala pang jarak Cina, ginawe nyabêti kêthèk-kêthèk kang angridhu, amêsthi padha mlayu kabarasat, wêdi yèn kêna ing tlutuh.

e. Yèn arêp awat lara, ing wayah esuk tangi turu, ilate kalèlètana talutuh jarak cina, lagi sapuluh mênut bae ulate wis katon pucêt, kaya wong lara têmênan. Nanging aja mêngkono, iku ora bêcik, kawula ngapusi bêndara. c. d. en e Zie Dj. I. 1916 no 105.

f. Pangeram-eram, talutuh jarak Cina dilèlètake [dilèlè...]

--- 54 ---

[...take] ing dariji tangan, dariji iku diclubake ing jèr-jèran timah ora krasa panas.

g. Pangeram-eram, èpèk-èpèk diusar-usari talutuh jarak Cina, ginawe nyêkêl gêgaman landhêp, mêsthi anggulali.

Godhong jarak Cina yèn kinandhut ana kasiyate winêdenan ing sato kewan.

Jêruk gulung

Yèn ana jêruk gulung kaku wohe, ora pati ana duduhe supaya bisa lêmês sarta akèh duduhe, witing jêruk iku kang sêparo diklothoka kulite, yèn wis wiwit pulih sisihe diklothoki gênti, pulihing wit, woh jêruk amêsthi bisa lêmês lan akèh duduhe.

Jala

Yèn wong arêp gawe wisaya jala murih sêrêpan bisa olêh iwak akèh, tampange kang

--- 55 ---

siji digala mas, sijine salaka sijine manèh wêsi.

Janggêl

Ngalusake têkên luyung utawa glugu sawise dipasah sarta dirêmpêlas, supaya anjêprik sêkunge bisa rubuh ora gêlêm tangi, digosok ing janggêl jagung: R. D. 1909 no 82.

Macan gembong

Macan gembong ora bisa mènèk, ora kaya macan tutul: baud, mulane yèn ngambah alas kêpapag macan gembong, enggal meneka ing kêkayon bae, aja mlayu, luputing pati, macane tunggu ana ngisore; aja gugup, tulung-tulunga, macane wêdi banjur lunga adoh. Dj. I. 1916 114.

Mirah

Mirah yèn dibolong têngah ginawe dandanan, utawa mung sinimpên kinarya jimat, ana kasiyate [kasi...]

--- 56 ---

[...yate] marahi yuwana slamêt.

Kacarita agême têsbèh andika Nabi Suleiman, mirah dibolongi kasêbut ing kitab tapsir, dadi wong ambolong mirah iku ngalap barkah golèk sawabing nabi.

Mrêjan

Mrêjan ginawe kalung bocah, yèn ginawe têsbèh olèh supangating puji dhikir.

Musthika

Sabarang musthika kêna ginawe jimat, marahi yuwana slamêt.

Maling

Yèn tanggal ganjil, dina pasaran iya tinêmu ganjil, utawa yèn tanggal ganêp, dina pasarane iya tinêmu ganêp, iku jayaning maling, wong omah-omah dingati-ati.

Mêgori suleman

Ginawe kalung bocah ngêdohake sarap sawan, [sa...]

--- 57 ---

[...wan,] cacing racak, yèn dianggo ing wong tuwa lêksana slamêt.

Mathi warak

Ginawe ali-ali utawa mung sinimpên ginawe jimat, sawabe yèn kalêbon wisa: tawa.

Gana

Gananing kayu sapanunggalane, kêna ginawe jimat, marahi yuwana slamêt.

Gêni

Nyêkêl gêni ora panas, Zie Krambil.

Gênitri

Woh gênitri ginawe têsbèh olèh supangate puji dhikir, yèn ginawe lêlungan ngambah banyu: slamêt tanpa rêncana.

Gênje

Pêntil gênje yèn pinangan, godhong gênje yèn ingudut: ngêndêmi, panawane panggang pitik tanpa bumbu pinangan marang kang mêndêm bisa waras.

--- 58 ---

Gêrèh pèthèk

Gêrèh pèthèk dinokok paturon ngisor bantal, binuntêl ing mori putih dadi sarana ora bisa kêtularan pathèk karo wong pathèkên kang tunggal saomah.

Grinting

Sukêt grinting kêna ginawe sarana nyigar watu, watu kang arêp disigar dikêndhiti sukêt grinting banjur digêthêk saubênge, banyuning sukêt anêlêsi watu, iya iku watêsing pamêcah ditèmpèli paju banjur digandhèn, pêcahing watu amêsthi miturut kêndhit têlêsing gêcêkan sukêt.

Grija

Anaking manuk grija kang lagi kêmili-kili ingêtim, makolèhi pinangan ing wong tuwa kang wis suda kakuwatane dadi rosa kaya wong nom.

Girang wungu

--- 59 ---

Wite godhonge sarta kêmbange girang wungu, kêna kinarya jimat, marahi kuwat tur gêdhe prabawane.

Gêtih pitik irêng mulus

Gêtih pitik irêng mulus dadi sarana bisa ngampuhake gêgaman, pratikêle mangkene, gêgaman iku kinêbata kang rêsik, aja kongsi kêtabêtan lênga, nuli pinanggang ing padupan, yèn wis mangêt-mangêt, ingusar-usaran gêtih, yèn wis garing ingusar-usaran gêtih manèh nganti ping têlu: wis, banjur disimpêni rêgêdan, aja dirêsiki dhisik, yèn wis wayu têlung dina têlung wêngi, diwarangi sarta dilêngani: lênga candhana, insyaallah gêgaman iku dadi ampuh.

Slamêtane sêga mêgana, iwake pitik kang pinèt gêtihe iku, wutuhan.

Gudhig

Wong gudhigên, dikumbah ing wedang pitik mangêt-mangêt: [ma...]

--- 60 ---

[...ngêt-mangêt:] esuk sore karo sabun ijo kakosokan kang rêsik, banjur ditambani pupur gadhung, diwur-wurake ora nganti sapasar bisa mari Zie Jênu. Br. 1909 no 53.

Godhong

Araning godhong-godhongan kang kêna pinahat dadi lênga wangi, kaya ta: kalilika, dilêm, sêre, pandhan wangi, gôndapura, granium ? Br. 1914 no 66,

Gêdhang mas

Yèn ana wong pathèkên, supaya ora bisa nular marang wong liya, inguntalan gêdhang mas nganggo dhèdhès sathithik.

Godhong gadhung

Godhong gadhung sinandhing turu antara saasta doh cêdhake, dadi sarana panulaking lêmut ora gêlêm nyokot, narima mencok ana godhong gadhung mau.

--- 61 ---

Gaman of gêgaman

Gawe ampuhing gêgaman Zie Dhêdhak, ragi tape en Zie Dhêdhak, prusi, lombok jêmprit en Zie jêruk warangan.

Gêmak

Gêmak supaya mênangan diadu, dèn uwêda karo rêmpêluning garangan lan uyuh kucing.

Gagak

Mijil

lamun ana paksi gagak muni / saka wetan ngulon / lamat bêcik dhayohan bakale / pandhitadi utawa wong luwih / lamun dhandhang muni / saka wetan kidul // (= kidul wetan)

yèku bêcik ngalamatirèki / barang karya dados / lamun ana gagak munya mangke / saka kidul bênêr prênahnèki / ngalamat rijêki / ingkang ayun rawuh //

lamun ana paksi gagak muni / saka kidul kulon / iya iku ala ngalamate / arsa padu rêbut sawalèki / lamun gagak muni / kulon sangkanipun [sang...]

--- 62 ---

[...kanipun] //

ngalamate apan arsa rabi / yèn saking lor kulon / gagak muni ala ngalamate / apan arsa kasêngkêlan ati / dèn angati-ati / awas lawan emut //

atobata marang ing Hyang Widhi / poma dèn kalakon / gagak muni lor bênêr prênahe / yèku ala ngalamatirèki / yêkti arsa manggih / kawirangan agung //

lamun muni ing lor wetan saking / ngalamat tan awon / ayun kêtêmu prasanakane / muwah kadang ingkang wisma têbih / lamun gagak muni / mencok wuwungipun //

ing wismane kang inggil pribadi / swaranira alot / yun katêkan susah ngalamate / tamat ngalamating gagak muni / gurune wismèki / ngêndi sangkanipun //

Wirit saka Ratu Mas Trêngganasasi, putrane Prabu Brawijaya wêkasan, ing Majapait, wahdat tanpa krama mrênyanyang akayangan ana ing alas Bago (Majapait) marang Jayèngrêsmi (= Sèg Amongraga) [A...]

--- 63 ---

[...mongraga)] Zie Tjent Purwaka.

Gagak

Lumrahe wong akèh yèn ana gagak muni gaok-gaok ana sacêdhaking omahe wong lara, ingaran awèh sasmita ala, ngalup marang kang lara gêlis mati, satêmêne ora mêngkono, gagak iku landhêp panggandane, yèn ana wong lara rêkasa iku wis anggônda kaya sawa, digolèki panggonane arêp dimôngsa karo muni gaok-gaok, dadi ora apa-apa.

Wong yèn wêruh nuju ana gagak adus ing banyu kang ora mili, banyu iku yèn ginawe raup, luput ing lara mata salawas-lawase. Dj. I. 1916 no 114.

Ganggang suruhGagang suruh.

Gagang suruh dibalangake guluning gêndul kang kêbak isi lênga klêntik, amêsthi bisa [bi...]

--- 64 ---

[...sa] tugêl kapisanan. Dj. I. 1916 no 114.

Gêbang

Blêndok gêbang kêna dikluku kaya sêmora, sarta banyune kêna diombe dadi tambane wong lara sabarang, nanging kurang mandi tinimbang karo mustikane Zie Sêmora.

Bun

Brakutut gêring ingêbun-êbunake Zie Brakutut.

Bandulan

Bocah aja diturokake ing bandulan, ora bêcik, diwasane tipisan atèn, dening bandul, agawe guyêng, suwe-suwe dadi watêk. Dj. I. 1916 no 112.

Bênce

Rêmpêlu bênce diulêt karo blêndok dhadhap bong ana ing èpèk-èpèk, banjur nyêkêl linggis wêsi, linggis diuntir amêsthi [amê...]

--- 65 ---

[...sthi] bisa mlungkêr dadi gulali, sarta bisa mêtu banyune. Dj. I. 1916 no 114.

Bintarum

Kang aran bintarum iku, wit-witan gêdhe wohe kaya bolu, kang ana tanah Samapura (Klathèn), iku anduwèni racun, yèn pinangan matèni.

Banyu kumbahan iwak

Kumbahan iwak kang amis-amis, yèn sabên dina siniramake ing wit kang wohe kêcut, bisa malih dadi sêgêr, yèn sêgêr dadi lêgi.

Banyak

Banyak kang wis tuwa disêmbêlèh banjur digodhog, dijupuk balunge: gampang, balung banyak siji nuli dipe nganti garing, banjur didhêplok lêmbut nganti lumêr, iku dadi tambane wong tuwa kang wis suda kêkuwatane, pulih balung otote dadi kêncêng; balung banyak siji dadi 2 bagean, dijuri karo [ka...]

--- 66 ---

[...ro] wedang pitik tanpa adu: diombe.

Brakutut

a. Yèn ana brakutut mati swarane jamonana godhong katu 10 lêmbar pinusus, karo uyah 3 wuku yèn wus mumut, diglintiri dadi 3 banjur inguntalake nganggo amiliha dina Paing, sing wis kalakon: mari sarta banjur muni.

b. Yèn brakutut mati swarane kang wis bangêt, jamonana godhong katu 8 lêmbar, uyah rong wuku nganggo ênjêt samênir pinusus, diglintiri dadi têlu, banjur diuntalake.

c. Yèn arêp ambêcikake swaraning brakutut sarta kalis ing lêlara, jamonana ulêr lulut 10 iji, manis jangan sadhêle, uyah sawuku: pinipis lêmbut, jinamokake.

d. Yèn brakutut pilêrên, supaya waras, ginuyang pususaning godhong kolang-kaling nganti klumut têkan ing kulit.

--- 67 ---

e. Yèn brakutut gêring supaya waras, sabên wayah jam 5 esuk ingêbun-êbunake, ingumbar ing lêmah wêdhèn, utawa ana ing pasukêtan, suwene patang jam, kurungane kang gêdhe, têlung kesuk bae wis waras.

f. Yèn arêp ambêcikake swarane brakutut, supaya nglowong utawa logro jamonajamonana. godhong pare belungan 5 lêmbar, kapulaga têlu pucuk sakêcik, pinipis lêmbut, nuli winungkus karo santên kanil kinukusake adang, yèn wis adhêm sarta wis kênthêl diglintiri patidadi. 3 inguntalake.

g. Yèn arêp ngajêgake swaraning brakutut, jamonana tlothongtlethong. sapi sakacang, lombok jamprit sajodho, mrica siji, uyah sawuku, pinipis lêmbut, banjur linolohake.

--- 68 ---

Bêras

Musthika bêras, gêdhe kasiyate linulutan ing rijêki, pandokoke ana ing padaringan.

Bako

Godhong bako iku anduwèni racun, mulane yèn ginawe susur ngêndêmi, wong udud srutuning ora doyan, mumêt, sing doyan malah kêtagihan.

Bulus

Lênga bulus, kêna ginawe tômba konthol jaran abuh.

Balung wong

Balung wong apèk ing jaratan, kêna ginawe sirêp, binubuk winor lêmah dagan, disawurake ing payon omah ing wayah bêngi, wonge krasa mrinding banjur padha turu. Dj. I. 1916 no 112.

Baya

--- 69 ---

Pangapêsaning baya ana ing mripat, mulane yèn nêmu bêbaya arêp diuntal baya, enggal anggrayanga mripate, baya amêsthi wêdi oncat lumayu. Dj. I. 1916 no 109.

Yèn nunggang prau liwat ing kêdhung kang ana bayane, praune ginêdhog, bayane wêdi ora ganggu gawe.

Bayi

Yèn ana bayi beka nangis ing wayah bêngi, aja gugup, ora bêcik, anggorèhake atining bayi, prayoga sarèh, bayi nuli diêmban, êmbun-êmbunane dikopyok ing banyu adhêm, sarta dirêngêng-rêngêngi: pitik tulak pitik tukung; bayi krungu rêngêng-rêngêng dhasar wis kataman banyu, aring napase kari kêsêsêgên, kandhêg nêpsune, wusana lilih mari nangis banjur turu. Dj. I. 1916 no 112.

Babi

--- 70 ---

Pangapêsaning babi ana ing kuping, sanadyan babi gêdhe yèn dicêkêl kupinge tanpa daya, miturut sakarêping wong. Dj. I. 1916. no 109.

Babakan

Ing ngisor iki araning babakan sawatara kang ana gawene kaya ta:

a. Srikaya, babakan lan godhonge dadi jamune bocah kêlangkèt: ora bisa lêmu.

b. Soga,

c. Tingi, ginodhog nganti kênthêl, ginawe nyoga jarit.

d. Pucung (wit kaluwak) kanggo parêm.

e. Jarak cina, dadi tômba untu lara pinangan ing ulêr, winor ing kinang.

f. Jêruk sawit, babakaning jêruk pêcêl dalasan oyod, godhong, kêmbang, pêntil sarta wohe, kanggo borèhe wong lara panastis.

g. Babakan mundhu lan godhonge karo babakan [babaka...]

--- 71 ---

[...n] pêlêm sarta têgêran, winor dadi siji ginodhog, kanggo anggadhung têngahan kêmbên dadi ijo.

Bèbèk

Bèbèk ana kandhang dicêkêl ora muni wèg-wèg Zie Papah gêdhang.

Pangapêsaning bèbèk ana ing githok, githok diênêtake bèbèk banjur andhoko ora bisa muni: wèg-wèg. Sulak panggiringan bèbèk diwêdèni bangêt marang bèbèk, wêdi yèn sulak iku angênani githoke. Dj. I. 1916 no 109.

Babak salu Zie Tlethong jaran.

Bubul

Godhong jarak dipipis kang lêmbut, banjur diulêd karo ênjêt, dadi tômba bubul, dipopokake ing bubul satlapakane pisan têkan ugêl-ugêling

--- 72 ---

sikil, kabuntêl ing godhong senthe irêng, ditalèni kang kukuh, banjur dipanggang ing gêni anglo, yèn krasa kapanarsênkapanasên. kêna diinggati, nuli dipanggang manèh, dibanjurake nganti sadina, rong dina kabukak, amêsthi wis tinêmu waras. Dj. I. 1914 no 55.

Ngangrangan

Ngangrangan yèn ginawe krobong, lêmut ora wani mlêbu.