Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Primbon Jampi Jawi, Bratasuparta, 1928, #796

Katalog:Primbon Jampi Jawi, Bratasuparta, 1928, #796
Sambung:-

Sêrat Primbon Jampi Jawi

--- 0 ---

Ngêwrat racikan jampi-jampi cara Jawi tulèn, turunan saking Sêrat Primbon Kina, sampun kanyatakakên katindakakên, sarta kathah pitulungipun.

Ingkang gadhah waris primbon Bratasuparta Tiyang mardika ing Tulungagung

(Diperlindoengi hak karang-karangan Staatsblad 1912 No. 600 fatsal 11)

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi Kadhiri Ie DRUK 1928

--- 1 ---

Boekh. TAN KHOEN SWIE,- Kediri.

Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan horoef Djawa:

-A-

Amoerwa Kala ... f / Ardjoena Wiwaha ... f / Asmaralaja ... f

-B-

Babad Gijanti I sampai Y a f / Babad Kediri ... f / Babad Mochamad ... f / Babad Rasoel ... f / Babad Tjirebon ... f / Babad Toeban ... f / Bab Wawadosing Gesang ... f / Bagawad Gita ... f / Bambang Dwihasta ... f / Baoe Warna ... f / Bawa sagerongipun ... f / Bima Boengkoes ... f / Bodja Boesana ... f / Boekoe Sembahjang ... f / Boerat Aroem ... f

-D-

Darma Sabda ... f / Dewa Roetji ... f / Djaka Lodang ... f / Djampi Soesah ... f / Djati Moerti ... f / Djitapsara ... f / Djiwandana ... f

-G-

Galoega Saloesoer Sari ... f / Gatolotjo ... f

-H-

Hari Wara ... f / Hidajat Djati ... f

-I-

Iladoeni ... f / Ilmoe Spiritisme ... f / Inl. Gem. Ordonnantie ... f

-J-

Jatnamaja ... f

-K-

Kabar Kijamat ... f / Kaboetoehan ... f / Ka' koel Islam ... f / Kalam Wadi ... f / Kalatida ... f / Kanda Boemi ... f / Kapratjajan ... f / Katja Wirangi ... f / Kawroeh Kasoeksman ... f / Kawroeh Mantig ... f / Kawroeh Pangoengsed ... f / Kawroeh Sanggama ... f / Kawroeh Sasadji ... f / Kawroeh Theosofie ... f / Kebo Kenanga ... f / Kidoengan ... f / Krida Atmaka ... f / Krida Graita ... f / Krida Sastra ... f

-L-

Lambang Pradja (Djajabaja) ... f / Langen Drijan Poestakawèni ... f

-M-

Madoe Basa deel I. ... f / Madoe Basa deel II. ... f / Madoe Rasa ... f / Madoe Wasita ... f / Manik Hardja Nirmala ... f / Mardi Tama ... f / Marga Joewana ... f / Ma Sapta Baja ... f

-N-

Ngedja Arab ... f / Ngelmoe Kak Sadjati ... f / Ngelmoe Pangasihan ... f / Ngelmoe Pangroetjat ... f / Ngelmoe Panoedjoeman ... f / Ngelmoe Pirasat (Pirasating djalma) ... f / Nitik Kraton ... f / Niti Prana ... f / Niti Sroeti ... f

-O-

Oegering Palakrama ... f / Oesoeloeddin ... f

HARGA DI ATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM.

--- 2 ---

Diperlindoengi hak karang-karangan Staatslad 1912 No. 600 fatsal 11. Kitab jang sjah ditandai tangan oleh si penerbit seperti di bawah ini:

[Grafik]

--- 3 ---

VOORBERICHT.

Anggèn kula ngêdalakên Sêrat Primbon Jampi Jawi punika, botên sumêdya nênangi sadhèrèk bôngsa Jawi dhatêng babagan gugon tuhon, tuwin nênungkul kawruh nyata bab kadhoktêran, saèstunipun namung rumaos eman, manawi primbon tilaranipun lêluhur Jawi kina wau namung tansah dipun imbu kemawon, prayogi kaumumakên ing akathah, lowung-lowung bokmanawi wontên pigunanipun.

Ing sêrat primbon punika kathah jampi-jampi ingkang namung awarni isarat utawi ila-ila, tuwin sajakipun botên pinanggih ing nalar, ananging sintên ingkang sumêrêp manawi ing ngriku mèsidaya alus ingkang botên sadhengah tiyang mangrêtos.

Kajawi saking punika, ing sêrat primbon punika ugi kathah namaning sêsakit utawi namaning racikan jampi ingkang kula dèrèng nate sumêrêp, ing ngriki namung katurun sungging kemawon, môngsa borong para nupiksa.

Mênggahing pamanggih kula, tumrap para sakit ingkang adêdunung cêlak kalihan dhoktêr, ing saèstunipun langkung prayogi nyuwun [nyu...]

--- 4 ---

[...wun] pitulunganipun dhoktêr, awit dhoktêr punika nama sampun têrang angsal pratôndha: ahli sêsakit tuwin jampi. Dene tumrap para sadhèrèk ingkang têbih dhoktêr, ingkang kaparêng ngagêm jampi Jawi, mugi sampun ngantos nilar dugi-dugi lan prayogi.

Kaping: 31 Januari 1928

Ingkang ngêdalakên: Tan Gun Swi, Kadhiri

--- 5 ---

Namaning sêsakit utawi racikan jampi ingkang kalêbêt ing sêrat punika.

Ênêk, § 38 No. 2 / untu, § 5 No. 1-5; § 3 No. 3. / encok, § 1 No. 3, 5. / anjarêm, § 16 No. 4; § 18 No. 5; § 33 No. 4. / anjêkut, Zie wêtêng. / êrah mandhêg, § 16 No. 6, 11. / arip, Zie mripat. / irung, § 3 No. 1. / utêk, § 3 No. 2. / esêk, Zie watuk. / ulêr, Zie untu. / êpèh, § 22 No. 14. / ampêk, § 7 No. 1. / ambadhêdhêg Zie wêtêng. / abuh, § 2 No. 12, § 4 No. 5, § 5 No. 3, § 15 No. 1-9, § 35 No. 1. / abab awon, § 42 No. 5, 8.

--- 6 ---

angin, § 1 No. 2; § 8 No. 12; § 27 No. 1, 4; § 33 No. 2. / nangis wanci dalu (lare) § 22 No. 3. / canthêngên, § 13 No. 6. / cacarên, § 13 No. 9; § 20 No. 15; § 22 No. 16. / cacingên, § 19 No. 8; § 20 No. 3; § 21 No. 15. / cêkèh, Zie watuk. / cadhok, Zie mripat. / cangkêm, § 1 No. 9; § 15 No. 5; § 20 No. 6,7,8; § 21 No. 13, 19. / racêkên, Zie mripat. / rapuh, Zie parêm. / rumab, § 20 No. 3. / rambut, § 14; § 36 No. 4. / rimang, Zie mripat. / kaêntup kewan mawa wisa § 37 No. 2. / kaêntup tawon § 14 No. 3. / kondhor § 15 No. 7. / konthol, § 15 No. 6, 7. / kancingên, Zie cangkêm. / kacokot kewan mawa wisa § 37 No. 2. / kacokot sawêr § 14 No. 2.

--- 7 ---

kêcolok, Zie mripat. / kêra § 42 No. 12. / krumanên, Zie korèng. / korèng, sasaminipun, § 13 No. 1-9. / katrapên, § 28. / klêbêtan rêna Zie kuping. / klêbêtan lintah Zie kuping. / klêbêtan pinjal utawi cere mende Zie kuping. / kêpêrang § 14 No. 1; § 39 No. 2. / kopokên, Zie kuping. / kapatil lele § 14 No. 4. / kuping § 1 No. 10; § 4 No. 1-13; § 41 No. 1. / kiyat sarêsmi § 35 No. 2; § 36 No. 1; § 37 No. 3; § 42 No. 2, 7. / kiyat badan, § 24; § 32 No. 2; § 42 No. 7, 9. / kêmbung Zie wêtêng. / kêmêng § 5 No. 3; § 33 No. 4. / doyan nêdha (murugakên) § 42 No. 8. / dubur § 37 No. 1. / turuk bonên, § 13 No. 7. / têkêm-têkêm, § 22 No. 8.

--- 8 ---

tatu § 14 No. 1-4; § 33 No. 5; § 39 No. 3,4. / têlak, Zie cangkêm. / toya sêsêpan kirang bancar § 20 No. 10 / tangan § 15 No. 4. / tênggak § 22 No 15. / sênêb Zie wêtêng / sêrak Zie watuk / sarab § 21 No. 7. / suku § 15 No. 4; § 16 No. 6. / sêkalor § 1 No. 6; § 3 No. 1-3; § 20 No. 13; § 22 No.9. / suda pamirêng Zie kuping. / sawanên § 20 No. 1, 2; § 21 No. 8, 10; § 22 No. 1, 9. / sela karang § 1 No. 3, 5; § 3 No. 1-3. / sambêtan § 21 No. 16, 18; § 25 No 2. / sambang Zie mripat. / sêbah Zie wêtêng. / wudun § 13 No. 8. / watuk, § 6 No. 1-7; § 7 No 4; § 21 No. 11; § 22 No. 2, 10; § 35 No. 2. / wêtêng § 8 No. 1-18; § 15 No. 9; § 19 No. 1-4, 9, 10, 12, 13;

--- 9 ---

§ 21 No. 3, 9; § 27 No. 1; § 30 No. 2; § 32 No. 1, 4; § 33 No. 1, 2; § 35 No. 1; § 36 No. 3; § 37 No. 1; § 39 No. 5; § 40 No. 1. / wisa § 37 No. 2; § 42 No. 6. / linu § 16 No. 3, 4, 5, 8, 9; § 31. / luntak § 9 No. 1-4; § 38 No. 2; § 39 No. 5. / lêsu § 18 No. 4; § 20 No. 9, 12; § 33 No. 3. / lêstrung § 3 No. 1-3; § 34. / lamur Zie mripat. / lêmês (badan) § 31. / lumpuh, § 16 No. 1, 3. / lêmpungên, § 21 No. 14. / lungkrah Zie lêsu. / panon, § 1 No. 7, 8. / pucêt, § 36 No. 1. / prêcèh Zie mripat. / purus § 22 No. 13. / parêm, § 18 No. 1-5. / pawèstri tumrap kakung § 23 No. 7, / pawèstri sukêr § 21 No. 17; § 23 No. 1-6; § 27 No. 2; § 30 No. 1.

--- 10 ---

pawèstri gadhah lare § 25 No. 1-14. / planjêrên § 16 No. 12. / pilêg § 1 No. 10; § 27 No. 4. / pêgêl § 20 No. 14; § 22 No. 7; § 27 No. 1. / dhadha § 22 No. 6, 7; § 42 No. 1, 9. / dhêngkul § 33 No. 4. / nyakiti badhe gadhah lare § 41 No. 2. / nyènyèhên Zie kuping. / mèncrèt Zie ngising. / mundul Zie mripat. / murus Zie ngising. / mripat § 2 No. 1 -23; § 3 No. 2, 3; § 29; § 36 No. 5; § 42 No. 10, 13. / mlêtik Zie mripat. / mulês Zie wêtêng. / mêjên Zie ngising. / mimisên § 39 No. 3. / mêngi § 7 No. 2, 3, 4; § 38 No. 2. / gêrah uyang § 20 No. 11. / gorokan § 35 No. 2; § 37 No. 1.

--- 11 ---

gosong kenging latu § 39 No. 4. / guwaya alum § 8 No. 13; § 20 No. 9; § 42 No. 13. / gudhig Zie korèng. / gomên § 21 No. 13. / gêgêr § 27 No. 1. / gabagên § 17 No. 2, 8. / bêntèr § 1 No. 4; § 6 No. 3; § 17 No. 1-8; § 19 No. 15, 16; § 20 No. 4, 5, 6, 7; § 21 No. 5, 6, 9; § 22 No. 12; § 38 No. 1; § 42 No. 12. / bêntèr tis Zie bêntèr. / borok rambat Zie korèng. / bèsèr Zie nguyuh. / bèlèkên Zie mripat. / balung § 16 No. 2, 7; § 29; § 33 No. 5; § 42 No. 3, 11. / bêlang § 27 No. 3. / budhugên § 27 No. 3. / bêngka Zie wêtêng. / bêngkoyok Zie korèng. / bêngang § 12 No. 1, 2; § 42 No. 15. / bingung § 42 No. 5.

--- 12 ---

ngêntut (bobênbotên. / sagêd) § 19 No. 11; § 21 No. 2. / ngising § 8 No. 1, 2, 4, 5, 15, 16; § 9 No. 1; § 10 No. 1-4; § 19 No. 6, 7, 11, 14; § 21 No. 1, 2, 4; § 22 No. 4, 5; § 32 No. 3; § 42 No. 14. / ngêlu § 1 No. 1-10; § 4 No. 12; § 22 No. 11; § 27 No. 4; § 39 No. 5; § 42 No. 5. / nglêbêt § 17 No. 3; § 18 No. 3; § 21 No. 6, 9; § 32 No. 1; § 42 No. 4. / nguyuh § 8 No. 16; § 11 No. 1-5; § 12 No. 1; § 21 No. 12; § 26; § 30 No. 1; § 31; § 42 No. 15. / ngame § 9 No 3. / ngompol Zie nguyuh. /

--- 13 ---

Ing ngandhap punika pratelan racikan jampi-jampi Jawi, tuwin isarat-isarat sasaminipun, kangge anjampèni sêsakit warni-warni, turunan saking primbon tilaranipun lêluhur Jawi ing jaman kina.

1. Jampi sakit ngêlu.

1 Sakit ngêlu limrah:

1. jae, 2. manis jangan, 3. kêmukus, sami kapipis lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

1. pala, 2. cabe, 3. kunir, kapipis lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

1. têmupêthak, 2. dringo, 3. kunir, 4. apu, kapipis lajêng kapilisakên ing bathuk.

1. jae, 2. brambang, 3. sunthi, kapipis lajêng kapilisakên ing bathuk.

1. bonggol sêre, 2. dhèdhès, kapipis kapilisakên ing bathuk.

1. ron galing satêkêm, 2. kunir tigang iris, 3. jintên cêmêng sajumput, kapipis lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

--- 14 ---

2. Sakit ngêlu asal saking angin:

Jêram pêcêl satunggal, kairis sampun ngantos katut isinipun, punika lajêng katèmplèkakên ing pilingan kiwa têngên. Anggènipun nèmplèkakên radi kapêtêlakên sawatawis, manawi sampun kanthil kainggatan.

3. Sakit ngêlu asal saking encok (sela karang):

1. mripat sunthi, 2. mripat kêncur, 3. mriyos sajumput, sami kapipis lêmbat lajêng kapilisakên ing bathuk.

4. Sakit ngêlu mawi bêntèr:

1. sêdhah kêpanggih rosipun tigang lêmbar, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. sintok, 5. sêprantu, 6. jae, 7. brambang, 8. sunthi, sami kapipis lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

5. Sakit ngêlu asal saking encok (sela karang) sarta asring-asring kimat, asring glègèkên tuwin antop:

1. inggu, 2. bawang tigang siyung,. kapipis mawi kaêmoran 3. mabên: kaombèkakên. Sasampunipun lêt watawis gangsal mênut, lajêng kaombènana: wedang jarang kaêmoran mungsi.

--- 15 ---

6. Sakit ngêlu kêmandèn (sêkalor) ingkang ngantos sangêt:

Amêthika ronipun jambêt kaluthuk, nanging pamêthikipun sampun ngantos ayang-ayanganing asta ngengingi ron wau, punika kapipis kalihan apu ingkang ngantos lêmbat, lajêng kapilisakên ing bathuk sarta pilinganipun kiwa-têngên. Ing nalika badhe wiwit mipis amaosa Kulhu kaping tiga kalihan mêgêng napas. Insya Allah sagêd waluya.

7. Sakit ngêlu ingkang kraos mingêr panonipun, utawi kraos mumêt, mripat kados mêdal konang-konangipun:

1. ron lênglêngan (bosah-basèh) kawan wêlas lêmbar, 2. dringo, 3. bawang, 4. mriyos sulah satunggal, 5. sarêm sawuku, sami kapipis ingkang lêmbat, lajêng kapilisakên ing bathuk sarta ing pilinganipun kiwa-têngên, tuwin katuruhakên ing talingan kiwa-têngên.

8. Sakit ngêlu ingkang kêdah sumaput panonipun:

1. kulit jêram wangi, 2. kêrikan kajêng cêndhana, kasipiskapipis. ingkang lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

--- 16 ---

9. Sakit ngêlu ingkang botên doyan nêdha dening cangkêmipun kraos pait:

1. adas, 2 adas lêgi utawi adas Cina, kasami kathahipun, 3. kêtumbar, ingkang ragi kaduk, 4. kajêng lêgi, 5. ron kêndhal pitung lêmbar, 6. ron galing satêkêm, sami kapipis lajêng kapilisakên ing bathuk.

10. Sakit ngêlu ingkang mawi pilêg sarta talinganipun pating grêbêg:

1. apu, 2. bawang, kapipis ingkang lêmbat, kaêmoran, 3. toya jêram pêcêl, 4.lisah wijèn, kaulêd dados satunggal lajêng kakicik, mangêt-mangêt kapupuhakên ing bathuk sarta ing pilingan kiwa-têngên.

II. Jampi Sakit Mripat

1. Mripat lamur:

1. pokipun wit lêmpuyang, 2. brambang sasiyung kabênêm, sami kapipis lajêng kaêmoran, 3. toya jêram linglang, kapupuhakên ing mripat.

1. ron pare wana (pare pait), 2. sarêm, 3 brambang [bra...]

--- 17 ---

[...mbang] kabênêm, 4. adas, sami kapipis ingkang lêmbat, kapilisakên ing bathuk.

1. ron têlasih, 2. sarêm sawuku, kapipis mawi kaêmoran, 3. toya jêram linglang, katètèsakên ing mripat kiwa-têngên.

2. Mripat ingkang manikipun malêtik sarta lamur:

Sabên enjing kalihan sontên dipun colokana mawi êlaripun ayam cêmêng mulus. Êlar ingkang taksih ênèm punika dipun bubud, bongkotipun awujud daging mawa toya, punika dipun colokakên alon-alon. Utawi:

Sabên enjing kalihan sontên kacolokana mawi êrahing cacing. Cacing siti punika kapêthêt pucukipun, mêdal êrahipun, punika kangge nyoloki manik ingkang mlêtik wau.

3. Mripat bèlèkên:

1. kêmukus, 2. bawang, 3. sarêm sawuku, kapipis ingkang lêmbat lajêng kasaring ingkang ngantos bêning: kapupuhakên ing mripat.

4. Mripat bèlèkên sarta blêrêng paningalipun:

Terong ngor ingkang matêng kapêndhêt toyanipun, kausap-usapakên [kau...]

--- 18 ---

[...sap-usapakên] ing mori pêthak lajêng kaêpe ngantos garing, manawi sampun garing, kakêrika sakêdhik, katoyanan toya tawa satawis:sawatawis. kapupuhakên ing mripat.

5. Mripat malêtik sabab dening sakit cacarên:

Tosan kabakar, manawi sampun mêngangah, katuruhana toya jêram linglang, turuhanipun katadhahana ing bathok, kaêbun-êbunakên sadalu, enjingipun kasipatakên ing tlapukan kiwa-têngên, dangunipun tigang kenjing. Sasampunipun punika, lajêng angêbun-êbuna sêkul, enjingipun ugi kasipatna ing mripat.

6. Mripat pêtêng:

1. kunci kalêbêtna ing woh jêram pêcêl ingkang sampun sêpuh, lajêng kaêpe ngantos garing, kunci wau lajêng kapêndhêta, kaparud mawi kaêmoran, 2. mabên, 3. puhan lêmbu, kacarup dados satunggal, kasaring ingkang ngantos bêning: kapupuhakên ing mripat kiwa-têngên.

7. Mripat ingkang raosipun ngêrês sarta blêrêng:

Oyod rumput walulangan kakumbaha ingkang rêsik lajêng kadhêplok, kawadhahan mangkok ingkang rêsik, dipun [dipu...]

--- 19 ---

[...n] ênêbakên, bêninganipun kaangge nglimbang mripat, andadosakên asrêp sarta padhang.

8. Mripat abrit sabab dening bèlèkên, sarta ngêmbêng êluh:

Bêntulipun senthe cêmêng kaoncekan ingkang rêsik, kapipis ingkang lêmbat mawi puhan lêmbu, lajêng kaglintiran kados wêdhak, kaêpe ngantos garing, nuntên anggêcêka ron sinom (ron asêm ênèm) kapêrês toyanipun, kaangge noyani glintiran senthe wau, lajêng kabuntêla ing mori pêthak ingkang rêsik,.kakêcêrakên ing mripat.

9. Mripat rimang tuwin cadhok:

Kunir dipun oncèki ingkang rêsik, lajêng kalêbêtna ing woh jêram pêcêl ingkang sampun dipun krowoki, nuntên kaêpea ingkang ngantos garing. Kunir wau lajêng kapêndhêta, kaparud mawi katoyanan toya tawa ingkang sampun nyipêng sadalu, lajêng kabuntêla ing mori pêthak: kakêcêrakên ing mripat.

10. Mripat ingkang tansah ngêmbêng êluh sarta warninipun sêmu jêne:

--- 20 ---

Tawas kapipis mawi kaêmoran toya jêram pêcêl, lajêng kakicik: kaparêmakên ing saubênging mripat. Sirikanipun botên kenging nêdha bêntèr-bêntèr sarta kêcut-kêcut, botên kenging kêkathahên wungu sarta kêdah cêgah sarêsmi.

Woh jambe ingkang taksih ênèm kapipis ingkang lêmbat, katoyanan uyuhipun bayi ingkang dèrèng mêdal untunipun, lajêng kabuntêla mori pêthak: katètèsakên ing mripat.

Pucuk pare wêlut kacacah, kabuntêl ing mori pêthak, kapêrês katuruhna ing grana.

1. kunir pitung iris, 2. uwos pitung êlas, sami kaêkum, manawi sampun êmpuk, kabuntêla ing mori pêthak, kapêrês dipun kêcêrakên ing mripat.

Woh kêmlaka ingkang sampun matêng kawênyêt mawi toya tawa sakêdhik, kawêdhakakên saubênging mripat sarta rai ingkang waradin.

Anak tikus ingkang taksih abrit, kabakar ingkang ngantos gosong, arêngipun kagêrusa ingkang lêmbat, kaangge cêlakan.

--- 21 ---

11. Mripat mundul (sajak mêdal):

1. tigan ayam têmbean kapêndhêt pêthakipun, 2. adas, 3. pulasari, kapipis lêmbat lajêng kabuntêl ing mori pêthak, katètèsakên ing mripat. Mipisipun mawi maos Kulhu kaping pitu.

12. Mripat abuh:

1. ron têlasih, 2. kêmiri jalêr, kapêndhêt isinipun, 3. sarêm jalêr, kamamah kapupuhna ing mripat.

13. Mripat ingkang sawêg kraos badhe sakit:

Sarêm sajimpit, karêmêt kalihan toya tawa, mawi maos Kulhu kaping tiga, kaparêmakên ing saubênging mripat. Manawi ingkang kraos sakit mripat kiwa, ingkang kangge marêmi tangan têngên. Manawi mripat têngên ngangge tangan kiwa.

14. Mripat racêkên:

1. apyun wawrat sasaga, 2. sela cêlak wawrat gangsal saga, 3. karsani wawrat sadasa saga, 4. muja-muju, sami kapipis, kaêmoran toya mawar, kaangge cêlakan.

--- 22 ---

15. Mripat kenging sambang:

1. ron sambang tigang punggêl, 2. ron jarak abrit tigang punggêl, 3. dringo, 4. bêngle, 5. brambang, 6. jamur impês, 7. jamur brama, 8. tinja sawêr sawa, kapipis lêmbat, kaborèhakên saubênging mripat.

1. lêmpuyang, 2. mripat kunir, 3. pucuk jantèn jagung ingkang taksih ênèm, kapipis lêmbat, kabuntêl mori pêthak, kakêcêrakên ing mripat.

1. bêngle pitung iris, 2. brambang tigang iris, kamamah lajêng kapupuhakên ing mripat.

1. majakan, 2. ganthi, 3. mêsoyi, 4. cêngkêh, 5. pucuk, 6. sintok, 7. sêprantu, 8. inggu, sami kapipis lêmbat, kaêmoran toya jêram pêcêl linglang, kawadhahan ing barang têmbagi, kapupuhakên ing mripat.

16. Mripat abrit kaworan sambang:

1. asêm kawak, 2. lêgon dhahap srêp, 3. sarêm sawuku, kapipis kapupuhakên ing mripat.

17. Mripat kenging sambang pusêr:

1. pare, 2. kunir, kamamah kapupuhakên ing mripat.

--- 23 ---

18. Mripat kêcolok utawi kêcocog barang sanèsipun:

Kunir pitung iris kawadhahan pinggan ingkang rêsik, dipun sukani toya tawa sawatawis, kaêbun-êbunakên sadalu. Enjingipun kasaring mori pêthak, kapupuhna ing mripat.

19. Mripat abrit, tlapukan kandêl, kraos ngêrês:

1. tigan ayam kapêndhêt pêthakipun, 2. tlutuh turi ingkang ijêm ronipun, kaêmor dados satunggal, kabuntêl ing kapas, kaangge mêtêl mripat. Mripat wau kaêrêmna sarta kêdah ing wanci dalu, wontên ing pêtêngan. Manawi mripat wau kraos pêdhês, sarta mêdal êluhipun kados nanah, mratandhani manawi kêtrimah. Lajêng kajampènana isi dlima kapipis lêmbat, kabuntêl ing mori pêthak, katuruhna ing mripat, ing dalu punika ugi, têrus kaangge tilêm dumugi enjing.

20. Mripat prêcèh:

1. kunir, 2. brambang, 3. asêm, sami kabakar, kapipis lêmbat mawi toya tawa sakêdhik, kawadhahana bathok ingkang cêmêng, kaangge pupuh mripat.

--- 24 ---

21. Mripat tansah kraos arip kêdah tilêm:

1. jêram wangi, 2. tlasih cêmêng, 3. mriyos sulah, 4. oyod têtêr jalêr, sami kapipis kapupuhakên ing mripat.

22. Mripat ngêmbêng êrah:

1. êrahipun ayam cêmêng mulus, 2. toya tuli (= toya pamêndhêtipun ambisu sarta ngampêt ambêgan), kaêmor dados satunggal, kaangge pupuh mripat.

23. Mripat saras, supados padhang:

Ron nyamplung ingkang taksih ênèm pitung lêmbar, karajang kawadhahan pinggan pêthak, mawi kaêmoran toya tawa ingkang sampun nyipêng sadalu, kawênyêt sarta kapêrês ingkang apuh, lajêng kasaringa ingkang rêsik, kaangge nglimbang mripat ing wanci enjing, mawi maos alip ba ta kaping tiga, sarta ngampêt ambêkan. Rêrêgêdipun mêdal, mripatipun asrêp sarta padhang. Utawi:

timah dipun kothok, manawi sampun lèlèh, dipun êsoki toya tawa ingkang rêsik, sasampunipun asrêp, kaangge nglimbang mripat. Utawi malih:

--- 25 ---

oyod bayêm êri dipun êpe ngantos garing, lajêng kabakar ngantos gosong, arêngipun kaêkum ing toya tawa sarta kaudhêk ingkang waradin, lajêng kasaringa ingkang rêsik, kaangge nglimbang mripat.

III. Jampi sakit lêstrung, sela karang, utawi sêkalo.

1. Lêstrung ingkang nêdhas ing grana:

1. kunir, 2. bêngle, 3. bawang, sami kaparut, katoyanan toya jêram linglang, kawêdhakakên ing rai ingkang waradin.

1. mriyos sulah, 2. sunthi, 3. kalandaru, 4. pungli (= kulitipun ayam woh pala), 5. kêmukus, 6. jintên pêthak, 7. muja-muju, 8. pulasari, sadaya wau wawratipun kasami, kapipis mawi kaêmoran puhan lêmbu, kaglintiran agêngipun kintên-kintên satigan pêksi, kauntal. Tumrap tiyang jalêr sangang glintir kauntal nyaglintir kaping sangang dintên, tumrap tiyang èstri pitung glintir kauntal nyaglintir kaping pitung dintên.

--- 26 ---

2. Lêstrung ingkang minggah ing mripat utawi ing utêk, inggih punika mripat ingkang kados racêkên utawi katingal rèmbès, sirah asring ngêlu mumêt sarta mripat mêdal konang-konangipun:

1. mênyan ampas, 2. brambang, 3. kunir, 4. bêngle, sami kapipis, kaêmoran: 5. toya jêram pêcêl, kaombe.

1. mênyan madu, 2. brambang, 3. kunir, 4. bêngle, sami kapipis, kaêmoran: 5. toya jêram pêcêl, kaombe ing wanci enjing, dangunipun gangsal kenjing.

1. mênyan madu, 2. brambang, 3, kulit bêngle, sami kapipis, kaêmoran: 4. toya jêram linglang, kaombe, ampasipun kawêdhakakên ing rai ingkang waradin.

1. kulit bêngle, 2. bawang, kapipis, kaêmoran: 3 toya jêram pêcêl, kawêdhakakên ing rai ingkang waradin.

Laos Cina kaparud lêmbat, katoyanan cokak Jawi, kawêdhakakên ing rai ingkang waradin.

3. Lêstrung ingkang minggah ing mripat sarta ing waja, inggih punika [puni...]

--- 27 ---

[...ka] waja utawi gusinipun krowok katêdha ulêr sarta abuh.

1. gagang sêdhah pitung iji, 2. kêncur, sami karajang sarta kawadhahan ing barang têmbagi, kaêmoran: 3. toya jêram pêcêl, kaparêmakên ing pundi prênahipun ingkang sakit.

IV. Jampi sakit talingan.

1. Talingan nyènyèhên:

1. ron pare wana, 2. jamur impês, 3. jamur brama, 4. jamur grigit, 5. tinja sawêr sawa, 6. kajêng angin, 7. brambang, 8. kajêng lêgi, 9. têmulathi, kapipis ingkang lêmbat. Lajêng mêndhêta tumpêr ingkang taksih mêngangah kaungkulakên, sarta katuruhan toya tawa, toyanipun tumuruh dhatêng pipisan jampi wau, lajêng kaulêt dados satunggal, kaangge marêmi sakitipun.

2. Talingan kalêbêtan pinjal utawi seremende:

1. candu, 2. isi jêram kaparud, kacarub dados satunggal, kabuntêl mori pêthak, katuruhakên ing talingan.

--- 28 ---

3. Talingan kalêbêtan lintah:

Isinipun jêram pêcêl kapipis lêmbat, katoyanan cokak Jawi, katuruhakên ing talingan.

4. Talingan kalêbêtan rêna:

sarêm armus utawi sarêm Arab, kapipis kalihan sêdhah, katuruhakên ing talingan. Utawi:

1. kunir, 2. lêmbayung, kapipis katoyanan toya ingkang dipun kumi kajêng gapuk ingkang sampun lami, katuruhakên talingan. Utawi:

1. dhèdhès, 2. celengan (= namaning gêgrêmêt) kabakar, kapipis katoyanan dubang, kaangge ngilèni talingan.

5. Talingan abuh:

kulit pisang kusta kapanggang ing mawa, mangêt-mangêt kapêrês toyanipun, katuruhakên talingan. Utawi:

1. apu, 2. bawang, kapipis, kaêmoran: 3. toya jêram pêcêl, 4. lisah, lajêng kakicik kaangge amborèhi talingan.

6. Talingan suda pamirêng:

Ron suru-suru kapanggang ing mawa, mangêt-mangêt kapusus, katuruhakên talingan. Utawi:

--- 29 ---

1. woh jarak ijêm, 2. inggu, 2.3. dhèdhès, kapipis lêmbat, kaêmoran: 4. toya jêram linglang, kaangge ngilèni talingan.

7. Talingan suda pamirêng sarta kraos sakit:

1. bawang, 2. pala dipun bakar, 3. dhèdhès, sami kapipis, kakilèkakên ing talingan.

8. Talingan suda pamirêng sarta kopokên:

1. lisah wijèn, 2. bawang, 3. mriyos sulah, 4. mustakim, 5. sêkar lawang, kapipis ingkang lêmbat, kakicik mangêt-mangêt, katuruhakên ing talingan, lajêng katutupana mawi kapas, utawi:

ron suru-suru kawênyêd kalihan lisah wijèn, kakicik mangêt-mangêt, toyanipun katuruhakên ing talingan, lajêng katutupana mawi kapas. Utawi malih: 1. sarêm armus utawi sarêm Arab, kaasab, 2. toya jahe, sami kakicik, katuruhakên talingan.

9. Talingan suda pamirêng sarta kraos gumrêbêg:

1. ron sabrang (= ron lombok), 2. ron têtêr, kapipis lajêng kasaring katuruhakên ing mripat.talingan.

--- 30 ---

10. Talingan suda pamirêng, kopokên, sarta ngêdalakên rah:

1. bawang, 2. sêkar lawang, 3. mustakim, sami kapipis lêmbat, kaêmoran: 4. lisah wijèn, kakicik mangêt-mangêt, katuruhakên talingan, lajêng katutupana kapas.

11. Talingan suda pamirêng, ngêdalakên nanah utawi rah, manawi kaangge ngombe kraos sakit:

1. bawang, 2. mriyos sulah, 3. cêngkèh dipun gorèng, sami kapipis, kaêmoran: 4. lisah wijèn, kapêrês katuruhakên ing talingan, lajêng katupana kapas ingkang katutulakên ing lisah.

12. Talingan kraos galêdhêg-galêdhêg, sirah ngêlu kapilêng:

1. ron bosah-basèh (= lêng-lêngan), 2. apu, 3. bawang, kapipis, kaêmoran: 4. lisah wijèn, 5. toya jêram pêcêl, lajêng kakicik, katuruhakên ing talingan.

13. Talingan kraos kados dipun sogok-sogok:

--- 31 ---

ron bobohan pêthak, kapipis katuruhakên talingan.

V. Jampi sakit waja.

1. Waja katêdha ing ulêr:

ron rêmbega (= widuri) kapipis lêmbat, kapopokna ing waja.

2. Waja krowok katêdha ing ulêr, sarta asring mêdal êrahipun:

1. woh rêgulo, 2. ron widuri, kapipis, kaêmoran: 3. cokak Jawi, kapopokakên ing waja.

3. Waja kraos kêmêng, gusinipun abuh:

ron lêgundhi kapipis, kaêmoran cokak Jawi, kapopokakên ing waja.

4. Waja kraos gatêl:

1. prusi utawi trusi: kabakar, 2. mriyos satunggal, 3. bawang, 4. inggu, kapipis, kaêmoran: 5. toya jambe ingkang taksih ênèm, 6. lisah taun (= lisah wangi) kagosok-gosokakên ing waja.

--- 32 ---

5. Waja moglak-maglik, gusinipun krowok katêdha ing ulêr:

1. kêrikan kukunipun piyambak, 2. rambutipun piyambak, kaobong, awunipun kagêrus sarta kaêmoran: 3 sarêm sawuku, kapopokakên ing waja.

VI. Jampi sakit watuk.

1. Watuk limrah:

1. dringo, 2. bawang, 3. bêngle, kamamah lajêng kaulu pisan, utawi:

1. têmulawak, 2. kêncur, 3. cikalan, sami kabakar, 4. brambang, 5. kajêng lêgi, 6. ron saga, 7. pêntil jêram pêcêl, 8. sarang burung, 9. jintên cêmêng, 10. inggu, kapipis kaombèkakên.

2. Watuk ngêdalakên êrah:

1. pênawar jambe, 2. brambang kabakar, kapipis kaombèkakên.

3. Watuk mawi bêntèr:

1. ron sinom (= ron asêm ingkang taksih

--- 33 ---

ênèm), 2. jintên cêmêng, 3. kêncur, 4. mêsoyi, 5. kajêng lêgi, 6. brambang, 7. cikalan, sami kapipis lêmbat, lajêng kawungkus kakukusakên bêthak, manawi sampun matêng, kapêrês kaombèkakên.

4. Watuk mawi asrêp:

1. tèh, 2. cêngkèh sajodho, kamamah lajêng kaulu pisan.

5. Watuk ingkang esêk utawi sêrak:

bawang tigang siyung kabucal kulitipun, kagodhog ngantos umob, toyanipun kalih cangkir kakantunakên sacangkir, lajêng kaêmoran mabên. Sabên enjing kaombèkakên sasendhok nêdha, ngantos satêlasipun.

6. Watuk ingkang botên sagêd ngêdalakên riyak

1. oyod ron darosa cêmêng, 2. sunthi, kapipis, kaêmoran: 3. toya jêram pêcêl, kaombèkakên.

7. Watuk cêkèh (= tansah watuk):

1. cêndhana jênggli, (= galihipun cêndhana sabrang), 2. pathi

--- 34 ---

têmulathi, 3. asêm kawak, 4. sarêm, 5. arêng, sami kapipis lajêng dipun saring, kaombèkakên.

VII. Jampi sakit ampêk tuwin mêngi.

1. Sakit ampêk:

1. ron sêmbung, 2. ron sandilata, 3. êmpu kunir kabênêm, 4. adas, sami kapipis, kamoran: 5. lôndha mêrang, kasaring kaombèkakên.

2. Sakit mêngi:

1. têmulawak, 2. brambang, kapipis, kaêmoran: 3. santên, 4. toya jêram pêcêl, kaombèkakên. Utawi:

1. têmugiring, 2. kêncur, 3. brambang, 4. cikalan kalapa ijêm, 5. inggu, kapipis lêmbat kaêmoran: 6. toya jêram wangi, kaombèkakên. Utawi:

1. ron kêtèpèng Jawi, 2. adas, 3. pulasari, 4. têmugiring, 5. brambang kabênêm, 6. apu, kapipis lêmbat, kapêrês dipun ombèkakên. Utawi:

1. tinja truwèlu, 2. ron bêstru, 3. adas, 4. pulasari, [pula...]

--- 35 ---

[...sari,] 5. brambang, sami kapipis, kapêrês dipun ombèkakên.

3. Sakit mêngi ingkang sampun lami:

kombang ingkang nuju nêsêp mabên ing sêkar: tiga, wêtêngipun kalêbêtan mriyos wêtahan nyatunggal, lajêng kapanggang ing mawa ngantos matêng, kapurih nêdha.

4. Sakit mêngi mawi watuk:

1. sarêm, 2. jêbug jambe, agêngipun kasami, 3. laos, sami kapipis, kasaring, kaombèkakên.

VIII. Jampi sakit padharan.

1. Mèncrèt:

1. babakan jambêt bol, 2. babakan dhuwêt, kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Wontên malih:

1. ron patikan, 2. pulasari, 3. murmak daging, 4. êmpu kunir, 5. asêm kawak, 6. sarêm kawak, sami kapipis, lajêng kasaring kaombèkakên.

--- 36 ---

2. Murus botên kèndêl-kèndêl:

1. lêmpuyang tigang iris, 2. arêng, 3. sarêm, dipun mamah kaulu pisan. Utawi:

1. pêntil pisang kluthuk, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, kapêrês ing mori pêthak, toyanipun kawayokakên sadalu, ing wanci enjing kaombèkakên.

3. Padharan sêbah:

1. sunthi, 2. kêncur, 3. bawang, 4. jêmaka, 5. inggu, 6. mungsi, 7. cêngkèh pitung iji, kapipis lêmbat, katoyanan: 8. wêrak (= cokak Jawi), kaombèkakên. Utawi:

1 laos tigang iris, 2 bawang tigang siyung, 3 dringo, 4 bêngle tigang iris, 5 sarêm tigang wuku, sami kapipis, kaêmoran: 6 wêrak ingkang kagodhog, kasaring kaombèkakên.

4. Padharan sêbah, wawratan bêbêlên:

oyod sêmbung sêkawan sendhok jangan, dipun toyani tigang cangkir, kagodhog kakantunakên sacangkir,

--- 37 ---

kaombèkakên ing wanci enjing, kadadosakên tigang kenjing.

5. Padharan kêmbung, wawratan ngrêkaos:

1. ron mênyawuk, 2. apu, kapipis lêmbat, dipun galintir: kauntal, kaping tigang kenjing.

6. Padharan pating plipit:

1. anton-anton lêmpuyang, 3.2. dan seterusnya. mêsoyi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. wiji sawi, 7. kêmukus, 8. kêdhawung, 9. sintok, 10. sêprantu, 11. jêmaka, 12. cabe, 13. kajêng lêgi, 14. kajêng tai, 15. inggu, 16. kêncur, 17. brambang, 18. lêmpuyang, sami kapipis lêmbat, kasaring dipun ombèkakên.

7. Padharan kraos sêgok-sêgok (?):

1. anton-anton pace, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. wiji sawi, 7. kêmukus, 8. manis jangan, 9. kajêng lêgi, 10. sintok, 11. sêprantu, 12. jêmaka, 13. kêdhawung, 14. cabe, 15. pace, kapipis lêmbak,lêmbat. dipun saring: kaombèkakên.

8. Padharan pating tlêsêp:

1. tuju kinang, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. kêtumbar,

--- 38 ---

5. mungsi, 6. kêncur, 7. kêmukus, 8. brambang, 9. bawang, 10. dringo, 11. bêngle, 12. jambe, 13. apu, sami kapipis lêmbat, dipun saring: kaombèkakên.

9. Padharan sênêb

1. mriyos, 2. sêdhah panggih rosipun tigang lêmbar, kapipis, katoyanan wedang ayam (= wedang jarang), kasaring: kaombèkakên. Utawi:

lisah dhêklonyo kalihan wedang ayam, kaombèkakên. Utawi:

1. ron pare, 2. oyod pare, 3. brambang, 4. lêmpuyang, 5. adas, 6. inggu, sami kapipis kaêmoran: 7. toya jêram pêcêl. Kasaring kaombèkakên.

10. Sakit padharan, badan gumêtêr:

1. ron têtêr, 2. jungrahab, 3. mungsi, 4. cêngkèh, 5. jêmaka, 6. sunthi, 7. bawang, 8. kêncur, 9. bêngle, 10. têmulawak, 11. kajêng tai, 12. ron ilèr kapanggang ing mawa, pamanggangipun sampun ngantos kawalik, sami kapipis lêmbat, dipun saring: kaombèkakên.

--- 39 ---

11. Padharan mulês:

1. kêdhêle dipun pipis lêmbat, 2. lisah klêntik, 3. tajin, kaombèkakên, dangunipun tigang kenjing. Utawi:

1. jae, 2. mungsi, 3. dringo, 4. manis jangan, kapipis lêmbat lajêng dipun latoni sakêdhap, sasampunipun asrêp kaombèkakên.

12. Padharan mulês sabab masuk angin:

1. gêndhis arèn, 2. cikalan, kapipis lêmbat, dipun saring kaombèkakên.

13. Sakit padharan, guwayanipun alum:

êmpu têmulawak kaparud, kapêrês, toyanipun kaêmoran sarêm sawatawis, kaêbun-êbunakên sadalu, enjingipun ing sadèrèngipun nêdha kaombèkakên.

14. Sakit padharan asèp-asèpên:

1. anton-anton laos, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. wiji sawi, 7. kêmukus, 8. sintok, 9. sêprantu, 10. manis jangan, 11. kajêng lêgi, 12. jêmaka, 13. inggu, 14. jae, 15. kêncur, 16. laos, 17. brambang, 18. bawang, 19. kajêng tai, 20. kêdhawung, kapipis [kapi...]

--- 40 ---

[...pis] katoyanan: 21. lôndha awu layan, kasaring kaombèkakên.

15. Jampi murugakên lêga wawratan:

1. pisang kluthuk mêntah tiga, ingkang kalih dipun bakar, ingkang satunggal mêntahan, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, 5. kajêng lêgi, kapipis lêmbat lajêng kasaring, kaombe ing wanci dalu. Wontên malih:

1. ron papasan saoyodipun, 2. ron gagan-gagan, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang kabakar, 6. kajêng lêgi, sami kapipis lajêng kasaring, kaombèkakên.

16. Sakit botên sagêd wawratan sarta nguyuh:

1. ron tapak liman, 2. êmpu kunir, 3. lêmpuyang, 4. kêncur, 5. jintên cêmêng, 6. adas, 7. sarêm, kapipis lêmbat dipun toyani: 8. lôndha mêrang utawi awu, kasaring kaombèkakên.

17. Sakit padharan, suwaranipun pating kruwuk:

1. kêncur, 2. adas, kamamah têrus dipun ulu.

18. Padharan kakên sarta bêngka:

1. yuyu kabakar, 2. kêrikan kajêng cêndhana, 3. gêndhis arèn, [a...]

--- 41 ---

[...rèn,] 4. adas, kapipis kaêmoran: 5. wêrak (= cokak Jawi), kaombèkakên.

IX. Jampi sakit luntak wawratan.

1. Luntak mawi wawratan:

1. brambang, 2. bawang, 3. jae, 4. sarêm, 5. wos sajumput, 6. mriyos, kamamah têrus dipun ulu. Wontên malih:

1. oyod juwawut, 2. dhangkèl papasan, 3. gêndhis arèn, 4. adas, 5. pulasari, 6. mênyan mabên, 7. brambang mêntah matêng, kapipis lajêng kasaring: kaombèkakên.

2. Luntak kaworan nanah:

1. êmpu kunir, 2. jintên cêmêng, 3.3. tidak perlu ada. kapipis kaêmoran, 3. toya jêram pêcêl, 4. lisah wijèn, kaombèkakên, ampasipun kaborèhakên ing padharan.

3. Luntak tuwin ambêkanipun mênggèh-mênggèh, manawi tilêm tansah ngame:

--- 42 ---

1. ron imba, 2. têmbêlèk ayam, 3. podhi, 4. sari, sami kapipis kaêmoran: tigan ayam mêntahan kapêndhêt pêthakipun kemawon, kasaring dipun ombèkakên.

4. Luntak mawi ngêdalakên êrah, padharan kraos sakit:

1. bubukan manis jangan, 2. mabên, kacarub kaombèkakên ing wanci enjing, salêbêtipun tigang kenjing.

X. Jampi sakit wawratan rah umbêl.

1. Wawratan êrah:

1. kêrikan kajêng widara pêthak, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, 5. kajêng lêgi, 6. kajêng angin, 7. sêcang, 8. manis jangan, 9. mênyan mabên, 10. tawas, 11. isi jambêt bol, 12. suwekan kopyah amoh, 13. suwekan lakên abrit, 14. jamur impês, 15. kunir, 16. lêmpuyang, 17. kêncur, 18. tlasih, 16.19. toya kêmarogan, kapipis kaombèkakên Utawi:

1. adas, 2. pulasari, 3. manis jangan, 4. kajêng angin, 5. saga, 6. ron bayêm brama, 7. ron karuk lawak,

--- 43 ---

8. ron pêlêm ingkang taksih nèm, 9. ron balimbing wuluh, 10. babakan jambêlang, 11. ron bêsusu (= ron bêngkowang), kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Utawi malih:

1. ron katu, 2. têmu, 3. brambang, 4. kêmiri, 5. majakan, 6. sidawayah, 7. kajêng lêgi, 8. adas, 9. pulasari, 10. jintên cêmêng, 11. jintên pêthak, 12. wêdhi pêthak, 13. bayêm siti, 14. babakan kêsambi, 15. sarêm, 16. arêng, 17. asêm kawak kabakar, sami kapipis ingkang lêmbat, kasaring kaombèkakên.

2. Wawratan êrah matêng:

1. ron dhadhap srêp, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, 5. pala, sami kagodhog kaangge ombèn-ombèn.

3. Wawratan êrah umbêl:

1. babakan dalima, 2. babakan waringin, 3. saga thunthêng, 4. apyun sauwos, kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Utawi:

1. ron bêsaran, 2. pantun jêne, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. trawas, 6. sidawayah, 7. jungrahab, 8. podhi, 9. sari, [sa...]

--- 44 ---

[...ri,] 10. murmak daging, 11. cabe, 12. kajêng angin, 13. têmugiring, 14. têmu, 15. kunir, 16. lêmpuyang, 17. bêngle, 18. kêncur, 19. sunthi, sadaya sami kabakar mawi latu kajêng lampês, 20. kêdhawung, lajêng kapipis, kaêmoran: 21. toya ron sèmbukan, kaombèkakên. Utawi malih:

1. tlutuh pênjatos bancar, 2. mênyan mabên, 3. tawas, 4. blêndok trêmbalo, 5. jambe jêbug, sami kaparud kaêmoran: 6. tajin, 7. toya tawa sawatawis, kaombèkakên enjing-sontên. Wontên malih:

1. ron dalima, 2. cangkok sidawayah, 3. adas, 4. pulasari, 5. podhi, 6. kêtumbar, 7. mêsoyi, 8. pucuk, 9. jalawe, 10. jakêling, 11. majakan, sami kapipis kaombèkakên.

4. Mêjên wawratan umbêl:

1. kulit jaha, 2. tlasih cêmêng, 3. babakan kêsambi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. adas, kamamah dipun ulu pisan. Utawi:

1. ron lampês satêkêm, 2. pucuk, 3. majakan, 4. tlutuh kajêng sana, 5. sidawayah, 6. adas, 7. pulasari, [pula...]

--- 45 ---

[...sari,] 8. sarêm, 9. arêng jatos, sami kapipis lêmbat, kaêmoran: 10. bubur kêtan gajih, lajêng kasaring dipun ombèkakên. Utawi:

1. lêmpuyang mêntah tigang iris, 2. lêmpuyang matêng tigang iris, 3. podhi, 4. sari, 5. pucuk, 6. majakan, 7. murmak daging, 8. inggu, 9. sarêm, 10. arêng, kapipis kaêmoran: 11. toya jêram linglang, kaombèkakên.

XI. Jampi sakit nguyuh.

1. Nguyuh ngêdalakên êrah:

1. dêgan kalapa ijêm ingkang taksih kumringêt, 2. woh luntas, 3. sidawayah, kacarub lajêng katêdha. Utawi:

1. jintên pêthak, 2. sêdhah, 3. jambe jêbug, 4. êbung rosan cêmêng tigang ros, 5. ron rosan cêmêng kalih lêmbar, 6. adas, 7. pulasari, 8. brambang bakaran, 9. kajêng loka, 10. cêndhana jênggli, 11. mêsoyi, 12. tlasih, kapipis lêmbat, kaombèkakên, tirahanipun kausap-usapna ing padharan.

--- 46 ---

2. Nguyuh mêdal pêthak-pêthakipun:

wiji sawi kapipis, kaombèkakên.

3. Sakit nguyuh: manawi nguyuh botên kraos:

bawang sasiyung kapipis, katoyanan cokak Jawi, kaombèkakên.

4. Sakit nguyuh amargi saking ewahing impês (= wadhah turas):

dringo kapipis, toyanipun kaombèkakên.

5. Bèsèr:

têngkuwèh kaêkum wedang ayam, kaangge ombèn-ombèn.

XII. Jampi sakit bêngang.

1. Sakit bêngang nguyuh nanah:

1. pupus nanas ingkang taksih nèm tigang punggêl, 2. apu wôngka (= apu ingkang sampun garing lan atos, tumèmplèk ing papon) sami kapipis, katoyanan toya tawa sawatawis, kaêbun-êbunakên sadalu, enjingipun kaombèkakên, dangunipun gangsal kenjing. Wontên malih:

--- 47 ---

êduk kabakar ingkang ngantos gosong, arêngipun kagodhog kalihan sêkul, lajêng kasaring, kaangge ombèn-ombèn.

2. Sakit tuju bêngang:

1. ron pôncasona, 2. êmpu kunir, 3. pathi, 4. sarêm, 5. pathining asêm kawak, sami kapipis, kaombèkakên.

XIII. Jampi sakit korèng, borok, sasaminipun.

1. Korèng:

1. dêbog bosok, 2. lisah tangyu, kaulêt katemplokakên sawiyaring tatunipun, sadintên kasantunan kaping tiga. Utawi:

lêmpung sabin kapopokakên, sadintên kaping tiga. Utawi:

1. atal, 2. walirang, 3. cabe bakaran, kapipis lajêng kakicik kalihan: 4. lisah klêntik ingkang taksih enggal, kalèlètakên ing tatunipun.

--- 48 ---

2. Borok rambat:

wit têtêr dipun êpe ngantos garing, lajêng dipun obong ngantos gosong, arêngipun kagêrus kaêmoran lisah gurih (= lisah klêntik ingkang warninipun ijêm) kalèlètakên tatunipun.

3. Krumanên:

ron pare wana kawênyêt kaêmoran cokak Jawi, kakicik mangêt-mangêt kajampèkakên ing tatunipun. Tatu punika kêdah kakumbah rumiyin ingkang rêsik.

4. Bêngkoyok:

jambe jêbug kapipis lêmbat, kaangge anggosok tatunipun.

5. Gudhig:

1. woh kêmrunggi, 2. kêmiri jalêr, kapipis lêmbat: kawêdhakakên.

6. Canthêngên:

1. cabe tigang iji ingkang sami panjangipun, 2. kêtêpu (= katul ingkang lêmbat) kapipis ingkang lêmbat katemplokakên mawi kabuntêl. Sadèrèngipun kajampenan, canthêng wau kapijêt-pijêta rumiyin. Utawi:

--- 49 ---

1. isi kêcubung, 2. cabe, 3. sunthi, kapipis lêmbat, kawêdhakakên. Utawi malih:

1. kêtumbar, 2. kunir, 3. jêram wangi, kapipis kawêdhakakên.

7. Turuk bon:

1. sruwa arèn kabakar, kapêndhêt arêngipun, 2. kêrikan sêcang, 3. dringo, 4. bêngle, 5. brambang, kapipis lêmbat, kaêmoran: 6. toya jambe ingkang taksih nèm, kawêdhakakên ing panggenan sakit.

8. Wudun:

1. ron tela rambat, 2. sarêm tigang wuku, kapipis ingkang lêmbat, kapopokakên. Wudunipun kêdah kasudhèt rumiyin mawi sujèn.

9. Cacarên:

1. tinja tikus kagorèng ngantos gosong, 2. toya terong kopèk satunggal, kapipis kaombe sapalih, tirahanipun kawêdhakakên sadaya ros-rosan.

--- 50 ---

XIV. Jampi sakit tatu kêdadak.

1. Kêpêrang:

kêrikan kuku kauwur-uwurakên.

2. Kacokot sawêr:

1. rumput lulangan, 2. oyod brambang, 3. pulasari, kapipis kaombèkakên. Wontên malih:

tatunipun kabêlèk, lajêng katuruhana toya tawas wongsal-wangsul, nuntên kabuntêl. Utawi:

tatunipun katumpangan obat lajêng kasumêd, insa Allah wisa sawêr wau dados tawa.

3. Kaêntup tawon:

sata ingkang ampêg kaêkum, kakêcêrakên ing tilasipun ingkang kaêntup wau. Utawi:

gêndhis arèn kausap-usapakên.

4. Kapatil lele:

1. ron kelor tigang punggêl, 2. kunci tigang ênthik, 3. sarêm sawuku, 4. brambang, kapipis kapopokakên tatunipun.

--- 51 ---

XV. Jampi sakit abuh.

1. Badan abuh:

kêrikan singat sangsam kagodhog kalihan arak ciyu, kaêbun-êbunakên sadalu, kaangge marêmi.

1. cêngkèh, 2. pala, 3. manis jangan, 4. kajêng timur, 5. mêsoyi, 6. bêsole, 7. kêncur, 8. sêre, 9. bawang, 10. cabe, 11. babakan turi abrit kapipis lêmbat kaêmoran: 12. arak, kaangge marêmi.

1. kajêng kulit balung, 2. tinja sawêr sawa, 3. jamur impês, 4. kajêng angin, 5. uwos angkak (= uwos abrit saking nagari Cina) kapipis kaparêmakên.

1. têmugiring, 2. brambang kabênêm, 3. adas, 4. pulasari, kapipis lêmbat, kaparêmakên.

2. Abuh tanpa sangkan:

1. ron timanga, 2. kunir, 3. apu, 4. dringo, 5. bawang, kapipis lêmbat kaêmoran: 6. wêrak (= cokak Jawi), kaangge marêmi sarta mawi sarat maos Kulhu.

1. kêrikan sêcang, 2. kêrikan kajêng widara pêthak, 3. kajeng tai, 4. adas, 5. pulasari, 6. brambang, 7. jamur impês, [i...]

--- 52 ---

[...mpês,] 8. jamur brama, 9. jamur keyong, 10. tinja sawêr sawa, 11. kajêng angin, 12. isi mundhu, 13. isi kêcipir pêthak kabakar, sami kapipis lêmbat kaangge parêman.

1. bêngle tigang iris, 2. brambang kabênêm, sami kapipis kaangge parêman.

1. isi mundhu satunggal, 2. apu kabakar, 3. mriyos sulah tigang iji, kapipis mawi toya tawa sakêdhik, kawêdhakakên.

3. Abuh saênggèn-ênggèn:

1. sêkar, ron, sarta oyod kapas, 2. kêmiri jalêr, 3. adas, 4. pulasari, kapipis lêmbat, kawêdhakakên panggenan ingkang abuh.

4. Abuh ing suku utawi ing tangan:

1. bêngle pitung iris, 2. kêmukus kawan iji, 3. sarêm sawuku, 4. uwos sawidak tiga êlas, sami kapipis, kawêdhakakên ing panggenan abuh.

5. Abuh ing cangkêm:

1. majakan, 2. jakêling, sami kapipis katoyanan: 3. wêrak, kaangge kêmu sabên enjing. Utawi:

--- 53 ---

ron gagan-gagan kapipis lêmbat, kawêdhakakên panggenan abuh.

6. Abuh kontholipun:

1. kajêng jakma, 2. brambang kabênêm, 3. ron ilèr, 4. sarêm, kapipis lêmbat kaêmoran: 5. wêrak. Kaêngêt mangêt-mangêt kawêdhakakên ing konthol.

7. Abuh kontholipun sarta kondhor:

kleyang sêdhah pitung lêmbar, kausap-usapan lisah klêntik lajêng kapanggang mangêt-mangêt, kangge ngurut kontholipun, wongsal-wangsul sabên asrêp kapanggang malih.

8. Abuh sangandhaping pusêr:

kuthuk kapragat lajêng kasigara kabucal jêroanipun, katèmplèkakên panggenan abuh, mawi kasabukan ingkang kêncêng.

9. Abuh padharanipun:

1. ron kêtapang, 2. pucuk mênir, 3. kunir, kapipis lêmbat katoyanan: 4. toya tawa ingkang sampun nyipêng sadalu, kaparêmakên padharan, utawi:

jadham ingkang pait kagodhog kalihan wêrak, sasampunipun asrêp kaangge marêmi padharan.

--- 54 ---

XVI. Jampi sakit lumpuh sarta ngêrês linu.

1. Sakit lumpuh:

1. ron ampon-ampon, 2. lung waluh, 3. apu wôngka (= intip apu ingkang tumèmplèk ing wadhahipun), 4. kunir bakaran, 5. keceran uwos sajumput, 6. awu layan, 7. sarêm, kapipis kaparêmakên.

1. uwos gaga sangalikur êlas, 2. mriyos kawandasa iji, 3. bêngle, 4. cabe bungkuk pitung iji, 5. ron pace mlumah-mangkurêb, sami kapipis kaparêmakên.

kombang cêmêng mulus ingkang nuju ngêlèng, kapêndhêt kaangge nyampuri jampi.

2. Sakit tosan:

1. ron pacar, 2. jintên cêmêng, kapipis kaombe ing wanci enjing, kaping gangsal kenjing. Utawi:

1. dringo tigang iris, 2. bêngle tigang iris, 3. bawang tigang siyung, 4. jae tigang iris, kapipis lêmbat kaangge parêman. Wontên malih:

1. awu blarak, 2. awu wuluh, kapipis mawi toya tawa sakêdhik, kasaring kaombèkakên.

--- 55 ---

3. Sakit linu sarta lumpuh:

1. sunthi, 2. wos tugi, kapipis katoyanan: 3. lêri bungkak, kaangge marêmi.

4. Sakit linu sarta raosipun anjarêm:

1. ragi, 2. brambang, 3. kêmangi, kapipis kaêmoran: 4. toya jêram pêcêl, kaangge marêmi.

5. Sakit ngêrês linu:

1. têmulathi, 2. mriyos sajumput, 3. pala, sami kapipis kaêmoran: 4. wêrak, kaombèkakên. Utawi:

1. muja-muju, 2. mriyos, 3. pala, 4. têmucêmêng, kapipis kaparêmakên. Wontên malih:

1. asêm kawak, 2. muja-muju, 3. êmpu kunir, 4. kunir jalêr (= kunir ingkang lêncêng sarta botên wontên ênthikipun) kapipis lajêng kaêmoran: 5. toya jêram linglang, 6. lisah latung, kaombèkakên.

6. Badan sarta suku kraos gringgingên kados pêjah:

kêrikan singat sangsam dipun godhog kalihan arak, kaangge marêmi. Utawi:

--- 56 ---

1. ron kêcubung, 2. ron lêgundhi, 3. ron jarak abrit, 4. mêsoyi, 5. sintok, 6. sêprantu, 7. ganthi, 8. brambang, 9. adas, 10. pulasari, 11. sarikuning, 12. jintên cêmêng, 13. jintên pêthak, sami kapipis lêmbat, kaparêmakên. Wontên malih:

1. Jambe wangèn ingkang sampun sêpuh, 2. gênje, 3. têmupêthak, 4. babakan widuri, 5. cabe, 6. mriyos sulah, 7. gadhung Cina, 8. laos, wawratipun kasami, kaêkum ing branduwin dangunipun sawulan, lajêng kagodhog mawi kaêmoran: 9. pala, 10. sêkar pala, 11. cabe, 12. cêngkèh, 13. kapulaga, 14. adas ingkang sampun kapipis lêmbat, 15. sêre ingkang sampun kadhêplok. Panggodhogipun ngantos umob, lajêng dipun asrêpakên kaangge marêmi tangan tuwin sukunipun.

7. SakikSakit. pating crêkot, tosan kados dipun kêrik-kêrik:

1. jêram macan ingkang kulitipun ing nglêbêt abrit, 2. sêkar jêginggèr Cina ingkang bêlang-bêlang pêthak kabêdhol sadhangkèlipun, 3. ron turi abrit, 4. sarêm, 5. manisan [mani...]

--- 57 ---

[...san] kaledhung tigang iji, sami kagodhog mangêt-mangêt kaangge ngêkum suku sarta katuruh-turuhakên ing suku.

8. Sakit linu:

1. babakan crême ingkang kêpêndhêm ing siti, 2. oyod môndhakaki ingkang ngandhap piyambak, 3. oyod kêmrunggi, 4. oyod kelor, 5. jintên pêthak, 6. mêsoyi, 7. mungsi, 8. kêmukus, 9. kêncur, 10. cabe, 11. sintok, 12. sêprantu, 13. dringo, 14. bawang, 15. ganthi, 16. têgari, 17. têki, 18. têmugiring, 19. kunci, 20. bêngle, 21. pala, kapipis mawi kaêmoran: 22. wêrak, kawêdhakakên panggenan sakit.

9. Sakit linu ingkang sangêt:

tigan ayam cêmêng mulus, kalêbêtakên ing gadhung, gadhung wau dipun sigar, dipun krowaki ing têngah, nuntên dipun tangkêpakên malih, lajêng kabênêm, manawi sampun matêng, tiganipun katêdha katêlasakên.

10. Sakit êmar sukunipun:

1. uwos angkak, 2. kêncur, 3. bawang, 4. sarêm, kapipis kaangge parêman. Sadèrèngipun parêman, suku wau kagosoka bawang mêntah.

--- 58 ---

11. Sakit êrah mandhêg kraos pating srênut utawi pating crêkot:

1. jae, 2. sêre, 3. bawang, kapipis kaangge parêman, sadèrèngipun parêman kêdah kaseka rumiyin mawi toya angêt ingkang kacampuran arak.

12. Sakit planjêrên:

1. kêrikan sêcang, 2. kapur, kagodhog kaangge mêdhaki panggenan sakit. Utawi:

1. ron luntas kapipis lêmbat, 2. wêrak kagodhog, kacampur dados satunggal, kawêdhakakên panggenan sakit.

XVII. Jampi sakit bêntèr.

1. Sakit bêntèr:

1. dhangkèl rosan saoyodipun, 2. gêndhis arèn, 3. êmur (= mripat kucing) kagodhog kaangge ombèn-ombèn.

1. ceplukan rambat kaêpe ngantos garing, 2. gêndhis arèn, kagodhog kaangge ombèn-ombèn.

--- 59 ---

Toya klapa ijêm satunggal, kaombe katêlasakên.

1. ron kêmbi, 2. ron maja, 3. ron wilada jati, 4. oyod turi, kagodhog kaangge adus enjing sontên.

2. Sakit bêntèr mawi gabagên:

1. klêmbak, 2. adas, pulasari,3. pulasari. kagodhog kaangge ombèn-ombèn.

3. Sakit bêntèr nglêbêt:

1. oyod rumput lulangan, 2. oyod bayêm, 3. oyod pulutan, 4. oyod sidaguri èstri, 5. oyod papasan, 6. oyod môndhakaki, 7. adas, 8. pulasari, 9. jintên cêmêng, 10. kajêng lêgi, 11. manis jangan, 12. ati kêncur, 13. brambang, 14. kêrikan sêcang, 15. widara pêthak, 16. lêmpuyang, 17. cakma, 18. kajêng kunyit, 19. kajêng kunir, kapipis lêmbat katoyanan: 20. toya klapa ijêm, kaombèkakên.

4. Sakit bêntèr tis:

1. babakan waru, 2. babakan kêndhal, 3. ron kêndhal, 4. brambang [bra...]

--- 60 ---

[...mbang] pitung iji, 5. dringo, 6. bêngle, kadhêplok kagodhog, kaangge ombèn-ombèn.

1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kkabêt,klabêt. 4. kajêng lêgi, 5. brambang, 6. tigan ayam satunggal kapêndhêt jênenipun, 7. pala, 8. toya jêram pêcêl, kagodhog kadamêl ombèn-ombèn.

1. ron mêniran, 2. ron picisan, kagodhog mawi toya tigang cangkir, kakantunakên sacangkir, 3. gêndhis batu, kaombe ing wanci enjing.

1. ron têlasih cêmêng, 2. sêkar tlasih cêmêng satêkêm, 3. mriyos sajumput, kapipis katoyanan wedang ayam, kasaring mori pêthak, kaombèkakên.

1. bonggol pisang saba kabakar, 2. ron waluh pêthak tigang lêmbar, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang kabakar, 6. sêcang, 7. kajêng tai, 8. kêrikan widara pêthak, 9. têmbêlèk lancung sakêdhik, sami kapipis kaombèkakên.

5. Sakit bêntèr tis ingkang asring-asring kimat:

wêrak ingkang sampun kêcut kaombe ing wanci enjing, salêbêtipun gangsal kenjing. Utawi:

1. cabe, 2. sêkar pala, 3. cêngkèh, 4. kajêng lêgi, 5. agêl, [a...]

--- 61 ---

[...gêl,] 6. sunthi tigang iris, 7. kêmukus, 8. jintên cêmêng, ukuranipun kasami, 9. ron trawas salêmbar, kapipis kaombèkakên. Wontên malih:

1. pêntil pace, 2. lêmpuyang pitung iris, 3. cabe tigang iji kabênêm, 4. ron pacar, 5. sarêm, 6. arêng jatos, kapipis lêmbat, kasaring, kaombèkakên.

6. Sakit bêntèr tis ingkang sampun lami:

1. têmulawak, 2. brambang tigang bungkul, 3. kajêng lêgi, 4. pala, 5. cêngkèh, 6. jintên cêmêng, 7. mêsoyi, 8. klabêt kabênêm, 9. cikalan kabênêm, sami kapipis lajêng kasaring kaombèkakên.

7. Sakit bêntèr tis ingkang cangkêmipun kraos pait:

awu angêt kasuru ing bêndho: pitung suru, kaulêt kalihan toya jêram wangi, kaangge anggosok padharan, suku, bathuk, tuwin pilingan kiwa-têngên.

8. Sakit bêntèr tis kambuhan:

1. ron orang-aring, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, kapipis lêmbat kaombe ing wanci enjing sadèrèngipun nêdha, salêbêtipun gangsal kenjing. Utawi:

1. adas, 2. pulasari, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. jungrahab, [jungra...]

--- 62 ---

[...hab,] 6. mriyos, 7. pala, 8. cêngkèh, 9. sukmadiluwih, 10. sintok, 11. sêprantu, 12. dringo, 13. kunir, 14. manis jangan, 15. kajêng lêgi, 16. ron trawas, 17. kunci, 18. brambang, 19. kêdhawung, 20. cabe, 21. walirang, 22. ron lêgundhi, 23. kajêng angin, 24. kêrikan sêcang, 25. bolong, 26. mêsoyi, kapipis lêmbat lajêng kasaring, kaombe ing wanci enjing, salêbêtipun pitung kenjing.

XVIII. Jampi parêm.

1. Parêm taun:

1. adas, 2. pulasari, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêtumbar, 6. mungsi, 7. jungrahab, 8. podhi, 9. sari, 10. murmak daging, 11. cangkok sidawayah, 12. jakêling, 13. jalawe, 14. cêngkèh, 15. pala, 16. muja-muju, 17. sarikuning, 18. pucuk, 19. manis jangan, 20. bêngle, 21. kunir, 22. kêncur, 23. brambang, 24. kajêng lêgi, 25. sêcang, 26. cêndhana jênggli, sami kapipis lêmbat lajêng kasaring kaombe.

2. Parêm asrêp:

1. adas, 2. pulasari, 3. manis jangan, 4. sêcang, 5. jungrahab, [jung...]

--- 63 ---

[...rahab,] 6. kêncur, 7. mriyos tigang jodho, 8. kunir, 9. kajêng lêgi, kapipis lêmbat, kasaring, kaombe.

3. Parêm maedahi ing nglêbêt:

1. adas, 2. pulasari, 3. manis jangan, 4. jintên, 5. mêsoyi, 6. kêtumbar, 7. kêmukus, 8. jungrahab, 9. kêdhawung, 10. kajêng lêgi, 11. pala, 12. sêprantu, 13. jêmaka, 14. sêcang, 15. arêng jatos, 16. kêncur, 17. brambang kabênêm, sami kapipis lajêng kasaring: kaombe.

4. Parêm rapuh (badan lêsu, aras-arasên):

1. adas, 2. pulasari, 3. jungrahab, 4. jintên, 5. mêsoyi, 6. kêmukus, 7. bolong, 8. pala, 9. cêngkèh, 10. sêcang, 11. kajêng timur, 12. manis jangan, 13. sêre, 14. kêncur, 15. kunir, 16. jahe, 17. brambang, kapipis lêmbat, kasaring, dipun ombe.

5. Parêm rapuh (badan kraos sakit, anjarêm):

1. sêcang, 2. widara pêthak, 3. kajêng garu, 4. kêsturi, 5. kajêng tai, 6. cêndhana, 7. sintok, 8. mêsoyi, 9. jintên pêthak, 10. adas, 11. pulasari, 12. kulit jêram wangi, 13. sêkar kênanga, 14. lêmpuyang, 15. uwos,

--- 64 ---

16. kêncur, 17. kulit kêmiri kabakar ngantos gosong, kapipis lêmbat, kasaring, dipun ombe.

XIX. Tapêl warni-warni.

1. Lare ambadhêdhêg padharanipun:

1. lampês, 2. ron sandilata utawi ron sèmbukan, 3. têmulawak, 4. kêdhawung, 5. kajêng angin, 6. brambang mêntah satunggal, 7. brambang matêng satunggal, 8. adas, 9. mungsi, kapipis lêmbat, kaangge napêli padharan.

2. Lare sêbah padharanipun:

1. kajêng angin, 2. bêton nôngka kabubur mêntah, 3. kêdhawung, 4. tawon tutur, 5. kajêng timur, 6. kulit bawang, 7. kêrikan kajêng widara pêthak, 8. uwos tigang jumput, sami kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

3. Lare sênêb padharanipun:

1. ron galing, 2. ron kêtèpèng, 3. wos sajumput, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

4. Lare mulês padharanipun:

1. adas, 2. sarêm, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

--- 65 ---

5. Lare murus:

1. ron pintèn, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

6. Lare wawratan rah matêng:

1. oyod rumput grinting, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, kapipis lêmbat, toyanipun kaombèkakên, ampasipun kaangge napêli padharan.

7. Lare wawratan êrah umbêl:

1. uwos, 2. sarêm, 3. bawang, 4. manis jangan, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan tuwin boyokipun. Sadèrèngipun dipun tapêli, sukunipun kawisuhana mawi wedang angêt.

8. Lare cacingên:

1. dringo, 2. bêngle, 3. bawang sasiyung, 4. lampês, 5. ron sèmbukan, 6. jintên pêthak, 7. kajêng angin, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan enjing sontên.

9. Tiyang sêpuh sênêb padharanipun:

1. cangkok tigan ayam ingkang sampun nêtês, 2. jae, kapipis kaêmoran: 3. lisah sulung, kaangge napêli padharan.

--- 66 ---

10. Tiyang sêpuh kraos sakit sangandhaping pusêr:

1. kleyang ron kêmiri ingkang mlumah, 2. mêsoyi, 3. brambang, 4. bêngle, 5. wulu landhak, 6. untu têmbilus sami kapipis lêmbat, kaangge napêli panggenan sakit mawi dipun bêngkungi.

11. Tiyang sêpuh botên sagêd wawratan, ngêntut, tuwin nguyuh:

1. brambang jalêr, 2. yuyu kabakar, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

12. Tiyang sêpuh padharanipun kraos pating plilit:

1. cucung bêlut, 2. uwos kaêkum, 3. lêmpuyang pitung iris, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

13. Tiyang sêpuh padharanipun kraos pêrih utawi mawi ambadhêdhêg:

1. apu wôngka, 2. sarêm, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

14. Tiyang sêpuh wawratan êrah matêng:

1. ron balimbing wuluh, 2. babakan balimbing wuluh, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang kabênêm, kapipis lêmbat,

--- 67 ---

toyanipun kaombe, ampasipun kaangge tapêlan.

15. Tiyang sêpuh bêntèr tis:

1. têmulawak, 2. wiji sawi, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

16. Tiyang sêpuh bêntèr tis ingkang sampun lami:

1. têmulawak, 2. brambang, 3. kajêng angin, 4. kunir, 5. jamur impês, 6. ron sandilata utawi sèmbukan, 7. kêrikan sêcang, 8. kêrikan kajêng widara pêthak, 9. kêdhawung, 10. jambe jêbug, 11. bawang, kapipis lêmbat kaangge napêli padharan.

XX. Borèh warni-warni.

1. Lare sawanên:

1. kêrikan kajêng cêndhana, 2. mêsoyi, 3. têgari, 4. mênyan mabên, 5. jintên pêthak, 6. lisah wangi ingkang wontên dhèdhèsipun, kapipis lêmbat, kaborèhakên sanginggiling pusêr. Ingkang mipis kêdah sêsuci (adus kramas) rumiyin, sarta anggènipun amborèhi anyêbut [a...]

--- 68 ---

[...nyêbut] nyuwun barkahipun tabe-tabe Kangjêng Sunan Kalijaga.

2. Lare sawanên, sadhengah sawan:

1. ron wungu, 2. santên, kapipis kaangge amborèhi badan sakojur.

3. Lare sakit rumab, mungkat cacingipun:

1. ron jêram, 2. têmu, 3. dringo, 4. kêmukus, 5. sunthi, 6. bêngle, 7. wos wuluh, 8. sarêm, 9. arêng, kapipis kaborèhakên badan sakojur. Utawi:

1. bêngle, 2. mriyos pitung iji, 3. sarêm sawuku, 4. traos, kapipis kapupukakên êmbun-êmbunanipun, mawi maos Kulhu kaping tiga.

4. Tiyang sakit bêntèr:

1. ron sangkèt, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. dringo, 5. bêngle, 6. brambang, kapipis lêmbat kaborèhakên badan.

1. kêrikan kajêng cêndhana, 2. sari, 3. têmugiring, 4. ati kêncur, 5. mêsoyi, 6. kulit jêram wangi, kapipis kaborèhakên badan.

--- 69 ---

5. Tiyang sakit bêntèr tis:

1. brambang, 2. bawang, 3. lêmpuyang, sami kapipis lêmbat kaêmoran: 4. wêrak taun, (= cokak Jawi ingkang sampun lami sangêt) kaangge amborèhi badanipun, lajêng dipun kêmuli ingkang rapêt.

6. Tiyang sakit bêntèr tis ingkang cangkêmipun kraos pait, nêdha botên eca:

1. ron senthe cêmêng, 2. têmulawak, 3. lêmpuyang wangi, 4. kêncur, 5. dringo, 6. bêngle, 7. kêrikan sêcang, 8. kêrikan cêndhana, 9. kêtumbar, 10. jintên, 11. adas, 12. pulasari, 13. pucuk, 14. ganthi, 15. ubêd janur (= janur dipun bundhêlakên), 16. sêprantu, 17. kêmukus, 18. kêrikan alu, 19. kêrikan lêsung, 20. kêrikan ilir, 21. kêrikan jôntra lan gilinganipun, 22. ron galing, kapipis lêmbat kaangge amborèhi badanipun sakojur.

7. Tiyang sakit bêntèr, cangkêm pait, nêdha botên eca:

1. ron kara pêdhang satêkêm, 2. ron pare satêkêm, 3. bêngle tigang iris, 4. cabe tigang iji, 5. jintên pêthak [pê...]

--- 70 ---

[...thak] sajumput, 6. kêncur tigang iris, kapipis lêmbat kaangge amborèhi badanipun sakojur, lajêng dipun kêmuli, kangge tilêman.

8. Tiyang sakit ing têlak:

1. brambang, 2. jae, 3. ganthi, 4. mêsoyi, 5. jintên cêmêng, 6. sarêm, 7.arêng, sami kapipis lêmbat, kaborèhakên ing badanipun sakojur.

9. Tiyang sakit guwayanipun alum, badanipun lêsu:

1. ron timanga, 2. ron jêram wangi, 3. ron sêrgancu, 4. ron têmulawak, 5. ron têmupêthak, 6. mêsoyi, 7. gambir, 8. jintên pêthak, 9. pucuk, 10. majakan, 11. cêngkèh, 12. pulasari, 13. ganthi, 14. laos, 15. jangkang, 16. ron trawas, 17. pala, 18. bawang, 19. brambang, 20. sêkar kênanga, 21. kapulaga, 22. jae, 23. manis jangan, 24. sêkar cêpaka, 25. sêkar tanjung, kapipis katoyanan: 26. toya tawa ingkang sampun nyipêng sadalu, kaangge amborèhi badan sakojur.

10. Tiyang nêsêpi kirang bancar wêdaling toya susu:

1. ron kêlabangan, 2. ragi, kapipis kaborèhakên ing susu. Sadèrèngipun kaborehan, kêdah

--- 71 ---

adus kramas rumiyin, sarta bilas mawi toya tirahan karon kacêmplungan ron kakajangan.

11. Tiyang sakit gêrah uyang:

1. ron pucung, 2. oyod kalapa, 3. podhi, 4. sari, 5. murmak daging, 6. asêm, 7. sarêm, 8. ron orang-aring, 9. kêncur, kapipis ingkang lêmbat, kaborèhakên ing badan sakojur.

12. Tiyang mêntas sakit, badanipun lêsu lungkrah:

1. klêmbak, 2. kêrikan kajêng cêndhana, 3. kajêng garu, 4. kajêng tai, 5. kêrikan kajêng widara pêthak, 6. adas, 7. pulasari, 8. ron dalima, 9. manis jangan, 10. têgari, 11. jintên pêthak, 12. mêsoyi, 13. candu, 14. pucuk, 15. ganthi, 16. cêngkèh, 17. pala, 18. kêmukus pitu, 19. sintok, 20. sêprantu, 21. kêncur, 22. kulit jêram wangi, 23. kulit kêmiri, 24. laos, sami kapipis lêmbat, kaborèhakên badan sakojur.

13. Tiyang sakit sêkalor:

1. babakan pule, 2. sintok, 3. sêprantu, 4. mêsoyi, 5. manis jangan, 6. adas, 7. pulasari, 8. waron, [wa...]

--- 72 ---

[...ron,] 9. sunthi, 10. kêncur, 11. têmulathi, 12. mriyos pêthak, 13. têgari, 14. jêmaka, 15. unêm kabakar, 16. pala, 17. cêngkèh, 18. kulit jêram wangi, kapipis lêmbat kaborèhakên ing badan sakojur.

14. Tiyang sakit pêgêl sasaminipun:

1. mriyos pêthak, 2. adas, 3. pulasari, 4. sêprantu, 5. jungrahab, 6. mêsoyi, 7. pala, 8. sintok, 9. manis jangan, 13.10. têgari, 11. pucuk, 12. unêm, 13. cêngkèh, 14. kêrikan sêcang, 15. kajêng tai, 16. kajêng cêndhana, 17. kêncur, 18. bawang, 19. asêm kawak, 20. lêmpuyang, 21. sarêm kawak, 22. ron pandhan, kapipis lêmbat kaglintiran lajêng kaêpe, kaêjèr toya kaangge parêman.

15. Tiyang sakit cacarên:

Êrahipun wêlut kawêdhakakên ing ros-rosan sadaya.

XXI. Jampi cêkok warni-warni.

1. Lare sakit murus:

1. kêtumbar, 2. trawas, 3. êmpu kunir, 4. arêng jatos, kamamah: kacêkokakên abên cangkêm.

--- 73 ---

2. Lare sakit botên sagêd wawratan tuwin ngêntut:

1. ron orang-aring, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, 5. kajêng lêgi, kamamah: kacêkokakên abên cangkêm.

3. Lare sakit ambadhêdhêg padharanipun:

1. êbung kelor tigang punggêl, 2. brambang tigang iji, 3. sunthi, kamamah: kacêkokakên. Utawi:

1. klêmbak, 2. lêmpuyang, sami kaparud, 3. gêndhis batu, kacampuran toya sakêdhik, kacêkokakên ing wanci enjing sadèrèngipun nêdha. Wontên malih:

1. ron sêmbung gunung, 2. kêtumbar, 3. mungsi, 4. gêndhis arèn, kagodhog kaangge ombèn-ombèn.

4. Lare sakit wawratan êrah umbêl ingkang dèrèng mêdal êbolipun:

1. ron kapas taun, 2. podhi, 3. sari, 4. murmak daging, 5. arêng jatos, 6. sarêm, kapipis lêmbat, kacêkokakên. Utawi:

1. mriyos sulah, 2. têmu, 3. apu, kapipis lêmbat, kacêkokakên.

--- 74 ---

5. Lare sakit bêntèr badanipun sakojur:

1. dringo, 2. bêngle, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang, kapipis kacêkokakên.

6. Lare sakit bêntèr nglêbêt:

1. ron mêniran tigang punggêl, 2. adas, 3. pulasari, 4. kêrikan sêcang, 5. kêrikan widara pêthak, 6. kajêng tai, 7. ron brambang satêkêm, kapipis kacêkokakên.

7. Lare sakit kenging sarab:

1. ron dhadhap srêp, 2. adas, 3. pulasari, 4. jamur alang-alang, 5. sêkar kêsumba, kapipis kacêkokakên. Utawi:

1. majakan, 2. jakêling, 3. garuramês, 4. kajêng angin, 5. mêsoyi, 6. mênyan pêthak, 7. mungsi, 8. podhi, 9. jalawe, 10. pucuk, 11. kunci kuning, 12. lêmpuyang, 13. cêngkèh, 14. sidawayah, 15. sarikuning, 16. karsani, 17. murmak daging, 18. kêncur, 19. cêndhana jênggli, 20. sarêm, 21. toya sêdhah, sami kapipis kacêkokakên.

8. Lare sakit kenging sawan:

1. dringo, 2. bêngle. 3. kunir, 4. jintên cêmêng, 5. mêsoyi, [mêso...]

--- 75 ---

[...yi,] 6. kêmukus, 7. brambang, kapipis kacêkokakên. Utawi:

Êrahipun ayam cêmêng mulus kakilèkakên ing cangkêm, supados luntak. Utawi:

1. bumbu gêcok, 2. êrahipun ayam cêmêng mulus, kacêkokakên.

9. Lare sakit bêntèr nglêbêt ingkang dhatêngipun dadakan sarta padharanipun malêmbung:

1. dringo, 2. bêngle, 3. kunir, 4. jintên cêmêng, 5. mêsoyi, 6. kêmukus, 7. brambang, 8. kêmôngga gêsang kabakar, 9. wacucal ingkang kangge kancing kori kairis sakêdhik, ugi kabakar, sami kamamah kacêkokakên abên cangkêm.

10. Lare sakit sawan agung:

1. dringo, 2. bêngle, 3. kunir, 4. jintên cêmêng, 5. mêsoyi, 6. kêmukus, 7. adas, 8. pulasari, 9. brambang, 10. jamur impês, 11. jamur brama, 12. tinja sawêr sawa, 13. kêrikan kajêng tai, 14. kêrikan alu, 15. kêrikan uwod, 16. pucuk sada, 17. têmbêlèk lancung, sami kapipis kacêkokakên.

--- 76 ---

11. Lare sakit watuk:

1. ron brambang ingkang taksih nèm, 2. adas, 3. pulasari, 4. têmugiring, 6.5. cikalan, 6. kêncur, 7. kajêng lêgi, kapipis lêmbat lajêng kakukusakên êdang, dipun pêrês kacêkokakên. Utawi:

1. ron patikan, 2. ron sêmbung gunung, 3. adas, 4. pulasari, 5. brambang, 6. cikalan, 7. kajêng lêgi, kapipis kakukusakên êdang, dipun pêrês kacêkokakên. Wontên malih:

1. ron tayuman, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, 5. cikalan, 6. kajêng lêgi, 7. têmugiring, kapipis kakukusakên êdang, dipun pêrês kacêkokakên.

12. Lare sakit nguyuh:

1. ron turi abrit, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang ingkang ragi kathah, 5. jungrahab, 6. kajêng abang, kapipis lêmbat, kapêrês dipun cêkokakên. Wontên malih:

1. ron kêji, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, 5. kajêng angin, 6. kajêng abang, kapipis lêmbat, kakapêrêskapêrês. dipun cêkokakên. Utawi:

--- 77 ---

ron mêniran ingkang taksih nèm, kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Utawi:

1. ron rêmakjun, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, kapipis kacêkokakên. Utawi malih:

1. ron prêjita, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang kabênêm, 5. kajêng angin, kapipis kacêkokakên. Wontên malih:

ron kêmlandhingan kapipis katoyanan toya klapa, kacêkokakên.

13. Lare sakit gomên:

1. brambang, 2. ron saga, 3. ron katu, 4. kajêng lêgi, 5. gêndhon turi, kapipis kaêmoran: 6. santên kalapa ijêm, kapêrês kacêkokakên sarta kalèlètakên tatunipun.

14. Lare sakit lêmpungên:

1. ron uyah-uyahan cêmêng, 2. adas, 3. pulasari, 4. murmak daging, 5. sarêm, 6. arêng dêling wuluh, kamamah kacêkokakên kalêrês wêdalanipun. Utawi:

1. ron ilèr tigang lêmbar, 2. ron wora-wari brit tigang [ti...]

--- 78 ---

[...gang] lêmbar, 3. adas, 4. pulasari, 5. murmak daging, 6. sarêm, 7. asêm kawak, kapipis kacêkokakên.

15. Lare sakit cacingên:

Pala satugêl kapipis kalihan toya, kacêkokakên ing wanci enjing, salêbêtipun tigang kenjing. Utawi:

1. ron kapal tigang lêmbar, 2. cabe tigang iji, 3. dringo, 4. bawang tigang siyung, kapipis kacêkokakên. Utawi:

1. ron sêmbung utawi ron dhadhap, 2. kêtumbar, 3. trawas, 4. sêkar tapèn, 5. kêdhawung tigang iji, 6. kajêng angin, 7. brambang satunggal, 8. têmulawak, 9. têmucêmêng kabakar, 10. pala, 11. jintên cêmêng, 12. arak sakêdhik, kagodhog kacêkokakên. Utawi:

1. kêtumbar, 2. mungsi, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêmukus, 6. pala, 7. kêdhawung, 8. brambang, 9. kajêng angin, 10. kêncur, 11. pulasari, 12. cabe, 13. walirang, 14. cêkluk, 15. bêngle, 16. têmucêmêng, 17. pêntil pace, 18. pupus jarak cina, 19. kajêng ulês, kapipis kacêkokakên. Utawi:

1. pêntil jarak cina sêkawan iji, 2. ron jarak cina ingkang

--- 79 ---

taksih nèm, sami kabênêm, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. sintok, 6. pucuk, 7. klêmbak, 8. cabe, 9. manis jangan, 10. kajêng lêgi, 11. mriyos, 12. jintên cêmêng, 13. adas, 14. pulasari, 15. têmucêmêng, 16. bêngle, 17. walirang, 18. kunci, 19. kêdhawung, 20. kêncur, 21. bawang, 22. kajêng angin, 23. trawas, kapipis kacêkokakên. Wontên malih:

1. babakan waringin, 2. bêngle, 3. jae, 4. bawang, kapipis kacêkokakên. Wontên malih:

1. ron trawas, 2. cêngkèh, 3. bawang, 4. brambang, 5. kunci, kapipis kalihan toya tawa, kacêkokakên. Wontên malih:

1. wacucal kidang kabakar ngantos gosong, 2. bêngle, 3. brambang, kapipis kalihan toya tawa, kacêkokakên. Wontên malih:

1. dringo, 2. bêngle, 3. bawang sasiyung, 4. lampês, 5. ron sèmbukan, 6. jintên pêthak, 7. kajêng lêgi, 8. kajêng angin, kapipis kalihan toya tawa, kacêkokakên.

--- 80 ---

16. Cêkok sambêtan (tiyang sêpuh):

1. adas, 2. pulasari, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêtumbar, 6. kêmukus, 7. jungrahab, 8. manis jangan, 9. pala, 10. dringo, 11. bêngle, 12. kunir, 13. bawang, kapipis dipun ombe.

17. Cêkok tiyang mêntas sukêr:

1 dumugi 13 ing nginggil punika, kawêwahan: 14. trawas, 15. cêngkèh, 16. cabe, kapipis lêmbat, dipun ombe.

18. Cêkok sambêtan bantên (tiyang sêpuh):

1. dringo, 2. bêngle, 3. kêmukus, 4. kunir, 5. bawang, 6. kêtumbar, 7. trawas, 8. pala, 9. cêngkèh, 10. cabe, 11. manis jangan, kapipis lêmbat, dipun ombe.

19. Cêkok cangkêm kancingên (lare utawi tiyang sêpuh):

1. tlethong maesa ingkang sampun garing, kaêjur, 2. tigan ayam mêntah, kapêndhêt pêthakipun kemawon, kacarub dados satunggal, kabuntêl mori pêthak, kapêrês ngiras kaombèkakên.

--- 81 ---

XXII. Jampi sêmbur warni-warni.

1. Lare sakit sawanên:

1. êbung glagah tiga, 2. uwos wuluh, 3. mriyos, kamamah kasêmburakên padharanipun.

2. Lare sakit watuk:

1. sêkar blimbing wuluh, 2. jintên, 3. mêsoyi, 4. kêncur kabênêm, kamamah kasêmburakên padharanipun.

3. Lare asring nangis ing wanci dalu:

Ron wora-wari brit kamamah, kasêmburakên êmbun-êmbunanipun. Utawi:

1. kajêng kutu, 2. kajêng têngguri, 3. ron orang-aring, kapipis kasêmburakên sarta kapupukakên êmbun-êmbunanipun.

4. Tiyang sakit wawratan êrah:

1. êmpu kunir, 2. kêtumbar, 3. mungsi, 4. sarêm, 5. asêm kawak, kamamah kasêmburakên padharanipun.

5. Tiyang sakit mêjên, wawratan umbêl:

1. kulit jaha, 2. tlasih cêmêng, 3. babakan kêsambi, 4. kêtumbar, 5. mungsi, 6. adas, kamamah kasêmburakên padharanipun.

--- 82 ---

6. Tiyang sakit dhadha raosipun sêsêk:

1. kêmiri, 2. brambang, 3. adas, 4. pulasari, 5. sêprantu, 6. sunthi, 7. mêsoyi, 8. kêtumbar, 9. trawas, 10. kêncur kabênêm, sami kamamah kasêmburakên ing dhadha.

7. Tiyang sakit dhadha raosipun pêgêl:

1. ron dhadhap srêp kalih lêmbar, 2. mungsi tigang jumput, 3. kêmiri jêndhul kapêndhêt dhadhanipun, 4. sarêm, kamamah kasêmburakên ing dhadha ingkang waradin.

8. Tiyang sakit têkêm-têkêm:

1. ron gôndarosa pitung punggêl, 2. jintên cêmêng, 3. jintên pêthak, 4. mêsoyi, 5. kunci, 6. kêncur, 7. mriyos cêmêng, 8. mungsi, 9. arêng jatos, 10. sarêm, 11. arêng sujèn, kamamah kasêmburakên panggenan sakit.

9. Tiyang sakit sawanên tuwin sêkalor:

1. sêdhah panggih rosipun tigang lêmbar, 2. cabe, 3. dringo, 4. adas, 5. pulasari, kamamah kasêmburakên.

10. Tiyang sakit watuk:

1. angkup awar-awar tigang iji, 2. brambang, 3. kêncur, 4. pucuk, 5. cabe tigang iji, 6. mêsoyi, kamamah kasêmburakên ing dhadha tuwin walikatipun kiwa têngên.

--- 83 ---

11. Tiyang sakit ngêlu:

1. kêtumbar, 2. bêngle, 3. sêdhah panggih rosipun, 4. jambe, kamamah lajêng kasêmburakên ing bathuk, tuwin ing githok.

12. Tiyang sakit bêntèr:

1. kunir, 2. sarêm, kamamah kasêmburakên ing suku tuwin talapakanipun kiwa têngên.

13. Tiyang sakit purusipun:

1. sêdhah ingkang sampun garing, 2. dringo, 3. bêngle, kamamah kasêmburakên ing purus.

14. Tiyang sakit êpèh:

1. ron gôndarosa sawêlas lêmbar, 2. bêngle, 3. mêsoyi, 4. sarêm, 5. arêng sujèn, kamamah kasêmburakên.

15. Tiyang sakit ing tênggak:

1. ron têgaron, 2. dhêdhak, kamamah kasêmburakên.

16. Tiyang sakit cacarên:

1. ron krêmah ingkang têbih griya, 2. brambang, kamamah kasêmburakên panggenan ingkang thukul cacaripun.

--- 84 ---

XXIII. Jampi tumrap pawèstri.

1. Botên sukêr:

1. ron orang-aring, 2. adas, 3. pulasari, 4. brambang, 5. mênyan mabên, kapipis lêmbat, kaombe.

2. Botên sukêr ingkang kraos bêntèr:

1. garu ramês, 2. jadham, 3. jae, kagodhog kaangge ombèn-ombèn. Utawi:

ron kêji kagodhog kalihan bêling, kaangge ombèn-ombèn.

3. Badhe sukêr:

1. oyod rumput walulangan, 2. oyod sêdhah, 3. oyod alas, 4. pulasari, kapipis lêmbat, kaparêmakên ing baga. Utawi:

1. mêsoyi, 2. manis jangan, 3. cangkok cabe, 4. cêngkèh, 5. trawas, 6. klabêt, 7. jintên cêmêng, 8. jungrahab, 9. babakan pule, 10. sêkar tapèn, 11. podhi, 12. mriyos pêthak, 13. jarakan, kapipis kaêmoran: 14. toya tlasih, kaombe.

--- 85 ---

4. Bakda sukêr:

1. êmpu kunir kabakar, 2. mêsoyi, 3. jintên pêthak, 4. jintên cêmêng, 5. trawas, 6. sidawayah, 7. kêncur, 8. mungsi, 9. manis jangan, 10. cêngkèh, 11. pala, 12. sêcang, 13. klabêt, 14. brambang kabakar, kapipis kaombe.

5. Sukêr kirang dêrês wêdalipun:

1. ron kêmladheyan satêkêm, 2. mriyos sulah pitung las, 3. bawang tigang siyung, kapipis lêmbat katoyanan: 4. cokak Jawi ingkang sampun kêcut, kaombe ing wanci enjing, salêbêtipun tigang kenjing. Utawi:

1. dringo, 2. mriyos sulah salikur, 3. brambang, 4. bêngle, kapipis kaêmoran: 5. toya jêram pêcêl, kaombe.

6. Sampun nate sukêr, êlêt botên sukêr:

1. pandhan jalêr ingkang botên sêkar kapêndhêt dhangkèlipun, dipun oncèki, agêngipun kintên-kintên sapanuduh, 2. sêkar cêpaka ingkang taksih kuncup: tiga, 3. tlasih ingkang sampun alum satêkêm, 4. cabe nyadham tiga, 5. pace dipun oncèki sarta kakumbah [kaku...]

--- 86 ---

[...mbah] rêsik, lajêng kaêbun-êbunakên sadalu, sami kadhêplok dados satunggal, kawêwahan: 6. pantun kabakar kapêndhêt arêngipun, kagêrus kalihan: 7. toya tawa, 8. wêrak sakêdhik, kacarub dados satunggal, kasaring mori enggal, kaombe. Sadèrèngipun ngunjuk jampi, kêdah siram jamas rumiyin, mawi têlêsan mori enggal, sarta kêdah ing dintên Jumuwah, dalunipun lajêng sacumbana, enjingipun ngunjuk jampi wau. Utawi:

1. ron gôndarosa, 2. bawang, 3. mriyos sulah, 4. kunir, kapipis kaombe.

7. Supados kakung kraos angêt tuwin nikmat.

1. sunthi, 2. cabe, 3. kapur barus, 4. ganthi, 5. tlasih, 6. kêncur, kapipis kaêmoran: 7. toya sêkar lawang, 8. mabên, katuruhakên malêbêt sarta kawêdhakakên ing baga.

XXIV. Jampi kiyat.

Jampi ngiyatakên badan tumrap tiyang nèm utawi sêpuh:

1. cabe wungkuk, 2. kajar angkrik kaoncekan lajêng kairis-iris: [ka...]

--- 87 ---

[...iris-iris:] kaêpe, 3. asêm kawak, 4. sarêm, 5. mabên, kathah-kêdhikipun kasami, 6. candu cako pangaos nêm uwang, kapipis dados satunggal ingkang lêmbat, lajêng kagôngsa mawi lisah wijèn ngantos tanak, lajêng kaglintiran agêngipun kintên-kintên satigan pêksi, kenging karimat dangu. Kauntal sabên tigang wulan kangsalgangsal. galintir. Utawi:

1. kêrikan siyung kidang, 2. kêrikan siyung sima, 3. kêrikan singat kidang ingkang sawêg thikil, klêmpakipun kêrikan warni tiga wau saprasêkawan cangkir pangombèn gêmak, 4. bawang tigang siyung, 5. sarêm tigang jumput, 6. laos sairis, 7. cabe wungkuk tiga, kapipis dados satunggal: kaombe, tigang wulan sapisan, utawi:

1. kêtumbar, 2. mungsi, 3. adas, 4. pulasari, 5. jintên cêmêng, 6. sintok, 7, mêsoyi, 8. sêprantu, 9. bolong, 10. pucuk, ingkang ragi kathah, 11. ganthi, 12. jungrahab, 13. klêmbak, 14. majakan, 15. jakêling, 16. sidawayah, 17. kêncur, 18. jae, 19. laos, 20. bawang, 21. bêngle, ingkang ragi kathah, 22. mriyos, 23. pala, 24. cêngkèh, 25. manis jangan, 26. cabe, 27. kêmukus, 28. kanthong [ka...]

--- 88 ---

[...nthong] landhak, 29. gêndhis arèn, sami kapipis kaêmoran: 30. santên, 31. mabên, kaombe tigang wulan kaping kalih.

XXV. Jampi pawèstri mêntas gadhah lare.

1. Jampi sasak:

1. mriyos, 2. sêdhah panggih rosipun, kapipis lêmbat: kaombe.

2. Jampi sambêtan:

1. adas, 2. pulasari, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêtumbar, 6. kêmukus, 7. jungrahab, 8. manis jangan, 9. pala, 10. dringo, 11. bêngle, 12. bawang, 13. cabe, kapipis lêmbat, kaombe.

3. Jampi anton-anton:

1. kêtumbar, 2. mungsi, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. sintok, 6. sêprantu, 7. jêmaka, 8. kajêng angin, 9. kajêng ulês, 10. kajêng lêgi, 11. pala, 12. kêdhawung, 13. kêncur, 14. brambang, 15. têmulawak, 16. adas, 17. pulasari, 18. jungrahab, kapipis lêmbat, kaombe.

--- 89 ---

4. Jampi parêm angêt:

1. adas, 2. pulasari, 3. jintên, 4. mêsoyi, 5. kêtumbar, 6. kêmukus, 7. jungrahab, 8. kêdhawung, 9. manis jangan, 10. kajêng lêgi, 11. pala, 12. sêprantu, 13. jêmaka, 14. sêcang, 15. arêng jatos, 16. kêncur, 17. bêngle, 18. têmulathi, 19. brambang kabênêm, 20. bawang, kapipis lêmbat, kaombe.

5. Jampi kiyat:

Tigan ayam mêntah kapêndhêt jênenipun, kauntal.

6. Jampi parêm asrêp:

1. adas, 2. pulasari, 3. jungrahab, 4. kêdhawung, 5. kajêng lêgi, 6. kêncur, 7. brambang kabênêm, 8. bawang, 9. arêng jatos, 10. kajêng timur, 11. cabe sulah, 12. kunir, kapipis lêmbat, kaombe.

7. Jampi tuju laos:

1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêmukus, 6. jungrahab, 7. kajêng lêgi, 8. kêdhawung, 9. kajêng ulês, 10. kajêng angin, 11. jêmaka, 12. cêngkèh, 13. pala, 14. kêncur, 15. laos, kapipis lêmbat, kaombe.

--- 90 ---

8. Jampi santên kaping tiga:

1. adas, 2. pulasari, 3. jungrahab, 4. kêmukus, 5. kajêng rapêt, 6. sêcang, 7. kajêng timur, 8. manis jangan, 9. kêncur, 10. brambang, 11. kêtumbar, 12. trawas, 13. pala, 14. cêngkèh, 15. bolong, 16. jakêling, 17. jalawe, 18. murmak daging, 19. kajêng abang, kapipis lêmbat, kaombe.

9. Jampi bakda puput pusêr: tuju sêre:

1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêmukus, 6. jungrahab, 7. kajêng lêgi, 8. kêdhawung, 9. kajêng angin, 10. jêmaka, 11. kajêng ulês, 12. kêncur, 13. kajêng timur, 14. cabe sulah, 15. bawang, 16. sêre, kapipis lêmbat, kaombe.

10. Jampi tuju sunthi:

1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêdhawung, 6. kajêng angin, 7. jêmaka, 8. cêngkèh, 9. pala, 10. kêncur, 11. sunthi, kapipis lêmbat, kaombe.

11. Jampi tuju luwing:

1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêmukus, 6. jungrahab, 7. kajêng lêgi, 8. kêdhawung, 9. kajêng [ka...]

--- 91 ---

[...jêng] angin, 10. jêmaka, 11. kajêng ulês, 12. kêncur, 13. bawang, 14. dringo, 15. bêngle, 16. ron luwing, kapipis lêmbat, kaombe.

12. Jampi pungkasan: tuju laos:

1. jintên, 2. mêsoyi, 3. kêtumbar, 4. mungsi, 5. kêmukus, 6. jungrahab, 7. kajêng lêgi, 8. kêdhawung, 9. kajêng angin, 10. jêmaka, 11. kajêng ulês, 12. kêncur, 13. bawang, 14. laos, kapipis lêmbat, kaombe.

13. Jampi sasampunipun kawan dasa dintên:

1. adas, 2. pulasari, 3. jungrahab, 4. jintên cêmêng, 5. jintên pêthak, 6. mêsoyi sacêngkang, 7. manis jangan sacêngkang, 8. kajêng lêgi sacêngkang, 9. kêmukus kabucalan buntutipun, 10. kêtumbar, 11. mungsi, 12. wiji sawi, 13. sintok, 14. sêprantu, 15. mriyos sulah, 16. podhi, 17. sari, 18. cangkok sidawayah, 19. sêkar kêsumba, 20. ttutuhtlutuh. pilang, 21. kajêng abang kabakar kapêndhêt kulitipun kemawon, 22. klabêt, 23. sukmadiluwih, 24. muja-muju, 25. sarikuning, 26. alim, 27. sêkar pala, 28. sêkar pitma, 29. sêkar lawang, 30. bonggol têgari, 31. bonggol jêmaka, 32. ubêd janur, 33. bluluk [blu...]

--- 92 ---

[...luk] lupa, 34. cêngkèh, 35. pala, 36. pucuk, 37. majakan, 38. jênitri, 39. jakêling, 40. jalawe kabakar, 41. unêm, 42. uncung pandhan, 43. kajêng rapêt, 44. mênyan mabên, 45. mênyan pêthak, 46. sêcang, 47. widara pêthak, 48. cêndhana jênggli, 49. kajêng kunyit, 50. kajêng kunir, 51. cakma, 52. kajêng lapis, 53. garuramês, sami kapipis lêmbat, kaombe.

14. Jampi sôngka:

1. adas, 2. pulasari, 3. manis jangan, 4. cêngkèh, 5. pala, 6. pucuk, 7. jênitri, 8. podhi, 9. sari, 10. murmak daging, 11. sêkar pala, 12. muja-muju, 13. sarikuning, 14. mênyan mabên sakêdhik, 15. toya kum-kuman lêmpuyang, 16. toya apu, 17. jêram pêcêl, bilih sampun kaêjur lajêng kaseka kalihan wingka.(?)

Wêwahan Sêrat Primbon Jampi Jawi

XXVI. Ginanipun kêtumbar.

Kêtumbar punika manawi kapipis mawi kaêmoran: 1. mustanggi (= mênyan Arab, warninipun mèmpêr blêndok sêmu

--- 93 ---

pêthak), 2. lisah wijèn, kaombèkakên lare utawi tiyang sêpuh ingkang asring ngompol, sagêd saras.

XXVII. Ginanipun jintên cêmêng.

Jintên cêmêng punika angsaripun panas, nanging kanthi asrêp sawatawis.

1. Manawi kapipis kaêmoran mabên, kaombe ing wanci enjing, sagêd anglunturakên riyak tuwin sakathahing rêrêgêd salêbêting padharan. Sagêd ngêdalakên angin ingkang awon, tuwin sagêd nyarasakên sakit gêgêr pêgêl utawi ros-rosan linu.

2. Manawi kapipis kaêmoran: 1. mabên, 2. wedang ayam (= wedang jarang), kaombe ing wanci enjing, sagêd nyarasakên pawèstri anggarapsari ingkang kirang sae wêdaling êrah.

3. Manawi kapipis kaêmoran cokak Jawi, kaombe ing wanci enjing, sagêd nyarasakên sakit budhugên (budhug basu).

--- 94 ---

Manawi kapopokakên ing bêlang tilas korèng sasaminipun, lajêng kabuntêl ing mori, sagêd ngicalakên bêlang wau.

4. Manawi kapipis lajêng kabuntêl ing mori, kasêrot ing grana, sawarni sênggruk, sagêd nyarasakên sakit pilêg sarta ngêlu ingkang jalaran saking angin.

XXVIII. Ginanipun mungsi.

Mungsi punika manawi katêdha (kauntut), sagêd murungakên tiyang ingkang badhe sakit katrapên, sarta botên badhe tuwuh malih.

XXIX. Ginanipun pala.

Pala punika angsaripun angêt, manawi katêdha sagêd ngiyatakên jantung, sagêd mêwahi mani, tuwin sagêd nyarasakên sakit tosan sarta mripat.

XXX. Ginanipun pulasari.

1. Pulasari punika manawi kapipis lêmbat, lajêng katapêlakên [katapê...]

--- 95 ---

[...lakên] ing pusêr, salêbêtipun tigang dintên, sagêd ambancarakên wêdaling êrah pawèstri anggarapsari, tuwin sagêd ambancarakên wêdaling turas tumrap tiyang jalêr utawi èstri.

2. Manawi kapipis lêmbat, lajêng kauntal kalihan pisang, sagêd nyirnakakên ama ulêr ing padharan.

XXXI. Ginanipun kêlabêt.

Klabêt punika manawi kabubur kalihan gajih lêmbu, lajêng katêdha, sagêd nyarasakên sakit ngêrês linu, sakit ros-rosan, sakit badan kraos lêmês, tuwin sagêd ambancarakên uyuh.

XXXII. Ginanipun cangkok jangkang.

Cangkok jangkang (kêpuh) punika angsaripun asrêp lan garing.

1. Manawi kagodhog kaangge ombèn-ombèn, sagêd ngajurakên têtêdhan salêbêting padharan.

2. Manawi toya godhogan wau kacampuran: 1. puwan lêmbu, 2. gêndhis pasir, kaombe ing wanci bêdhug siyang, sagêd ngiyatakên badan.

--- 96 ---

3. Cangkok jangkang kaêkum sadalu, enjingipun kasiling toyanipun, kacampuran karangmelik (= puwan kêndhal) ingkang sampun kêcut, lajêng kaombe, sagêd nyarasakên sakit murus ingkang jalaran kacorok têtêdhan, tuwin sagêd nyarasakên sakit wawratan êrah umbêl.

4. Cangkok jangkang kaglêpung, lajêng kagorèng mawi gêndhis pasir, katêdha, sagêd nyarasakên sakit padharan ingkang raosipun bêntèr.

XXXIII. Ginanipun jadham.

Jadham punika angsaripun angêt lan garing.

1. Manawi kaêjur kalihan wedang jarang, kaombe ing wanci enjing, sagêd nyarasakên sakit padharan ingkang raosipun asrêp anjêkut.

2. Manawi kaêjur kalihan toya tawa, kaombe, sagêd nyarasakên sakit padharan kêmbung masuk angin.

3. Manawi kabubuk lêmbat, watawis wawrat satail, kaêmoran: 1. mabên wawrat tigang tail, 2. bubukan tai [ta...]

--- 97 ---

[...i] bêsi wawrat kalih tail, kacampur dados satunggal lajêng kagorèng, katêdha, sagêd nyarasakên tiyang ingkang badanipun kraos lêsu lêsah.

4. 1. bubukan jadham, 2. mabên, 3. bubukan tai bêsi, 4. lisah wijèn, 5. malam pêthak, kacarub dados satunggal, lajêng kakicik ing thothokipun kêrang, kaangge anggosok dhêngkul sakit ingkang raosipun anjarêm, kêmêng, sagêd saras.

5. Jadham kaasap (kaêjur) kalihan cokak Jawi ingkang sampun kêcut, sagêd mitulungi tiyang ingkang tatu kenging dêdamêl utawi putung balungipun, inggih punika: toyaning jampi wau kaombèkakên, ampasipun kawêdhakakên ing tatunipun, lajêng kabuntêl, manawi putung balungipun, pambuntêlipun kêdah dipun uwat-uwati mawi blabag, supados sagêd pulih, tuntum.

XXXIV. Ginanipun inggu.

Inggu punika manawi kapipis mawi kaêmoran: 1. mriyos, 2. cokak Jawi, kagosok-gosokakên [kagosok-gosokakê...]

--- 98 ---

[...n] ing sirah ingkang rambutipun ambodholi, jalaran sakit lêstrung (sakit èstri), sagêd saras, thukul rambutipun malih.

XXXV. Ginanipun jae.

Jae punika angsaripun angêt.

1. Manawi katêdha sagêd nyarasakên sakit abuh ing padharan utawi ing suku.

2. Jae kadhêplok lajêng kaêkum ing toya tawa ngantos tigang dintên, kasaring: kaêmoran mabên, kaombe, sagêd nyarasakên tiyang sakit watuk ingkang padharan sarta gorokanipun kraos sêsêk lan sêrak, tuwin sagêd ngiyatakên sarêsmi.

XXXVI. Ginanipun brambang.

Brambang punika angsaripun angêt sarta garing.

1. Manawi katêdha sagêd ngiyatakên sarêsmi, tuwin ambingarakên cahya ingkang pucêt.

--- 99 ---

2. Brambang kapipis kacampuran mabên, kausap-usapakên ing bêlang tilas sakit, sagêd ngicalakên bêlang wau.

3. Brambang kagodhog kalihan toya lèpèn, kaombe, sagêd nyarasakên sakit padharan.

4. Brambang kadhêplok kalihan toya tawa sakêdhik, kausap-usapakên ing sirah ingkang asring bodhol rambutipun, rambut wau sagêd kiyat sarta mindhak kêtêlipun.

5. Brambang kapipis, toyanipun kapupuhakên ing mripat lamur utawi cadhok, sagêd enggal saras.

XXXVII. Ginanipun bawang.

Bawang punika angsaripun cêkapan, botên bêntèr, botên asrêp.

1. Bawang punika manawi katêdha, sagêd nêbihakên sakit dubur (ambèi), tuwin sagêd nglunturakên sakathahing riyak ingkang wontên ing gorokan utawi ing padharan.

2. Bawang kapipis, kapopokakên tatunipun tiyang kacakot utawi kaêntup kewan mawa wisa, sagêd nawarakên wisa wau sarta lajêng enggal saras.

--- 100 ---

3. Bawang kaêkum ing lisah wijèn, manawi sampun katingal jêne, lajêng kapêndhêt, kapipis, kausap-usapakên ing dakar ingkang kirang kiyat sarêsmi, sagêd dados kiyat.

XXXVIII. Ginanipun asêm.

Asêm punika angsaripun asrêp sarta garing.

1. Manawi katêdha tiyang ingkang sakit bêntèr, tumuntên sagêd asrêp.

2. Asêm kaêkum tigang dintên, kaêmoran gêndhis pasir, kaombe, sagêd nyarasakên sakit mêngi, tuwin ngicalakên raos ênêk kêdah luntak.

XXXIX. Ginanipun wêrak.

Wêrak utawi cokak Jawi punika angsaripun asrêp sarta garing, prayogi sangêt kangge ambumboni bangsaning ulam-ulaman.

1. Manawi katêdha tiyang saras, sagêd nêbihakên sêsakit, tuwin ngicalakên sêsakit ingkang asalipun saking êrah.

--- 101 ---

2. Wêrak kagodhog ngantos umob, mangêt-mangêt kaombe, prayogi sangêt dhatêng badan.

3. Wêrak ingkang sampun kêcut, kaombe tiyang tatu kêpêrang sasaminipun, utawi tiyang mimisên, tumuntên sagêd saras.

4. Wêrak kaêmoran lisah lêmbu, sagêd mitulungi tiyang kenging latu ngantos gosong, inggih punika kaombe sarta kawêdhakakên tatunipun.

5. Wêrak kaêmoran apyun, kapilisakên tiyang sakit ngêlu, sagêd saras.

Kaombe tiyang sakit padharan ingkang atos lan bêngka (dhugal) sagêd enggal saras.

Kaombe tiyang sakit kuwaya, asring gêlègèkên, luntak pait, sagêd saras.

XXXX. Ginanipun jêram pêcêl.

Jêram pêcêl punika angsaripun asrêp sarta garing.

1. Toya jêram pêcêl kalihan gêndhis pasir, kaombe

--- 102 ---

ing wanci enjing tangi tilêm, sagêd nawarakên sadaya wisa ingkang wontên salêbêting padharan.

2. Toya jêram pêcêl tanpa kaêmoran punapa-punapa, kaombe tiyang sakit kasrêpên, sagêd saras.

XXXXI. Ginanipun lisah latung.

1. Lisah latung kenging kaangge anjampèni talingan ingkang kalêbêtan rêna utawi lintah, sarana katètèsakên malêbêt, kewan wau tamtu pêjah, kenging kapêndhêt kanthi gampil.

2. Lisah latung katutul kapas, lajêng kabuntêl ing mori ingkang rêsik, kapêrês katuruhakên ing baganing pawèstri ingkang nyakiti dangu, sagêd enggal anglairakên.

XXXXII. Ginanipun ron sanamaki.

Ron sanamaki punika warninipun mèmpêr ron asêm, kathah paedahipun, kados ing ngandhap punika:

--- 103 ---

1. Ron sanamaki, babakan, dalah uwitipun, wawrat tigang dhuwit, kadhêplok lajêng kapipis lêmbat, kaêmoran mabên, kaombe, sagêd nyarasakên sakit dhadha.

2. Manawi kaêmoran gêndhis pasir, sagêd nyarasakên sakit kasrêpên, tuwin ngiyatakên sarêsmi.

3. Manawi kaêmoran gêndhis batu, sagêd ngiyatakên tosan.

4. Manawi kaêmoran lisah lêmbu, lan gêndhis batu, sagêd ngicalakên sêsakit salêbêting badan.

5. Manawi kaêmoran martega ingkang taksih enggal (dèrèng mambêt sarêm) sagêd nyarasakên sakit ngêlu, sakit bingung kêkathahên pikiran, tuwin ngicalakên abab awon.

6. Manawi kaêmoran powan lêmbu, sagêd nawarakên sakathahing wisa.

7. Manawi kaêmoran powan menda, sagêd ngiyatakên badan, tuwin ngiyatakên sarêsmi.

8. Manawi kaêmoran kurma, sagêd ngicalakên gandaning abab ingkang awon, tuwin murugakên doyan nêdha.

--- 104 ---

9. Manawi kaêmoran dalima, sagêd ngiyatakên badan, sarta ngicalakên sakit dhadha.

10. Manawi kaêmoran woh anggur, sagêd nyarasakên sakit lamur tuwin cadhok.

11. Manawi kaêmoran cokak Jawi, sagêd nyarasakên sakit kasrêpên, sakit ing ros-rosan, tuwin sakit tosan.

12. Manawi kaêmoran toya jêram pêcêl, sagêd nyarasakên sakit bêntèr, tuwin tiyang ingkang badanipun kêra: sagêd dados lêma.

13. Manawi kaêmoran toya êbun, sagêd mêwahi guwaya, tuwin dhatêng paningal: awas.

14. Manawi kaêmoran godhogan babakan wit dalima, sagêd nyarasakên sakit wawratan êrah tuwin umbêl.

15. Manawi kaêmoran toya klapa, sagêd nyarasakên sakit nguyuh utawi bêngang.

--- 0 ---

Boekh. TAN KHOEN SWIE,-Kediri.

Menerbitkan kitab-kitab bahasa dan hoeroef Djawa:

-P-

Pamboekaning Tjipta ... f / Pandam Prana ... f / Panggardjita ... f / Panembrama ... f / Paniti Baja ... f / Paniti Sastra ... f / Papali Nabi Kh. H. Tjoe ... f / Pastika Maja ... f / Pastika Warna ... f / Pati Tjentini ... f / Patkoel karib (Kawroeh Pekih) ... f / Pedjah poenika saladjengipun kados poendi? ... f / Pitoetoer Djati ... f / Piwoelang Noelis ... f / Poenapa ingkang bade kita goelang? ... f / Poerwa Kanti ... f / Poerwa Karana ... f / Poestaka Rantjang (Patak Modin) ... f / Prabangkara ... f / Pramana Sidi ... f / Prasida Djati ... f / Primbon Djampi Djawi ... f / Primbon Ngadoe Djago ... f

-R-

Rangka Angroeng ... f / Rangsang Toeban ... f / Rekasaning Batin ... f / Rerepèn ... f

-S-

Sangoe Gesang ... f / Sara Sedya ... f / Sasmita rahardja ... f / Sasmita Warni-warni ... f / Sastra Hardjendra ... f / Satoenggaling Oetoesan ... f / Senarodra ... f / Sendon Langen Swara ... f / Siswa Sogata ... f / Siti Djenar ... f / Siti Rokanah ... f / Soebasita ... f / Soekanda Karma ... f / Soekma Wiwara ... f / Sopanalaja ... f / Sri Kresna Barata ... f / Swaraning Asepi ... f

-T-

Tjandra Rini I sampe II a ... f / Tjandra Sangkala ... f / Tjipta Goegah ... f

-W-

Walisana ... f / Wangsalan ... f / Wara Karma ... f / Warat Maja deel I-II a ... f / Warna Prana ... f / Warna Sastra ... f / Warni pitoe djedjer doemadosing manoengsa ... f / Wawarah Samadhi ... f / Weda Agama ... f / Weda Asmara ... f / Weda Jatmaka ... f / Weda Nararja ... f / Weda Poerwaka ... f / Weda Raga ... f / Weda Raga ... f / Weda Sanjata ... f / Weda Satya ... f / Weda Tama ... f / Widya Kirana (Darma Sonja) ... f / Witjara keras ... f / Woelangreh ... f

HARGA DIATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM.

--- 0 ---

BOEKHANDEL: TAN KHOEN SWIE,-KEDIRI.

Menerbitkan kitab-kitab seperti di bawah ini:

BAHASA DJAWA HOEROEF LATIJN:

Asmaralaja ... f / kalatida ... f /Katoeranggan ... f / Kidoengan ... f / Siti Djenar ... f / Weda Tama ... f / Wisa Djiwa ... f

BAHASA MELAJOE HOEROEF LATIJN:

A.B.C. Melajoe dan Djawa ... f / Adji Asmaragama (dengan gambar) ... f / Bagawad Gita ... f / Beroelang-oelang ke Doenia ... f / Dewa Roetji ... f / Djati Moerti ... f / Hak Perkoempoelan dan persidangan ... f / Hauw King ... f / Ling Djiat (Panas Dingin) ... f / Nona Mari I sampe IV a ... f / Perdjalanan Moedjidjat deel I II a ... f / Primbon mengadoe djago ... f / Sioe Lian (Samadhi) deel I II a ... f / Sjair Ilmoe Sedjati ... f / Sjair Pertjintaan ... f / Sjair Soesah dan Senang ... f / Soeloeh Kesempoernaan deel I magnetisme ... f / Soeloeh Kesempoernaan deel II hypnotisme ... f / Soeloeh Kesempoernaan deel III asalnja manoesia ... f / Soeloeh Kesempoernaan deel IV Concentratie mangeningkang tjipta ... f / Soeloeh Kesempoernaan deel V asalnja tjipta ... f / Soeara Soeksma ... f / Tay Hak ... f / Tiong Jong ... f / Tjian Lie Gan (Adji Penrawangan) ... f / Tjiptaan tiap-tiap pagi ... f / Toejoeh Tjerita ... f / Wali Sepoeloeh ... f / Wetboek van Strafrecht baroe (1928) ... f

HARGA DIATAS BELOEM TERITOENG ONKOST KIRIM.

SEDIA CATALOGUS.