Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172

Katalog:Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172
Sambung:
1.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1633.
2.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 1. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1634.
3.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 2. Sêrat Jawi kina ingkang mawi sêkar. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1635.
4.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 3. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1636.
5.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 4. Thukulipun basa Jawi têngahan. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1637.
6.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 5. Kidung basa Jawi têngahan . Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1638.
7.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 6. Jaman Islam. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1639.
8.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 7. Jaman Surakarta awal. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1640.

[I]

KAPUSTAKAN DJAWI

[II]

KAPUSTAKAN DJAWI

PUNIKA KAWÊDALAKÊN SASARÊNGAN KALIYAN INGKANG BASA INDONESIA

"KEPUSTAKAAN DJAWA"

DENING PENERBIT DJAMBATAN

[III]

Milik Negara Republik Indonesia.

KAPUSTAKAN DJAWI

dipun têrangakên dening Prof. Dr R. M. Ng. Poerbatjaraka

PENERBIT DJAMBATAN.

[IV]

Copyright by Djambatan

Jakarta/Amsterdam 1952

Cetakan pertama - Desember 1952

Cetakan kedua - Pebruari 1954

V

KAPUSTAKAN DJAWI

Ingkang dipun wastani kapustakan Jawi, punika sadaya sêrat-sêrat carita, dongèng-dongèng ingkang ngangge basa Jawi.

Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dêdunung ing kapuloan iring kidul-wetaning jagad Azia: watês lèr wiwit pulo Formosa mangidul; watês kilèn wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika-kidul iring ingkang kilèn. Sarèhne nama Austronesia punika botên patos kêrêp kapirêng, ing ngriki kula santuni nama Indonesia.

Nalika taun 1884 DR BRANDES§ J. L. A. BRANDES, BIJDRAGE TOT DE VERGELIJKENDE KLANKLEER DER WESTERSCHE AFDEELING VAN DE MALEISCH-POLYNESISCHE TAALFAMILIE. Utrecht 1884. (proefschrift). sagêd nêrangakên bilih bangsa-bangsa kasêbut ing nginggil wau ing jaman kinanipun sangêt, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landhêsan panandhinging basa-basa wau.§ Ingkang miwiti angudi punika sajatosipun DR. H. KERN saha VAN DER TUUK; Proefschrift ing nginggil, kaca 3.

Nalika tahun 1889 DR H. KERN ngudi malih ing bab têtandhingan basa, ngantos sagêd nêrangakên bilih

VI

asal-usulipun bangsa wau, kala taksih kêmpal ngangge basa satunggal, wontên ing tanah Cêmpa, ing samangke kalêbêt tanah Indo-China.§ KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, babak VI kaca 107 salajêngipun.

Malah saking pangudinipun P. W. SCHMIDT kenging dipun kintên-kintên bilih asal-usulipun bangsa Indonesia punika kala kinanipun sangêt, saking Asia-têngah; nanging bab punika dèrèng patos têrang.§ KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, babak XVI kaca 108.

Ingkang sampun kenging dipun anggêp, inggih punika bangsa Indonesia punika kala rumiyin nate kêmpal dados satanah, inggih ing tanah Cêmpa wau. Bab punika botên namung angsal pasêksèn saking panandhinging basa kemawon; pangudinipun DR. VAN STEIN CALLENFELS, DR. VAN DER HOOP lan sanès-sanèsipun ing bab dêdamêl sela; pêthèl sela, bedhor sela sapanunggilanipun, inggih ugi nêdahakên, bilih pokok-tanahipun bangsa Indonesia punika ing tanah Cêmpa, malah radi ngalèr-ngilèn sakêdhik; dados ing tanah Cina iring kidul.§ GESCH. VAN NED. INDIË, 1938; De Prae-historie, kaca 89.

Ing satunggiling wêkdal, kintên-kintên kala taun 1500 sadèrèngipun taun Masehi, bangsa Indonesia wau buyar saking pokok padununganipun dhatêng pulo-pulo punika; punapa sababipun, botên kasumêrêpan têrang. Ingkang têmtu inggih kêdhêsêg dening sanès bangsa saking lèr utawi saking kilèn.

Sêsampunipun buyar, bangsa wau lajêng manggèn sagolong-golong wontên ing pulo ingkang dipun dunungi enggal.

Awit saking pisah panggenan, danguning dangu sagolong-golongipun wau lajêng botên mangêrtos dhatêng basanipun golongan sanès; sabab pêpêcahaning basa wau lajêng tuwuh piyambak-piyambak. Basa Indonesia

VII

ingkang wontên tanah Filipina dados basa Filipina, ingkang wontên tanah Jawi dados basa Jawi, Sundha lan Madura, makatên salajêngipun.

Kados punapa sipatipun basa Jawi ing sadèrèngipun kêdhatêngan tiyang Indhu, punika botên wontên tilasipun; awit kintên-kintên bangsa Jawi kala jaman samantên dèrèng gadhah aksara.

Wondene aksara Jawi ingkang dumugi sapriki taksih kangge, punika kala rumiyinipun aksara Indhu bêktanipun bangsa Indhu ingkang sami dhatêng wontên ing tanah Jawi, kintên-kintên kala wiwitanipun taun Masehi. Aksara Indhu wontên ing tanah Jawi punika ing sakawit, namung prêlu kangge nyêrati bêtahipun tiyang Indhu piyambak, kados ta sêrat-sêratan bab dagangan kaliyan bangsanipun piyambak, sapanunggilanipun. Wondene ingkang dipun angge punapa basa Sanskêrta punapa basa Indhu sanèsipun, punika botên têrang; ewasamantên wontên ancêr-ancêripun sakêdhik, inggih punika sêratan ing tanah Jawi ingkang pinanggih sêpuh piyambak, punika basanipun basa Sanskêrta.§ KROM, HINDU-JAV. GESCH., kaca 5. Sarêng dangu-dangu tiyang Indhu wontên ing tanah Jawi rabi tiyang Jawi, lajêng anak-anak, tamtunipun anak-anakipun wau basanipun inggih basanipun biyungipun, utawi basanipun rencangipun dolan, inggih punika lare-lare Jawi dêlês. Danguning dangu, sarêng bangsa Indhu pranakan ing tanah Jawi sampun saya kathah, lajêng wontên golongan ingkang basanipun padintênan basa Jawi, nanging kêcampuran têmbung Sanskêrta saking bapak-bapakipun. Wondene sinyo-sinyo saha noni-noni Indhu wau sampun layak kemawon, bilih ing sasagêd-sagêd sami dipun ajar maos lan nyêrat aksara Indhu, dening bapakipun piyambak-piyambak; sarêng sampun

VIII

kathah pranakan ingkang sagêd maos saha nyêrat aksara Indhu, lajêng wontên, ing sakawit namung kados cobèn-cobèn, sêratan Indhu kangge nyêrati basa Jawi. Panyobi punika sajakipun sagêd tumindak kalayan botên patos angèl. Sarêng sampun tumindak, mêsthinipun inggih wontên tiyang Jawi tulèn ingkang sumêdya sagêd maos tuwin nyêrat aksara Indhu wau, lajêng sinau, ing sakawit namung kangge kabêtahanipun tiyang satunggal kalih tumraping dêdagangan. Saya malih sarêng bangsa Indhu, kabêkta saking langkung pintêripun katimbang tiyang Jawi, sagêd nglêbêtakên kawruhipun dhatêng tiyang Jawi, pun Jawi punika lajêng rumaos bêtah, dados sumêdya nyinau kawruh Indhu. Wondene kawruh punika kala jaman samantên ingkang têmtu agêgandhengan kaliyan bab agami. Inggih awit saking makatên punika, milanipun tiyang Jawi lajêng kathah ingkang masuk agami Indhu. Sapisan katut ing kawruhipun, kaping kalih saking tumangkaripun pranakan Indhu, ingkang saya lami saya mèh botên wontên bedanipun kaliyan tiyang Jawi tulèn.

Bangsa Indhu ingkang dhatêng wontên ing tanah Jawi, punika ingkang rumiyin bangsa ingkang agami Siwah. Cêplosipun bangsa ingkang nganggêp Trimurti minangka Gusti Alahipun; inggih punika Bathara Brahma, Wisnu, Siwah. Dewa tiga punika ingkang dipun anggêp dados tunggul, Sang Hyang Siwah, ingkang sapunikanipun dipun wastani Bathara Guru.

Bangsa Indhu ingkang dhatêng kantun, punika bangsa ingkang agami Budha Mahayana.

Bangsa kelihkalih golongan wau anggènipun murih jêmbar saha lêbêt pamulangipun babagan agami dhatêng tiyang Jawi, utawi dhatêng pranakanipun, sami ambêkta sêrat bab agaminipun piyambak-piyambak. Mangka sêrat-sêrat [sêrat-...]

IX

[...sêrat] wau kintên-kintên mawi basa Sanskêrta. Amila tiyang Jawi, sanadyan botên kathah, inggih wontên ingkang nyinau basa Sanskêrta. Sarêng tiyang ingkang sampun sagêd dhatêng kawruh Indhu rumaos kapêksa utawi sêdya mulang dhatêng bangsanipun ingkang botên sagêd dhatêng basa Sanskêrta, inggih lajêng ngangge basa Jawi, nanging sampun kêlajêng kêcampuran têmbung-têmbung Sanskêrta sawatawis kathah, kangge nêrangakên bab utawi barang ingkang dèrèng wontên jawinipun.

Saya malih sarèhne kala jaman samantên punika sajakipun, sintên-sintêna ingkang sumêdya dados guru, utawi kêpengin dipun wastani tiyang pintêr, kêdah sagêd basa Sanskêrta, dados lêbêtipun têmbung-têmbung Sanskêrta dhatêng basa Jawi saya kathah sangêt. Ewasamantên sarèhne dhapukanipun basa Jawi punika beda sangêt kaliyan basa Sanskêrta, dados sanadyan paribasanipun kêgrujug têmbung-têmbung Sanskêrta, basa Jawi botên ewah jumênêngipun taksih lêstantun kêgolong basa Indonesia. Dene basa Sanskêrta punika dhapukipun, yèn basa Eropa ing jaman samangke, ingkang mèmpêr basa Jêrman, sarta pancèn nunggil golongan kaliyan basa Eropa ingkang kathah-kathah; dipun wastani basa Indo-Germaans.

Sêrat-sêrat ingkang dipun bêkta dening tiyang Indhu agami Budha tamtunipun inggih ingkang babagan kabudhan; kados ta sêrat ingkang dipun wujudakên gambar lêlajuran ing candhi Barabudhur. Nanging sêrat-sêrat punika, kajawi satunggal kalih ingkang badhe kapratelakakên ing ngandhap, prasasat botên wontên kakantunanipun.

Sêrat-sêrat bêktanipun tiyang Indhu ingkang agami Siwah, punika tilasipun kenging dipun wastani kathah.

X

Kados ta sêrat MAHABHARATA, RAMAYANA, lan sanès-sanèsipun malih. Sêrat MAHABHARATA ingkang dipun cariyosakên damêlanipun Rêsi Wyasa, Jawinipun Abiyasa, punika wosipun nyariyosakên lêlampahanipun para Pandhawa saha para Korawa. Ing samangkênipun wontên ing tanah Jawi dados lampahan wayang purwa; nanging inggih kathah ewah saha wêwahipun.

Sêrat RAMAYANA punika kacariyosakên damêlanipun Bagawan Walmiki; mênggah ing panangguh, sêpuh sêrat RAMAYANA katimbang Sêrat MAHABHARATA, nanging sêrat RAMAYANA punika wontên ing tanah Indhu kagolong kitabipun bangsa ingkang agami Wisnu. Yèn MAHABHARATA kagolong kitabipun tiyang agami Siwah.

Mangsuli bab basa Jawi. Ingkang kula aturakên basa Jawi, punika basanipun tiyang Jawi kala jaman kina. Tiyang Jawi ing jaman samangke mastani: basa Kawi. Nanging para eleerden bangsa Walandi anggènipun mastani, basa Jawi kina.

Nalika basa Jawi kina wiwit kasêrat sapisan, punika sampun kêcampuran têmbung-têmbung Sanskêrta sawatawis kathah. Sêratan sela ingkang pinanggih sêpuh piyambak ngangge basa Jawi kêcampuran têmbung Sanskêrta, punika mawi angka taun 731 Çaka 809 taun Masehi;§ KROM, HINDU-JAV. GESCH., kaca 5. pinanggihipun wontên ing Diyèng; wiwit titimasa punika salajêngipun dumugi jaman samangke basa Jawi kenging dipun wastani têrus lajêng dipun sêrat mawi aksara Indhu. Têmtunipun sêratanipun saya lami saya ewah, wiwit wangun Indhu tulèn ngantos dumugi wangun ingkang kangge ing jaman samangke; dene ewahipun wau namung saking sakêdhik sangêt.

Papan ingkang tulèn saking jaman kina, ingkang pinanggih wontên sêratanipun Jawi, punika awujud

XI

tugu sela utawi balebekan têmbagi. Wontên ugi ingkang awujud balebekan mas utawi salaka. Mênggah ingkang tumrap sela utawi têmbagi, punika ingkang kathah-kathah ngêmot piyagêm paringipun satunggaling ratu dhatêng sawênèhing dhusun, kaparingan wêwênang ngadêg piyambak, têgêsipun kaparingan autonomie, kados ta wênang botên ambayar pajêg dhatêng nagari; wênang mêndhêt pajêg dhatêng tiyang ingkang dêdunung salêbêting dhusun ngriku saha nêdha beya dhatêng sawarnining pakaryan ing salêbêting wêwêngkonipun, utawi beya lêbêt-wêdaling dêdagangan. Bokmanawi dhusun ingkang makatên punika ing jaman samangke kenging dipun wastani dhusun mardikan.

Anggènipun dhusun dipun paringi wêwênang kados makatên punika ingkang kathah awit dhusun wau dipun paringi kêwajiban ngrêksa saha ngopèni candhi pêpundhènipun sang ratu, ngiras ngawontênakên pamulangan agami.

Yèn boten makatên inggih awit dhusun wau agêng sangêt jasanipun dhatêng sang prabu. Kados ta: nalika sang prabu pêrang, tiyang ing dhusun punika anggènipun ambantu sagêd anjalari mênang, dados autonomie ingkang kaparingakên wau nama mligi ganjaran.

Wontên malih sêratan sela utawi têmbagi ingkang ngêwrat karampunganing sambut-apisambut utawi sade-tinumbas siti, sasaminipun.

Dene ingkang balebekan mas, utawi salaka, punika isinipun ingkang kathah pêpujian utawi rajah-rajah, ingkang kêrêp, pinanggihipun wontên salêbêting cupu sela, wadhah awu mayitipun para luhur. Cupu sela punika ingkang kathah pinanggih wontên sangandhaping candhi. Dados gathukipun kaliyan ingkang kasêbut nginggil; dhusun ingkang kaparingan autonomie wau kawajiban

XII

ngrêksa candhi, têgêsipun ngrêksa pasareyaning lêluhuripun sang prabu.

Cara ingkang kados kasêbut ing nginggil punika sadaya tiyang Jawi kala jaman samantên namung lugu tiru-tiru caranipun tiyang Indhu. Awit campuring darah, rumasuking raos-rumaos sarta agami Indhu, tumrap bangsa Jawi ingkang perangan nginggil, kenging dipun wastani sampun kêkêt. Amila bangsa Jawi kala jaman samantên ing samangke dipun wastani bangsa Jawi Indhu.