Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 1. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh

Katalog:Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172
Sambung:
1.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1633.
2.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 1. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1634.
3.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 2. Sêrat Jawi kina ingkang mawi sêkar. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1635.
4.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 3. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1636.
5.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 4. Thukulipun basa Jawi têngahan. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1637.
6.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 5. Kidung basa Jawi têngahan . Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1638.
7.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 6. Jaman Islam. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1639.
8.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 7. Jaman Surakarta awal. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1640.

1

I. SÊRAT-SÊRAT JAWI KINA INGKANG GOLONGAN SÊPUH

Sêratan ingkang tumrap sela, têmbagi utawi mas wau, sadaya têmtunipun namung ngêwrat prakawis ingkang cêkak-cêkak. Bab ingkang sawatawis panjang, kados ta cariyos utawi wulang-wulang saha pranatan, upami kasêrata wontên ing têmbagi, amêsthi lajêng kêkathahên balebekan, satêmah kathah wragadipun; tur awrat pambêktanipun mrika-mriki. Murih sagêd mirah saha gampil pambêktanipun, sêratan ingkang panjang-panjang wau dipun sêrat wontên ing ron tal, inggih punika godhong siwalan. Namung tamtunipun rontal punika botên sagêd tahan ngantos atusan taun. Nanging rèhne sêrat waosan punika adatipun katurun, lajêng katurun malih, satêrusipun dumugi anak putu buyut canggah, amila ing samangke inggih taksih wontên sêratan ingkang isinipun kintên-kintên kadamêl kala atusan taun kapêngkêr, inggih punika:

1. Sêrat CandakaranaCandhakarana (dan di tempat lain)

Sêrat punika tumrap ing rontal, isinipun piwulang têmbang kaliyan kadosdene woordenboek, ingkang kadhapuk cara Indhu. Mèmpêripun yèn sêrat Jawi jaman sapunika, sêrat DASANAMA§ KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, IX, kaca 273.

2

Anggènipun sagêd mastani yèn isinipun sêrat punika sêpuh, awit mawi nyêbut namaning ratu trah Çailendra. Mangka ratu trah Çailendra punika ingkang ayasa candhi Kalasan, kala kiwa-têngênipun taun 700 Çaka.§ KROM, HINDU-JAV., GESCHIEDENIS, kaca 135. Sêrat waosan Jawi ingkang pinanggih sêpuh piyambak inggih punika:

2. Sêrat Ramayana

Sêrat punika basanipun Jawi kina, tur mawi sêkar. Para sarjana bangsa Walandi wontên ingkang ngudi, kados ta DR W.F. STUTTERHEIM (DIE RAMA-LEGENDEN) lan sanès-sanèsipun; salong ngrêmbag bab ênèm- sêpuhipun sêrat wau. Kados badhe kêpanjangên saupami kula pratelakna sadaya, satunggil-satunggiling pamanggih wau. Ing ngriki namung badhe kula aturakên bilih pinanggihing pamariksa, sêrat Ramayana punika kintên-kintên kadamêl kala salêbêting jumênêngipun Prabu Dyah Balitung, ratu binathara ingkang ngawasani tanah Jawi têngah saha wetan, akadhaton ing nagari Mataram, kirang langkung taun 820-832 Çaka. Pamariksa punika kajawi alêlandhêsan têtandhinganing basa ugi mawi landhêsan sarana katandhing kaliyan sêratan sela saha têmbagi, ingkang pinanggih wontên ing tanah Jawi.§ GEDENKSCHRIET 75-JARIG BESTAAN VAN HET KON. INST. VOOR DE TAAL-, LAND-EN VOLKENKUNDE VAN NED. IND., 1926.

Mênggah cariyosipun sêrat Ramayana J.K. punika anggêlarakên lêlampahanipun Prabu Rama, kadosdene sêrat Ramayana basa Sanskêrta damêlanipun sang WALMIKI ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Ewasamantên wontên bedanipun. Ing Ramayana Sanskêrta Sang Sita sasampunipun kondur dhatêng Ayodya, lajêng pêpisahan kaliyan Sang Rama. Ing sêrat Ramayana J.K. [J....]

3

[...K.] Sang Sita lajêng têrus kêmpal malih kaliyan Sang Rama.

Kajawi punika Ramayana J.K. bilih katandhing kaliyan Ramayana Walmiki, kalêbêt cêkak sangêt, botên ngandhar-andhar. Sarta sampun kasumêrêpan bilih babonipun Ramayana J.K. punika pancèn sanès Ramayana Walmiki.

Wontên geleerde bangsa Indhu nama Himansu Bhusan Sarkar, andamêl buku nama: INDIAN INFLUENCE ON THE LITERATURE OF JAVA AND BALI, mawi mêthik sawatawis pada saking sêrat Ramayana Jawi kina. Pêthikan wau katitik dening sanèsipun geleerde nama MANOMOHAN CHOSH, bilih cocog kaliyan pada ing sêrat RAWANAWADHA (pêjahipun Dasamuka, dados inggih cariyos Rama ugi) damêlanipun bujangga agêng ing tanah Indhu kala jaman kina, nama sang BHATHTHIKAWYA. Malah Sang MANOMOHAN GHOSHCHOSH nêtêpakên manawi ingkang damêl sêrat Ramayana Jawi Kina punika sagêd dhatêng basa Sanskêrta, dados pratelanipun para geleerden bangsa Walandi, ingkang nyariyosakên bilih ingkang andamêl sêrat Ramayana Jawi kina botên sagêd dhatêng basa Sanskêrta, punika pinanggih kêlintu.

Miturut sêrat SARIDIN,§ Cap-capan kaping 5, kaca 346 lan 363. ingkang andamêl sêrat Ramayana Jawi kina punika satunggaling bujangga nama Êmpu Pujwa, ing kala jamanipun Prabu Gêndrayana ing nagari Mamênang. Botên susah kula aturakên panjang-panjang, cariyos punika cêkakipun namung awag-awagan kemawon.

Bilih cariyos ing Bali, ingkang andamêl sêrat Ramayana wau nama Êmpu Yogiswara kala taun 1016 Çaka;§ TIJDSCHRIFT BAT. GEN., babak LVII 1916, kaca 510. punika inggih botên lêrês. Kados ingkang sampun kaaturakên [ka...]

4

[...aturakên] ing ngajêng, sêrat Ramayana punika pandamêlipun wontên ing kiwa-têngênipun taun 825 Çaka. Dene wontênipun panganggêp bilih Êmpu Yogiswara ingkang andamêl, punika saking kirang pangrêtosipun. Inggih yêktos têmbung Yogiswara pinanggih wontên pungkasaning sêrat Ramayana, nanging punika dede nama. Mênggah ungêl-ungêlanipun makatên Sang Yogiswara çistha, sang sujana suddha manahira huwus mace sira. Têgêsipun: sang pandhita saya luwih pintêr, sang sujana dadi rêsik atine yèn wis maca layang Ramayana iki. Ing ngriki cêtha bilih Yogiswara dede nama. Dados ingkang andamêl sêrat punika sajatosipun botên kasumêrêpan.

Mênggah gancaring cariyosipun sêrat Ramayana punika, sae sangêt, kathah piwulangipun, sae-sae rêrêngganipun, tur basanipun brêgas. Sajêg kula gêsang dèrèng nate maos sêrat Jawi ingkang saenipun bab basa, rêrênggan lss. kados sêrat Ramayana.

Sêrat wau kala taun 1900 sampun dipun cithak mawi aksara Jawi dening PROF. H. KERN. Woordenboekipun ingkang dhapur tapsir inggih sampun wontên, kadamêl dening Dr. JUYNBOLL. Malah ing samangke prêtalanipun basa Walandi inggih sampun rampung,§ Wontên ing KERN, VERSPREIDE GESCHRIFTEN, babak X kaca 77 saha ing BIJDRAGEN KON. INST. pintên-pintên nomêr. ingkang nêm bagiyan ngajêng damêlanipun PROF. KERN, salajêngipun damêlanipun DR. JUYNBOLL. Nanging kawuningana, prêtalan wau dèrèng marêmakên manah, awit taksih kathah ingkang prêtalan punapa wontênipun têmbung; raosipun kêrêp botên kêcêpêng.

Anggèn kula matur makatên punika botên pisan-pisan badhe nyuda dhatêng jasanipun geleerden kêkalih punika ing bab panyinaunipun basa Jawi kina. Namung saking

5

rumaos eman, dene sêrat ingkang kados makatên saenipun dèrèng wontên prêtalanipun ingkang miraos. Atur kula punika ngiras nênangi panggalihipun para sêdhèrèk Jawi, ngaturi priksa bilih ing bab sêrat-sêrat Jawi taksih kathah sangêt ingkang kêdah dipun garap; dening sintên? inggih dening tiyang Jawi piyambak. Awit yèn botên tiyang Jawi piyambak inggih kados pundi-pundia, cêkakipun mêsthi botên sagêd dumugi ing raos. Mangka ningali kawontênanipun ing jaman samangke, para sadhèrèk Jawi, kenging dipun wastani babar pisan botên uninga yèn kagungan têtilaran saking lêluhuripun, barang ingkang sakalangkung adi luhung, cêkap kangge sanguning gêsang kêbatinan. Bilih kula aturna sadaya bab sêrat Ramayana, kados botên badhe wontên sampunipun.

Sadèrèngipun kula ngaturakên sêrat sanès-sanèsipun, kula badhe nêrangakên, bilih pangrêmbag kula punika botên mawi grup-grupan. Namung badhe kula urutakên sêpuh kemawon. Ingkang cêtha mawi angka taun, sampun gênah. Dene ingkang botên mawi, inggih namung dipun titik saking ciri-ciri ingkang adatipun kangge nitik ênèm-sêpuhipun sêrat. Kados ta namaning ratu ingkang kasêbut wontên ing salah satunggaling sêrat, utawi sanès-sanèsipun.

Sasampunipun Sêrat Ramayana, sêrat Jawi kina ingkang kenging dipun wastani sêpuh, punika sêrat.

3. Sang Hyang Kamahayanikan

Sêrat punika botên mawi sêkar; basanipun gancaran kemawon. Ing wingking salêbêtipun sêrat wau nyêbut namanipun ratu Jawi, Êmpu Sindhok; inggih punika ingkang jumênêng wontên ing Jawi Wetan, wiwit taun 851 dumugi 869 Çaka (929 dumugi 947 taun Masehi).

6

Mênggah isinipun, wosipun wulangan bab agami Buddha Mahayana. Kathah ukaranipun basa Sanskêrta ingkang dipun têrangakên ing basa Jawi kina. Ingkang kathah mratelakakên rêracikaning dewa-dewa ing agami Mahayana; kêrêp sangêt cocog kaliyan tatananing rêca-rêca Buddha ing candhi Barabudhur. Kajawi punika ugi isi tuntunanipun tiyang samadi, sapanunggilanipun. Sêrat wau sampun kacithak mawi aksara latin saha dipun sukani prêtalan ing basa Walandi, lan katrangan sapêrlunipun dening J. KATS.§ Kawêdalakên dening KON. INST. V. D. TAAL-EN VOLKK. V. NED. IND. pangêcapan Martinus Nijhoff, 's-Gravenhage 1910.

4. Brahmandhapurana

Sêrat punika ugi basa gancar, sarta botên mawi angka taun saha botên nyêbut namaning ratu; nanging mirid dhapukanipun saha lêlewaning basa, kenging dipun wastani barakan kaliyan sêrat Sang Hyang Kamahayanikan. Namung bedanipun sêrat Sang Hyang Kamahayanikan punika kitabipun tiyang agami Buddha-Mahayana, sêrat Brahmandhapurana punika kitabipun tiyang agami Siwah.

Mênggah isinipun, warni-warni sangêt, kados ta: Inleiding, cariyosipun Sang Romaharsana, kawruh dumadosing donya, kawontênaning alam, sajarahipun para rêsi; Sang Daksa andamêl wilujêngan, katrangan sawatawis bab pêpêranganing bangsa (Brahmana, Satriya, Wesya, Sudra), bab asrama (Brahmacari, Grêhasta, Wanaprastha, Bhiksuka); bab juga (Pêpêranganing jaman) bab weda-weda saha gotèkipun; cariyosipun Sang Yadnyawalkya, para Manu ingkang tumêdhak dhatêng donya, cariyosipun Sang Wena, Sang Pratu saha cariyos jagat dipun pêrês dipun dalakên prêsanipun. Kawruh bumi, kawruh donya, tumêdhakipun Dèwi Gangga (lèpèn Gangès), [Ga...]

7

[...ngès),] lampahing srêngenge saha bab lintang-lintang.

Ingkang kasêbut ing nginggil punika kados botên kirang warni-warni. Emanipun dene ungêl-ungêlanipun sampun kathah ingkang risak. Sêrat punika sampun kacithak mawi aksara latin saha dipun prêtal dening PROF. GONDA, mawi katrangan lan tapsir.§ BIBLIOTHECA JAVANICA, babak V.

5. Agastyaparwa

Sêrat punika basanipun ugi gancar; dhapukanipun mèmpêr sêrat Brahmandhapurana, ugi kathah ukaranipun Sanskêrta ingkang dipun têrangakên ing basa Jawi kina. Isinipun: Sang Drêdhasyu matur takèn dhatêng ramanipun, Bagawan Agastya, bab warni-warni: ingkang kathah ugi mèmpêr ingkang dipun gêlarakên wontên ing sêrat Brahmandhapurana. Kados ta: punapa sababipun dene tiyang minggah suwarga utawi kêcêmplung ing naraka. Bab warni-warnining awon lan kawusananipun. Kêkathahên, upami kapratelakna sadaya.

Sêrat punika sampun kacithak mawi aksara latin mawi tapsir (glosarium),§ BIJDRAGE TAAL-, LAND EN VOLKENKUNDE, babak XC 1933, kaca 329. saha prêtalan§ BIJDRAGE TAAL-, LAND- EN VOLKENKUNDE, babak XCIV 1936, kaca 223. tuwin pangrêmbag§ BIJDRAGE TAAL-, LAND- EN VOLKENKUNDE, babak XCII 1935, kaca 337. sakalangkung moncèr, dening PROF. DR. J. GONDA.

Salêbêting jumênêngipun Sang Prabu Dharmawangsa-têguh, ratu ing tanah Jawi wetan wiwit taun 913 dumugi 929 Çaka (991 dumugi 1007 taun Masehi), punika bab kapustakan Jawi mêmpêng sangêt. Sêrat Mahabharata ingkang sampungsampun kapratelakakên ing ngajêng, dipun jawèkakên; makatên ugi sêrat Utarakandha. Nanging sadaya wau mawi kacêkak. Atur kula bab sêrat punika kula wiwiti saking sêrat:

8

6. Uttarakandha

Sêrat punika basanipun inggih gancar, sarta kathah ukaranipun Sanskêrta, katêrangakên ing basa Jawi kina. Ing purwakanipun mawi nyêbut namanipun Prabu Dharmawangsa-têguh. Mênggah isinipun: pêthikan saking cariyos Ramayana-Walmiki bageyan ingkang pungkasan. Bageyan pungkasan punika botên kalêbêt ing sêrat Ramayana basa Jawi kina ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng. Mirid panangguhipun para sagêd, sêrat Uttarakandha punika pancèn wêwahan enggal. Dene paprincèning cariyos, kathah sangêt. Kados ta: dumadosipun para danawa, lêluhuripun Sang Dasamuka; lairipun Dasamuka lan anggènipun clunthangan dhatêng para dewa tuwin para pandhita. Cariyosipun Arjunasasrabau ugi kalêbêt. Namung wosipun nyariyosakên lêlampahanipun Dèwi Sinta. Sasampunipun kondur wontên ing Ngayodya, para kawula sami kirang sênêng manahipun; loking tiyang "Dèwi Sinta iku, wong wis sêmono lawase mèlu mungsuh, kok ditampani manèh". Prabu Rama mituruti kajêngipun rakyat, Dèwi Sinta dipun pêgat lajêng katundhung. Mangka sawêg wawrat. Sarêng Sang Sinta kawêlasasih dumunung wontên ing patapan, lajêng kagungan putra kakung kêmbar, kaparingan nama Sang Kusa saha Sang Lawa. Inggih radèn kalih punika ingkang dipun cariyosakên kawulang dening Sang Walmiki anggancarakên lêlampahanipun ingkang rama, Prabu Rama, dados cariyos Ramayana punika. Sarêng Sang Sinta badhe dipun timbali wangsul dhatêng kadhaton, siti bêngkah, Dèwi Sinta lumêbêt, kêtangkêp ing siti, seda. Prabu Rama ugi lajêng seda ngênês. Sêrat punika dèrèng dipun cithak.

9

7. Adiparwa

Sêrat punika dhapukanipun sami kaliyan sêrat Uttarakandha; ugi nyêbut namanipun prabu Dharmawangsa-têguh. Wontênipun ing cariyos Mahabharata dados perangan ingkang angka satunggal. Dene pêprincèning cariyosipun, kathah sangêt. Wosipun ingkang dados lampahan wayang ênèm-ênèman, lair-lairan sapanunggilanipun. Lampahan Dèwi Lara Amis, Bale si Galagala, pêjahipun Arimba, Pêksi Jiwata lan sanès-sanèsipun, punika pêndhêtan saking sêrat Adiparwa.

Cariyos ngêbur sagantên prêsan, anjalari mêdalipun toya panggêsangan, saha wiwitipun wontên grahana srêngenge, rêmbulan dipun têdha ing danawa sirah thok, ugi kasêbut wontên ing ngriku.

Sêrat punika sampun kacithak mawi aksara latin.§ Martinus Nijhoff, Den Haag 1906. Katandhing kaliyan Mahabharata Sanskêrta dening PROF. DR HAZEU§ TIJDSCHR. BAT. GEN., babak XLIV 1901, kaca 289. karêmbag dening PROF. DR. H. KERN, mawi pêthikan sawatawis.§ VERSPR. GESCHR. babak IX, kaca 215. Cariyosipun sang garudha, dipun prêtal ing basa Walandi dening DR. JUYNBOLL.§ GEDENKSCHRIFT 75 JAAR KON. INST. TAAL-, LAND- EN VOLKENKUNDE, kaca 156.

8. Sabhaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados bageyan ingkang angka kalih. Nanging ungêl-ungêlanipun sampun risak sangêt, kenging kawastanan sampun botên kenging dipun garap. Dene isinipun cariyos ingkang dados lampahan Pandhawa Dhadhu.

9. Wirathaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados bageyan angka 4. Mênggah isinipun: para Pandhawa

10

andhêlik ngèngèr dhatêng ratu Wiratha; manawi ngantos kasumêrêpan, badhe kenging ukum bucal malih 12 taun.

Salêbêtipun wontên ing Wiratha Sang Yudhisthira dados brahmana nama sang Dwija Kangka, Sang Wrêkodara dados tukang masak saha tukang gêlut nama Sang Ballawa, Sang Arjuna dados tiyang wandu nama Sang Wrêhannala, damêlanipun ngajar jogèd saha têmbang, Sang Nakula dados gamêl, Sang Sahadewa dados tukang angèn lêmbu. Dene Sang Dropadi dados tukang damêl lisah wangi saha borèh, nama Sang Sairindri.

Prakawis ingkang agêng wontên ing Wiratha, punika pêjahipun Patih Kicaka lan dhaupipun Sang Abimanyu angsal Sang Utari. Yèn wontên ing wayang dados lampahan Jagal Abilawa.

Sêrat Wirathaparwa punika kajawi nyêbut namanipun Prabu Dharmawangsa-têguh, mawi angka taun 918 Çaka (996 taun Masehi). Ing samangke sêrat wau sampun kacithak mawi aksara latin dening DR JUYNBOLL. Malah enggal mangke ingkang sapalih ngajêng dipun cithak malih, mawi prêtalan ing basa Walandi dening DR A. A. FOKKER (Proefschrift).

10. Udyogaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados bageyan ingkang angka 5, sampun mèh pêrang Bratayuda. Ungêl-ungêlanipun ugi sampun kathah ingkang risak. Amila namung sabageyan alit ingkang dipun cithakakên dening DR JUYNBOLL mawi aksara latin saha prêtalan ing basa Walandi. Mênggah isinipun warni-warni, nanging botên wontên ingkang tumurun dados lampahan wayang, kajawi lampahan Krêsna Gugah.§ BIJDR. KON. INST., 1914, babak LXIX, kaca 219.

11

11. Bhismaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados perangan ingkang angka 6, sampun wiwit prang Bratayuda. Ing ngriki wontên sawêtawis pêthikan saking sêrat BHAGAWADGITA.

Sêrat Bhismaparwa punika sampun kacithakakên mawi prêtalan ing basa Walandi dening PROF. DR J. GONDA.§ BIBLIOTHECA JAVANICA, babak VII, 1936.

12. Asramawasanaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Bahabharata dados perangan angka 15. Mênggah gancaring cariyos, sabibaripun prang Bratayuda, Sang Dhrêtarasthra dipun jumênêngakên ratu wontên ing Ngastina, laminipun 15 taun. Ingkang makatên punika kangge nulung dene putra-putra saha kulawarganipun sami pêjah sadaya. Para Pandhawa sami suyud, bêkti, nyungga-nyungga, sampun ngantos Sang Dhrêtarasthra kèngêtan putra-putranipun. Namung Sang Bima ingkang tansah grêgêtên, anjontong dhatêng Sang Dhrêtarasthra, sabab kangêtankèngêtan pandamêlipun Sang Duryudana, tansah andamêl susah, tansah suka lara-wirang. Amila yèn botên wontên tiyang, Sang Dhrêtarasthra lajêng dipun uman-uman, dipun picak-picakakên, dipun lèh-lèhakên dene sênêng dipun sungga-sungga dening tiyang ingkang sampun nate dipun sakitakên manahipun. Sarêng Sang Dhrêtarasthra rumaos risi, lajêng pamitan dhatêng Prabu Yudhisthira badhe kesah dêdunung wontên ing wana. Cêkakipun lajêng mangkat, kadhèrèkakên para sêpuh; Arya Widura, Dèwi Gandari, saha Dèwi Kunthi. Ing salêbêtipun wontên ing patapan nate dipun tuwèni dening para Pandhawa, nanging botên lami lajêng seda. Makatên ugi ingkang sami andhèrèkakên.

12

13. Mosalaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados bageyan angka 16. Mênggah wosing cariyos, anggancarakên curêsipun para Wrêsni saha Yadu, santana ing Madura-Dwarawati; ugi nyariyosakên sedanipun Prabu Baladewa saha Prabu Krêsna.

Ing satunggaling wêkdal, Sang Narada saha para rêsi sawatawis malih rawuh tuwi dhatêng Dwarawati. Ing nalika punika Sang Samba dipun dandosi cara èstri, dipun awadakên garwanipun Sang Babhru (jawinipun Arya Prabu) lajêng dipun takèkakên dhatêng sang pandhita, benjing yèn kagungan putra, mêdal punapa (kajêngipun jalêr punapa èstri). Sang pandhita uninga yèn dipun damêl mainan, duka, lajêng ngandika: besuk mêtu gada kang matèni kowe kabèh, (mosala = gada). Yêktos, Sang Samba ngêdalakên gada tosan; gada lajêng dipun bubuk, bubukanipun kacêmplungakên ing sagantên. Sang Baladewa saha sang Krêsna lajêng ngawisi tiyang ngombe arak.

Bathara Kala têdhak dhatêng Dwarawati; ngalamat karisakan. Kangge nulak, para Wrêsni kadhawuhan wilujêngan dhatêng pinggir sagantên. Salêbêtipun wilujêngan para Wrêsni ngunjuk arak sami mêndêm, lajêng kêrêngan, rame. Sang Satyaki olok-olokan kaliyan sang Krêtawarma, anggènipun ngucira wontên ing prang Bratayuda. Krêtawarma dipun pêjahi. Cêkakipun saya rame; sabên tiyang mêndhêt glagah badhe kangge nyabêt mêngsahipun, glagah dados gada tosan; makatên salajêngipun, para Wrêsni curês.

Sang Baladewa sawêg tapa dipun tuwèni Sang Krêsna, kapinujon Sang Baladewa sawêg sêkarat. Sarêng lapipun seda, wontên naga mêdal sakung tutukipun Sang

13

Baladewa; naga mlajêng dhatêng sagantên kapapag ing naga sanès-sanèsipun. Bathara Krêsna lajêng tapa sareyan wontên panging wit-witan, kenging panahipun juru ambêbêdhag, seda. Para ingkang kantun wontên ing Dwarawati lajêng sami seda utawi tapa dhatêng wana.

14. Prasthanikaparwa

Ugi basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados perangan angka 17. Ingkang dipun cariyosakên: Sasampunipun para Pandhawa anjumênêngakên ratu Sang Parikêsit wontên ing Ngastina, dipun mong dening Bagawan Krêpa, para Pandhawa lajêng tindak tapa nilar kaprabon. Wontên sêgawon satunggal andhèrèk. Sang Parikêsit saha bala ugi andhèrèkakên, nanging lajêng wangsul dhatêng kadhaton.

Para Pandhawa nglajêngakên lampah dumugi sagantên. Sang Hyang Agni rawuh, dhawuh dhatêng Sang Arjuna supados jêmparingipun kacêmplungna ing sagantên. Ing sasampunipun, ngajêngakên lampah malih urut pasisir, lajêng minggah dhatêng rêdi Himalaya, mêdal sagantên wêdhi. Sang Dropadi wontên ing ngriku rêbah, seda; lajêng Sang Sahadewa, Nakula, Arjuna, wasana Sang Wrêkodara inggih rêbah, seda.

Bathara Indra mêthukakên Sang Yudhisthira ngaturi lumêbêt swarga. Sang Yudhisthira karsa bilih sagawon kaparêngakên tumut. Wasana sagawon badhar dados Bathara Darma. Yudhisthira lajêng lumêbêt ing swarga sabadanipun wadhag. Nanging sarêng wontên ing ngriku botên pinanggih ingkang rayi-rayi saha Dèwi Dropadi, Sang Yudhisthira sumêdya madosi, badhe kêmpal kaliyan sadhèrèk, wontên ing naraka.

Sêrat têtiga ing nginggil cakêt punika kacithak mawi

14

aksara Latin saha dipun prêtal ing basa Walandi (proefschrift) dening DR JUYNBOLL. Nanging emanipun dene ungêl-ungêlanipun babon sampun kathah ingkang risak.

15. Swargarohanaparwa

Inggih basa gancar; wontên ing cariyos Mahabharata dados perangan angka 18 (pungkasan). Ingkang dipun cariyosakên: Prabu Yudhisthira uninga Sang Duryodana wontên ing swarga kasungga-sungga. Sang Yudhisthira badhe uninga dunungipun ingkang rayi-rayi, lajêng tindak dhatêng naraka, kadhèrèkakên utusan, saking dhawuhing dewa. Wontên ing naraka uninga sawarnining paukuman lan mirêng sambatipun tiyang ingkang sami dipun siksa. Wasana ingkang sami kasiksa saha sambat-sambat wau rayi-rayi saha kulawarganipun. Sang Yudhisthira duka dene para dewa botên adil. Ingkang andhèrèkakên kadhawuhan wangsul, Sang Yudhisthira botên karsa kesah saking naraka. Para dewa sami rawuh, naraka lajêng malih dados swarga. Anggènipun para Pandhawa wontên naraka punika kaukum dene cidra dhatêng gurunipun Sang Drona tuwin sanès-sanèsipun; nanging samangke sampun luwar. Sêrat punika sasumêrêp kula, dèrèng kacithakakên.

Taksih wontên malih sêrat ingkang kêdah kapratelakakên wontên ing ngriki, inggih punika sêrat

16. Kunjarakarna

Ugi basa gancar. Nitik basanipun, taksih barakanipun sêrat-sêrat parwa ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng; wontên praboting pangrimbag enggal, kados ta panambang -e, punika saking ingkang nurun, turun-tumurun. Yèn bakuning basa, pancèn kina.

Sêrat punika gadhahanipun tiyang agami Budhda Mahayana, [Ma...]

15

[...hayana,] dados kados sêrat Sang Hyang Kamahayanikan, ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil. Mênggah cariyosipun: Wontên yaksa nama Kunjarakarna, kêpengin ruwat dados manungsa, sowan dhatêng Bathara Wairocana, pangajênging Dhyani-Bhudha gangsal; Sang Kunjarakarna kadhawuhan dhatêng naraka rumiyin, supados nyumêrêpi kawontênaning naraka. Dumugi dalêmipun Bathara Yamadipati, dipun têdahakên sawarnining paukuman saha nyawa ingkang dipun siksa. Sarêng sumêrêp kawah sawêg dipun rêsiki, badhe kangge ngukum Sang Purnawijaya, putranipun Bathara Indra, ingkang agêng sangêt dosanipun, Sang Kunjarakarna mêdal saking naraka, murugi mitranipun, Sang Purnawijaya, cariyos yèn sampun dipun sêdhiyani kawah. Sang Kunjarakarna lajêng têrus sowan Sang Wairocana, dipun paringi piwulang sagêd ruwat dados tiyang bagus warninipun. Sang Purnawijaya inggih tumut sowan, ugi dipun paringi piwulang. Sarêng pêjah, anggènipun dipun siksa pancènipun atusan taun, dados namung sadasa dintên; tur nyawanipun wangsul malih dhatêng raganipun ingkang taksih dipun têngga ing garwanipun, nama Kusuma Gandawati.

Sêrat punika sampun dipun cithak kaping kalih; ingkang sapisan mawi aksara Jawi,§ VERH. KON. AK. VAN WETENSCHAPPEN, AFD. LETTERK. NW. REEKS, babak III. ingkang kaping kalih mawi aksara Latin, sadaya mawi prêtalan ing basa Walandi dening PROF. DR KERN.§ VERSPR. GESCHR., babak X, kaca 1, saklajêngipun.

Sanadyan ungêl-ungêlanipun sampun kathah ingkang risak, nanging sêrat punika manawi dipun jingglêng, taksih kenging dipun dandosi basanipun.