Sastra Jawa

Program Digitalisasi Sastra Daerah

  • Increase font size
  • Default font size
  • Decrease font size

Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 5. Kidung basa Jawi têngahan

Katalog:Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172
Sambung:
1.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1633.
2.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 1. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan sêpuh. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1634.
3.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 2. Sêrat Jawi kina ingkang mawi sêkar. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1635.
4.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 3. Sêrat-sêrat Jawi kina ingkang golongan ênèm. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1636.
5.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 4. Thukulipun basa Jawi têngahan. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1637.
6.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 5. Kidung basa Jawi têngahan . Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1638.
7.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 6. Jaman Islam. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1639.
8.Kapustakan Jawi, Purbacaraka, 1954, #172: 7. Jaman Surakarta awal. Bahasa dan Budaya | Pengetahuan Bahasa #1640.

71

V. KIDUNG BASA JAWI TÊNGAHAN

Mênggah thukulipun basa Jawi têngahan punika lampahipun, ing pangintên, makatên:

Basa Jawi kina ingkang kangge wontên ing sêrat Ramayana, Arjunawiwaha, Bharatayuddha sasaminipun, punika kanggenipun ing pawicantênan, mandhap-mandhapipun namung dumugi jaman ngajêngakên adêgipun kraton Singasari. Sasampunipun punika tiyang wicantênan sampun wiwit nglèrèg dhatêng basa Jawi têngahan. Sarêng wontên ing jaman Majapait, basa Jawi têngahan sampun dados basa padintênan, basa umum. Namung ing kidung, para bujangga taksih nglajêngakên basa ingkang kangge wontên ing sêrat-sêrat. Inggih punika awujud sêrat Nagarakrêtagama, Arjunawijaya, lan sabarakanipun.

Ing sajawining kapujanggan saha mbokmanawi sajawining golonganipun para luhur, basa Jawi kina sampun awis ingkang mangrêtos. Dados sêrat Arjunawijaya, Sutosoma sasaminipun, punika namung mligi dados waosanipun para ahli sastra. Tiyang alit sampun botên wontên ingkang mangrêtos.

Pandhêsêking basa Jawi têngahan, kala jaman Majapait botên kenging dipun sayuti. Parentah, ingkang

72

adatipun wontên ing sêratan sela tuwin têmbagi ngangge basa kina, kêpêksa ngangge basa umum wontên ing undhang-undhang sasaminipun. Bab punika pasaksènipun, sêratan têmbagi, jaman Majapait ingkang ngangge basa Jawi têngahan.§ Kados ta: ingkang pinanggih ing dhusun Bluluk, kacithak ing OUDHEIDKUNDIG VERSLAG taun 1918, Bijl. R: Trawulan No V ing idem kaca 172; COHEN STUART No IV; Wontên ing Museum Malang TIJDSCHR BAT. GEN. 1936, kaca 387; No. E. 65 BAT. GEN. ing Jaarboek 1937 kaca 152. Ingkang makatên punika nêdahakên bilih basa umum wau lajêng dados basa paprentahan.

Lampahing sêrat waosan kadospundi? Inggih sami kemawon. Tiyang kathah sampun botên sagêd maos kêkidungan, ingkang gampil dipun ngrêtosi tiyang. Dene pasaksènipun: thukulipun sêrat waosan basa gancar, ingkang sampun kaaturakên ing nginggil: Sêrat Tantu Panggêlaran: Calonarang, Pararaton lan sanès-sanèsipun.

Thukulipun kêkidungan ingkang ngangge basa umum punika sarêng kaliyan jumêdhulipun sêkar macapat.§ Sêkar têngahan punika sajatosipun botên wontên. Kadospundi tuwuhipun saha saking pundi dhatêngipun sêkar macapat wau, punika ing samangke dèrèng kasumêrêpan babarpisan. Nanging bilih jumêdhul sarêng kaliyan kêkidungan basa Jawi têngahan, punika kenging dipun têmtokakên.

Wontên ugi kêkidungan basa Jawi têngahan ingkang nglêstantunakên sêkar agêng, sêkar kawi; nanging pathokaning guru lagu sampun botên dipun têtêpi, awit ing jaman punika nêtêpi lampahing guru lagu sampun angèl sangêt. Ingkang dipun pêndhêt namung cacahing wanda ing dalêm sapada lingsa.

Sêrat ingkang kados makatên punika kula sawêg

73

mrangguli kalih; inggih punika sêrat Dewaruci lan sêrat Suluk Sukarsa, ingkang badhe kula aturakên ing ngandhap:

42. Dewaruci, mawi sêkar.

Sêrat Dewaruci ingkang samangke pinanggih sêpuh piyambak, punika namung ngêmot:

Sang Bima mangkat dhatêng sagantên; rêrêngganing samudra (sajak sêsêlan enggal); sang radèn anggêbyur sagantên, wêdaling naga nama sang Nabatmawa, lajêng prang kaliyan Sang Bima, naga pêjah. Rêrêngganing pulo dunungipun Sang Dewaruci (sajak sêsêlan enggal), Sang Bima dumugi ing ngriku pinanggih Sang Dewaruci; bantah sawatawis, Radèn Wrêkudara lajêng kadhawuhan lumêbêt ing guwa-garbanipun Sang Dewaruci, uninga warni-warni lajêng dipun wêjang. Dumugi samantên sêratipun pogog.

Ing nginggil sampun kaaturakên; sanadyan sêrat Dewaruci punika ngangge basa Jawi têngahan, nanging dhapukanipun taksih nglêstantunakên cara kina, ngangge sêkar agêng ingkang sampun nilar guru lagu. Kados ta pupuh ingkang wiwitan punika sêkaripun çloka tanpa guru lagu, lampahipun wolu-wolu kaping sêwakan,sakawan kados ing ngandhap punika:

Sore kala tiba nglalu, sahira saking nagara / manuk dokan lawan darès, manambêr lwir ananggêhi, / titis sunya têngah wêngi, musthika munya gêneya / sawang awarahèng patinika durgamaning awan, / rawa desa kalintangan, dènira sang anirbaya / anut ujungikang wukir, lumampah maliwat awan. //

Makatên salajêngipun. Yèn dipun santuni ing basa Jawi ing jaman samangke makatên:

74

Wanci sore surup surya, tindake saka nagara / manuk bêluk karo darès, nyambêr kaya anyandhêti / sidhêm sêpi têngah wêngi, rijal§ Musthika ing ngriki kajêngipun sawêr agêng ingkang sampun ngangge musthika ing sirahipun = naga = naga taun. Sêrat Dewaruci punika ing samangke sampun kacithak ing DJAWA, taun 1940, mawi pêrtalan ing basa Walandi sarta pangrêmbag sawatawis. muni kidul kulon / pakewuhing marga kaya warah sedane Sang Bima. / rawa desa kaliwatan dènira sang tanpa wêdi. / lampahe turut ing marga, anut gigiring parwata. //

Pupuh ingkang angka 4 punika lampahipun 4, 8 kaping sakawan, kados ing ngandhap punika:

Bagya ta kita Bima mapa gatinta. / lumawad ing ulun mardika kasyasih. / nusa sunya tanpa manggih pala boga. / sumurupa ing sunya mintarèng rajya. //

Suraosipun:

Bageya kowe Bima, apa pêrlumu tilik marang aku, wong loncang-lancing ana ing pulo sêpi ara ana wowohan pêpanganan.

Apa kowe arêp dumunung ing asêpi dene lunga saka nagara?

Sêkar ing nginggil cakêt punika kula botên sumêrêp namanipun nanging kathah sangêt kanggenipun wontên ing sindhenan badhaya ing kraton dalêm Surakarta. Kados ta:

Bale atma tunjung alit sinaroja. / lamun kangên tumutur pundi parannya. //

Ingkang andamêl sêrat Dewaruci, punika botên kasumêrêpan. [kasu...]

75

[...mêrêpan.] Sarta plêngipun kala punapa, inggih botên cêtha. Namung mirid basanipun, sampun sawatawis ênèm.

Sêrat basa Jawi têngahan ingkang ngangge sêkar macapat§ Ingkang dipun wastani sêkar têngahan punika lugunipun sêkar macapat sêpuh; tiyang samangke sampun mèh kêsupèn.

Sampun kaaturakên, sêrat basa Jawi têngahan ingkang ngangge sêkar macapat, punika ing sakawit thukulipun namung dlêmok-dlêmok; sarta kêkidunganipun inggih kirang sae. Ingkang prayogi kangge conto bab punika:

43. Sêrat Sudamala.

Sêrat punika ingkang dipun cariyosakên lampahan wayang, gancaripun kados ing ngandhap punika:

Sang Hyang Tunggal kaliyan Sang Hyang Wisesa adul-adul dhatêng Bathara Guru, bilih Dèwi Uma cidra ing laki. Bathara Guru duka, Dèwi Uma, ingkang warninipun ayu sangêt, dipun sotakên dados Bathari Durga, awarni danawa èstri; mawi dipun dhawuhi bilih ingkang badhe ngruwat, wuragiling Pandhawa nama Sang Sadewa. Bathari Durga lajêng dêdunung wontên ing Setra Gandamayu, dados pangagênging lêlêmbat.

Wontên gandarwa kalih, nama Sang Citrasena kaliyan Sang Citranggada, sami kalêpatan anggènipun sêmbrana nalika Bathara Guru sawêg siram kaliyan garwa, wontên ing sêndhang. Widadara kalih dipun sotakên dados danawa, nama Kalantaka lan Kalanjaya, lajêng suwita dhatêng Prabu Duryodana.

Wartosipun bilih para Korawa angsal sraya danawa kalih sakalangkung sakti, punika waradin dumugi kawulanipun para Pandhawa. Dèwi Kunthi ugi mirêng, sakalangkung [sa...]

76

[...kalangkung] maras panggalihipun. Saking bingungipun sang dèwi nênêpi dhatêng Setra Gandamayu, dipun panggihi Bathari Durga. Sarêng Dèwi Kunthi nyuwun pêjah-gêsangipun danawa kalih wau, lajêng dipun dhawuhi, bilih kaparêngakên, anggêripun Dèwi Kunthi karsa ngaturakên menda abrit (kajêngipun ing ngriki tiyang Jawi) satunggal. Dèwi Kunthi nyagahi, nanging sarêng Bathari Durga mastani Sang Sadewa, Dèwi Kunthi botên sagah lajêng pamitan mundur.

Sarêng Dèwi Kunthi sampun kesah, pun Kalika, setan èstri, katimbalan Bathari Durga, kadhawuhan, nututi saha nyurupi Dèwi Kunthi. Dèwi Kunthi kasurupan kados gêrah ewah, wangsul sowan Bathari Durga, nyagahi pamundhutipun, lajêng kondur dhatêng kadhaton.

Para putra sami mapagakên, mêntas bingung sabab ingkang ibu botên kantênan purugipun; samangke sampun sami suka. Sang Kunthi tanpa antan-antan mundhut Sang Sadewa badhe kaaturakên Bathari Durga. Yèn para Pandhawa botên ngaturakên, badhe dipun sapatani. Sang Sadewa lajêng dipun larak dening Dèwi Kunthi kabêkta dhatêng Setra Gandamayu. Sasampunipun ngaturakên Sang Sadewa dhatêng Bathari Durga, Sang Kunthi kondur dhatêng kadhaton lajêng sare; pun Kalika mêdal saking sang dèwi têrus dhatêng Setra Gandamayu.

Radèn Sadewa dipun rut kaliyan wit randhu alas. Kalika dhatêng, sagah nguculi tangsul, yèn Sang Sadewa karsa dhatêng pun Kalika. Tangsul saèstu dipun uculi, nanging Sang Sadewa puguh botên karsa mituruti kajêngipun pun Kalika. Kalika lajêng nêsu, nabuh têngara; sawarninipun ingkang anggêgilani mêdal sadaya, klabang, kalajêngking saha sawarnining mêmêdi, anggodha Radèn Sadewa. Sang radèn ayêm kemawon.

Sasampunipun makatên Bathari Durga miyos, mundhut

77

tulung dhatêng Sang Sadewa supados ngruwat. Sang Sadewa matur botên sagêd. Sang dèwi duka, Sang Sadewa dipun agar-agari badhe kadhahar. Sang radèn mêksa kèndêl kemawon.

Bagawan Narada nganglang, uninga yèn Sang Sadewa badhe dipun pêjahi dèrèng mangsanipun, lajêng cêngkelak, wangsul dhatêng swarga pratela dhatêng Sang Hyang Madewa, ing kawontênanipun Sang Sadewa; Sang Hyang Madewa botên purun (wani) ngrêbat Sang Sadewa, lajêng sowan kaliyan Sang Narada dhatêng ngarsanipun Bathara Guru. Bathara Guru sagah ngrêbat; tumêdhak dhatêng Setra Gandamayu, lajêng dhawuh dhatêng Sang Sadewa: "Ruwatên, Sadewa, Bathari Durga, aku tak sumurup marang kowe". Sarêng Bathara Guru sampun sumurup dhatêng Sang Sadewa, Sang Sadewa lajêng wicantên dhatêng Bathari Durga: "Bathari, paduka kula aturi jumênêng ingkang jêjêg". Sang bathari miturut, wasana sanalika ngriku warninipun santun ayu malih.

Kawontênan ing wana ugi tumut malih sadaya grumbul-grumbul dados patamanan, sakathahing setan, mêmêdi sami dados dewa. Sang Bathari trimakasih sangêt dhatêng Sang Sadewa, lajêng kaparingan nama Sang Sudamala, (têgêsipun angrêsikakên rêrêgêd), saha kadhawuhan krama angsal putranipun Bagawan Tambrapetra ing patapan Prangalas, nama Dèwi Padapa. Bathari Uma kondur dhatêng swarga.

Sang Sadewa kadhèrèkakên Sêmar tindak dhatêng Prangalas, saèstu panggih kaliyan putranipun Bagawan Tambrapeta. Pun sêmar ugi nêdha rabi, ingkang dipun pilih abdinipun sang putri, nama nini Thowok (lucon).

Radèn Sakula (Nakula) nusul ingkang rayi, anjujug ing Sêtra Gandamayu, ingkang sampun dados patamanan katêngga dening pun Kalika. Sang Sakula dipun

78

wastani Sang Sadewa dening pun Kalika. Wasana sarêng Sang Sakula pratela bilih sadhèrèkipun Sang Sadewa, lajêng dipun têdahakên panggenanipun Sang Sadewa. Sasampunipun Sang Sakula kêpanggih ingkang rayi, Sang Sakula dipun aturi krama angsal sadhèrèkipun èstri Sang Padapa, nama Sang Soka.

Dênawa kalih, Sang Kalantaka saha Sang Kalanjaya sami nglurug dhatêng Pandhawa. Prang, Pandhawa kasêsêr. Radèn Sakula Sadewa mirêng yèn ingkang raka-raka kawon prangipun, enggal-enggal tindak dhatêng nagari. Sasampunipun bage-bagean saha kangên-kangênan, Sang Sakula saha Sang Sadewa mangsah prang. Danawa kalih kawon, badhar dados widadara malih, suka panarima dhatêng Sang Sadewa.

Lampahan ing nginggil punika cêtha sangêt bilih lampahanipun tiyang ngruwat. Amila botên pêrlu dipun rêmbag panjang.

Ing sêrat Sudamala Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Wisesa saha Sang Hyang Asihprana (Awèhurip), inggih sampun jumêdhul, sarta sajakipun ugi kadèkèk wontên sangginggilipunsanginggilipun Bathara Guru. Sang Hyang Madewa = Mahadewa ugi kapisah kaliyan Bathara Guru. Bab punika katandhinga kaliyan sêrat Tantu Panggêlaran lan sêrat Korawaçrama, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng.

Conto sêkaripun sêrat Sudamala pupuh 1, ingkang ajêg:§ Ungêl-ungêlan ing sêrat Sudamala sampun sawatawis risak, dados cacahing wanda ing dalêm sapada lingsa wontên ingkang kirang langkung. Conto punika namung mêndhêt ajêgipun.

Ana ta wuwusên mangke / Sira ta Sang Hyang Tunggal / mwang Sang Hyang Wisesa mangko /

79

makadi Sang Hyang Asiprana / ananirèng Guru mangke. //o//

Sira sajatiya mangke / ring Hyang Guru wêwarah / Sapalinira Sri Uma mangko / Hyang Tunggal polahira sira / Sri Uma clor ing lakine. //o//

Dados sêkaripun pêthikan ing nginggil punika: 8e, 7a, 8o, 9a, 8e. Cêtha sangêt bilih sêrat Sudamala punika damêlanipun tiyang dhusun. Tandhanipun anggènipun pados dhong-dhing namung kaliyan: mangke, mangko.

Namanipun sêkar ing nginggil punika ing samangke dèrèng kasumêrêpan. Nanging bilih punika sêkar macapat, gênah cêtha. Titikanipun: Sêkar Macapat punika cacahipun wanda ing dalêm sapada lingsa kathah ingkang botên sami, tur sandhanganipun wanda ing pungkasaning pada lingsa kenging dipun wastani têtêp; namanipun dhong-dhing. Ugi babarpisan botên mawi guru lagu, lan ing dalêm sapada botên ajêg kawan pada lingsa.

Kosok wangsulipun, sêkar agêng ingkang taksih lêrês, punika grêbanipun, cacahing wanda ing dalêm sapada lingsa têtêp, kawan garis pisan. Guru lagunipun inggih têtêp, nanging botên mawi dhong-dhing. Sêkar agêng ingkang sampun botên lêrês, kados ingkang lêrês, nanging sampun tanpa guru lagu.

Sêrat Sudamala sampun kacithak mawi aksara latin, saha kaprêtal ing basa Walandi dening DR P. VAN STEIN CALLENFELS (Proefschrift) dados VERHANDELINGEN BAT. GEN. babak 66 taun 1925.

44. Sêrat Kidung Subrata

Sêrat punika ugi basa Jawi têngahan ngangge sêkar macapat. Mênggah isinipun, bab filosofie. Ingkang dipun [di...]

80

[...pun] cariyosakên: sêdyanipun Ki Subrata madosi sampurnaning agêsang.

Filosofienipun kidung Subrata kenging dipun wastani inggil. Pancèn tiyang Jawi yèn prakawis filosofie, rumiyin mila, nama sampun inggil. Nanging cêthanipun ingkang kapratelakakên ing kidung Subrata, angèl sangêt, amila namung kula pêthikakên kemawon sawatawis panggenan, ngiras kangge nêdahakên sêkaripun.

Wiwitanipun mungêl makatên:

Sangtabyana ta pukulun, / rancana sipta kumawi, / panji prakasa têmbange, / Ki Subrata kang winuwus, / luputa ring lara roga, / nirmala waluya jati, / luputa ring pamurung, / luputa ring baya pati. //

Dados pêthikan punika sêkaripun Panjiprakasa: 8u, 8i, 8e, 8u, 8a, 8i, 7u, 8i.

Pêthikan ing ngandhap punika sajak isi titimasa taun pandamêling sêrat.

Puhara trêsna'wor lulut, / Ki Subrata'nom kumawi, / tiga rasa kamulane, / dadi jalma kurang tutur, / Kandêlan loba hangkara, / kurang yoga lan samadi, / tuwuk pangan lan turu, / maka kêliring sabumi. //

Titimasa taun ing ngriki: tiga rasa dadi jalma = 1463 Çaka = 1541 taun Masehi.

81

Pupuh ingkang angka 2 namanipun Darmaparita, makatên:

Têgêse ngaran pandhita, / tan asor alubur sira, / kadêka luluh tuhu nora rasane, / anut ulahing bumi, / padhanira nora'na sabda idhêpe, //

anir tapa anir brata, / niryoga samadi sira, / nora itung darma'yi tan wruh rasane, / tan mati tan ahurip, / pangan turu tan ketung, langgêng asihe. //

Dados: 8a, 8a, 12e, 7i, 12e.

Ing sêrat punika sampun wontên sêkaripun Pamijil

wantune anêmu rasa lêwih, / ujar tanpa gawe, / ana paran tan maka parane, / para iku kang ana wus êning, / wêkasing amanggih, / pamatining tutur, //

tutur lupa mèngêt ayo (= haywa = aja) lali, / ujar iku mangke, / kang ana wus ilang ndi wastune, / ulatana mewuh tan kapanggih, / paraning wong mati, / sapa sira kang wruh. //

Dadas bedanipun kaliyan mijil jaman samangke, pada kalih dhawah e. Yèn samangke dhawah o.

Ingkang andamêl kidung Subrata punika inggih botên

82

kasumêrêpan. Taksih kathah sangêt tunggilipun sêrat ingkang kados sêrat Sudamala tuwin sêrat kidung Subrata punika, salong sawatawis radi nèm. Kêkathahên upami kaaturna sadaya. Ing samangke kula badhe ngaturakên wiwit mumbulipun sêrat ingkang ngangge sêkar macapat.

Kintên-kintên sampun wiwit kala ngajêngakên dumadosipun kraton Majapait, punika daya Indhu ingkang dhatêng tanah Jawa sampun suda sangêt, dangu-dangu gêgayutan Indhu kaliyan Jawi pêdhot babarpisan. Ingkang makatên wau anjalari pêpêting bandha kabudayan saking Indhu, ingkang kangge isinipun kapustakan. Wah malih tiyang ingkang sagêd basa Sanskrêta, ingkang sakintên sagêd anjawèkakên sêrat basa Sanskrêta ing basa Jawi, inggih sampun botên wontên. Amila kados ingkang sampun kacêtha ing bageyan III No 5 ing ngajêng, para bujangga Jawi anggènipun damêl sêrat-sêrat, mêndhêt saking sêrat-sêrat ingkang langkung kina, utawi mêndhêt kawontênan ing tanah Jawi. Makatên ugi ingkang anjalari mumbulipun sêrat sêkar macapat, punika bujangganipun ugi mêndhêt lêlampahan Jawi tulèn; inggih punika lêlampahanipun Radèn Panji kaliyan Dèwi Candrakirana aliyas Dèwi Sêkartaji. Tamtunipun inggih mawi dipun wêwahi saha dipun rêngga, kadadosakên kadosdene roman makatên.

Kadospundi sipatipun sêrat Panji ingkang kawitan, punika ing samangke sampun botên kasumêrêpan. Nanging kêkantunanipun, ing samangke taksih pinanggih wontên ing tilas kraton Palembang, awujud:

45. Sêrat Panji Angrèni

Ing lêbêting sêrat punika wontên titimasa taun warni sêngkalan: guna paksa kaswarèng rat 1723 Çaka = 1801

83

taun Masehi. Mirid angka taun punika sêrat wau kalêbêt nèm: nanging botên makatên; awit punika, taun anggènipun nurun; babonipun têmtu langkung sêpuh, katitik ing lêlewaning basa saha wontênipun têmbung-têmbung. Wondene ingkang dhawuh nurun, nama Pangeran Adimanggala, bangsa luhur ing kraton Palembang.

Sêrat punika isi tigang bageyan. Bageyan angka satunggal nyariyosakên: Radèn Panji mundhut garwa Dèwi Angreni salajênipun ngantos dhaupipun sang radèn kaliyan Dèwi Candrakirana, saha kramanipun para nak-sanak angsal nak-sanak.

Ingkang bageyan kalih nyariyosakên Ratu Nusakêncana badhe rêmên dhatêng rayinipun piyambak, nama Dèwi Ngrenaswara. Sang Ngrenaswara titisipun Sang Angrèni, purun, anggêripun dipun maru kaliyan Dèwi Candrakirana. Ratu Nusakêncana nglurug dhatêng Kêdhiri, prang, pêjah prang tandhing kaliyan Sang Panji. Dèwi Ngrenaswara kadadosakên satunggal kaliyan Dèwi Candrakirana dening Bagawan Narada, nama Candraswara.

Ingkang bageyan angka tiga nyariyosakên satunggaling pandhita ing Atasangin tapa wontên ing arga Jambangan. Gadhah anak èstri nama Bikang Murdeya, saha anak jalêr 13, ingkang pambajêng nama Bambang Swatama. Bambang Swatama kêpengin rabi angsal Dèwi Candrakirana. Sasadhèrèkipun malih dados Radèn Panji sakadang kadeyanipun; Bikang Murdeya mindha-mindha Ragilkuning, lajêng sami mangkat dhatêng Jênggala, rêbatan Dèwi Candrakirana. Prang kêmbar-kêmbaran. Ingkang mindha-mindha sami badhar saha pêjah ing paprangan. Bikang Murdeya ugi badhar, lajêng kapundhut sêlir Radèn Panji.

Bageyan angka kalih lan tiga punika cêtha sangêt bilih

84

susulan enggal, tur ingkang ngarang botên patos baud. Ubad-ubêding cariyos kêtingal kaku, cêtha bilih golèk-golèk. Têtêmbunganipun inggih sampun katawis nèm.

Beda kaliyan ingkang bageyan satunggal. Wah, ubad-ubêding lampahan, sampun ta, anggêgirisi saenipun. Blendre, blendre, kruwêl, bêt, sajak botên dipun jarag, nanging miraos.

Saya malih anggènipun anggambar satunggal-tunggaling priyantun, punika mêgah-mêgahakên saenipun. Kados ta:

Dèwi Candrakirana punika putri ayu, ndara gêdhe sangêt, luhur ing budi wah wicaksana.

Radèn Panji, satriya bagus, luhur, botên rusuh, bêkti ing dewa; nanging rèhne wayuh, kêrêp sok ethok-ethok bingung; punika sampun dados medanipun tiyang wayuh.

Dèwi Andayaprana, putri ing Bali; e la sampun, dede mênus; putri ayu, brêgas, landhêp ing panggraita, kêndêl, baud ngladosi kakung. Amila Radèn Panji dhatêng Dèwi Andayaprana punika inggih namung mèsêm, lêga asrah bongkokan. Kawonipun Sang Andayaprana kaliyan Dèwi Candrakirana, punika namung kawon ndara gêdhe.

Radèn Gunungsari, punika kedanan dhatêng Dèwi Ragilkuning, punika plêg ndara gêdhe, bocah, duwe karêp; dados inggih cola-colo.

Kêkathahên upami kapratelakna sadaya.

Sêrat Panji Palembang ingkang bageyan satunggal, punika basanipun taksih basa Jawi têngahan sawatawis nèm, kathah cengkokipun basa ing Surabaya-Grêsik, basa wantah, cêtha, mawi sêkar macapat. Ing pangintên, sêrat Panji babonipun Panji Palembang wau saking saenipun, sanalika mêdal, sampun misuwur sangêt. Lajêng katurun kaping-kaping. Malah lajêng andayani dumadosipun sêrat Panji sanès-sanèsipun. Utawi, saking [sa...]

85

[...king] kêrêpipun katurun wau lajêng anjalari kathahing warni-warninipun sêrat Panji. Awit tiyang Jawi punika kala rumiyin (samangke inggih taksih) bilih nurun sêrat, cara Yojanipun: sêngara yèn botên ngewahi utawi mêwahi.

Cariyos Panji basa Jawi gancar Surabayan utawi wetanan, ing samangke sampun kacithak. Sakawit dening PROF. ROORDA mawi aksara Jawi, lajêng kacithak malih ugi aksara Jawi dening DR GUNNING. Nanging sêrat punika namung ngêmot bageyan 1 lan 2 saking serat Panji Palembang, sarta namung kados dene inhoudsopgave kemawon, nanging sawatawis moncèr; amila ngêsipun inggih sampun ical.§ WAJANGVERHALEN VAN PALASARA, PANDU EN PANDJI, 's Hage 1869.

Cariyosipun Panji ingkang dumados kala jaman Majapait têngahan, punika saking saenipun ngantos sagêd anjalari wontênipun dongèng, sawarnining dongèng Radèn Putra ing Jênggala; anjalari wontênipun ringgit gêdhog; dipun angge lampahan topèng, sanadyan wontênipun topèng punika mêsthi langkung sêpuh katimbang sêrat Panji; anjalari kathahipun sêrat Panji ing tanah Bali, Mêlayu, ngantos dumugi Siyêm saha Kamboja.§ Cariyos Panji ingkang mêdal dhatêng Bali, Mêlayu saha sanès-sanèsipun, bilih sagêd dumugi, badhe kapratelakakên ing wingking. Ing samangke ingkang wontên sawêg ingkang ngangge basa Walandi, inggih punika: PANDJI-VERHALEN, ONDERLING VERGELEKEN; BIBLIOTHECA JAVANICA babak IX.

46. Sêrat Sri Tanjung

Sêrat punika basanipun inggih basa Jawi têngahan, tur sampun radi nèm. Ingkang dipun cariyosakên: wontên satunggaling satriya nama Radèn Sidapaksa kesah saking padununganipun, lajêng ngèngèr dhatêng ratu ing nagari [na...]

86

[...gari] Sinduraja. Radèn Sidapaksa kautus sang prabu dhatêng dhukuh Prangalas mundhut jampi dhatêng Bagawan Tambapetra. Dumugi ing dhukuh sang radèn uninga putunipun sang pandhita, nama Dèwi Sri Tanjung, rêmên. Sarêng sang radèn matur dhatêng sang pandhita ing prêlunipun dhatêng, sang pandhita ngandika, yèn bab jampi punika sang prabu prayogi andangu dhatêng para bujangga. Radèn Sidapaksa dados botên sagêd angsal jampi saking sang pandhita.

Ing wanci lingsir dalu, Dèwi Sri Tanjung kabêkta kesah dening Radèn Sidapaksa. Ing enjingipun, sarêng Dèwi Sri Tanjung kasumêrêpan ical, ibunipun matur dhatêng sang bagawan. Sang pandhita ngandika yèn sampun uninga sadèrèngipun. Malah mêwahi pangandika bilih Sang Sidapaksa kaliyan Sang Sri Tanjung wau sami wayahipun. Sang pandhita lajêng ngatingalakên bilih panjênênganipun asarira bathara.

Prabu Sulakrama, ratu ing Sindurêja, mirêng bilih Sang Sidapaksa angsal garwa ayu sangêt, Sang Sidapaksa lajêng kautus dhatêng swarga nagih mas tigang kêthok saha bênang tigang gulung, dhatêng Bathara Indra. Bathara Indra kala rumiyin utang barang wau dhatêng sang prabu. Nanging ing sajatosipun, karsanipun sang prabu, supados Sang Sidapaksa dipun pêjahana dening para dewa.

Dèwi Sri Tanjung uninga bilih ingkang raka bingung anggènipun badhe minggah dhatêng swarga, ingkang raka lajêng dipun caosi kotang antakusuma, tilaranipun ingkang rama Radèn Sadewa. Kotang waruwau paringipun Bathari Durga kala rumiyin, minangka ganjaran anggènipun Sang Sadewa sampun sagêd ngruwat sang bathari kala awarni danawa èstri dados ayu malih.

Botên dangu kaliyan angkatipun Sang Sidapaksa, Prabu Sulakrama lajêng rawuh dhatêng panggenanipun

87

Dèwi Sri Tanjung, badhe sêdya kirang sae. Sang dèwi puguh botên karsa ngladosi sang prabu. Sang prabu mundur kanthi lingsêming panggalih.

Sang Sidapaksa mabur ngidul ngetan lajêng têrus dhatêng kaindran. Dumugi ing kaindran Sang Sidapaksa ngaturakên sêrat dhatêng Bathara Indra, ungêling sêrat: Sang Sidapaksa badhe ngrisak swarga. Para dewa duka, Sang Sidapaksa dipun tandangi ing para dewa, sami kawon sadaya. Namung Bathara Indra ingkang sagêd nyêpêng Sang Sidapaksa. Sarêng badhe dipun kêthok jangganipun, Sang Sidapaksa sambat-sambat ngucapakên namanipun ingkang rama, Sang Sakula saha para Pandhawa sanèsipun. Bathara Indra lajêng uninga bilih Sang Sidapaksa punika wayahipun piyambak, amila botên saèstu dipun pêjahi, malah kasungga-sungga wontên ing swarga ngantos pitung dintên.

Sasampunipun makatên Sang Sidapaksa wangsul dhatêng marcapada, anjujug ing nagari Sindurêja, sarta ngaturakên mas tigang kêthok saha bênang tigang gulung dhatêng prabu Sulakrama. Sang prabu ngandika dora dhatêng Sang Sidapaksa bilih Sang Sri Tanjung alampah sèdhèng. Radèn Sidapaksa mirêng makatên wau kagèt saha nêsu sangêt; sarêng dumugi ing ngriya,griya garwanipun dipun larak mêdal kabêkta dhatêng pasetran Gondamayu, lajêng dipun suduk. Salêbêtipun sêkarat Dèwi Sri Tanjung wicantên bilih gêtihipun mambêt wangi, inggih tandha bilih sang dèwi botên anglampahi awon. Sayêktos gêtihipun sang dèwi mambêt wangi, Sang Sidapaksa lajêng sakit ewah saking susahing manah.

Nyawanipun Sang Sri Tanjung dumugi ing alaming nyawanipun tiyang pêjah, lajêng dhatêng naraka; wontên ing ngriku sang dèwi uninga sangsaranipun nyawa-nyawa ingkang sami dipun ukum. Wasana sarêng dumugi [du...]

88

[...mugi] kontêning swarga Sang Sri Tanjung kêpanggih dewa ingkang anjagi pintu. Dewa jagi pintu dipun jak cangkriman kaliyan Sang Sri Tanjung botên sagêd ambatang, satêmah sagah ambikak kontêning swarga. Nanging sarêng sang dèwi dipun awasakên, kêtingal bilih dèrèng mangsunipunmangsanipun pêjah, lajêng kapurih wangsul dhatêng dunya.

Sawangsulipun Sang Sri Tanjung dhatêng marcapada, wontên gara-gara. Para dewa sami kagèt, Bathari Durga lêjênglajêng tumêdhak. Saking taksih kêpotangan dhatêng Sang Sakula dene sang bathari kala rumiyin dipun ruwat saking anggènipun awarni danawa èstri, sang bathari lajêng andamêl gêsangipun Sang Sri Tanjung malih, saha maringi sêsotya, ingkang gadhah sawab; sintên ingkang ngangge, botên sagêd kraos luwe. Saking dhawuhipun sang bathari, Dèwi Sri Tanjung dipun têrakên dening pun Kalika kondur dhatêng ing dhukuh Prangalas.

Dumugi ing griya Sang Sri Tanjung, lajêng pratela dhatêng ingkang eyang, Sang Pandhita Tambapetra, ing bab lêlampahanipun; sang dèwi lajêng dipun ruwat dening ingkang eyang.

Radèn Sidapaksa ngluyur dhatêng pundi-pundi, wasana dumugi ing pasetran malih. Wontên ing ngriku sang radèn sumêdya suduk sarira, nanging Bathari Durga welas dhatêng sang radèn, lajêng dipun dhawuhi supados mantuk kemawon dhatêng dhukuh Prangalas. Dumugi ing Prangalas Dèwi Sri Tanjung botên purun nampi. Purun kêmpal malih kaliyan ingkang raka, bilih sampun kèsèd sirahipun Prabu Sulakrama. Radèn Sidapaksa lajêng nglurug dhatêng Sindurêja kaliyan para janggan, manguyu, sapanunggilanipun. Malah ugi kabantu dening para Pandhawa. Sang Sulakrama kawon, kakêthok jangganipun lajêng kangge kèsèd dening Dèwi Sri Tanjung.

89

Sang dèwi lajêng kêmpal malih kaliyan ingkang raka.

Sêrat Sri Tanjung punika mawi sêkar, nanging namung warni satunggal, inggih punika sêkar Wukir. Pêthikanipun sakêdhik kados ing ngandhap punika:

2. Ana carita ginurit kidung, / ring radiya sangkane, / apapuh kang tambang wukir, / Ki Sidapaksa jalu, / istrine Dèwi Sri Tanjung, / atutur micara mangke, / Bathari Sri kang winuwus, / tumurun amindha janma, / agawe pangewan-ewan. //

3. Ki Sidapaksa mangke winuwus, / satriya sangkane, / sah saking pradesanèki, / kasyasih amlas-ayun, / asuwita ring sang prabu, / ring Sindurêja sangkane, / asewaka tigang tawun, / tur kinonkon mbêbêkêla, / de ma'raja Silakrama. //

Sêkar ing nginggil punika ugi cêtha bilih sêkar macapat. Namung pupuh ingkang wingking-wingking dipun dèkèki Panggalang. Têmbung Panggalang ing ngriki kintên kula ewah-ewahan saking Manggalam, ingkang atêgês pêpuji wilujêng. Panggalang ing sêrat Sri Tanjung punika sêkaripun çloka tanpa guru lagu. Punika contonipun:

Akèh wong padha kapapag, lumaku adulur-dulur / garjita sira tumingal, miyat ing Ki Sidapaksa /

90

lah ta yayi lumampaha, sampun parêk ing nagara / singgih ta yayi punika, kadhaton ing Sindurêja. //

Ing sabên têlasing Panggalang, lajêng wontên têmbung: Kawitan. Têmbung punika suraosipun: têmbange pupuh iki kaya têmbang sing kawitan. Ing sêrat kidung Subrata, ingkang sampun kaaturakên ing ngajêng, ugi makatên. Sabên santun sêkar, mangka sêkar ingkang sumambêt punika sami kaliyan sêkar ingkang wiwitan, lajêng wontên pitêdah: puh witan, têgêsipun: têmbange kaya têmbang kang wiwitan.

Cariyos Sri Tanjung punika namung kêlimrah wontên ing sakiwa-têngênipun tanah Banyuwangi saha ing Bali. Wontên ing tanah Jawi radi mangilèn kenging dipun wastani botên kasumêrêpan.

Sarèhne sampun katingal nèm, sanadyan dipun cariyosakên bilih punika sambêtanipun cariyos Sudamala, ewasamantên kula manah prayogi kadèkèkakên ing ngriki. Awit dayaning sêrat Panji inggih sampun katingal wontên ing sêrat Sri Tanjung; inggih punika namaning panakawan Paras Paros, punika panakawan ing sêrat Panji.

Sêrat Sri Tanjung sampun kacithakakên mawi aksara latin saha kaprêtal ing basa Walandi dening DR R. PRIJONO (Proefschrift, Leiden 1938) mawi pangrêmbag saha katrangan sawatawis moncèr.